Pariminta, Pigeaud, 1953, #1405

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pariminta

1. Pocung

1. mêndêm pocung wong anom tan mangan wuruk | waru jêne ngarga | jinada kang sabèng kawis | anêmaha dadi bajingan nèng praja ||

2. manggung dadya buron saparanipun |[1] sêkaring kintaka | tunjung bang kang gagang nginggil | yèn kacandhak rinante nèng tanah sabrang ||

3. pae lawan kasêngsêm manut pitutur | satriya Singgêla | dhukut arum sanèng ardi |

--- 4: 13 ---

yèn wis bisa sinêbut janma sujana ||

4. bisa karya lêgane wong tuwanipun | gambir bang ngrêmbaka | kalabang markatèng ratri | sukarêna mêmuji jroning wardaya ||

5. lêstaria rahayu salaminipun | pamanguning jala | prabusèt kang sêkar putih | ngayomana marang kadang warganira ||

6. kang mêngkono kabul ing panêdhanipun | pêpatih Mandura | wrêksa lajêring padhati | awibawa katêkan barang sinêdya ||

7. aja nyipta sumêngah lawan têkabur | tambanging turăngga | punggawa Sri Bămapati | kalis marang ing wahyu lawan nugraha ||

8. têmahipun barang kang sinêdya luput | we wijil sing arga[2] | pandhita Ngendrakilardi |

--- 4: 14 ---

dipun èngêt kang dadi bekaning raga ||

9. sayêktine gayuh tuna nyandhak luput | pamronggoling wrêksa | pêdhut samar ing pratiwi | ywa nênutuh ngamun-amun mring wong tuwa ||

10. nora wurung cilaka sajêge umur | garwa Sang Wisrawa | sêkar braja kang kinawi | kèsi-èsi nora amor lan sêsama ||

11. yèn mangkono sayêktine bêcik lampus | sabin tanpa toya | rêngganing wibawa mukti | anggêgawa mring wong tuwa kang minulya ||

 


Kurang satu suku kata: manggung dadya buron ing saparanipun. (kembali)
raga. (kembali)