Puji
1. Dhandhanggula
1. suta santi sugênging sudarmi | Darmamaya dirganing kang yuswa | wèt sinewa wahanane | myang prasidaning kayun | kayungyun mring arjaning dasih | de sudarsanèng praja | jajagi silastu | winantu nugrahèng suksma | sumarambah kang kambah kabèh ngastuti | tut wijiling pangagnya ||