Prayasmara, Pigeaud, 1953, #1413

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prayasmara

1. Dhandhanggula

1. pisang lêsah Sang Rajèng Kubarsi | sabên dalu datan antuk nendra | gunting wohan swarèng bêndhe | kacipta mung sirèku | garwa Prabu Malawapati | sêtyanana ngawula | pambagening etung | parane amung sakêdhap | suling dara wana lit turut ing têpi | yèn nyawang tarataban ||

2. gayung sumur wêlut ing wanadri |

--- 4: 67 ---

tambanana intên brănta kula | rotan buntal tan ginawe | tingalana mas ingsun | putri adi nagri Kubarsi | sakadare kewala | salumpringing pantun | lamine wanuh lan sira | suku palwa kang arta ciri turanggi | katon sasolahira ||

3. sukêt galêng rinumpaka gusti | kang baita kandhêg ing samodra | rontang-ranting têmahane | abdinya nêdya labuh | mring kusuma kang asung branti | blimbing mindha widara | carême dumunung | wismèng pêpujan ngulama | raosing tyas dhuh gusti kadya rinujit | kang ketang amung sira ||