Pariwara, Pigeaud, 1953, #1407

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pariwara

1. Sinom

1. kiswa tumangkuling[1] karna | sangsara kang tanpa bukti | sinom têmbanging wilapa | wisma pataraning aji | wangsalan pinarsudi | rema tumambanging[2] gêlung | lêlungsèn wudhar karsa | ulu gêng kang pindha warni | kuwakungên nèng wisma têmah mangripta ||

--- 4: 23 ---

2. jaman brama marcapada | siswaning para maharsi | kang pinurwa ing wasita | andaka nêdhêng birai | wit pangunguning ati | gambaring dhalang amanggung | lakone wong ngawula | pupus roban janma nangkil | wus sinêbut ana ing layang sewaka ||

3. nuswa sakilèning Jawa | panênggah[3] putri Kadhiri | linimbang kinira-kira | gathita têbêring wanci | lan jaman măngsa iki | cêpaka kang kudhup arum | kênane linakonan | pêpothèt ing pusêr bumi | marmanira binudi lan ingupaya ||

--- 4: 24 ---

4. krama pamoring sasana | pêpatih ing Batuwarni | dene tunggal sanagara | ampilan kaprabon aji | carane rupa katri | jambe wana tăndha pandung | kang siji cinarita | klalaring wrêksa binasmi | wong ngawula tan kewran ngupaya marga ||

5. kukila gêng măngsa sarpa | wuragil Wisrawa rêgsi | kang bodho tuwin kang bisa | satriya Galagahwangi | wus pinatah pribadi | paku wrêksa ing wismagung | têdha anuting karya | pataran munggah ing panti | sabên dina pinardi mundhaking wignya ||

6. bêndha ijo munggèng karang | juluking Yudhisthira ji |

--- 4: 25 ---

yèn ana kang luwih guna | sawolit amadha warni | jinunjung ingkang linggih | bubur usadaning rapu | sinuba piniara | gudhe pandhak janma milim | nora ketang sanadyan têdhaking papa ||

7. sarana pangolah kisma | pandayaning wong anulis | lakune kalamun ana | pintoning kancana basmi | wadya ingkang tinuding | bênguk têgal gagang pantun | prakara miwah aprang | wana pambuwangan janmi | manawana kang mati jroning ayahan ||

8. wilada ijo kang warna | siti rêngka măngsa katri | kinundhanging êla-êla | Sulastri sasanèng ardi |

--- 4: 26 ---

minule linaluri | tawing wastra kang pinanggung | saliring pakaryanta | pamurak mina jaladri | winalêran pranata titining karya ||

9. pradăngga rinêgêm asta | bikang gêng pinănca-warni | saanak sarabinira | ancala Kiskêndha margi | rinêgsa lan pinanci | kawis pita kêlir pintu | aja kang mati ngrana | pustaka wêwaton nagri | mung anggêre alawas pangabdinira ||

10. prakêmpa pangrurah palwa | bêndha karang saupami | samya rêbut kaluwihan | prajane Salya Narpati | kang măndraguna sami | tahên prêgta ing wana gung |

--- 4: 27 ---

tuwin kang wicaksana | gatha tirta pinasagi | apadene kang ulah arjaning praja ||

11. sumêndhi Sata Kurawa | parabe Sang Manduraji | marma sagung wadyabala | waron bang kang rotan tulis | labêt tumingal dening | têpi wastra tusing ranu | kang padhantuk kamulyan | têmbung watêsing pamilis | wêkasane kang bêgja praja narendra ||

12. curiga agêm wanita | kalabang markotèng ratri | têntrêm rêna wadyabala | wisma tatêngêring lalis | cukup sandhang lan bukti | bêbasan kang kêmbang walur | tan ana cêcêngilan | ardana wijiling bumi |

--- 4: 28 ---

saking dene ajêg adil kukumira ||

13. puja panulaking wisa | sêkar bang kang awoh tasik | manawa nêja suwita | sela gêng jroning jaladri | marang kang kocap iki | panêngah Sang Pandhusunu | margane kawruhana | atmaja Sri Sarkat Turki | pangarsane mardiguna banting raga ||

14. buron wana gănda wisa | pacal alit sobèng kali | tan kêna gungan lêleda | pawaka kang tan madhangi | kumawa-kumawani | kadang Sri Ngastina Prabu | durcara ngumandaka[4] | malige sajroning puri | gunggungane kabèh tindak kang tan arja ||

 


§ tumêlung [tumêlunging]. (kembali)
§ tumangsul = nangsuli. (kembali)
§ nama. (kembali)
ngamandaka. (kembali)