Prayangkara, Pigeaud, 1953, #1412

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prayangkara

1. Kinanthi

1. tata trêpsilaning têmbung | tumiba têmbang Kinanthi | kinăntha-kanthaning gita | gatine kang ingupadi | pada panduming budaya | dayaning rèh silakrami ||

2. karêming nala kalamun | lam-lamên ing lama-lami | lumalat mulat sêsama | samining băngsa marsudi | suda sandeyaning karya |

--- 4: 64 ---

karasa rosing dumadi ||

3. sinambung sêmbadèng kidung | kumêdah kadi awanti | wantu watêking amudha | padha mindha kawarjadi | juwêt juwèh tan wêweka | wikaning awak pribadi ||

4. beda budine wong punjul | tan paja jêjêling kapti | kapita myating pantaka | pantoging manah mêmanis | manohara ring sêsama | sêmune turida yêkti ||

2. Dhandhanggula

1. pisang jênar gandanira amrik | janma ingkang kajantakèng praja | graitanên sabacute | ingkang tumibèh[1] luput | saranane kang palwa mili |

--- 4: 65 ---

parikan jênutawa | ywa sira kêtungkul | ing solah kang tanpa karya | mênyan pita ingkang we mijil jasmani | èngêta kawirangan ||

2. nuswa alit tampingan sêrandil | pacêt agung kang sasanèng toya | kang narima satitahe | bêgja cilaka iku | dasih nata ingkang sinêlir | waruju Sri Cêmpala | nistha kawlas ayun | tan pilih paraning marga | jênang sobrah ancur bang jabaning tulis | takdir tan kêna selak ||

 


tumibèng. (kembali)