Rêrêpèn, Pigeaud, 1953, #1414

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêrêpèn

1. Pangkur

1. jirak pindha munggwing wana | sayèng kaga we rêkta kang muroni | nyênyambi kalane nganggur | wastra tumrap mastaka | pangikête wangsalan kang sêkar pangkur | baon sabin ing nawala | kinarya langên pribadi ||

2. senthe lit sasanèng arga | lênging roga mina kinarya dhêsthi | nglêlêjar lajêring wuyung | sikatan bang ngrêmbaka |

--- 4: 69 ---

pinisuka kasukan saananipun | wimbaning kang căndra wela | mrih purna pranawèng kapti ||

3. sarkara drawa linama | gêlang sweda kramane marah siwi | ilang laliyèng wulangun | mundhu lit dhaonira | lumêkêting kayuwananirèng kayun | parab madyaning Pandhawa | sarjua arjaning dhiri ||

4. singgang gung kang piniara | mardi siswa kêkawinirèng èstri | winèh winulangkên wadu | pêputhut mong Pêrgiwa | kang sumewa pasewakaning kalangun | pangrantamirèng pradăngga | sêsêndhonan gênti-gênti ||

5. wicara tanpa karana | bêbasane janma nunggal sapanti | ngayawara tanpa dunung |

--- 4: 70 ---

sampang panggilap wrêksa | pêprênesan linaras rêsmining kayun | narmada lit ngalang marga | tan liya amung ngrêrêpi ||

6. ron dêling têngêring marga | barat wetan mina lêmbat jaladri | sun sawèni timuripun | wantya sang nari brăngta | mangke sampun diwasa warnane punjul | krama sêngsêming sasana | têka ana kang ngrasani ||

7. jambe gêng wijil ing arga | sarpa warna kisma mawur kapilih | gawe sumêlanging kalbu | satriyadi Singgêla | datan bisa nendra kalanirèng dalu | pamèt brana jro pratala | netra tansah mêrêm mêlik ||

8. sumêndhi putrèng Ngalêngka | bale nata Sang Endrakila Rêsi |

--- 4: 71 ---

kaya paran raganingsun | dhandhang lit mitra dhustha | yèn tuhua lir pawarta kang sun rungu | kucumbining dwijawara | sêdhêng sun kendhang sing ngriki ||

9. paningsêt sampur wanita | natèng angga rangkêp tundhaning sari | kacandhêting manah ingsun | kadang têpunging basa | dene durung kinaruh ing sidanipun | taru wilis tanpa patra | jroning urip sun antèni ||

10. wrêksa angkuring suyasa | kang toh kuda sêndhang lubèr kang warih | sun tatêdha ring Hyang Agung | tirta wijil ing angga | mung èngêta bae marang dasihipun | palwa kandhêg ing muwara | sun labuh dhêpani nagri ||

11. katga pangruwat durmala |

--- 4: 72 ---

sinduraga pasang ilining tasik | pakaryan kringêt amarus | surya lalu diwasa | datan nêdya gumingsiring tyas sarambut | sela curna ring pawaka | lêbur luluh sun andhêmi ||

12. saron gêng măngka manggala | pêcuk seta kawuk kang madha warni | mung tolèhên awak ingsun | kuji gêng tasik waja | kasangsaya kadarpaning tyas kadurus | bantuning janma baksana | wimbuh yèn mulat maskwari ||

13. pathining we jaladhian | winda madya rangkêp têmbunging ngèksi | yayah saputing pandulu | wastra tawing wiwara | lir kataman gêbyaring kilat narawung | jawatagêng salah warna | sakala datanpa budi ||

--- 4: 73 ---

14. saksi sabda mring pradata | apuwara saya ngrêbda kang brangti | papan wiyar tanpa taru | ru-arane kalintang | timun wana pinapasa pinrih mupus | wulu bauning kukila | kêlar ingsun mung sawêngi ||

15. sadpada bubar sing tala | esuk kambuh brangtaning tyas tan sipi | wilangan kinarya urup | ketang laraning driya | pagêr kuda dêling malang kang binêkuk | gung kapêlak kapalangan | saking kèh sikarèng budi ||

16. tilam wastra ring kêkapa | raning prana ron lêsah anèng siti | kasuraning tyas kang rawuh | têmu bang ande warna | sanalika nir kadarman yun manêmpuh | bubuk lit ngrabasèng wastra |

--- 4: 74 ---

èngêt pasuwitan mami ||

17. wiwaradi dhatulaya | jangkah madya niskara kang ngewani | yèn ngantia tindak saru | pêparap Sang Mahdwija | sayêktine ginuyu mring kang tan sarju | siwaling wrêksa dinanda | ilang tatal ingsun nguni ||

18. tămbra lit kulinèng arga | jayèng toya janma manyandi warni | angurbaya sun salimur | majasta tungtung seta | dimèn aja kawistara brangtaningsun | puja panulaking wisa | manawa têmbe pinanggih ||

19. parabe Hyang Nilakăntha | lamun pasthi sira jodho lan mami | godhag antaraning laku | lêta wukir samodra | pêkên alit urut marga nora wurung |

--- 4: 75 ---

pamoring èstri lan priya | dhaup lawan sira gusti ||

20. titi pracihnaning kata | pratandhane kang lagya andon wingit | baya nora antuk têlu | kang kaya raganingwang | aywa mamak amitambuh marang ingsun | pikukuh isining praja | măngga[1] manggala linêwih ||

21. titi purnaning panitra | Prangwadanan ing ari Wrahaspati | Bêsar tanggal kaping pitu | nuju măngsa katiga | ing taun Je ăngka sèwu pitung atus | wolung dasa kalih enjang | pangriptaning kang ngrêrêpi ||

2. Dhandhanggula

1. rêngating tyas rinapih ngrêrêpi | rinumpaka sinawung sarkara | wêwangsalan karêmêne |

--- 4: 76 ---

dhuh babo roning pantun | ancur pêthak tumraping carmin | saya lami karasa | kalabang sumunu | nora rêna ing tyas ingwang | bênthik wrêksa atmajèng Santanu Rêsi | tan jênak anèng wisma ||

2. pakis mudha sêkar awoh tasik | alêlungan tan ana sinêja | jalidri ămba godhonge | mung ketang kang mawèh kung | katu alit wungu kang warni | ambalut tur jatmika | bajuning dyah tanggung | kuning bentrok maya-maya | sêkar pisang basa kawining nagari | patut musthikèng praja ||

3. sutèng Endra watêse kang tulis | sun watara janma madyapada | putêr gêng tutul murdane |

--- 4: 77 ---

tan ana kang kadyèku | tapas arèn kang senthe wukir | duk kuna jare ana | sanjata pamupuh | putri adi ing Manggada | watang criga têpi wastra kang cinawi | kiraku durung padha ||

4. mênyan seta pangabaran pêksi | salawase sun anjajah praja | pagêr pura pulas jêne | Batawi praptèng Kudus | kêkawine kang sêsotyadi | durung tau umulat | ăndakara murup | mèmpêr mirib warnanira | lambang brana pêlêm alit gănda wangi | urup dèn doli karya ||

5. bale nata murwèng darbe siwi | kaya paran têmbe dadinira | gancar wayang upamine |

--- 4: 78 ---

lakone raganingsun | pacêt agung kang suling paksi | tan bêtah anyawanga | putusing pangawruh | kang kadya wulan purnama | kêndhal jêram pungkas ingkang bangun enjing | kasêrêng saput driya ||

6. sipat krêsna ron lêsah nèng siti | sun cêlaki wuwuh tejanira | ancur sotya tanuning we | dhasare nyata punjul | jambe arga natèng Biraji | gawe kisruhing driya | gagêlang panuduh | kongsi lali nèng paseban | bikang rêkta kang wastra ngiras bêbênting | micara nora cêtha ||

7. kramèng boja praja kang Sumali | sun tatêdha sang kalêngkaningrat | taru kang nêdhêng rumêmbe |

--- 4: 79 ---

dadia jodhoningsun | kancuh ingkang duta narpati | măngka kanthining gêsang | tyas sangsam binumbu |[2] saiba ayêming driya | nulat sastra jintên langking madha warni | nurunkên wiji priya ||

8. sarah tala sang narendra kapi | lamun benjang têmbe dadi garwa | bidho gêng pingul warnane | sun reka-reka wuru | natèng Kobar kang dindang kuning | supadi anjintêla | pangabaran pandung | tumuli ingsun ngrêrêpa | lagu sastra sirating bramara gusti | ing sêkar Madurêtna ||

9. kirap wastra kadang Kartapati |

--- 4: 80 ---

ingsun kêbut anèng daganira | kêpêt dangan lomèng wade | yèn nglilir mirah ingsun | pêparabe Hyang Surapati | sun dhrêsêl mèlu nendra | ditya lit kang gundhul | sun wêdèni ana wilwa | ron usada rowang têmah dadi wèri | pêsthi balik maringwang ||

10. gudhe pandhak sêndhang gêng ing wukir | kaya ngapa lêganing tyas ingwang | taru di swarga ênggone | sasat katiban daru | pisang panjang kang tanpa sari | gapyuk gêbyare ana | wisayaning manuk | sakala datan panon rat | ganggêng wrêksa prajane Sang Suryasiwi | rumasuk malbèng angga ||

--- 4: 81 ---

11. têkên palwa sela kang rininjing[3] | satangine saking pagulingan | kang lampis wungu kêmbange | pantêse pungun-pungun | rajèng praja ing Ngambarkawit | sun ajak marang jamban | prasidaning laku | banjur malbèng patamanan | sêpat panjang kukila kang măngsa paksi | midêr angalap sêkar ||

3. Sinom

1. panêdhaking purwa madya | lumunturing tyas kaswasih | pêparikan rema seta | unthuking nila upami | sapa wani mêngkoni | mring rêtna dyah kang pinunjul | narpati ing Sindhula |

--- 4: 82 ---

wrêksa minăngsaèng siking | mêsthi barêng lêbur luluh lan wak ingwang ||

2. sanajan kang măncapraja | nagri kang urut pasisir | carita piningit sêrat | kêndhang gêng têngarèng jurit | tan wurung sun têkani | sun ajak gondhelan sabuk | kusuma mênyan seta | sarati dyah èsthi putih | singa tiwas murdane dadi sasrahan ||

3. gusti kang pindha musthika | pasewakan Hyang Pramèsthi | ombak gêng mawa maruta | Surendra Buwana Rêsi | sun têmah tanpa dadi | yèn ora samodra marus | rondhon kentar ing toya | balumbang alit pasagi | tyas sumarah jiwa raga dadya tambak ||

--- 4: 83 ---

4. lêgawane tyas sambada | walang panjang măngsa pari | kaleca kang rasa kamla | sêsotya munggèng wiyati | mêmundhuta wong kuning | lintang munggèng langit biru | iku yogya kinarya | lumayanira maskwari | susuk kondhe sinêling rêtna mutyara ||

5. lan ing swarga iku ana | aran tirta maosadi | karyanên panacap rema | dimèn mêmak andra wilis | walêsan songsong kuning | dhuh anggèr panêdhaningsun | pasiran ing bangawan | paksi sasmitaning lalis | mung tulusa sihira andasihêna ||

6. saengga jro pagulingan | tan nêdya sawalèng kapti |

--- 4: 84 ---

kang gănda tumraping angga | ing Ngindarba narapati | darma ulun nglampahi | punapa rèh ta wong ayu | narpati ing Ngayodya | wong agung kang andon jurit | tyas kadhadha dhadhap sakarsaning puja ||

7. laos wohe pindha wrêksa | cabe lit ronnya malintir | cacade karêm nglêlaga | mêgat trêsna wong lagyasih | kadêrêng ulun iki | amrih kapadhaning kayun | cumbananing manyura | kang tambang pangêncêng kêlir | wong parigêl tangèh luntura sihira ||

8. baya sida mati ngarang | yèn gusti tan luntur kang sih | kalabang mawa panjuta | gagêlang munggèng dariji |

--- 4: 85 ---

tan rêna lalining sih | dhuh dadia pêpujanku | kusuma menda wana | siti rêngka ing têtêgil | kalilana kawula ngudang bandara ||

9. wadêr gung kang pindha gada | kêkayangan Suranadi | patrajana saupama | gagala pangarah mami | puput jiwangong gusti | kabanjur sida kalantur | dhuh anggèr wêlasana | sapa yoga mring wak mami | nora liya mung sang rêtnaning buwana ||

10. karoya kang pindha warna | kusumèng Dyah Kaelani | yayi wêlasa maringwang | aywa gung manggung prihatin | lalu măngsa wong kuning | pêparikan jayèng ranu |

--- 4: 86 ---

sudanên wèh wiyoga | yèn kasèp ambêbayani | gudhe rambat yayi laraku kêsandhang ||

11. paran wusananing brăngta | supadi lipuring agring | ywa manggung tyas dukacipta | banthèng bang wisma nagari | dadia gêtih daging | aja pijêr kapirangu | bale kuda bandara | janma kang kentar ing warih | tyas naratab yèn èngêt mring warnanira ||

12. sêsawi kang mugèng[4] wisma | wringin seta madha warni | yèn lagya eling mring sira | kadya wong kêna ing dêsthi | tan wrin sêsami-sami | tangèh karêp mring tumuwuh | pêpaèsaning netra |

--- 4: 87 ---

mungsuh kang angajak lalis |[5] lalu aja myat bantala ngantariksa ||

13. dhuh-adhuh raga manira | têka sae sira urip | duwe pêpujan yu endah | mêndhang sêsotyaning bumi | têka tan anêmahi | sèwu tan drêman wak ingsun | momong kalulutira | ywa pijêr nandhang prihatin | parandene dêlap kumudu tunggalan ||

4. Pocung

1. sêkar pucung ing tyas supadi mangun kung | anandhang wigêna | kalantur lumuntur ing gring | sinalimur nganggit têmbung wêwangsalan ||

2. kang tinêmbung ing pangriptanirèng têmbung | dadimène aja |

--- 4: 88 ---

kalantur nandhang prihatin | kêtungkula nglukita lali wigêna ||

3. sotya rêkta garwa Kumbakarna Prabu | dhuh anggèr mas mirah | dêdukèng dasih kaswasih | grahanarda niaya wong tanpa dosa ||

4. kadhal gogo kayu alit malèng ranu | dhuh woding tyas ingwang | para[6] têmbayanta gusti | suka jurên dasih ta atadhah duka ||

5. kajang tawang kalpika rêktèng panuduh | acanthènga mirah | mundhuta lintang ing langit | lan karyanên panyangganing gêlungira ||

6. jayèng ranu pasewakan jro tumênggung | sajroning wigêna | ubayane sun antèni | wêwindona kawulane ngarsa-arsa ||

7. bêras pulut ing yujana sang aprabu | anggèr wuwusira |

--- 4: 89 ---

tan darbe paningal kalih | mung abdine katon jroning karasikan ||

8. dhandhang alit among dhustha paminipun | sun tatêdha mirah | sira dèn tuhu ing jangji | eman lamun yèn uncata ing prasêtya ||

9. widhêng galêng putri adi ing Madayun | sapa duwe garwa | ayu tur tuhu ing jangji | sasolahe jatmika bisa wèh rimang ||

10. jamang wakul satriya kumêndhir tunggul | eman dara eman | kawêngku wong na liyaning | bokmanawa ing karsa kurang waspada ||

11. sotya karna wrêksa lina[7] rone trubus | intêne pun kakang | bêgjane kang duwe krami | baya mirah kang pinuja dadi sira ||

12. sarah madu kunir pita jangkrik gunung | lam-lamên tyas ingwang |

--- 4: 90 ---

yèn tan têmu sira gusti | sawêr ponthang ing tyas anggung mêlang-mêlang ||

13. siti rêngka badan pisah wrêdinipun | kadi tanpa jiwa | lamun tan mulat sirèki | kunta krêsna ing tyas agung nyakrabawa ||

14. mirah ingsun surya diwasaning laku | sajroning anendra | mung sira bae kaèksi | kukus gantung ngalilir katon gumawang ||

15. saron bumbung terong alit ing bêbatur | kang kula wibawa | bandara pêpatih bali | cêcêngklungên nganti paguting asmara ||

16. guda[8] pingul kang jae munggèng wanagung | yèn wong kaya ngapa | awèta tyas poyang-paying | sèwu wuyung miyat ing tyas gêramèhan ||

17. yam-yam tilam prajiwatan ing jinêmrum | adhine pun kakang |

--- 4: 91 ---

nila pakaja hèr thathit | baya sira kumalaning pagulingan ||

18. lêpning sêkar rêtna sêsotyaning ayu | kumalaning jagad | baya kartika ingukir | sun watara musthika ingkang pinudya ||

19. sawi janur putri Kelan puspa lulut | anggèr wartakêna | dasihmu kawêlas asih | gilang-gilang gumuling datanpa rowang ||

20. garwa Karna palwa kandhêg samodra gung | sun labuhi sira | kabanjur kabyataning sih | sun têtêdha dadia kanthi manira ||

 


măngka. (kembali)
§ Sagêd dipun cundhuk kalihan jarwanipun kêdah kasêrat: tyas sêngsêm binumbu = ayêm. (kembali)
§ Sela kang rininjing = gilingan. (kembali)
munggèng. (kembali)
§ Cundhukipun kalihan wardi bilih wangsalanipun kasêrat: mangsah angajab lalis = nglalu. (kembali)
paran. (kembali)
lena. (kembali)
gurda. (kembali)