Sajatining Panglipur, N. V. Kêdhirisê Sênèl Srèsdrêkkêrèi, #1650

JudulCitra

Sajatining Panglipur

Sêrat katêranganipun piwulang agami Kristên riningkês.

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Kêdhirisê sênèl près drêkkêrèi Kêdhiri.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [1] ---

Sajatining Panglipur

Sêrat katêranganipun piwulang agami Kristên riningkês.

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Kêdhirisê sênèl près drêkkêrèi Kêdhiri.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka

Layang iki mulangake kang pêrlu kasurupan marang wong, supaya uripe lan ajale bisaa klawan lipur lan rahayu awaton Kitab Suci.

1. Gusti Allah iku papêthinganing gondhelane para titah kabèh. Anggêr pêparing kang bêcik lan anggêr ganjaran kang utama iku pinangkane saka ing luhur tumurun saka ramane sakèhing pêpadhang, kang ora ana owah gingsire utawa malike kang marakake pêpêtêng. (Yakhobus 1:17).

Mungguh ganjaran pêparinge Gusti Allah marang sawiji-wijining titah iku beda-beda, kaya ta: băngsa pêlikan, pinangkane mung saka lêbu bae. Băngsa thathukulan iya saka lêbu, nanging nganggo kaparingan urip. Băngsa kewan pinangkane saka lêbu sarta iya kadunungan urip, nanging nganggo kaparingan pangrasa, apadene pangêrti ing sawatara, bab barang-barang kang wadhag. Băngsa manuswa pinangkane iya saka lêbu, nanging kanthi roh sarta kadunungan pangrasa tuwin pangêrti, bab kadonyan sarta bab kaswargan.

Manut katrangan ing dhuwur iku kita bisa sumurup. Manawa manuswa [ma...]

--- 4 ---

[...nuswa] tinitahake ngungkuli sakèhe titah kang ana ing donya kabèh.

Ing kala purwane manuswa katitahake anulad citra sarta pasêmone Gusti Allah, kaparingan kawicaksanan, karêsikan tuwin kasucèn. Ananging marga saka dosa, kaluwihaning manuswa iku mau kabèh ilang, kang kari mung patilasane bae. Dene kêkarèning citrane Gusti Allah mau mratandhani manawa manuswa tinitahake supaya ngrasakake sarta ngangên-angên prakara kasukman tuwin kaswargan.

Mula donya iku saisine kabèh ora cukup kagawe nêntrêmake tuwin bungahake atine wong dosa. Manuswa manggon ana ing bumi sarta nênga marang swarga. Manuswa kalêbu titah kadagingan tuwin kasukman, ngarêp-aprêp[1] amal kang kêna ing rusak sarta amal-amal kang ora kêna ing rusak. Dadi barang-barang ing kadonyan bae ora bisa nêntrêmake atine manuswa, kaya ta: anak, bojo, omah sapomahane, malah dalasan barang-barang sajagad pisan, iya ora bisa anjalari kabêgjane manuswa kang sampurna.

Sawênèhing wong duwe panganggêp bisa nyingkiri kasusahan tuwin karusakan marga saka barang-barang ing donya kene. Sabab barang

--- 5 ---

donya iku kêna kasilahake dadi rong rupa: sapisan, barang kang maujud. Kapindho, barang ka[2] ora maujud. Sanadyan kang maujud mau ora bisa nêntrêmake atine manuswa, ananging wong manawa wis bisa cukup dalah barang kang ora maujud pisan, kaya ta: olah kapintêran, kaprigêlan, kapujanggan, sapanunggalane, wis tamtu bisa sumingkir saka kasusahan sarta karusakan. Panganggêp mangkono iku ora bênêr.

Sapisan. Manawa mangkonoa wong bodho ora bisa rahayu, awit ora sok wonga bisa cukup kapintêran, kapujanggan sarta sapêpadhane. Kaping pindhone: sarèhning atine manuswa ora rêsik, mulane kapintêran bae kêrêp ngundhakake pialane manuswa. Mula barang-barang ing donya kene, dadia kang maujud, dadia kang ora maujud, ora ana kang nêntrêmake atine manuswa karo sasampurnane.

Manawa mangkono apa ora ana dalane manuswa bisane têntrêm tuwin rahayu. Iya ana: manuswa bisa têntrêm tuwin rahayu, anggêre bisa nêmu katêntrêman kang saka ing Gusti Allah. Gusti Allah dadi êtuke karahayon kabèh. Mulane [Mu...]

--- 6 ---

[...lane] ing donya ora ana kang kudu diupaya utawa diluluti, kajaba saka Gusti Allah.

Kapindho: Gusti Allah iku gendholane manuswa. Pangandikane Gusti Yesus, mangkene: Wondene mênggah gêsang langgêng punika makatên, tiyang manawi wanuh dhumatêng Tuwan ingkang sêjati piyambak, sarta wanuh dhatêng utusan Tuwan Yesus Kristus. (Yokanan 17:3). Para nabi, para rasul, dalah sakèhe wong kang ngabêkti marang Gusti Allah, kabèh padha sukarêna karo sampurna sarana ênggone tatunggal karo Panjênêngane. Dene kang dadi margane wong padha tatunggalan karo Gusti Allah iku pracaya salugu. Mungguh pracaya salugu iku kalêbu bangsane kawruh. Padha-padha kawruh, pracaya kang salugu iku kang pinunjul dhewe, bangêt anggone ngungkuli sakèhing ngèlmu liya-liyane.

Têrange mangkene: ngèlmu kadonyan iku pinangkane saka ing donya, wong anggone olah ngèlmu mau sarana kapintêrane tuwin têtabêrène dhewe. Balik pracaya salugu iku pinangkane saka ing swarga, sarta kaparingake dening Gusti Allah piyambak marang manuswa.

Kaya pangandikane Rasul Paul mangkene, awit dene

--- 7 ---

olèhmu karahayon iku dening sih rahmat, sarana pracaya, măngka êtuke ora saka ing kowe, iku pêparinge Allah. (Èpêsus 2:8).

Wong kang olah ngèlmu kadonyan iku padha nitipriksa kaanane tuwin watêke titah-titah. Balik wong kang olah ngèlmu pracaya padha anggêgulang kawruh bab kaluhurane Gusti Allah kang wis kalairake dening Gusti Yesus. Kaya pangandikane kang kamot ing Kitab Suci mangkene: Ora ana wong kang tumon marang Allah, kang putra ontang-anting kang ana ing kono ing pangkone kang rama iku kang nelakake kawontênane. (Yokanan 1:18).

Sapira kang padha nampani kang putra padha kaparingan wawênang dadi para putrane Allah. (Yokanan 1:12).

Wong kang olah ngèlmu kadonyan iku mu[3] ngundhakake kawruh tuwin kapintêran bae, kawruhe ora ngolèhake kamarêmaning atine. Balik sarupaning wong kang olah pracaya padha ngundhakake kawruh sarta nêmu katêntrêmaning ati, miturut pangandikane Rasul Paul mangkene: Anadene sarèhne kita wus padha kabênêrake awit saka pracaya, dadi wus padha olèh têntrêm rahayu ana ing ngarsane Allah, marga dening Gusti kita Yesus Kristus. (Rum 5:1).

--- 8 ---

Mungguh kadadeyane kapintêran kadonyan, sarta kadadeyane pracaya iya beda bangêt. Kapintêran kadonyan iku mung maedahi tumrap marang uripe ing donya kene, balik pracaya maedahi bangêt tumrap marang jaman samêngko sarta tumrap marang jaman akir. Sabab panggêgulanging badan iku pikolèhe mung sawatara, nanging pamadhêp ing Allah iku mikolèhi samubarang kabèh, dene kaparingan prasêtya mungguhing urip kang samêngko lan kang akir. (1 Timotius 4:8). Patang prakara ing dhuwur mau nelakake kalawan cêtha, manawa pracaya iku ngungkuli kawruh liyane kabèh.

Prakara-prakara kang pêrlu kudu kasumurupan, supaya atine manuswa dosa bisaa têntrêm, iku wus kamot ing kitab pangandikane Gusti Allah, Kitab Suci iku taturutane wong kang padha marsudi tatunggalan karo Allah kang sêjati. Sarèhne mangkono mula Kitab Suci mau pêrlu kudu katitipariksa tuwin diandêl dening wong. Wong kang ngibadah ora miturut wêwaton pangandikane Gusti Allah iku ora bisa marêm atine. Dene sababe mangkene.

Wong kang ora ngibadah marang Allah kang sajati, awaton Kitab Suci, iku padha nyêmbah marang titah kang ora bisa mitulungi rahayu.

--- 9 ---

Wong kang ora nitipriksa Kitab Suci, iku ora sumurup asale saka ngêndi sarta parane mênyang ngêndi.

Wong kang ora nampani surasane Kitab Suci, iku padha marsudi olèh katêntrêman sarana panggawene dhewe. Măngka ora bisa olèh, malah masthi kacuwan atine. Balik wong kang marsudi lan anggilut-gilut pangandikane Allah sarana pracaya kang têmên, padha nêmu urip langgêng, dene ngibadah marang Allah kang sajati, êtuke karahayon. Kabèh padha sumurup pinangkane saka ngêndi sarta parane mênyang ngêndi. Kabèh ngarêp-arêp karahayon kang mijil saka sih kadarmane Gusti Allah, têmahan mêsthi ora bubrah nalare.

--- [10] ---

[...]

--- [11] ---

Piwulang Agami Kristên Riningkês.

1. Pirang prakara kang pêrlu ko sumurupi supaya urip lan ngajalmu bisaa kalawan lipur lan rahayu.

Tigang prakawis: 1. kula kêdah nyumêrêpi sapintên agêngipun dosa tuwin kanisthan kula. 2. Kadospundi sagêd kula kaêntas saking dosa tuwin kanisthan kula wau. 3. Kadospundi patrapipun saos panuwun dhumatêng Gusti Allah bab pangêntasan makatên punika.

Mungguh kaanane manuswa kabèh iku padha kabawah ing laknate Gusti Allah tuwin pangawasane iblis, wusana uripe tansah nandhang kasusahan utawa karubêdan rupa-rupa, tumraping badan sarta tumraping nyawa, marga saka dosane dhewe. Marga saka iku wus tate layon wong dosa ora bisa urip lan ngajal kalawan lipur tuwin rahayu. Manuswa dosa iku apês lan nistha bangêt ana ing ngarsane Gusti Allah, mulane pêrlu kudu anggolèki apa kang andadèkake panglipur kang sajati, supaya bisaa têntrêm lan ayêm manèh. Manuswa kabèh padha tansah ngarah katêntrêman tuwin kaayêman mau, ananging mung miturut sakarêpe dhewe, kaya ta: lantaran kapintêran, sêslamêtan,

--- 12 ---

sêsajèn, kêkutug, ana kang landhêsan ngèlmu–ngèlmu, kaluhuran tuwin kasugihan, lan sapanunggalane, nanging prakara kabèh mau ora pisan-pisan andadèkake katêntrêman lan kaayêman kang têmênan, sabab barang-barang kadonyan ora bisa nêntrêmake atine wong dosa ing salawas-lawase, malah mung ngundhakake kanisthane bae. Ringkêse barang-barang kadonyan mung bisa ambungahake dosa sawatara masa, iya iku sajroning urip ana ing donya kene, nanging ora bisa nêntrêmake nyawane. Mulane wus têrang yèn ora ana kang bisa andadèkake panglipur kang sajati, kajaba prakara siji, iya iku yèn manuswa bisa kaluwaran saka ing dosa tuwin kanisthane mau lantaran kurbane Gusti Yesus. Măngka sakèhe wong kang wus kaluwaran saka ing dosane padha dadi kagungane Gusti Yesus, têmahan bisa urip lan ngajal kalawan lipur tuwin rahayu, sabab dosane lan paukumane dosa wus kasanggi dening Gusti Yesus, lantaran ênggone nandhang sangsara lan seda ana ing kayu salib.

Nanging patrape kapriye wong dosa bisane sumurup yèn wus dadi kagungane Gusti Yesus, iku lantaran kasumurupan têlung prakara.

Sapisan: manuswa dosa kudu sumurup sapira gêdhening dosa [do...]

--- 13 ---

[...sa] tuwin kanisthane. Wong kang ora sumurup gêdhening dosa lan kanisthane, ora bisa urip lan ngajal kalawan lipur tuwin rahayu, katrangane mangkene:

Manuswa iku dosane tuwin kanisthane gêdhe bangêt, măngka ora pisan-pisan bisa ngluwari awake dhewe saka ing dosa tuwin kanisthan mau. Manuswa dosa iku upamane kaya wong kang lara bangêt, sakèhe wong lara kang ora rumăngsa (lara) sarta ora sumurup larane, masthi ora ngungsi marang dhukun utawa dhoktêr, lan ora nyuwun jamu, têmahan banjur lêstari lara bae, kaya kang katêrangake Gusti Yesus, ing Injil Mateus 9:12. Pangandikane Gusti Yesus mau angibaratake wong dosa, wong dosa lan nistha kang ora sumurup gêdhening dosa tuwin kanisthane, ora ngungsi marang kang kuwat angluwari dosa tuwin kanisthan mau, wusana banjur lêstari dosa tuwin nistha bae. Dadi wus tatela yèn wong kang ora sumurup lan rumăngsa gêdhening dosa lan kanisthane, ora bisa urip lan ngajal kalawan lipur tuwin rahayu.

Ping pindho: manuswa dosa ora bisa urip lan ngajal kalawan lipur tuwin rahayu, yèn ora sumurup kapriye bisane kaluwaran utawa kaêntasake saka ing dosa tuwin kanisthane [kanistha...]

--- 14 ---

[...ne] mau, awit wong kang mung sumurup gêdhening dosa lan kanisthane bae durung olèh panglipur, malah wong mau nalare sangsaya bubrah. Saupama ana sawijining wong lara, ka rumăngsa lara, măngka ora sumurup kapriye bisane kawarasake saka ing lêlara mau, atine masthi lêstari prihatin, ananging samasa wong mau katêmu karo sawijining dhukun kang bisa marasake, masthi atine banjur rada têntrêm. Mangkono uga wong dosa kang rumăngsa gêdhening dosa lan kanisthane, atine masthi tansah prihatin. Ananging samasa katêmu sawijining wong kang kuwat ngêntasake utawa ngluwari saka ing dosa tuwin kanisthan mau, banjur atine rumăngsa kalipur sarta rahayu, dadia urip dadia ngajal.

Ping têlu: manuswa dosa ora bisa urip lan ngajal kalawan lipur tuwin rahayu, yèn ora sumurup kapriye patrape asaos sêmbah panuwun marang Gusti Allah bab pangêntasan mangkono iku mau. Saupama ana sawijining wong kang nistha, măngka banjur diluwari utawa dipitulungi dening pêpadhane, wong kang kaluwaran mau masthi iya banjur sênêng ngaturake panuwun utawa panarima marang kang ngluwari mau. Mangkono uga sakèhe wong kang rumăngsa gêdhening dosane klawan kaduwung, măngka

--- 15 ---

banjur rumăngsa olèh pangapuraning dosa marga saka kurbane Gusti Yesus, masthi iya banjur padha sênêng nyaosi sêmbah panuwun marang Gusti Allah. Wong kang ora sumurup patrape saos sêmbah panuwun marang Gusti Allah, atine kurang têntrêm, ananging wong kang rumăngsa gêdhening dosa tuwin kanisthane, măngka rumăngsa yèn kaluwaran saka dosa lan kanisthan mau, sarta sumurup patrape saos sêmbah panuwun marang Gusti Allah, wong mau atine masthi banjur têntrêm.

Mungguh kang kasêbut ing dhuwur iku mau mangkene: wong dosa pêrlu sumurup têlung prakara mau, supaya urip lan ngajale bisaa klawan lipur lan rahayu. Ananging patrape kapriye manuswa ênggone sumurup têlung prakara iku mau, patrape mangkene: wong dosa pêrlu sumurup têlung prakara mau klawan ngrasakake sarta kudu nglakoni. Awit wong kang sumurup gêdhening dosa tuwin kanisthane, măngka ora rumăngsa klawan kaduwung, iku ora sumurup gêdhening kanisthane têmênan. Apa manèh wong kang sumurup yèn Gusti Yesus iku dadi juru slamêt kang sajati, nanging ora ngungsi marang Panjênêngane klawan eklasing ati, iku iya ora sumurup kapriye ênggone kaluwaran saka ing dosa tuwin kanisthane. Mangkono uga [u...]

--- 16 ---

[...ga] wong kang sumurup patrape saos sêmbah panuwun marang Gusti Allah, măngka ora anglakoni, iku ora sumurup patrap iku mau têmênan. Mulane wus têrang yèn kasumurupan têlung prakara mau pêrlu dirasakake sarta kudu dilakoni klawan eklasing ati.

Miturut têlung prakara iku mau piwulang agama Kristên riningkês kaperang dadi têlung perangan.

Sapisan: bab kanisthaning manuswa. Kang kasêbut pitakon ping pindho tumêka pitakon ping têlulas.

Ping pindho: bab pangêntasaning manuswa saka ing kanisthane. Pitakon ping patbêlas tumêka ping suwidak têlu.

Ping têlu: bab sêmbah panuwun. Pitakon ping suwidak papat tumêka ping pitung puluh papat.

Bab Kanisthaning Manuswa.

Perangan 1.

2. Kanisthanmu iku katitike saka apa.

Katitikipun saking anggêr-anggêripun Gusti Allah.

Mungguh kaanane manuswa nalika isih suci, kapanggonake ana ing Pirdus, bisa patêpungan utawa tatunggalan kalawan [kala...]

--- 17 ---

[...wan] Gusti Allah, sarta ambangun turut kang dadi karsane, kayadene putrane kang tansah ngadhêp ing ngarsane kang rama. Mulane uripe tansah sênêng lan têntrêm, ora kakurangan apa-apa. Ananging sawuse tumiba ing dosa banjur prasasat kayadene wong buwangan, kang kabuwang saka nagarane dhewe, iya iku Pirdus, anglêmbara ana ing ara-ara (ing donya kene), tansah kakurangan tumraping badan lan tumraping nyawa, sarta nandhang kasusahan rupa-rupa, wusana kaanane manuswa banjur nistha bangêt, upamane kayadene bocah kang kapisah saka ing bapakne, marga saka pamurangsarake, uripe bocah mau masthi banjur sangsara tuwin nistha bangêt, ora bisa pitêpungan lan tatunggalan karo bapakne. Mangkono uga manuswa sawuse tumiba ing dosa banjur kapisah karo kang rama iya iku Gusti Allah, wusana uripe iya banjur nistha bangêt.

Mungguh kanisthane manuswa iku ana rong perangan.

Sapisan: manuswa kabèh kasêbut nistha, awit manuswa kabèh nandhang dosa.

Ping pindho: manuswa kabèh nandhang paukumane Gusti Allah.

Ananging manuswa ênggone bisa sumurup kanisthane mau saka ing ngêndi.

--- 18 ---

Iku saka anggêr-ênggêre Gusti Allah, kaya kang kasêbut ing layange Rasul Paul marang pasamuan. (Rum 3:20).

Ing nalika manuswa kang wiwitan (Adam lan Khawa), nêmbe katitahake, Gusti Allah karsa paring anggêr-anggêr marang manuswa, anggêr-anggêr mau katulisan sajroning atine manuswa mau. Ananging sawuse manuswa tumiba ing dosa, banjur pangawruhe marang anggêr-anggêr mau mèh ilang babarpisan, marga saka pêtênging nalare. Ananging sawuse mangkono Gusti Allah banjur karsa paring anggêr-anggêr manèh marang băngsa Israèl, nalika manggon ana ing ara-ara samun, anggêr-anggêr mau kaparingake marang băngsa Israèl lantaran Nabi Musa, ana ing gunung Sinai, sarta banjur kaparingake marang manuswa kabèh lantaran kitab pangandikane Gusti Allah kang kinabarake ing saênggon-ênggon, anggêr-anggêr iku mau kang dadi margane pangawruhing dosa tuwin pangawruhe paukumane Gusti Allah marang dosa. Awit wong kang ora nyumurupi marang anggêr-anggêre Yêhuwah, iku masthi ora sumurup gêdhening dosa tuwin kanisthane, tuwin nistha ora sumurup paukumane Gusti Allah marang wong kang dosa. Katrangane mangkene: anggêr-anggêre Yêhuwah iku kaupamakake kayadene dalan [dala...]

--- 19 ---

[...n] kang bêcik utawa bênêr, kang anjog marang ing swarga. Saupama ana wong kang ngambah dalan kang ala, măngka ora tau sumurup dalan kang bêcik utawa bênêr, wong mau masthi ora sumurup yèn ngambah dalan kang ala, wusana banjur kêsasar, balik wong kang kêsasar măngka banjur sumurup dalan kang bêcik utawa bênêr, wong mau masthi enggal wêruh yèn kêsasar, apa manèh anggêr-anggêr iku kayadene kaca pêngilon kang nuduhake ala bêciking rupane manuswa, wong kang ora ngilo ora wêruh marang rupane dhewe, mangkono uga wong kang ora sumurup marang anggêr-anggêre Gusti Allah ora bisa wêruh kaanane atine tuwin kalakuane dhewe, ananging samasa wong dosa sumurup anggêr-anggêre Yêhuwah masthi banjur enggal wêruh marang atine tuwin kalakuane dhewe, yèn dhasar ala, awit tansah nyulayani sarta nêrak marang anggêr-anggêre Gusti Allah, dadi wus tatela yèn manusa bisane sumurup gêdhening dosa tuwin gêdhening paukumane dosa iku lantaran anggêr-anggêre Gusti Allah.

Mungguh wong kang sumurus[4] marang kanisthane iku ana rong perangan.

Sapisan: wong kang sumurup marang kanisthane ing lair bae.

--- 20 ---

Ping pindho: wong kang sumurup marang kanisthane lair batin.

Wong kang sumurup marang kanisthane nanging ing lair bae, iku masthi ora mraduli utawa ora rumăngsa gêdhening dosane, sanadyan wong mau wêdi marang paukumane Gusti Allah, nanging ora mratobat, balik wong kang sumurup gêdhening dosa tuwin kanisthane ing lair batin, wong mau iya sumurup marang gêdhening paukumane Gusti Allah marang dosa, wusana banjur mratobat, ngakoni dosane klawan kaduwung sarta nangisi dosane mau ana ing ngarsane Gusti Allah, wong kang mung nyumurupi gêdhening dosane tuwin gêdhening paukumane dosa bae, ora cukup, yèn ora kakanthenan piduwung, têgêse ora mratobat kalawan eklasing ati, kaya kang katêrangake ing layange Rasul Paul marang pasamuan Korenta ping pindho bab 7:10, sarta têrang uga kaya caritane Kain, Esap, lan Yudas Iskariot. Wong mau padha rumăngsa prihatin, nanging mung cara donya, têgêse ora rumăngsa dosa klawan kaduwung, sanadyan wêdi marang paukumane Gusti Allah, ewadene ora gêlêm mratobat kalawan têrusing ati.

Manuswa dosa pêrlu bangêt kudu rumăngsa gêdhening dosane lair [la...]

--- 21 ---

[...ir] batin, nanging apa wong dosa bisa sumurup gêdhening dosa tuwin gêdhening paukumaning dosa lair batin miturut saka dayane dhewe. Ora pisan-pisan, bisane sumurup iku yèn atine kapadhangan dhisik dening Roh Suci, patrape mangkene: Roh Suci karsa madhangi atine wong dosa, samasa wong mau sumurup marang anggêr-anggêre Yêhuwah, banjur sumurup marang kaanane watêke tuwin kalakuane dhewe yèn ala babarpisan, sarta wêruh yèn masthi bakal nampani paukumane Gusti Allah kang langgêng, wusana wong mau banjur bisa rumăngsa gêdhening dosa tuwin paukumaning dosa lair batin, sarta banjur mratobat kalawan têrusing ati, dadi wus tatela yèn manuswa bisane wêruh marang gêdhening dosa tuwin paukumaning dosa iku lantaran anggêr-anggêr sapuluh prakara tuwin pakaryane Roh Suci sajroning atine wong dosa, mulane kasumurupan iku mau maedahi bangêt awit nyondhongi karsane Gusti Allah, sarta anuntun marang pitobat lan andadèkake kaslamêtane wong dosa, prakara iku têrang kaya caritane Sang Prabu Dawud, Petrus, sapanunggalane, kang padha sumurup gêdhening kanisthane lair batin, wusana padha mratobata lawan têrusing ati.

--- 22 ---

3. Kowe kadhawuhan apa dening Gusti Allah sajroning anggêr-anggêr.

Inggih kados ingkang sampun kasêbut ing pêpakèn sadasa, sinêrat ing Pangêntasan 20:2-17 tuwin ing Pangandharing Torèt 5:6-21 suraosipun makatên:

Ingsun iki Yêhuwah Allahira, kang wus angêntasake sira saka ing pangawulan ing tanah Mêsir.

Pêpakon 1.

Sira aja anduwèni Allah liyane ana ing ngarsaningsun.

Pêpakon 2.

Sira aja gawe lan nganggêp rêrêca ukir-ukiran utawa sadhengaha rêrupaning sabarang kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi, sira aja asujud utawa ngabêkti marang iku, awit dene Ingsun, Yêhuwah Allahira, abêntèr ing panggalih, masthi anuwèni durakane para bapa ana ing anak putu, turun ping têlu lan ping pat, mungguh wong kang padha sêngit marang Ingsun, sarta nandukake palimirma marang ewon-ewoning turune para wong kang atrêsna marang Ingsun, lan anêtêpi marang pêpakon Ingsun.

--- 23 ---

Pêpakon 3.

Sira aja nyawiyah marang asmane Yêhuwah Allahira, dene Yêhuwah amasthi ora amastani tanpa kaluputan, sadhengah wong kang anyawiyah marang asmane.

Pêpakon 4.

Sira elinga marang dina Sabat, supaya sira sucèkna, sajroning nêm dina sira nyambuta gawe sarta anglakonana pagaweanira kabèh, nanging dina kapitu iku sabate Yêhuwah Allahira, ing dina iku sira aja nyambutgawe, iya sira, iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan khewanira, apadene wongira băngsa liyan kang ana sajroning wêwêngkonira, dene sajrone nêm dina ênggone Yêhuwah akarya langit lan bumi. Sagara lan saisine kabèh, măngka banjur kèndêl ing dina kapitu, mulane Yêhuwah ambarkahi marang dina Sabat iku sarta disucèkake.

Pêpakon 5.

Sira angajènana bapa biyungira, supaya dinawakna umurira ana ing tanah pêparinge Yêhuwah Allahira.

--- 24 ---

Pêpakon 6.

Sira aja mêmatèni.

Pêpakon 7.

Sira aja laku bedhang.

Pêpakon 8.

Sira aja anyênyolong.

Pêpakon 9.

Sira aja anglairake pasêksi goroh anglawan pêpadhanira.

Pêpakon 10.

Sira aja melik omahe pêpadhanira, sira aja melik bojone pêpadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan sadhengah apa kang dadi duwèke pêpadhanira.

Anggêr-anggêr sapuluh prakara iku kaparingake marang băngsa Israèl, lantaran Nabi Musa, Gusti Allah piyambak kang nyêrat anggêr-anggêr mau ana ing papan watu loro.

Anggêr-anggêr mau ora mung kaparingake marang băngsa Israèl bae, nanging iya kaparingake marang manuswa kabèh ing salumahing bumi, mangkono uga anggêr-anggêre Yêhuwah ora

--- 25 ---

mung kanggo ing jaman prajanjean lawas bae, ananging iya kanggo ing jaman prajanjean anyar uga, têrang kaya kang kasêbut ing Injil: Mateus 5:17,18.

Anggêr-anggêre Yêhuwah kaparingan alamat kang surasane mangkene: Ingsun iki Yêhuwah Allahira kang wus angêntasake sira saka pangawulan ing tanah Mêsir.

Mungguh tujune alamating anggêr-anggêr iku mau mangkene: saupama ana sawijining ratu kadonyan kang paring anggêr-anggêr marang para kawulane, sarta asmane sang prabu kasêbut ing dhuwur, iku supaya para kawulane padha sumurupa yèn anggêr-anggêr mau kadhawuhake dening sang prabu piyambak, mangkono uga asmane Yêhuwah kasêbut sadhuwure anggêr-anggêr sapuluh prakara, supaya manuswa kabèh padha sumurupa yèn anggêr-anggêr iku mau dhawuhe Gusti Allah piyambak, kajaba saka iku kang sapisan Gusti Allah nglairake asma Yêhuwah têgêse kang ora owah gingsir utawa kang maha sêtya tuhu, supaya dadia panglipur marang umate, yèn Gusti Allah masthi nêtêpi kang dadi prajanjeane kang kaparingake marang umate, ping pindho: Gusti Allah nglairake asma Allah, mungguh asma Allah iku anelakake yèn Panjênêngane iku maha kawasa [ka...]

--- 26 ---

[...wasa] ngungkuli samubarang kabèh, supaya para umate padha sumurupa yèn Gusti Allah kawasa nêtêpi apa kang dadi prajanjeane, ping têlu: Gusti Allah nglairake têmbung Allahira, têgêse: prasasat Gusti Allah karsa ngêsorake sarirane supaya para umate padha sumurupa yèn Gusti Allah karsa dadi duwèke utawa Allahe, ping pat: Gusti Allah karsa ngêntasake umate saka pangawulan ing tanah Mêsir, têgêse: Gusti Allah mêlasi marang umate, mungguh tanah Mêsir iku ngibarati pangawasane iblis, nalika băngsa Israèl manggon ana ing tanah Mêsir, iku prasasat ngawula marang iblis, uripe băngsa Israèl mau tansah nandhang panyiya-nyiya. Ananging Gusti Allah kang maha sêtya tuhu sarta maha kawasa tansah ngèngêti prajanjeane marang umate, wusana Gusti Allah karsa mêlasi utawa ngluwari umate saka pangawasane iblis, sarta kalêbokake mênyang tanah Kênangan. Mungguh tanah Kênangan iku ngibarati suwarga.

Dadi wus tatela bangêt yèn alamate anggêr-anggêr iku mau minăngka panglipur kang gêdhe tumrap băngsa Israèl utawa sakabèhing wong kang pracaya lan ngabêkti marang Gusti Allah. Awit Gusti Allah karsa mêlasi utawa ngluwari saka pangawasane iblis, [i...]

--- 27 ---

[...blis,] banjur kadadèkake umat kagungane, sabên wong kang dadi umat kagungane Gusti Allah masthi bakal kalêbokake mênyang tanah Kênangan kang sajati, iya iku ing suwarga.

Pêpakon sapisan.

Mungguh pêpakon kang sapisan iku anelakake yèn ora ana Allah liya-liyane manèh kajaba mung siji, iya iku Allah kang sajati kang jumênêng saka karsane piyambak. Têrang kaya kang kasêbut ing kitab: Pangandharing Torèt 6:4. Têmahan ora ana apa-apa manèh kang kêna dibêktèni kayadene Allah, kajaba mung Gusti Allah piyambak. Mulane lantaran pêpakon kang sapisan Gusti Allah amalêri marang manuswa, supaya aja nganti nyêmbah brahala. Kang kasêbut brahala iku kaya ta:

Sapisan: nyêmbah marang para dewa, lantaran padha saos kurban utawa sêsajèn ana ing tênggêr-tênggêr, padha duwe wêdi lan panganggêp utawa pangandêl yèn para dewa iku bisa gawe bêgja lan cilaka marang manuswa. Apa manèh nyêmbah marang para laluhur. Lantaran mêmule, sêsajèn, sapanunggalane, ngarah supaya bisaa olèh barkah lan kabêgjan. Nyêmbah marang

--- 28 ---

dhanyang pêrkayangan utawa kang ambaurêksa, lantaran sêsajèn lan kakutug ing dina malêm Jumuwah sarta dina Slasa Kliwon, ana ing dlanggung prapatan utawa ing omah, ngangkah supaya dirêksa lan dipitulungi, sarta aja nganti angganggu gawe. Têrkadhang mêmule marang srêngenge, rêmbulan, lintang-lintang. Tarkadhang sêsajèn kakutug marang kayu, watu, banyu, sarta titah liya-liyane, supaya olèha sawab tuwin pitulungan. Nanging prakara mau ora nyondhongi karsane Gusti Allah, mulane kasêbut gugon tuhon, wêkasan mung andadèkake karubêdan sarta kanisthan bae.

Ping pindho: olah ngèlmu, kaya ta: ngèlmu panênungan, ngèlmu sikir, ngèlmu petungan, ngèlmu kang daya kuwasa lan kaelokan, sapanunggalane. Ringkêse Gusti Allah malêri olah sarupaning ngèlmu, awit lantaran wong olah ngèlmu ora padha ngabêkti marang Gusti Allah, mung ngandêl lan sumendhe marang ngèlmune bae, wusana ninggal prakara kang pêrlu, iya iku ngabêkti marang Gusti Allah.

Dadi wus têrang yèn rong prakara ing dhuwur iku mau kasêbut patrap panyêmbahing brahala.

Mulane Gusti Allah andhawuhi lantaran pêpakon sapisan iku mau mangkene:

--- 29 ---

Sapisan: supaya manuswa bisaa wanuh marang Gusti Allah kang sajati, kumandêl sarta sumendhe marang Panjênêngane, ora sumendhe lan ngandêlake marang awake dhewe utawa marang titah liya-liyane. Awit wong kang mung sumendhe utawa ngandêlake marang awake dhewe utawa marang titah liya-liyane, iku kang dianggêp Allah mung awake dhewe utawa titah liya-liyane mau, wusana ora wanuh marang Gusti Allah têmênan.

Ping pindho: nglakoni andhap asor ing ngarsane Gusti Allah, rumăngsa gêdhening dosane, sarta rumăngsa yèn kaanane manuswa iku titahe Gusti Allah, têmahan wajib wêdi lan asih marang panjênêngane tuwin anglakoni kang dadi karsane. Ngarêp-arêp sih piwêlase sarta pracaya marang prasêtyane Gusti Allah yèn masthi bakal katêtêpan.

Ping têlu: olah kasabaran, têgêse mangkene: lumrahe wong kang ngabêkti marang Gusti Allah liku[5] tansah disêngiti lan diwêwada dening pêpadhane kang ora ngabêkti, awit dianggêp ora lumrah. Ananging wong iku mau ora kalilan malês ala, malah kadhawuhan anrêsnani lan nuduhake dalaning kaslamêtan, sarta andadongakake supaya wong kang padha sêngit mau bisaa ngabêkti marang Gusti Allah, angluhurake asmane. [asma...]

--- 30 ---

[...ne.] Têmahan bisaa olèh kaslamêtan kang langgêng. Apa wong kang olah kasabaran ora kalilan nêpsu, iya kalilan, katrangane mangkene: manuswa kadhawuhan trêsna marang pêpadhane, wong kang trêsna marang pêpadhane masthi ngarah kabêcikane sarta kaslamêtane pêpadhane mau. Saupama anak bojone, sadulure, bature, sarta wong liya-liyane, nglakoni panggawe kang nêrak marang anggêr-anggêre Gusti Allah, utawa angala-ala marang asmane, iku wajib dinêpsoni lan diwêlèhake supaya mratobata. Nanging nêpsu mau ora pisan-pisan mêtu saka sêngit, nanging mêtu saka trêsna, supaya andadèkna kabêcikane sarta kaslamêtane, têmahan anggluhurake marang asmane Pangeran.

Ping pat: trêsna marang Gusti Allah angluwihi samubarang kabèh. Iya iku ambangun turut marang karsane Allah, sarta angluhurake asmane, mangkono uga manuswa kawajiban ninggal samubarang kabèh, kaya ta: anak bojo, bapa biyung, sanak sadulur, barang-barang kadonyan, awake tuwin uripe dhewe, katimbang ninggal pêpakon kang sapisan iku mau. Katrangane mangkene: têrkadhang wong kang pracaya utawa kang ngabêkti marang Gusti Allah iku dipancahi dening anak bojo, [bo...]

--- 31 ---

[...jo,] bapa biyung, sanak sadulur sarta para pangawasa kadonyan, sapanunggalane, kang ora ngabêkti marang Gusti Allah. Wong kang ora pracaya mau marga saka trêsna lan wêdi sarta isin, têrkadhang mundur pracayane tuwin banjur anglirwakake pêpakone Gusti Allah iku mau. Têrkadhang barang-barang kadonyan dadi alangan tumrap wong kang pracaya. Ananging sakèhe wong pracaya utawa ngabêkti marang Gusti Allah klawan têmên-têmên, iku wajib ninggal samubarang kabèh, têgêse: pilaur padha nêtêpi dhawuhe Gusti Allah, tinimbang nuruti karêpe dhewe, anak bojo, bapa biyung, sanak sadulur, para pangawasa kadonyan, kang nglirwakake marang pêpakone Gusti Allah. Kaya caritane wong kang pracaya, iya iku: Abraham, nalika ngurbanake kang putra Iskak, sanadyan panjênêngane trêsna bangêt marang putrane, ewadene kang putra mau ora diowêl, nanging dhawuhe Gusti Allah kang tansah diestokake. Mangkono uga Musa, kang lunga saka ing kadhaton Mêsir, ninggal kaluhuran, kasugihan sarta kamuktèn, măngka banjur kasiya-siya dening wong Mêsir, nanging panjênêngane mêksa tansah ngèstokake karsane Gusti Allah sanadyan dikuya-kuya. Apa manèh Dhanièl,

--- 32 ---

lan mitrane têlu, sarta Rasul Paul, sapanunggalane. Kabèh mau pilaur padha ngèstokake dhawuhe Gusti Allah, sanadyan nandhang sangsara lan dikuya-kuya, tinimbang nglirwakake dhawuhe Gusti Allah.

Dadi wus tatela yèn pêpakon kang sapisan anelakake kuwajibane manuswa, kudu ngabêkti marang Gusti Allah kang sajati.

Pêpakon ping pindho.

Pêpakon ping pindho iku beda karo pêpakon sapisan. Pêpakon sapisan anelakake yèn kang jumênêng Allah kang sajati iku mung siji bae, têmah ora ana apa-apa kang kêna disujudi kayadene Allah. Pêpakon ping pindho nelakake patrape utawa lakune wong kang ngabêkti marang Gusti Allah, kudu mung miturut karsane Gusti Allah piyambak. Ora kalilan gawe lan nganggêp rêca ukir-ukiran utawa gambare Gusti Allah siji mau sarta ora kêna dibêktèni.

Sapisan: Gusti Allah malêri gawe lan nganggêp rêcane utawa gambare Gusti Allah, sababe mangkene: Gusti Allah

--- 33 ---

iku asipat roh, sarta ora katingal, ora ana wong siji-sijia bae kang wus wêruh marang Gusti Allah, saupama ana sawijining wong kang gawe rêca utawa gambare barang kang ora katon utawa ora kawruhan iku masthi luput, awit mung ngawur bae, mangkono uga wong kang gawe rêcane utawa gambare Gusti Allah masthi luput bangêt, ora mung luput marga saka ênggone ngawur, nanging iya luput ênggone Gusti Allah disamèkake karo titah-titah bae, apa manèh ora duwe pangandêl yèn Gusti Allah iku sipat roh, sarta langgêng ana ing saênggon-ênggon, kang langgêng ing saênggon-ênggon ora kêna karingkês dadi gambar utawa rêca siji. Dadi wus têrang yèn wong ngabêkti marang Gusti Allah iku kudu sarana roh lan kanyataan, têgêse: lair batin kanthi pracaya, ora pêrlu diwujudi rêca utawa gambar-gambar. Têrang kaya kang kasêbut ing Injil, Yokhanan 4:24.

Yèn mangkono apa ora kalilan gawe gambar lan rêca-rêca, iya kalilan, samubarang kang katon utawa kang maujud, iku kêna digambar utawa dientra-entra rêca, nanging ora kêna dianggêp utawa dibêktèni kaya adate băngsa [băng...]

--- 34 ---

[...sa] kapir, kang padha duwe sasêmbahan kayu, wau kang dientra-entra rêca, sapanunggalane, padha dianggêp utawa dibêktèni, pangirane dadi bisa lantaran ênggone olèh kabêgjan sarta kaslamêtan. Nanging adat kang mangkono iku luput malah kaanggêp nistha bangêt ana ing ngarsane Gusti Allah. Mulane Gusti Allah ora nglilani yèn umate padha nulad adate băngsa kapir kang mangkono iku. Têrang kaya caritane băngsa Israèl nalika manggon ing gunung Sinai, gawe pêdhèt mas kang minăngka sasêmbahane. Sanadyan pêdhèt mas mau mung digawe lantaran ênggone ngabêkti marang Gusti Allah, ewasêmono băngsa Israèl banjur diukumi utawa dibêndoni dening Gusti Allah, awit patrap kang mangkono iku dudu pangabêkti marang Gusti Allah têmênan, nanging golongane wong kang nyêmbah brahala.

Ping pindho: Gusti Allah malêri ngabdi marang Panjênêngane lantaran nêtêpi pêpakone mung lair bae, kaya ta: mèlu kumpulan, mèlu mangan bujana suci, andadonga, mung lair bae, nanging atine ora mratobat lan ora pracaya, prakara kang mangkono iku ora maedahi.

Ping têlu: ora kalilan anggolèki kaslamêtan lantaran [lantar...]

--- 35 ---

[...an] sadhengah kautaman, kaya ta: puasa, pamêsuning badan, cêgah darbe amal kadonyan, wadad, olah ngèlmu-ngèlmu, sêslamêtan, sêsajèn, kakutug, lan sapanunggalane. Prakara iku ora kadhawuhake dening Gusti Allah lantaran pêpakoning anggêr-anggêr malah diwalêri.

Ping pat: Gusti Allah amalêri anggolèki kaslamêtan lantaran panggawene kang bêcik, ora kanthi pracaya lan sumendhe ing kurbane Gusti Yesus Kristus.

Ping lima: ngluhurake asmane Pangeran, mung klawan lambe bae, ora klawan ati kang têmên.

Sakèhe wong kang nglakoni salah sawijine limang prakara iku mau padha gawe rêcane utawa gambare Gusti Allah, dadia klawan pamikir, dadia klawan panggawe, têmah nêrak anggêr-anggêr ping pindho.

Mulane Gusti Allah andhawuhi lantaran pêpakon ping pindho, supaya manuswa ngabdia marang Panjênêngane mung kudu miturut pangandikane. Ora kêna ngurangi ora kêna muwuhi. Têrang kaya kang kasêbut ing kitab Pangandharing Torèt 12:32.

Pêpakon ping pindho kaparingan sambungan dening Gusti Allah

--- 36 ---

kang mratelakake yèn wong kang nêrak pêpakon ping pindho, mamungu babêndune Gusti Allah, mulane kasêbut bêntèr ing panggalih, têgêse: drêngki utawa mèri. Ing kene Gusti Allah kaupamakake pangantèn lanang, băngsa Israèl pangantèn wadon, lantaran nêrak anggêr-anggêr ping pindho, băngsa Israèl ninggal Gusti Allah, trêsna marang titah-titah. Nalika băngsa Israèl nyêmbah marang rêca, kayadene wong wadon kang laku bedhang, ninggal pangantèn lanang lulut marang wong lanang liyane.

Gusti Aylah[6] masthi nuwèni durakane wong iku mau. Nuwèni têgêse ambêndoni tuwin ngukumi.

Gusti Allah nuwèni durakane para bapa ana ing anak putu turun ping têlu utawa ping pat mungguh wong kang padha sêngit marang Panjênêngane. Têgêse mangkene: para bapa iku dadi sasirahe anak putu, măngka pêpakone Gusti Allah iku ora mung kaparingake marang para bapa bae, nanging iya kaparingake marang anak putune uga. Nabi Adam nalika tumiba ing dosa marga nêrak wêwalêre Gusti Allah iku dadi sasirahe manuswa kabèh, mulane dosane Adam iku mau iya kaetang dadi dosane manuswa kabèh, mangkono uga [u...]

--- 37 ---

[...ga] dosane wong kang nêrak pêpakon ping pindho iya kaetang dadi dosane anak putune, măngka panêrak iku mêtu saka sêngit marang Gusti Allah, mulane Gusti Allah masthi ngukumi marang dosa utawa durakane wong iku mau ana ing anak putu, yèn ora padha mratobat marang Gusti Allah. Nanging Gusti Allah amêlasi marang ewon-ewoning turune wong kang padha trêsna marang Panjênêngane lan nêtêpi pêpakon ping pindho klawan eklasing ati.

Pêpakon ping têlu.

Pêpakon ping têlu Gusti Allah anelakake bab asmane, kang wajib disucèkake sarta diluhurake dening manuswa. Ora kêna diala-ala utawa disawiyah. Sabab asmane Pangeran iku condhong karo date utawa kawontênane. Gusti Allah iku maha mulya, maha luhur, maha suci, sapanunggalane. Têmah asmane iya mulya, luhur tuwin suci. Mulane sabên wong kang ngala-ala marang asmane iku angala-ala marang Gusti Allah piyambak. Pangala-ala iku mêtu saka sêngit, wong kang trêsna marang pêpadhane masthi ora ngala-ala jênênge, malah ngalêm, mangkono uga

--- 38 ---

wong kang padha trêsna marang Gusti Allah, masthi ora ngala-ala asmane, malah padha sênêng ngluhurake. Nanging sabên wong kang ngala-ala asmane Pangeran iku sêngit marang Panjênêngane. Mulane Gusti Allah ora mastani tanpa kaluputan sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane. Mungguh patrape wong nyawiyah asmane Pangeran iku rupa-rupa.

Ing kene lantaran pêpakon ping têlu Gusti Allah, amalêri:

Ping pisan: ngipat-ipati Gusti Allah, awake dhewe, sarta pêpadhane.

Ping pindho: sumpah linyok utawa goroh.

Ping têlu: supata kang ora ana pêrlune.

Ping pat: nyêbut asmane Pangeran tanpa pakering utawa tanpa urmat. Kaya ta: rêrasan bab asmane Pangeran kalawan sêmbrana, têrkadhang asmane Pangeran digawe kêmbang lambe, gaguyon, sindhenan, sapanunggalane.

Ping lima: ora mêlèhake utawa ngelikake sabisa-bisa marang pêpadhane kang nyawiyah asmane Pangeran. Wong kang ora mêlèhake utawa ngelikake marang pêpadhane kang nyawiyah asmane Pangeran, iku kaanggêp mèlu nyawiyah uga. Têmah kêna ing babêndune Gusti Allah. Wong kang ora

--- 39 ---

ngandêl marang pakaryane Gusti Allah ênggone nitahake samubarang, sarta ngrimati lan ngrêksa marang titah-titah kabèh, sarta ora ngandêl marang pangandikane, iku iya nyawiyah marang asmane Pangeran. Sabab Gusti Allah ênggone nglairake asmane tuwin kawontênane, apa manèh panggalihe sarta karsane, iku lantaran pakaryane kabèh, tuwin pangandikane. Mulane wong kang ora ngandêl marang pakaryane Gusti Allah, sarta ora ngandêl marang pangandikane, iku nyawiyah marang asmane utawa marang Gusti Allah piyambak.

Lantaran pêpakon ping têlu Gusti Allah andhawuhi.

Sapisan: nyêbut asmane Pangeran kalawan urmat.

Ping pindho: nêksèni asmane Pangeran ing ngarêpe manuswa klawan kêndêl, miturut pangandikane Gusti Allah. Asmane Pangeran ora kêna mung diênêngake bae, nanging wajib kudu dipêpuji sarta diluhurake dening manuswa ana ing saênggon-ênggon.

Ping têlu: nyênyuwun utawa andadonga klawan têrusing ati.

Ping pat: ngrungokake pakabaraning Injil tuwin maca Kitab Suci klawan urmat sarta pakering marang Gusti Allah.

Ping lima: ngluhurake asmane Pangeran, klawan ati, klawan têmbung, tuwin kalawan panggawe.

--- 40 ---

Pêpakon ping pat.

Pêpakon ping pat anelakake kawajibane manuswa ênggone nucèkake dina Sabat. Nalika purwa Gusti Allah anitahake langit lan bumi ing dalêm nêm dina, ing dina kapitu Pangeran kèndêl, ora nitahake apa-apa manèh, nanging tansah nglêstantunake lan ngrimati marang sarupaning titah kabèh. Mulane Gusti Allah ambarkahi marang dina kang kapitu utawa dina Sabat iku lan disucèkake. Manuswa uga kadhawuhan nucèkake dina kang wus kasucèkake dening Gusti Allah, iya iku dica[7] Sabat. Gusti Allah maringi tuladha lantaran pakaryane piyambak. Miturut pranatane Gusti Allah manuswa kaparingan dina pagawean, sarta dina paliburan. Sajroning nêm dina wajib nyambutgawe golèk pangupajiwa, ing dina Sabat wajib lèrèn, mulane sabên wong kang nyambutgawe ing dina Sabat iku nêrak pêpakon ping pat, wong kêsèd kang ora nyambutgawe ing dina pagawean iya nêrak pêpakon ping pat. Manuswa ênggone nucèkake dina Sabat iku patrape mangkene: ing dina Sabat manuswa ora cukup yèn mung lèrèn utawa ngaso bae, nanging wajib padha bungah-bungah sarta ngluhurake asmane

--- 41 ---

Pangeran, awit saka sih rahmate. Apa manuswa ora wajib bungah-bungah sarta ngluhurake asmane Pangeran ing dina pagawean, iya wajib, nanging ing dina pagawean tansah kagèndèng marang barang-barang kadonyan. Mulane kaparingan dina paliburan minăngka kanggo anggolèki barang-barang kasukman utawa kaswargan. Lantaran mamuji lan angluhurake asmane Pangeran. Dadi têrang yèn manuswa iku duwe kawajiban rong prakara. Sapisan: sajroning nêm dina nyambutgawe ngupaya pangupajiwa utawa kabutuhaning badan, iya iku barang-barang kadonyan. Ping pindho: ing dina Sabat ngupaya kabutuhaning nyawa, iya iku barang-barang kasukman. Badane manuswa iku katon, kabutuhane iya barang-barang kang katon, nanging nyawane kang ora katon, kabutuhane iya barang-barang kang ora katon.

Ing jaman prajanjean lawas, Gusti Allah maringi dina Sabat iku mau marang băngsa Israèl. Tujune:

Sapisan: minăngka ibarat utawa wayangane paliburan kang sajati kang bakal kaangsalake dening Gusti Yesus Kristus.

Ping pindho: minăngka dina pangasoan utawa palerenan.

Ping têlu: minăngka kanggo ngupaya barang-barang kasukman utawa [u...]

--- 42 ---

[...tawa] kaswargan. Kang kalilan ing dina Sabat mung nyambutgawe prakara kang pêrlu-pêrlu, kang andadèkake kaluhurane Gusti Allah, sarta kabêcikane pêpadhane, apa manèh kang tumrap awake dhewe, kaya ta: rêrêsik omah, olah-olah mitulungi pêpadhane kang nandhang sangsara. Ringkêse dina Sabat kanggo ngrumati badan lan nyawa, anak bojo, khewan-khewan, sarta pêpadhane kang nandhang papa utawa sangsara. Sabab wong kang têrus nyambutgawe sabên dina iku badane kurang kuwat masthi enggal rusak. Mulane Gusti Allah maringi dina siji kang wajib disucèkake, minăngka pangasoan sarta kanggo ngluhurake asmane Pangeran.

Sadurunge Gusti Yesus rawuh ing alam donya, băngsa Israèl kaparingan pranatan rupa-rupa. Kaya ta: sapisan: kadhawuhan nyaosake kurban marang Gusti Allah, kang ngibaratake kurban kang sajati iya iku Gusti Yesus.

Ping pindho: băngsa Israèl kaparingan imam-imam turune Arun, kang ngibaratake imam agung kang sajati iya iku Gusti Yesus. Sawuse Gusti Yesus rawuh ing donya jumênêng imam agung kang sajati kang ngurbanake sarirane piyambak, minăngka kanggo panêbusing dosa. Imam sarta kurban-kurban [kurban-kurba...]

--- 43 ---

[...n] iku mau wus ora kanggo manèh, mangkono uga bab dina Sabat sarta dina riyaya liya-liyane, kang ngibaratake kabungahan tuwin katêntrêman kang sajati, sawuse kaangsalake dening Gusti Yesus lantaran ênggone nandhang sangsara lan seda, dina Sabat lan dina riyaya iku mau wus ora kanggo manèh. Pranatane Gusti Allah ing jaman prajanjean lawas iku kayadene gambar utawa wêwayangan, nalika kanyataane gambar utawa wêwayangan iku Gusti Yesus rawuh ing donya, gambar utawa wêwayangan iku mau sirna wus ora kanggo. Pakaryane Gusti Yesus ênggone ngangsalake pangasoan kang sajati wus cukup. Nalika Gusti Yesus wungu saka ing seda, dina Sabat utawa dina kang kapitu kasalinan dina wungune Gusti Yesus iya iku dina kang sapisan (dina Akad), wus katêrangake ing dhuwur yèn dina Sabat utawa dina kang kapitu iku wayangane paliburan sarta kabungahan kang sajati kang bakal kaangsalake dening Gusti Yesus, lantaran nandhang sangsara lan seda, mulane nalika Gusti Yesus wungu saka ing seda iya iku dina kang sapisan (dina Akad), băngsa Israèl ing jaman prajanjean anyar iya iku wong Kristên, padha kadhawuhan nucèkake dina Akad.

--- 44 ---

Ing dina Akad wong Kristên ora kalilan nyambutgawe golèk pangupajiwa, malah padha kadhawuhan.

Sapisan: mèlu kumpulan ngrungokake pakabaran Injil.

Ping pindho: nêtêpi pranatane Gusti Allah pranata sasêngkêran suci, iya iku baptis, lan bujana suci.

Ping têlu: nyêbut asmane Pangeran bêbarêngan.

Ping pat: dêdana kanggo wong miskin, sarta ngarah supaya pasamuane Gusti Allah bisaa lêstari.

Ewadene ora cukup yèn mung nucèkake dina Akad bae, manuswa kadhawuhan nucèkake dina liya-liyane uga, lantaran mratobat, sêngit marang sarupaning panggawe ala, utawa dosa, sarta anggolèki katêntrêman kang sajati, wong kang wus olèh katêntrêman kang sajati ing jaman saiki lantaran pracaya marang Gusti Yesus, iku wus padha duwe wiwitane katêntrêman utawa pangasoan kang sajati kang bakal kaparingake ing jaman besuk.

Pêpakon ping lima.

Lantaran pêpakon ping lima manuswa kadhawuhan angajèni

--- 45 ---

marang bapa biyung, tuwin marang kang kaparingan wawênang dening Gusti Allah mêngku marang awake. Mungguh pamêngku tuwin pangrèhe bapa biyung marang anak-anak iku minăngka dhasar, nanging pamêngku lan pangrèhe para pangawasa kadonyan iku marga saka têkane dosa ing jagad. Saupama ora ana dosa, masthi ora ana karaton kadonyan tuwin ratu kadonyan. Nanging bapa biyung sanadyan ora ana dosa iya masthi ana. Bapa biyung mau mêngku tuwin ngêrèh marang anak-anak miturut karsane Gusti Allah, sarta anak-anak ambangun turut marang bapa biyung. Dadi wus têrang yèn pamêngku tuwin pangrèhe bapa biyung iku kêna diarani dhasar, ora mêtu saka dosane manuswa. Mulane pêpakon ping lima mung mratelakake bab kawajibane bapa biyung marang anak-anak, tuwin anak ênggone ngajèni marang bapa biyung. Ewasêmono pêpakon ping lima mau iya tumuju marang para paprentahan kadonyan uga. Awit pangrèhe para raja marang para kawulane iku magêpokan pangrèhe bapa biyung marang anak-anak. Katrangane mangkene: sawiji-wijining sasomahan iku kawêngku dening wong lanang utawa sasirahe dhewe, pakumpulane sasomahan akèh dadi băngsa siji, para băngsa mau

--- 46 ---

kaparingan panggêdhe kadonyan kanggo ngrumati sasomahan wawêngkone mau. Marga saka dosa manuswa padha sêngit-sinêngitan, pakumpulaning sasomahan akèh masthi kurang tata lan enggal rusuh marga saka pialane manuswa, yèn ora kaparingan pangawasa kadonyan kang mêngku lan ngêrèh marang pakumpulaning sasomahan akèh mau. Dadi wus têrang yèn pangrèhe bapa biyung magêpokan pangrèhe ratu kadonyan. Kajaba bapa biyung tuwin para paprentahan kadonyan, ana manèh kang wajib mêngku lan ngêrèh, kaya ta:

Sapisan: para guru padha amêngku muride.

Ping pindho: para bandara amêngku bature.

Ping têlu: para pangarêpe pasamuan Kristên padha ngêrèh pasamuan.

Sawiji-wijining pangawasa iku mau padha kaparingan wawêngkone dhewe-dhewe. Para panggêdhe kadonyan ora wênang mutusi prakarane pasamuan Kristên, para pangarêpe pasamuan ora wênang mutusi prakara kadonyan. Para guru ora wênang ngêrèh marang bapa biyunge muride. Karsane Gusti Allah supaya sawiji-wijining pangawasa amêngkua sor-sorane dhewe-dhewe, tuwin mutusi prakara kang kalêbu ing wawêngkone dhewe, [dhe...]

--- 47 ---

[...we,] ora kalilan amutusi prakara kang kalêbu ing wawêngkone pangawasa liya.

Pêpakon ping lima kaparingan prasêtyan utawa prajanjian dening Gusti Allah, mangkene: supaya dinawakna umurira ana ing tanah pêparinge Yêhuwah Allahira. Mungguh prasêtyan iku têgêse mangkene: sabên băngsa kang ngajèni marang para panggêdhe utawa marang para paprentahan kadonyan, iku masthi lêstari utawa lawas pamanggone ana ing tanah kang diênggoni, nanging băngsa kang ora ngajèni marang para panggêdhene utawa para parentah masthi kurang kuwat lan enggal rusak, dadi artine têmbung diwakna[8] umurira, iku lêstari utawa lawas pamanggone ana ing tanah pêparinge Gusti Allah, iya iku tanah kang diênggoni.

Dene gêtêse[9] têmbung ngajèni marang bapa biyung iku mangkene:

Sapisan: ngurmati marang bapa biyung. Pangkate bapa biyung iku luhur tinimbang anak.

Ping pindho: trêsna marang bapa biyung. Bapa biyung ora mung wajib diurmati bae, nanging iya wajib ditrêsnani klawan gumolonging ati.

--- 48 ---

Ping têlu: kumandêl marang bapa biyung. Bocah-bocah kêrêp ora mangarti dhawuhe tuwin polah tingkahe wong tuwane, ewadene bocah-bocah mau wajib kumandêl yèn bapa biyung tansah ngarah kabêcikane anak-anak.

Ping pat: ambangun turut marang bapa biyung. Anak-anak kawêngku dening bapa biyung têmah wajib angestokake kang dadi dhawuhe bapa biyung.

Ping lima: sumuyud marang pamardine bapa biyung. Anak-anak kêrêp ora ambangun turut marang bapa biyung, kêrêp nakal, banjur wajib nampani piwuruk, pamardi tuwin paukuman, anak kang kapardi tuwin kaukum dening wong tuwane marga saka kaluputane, ora kalilan anglawan marang pamardi mau, malah wajib sumuyud.

Ping nêm: anglakoni sabar. Bapa biyung iku wong dosa, ora sampurna, mulane pamardine marang anak-anak trêkadhang luput, anak-anak mau ora kalilan ngala-ala marang wong tuwane mau, malah wajib anyabari manawa ana cacade utawa kaluputane bapa biyung.

Anak-anak wajib angajèni marang bapa biyunge miturut unggah-ungguhe. Mangkono uga para băngsa wajib angajèni [a...]

--- 49 ---

[...ngajèni] marang para pangawasa utawa para paprentahan kacundhukna karo pangkate. Bala-bala wajib angajèni marang para panggêdhene kacundhukna karo pangkate. Para batur wajib ngajèni marang bandarane kang cundhuk karo pangkate. Pasamuan Kristên wajib angajèni marang pangarêpe pasamuan. Bocah-bocah wajib angajèni marang para guru tuwin marang pamomonge. Mungguh patrape ênggone ngajèni kaya kang wus katêrangake ing dhuwur mau.

Awit karsane Gusti Allah supaya bapa biyung ngrumati lan ngêrèh marang anak-anak miturut pangandikane Gusti Allah, têmah andadèkna kabêcikane tuwin kaslamêtane anak-anak, tumraping badan lan tumraping nyawa. Mulane bapa biyung kadhawuhan tansah nglakoni apa kang dadi karsane Gusti Allah, supaya kalakuane dadia tuladhane anak-anake. Mangkono uga para panggêdhe tuwin para pangawasa sapanunggalane, kadhawuhan mêngku lan ngêrèh marang kalerehane utawa sor-sorane, miturut pangandikane Gusti Allah, supaya andadèkna kabêcikane tuwin kaslamêtane, tumraping badan lan tumraping nyawa.

Apa para panggêdhe tuwin para pangawasa sapanunggalane, kudu [ku...]

--- 50 ---

[...du] diestokake samubarang parentahe iya wajib diestokake yèn parentahe mau ora sulaya karo karsane Gusti Allah, nanging yèn parentahe mau nglawan marang karsane Gusti Allah utawa nêrak anggêr-anggêre Gusti Allah, ora kalilan dibangun turut, awit karsane Gusti Allah supaya manuswa kebah[10] ngestokna marang dhawuhe Gusti Allah. Mulane pilaur ngestokake dhawuhe Gusti Allah katimbang ngestokake dhawuhe manuswa kang sulaya karo karsane Gusti Allah. Dadi wus têrang yèn dhawuhe Gusti Allah ora kêna dilirwakake, nanging kudu diestokake klawan gumolonging ati.

Pêpakon ping nêm.

Lantaran pêpakon ping nêm, Gusti Allah malêri ambilaèni utawa ngrusak marang pêpadhane. Gusti Allah ora mung nitahake manuswa siji loro bae, nanging nitahake manuswa akèh, sarta padha manggon ing panggonan siji, iya iku ing donya kene. Mulane wajib padha pitêpungan kayadene gagêlitane badan siji, nanging wong siji ora bisa pitêpungan karo wong kabèh, awit mung katêmu karo

--- 51 ---

wong sawatara bae, sarupaning wong kang wus katêmu karo pêpadhane kudu ditrêsnani apindha awake dhewe, Gusti Allah nêpangake wong siji lan sijine miturut karsane, wong kang wus katêpangake dening Gusti Allah ora kêna kapisahake dening wong. Katrangane mangkene: sabên wong trêsna lan ngrumati marang awake dhewe, mulane iya wajib trêsna lan ngrumati awake pêpadhane. Marga saka iku Gusti Allah andhawuhi: sira aja mêmatèni, têgêse matèni iku nyirnakake utawa gawe bilabi[11] marang pêpadhane, awit karsane Gusti Allah supaya manuswa trêsnaa marang pêpadhane dikaya awake dhewe, dadia mitra dadi satru.

Manuswa ora kalilan matèni marang pêpadhane, sababe:

Sapisan: manuswa iku katitahake dening Gusti Allah, nulad citra lan prasêmone Gusti Allah, sawuse manuswa tumiba ing dosa, tilas citra lan prasêmon iku mau isih kari, mulane wong kang matèni marang pêpadhane iku ngrusak marang tilas citra lan prasêmone Gusti Allah, têmah gawe dosa marang Panjênêngane.

Ping pindho: uripe manuswa iku pêparinge Gusti Allah kang aji bangêt, wong kang matèni marang pêpadhane iku ngrusak utawa [u...]

--- 52 ---

[...tawa] nyirnakake pêparing iku mau wusana nglakoni dosa kang gêdhe bangêt.

Mungguh patrape wong gawe pati iku têlung rupa.

Sapisan: gawe pati lantaran pangangên-angên, kaya ta: sêngit, panastèn, ngancam-ancam marang pêpadhane.

Ping pindho: gawe pati lantaran têmbung, kaya ta: ngipat-ipati, mêmisuh nyatur ala, wêwadul, sapanunggalane.

Ping têlu: gawe pati lantaran pênggawe, kaya ta: mênthungi wong, ambêdhil, sapanunggalane.

Kang wajib disingkirake utawa dibuwang iku wijine dosa matèni wong, iya iku sêngit, sabab sêngit iku kang nukulake dosa matèni wong lantaran têmbung tuwin lantaran panggawe. Tatela saka caritane kitab suci, iya iku Kain, kang matèni Abêl sadulure. Têrang: Purwaning Dumados 4:8. Mulane dosane manuswa sêngit marang pêpadhane iku tansah disêngiti dening Gusti Allah piyambak. Têrang ing Injil Mateus 15:19.

Mangkono uga manuswa ora kalilan matèni awake dhewe, lantaran ngêndhat utawa nglalu. Sarta nglakoni panggawe kang andadèkake karusakaning badan lan nyawane dhewe.

--- 53 ---

Apa manèh ora kalilan matèni wong lantaran nyilih tanganing wong liya, kaya caritane Sang Prabu Dawud, kang matèni Uriyah lantaran tanganing mungsuhe. Têrang ing kitab 2 Samuèl 11:14-15.

Têrkadhang ana wong kang matèni marang pêpadhane lantaran nganggêp piwulang kang nasar, ana kang ambujuk utawa anggodha marang pêpadhane kang pracaya marang Gusti Yesus, supaya murtad, prakara iku iya gawe pati. Malah manuswa ora kalilan matèni marang nyawane dhewe lantaran nampik marang juru slamêt kang sajati. Iya iku Gusti Yesus.

Lantaran pêpakon ping nêm, manuswa kadhawuhan dening Gusti Allah.

Sapisan: sabar. Yèn ana wong kang gawe piala marang kita, ora kalilan malês ala. Têrang ing Injil Mateus 5:39.

Ping pindho: sumlondhoh. Yèn ana wong kang nandhang sêdhih utawa prihatin, wajib dilipur supaya bungaha.

Ping têlu: sarèh. Yèn ana wong kang nglakoni ala, wajib dielikake lan diwêlèhake bab dosane klawan sarèh. Têrang ing Injil Mateus 5:5.

--- 54 ---

Ping pat: wêlasan. Yèn ana wong kang nandhang papa, sabisa-bisa wajib diwêlasi, utawa dipitulungi.

Ping lima: ngarah marang pêpadhane supaya aja nganti nandhang pituna tuwin bilai.

Ping nêm: malês gawe bêcik marang satrune.

Prakara iku têrang saka tuladhane Gusti Yesus. Injil Lukas 22:49-51 Lukas 23:24.

Yèn mangkono apa ora tau kalilan matèni wong. Iya kalilan uga, nanging kang kalilan iya iku:

Sapisan: para parentah utawa para panggêdhe kadonyan, iku kaparingan pêdhang dening Gusti Allah, supaya ngukum kisas marang wong kang matèni pêpadhane.

Ping pindho: sajroning papêrangan, yèn ana sawijining tanah kang arêp karayah utawa karêbut ing mungsuh, banjur wong kang ana sajroning tanah mau wajib ngukuhi lantaran pêdhang, sarta kalilan ambengkas marang mungsuhe mau.

Ping têlu: sajroning katêmpuh ing kècu, sarta begal, iya wajib ngrêksa marang uripe dhewe, lantaran pêdhang, supaya aja nganti dipatèni.

--- 55 ---

Ringkêse manuswa kadhawuhan ngrumati badan lan nyawane supaya aja nêmu karusakan.

Pêpakon ping pitu.

Pêpakon ping nêm mratelakake pangrimate Gusti Allah marang uripe manuswa. Pêpakon ping pitu mratelakake pangrimate Gusti Allah marang badane manuswa. Badane manuswa iku titahe Gusti Allah, malah dadi padalêmane Roh Suci, mulane ora kêna dinajisake dening manuswa, wong kang ngrusak marang padalêmane Roh Suci iku padha balela marang Gusti Allah piyambak.

Manuswa katitahake kaparingan badan lan nyawa, loro iku mau katunggalake dening Gusti Allah, ora kêna kapisahake dening manuswa. Mangkono uga manuswa katitahake dening Gusti Allah lanang karo wadon, loro iku mau katunggalake dening Gusti Allah, supaya bêbranahan, têmahan manuswa kabèh dadi golongan utawa băngsa siji. Wong lanang lan wong wadon kang wus katunggalake dening Gusti Allah dadi sajodho, ora kêna kapisahake dening wong. Dadi wun[12] tatela yèn prakara sasomahan [sasomaha...]

--- 56 ---

[...n] iku pranatane Gusti Allah piyambak, sarta pranata kang suci. Ing nalika wiwitan Gusti Allah piyambak nunggalake Adam lan Khawa dadi sajodho. Loro iku mau dadi daging siji, têgêse tunggal pangrasa, tunggal trêsna sarta tunggal pangarêp-arêp, ora mung katunggalake tumraping badan bae, nanging iya katunggalake tumraping nyawane.

Sarèhning prakara sasomahan iku pranatane Gusti Allah piyambak, mulane wong kang ngalap bojo ora andadèkake dosa. Ana wong kang ngarani yèn wong lamban iku suci katimbang karo wong kang lakirabi, nanging pangira iku mau luput. Wong kang nglakoni pranatane Gusti Allah ora andadèkake dosa. Nanging miturut karsane Gusti Allah sabên wong lanang siji mung kalilan ngalap bojo siji, ing wiwitan mulane wong lanang siji mung kaparingan wong wadon siji, iya iku Adam lan Khawa, Gusti Allah piyambak kang nunggalake, sadurunge manuswa tumiba ing dosa, sarta dibarkahi supaya bêbranahan. Dadi wus têrang yèn prakara lakirabi ora mêtu saka dosa.

Nanging barêng manuswa tumiba ing dosa, nalar budine dadi pêtêng, têmahan ora eling marang pranatane Gusti Allah,

--- 57 ---

mulane prakara sasomahan banjur dianggêp rèmèh, akèh wong lanang kang ngalap bojo nganti loro, têlu utawa luwih, nanging prakara kang mangkono andadèkake dosa lan kasusahan akèh. Têrang kaya caritane Nabi Ibrahim, Yakup, Sang Prabu Dawud, Suleman, kang padha ngalap garwa akèh, sanadyan padha wong mursid ngabêkti marang Gusti Allah, ewadene pratingkah kang mangkono iya andadèkake dosa, sarta andadèkake kasusahan rupa-rupa, nganti tumêka saprene turune Nabi Ibrahim tansah sêsatron, mulane prakara ênggone ngalap garwa akèh ora kêna ditulad, awit kalêbu pratingkahe băngsa kapir.

Akèh wong kang duwe pangira yèn para nabi ênggone ngalap garwa akèh iku ora andadèkake dosa, malah nyondhongi karsane Gusti Allah. Nanging pangira iku mau luput bangêt, awit sanadyan nabi utawa wong kang ngabêkti marang Gusti Allah iya isih kadunungan dosa, ênggone ngalap garwa akèh mêtu saka pêtênging nalar budine, mulane ora kêna ditulad.

Wong lanang kang arêp ngalap bojo ora kalilan mung mawang marang kasugihan sarta ayuning rupa bae, nanging pêrlu kudu mawang

--- 58 ---

bab pangabêkti marang Gusti Allah, awit kasugihan donya lan ayuning rupa ora andadèkake karahayone wong sasomahan, nanging pangabêkti marang Gusti Allah iku kang andadèkake katêntrêman tuwin karahayon.

Apa manèh bocah lanang lan wadon kang arêp sasomahan prêlu kudu rukun dhisik sadurunge ningkahan, wong tuwane tuwin kulawangsane kudu ngrujuki, yèn bocah lanang lan wadon wus rukun, sarta kulawangsane ngrujuki, banjur klilan pacangan. Wong kang pacangan ora kalilan awor turu, sadurunge ningkahan. Wong pacangan kang wus awor turu iku padha laku bedhang, têmah nêrak pêpakon ping pitu, awit durung katunggalake dening Gusti Allah.

Gusti Allah karsa nunggalake wong pacangan dadi salakirabi lantaran para panggêdhe kadonyan tuwin pasamuan Kristên. Para panggêdhe tuwin pasamuan Kristên yèn wus nunggalake utawa ningkahake wong lanang lan wong wadon banjur têtêp dadi sasomahan. Wong lanang dadi sasirahe wong wadon, wong wadon dadi rowange wong lana[13] kang sêmbada, têmah wajib padha rukun lan trêsna-tinrêsnan. Wong lanang wajib ngêrèh marang kang wadon miturut pangandikane Gusti Allah, mangkono uga wong wadon [wado...]

--- 59 ---

[...n] wajib ambangun turut marang pangrèhe kang lanang. Nanging wong lanang ora kalilan ngêrèh klawan sawênang-wênang, sarta wong wadon ora kêna kaanggêp kayadene batur.

Apa manèh wong sasomahan kang wus kaparingan anak dening Gusti Allah, wajib anggulawênthah anake miturut karsane Gusti Allah, supaya andadèkna kabêcikane lan kaslamêtane.

Wong sasomahan ora kalilan pêgatan ing sadhengah sabab, kang kalilan pêgatan:

Sapisan: yèn salah sawijine laku bedhang. Têrang saka Injil Mateus 19:9.

Ping pindho: yèn salah sawijine ninggat[14] minggat kang kalawan kajarag, nganti sawatara taun.

Lantaran pêpakon ping pitu Gusti Allah iya malêri sarupaning panggawe mangiwa, kaya ta: 1. wong sasomahan ora kalilan ngrabèni wong liyane utawa andhêmêni bojone wong liya. Têrang saka Injil Markus 6:17-18.

2. Wong lanang lamban ora kalilan awor turu karo wong wadon, mangkono uga wong wadon lamban ora kalilan awor turu karo wong lanang.

3. Sarupaning pratingkah tuwin têmbung kang saru utawa rêgêd, têrang layang Èfêsus 4:29.

--- 60 ---

4. Osiking ati sarta pakarêman kang najis. Têrang ing Injil Mateus 15:19; 5:28.

5. Samubarang kang anggèndèng atine wong marang pratingkah kang ala, kaya ta: dhêmên nganggur, (2 Samuèl 11:2) drêmba, tuwi[15] ngombe kang ngêndêmi. (Purwaning Dumados 9:21) pitêpungan karo wong ala, (1 Korinta 15:33) anjogèd (Mateus 14:6) nyêrèt, sarta maca layang kang surasane saru, lan sapanungggalane.

Pêpakon ping pitu Gusti Allah ora mung malêri pratingkah kang rusuh bae, nanging iya andhawuhi supaya manuswa padha anduwènana pratingkah kang rêsik. Kaya ta:

1. Sêngit marang pratingkah kang rusuh, utawa saru. 2 Timotius 2:22.

2. Ngangên-angên utawa anggilut-gilut marang prakara kang rêsik. 1 Petrus 2:11.

3. Nglakoni samubarang kang rêsik, sarta nyingkirake sarupaning pratingkah kang rusuh.

Wong kang nêrak pêpakon ping pitu kêna ing lahnate Gusti Allah, têmah andadèkake kawirangan, tuwin karusakaning badan lan nyawane. Supaya manuswa bisa anglakoni pêpakon [pêpako...]

--- 61 ---

[...n] ping pitu klawan gumolonging ati, pêrlu andadonga marang Gusti Allah. Wong kang ninggal marang Gusti Allah enggal tumiba ing dosa nêrak pêpakon ping pitu. Nanging wong kang rumakêt marang Gusti Allah padha karêksa dening Panjênêngane.

Pêpakon ping wolu.

Lantaran pêpakon ping nêm, Gusti Allah ngrimati uripe manuswa, lantaran pêpakon ping pitu Gusti Allah ngrimati badane manuswa, lantaran pêpakon ping wolu Gusti Allah ngrimati barang darbèke manuswa. Manuswa ora pantês duwe apa-apa, awit samubarang kabèh iku kagungane Gusti Allah. Gusti Allah anitahake samubarang sakarsane piyambak. Têrang kang kasêbut ing Masmur 24:1. Manuswa iku kêna kaupamakake juru gêdhong. Mungguh juru gêdhong iku ora duwe apa-apa, barang darbèke bandarane katitipake marang juru gêdhong kanggo sawatara masa. Wajibe juru gêdhong angrumati tuwin muwuhi barang-barang iku mau, nganti kapundhut manèh dening bandarane. Mangkono uga manuswa kabèh katitipan barang sawatara dening Gusti Allah, supaya

--- 62 ---

barang-barang mau karumatana dening manuswa miturut karsane Gusti Allah.

Barang-barang kang katitipake dening Gusti Allah marang manuswa, iya iku: bumi saisine kabèh, kaya ta: băngsa khewan, băngsa thathukulan, tuwin băngsa papêlikan. Têrang ing Purwaning Dumados 1:26, 28-30, Purwaning Dumados 9:2,3. Manuswa ora katitipake marang pêpadhane dadi duwèke. Têrkadhang ana wong sugih kang duwe batur tukon, prakara iku mau ora nyondhongi karsane Gusti Allah. Manuswa ora kêna didol utawa dituku, karsane Gusti Allah supaya manuswa dadia mardika.

Gusti Allah angêduma-êdum barang-barang kadonyan miturut karsane piyambak, sawiji-wijining wong kaparingan pandumane dhewe-dhewe, ana kang kaparingan akèh, ana kang kaparingan sathithik. Kang kaparingan panduman akèh ora kalilan gumunggung, kang kaparingan panduma[16] sathithik ora kalilan anggrundêl utawa ngrêsula. Awit sarupaning panduman dadia akèh dadia sathithik, amratandhani bab sih kamirahane Gusti Allah marang manuswa.

Ing pêpakon ping wolu Gusti Allah amalêri, sira aja

--- 63 ---

nyênyalong,[17] têgêse nyolong iku amèk barang duwèke pêpadhane tanpa palilah.

Wong kang nyolong barang darbèke wong liya kêrêp ambênêrake awake dhewe, utawa duwe wawadan rupa-rupa, kaya ta: kang dak colong mung barang sapele bae, wong kang barange dak colong iku sugih, têrkadhang kanggo lantaran ênggone golèk pangan, sapanunggalane, nanging wawadan mau luput bangêt. Prakara nyolong sanadyan akèh sanadyana thithik, iku nêrak marang pêpakon ping wolu, têmah andadèkake dosa, sarta kêna paukumane Gusti Allah. Têrang akèh saka layange Paul, 1 Korinta 6:10. Mangkono uga anak-anak ora kalilan nyolong barang duwèke bapa biyung, batur ora kalilan nyolong barang duwèke bandarane. Ringkêse manuswa ora kalilan nêrak pêpakon ping wolu sanadyan mung sathithik bae.

Mungguh patrape wong nyolong iku rupa-rupa, kaya ta: nglimpe sarta nganggo patrap kang samun, ambegal, ngècu, maling sapanunggalane, mangkono uga akèh wong nyolong kang nganggo patrap ngloropake, malah wong kang ngloropake iku luwih akèh tinimbang karo kang ambegal tuwin [tu...]

--- 64 ---

[...win] ngècu. Mulane sanadyan ngloropake iku ora kasumurupan ing wong lan ora diukum dening nagara, ewadene kauningan dening Gusti Allah, têmah iya andadèkake dosa kang gêdhe sarta masthi kaukum dening Gusti Allah. Têrkadhang pangloropan iku ora kaanggêp ala, malah kaanggêp dadi kapintêran, nanging pangira iku luput bangêt, kapintêran kang ala iya kaukuman ala dening Gusti Allah sarta andadèkake babêndune.

Patrape nyolong nganggo ngloropake iku mangkene:

1. Adol barang nganggo takêran, ukuran utawa timbangan kang ora bênêr utawa kurang.

2. Adol barang subalan, sarta ngladèkake panggawe ala.

3. Mayokake dhuwit palsu, tuwin anggêdhèkake uyahan.

4. Nyimpên barang colongan.

5. Ngowahi utawa ngundurake watêsing pomahane pêpadhane.

6. Ora ngopèni barang titipan.

--- 65 ---

7. Nyilih dhuwit ora nyaur.

8. Ora ngwènèhi buruhan marang wong nyambutgawe.

9. Nyimpêm[18] barang-barang olèhe nêmu.

10. Ngarah bathi lantaran main.

11. Nindhês wong miskin sajroning prakara.

Ing pêpakon ping wolu manuswa iya kadhawuhan ngêrèh barang duwèke dhewe miturut pangandikane Gusti Allah. Manuswa iku kaya juru gêdhong, mulane wajib padha nyaosi petungan rêrêksane marang Gusti Allah. Têrang ing 1 Korinta 4:7, Lukas 16:2, wong kang ora ngrêksa barang duwèke dhewe miturut karsane Gusti Allah padha nyolongi marang kagungane Gusti Allah sarta marang pêpadhane. Kaya ta:

1. Wong kang watêk cêthil, iku tansah ngarah nglumpukake rajabrana kadonyan kanggo awake dhewe, ora gêlêm mitulungi utawa mêlasi marang pêpadhane kang papa utawa miskin. Wong iku padha nyenglongi[19] marang Gusti Allah lan marang pêpadhane apa manèh marang awake dhewe uga. Wong kang watêk cêthil ora padha ngluhurake marang asmane Pangeran, nanging mung ngluhurake awake dhewe, mulane wong kang mangkono masthi tumiba sarupaning dosa, têmahan angrusakake nyawane dhewe. Têrang ing 1 Timoteus 6:9,10.

--- 66 ---

2. Angêbrèh-êbrèh, dosane wong kang ngêbrèh-êbrèh mèh padha karo dosane wong cêthil, iya nyolongi marang Gusti Allah, lan marang pêpadhane sarta marang awake dhewe, ora ngluhurake asmane Gusti Allah lantaran barang duwèke, ora mêlasi marang wong papa utawa wong miskin, têmahan wong kang ngêbrèh-êbrèh padha ngrusakake badan lan nyawane dhewe. Têrang ing: Wulang Bêbasan 6:6,11, Lukas 15:13,14.

Mangkono uga manuswa kadhawuhan ambêciki marang pêpadhane lantaran barang kadonyan, kaya ta:

1. Ambalèkake barang colongan. Têrang ing: Lukas 19:8.

2. Ngudi sêmpulure kabêgjane sapêpadhane, miturut pangandikane Gusti Yesus ing Injil Mateus 7:12.

3. Mitulungi utawa mêlasi marang wong kang papa têmênan , Mateus 6:1-4.

4. Nyabutgawe klawan tabêri, karsane Gusti Allah supaya manuswa golèk pangupajiwa ora sarana nyolong, nanging sarana nyambutgawe kang bêcik, wong kang ora nyambutgawe masthi tumiba ing kamlaratan, Wulang Bêbasan 23:20-21.

--- 67 ---

5. Nyolongi dhuwit kang kanggo wong papa tuwin kanggo ing dina kasusahan, Wulang Bêbasan 13:11, Yokhanan 6:127 têrkadhang Gusti Allah karsa paring waktu kaluberan, têrkadhang paring waktu pailan, wong kang ngêbrèh-êbrèh ing waktu kaluberan, ora eling marang waktu pailan, têmah padha nêmu kasusahan ing waktu kakurangan, kasusahan mau mêtu saka kaluputane dhewe.

6. Anduwèni ati kang marêm, têrkadhang manuswa kaparingan kaluberan, têrkadhang kacingkrangan. Samasa kacingkrangan manuswa ora kalilan anggrundêl marang Gusti Allah, nanging wajib narima apa kang dadi pêparinge, kalawan ati kang marêm, têrang ing: Timoteus 6:8, sarta kaya panyuwune Suleman, Wulang Bêbasan 30: 7-9.

Pêpakon ping sanga.

Wiwitan mula manuswa kaparingan budi kanggo anggilut-gilut, ambudi tuwin ngrasakake samubarang, nalika wiwitan pambudine manuswa tuwin pangrasane anyondhongi kaanane samubarang kang dirasakake tuwin digilut-gilut, têmahan manuswa wanuh karo Gusti Allah sarta wanuh karo titah liya-liyane. [liya-li...]

--- 68 ---

[...yane.] Nanging sawuse manuswa tumiba ing dosa, pambudine tuwin pangrasane pêtêng, ora anyondhongi kaanane samubarang kang digilut-gilut, nalika wiwitan kaanane manuswa têmên sarta lurus, sawuse manuswa tumiba ing dosa kaanane banjur goroh.

Manuswa kaparingan daya anglairake pambudine tuwin pangrasane lantaran têmbung. Wong kang ngucapake têmbung kang nyondhongi kaanane samubarang padha ngucapake kanyataan, wong kang ngucapake têmbung kang ora nyondhongi kaanane samubarang padha ngucapake goroh.

Wiwitane goroh iku saka iblis, mulane iblis diarani bapakne sarupaning goroh (Yokhanan 8:44) pangucape iblis marang manuswa ana ing Pirdus, ora nyondhongi pangandikane Gusti Allah, (Purwaning Dumados 3:4,5) iblis ngucapake goroh.

Manuswa ora ngandêl marang pangandikane Gusti Allah kang nyata, nanging malah ngandêl marang pangucape iblis kang goroh mau. Mulane watêke manuswa iya dadi goroh, pambudine, pangrasane, osiking atine tuwin têmbunge ora nyondhongi kaanane barang-barang, nanging tansah sulaya bae,

--- 69 ---

têmahan manuswa ora lêstari wanuh karo Gusti Allah, tuwin ora lêstari wanuh marang karo Gusti Allah, tuwin ora lêstari marang kaanane dhewe, apa manèh marang kaanane titah liya-liyane.

Manuswa dosa ngucapake goroh ingatase Gusti Allah tuwin nyawiyahwiyah-wiyah[20] asmane, prakara iku mau kawalêran ing pêpakon ping têlu, mangkono uga manuswa dosa iya ngucapake goroh ingatase pêpadhane prakara iku kawalêran ing pêpakon ping sanga, kang surasane mangkene: sira aja nglairake pasêksi goroh, nglawan pêpadhanira. Mungguh dosa nêksèni goroh iku rupa-rupa.

1e. Nglairake pasêksi goroh ingatase pêpadhane ing ngarsane pangadilan utawa ing ngarsane para panggêdhe kadonyan.

2e. Nglairake pasêksi goroh ingatase pêpadhane ing ngarêpe wong liya-liyane.

3e. Ngingêr têmbunge wong, lantaran muwuhi utawa ngurangi pasêksine ing ngarêpane wong. Kaya kang kasêbut ing: Masmur 15:3. Yokhanan 2:19,21. Mateus 26:61. Wong kang nglairake [ngla...]

--- 70 ---

[...irake] pasêksi satêngah nyata satêngah goroh padha bae karo nêksèni goroh têmênan.

4e. Tumbak cucukan tuwin catur-cinatur ala, Yakobus 4:11.

5e. Ngala-ala utawa mratakake kalok kang ala ingatase pêpadhane, Yirmiyah 8:18. Wong kang ngala-ala prasasat matèni pêpadhane. Èfêsus 4:31.

6e. Kêsusu ngarani ala marang wong sadurunge katitipriksa. Yokhanan 7:51.

7e. Nglairake utawa ngucapake têmbung goroh. Kaya caritane Ananiyah lan Safirah. Para Rasul 5.

8e. Goroh dianggo guyon, wong sracaya[21] kalilan gaguyon, nanging ora kalilan gaguyon nganggêp patrap kang ora patut, Èfêsus 6:4.

9e. Goroh wênang, lantaran goroh wênang manuswa kêrêp nyingkirake bilai saka awake dhewe. Nanging manuswa bêcik pilaur nêmu kasusahan tinimbang karo calathu goroh. Ora pisan-pisan kalilan anglakoni ala kang amrih bêcik, Rum 3:8. Alane goroh wênang têrang saka caritane Abraham, Purwaning Dumados 12:10-19. Iskhak, Purwaning Dumados 26:6-11. Petrus, Mateus 26:69-73. nanging Gusti [Gu...]

--- 71 ---

[...sti] Yesus, sajroning kasusahan tansah nêksèni kanyatatan,[22] sanadyan anjalari sedane. Mateus 26:63-66.

10e. Apus krama.

11e. Lêlamisan. (Masmur 12:13. Wulang Bêbasan 12:22).

12e. Ngonggrong. (Masmur 55:22) têrkadhang ana wong kang ngucapake têmbung kang bêcik, ana ing ngarêpaning wong, nanging barêng ana ing buri ngucapake têmbung kang ala.

13e. Anêksèni goroh sajroning pagawean, kaya ta: ngalêm marang kang ala dianggêp bêcik.

14e. Nglairake tata krama kang ngluwihi sapatute, kanggo ngarah supaya dialêm utawa olèh asih.

15e. Ngumbar swara tuwin mloto kang ora patut (Wulang Bêbasan 10:19)

16e. Anggunggung marang patrap kang ora patut (Yêsayah 3:9).

Ngucapake goroh iku dosane cangkêm utawa ilat, ewadene ora kêna dirèmèhake, têmbung kang ala iku mêtu saka ati kang ala, têmah andadèkake karusakaning pêpadhane. Yakobus 3:5.

Malah ngucapake goroh iku pagawene iblis, ngucapake goroh condhong karo karêpe iblis,

--- 72 ---

ngucapake kanyataan condhong karo karsane Gusti Allah. Mulane sarupaning têmbung tuwin pratingkah goroh iku mamungu babêndune Gusti Allah. Masmur 5:7.

Ing pêpakon ping sanga Gusti Allah ora mung malêri anêksèni goroh bae, ananging iya andhawuhi nglairake pasêksi kang nyata, utawa têmên. Mulane manuswa kadhawuhan:

1e. Rumakêt marang katêmênan utawa marang kanyataan. Wong kang atine ora rumakêt utawa trêsna marang katêmênan, masthi ora sênêng nglairake pasêksi kang nyata. Mulane manuswa pêrlu kudu kapadhangan dhisik, supaya bisa wêruh tuwin rumakêt marang kanyataan.

2e. Nglairake pasêksi kang nyata utawa bênêr, manuswa ora wajib anglairake samubarang kang kasumurupan, marang sadhengah wong kang nêrang. Têrkadhang ana wong kang opèn utawa dahwèn, amarsudi wêruh sarupaning prakara kang ora pêrlu tuwin ora patut kawêruhan. Marang wong kang mangkono iku iya ora kêna goroh, ananging wênang nampik, ora susah diwangsuli, manuswa ora wajib anglairake samubarang kang disumurupi tuwin kang nyata, marang sadhengah wong. Ananging [Ana...]

--- 73 ---

[...nging] samubarang kang kalairake dening manuswa pêrlu kudu kalairake tanpa goroh. Wulang Bêbasan 12:7. Èfêsus 4:25.

3e. Ngantêpi ing kayêktèn. Wong kang ngunduri pasêksine kang nyata, amarga pasêksi mau anjalari rugi, iku iya nêrak pêpakon ping sanga. 2 Korinta 1:17-18. Petrus, lan Yokhanan ora ngunduri pasêksine sanadyan katimbalan ing ngarsane pradata gêdhe. Para Rasul 4.

4. Mratakake kaloke pêpadhane kang bêcik, 1 Sêmuèl 17:18; 19:4. Supaya pêpadhane mau aja nganti katampik dening wong. Apa wong wajib angarani bêcik marang wong ala. Ora pisan-pisan, Yêsayah 5:20. ananging manuswa ora wajib amratakake pialane pêpadhane, wajibe ngelikake marang wong kang nglakoni piala, supaya padha mratobata.

Cêkakane manuswa padha kadhawuhan nyandhêt cangkême utawa ilate supaya aja nganti nglairake ala utawa goroh. Masmur 39:2; 141:3.

Pêpakon ping sapuluh.

Pêpakon ping sapisan, tumêka pêpakon ping sanga, mratelakake [mra...]

--- 74 ---

[...telakake] bab panggawene, têmbunge, tuwin pangangên-angêne manuswa. Pêpakon ping sapuluh iki mratelakake bab osiking atine manuswa. Osiking atine manuswa kudu condhong karo karsane Gusti Allah. Gusti Allah tansah anitipriksa batine wong, manawa batine sulaya karo karsane Gusti Allah, laire masthi ora bisa andadèkake kaparênge, sanadyan sêmune bêcik.

Karsane Gusti Allah supaya manuswa aja melik omahe pêpadhane, lan sapanunggalane.

Apa kamelikan kabèh ala. Ora. Ana kang bêcik, ana kang ala. Kamelikan kang bêcik ora diwalêri dening Gusti Allah, malah kamelikan mau mijil saka pakaryane Roh Suci sajroning atine manuswa, tuwin andadèkake kaparênge Gusti Allah. Masmur 20:6; 387:10. Yêsayah 26:8.

Ing pêpakon ping sapuluh Gusti Allah malêri sarupaning kamelikan kang ala, kaya ta: melik omahe pêpadhane, bojone, bature, lan sapanunggalane.

Ana wong kang ngarani yèn kamelikan kang ala ora anjalari dosa, manawa ora dilêksanani. Katrangane pangira mau [ma...]

--- 75 ---

[...u] mangkene: yèn aku melik sapine pêpadhaku, nanging kamelikan kang ala mau banjur dak buwang utawa dak patèni, aku ora nyolong sapi mau, têmahan kamelikan ing dhuwur mau ora andadèkake dosa, awit aku ora bisa malangi tuwuhe kamelikan kang ala sajroning ati, panggawe kang ala wis dak palangi, dadi aku rêsik. Nanging katrangan iku ma[23] luput. Kamelikan kang ala tumuwuh saka atine manuswa, mratandhani yèn manuswa kaanane ala lair batin. Manawa atine manuswa rêsik, masthi ora nuwuhake kamelikan kang ala. Dadi wus tatela yèn kamelikan kang ala ora condhong karo karsane Gusti Allah, mulane kawalêran ing pêpakon ping sapuluh.

Sabab apa melik omahe, bojone, bature, sapine, duwèke pêpadhane iku anjalari dosa. Katrangane mangkene: sawiji-wijining wong wus padha kaparingan duman dhewe-dhewe, kaya ta: omah, bojo, batur, sapanunggalane. Dadi ênggone wong duwe melik marang omahe pêpadhane iku mratandhani yèn ora narima marang omah pêparinge Gusti Allah marang dhèwèke. Nanging wong kang narima marang apa pêparinge Gusti Allah masthi ora melik duwèke [du...]

--- 76 ---

[...wèke] pêpadhane. Dadi wus tatela yèn kamelikan kang ala anjalari dosa ing ngarsane Gusti Allah.

Pêpakon ping sapuluh Gusti Allah ora mung malêri melik duwèke pêpadhane bae, nanging iya malêri marang atine manuswa supaya aja nganti nuwuhake pakarêman utawa kamelikan kang sulaya karo dhawuhe Gusti Allah kabèh kang kasêbut ing pêpakon sapuluh prakara.

Katrangane mangkene:

1e. Kamelikan kang ala iku winihe sarupaning dosa. Wohe kamelikan ala iku dosa, dadi wijine iya sosa.[24] Yakobus 1:14. Mateus 15:19,20.

2e. Manuswa kawalêran ambudi tuwin anggilut-gilut kamelikan kang ala, kang tumuwuh saka atine, supaya aja nganti nuwuhake dosa, sarupane pakarêman kang sulaya karo karsane Gusti Allah, kudu kabuwang tumuli.

3e. Barang-barang kadonyan, pambujuke wong ala, panggodhaning iblis, tansah anuwuhake kamelikan kang ala, mulane samubarang kang nênangi dosa kudu disingkirake. 1 Yokhanan 2:15,16.

Mungguh dhawuhe Gusti Allah ing pawakon[25] ping sapuluh iku mangkene:

--- 77 ---

1e. Sêngit marang sarupaning dosa. Manuswa ora mung wajib sêngit marang panggawe sarta têmbung kang ala bae, nanging iya wajib sêngit marang sarupaning pangangên-angên kang ala, wong kang pracaya têmênan sêngit marang watêke dhewe kang ala, lan ora ambênêrake awake dhewe. Masmur 119:104. Galati 5:24.

2e. Rumakêt marang sarupane bênêran: karsane Gusti Allah supaya manuswa tansah marsudi angluhurake asmane Pangeran, tuwin ngarah kabêcikane pêpadhane, tuwin marsudia nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah kabèh. Mateus 5:48. Rum 7:22.

3e. Marga saka iku manuswa kadhawuhan tansah ngrêsikake lair tuwin batine. Èfêsus 4:22,23. Galati 5:16.

4e. Ing wusana manuswa wajib anglakoni prakara iku mau kalawan gumolonging ati, manuswa kang rumakêt marang kabêcikan têmênan, iya sêngit marang sarupaning piala. Awit ora ana wong siji-sijia kang bisa ngabdi bandara loro. Mateus 6:24.

Katrangane pêpakon ping sapuluh mratelakake bangêt yèn manuswa kabèh nêrak anggêr-anggêre Gusti Allah kabèh, ora ana wong siji-sijia kang atine ora katuwuhan kamelikan [ka...]

--- 78 ---

[...melikan] apa-apa kang ala. Ananging Gusti Yesus, kang tansah nêtêpi pêpakon sapuluh klawan sampurna. Gusti Yesus tansah rumakêt marang samubarang kang rêsik, galihe ora tau katuwuhan kamelikan apa-apa kang ala. Marga saka iku Gusti Yesus sagêd nêbusi dosane manuswa ênggone nêrak anggêr-anggêr sapuluh. Mulane manuswa dosa wajib ngungsi marang nêbus iku mau, sarta nyuwun pitulungane Roh Suci, supaya karsa anganyarake atine wong dosa.

4. Pêpakon sapuluh iku kaperang kapriye.

Punika kaperang dados kalih papan, ningali: Pangêntasan 31:18 lan 32:16.

Anggêr-anggêr sapuluh prakara kêna kaperang dadi rong papan utawa rong pêpakon. Pêpakon sapisan tumêka pêpakon ping pat iku papan kang sapisan, pêpakon ping lima tumêka pêpakon ping sapuluh iku papan kang kapindho.

5. Sajroning pêpakon patang prakara ing papan kang sapisan, kowe kadhawuhan apa, cêkakane.

Ing ngriku kula kadhawuhan makatên: kowe trêsnaa marang Pangeran, Allahmu, kang kalawan gumolong atimu, tuwin [tuwi...]

--- 79 ---

[...n] gumolong nyawamu, sarta gumolong budimu, iya iku pêpakon kang dhingin lan kang gêdhe dhewe. Mateus 22:37,38.

Tujune anggêr-anggêr sapuluh prakara tuwin tujune ringkêsane pêpakon mau iku padha. Anggêr-anggêr sapuluh prakara tuwin ringkêsane anggêr-anggêr ora kêna kapisah lan ora pisan-pisan sulaya.

Ana wong kang ngarani yèn anggêr-anggêr sapuluh prakara kaparingake marang băngsa Basraèl[26] ing jaman kuna, nanging anggêr-anggêr bab trêsna kaparingake dening Gusti Yesus, kanggo jaman prajanjean anyar. Wong iku mau ngarani yèn Gusti Yesus nyingkirake pêpakon sapuluh prakara mau, kasalinan pêpakon loro mau kang anyar, iya iku trêsna marang Gusti Allah tuwin trêsna marang pêpadhane. Nanging pangira iku mau luput, têrang saka Injil Mateus 5:17. Anggêr-anggêr sapuluh prakara tuwin ringkêsane anggêr-anggêr iku mau kaparingake dening Gusti Allah marang manuswa kabèh, dadia ing jaman kuna, dadia ing jaman saiki. Anggêr-anggêre Yêhuwah kudu dilakoni lair batin, wong kang nêtêpi anggêr-anggêr sapuluh prakara ora mêtu saka trêsna marang Gusti Allah tuwin trêsna marang pêpadhane iku ora nêtêpi anggêr-anggêr sapuluh prakara têmênan. [têmê...]

--- 80 ---

[...nan.] Mangkono uga wong kang trêsna marang Gusti Allah tuwin trêsna marang pêpadhane ora miturut anggêr-anggêr sapuluh prakara trêsnane ora sampurna. Manuswa kabèh kadhawuhan nyaosi katrêsnan marang Gusti Allah iku pêpakon kang kawitan tuwin kang pinunjul, Gusti Allah iku maha luhur têmah wajib diurmati, diajèni tuwin dibangun turut dening manuswa ngluwihi samubarang.

Lan manèh manuswa kadhawuhan nyaosake katrêsnan iku mau klawan sampurna, iya iku klawan gumolonging ati, gumolonging nyawa, budi tuwin kakuwatan.

6. Dene mungguh pêpakon nêm prakara ing papan kaping pindho iku andhawuhake apa, cêkakane.

Punika andhawuhakên makatên: sira trêsnaa ing sapêpadhanira, dikaya marang awakira dhewe. Apa sasurasane Torèt lan kitabe para nabi iku wus kawêngku ing pêpakon loro mau. Mateus 22:39,40.

Ing papan kang kapindho manuswa kadhawuhan trêsna marang pêpadhane dikaya marang awake dhewe. Manuswa kabèh trêsna marang awake dhewe, mulane iya wajib trêsna marang pêpadhane, têrang ing Mateus 7:12.

--- 81 ---

Manuswa ora mung kadhawuhan trêsna marang sanak sadulur tuwin mitra-mitrane bae, nanging iya kadhawuhan trêsna marang satrune. Têrang ing: Mateus 4:54 sabab apa manuswa kuwajiban trêsna marang pêpadhane, apa manuswa kadhawuhan trêsna marang pêpadhane awit pêpadhae trêsna marang dhèwèke. Ora. Manuswa kadhawuhan trêsna marang pêpadhane amarga saka dhawuhe Gusti Allah. Manuswa pêrlu kudu trêsna marang sarupaning wong, dadia mitra dadia satru. Apa manèh kadhawuhan trêsna marang pêpadhane lair batin, wong lamis kang mung awad-awad trêsna bae iku ora anjalari kaparênge Gusti Allah.

Rong prakara, iya iku trêsna marang Gusti Allah tuwin trêsna marang pêpadhane ora kêna kapisah. Wong kang trêsna marang Gusti Allah têmênan, masthi iya trêsna marang pêpadhane, mangkono uga wong kang trêsna marang pêpadhane têmênan, iya trêsna marang Gusti Allah. Manuswa kabèh iku dadi golongan utawa băngsa siji, têmahan kayadene sadulur kang duwe bapa siji, iya iku Gusti Allah. Wong kang ngaku trêsna marang bapa, masthi iya trêsna marang sadulura,[27] mangkono uga wong kang trêsna marang sadulure iya trêsna marang bapakne. Ewadene pêpakon kang sapisan kasêbut kang gêdhe dhewe, awit trêsna marang Gusti Allah iku tuke trêsna marang pêpadhane.

--- 82 ---

Pêpakon loro iku mau mêngku sasurasane anggêr-anggêr tuwin surasaning kitabe para nabi. Têgêse: sakèhing dhawuhe Gusti Allah marang manuswa tuwin kang kamot ing kitab suci, iku kawêngku tuwin karingkês ing pêpakon loro mau.

7. Apa kowe kuwagang anêtêpi iku kabèh ing sasampurnane.

Botên, malah awit saking kabêkta ing watêk kula tansah kagèndèng dhatêng sêngit ingatasipun Gusti Allah tuwin ingatasipun sasami-sami, punapa malih kagèndèng dhatêng panêrak tumrap pêpakonipun Gusti Allah, salêbêting pamanah, ing pamicara, sarta ing saparipolah.

Manuswa kadhawuhan nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah kabèh, têrang ing Yakobus 2:10, mangkono uga manuswa kadhawuhan nêtêpi aggêr-anggêr kabèh sasampurnane, têgêse: kalawan gumolonging ati tuwin kalawan kalakuan kang sampurna. Măngka anggêr-anggêre Yêhuwah iku minăngka pangilon tuwin wêwatone manuswa, supaya manuswa sumurupa apa kalakuane nyondhongi klawan anggêr-anggêre Yêhuwah apa ora. Mulane surasane pitakon ping pitu mangkene: apa kowe kuwagang nêtêpi anggêr-ênggêre Yêhuwah kabèh sasampurnane.

--- 83 ---

Manuswa ora bisa nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah kabèh sasampurnane, malah manuswa ora bisa nêtêpi anggêr-anggêr siji-sijia bae, katrangane mangkene: manuswa kabèh duwe watêk kang tansah kagèndèng marang sêngit ingatase Gusti Allah tuwin ingatase pêpadhane, watêke, dhasare, osiking atine manuswa iku ala kagèndèng marang dosa, watêke manuswa iku tuking têmbung tuwin panggawe, mulane wus tatela yèn pangangên-angêne, pamicarane, kalakuane manuswa iku iya ala. Katêrangake manèh ing kene yèn watêke kagèndèng marang sêngit. Manuswa kadhawuhan trêsna marang Gusti Allah, tuwin trêsna marang pêpadhane. Ananging manuswa ora duwe trêsna sathithik-thithika bae, malah mung duwe kosokbaline trêsna, iya iku sêngit, mangkono uga manuswa ora mung sêngit marang pêpadhane, nanging iya sêngit marang Gusti Allah.

Manuswa kagèndèng sêngit, têmahan iya kagèndèng panêrak tumrap anggêr-anggêre Gusti Allah. Iya iku ing sajroning ati, ing pamicara, tuwin ing paripolah. Manuswa tansah sêsatron kalawan Gusti Allah. Marga saka iku wus tatela yèn ora ana panunggalane wong kang bisa anêtêpi anggêr-anggêre [anggêr-...]

--- 84 ---

[...anggêre] Gusti Allah kabèh ing sasampurnane. Mangkono uga ora ana wong siji-sijia kang sênêng utawa gêlêm nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah, ora ana wong siji-sijia kang duwe kapengin trêsna marang Gusti Allah tuwin trêsna marang pêpadhane, lan nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah. Nanging manuswa kabèh mung duwe kapengin sêngit marang Gusti Allah, tuwin sêngit marang pêpadhane, lan nêrak anggêr-anggêre Gusti Allah kabèh. Têrang: Rum 3:10-12; 7:8, Titus 3:3, Purwaning Dumados 6:5, Yokhanan 3:19.

Katêrangan ing dhuwur mau anelakake yèn manuswa ala babarpisan, têrkadhang manuswa dosa nglakoni panggawe kang sêmune bêcik, nanging panggawe mau ora kêna kaanggêp bêcik têmênan, pancèn ala ing ngarsane Gusti Allah, awit ora mêtu saka trêsna marang Gusti Allah, tuwin trêsna marang pêpadhane. Salawase manuswa watêke ala, panggawene iya ala, sanadyan bêcik nanging mung lair bae. Panggawene manuswa kang ora kalairake kapindho dening pangawasane Roh Suci, iku ora mêtu saka ing pracaya nanging mêtu saka sêngit marang Gusti Allah lan sêngit marang pêpadhane, awit kang diarah mung kaluhurane dhewe lan pêngalêming wong, têmahan panggawe mau ora bisa bêcik têmênan.

--- 85 ---

8. Manuswa ênggone katitahake dening Gusti Allah, apa iya ala lan rusuh ing watêk, kaya mangkono iku.

Botên, manuswa anggènipun katitahakên sae mirib pasêmonipun Gusti Allah. Kadadosakên nyumêrêpi Gusti Allah ing sajatinipun, sarta winêngku ing kalêrêsan tuwin kasucèn.

Manuswa iku titahe Gusti Allah, nanging wiwitane dosa iku ora pisan-pisan saka ing Gusti Allah. Gusti Allah ora siya-siya. Ayub 34:10. Gusti Allah ora pisan-pisan nitahake manuswa kang kadunungan dosa, têrang ing Purwaning Dumados 1:31, Gusti Allah iku maha suci. Saupama ana sawijining tukang gawe omah, sajroning nyambutgawe mau banjur duwe cipta supaya omah mau dadia ala, sawuse dadi banjur dibubrah, yèn mangkono têrang bangêt ciptane tukang mau ora mêtu saka ati kang bêcik, nanging mêtu saka ati kang ala utawa rêgêd, sarta tukang mau kêna diarani siya-siya, awit mamrih marang karusakan. Iba manèh saupama Gusti Allah karsa nitahake manuswa kang ala utawa dosa, sawuse dadi banjur diukum, yèn mangkono têrang uga mungguh karsane Gusti Allah mau ora mijil saka [sa...]

--- 86 ---

[...ka] kasucène, nanging mijil saka panggalihe kang rêgêd, sarta kêna kaanggêp siya-siya. Nanging mokhal bangêt yèn Gusti Allah Kang Maha Suci lan adil nitahake manuswa ala utawa dosa. Nalika manuswa katitahake dening Gusti Allah kaanane masthi bêcik, manuswa kang wiwitan iku wutuh tanpa sisip, tanpa cacad, ora kakurangan apa-apa, dadia tumraping badan, dadia tumraping nyawa.

Manuswa kang wiwitan katitahake anulad citra lan prasêmone Gusti Allah, têrang ing: Purwaning Dumados 1:29-27,[28] manuswa wiwitan angluwihi titah liya-liyane kabèh, ora padha karo Gusti Allah ananging kaanane manuswa luwih prayoga katimbang karo titah liya-liyane, awit:

1e. Manuswa nyumurupi marang Gusti Allah, sarta budine têrang.

2e. Manuswa kawêngku ing kabênêran, tuwin karêsikan, ora luput ana ing ngarsane pangadilane Gusti Allah.

3e. Manuswa kawêngku ing kasucèn, ora duwe dosa utawa kaluputan apa-apa, têrang ing: Kolose 3:9-10, Èpêsus 4:24. Nalika wiwitan manuswa nyumurupi marang Gusti Allah, trêsna marang Panjênêngane tuwin ambangun turut ing sakarsane Gusti Allah.

--- 87 ---

Karsane Gusti Allah ênggone nitahake manuswa kang suci tanpa dosa iku kapriye. Karsane supaya manuswa angluhurna asmane Pangeran ing salawas-lawase.

9. Kang iku saka ngêndi ta watêkmu kang rusuh mangkono iku.

Pinangkanipun saking dosa pamurangsarakipun Adam kalihan Khawa wontên ing Pirdus, ing ngriku watêkipun manuswa dhumawah rêsah ngantos kula sadaya ênggèn kula kawawratakên dumugi lair kula sami winêngku ing kadosan.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn Gusti Allah nitahake manuswa suci tanpa dosa. Marga saka iku wus tatela yèn pinangkaning watêke kang rusuh iku ora pisan-pisan saka Gusti Allah Kang Maha Suci. Nanging pinangkaning watêke manuswa kang rusuh iku saka pamurangsarake Adam lan Khawa nalika ana ing Pirdus. Adam lan Khawa iku manuswa kang wiwitan kang kapanggonake dening Gusti Allah ana ing patamanan Pirdus, kang kapêrnah ing tanah Èdên. Manuswa wiwitan iku suci tanpa dosa, sarta sênêng ambangun turut karsane utawa dhawuhe Gusti Allah, sarta kêlar nampik marang panggodhaning iblis, ananging barêng Adam lan Khawa kagodha dening iblis, ora nêtêpi dhawuhe Gusti Allah, lan ora nampik panggodha iku mau, nalika

--- 88 ---

samono Adam lan Khawa nêrak anggêr-anggêre Yêhuwah. Panêrak mau kasêbut dosa, utawa pamurang sarak, marga duraka bangêt. Lantaran panêrak mau manuswa wiwitan nampik marang Gusti Allah Kang Maha Luhur, nanging ambangun turut pikarêpe iblis, kang dadi ratuning karusakan. Dosa lan pamurangsarake Adam lan Khawa iku mau andadèkake kanisthane manuswa. Ora mung andadèkake kanisthane Adam lan Khawa bae, ananging iya andadèkake kanisthane manuswa kabèh turun-tumurun. Adam lan Khawa iku bapa biyunge manuswa kabèh. Mulane nalika Adam lan Khawa tumiba ing dosa, watêke manuswa kabèh mèlu tumiba ing dosa tuwin rusuh. Watêke Adam lan Khawa iku rusuh marga saka dosane dhewe, têmah watêke turune Adam lan Khawa kabèh iya rusuh, manawa ana sawijining uwit kang ala, iku ora pisan-pisan angwêtokake woh kang bêcik, mangkono uga kang jêmbêr ora bisa nuwuhake kang rêsik. Watêke turune Adam lan Khawa ala lair mula. Kaya kang katêrangake ing: Rum 5:19, Purwaning Dumados 5:3, Rum 3:23, Masmur 51:7, manuswa kabèh ênggone kabobotake tumêka laire padha kawêngku ing kadosan, têmahan manuswa kabèh kadunungan watêk kang ala [a...]

--- 89 ---

[...la] lair mula. Kabèh mau anelakake yèn pinangkane watêke manuswa kang ala ora pisan-pisan saka ing Gusti Allah, nanging marga saka pamurangsarake manuswa dhewe.

10. Iku mau pamurang sarak kang kaya apa.

Ênggènipun sami dhahar wohing wit ingkang dados awisanipun Gusti Allah.

Manuswa wiwitan kapanggonake ana ing patamanan Pirdus, banjur kadhawuhan dening Gusti Allah mangkene: sira wus kalilan mangan ing sasênêngira marang sabarang pamêtune sadhengaha uwit kayu ing patamanan iki, mung pamêtune wit panitikane bêcik lan ala iku aja sira pangan. Dene samasa sira mangan wohe iku, ora kêna ora masthi sira mati. Purwaning Dumados 2:16,17.

Sabab apa Gusti Allah karsa paring dhawuh mangkono marang Adam lan Khawa. Karsane Gusti Allah anyoba utawa andadar manuswa lantaran dhawuh iku mau, awit Adam lan Khawa iku kaparingan nalar budi kang wajib kanggo milih lan nampik. Lantaran wohe wit pangawruh bêcik lan ala, enggal katitik, apa manuswa sênêng têrus ambangun turut marang Gusti Allah saka pamilihe dhewe apa ora, supaya manuswa aja nganti kapêksa.

--- 90 ---

Lantaran wohe wit pangawruh ala lan bêcik, manuswa bisa ambedakake êndi kang bêcik, êndi kang ala. Saupama manuswa anêtêpana dhawuhe Gusti Allah banjur bakal nyumurupi kang bêcik kalawan pangrasasing[29] ati. Saupama manuswa ora anêtêpana dhawuhe Gusti Allah banjur bakal nyumurupi kang ala kalawan pangrasaning ati. Mulane wohing uwit iku mau kasêbut, wohe wit pangawruh ala lan bêcik, utawa wohe witan pitikane[30] ala lan bêcik, mungguh pêpakone Gusti Allah bab wohe wit panitikane ala lan bêcik. Iku tumraping Adam lan Khawa ora abot, ananging ènthèng bangêt. Adam lan Khawa ora kakurangan apa-apa, pamêtune wit kayu kang ana ing patamanan Pirdus iku akèh sarta kalilan dipangan sasênênge, dadi Adam lan Khawa ora butuh tuwin ora katagihan mangan woh kang kawalêran aku[31] mau, marga kaluwèn.

Yèn mangkono sabab apa manuswa banjur nêrak pêpakone Gusti Allah iku mau. Katrangane mangkene: Adam lan Khawa ora kagèndèng marang panêrak lantaran pialaning atine dhewe, awit suci tanpa dosa, ananging Adam lan Khawa padha nêrak wêwalêre Gusti Allah lantaran pagodhaning iblis. Têrang ing: Purwaning Dumados 3:1-5.

--- 91 ---

Mungguh iblis iku sapa? Iblis iku lurahe para malaekat kang anglawan marang Gusti Allah. Nalika Adam lan Khawa manggon ana ing Pirdus, iblis mau manjing marang ula banjur ngucap marang Khawa, pangucape iblis marang Khawa iku goroh angala-ala marang Gusti Allah, sarta ngapusi marang nuswa.[32] Gorohe iblis iku mangkene: samasa kowe mangan wohe wit panitikane ala lan bêcik, kowe dadi padha karo Allah, pangarahe iblis lantaran têmbung iku mau, supaya manuswa aja nganti lêstari pracaya marang Gusti Allah, sanalika manuswa ngrungu pangucape iblis mau, ora banjur ditampik, ananging katampanan. Manuswa barêng andêlêng wohe wit panitikane ala lan bêcik banjur amêthik, tumuli dipangan, kang mangan dhisik iku wong wadon. Wong lanang banjur diaturi, iya tumut mangan uga. Têrang ing: Purwaning Dumados 3:6.

Panêrake Adam lan Khawa iku mau dosa kang gêdhe, tuwin dadi wijine sakèhe dosa, sanadyan pêpakone Gusti Allah ènthèng, ewadene ora ditêtêpi dening manuswa. Adam lan Khawa padha ambangun turut marang pikarêpe iblis, nampik marang karsane Gusti Allah, manusa wiwitan ninggal marang Gusti Allah, banjur ngabdi marang iblis kang nglawan marang Gusti Allah.

--- 92 ---

Sawuse Adam lan Khawa nêrak pêpakone Gusti Allah banjur wêdi, ora wani sowan ing ngarsane Gusti Allah. Barêng katimbalan, enggal kawêlèh bab kaluputane banjur kaukum miturut pangandikane Gusti Allah kang kadhawuhake marang manuswa. Ing jaman saiki manuswa tansah kêna ing kasusahan tuwin karubêdan rupa-rupa marga saka dosane, mangkono uga manuswa kabèh kawêngku ing pati, kasampurnane manuswa, iya iku kawicaksanane, karêsikane tuwan[33] kasucène ilang. Kang kari mung patilasane kasampurnan iku mau, ing wusana manuswa kabèh wajib namani[34] paukuman naraka ka langgêng.

11. Pamurangsarake Adam iku apa magêpokan marang kita.

Inggih saèstu kemawon, amargi Adam punika lêluhuripun para manuswa sadaya, punapadene kula inggih sami kalêbêt ing panêrakipun.

Pamurangsarake Adam magêpokan marang turune kabèh, manuswa kabèh iku băngsa golongan utawa badan siji, Adam iku sasirahe tuwin bapakne băngsa iku mau, têmahan watêke Adam iya magêpokan marang watêke turune kabèh.

1e. Adam iku sasirah, ratu, tuwin wakile manuswa kabèh, [ka...]

--- 93 ---

[...bèh,] măngka wêwalêre Gusti Allah iku mau ora mung tumuju marang Adam bae, nanging iya tumuju marang manuswa kabèh turun-tumurun. Saupama Adam lêstari ambangun turut marang Gusti Allah, manuswa kabèh iya kaetung rêsik. Mulane nalika Adam nêrak wêwalêre Gusti Allah, manuswa kabèh mèlu nêrak, sarta kaetung dosa utawa ala ing ngarsane Gusti Allah, têrang ing: Rum 5:12-21. Ayat-ayat iku mau anelakake yèn têkane dosa ing jagad marga saka wong siji, iya iku Adam nalika mangan wohe wit panitikane ala lan bêcik, Adam ênggone nglakoni dosa iku mau dadi sasirah utawa ratune manuswa kabèh, têmahan manuswa kabèh mèlu mangan wohe wit panitikane ala lan bêcik, nalika Adam nêrak wêwalêre Gusti Allah ana ing Pirdus, sanadyan manuswa kabèh durung ana nanging wus kamot ana ing lambunge Adam, mulane manuswa kabèh uga mèlu nêrak, têmah kapotangan ing ngarsane Gusti Allah, sarta kelangan prasêmon utawa citrane Gusti Allah.

2e. Adam iku bapakne manuswa kabèh, nali[35] Adam apaputra, putra-putra mau angèmpêri prasêmone kang rama, têrang ing: Purwaning Dumados 5:3, watêke Adam iku

--- 94 ---

ala, têmahan watêke turune Adam iya ala wiwit lair mula, uwit kang ala ora bisa ngêtokake woh kang bêcik, dadi wus tatela yèn pamurangsarake Adam magêpokan marang manuswa turun-tumurun.

12. Apa iya kita ora bisa gawe bêcik apa-apa, kang saka pancèn kita, malah têka kagèndèng marang sarupane piala.

Saèstu makatên, kêjawi manawi kula tinitahakên lair kaping kalih dening rohipun Gusti Allah.

Pitakon tuwin wangsulan iku mau nelakake bab gêdhening dosa tuwin kanisthaning manuswa. Manuswa ora bisa nglakoni apa-apa kang bêcik, malah tansah kagèndèng marang sarupane piala lair mula, têrang ing: Purwaning Dumados 8:21, kaanane manuswa iku ala bangêt.

1e. Manuswa ora bisa ambêdakake êndi kang bêcik, êndi kang ala. Kang ala kaanggêp bêcik, kang bêcik kaanggêp ala.

2e. Manuswa dosa ora tau sênêng nglakoni kang bêcik, nanging mung sênêng nglakoni kang ala bae, tansah ngungkurake Gusti Allah, sarta manut kapencut ing daging.

3e. Manuswa tansah sênêng ngawula marang dosa, gagêlitane badaning manuswa sarta gagêlitaning nyawane tansah cumadhang ngawula [ngawu...]

--- 95 ---

[...la] marang rêrêgêd, lan marang dosa kang tumuju marang duraka. Têrang: Rum 6:19. Cangkêm, ilat, mata, kuping, budi, pangrangrasa,[36] pangangên-angên, tuwin gagêlitan liya-liyane iku tansah ngawula marang piala. Manuswa dosa kêrêp anglakoni bêcik ing lair, nanging ora tau nglakoni bêcik têmênan, panggawe kang bêcik têmênan iku mêtu saka ing pracaya tuwin trêsna, sarta kang andadèkake kaluhuraning asmane Gusti Allah. Ananging wong kang ora kalairake kapindho sarta ora kadunungan Roh Suci, ora bisa nglakoni panggawe kang kaya mangkono iku. Manuswa dosa pêrlu kalairake kapindho, supaya bisaa bêcik manèh, nanging manuswa dosa ora bisa nglairake kapindho awake dhewe, têrang ing: Yirmiyah 13:23, Yokhanan 3:5,6. Lair kapindho iku pakaryane Roh Suci. Pamardi utawa piwulang kang bêcik iku ora bisa nganyarake watêke manuswa kang ala, dhasare tuwin osiking atine manuswa ora bisa bêcik manèh, yèn ora kalairake anyar dening Roh Suci, wong kang ora katitahake anyar utawa kalairake kapindho ora bisa rahayu manèh.

13. Pamurang sarak lan karusuhan mangkono iku apa kapitambuhan bae ing pangadilane Gusti Allah.

--- 96 ---

Botên, malah sampun kaênas ing khukum ingkang adil ing donya tuwin ing akherat, kados ingkang sinêrat suraosipun: kêna ing laknat sabên wong kang ora mantêp anglakoni samubarang kang katulisan ana ing kitabe anggêr-anggêr. Lalati[37] 3:10.

Mungguh kanisthane manuswa iku kêna kaperang dadi rong perangan.

Sapisan: dosa.

Ping pindho: paukumane dosa.

Paukumane Gusti Allah marang dosa iku mangkene: wong kang ora nglakoni samubarang kang wus katulisan ana ing kitabe anggêr-anggêre Yêhuwah iku tamtu kêna ing laknat utawa babêndune Gusti Allah. Têrang ing kitab: Habakuk 1:13, Masmur 7:12, Yirmiyah 7:20-2,[38] Têsalonika 1:9. Gusti Allah ambêndoni sakèhe wong kang anglakoni dosa. Mungguh babêndune Gusti Allah apa padha karo nêpsune manuswa, ora pisan-pisan, babêndune Gusti Allah iku suci, awit, Gusti Allah iku suci sarta adil, sêngit marang sarupaning dosa, mokhal yèn babêndune Gusti Allah kèndêla. Manawa manuswa anglakoni dosa, ora kêna ora [o...]

--- 97 ---

[...ra] Gusti Allah masthi angukumi marang dosa. Manawa ora angukumi dosa Panjênêngane piyambak kurang suci tuwin adil. Mulane babêndune Gusti Allah kalairake saka ing swarga tumrap ingatase sarupaning pamurtad tuwin durakaning manuswa. Rum 1:18, mungguh babêndune Gusti Allah marang wong dosa iku gêdhe bangêt. Têrang ing: Ibrani 10:27,31. Sih piwêlase Gusi[39] Allah iku tanpa wangênan utawa tanpa wêkasan. Mangkono uga babêndune Gusti Allah tanpa wangênan utawa tanpa watêsan. Mulane manuswa pêrlu kudu ngoncati babêndu iku mau, Gusti Allah ora mung ambêndoni marang panggawe, têmbung tuwin pangangên-angêne manuswa kang ala bae, nanging Gusti Allah iya ambêndoni marang watêk utawa osiking ati kang ala, awit ora anyondhongi karo karsane Pangeran. Marga saka iku wus tatela yèn manuswa kabèh kêna ing paukumane Gusti Allah wiwit lair mula.

Mungguh paukumane Gusti Allah iku adil, nyonongi[40] boboting dosane manuswa, sarta miturut kaadilane.

Paukumane Gusti Allah marang wong dosa iku pati, têrang ing: Purwaning Dumados 2:17. Mungguh pati iku ana têlung prakara.

--- 98 ---

Sapisan: pati tumraping nyawa utawa pati kasukman. Têgêse: marga saka dosa manuswa pisah karo Gusti Allah, têmahan nalar budine pêtêng, atine ora bisa têntrêm, kalakuane tansah ala, manuswa kabèh kêna ing pati iku mau wiwit lair mula. Prakara iku têrang saka kaanane manuswa bae, dadia asor, dadia sugih, dadia miskin, dadia pintêr, dadia bodho, padha tansah butuh marang kaslamêtan, padha kapengin oncat saka ing paukuman, apa manèh manuswa padha nandhang kasusahan tuwin lêlara rupa-rupa, iku marga saka dosane, katrangane mangkene: nalika manuswa durung tumiba ing dosa, kaanane suci, isih bisa pitêpungan tuwin tatunggalan karo Gusti Allah, sarta trêsna marang Panjênêngane. Mulane atine tansah têntrêm lan ayêm, ora bênêr, saupama bênêra masthi ora ana bayi kang nandhang lara, sarta mati, măngka wus katêrangake ing dhuwur yèn lêlara lan pati iku paukumaning dosa. Dadi wus tatela yèn manuswa ênggone nandhang dosa wiwit lair mula, awit Adam lan Khawa iku bapa biyunge manuswa kabèh, bapa biyung dosa ora bisa mêtokake anak kang suci.

Ping pindho: pati tumrap pisahing badan lan nyawa, iya iku samasa manuswa tinggal donya.

--- 99 ---

Ping têlu: pati langgêng, têgêse yèn manuswa uripe ana ing donya kene ora mratobat lan ora olèh pangapuraning dosa, samasa mati masthi kaukum ana ing naraka langgêng. Prakara iku têrang ing Injil: Lukas 16:22,23.

Perangan II Bab Pangêntasaning Manusya saking Kanisthanipun.

14. kapriye patrape bisamu uwal saka paukuman iku, sarta têntrêm kataman ing sih rahmat.

Punika sagêdipun amargi dening pantawis ingkang jumênêng Allah sajati, ngiras jumênêng manusya sayêktos, ingkang sipat kalêrêsan.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn kaanane manuswa iku nistha bangêt. Sabab mamanuswa[41] kabèh nandhang dosa, têmah padha kêna ing laknate Gusti Allah. Apa manuswa bisa uwal saka ing laknat iku mau. Ora pisan-pisan yèn mung marga saka dayane dhewe. Awit ing sadina-dina dosane manuswa tansah tambah-tambah, têmahan kanisthane iya tansah wuwuh-wuwuh bae. Ana akè[42] kang duwe pangira mangkene: dosane manuswa iku bisa suda-suda, lantaran kabêcikan, kaluhuran,

--- 100 ---

kasugihan tuwin kapintêran, yèn wus mati banjur dosane ilang babarpisan, têmah ora bakal diukum. Nanging pangira iku luput bangêt, saupama nyataa, sabên wong kang wus luhur, kang sugih lan pintêr masthi ora tau nandhang susah, lara, sarta sangsara, atine tansah têntrêm, apa manèh ora butuh manèh marang kaslamêtan, măngka ora ana siji-sijia manuswa kang bisa olèh nandhang katêntrêman lan kabungahan kang têmênan, malah lumrahe manusa iku sangsaya tuwa sangsaya akèh kasusahane tuwin karubêdane, kakuwatane sangsaya suda, atine sangsaya kuwur, têrkadhang kataman ing wêdi lan giris, prakara iku nelakake yèn manuswa tansah kabawah dening laknate utawa babêndune Gusti Allah kang langgêng, saupama manuswa iku tanpa kaluputan, masthi ora duwe rumasa susah lan wêdi, awit prakara susah lan wê[43] iku marga saka kaluputan, măngka sabên kaluputan masthi nampani paukuman. Dadi wus tatela yèn dosa lan kanisthane manuswa iku ora sangsaya suda, nanging sangsaya tambah-tambah, lantaran pangangên-angên, pitêmbungan tuwin kalakuane manuswa. Ana manèh kang duwe pangira yèn paukumane Gusti Allah marang wong dosa iku mung ana ing donya kene, besuk ora ana paukuman manèh,

--- 101 ---

nanging pangira iku iya luput, awit yèn ing besuk ora ana paukuman, saiki iya ora pêrlu ana paukuman, sarta manuswa ora pêrlu nglakoni kabêcikan, ora susah anggolèki dalaning kaslamêtan, bêcik anglakoni sakarêpe dhewe-dhewe waton sênêng. Nanging ora ana manuswa siji-sijia bae kang ora golèk kaslamêtan, sanadyan wong kang lakune ala bangêt, kaya ta, juru matèni wong, ewasêmono iya mêksa golèk supaya slamêt, dadi wus têrang yèn anggone golèk kaslamêtan iku nelakake yèn sajroning atine rumasa yèn bakal kaukum dening Gusti Allah mawa paukuman kang langgêng. Mulane wus têrang bangêt yèn paukumane Gusti Allah marang wong dosa iku ora mung ana ing donya kene bae, nanging iya tumêka ing kalanggêngan uga, awit Gusti Allah iku langgêng, têmah kasucène lan kaadilane iya langgêng, paukumane uga langgêng. Marga saka iku wus têrang bangêt yèn manuswa ora bisa uwal saka laknate Gusti Allah yèn mung marga saka dayane dhewe, manuswa bisa uwal utawa oncat saka kanisthane tuwin saka babêndune Gusti Allah marga saka sawijining pantara.

Apa sarupaning titah bisa dadi pantarane wong dosa. Ora [O...]

--- 102 ---

[...ra] pisan-pisan, awit ora ana kang bisa nguwalake manuswa saka kanisthane, kajaba mung pantara kang jumênêng Allah sajati ngiras jumênêng manuswa sajati kang sipat kabênêran.

Sapisan: pantarane manuswa dosa pêrlu kudu jumênêng Allah sajati. Têrang ing: Yirmiyah 23:5-6. Katrangane mangkene: manuswa dosa kêna ing babêndune Gusti Allah kang langgêng, mulane kang mung dadi titah bae ora bisa nyăngga tuwin nyingkirake babêndu iku mau, ananging kang jumênêng Allah sajati iku kawasa nyanggi tuwin nyingkirake babêndu tuwin paukuman kang langgêng.

Ping pindho: pantarane wong dosa iku pêrlu kudu jumênêng manuswa sajati, têrang ing: Mateus 1:23, 1 Korinta 15:21, kang nglakoni dosa ana ing ngarsane Gusti Allah iku manuswa, têmahan kang wajib nampani paukumane Gusti Allah iku manuswa. Mulane manawa ana pantara kang ora jumênêng manuswa sajati iku masthi ora bisa makili manuswa.

Ping têlu: pantarane manuswa dosa iku pêrlu kudu jumênêng manuswa kang sipat kabênêran. Têgêse: kang ora duwe dosa utawa kaluputan apa-apa. Têrang ing: Ibrani 7:26, wong kang duwe dosa dhewe iku wajib nampani paukuman marga [mar...]

--- 103 ---

[...ga] saka dosane dhewe. Ora bisa nêbusi dosane pêpadhane. Dadi wus tatela bangêt yèn ora ana pantara liyane manèh kang kawasa nguwalake manuswa saka ing dosa tuwin kanisthane, kajaba mung pantara kang jumênêng Allah sajati ngiras jumênêng manuswa sajati kang sipat kabênêran.

15. Kang jumênêng pantawis mangkono iku sapa.

Botên sanès namung Gusti kula Yesus Kristus, punika ingkang jumênêng Allah sajati. Ngiras jumênêng manuswa sayêktos, ingkang sipat kalêrêsan.

Manuswa dosa iku ora bisa uwal saka dosa lan kanisthane, kajaba mung marga saka pantara kang jumênêng Allah sajati ngiras jumênêng manuswa sajati kang sipat kabênêran, apa ana pantara kang kaya mangkono mau, ana. Iya iku Gusti Yesus Kristus, têrang ing: 1 Timoteus 2:5.

Gusti Yesus, pantara kang sajati kang kawasa nguwalake manuswa saka ing dosa lan kanisthane, awit, sapisan: Gusti Yesus, jumênêng Allah sajati, têrang ing: Yokhanan 1:1 kang kasêbut sabdane Allah iku putraning Allah, utawa Gusti Yesus. Dadi wus tatela yèn Gusti Yesus iku Allah piyambak, têrang ing: Yokhanan 1:18, 1 Yokhanan 5:20.

--- 104 ---

Ayat-ayat iku mau anelakake yèn Gusti Yesus jumênêng Allah sajati saka kalanggêngan tumêka ing kalanggêngan. Sami kalawan kang rama tuwin roh kang maha suci.

Ping pindho: Gusti Yesus jumênêng manuswa sajati, pratandhane mangkene: Gusti Yesus miyos saka wong wadon, iya iku kênya Maryam, karsa nandhang kaanan daging lan gêtih kayadene para anake manuswa, Gusti Yesus ngagêm sipate manuswa dadi pêpadhane manuswa. Ibrani 2:14 nalika timure Gusti Yesus sangsaya mindhak agênge lan kawicaksanane, nalika Gusti Yesus sugêng ana ing donya kene Panjênêngane nandhang kalaipan kayadene wong liya-liyane, kaya ta: ngêlak, luwe, nandhang prihatos, ing wusanane Gusti Yesus banjur seda, dadi wus têrang yèn Gusti Yesus jumênêng manuswa sajati.

Ping têlu: Gusti Yesus jumênêng manuswa sajati kang sipat kabênêran, Gusti Yesus iku ora kagungan dosa kayadene wong liya-liyane, nanging Panjênêngane suci tanpa dosa sarta tanpa kaluputan lair mula, têrang ing: 1 Petrus 2:22. Akèh wong kang ngarani yèn Gusti Yesus iku kagungan dosa kayadene wong liya-liyane, awit Panjênêngane miyos [mi...]

--- 105 ---

[...yos] saka wong dosa iya iku kênya Maryam, apa manèh Gusti Yesus nandhang kailapan,[44] kaya ta: ngêlak, luwe, prihatos, malah seda. Nanging pangira iku mau iya luput. Sanadyan Gusti Yesus miyos saka wong dosa, iya iku kênya Maryam, ewasêmono Panjênêngane tansah suci tanpa dosa wiwit lair mula, katrangane mangkene: sapisan: Gusti Yesus iku ora kagungan rama kadonyan, nanging ramane Gusti Yesus iku Gusti Allah piyambak, tumrap ka-Allahane, kamanuswane Gusti Yesus iku kakarya dening Roh Suci ana ing guwa garbane kênya Maryam, mulane sanadyan Panjênêngane miyos saka wong dosa, ewasêmono mokhal bangêt yèn kagungan dosa kayadene wong liya-liyane, awit sarirane Gusti Yesus kasucèkake dening Roh Suci. Nanging wong kang laire saka karêpe wong lanang iya iku saka ing bapa biyung iku masthi lair klawan nandhang dosa têrang ing: Masmur 51:7.

Ping pindho: sanadyan Gusti Yesus nandhang kalaipan kayadene wong liya-liyane, nanging kalaipan mau mung mijil saka karsane piyambak, iya iku ênggone masrahake sarirane marang kalaipan, karana saka dosaning umate, [u...]

--- 106 ---

[...mate,] awit wong dosa kang wajib nandhang kalaipan, salawas-lawase, nanging Gusti Yesus kang suci tanpa dosa karsa kadosakake, sarta karsa nandhang kalaipan, supaya Panjênêngane sagêd angluwari umate saka ing kalaipan kang langgêng, apa manèh Gusti Yesus karsa nandhang prihatos, supaya sagêda ngluwari umate saka ing kaprihatinan, malah Panjênêngane karsa nandhang seda, supaya sagêda nguwalake umate saka ing pati langgêng, iya iku paukuman naraka. Saupama Gusti Yesus kagungan dosa, masthi ora kawasa nguwalake manuswa saka ing dosa lan saka ing paukuman, sarta Panjênêngane masthi lêstari kawêngku ing seda, têmahan ora sagêd wungu saka ing seda. Nanging kitab suci nêrangake yèn Gusti Yesus wungu saka ing seda, mratandhani yèn Panjênêngane kawasa maringi pangapuraning dosa tuwin karahayon kang langgêng marang wong dosa. Marga saka iku kabèh wus tatela yèn Gusti Yesus iku pantarane Allah lan manuswa. Nabi Musa iya kasêbut pantarane Gusti Allah lan băngsa Israèl, iya iku nalika jaman prajanjean lawas, nanging Gusti Yesus iku ngungkuli bangêt karo kaanane Nabi Musa. Sanadyan Nabi Musa tumêmên bab prakara ênggone angabdi marang Gusti Allah, [A...]

--- 107 ---

[...llah,] ewadene ora pisan-pisan bisa ngluwari wong dosa. Gusti Yesus iku pantara pêparinge Gusti Allah marang wong dosa, dudu pantara saka rêrekane manuswa, rawuhe Gusti Yesus ing donya ora saka panggawene manuswa. Nanging rawuhe awit kapiji tuwin kautus dening Gusti Allah malah ora ana pantara manèh kang kawasa ngluwari manuswa saka ing dosa. Têrang ing: 1 Timoteus 2:5,6.

16. Para malaekat apa ora bisa dadi pantara kita.

Botên sagêd, amargi botên jumênêng Allah, kalihdene sanès manuswa.

17. Para jênat suci apa ora bisa dadi pantara kita.

Inggih botên, amargi waunipun sami nandhang dosa piyambak, măngka ênggènipun manggih karahyon, pancèn namung margi dening pantawis sajati punika wau.

Para malaekat apa ora bisa nêbusi dosa, apa ora bisa dadi pantarane Gusti Allah lan manuswa. Tamtu ora, awit kaanane para malaekat iku ora padha karo kaanane pantara kang sajati kang katêrangake ing dhuwur mau.

Sapisan: para malaekat iku dudu Allah, mung angabdi marang Gusti Allah bae, kaya têrang ing: Ibrani 1:14, para [pa...]

--- 108 ---

[...ra] malaekat suci sanadyan luhur mung dadi titah bae, têmahan ora bisa nyanggi paukumane Allah marang wong dosa, paukumane Gusti Allah marang wong dosa iku langgêng. Para malaekat ora kawasa angrêmbat lan anyirnakake paukuman iku mau.

Ping pindho: malaekat ora bisa ngluwari wong dosa, awit kaanane beda karo kaanane manuswa, para malaekat iku roh, ora kagungan badan kayadene manuswa. Manuswa ênggone nglakoni dosa iku acara badan lan nyawa, mulane manuswa kang wajib nampani paukumane Gusti Allah iya tumraping badan lan tumraping nyawa. Măngka para malaekat ora kagungan badan, mulane ora bisa makili kawajibane wong dosa saênggone kaukum. Dadi wus tatela yèn para malaekat iku ora bisa dadi pantarane Gusti Allah lan manuswa.

Para jênat suci apa ora bisa dadi pantara kita. Para jênat suci utawa para laluhur kang wus sadha[45] kaluwaran saka ing dosane, ora bisa ngluwari pêpadhane. Awit padha duwe dosa dhewe, nalika isih ana ing donya kene, para laluhur mau ênggone bisa suci iya marga kasucèkake [kasucèka...]

--- 109 ---

[...ke] dening pantara kang sajati, ora bisa ngluwari awake dhewe saka ing dosa tuwin saka paukumane dosa. Mulane wus tatela bangêt yèn ora bisa mitulungi marang pêpadhane wong dosa, para laluhur iku mau ênggone suci tuwin ênggone olèh karahayon mung marga saka pantara kang sajati, măngka karahayon iku mau mung cukup kanggo awake dhewe, dadi têrang uga yèn turune para laluhur mau ênggone olèh karahayon iku mung marga saka pantara kang sajati, iya iku Gusti Yesus. Têrang ing: Yokhanan14:6.

18. Wong sakabèhe padha kawêngku ing wisesane laknat akarana panêrake Adam, apa iya sakabèhe mau padha olèh karahayon marga dening pantawis Gusti Yesus.

Botên sadayanipun, ngamungakên ingkang sami ngugêmi dhumatêng pantawis punika kalihan pitados salugu, mirit ingkang sinêrat ing Injil, Yokhanan 3:16. Suraosipun makatên: dene Allah wus asih marang jagad, sarta ênggone angasihi iku kongsi amasrahake putrane ontang-anting, supaya sabên wong kang angugêmi, aja kongsi nêmu karusakan, nanging anduwènana urip langgêng.

--- 110 ---

Manuswa kabèh padha kawêngku ing dosa tuwin wisesaning laknate Gusti Allah, wiwit lair mula, măngka têkane dosa ing jagad iku marga saka wong siji iya iku Adam, jalaran saka panêrake wong siji iku mau manuswa kabèh kawêngku ing wisesaning laknat. Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur rawuh ing donya dadi pantara kang sajati, kang mitulungi rahayu marang wong dosa, manuswa kabèh bisa olèh karahayon marga saka pantara siji iku mau. Adam kang sapisan andadèkake patine wong kabèh, apa rawuhe Gusti Yesus utawa Adam kang kapindho andadèkake uripe wong kabèh, tamtu ora, kang olèh kaslamêtan iku mung wong kang padha ngugêmi klawan pracaya salugu, têrang ing: Yokhanan 3:16, Mateus 7:13,14. Sakèhe wong kang ngugêmi marang pantara kang sajati bakal padha olèh karahayon kang langgêng. Nanging sakèhe wong kang ora ngugêmi Gusti Yesus, klawan pracaya salugu tamtu bakal nêmu karusakan, lantaran pracaya salugu wong dosa padha katunggalake karo Gusti Yesus, wong kang pracaya marang Panydhênêgane[46] iku dadi gagêlitaning sarirane, nanging sakèhe wong kang ora katunggalake karo Gusti Yesus asarana pracaya, iku

--- 111 ---

bakal nêmu karusakan, têrang ing: Yokhanan 3:36.

Pracaya salugu ora andadèkake karahayon, kang andadèkake karahayon iku rawuhe tuwin pakaryane Gusti Yesus, nanging pracaya salugu iku minăngka lantaran wong dosa ênggone nampani karahayon, kang kaangsalake dening Gusti Yesus. Têrang ing: Yokhanan1:12.

Mungguh pracaya salugu iku ora mêtu saka kadayane utawa kabêcikane manuswa, nanging pracaya iku mau mung mijil saka pêparinge Gusti Allah lantaran pakaryane Roh Suci, têrang: Èpêsus 2:8, wong kang ngugêmi marang Gusti Yesus, pêrlu kudu ngugêmi yèn Panjênêngane iku pantara kang sajati, iya iku ngugêmi klawan pracaya kang salugu utawa pracaya kang tulèn, kang mijil saka pêparinge Gusti Allah lantaran pakaryane Roh Suci, namung pracaya lugu kang bisa nêntrêmake atine wong dosa.

Mungguh praya[47] iku rupa-rupa.

Sapisan: pracaya kang ngandêl marang caritane Kitab Suci yèn dhasar nyata, nanging ora angugêmi marang Gusti Yesus, tuwin ora nglakoni karsane Gusti Allah. Pracaya kang mangkono [mangko...]

--- 112 ---

[...no] iku ora bisa nêntrêmake atine wong dosa, para dhêmit iya padha duwe pangandêl kang kaya mangkono iku, têmahan padha gumêtêr wêdi, têrang ing: Yakobus 2:19.

Ping pindho: pracaya waktu, têrkadhang ana wong kang ngugêmi marang Gusti Yesus, nanging mung sawatara masa bae, banjur mundur, têrang: Lukas 8:12 pracaya waktu iya ora andadèkake têntrêming atine wong dosa.

Ping têlu: pracaya mujikjad, têrkadhang ana wong kang bisa gawe mujikjad, lantaran pracaya, nanging ora mawa sumendhe marang Gusti Yesus dadi pantara sajati, têrang ing: 1 Korinta 13:2.

Pracaya têlung rupa iku mau ora anjalari katêntrêman kang sajati, kang bisa andadèkake katêntrêmane wong dosa iku mung pracaya salugu kang saka pêparinge Gusti Allah lantaran pakaryane roh kang maha suci.

19. Pracaya salugu iku kaya apa.

Pitados ingkang salugu punika artosipun, kasumêrêpan ingkang tamtu bab Gusti Allah tuwin bab prasêtyanipun ingkang kalairakên wontên ing kitab Injil. Kalihan malih kumandêl ingkang têrus ing batos bilih sakathahing dosa

--- 113 ---

kula sampun kaapuntên sadaya awit saking panêbusipun Gusti Kristus.

Mungguh pracaya kang salugu iku kêna kaperang dadi rong perangan.

Sapisan: kasumurupan. Ping pindho: kumandêl.

Pracaya kang salugu iku mangkene: sapisan: nyumurupi marang Gusti Allah, wong kang ora wanuh marang Gusti Allah iku ora bisa pracaya marang Panjênêngane. Pracaya salugu iku nyumurupi marang Gusti Allah miturut prasêtyane kang kalairake ana ing kitab Injil. Wong kang ora nyumurupi marang prasêtyane Gusti Allah iku ora nyumurupi marang Gusti Allah piyambak. Awit Gusti Allah karsa nglairake karsane lantaran Kitab Suci. Gusti Allah karsa nglairake kamulyane lantaran titah-titah. Manuswa bisa nyumurupi marang Gusti Allah lantaran titah-titah, nanging kawruh mungguhing Allah kang saka titah-titah iku ora cukup. Titah-titah tansah ngabarake bab kaluhurane tuwin kamulyane Gusti Allah, nanging ora bisa mamulang bab anggêr-anggêre Yêhuwah, măngka anggêr-anggêr iku kang dadi wêwatone uriping manuswa, apa manèh titah-titah ora bisa nuduhake dalaning

--- 114 ---

kaslamêtan, tuwin bab rawuhe Gusti Yesus, lan sapanunggalane. Mulane manuswa ora bisa nyumurupi marang Gusti Allah klawan têrang yèn ora nyumurupi uga marang prasêtyane Gusti Allah utawa pangandikane kang kalairake ana ing Kitab Suci, têrang ing: Rum 1:16,17, katêrangake ing kene manèh yèn pracaya salugu iku kasumurupan kang tamtu bab Gusti Allah tuwin bab prasêtyane. Sawênèhe wong ngaku pracaya kabèh kang katulisan ing Kitab Suci, nanging ora duwe pracaya kang tamtu, tuwin ora nampani pangandikane Gusti Allah klawan têrusing ati. Ana manèh wong kang ngaku wong dosa, nanging ora rumasa kaduwung marga saka dosane. Ana sawênèhe wong kang ngandêl marang Allah satunggal, nanging ora ngabêkti marang Panjênêngane. Ana manèh wèng[48] kang nyumurupi marang anggêr-anggêre Yêhuwah nanging ora sênêng nêtêpi. Wong iku mau nyumurupi marang Gusti Allah tuwin marang pangandikane ing sawatara, nanging ora duwe pracaya kang tamtu. Wong kang duwe kasumurupan kang tamtu, padha ngandêl yèn pangandikake[49] Gusti Allah masthi nyata, banjur pangandika iku mau ginawe pathokaning pracaya tuwin pathokaning aurip. Têrang ing: Ibrani 11:1.

--- 115 ---

Ping pindho: pracaya salugu iku kumandêl kang têrusing ati, têrang ing: Rum 10:10 ayat iku mau anelakake yèn pracayaning ati tuwin pangakuning cangkêm iku ora kêna kapisah. Pangakuning cangkêm kang mung lair bae iku ora maedahi, yèn ora kakanthenan pracayaning ati. Mangkono uga kasumurupan bab Gusti Allah ora kêna kapisah karo kumandêl sajroning atine, wong kang nyumurupi marang Gu[50] Allah tuwin kumandêl ing sajroning ati, yèn dosane kaapura awit saka panêbuse Gusti Yesus, iku kang duwe pracaya salugu, têrang ing: Èpêyus[51] 1:7 wong kang pracaya klawan têrusing ati iku kadunungan katêntrêman, awit pracaya yèn dosane wus kaapura, sabab apa wong iku mau bisa kumandêl yèn dosane wus kaapura, apa wong iku mau bisa pracaya bab pangapuraning dosane, marga saka panggawene utawa kabêcikane dhewe, ora pisan-pisan, wong iku mau kumandêl yèn dosane kaapura mung marga saka panêbuse Gusti Kristus.

Namung pracaya salugu bae kang bisa nêntrêmake utawa nglipur aneti[52] wong dosa. Wijine pracaya salugu iku mau kaparingake marang wong dosa samasa kalairake kapindho lantaran [la...]

--- 116 ---

[...ntaran] pakaryane Roh Suci, wiji iku mau bisa thukul sarta mêtokake woh lantaran pakabaraning Injil, tuwin pangawasane Roh Suci sajroning atine wong dosa.

20. Mungguh prasêtyane Gusti Allah kang kasêbut ing kitab Injil, supaya diugêmi iku cêkakane kapriye.

Punika kawrat ing sêrat bab pêngakên pitados utawi sahadat kalih wêlas, ingkang suraosipun makatên:

1. Kawula pitados dhumatêng Allah Sang Rama, ingkang maha kawasa, ingkang anitahakên langit akalihan bumi.

2. Kawula pitados dhumatêng Yêsus Kristus, putranipun ontang-anting, Gusti kawula.

3. Ingkang kabobotakên dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.

4. Ingkang nandhang sangsara nalika jumênêngipun Pontius Pilatus, kasalib anglampahi seda, lajêng kasarèkakên, tumêdhak dhatêng ing têlêng malimêngan.

5. Ing tigang dintênipun wungu malih saking antawisipun tiyang pêjah.

6. Lajêng sumêngka dhatêng ing swarga, pinarak wontên ing satêngênipun Allah Sang Rama ingkang maha kawasa.

--- 117 ---

7. Saking ngriku badhe rawuhipun, angadili tiyang ingkang gêsang akalihan ingkang pêjah.

8. Kawula pitados dhumatêng Roh Suci.

9. Kawula pitados wontênipun pasamuan Kristên ingkang suci sarta waradin, inggih patunggilanipun para suci.

10. Pangapuntêning dosa.

11. Tanginipun raga.

12. Sarta gê[53] langgêng.

Mungguh pracaya salugu iku mau nyumurupi marang Gusti Allah, tuwin marang prasêtyane utawa pangandikane. Pangandikane Gusti Allah iku wêwatone uripe utawa kalakuaning manuswa, mulane ora kalilan nyingkur saka pangandika iku mau sathithik-thithika. Prasêtyane Gusti Allah kang kamot ing kitab suci iku kudu diugêmi utawa diandêl. Apa manèh pêpakone Gusti Allah kang kamot ing Kitab Suci kudu dilakoni klawan gumolonging ati.

Katêrangake ing kene apa kang dadi rêringkêsane utawa cêkakane pangandika iku mau, iya iku layang bab pangakuning pracaya utawa sahadat rolas 12 kapracayan sahadat [saha...]

--- 118 ---

[...dat] rolas iku mau têrkadhang kasêbut mufakat, wong Kristên kêrêp sulaya bab prakara rupa-rupa, ananging padha rujuk ing bab kapracayana[54] iku mau. Mungguh kapracayane wong Kristên ana rolas prakara. Rolas prakara iku mau kêna karingkês dadi têlung prakara. Prakara sapisan iku sahadat sapisan. Prakara ping pindho iku sahadat ping pindho tumêka sahadat ping pitu. Prakara ping têlu iku sahadat ping wolu tumêka sahadat ping rolas.

Prakara sapisan anyêbutake Allah Sang Rama kang anitahake langit lan bumi.

Prakara ping pindho anyêbutake Allah sang putra kang milujêngake wong dosa.

Prakara sing[55] têlu nyêbutake Allah Sang Roh Suci kang nucèkake wong dosa.

21. Pangakumu pracaya angugêmi marang Allah Sang Rama lan sang putra tuwin Roh Suci, iku apa iya nganggêp Allah têtêlu.

Punika botên pisan-pisan, jêr namung wontên Allah satunggil ingkang sêjati.

Kapracayane wong Kristên anyêbutake tatêlu, iya iku Sang Rama, Sang Putra tuwin Roh Suci. Ewadene wong

--- 119 ---

Kristên ora pisan-pisan nganggêp Allah têlu, namung nganggêp Allah satunggl bae, miturut pangandikane Gusti Allah kang kasêbut ing: Pangandharing Torèt 6:4. Sang Rama, Sang Putra, tuwin roh kang maha suci, iku Allah satunggal, kang sajati, têrang ing: 1 Yekhanan 5:7. Muguh[56] date Gusti Allah iku kêtêran. Manuswa ora bisa nitipriksa wêwadine Gusti Allah. Kamulyane tuwin kaluhurane Gusti Allah iku tanpa watês. Ora kêna karêgêm dening titah-titah, têrang ing: 1 Timoteus 6:16 ananging Gusti Allah kang ora kêna dititipriksa ing wong, karsa nglairake kamulyane marang titah-titah, têmahan manuswa bisa wêruh marang Gusti Allah kang sajati.

Sapisan: Gusti Allah karsa nglairake kamulyane lantaran titah-titah, têrang ing: Rum 1:20. Ayat iku mau anelakake yèn Gusti Allah karsa nglairake kawasane tuwin kamulyane marang manuswa kabèh, mulane wong kang ora wanuh karo Gusti Allah Kang Sajati, iku ora kêna diarani tanpa kaluputan.

Ping pindho: Gusti Allah karsa nglairake kamulyane lantaran kitab pangandikane. Titah-titah tuwin Kitab Suci mamulang [mamu...]

--- 120 ---

[...lang] yèn ora ana Allah kajaba mung siji bae. Allah satunggal iku mau asipat roh. Asipat padhang, asipat gêsang, sarta jumênêng piyambak. Apa manèh Gusti Allah iku maha sampurna tuwin maha kawasa, maha wikan, maha wicaksana, maha suci lan maha adil, maha wêlas, maha sêtya tuhu, maha mulya tuwin maha luhur. Allah satunggal sajati iku mau wajib dimulyakake tuwin diluhurake ing salawas-lawase. Apa manèh Kitab Suci anêrangake yèn ing sajroning date Gusti Allah ana sasêbutan utawa wawijangan têlu, iya iku: Sang Rama, Sang Putra, tuwin Roh Suci, măngka tatêlu iku mau dadi Allah satunggal.

22. Kang iku ya gene têka nyêbutake têtêlu: Sang Rama, Sang Putra, tuwin Roh Suci.

Punika amargi Gusti Allah anglairakên kanyataanipun kalihan amtani[57] têtiga punika, măngka tiga-tiga wau dhasaripun Allah satunggil sajati, mila ênggèn kula sami kabaptis inggih ing asmanipun ingkang Rama tuwin ingkang Putra, akalihan Roh Suci. Mateus 28:19.

Wuc[58] katêrangake ing dhuwur yèn sajroning date Gusti Allah ana wawijangan têlu, iya iku: Sang Rama, Sang Putra, tuwin Roh

--- 121 ---

Suci, măngka tatêlu iku mau dadi Allah satunggal. Date Gusti Allah iku ora kêna kaperang dadi têlu, ananging tansah tunggal bae, mangkono uga wawijangan têlu iku mau ora kêna kapisah saka date Gusti Allah, kang Rama iku Allah sajati, kang Putra iku Allah sajati, Roh Suci iya Allah sajati. Kang Rama iku sampurna, kang Putra iku sampurna, Roh Suci iya sampurna. Sang Rama jumênêng Allah saka kalanggêngan tumêka ing kalanggêngan, mangkono uga Sang Putra tuwin roh kang maha suci. Date Sang Rama, Sang Putra tuwin Roh Suci iku satunggal, sipate Sang Rama, Sang Putra tuwin Roh Suci iku satunggal, mangkono uga mungguh pakaryane iya satunggal. Kang rama nitahake langit lan bumi, kang putra nitahake langit lan bumi, Roh Suci iya nitahake langit lan bumi. Kang rama mêlasi marang wong dosa, kang putra mêlasi marang wong dosa, Roh Suci iya mêlasi marang wong dosa. Dadi wus tatela yèn kang rama, kang putra tuwin Roh Suci, tunggal dat, tunggal sipat, tuwin tunggal pakaryan.

Ewadene tatêlu iku mau dibedakake ing Kitab Suci. Kang rama dede kang putra, kang putra dede Roh Suci. Kang rama kasêbut rama, awit amutrakake kang putra, [pu...]

--- 122 ---

[...tra,] saka kalanggêngan tumêka ing kalanggêngan. Mulane Gusti Yesus kasêbut putra dêlês, tumraping ka-Allahane. Têrang ing: Yokhanan 5:18 mangkono uga kang rama kasêbut rama, awit samubarang kabèh miyos saka Panjênêngane. Kang rama angwontênake kaslamêtane wong dosa, lantaran angutus kang putra. Kang putra kasêbut putra awit kayoga dening kang rama, saka kalanggêngan tumêka ing kalanggêngan, têrang ing: Masmur 2:7. Mangkono uga kang putra kasêbut Sang Sabda. Titah-titah kabèh katitahake lantaran Sang Sabda iku mau. Têrang ing: Yokhanan 1:1-3 kajaba saka iku kang putra rawuh ing donya ngrasuk sarira manuswa, sarta nglantarake wong dosa ênggone kaluwaran saka ing dosane.

Roh Suci kasêbut roh, awit miyos saka kang rama tuwin kang putra, saka kalanggêngan tumêka ing kalanggêngan. Têrang ing: Yokhanan 15:26 Roh Suci iku mau kasêbut suci, awit anucèkake tuwin nyampurnakake titah-titah. Mangkono uga Roh Suci anucèkake utawa nyampurnakake para pilihane Gusti Allah, sarta dumunung ana ing atine, iya iku sabên wong kang ngabêkti marang Panjênêngane.

--- 123 ---

Piwulange Kitab Suci bab Allah kang Rama, Allah kang Putra tuwin Allah Roh Suci, kêrêp diala-ala, awit anêrangake yèn kang rama kagungan putra. Nanging pangala-ala iku mau bodho bangêt. Gusti Allah iku asipat roh, sarta Panjênêngane maha kawasa, kang wus anitahake manuswa tuwin kewan-kewan kang bisa duwe anak, dadi wus têrang yèn Gusti Allah tamtu kawasa kagungan putra, nanging ora kagungan putra kayadene manuswa. Katrangane mangkene: manuswa ora bisa gawe apa-apa yèn ora ana bakale, mangkono uga manuswa ênggone anak-anak iku mawa bakal, iya iku wong lanang lan wong wadon, lantaran ênggone padha sasomahan. Ewasamono apa manuswa bisa duwe anak marga saka kawasane dhewe, ora, nanging saka kawasane Gusti Allah, dadi wus tatela Gusti Allah kang nitahake manuswa kang bisa duwe anak, utawa nitahake samubarang kang tanpa bakal, tamtu yèn Panjênêngane iya kawasa kagungan putra kang tanpa bakal, mung miturut saka kawasane piyambak. Nanging prakara iku mau kasbut kêkêran utawa wadi, manuswa ora kalilan nitipriksa wêwadi iku mau. Mung wajib nampani klawan pracaya apa kang wus kalairake lantaran Kitab Suci.

--- 124 ---

23. Mungguh sêbutan: aku pracaya marang Allah Sang Rama, kang maha kawasa, kang nitahake langit lan bumi, iku angêmu panganggêp kapriye.

Punika angêmu panganggêp makatên: Sang Rama Gusti kula Yesus Kristus, ingkang kadim, ingkang anitahakên langit akalihan bumi tanpa wontên bakalipun, sarta salajêng[59] dipun opèni kalayan pangruktinipun. Punika Allah kula inggih rama kula, margi saking pananggêlipun Gusti Kristus.

Anêrangake bab tujune sahadat sapisan. Sahadat sapisan amratelakake. Sapisan: yèn Allah kang Rama iku ramane Gusti Yesus Kristus, têrang ing: Èfêsus 1:3 kang rama iku ramane gusti kita Yesus Kristus, saka kalanggêngan tumêka kalanggêngan, kang rama ora jumênêng rama nalika wiwit Gusti Yesus rawuh ing donya, naring[60] kang rama wus jumênêng rama sadurunge jagad dumadi. Têrang ing: Yokhanan 17:5. Ing kene kang rama kasêbut sa[61] rama gusti kita Yesus Kristus ingkang kadim (langgêng) dadi wus tatela yèn kang rama iku langgêng, kang putra iya langgêng.

Ping pindho: katêrangake ing kene yèn Allah kang Rama iku maha kawasa, mungguh kawasane Gusti Allah iku mangkene:

--- 125 ---

Gusti Allah anindakake samubarang kabèh sakarsane, măngka Gusti Allah anindakake samubarang kabèh mau mung lantaran sabdane utawa pangandikane bae, mangkono uga Gusti Allah kasêbut tuke pangawasa kabèh duwèke titah-titah, Gusti Allah kawasa pinunjul, tansah anindakake samubarang kabèh lantaran pangandikane bae. Ora tau sayah. Pangawasane titah-titah iku mung mijil saka pangawasane Gusti Allah.

Katêrangake manèh ing kene yèn Allah kang Rama anitahake langit lan bumi. Têgêse: Gusti Allah angwontênake samubarang kabèh tanpa bakal. Mung lantaran sabdaning kawasane bae, têrang ing: Masmur 33:9. Purwaning Dumados 1:1, Ibrani 11:3 Gusti Allah anitahake langit lan bumi utawa titah-titah kang ana ing dhuwur tuwin titah-titah kang ana ing ngisor, samubarang kabèh kang ora katon, tuwin samubarang kabèh kang katon, mangkono uga Gusti Allah anitahake titah kang ana ing swarga, tuwin titah-titah kang ana ing bumi. Ing nalika wiwitan Gusti Allah anitahake langit lan bumi, banjur Gusti Allah anata tuwin nyampurnakake samubarang ing dalêm nêm dina. Mungguh panatane iku mangkene:

--- 126 ---

Dina kang sapisan, Gusti anitahake pêpadhang lan papêtêng, banjur kang padhang diparingi aran raina, kang pêtêng iku wêngi.

Dina ping pindho: Gusti Allah anitahake pêndhengan utawa langit.

Dina ping têlu: Gusti Allah anitahake sagara, dharatan utawa bumi. Tuwin thathukulan.

Dina ping pat: Gusti Allah nitahake srêngenge, rêmbulan lan lintang-lintang. Srêngenge, rêmbulan, lintang-lintang iku kang dadi wujuding pêpadhang, banjur kapanggonake ana ing pênthenganing langit, sarta amadhangi marang bumi. Kang merang wayah awan wayah bêngi, kang nuduhake masa-masa, taun-taun, tuwin sasi.

Dina ping lima: Gusti Allah nitahake iwak ing sagara, tuwin manuk ing awang-awang.

Dina ping nêm: Gusti Allah nitahake kewan-kewan tuwin manuswa.

Ing dina ping pitu: Gusti Allah kèndêl ênggone nitahake sabab wus rampung, mulane dina kang kapitu iku dibarkahi sarta kasucèkake.

Ing dina kapitu Gusti Allah kèndêl, ênggone nitahake samubarang kabèh nanging tansah nglêstantunake titah-titah

--- 127 ---

kabèh sarana diopèni tuwin dirimati. Têrang ing: Masmur 145:15,16, mungguh bapa kadonyan iku tamtu ngrumati marang anak lan bojone tuwin sabarang darbèke, supaya bisa lêstari tuwin rahayu. Mangkone[62] uga rama kaswargan iya iku Gusti Allah tamtu angrimati kagungane iya iku titah-titah kabèh.

Mungguh Gusti Allah ênggone ngrimati titah-titah kabèh, katrangane mangkene:

Sapisan: Gusti Allah anglêstantunake sarta nyanggi samubarang sarana sabdaning kawasane.

Ping pindho: Gusti Allah tansah ngrimati kabutuhane titah-titah kabèh.

Ping têlu: Gusti Allah tansah ngêrèh lan mêngku marang titah-titah kabèh.

Gusti Allah ora mung ngrimati titah-titah sawatara bae, nanging marang titah-titah kabèh. Ewadene ana bedane, mungguh pangrimate Gusti Allah marang wong kang pracaya, iku luwih gêdhe tinimbang karo wong kang ora pracaya. Pangrimate Gusti Allah marang manuswa iku luwih gêdhe tinimbang karo titah liya-liyane, kaya ta: langit, mega, sagara,

--- 128 ---

gunung, khewan, têtuwuhan, srêngenge, rêmbulan, lintang-lintang, sapanunggalane.

Srêngenge, rêmbulan, lintang-lintang, sapanunggalane titah-titah iku mau tansah kalêstantunake, karimatan tuwin kawêngku dening Gusti Allah. Mangkono uga Gusti Allah tansah angopèni manuswa kabèh, kaparingan sandhang, kawarasan, lêlara, kabungahan, kasusahan, kasugihan tuwin kamlaratan. Ananging kang dhisik dhewe Gusti Allah angopèni tuwin ngrimati wong kang pracaya marang Panjênêngane. Wong iku mau katuntun mênyang karahayon, kaluwaran saka pangêrèhe iblis, dosa, tuwin kanisthan kabèh. Nganti kalêbokake mênyang swarga.

Wong kang pracaya klawan eklasing ati, iya pracaya uga yèn karimatan tuwin karêksa dening rama kaswargan kang maha kawasa, kang anitahake tuwin ngopèni titah-titah kabèh. Prakara iku mau tansah anjalari panglipure wong pracaya. Wong kang pracaya olèh panglipur, awit Allah kang Rama kang maha kawasa karsa dadi rama tuwin Allahe. Sakèhe wong kang ora pracaya iya katitahake dening Gusti Allah, sarta kawêngku dening kang maha kawasa, ananging wong iku mau ora ngakoni yèn Gusti Allah dadi Allahe tuwin ramane.

--- 129 ---

Gusti Allah ora mung kasêbut ramane wong kang pracaya, ananging wong kang pracaya iya kasêbut putrane Allah iku mau, tuwin wong pracaya kalilan nyêbut rama marang Gusti Allah, nanging wong pracaya ênggone kasêbut putrane Allah iku mung marga saka pananggêle Gusti Yesus Kristus, awit miturut kaanane dhewe wajib katumpês marga saka dosane, ewasamono kaangkat dadi putrane Allah, iya iku marga saka pakaryane Gusti kita Yesus Kristus, putrane Allah ontang-anting. Dadi wus tatela yèn wong kang pracaya tansah karimatan tuwin kaêrèh dening rama kaswargan ka maha kawasa, prakara iku mau anjalari panglipur akèh.

Sapisan: wong iku mau samasa nandhang kasusahan, tansah rumasa yèn kasusahan mau mijil saka astane rama kaswargan, têmahan wong pracaya tansah nglakoni klawan sabar, ora anggrundêli. Malah padha ngandêl yèn kasusahan iku minăngka piwulang, pamêlèh, tuwin pamardi, apa manèh iku mijil saka sihe Gusti Allah marang putrane.

Ping pindho: samasa wong pracaya nandhang kabêgjan, padha sumurup manawa kabêgjan iku mau pêparinge Gusti Allah, têmahan padha nyaosi sokur marang Panjênêngane, wong kang

--- 130 ---

binarkahan dening Gusti, măngka ora nyaosi sokur marang Gusti Allah iku luput, awit wong mau ora rumasa bungah tuwin lipur lantaran pêparinge Gusti Allah iku mau.

Ping têlu: Gusti Allah ora mung paring kasusahan lan kabêgjan ing sakarsane bae, nanging iya tansah angrimati marang putrane ing salawas-lawase. Wong kang pracaya ora sumurup apa kang bakal kalakon, nanging padha sumurup yèn Gusti Allah karsa dadi pangungsène. Kawasane tansah andadèkake panglipure wong kang pracaya marang Panjênêngane, malah Gusti Allah karsa dadi ramane, mulane marga saka iku wong pracaya padha sumurup uga yèn pangrèhe tuwin pangrimate Gusti Allah iku kayadene pangrèhe tuwin pangrumate bapa marang anak-anak. Mokhal bangêt yèn pangrèhe lan pangrumate bapa marang anak-anake mamurih pialane tuwin karusakane, nanging masthi ngarah kabêcikane tuwin kaslamêtane sabên bapa kang bêcik masthi ngrumati marang anak ngarah kaslamêtane, yèn ana anak kang murang sarak, bapa wajib ngukum marang anak mau supaya bêcike, ewasamono pangukume mau mêtu saka katrêsnane marang anak mau.

Mangkono uga Gusti Allah kang maha kawasa, maha wicaksana tuwin maha adil, mokhal [mo...]

--- 131 ---

[...khal] bangêt yèn pangrèhe tuwin pangrimate marang wong kang pracaya marang Panjênêngane, mamurih karusakane, nanging Gusti Allah tamtu mamurih kabêcikane tuwin karahayone. Mulane wong pracaya samasa nandhang kasusahan, karubêdan tuwin lara, padha sumurup, yèn prakara mau mijil saka pangrèhe Gusti Allah kang andadèkake kabêcikane tuwin karahayone. Awit wong kang pracaya sêring-sêring nglakoni kang ala utawa kang luput, mulane padha nampani pamêlèh, tuwin piwulang, lantaran kasusahan, nandhang lêlara, supaya mratobata sarta sangsaya kumandêla marang Gusti Allah. Ewasamono kawasane tuwin kaadilane Gusti Allah iku bakal andadèkake kagèt lan girise wong kang ora pracaya lan ora ngabêkti marang Panjênêngane. Awit kang kawasane Gusti Allah tuwin kaadilane iku langgêng, apa manèh sihe Gusti Allah iya langgêng, sarta ora owah gingsir. Mulane sabên wong kang pracaya tuwin ngabêkti klawan trêsna marang Panjênêngane masthi tansah katiban sihe Gusti Allah ing salawas-lawase. Nanging tumrap wong kang ora pracaya lan ora ngabêkti marang Gusti Allah klawan trêsna bakal tumiba ing kaadilane Gusti Allah, iya iku nampani babêndune Gusti Allah kang maha kawasa, langgêng salawase.

--- 132 ---

Mungguh sêbutan kang muni mangkene: aku pracaya marang Yesus Kristus, putrane ontang-anting, Gustiku, iku angêmu panganggêp apa.

Panganggêp makatên: Gusti Yesus Kristus punika putranipun Sang Rama Allah, ingkang kadim sarta ontang-anting, atunggil dat kalihan Allah Sang Rama saha kalihan Roh Suci.

Pitakon patlikur tumêka pitakon têlung puluh wolu, amratelakake bab kaanane Allah sang putra.

Pitakon patlikur mratelakake asmane sang putra, iya iku asma: Yesus, asma Kristus, asma Putra Ontang-Anting, tuwin asma Gusti.

Asma Yesus bakal katêrangake ing pitakon sanga likur. Asma Kristus bakal katêrangake ing pitakon têlung puluh siji.

Kajaba saka iku ing kene Gusti Yesus kasêbut putrane Allah ontang-anting, prakara iku mratelakake yèn Gusti Yesus ora mung jumênêng manuswa bae, nanging iya jumênêng Allah sajati, saka kalanggêngan tumêka kalanggêngan. Tunggal dat kalawan kang rama tuwin Roh Suci. Têrang ing: Ibrani 1:5. Yokhanan 5:26. Wulang Bêbasan 8:23. Yokhanan 1:18. Pilisi[63] 2:6.

--- 133 ---

Wong kang pracaya iya padha kasêbut putrane Allah, nanging beda bangêt karo Gusti Yesus, Gusti Yesus iku putra dêlês, nanging sakèhe wong pracaya kasêbut putrane Allah awit padha kaangkat dadi putra marga saka kurbane Gusti Yesus, tuwin kalairake ping pindho awit saka pakaryane Roh Suci. Nalika manuswa durung tumiba ing dosa kasêbut putrane Allah, tuwin dadi prasêmone Allah. Sabên anak masthi nglairake prasêmone bapa, mangkono uga manuswa sadurunge dosa iya nglairake prasêmone kang rama iya iku Gusti Allah nanging barêng manuswa wus tumiba ing dosa marga saka ambangun turut marang karêpe iblis, manuswa banjur kelangan prasêmon iku mau, wusana manuswa mari dadi putrane Allah malih dadi satrune Allah utawa dadi anake iblis, kang tansah nglairake prasêmone iblis, iya iku manuswa banjur sênêng nglakoni goroh tuwin piala rupa-rupa. Ananging marga saka Gusti Yesus, kang kawasa ngluwari manuswa saka pangawasane iblis tuwin dosa, têmah sabên wong kang pracaya marang Panjênêngane banjur kaangkat dadi putrane Allah manèh, tuwin padha kaparingan prasêmone Gusti Allah manèh, tansah padha kêpengin trêsna lan ambangun turut marang Panjênêngane.

--- 134 ---

Ing kene Gusti Yesus kasêbut Gusti, têgêse: Pangeran utawa Bêndara. Gusti Yesus kasêbut Gustine wong pracaya, amarga ngluwari wong dosa saka pangawasane iblis, sarta pangrèhe dosa, ora mawa lantaran êmas lan salaka. Nanging sarana rahe piyambak kang suci, têmahan wong iku mau dadi kagungane Gusti Yesus, wong kang dadi kagungane Gusti Yesus piyambak, wajib angurmati tuwin ambangun turut marang Panjênêngane klawan eklasing ati, măngka Gusti Yesus kang jumênêng Gustine wong pracaya, iya amêngku titah liya-liyane kabèh.

25. Rak pracaya uga Gusti mundhut warna manuswa.

Inggih, dene kabobotakên dening Roh Suci sarta miyos saking prawan Maryam.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn Gusti Yesus, iku Allah sajati, atunggal dat kalawan kang rama tuwin Roh Suci, katêrangake ing kene yèn putrane Allah iku mundhut warna manuswa, utawa ngagêm sarira manuswa, iya iku nalika wus tumêka waktune. Têrang ing: Lukas 1:35. Yokhanan 1:14. 1 Yokhanan 4:2,3, rawuhe Gusti Yesus iku prakara kang elok bangêt, dene sadurunge rawuh wus kaprasêtyakake [kaprasêtyaka...]

--- 135 ---

[...ke] dening para nabi ing nalika jaman prajanjean lawas. Kaya ta: kang kasêbut ing: Purwaning Dumados 3:15; 49:10. 2 Samuèl 7:12-14. Yesayah 7:14. Mikah 5:1. Pangandharing Torèt 18:15, Masmur 2:16;68. Yesayah 53. Dhanièl 9:25,26. Malaki 3;1. Nalika waktu kang kaprastyakake dening para nabi iku mau, Gusti Yesus rawuh ing donya, kabobotake dening Roh Suci, miyos saka kênya Maryam. Gusti Yesus kagungan ibu kadonyan, iya iku tumraping kamanuswane, nanging ora kagungan rama kadonyan, Yusup lakine Maryam, mung anggulawênthah Gusti Yesus bae. Marga saka iku Gusti Yesus dadi têdhake Dawud, Gusti Yesus karsa nandhang daging lan rah kayadene wong liya-liyane, mulane kasêbut putraning manuswa. Ewadene ana bedane, kamanuswane Gusti Yesus ora kadosan, kayadene wong liya-liyane. Awit, Gusti Yesus kabobotake saka kawasane Roh Suci, dadi wus têrang yèn Gusti Yesus iku jumênêng manuswa sajati kang ora kadosan, utawa manjing manuswa sajati kang suci, supaya sagêda nêbusi wong dosa.

26. Kang iku jumênênge Allah apa kasantunan wujud manuswa.

--- 136 ---

Botên, kawonipun Allah punika tanpa owah gingsir.

Barêng Gusti Yesus mundhut warna manuswa, Panjênêngane ora pisan-pisan kèndêl dadi Allah, awit Gusti Allah ora owah gingsir, têrang ing: Ibrani 13:8. Yokhanan 1:14, ka-Allahane Gusti Yesus, ora kêna owahan, utawa kasantunan, nalika Gusti Yesus miyos saka kênya Maryam, ka-Allahane ora diowahi. Kang mundhut warna manuswa banjur jumênêng Allah ngiras manuswa. Kautamakake kaya sawijining ratu kagungan putra, putra mau nilar kadhatone, nylamur sawatara masa nyambutgawe kayadene wong cilik, ewadene putraning ratu mau ora kèndêl ênggone dadi wong luhur. Mangkono uga Gusti Yesus, sanadyan mundhut warna manuswa, ewadene ora kèndêl ênggone jumênêng Allah kang maha luhur.

27. Ênggone munthut[64] warna manuswa iku apatrap kapriye.

Ênggènipun mundhut warni manuswa campuh kalihan bakuning kanyataanipun.

Tujune wangsulan iku mau mangkene: Gusti Yesus mundhut warna manuswa, banjur kamanuswane nunggal kalawan bakuning nyataane, [nyata...]

--- 137 ---

[...ane,] iya iku ka-Allahane. Nalika Gusti Yesus rawuh ing donya kene ka-Allahane ora owah gingsir, mangkono uga kamanuswane Gusti Yesus ora owah. Gusti Yesus iku dadi pêpadhane manuswa tumrap kamanuswane, têrang ing: Pilipi 2:6,7. Mulane ka-Allahane tuwin kamanuswane Gusti Yesus ora kacampur. Gusti Yesus lêstari amêngku samubarang kabèh tumrap ka-Allahane. Têrang: Rum 9:5. Ewadene ka-Allahane tuwin kamanuswane Gusti Yesus tansah satunggal. Ora tau sulaya, tuwin ora kêna kapisah. Măngka dhasare kanyataane Gusti Yesus iku mung siji bae, iya iku Allah, têgêse: ka-Allahane Gusti Yesus jumênêng piyambak, nanging kamanuswane Gusti Yesus ora jumênêng piyambak, tuwin ora bisa lêstari yèn ora sumendhe ing ka-Allahane.

28. Ênggone jumênêng manuswa apa saka ing swarga mula.

Botên, pamundhutipun warni manuswa punika saking guwa garbanipun prawan Maryam, amargi saking pangrèhipun Roh Suci, patrap makatên dados sasaminipun para sadhèrèk bab sabarang prakawis, tur tanpa kenging ing dosa. Ibrani 2:17, 4:15.

--- 138 ---

Katrangane pitakon tuwin wangsulan wolu likur iku mangkene: Gusti Yesus ngrasuk sarira manuswa, kabobotake dening Roh Suci, miyos saka kênya Maryam. Kamanuswane Gusti Yesus, ora pisan-pisan kapundhut saka swarga mula, awit yèn kamanuswane Gusti Yesus kapundhut saka swarga masthi Panjênêngane ora sagêd angluwari wong dosa. Manuswa kabèh iku turune Adam, dadi saupama kamanuswane Gusti Yesus tumêdhak saka swarga Panjênêngane sanès turune Adam, têmahan, ora sagêd angluwari utawa nêbusi wong dosa iya iku turune Adam. Sabab kang nglakoni dosa iku Adam saturune sarta padha kêna ing paukumane Gusti Allah, mulane Gusti Yesus mundhut sarira manuswa saka turune Adam, supaya sagêda ngluwari tuwin nêbusi dosane para turune Adam, iya iku kang padha pracaya marang Panjênêngane, Gusti Yesus mundhut warna manuswa saka guwa garbane kênya Maryam, lantaran saka kawasane Roh Suci, têmahan Gusti Yesus dadi pêpadhane manuswa. Têrang: Pilipi 2:7. Lukas 1:30,31; 1:35. Tumrap kamanuswane Gusti Yesus kasêbut sadhèrèke manuswa, ewadene ana bedane, manuswa kabèh padha nandhang dosa, nanging Gusti Yesus kalis ing dosa. Ibrani 2:17; 4:15.

--- 139 ---

29. Asmane sabab apa kasêbut Yesus, kang jawane: Pamarta.

Sababipun awit Gusti angêntas bangsanipun saking ing dosanipun.

Têmbung Yesus iku têgêse: kang angluwari utawa pamarta, cèplês karo têgêse têmbung Yusak, kang kasêbut ing kitab Prajanjean Lawas, mungguh Yusak bin Nun, iku wayangane utawa ibarate Gusti Yesus, Yusak bin Nun anglêbokake băngsa Israèl mênyang tanah Kênaan. Nalika jaman prajanjean lawas, tanah Kênaan iku ngibarati swarga. Tanah Mêsir angibarati pangawasane iblis, ara-ara angirati[65] uripe wong pracaya ana ing donya kene. Lantaran Musa tuwin Yusak bin Nun, băngsa Israèl kaluwaran saka pangawasane Pringon ing tanah Mêsir, banjur kairid mêtu ing ara-ara samun, tumuli kalêbokake ing tanah Kênaan dening Yusak, Gusti Yesus angluwari wong dosa saka pangawasane iblis, banjur katuntun dening Panjênêngane salawase ana ing donya kene, samasa mati padha mlêbu ing Kênaan kang sajati yaiku swarga. Lantaran pangawasane tuwin sih piwêlase Gusti Yesus. Dadi wus têrang bangêt [bangê...]

--- 140 ---

[...t] yèn tanah pêparinge Gusti Yesus iku swarga, ngungkuli bangêt karo tanah Kênaan pêparinge Yusak. Lantaran Yusak, băngsa Israèl kaparingan katêntrêman tuwin kaayêman kadonyan. Nanging lantaran Gusti Yesus, wong pracaya kaparingan katêntrêman kang langgêng. Mulane Gusti Yesus kasêbut pantara utawa juru slamêt kang sajati tuwin sampurna.

Apadene kang anjalari kanisthane manuswa iku dosa, sarta katêmahane dosa iku paukuman, măngka Gusti Yesus ora mung ngluwari saka ing dosa bae, nanging iya ngluwari saka ing paukumaning dosa uga, kajaba saka iku Gusti Yesus paring kaslamêtan tuwin kamulyan langgêng.

Apa Gusti Yesus angluwari manuswa kabèh. Gusti Yesus angluwari utawa nêbus dosane wong wawêngkone iya iku sapira kang padha pracaya marang Panjênêngane, nanging wong kang ora pracaya masthi ora kaluwaran saka ing dosane tuwin saka paukumaning dosa. Sakèhe wong kang nampik marang Gusti Yesus, dadi juru slamêt kang sajati ora bakal malêbu ing swarga malah kaukum ing naraka langgêng.

Sakèhe wong kang pracaya marang Gusti Yesus kalawan eklasing ati, padha kaluwaran saka kanisthane babarpisan, sarta [sar...]

--- 141 ---

[...ta] kaparingan kaslamêtan kang sampurna. Măngka ora ana juru slamêt manèh kajaba mung Gusti Yesus, têrang ing: Ibrani 4:12. Dadia para malaekat, dadia para laluhur, dadia para suci, dadia wong liya-liyane, ora bisa nylamêtake wong dosa, kajaba mung Gusti Yesus. Mangkono uga manuswa ora bisa ngluwari awake dhewe saka ing dosane lantaran slamêtan, sêsajèn, kakutug, kurban-kurban, panggawe kang bêcik, lan sapanunggalane. Mulane pantarane Allah lan manuswa mung siji iya iku Gusti Yesus Kristus, têrang ing: 1 Timoteus 2:5.

30. Apa ora ana pamarta liyane manèh.

Botên wontên, dhasar sangandhaping cakrawala botên wontên namaning tiyang sanèsipun malih, ingkang pinanci dados marginipun manuswa kapitulungan rahayu, kêjawi namung satunggil asmanipun Gusti Yesus punika. Para Rasul 4:12.

Pitakon tuwin wangsulan iku mau anelakake yèn ora ana juru slamêt manèh kajaba mung siji, iya iku Gusti Yesus, têrang ing: Ibrani 4:12. Yokhanan 14:6. Mulane wong kang ngaku-aku Gusti Yesus dadi juru slamêt, nanging ora sumendhe marang Panjênêngane klawan têrusing ati, iku [i...]

--- 142 ---

[...ku] pancèn nyelaki marang Panjênêngane. Wong kang nyêbut asmane Gusti Yesus, nanging kumandêl utawa nganggêp marang para suci, marang para malaekat, tuwin kumandêl marang panggawene dhewe, iku nampik marang juru slamêt kang sajati. Sarta mung nganggêp marang titah liyane kang dadi pantara, utawa pamarta.

31. Yagene asmane kasêbut Kristus, kang jawane Jinêbad.

Mila makatên awit Gusti Jinêbad ing Roh Suci, sarta pinanci dening Sang Rama dados nabi kula ingkang pinunjul piyambak, tuwin imam agung kula ingkang tanpa tandhing, sarta ratu kula ingkang langgêng.

Gusti Yesus kasêbut Kristus, utawa Mêsiyah, Yokhanan 1:42. Têgêse jinêbad, Gusti Yesus iku jinêbadan kajumênêngake nabi, imam lan ratu. Gusti Yesus jinêbadan ing Roh Suci, têrang ing: Mateus 3:16. Lukas 4:18. Para Rasul 10:38. Kang jinêbadan ing Roh Suci iku kamanuswane Gusti Yesus, ka-Allahane ora jinêbadan, awit tansah tunggal kalawan Roh Suci. Wiwit saka kalanggêngan tumêka kalanggêngan, Gusti Yesus kaparingan kalênggahan têlu, iya iku nabi, imam lan ratu.

--- 143 ---

Sapisan: Gusti Yesus jumênêng nabi, mungguh pandamêlane nabi iku nglairake karsane Gusti Allah bab margane kaslamêtan marang wong dosa. Nalika jaman prajanjean lawas, iya iku sadurunge Gusti Yesus rawuh ing donya, Panjênêngane nglairake prakara mau lantaran lesane para nabi, sawuse rawuh ing donya kene Gusti Yesus mamulang piyambak bab margane wong dosa bisa rahayu, ing jaman saiki Gusti Yesus mamulang bab margane kaslamêtan lantaran kitab pangandikane. Gusti Yesus kasêbut nabi kang pinunjul, awit para nabi tuwin para rasul ênggone bisa mamulang bab margane kaslamêtan iku awit padha kawangsitan dening Roh Suci pêparinge Gusti Yesus iku mau. Apa manèh Gusti Yesus ênggone jumênêng nabi, têrang kasêbut ing: Pangandharing Torèt 18:15-18. Papa[66] Rasul 3:22.

Ping pindho: Gusti Yesus jumênêng imam, kawajibane imam iku nyaosake kurban, ing jaman prajanjean lawas para imam padha kadhawuhan nyaosake kurban-kurban, kang ginawe kurban mau sapi, wêdhus, sapanunggalane. Imam lan kurban-kurban ing jaman prajanjean lawas iku minăngka ibarat utawa wayangane Gusti Yesus. Awit Gusti Yesus jumênêng

--- 144 ---

imam, ora mung nyaosake kurban sapi lan wêdhus bae, ananging Panjênêngane nyaosake kurban sarirane piyambak, nalika nandhang sangsara lan seda ana ing kayu salib, dadi kurban pangruwating dosa. Kang nyirnakake dosane manuswa tuwin paukumane dosa mau. Sarta nunggalake manuswa dosa karo Gusti Allah, iya iku tumrap ingatase wong kang wun kasêbut dosane dening Gusti Yesus. Nalika manuswa isih suci tansah tunggal kalawan Gusti Allah, nanging barêng manuswa wus tumiba ing dosa banjur pisah karo Gusti Allah kang maha suci. Marga saka kurbane Gusti Yesus kang nyirnakake utawa nucèkake dosane manusa, tuwin nyirnakake paukumane dosa, têmahan sabên wong kang ngungsi klawan pracaya marang Panjênêngane padha katunggalake manèh klawan Gusti Allah. Dadi wus têrang bangêt yèn manuswa pêrlu kasirnakake dhisik dosane tuwin paukumane dosa mau, supaya bisa tunggal manèh klawan Gusti Allah, têmahan bisaa rahayu dadia urip dadia ngajal. Kajaba saka iku Gusti Yesus tansah mantawisi tuwin andongakake wong kang katêbus dening Panjênêngane, wiwit nalika manuswa tumiba ing dosa tumêka jaman wêkasan. Mulane Gusti Yesus kasêbut juru ngêmbani [ngêmba...]

--- 145 ---

[...ni] prakarane wong dosa ing ngarsane kang rama. Têrang ing: 1 Yokhanan 2:1. Gusti Yesus kasêbut imam agung tanpa tandhing. Wus katêrangake ing dhuwur yèn kurban-kurban tuwin imam-imam, iku mung dadi wayangane kurbane Gusti Yesus tuwin imam agung kang sajati. Mulane kurban-kurban kang kacaosake dening para imam ing jaman prajanjean lawas, ora bisa nyirnakake dosa, mung dadi wayangan bae. Yèn mangkono ing jaman prajanjean lawas, băngsa Israèl apa ora bisa olèh kaslamêtan, awit Gusti Yesus durung ngurbanake sarirane. Băngsa Israèl bisa olèh kaslamêtan, nanging ora marga saka kurban sapi lan wêdhus, ênggone olèh kaslamêtan mung marga saka pracaya marang prasêtyane Gusti Allah kang dhapur ibarat utawa wayangane kurban kang sajati. Dadi sanadyan Gusti Yesus durung ngurbanake sarirane piyambak, nanging gambare utawa wayangane wus ana, mulane băngsa Israèl ênggone padha olèh kaslamêtan lantaran pracaya marang gambar utawa wayangane kurban kang sajati, awit iku prasêtyane Gusti Allah. Nanging sawuse Gusti Yesus ngurbanake sarirane dadi kurban pangruwating dosa, gambar lan wayangan iku mau wus ora kanggo manèh awit wus ana kanyataane.

--- 146 ---

Dadi tatela yèn ing jaman prajanjean lawas prasêtyane Gusti Allah adhapur ibarat utawa wayangan, ing jaman prajanjean anyar adhapur kanyataan, mulane sabên wong kang golèk kaslamêtan, pêrlu pracaya marang kurbane Gusti Yesus kang bisa nyirnakake dosa tuwin paukumane dosa.

Mungguh Gusti Yesus ênggone jumênêng imam, têrang ing: Masmur 110:4.

Ping têlu: Gusti Yesus jumênêng ratu, pandamêlane ratu ngêsorake utawa nêlukake satrune, iya iku iblis sabalane. Adam kang sapisan jumênêng ratu tuwin dadi sasirahe titah-titah kabèh, nanging têluk marang satrune iya iku iblis, têmahan anjalari manuswa kabèh kabawah dening pangawasane iblis, tuwiw[67] kêna ing paukumane Gusti Allah, Gusti Yesus iku Adam kang kapindho, jumênêng ratu ngêsorake tuwin nêlukake kawasane iblis, sarta ngluwari manuswa saka dosa tuwin paukumane dosa. Apa manèh Gusti Yesus jumênêng ratu ambangun karaton kang langgêng. Sakèhe wong kang pracaya marang Panjênêngane sarta ambangun turut apa kang dadi karsane, padha kalêbu ing karaton iku mau. Gusti Yesus tansah ngêrèh marang umate lantaran pangandikane, tuwin rohe,

--- 147 ---

sarta tansah ngrimati wong kagungane kabèh, supaya aja nganti kêna ing bilai kang langgêng marga saka panggawening satrune.

Gusti Yesus kasêbut ratu kang langgêng tuwin ratuning para ratu, awit karatone Gusti Yesus iku langgêng, beda bangêt karo karaton kadonyan kang kêna ing rusak, apa manèh sakabèhe ratu kawêngku dening Gusti Yesus. Mangkono uga karatone Gusti Yesus iku ora bakal sirna ing salawase. Mungguh Gusti Yesus ênggone jumênêng ratu kasêbut ing: Lukas 1:32,33. Sakèhe wong kagungane Gusti Yesus, aya[68] padha kajumênêngake nabi, imam, tuwin ratu. Têrang ing: 1 Petrus 2:9. Mulane sabên wong kang pracaya marang Gusti Yesus, pêrlu nglakoni kawajiban têlu:

1e. Kawajibane nabi iya iku mamulang nuduhake bab margane kaslamêtan saka ing Gusti Allah, marang brayate tuwin marang wong liya-liyane uga.

2e. Kawajibane imam, nyaosake kurban iya iku caos panuwun tuwin pamuji marang Gusti Allah, andongakake brayate tuwin wong liya-liyane marang Gusti Allah supaya padha rahayu.

3e. Kawajibane satu iya iku ngrumati sarta ngêrèh brayate [braya...]

--- 148 ---

[...te] supaya aja nganti nêmu karusakan. Sabên wong Kristên duwe kawajiban têlung prakara iku mau, supaya uripe bisa andadèkake kaluhuraning asmane Pangeran, tuwin kabêcikaning pêpadhane.

32. Bab mitulungi rahayu marang kita, Gusti Yesus Kristus nindakake apa.

Panjênênganipun anandhang sangsara, kasalib dados ing sedanipun, nuntên kapêtak, têdhak dhatêng ing naraka, inggih punika anandhang sangsaranipun naraka, punika sadaya cumêrêp[69] amaedahi dhumatêng kula, inggih makatên ênggènipun angestokakên karsanipun Sang Rama, supados anguwalakên kula saking paukumanipun dosa ing donya sarta ing akherat.

Pitakon tuwin wangsulan iku mau anelakake bab pakaryane Gusti Yesus. Sasuwene ana ing donya kene tansah nandhang sangsara. Gusti Yesus anglampahi sangsara wiwit lair mula nganti tumêka seda. Apadene Gusti Yesus nandhang sangsara iku mau tumraping badan lan tumraping nyawa, sangsarane Gusti Yesus kang gêdhe dhewe nalika Panjênêngane nglairake pasambat ana ing patamanan Gètsemane, sarta nalika nglampahi kasalib ana ing gunung Golgota. Sangsarane [Sangsa...]

--- 149 ---

[...rane] Gusti Yesus kabèh mau ora karana saka dosane piyambak, awit Panjênêngane suci tanpa dosa, ananging Gusti Yesus anglampahi sangsara karana saka dosaning umate. Têrang ing: 1 Petrus 3:18, 1 Korinta 15:3. Gusti Yesus nandhang sangsara paukumane Gusti Allah kang pancèn marang wong dosa, manuswa kabèh kêna ing babêndune Gusti Allah marga saka dosane, banjur Gusti Yesus rawuh ing donya nyanggi paukuman babêndu iku mau, sarupaning sangsara kang dilampahi dening Gusti Yesus iku mijil saka babêndune Gusti Allah kang pancèn marang wong dosa, têmahan sangsara mau andadèkake kaslamêtane manuswa. Sangsarane Gusti Yesus ora pisan-pisan maedahi sarirane piyambak, nanging maedahi marang manuswa dosa. Sasuwene Gusti Yesus sugêng ing donya kene tansah ngestokake karsane kang rama klawan sampurna, tuwin nyanggi paukumane Gusti Allah kang pancèn marang wong dosa, supaya nguwalake wong dosa saka ing paukuman kang langgêng, sarta ngangsalake urip langgêng. Têrang ing: Mateus 20:28. Galati 3:13.

Gusti Yesus nandhang sangsara kapênthang ana ing kayu salib, paukuman salib iku paukuman kang nistha bangêt tuwin mirangake.

--- 150 ---

Wong kang ala dhewe padha kaukum nandhang kasalib, wong kang kaya mangkono iku mau kaanggêp wong kang kêna ipat-ipat utawa kêna ing laknate Gusti Allah marga saka pialane. Mangkono uga manuswa kabèh kêna ing laknate Gusti Allah marga saka dosane. Nanging Gusti Yesus kang tanpa dosa karsa dados laknat piyambak lantaran kapênthang ing kayu salib, supaya nguwalake wong dosa saka ing laknat utawa babêndune Gusti Allah kang langgêng. Têrang ing: Galati 3:18. Katêrangake manèh ing kene yèn Gusti Yesus nandhang sangsara kasalib, nganti dadi ing sedane, Gusti Yesus kaêsorake nganti tumêka ing seda. Têrang ing: Pilipi 2:8. Saupama Gusti Yesus mung nandhang sangsara ora nandhang seda, pakaryane ora sampurna, mangkono uga saupama Gusti Yesus nandhang seda ora lantaran kapênthang ing kayu salib, pakaryane iya ora sampurna. Awit dosa iku paukumane pati, supaya wong dosa luwar saka ing pati pêrlu yèn Gusti Yesus nandhang seda, apa manèh wong dosa iku padha kêna ing laknate Gusti Allah, supaya bisaa luwar saka ing laknat iku mau yèn Gusti Yesus kasalib, wus katêrangake ing dhuwur yèn paukuman salib iku paukuman kang gêdhe [gê...]

--- 151 ---

[...dhe] dhewe tuwin paukumane wong kang kêna ing laknat. Dadi wus tatela yèn sangsara lan sedane Gusti Yesus iku nguwalake wong dosa saka ing pati kang langgêng iya iku paukuman naraka. Wong kang pracaya marang Gusti Yesus padha mati uga, nanging pati mau ora minăngka paukuman, nanging minăngka lantaran ênggone lumêbu ing swarga, kanggo ngrucat kamanuswan kang kadosan, ngrasuk marang kasampurnan. Sawuse Gusti Yesus seda banjur kapêtak, ing têlung dinane banjur wungu saka ing padunungane wong mati. Têrang ing: 1 Korinta 15:4. Sawuse Gusti Yesus seda, ora banjur wungu tumuli, supaya tatelaa yèn Gusti Yesus, seda têmênan, lantaran ênggone kapêtak Panjênêngane anucèkake pakuburane wong pracaya.

Katêrangake ing kene manèh yèn Gusti Yesus, têdhak mênyang ing naraka. Apa Gusti Yesus têdhak mênyang panggonane paukuman langgêng, ora. Nalika Gusti Yesus seda nyawane kapasrahake mênyang ing ngarsane kang rama. Gusti Yesus têdhak mênyang naraka, têgêse: Gusti Yêsus nandhang sangsarane naraka iya iku nalika Panjênêngane nandhang sangsara ana ing patamanan Gètsemane, tuwin ana ing gunung Gotgota, [Gotgo...]

--- 152 ---

[...ta,][70] Gusti Yesus sambat sarta nguwuh-uwuh, èli, èli, lama sabaktani. Mateus 27:46. Manuswa dosa kang wajib nampani paukuman naraka langgêng marga saka dosane. Gusti Yesus iya nandhang sangsara iku mau supaya wong dosa bisaa luwar saka paukuman naraka. Apa manèh wong dosa wajib nampani paukuman naraka tumraping badan lan tumraping nyawa, mulane Gusti Yesus iya nandhang sangsaraning naraka iku mau tumraping sarira lan tumraping nyawa uga, nalika ana ing patamanan Gètsemane tuwin ana ing gunung Golgota, nanging sawuse seda, Gusti Yesus ora nandhang sangsara manèh, awit wus rampung. Nalika Gusti Yesus wungu saka ing seda mratandhani yèn wus unggul saka pangawasane iblis tuwin pangawasane pati, têmahan pakaryane Gusti Yesus sampurna, kanggo nêbusi dosaning manuswa.

Gusti Yesus nandhang sangsara iku mau kabèh marga saka dosaning umate, tuwin miturut karsane kang rama, minăngka panêbuse wong dosa. Sangsarane Gusti Yesus iku wus kapasthèkake dening kang rama, sadurunge rawuh ing donya. Gusti Yesus anglampahi sangsara kabèh iku mau kapasthèkake dening kang rama, têmah sangsara mau bisa nêbusi wong dosa. [do...]

--- 153 ---

[...sa.] Lantaran sangsara mau Gusti Yesus iya ngestokake karsane kang rama klawan sampurna, Gusti Yesus nyanggi paukumane Gusti Allah kabèh kang pancèn marang wong dosa. Wong dosa kêna kaupamakake karo wong utang kang akèh bangêt, nganti ora bisa nyaur, têmahan wajib nampani paukuman. Nanging ana sawijining wong sugih kang wêlasan, gêlêm nyauri utange wong mau nganti lunas, wusana wong kang duwe utang mau masthi luwar saka paukuman, awit utange wus lunas, mangkono uga manuswa kabèh padha duwe utang akèh bangêt marang Gusti Allah, iya iku dosa. Măngka kang minăngka pambayaring dosa iku mung paukuman, awit Gusti Allah iku maha adil, kang masthi ngukum marang sarupaning dosa. Dosa iku ora kêna ditêbus utawa disauri lantaran barang-barang kadonyan, dadia kaluhuran, kasugihan, kapintêran, tuwin kabêcikan. Têmahan ora ana wong siji-sijia bae kang bisa luwar saka ing dosa tuwin paukumane dosa, yèn mung marga saka dayane dhewe. Nanging Gusti Yesus iku wong sugih kang wêlasan, karsa bayari utange manuswa marang Gusti Allah nganti lunas, iya iku dosa tuwin paukumane dosa, lantaran Panjênêngane karsa

--- 154 ---

nandhang sangsara lan seda. Marga saka iku sangsara lan sedane Gusti Yesus angêdalake woh, iya iku nguwalake wong dosa saka ing dosane tuwin saka paukumane dosa, ing donya tuwin ing akherat.

Wohe sangsarane Gusti Yesus iku mangkene: wong kang dosane katêbus, padha kauwalake saka ing babêndune Gusti Allah, ing donya kene tuwin ing akherat. Wong iku mau ing jaman saiki kêrêp kêna ing paukuman uga, nanging paukuman mau minăngka piwulang tuwin pamardi. Tuwin wong pracaya ora tau kêna ing paukuman kang langgêng, sarta ora tau katumpês. Apa manèh ing jaman akir wong pracaya ora kêna ing paukuman manèh, malah kaparingan kabungahan kang langgêng.

33. Ênggone Gusti anandhang sangsara iku mau apa sajrone jumênêng Allah, apa sajrone jumênêng manuswa.

Namung salêbêtipun jumênêng manuswa, inggih nyawa tuwin salira kalih pisan.

Gusti Yesus ora nandhang sangsara tumraping ka-Allahane.

Sapisan: ka-Allahane Gusti Yesus, ora owah gingsir, kang ora owah gingsir ora sagêd nandhang sangsara.

--- 155 ---

Ping pindho: kang nglakoni dosa ing ngarsane Gusti Allah iku manuswa, mulane kang wajib nampani paukumane Gusti Allah iya manuswa. Marga saka iku ka-Allahane Gusti Yesus ora sagêd nyanggi dosane manuswa. Gusti Yesus nyanggi dosane manuswa tumrap kamanuswane, têmahan nandhang sangsara sajroning jumênêng manuswa, iya iku sarira lan nyawa sakarone pisan, têrang ing: Mateus 26:38. 1 Petrus 2:24. Gusti Lesus[71] ora mung nandhang sangsara tumraping sarirane bae, nanging ya tumraping nyawa uga, manuswa kabèh nglakoni dosa, tumraping badan lan tumraping nyawa, marga saka iku Gusti Yesus nandhang sangsara tumraping sarirane tuwin tumra[72] nyawane, supaya badan lan nyawane manuswa karo pisan bisaa kaluwaran saka ing babêndune Gusti Allah.

34. Sajrone nglampahi iku mau Gusti kasawaban apa dening ênggone jumênêng Allah.

Ênggènipun jumênêng Allah punika anyantosakakên kamanuswanipun ingkang pinundhut, ngantos kuwagang anadhahi babêndunipun Allah tumrap dosa, têmah kula sami kalêpatakên saking babêndu punika.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn Gusi Yesus nandhang sangsara tumraping [tu...]

--- 156 ---

[...mraping] kamanuswane, ka-Allahane Gusti Yesus ora sagêd nandhang sangsara awit ora owah gingsir. Ananging pêrlune apa juru slamêt ênggone jumênêng Allah. Supaya ka-Allahane Gusti Yesus nyantosakna kamanuswane. Putrane Allah mundhut kamanuswan, awitamanuswan[73] kang kapotangan ing ngarsane Gusti Allah, têmahan kamanuswane Gusti Yesus nyanggi paukumane Gusti Allah kang pancè[74] marang wong dosa, paukuman iku mau abot bangêt, apa manèh babêndune Gusti Allah marang wong dosa iku langgêng, ora ana wêkasane. Măngka kamanuswane Gusti Yesus iku titah, kang ana watêse, têmahan kamanuswane Gusti Yesus, ora sagêd nyanggi babêndune Gusti Allah kang tanpa wangênan. Yèn ora kasantosakake dening ka-Allahane. Têrang ing: Masmur 130:3, Nakhum 1:6. Ananging kamanuswane Gusti Yesus kasawaban dening ka-Allahane, banjur kuwagang nyanggi babêndune Gusti Allah tumrap marang wong dosa. Gusti Yesus ênggone nyanggi babêndune Gusti Allah nguwalake manuswa saka ing babêndu iku mau, têrang ing 1 Yokhanan 1:7.

35. Gusti Kristus apa lêstari sedane.

Botên, ing tigang dintênipun lajêng wungu, amikantukakên kalêrêsan kula. Rum 4:25.

--- 157 ---

Sarirane Gusti Yesus kang nandhang seda ana ing gunung Golgota ora lêstari seda, nanging ing têlung dinane wungu saka ing padunungane wong mati, mawi ngagêm kamulyan, têrang ing: 1 Korinta 15:17-18. Lukas 24:34. Ka-Allahane Gusti Yesus ora nandhang seda, mangkono uga mungguh nyawane Gusti Yesus iya ora nandhang seda, mulane wus têrang yèn ka-Allahane tuwin nyawane Gusti Yesus ora nandhang seda tuwin ora wungu saka ing padunungane wong mati. Kang seda iku sarirane Gusti Yesus, mulane kang kawungokake ing têlung dinane iku sarirane Gusti Yesus, sarira mau kaparingan kamulyan.

Nalika jaman prajanjean lawas para nabi amêmêca bab wungune Gusti Yesus saka padunungane wong mati. Têrang ing: Masmur 16:10. Yesayah 53:8. Nalika Gusti Yesus wungu, ana sawijining malaekat angandhakake bab prakara ika mau marang sadulur wadon sawatara, Gusti Yesus piyambak angatingali marang para sakhabat rambah-rambah sadurunge mekhrad mênyang swarga, dadi masthi nyata ênggone Gusti Yesus wungu saka padunungane wong mati, wungune Gusti Yesus kasêbut dadi ugêr-ugêre pracaya. Têrang ing: 1 Korinta 15:17-18. Saupama [Saupa...]

--- 158 ---

[...ma] Gusti Yesus ora wungu saka padunungane wong mati, pakaryane ora sampurna, saupama pakaryane Gusti Yesus kurang sampurna, manuswa kabèh masthi tiwas, wungune Gusti Yesus amratandhani ênggone nandhang sangsara lan seda sarta ênggone ngestokake karsane kang rama wus cukup. Minăngka dadi panêbuse wong dosa, mangkono uga wungune Gusti Yesus, mratandhani yèn kurbane tuwin pakaryane wus katarimah dening kang rama. Apa manèh wungune Gusti Yesus, mratandhani yèn Panjênêngane jumênêng Allah sajati, sarta ora kabawah dening pangawasaning iblis tuwin pati. Saupama Gusti Yesus ora wungu saka padunungane wong mati sangsara lan sedane ora bisa mitulungi marang wong dosa, awit kang lêstari kêna ing babêndune Gusti Allah tuwin lêstari seda, ora bisa ngluwari tuwin anguripake wong dosa, dadi wus tatela yèn wungune Gusti Yesus pêrlu kaanggêp dadi ugêr-ugêre pracaya.

Kitab Suci kêrêp nyaritakake bab wungune Gusti Yesus, kang andadèkake panglipure wong pracaya. Wungune Gusti Yesus maedahi bangêt marang wong dosa. Sapisan: mikantukake kabênêran marang kita, kabênêran tuwin karêsikane [karêsi...]

--- 159 ---

[...kane] manuswa ana ing ngarsaning pangadilane Gusti Allah iku ilang marga saka dosane. Banjur Gusti Yesus ngangsalake kabênêran tuwin karêsikan iku mau, lantaran nandhang sangsara lan seda, sarta nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah klawan sampurna. Lantaran wungune Gusti Yesus, kabênêran tuwin karêsikan iku mau kaparingake marang wong dosa kang padha pracaya marang Panjênêngane klawan têmên-têmên. Sakèhe wong kagungane Gusti Yesus padha kaetung rêsik tuwin sampurna marga saka pakaryane Gusti Yesus kang sampurna.

Ping pindho: Gusti Yesus mikantukake urip kang anyar kanggo wong dosa, lantaran ênggone nandhang sangsara lan seda, apa manèh Gusti Yesus mikantukake Roh Suci tumrap marang wong kang katêbus dening Panjênêngane, Roh Suci mau kaparingake marang wong dosa kang wus kaetung rêsik marga saka pakaryane Gusti Yesus mau. Roh Suci iku paring urip kang anyar tuwin anglairake ping pindho. Gusti Yesus gêsang manèh lantaran wungune saka ing seda, têmahan wong kang katêbus dening Panjênêngane iya padha kaparingan urip kang anyar tuwin langgêng lantaran pangawasane Roh Suci pêparinge Gusti Yesus.

Ping têlu: sasirane Gusti Yesus kang wus seda kawungokake [kawungoka...]

--- 160 ---

[...ke] ing têlung dinane, mangkono uga badane wong pracaya bakal katangèkake manèh saka padunungane wong mati klawan rahayu tuwin mulya, iya iku ing besuk jaman kiyamat. Gusti Yesus iku sasirahe wong pracaya, tuwin kaparingan kamulyan sawuse wungu saka ing dosa. Mangkono uga sakèhe wong pracaya utawa kang katêbus dening Gusti Yesus bakal kaparingan kamulyan, têrang ing: Mateus 8:11.

36. Dumununge Gusti Kristus mungguh kamanuswane ana ing ngêndi saiki.

Gusti sampun sumêngka dhatêng ing swarga, pinarak wontên ing têngênipun Allah Sang Rama, dados jinunjung ing kaluhuran ingkang pinunjul piyambak, angungkuli sawarninipun tumitah sadaya.

Sawuse Gusti Yesus wungu saka ing seda, banjur mekhrad utawa sumêngka mênyang swarga. Katingalan dening para rasul, têrang ing: Markus 16:19. Para Rasul 1:9. Gusti Yesus minggah mênyang ing swarga tumraping kamanuswane, iya iku sarira lan nyawa, ka-Allahane Gusti Yesus ora sumêngka mênyang swarga awit tansah manggèn ing saênggon-ênggon.

Ana ing swarga Gusti Yesus tansah nglêstantunake kabêcikane wong pracaya, sanadyan ing saiki Gusti Yesus ora katingal [kati...]

--- 161 ---

[...ngal] ana ing donya kene, nanging atine wong pracaya ora padha kagèt, kaya kang katêrangake dening Gusti Yesus piyambak, ing: Yokhanan 20:29. Gusti Yesus bakal tulus ana ing swarga nganti tumêka ing jaman kiyamat. Banjur bakal rawuh manèh ngadili manuswa kabèh. Apa Gusti Yesus nilar wong pracaya nalika sumêngka mênyang ing swarga. Ora pisan-pisan, sanadyan wong pracaya katilar dening kamanuswane Gusti Yesus, nanging ora tau katilar dening ka-Allahane. Ka-Allahane, kawasane, pangandikane, sih rahmate tuwin rohe Gusti Yesus tansah nganthi wong kagungane ing salawas-lawase. Yèn mangkono apa ka-Allahane tuwin kamanuswane Gusti Yesus kapisah. Ora pisan-pisan, ka-Allahane Gusti Yesus ana ing saênggon-ênggon, tansah nunggil karo kamanuswane, dadia ing bumi, dadia ing swarga.

Sawuse Gusti Yesus sumêngka mênyang ing swarga, banjur pinarak ing satêngêne Allah kang Rama jinunjung ing kaluhuran kang pinunjul, anglangkungi sarupaning titah kabèh. Têrang ing: Èpêsus 1:20,21. Prakara iku mau mratelakake yèn Gusti Yesus kaparingan kamulyan tuwin kawasa kang pinunjul piyambak, ing kene Gusti Allah kaupamèkake kayadene ratu kang pinarak [pina...]

--- 162 ---

[...rak] ana ing dhampare. Mungguh wong kang pinarak ana ing satêngêne sawijining ratu ing dhampare, iku kaparingan kaurmatan kang pinunjul, mangkono uga Gusti Yesus kaparingan kaluhuran tuwin kawasa kang pinunjul, dening Gusti Allah. Gusti Yesus lêstantun pinarak ana ing dhampare Allah, supaya bisaa ngratoni pasamuane tuwin titah-titah kabèh. Ananging apa Gusti Yesus ora jumênêng ratu saka langgêngan[75] tumêka ing kalanggêngan. Tamtu. Gusti Yesus jumênêng ratu langgêng, awit Allah sajati. Ka-Allahane Gusti Yesus ora kapinarakake ing têngêne Allah kang Rama. Kang jinunjung ing kaluhuran iku Gusti Yesus dadi juru slamêt. Nalika Gusti Yesus sumêngka mênyang swarga, Panjênêngane dadi juru slamêt, kaparingan kaluhuran tuwin pangawasa kang pinunjul, anglangkungi titah-titah kabèh, kang ana ing swarga, tuwin kang ana ing bumi.

37. Ênggone Gusti jinunjung ing kaluhuran samono iku, kang tinuju apa.

Witipun ingkang tinuju supados wontên ing swarga amêngku sagêlênganing para tiyang kagunganipun, sarta andongakakên kula wontên ing ngarsanipun Sang Rama.

Mungguh tujune mekhrade Gusti Yesus iku ana rong prakara.

--- 163 ---

Sapisan: Gusti Yesus andadongakake wong pracaya.

Ping pindho: Gusti Yesus amêngku sagêlêngane wong kagungane.

Perangan sapisan: Gusti Yesus ana ing swarga andongakake wong kang pracaya, ing jaman saiki wong pracaya tansah padha katempelan dosa, mulane wajib nampani paukuman, ananging Gusti Yesus tansah andongakake wong kagungane landhêsan kurbane piyambak kang sampurna, supaya aja nganti katumpês. Têrang ing: Ibrani 7:25. 1 Yokhanan 2:1. Ayat-ayat iku mau anelakake yèn Gusti Yesus sumêngka mênyang swarga ananggêl kaslamêtane wong pracaya.

Perangan ping pindho: Gusti Yesus ana ing swarga amêngku sagêlêngane wong kagungane. Pinarake Gusti Yesus ana ing swarga maedahi bangêt marang umate ana ing swarga Gusti Yesus ngêsokake Roh Suci kadunungake sajroning atine wong pracaya. Apa manèh ana ing swarga Gusti Yesus maringi dêdana rupa-rupa marang umate. Nalika Roh Suci nêmbe kaêsokake pasamuan Kristên kaparingan dêdana kang ora lumrah, kaya [ka...]

--- 164 ---

[...ya] ta: nyarasake wong lara rupa-rupa, nglungakake dhêmit, micara nganggo lesan kang anyar, sapanunggalane.

Kajaba saka iku pasamuan Kristên tansah kaparingan dêdana kang lumrah, kaya ta: kawruh, pracaya, pangarêp-arêp, pirukun, kasabaran, sapanunggalane. Apa manèh Gusti Yesus ana ing sawarga tansah ngrimati wong kagungane, wong pracaya ing jaman saiki padha nandhang kasusahan rupa-rupa, kaya ta: kasêngitan, kasiya-siya, kagodha, sapanunggalane. Nanging Gusti Yesus tansah ngrêksa pasamuane, têmahan ora tiwas, malah masthi padha olèh urip langgêng. Kaya kang katêrangake ing: Yokhanan 10:28.

38. Kang iku apa gusti ora sida nunggil kalawan kita, kongsi tumêka wêkasane jaman, kaya saprasêtyane ing Mateus 28:20.

Sapintên jumênêngipun Allah, mênggah kaluhuran, sih rahmat tuwin rohipun, botên nilar-nilar dhumatêng kula, nanging sapintên jumênêngipun manuswa dumunungipun wontên ing swarga ngantos dumugi benjing rawuhipun badhe angadili para tiyang ingkang gêsang akalihan ingkang pêjah.

Sanadyan Gusti Yesus mekhrad mênyang swarga, ewasamono [ewasamo...]

--- 165 ---

[...no] ka-Allahane, kaluhurane, sih rahmate, tuwin rohe ora nilar-nilar wong pracaya kang ana ing donya kene, sapira jumênênge Allah Gusti Yesus tansah cêlak karo wong pracaya, nanging sapira jumênênge manuswa Gusti Yesus ana ing swarga, nganti tumêka besuk rawuhe bakal angadili wong kang urip lan wong mati. Kitab Suci anelakake yèn Gusti Yesus ana ing swarga ora nilar wong kang pracaya. Têrang ing: Mateus 18:20. Yokhanan 16:7. Mangkono uga Kitab Suci anelakake yèn Gusti Yesus bakal rawuh manèh angadili wong kang urip tuwin wong kang mati, têrang ing: Para Rasul 3:21; 1:11. 2 Korinta 5:10. Gusti Yesus iku sasirahe pasamuan Kristên, tuwin gustine titah-titah kabèh. Prakara iku mau katitik saka pangrèhe Gusti Yesus marang wong pracaya tuwin marang titah liya-liyane. Ananging manuswa durung andêlêng kamulyane Gusti Yesus nganggo mripat kadagingan, ewadene kamulyan iku mau bakal katingal uga bêsuk samasa Gusti Yesus rawuh manèh. Gusti Yes[76] bakal rawuh saka ing swarga anitih meganing langit, ngagêm sarira kang mulya, banjur manuswa kabèh bakal andêlêng marang Panjênêngane. Wong kang wus mati bakal katangèka[77] saka padunungane [pa...]

--- 166 ---

[...dunungane] wong mati, wong kang isih kari urip bakal salin utawa malih rupa, ing nalika iku samubarang kang samar bakal kalairake, sarta Gusti Yesus bakal angadili pangangên-angêne, pitêmbungane lan kalakuane manuswa, awin[78] Gusti Lesus tansah nguningani lair lan batine manuswa. Apa manèh bakal mundhut panjawab tumrap ingatase têmbung lêlahan kang tau kaucapake. Dene kang kadamêl wêwaton Gusti Yesus ênggone angadili iku anggêr-anggêre Yêhuwah, kang kaparingake marang manuswa. Panjênêngane bakal angadili kalawan kabênêran, tuwin kalawan kaadilan. Ora ana wong siji-sijia kang wêruh dina rawuhe Gusti Yesus, kang kapindho. Gusti Yesus bakal rawuh dadakan. Dina pangadilan iku mau bakal anggêgirisi kanggo wong kang ora pracaya marang Panjênêngane. Ananging bakal ambungahake atine wong kang pracaya, malah wong iku tansah padha ngarêp-arêp dina iku mau. Nalika Gusti Yesus rawuh kang sapisan Panjênêngane dadi juru slamêt kang sajati, ing jaman besuk rawuhe Gusti Yesus kang kapindho bakal jumênêng khakim. Măngka kang jumênêng khakim iku ing maune wus kaukum piyambak, karana saka dosaning umat kagungane, supaya luwar saka paukuman, [paukuma...]

--- 167 ---

[...n,] têmahan ing besuk dina pangadilan sakèhe wong kang padha pracaya marang Gusti Yesus masthi ora bakal kaukum, awit dosane wus katêbus dening Gusti Yesus nalika rawuh kang sapisan dadi juru slamêt. Mulane wong pracaya tansah padha ngarêp-arêp dina rawuhe Gusti Yesus ênggone jumênêng khakim. Ana ing donya kene wong pracaya tansah kasêngitan tuwin kasiya-siya karana saka asmane Gusti Yesus, kêrêp kaukuman ala marga padha ngabêkti marang Gusti Allah, ananging besuk ing dina pangadilan wong kang sêngit lan anganiaya iku mau masthi bakal kaukum dhewe.

Sadurunge Gusti Yesus rawuh ping pindho, tatêngêran utawa sasmita rupa-rupa bakal katon dhisik.

Sapisan: papêrangan, pating pathênthênging băngsa mamungsuhan padha băngsa, kraton mamungsuhan padha kraton, pagêblug, lindhu ing saênggon-ênggon, tuwin pailan.

Ping pindho: Injile Kristus bakal kaundhang-undhangake wrata sajagad kabèh.

Ping têlu: akèh wong Kristên padha murtat.

Ping pat: bakal ana karubêdan gêdhe, kang maune durung tau ana wiwit saka dumadining jagad.

--- 168 ---

Ing jaman pangadilan satrune Gusti Allah iya iku iblis sakanthine kabèh bakal kaukum ing salawas-lawase, nanging sakèhe papilihane Gusti Allah iya iku wong kang padha pracaya marang Gusti Yesus bakal kaparingan kaslamêtan tuwin kamulyan kang langgêng. Kajaba saka iku jagad bakal kabangun kaanyarake, banjur sakèhe manuswa papilihane Gusti Allah iku mau bakal manggon ana ing bumi anyar ing salawas-lawase. Kaanane manuswa ana ing bumi anyar tansah kaparingan kabungahan tuwin kamulyan kang sampurna. Ora bakal nandhang kasusahan manèh, ora kagodha, sabab iblis sakancane kabèh wus kaukum ana ing naraka langgêng. Ora bisa anggodha tuwin anglawan marang manuswa. Apa manèh wong kang mulya mau padha tatunggalan kalawan Gusti Allah tuwin Gusti Yesus Kristus, padha ngawula marang Panjênêngane sarta ngluhurake asmane ing salawas-lawase.

39. Mungguh kawontênane Roh Suci, kowe apracaya apa.

Roh Suci akalihan Sang Rama tuwin Sang Putra, atunggil jumênêng Allah sajati sarta kadim, punapa malih sasampuning kaparingkên dhumatêng kula dening Sang Rama, alantaran pangantawisipun sang

--- 169 ---

putra, lajêng anitahakên batos enggal wontên ing kula, anuntun lampah kula wontên ing kalêrêsan, anglipur manah kula, sarta nunggil kalihan kula langgêng salaminipun.

Roh Suci iku wijangan ping têlu sajroning date Gusti Allah. Gusti Allah ora maujud, awit asipat roh. Sipate Gusti Allah iku beda karo roh kang maha suci, Roh Suci iku ora mung sawijining sipate Gusti Allah bae, ananging jumênêng Allah sajati, tunggal dat kalawan kang rama tuwin kang putra. Têrang ing: 1 Yokhanan 5:7. Roh suci anitahake langit lan bumi sarêng kalawan kang rama tuwin kang putra. Roh Suci iku sampurna, mulane wajib diurmati dening manuswa. Têrang ing: Para Rasul 5:3,4. Kamulyane, kawicaksanane, kawasane tuwin sih piwêlase sami kalawan kang rama tuwin kang putra. Mangkono uga Roh Suci jumênêng langgêng, miyos saka kang rama tuwin kang putra, saka kalanggêngan tumêka ing kalanggêngan. Roh Suci iku mau kaparingake marang wong dosa. Têrang ing: Galati 4:6. Manuswa kang wiwitan kadunungan Roh Suci, têmahan atine tuwin nalar budine tansah padhang, bisa wanuh karo Gusti Allah kang sajati, ananging sawuse manuswa tumiba ing dosa, katilar dening Roh Suci, têmahan nalar budine [budi...]

--- 170 ---

[...ne] dadi pêtêng, pangawruhe marang Gusti Allah banjur samar. Ananging marga saka sih piwêlase Gusti Allah manuswa dosa kaparingan Roh Suci manèh, landhêsan pakaryane Gusti Yesus. Marga saka iku wus têrang yèn Roh Suci mêlasi marang wong dosa. Kang rama mêlasi wong dosa lantaran ngutus kang putra, kang putra mêlasi lantaran ênggone rawuh ing donya tuwin nandhang sangsara lan seda. Roh Suci mêlasi wong dosa lantaran dumunung sajroning atine wong kang wus kapilih dening kang rama tuwin kang dosane wus katêbus dening kang putra.

Mungguh paedahe ênggone Gusti Allah paring Roh Suci marang wong dosa iku kapriye. Gusti Yesus mikantukake warisan urip langgêng utawa karahayon langgêng, lantaran ênggone nandhang sangsara lan seda. Nanging manuswa dosa marga saka pêtênging nalar budine ora gêlêm malah ora bisa nampani warisan iku mau yèn mung saka watêke tuwin dayane dhewe, yèn atine ora kabuka tuwin kapadhangan dhisik dening pangawasane Roh Suci. Roh Suci karsa dumunung sajroning atine wong dosa, têmahan wong dosa gêlêm tuwin bisa nampani kaslamêtan sarta ngungsi marang juru slamêt, mungguh pakaryane Roh Suci sajroning atine manuswa iku mangkene:

--- 171 ---

Sapisan: Roh Suci nitahake batin anyar, têrang ing: Yokhanan 3:5; 6:63. Manuswa kabèh wus mati marga saka dosane, nalar budine pêtêng, watêke utawa dhasare tuwin lakune tansah ala nyulayani karsane Gusti Allah, apa manèh kasucène ilang. Ananging Roh Suci karsa anggêsangake wong dosa lantaran pangawasane bae. Lantaran kalairan kapindho wong dosa kaparingan watêk utawa dhasar kang anyar tuwin suci. Mungguh kalairan ping pindho iku katrangane mangkene: manuswa kang lair sapisan, iku lair saka ing gêtih lan daging, utawa lair saka bapa biyung, têmahan lair klawan nandhang dosa, uripe mung tansah sênêng miturut pakarêmaning daging bae, ora sênêng nglakoni miturut karsane Gusti Allah, malah pancèn ora bisa. Têrang ing: Rum 8:7. Nanging manuswa kang kalairake kapindho, iku lair saka kawasane Roh Suci. Roh Suci kang karsa ambangun utawa nganyarake atine wong dosa, madhangi nalar tuwin budine, têmahan watêke utawa dhasare dadi anyar, wusana uripe tansah nglakoni miturut apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa manèh tansah kasêngsêm marang kasucèn.

Ping pindho: Roh Suci nuntun lakune wong dosa ana ing kabênêran, [ka...]

--- 172 ---

[...bênêran,] têrang ing: Yokhanan 14:26. Wong kang wus kaparingan ati kang anyar lantaran kalairan kapindho, ora bisa mratobat tuwin ngowahi lakune, yèn ora katuntun dening Roh Suci. Roh Suci karsa mamulang marang wong iku mau, supaya padha bisaa rumasa gêdhening dosane, tuwin sêngit marang sarupaning piala. Wong iku mau banjur kaparingan kakuwatan supaya bisaa ambuwang pratingkah kang ala sarta anglakoni kang bêcik. Patrap kang kaya mangkono iku mau lantaran kalairan kapindho wong dosa padha bisa mratobat, marga saka pangawasane Roh Suci. Wong kang kadunungan Roh Suci ora tau katilar dening Panjênêngane, nanging tansah padha katuntun-tuntun ing salawas-lawase. Supaya bisaa mratobat ing sadina-dina.

Ping têlu: Roh Suci anglipur atine wong dosa. Roh Suci ora mung nyumêrêpake gêdhening dosa bae, nanging iya nyumêrêpake gêdhening sih piwêlase Gusti Allah, têrang ing: Para Rasul 9:31. Roh Suci mamulang marang wong kang rumasa gêdhening dosane, iya iku bab pakaryane Gusti Yesus juru slamêt kang sajati, kang mikantukake pangapuraning dosa tuwin urip kang langgêng. Mangkono uga wong iku mau kaparingan kakuwatan [ka...]

--- 173 ---

[...kuwatan] supaya bisa angungsi marang Gusti Yesus. Lantaran pakaryane Roh Suci wong dosa bisa pracaya marang juru slamêt kang sajati, tuwin olèh katêntrêman kang sajati, măngka Roh Suci ora mung nglipur sapisan bae. Nanging paring pracaya salawase manuswa ana ing donya kene.

Ping pat: Roh Suci anunggil kalawan wong dosa iku mau langgêng salawase, têrang ing: Yokhanan 14:16. Wong pracaya ora katilar dening Roh Suci ing jaman saiki tuwin ing jaman besuk, ing jaman samêngko wong pracaya tansah kadunungan Roh Suci, mangkono uga wong iku mau sawuse mati bakal kadunungan Roh Suci ing salawas-lawase.

40. Bab patunggalan pasamuan kang suci sarta waradin iku ênggonmu pracaya kapriye.

Punika ênggèn kula pitados makatên, para tiyang panunggilanipun sakathahing para umat ing sajagad, sapintên ingkang pinilih dhatêng gêsang langgêng, punika sami dipun kalêmpakakên dening putranipun Allah, margi saking roh tuwin pangandikanipun, kadadosakên pasamuan satunggil kagungan saha wêwêngkonipun piyambak, măngka kula punika pitados dados panunggilanipun pasamauan wau ingkang saèstu, saha badhe kalêstantunakên makatên langgêng salaminipun.

--- 174 ---

Pitakon tuwin wangsulan iku mau anelakake bab pasamuane wong kang padha pracaya marang Gusti Yesus. Pasamuan mau kasêbut pasamuan Kristên. Amarga golongane wong kang pracaya iku kagungane Gusti Yesus piyambak, Gusti Yesus iku sasirahe pasamuan mau, golongane wong pracaya iku sarirane Kristus. Têrang ing: Èfêsus 4:12. Kang kalêbu ing pasamauan mau, sapira wong kang pinilih ing urip langgêng. Kang rama wus milih marang wong kang kamot ana ing Kristus, sadurunge jagad tinalêsan. Têrang ing: Rum 8:29,30. Èpêsus 1:4. Para papilihan iku mau kaparingake marang kang putra, kadadèkake sarirane Gusti Yesus.

Pasamuan Kristên iku mau kasêbut pasamauan satunggal, awit sakèhe wong kang pracaya padha dadi gêlêngan siji utawa sarira siji. Sakèhe wong kang pracaya padha katunggalake kalawan Gusti Yesus, tuwin kalawan pêpadhane kang pracaya. Têrang ing: Èfêsus 4:11,12. Kabèh padha tunggal sarira, tunggal roh, tunggal Gusti, tunggal pracaya, tunggal baptis, tunggal Allah kang Rama. Têrang ing: Èfêsus 4:4,6.

Pasamuan satunggal iku mau iya kasêbut suci, sakèhe wong kang kagungane Gusti Yesus padha kasucèkake [kasucèka...]

--- 175 ---

[...ke] dening rahe Gusti Yesus, tuwin Roh Suci. Mulane pasamuane Gusti Allah utawa padalêmane Allah kêna kasêbut suci. Têrang ing: 1 Korinta 3:17.

Apadene pasamuan Kristên kasêbut wradin, awit manggon ing saênggon-ênggon. Gusti Yesus ora mung nimbali băngsa siji bae, ananging sarupaning băngsa ing salumahe bumi. Têrang ing: Wahyu 5:9.

Pasamuan iku mau bisa lêstari mung lantaran Gusti Yesus, kang dadi têtalêse, bandarane tuwin sasirahe pasamauan, angêmpalake para papilihan saka sakèhe para umat iku mung Gusti Yesus, mangkono uga Gusti Yesus tansah ngrimati tuwin ngrêksa wong kagungane. Mulane Gusti Yesus kaupamèkake karo juru pangon kang utama. Têrang ing: Yokhanan 10:11.

Gusti Yesus ngêmpalake para papilihane kang ana ing salumahe bumi lantaran Roh Suci, tuwin lantaran pangandikane. Têrang ing: Para Rasul 16:14. Wiwit nalika Adam tumiba ing dosa tumêka pungkasaning jaman.

Kang kêna kaanggêp dadi gagêlitane pasamuan Kristên iku sapa. Sakèhe wong kang pracaya marang Gusti Yesus kalawan eklasing [e...]

--- 176 ---

[...klasing] ati. Wong lamis kang ngakoni asmane Gusti Yesus, nanging ora pracaya klawan têmên, iku ora kêna kaanggêp dadi gagêlitane sarirane Gusti Yesus. Têrang ing: Mateus 7:21. 1 Yokhanan 2:14, Yokhanan 10:28.

Mungguh pasamuan Kristên iku salong manggon ana ing swarga, salong isih ana ing donya kene, salong durung kêlair. Pasamuan Kristên kang ana ing swarga iku wus angrasakake kabungahan kang sampurna, ananging sapamuan[79] kang ana ing donya kene isih paprangan karo iblis, dosa tuwin gêlêngane wong kang ora pracaya.

Mungguh gagêlitane pasamuan Kristên iku padha apitêpungan, awit dadi gagêlitane badan siji, iya iku sarirane Gusti Yesus.

Sapisan: sakèhe wong kang pracaya padha apitêpungan kalawan Gusti Yesus sasirahe pasamuan Kristên, sakèhe wong pracaya anduwèni juru slamêt siji, iya iku Gusti Yesus, tuwin padha kaparingan amal-amal kaswargan utawa kasukman, kaya ta: pangapuraning dosa, pracaya, pitobat, trêsna, urip langgêng, sapanunggalane. Prakara iku mau anjalari wong kang pracaya lipur tuwin sumendhe marang Gusti

--- 177 ---

Yesus, ora tau kapisahake saka ing Panjênêngane, marga saka iku wong pracaya wajib masrahake badan lan nyawane marang Gusti Yesus.

Ping pindho: wong pracaya apitêpungan karo pêpadhane kang pracaya, wong kang pracaya kabèh padha dadi gagêlitane badan siji, mulane gagêlitane badan siji mau ora kêna lawan-linawan, yèn lawan-linawan masthi enggal rusak. Mangkono uga gagêlitane badan siji ora kêna pisah, manawa gagêlitan siji krasa lara, banjur gagêlitan kabèh mau krasa lara. Manawa gagêlitan siji kaajenan, banjur gagêlitan kabèh mèlu bungah. Têrang ing: 1 Korinta 12:26. Marga saka iku wong kang pracaya padha kadhawuhan ambêcikake pêpadhane kang pracaya. Sabên wong kang pracaya kaparingan dêdana rupa-rupa, wong iku mau wajib angêtrapake dêdana iku mau minăngka kabêcikaning pêpadhane, padha kadhawuhan mêlasi marang wong lara, tuwin marang wong kang nistha tumraping badan, nglipur wong kang prihatin, ngelikake wong kang kêsasar, nguwatake wong kang lêmês, apa manèh wong Kristên wajib mitulungi pêpadhane klawan bungah tuwin kalawan trêsna. Manuswa kabèh kadhawuhan manjing pasamuan iku mau, wong kang ora dadi

--- 178 ---

gagêlitane pasamuan Kristên, ora olèh kaslamêtan. Nanging sakèhe wong kang dadi gagêlitane pasamuan Kristên têmênan, bakal tulus lêstari dadi gagêlitane pasamuan iku mau ing salawase, wong kang dadi gagêlitane pasamuan Kristên mung lair bae, kaupamakake karo pang kang garing, kang bakal dirakupi banjur kaobong kacêmplungake ing gêni. Têrang ing: Yokhanan 15:6.

41. Ênggone Gusti adamêl pakumpulan pasamuan mau kapapanake ana ing ngêndi.

Wontên ing pundi-pundia panggenan, ingkang kangge amulangakên pangandikanipun Allah ing salêrêsipun akanthi nindakakên pranata sêsêngkêran (sakramèn) miturut sapamatahipun Gusti Kristus.

Pitakon tuwin wangsulan patang puluh siji anelakake titikane pasamuan Kristên. Pasamuan apa kang katitik têmên. Kang katitik têmên iya iku:

Sapisan: pasamuan kang mulangake pangandikane Gusti Allah ing sabênêre, utawa ngabarake Injil miturut karsane Gusti Allah.

Ping pindho: nindakake pranata sasêngkêran suci miturut [mituru...]

--- 179 ---

[...t] sapamatahe Gusti Yesus, utawa nêtêpi pranata baptis tuwin bujana suci miturut dhawuhe Gusti Yesus. Pasamuan Kristên kang ora nglakoni rong prakara iku mau, ora nyondhongi karsane Gusti Allah. Pasamuan Kristên kabèh angabarake pangandikane Gusti Allah tuwin anindakuke[80] pranata sasêngkêran suci.

Ananging ana sawênèh kang nglakoni rong prakara iku mau ora miturut karsane Gusti Allah, utawa kang sumingkir saka pangandikane Gusti Allah, tuwin saka pranatane kang kaparingake marang pasamuan Kristên ing jaman saiki. Pratingkah iku mau luput bangêt. Mulane pêrlu sabên wong wajib malêbu ing pasamuan Kristên kang mulangake pangandikane Gusti Allah ing sabênêre, sarta kanthi nindakake pranata sasêngkêran suci miturut ing sapamatahe Gusti Yesus Kristus.

42. Pasamuan mau kataman kanugrahan apa saka Gusti Allah.

Kaparingan pangapuntêning dosa, tanginipun jasad pêjah tuwin gêsang langgêng.

Pasamuane wong kang pracaya kaparingan kanugrahan têlung prakara saka ing Gusti Allah.

Sapisan: pangapuraning dosa. Pangapuraning dosa iku pêparinge [pêpa...]

--- 180 ---

[...ringe] Gusti Allah ora ladhêsan kabêcikaning manuswa, ananging mung landhêsan kurbane Gusti kita Yesus Kristus. Gusti Allah ngapuntêni dosane wong kang pracaya kabèh, dadia tumrap panggawe, dadia têmbung, dadia pangangên-angên kang ala, Gusti Allah ora ngèngêti manèh marang dosane wong kang wus katêbus sarana kurbane Gusti Yesus, pêparing bab pangapuraning dosa iku mung mijil saka sih piwêlase Gusti Allah bae, tuwin andadèkake katêntrêman kang sajati. Wong kang dosane wus kaapura iku wus karukunake karo Gusti Allah, ora bakal kêna ing paukuman babêndune Gusti Allah kang langgêng. Prakara iku têrang ing: Èfêsus 1:7.

Ping pindho: wong pracaya kaparingan kanugrahan tangine jasad saka ing pati. Gusti Allah anitahake manuswa kaparingan badan lan nyawa. Badan nyawa iku mau tunggal, nanging samasa manuswa mau mati, badan lan nyawa mau banjur pisah, badane manuswa bali mênyang lêbu pinangkane, nyawane bali mênyang ngarsane Gusti Allah. Nyawane wong kang tinggal donya ora bisa sirna, nyawa mau ora manggon ing sajroning kubur, tuwin ora bisa manjing ing titah liya-liyane, ora bisa nitis marang macan tuwin marang khewan liya-liyane, nanging nyawa mau

--- 181 ---

sawuse pisah saka ing badane banjur sowan ing ngarsane Gusti Allah, nampani wêwalêsing uripe. Nyawane wong pracaya kaparingan paukuman[81] kang langgêng. Têrang saka pangandikane Gusti Yesus bab pralambange wing sugih karo Lasarus. Lukas 19:19-31. Miturut katêrangan iku mau Gusti Allah wus nyawisi panggonan loro marang manuswa kabèh, iya iku swarga panggonan kabungahan lang[82] langgêng, tuwin naraka panggonan paukuman kang langgêng, ora ana wong siji-sijia kang nyawane bisa oncat saka panggonan loro iku mau, yèn ora ana ing swarga, iya ana ing naraka. Awit nyawane manuswa iku ora kayadene manuk kang ucul saka kurungan banjur miturut sakarêpe dhewe, nanging nyawane manuswa tansah kawêngku dening Gusti Allah, bakal nampani wêwalês miturut panggawene dhewe-dhewe, kaya kang katêrangake ing dhuwur mau. Akèh wong kang duwe pangira yèn nyawane wong kang tinggal donya iku banjur nglêmbara ing saênggon-ênggon, ana kang manggon ing pakuburan sawatara dina, ana kang bisa nitis marang pêpadhane manuswa, ana kang manjing marang khewan-khewan, lan sapanunggalane. Nanging pangira iku luput, saupama nyata, dadi nyawane wong kang wus mati sawuse oncat saka

--- 182 ---

ing badane banjur duwe pangawasa lan bisa miturut sakarêpe dhewe, yèn mangkono nyawa mau masthi iya bisa manjing marang badane kang wis dikubur, banjur tangi sarta urip manèh, mangkono uga nyawa mau iya bisa mitulungi marang ahli warise kang isih urip ana ing donya, wusana ahli waris mau ora bakal susah sanadyan ditinggal mati. Nanging prakara iku mokhal bangêt yèn nyawane manuswa kang wus mati bisa oncat saka ngarsane Pangeran, mangkono uga mungguh badane manuswa, sawuse oncat nyawane, kayadene barang, kang wus ora duwe daya tuwin kêkarêpan apa-apa. Nyawane mau ora bisa mitulungi marang badane kang katinggal. Marga saka iku wus tatela bangêt wong kang ora bisa mitulungi marang awake dhewe, iya masthi ora bisa mitulungi marang wong liyane. Mulane wong kang sujud utawa ngabêkti marang wong ka wus mati iku luput, malah mung andadèkake kanisthane bae, ora beda karo wo[83] kang sujud utawa ngabêkti marang rêca-rêca, sanadyan padha duwe mripat, nanging ora bisa andêlêng, duwe kuping ora bisa ngrungu, sarta duwe tangan ora bisa gumlawat. Apa manèh duwe cangkêm ora bisa clathu. Akèh wong kang carita yèn ana wong kang banjur

--- 183 ---

ngatoni marang wong kang urip, nganti sawatara dina, ana kang sawuse dikubur banjur katon dadi macan tuwin cèlèng, ana kang pakuburane wingit utawa angkêr, carita kang mangkono iku pancèn iya sêring-sêring nyata, nanging kanyataan kang mangkono iku mau ora marga saka dayane wong kang wus mati, mung marga saka dayane iblin[84] lan dhadhêmit kang tansah nasarake marang wong, supaya wong padha wêdi lan ngandêl marang pakuburan, têmahan banjur padha ngabêkti lan nêgês marang wong mati, wusana wong kang mangkono masthi ora ngabêkti marang Gusti Allah, sarta o[85] ngandêl marang pitulungane Gusti Allah. Ana manèh wong kang duwe pangira yèn wong mati sawuse dikubur nyawane bali mênyang badane, badan mau bisa tangi manèh sawatara dina sajroning kubur, mulane yèn pinuju têlung dinane utawa pitu dinane kuburan mau padha ditiliki dening ahli warise, disajèn-sajèni sarta dikutugi, banjur disuwuni pandonga utawa barkah, mangkono uga ahli warise mau iya padha andongakake supaya wong kang mati mau bisaa olèh dalan kang padhang sarta bisaa rahayu. Nanging pangira iku mau mokhal bangêt, saupama nyata yèn wong kang wus mati nyawane bisa bali mênyang badane ana sajroning kubur

--- 184 ---

masthi bisa nyuwara, lan bisa omong karo kang padha niliki mamau,[86] banjur bisa mêtu saka ing kubur. Miturut pangandikane Gusti Allah kang kasêbut ing Kitab Suci: pancèn nyata yèn badane wong mati ora bakal lêstari manggon ana ing kubur, malah bakal katangèkake manèh saka padunungane wong mati, nanging besuk ing jaman kiyamat. Sabên badan kaparingan nyawane dhewe-dhewe, sarta ora mung tangi sawatara dina, nanging bakal tangi ing salawase. Mulane wong kang padha pracaya tansah ngarêp-arêp tangine badan saka padunungane wong mati. Têrang ing: Ayub 19:25,26 akèh wong kang ora ngandêl prakara iku, malah padha ngarani mokhal yèn badane wong mati bakal tangi manèh. Pancèn iya mokhal ingatase manuswa, nanging ingatase Gusti Allah ora ana barang kang mokhal. Awit Gusti Allah iku maha kawasa, kang nitahake samubarang tanpa bakal, tamtu Gusti Allah iya kawasa nangèkake badane wong kang wus mati. Gusti Yesus nalika sugêng ing donya kene kêrêp nangèkake badane wong kang wus mati, apa manèh sarirane Gusti Yesus piyambak kawungokake saka ing seda, mangkono uga Gusti Allah iya kawasa nangèkake badane wong liya-liyane. [liya-liya...]

--- 185 ---

[...ne.] Manuswa ora bisa nitipriksa kapriye patrape Gusti Allah ênggone nangèkake wong kang wus mati. Nanging prakara iku ana prasêmone uga, mungguh badane wong kang wus mati kêna kaupamakake karo wiji kang kasêbar, wiji iku mau wus mati, nanging bakal bisa thukul tuwin urip manèh, mangkono uga badane manuswa kang kasêbar ana ing kubur sanadyan wus mati nanging wijine badan mau bakal bisa tangi manèh saka ing pati, wong kang pracaya iku kang kasêbar badan kang nistha, kang bakal tangi iku badan kang mulya. Têrang ing: 1 Korinta 15:42-44. Tangine jasad mati iku pakaryane Allah Sang Rama, Sang Putra, tuwin Sang Roh Suci. Besuk ing jaman kiyamat badane wong bakal katunggalake manèh karo nyawane, wong kang ora pracaya bakal kaparingan badan kang nistha, nanging wong kang pracaya bakal kaparingan badan kang mulya, têrang ing: Pilipi 3:21. Badan iku mau ora bakal pisah manèh karo nyawane ing salawase. Wong kang kaparingan badan kang mulya kiku[87] ora bakal anduwèni pêngangên-angên kang ala, ora bakal kakurangan apa-apa, ora bakal ngêlak utawa ngêlih, ora bakal alum utawa tuwa, nanging bakal mulya ing salawas-lawase.

Ping têlu: pasamuan Kristên kaparingan dêdana urip langgêng. Têgêse

--- 186 ---

urip kang ora kabawah dening pangawasane iblis tuwin ora kêna ing paukumane Gusti Allah kalanggêng. Wong kang durung kalairake kapindho iku kaupamakake karo wong kang wus mati. Têgêse: wong iku mau uripe isih kabawah dening pangawasane iblis tuwin laknate Gusti Allah awit saka dosane. Nanging wong kang wus kalairake kapindho padha kauripake saka ing pati langgêng, sarta kaluwaran saka pangawasaning iblis lan saka laknate Gusti Allah. Padha kaparingan urip anyar utawa urip langgêng lantaran pangawasane Roh Suci. Urip langgêng iku mau ora bakal ilang utawa sirna ing salawas-lawase. Nanging pêparinge Gusti Allah bab urip langgêng iku mau ing jaman saiki utawa sajrone urip ing donya kene durung sampurna, ewadene sakèhe wong kang wus kalairake kapindho padha kaparingan wiwitane urip langgêng iku mau, têmahan padha kadunungan katêntrêman kang saka ing Gusti Allah, tuwin kabungahan gêdhe kang ngungkuli sakèhe kabungahan kadonyan. Nanging kasampurnane katêntrêman tuwin kabungahan mau durung kaparingake ing jam[88] saiki, wong pracaya sadurunge tinggal donya uripe ing donya kene isih kêna ing panggodha, kasusahan, tuwin karubêdan [karu...]

--- 187 ---

[...bêdan] rupa-rupa, lan sananunggalane.[89] Katêntrêman tuwin kabungahan kang saka ing Gusti Allah isih kacampur karo kasusahan rupa-rupa iku mau, nanging ing jaman besuk wong kang pracaya bakal kaparingan kangsampurnaning[90] urip langgêng, tuwin bakal kaluwaran saka ing kanisthan kabèh. Ora ana luh, ora ana pati, ora ana rudatin, pasambat, tuwin karubêdan. Nanging tansah mulya sarta bakal ngrasakake sarupaning kabungahan tuwin kabêcikan. Têrang ing: Wahyu 21:3,4. Mangkono uga nyawane lan badane manuswa bakal mulya tuwin sampurna. Pangangên-angên pambudi, pikarêpane manuswa bakal sampurna. Katêntrêman sarta kabungahan iku mau ora bakal ilang utawa sirna, nanging tulus lêstari ing salawas-lawase. Têrang ing: 1 Petrus 1:7,8. 1 Korinta 2:9. Mungguh katêntrêman tuwin kabungahane wong olèh urip langgêng iku ora beda, nanging tumrap kamulyane beda-beda. Têrang ing: 1 Korinta 15:41. Tujune urip langgêng iku supaya wong kang kaparingan katêntrêman tuwin kabungahan kang langgêng padha ngluhurna marang asmane Pangeran ing salawas-lawase.

43. Ênggonmu pracaya iku mau kabèh, ana paedahe apa marang kowe.

--- 188 ---

Paedahipun, salêbêting pananggêlipun Gusti Kritus kula kêpanggih rêsik tanpa sisip wontên ing ngarsanipun Gusti Allah.

Mungguh pracaya kang têmên-têmên iku maedahi bangêt. Sakèhe wong kang pracaya iku mau kabèh, têgêse: kabèh pangandikane Gusti Allah kang kamot ing sahadat Kristên, padha kaetung rêsik tanpa sisis,[91] sajroning pananggêle Gusti Kristus. Wong kang mung ngapalake sahadat Kristên iku ora cukup, karsane Gusti Allah supaya manuswa ngandêla pangandikane Gusti Allah klawan eklasing ati, têgêse: ngandêl kalawan dilakoni lair lan batin. Wong kang ngandêl pangandikane Gusti Allah iku maedahi bangêt. Măngka sahadat rolas iku raringkêsane pangandikane Gusti Allah, têmahan ngandêl marang sahadat Kristên iya maedahi uga.

Wong kang ngandêl marang pangandikane Gusti Allah iku kasêbut rêsik tanpa sisip, apa wong iku mau ora nglakoni dosa manèh, anglakoni dosa uga, malah ing sadina-dina tansah rumasa dosa, tuwin wajib nampani paukuman kang langgêng, ewadene kaetung rêsik dening Gusti Allah, ora marga saka apaa, kajaba mung mar[92] saka kurbane Gusti Yesus. Mulane katêrangake ing kene yèn wong kang pracaya padha katêmu [katê...]

--- 189 ---

[...mu] rêsik sajroning pananggêle Gusti Kristus. Dosane wong iku mau ora kaetung dening Gusti Allah, marga katêbus lantaran pananggêle Gusti Yesus Kristus, têrang ing: Rum 5:1. Prakara iku mau masthi maedahi bangêt, wong kang katêmu rêsik ing ngarsane Gusti Allah ora bakal kêna ing babêndune Gusti Allah kang langgêng, nanging padha kaparingan pangapuraning dosa tuwin urip kang langgêng.

44. Ênggonmu kêtêmu rêsik tanpa sisip ana ing ngarsane Gusti Allah, iku sarana apa.

Namung asarana pitados dhumatêng Gusti Yesus Kristus, kalihan salugunipun.

Wong dosa ênggone kaetung rêsik iku pakaryane Gusti Allah jumênêng khakim. Manuswa dosa wajib nampani paukumane Gusti Allah kang maha adil. Apa Gusti Aylah[93] kang maha adil ora nitipriksa dosane wong kang pracaya, tamtu nitipriksa uga. Apa kang ala kaukuman rêsik dening Gusti Allah, tamtu ora. Amarga paukumane Gusti Allah iku adil, ananging kasampurnan tuwin kasucène Gusti Yesus, kaparingake marang wong dosa, têmahan kasampurnan tuwin kasucène Gusti Yesus kaetung dadi duwèke manuswa.

--- 190 ---

Măngka manuswa dosa nampani kasampurnan tuwin kasucèn iku mau mung asarana pracaya bae. Asarana pracaya kasampurnan tuwin kasucène Gusti Yesus kadadèkake kasampurnan tuwin kasucène wong dosa, têmahan wong iku mau katêmu rêsik tanpa sisip ing ngarsane Gusti Allah khakim kang maha adil. Manuswa dosa ênggone kabênêrake ora pisan-pisan marga saka panggawene dhewe, ananging mung marga saka kasampurnane Gusti Yesus kang ditampani asarana pracaya. Têrang ing: Rum 3:28. Galati 2:16.

45. Wong iku dadine rêsik tanpa sisip ana ing ngarsane Gusti Allah, ngamungake sarana pracaya, iku têgêse kapriye.

Têgêsipun makatên: panêbus saha kautamènipun Gusti Kristus ingkang sampurna, punika kaetang dening Gusti Allah dados gadhahan kula, têmah dosa kula kaapuntên, sarta kula dados ahli warisipun gêsang langgêng măngka kanugrahan punika botên kenging kula tampèni kêjawi namung asarana pitados kemawon.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn wong dosa katêmu rêsik ing ngarsane Gusti Allah asarana pracaya marang Gusti Yesus. Apa

--- 191 ---

pracaya iku mau andadèkake kaslamêtane wong dosa. Tamtu ora. Nanging kang andadèkake kaslamêtane wong dosa iku mung panêbus saha kautamane Gusti Yesus, katrangane: wong dosa wajib nampani paukuman langgêng, nanging Gusti Yesus karsa nyanggi paukuman iku mau lantaran nandhang sangsara tuwin seda, kang wajib kita lakoni. Têmahan dosa kita katêbus dening Panjênêngane. Mangkono uga wong dosa kelangan kasampurnan tuwin kasucèn marga nêrak marang anggêr-anggêre Yêhuwah. Gusti Yesus nêtêpi anggêr-anggêre iku mau klawan sampurna, têmahan kautamane Gusti Yesus iku mau ngangsalake kasampurnan tuwin kasucèn marang wong dosa. Măngka panêbus tuwin kautamane Gusti Yesus iku mau sampurna, ora susah disambungi utawa ditambahi manèh. Mulane sakèhe wong kang kaparingan panêbus tuwin kautaman iku mau wus kaapura dosane sarta wus kaanggêp anglakoni karsane Gusti Allah klawan sampurna. Mung rong prakara iku bae kang mikolèhake kaslamêtan kang langgêng, dosa kajaba mung panêbus tuwin kautamane Gusti Yesus. Têrang ing: Rum 5:14. 2 Korinta 5:12. 1 Korinta 1:30.

Lantaran pakaryane Gusti Yesus iku mau wong dosa kadadèkake [ka...]

--- 192 ---

[...dadèkake] ahli warise urip langgêng. Gusti Allah karsa paring panêbus tuwin kautamane Gusti Yesus marang wong dosa, têmahan padha kaluwaran saka ing dosa tuwin saka kanisthan kabèh.

Yèn mangkono pêrlune apa manuswa ênggone pracaya marang Gusti Yesus. Pêrlune mangkene: mungguh panêbus tuwin kautamane Gusti Yesus iku rajabrana kaswargan kang nyugihake wong dosa, ananging rajabrana iku mau ora bisa ambungahake atine manuswa, yèn ora ditampani, măngka kanugrahan panêbus tuwin kautamane Gusti Yesus iku ora kêna ditampani kajaba mung asarana pracaya bae. Dadi wus tatela yèn pracaya iku minăngka lantaran ênggone manuswa bisa nampani panêbus tuwin kautamane Gusti Yesus. Yèn kita nampani barang-barang kang katon, ênggon kita nampani asarana tangan, nanging yèn kita nampani barang-barang kang ora katon, ênggon kita nampani asarana pracaya, dadi têrang yèn pracaya iku minăngka tangane nyawa kang kanggo nampani rajabrana kaswargan iku mau. Panêbus kuwin[94] kautamane Gusti Yesus kang katampik dening manuswa, ora bisa mitulungi rahayu, malah ngundhakake paukuman. [pa...]

--- 193 ---

[...ukuman.] Mulane manuswa tansah kadhawuhan nampani rajabrana kaswargan saka astane Gusti Allah, măngka rajabrana iku mau ora kêna ditampani kajaba mung asarana tangane nyawa, iya iku pracaya, têrang ing: Para Rasul 26:18. Rum 4:5.

46. Yagene panggawemu bêcik iku ora kêna kaitung dadi kabênêranamu ana ing ngarsane Gusti Allah, dadi ya mung ing sawatarane bae.

Punika amargi lêlabêt kula ingkang sae piyambak sajêg kula wontên ing donya mangke, masthi wontên cacadipun sarta kêtempelan dosa.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn pracaya ora andadèkake kaslamêtan, mangkono uga panggawe bêcik kang dadi wohe pracaya, ora nylamêtake wong dosa. Akèh wong kang ngarah kaslamêtan lantaran panggawe bêcik, nanging pangarah kang kaya mangkono mêtu saka gumêdhening atine. Wong kang rumasa gêdhening dosane klawan kaduwung masthi ora ngarah kaslamêtan lantaran panggawene dhewe, utawa kabêcikane. Manuswa tansah kadhawuhan anglakoni karsane Gusti Allah klawan gumolonging ati, gumolonging budi, tuwin gumolonging kakuwatan, wong kang ora nglakoni kang wus katulisan [katuli...]

--- 194 ---

[...san] sajroning anggêr-anggêr, bakal kêna laknate Gusti Allah. Măngka wong kang nêrak anggêr-anggêr siji, iku kaluputan ingatase anggêr-anggêr kabèh. Ora ana wong siji-sijia bae kang nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah klawan gumolonging ati. Manuswa kabèh nêrak marang anggêr-anggêre Yêhuwah kabèh, klawan pangangên-angên, klawan têmbung, tuwin kalawan pratingkah. Marga saka iku wus têrang yèn ora ana wong siji-sijia bae kang kabênêrake lantaran panggawe kang bêcik. Nanging wong kang pracaya apa ora bisa olèh kaslamêtan lantaran panggawe kang bêcik, tamtu ora: sapisan: awit wong iku mau wus kaparingan kaslamêtan tuwin urip langgêng lantaran kurbane Gusti Yesus. Ping pindho: lêlabête wong pracaya sanadyan kang bêcik dhewe masthi ana cacade sarta isih katempelan dosa, salawase ana ing donya kene. Têrang ing: Yesayah 64:6. Manuswa dosa ora kêna kasampurnakake saka ayahane anggêr-anggêr, nanging manuswa dosa kasampurnakake dening Gusti Allah mung mijil saka sihe piyambak, lantaran kurbane Gusti Yesus. Saupama manuswa kêna kasampurnakake lantaran panggawene kang bêcik, yèn mangkono pakaryane Gusti Yesus tanpa guna.

--- 195 ---

47. Lêlabête manuswa kang bêcik têka ora ana ajine, măngka kêlakon diganjar ing sakarsane Gusti Allah, iya ing donya mêngko, iya ing akherat.

Pangganjar punika botên lambaran wajib, namung lambaran sih rahmat.

Panggawe bêcik ora kêna kaetung dadi kabênêran kita ing ngarsane Gusti Allah, amarga lêlabête manuswa kang bêcik ora ana ajine, ewadene lêlabêt iku mau kêlakon diganjar uga ing sakarsane Gusti Allah, iya ing donya mêngko, iya ing akherat, apa rong prakara iku mau ora sulaya, tamtu ora. Gusti Allah kang ganjar lêlabêt kang ora ana ajine, nanging pangganjar mau ora lambaran wajib, namung lambaran sih rahmat. Mungguh panggawene manuswa iku ana rong prakara.

Sapisan: panggawe ala.

Ping pindho: panggawe bêcik, iya iku panggawe kang mêtu saka ing pracaya salugu, miturut anggêr-anggêre Gusti Allah, sata[95] ginawe kaumatan mara[96] Panjênêngane. Panggawe kang bêcik iku mau ora sampurna, sarta katempelan dosa, ewadene katampèn dening Gusti Allah, ora [o...]

--- 196 ---

[...ra] marga Gusti Allah wajib nampi, ananging marga Gusti Allah angasihi wong kang ngabêkti marang Panjênêngane klawan eklasing ati. Ing Kitab Suci Gusti Allah aprajanji karsa angganjar sakèhe wong kang ngabêkti marang Panjênêngane. Têrang: 1 Korinta 3:8. 1 Timoteus 4:8. Ewadene Gusti Allah ora wajib paring ganjaran iku mau, awit Gusti Allah ora kapotangan ganjar panggawe bêcik, manawa sawijining wong nglakoni sabarang parentahe Gusti Allah, wong iku mau mung nglakoni sapira ênggone kapotangan bae. Têrang ing: Lukas 17:10. Apa manèh sarupane panggawe kang bêcik iku pêparing sih rahmate Gusti Allah, sanadyan sinêdya, sanadyan si panggawe kang bêcik, mung Gusti Allah kang nuwuhake sarana kaparênge piyambak, têrang ing: Pilipi 2:13. Ing wusana Gusti Allah ora kalêpatan apa-apa sanadyan ora angganjar marang wong kang anglakoni bêcik. Mungguh bapa kadonyan iku kêrêp angganjar panggaweane anak-anak kang ambangun turut, sanadyan panggaweane bocah cilik iku durung sampurna sata ora ana ajine, ewadene bocah mau kaparingan ganjaran kang mêtu saka trêsna. Mangkono uga Gusti Allah karsa angganjar marang putrane kang ambangun [a...]

--- 197 ---

[...mbangun] turut marang Panjênêngane klawan eklasing ati. Sabab apa Gusti Allah karsa paring ganjaran kang kaya mangkono iku mau. Sababe mangkene:

Sapisan: supaya têranga yèn panggawe kang bêcik anjalari kaparênge Gusti Allah.

Ping ndho:[97] minăngka pangatag-atag supaya wong kang pracaya tansah nglakonana karsane Gusti Allah klawan tabêri.

48. Mungguh bab pracaya iku kang nuwuhake ana ing kowe sapa.

Ingkang nuwuhakên punika Roh Suci.

Mungguh pracaya iku pêparinge Gusti Allah, têrang ing: Èpêsus 2:8. Manuswa ora bisa pracaya marang Gusti Allah lantaran daya utawa kapintêrane dhewe, pracaya kang lumrah iku panggawene manuswa uga, sabên tong[98] bisa pracaya marang caritane wong rupa-rupa, nanging ora ana wong siji-sijia kang bisa pracaya marang Gusti Yesus, lantaran daya utawa kapintêrane dhewe, têrang ing: 1 Korinta 12:3. Pracaya kang sajati kang bisa nêntrêmake atine wong dosa iku pakaryane Roh Suci, wong dosa kaparingan wijining pracaya iku mau nalika kalairake kapindho, lantaran pakaryane Roh

--- 198 ---

Suci, sawuse mangkono Roh Suci anuwuhake utawa nukulake pracaya iku mau.

49. Ênggone nuwuhake pracaya iku asarana apa.

Ênggènipun nuwuhakên punika asarana mirêngakên pangandikanipun Allah ingkang kawulangakên.

Roh Suci iku kawasa anuwuhake pracaya tanpa ngagêm lantaran, prakara iku têrang saka kaanane bocah cilik, kang wus kalairake kapindho, awit wus kaparingan wijining pracaya, wijining pracaya iku mau pakaryane Roh Suci tanpa ngagêm lantaran, nanging tumrap ingatase wong diwasa, Roh Suci nuwuhake pracaya lantaran pangandikane Gusti Allah utawa piwulange Kitab Suci, têrang ing: Rum 10:14,17. Lantaran piwulange Kitab Suci iku mau Roh Suci amadhangi atine wong dosa, ngrumangsakake gêdhening dosane tuwin angungsèkake marang Gusti Yesus, wong kang kapadhangan mau banjur angguwang panganggêp kang ora migunani tuwin angguwang kalakuane kang ala. Pangandikane Gusti Allah iku kayadene pêdhang kang landhêp kiwa têngên, têrang ing: Ibrani 4:12. Apa sakèhe wong kang kinabaran Injil padha pracaya marang Gusti Yesus, tamtu ora, malah akèh wong kang mangkotake [mangko...]

--- 199 ---

[...take] atine samasa kinabaran Injil, tuwin ora mratobat kalawan eklasing ati, nanging wong kang mangkono iku masthi bakal kaukum dening Gusti Allah, tikêl katimbang karo kang durung tau ngrungokake pakabaraning Injil. Mulane sakèhe wong kang kinabaran Injil iku pêrlu kudu ngrungokake lawan sênêng, tuwin kalawan nyanyuwun marang Gusti Allah supaya bisa mangrêti. Apa manèh wong kang kinabaran Injil ora mung kadhawuhan ngrungokake bae, nanging iya wajib kudu anglakoni miturut pangandikane Gusti Allah.

50. Pracaya mau ênggone disantosakake patrape kapriye.

Inggih ugi sarana pamulanging pangandikanipun Allah, wah malih sarana pranata sêsêngkêran suci (sakramèn).

Wus katêrangake ing dhuwur yèn Roh Suci anuwuhake pracaya lantaran piwulange Kitab Suci, banjur pracaya iku mau kudu disantosakake, pracaya kang ora disantosakake ora bisa lêstari, lan ora bisa ngêtokake woh. Pracaya iku kêna kaupamakake karo wit, wong kang nyêbar wiji sawuse thukul, ora bisa mêtu wohe. Yèn ora dirumati lantaran disirami [disi...]

--- 200 ---

[...rami] lan dilêmoni, sapanunggalane. Mangkono uga mungguh pracaya bisane lêstari sarta ngêtokake woh kudu dirumati tuwin disantosakake. Kang nyantosakake utawa ngiyatake pracaya iku iya Roh Suci uga. Roh Suci anindakake prakara iku mau lantaran rong prakara.

Sapisan: piwulang pangandikane Gusti Allah.

Ping pindho: pranata sasêngkêran suci utawa sakramèn.

Wong kang pracaya padha kadhawuhan ngrungokake pangandikane Gusti Allah klawan mantêp, supaya pracayane sangsaya kuwat tuwin sangsaya santosa. Têrang ing: 1 Petrus 2:2. Piwulange Kitab Suci utawa pangadikane Gusti Allah iku minăngka pangane nyawa. Badane manuswa iku bisane lêstari lantaran sangan,[99] mulane wong kang ora mangan tamtu mati. Mangkono uga pracaya kang ora disantosakake masthi ora bisa lêstari. Apa manèh pangandikane Gusti Allah kayadene banyu kang nglêstarèkake uripe thêthukulan. Mangkono uga pangandikane Gusti Allah nglêstarèkake tuwin nguwatake pracaya. Pranata sasêngkêran suci iku ora bisa nuwuhake pracaya, mung nyantosakake bae. Saupama ana sawijining wong kang ora pracaya, măngka mèlu

--- 201 ---

nampani pranata sasêngkêran suci, iku tanpa guna. Mungguh kang kinabaran Injil iku sarupaning wong, nanging kang kaparingan pranata sasêngkêran suci iku mung wong kang pracaya bae. Mulane wong kang ora pracaya yèn mèlu nampani pranata sasêngkêran suci malah mung ngundhakake paukumane bae.

51. Kang sinêbut pranata sêsêngkêran iku apa.

Punika pratăndha suci tuwin êcap suci pamatahipun Gusti Allah ingkang kadamêl mratandhani ênggènipun paring pangapuntêning dosa tuwin gêsang langgêng mawi lambaran sih rahmat, asawab saking kurbanipun sambêlehan Gusti Kristus ingkang botên wontên sasaminipun, ingkang kasaosakên wontên ing kajêng salib.

Kang sapisan pranata sasêngkêran kasêbut pratăndha. Mungguh Kitab Suci iku mêmulang lantaran têmbung, nanging pranata sasêngkêran mamulang bab dalaning kaslamêtan lantaran barang kang katon, kaya ta: banyu, roti lan anggur, mulane kasêbut pratăndha, têrang ing: Rum 4:11. Prakara kang katon iku mau mratandhani barang-barang kang ora katon, iya iku barang kasukman utawa kaswargan, kaya ta: kurbane Gusti Yesus, pangawasane Roh Suci, lan sapanunggalane. Têrang ing: Para Rasul 2:38.

--- 202 ---

Ping pindho: pranata sasêngkêran suci kasêbut cap, amarga ngêcapi marang anggêr-anggêr wong kang pracaya ênggone kaparingan barang-barang kasukman kang diibarati dening pratăndha mau. Kaya ta: banyune taptis,[100] namkokake[101] utawa nêtêpake anggêr wong kang pracaya ênggone kaparingan pangapuraning dosa tuwin urip anyar lantaran rahe Gusti Yesus tuwin Roh Suci, mulane banyu iku mau kasêbut cap, prakara iku têrang ing: Rum 4:11. Para Rasul 2:38. Apa manèh pranata sasêngkêran iku mau kasêbut suci, awit dudu prakara kang lumrah, nanging pranata iku kaparingake dening Gusti Allah marang pasamuane, bêkakase pranata sasêngkêran iku ora duwe daya utawa kawasa, ewadene kasêbut suci, awit kaparingake marang wong pracaya ora minăngka pangrumating badan, nanging minăngka pangrumating nyawane.

Mungguh pranata sasêngkêran suci iku pranatane utawa pamatahe Gusti Allah piyambak, dudu pranatane manuswa, têmahan pranata iku mau kudu ditêtêpi dening wong kang pracaya. Wong Kristên kang ora nêtêpi pranata sasêngkêran iku mau padha nglakoni dosa sarta angrèmèhake pêparinge Gusti Allah. Kang dipratandhani tuwin diêcapi dening pranata

--- 203 ---

sasêngkêran suci iku mau rajabrana kasukman utawa kaswargan, iya iku pangapuraning dosa tuwin urip langgêng. Rajabrana iku mau kaangsalake lantaran kurbane Gusti Yesus. Kurban sambêlehan sêsaosane Gusti Yesus iku sampurna. Mulane rajabrana mau kaparingake marang wong dosa mawa lambaran sih rahmate Gusti Allah, asawab saka kurbane sambêlehan Gusti Kristus, ora ana pêpadhane kang kasaosake ana ing kayu salib. Têmahan ora ana manèh kang bisa nylamêtake wong dosa kajaba mung pêparinge Gusti Allah lantaran kurbane Gusti Yesus kang ngangsalake pangapuraning dosa tuwin urip langgêng. Mulane wus têrang yèn pranata sasêngkêran iku mratandhani tuwin ngêcapi marang wong kang pracaya ênggone kaparingan kaslamêtan kang sampurna marga saka kurbane Gusti Yesus.

Tujune pranata sasêngkêran suci iku nguwatake pracaya, wong pracaya tansah kinabaran Injil, lantaran pakabaran Injil mau wong pracaya padha sumurup yèn kaparingan kaslamêtan marga saka kurbane Gusti Yesus, lantaran pranata sasêngkêran Gusti Allah ngabarake utawa nêtêpake prakara iku mau. Ewadene pranata sasêngkêran ora nguwatake pracaya lantaran [la...]

--- 204 ---

[...ntaran] dayane utawa kabêcikaning manuswa. Nanging mung saka pangawasane Roh Suci bae. Pranata sasêngkêran mau kêna kasêbut pratandhaning prasêtyane utawa prajanjiane Gusti Allah. Pranata mau, mratelakake yèn Gusti Allah karsa damêl prajanjian kalawan manuswa, sakèhe wong kang kaparingan prajanjiana[102] iku mau padha wajib ambangun turut marang Gusti Allah, sarta nêtêpi pranata mau. Ananging nêtêpi prakara sasêngkêran mau ora pisan-pisan ngolèhake kaslamêtan langgêng, wong kang ora pracaya marang juru slamêt kang sajati ora olèh kaslamêtan kang langgêng sanadyan anglakoni kabaptis tuwin mèlu mangan bujana suci, awit pranata sasêngkêran mau mung minăngka pratăndha tuwin cap, ênggone wong dosa nampani kaslamêtan kang langgêng lantaran pracaya marang kurbane Gusti Yesus, mulane sanadyan wong iku nêtêpi pranata sasêngkêran suci lantaran anglakoni kabaptis tuwin mèlu mangan bujana suci, ora maedahi, yèn ora pracaya marang Gusti Yesus. Malah pranata sasêngkêran tansah ngabarake yèn ora ana kaslamêtan manèh kajaba mung lantaran kurbane Gusti kita Yesus Kristus.

52. Pranata sêngkêran pirang iji pamatahe Gusti Kristus ing sajroning kitab Prajanjian Anyar.

--- 205 ---

Kalih iji, baptis suci tuwin bujana dalu suci.

Pranatane Gusti Allah marang pasamuan Kristên iku rupa-rupa, nanging kang kasêbut pranata sasêngkêran suci mung loro, iya iku baptis tuwin bujana suci utawa bujana wêngi. Nalika jaman prajanjian lawas, băngsa Israèl kaparingan pranata têtak tuwin bujana Paskah. Ing jaman prajanjian anyar pranata têtak kasalinan pranata baptis, bujana Paskah kasalinan bujana wêngi suci. Prasêtyane utawa prajanjiane Gusti Allah iku langgêng ora owah gingsir, nanging pratandhaning prajanjian iku mau disalini, awit pranata têtak tuwin pranata Paskah ing jaman prajanjian lawas iku mau minăngka ibarat, sawuse kanyataane ibarat mau wis ana iya iku Gusti Yesus wus ngurbanake sarirane piyambak sarta kawutahake rahe, banjur pranata têtak kasalinan pranata baptis, pranata bujana Paskah kasalinan bujana wêngi suci.

53. Baptis iku apane kang minăngka pratăndha pasêmon.

Inggih toyanipun ingkang kadamêl ambaptis ing asmanipun Sang Rama, sarta Sang Putra tuwin Roh Suci.

Sajroning pranata sasêngkêran suci ana rong prakara.

--- 206 ---

Sapisan: barang kang katon kang ginawe pratăndha utawa prasêmon.

Ping pindho: barang kang ora katon utawa kang dipratandhani tuwin diêcapi dening barang-barang kang katon.

Mungguh pratăndha baptis iya ana rong prakara.

Sapisan: barang kang katon, iya iku banyu.

Ping pindho: prakara kang dipratandhani dening banyu, iya iku: rahe Gusti Yesus, tuwin roh kang maha suci.

Wong kang nglakoni kabaptis pêrlu kudu dibaptis nganggo banyu, ing maune wong kang nglakoni kabaptis, nyêmplung ing banyu banjur kasalulupake, têrang kaya caritane Yokhanan Pambaptis, kang mbaptisi wong Yahudi ana ing bangawan Yardèn. Mateus 3:6. Lan caritane priyagung cêmani ing tanah Kus, kang kabaptis dening Pilipus, têrang ing: Para Rasul 8:36. Ing jaman saiki wong kang nglakoni kabaptis, kakêpyuran banyu, nanging tujune pangêpyuran iku padha karo panyalulupan, têrang ing: 1 Petrus 1:2. Wong kang kakêpyuran rahe Gusti Yesus, padha kaanggêp rêsik marga saka kurbane Gusti Yesus, prakara iku mau dipratandhani dening kakêpyuran banyuning baptis.

--- 207 ---

Wong kang nglakoni kabaptis padha kabastip[103] ing asmane kang Rama, kang Putra, tuwin Roh Suci. Têgêse mangkene:

Sapisan: atas asmane Pangeran utawa Gusti Allah piyambak.

Ping pindho: wong kang kabaptis padha kasalulupake ing banyu, mangkono uga wong iku mau prasasat kasalulupake ing asmane kang Rama, kang Putra tuwin Roh Suci, apa manèh wong kang pracaya mau padha katunggalake karo Gusti Allah. Prakara iku mau diibarati uga dening pratăndha baptis, mulane padha kabaptis ing asmane kang Rama, kang Putra, tuwin Roh Suci.

54. Banyu iku mratandhani lan angêcapi apa.

Punika amratandhani tuwin angêcapi dosa kula kakumbah rêsik asarana rah tuwin rohipun Gusti Yesus Kristus.

Dosa iku kêna kaupamakake karo rêrêgêding badan. Mungguh banyu iku angrêsikake rêrêgêding badan, nanging rêrêgêding nyawa utawa dosa iku karêsikake lantaran rahe Gusti Yesus, tuwin Roh Suci. Rahe Gusti Yesus angrêsikake wong dosa, têrang ing: Para Rasul 22:16. 1 Yokhanan 1:17. Têgêse: wong dosa kaanggêp rêsik ing

--- 208 ---

ngarsane Gusti Allah tuwin kaparingan pangapuraning dosa, marga saka rahe Gusti Yesus, ana manèh wong dosa karêsikake dening Roh Suci, têrang ing: 1 Korinta 6:11. Roh Suci nucèkake wong dosa lantaran kalairan kapindho. Marga saka rahe Gusti Yesus wong dosa kaangêp rêsik ing ngarsane Gusti Allah. Lantaran kalairan kapindho iku mau batine manuswa kasucèkake.

Gusti Allah tansah mratelakake prakara iku mau lantaran pangandikane, banjur Gusti Allah karsa nêtêpake prakara iku mau lantaran pratăndha baptis.

Apa banyuning baptis bisa angrêsikake dosa. Tamtu ora, barang-barang kadonyan utawa kadagingan ora bisa ngrêsikake nyawane manuswa, kang ngrêsikake nyawane manuswa iku mung rahe Gusti Yesus tuwin Roh Suci. Têrang ing: 1 Yokhanan 1:17. Yèn mangkono sabab apa baptis kasêbut padusan, margane kababarake anyar, têrang ing: Titus 3:5. Lan sabab apa para rasul, anelakake dosane kakumbah rêsik lantaran baptis, têrang ing: Para Rasul 22:16. Sababe mangkene: dudu banyu kang ngumbah rêsik utawa ngêdusi dosane manuswa, kang ngumbah rêsik mung rahe Gusti Yesus tuwin [tuwi...]

--- 209 ---

[...n] Roh Suci bae. Nanging banyune baptis mratandhani tuwin ngêcapi rong prakara iku mau, mulane kasêbut padusan tuwin ngumbah rêsik.

55. Tinulise ana ing ngêndi, Gusti Kristus ênggone andhawuhake prasêtya kang mangkono iku.

Punika wontên ing pratelanipun pamatah bab baptis, suraosipun makatên: padha mêtonana marang wong sajagad kabèh, Injil undhangna marang sarupaning tumitah. Sing sapa apracaya sarta anglakoni kabaptis, amasthi rahayu, balik kang ora pracaya iku amasthi kaukum, Markus 16:15,16.

Pitakon tuwin wangsulan iku mau anelakake:

Sapisan: pratăndha baptis iku pamatahe Gusti Allah piyambak, mulane ora kêna dilirwakake.

Ping pindho: pratăndha baptis kaparingake marang sarupaning băngsa, beda karo pratăndha têtak, mung kaparingake marang Abraham saturune.

Ping têlu: wong kang kaparingan pratăndha baptis padha kinabaran Injil dhisik, wong kang padha nampani pakabaraning Injil tuwin pracaya klawan eklasing ati, banjur kalilan nampani pratăndha baptis.

--- 210 ---

Ping pat: wong nglakoni kabaptis, kudu kabaptis ing asmane Allah kang Rama, kang Putra, tuwin Roh Suci. Têrang ing: Mateus 28:19.

Ping lima: lantaran pratăndha baptis, Gusti Allah nêtêpake prasêtyane utawa prajanjiane marang wong kang pracaya marang Panjênêngane klawan eklasing ati.

56. Mungguh bocah cilik, apa iya wênang padha kabaptis.

Inggih, amargi sami kêlêbêt ing prasêtyan tuwin pasamuanipun Allah, sami ugi kados tiyang diwasa.

Saka panêmune sawênèhe wong, bocah cilik ora wênang padha kabaptis, awit bocah cilik mau durung bisa ambedakake apa kang dadi tujune pranata sasêngkêran suci, nanging panêmu iku mau luput, sanadyan bocah cilik durung mangarti tujune baptis, ewadene wênang padha kabaptis uga. Lurahing pakunjaran kang ana ing nagara Pilipi kabaptis dalah sabrayate kabèh. Têrang ing: Para Rasul 16:23. Gusti Allah ora mung nimbali wong diwasa bae, nanging bocah cilik uga kapurih sowan ing ngarsane. Nalika Gusti Yesus sugêng ing donya kene, bocah cilik padha dirangkuli sarta dibarkahi, apa manèh ditumpangi asta, têrang ing: Mateus

--- 211 ---

10:14. Markus 10:16. Kajaba saka iku Kitab Suci nelakake yèn bocah cilik kalêbu ing prasêtyan tuwin pasamuane Gusti Allah. Nalika jaman prajanjian lawas Gusti Allah paring prasêtyan marang Abraham saturune. Mulane Rasul Petrus ngabarake marang wong Yahudi mangkene: dene kang kaparingan prasêtyane iya iku kowe lan anak putumu, têrang ing: Para Rasul 2:39. Pangandika iku mau ora mung tumuju marang Abraham saturune, nanging iya tumuju marang sakèhe wong kang pracaya. Gusti Yesus angurbanake sarirane piyambak, ora mung minăngka panêbuse wong diwasa bae, nanging iya minăngka panêbuse bocah cilik uga, bocah cilik iya kaparingan pangapuraning dosa tuwin urip langgêng. Wong kang kawêlasan dening Gusti Allah iya wênang nampani pratandhaning sih piwêlase Gusti Allah. Têrang ing: Kolose 1:11,12. Prakara iku mau condhong karo dhawuhe Gusti Allah marang băngsa Israèl ing jaman kuna. Băngsa Israèl kaparingan pratandhaning sih piwêlase Gusti Allah iya iku têtak, kang ditêtaki ora mung wong diwasa bae, ananging wong diwasa saanak putune, măngka têtak iku kasalinan baptis, mulane bocah cilik iya wênang [wê...]

--- 212 ---

[...nang] kabaptis uga. Têrang ing: 1 Korinta 7:14. Apa bocah cilik anake wong kang ora pracaya wênang kabaptis. Ora wênang, sadurunge diwasa tuwin ngakoni pracaya dhewe. Awit bocah cilik anake wong kang ora pracaya iku ora kalêbu ing prasêtyane Gusti Allah. Wong pracaya kang mbaptisake bocah wajib anggulawênthah marang bocah mau miturut pangandikane Gusti Allah, supaya samasa diwasa bisaa ngarti tujuning baptis tuwin ngakoni pracaya dhewe. Mangkono uga bocah cilik kang wus padha nglakoni kabaptis, wajib padha mratobat tuwin ngungsi marang Gusti Yesus samasa diwasa, amarga wus kaparingan pratandhaning sih piwêlase Gusti Allah. Apa bocah kabèh kang wus anglakoni kabaptis padha olèh kaslamêtan, ora tamtu, bocah cilik kang wus padha kabaptis, nanging ora mratobat kalawan eklasing ati samasa tutug ing diwasa, ora bakal olèh kaslamêtan, malah wong iku mau bakal nêmu paukumane Gusti Allah tikêl tinimbang karo wong kang ora pracaya sarta ora nglakoni kabaptis.

57. Bujana wêngi iku apane kang minăngka pratăndha pasêmon.

--- 213 ---

Inggih rotinipun cuwilan ingkang sami kula têdha, sarta angguripun êsokana, ingkang sami kula ombe, minăngka pangèngêt-èngêt dhatêng sangsara tuwin sedanipun Gusti Kristus.

Bujana suci iya kasêbut bujana wêngi, awit katêtêpake dening Gusti Yesus ing wayah bêngi. Sadurunge Gusti Yesus kaulungake marang tangane satrune. Pranata sasêngkêran iku arupa bujana, awit kaparingake marang wong pracaya minăngka pikuwate pracaya. Mungguh bujana kang lumrah iku nguwatake badan, nanging bujana suci nguwatake nyawa. Bakale bujana suci iku roti lan anggur, roti iku minăngka pasêmone sarirane Gusti Yesus, anggur minăngka pasêmone rahe Gusti Yesus, mungguh roti iku kacuwil-cuwil sarta kapangan, roti cuwilan iku ngibarati sarirane Gusti Yesus kang katugêl-tugêl utawa kasangsara, roti kang kapangan amratandhani yèn sarirane Gusti Yesus iku minăngka dadi pangane nyawa, mungguh anggur iku kaêsokake tuwin kaombe, anggur êsokan angibarati rahe Gusti Yesus kang kawutahake ana ing kayu salib, anggur kang kaombe mratandhani yèn rahe Gusti Yesus minăngka dadi pangane nyawa. Mulane wus têrang yèn roti lan anggur kang ana ing bujana suci iku mratandhani rong prakara:

--- 214 ---

Sapisan: sangsara lan sedane Gusti Yesus.

Ping pindho: yèn sarira tuwin rahe Gusti Yesus kalêbu ing pangan kasukman, utawa pangane nyawa.

Banjur katêrangake manèh ing kene yèn roti lan anggur iku mau kaparingake marang wong pracaya minăngka pangeling-eling sangsara lan sedane Gusti Yesus, kaya kang katêrangake ing: 1 Korinta 11:26 awit lantaran bujana suci wong pracaya dielingake yèn Gusti Yesus ngangsalake pangapuraning dosa tuwin urip langgêng lantaran ênggone nandhang sangsara lan seda.

58. Iku mratandhani lan angêcapi apa.

Punika amratandhani tuwin angêcapi Gusti Kristus ênggènipun anêdhani sarta angombèni nyawa kula, măngka ingkang katêdhakakên punika saliranipun ingkang sinalib tuwin rahipun ingkang kawutahakên, sami amurugakên gêsang langgêng.

Gusti Yesus aprajanji marang anggêr-anggêr wong kang pracaya, yèn sarirane kakurbanake minăngka dadi panêbuse dosa, tuwin minăngka pangane nyawa. Gusti Yesus karsa mratandhani tuwin ngêcapi prakara iku mau lantaran barang kang katon, iya iku roti lan anggur. Gusti Yesus mratelakake [mrate...]

--- 215 ---

[...lakake] wong kang pracaya yèn dosane kaapura, mangkono uga bujana suci mratelake yèn wong kang pracaya katunggalake karo Gusti Yesus. Nanging bujana suci ora mung mratandhani utawa mratelakake rong prakara mau bae, malah rong prakara iku mau iya ditêtêpake tuwin diêcapi lantaran bujana suci, supaya sumurupa klawan tamtu yèn dosane wus kaapura, tuwin wong kang pracaya padha katunggalake karo Gusti Yesus. Têrang ing: 1 Korinta 10:16.

59. Tinulise ana ing ngêndi, Gusti Kristus ênggone andhawuhake prasêtya mangkono.

Punika wontên ing pratelanipun pamatah bab bujana dalu suci, sinêrat dening Rasul Paul, 1 Korinta 11:23-26. Suraosipun makatên: sabab dene aku wus anampani saka timbalane Gusti, măngka iya wus dak luntakake ing kowe, iya iku nalikane Gusti Yesus ing wayah bêngi ngangkat diulungake, banjur mundhut roti. Lan sawuse asaos sokur tumuli dicuwil-cuwil, sarta angandika: padha tampanana, padha panganên. Iki badanku kang tinugêl-tugêl supaya karahayonmu, iku gawenên pangeling-eling

--- 216 ---]

marang Aku. Mangkono manèh tuwung pungkasane bojana iya dipundhut, lan pangandikane: tuwung iki prajanjian anyar kang asarana gêtihku, sabên-sabên kowe padha ngombe iku, gawenên pangeling-eling marang Aku. Dadine sabên-sabên kowe mangan roti iku sarta ngombe ing tuwung iku, minăngka ênggonmu mratelakake sedane Gusti kongsi tumêka sarawuhe.

Pranatane Gusti Yesus, bab bujana suci kaparingake marang para sakabate, Mateus 26:26-28. Markus 14:22-24. Lukas 22:19-20. Banjur bujana suci kadhawuhake manèh marang pasamuan Kristên, lantaran Rasul Paul, têrang ing: 1 Korinta 11:23-26. Marga saka iku kabèh wus têrang yèn bujana suci iku pranatane Gusti Yesus piyambak. Dudu pranatane manuswa. Bujana suci iku kaparingake marang pasamuan Kristên ing jaman prajanjian anyar minăngka lalirune bujana Paskah.

60. Roti mau apa salin wujud dadi salirane Kristus, sarta anggur mau mangkono uga dadi rahe.

Botên. Sami ugi toya ing baptis, inggih botên santun wujud dados rahipun Kristus.

--- 217 ---

Saka piwulange băngsa Kristên Rum, roti lan anggur ing bujana suci salin wujud, roti salin dadi sarirane Kristus, nanging piwulang mau klèru bangêt. Roti ing bujana suci lêstari dadi roti, anggur lêstari dadi anggur, padha uga kaya banyuning baptis, banyuning baptis angibarati rahe Gusti Yesus tuwin Roh Suci, nanging ora salin wujud, lêstari dadi banyu bae, mangkono uga roti lan anggur ngibarati sarira lan rahe Gusti Yesus, nanging ora salin wujud, lêstari dadi roti lan anggur bae. Apa manèh mungguh roti nalika Gusti Yesus ngandika iki badanku, lan mungguh anggur iki gêtihku, banjur Gusti Yesus piyambak tumut kêmbul dhahar karo para sêkabate, mulane mokhal bangêt yèn roti lan anggur ing bujana suci malih wujud dadi sarira lan rahe Gusti Yesus têmênan, măngka sawuse Gusti Yesus wungu saka ing seda banjur sarirane lêstari mulya ana ing swarga. Dadi wus têrang yèn roti lan anggur ing bujana suci minăngka ibarat utawa gambare sarira tuwin rahe Gusti Yesus. Ing bujana suci wong pracaya mangan roti lan ngombe anggur lantaran cangkême badan, nanging nyawane wong pracaya mangan lan ngombe sarira tuwin rahe Gusti Yesus patrap kasukman, lantaran cangkême nyawa [nya...]

--- 218 ---

[...wa] iya iku pracaya. Saupama wong pracaya mangan sarirane Gusti Yesus tuwin ngombe rahe Gusti Yesus têmênan lantaran cangkême badan, masthi ora maedahi apa-apa, awit kang kudu dikuwatake ing bujana suci dudu badane wong pracaya, nanging kang kudu dikuwatake iku pracayane. Mangkono manèh sarirane Gusti Yesus iku mung siji, saupama nyata wong pracaya kabèh ana ing bujana suci padha mangan lan ngombe sarira tuwin rahe Gusti Yesus têmênan lantaran cangkême bedan,[104] yèn mangkono sarirane Gusti Yesus masthi wus êntèk, sarta ora nyukupi kanggo wong akèh, nanging prakara iku iya mokhal bangêt, awit sarirane Gusti Sus[105] tansah mulya ana ing swarga. Dadi wus têrang yèn roti lan anggur ing bujana suci mung minăngka ibarat utawa pasêmone sarira tuwin rahe Kristus. Kajaba saka iku wong Kristên Rum angarani yèn sarirane Gusti Yesus ora mung kinurbanake sapisan bae ana ing gunung Golgota, nanging kinurbanake manèh ing sabên-sabên bujana suci. Pangira iku mau iya luput uga, sarirane Gusti Yesus mung kinurbanake sapisan bae, ora kinurbanake manèh ing bujana suci, awit kurbane Gusti Yesus kang kacaosake

--- 219 ---

ana ing gunung Golgota iku sampurna, ora kêna kacaosake manèh, măngka bujana suci mung ngibarati kurbane Gusti Yesus kang sampurna iku mau.

61. Kapriye sabênêre pandadarmu marang awakmu dhewe sadurunge marêk marang bujanane Gusti.

Salêrêsipun ingkang sapisan, kula anitèni punapa èstu kula gêla dhatêng awak kula piyambak awit saking dosa kula, saha punapa wontên panêlăngsa kula bab punika dhumatêng Gusti Allah.

Kaping kalihipun, punapa èstu kula pitados angugêmi bilih sakathahing dosa kula kaapuntên sawab saking Gusti Kristus.

Kaping tiganipun, punapa têmên-têmên kula sêdya saha badhe angantêpi anglampahi sawarninipun kasaèn.[106]

Sabên wong kang arêp mèlu mangan ing bujana suci, kadhawuhan andadar awake dhewe dhisik, têrang ing: 1 Korinta 11:28-29. Manuswa ora kalilan marêk ing ngarsane Gusti Allah klawan sêmbrana, mulane sabên wong kang ngakoni pracaya kadhawuhan nitipariksa kaanane atine tuwin kalakuane dhewe dhisik. Mungguh pandadar iku mau mangkene:

--- 220 ---

Sabên wong kang pracaya kudu mèlu mangan bujana suci klawan rumăngsa kaduwung marga saka gêdhening dosane. Têrang ing: Masmur 51:19.

Ping pindho: sabên wong pracaya pêrlu kudu ngugêmi yèn dosane kaapura marga saka kurbane Gusti Yesus. Têrang ing: 2 Korinta 13:5.

Ping têlu: sabên wong pracaya pêrlu tansah kapengin ambangun turut karsane Gusti Allah, têrang ing: Masmur 119:40. Sakèhe wong kang ora nglakoni têlung prakara iku mau ora kalilan mèlu mangan bujana suci. Têrkadhang ana wong kang ngaku Kristên, nanging ora tau nangisi dosane, ora sumendhe marang Gusti Yesus, nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah mung ing lair bae, wong kang mangkono iku ora kalilalilan[107] mèlu mangan bujana suci, saupama wong kang kaya mangkono mau mèlu mangan bujana suci, banjur mung ngundhakake paukumane bae. Marga saka iku sakèhe wong Kristên kang katimbalan mèlu mangan bujana suci padha kawajiban andadar atine dhewe dhisik. Pasamuan Kristên iku isih kamoran wong lamis, nanging wong lamis mau ora kêna kabuwang saka pasamuan, awit ora kêtara, măngka kalakuane [kalaku...]

--- 221 ---

[...ane] sêmune bêcik. Mulane sakèhe wong kang katimbalan dening para pangarêping pasamuan kapurih mèlu mangan bujana suci, pêrlu kudu nitipariksa atine dhewe, apa pracayane têmên tuwin kalakuane bêcik. Wong kang panganggêpe tuwin kalakuane sulaya karo Kitab Suci ora kalilan mèlu mangan bujana suci. Pandadar iku mau pêrlu.

Sapisan: kanggo wong têmên supaya katitik katêmênane.

Ping pindho: kanggo wong lamis supaya mratobata.

92.[108] Mungguh wong kang kêsasar panêmune, utawa kang anglakoni pratingkah mirangake apa iya dililani mèlu kêmbulan ing bujana.

Botên. Prasêtyanipun Gusti Allah sampun ngantos kanajisakên, sarta sampun ngantos bêbêndunipun Gusti Allah tumama dhumatêng pasamuan sadaya.

Pasamuan Kristên kamoran wong lamis, wong lamis mau ora kêna kawêtokake saka pasamuan, amarga ora katara yèn lamis, kajaba saka iku têrkadhang ana wong kang kasasar panêmune, utawa kalakuane ala ing sajroning pasamuan, wong iku mau ora kalilan mèlu mangan bujana suci, [su...]

--- 222 ---

[...ci,] amarga wus katitik ala, mulane kudu kawêtokake saka ing bujana suci dening para pangarêping pasamuan, wong kang ora ngandêl piwulange Kitab Suci, tuwin ora nglakoni karsaning Pangeran, saupama mèlu mangan bujana suci, padha najisake prasêtyane Gusti Allah kang kaparingake marang umate. Prasêtyane Gusti Allah iku suci, wong kang nêrak prasêtyan mau lantaran piwulang nasar, utawa pratingkah kang ala, iku angala-ala asmane Pangeran ingêdhengan, sarta amamungu babêndune Gusti Allah. Manawa wong kang kaya mangkono iku mau ora kawêtokake saka ing bujana suci, pasamuan mèlu najisake prasêtyane Gusti Allah, banjur babêndune tumama marang pasamuan mau. Apa manèh wong iku pêrlu kudu kabuwang saka ing pasamuan, yèn ora gêlêm mratobat marang Gusti Allah klawan eklasing ati. Yèn mangkono wong ala mau lêstari kêna ing babêndune Gusti Allah, nanging prasêtyane Gusti Allah ora dinajisake, tuwin babêndune Gusti Allah ora tumama marang pasamuan mau, piwulang mau iku condhong karo surasaning Kitab Suci, ing: Masmur 50:16,17, 1 Korinta 11:20, Titus 3:10.

--- 223 ---

63. Kang iku wong mangkono mau sabênêre katandukan kapriye.

Inggih miturut pranatanipun Guswi[109] Kristus, kados kasêbut ing Mateus 18:15-17. Suraosipun makatên: mangkono uga saupama sadulurmu duwe kaluputan marang kowe, paranana lan wêlèhna dhêdhewekan, manawa nganggêp ing pamêlèhmu, dadi kowe angêntasake sadulurmu, nanging saupama ora nganggêp, kowe ngajaka wong siji utawa wong loro êngkas karo kowe, supaya pêpêdhotaning prakara margaa saka rêmbuge sêksi loro utawa têlu. Anadene saupama mêksa ora nganggêp marang kang mangkono iku, prakara mau aturna marang pasamuan. Wasana manawa isih mêksa ora suyud marang pasamuan uga, kapadhakna karo wong kapir utawa juru mupu beya.

Angguwang wong nasar tuwin wong ala saka ing pasamuan. Soroge karatone swarga iku loro.

Sapisan: pakabaraning Injil.

Ping pindho: pambuwang saka ing pasamuan.

Pakabaraning Injil ambukak karatone swarga kanggo wong kang pracaya, sarta nginêbi karaton mau kanggo wong kang

--- 224 ---

ora pracaya. Mangkono uga mungguh pranatane Gusti Yesus, bab pambuwang saka ing pasamuan, nginêbi karatone swarga kanggo wong Kristên kang lakune nasar utawa ala, sarta ambukak karaton iku manèh kago[110] wong kang mratobat kalawan eklasing ati.

Ewadene wong ala ora kêna kawêtokake saka pasamuan tumuli, nanging kudu tansah dielingake dhisik miturut pranatane Gusti Yesus kang kasêbut ing: Mateus 18: 15-17. Wong kang ora ambangun turut banjur kudu kabuwang saka pasamuan, nanging wong kang kabuwang mau samasa mratobat kalawan eklasing ati kudu ditampani manèh.

Perangan III Bab Panuwun.

64. Sarèhne ênggon kita kapitulungan rahayu dening Gusti Kristus iku mung alambaran sih rahmat, yagene isih pêrlu kowe mangun panggawe bêcik.

Punika botên awit ngincih badhe kêlêrês tampi kaswargan, jêr punika Gusti Kristus sampun ngangsalakên. Nanging awit kula kadhawuhan makatên wau dening Gusti Allah.

Yagene ta wong Kristên isih pêrlu mangun panggawe bêci [bêci...]

--- 225-226[111] ---

--- 227 ---

[...ne] Pangeran lantaran nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah tuwin ambangun turut karsane kalawan lêgawaning ati. Panggawe bêcik iku mau ana tujune manèh, ora mung andadèkake kaluhurane Gusti Allah, nanging iya andadèkake kakuwatane pracaya, panggawe bêcik iku kêna kasêbut wohe pracaya, pracaya iku kayadene uwit, panggawe bêcik iku kayadene woh, sabên uwit kang bêcik tamtu ngêtokake woh kang bêcik. Mangkono uga pracaya kang têmên tamtu anuwuhake panggawe kang bêcik, katêmênane pracaya iku katitik saka panggawe kang bêcik. Yèn ana wong kang ngaku pracaya, nanging tansah nglakoni piala, iku wus katitik yèn pracayane ora têmên, nanging atine wong pracaya kang klawan eklasing ati, sangsaya kuwat tuwin santosa, pracaya mau katitik têmên saka panggawe kang bêcik.

Ing wusana panggawe bêcik anjalari kabêcikane pêpadhane uga, wong Kristên kang tansah nglakoni panggawe bêcik ambangun pracayane pêpadhane. Nanging wong Kristên kang nglakoni ala anjalari sandhungan tumrap ingatase wong pracaya, sarta tumrap wong kang ora pracaya. Wong kang ora pracaya kang

--- 228 ---

kasandhung ing kalakuane wong Kristên kang ala banjur sangsaya adoh saka ing Gusti Allah. Panggawe bêcik anggèndèng wong liya marang kabêcikan uga, mulane wong Kristên pêrlu kudu dadi tuladhane pêpadhane, supaya wong mau mratobata, tuwin ngungsia marang Gusti Yesus, cêkakane wangsulan iku mau mangkene: panggawe bêcik iku pêrlu bangêt.

Sapisan: minăngka kaluhurane asmaning Pangêran, têrang ing: Mateus 5:16.

Ping pindho: minăngka pikuwating pracaya, têrang ing: 2 Petrus 1:10.

Ping têlu: minăngka dadi tuladha tumrap pêpadhane, têrang ing: 1 Petrus 2:12.

66. Mungguh wong kang ora duwe lêlabêt bêcik kaya mangkono, apa iya olèh karahayon uga.

Botên. Dene suraosipun Kitab Suci andhawuhakên bilih tiyang ingkang lampah ngiwa, ingkang lampah jina, ingkang nyêmbah brahala, ingkang bedhangan, ingkang ngumbar kapencut, ingkang ajindik, ingkang lampah mandung, ingkang budi kêthaha, ingkang rêmên wuru, ingkang ambêk ngawon-awon, ingkang ambêk angrayah, sadaya punika amasthi badhe botên angsal warisan [warisa...]

--- 229 ---

[...n] karatoning Allah. 1 Korinta 6:9-10. Kêjawi namung manawi mratobat dhumatêng Gusti Allah.

Wus katêrangake ing dhuwur yèn lêlabêt kang bêcik iku wohe pracaya, balik panggawe ala iku wohe pamaido tuwin pamurtad, wong kang ora duwe lêlabêt bêcik, ora olèh urip langgêng, malah bakal kaukum kalawan paukuman kang langgêng ana ing naraka, têrang ing: Mateus 3:10. Panggawe kang ala mung ngolèhake karusakan kang langgêng bae. Apa kang bakal kaukum iku mung wong ka nglakoni dosa ing lair bae, sakèhe wong lamis iya ora bakal olèh warisan urip langgêng, awit wong mau sanadyan ing lair sêmune bêcik, nanging batine tansah ala, têmahan lêlabête ora kaanggêp bêcik ing ngarsane Gusti Allah, dadi wus tatela yèn sakèhe wong ala bakal kaukum dening Gusti Allah, iya iku yèn ora mratobat kalawan eklasing ati. Sakèhe wong kang kawêlasan dening Gusti Allah iku iya wong dosa uga, nanging wong iku mau ora ambanjurake urip kadosan, malah padha mratobat marang Gusti Allah klawan eklasing ati, tuwin tansah sênêng nglakoni panggawe bêcik, kang miturut karsane Gusti Allah.

--- 230 ---

67. Mungguh pamratobate manuswa kanyataane kapriye.

Tiyang mratobat sayêktos punika ngraos sêdhih anggarês, awit wontên dosanipun, lajêng punika dipun singgahi, kanthi kêncêng pangangkahipun dhatêng sakathahing pandamêl sae, têmah inggih dipun talatosi.

Wong kang mratobat kalawan eklasing ati, masthi nangisi dosane, wong iku mau wus sumurup lantaran padhange Roh Suci, yèn watêke tuwin kalakuane ala bangêt, banjur analăngsa sarta rumăngsa sêdhih, têrang ing: Yirmiyah 31:19. Têmahan wong iku mau wiwit sêngit marang sarupaning dosa, sarta ora sênêng nglakoni dosa manèh, têrang ing: Rum 6:13.

Apa manèh wong kang mratobat padha kapengin anglakoni karsaning Pangeran, Rum 7:22. Banjur wiwit anglakoni uga, têrang ing: Galati 5:25, marga saka iku mau kabèh wus tatela yèn wong kang nglakoni mratobat, padha angowahi atine karo kalakuane pisan. Sadurunge mratobat atine wong dosa tansah kasêngsêm miturut pikarêpe dhewe, nanging sawuse mratobat banjur kasêngsêm miturut pangandikane Gusti Allah, sadurunge mratobat wong dosa tansah ngarah nglakoni piala, nanging wong kang wus mratobat padha [pa...]

--- 231 ---

[...dha] sênêng ngarah nglakoni sarupaning panggawe kang bêcik kalawan kêncêng. Munggu[112] pratobat iku mau pakaryane Gusti Allah lantaran pangandikane tuwin rohe. Sawuse Roh Suci anglairake kapindho tuwin anobatake atine wong dosa, banjur manuswa iya mratobat dhewe.

68. Kalakuan kaya apa kang kagolong panggawe bêcik.

Punika ngêmungakên ingkang dipun lampahi mêdal ing pitados salugu, amituruta anggêr-anggêripun Gusti Allah, sarta kadamêl pakurmatan dhumatêng Pangeran, botên kêlêbêt ingkang namung amiturut pranataning manuswa utawawi[113] dipun lampahi ing sasênêngipun piyambak.

Pitakon tuwin wangsulan iku mau anelakake bab panggawene manuswa kang kudu diarani bêcik têmênan, mungguh wong lamis iku kêrêp anglakoni panggawe kang bêcik mung tumrap ing lair, nanging panggawe kang mangkono ora kêna dianggêp bêcik têmênan. Wong kang mratobat kalawan têmên, ora mung ngowahi kalakuane bae, nanging iya ngowahi atine uga, padha nglakoni bêcik têmênan, lantaran panuntune Roh Suci.

Mungguh kaanane panggawe kang bêcik têmênan iku mangkene:

--- 232 ---

Sapisan: panggawe kang mêtu saka ing pracaya salugu utawa sajati, pracaya kang sajati iku dadi tuke panggawe kang bêcik. Panggawe kang ora mêtu saka ing pracaya salugu ora kêna kasêbut bêcik. Samubarang kang ora mêtu saka ing pracaya mokhal yèn andadèkna kaparênge Gusti Allah, têrang ing: Ibrani 11:6. Rum 14:23.

Ping pindho: panggawene manuswa kudu dilakoni miturut anggêr-anggêre Gusti Allah, anggêr-anggêre Yêhuwah iku wêwaton suci kang kaparingake marang manuswa, supaya dibangunturuta. Panggawe kang sêmune bêcik, nanging ora nyondhongi anggêr-anggêre Yêhuwah iku ala. Anggêr-anggêre Gusti Allah iku sampurna, ora kêna diowahi dening manuswa, ora kêna diwuwuhi sarta ora kêna dikurangi. Mangkono uga ora kêna ditêrak. Mulane wong pracaya kaparingan ati kang kasêngsêm anglakoni karsane Pangeran, têrang ing: Yêkinkièl 36:27.

Ping têlu: panggawe bêcik kudu digawe kaurmatan marang Gusti Allah, wong kang nglakoni bêcik kalawan pamurih, iku ora andadèkake kaparênge Gusti Allah, kaya ta: nglakoni bêcik ngarah bathi kadonyan, pangalêming wong, utawa [uta...]

--- 233 ---

[...wa] prakara liya-liyane, iku ora nglakoni bêcik têmênan. Mulane manuswa kadhawuhan mangkene: êndi-êndia kang padha kolakoni iku nganggo pamurih kaluhurane Allah. Têrang ing: 1 Korinta 10:31.

Manuswa do[114] kêrêp angowahi pranatane Gusti Allah, miturut sasênênge dhewe, banjur pranatane manuswa kang ginawe wêwaton. Nanging iku ala bangêt, wong mau nyingkirake pranatane Gusti Allah, ngakoni yèn awake dhewe pintêr tuwin wicaksana tinimbang karo Gusti Allah. Kaya mangkono kalakuane para Farisi ing jamane Gusti Yesus, padha ngabotake anggêr-anggêre Gusti Allah, nanging wong iku mau katampik dening Gusti Yesus, anglaha ênggone ngabêkti marang Gusti Allah, amarga kang kawulangake iku pêpakoning manuswa, têrang ing: Mateus 15:9. Kolose 2:23.

69. Para wong kang wus mratobat marang Gusti Allah iku, apa bisa nêtêpi ingkang anggêr-anggêr ing sasampurnane.

Sami botên sagêd ing sasampurnanipun. Malah sanadyan ingkang pinunjul piyambak ing kasucènipun, salaminipun wontên ing donya mangke, namung sawêg kadunungan wêwinihing pamanut [pa...]

--- 234 ---

[...manut] ingkang alit kemawon. Samantên ugi kalayan sêdya ingkang têmên sami ngawiti ngestokakên pêpakènipun Gusti Allah, botên sawatawisipun kemawon, naning[115] sadayanipun. Kalihan malih inggih tansah gadhah panyuwun dhumatêng Pangeran, supados sadintên-dintên sangsaya mindhaka kêncêng sapamanutipun makatên punika.

Wong kang mratobat kalawan eklasing ati padha kapengin nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah. Apa wong iku mau bisa nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah ing sasampurnane. Ora. Ana sawênèhe wong kang ngarani yèn wong kang mratobat bisa nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah ing sasampurnane. Nanging panêmu kang kaya mangkono iku luput bangêt, têrang ing: 1 Yokhanan 1:8, wong kang ngaku ora duwe dosa iku padha nasarake awake dhewe. Malah sanadyan wong kang pinunjul ing kasucène utawa wong kang bêcik dhewe, iku mung kadunungan wawinih pamanut kang cilik bae. Sanadyan para nabi tuwin para rasul, kaya ta: Nuh, Abraham, Rasul Paul, sapanunggalane, kalakuane iya ora sampurna. Ing donya kene wong pracaya mung kadunungan wijining pamanut kang sampurna, têrang ing: Rum 7:14-15. Nanging ing jaman akir [a...]

--- 235 ---

[...kir] sakèhe wong kang pracaya bakal anglakoni karsane Paran[116] ing sasampurnane. Salawase ana ing donya kene kasampurnan iku mau durung ana.

Yèn mangkono apa kalakuane wong kang wus mratobat padha karo kalakuane wong kang durung mratobat, ora. Wong kang mratobat kalawan têmên-têmên mêsthi nêdya tuwin kapengin nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah, têmahan padha amiwiti angestokake pêpakone Gusti Allah kabèh. Mangkono uga samasa wong kang pracaya tumiba ing dosa banjur mratobat manèh, sarta wong iku mau ora mung sênêng nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah ing sawatara bae, nanging padha miwiti angestokake anggêr-anggêre Yêhuwah kabèh, dadia kang gêdhe, dadia kang cilik, dadia kang abot, dadia kang èndhèng.[117] Kaya kang katêrangake uga ing: Rum 7:22. Masmur 119:4,5.

Wong kang pracaya padha rumăngsa kurang kuwat nêtêpi anggêr-anggêre Gusti Allah ing sasampurnane, mulane padha anduwèni panyuwun marang Gusti Allah, supaya ing sadina-dina sangsaya mundhaka kêncêng ênggone manut marang anggêr-anggêre Gusti Allah. Wong pracaya tansah kadhawuhan nêtêpi anggêr-anggêre Yêhuwah, [Yêhu...]

--- 236 ---

[...wah,] supaya tansah rumăngsa gêdhening dosane sarta supaya sangsaya mundhaka tabêri ênggone ngestokake karsane Pangeran, apa manèh sangsaya mundhaka tabêri ênggone nyuwun pitulungane Gusti Allah. Wong kang pracaya tansah andadonga marang Gusti Allah, supaya kaparingan pitulungan iku.

70. Sapa kang kasaosan panyuwun mangkono iku.

Sampun sadhengaha tumitah, ananging ngêmungakên Gusti Allah piyambak. Ingkang kawasa mikantukakên kula, wah malih inggih karsa anjurungi pandonga kula amargi sami kasawaban pananggêlipun Gusti Yesus Kristus.

Kang kêna kasaosan panyuwun mung Gusti Allah piyambak, ora ana titah-titah kang kêna kasaosan panyuwun kang kaya mangkono iku mau, wong kang ngabêkti marang titah-titah padha nyêmbah brahala, mung Gusti Allah bae kang dadi pasêmbahane manuswa, têrang ing: Mateus 4:10. Nanging wong kang ngabêkti marang Gusti Allah sarta nyênyuwun marang Panjênêngane miturut ing karsane masthi bakal kajurungan.

Sapisan: awit Gusti Allah kawasa anjurungi panyuwune manuswa, beda karo titah-titah kang ora duwe pangawasa apa-apa.

--- 237 ---

Ping pindho: Gusti Allah anjurungi panyuwune wong dosa kang ngungsi marang Panjênêngane klawan eklasing ati, têrang ing: Èpêsus 3:20. Yokhanan 15:7.

Ping têlu: Gusti Allah anjurungi panyuwune manuswa kang pracaya, amarga pandonga mau kasawaban pananggêle Gusti Yesus Kristus. Panyuwune wong pracaya ora pantês kajurungan amarga kurang sampurna, ewadene Gusti Allah karsa anjurungi mung marga saka sawabe pananggêle Gusti Yesus Kristus.

71. Landhêsan asmane sapa ênggon kita andêdonga marang Gusti Allah, sabênêre.

Pancèn namung landhêsan asmanipun Gusti Kristus, sampun landhêsan namanipun para suci sadhengaha.

Andadonga landhêsan asmane Gusti Yesus Kristus iku têgêse mangkene: sapisan: andadonga miturut dhawuhe Gusti Yesus.

Ping pindho: andadonga mawa sumendhe kurbane Gusti Yesus, tuwin pakaryane Gusti Yesus, wong kang andadonga ora mawa sumendhe asmane Gusti Yesus masthi ora kajurungan.

Wong dosa ora bisa sowan ing ngarsane Gusti Allah yèn [yè...]

--- 238 ---

[...n] ora mawa pananggêl kang santosa. Para suci ora bisa nglantarake prakarane wong dosa, awit para suci ora bisa sowan ing ngarsane Gusti Allah kajaba mung lantaran pananggêle Gusti Yesus, mulane ora bisa nyowanake wong liyane. Marga saka iku wong pracaya kadhawuhan andadonga landhêsan asmane Gusti Yesus, kang angêmbani prakarane wong dosa ing ngarsane Gusti Allah, têrang ing: Yokhanan 16:23. Yesayah 63:16. Rong ayat iku mau anelakake yèn para suci ora bisa nyuwunake wong dosa ing ngarsane Gusti Allah, mulane ora kêna ginawe landhêsan panyuwun.

72. Kang kasuwun apa marang Gusti Allah sabênêre.

Ingkang kasuwun inggih sakabêtahanipun sukma akalihan badan, kados kasêbut ing tuladha pandonga pamulangipun Gusti Kristus.

Kang kasêbut ing pandonga iku sakèhe kabutuhane manuswa, anggêr pêparing kang bêcik lan ganjaran kang utama, iku pinangkane saka ing luhur, tumurun saka ing Gusti Allah, muyane[118] iku kabèh kudu kasuwun marang Gusti Allah, têrang ing: Yakobus 1:5. Mungguh kabutuhane manuswa iku kêna kaperang dadi rong perangan.

--- 239 ---

Sapisan: kabutuhan kasukman, utawa kabutuhane nyawa, kaya ta pangapuraning dosa, kalakuan kang anyar, urip langgêng sapanunggalane.

Ping pindho: kabutuhane badan, kaya ta: sandhang, pangan, sapanunggalane. Kabutuhane nyawa kasêbut dhisik, awit luwih adi katimbang karo kabutuhane badan. Mungguh patrape manuswa nyuwun kabutuhane nyawa kang kasêbut ing dhuwur, sarta Gusti Allah karsa anjurungi panyuwun iku mau anggêr têmên sarta klawan eklasing ati. Nanging mungguh kabutuhane badan, manuswa dhewe ora sumurup êndi kang bêcik êndi kang ala, mulane pêrlu kudu nyênyuwun mawa anêlukake karêpe dhewe utawa sumendhe marang karsane Gusti Allah. Gusti Allah anjurungi panyuwune manuswa mungguh kabutuhane badan, ora miturut karêpe manuswa, nanging miturut karsane piyambak, têrang ing: Wulang Bêbasan 30:8,9. Gusti Yesus piyambak karsa paring conto marang manuswa. Iya iku pandonga Rama kawula, manuswa kalilan nyuwun marang Gusti Allah nganggo conto iku mau.

73. Tuladhane pandonga iku surasane kapriye.

Suraosipun makatên:

--- 240 ---

Dhuh Rama kawula ingkang wontên ing swarga.

Asma Tuwan mugi kasucèkna.

Karsa Tuwan mugi kalampahana, kadosdene wontên ing swarga, inggih makatêna ugi won[119] ing bumi.

Mugi kawula sami Tuwan paringi rêjêki kawula ing dintên punika.

Saha Tuwan mugi angapuntên sakathahipun kalêpatan kawula, kadosdene kawula inggih sami angapuntên ing têtiyang ingkang kalêpatan dhatêng kawula.

Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukakên dhatêng panggodha, nanging mugi sami tuwan uwalakên saking pangawak dursila.

Awit dene Tuwan ingkang kagungan karaton saha wisesa tuwin kamulyan langgêng salaminipun. Amin. Mateus 6:9-13.

Pandonga Rama kawula kêna kaperang mangkene:

Sapisan: dhuh Rama kawula ingkang wontên ing swarga. Perangan sapisan anyêbut asmane Pangeran.

Ping pindho: asma Tuwan mugi kasucèkna, karaton Tuwan mugi rawuha, karsa Tuwan mugi kalampahana. Panyuwun supaya asmane Gusti Allah kaluhurna.

--- 241 ---

Ping têlu: mugi kawula sami Tuwan paringi rêjêki kawula ing dintên punika. Panyuwun supaya Gusti Allah maringi kabutuhane badan.

Ping pat: saha Tuwan mugi ngapuntên kalêpatan kawula, kadosdene kawula inggih sami ngapuntên ing tiyang ingkang kalêpatan dhatêng kawuta.[120] Punapa malih kawula mugi sampun ngantos sami katandukakên ing panggodha, nanging mugi sami kauwalakên saking pangawak dursila. Panyuwun supaya Gusti Allah maringana kabutuhane nyawa.

Ping lima: awit dene Tuwan ingkang kagungan karaton saha wisesa, tuwin kamulyan langgêng ing salaminipun. Amin, pamuji.

74. Mungguh gênahe sasurasane pandonga iku, anyuwun apa marang Gusti Allah.

Ingkang kasuwun:

Ingkang sapisan: samukawis ingkang minăngka pakurmatan dhumatêng Gusti Allah supados kaindhak-indhakna, wangsul, samukawis ingkang nyulayani kaluhuranipun, supados kaludhêsna.

Ingkang kaping kalih: supados karsaa ngopèni kula, kaparingana sakabêtahaning badan, saha karsaa rumêksa nyawa

--- 242 ---

kula, kaampingana kalis ing samukawis ingkang sagêd nunani karahayon kula, amin.

Perangan ping pindho: tumuju marang kaluhurane Gusti Allah.

Perangn[121] ping têlu tuwin ping pat, tumuju marang kabutuhane manuswa. Kang kudu digolèki dhisik dening manuswa iku kaluhurane Gusti Allah, wong kang tansah kapengin angluhurake asmane Pangeran iya nglêstarèkake karahayone dhewe. Sarta bakal oncat saka bilai kang langgêng.

__________


ngarêp-arêp (kembali)
ngarêp-arêp
kang (dan di tempat lain). (kembali)
kang (dan di tempat lain).
mung (dan di tempat lain) (kembali)
mung (dan di tempat lain)
sumurup (kembali)
sumurup
iku (kembali)
iku
Allah (kembali)
Allah
dina (kembali)
dina
dinawakna (kembali)
dinawakna
têgêse (kembali)
têgêse
10 kabèh (kembali)
kabèh
11 bilai (kembali)
bilai
12 wus (dan di tempat yang lain) (kembali)
wus (dan di tempat yang lain)
13 lanang (kembali)
lanang
14 ninggal (kembali)
ninggal
15 tuwin (kembali)
tuwin
16 panduman (kembali)
panduman
17 nyênyolong (kembali)
nyênyolong
18 Nyimpên (kembali)
Nyimpên
19 nyolongi (kembali)
nyolongi
20 nyawiyah-wiyah (kembali)
nyawiyah-wiyah
21 pracaya (kembali)
pracaya
22 kanyataan (kembali)
kanyataan
23 mau (kembali)
mau
24 dosa. (kembali)
dosa.
25 pêpakon (kembali)
pêpakon
26 Bani Sraèl (kembali)
Bani Sraèl
27 sadulure (kembali)
sadulure
28 1:27-29 (kembali)
1:27-29
29 pangrasaning (kembali)
pangrasaning
30 panitikane (kembali)
panitikane
31 iku (kembali)
iku
32 manuswa (kembali)
manuswa
33 tuwin (kembali)
tuwin
34 nampani (kembali)
nampani
35 nalika (kembali)
nalika
36 pangrasa (kembali)
pangrasa
37 Galati (kembali)
Galati
38 Yirmiyah 7:20 (kembali)
Yirmiyah 7:20
39 Gusti (dan di tempat lain) (kembali)
Gusti (dan di tempat lain)
40 nyondhongi (kembali)
nyondhongi
41 manuswa (kembali)
manuswa
42 akèh (kembali)
akèh
43 wêdi (kembali)
wêdi
44 kalaipan (kembali)
kalaipan
45 padha (kembali)
padha
46 Panjênêngane (kembali)
Panjênêngane
47 pracaya (kembali)
pracaya
48 wong (kembali)
wong
49 pangandikane (kembali)
pangandikane
50 Gusti (kembali)
Gusti
51 Èpêsus (kembali)
Èpêsus
52 atine (kembali)
atine
53 gêsang (kembali)
gêsang
54 kapracayan (kembali)
kapracayan
55 ping (kembali)
ping
56 Mungguh (kembali)
Mungguh
57 amastani (kembali)
amastani
58 Wus (kembali)
Wus
59 lajêng (kembali)
lajêng
60 nanging (kembali)
nanging
61 sang (kembali)
sang
62 Mangkono (kembali)
Mangkono
63 Pilipi (kembali)
Pilipi
64 mundhut (kembali)
mundhut
65 angibarati (kembali)
angibarati
66 Para (kembali)
Para
67 tuwin (kembali)
tuwin
68 iya (kembali)
iya
69 sumêrêp (kembali)
sumêrêp
70 Golgota (kembali)
Golgota
71 Yesus (dan di tempat lain) (kembali)
Yesus (dan di tempat lain)
72 tumrap (kembali)
tumrap
73 awit kamanuswan (kembali)
awit kamanuswan
74 pancèn (kembali)
pancèn
75 kalanggêngan (kembali)
kalanggêngan
76 Yesus (kembali)
Yesus
77 katangèkake (kembali)
katangèkake
78 awit (kembali)
awit
79 pasamuan (kembali)
pasamuan
80 anindakake (kembali)
anindakake
81 kabungahan (kembali)
kabungahan
82 kang (kembali)
kang
83 wong (kembali)
wong
84 iblis (kembali)
iblis
85 ora (kembali)
ora
86 mau (kembali)
mau
87 iku (kembali)
iku
88 jaman (kembali)
jaman
89 sapanunggalane (kembali)
sapanunggalane
90 kasampurnaning (kembali)
kasampurnaning
91 sisip (kembali)
sisip
92 marga (kembali)
marga
93 Allah (kembali)
Allah
94 tuwin (kembali)
tuwin
95 sarta (dan di tempat lain) (kembali)
sarta (dan di tempat lain)
96 marang (kembali)
marang
97 pindho: (kembali)
pindho:
98 wong (kembali)
wong
99 pangan (kembali)
pangan
100 baptis (kembali)
baptis
101 namtokake (kembali)
namtokake
102 prajanjian (kembali)
prajanjian
103 kabaptis (kembali)
kabaptis
104 badan (kembali)
badan
105 Yesus (kembali)
Yesus
106 kasaenan (kembali)
kasaenan
107 kalilan (kembali)
kalilan
108 62. (kembali)
62.
109 Gusti (kembali)
Gusti
110 kanggo (kembali)
kanggo
111 Halaman ini hilang (kembali)
Halaman ini hilang
112 Mungguh (kembali)
Mungguh
113 utawi (kembali)
utawi
114 dosa (kembali)
dosa
115 nanging (kembali)
nanging
116 Pangeran (kembali)
Pangeran
117 ènthèng (kembali)
ènthèng
118 mulane (kembali)
mulane
119 wontên (kembali)
wontên
120 kawula (kembali)
kawula
121 Perangan (kembali)
Perangan