1. Sêrat Ibêr Dhumatêng Ngabèi Păncatoya
1. Sinom
1. pèngêt iki layang ingwang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Prangwadana | kaping pat ingkang mandhiri | litnan kolnèl pinuji | kumêndhanirèng lesiyun | ing praja Surakarta | praptaa marang sirèki | bocah ingsun Si Ngabèi Păncatoya ||
2. Kaliwon Pulisi Pajang | kang lagi anambut kardi |
--- 3 : 144 ---
anèng desa Ngadipira | lire layang ingsun iki | bêbuka wèh udani | nalika ing Ngahad esuk | ingsun lawan jêng tuwan | residhèn duk amirsani | pakaryanta kang lagi patbêlas dina ||
3. wus kapara kèh kang dadya | jêng tuwan rêna ningali | tuwin panjênêngan ingwang | tan pae suka mangaksi | nanging kurang sathithik | garoboh panggarapipun | undhak-undhakanira | ora turut kurang radin | jêrokêna mrih tuntas ilining toya ||
4. karo dene wêkas ingwang | aja sira angêntèni | têkane bocah anginan | mundhak anyênyuwe kardi |
--- 3 : 145 ---
tandangana pribadi | saanane bocah ingsun | aja wêdi kangelan | nulada bapa lan kaki | karo padha wèh labêt mring gustinira ||
5. sira sun kudanga bisa | anglêluri bapa kaki | dulunên Dèn Mas | Sunita karone sami | kanyataan sayêkti | kramate para luhurmu | marma sira èngêta | ala bêbakal pribadi | bêcik sira dumulura yogya brata ||
6. kajaba kang wus winahya | abarêng lan layang iki | ingsun pêparing mring sira | sawiji sanjata buwis | aran guna sayèki | pangruwating satru mungsuh |
--- 3 : 146 ---
yogya karyanên kănta | turuna sutanta benjing | tampanana kalawan sukaning driya ||
7. wasanane nora liya | iya mung pangèstu mami | mring sira sakancanira | dêmang răngga lan ngabèi | kang padha nambut kardi | kabèh bocah ingsun dhusun | muga ta raharjaa | enggala rampunging kardi | lêstaria aja ana kara-kara ||
8. titi kang têmbang sri nata | cinitrèng Salasa ari | wolu likur ingkang tanggal | ing măngsa kalima akir | sungsang Sapar kang sasi | taun Wawu ăngka sèwu | pitung atus kalawan | wolung puluh lima tuwin |
--- 3 : 147 ---
rêbut sênêng păncastha suwaraning rat |[1][2]|
--- 3 : [148] ---
2. Sêrat Ibêr Dhumatêng Radèn Mas Ariya Jayaningrat
2. Sinom
1. pèngêt iki layang ingwang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara | kaping pat ingkang mandhiri | kolnèl kang ngumêndhani | ing wadyaningsun lesiyun | praptaa marang sira | graning prawira inpantri | ariningsun Mayor Arya Jayaningrat ||
2. liring layang jênêng ingwang | nglairkên sukaning galih |
--- 3 : 149 ---
akawit sira sun karya | kumêndhanirèng Kumpêni | saprene sun yaktèni | akèh kaundhakanipun | para atmajaningwang | myang kadang kadeyan mami | ingkang dadya upsir karèh dening sira ||
3. wus akèh ingkang uninga | marang wajibing prajurit | lan maju marang pakaryan | mangkono pra ondêr upsir | sêsêg tur sukèng kapti | dalah kopral myang suldhadhu | tumuntur tan sawala | duwe cipta mrih utami | yèku măngka tandhaning tabêrinira ||
4. miwah pangajaranira | masalah tingkahing jurit | tan ana ingkang kuciwa | kabèh kang para upisir |
--- 3 : 150 ---
wus samya wruh ing wadi | gêlar pamunahing ripu | nêracak praptanira | pra kadêr suldhadhu sami | parigêle dènnya molahkên sanjata ||
5. têtela yèn saking sira | kasubing wira inpantri | wèh kêkêsing parangmuka | myang gêbyaring payung mami | kang iku ingsun yayi | bangêt ing tarimaningsun | mring sira sakancanta | pawitaningsun amukti | dèn pracaya yèn ingsun salaminira ||
6. tamtu nora lali ingwang | mring labêtira kang uwis | pamujèngsun muga-muga | sira sakancanta sami | lulusa amarsudi | ing rèh kaprawiran mau |
--- 3 : 151 ---
ing têmbe bokmanawa | ana karya mangun jurit | dèn sambada lan pangudang ingsun driya ||
7. bakal bungah myat ing sira | sawadyaningsun inpantri | kang samya ambêk utama | wêruh kramaning dumadi | duwe pangira mami | lamun sira sakancamu | tan nêdya angucira | asih mring praja sayêkti | ngluhurakên mring asma Mangkunagara ||
8. nahanta kang wus winaha | kang barêng lan layang iki | ingsun pêparing mring sira | sawiji sanjata buwis | aran anti sayèki | pambengkasing satru mungsuh | iku dadya pratăndha | sih ingsun mring sira yayi |
--- 3 : 152 ---
tampanana kalayan rênaning driya ||
9. ing têmbe pusakakêna | mring atmajanira laki | sanadyan kurang prayoga | mung karya pangeling-eling | lawan layange iki | aja pisah ênggonipun | lawan sanjatanira | supaya ing wuri-wuri | padha wruha purwane ingkang sanjata ||
10. titi purnaning panitra | ing dina Salasa Lêgi | nuju tanggal ping limalas | Jumadilawal kang sasi | măngsa kapitu tampi | landêp ing Paningron tulus | etung windu Sangara | Alip angkaning kang warsi | sèwu pitung atus wolung dasa sapta |[3][4]|
--- 3 : [153] ---
3. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Ariya Natabrata
3. Kinanthi
1. srat kanthi pangèstunipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | dhumatênga ingkang siwi | Jêng Pangeran Natabrata | wrêsninta jêng sri bupati ||[5]
2. kang lagya pinaring dunung | munggwing sadalêming puri | pratistha wismèng utara | sakaroron lawan swami | among raras karasikan |
--- 3 : 154 ---
sumungku nèng jinêm wangi ||
3. wiyose dhuh siwayèngsun | sira umasung kintèki | kang cinitrèng ari Soma | kaping tri kang sitarêsmi | jroning Sapar kang candrama | walgita wus sun tampani ||
4. têlas panungkaraningsun | kamantyan tarima mami | kulup marang jênêngira | myang dupi ingsun miyarsi | lamun grahanta sang rêtna | ing mêngko pinunjung ing sih ||
5. mring ari jêng sang aprabu | sinung kawiryawan kadi | ngadat putrining narendra | ingkang miyos saking sori | panênggahirèng grahanta | Ratu Timur wus prayogi ||
6. sun sokur sèwu jumurung |
--- 3 : 155 ---
kastawaningsun ing Widi | muga sira sagarwanta | bisa anglênggahkên dhiri | lulus dèn ta palakrama | karya rênane sang aji ||
7. lawan pinanjang nèng tuwuh | praptaa ingkang kinapti | winantua ing nugraha | silara saliring wèsthi | basuki salaminira | kongsi praptèng alam suci ||
8. titi lukitaning kidung | kang cinitra ing Budari | ping lima ing sasi Sapar | ing măngsa Kasa Be warsi | sangkala ngrungu jawata | anyabdakkên marang siwi |[6][7]|
--- 3 : [156] ---
4. Sêrat Ibêr Dhumatêng Para Putra Santana Dalêm Ingkang Ugi Kawastanan Sêrat Palimarma
4. Mijil
1. wijil ingkang kintaka saking sih | palimarmaningong | marang sira kadang ingsun kabèh | lawan anak kaponakan mami | kang padha nglakoni | patrapan kinungkung ||
2. marga saking lupute pribadi | mêndêm angaloyong | nunggang kreta dudu ing wayahe | gora godha andhodhogi kori |
--- 3 : 157 ---
pratingkahe kadi | arsa gawe rusuh ||
3. ambarêngi gumyahing pawarti | kèh kampak lan koyok | dadi gawe salah panyanane | marang sakèh kang sami miyarsi | tan sarănta prapti | wong tandang gumrubyug ||
4. panujune ana kang udani | lamun putraningong | dadya nyapih mring kang tandang kabèh | mung wêwadul marang ing pulisi | wêkasane dadi | prakara dyan katur ||
5. ing jêng tuwan residhèn anuli | pinundhut maring ngong | marma sira ingsun aturake | dinukanan sarta dèn walêri | bangêt kaya kang wis | padha sira rungu ||
--- 3 : 158 ---
6. mêngko sira padha sun luwari | lan aksamaning ngong | pamintèngwang marang sira kabèh | aja padha wani-wani malih | anglakoni kadi | kang wus sira têmu ||
7. yêkti sira bakal anglakoni | ing pidananing ngong | lunga saking prajanira kene | dumunung nèng panggonan sawiji | kang prasasat mati | datan anèng kubur ||
8. yèn kongsia kalakon sayêkti | paran wêkasing don | uripira dadi tanpa gawe | anèng donya mung sapisan iki | kêna dèn arani | luput ing piangkuh ||
9. padha lawan ulêr wrêjit cacing | lintah rês-êrêspoh |
--- 3 : 159 ---
amung manjing dadi sèn-isène | ngalam dunya tan kawilang janmi | luput lair batin | pocapane galur ||
10. anggêgawa marang yayah bibi | kang wus mulya ing don | tan sambada lawan kudangane | anak lanang kang bisa ngayomi | kadang warga maring | bapa lawan biyung ||
11. tangèh lamun mangkonoa sami | mundur anyênyerong | marang praja myang kadang wargane | marma yogya beratên tumuli | tyasira kang juti | amriha rahayu ||
12. titi layang kang têmbang pamijil | tinulis nèng kantor | ping salawe bêntêt ing tanggale | Jumadilakir Wawu kang warsi |
--- 3 : 160 ---
tri lawang kang muni | căndra sangkalèku |[8][9]|
--- 3 : [161] ---
5. Sêrat Ibêr Dhumatêng Tuwan Pilip (D. Philips)
5. Mijil
1. wijiling kang pirêna winrat ing | walgita sarwa om | sanetyasa parjapa argyane | tumrap ta ring sumitranta dani | Rarkyan Dhèrêk Pilip | wantyaning pra sunu ||
2. wahyanira tikin tekang mamin | lèn wilapaning ngong | sumapala mitranta yaktine | sung sapasang sêsraning pawèstri | măngka pasumbanging |
--- 3 : 162 ---
kramanta kanang wus ||
3. tar pawarna mwang una sadêmi | kuciwa hyan tinon | muhung andetayuh kaarjane | mwang sriyatna pawong mitra mami | tinanggapa mugi | lèn trusthaning kalbu ||
4. tita tekang lukita tinulis | macapat pamiyos | saniscara sawêlas kanang lèk | Kaji căndra Ehe punang warsi | rasaning maharsi | winulangna sunu |[10][11]|
--- 3 : [163] ---
6. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Ariya Găndaatmaja
6. Sinom
1. kintaka kidung sri nata | satata kang sêmbah bêkti | arinta Dèn Mas | katur ing raka lan swami | kang lagi anèng ardi | pasanggrahan Tawangmangu | tirah mamrih waluya | rit mistêr wadya kapalri | saha garwa Naryatma Găndaatmaja ||
2. sampuning kadya punika | wiyosipun kadospundi |
--- 3 : 164 ---
kakang mas gêrah paduka | rèhning kula maksih alit | dèrèng sagêd martuwi | cuwaning manah kalangkung | badhe uningèng arga | arsa pamit kula ajrih | bok dinukan ing kangjêng rama paduka ||
3. mila mung nyuwun pawarta | kawontênan tuwan mangkin | kalawan garwa paduka | myang putranta pun Siswadi | paran sami basuki | dèntên kula lan jêng ibu | tuwin sadhèrèk kula | miwah ramanta jêng gusti | palaling Hyang sadaya sami raharja ||
4. nahanta ingkang punika | kang sarêng lawan kintaki | kangmas kula Sumapala | akintun satunggal nyamping |
--- 3 : 165 ---
sarung pasatan bathik | măngka tăndha bêkti ulun | myang mugi kaanggêpa | kula kang sowan pribadi | saking dahat onêng kula ing paduka ||
5. wasana panuwun kula | dhumatêng Kang Maha Suci | paduka enggala sênggang | kondur dhumatêng nagari | titi lukitèng ari | cinitra ing ari Sabtu | lima likur kang tanggal | Jumadilakir Je warsi | sinêngkalan sarira trus sabda tunggal |[12][13]|
--- 3 : [166] ---
7. Sêrat Ibêr Saking Tuwan Pan Bakêl (W. van Bakel) dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV
7. Sinom
1. sêrat konjuk ing paduka | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping catur ingkang mandhiri | ridêring ordhê nênggih | Nèdêrlansên leyo tuhu | kolnèl ajudanira | jêng raja nagri Walandi | komêndhaning lesiyunira priyăngga ||
2. sampuning kadya punika |
--- 3 : 167 ---
wiyosipun kangjêng gusti | ing atasirèng agêsang | kang sami rêmên marsudi | kawruh indhaking budi | pagunan sêsaminipun | kang dhatêng karaharjan | pikangsalipun nyrambahi | gih punika kang dados karsa paduka ||
3. gèn paduka badhe yasa | kêstal kapaling prajurit | kang kapitadoskên kula | punika kinarya wiwit | dèntên benjing manawi | ing pakaryan sampun rampung | botên ngêmungkên dadya | pratăndha indhaking nagri | amiyarkên yitnaning putra paduka ||
4. rèhne pitados paduka | dhatêng kawula nglangkungi | bilih botên makatêna |
--- 3 : 168 ---
badhe ngrêndhêtkên pakarti | pramila kangjêng gusti | kawula saklangkung nuwun | dhumatêng jêng paduka | tuwin dhatêng para abdi | ingkang sami nyondhongi rêmbag punika ||
5. dèntên ing mangke punika | inggih badhe anuhoni | dhatêng kawajiban kula | amêrlokkên nambut kardi | sêsagêd-sagêd murih | ing rèh enggalipun rampung | padamêlan punika | wit sampun samêkta sami | pitulungan paduka tan kêkirangan ||
6. paduka têdhak mariksa | pasanging talês capuri | saklangkung bingah kawula | botên wontên kang nyamèni | kula nglairkên kapki |[14]
--- 3 : 169 ---
sèwu-sèwu ing panuwun | awit paduka karsa | rêkaos rêmên jênêngi | pandamêlan kang lajêng kenging kagarap ||
7. lan malih kintên kawula | dadoskên parênging galih- | ipun Kangjêng Tuwan Bêsar | Gupêrnur Jendral Batawi | ingkang dipun pracadi | jêng raja kang maha agung | nagari ing Nèdêrlan | tuwin kang dèn pitadosi | dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana ||
8. Gupêrnur Jendral Indhia | kang pilênggah wontên ngriki | ngresidhenan Surakarta | miwah para agêng sami | awit paduka galih | kawajiban ingkang prêlu | myang ngatingalkên karsa |
--- 3 : 170 ---
dhumatêng ing pamarsudi | amêmalad manahe wadya paduka ||
9. karsa paduka tan taha | jênêngi dènnya murwani | pasang talêsing wiwara | punika kawula pundhi | pantês kula urmati | amargi ing benjangipun | dados pratandhanira | dayaning tyas mrih utami | kanyataan tumrap ing Mangkunagaran ||
10. gèn kula darbe paminta | ing paduka sampun lami | rambah-rambah tur kawula | ing salajêngipun inggih | paduka anglilani | botên ngêmungakên sampun | kewala pandamêlan | ing têmbe yèn wontên malih | kula èstu angangkah sudaning arta ||
--- 3 : 171 ---
11. ing têmbe bilih kawula | andarbèni atur malih | anyuwun ing pandamêlan | mugi pinarênèng galih | kang karsa angidèni | samia kados kang sampun | winanton sih wilasa | lir angganing palarêsmi | supadose enggal ngundhuh ing wohira ||
12. rèhne pakaryan punika | ing mangke sampun sumaji | sampat sapirantosira | paduka karsa jênêngi | mila bilih marêngi | atur kawula pukulun | paduka murwanana | ngêtrapkên banon satunggil | tapak asta punika măngka pusaka ||
13. nahên ta ingkang punika | ing mangke kawula malih |
--- 3 : 172 ---
nglairkên èsthining manah | kalayan têmbung sadêmi | ing paduka sang pêkik | Jêng Pangeran Arya Prabu | Prangwadana kang măngka | pandaming kang para dasih | ulunane satriya Mangkunagaran ||
14. sanadyan mangke paduka | maksih timur ingkang wanci | pantês tumut jênêngana | wontên pasamuan ngriki | kenging winastan ugi | punika pandamêl prêlu | awit paduka benjang | ingkang badhe anggêntosi | kalênggahanipun ing rama paduka ||
15. dados ing sawarninira | pranatan indhaking nagri | yasanipun rama tuwan | punika ingkang upami |
--- 3 : 173 ---
wuryaning karangkitri | sangsara duk nanêmipun | dupi wus kalêksanan | ngrêmbaka ayom ngayêmi | wêdaling woh kang badhe ngundhuh paduka ||
16. sampun kenging katamtokna | bilih paduka ing benjing | tulada lampahanira | rama paduka jêng gusti | kang sampun kula srêpi | pribadi arja satuhu | makatên pamintamba | saupaminipun benjing | jêng paduka ngêrsakkên damêl kawula ||
17. kula badhe tan lênggana | cumadhang ing siyang ratri | kalayan têmên ing driya | wasananipun kintaki | winantu-wantu mawi | urmat ing wilujêngipun |
--- 3 : 174 ---
jêng raja ing Nèdêrlan | ugi ing Nagari Wlandi | lêstantuna ing sagarwa putranira ||
18. têlas ing atur kawula | kang sampun kawrat ing tulis | muhung minta pangaksama | cinitra ing Dite Manis | Jumadilawal ping tri | taun Dal sangkalanipun | trus dhudhuk sela tunggal |[15][16] katandhan Sang Murwèng Kardi | W pan Bakêl arsitèk nagri Samarang ||
--- 3 : [175] ---
8. Sêrat Ibêr Dhumatêng Tuwan Hollê (K. F. Holle)
8. Kinanthi
1. sêrat kanthi tabenipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping catur ingkang sinung sih | Ridêring Ordhê Nèdêrlan- | sê leyo ingkang piniji ||
2. kolnèl myang ajudanipun | Sri Maha Raja Walandi | mirungga kumêndhanira | lesiyunipun pribadi | ing Nagari Surakarta |
--- 3 : 176 ---
têlênging karaton Jawi ||
3. dhumatêng sumitranipun | Tuwan K.F. Hollê nami | Ridêring Ordhê Nèdêrlan- | sê leyo ingkang pinuji | adpisir honorèrira | para rad Nagri Batawi ||
4. kang dumunung bawah Garut | dhêdhepok waspada wukir | Residhènsi Pariyangan | ing mangke sawêg sumiwi | jêng tuwan gupêrnur jendral | wontên ing Bogor Nagari ||
5. sampuning kadya puniku | awiyos sarira mami | sampun tampi srat paduka | cinitra kaping nêm April | sèwu wolung atus lawan | pitung dasa kawan warsi ||
6. dene ta suraosipun |
--- 3 : 177 ---
paduka asung pamuji | ing kula myang garwa putra | winantua ing salami | nugraha panjanging yuswa | rahayu jroning dumadi ||
7. myang malih paduka sukur | bingah amarwata siwi | awit saking putraningwang | kang tumut nglurug mring Acih | sampun dhatêng Surakarta | sawadya sami basuki ||
8. punika kula saklangkung | asangêt tarima kasih | mring paduka nrus ing driya | botên supe ing salami | dene katrêsnan paduka | lumintu lir toya mili ||
9. makatên panêdha ulun | mugi Hyang Kang Maha Suci | paduka pinaringana |
--- 3 : 178 ---
yuswa panjang rênèng galih | jinurunga ing sakarsa | wilujêng ing donya akir ||
9. Pocung[17]
1. salin kidung pucung tumrap ingkang têmbung | paduka uminta | pawartining among tani | miji pantun kang tuwan sêbar nèng boga ||
2. kang sinawung pawinihan dadosipun | tuwuh angrêmbaka | tumangkar kathah kang siwi | lêmanira nglangkungi kang kina-kina ||
3. kintênipun para tiyang sêpuh-sêpuh | ing boga sadaya | gadhahi kuwatos kêdhik | sasêbaran rèhning kasèp mangsanira ||
--- 3 : 179 ---
4. èstu gabug awit saking lintang luku | wus sumurup ngarga | punika kang dèn ugêmi | petang dhusun ngadat sampun kalampahan ||
5. dene pantun kang sampun tanêm pinugut | sakilèn bêndungan | ing mangke sampun katawis | saenipun ngungkuli lan sabênira ||
6. benjing lamun sampun panèn yêktinipun | gabug aosira | têmtu kula sung udani | mring paduka mêdal ing êpos kewala ||
7. liya sampun kang kasêbut nginggil wau | amung salam kula | dhumatênga Radèn Kaji | Ngisa ingkang ngulama ngiras pujangga ||
--- 3 : 180 ---
8. titi sampun pustaka rinênggèng kidung | Kêmis tiga wêlas | wulan Mulud taun Alip | tinêngêran katiga tan wolung candra |[18][19]|
--- 3 : [181] ---
9. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja
10. Dhandhanggula
1. mêmanise ing sabda palupi | palunturing wilapa la-êla | lumayastu sasmayane | arinta Pangran Prabu | Prawadana[20] dinardan singgih | mayor ajudanira | jêng gusti wiranung | katura mring jêng kakang mas | Pangran Arya Găndaatmaja kang pasthi | wasisthèng parikrama ||
2. sih rumêsêp sumarma mring ari | tarpa ingan wèh suba niskala |
--- 3 : 182 ---
lumala nèng waluyane | kakang mas wiyosipun | inggih kula sampun nampèni | paring paduka thika | paran salwiripun | sasotaning pustakanta | prastawaa kawangwang dahat muryani | purnaning patêmbaya ||
3. dahat sruning kamantyan kapati | ing pamundhi panosèng driyamba | mudya-madya kasidane | mawarna tuwuh nulus | sabdaning kang kadang wrêdadi | drêsing kastawa pindha | sawarsa sumawur | lumawat jiwangga mulya | luwih saking kumala rêtnadi murni | kalêngkaning tyas arja ||
4. ulun pêtêk saluhuring raksi | myang tinambang saluhuring kisma |
--- 3 : 183 ---
saking gêng sih pamuline | dhuh kangmas kadang ingsun | trus rumangsuk têlênging galih | saliring pangastawa | kang sampun lumuntur | kawran lir puspita sumyar | maratani rumaras ruming kang sari | sarananing katrêsnan ||
5. puwaranta ulun atur yêkti | sambodhana gêgarban prawala | sanggya sotyaning tyas mangke | kanang winudhar sampun | tumrap jroning thika puniki | iti duk ari Buda | nuju kaping catur | lèk Saban Alip kang warsa | tri bagêna bramana kăntha winarni |[21][22] sangkala lumaksana ||
--- 3 : [184] ---
10. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Angabèi
11. Mijil
1. wijil ingkang lukita mangsuli | kanthi salam ingong | tumrap taha putraningsun anggèr | siwayendra Pangeran Ngabèi | kang măngka uluning | sagung para sunu ||
2. wahyanira ingsun wus nampani | timbalan sang katong | kang cinitra nèng sabak têmbunge | lamun benjang ri Anggara iki | ingsun lawan swami | ing karsa sang prabu ||
--- 3 : 185 ---
3. tinimbalan nginêpa sawêngi | ana ing pakuwon | Langênarja yèn wus sapraptane | saking Parangjara ing karsaji | mrih lêrêming dhiri | rèhne wong wus sêpuh ||
4. kang mangkono karsane sang aji | tampane tyas ingong | saking gênge tyas palimarmane | têmah dahat panuwun sun pundhi | sandika tur mami | tan suwalèng kayun ||
5. titi ingkang macapat pamijil | ing Akad Kaliwon | ping nêmbelas Saban ing sasine | taun Ehe sangkala kang warsi | cinatur luhuring | sarira sang prabu |[23][24]|
--- 3 : [186] ---
11. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Angabèi
12. Kinanthi
1. layang kanthi salam ingsun | wakira Pangran Dipati | Mangkunagara kaping pat | katampana anak mami | atmajendra ingkang wrêda | panênggah Pangran Ngabèi ||
2. wiyose gèr manira wus | tămpa timbalan sang aji | cinitra nèng sabak krêsna | andangu sakondur mami | duk saking ing Langênarja |
--- 3 : 187 ---
sapraptanira ing panti ||
3. manira lan swaminingsun | kadang warga praptèng siwi | antuk pangèstu narendra | sadaya sami basuki | amung ta kucumbiningwang | kalajêng dènira sakit ||
4. kumba mwang wandanira ngluh | labêt tar gênyang lumaris | wimbuh manitih kang palwa | durtaning gănda nampêki | kentar-kentiring maruta | bêntèring surya muwuhi ||
5. dadya tan wêntala angluh | yeka darunaning gati | ing mêngko wus ingusadan | dening Dhoktêr Tuwan Sêmit | wus trangga ing sawatara | antuk sabdanira aji ||
6. nahan ta kang wus sun tutur |
--- 3 : 188 ---
tumuntur ruwiya mami | nalika nèng Langênarja | sih wilasaning narpati | miwah sang narpadayita | ingkang marang jênêng mami ||
7. sumrambah mring rabi sunu | tumrah ing dasih ngalabi | tan alpa ring boja krama | marma kulup awak mami | dahat ing panuwun ingwang | kandhas ing driya kapundhi ||
8. muhung ta sandeyaningsun | mulat ing rèhirèng swami | gung wihang karsa narendra | darunane saking sakit | tarlènwang nuhun aksama | ing kangjêng sri narapati ||
9. kalawan rumăngsa ingsun | datan bangkit amangsuli | isih kamulèning nata |
--- 3 : 189 ---
kadarmaning tyas mêmuji | muga Hyang Kang Maha Mulya | malêsa kajating dasih ||
10. pinanjangna yuswanipun | winantu ing nugrahadi | kadugèna kang kinarsan | tumêraha marang siwi | dènira darbèni praja | salamêt ing donya ngakir ||
11. titi kinanthi kang kidung | cinitra ing Sukra ari | ping nêmbêlas kang candrama | Saban Ehe ingkang warsi | sangkala ingkang winarta | karya umbul sarira ji |[25][26]|
--- 3 : [190] ---
12. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Angabèi
13. Sinom
1. dhuh anggèr atma sri nata | pambajêng Pangran Ngabèi | kang dhingin ing salam ingwang | praptaa sira nak mami | wiyose duk sang aji | pêpara nitih parahu | manira arêrasan | lamun bakal anyaosi | kang landheyan sapasang kayu timaha ||
2. mêngko sun kirimkên sira | abarêng lan layang iki |
--- 3 : 191 ---
muga ana pitulung ta | konjuke sri narapati | lamun dinangu kaki | landheyan pinangkanipun | saking alas Pacitan | sobatku ingkang ngirimi | kayu waru tinulis pindha timaha ||
3. wusanane sêmbah ingwang | konjuk kangjêng sri bupati | apadene salam ingwang | mring ibunta pramèswari | titi tataning tulis | Buda kaping wolu likur | kapat ing sasi Saban | Ehe sangkalaning warsi | tirta wiyat kaèsthi tibèng bantala |[27][28]|
--- 3 : [192] ---
13. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja
14. Maskumambang
1. tumimbuling salam ngong mring putra mami | Jêng Pangeran Arya | Suryatmaja kang piniji | umiring jêng tuwan jendral ||
2. ing mangkyarsa tindak mring Nagara Ngacih | ingsun sung pamuja | ing marga praptèng nagari | amangguha sukarêna ||
3. kaping dwi ngong asung wah prabeyèng margi | mung sèwu rupiyah | awarni krêtas sasuwir |
--- 3 : 193 ---
minăngka tăndha katrêsnan ||
4. titi sinrat patlikur ing Pèbruari | sèwu tusan astha | pitung dasastha lumaris |[29] Ramanta Mangkunagara ||
--- 3 : [194] ---
14. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Angabèi
15. Mijil
1. wijiling kang sabdanèng kintèki | salam donganing ngong | myang uminta praptaa siranggèr | narpatmaja Pangeran Ngabèi | lan swaminta kaki | rêke wiyosipun ||
2. ingsun têlas mananggapi tulis | saking putraning ngong | kang cinitra ari angganing lèk | Madilawal yekang sitarêsmi | Jimakir ing warsi |
--- 3 : 195 ---
sèwu wolung atus ||
3. lan sadasa petange kang warsi |[30] dèn ta kang suraos | sira asung puja basukine | gon manira cangkramanèng ardi | kang iku nak mami | dahat tarimèngsun ||
4. muga-muga kastawanta lagi | mustajab sayêktos | mangkono ta kastawèngsun anggèr | marang sira sakaloron kaki | muga Hyang Suksmadi | mardanèng rahayu ||
5. mandirgakna dènira dumadi | tumrap sakaloron | dinulura salir pangèsthine | kinalisna sagunging pawèsthi | winantua malih | sihira sang prabu ||
--- 3 : 196 ---
6. titi tekang waluyan mring siwi | cinitra Buda Pon | Madilawal kasapta kanang lèk | ing Jimakir sangkalaning warsi | anawang mring siwi | sarirane ngumpul |[31][32]|
--- 3 : [197] ---
15. Sêrat Ibêr Dhumatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm Amêngkunagara
16. Kinanthi
1. kinanthi laguning kidung | sanetyasa ingkang taklim | katur ing Sang Narpatmaja | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | ing Surakarta Nagari ||
2. nahên ta gèr wiyosipun | mas kakèk nungsung pawati[33] | paran kawontênanira | raka paduka sang aji | lawan sang narpadayita |
--- 3 : 198 ---
miwah ibu pramèswari ||
3. jêng ratu agêng kang mashur | pêpundhèn sajroning puri | tuwin sarira paduka | myang putra santana aji | punapa sami raharja | sapêngkêr kula mri[34] ardi ||
4. dènta kawontênanipun | wănda kula miwah swami | myang suta wadu wandawa | tumêrah mring brêtya cili | antuk brêkahing narendra | sadaya sami basuki ||
5. ing nalika angkat ulun | tanggal pisan dintên Kêmis | ing wulan Rabingulawal | ugi ing warsa Jimakir | wanci pukul pitu enjang | numpak rata bangku katri ||
6. sarêng dumugi ing Jurug |
--- 3 : 199 ---
angrucat kuda pangirid | gumanti tinarik janma | tumurun dhatêng banawi | kula taksih wontên rata | lan saputra tuwin swami ||
7. lajêng minggah dhatêng prahu | gembong amudhik malipir | dumugi antaranira | lajêng angancas umilir | mangetan praptèng babagan | rata tinarik mring gisik ||
8. tinampèn wadya kang mêthuk | sinurung minggah mring margi | kèndêl ing pos ngrakit kuda | manggihi kang ngatêr sami | lawan putra mantu kula | pun kulup Pangran Ngabèi ||
9. anunggil pra ipenipun | dumugi wetan banawi | sarêng rata wus samêkta |
--- 3 : 200 ---
kula amit mring pra siwi | kang ngatêrkên lampah kula | kula jak andum basuki ||
10. tan winarna anèng ênu | lampahing rata lêstari | dumugi ing Karanganyar | kèndêl mung salin turanggi | sakêdhap lajêng umangkat | praptèng Tawang gantos malih ||
11. ing ngriku wontên kang mêthuk | tuwan-tuwan mung kêkalih | van Russên lan Tuwan Susman | sami sung wilujêng prapti | tan dangu rata samêkta | kula mangkat sung basuki ||
12. dupi prapta wetanipun | dhusun Kêron têngah margi | wontên wisma tinaruban | pinalêngkung janur kuning | saubênge ginêbêran |
--- 3 : 201 ---
ing wastra winingkis-wingkis ||
13. winarna tri sungsunipun | gêdhah seta nginggil abrit | punika dhusun Gumapang | Serat Dhabu kang cêcawis | kula prapta ingurmatan | Monggang mriyêm sami muni ||
14. rata kèndêl tarub agung | kuda pangirid ginanti | Tuwan Dhabu gurawalan | nambrama asung basuki | lan sêgah wedang minuman | sumrambah tumêkèng dasih ||
15. nanging kula botên mudhun | saking rata lawan swami | awit mung kèndêl sakêdhap | dupi rata wus rinukti | kula pamit lajêng mangkat | pra sami andum basuki ||
16. sadhatêng kula ing purug |
--- 3 : 202 ---
Karangpandhan ngandhap ardi | kuda pangiriding rata | prasami dipun rucati | salin kang pangirid janma | saksana minggah mring ardi ||
17. dumugi sapucakipun | aldaka rata lêstari | jujug pasanggrahan wetan | punika kang kula gèni | kang kilèn suwêng kewala | kinarya cawis manawi ||
18. wontên priyagung kang rawuh | têtuwi dhumatêng ardi | yèn nêtêpi kang ubaya | sarêng tita gangsal ari | botên wontên wartosira | dados lajêng kula gèni ||
19. ing ngriku salêbêtipun | kalih dasa dalu maksih | jawah angin botên kêndhat |
--- 3 : 203 ---
mawanti Hyang Wrahaspati | dados botên sagêd kesah | ngupados enggaring galih ||
20. sarêng tanggal gangsal likur | nuju dintên Akad Lêgi | kula ngalih pasanggrahan | dhumatêng Srikaton wukir | ing ngriku langkung sakeca | mulyaning tăngga nyrambahi ||
21. enggaring manah andulu | padhusunan ingkang têbih | dalah pura Nglangênarja | kinèkêr langkung dumêling | sumawana Surakarta | anggênggêng sênêne asri ||
22. miwah mulat taru-taru | kang wontên pucaking ardi | muyêg wilis angrêmbaka | puspita panjrah kaèksi | saubênging pasanggrahan |
--- 3 : 204 ---
akarya rênaning galih ||
23. wasana tur sêmbah ulun | lan swami suta kang mugi | konjuk kangjêng narèswara | saha kangjêng ibu sori | ratu agêng kang minulya | pêpundhèn sajroning puri ||
24. titi lukitaning têmbung | Srikaton ing Sênèn Paing | nêmlikur ingkang candrama | Jumadilawal kang sasi | Jimakir sangkalanira | nênga putra sarira ji |[35][36]|
--- 3 : [205] ---
17. Sêrat Ibêr Dhumatêng Tuwan Hollê (K.F. Holle)
17. Kinanthi
1. sêrat kanthi tabenipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping sakawan kang mandhiri | kolnèl myang ajudanira | Jêng Raja Nagri Walandi ||
2. Kumandhur Ordhê Ikêkrun | ing Luksêmburêh Nagari | Ridêring Ordhê Nèdêrlan- | sên leyo ingkang piniji | miwah ridêr ordhênira |
--- 3 : 206 ---
Eisêrkrun ing Ostênrik ||
3. kumêndhaning kang lesiyun | ing Surakarta Nagari | dhumatêng sumitranira | Tuwan K.F. Hollê nami | ridêr ordhê ing Nèdêrlan- | sên leyo ingkang pinuji ||
4. nahên ta ing wiyosipun | kula sampun anampèni | sêrat saking saudara | cinitra Dhesèmbêr sasi | tri dasa ingkang candrama | angkaning taun Walandi ||
5. nuju sèwu wolung atus | wolung dasa ingkang warsi | nèng Garut panitranira | wontên ing waspada wukir | dèntên sasuraosira | kula inggih sampun tampi ||
6. kang sarêng lan sêratipun |
--- 3 : 207 ---
saudara angintuni | têtêdhakan sastra Buda | ingkang sampun dipun gêdrik | ugi saking Gênutsêkap | kang dumunung nèng Batawi ||
7. dene ta kang sastra wau | milanipun ngantos lami | wit saking kula kèn nêdhak | tumulad samining warni | ing samangke sampun purna | punika pamurih mami ||
8. taman lèn ing têmbenipun | wontên kawignya jarwani | katranganipun ing sastra | sadaya punika ugi | kula kintunkên sudara | kalayan sukaning kapti ||
9. lan wangsulan takènipun | saudara sampun sami | kawrat wontên ing pustaka |
--- 3 : 208 ---
sapala kang datan mawi | salir sêkar cinarita | sakawontênaning mangkin ||
10. kang kapanggih criyosipun | asalirèng sastra nguni | nungswa Jawi jaman Buda | akalihan sastra saking | Gênutsêkap Batawiyah | kula kintunakên sami ||
11. asarêng sêrat pakintun | dhatêng saudara mugi | katampèna lawan suka | ngaksamèng wangsulan mami | bokmanawi dados srana | pranawa wênganing budi ||
12. mêdhar kawusananipun | sapêngkêring kang kintèki | punika kula lan garwa | saha putraningwang sami | ginanjar waluya arja |
--- 3 : 209 ---
dening Hyang Kang Maha Suci ||
13. purnaning panyêrat nuju | ari Soma tanggal kaping | kalih dasa kang candrama | Juni warsa sèwu tuwin | wolung atus wolung dasa | satunggal ingkang marêngi |[37]|
--- 3 : [210] ---
[...][38]
1 | § Taun Jawi 1785, taun Walandi 1856, wulan Sèptèmbêr [sic]. (kembali) § Taun Jawi 1785, taun Walandi 1856, wulan Sèptèmbêr [sic]. |
2 | Tanggal: Salasa (Slasa) wolu likur (28) Sapar Wawu: păncastha suwaraning rat (AJ 1785). Tanggal Masehi: Selasa 28 Oktober 1856. (kembali) Tanggal: Salasa (Slasa) wolu likur (28) Sapar Wawu: păncastha suwaraning rat (AJ 1785). Tanggal Masehi: Selasa 28 Oktober 1856. |
3 | § Taun Jawi 1787, taun Walandi 1858, wulan Dhesèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1787, taun Walandi 1858, wulan Dhesèmbêr. |
4 | Tanggal: Salasa (Slasa) Lêgi limalas (15) Jumadilawal Alip AJ 1787. Tanggal Masehi: Selasa 21 Desember 1858. (kembali) Tanggal: Salasa (Slasa) Lêgi limalas (15) Jumadilawal Alip AJ 1787. Tanggal Masehi: Selasa 21 Desember 1858. |
5 | § Inggih punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX. (kembali) § Inggih punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX. |
6 | § Taun Jawi 1792, taun Walandi 1863, wulan Juli. (kembali) § Taun Jawi 1792, taun Walandi 1863, wulan Juli. |
7 | Tanggal: Budari (Rêbo) lima (5) Sapar Be: ngrungu jawata nyabdakkên marang siwi (AJ 1792). Tanggal Masehi: Rabu 22 Juli 1863. (kembali) Tanggal: Budari (Rêbo) lima (5) Sapar Be: ngrungu jawata nyabdakkên marang siwi (AJ 1792). Tanggal Masehi: Rabu 22 Juli 1863. |
8 | § Taun Jawi 1793, taun Walandi 1864, wulan Nopèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1793, taun Walandi 1864, wulan Nopèmbêr. |
9 | Tanggal: salawe (25) Jumadilakir Wawu: tri lawang kang muni căndra (AJ 1793). Tanggal Masehi: 25 November 1864. (kembali) Tanggal: salawe (25) Jumadilakir Wawu: tri lawang kang muni căndra (AJ 1793). Tanggal Masehi: 25 November 1864. |
10 | § Taun Jawi 1796, taun Walandi 1867 [sic. 1868], wulan April. (kembali) § Taun Jawi 1796, taun Walandi 1867 [sic. 1868], wulan April. |
11 | Tanggal: sawêlas (11) Kaji (Bêsar) Ehe: rasaning maharsi winulangna sunu (AJ 1796). Tanggal Masehi: 4 April 1868. (kembali) Tanggal: sawêlas (11) Kaji (Bêsar) Ehe: rasaning maharsi winulangna sunu (AJ 1796). Tanggal Masehi: 4 April 1868. |
12 | § Taun Jawi 1798, taun Walandi 1869, wulan Oktobêr. (kembali) § Taun Jawi 1798, taun Walandi 1869, wulan Oktobêr. |
13 | Tanggal: Sabtu (Sêtu) lima likur (25) Jumadilakir Je: sarira trus sabda tunggal (AJ 1798). Tanggal Masehi: Sabtu 2 Oktober 1869. (kembali) Tanggal: Sabtu (Sêtu) lima likur (25) Jumadilakir Je: sarira trus sabda tunggal (AJ 1798). Tanggal Masehi: Sabtu 2 Oktober 1869. |
14 | kapti. (kembali) kapti. |
15 | § Taun Jawi 1799, taun Walandi 1870, wulan Agustus. (kembali) § Taun Jawi 1799, taun Walandi 1870, wulan Agustus. |
16 | Tanggal: Dite (Ngahad) Manis (Lêgi) tri (3) Jumadilawal Dal: trus dhudhuk sela tunggal (AJ 1799). Tanggal Masehi: Senin 1 Agustus 1870. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) Tanggal: Dite (Ngahad) Manis (Lêgi) tri (3) Jumadilawal Dal: trus dhudhuk sela tunggal (AJ 1799). Tanggal Masehi: Senin 1 Agustus 1870. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. |
17 | Teks asli: Pucung. (kembali) Teks asli: Pucung. |
18 | § Taun Jawi 1803, taun Walandi 1874, wulan April. (kembali) § Taun Jawi 1803, taun Walandi 1874, wulan April. |
19 | Tanggal: Kêmis tiga wêlas (13) Mulud Alip: katiga tan wolung căndra (AJ 1803). Tanggal Masehi: Kamis 30 April 1874. (kembali) Tanggal: Kêmis tiga wêlas (13) Mulud Alip: katiga tan wolung căndra (AJ 1803). Tanggal Masehi: Kamis 30 April 1874. |
20 | Prangwadana. (kembali) Prangwadana. |
21 | § Taun Jawi 1803, taun Walandi 1874, wulan Sèptèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1803, taun Walandi 1874, wulan Sèptèmbêr. |
22 | Tanggal: Buda (Rêbo) catur (4) Saban (Ruwah) Alip: tri bagêna bramana kăntha (AJ 1803). Tanggal Masehi: Rabu 16 September 1874. (kembali) Tanggal: Buda (Rêbo) catur (4) Saban (Ruwah) Alip: tri bagêna bramana kăntha (AJ 1803). Tanggal Masehi: Rabu 16 September 1874. |
23 | § Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Sèptèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Sèptèmbêr. |
24 | Tanggal: Akad (Ngahad) Kaliwon (Kliwon) nêmbelas (16) Saban (Ruwah) Ehe: cinatur luhuring sarira sang prabu (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 17 September 1875. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1804, hari Ngahad Kliwon jatuh pada tanggal 11, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Ngahad Kliwon 11 Ruwah AJ 1804 (Minggu 12 September 1875). (kembali) Tanggal: Akad (Ngahad) Kaliwon (Kliwon) nêmbelas (16) Saban (Ruwah) Ehe: cinatur luhuring sarira sang prabu (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 17 September 1875. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1804, hari Ngahad Kliwon jatuh pada tanggal 11, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Ngahad Kliwon 11 Ruwah AJ 1804 (Minggu 12 September 1875). |
25 | § Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Sèptèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Sèptèmbêr. |
26 | Tanggal: Sukra (Jumungah) nêmbêlas (16) Saban (Ruwah) Ehe: karya umbul sarira ji (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 17 September 1875. (kembali) Tanggal: Sukra (Jumungah) nêmbêlas (16) Saban (Ruwah) Ehe: karya umbul sarira ji (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 17 September 1875. |
27 | § Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Sèptèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Sèptèmbêr. |
28 | Tanggal: Buda (Rêbo) wolu likur (28) Saban (Ruwah) Ehe: tirta wiyat kaèsthi tibèng bantala (AJ 1804). Tanggal Masehi: Rabu 29 September 1875. (kembali) Tanggal: Buda (Rêbo) wolu likur (28) Saban (Ruwah) Ehe: tirta wiyat kaèsthi tibèng bantala (AJ 1804). Tanggal Masehi: Rabu 29 September 1875. |
29 | § Taun Walandi 1878, wulan Pèbruari, taun Jawi 1807, wulan Sapar. (kembali) § Taun Walandi 1878, wulan Pèbruari, taun Jawi 1807, wulan Sapar. |
30 | § Taun Jawi 1810, taun Walandi 1881, wulan Marêt. (kembali) § Taun Jawi 1810, taun Walandi 1881, wulan Marêt. |
31 | § Taun Jawi 1810, taun Walandi 1881, wulan April. (kembali) § Taun Jawi 1810, taun Walandi 1881, wulan April. |
32 | Tanggal: Buda (Rêbo) Pon kasapta (7) Madilawal (Jumadilawal) Jimakir: anawang mring siwi sarirane ngumpul (AJ 1810). Tanggal Masehi: Rabu 6 April 1881. (kembali) Tanggal: Buda (Rêbo) Pon kasapta (7) Madilawal (Jumadilawal) Jimakir: anawang mring siwi sarirane ngumpul (AJ 1810). Tanggal Masehi: Rabu 6 April 1881. |
33 | pawarti. (kembali) pawarti. |
34 | mring. (kembali) mring. |
35 | § Taun Jawi 1810, taun Walandi 1881, wulan April. (kembali) § Taun Jawi 1810, taun Walandi 1881, wulan April. |
36 | Tanggal: Sênèn Paing nêmlikur (26) Jumadilawal Jimakir: nênga putra sarira ji (AJ 1810). Tanggal Masehi: Senin 25 April 1881. (kembali) Tanggal: Sênèn Paing nêmlikur (26) Jumadilawal Jimakir: nênga putra sarira ji (AJ 1810). Tanggal Masehi: Senin 25 April 1881. |
37 | § Taun Walandi 1881, wulan Juni, taun Jawi 1810, wulan Rêjêb. (kembali) § Taun Walandi 1881, wulan Juni, taun Jawi 1810, wulan Rêjêb. |
38 | Halaman 210-2 kosong. (kembali) Halaman 210-2 kosong. |