Kawruh Usuluddin, Bagus Ngarpah, #1835

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kawruh Usuludin

Têgêsipun uwiting agama, inggih punika nêrangakên kawontênaning Allah kalihan rasulullah sarana tăndha yêkti ingkang pinanggih ing pambudi, uwitipun saking Kitab Ududi, Sarah Ummul Barain, kawêwahan katêrangan saking kitab sanès-sanèsipun.

Kajawèkakên saking têmbung Arab dening Bagus Ngarpah abdi dalêm ngulama uluning guru Pamulangan Mambangul Ngulum.

Kawêdalakên ing Pakêmpalan Waradarma ing Surakarta.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [1] ---

Punika Kitab Ududi, Kawruh Usuludin, Inggih Punika Nyumêrêpi Kawontênaning Allah kalayan Tăndha Yêkti. Kawêwahan Katêrangan saking Kitab Sanès-sanèsipun.

Awit ingkang nama Allah, Ingkang Maha Murah tur Maha Asih.

Sakèhing puji iku konjuk ing Allah, kang sarupaning kaanan iki dadi sêksi mungguh ananing Allah.

Rahmating Allah lan salaming Allah muga diparingna marang Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad, kang ingutus akanthi pira-pira pratăndha kang têtela.

Lan uga diparingna marang para putra santanane kangjêng nabi mau lan marang para sakhabate, lan sarupane wong kang padha manut laku kautamane para sakhabat mau, nganti tumêka ing dina kiyamat.

Sakèhing puji iku konjuk ing Allah.

Rahmating Allah lan salaming Allah muga diparingna marang Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad, utusaning Allah.

Kang aran puji iku pangalêmbana kang kawêtu ing cangkêm, ngucap bêciking sipat utawa panggawene kang dipuji, kaya ta: duwe kawruh, loma sapêpadha.

--- 2 ---

Dadi puji iku kosokbalining wada, awit wada iku panacad alaning sipat utawa panggawene kang diwada, kaya ta: bodho, kumêt sapêpadhane.

Saiki têtela, unèn-unèn: sakèhing puji iku konjuk ing Allah, iku têrange mangkene: sakèhing pangalêmbana bêcik iku konjuk ing Allah.

Katêrangan

Para linuwih padha ngarani ora ana pangalêmbana kang ora konjuk ing Allah, sanadyan pangalêmbana mau tumrap marang sapa bae utawa tumrap marang barang apa bae.

Kaya upamane: ana wong ngalêmbana marang sapêpadhaning manungsa, têmbunge: Si Suta iku bagus rupane, bêcik kalakuane. Pangalêmbana kang mangkono iku sanadyan kang tămpa pangalêmbana mau Si Suta, nanging satêmêne konjuk ing Allah, awit Si Suta iku damêlane Gusti Allah. Sing sapa ngalêmbana gêgaweaning wong uga ngalêmbana marang kang gawe.

Wong muktajilah ngucap mangkene: dadi yèn mangkono sakèhing pamada iya konjuk ing Allah uga, awit sing sapa mada marang gêgaweaning wong iya mada marang kang gawe.

Pangucape wong muktajilah mangkono mau diksura

--- 3 ---

bangêt marang Gusti Allah, mulane banjur diwangsuli wong ahli suni mangkene: samubarang kang kêlakon iki kabèh sanadyan ana kang diarani ala dening wong, nanging satêmêne bêcik kabèh, kang ngarani ala iku saking ora wêruhe marang wadi kang kinêkêr mungguh karsaning Allah, upama wêruha mêsthi iya ngarani bêcik, iya iku kang diarani bêcik mungguh Allah piyambak.

Upama: laku kadurjanan iku sapa-sapaa mêsthi ngarani ala, nanging karsaning Allah ênggone nganakake laku kadurjanan iku supaya dadia pangasilane wong kang baud marsudi tata têntrêm, utawa supaya ngêbèrake bandhane wong kang sugih marang wong kang malarat, utawa liya-liyane kang ora diwêruhi marang wong.

Wong muktajilah calathu manèh: yèn samubarang kang kalakon iki ora ana kang ala, yagene wong Suni têka ambedakake ala lan bêcik. Wong kang bêcik bakal diganjar, wong kang ala bakal disiksa.

Wong Suni mangsuli: mulane aku ambedakake ala lan bêcik, awit manungsa ora wêruh wêwadine karsaning Allah kalawan sampurna, kang diwêruhi ing manungsa mung siji loro bae, dadi isih ana uga kang diarani ala, saking durung wêruhe marang karsaning Allah.

--- 4 ---

Wong muktajilah calathu manèh: wong Suni wis bisa nêrangake karsaning Allah bab bêcike laku kadurjanan, yagene têka isih ngarani ala sarta nguya-kuya marang wong durjana.

Wong Suni mangsuli: kang kanggo kêlal dilakoni ing akèh kadurjanan kudu diarani ala, lan kudu diparsudi sirnane.

Sifat, iku têmbung Arab, iya iku samubarang kang pancèn kêna ginawe ambedakake sawijining barang karo liyane, dumunung ing awak utawa ora. Kaya ta: putih, ora putih, ngadêg, ora ngadêg, bundêr, ora bundêr, sapêpadhane kang pancèn kêna ginawe ambedakake.[1]

Upamane: krêtas putih, putih iku sifat, marga putih iku ambedakake karo kang abang, irêng sapanunggalane.

Yèn ana wong takon, upama ana krêtas loro putih kabèh, saiki putih mau ora bisa ambedakake, apa iku dudu sifat.

Patakon mangkono mau wangsulane mangkene: putih iku iya sifat, awit sanadyan ora bisa ambedakake [ambedaka...]

--- 5 ---

[...ke] krêtas siji karo krêtas sijine marga dening tunggal sifate, nanging pancèn kêna ginawe ambedakake.

Krêtas putih iku upamane sifat kang dumunung ing awak, dene sifat kang ora dumunung ing awak iku kaya ta: krêtas ora putih, dadi putih iku ora dumunung ing krêtas, nanging kêna ginawe ambedakake karo krêtas kang putih, mulane ora putih iku iya uga sifat, nanging sifat ora dumunung ing awak.

Allah, iku têmbung Arab, sadurunge dadi aran, têgêse: sêsêmbahan kalawan bênêr, nanging banjur dadi têmbung aran, dene kang duwe aran Allah iku awak kang mêsthi anane, kang andarbèni sarupaning pangalêmbana.

Ana wong takon, kêpriye têgêse awak kang mêsthi anane, yèn ana awak kang mêsthi anane iya ana uga awak kang mokhal anane lan kang kêna anane.

Patakon mangkono mau diwangsuli: dhasar iya ana, wijange mangkene:

Awak iku ana têlung prakara, kang siji mêsthi anane, iya iku Allah, awit mokal yèn Allah iku ora ana, dene Allah ênggone mêsthi anane iku wus katêtêpake dening tăndha yêkti kang akaling wong ora bisa maido. [mai...]

--- 6 ---

[...do.] Tăndha mau ing buri bakal kaandharake kang luwih dening têrang.

Kapindho awak kang mokhal anane, iya iku awak kang madhani Allah, awak kang tanpa ênggon sapêpadhane.

Kaping têlu awak kang kêna anane, iya iku awak kang anane iku ora kalêbu mêsthi lan ora kalêbu mokhal, kaya ta gunung anu, iku anane ora kalêbu mêsthi, têgêse upama ora anaa ora mokhal, apadene sirnaa iya ora mokhal.

Rahmating Allah marang nabine iku têgêse amuwuhi kamulyan, dene salaming Allah iku têgêse muwuhi katêtêganing ati.

__________

--- 7 ---

Bêbuka

Pêrlune kitab iki mulangake kawruh marang kaananing Allah, utawa sipat rong puluh nganggo tăndha yêkti kang akaling wong ora bisa maido.

Sadurunge mulangake kawruh marang kaananing Allah, pêrlu bangêt kudu mulangake khukum ngakal,[2] awit sing sapa ora wêruh marang khukum ngakal bakal ora bisa ngêrti marang tăndha yêktine kaananing Allah.

Sarèhning mulangake khukum ngakal, iya pêrlu uga nyumurupake khukum ngadat,[3] lan khukum sarak,[4] supaya bisa ambedakake.

Kang diarani khukum iku ngiyakake sawijining prakara marang prakara liyane, utawa ngorakake sawijining prakara saka prakara liyane. Dadi khukum iku ana loro, kang siji khukum iya, sijine khukum ora.

Ngiyakake iku têgêse nganggêp iya, dene ngorakake têgêse nganggêp ora. Upamane mangkene: kaya ta ana wong calathu: Si Suta iku edan, têtêmbungan mangkono mau ngiyakake edan marang Si Suta,

--- 8 ---

utawa nganggêp iya edan marang Si Suta. Mangkono uga wong calathu: Si Naya iku ora edan, têmbung mangkono iku ngorakake edan saka Si Naya, utawa nganggêp ora edan saka Si Naya.

Ngiyakake utawa ngorakake mau ora kudu kawêtu ing cangkêm, sanadyan mung dibatin bae iya wis aran khukum.

Warna-warnaning Khukum

Khukum iya lan khukum ora mau manawa kang ngukumi ngakal, diarani khukum ngakal, manawa kang ngukumi ngadat, diarani khukum ngadat, dene manawa kang ngukumi sarak, iya diarani khukum sarak, dadi khukum iku ana têlung warna, 1. khukum ngakal, 2. khukum ngadat, 3. khukum sarak.

Khukum ngakal iku ngiyakake utawa ngorakake sawijining prakara marang prakara liyane, ora kudu ana katatalane kang wus rambah-rambah kêlakone, lan ora kudu ana kang nêtêpake, nanging têtêp karêpe dhewe. Kaya ta: jirim[5] iku manggon, têtêmbungan iku ngiyakake manggon marang jisim, iyane mau ora kudu ana katatalane kang wus rambah-rambah kêlakone, lan ora kudu ana [a...]

--- 9 ---

[...na] kang nêtêpake. Lan kaya ta: măngsa kang wis kaliwat iku ora kêna dibalèni, têmbung iku ngorakake kênane dibalèni marang măngsa kang wus kaliwat, orane mau ora kudu ana kêtatalane kang wus rambah-rambah kalakone, lan ora kudu ana kang nêtêpake, nanging têtêp karêpe dhewe.

Khukum ngadat iku labête sawijining prakara marang prakara liyane, kudu ana kêtatalane kang wis rambah-rambah kêlakone, lan kêna uga sulayane. Kaya ta: gêni iku anggosongake marang kang anggêpok. Gosong iku labêting gêni marang kang anggêpok, wis ana kêtatalane kang wus rambah-rambah kêlakone, nanging kêna uga sulaya, kaya ta kang wus kêlakon mukjijate para nabi, kramate para wali utawa kêtrimaning donga, akèh wong kang nyêkêl gêni ora gosong, malah panas bae ora.

Khukum sarak, iku dhawuhing Allah kang diampil ing para rasul, tumrap laku-lakune wong mukalaf, dhawuh pamurih utawa panyarah, apadene sabab-sababe, sarat-sarate utawa alang-alangane pamurih lan panyarah mau.

Kang diarani para rasul iku para manungsa lanang kang mardika kang akil tur balèg, kang tămpa dhawuhing Allah bab laku-lakune [laku-la...]

--- 10 ---

[...kune] wong urip, iya iku kang diarani wahyu sarak, sarta didhawuhi ngundhangake dhawuh mau. Dene yèn ora didhawuhi ngundhangake, ora jênêng rasul, mung jênêng nabi bae. Dadi sing sapa dadi rasul, iya mêsthi dadi nabi, nanging wong kang dadi nabi durung mêsthi dadi rasul, ana uga kang dadi rasul, lan ana kang mung dadi nabi bae.

Kang diarani wong mukalaf, iku wong kang balèg tur ana ngakale, bisa ngrungu lan andêlêng sarta kang kawratan dhawuhing rasul.

Balèging bocah iku marga wis ngumur limalas taun, sanadyan lagi ngumur sangang taun bae yèn wis mêtu manine utawa wis sukêr, iya wis balèg.

Bocah kang durung balèg, ora jênêng mukalaf, sanadyan wis balèg, nanging edan iya ora aran mukalaf, sanadyan ora edan, nanging picak lan budhêg cilik mula, iya ora aran mukalaf, sanadyan ngrungu lan andêlêng nanging ora kawratan dhawuhing para rasul, iya ora aran mukalaf, kaya ta: wong pagunungan lan wong alasan kang durung tau sêsrawungan karo băngsa liyane.

Wong kang ora mukalaf, ora milu kacacah ing undhange para rasul, mulane sanadyan anglakoni kaluputan [kaluputa...]

--- 11 ---

[...n] iya ora diitung dosa, ora digantungi patrapan utawa siksa, kosokbaline sanadyan anglakoni kabêcikan iya ora diitung pangabêkti, ora dicadhang ganjaran utawa sawarga.

Peranganing Khukum Ngakal.

Khukum ngakal iku kaperang dadi têlu: wajib, mokhal lan wênang.

Ha. Khukum wajib iku têgêse khukum mêsthi, iya iku samubarang kang ngakal maido ora anane utawa ora kêlakone, nanging mêsthèkake anane lan kêlakone, kaya ta: jirim iku manggon. Pamanggone jirim mau ngakhal maido ora kêlakone, nanging mêsthèkake kêlakone, sarèhning pamaidoning ngakal ing bab iki gampang bangêt, ora susah ngêmpakake pikir kang sampurna, mulane diarani laruri, têgêse wis cêtha, ora susah nganani tăndha yêkti utawa ngêmpakake pikir.

Upamane manèh kaya ta: Allah iku ana, ananging Allah iku ngakal maido ora kêlakone, nanging mêsthèkake kêlakone. Dene pamaidoning ngakal mau

--- 12 ---

ora gampang, kudu ngêmpakake pikir kang sampurna nganti olèh tăndha yêkti, mulane iki diarani nalari, têgêse angèl, cêthane kudu nganggo ngêmpakake pikir kang sampurna nganti olèh tăndha yêkti.

Na. Khukum mokhal, têgêse khukum andupara, iya iku samubarang kang ngakal maido anane utawa kalakone. Yèn pamaidoning ngakal mau gampang, tanpa ngêmpakake pikir kang sampurna diarani laruri, kaya ta: awan iku barêng lan wêngi. Barênging awan lan wêngi iku sanalika bae ngakal maido kêlakone, mêsthèkake ora kêlakone, ora susah ngêmpakake pikir kang sampurna golèk tăndha yêkti.

Dene yèn pamaidoning ngakal mau angèl, kudu ngêmpakake pikir kang sampurna nganti olèh tăndha yêkti, iku diarani nalari, kaya ta: Allah iku loro. Anane Allah loro iku ngakal maido, nanging pamaidone nganggo angèl, ora sanalika bae banjur maido kudu ngêmpakake pikir kang sampurna, nganti olèh tăndha yêkti kang namtokake yèn Allah iku mung siji.

Ca. Khukum wênang têgêse kêna, iya iku samubarang kang ngakal ora maido anane lan ora anane, kêlakone [kê...]

--- 13 ---

[...lakone] lan ora kêlakone. Kaya ta: ngombe adon-adon sukan jambèn iku marasake lara kuning[6] kêlakone warasing lara kuning kang marga saka ngombe adon-adon sukan jambèn, utawa ora kêlakone waras, iku ngakal ora maido.

Peranganing Khukum Sarak.

Khukum sarak iku kaperang dadi pitu: wajib, sunat, kharam, makruh, wênang, sah lan batal.

Ha. Khukum wajib iku dhawuh parentahing Allah kang kêncêng sarta kang kudu dilakoni, sing sapa nglakoni dhawuh mau dumunung wis nêtêpi sêsanggane, sarta diêbang bakal diparingi ganjaran besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa ora nglakoni parentah mau ditêtêpake dosa utawa duraka, sarta diancam-ancam bakal dipatrapi siksa naraka besuk ana ing akhirat. Kaya ta: sêmbahyang limang wêktu iku wajib. Sêmbahyang limang wêktu iku wis didhawuhake dening Allah kalawan kêncêng, kudu dilakoni, sing sapa nglakoni sêmbahyang limang wêktu ditêtêpake wis nêtêpi sêsanggane, sarta diêbang bakal [baka...]

--- 14 ---

[...l] diparingi ganjaran sawarga besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa ora nglakoni sêmbahyang limang wêktu ditêtêpake dosa utawa duraka, sarta diancam-ancam bakal dipatrapi siksa naraka besuk ana ing akhirat.

Na. Khukum sunat iku dhawuh parentahing Allah supaya dilakoni, nanging ora kêncêng, sing sapa nglakoni parentah mau diarani wong utama, sarta bakal diparingi ganjaran sawarga besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa ora nglakoni parentah mau ora ana patrapane apa-apa, kaya ta: ngêthoki kuku kang dawa iku sunat. Sing sapa nglakoni ngêthoki kuku iku dianggêp wong utama, bakal diparingi ganjaran sawarga besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa ora gêlêm ngêthoki kukune kang dawa ora ana patrapane apa-apa.

Ca. Khukum kharam, iku dhawuh parentahing Allah kang kêncêng, supaya disingkiri, sing sapa nyingkiri dumunung wis dadi sêsanggane, sarta disaguhi bakal diparingi ganjaran sawarga besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa narajang nglakoni, ditêtêpake dosa utawa duraka, diancam-ancam bakal dipatrapi siksa naraka besuk ana ing akhirat, kaya ta: ngombe sajêng iku kharam. Dadi sing sapa nyingkiri ngombe

--- 15 ---

sajêng iku dumunung wis nêtêpi sêsanggane, sarta disaguhi bakal diganjar sawarga besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa wani-wani narajang ngombe sajêng iku ditêtêpake dosa utawa duraka, sarta diancam-ancam bakal disiksa ana ing naraka besuk ana ing akhirat.

Ra. Khukum makruh, iku dhawuh parentahing Allah supaya disingkiri, nanging dhawuh mau ora kêncêng, sing sapa nyingkiri dumunung nglakoni kabêcikan, sarta disaguhi bakal diganjar sapatute, besuk ana ing akhirat, nanging sing sapa narajang, ora bakal dipatrapi apa-apa, mung olèh rêngu bae, kaya ta: nguyuh ngadêg iku makruh, dhawuh kang mangkono mau sing sapa gêlêm nyingkiri nguyuh ngadêg, dianggêp kabêcikan, ing têmbe ana ing akhirat iku ana ganjarane, nanging sing sapa narajang nguyuh kalawan ngadêg, ora ana gantungane patrapan apa-apa.

Ka. Khukum wênang têgêse panyarah, iya iku samubarang kang dilakoni utawa ora dilakoni ora ana gêgantungane patrapan lan ora ana cêcadhangane ganjaran ana ing akhirat, kaya ta: pagawean dol tinuku sapêpadhane.

Da. Ana manèh khukum sah, têgêse: dadi, iya iku

--- 16 ---

samubarang pagawean kang wis ganêp sarate lan nêtêpi pranataning laku-lakune.

Ta. Lan ana manèh khukum batal, têgêse jugar, iya iku sabarang pagawean kang ora ganêp sarate utawa ora nêtêpi pranataning laku-lakune.

__________

Khukum ngadat iku uga kaperang dadi têlu, padha lan khukum ngakal, wajib, mokhal lan wênang, nanging wajib lan mokhale khukum ngadat, ora padha lan khukum ngakal, amarga khukum ngadat iku kêna cidra, pikuwate mung kêtatalan kang wis kêrêp kêlakon.

Khukum wajib ing ngadat iku kaya ta: gêni iku anggosongake, kang dadi pikuwate: êmpaning gêni ênggone anggosongake iku mung kêtatalan kang wus kêrêp kêlakon, mèh ora ana gêni kang ora anggosongake, nanging trakadhang bisa cidra, kaya ta: kang wis kêlakon mukjijate Kangjêng Nabi Ibrahim, diobong ora gosong.

Khukum mokhal ing ngadat iku kosokbaline khukum wajib, kaya ta gêni iku ora anggosongake.

Khukum wênang ing ngadat iku samubarang kang lumrah kêlakone lan ora kêlakone, kaya ta: tămba iku marasake [ma...]

--- 17 ---

[...rasake] lêlara. Mungguh tămba ênggone marasake lêlara iku kêtatalane wis akèh, nanging kang ora bisa marasake lêlara iya akèh uga.

__________

Sira wêruha yèn khukum warna têlu mau kang pêrlu kanggo nyumurupi tăndha-tăndha kaananing Allah mung khukum ngakal. Dene nyumurupi peranganing khukum ngakal têlung warna kang sarta dilanyahake pisan, iku anuntun kaprigêlaning ati ênggone ngêmpakake pamikir, nganti ora kangelan ngupaya tăndha-tăndha kang dikarêpake, sarta banjur bisa ambedakake panêmu kang bênêr lan panêmu kang luput. Mulane sing sapa amarsudi bisane wêruh tăndha-tăndha kaananing Allah iku kudu nyumurupi khukum ngakal dhisik.

Panjênêngane Imam Kharamain[7] sarta para pujăngga akèh padha ngandika mangkene: ngawruhi peranganing khukum ngakal têlung warna iku sajatining ngakal, sing sapa ora wêruh peranganing khukum ngakal têlung warna iku têtêp wong tanpa ngakal.

--- 18 ---

Sarupaning wong mukalaf, padha diwajibake ing sarak ngawruhi samubarang kang wajib, kang mokhal lan kang wênang ing Gusti Allah Kang Maha Agung lan Maha Mulya, apadene samubarang kang wajib, kang mokhal lan kang wênang tumraping para rasul.

Wong muktajilah acalathu: kang majibake ngawruhi kaananing Allah iku dudu sarak, nanging Allah piyambak, ewadene kang bisa nyandhak karsaning Allah mau: ngakal, kang digadhuhake marang para wong mukalaf.

Wong Suni amangsuli: ngakal ênggone bisa wêruh marang kawajibane mau marga wis didhawuhi ing sarak, awit ngakaling manungsa ora bisa wêruh dhewe marang khukum, dadi sadurunge ana dhawuhing sarak, durung ana khukum apa-apa.

Wong muktajilah acalathu manèh: ngakaling manungsa bisa wêruh ing khukum kang tumrap marang manungsa, dene têkaning sarak iku mung ngukuhake bae. Sadurunge ana para rasul, ngakal wis bisa ngukumi marang sadhengah prakara kang dilakoni ing manungsa, wis wêruh marang kang ala lan kang bêcik. Dadi panêmuning ngakal iku wis kodrat, padha karo tumindaking ambêkan, ewadene ana uga kang thukul saka pamarsudi, kaya ta: panêmuning ngakal marang barang kang bakal dadi bêcik, utawa bakal dadi ala sapêpadhane.

--- 19 ---

Panêmuning ngakal kang wis kodrat iku tumănja khukum wênang. Dene kang thukul saka pamarsudi iku kaperang dadi lima.

1. Khukum kharam, iya iku sadhengaha nalar yèn dilakoni bakal nganakake karusakan, kaya ta: panganiaya sapanunggalane.

2. Khukum wajib, iya iku sadhengaha nalar yèn disingkiri ora dilakoni bakal andadèkake karusakan, kaya ta: ngadil sapêpadhane.

3. Khukum sunat, iya iku sadhengaha nalar yèn dilakoni bakal andadèkake bêcik, kaya ta: wèwèh marang wong.

4. Khukum makruh, iya iku sadhengaha nalar yèn ora dilakoni bakal andadèkake bêcik, kaya ta: wèwèh marang wong ala kalakuane.

5. Khukum wênang, iya iku sadhengaha nalar yèn dilakoni utawa ora dilakoni ora andadèkake karusakan lan ora andadèkake bêcik, kaya ta: mlaku, linggih sapêpadhane.

Samubarang pagawean kang dilakoni dening manungsa mêsthi kalêbu ana salah sawijining limang prakara ing dhuwur mau, ewadene yèn ana pagawean kang ngakal durung bisa wêruh tanjane,

--- 20 ---

apa kalêbu ing khukum wênang, apa wajib utawa liya-liyane, iku khukume gumantung, ngêntèni yèn wis bisa nanjakake.

Ngakaling manungsa bisa wêruh alane barang kang têmên ala, lan bêciking barang kang têmên bêcik, awit samubarang pagawean kang dilakoni ing manungsa iki ana kang maligi bêcik, kaya ta: pangucap têmên kang bakal dadi bêcik, lan ana kang maligi ala, kaya ta: pangucap goroh kang bakal dadi ala. Lan ana kang uwite bêcik wêkasane dadi ala, kaya ta: pangucap têmên kang bakal andadèkake karusakan, upamane: Si Suta anggolèki satrune aran Si Naya, Si Drana wêruh panggonan pandhêlike Si Naya, barêng Si Drana ditakoni Si Suta apa wêruh panggonan pandhêlike Si Naya, Si Drana banjur calathu têmên, ambêlakakake panggonane Si Naya, wusana Si Naya kêcandhak dening Si Suta, banjur dipatèni kalawan panganiaya. Lan ana kang uwite ala wêkasane dadi bêcik, kaya ta: calathu goroh kang amurih bêcik, upamane wong wêruh cacade wong jêjodhoan, upama cacade kang wadon konangan dening lakine mêsthi bakal dipêgat, wong mau ditakoni marang lakine si wadon, nanging goroh ora gêlêm balaka, mung pitutur bae marang si wadon supaya marènana cacade.

--- 21 ---

Makrifat, iku têmbung Arab, têgêse: wêruh, iya iku panêmuning ati kang wis kukuh kang nocogi ing nyatane sarta nganggo tăndha yêkti.

Dene panêmuning ati kang ora kukuh kaya ta: isih mamang, utawa mung kira-kira bae, iku ora aran makrifat, mulane iya ora cukup diênggo nyumurupi kaananing Allah, wong kang nyumurupi kaananing Allah kang mung saka kira-kira utawa isih mamang, iku isih durung nêtêpi wajibe, uga isih jênêng duraka.

Mangkono uga panêmuning ati kang ora cocog karo nyatane, sanadyan kukuha pisan iya ora aran makrifat, malah aran bodho rangkêp, kang sapisan bodho ora wêruh ing nyata, kapindho bodho ora wêruh ing bodhone, uga ora cukup ginawe nyumurupi kaananing Allah, kaya ta panêmune wong agama Nasarani (Kristên Rum Sêkatolig) ênggone ngukuhi wêwaton têlu.

Para pujangganing kawruh usul padha takon marang wong agama Nasarani, olèh-olèhane mangkene:

Kapracayane wong agama Nasarani, kang diarani Allah iku awak sawiji kang saka pakumpulaning sipat têtêlu, 1. wujud, têgêse ana, 2. ngilmu, têgêse kawruh, 3. khayat, têgêse urip.

--- 22 ---

Mungguhing wong Nasarani, wujud iku ditêmbungake bapa, ngilmu ditêmbungake anak, dene khayat, ditêmbungake Roh Kudus, têgêse: Roh Suci.

Panêmune wong Nasarani: sipat ngilmu iku nunggal karo sarirane Kangjêng Nabi Ngisa, pangucape mangkene: ngalam laut iku nunggal karo ngalam nasut. Kang diarani ngalam laut mau sipat ngilmu, dene ngalam nasut iku sarirane Kangjêng Nabi Ngisa.

Kang diarani awak sawiji dening wong Nasarani mau: kang jumênêng piyambak, ora kaya warna putih dumunung ana ing krêtas, dene ênggone nêmbungake Bapa, Anak lan Roh Suci mau mung kanggone têtêmbungan tumrap wong sagolongan kang agama Nasarani bae, ora kanggo ing liyane.

Panêmune wong Nasarani: Allah iku awak sawiji kang saka pakumpulane sipat têtêlu, iku têtela lupute, luwih manèh barêng kang diarani awak mau ditêgêsi kang madêg dhewe, awit sipat iku ora bisa dadi awak. Dadi panêmune wong Nasarani mau nêtêpake yèn awak iku iya sipat, kang mangkono mau kalêbu khukum mokhal ing ngakal.

Dene pangucape wong Nasarani: awak sawiji kang saka [sa...]

--- 23 ---

[...ka] pakumpulane sipat têtêlu mau luput manèh, awit pakumpulane sipat têtêlu iku iya warna têlu, ora mung siji.

Pangucape wong Nasarani: sipat ngilmu iku nunggal karo sarirane Kangjêng Nabi Ngisa iku mokhal ing ngakal manèh, awit ngilmu iku sipat, ing ngarêp wis dipratelakake kumpul dadi awak sawiji, iya iku sariraning Allah, kang măngka saiki dipratelakake manèh nunggal karo sarirane Kangjêng Nabi Ngisa, mulane mokhal ing ngakal, awit sipat siji jumênêng ana ing awak loro iku ngakaling manungsa ora arêp.

Lan kaya panêmune wong agama Majusi, ênggone puguh angarani Pangeran iku loro.

Panêmune wong Majusi Pangeran iku loro, kang siji Allah, sijine setan. Tăndha yêktine mangkene: pagawean kang padha dilakoni ing manungsa iku warna loro, kang siji panggawe bêcik, sijine panggawe ala, loro iku akosokbali. Kêlakone sabarang pagawean iku marga saka karêping ati, dene obahing karêp iku mêsthi ana kang anggugah, sarèhning ala lan bêcik iku akosokbali, têtela kang anggugah marang panggawe

--- 24 ---

ala mêsthi ora gêlêm anggugah marang panggawe bêcik, mangkono uga kang anggugah marang panggawe bêcik iya ora gêlêm anggugah marang panggawe ala. Sarèhning panggawe ala lan bêcik iku karo pisan padha lêstari kêlakone, dadi panggugahing ala lan bêcik iku têtela ora ana kang kalah lan kang mênang, mulane loro pisan iya têtêp jumênêng Pangeran. Panggugahing bêcik diarani Yasdan, têgêse padhang, iya iku Allah, dene panggugahing ala diarani Ahraman, têgêse pêtêng, iya iku setan. Dadi Allah lan setan iku karo pisan padha Pangeran.

Wong Suni nyaruwe mangkene: yèn kaya mangkono panêmune wong Majusi, yagene têka ora gêlêm nganakake Pangeran siji êngkas, kang măngka panggawe iku ana uga kang ora ala lan ora bêcik, iku rak iya ana kang anggugah, dadi saiki Pangeran iku têlu, kang siji panggugah panggawe ala, sijine panggugah panggawe bêcik, sijine manèh panggugah panggawe kang ora ala lan ora bêcik.

Yèn wong Majusi ora gêlêm nganakake Pangeran siji êngkas, dadi têtêp ênggone nganakake Pangeran loro mau tanpa wêwaton kang bênêr, mung maligi nyulayani wong Suni bae.

--- 25 ---

Lan manèh Pangeran kang agawe bêcik mau rak ora bisa agawe ala, kosokbaline Pangeran kang agawe ala iya ora bisa agawe bêcik, sarèhning loro pisan ora bisa agawe barang kang kêna digawe ing liyan, dadi loro pisan têtêp apês, sarèhne wis têtêp apêse, dadi loro pisan iku têtela dudu Pangeran.

Panêmuning ati sanadyan kukuha sarta cocoga karo nyatane, nanging yèn tanpa tăndha yêkti, iya ora aran makrifat, mung diarani takêlid bae, têgêse ilu-ilu, têtêpe aran makrifat yèn wis wêruh tăndha yêkti.

Kang diarani takêlid iku: tiru-tiru pangucaping liyan, utawa manut kêkêncênganing panêmune dhewe tanpa nyumurupi tăndha yêkti, dene yèn sumurup tăndha yêktine: ora aran takêlid, aran makrifat.

Mungguh kapracayane wong takêlid iku panêmune para pujăngga beda-beda, sawênèh ana kang ngarani anggêr kapracayane mau wis kêncêng iya wis cukup, tanpa nandhang duraka, lan ana kang ngarani manèh iya cukup, nanging nganggo nandhang duraka marga ênggone lumuh ngêmpakake pamikir, lan ana siji manèh kang ngarani ênggone nandhang duraka mau yèn pancèn wong atine têdhas diênggo mikir, dadi tumrape

--- 26 ---

wong kang kêthul atine iya ora nandhang duraka, dene kang ngarani yèn kapracayane wong takêlid iku ora cukup, wong takêlid ditêtêpake kafir iku mung pujăngga siji ewone wong muktajilah. Iya iku Abu Hasim.

Dene tăndha yêkti kang diwajibake marang sarupane wong mukalaf, ora kêna ora kudu padha nyumurupi, iku tăndha yêkti kêmêngan, iya iku tăndha yêkti kang tanpa ngurusake, kaya ta yèn ditakoni: kowe apa pracaya yèn Allah iku ana.

Wong kang ditakoni banjur mangsuli: iya pracaya. Nuli ditakoni manèh: apa tandhane yèn Allah iku ana. Kang ditakoni mangsuli manèh: tandhane yèn Allah iku ana iya anane titah iki kabèh, nanging ora bisa ngurusake apa-apa lan ora bisa nêrangake kang dadi tăndha mau dupèh barang kang gumêlar iki padha anyar, apa dupèh kêna ana lan kêna sirna. Lan manèh ora bisa ngalahake padune wong kang kudu nyulayani, kang ngarani yèn owah gingsiring alam iki wis kuna mula tanpa kawitan, utawa panasaran liya-liyane.

Para pujăngga ahli suni ênggone ngurusake yèn ngalam iku anyar: mangkene, ngalam iku wus kinawruhan ing

--- 27 ---

wong akeh katêtêpan sipat anyar, kaya ta: maune mênêng banjur obah, utawa kosokbaline, têgêse maune obah banjur mênêng sapêpadhane kang mangkono. Samubarang kang katêtêpan sipat anyar iku iya anyar, urus kang mangkono iku nêtêpake ngalam iku anyar.

Wong muktajilah madoni mangkene: pangucape wong ahli suni: samubarang kang katêtêpan sipat anyar iku iya anyar: iku luput, awit ana uga barang katêtêpan sipat anyar kang ora anyar, dene kang bênêr mangkene: barang katêtêpan sipat anyar iku: kang anyar mung yèn mawa kawitan, balik kang tanpa kawitan iku ora anyar: satêmêne kadim.[8]

Aku wis nêrangake kalawan cêtha, ngalam iki tanpa kawitan, sabên ana barang anyar sadurunge iku mêsthi ana anyar manèh, mangkono sabanjure nganti tanpa wêkasan kunane.

Upamane mangkene: uwohing gandum iku kadadiyan saka wiji gandum kang wis didhêdhêr, dene wiji gandum kang didhêdhêr iku iya uwoh, uga kadadiyan saka wiji gandum kang didhêdhêr sadurunge iku, mangkono sabanjure nganti tanpa ana katoge.

--- 28 ---

Upamane manèh: manungsa iku anaking manungsa, manungsa kang kapindho iku iya anaking manungsa kang kaping têlu, mangkono sabanjure nganti ora ana wêkasane.

Sawise tak têrangake mangkono, saiki têtela yèn ngalam iki ora anyar, awit tanpa kawitan.

Pujăngga ahli suni mangsuli mangkene:

Ha. Pangucape wong muktajilah iku nekad, awit ngumpulake barang kang akosokbali, mokhal ing ngakal, kaya ta: ênggone nêtêpake yèn ngalam iku barang katêtêpan anyar nanging tanpa kawitan. Barang katêtêpan sipat anyar iku mulane diarani anyar marga ana kawitane, kang măngka diarani tanpa kawitan, iku kosokbali. Akaling manungsa ora nganggêp bênêr. Dene barang tanpa kawitan iku mêsthi ora anyar, măngka diucapake katêtêpan sipat anyar, iku kosokbali manèh, mokhal ing ngakal.

Wangsulane wong ahli suni manèh mangkene: ana manèh tandhane yèn ngalam iku anyar, iya iku: anane samubarang kang gêdhe iku ora bisa kalêksanan yèn pêperangane durung ana, dadi perangane mau kudu ana dhisik, kaya ta ananing manungsa, iku ora bisa kalêksanan yèn durung [du...]

--- 29 ---

[...rung] ana êndhas, durung ana wêtêng, durung ana tangan, durung ana sikil sapanunggalane, yèn wis pêpak perangane iku lagi bisa kalêksanan ananing manungsa, mangkono uga ananing jagad iki bisane kalêksanan yèn wis ana bumi, sagara, gunung lan liya-liyane.

Sarèhning wis têtela yèn peranganing ngalam iki anyar, amarga wis kinawruhan ênggone padha katêtêpan sipat anyar, obah, mênêng sapanunggalane, mulane iya têtela yèn ngalam iku anyar, amarga pakumpulane barang-barang kang padha anyar iku amêsthi iya anyar uga.

Sarèhning ngalam iki têtêp anyare, iya mêsthi nganggo kawitan. Dadi wong muktajilah ênggone duwe panêmu yèn ngalam iki tanpa kawitan iku luput. Cêkake barang rêrentengan tanpa wêkasan iku mokhal ing ngakal.

Wong muktajilah acalathu: kapriye mokhale barang rêrentengan tanpa wêkasan, kang măngka ngakaling manungsa bisa nêmu yèn măngsa iku tanpa kawitan lan tanpa wêkasan, awit măngsa kang êndi bae amêsthi sadurunge lan sauwise amêsthi ana măngsa uga. Têgêse sabên ana mau iya ana mau manèh, sabên ana mêngko iya ana mêngko manèh, ora ana katoging mau kang nganti ora ana mau manèh, lan ora ana katoging mêngko kang nganti ora [o...]

--- 30 ---

[...ra] ana mêngko manèh, mulane apa kang diênggo garan wong ahli suni ngarani yèn barang rêrentengan tanpa wêkasan iku mokhal ing ngakal, apa ngakale wong ahli suni beda karo ngakalku iki.

Wong ahli suni amangsuli: tăndha yêktine yèn barang rêrentengan tanpa wêkasan iku mokhal ing ngakal wis narênthêng ora kêna dipaido, wong muktajilah ngarani măngsa iku tanpa kawitan lan tanpa wêkasan iku luput, katêrangane mangkene:

Măngsa awit biyèn kang diarani tanpa ana katoge iku nganti têkan saiki tak paro, yèn saparone iku upama sakêthi taun, dadi wutuhe kabèh wiwit biyèn têkan saiki rong kêthi taun, yèn gênah itungane rong kêthi taun, dadi măngsa iku iya ana kawitane, ora tanpa kawitan mangkono.

Karodene manèh măngsa iku têtela pandamêling Allah, kang mêsthi iya kadhisikan ananing Allah, sadurunge ana măngsa Allah wis ana, sarèhning nganggo kadhisikan ananing Allah dadi măngsa iku iya ana kawitane.

Wong muktajilah amangsuli: wangsulane wong ahli suni iku durung patitis, kapriye ênggone bisa maro măngsa awit biyèn nganti têkan saiki, sapa kang bisa wêruh cacahing

--- 31 ---

taun awit biyèn kang tanpa ana katoge nganti têkan saiki. Barang kang nglantur tanpa ana katoge iku mêsthi ora kêna diparo.

Lan manèh wong ahli suni acalathu: sadurunge ana măngsa Allah wis ana. Kang diarani sadurunge iku apa dudu măngsa, utawa kang diarani wis, iku apa iya dudu tunggale măngsa, dadi wong ahli suni saiki wis ngaku dhewe yèn ananing măngsa iku barêng lan ananing Allah, yèn mangkono têtela măngsa iku dudu yasane Gusti Allah, lah yasane sapa.

Wong ahli suni mangsuli: padune wong muktajilah iku têtela mung sumêdya ngorak-arik kapracayaning wong bae, têtêp wong ngrêrusuhi sarengate kangjêng rasul, mulane ênggonku bêbantahan iki tanpa gawe yèn tak banjurna, aku mung kari mangsuli sapisan êngkas bae.

Măngsa wiwit biyèn têkan saiki, iku jênênge barang wis kêlakon, dene barang kang wis kêlakon iku barang wis ana, dene barang kang wis ana iku mokhal yèn ora kêna diparo. Upamane: taun kang tak ênciki iki sataun, taun kang kapungkur iya sataun manèh, dadi rong taun, mangkono sabanjure. Sarèhning aku ora bisa wêruh cacahing [ca...]

--- 32 ---

[...cahing] taun awit biyèn têkan saiki, mulane mung tak gawe upama bae saparone sakêthi taun. Nanging kang tak anggo pathokan, barang kang ana iku mêsthi kêna diparo.

Dene calathuku: sadurunge ana măngsa Allah wis ana, kang tak arani durung utawa wis mau dudu măngsa: têgêse wadhah, mulane ing têmbung Arab iya dibedakake, yèn ngarani durung kang têgês măngsa: kabla, yèn ngarani wis kang têgês măngsa: bakda, utawa manut saka rimbaging têmbung, nanging sadurunge ana măngsa têmbunge Ngarab ora mangkono, iya iku: kanjan mahfiyan, têgêse gêdhong kang samar.

Wong muktajilah aja kaliru tămpa manèh, gêdhong iku dudu gêdhong omah kang nganggo payon utawa pagêr, gêdhong ngalam kang samar, ora sabên wong bisa wêruh, mung wong kang diparêngake dening Allah kang bisa wêruh, dene wong kang diparêngake mau wong kang atine suci, dudu wong kang ngorak-arik sarengate kangjêng rasul.

Mangkono uga wong mukalaf padha diwajibake kudu angawruhi sipating para rasul, kang wajib, kang mokhal sarta kang wênang tumraping para rasul mau.

Kang diarani para rasul mau ora mung Kangjêng Nabi Mukhamad bae, sanadyan para nabi ing jaman kuna sadurunge Kangjêng Nabi Mukhamad [Mu...]

--- 33 ---

[...khamad] iya kalêbu para rasul, wajib kudu disumurupi sipat kaanane, sarta wajib dipracaya.

Kalêbu ewone sipat kang wajib ing Gusti Allah iku sifat rong puluh, iya iku:

1. wujud têgêse ana

2. kidam têgêse dhisik

3. baka têgêse langgêng

4. mukhalafatu lil kawadis têgêse beda karo sakèhe kang anyar

5. kiyamu binafsihi têgêse jumênêng kalawan sarine[9] piyambak

6. wahdaniyat têgêse kasawijèn

7. kudrat têgêse kuwasa

8. iradat têgêse karsa

9. ngilmu têgêse kawruh

10. khayat têgêse gêsang

11. samak têgêse pamiyarsa

12. basar têgêse paningal

13. kalam têgêse pangandika

14. kaunuhu kadiran têgêse ananing Allah kuwasa

--- 34 ---

15. kaunuhu muridan têgêse ananing Allah karsa

16. kaunuhu ngaliman têgêse ananing ngawruhi

17. kaunuhu khayan têgêse ananing gêsang

18. kaunuhu samingan têgêse ananing miyarsa

19. kaunuhu basiran têgêse ananing ningali

20. kaunuhu mutakaliman têgêse ananing ngandika

__________

1. Wujud.

Sifat kang sapisan: wujud, wujud iku têmbung Arab, têgêse: ana, lan uga diarani sifat napsiyah, têgêse sipat kang băngsa awak, awit sarupaning awak ora ana kang bisa pisah karo sifat wujud, sirnane utawa oncate sifat wujud barêng karo sirnaning awak kang didunungi sifat wujud mau.

Para pujangganing kawruh usul padha nêrangake, kang diarani sifat wujud iku sawijining tingkah kang sarupaning awak mêsthi kadunungan tingkah iku sajrone isih lêstari[10] dumununge tingkah mau tanpa sabab apa-apa.

Sifat wujud beda karo sifat mangani, kaya ta: kudrat,

--- 35 ---

têgêse: kuwasa, awit iku dudu tingkah, malah kalêbu ewoning sifat wujudiyah, sing sapa kabuka marang ngalam gaib mêsthi bisa wêruh marang sifat kudrat kaya wêruhe marang abang utawa putih sapêpadhane.

Sifat maknawiyah kaya ta: ananing Allah kuwasa, iku sanadyan uga tingkah nanging dumununge ana ing awak nganggo sabab, iya iku dupèh Allah kagungan sifat kudrat, sarta bisa oncat saka ing awak, lire mangkene:

Sing sapa duwe sifat kuwasa, mêsthi wong iku iya kuwasa, dene anane wong iku kuwasa: sabab duwe sifat kuwasa. Nanging sifat wujud ora mangkono. Dumununge ing awak tanpa sabab apa-apa, dumadining awak banjur dibarêngi ing wujud bae, ora kêna diwurungake wujude, samăngsa wurung wujude mêsthi wurung dumadine.

Pakumpulane wong ahli suni kang padha angrêmbug kawruh usul kaperang dadi loro, 1. golongane Imam Abu Kasan Asngari diarani: madab Asngari, têgêse: panêmune Imam Abu Kasan Asngari. 2. Golongane Imam Abu Mansur Maturidi, diarani: madab Maturidi, têgêse: panêmune Imam Abu Mansur Maturidi.

Panêmune wong Asngari sifat wujud iku iya awake

--- 36 ---

kang duwe sifat mau, tandhane mangkene: sifat wujud iku têgêse: ana. Dene ana mau tak arani: barang, barang mau kang mêsthi iya ana, dadi ana mau iya duwe sifat ana. Sarèhning ana kang sapisan mau duwe sifat ana, ana kang kapindho iya ora beda, kudu duwe sifat ana, iya iku ana kang kaping pindho, dene ana kang kaping têlu iku iya kudu duwe sifat ana manèh, mangkono sabanjure ora ana pêdhote nganti tanpa wêkasan. Kang măngka barang rêrentengan tanpa wêkasan iku mokhal ing ngakal, dadi saiki têtela wujud iku dudu sifat, yêktine: awak.

Wong muktajilah takon, yèn wujud iku dudu sifat, sifat rong puluh iku iya ora gênêp rong puluh, dadi mung sangalas.

Wong ahli suni amangsuli, sanadyan wujud mau satêmêne dudu sifat, iya uga tak cacahake ewoning sifat, nanging ênggonku nacahake mau kalêbu ewoning gumampang nganggo têmbung kang dudu bênêre, mung nganggo kalumrahane wong Arab.

Saupama barang mau dianggêp ora ana, dadi anane mau ora ana, awake kang duwe sifat mau mêsthi iya

--- 37 ---

ora ana. Yèn mangkono barang kang ana iku iya uga ora ana, iku têtêp angumpulake barang kang kosokbali, iya iku mokhal ing ngakal, saiki têtela manèh yèn wujud iku dudu sifat, nyata yèn awak.

Madabe wong Maturidi ngarani: wujud iku sifat, dene barang kang diarani: wujud, têgêse: ana, iku tingkah, dene tingkah iku ana antarane ana lan ora ana, dadi saiki sifating Allah kang wajib ing ngakal gênêp rong puluh, ora mung sangalas.

Wong muktajilah calathu: aku condhong panêmune wong Maturidi iku, wujud iku têmên yèn tingkah, tingkah mono ora kêna dijunjung padha lan pangkating ana nganti kêna didêlêng utawa digrayang, lan uga ora kêna diplorodake padha lan pangkating ora ana nganti ora kêna ditêtêpake dumunung ing awak. Dadi têtela wujud mau pangkate ana sangisoring ana lan sadhuwuring ora ana.

Wajibe wong mukalaf mung kudu pracaya marang wujuding Allah, têgêse kudu pracaya yèn Allah iku ana, dene mijangake: yèn sipat wujud iku iya glêgêre kang duwe sipat wujud, utawa dudu, kaya bantahe wong muktajilah karo wong ahli suni, kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, iku ora wajib.

--- 38 ---

Mangkono manèh ora wajib ngrêmbug sarta marsudi supaya sumurupa kaananing wujud, tumrap lan orane marang liya-liyane, nunggal misahe karo kang duwe sifat wujud, iku kabèh ora wajib disumurupi, amarga sarake kangjêng rasul ora andhawuhake kang mangkono mau. Para sakabate kangjêng rasul padha ora mikir, marang prakara iku, malah padha nglarangi marsudi prakara iku, awit iku kalêbu ewone ngrêmbug prakara kang ora gadug digayuh dening akaling manungsa, mulane lèrège marang slamêt iku mung mênêng.

__________

2. Kidam.

Sipating Allah kang kapindho iku arane: kidam, kidam iku têmbung Arab, têgêse: dhisik. Samubarang kang dhisik iku ing têmbung Arab diarani: kidam, dadi sarupaning titah iki iya padha duwe kidam. Êndi kang ana dhisik iku iya kidam tinimbang kang ana kari, sanadyan dhisike mau isih ana kang ngungkuli.

Ewadene kidaming Allah ora mangkono, têgêse kidaming Allah: dhisik kang nganti ora ana kawitane.

Dadi sipat kidam iku nunggal misah karo sifat wujud, awit sifat wujud iku têgêse: ana, nanging ana kang wis kêlakon, [kêla...]

--- 39 ---

[...kon,] ana kang lagi kêlakon lan ana kang bakal kêlakon. Dene sifat kidam iku mung ana kang wis kêlakon bae.

3. Baka

Sifating Allah kang kaping têlu iku arane: baka. Baka iku têmbung Arab, têgêse: langgêng, samubarang kang ora rusak iku diarani: langgêng, lan samubarang kang durung rusak iya diarani isih langgêng, dadi sarupaning titah iki kabèh iya padha duwe langgêng utawa baka, êndi kang isih ana iya diarani isih langgêng.

Bedane sifat baka karo sifat wujud, baka iku ana kang bakal kêlakon utawa kang lagi kêlakon, nanging wujud iku ana kang wis kêlakon, kang lagi kêlakon lan kang bakal lêlakon.

4. Mukhalafatu lil khawadis.

Sifating Allah kang kaping pat iku arane: mukhalafatu lil khawadis. Iku têmbung Arab, têgêse: beda karo sarupane kang anyar.

Sarupaning titah iki kabèh padha duwe rupa beda, kaya

--- 40 ---

ta: Si Suta iku dhuwur, Si Naya cêndhèk, Sariman lanang, Sariyêm wadon, kêbo duwe sungu, gajah mawa gadhing, banyu iku cuwèr, watu iku atos, mangkono sapêpadhane, nanging iya ana kang padha, kaya ta: Si Suta duwe irung, Si Naya iya duwe irung, nanging Allah ora mangkono, Allah beda karo sarupane kang anyar, karoa sapa-sapa iya beda, ora ana sawijining prakara kang kêna ginawe madhani maring Allah nganti cèplês.

Dating Allah beda karo dating titah, sifating Allah iya beda karo sifating titah, padamêlaning Allah iya beda karo pagaweaning titah.

Dating Allah iku dudu jirim, mulane ora manggon, nanging date kang anyar iki padha jirim kabèh mulane mêsthi padha manggon.

Katêrangane mangkene: jirim iku têmbung Arab, têgêse: takhayus. Takhayus iku iya têmbung Arab, têgêse: manggon. Dene ênggon iku ing têmbung Arab diarani: khayis. Amurih aja andadèkake kliru tampaning wong kudu ditêrangake mangkene:

Jirim iku wiwit anane ngêsuk hawa kanggo ênggone awake, dadi awak kang diêsuk mau banjur nisih sasêdhênge diênggoni ing jirim mau, padha karo barang dicêmplungake

--- 41 ---

ing banyu, banyune iya banjur nisih dadi growong sasêdhênge kang diênggoni ing barang mau, sarta wanguning growongan iya kaya wanguning jirim mau. Sanadyan hawa kang diêsuk ing jirim iya kaya mangkene uga. Saupama hawa utawa banyu mau bisaa anjêndhêl kayadene ès, măngka banjur dioncati ing jirim kang manggon ing kono, amêsthi banyu utawa hawa mau isih growong, sarta wanguning growongan kaya wanguning jirim kang manggon ing kono mau.

Kang diarani ênggoning jirim iku satêmêne iya growongan iku, nanging kang diarani: khayis, dudu growongan mau.

Kang diarani khayis iku rai ing jaba kang anggêpok rai ing jêro, têrange mangkene:

Banyu kang anjêndhêl dadi ès sarta isih growong mau duwe rai kang tilas anggêpok jirim kang manggon ing kono, iya iku rai ing jaba kang diarani: khayis.

Sarèhning ana rai ing jaba, iya ana uga rai ing jêro, iya iku raining jirim kang manggon ing kono, utawa raining hawa kang anggêntèni jirim mau, nanging iku ora aran khayis, kang diarani khayis iya rai ing jaba mau.

5. Kiyamu binafsih.

Sifating Allah kang kaping lima iku arane: kiyamu binafsih, [bina...]

--- 42 ---

[...fsih,] iku têmbung Arab, têgêse: jumênêng kalawan sarirane piyambak, ora butuh marang panggonan utawa barang kang kudu dijumênêngi, lan ora butuh marang kang namtokake lêlampahane.

Têtelane mangkene: samubarang sifat iku butuh marang panggonan utawa awak kang kudu didunungi, kaya ta: putih iku ora bisa wujud dhewe tanpa dumunung ana ing apa-apa, putih mau butuh marang awak kang kudu didunungi, kaya ta kêrtas, ênjêt sapanunggalane, wujuding putih kudu barêng karo wujude kang didunungi, ora bisa wujud dhewe.

Mangkono uga bundêr, lonjong sapanunggalane, iku ora bisa ana bundêr kang andhewe, tanpa dumunung ing apa-apa, ananing bundêr, lonjong sapanunggalane kudu barêng karo ananing barang kang abundêr utawa kang alonjong sapêpadhane.

Sarèhne Allah iku ora butuh marang panggonan utawa barang kang kudu dijumênêngi, têtela Allah iku dudu sifat, satêmêne: dat, têgêse: awak, awit sifat iku kabèh mêsthi butuh marang panggonan utawa awak kang kudu didunungi.

Beda karo panêmune wong Nasarani (Kristên) awit [awi...]

--- 43 ---

[...t] wong Nasarani padha ngarani yèn Allah iku dadi saka pakumpulane sifat têtêlu, kaya kang wis dipratelakake ing ngarêp.

Dene Allah ênggone ora butuh marang kang namtokake iku têrange mangkene: sakèhing titah iki kabèh kudu ana katamtuane, kaya ta: dêdêge samene, wangune mangkene, warnane mangkene, ing dina anu nêmu kabêgjan mangkene sapanunggalane. Sarèhne kudu ana katamtuane, mulane iya butuh marang kang namtokake, awit wis mêsthi ora bisa namtokake marang awake dhewe. Yèn titah iki bisa namtokake marang awake dhewe, mêsthi ora ana wong susah, ora ana wong cilaka, kabèh padha bungah lan padha bêgja, awit ora ana wong kang dhêmên susah utawa cilaka, kabèh padha ngarah bungah lan padha anggayuh kabêgjan.

Sarèhning Allah iku ora butuh marang kang namtokake sarirane, têtela Allah iku kadim, têgêse: dhisik, tanpa ana kawitane.

He para murid, sira padha sumurupa, yèn sarupane kang wujud iku tumrape butuh lan orane marang panggonan utawa marang kang namtokake iku kaperang dadi papat, [pa...]

--- 44 ---

[...pat,] kaya kang kasêbut ing Kitab Mukadamat, anggitane kang nganggit Kitab Ududi iki.

1. Ora butuh marang panggonan, lan kang kudu didunungi, uga ora butuh marang kang namtokake, iya iku sariraning Allah.

2. Butuh marang panggonan kang kudu diênggoni sarta butuh marang kang namtokake, iya iku ngaral, têgêse: samubarang kang anyar têkane, kaya ta: ngadêg, bundêr, ijo sapanunggalane.

3. Butuh marang kang namtokake, nanging ora butuh marang awak kang didunungi, iya iku sarupaning jirim. Jirim iku ora butuh marang awak kang didunungi, ora kaya ngadêg utawa putih.

4. Dumunung ana ing awak, nanging ora butuh marang kang namtokake, iya iku sifating Allah, sifating Allah iku dumunung ing sariraning Allah, nanging ora butuh marang kang namtokake.

6. Wahdaniyat.

Sifating Allah kang kaping nêm, arane: wahdaniyat, iku têmbung Arab, têgêse: kasawijèn, kang lumrah diarani:

--- 45 ---

êsa, têrange: Allah iku sawiji, sarirane ora ana kang ngêmbari, sifate iya ora ana kang ngêmbari, padamêlane iya ora ana kang ngêmbari.

Mungguh sawijine sariraning Allah iku namtokake yèn sariraning Allah iku dudu jisim kang ana perangane, lan uga namtokake ora ana kang ngêmbari ing kapangeranane.

Dene sawijine sifating Allah iku namtokake yèn ora ana kang duwe sifat padha karo sifating Allah.

Sawijine padamêlaning Allah iku namtokake yèn padamêlane ênggone anitahake sarupane kang tumitah iki ora ana kang mowori utawa ngrewangi, maligi mung padamêlane Allah piyambak kang katon labête iki.

Adêging sifat wahdaniyat miturut kang kasêbut ing Kitab Mukadamat, kudu ana limang prakara kaya ing ngisor iki:

1. ora ana kamunfasil ing dat,

2. ora ana kamunfasil ing sifat,

3. ora ana kamunfasil ing afngal,

4. ora ana kamutasil ing sifat,

5. ora ana kamutasil ing afngal.

Kam iku têmbung Arab, têgêse: cacah, kang têmbunge [têmbung...]

--- 46 ---

[...e] Walănda: getal dudu hoeveelheid. Munfasil iku iya têmbung Arab, têgêse: pisah. Mutasil iku iya têmbung Arab, têgêse: gathuk. Dat iku iya têmbung Arab, têgêse: awak, sifat iku iya têmbung Arab, têgêse: samubarang kang pancèn kêna ginawe ambedakake sawiji-wijining barang. Apngal iku iya têmbung Arab, têgêse: pagawean.

Têrange mangkene:

Ora anane kamunfasil ing dating Allah iku têgêse: sariraning Allah iku mung siji, ora ana kang ngêmbari utawa nêloni, ngêpati sabanjure.

Têgêse kamunfasil ing dat: wêwilangan kang pisah saka sariraning Allah, têrange: yèn ana kang ngêmbari ing Allah mêsthi kang ngêmbari iku dudu sarirane Allah, mulane diarani pisah saka sariraning Allah, dene kang ngêmbari mau ora ana wêwilangane, sanadyan mung siji iya ora ana.

Ana sawênèhing pujăngga usul muwuhi, adêging sifat wahdaniyat kudu ora ana kamutasil ing dat, têgêse: kudu ora ana wêwilangan kang gathuk ing sariraning Allah, têrange mangkene: sariraning Allah iku ora kêna diperang dadi loro, têlu, papat sabanjure, upama sariraning [sarira...]

--- 47 ---

[...ning] Allah mau kênaa diperang mêsthi banjur ana wêwilangan tumrap sariraning Allah, sarèhning siji-sijining perangan mau padha sariraning Allah, mulane diarani: wêwilangan kang gathuk ing sariraning Allah.

Pujăngga liya-liyane padha duwe panêmu, kang mangkono mau dhasar bênêr, nanging ora susah dicacahake utawa diewokake dadi ugêr adêging sifat wahdaniyat, awit iku wis kalêbu ing sifat mukhalafatu lil kawadis, têgêse: beda karo samubarang kang anyar, têrange: saupama sariraning Allah iku kênaa diperang dadi loro, têlu, papat sabanjure, mêsthi padha bae karo samubarang kang anyar iki, kang măngka wis têtêp dening tăndha yêkti kang bakal ditêrangake ing buri, yèn Allah iku beda karo kang anyar, dadi anane sariraning Allah kêna diperang-perang iku mokhal ing ngakal, mulane wis ora susah diewokake dadi ugêr adêging sifat wahdaniyat.

Ugêre adêging sifat wahdaniyat kang kapindho, iku kudu ora ana kamunfasil ing sifat, têgêse: ora ana wêwilangan kang pisah ing sifating Allah, têrange: ora ana kang duwe sifat kaya sifating Allah, sanadyan ana nanging ora nyèplêsi kaya sifating Allah. Upamane: Allah iku

--- 48 ---

kagungan sifat khayat, têgêse urip, iku liyaning Allah ora ana kang duwe sifat khayat, têgêse: ora ana kang uripe cèplês kaya gêsanging Allah, awit gêsanging Allah iku gêsang kalawan sarirane piyambak, ora sarana apa-apa. Nanging uripe liyane Allah nganggo sarana roh utawa nyawa, dadi isih kêna ing pati.

Mulane kang mangkono iku diarani wêwilangan kang pisah saka sifating Allah, awit sifate liyane Allah iku sifat seje dudu sifating Allah.

Ugêre adêging sipat wahdaniyat kang kaping têlu, iku kudu ora ana kamunfasil ing afngal, têgêse: ora ana wêwilangan kang pisah saka padamêling Allah, têrange: padamêling Allah ora kawoworan panggawene sapa-sapa, upamane: Allah anitahake srêngenge, iku ora ana sapa-sapa kang milu gawe srêngenge mau, dadi tumitahing srêngenge mau maligi dititahake dening Allah piyambak.

Wong muktajilah nyaruwe, prakara iku dhasar bênêr, nanging wis ora susah diewokake dadi ugêr adêging sifat wahdaniyat, awit samubarang kang wis digawe dening wong siji, mêsthi wis ora kêna digawe ing wong liyane. Mokhal ing ngakal yèn ana barang siji digawe ing wong loro. Srêngenge [Srênge...]

--- 49 ---

[...nge] kang wis didamêl ing Allah sarta wis dadi iku ora kêna didadèkake manèh. Rampung pangucape wong muktajilah.

Ugêr adêge sifat wahdaniyat kang kaping pat, iku kudu ora ana kamutasil ing sifat, têgêse: kudu ora ana wilangan kang gathuk ing sifating Allah, têrange: sifating Allah iku siji-sijining sifat mung niji. Upamane sifat kudrat, têgêse: kuwasa, kuwasaning Allah iku mung siji, Allah ora kagungan kuwasa loro utawa têlu sabanjure. Mulane kang mangkono mau diarani wilangan kang gathuk, awit saupama Allah iku kagungan kuwasa nganti loro utawa têlu sabanjure, mêsthi kuwasa loro utawa têlu mau padha sifating Allah kabèh, kang mangkono mau mokhal.

Ugêr adêge sifat wahdaniyat kang kaping lima, iku kudu ora ana kamutasil ing apngal, têgêse: kudu ora ana wilangan kang gathuk ing padamêling Allah, têrange: Allah iku ora kagungan pandamêl loro, têlu sabanjure, samăngsa sawiji-wijining titah wis dititahake sarta wis dadi, iya wis ora dititahake manèh, awit mokhal yèn kalakona mangkono. Mulane iku diarani wilangan kang gathuk, awit saupama Allah iku kagungan pandamêl loro [lo...]

--- 50 ---

[...ro] têlu, mêsthi kabèh iku iya pandamêling Allah kabèh, nanging kang mangkono mau mokhal.

Kang kasêbut iki wis mratelakake sifating Allah nêm iji. Kasêbut dhisik dhewe iya iku sifat wujud, têgêse: ana, iku diarani sifat napsiyah, têgêse: sifat kang băngsa awak, utawa sifat kang wis prasasat awak, awit padha-padha sifat, wujud iku ora bisa pisah saka ing awak, oncate sifat wujud barêng karo sirnaning awak kang duwe sifat.

Dene sifat lima kang kasêbut sawuse sifat wujud mau, iya iku kidam, baka, mukhalafatu lil khawadis, kiyamu binapsih lan wahdaniyat, iku kabèh diarani sifat salbiyah, têgêse: sifat kaoranan, awit siji-sijining sifat lima mau angorakake marang kosokbaline.

Lire mangkene: sifat kidam iku têgêse: dhisik dhewe, iya iku ngorakake kadhisikan ing barang-barang kang anyar. Sifat baka têgêse: langgêng, iku ngorakake kêna ing rusak. Sifat mukhalapatu lil khawadis, têgêse: beda karo sakèhing kang anyar, iku ngorakake padha karo kang anyar. Kiyamuhu binapsih, têgêse: jumênêng kalawan sarirane piyambak, iku ngorakake

--- 51 ---

jumênêng ing liyane. Sipat wahdaniyat, têgêse: kasawijèn, iku ngorakake loro, têlu sabanjure.

__________

Sawuse têrang sipat nênêm mau nuli nyumurupi sipat pêpitu kang aran sipat mangani, kang diarani sipat mangani iku sarupaning sipat kang wujud sarta dumunung ana ing wujud uga, dumununging sipat mau namtokake khukum, kaya ta sipat kudrat, têgêse: kuwasa, kuwasaning Allah iku barang wujud: kêna didêlêng, saupama manungsa iki dibuka dening Allah wêruh ing alam gaib, mêsthi bisa andêlêng marang kuwasaning Allah kaya pandêlênge marang warna abang lan putih sapanunggalane. Sipat kudrat iku jumênêng utawa dumunung ing dating Allah, ora bisa jumênêng dhewe, têgêse: ora ana kuwasa kang andhewe tanpa ana date kang kuwasa. Sawuse sipat kudrat mau jumênêng ing dating Allah, jumênênge mau banjur namtokake khukum, ing kono Allah banjur aran kang kuwasa. Anane Allah kuwasa iku têmbunge Ngarab: kaunuhu kadiran, iya iku sipat maknawiyah, iya iku kang diarani khukum kang tuwuh saka jumênênge sipat kudrat, dadi sipat maknawiyah iku tuwuh saka sipat mangani.

--- 52 ---

Sipating Allah iku kaperang dadi papat:

1. Sifat kang ngorakake barang kang ora pantês kagêm ing Allah, iya iku kang diarani perangan sipat salbiyah, têgêse: sipat kaoranan, kaya ta: kidam, baka sapanunggalane.

2. Kang surasane iya, tur wujud, iya iku kang diarani perangan sipat mangani, kaya ta: kudrat, iradat sapanunggalane.

3. Kang surasane iya, nanging ora wujud, iya iku kang diarani perangan sipat maknawiyah, kaya ta: kaunuhu kadiran sapanunggalane.

4. Kang ora bisa pisah karo dat, wis prasasat awak, iya iku kang diarani perangan sipat napsiyah, iya iku sipat wujud.

__________

Dene sipat mangani pêpitu mau iki rupane.

7. Kudrat.

Sipating Allah kang kaping pitu arane kudrat, iku têmbung Arab, têgêse: kuwasa, iya iku sipat kang kadim, têgêse: kang dhisik tanpa kawitan, kang jumênêng ing sarirane Allah kang wujud, êmpane sipat kudrat mau nganakake [nganaka...]

--- 53 ---

[...ke] titah kang kêna anane, lan nyirnakake titah kang kêna sirnane, dadi êmpane sipat kudrat mau mung mêmpan marang barang kang kêna anane lan kêna sirnane bae, iya iku kang diarani ing têmbung Arab: mumkin. Ora mêmpan marang barang kang mêsthi anane lan ora mêmpan marang barang kang mokhal anane.

Têrange mangkene: barang kang mêsthi anane iku sariraning Allah, anane sariraning Allah iku ora dianakake dening êmpane sipat kudrating Allah, awit barang kang mêsthi ana iku ora kêna dianakake, anane ana karêpe dhewe: lan uga ora kêna disirnakake, awit yèn kênaa disirnakake dadi ora mêsthi anane.

Mangkono uga barang kang mokhal anane, iku iya ora kêna dianakake, awit yèn kênaa dianakake dadi ora mokhal anane lan ora kêna disirnakake awit pancèn wis ora ana, barang kang wis ora ana wis ora susah disirnakake, yèn disirnakna, tanpa gawe ênggone nyirnakake mau, lan uga tanpa tănja, iku mokhal ing akal.

Para pujangganing kawruh usul padha anêrangake êmpaning sipat kudrat iku ana rong prakara:

1. Kang sapisan diarani takluk salukhi kadim, iku têmbung

--- 54 ---

Arab, têgêse: êmpan pantês kang dhisik tanpa kawitan, têrange mangkene: nalika durung ana apa-apa, sipat kudrat iku wis pantês sarta bakal bisa nganakake barang kang kêna anane lan bakal bisa nyirnakake barang kang kêna sirnane, bakal condhong karo êmpane sifat idarat.[11]

2. Kang kapindho diarani takluk tanjizi khadis, iku têmbung Arab, têgêse: êmpan lêstari kang anyar, iya iku kalêksanane sipat kudrat nganakake barang kang kêna anane utawa nyirnakake barang kang kêna sirnane.

Têrange mangkene: biyèn nalika durung ana apa-apa, Allah wis kagungan sipat kudrat (kuwasa), nanging sarèhning durung ana apa-apa, dadi sipat kudrat mau durung mêmpan marang apa-apa, kang măngka anane aran kuwasa mau butuh marang kang dikuwasani, yèn ora ana kang dikuwasani dadi sipat kudrat mau ora duwe êmpan, iya ora aran kuwasa. Kang mangkono mau iya bênêr, nanging sipat kudrating Allah sanadyan dhèk samana durung kalêksanan nganakake utawa nyirnakake, nanging uga wis duwe êmpan, iya iku takluk salukhi kadim, pantêse sipat kudrat bakal nganakake utawa nyirnakake. Upamane kaya ta: wong pintêr nulis, sanadyan ora kalêksanan nulis, kapintêrane [kapintêr...]

--- 55 ---

[...ane] nulis mau pantês kalêksanane nulis, iya uga wis aran pintêr nulis, iya iku kang aran takluk salukhi, dene kalêksanane nulis, iku kang aran takluk tanjizi.

Siji-sijining titah kang wis dianakake dening sipat kudrat sarta wis kalêksanan ana, iku êmpaning sipat kudrat durung lèrèn, awit sasuwene titah mau isih ana, sipat kudrat iya isih mêmpan ênggone nganakake, mangkono manèh barêng titah mau wis sirna, iku êmpaning sipat kudrat iya ora lèrèn, sasuwene titah mau isih sirna, durung wujud manèh, sipat kudrat iya isih mêmpan ênggone nglêstarèkake sirnane, awit siji-sijining mumkin ora ana kang bisa nguwisi awake dhewe ana lan orane. Dadi êmpaning sipat kudrat iku salawase tanpa lèrèn.

Imam Kharamain nyulayani kang kasêbut ing dhuwur mau, panêmune mangkene:

Sipat kudrating Allah êmpane mung nganakake titah bae, ora duwe êmpan nyirnakake katêrangane mangkene: barang utawa titah iku kêna diarani: johar, têgêse awak, lan kêna uga diarani: ngaral, têgêse: barang kang anyar anane.

--- 56 ---

Yèn dianggêp barang kang anyar anane, dadi sirnane kang anungka anane iku wis mêsthi (wajib) amarga ngaral iku ora tulus ana ing măngsa loro, salin măngsa iya salin ngaral, malah maligining anane bae iya wis sirna, sipat kudrat banjur mêmpan ing ngaral liyane, uga banjur sirna manèh, mangkono sabanjure, nganti pikiring manungsa nganggêp yèn titah iku lêstari anane, nanging cêkake bae mungguh sirnaning ngaral iku prakara wis mêsthi: saka watêking ngaral, dadi sirnaning titah iku prakara wajib ing akal, kang măngka sipat kudrat iku ora mêmpan marang barang kang wajib ing akal, awit saka iku mulane sipat kudrat ora mêmpan nyirnakake titah.

Dene yèn titah iku dianggêp johar, têgêse awak, lêstarine ananing johar iku kudu lêstari ngarale, têgêse: samăngsa ngarale sirna, johar iya milu sirna, dene lêstarining ngaral iku kudu dilêstarèkake dening Allah, ing têmbe manawa Allah karsa nyirnakake johar, iku mung sarana dilèrèni ênggone nglêstarèkake ngarale bae, johar banjur sirna padha sanalika, prakara iki wajib ing akal, kang măngka sipat kudrat ora mêmpan marang barang kang wajib ing akal, awit saka iku mulane [mula...]

--- 57 ---

[...ne] têtela sipat kudrat iku ora mêmpan nyirnakake titah.

Mungguh kang ngarani yèn ngaral iku ora lêstari ing măngsa loro, iku Imam Abu Kasan Asngari lan para garwaning pakumpulane, dene Imam Kharamain uga nyondhongi, nanging para pujăngga usul liya-liyane padha ngarani yèn ngaral iku bisa lêstari ing măngsa loro, mulane iya ngarani yèn sipat kudrat iku duwe êmpan nyirnakake titah.

Êmpane sifat kudrat iku kudu condhong karo êmpaning sifat iradat, têgêse: karsa, yèn ora condhong karo êmpaning sifat iradat, sifat kudrat iya ora mêmpan, awit êmpaning sifat kudrat iku mung gumantung ana kaparênge kang kagungan sifat, iya iku Allah, ora marga ditêtêpake ing apa-apa, ora kaya êmpaning sabab marang kang disababi, kaya ta: obahing ali-ali kang diênggo ing dariji kang obah, obahing ali-ali mau ditêtêpake dening sabab, iya iku obahing dariji kang nganggo ali-ali mau. Lan ora kaya êmpaning watêk, kaya ta: obahing wêsi marga katarik ing wêsi brani. Iku êmpaning sipat kudrat ora mangkono.

--- 58 ---

Wong fulasifah (muktajilah) acalathu: yèn êmpaning sifat kudrat dibedakake karo êmpaning sabab sarta êmpaning watêk, Gusti Allah apa sagêd nitahake ali-ali kang diênggo ing dariji kang obah nanging ali-aline ora milu obah, lan apa sagêd nitahake êcap kang bundêr: tapake pasagi, yèn ora sagêd, apa bedane êmpaning sifat kudrat karo êmpaning sabab lan êmpaning watêk.

Wong ahli suni amangsuli: sarèhne êmpaning sifat kudrat kudu condhong karo êmpaning sifat iradat, sarta kudu mêmpan marang mumkin bae, ora mêmpan marang barang kang wajib utawa mokhal ing akal, mulane Allah iya ora bakal karsa nitahake ali-ali kang ora milu obah ing dariji kang nganggo, awit iku sanadyan êmpaning sabab, nanging mokhal ing akal, dene êmpaning watêk kang tumrap êcap bundêr kang tapake pasagi, iku mung wênang bae ing akal, awit iku mung wajib ing adat bae. Mulane upama Allah karsa nindakake kang mangkono iya bisa kalêksanan.

Wong muktajilah acalathu manèh: apa wong ahli suni bisa nganakake kanyataane êcap bundêr kang tapake pasagi, saiki asor ungguling bêbantahan iki ana ing kono.

--- 59 ---

Wong ahli suni amangsuli: sarèhning aku dudu Allah lan dudu nabi, iya ora bisa nganakake, saupama wong muktajilah mau mênangi sugênging para nabi, mêsthi iya kêtêkan panjaluke mangkono mau, awit kang bisa nganakake sulayaning adat mau êmpaning mukhjijat, kramat sapanunggalane.

Wong muktajilah ngrungokna carita ing ngisor iki:

Nalika sugênge Kangjêng Nabi Idris, ana iblis muktajilah seba anggawa klonthongan kulit êndhog, matur marang Kangjêng Nabi Idris mangkene: Gusti Allah punapa sagêd anglêbêtakên jagad punika dhatêng nglêbêting kulit tigan punika. Nalika samana Kangjêng Nabi Idris pinuju andondomi, iblis tansah sumêngka ature, Kangjêng Nabi Idris sabên nyalundupake êdom, iblis matur mangkono mau, nalika matur sapisan lan pindho bae mung diparingi wangsulan mangkene: subkhanallahi walkhamdulillahi, têgêse: Gusti Allah Maha Sukci, sarupaning puji iku konjuk ing Allah.

Barêng aturing iblis sangsaya juwêt sarta linggihe sangsaya ngangsêg, Kangjêng Nabi Idris banjur mangsuli mangkene: iya sagêd, malah upama Allah karsa anglêbokake jagad iki marang lènging êdom iki iya kuwasa uga. Ênggone

--- 60 ---

mangsuli mangkono mau Kangjêng Nabi Idris sarwi nyolok mataning iblis kalawan êdom kang diasta, mataning iblis banjur pece.

Wangsulane Kangjêng Nabi Idris mangkono mau ditêrangake dening Imam Abu Kasan Asngari mangkene:

Manawa jagad iki lêstari samene gêdhene sarta cangkoking êndhog uga lêstari samono gêdhene, tanpa diowahi, mêsthi ora bisa kalêksanan jagad malêbu ing cangkoking êndhog, awit mokhal ing akal yèn badan wadhag kang gêdhe bisa malêbu ing panggonan kang ciyut, nanging karsane Kangjêng Nabi Idris, jagad iki dicilikake dening Allah utawa cangkoking êndhog digêdhèkake, apadene lèng-lènganing êdom diambakake nganti sêdhêng dilêboni jagad kang gêdhene samene iki, awit kuwasaning Allah bisa nindakake kang mangkono mau. Saiki têtela wangsulane Kangjêng Nabi Idris mau ora mokhal ing akal.

Mulane Kangjêng Nabi Idris ora karsa anjalèntrèhake wijang-wijanging jawabe, mung digawe cêkak bae, awit wis têtela pitakoning iblis mau mung nêdya nyulayani agama bae, ora pisan golèk bênêr, dene wangsulan marang wong kang sêdyane mung nyulayani murwate iya ora susah ditêrang-têrangake, [ditêrang-têranga...]

--- 61 ---

[...ke,] cukup mung samono bae. Dene Kangjêng Nabi Idris gone nyublês mataning iblis mau karsane minăngka patrapane wong kang kudu ngrusak agama, sarta patrapan mau condhonga karo kaluputane, sarèhne sêdyaning iblis arêp matèni cahyaning iman, mulane patrapane iya dipatèni cahyaning matane.

__________

8. Iradat.

Sifating Allah kang kaping wolu arane: iradat, iku têmbung Arab, têgêse: karsa, iya iku sifating Allah kang kadim lan wujud, êmpane namtokake sarupaning mumkin ditamtokake ing barang kang wênang ing akal, kaya ta: ana, ora ana, lan sarupaning papêsthèn, kaya ta: sifate, panggonane, ing măngsa anu nêmu anu sapanunggalane iku kabèh êmpaning sifat iradating Allah. Têrange mangkene: mumkin iku kêna ana lan kêna ora ana, kang măngka ditamtokake ana, iya iku êmpaning sipat iradat, dene kêlakone ana, iku êmpaning sipat kudrat.

Têgêse êmpaning sipat iku kabutuhaning sipat marang barang liyane, sarupaning sipating Allah kabèh padha jumênêng ing

--- 62 ---

dating Allah, nanging sawênèhing sipat kang padha duwe êmpan iku padha butuh marang barang liyane, kaya ta: kuwasa iku butuh marang kang dikuwasani, karsa butuh marang kang dikarsakake, paningal butuh marang kang ditingali, pamirêng butuh marang kang dimirêngake.

Ningali ora bisa kêlakon ningali yèn ora ana kang ditingali.

Sarupane kang kêlakon iki kabèh alaa bêcika, tumindake kalawan êmpaning sipat iradating Allah, ora ana kang marojol saka karsaning Allah.

Wong muktajilah acalathu: panêmune wong ahli suni yèn samubarang kang kêlakon iku ora ana kang marojol saka karsaning Allah: iku luput, kang bênêr mangkene: Gusti Allah ora karsa nitahake barang kang ala, kaya ta: maling sapanunggalane kang ala, kang dikarsakake dening Allah mung kang bêcik-bêcik bae. Saiki wong ahli suni dhewe kang dêgsura maring Allah, têka wani-wani ngarani yèn Allah iku ngarsakake ananing maling sapanunggalane kang ala.

__________

--- 63 ---

Katêranganing panêmuku mau mangkene: yèn maling ilu[12] ênggone maling pancèn saka karsaning Allah, yagene maling têka diancam-ancam bakal dipatrapi siksa ana ing naraka besuk ana ing akhirat, sarta wis didhawuhake mêtu kangjêng rasul, sapa-sapa kang maling dipatrapi ana ing dunya kene kalawan dikêthok tangane. Marga dening apa Gusti Allah wis didhèrèk sarta dièstokake karsane têka amatrapi siksa.

Lan manèh uwiting dosa lan sarupaning ala iku saka iblis ênggone mopo ora gêlêm sujud marang Kangjêng Nabi Adam, banjur dianggêp satruning Allah sabanjure anggodha marang putra wayahe Kangjêng Nabi Adam, dadi anane dosaning manungsa ngămbra-ămbra ngêbaki jagad iki kabèh tuwuh saka panggodhaning iblis, kang măngka iblis ênggone mopo ora gêlêm sujud marang Kangjêng Nabi Adam mau kandhane wong ahli suni iya saka karsaning Allah, sarta dhèk samana Allah iya wis pirsa têrang yèn bakal mangkene kadadiyane, yagene Allah têka ngancam-ancam siksa marang wong kang padha kèlu marang panggodhaning iblis, yèn mangkono apa Allah iku pancèn sêngit marang manungsa, yèn pancèn sêngit, bok iya ora susah nganggo panggodhaning iblis, banjur disiksa sawantahan bae, kang bisa mambêngi karsaning Allah sapa.

--- 64 ---

Aku ora pisan ngarani yèn Allah iku sêngit marang manungsa, nanging wong ahli suni dhewe kang ngarani mangkono, awit ênggone nganggêp yèn Allah iku ngarsakake barang kang ala, dadi wong ahli suni kang digsura maring Allah.

Karodene Allah iku kagungan sipat kudrat, kuwasa nganakake lan nyirnakake mumkin, yèn iblis iku pancèn dianggêp satru kang tansah ngrêrusuhi, bok iya banjur disirnakake saiki bae banjur rampung, sabanjure ora ana wong dosa manèh, yagene iblis têka ora disirnakake, malah diuja bae nganti besuk dina kiyamat.

Wong ahli suni mangsuli: Gusti Allah ênggone yasa sarta nglêtarèkake iblis supaya anggodha marang manungsa, sing sapa manut panggodhaning iblis bakal disiksa ana ing naraka, dene kang ora manut panggodhaning iblis bakal diganjar suwarga. Sadurunge iblis tinitahake, Allah wis uninga yèn bakal mangkene iki kadadiyane, nanging pancèn wis mangkono karsaning Allah.

Dene Allah ênggone niksa manungsa mau ora saka sêngit, saka nindakake ngadil, sarta kanggo isèn-isèning

--- 65 ---

naraka, sarèhning naraka iku wis dinadèkake, upama ora diisèni mundhak tanpa gawe anane naraka mau.

Wong muktajilah acalathu: biyèn-biyèn bok wis ora susah yasa naraka bae, awit paidahe ala, apa wong ahli suni ngarani paidahe naraka iku bêcik, yèn mangkono apa wong ahli suni dhêmên malêbu ing naraka.

Wong ahli suni mangsuli: paidahing naraka iku bêcik, bêcike mangkene: upama Allah ora yasa naraka, mêsthi bakal ora nate niksa, yèn Allah ora nate niksa, natene mung angganjar bae, dadi ora patut diwêdèni utawa diajèni, upamane kucing ora duwe kuku lan untu, mêsthi ora diwêdèni ing tikus.

Wong muktajilah acalathu manèh, yèn karsaning Allah iku mundhut diwêdèni lan diajèni marang para kawulane, wis mêsthi kêlakon, sanadyan ora kagungan suwarga lan naraka, awit kurasaning[13] Allah runtut karo karsane, mêsthi bisa nyungkêmake titah iki kabèh marang sarirane, tanpa diwêdèni naraka lan tanpa diiming-imingi suwarga. Sanadyan iblis pisan yèn disungkêmake iya mêsthi kêlakon sumungkêm. Apa ora mangkono.

--- 66 ---

Wong ahli suni mangsuli: iya bênêr calathune wong muktajilah iku, nanging upama Allah iku ora ayasa suwarga lan naraka, ora niksa lan ora angganjar, mêsthi kurang luhure, măngka sifating Allah iku sampurna samubarange. Dadi ênggone yasa suwarga lan naraka, ênggone niksa lan angganjar, iku paidahe nyampurnakake kaluhurane.

Wong muktajilah acalathu: pangabêktining kawula iku ora makolèhi apa-apa marang Gusti Allah, mangkono manèh durakaning kawula iku ora makewuhi apa-apa marang Gusti Allah, dadi pangabêktining kawula lan durakaning kawula iku mungguhing Allah tanpa gawe. Lah apa pêrlune nganggo disiksa utawa diganjar, bok iya wis ditogake bae, karêbèn sasênênge dhewe.

Wong ahli suni mangsuli: bênêr pangabêktining kawula lan durakane iku mungguhing Allah tanpa gawe kang makolèhi utawa mlarati marang sarirane Allah, nanging mulane wong ngabêkti diganjar iku awit ngèstokake parentahe, dene wong duraka disiksa iku awit mopo ing parentahe, dadi karsaning Allah ênggone niksa wong duraka lan angganjar wong ngabêkti iku ngadêgake ngadile, saupama wong ngabêkti

--- 67 ---

lan wong duraka iku dipadha bae, aran ora ngadil.

Wong muktajilah mangsuli: yagene Allah wênang ngagêm sakarsa-karsane piyambak, sanadyan karsa niksa wong ngabêkti utawa angganjar wong duraka iya wênang. Yèn mangkono Allah iku apa ora ngadil.

Wong ahli suni mangsuli: pangganjare Allah marang wong duraka sarta paniksane Allah marang wong ngabêkti iku mung wênang bae, dudu wajib, têgêse: upama kêlakona mangkono ora mokhal, lan ora ana kang bisa munasika, nanging kanyataane iya ora kêlakon angganjar wong duraka utawa niksa wong ngabêkti. Ewadene upama kêlakona Allah niksa wong ngabêkti utawa angganjar wong duraka iya ora ngilangake jênênging ngadil, awit wong kang disiksa utawa diganjar mau barang kagungane piyambak, sapa-sapaa kêna agawe sakarêp-karêpe marang duwèke dhewe, upama aku duwe klambi kang luwih dening bêcik tur anyar ora ana kang kuciwa, banjur tak suwèk-suwèk utawa tak obong, kang măngka kulambiku kang ala tak wètake lan tak ênggo, mêsthi aku ora diarani wong ora ngadil.

Wong muktajilah acalathu: yèn Allah ênggone ngagêm sakarsa-karsane piyambak, ora ngilangake jênênging ngadil, awit [a...]

--- 68 ---

[...wit] agawe marang kagungane piyambak, dadi adêge ngadiling Allah iku iya ora susah niksa lan angganjar, yagene Allah ênggone ngadêgake ngadile nganggo disaranani angganjar wong ngabêkti lan niksa wong duraka, kang măngka pangabêkti lan duraka iku mungguhing Allah tanpa gawe kang makolèhi utawa mlarati marang sariraning Allah. Bok iya uwis, wong duraka lan wong ngabêkti iku ora dikapak-kapakake bae.

Wong ahli suni mangsuli: padune wong muktajilah ênggone nêdya makewuh marang agama tanpa uwis, upama tak uja nganti dina kiyamat durung rampung, tur tanpa gawe, mulane saiki tak punggêl mangkene: Gusti Allah wus andhawuhake kasêbut ing Kuran, unine mangkene: la yusalu ngama yafngalu wahum yusaluna, têgêse: samubarang kang ditindakake dening Allah ora kêna disuwuni sumurup sababe, nanging para kawula bakal padha ditakoni sababe ênggone padha nglakoni panggawene dhewe-dhewe.

Wong muktajilah acalathu: wong ahli suni kaku atine, iya uwis ta yèn mangkono, besuk bae yèn wis mari kaku ditutugake manèh.

Êmpane sifat kudrat ênggone nganakake mumkin lan [la...]

--- 69 ---

[...n] nyirnakake mumkin, katamtokake condhong karo êmpane sifat iradat ing jaman ajali, têgêse: jaman kuna sadurunge ana apa-apa, awit karsaning Allah iku maligi karsane piyambak, ora pêksan, ingatase wong kang ora kapêksa samubarang kang ditindakake mêsthi thukul saka karêpe dhewe.

Têtêmbungan mumkin, têgêse: kang kêna anane lan kang kêna ora anane, iku kêlêbu panggawening manungsa kang kalawan sakarêpe dhewe, kaya ta: obahe lan mênênge, lan kalêbu barang kang mawa sabab, kaya ta: kobonging daluwang marga gêpokan karo gêni, lan kalêbu barang kang tanpa sabab, kaya ta: tumitahing bumi lan langit, lan kalêbu barang kang wis diuningani dening Allah yèn ora bakal ana, kaya ta: imane Abu Jahal.[14]

Gusti Allah wis nguningani yèn Abu Jahal iku bakal kapir, ora kadunungan iman, ora gêlêm manut ing kangjêng rasul, dadi kapire Abu Jahal mau wis mêsthi bakal kalakon, mokhal yèn wurunga. Ewadene sarèhning mêsthine kapir mau marga katumpangan ing kawruhe Gusti Allah, mulane isih kaewokake mumkin, awit maligining kapir lan iman iku [i...]

--- 70 ---

[...ku] dudu prakara wajib lan mokhal, prakara kang wênang ing akal, kêna kêlakon lan kêna ora kêlakon, barang kang numpang bae iku ora angosokbalèni ing salugune.

Wong muktajilah nyaruwe: yèn imane Abu Jahal iku ora kêna ora mêsthi ora kêlakon, marga wis têtêp ana ing kawruhe Gusti Allah, yagene têka diewokake mumkin, têgêse kêna kêlakon lan kêna ora kêlakon, saupama ora kêlakon, Gusti Allah apa ora aran bodho, amarga kawruhe ora tètès karo kanyataane, karodene kêpriye katêrangane barang kêlakon karo ora kêlakon têka diarani ora kosokbali.

Wong ahli suni mangsuli: wong muktajilah iki ora uwis-uwis ênggone ngrusuhi agamane pêpundhènku kangjêng rasul, kaya-kaya besuk yèn wis bantah karo Malaikat Munkarun wa Nakirun iku lagi muni kapok, nanging nadyan mangkono wêwajibku iya kudu mangsuli pitakone.

Dhasar nyata yèn Abu Jahal nganti kêlakon iman, Gusti Allah têtêp bodho, amarga kawruhe ora tètès karo kanyataane, sarèhning Gusti Allah ora bodho, mulane kawruhe iya tètès karo kanyataane, Abu

--- 71 ---

Jahal kêlakon kapir, ora iman, ora manut kangjêng rasul, padha lan wong muktajilah.

Wong muktajilah nyêlani: yagene kapire Abu Jahal kang wis nyata kêlakon sarta sadurunge kêlakon wis dipêsthèkake kêlakone, marga wis têtêp ana kawruhing Allah têka mung dianggêp mumkin, kêna kêlakon lan kêna ora kêlakon.

Wong ahli suni mangsuli: wong muktajilah iki salang-surup, kang tak anggêp mumkin mau rak sajatine. Wong muktajilah kêbangêtên yèn ora ngêrti prakara sajati, awit sajatine prakara kêlakoning iman lan ora kêlakoning iman, iku dudu prakara wajib lan mokhal, mung prakara wênang, ananging sarèhning nganggo kêtumpangan kawruhing Allah, kang namtokake kapire Abu Jahal, mulane saiki dadi wajib uga kapire Abu Jahal, wajibe mau mung nusuli, mulane tak anggêp ora kosokbali karo kênane kêlakoning imane Abu Jahal, awit sajatining mumkin tumrap kêlakoning iman lan ora kêlakone ora bisa ilang.

Wong muktajilah acalathu: wangsulane wong ahli suni iku durung srêg karo akalku, marga kêlakon lan ora kêlakon [kêla...]

--- 72 ---

[...kon] dianggêp ora kosokbali, sanadyan kang siji mung sajatine bae.

Kang diarani nyirnakake iku: ngilangake barang kang wis ana, ilang babarpisan, padha karo nalika durung ana, iya iku panêmu kang wis dipilih para pujăngga ahli suni.

Wong muktajilah nyaruwe: panêmuku barang kang wis ana iku ora bisa sirna têmênan, nganti dadi kaya nalika durung ana. Mara jajal, wong ahli suni nuduhna barang kang wis ana banjur sirna babarpisan, nganti dadi kaya nalika durung ana, iku kang êndi.

Wong ahli suni mangsuli: barang kang wis ana banjur sirna babarpisan, iku kaya ta: wong maune urip, banjur mati, dipêndhêm dadi lêmah, ing kono sirna wujuding manungsa, dalah balunge pisan wis sirna, lan kaya ta: kayu diobong, sirna dadi awu, awune banjur awor lan lêmah, nganti wis ora ana wong wêruh yèn iku awu.

Wong muktajilah madoni: awaking bangke kang dipêndhêm dadi lêmah, utawa kayu kang diobong dadi awu, banjur dadi lêmah iku ora sirna ilang, mung ajur dadi barang kang luwih lêmbut, awor lan lêmah, sanadyan wis ora ana wong bisa ambedakake karo lêmah, ewadene akaling manungsa [manung...]

--- 73 ---

[...sa] isih bisa wêruh têrang marang sajatine, yèn lêmah kang kaworan awaking bangke lan kayu kang kobong iku ora maligi lêmah, yêktine nganggo kaworan awaking bangke utawa kayu kang wis lêmbut nganti pandêlênging manungsa ora bisa mêmpan dianggo nonton, satêmêne: kang lêmah iya isih lêmah, awaking bangke iya isih awaking bangke, kang kayu iya isih kayu, ora bisa salin awak dadi lêmah. Sanadyan wong ahli suni panêmune rak iya mangkono, kêbangêtên yèn ora mêngkonoa. Dadi barang ilang babarpisan iku ora ana.

Mangkono uga barang kang ana anyar, iku maune iya wis ana, nanging rupa barang cilik-cilik kang ora kumpul, barêng wis ngalumpuk kumpul dadi barang gêdhe kêna didêlêng banjur diarani barang kang ana anyar.

Wong ahli suni mangsuli: panêmune wong muktajilah mangkono iku bênêr, nanging sarèhning ora lumrah ing akèh, dadi tumraping kawruh kang diwratakake ing akèh ora tak ênggo, tur aku iya wis duwe panêmu kang kaya mangkono. Kang wis lumrah kanggo ing akèh barang iku samăngsa wis rusak, sirna rupane nganti ora ana wong wêruh, iya wis diarani ilang, kosokbaline barang kang tumitah anyar, iku iya diarani [diara...]

--- 74 ---

[...ni] barang anyar, kang dititahake ing Allah tanpa bakal. Dadi yèn miturut panêmune wong muktajilah, êmpane sipat kudrat nganakake mumkin, iku têgêse ngumpulake barang kang cilik-cilik, nganti dadi gêdhe, kêna didêlêng. Apadene nyirnakake mumkin, iku têgêse ngêjur barang kang gêdhe dadi barang kang cilik-cilik, nganti ora kêna didêlêng. Kang mangkono mau kasarah marang kang gêlêm nganggo.

Têgêse êmpaning sifat kudrat kudu condhong lan êmpaning sifat iradat iku mangkene: Gusti Allah ora bakal ngêmpakake kuwasane, nitahake utawa nyirnakake mumkin, kang ora condhong karo karsane.

Dene kang aran sifat iradat iku sawijining sifat kang êmpane namtokake mumkin, ditamtokake sadhengaha kang wênang.

Têgêse namtokake iku milih kang wênang siji utawa luwih, lan nampik wênang liya-liyane.

Dene wênanging mumkin mau ana kang nacahake: nênêm, iya iku: 1. Ana, kosokbaline ora ana. 2. Gêdhe, kosokbaline ora gêdhe, utawa cilik lan sarupaning wangun. 3. Sifat kang tinamtokake, kosokbalining sifat-sifat kang padha ora tinamtokake.

--- 75 ---

4. Măngsa kang tinamtokake, kosokbaline măngsa-măngsa kang padha ora tinamtokake. 5. Panggonan kang tinamtokake, kosokbaline sakèhing panggonan kang padha ora tinamtokake. 6. Prênah kang tinamtokake, kosokbalining prênah kang padha ora tinamtokake.

Gusti Allah ênggone milih anane Si Suta, nampik ora anane, sarta milih dêdêge patang asta, nampik ukuran liyane, apadene milih umure sawidak taun, nampik umur liya-liyane sapanunggalane kang mangkono, iku diarani namtokake marang Si Suta, ditamtokake barang kang wênang, iya iku êmpane sipat iradat.

Kang diarani êmpan iku ing têmbung Arab diarani: takluk, iya iku kabutuhaning sipat marang prakara liyane pamanggoning sifat ana ing awak kang diênggoni. Kaya upamane sifat kudrat, têgêse: kuwasa, iku wis têtêp manggon ana sariraning Allah, sawise têtêp pamanggone, sarèhning êmpane sifat kudrat mau nganakake utawa nyirnakake mumkin, dadi kudrat mau butuh kudu ana mumkin kang dianakake utawa disirnakake, yèn ora

--- 76 ---

ana, iku diarani kudrat ora mêmpan, iya ora kêlakon nganakake utawa nyirnakake.

Mangkono uga sifat iradat, sarèhning êmpane iradat iku namtokake mumkin, ditamtokake barang kang wênang, mulane sipat iradat mau sawise têtêp ana sariraning Allah, iya butuh marang mumkin kang ditamtokake.

Sifat mangani pêpitu kang ora mêmpan mung sipat kayat, têgêse: urip.

__________

9. Ngilmu.

Sifating Allah kang kaping sanga iku arane sifat ngilmu, têgêse: kawruh, iya iku sipat kang mêruhake marang kang kanggonan sipat mau, wêruh marang samubarang saka anane, cocog karo nyatane.

Upamane aku wêruh yèn ing omahe Si Suta ana roti gandum winadhahan ing piring, yèn kapara nyata ing omahe Si Suta ana roti gandum winadhahan ing piring, wêruhku mau diarani sifat ngilmu. Dene yèn ngomahe Si Suta ana roti gandum, nanging ora diwadhahi ing piring, wêruhku mangkono mau ora diarani sifat ngilmu, malah diarani: bodho, marga kawruh ora tètès karo nyatane, luwih [lu...]

--- 77 ---

[...wih] manèh yèn aku kêncêng, iku diarani: juhul murakab, têgêse: bodho rangkêp, kang sapisan ora wêruh yèn roti iku ora diwadhahi ing piring, kapindho ora wêruh ing bodhoku dhewe.

Sawênèhing pujăngga ana kang ngarani yèn kang diarani ngilmu iku kêcithake rupaning barang ana ing akal.

Sifating Allah: ngilmu iku mêmpan marang sarupaning prakara kang wajib lan kang mokhal apadene kang wênang.

Êmpane mau diarani takluk tanjizi kadim, têgêse: êmpane ngilmuning Allah wis kalêksanan mêmpan wiwit nalika durung ana titah iki kabèh, sifat ngilmuning Allah ora duwe êmpan salukhi, têgêse: pancèn mêmpan, utawa patut mêmpan, awit sing sapa mung patut wêruh bae, iku satêmêne ora wêruh, yèn mangkono, sadurunge takluk tanjizi Gusti Allah kêna ingaranan: têtêp bodho, mangkono iku mokhal.

Panêmune Imam Fahrurazi mèmpêr lan panêmune wong muktajilah, sifat ngilmuning Allah êmpane warna loro, kang siji takluk salukhi, sijine takluk tanjizi, awit sadurunge titah iki ana, Gusti Allah wis uninga yèn bakal ana titah, lan uninga wijange siji-sijining titah mau sarta

--- 78 ---

kaanane kabèh, ora ana kang kècèr. Iku diarani takluk salukhi, têgêse: pantês nguningani, amarga kang diuningani durung ana, lan iya diarani: nguningani barang kang durung ana utawa: durung kêlakon. Dene sawise ana titah iki Gusti Allah iya uninga kabèh, iku diarani takluk tanjizi, têgêse: kalêksanan mêmpane, lan iya diarani: nguningani barang kang wis ana lan barang kang lagi ana.

Mulane sifat ngilmuning Allah mêmpan marang sarupane kang wajib lan kang mokhal apadene kang wênang, awit sifat ngilmu iku dudu sifat kang ana labête, beda karo sifat kudrat lan iradat, sifat loro iku êmpane nganggo labêt, mulane ora mêmpan marang barang kang wajib, awit bakal nganakake barang kang wis ana utawa ngowahi barang kang wajib dadi mokhal, sarta ora mêmpan marang barang kang mokhal, sabab bakal ngilangake barang kang wis ilang utawa ngowahi barang kang mokhal dadi wajib, kabèh iku mokhal ing akal.

Gusti Allah ênggone nguningani barang kang wajib iku kaya ta: ênggone nguningani marang sarirane piyambak, lan sifat-sifate kang wajib kabèh, apadene prakara kang wajib liya-liyane, kaya ta: jirim ênggone kudu mawa panggonan sapanunggalane kang mangkono.

--- 79 ---

Dene ênggone nguningani barang kang wênang iku, kaya ta: ênggone nguningani barang kang wis kêlakon dititahake, lan barang kang ora kêlakon dititahake, apadene barang kang ora kêlakon dititahake mau saupama dititahna bakal mangkene kadadiyane. Kaya ta: kang kasêbut ing Kuran, nyaritakake ing besuk ana ing akhirat, sawuse wong kapir padha dicêmplungake ing naraka, iku padha duwe atur nyuwun dibalèkna marang ing dunya, lan padha sanggêm ngèstokake parentahing Allah kang didhawuhake dening para nabi, ing kono Gusti Allah banjur ngandika mangkene: wala uruddu langadulimanuhu nganhu wa innahum lakadzibun, têgêse: saupama wong kapir-kapir iku padha dibalèkake marang dunya manèh mêsthi padha ambalèni nêrak larangan manèh, dene sêsanggêmane mangkono iku bakal goroh utawa cidra.

Barang kang tanpa wêkasan iku diewokake barang kang wênang, Gusti Allah nguningani wijanging barang kang tanpa wêkasan, kaya ta: babade barang kang wis kêlakon tanpa kawitan, utawa babade barang kang bakal kêlakon nganti tanpa wêkasan, apadene isèn-isène têlatahing alam ngisor, dhuwur, kiwa, têngên, ngarêp, buri, nganti tanpa

--- 80 ---

wêkasan. Iku kabèh diuningani dening Allah wijange tanpa ana kang kècèr, kang mangkono mau mungguhing Allah ora mokhal, awit wis têtêp kalawan tăndha yêkti kang wis ditêrangake ing ngarêp, yèn Allah iku beda karo kang anyar, dene mokhale wêruh marang barang kang tanpa wêkasan iku tumrap kawruh kang anyar. Ewadene ana sawênèhing pujăngga ahli suni kang nyulayani, panêmune condhong karo panêmune wong muktajilah, angarani: sanadyan ngilmuning Allah iya mokhal yèn anglimputi wijanging barang kang tanpa wêkasan, awit yèn pancèn kêna diwêruhi wijange kalawan sampurna, ora ana kang kècèr, dadi iya mêsthi ana wêkasane. Panêmu kang mangkono iku nêtêpake yèn Allah iku bodho. Aku sakancaku muga diparingana kalis saka panganggêp kang mangkono iku.

Gusti Allah ênggone nguningani barang kang mokhal, iku upamane kaya ta: Gusti Allah ênggone nguningani yèn kang madhani Allah ing kapangeranane iku ora bisa ana, saupama kêlakona mêsthi nuwuhahe[15] barang kang mokhal ing akal.

__________

--- 81 ---

10. Khayat.

Sipating Allah kang kaping sapuluh iku arane sipat khayat, têgêse: urip, iya iku sipat kang ngênakake duwe panêmu marang kang kadunungan sipat mau.

Kang diarani panêmu iku êmpaning pănca driya, iya iku: pandêlêng, pangrungu, pangambu, pangicip lan panggêpok, nanging Gusti Allah kaluhuran yèn kayaa mangkono, awit paningaling Allah sapanunggalane mau kabèh tanpa piranti tingal sapanunggalane.

Sawênèhing pujăngga ahli suni ana kang panêmune nocogi panêmune wong muktajilah, ngarani Allah iku kagungan pangicip lan panggănda nanging ora sarana piranti tutuk lan grana.

Pujăngga ahli suni kang akèh ngarani Gusti Allah iku ênggone sagêd ngraosake marang rasa lêgi, asin sapanunggalane, utawa marang gănda arum sapanunggalane, apadene marang grayangan kasap, alus sapanunggalane, iku sarana sifat ngilmu, ora sarana tutuk, grana sapanunggalane.

--- 82 ---

Wong muktjilah nyaruwe: yèn sagêde ngraosake Allah marang rasa: lêgi, asin, arum, bacin, kasap, alus sapanunggalane iku sarana sifat ngilmu, dadi ngraosake tanpa dinyatakake, padha karo rasaning atiku wêruhku marang lêgining gula kang tanpa tak dilat, yèn mangkono Allah ora pirsa nyataning rasa lêgi, kang măngka aku bae wêruh, yèn mangkono Allah iku apa kalah karo aku.

Wong ahli suni mangsuli: saupama uninganing Allah marang rasa lêgi, asin, gănda arum, bacin sapanunggalane mau kaya kawruhku kang nganggo piranti cangkêm, irung sapanunggalane, dadi padha bae karo aku, sarta bakal kagungan pakarêman kaya aku, karsa dhahar pêpanganan kang enak-enak, nampik pêpanganan kang ora enak, lan bakal ngraosake lara lan kapenak, iku kabèh mokhal.

Wong muktajilah mangsuli: prakara wêruh rasa lêgi, gănda arum sapanunggalane ora kêna diênggo nêtêpake bakal duwe kêkarêman, awit dadining kêkarêman iku kajaba wêruh ing rasa kudu condhong karo wêwatêkan, kang măngka Gusti Allah kagungan watêk iku mokhal, dadi sumêrêpe Gusti Allah marang rasa, gănda sapanunggalane iku ora kêna diênggo nêtêpake kagungan kêkarêman, tandhane [ta...]

--- 83 ---

[...ndhane] mangkene: Si Suta lan Si Naya padha wêruh rasa lêgi, asin sapanunggalane, ewadene ana sawênèhing pêpanganan kang dikarêmi Si Suta nanging Si Naya ora doyan, iku nelakake yèn panganan mau condhong karo watêke Si Suta nanging ora condhong karo watêke Si Naya, tur wong loro pisan ênggone ngrasakake lêgi utawa asin sapanunggalane padha bae, ora Si Suta ngarani lêgi sarta Si Naya ngarani asin.

Wong ahli suni mangsuli: prakara rasa utawa panêmuning pănca driya liya-liyane, wong ora bisa olèh katêrangan yèn panêmune sawijining wong padha karo panêmuning wong liyane, kaya ta: ênggonku ngrasakake asin yèn andilat uyah, iku durung mêsthi padha karo asin kang dirasakake Si Suta yèn andilat uyah, sanadyan Si Suta uga ngarani asin, nanging aku ora bisa nyatakake yèn asine Si Suta padha karo asinku, kêna uga kang tak arani lêgi diarani asin marang Si Suta. Awit aku ora bisa nyilih ilate Si Suta tak tandhing karo ilatku apa rasane padha apa ora. Dadi rasaning panganan kang condhong karo watêke Si Suta iku durung mêsthi padha karo rasa kang ora condhong karo watêke Si Naya, mulane aku durung bisa nganggêp [nganggê...]

--- 84 ---

[...p] bênêr yèn ananing kêkarêman iku kudu condhong karo watêk, awit rasane siji-sijining wong ora kêna ditandhing.

Prakara mokhale Gusti Allah kagungan kêkarêman iku wis têtêp dening tăndha yêkti yèn Allah iku beda karo sakèhe kang anyar. Dene wong muktajilah ênggone kudu golèk dalan arêp nêtêpake yèn Allah iku kagungan kêkarêman, iku têtela wong bodho, lali marang tăndha yêkti mau. Padha karo wong duwe pangucap mangkene: saupama Gusti Allah iku karsa ngagêm garwa utawa kapengin apêputra, mêsthi kalêksanan, upama ora kalêksanan, têtêp yèn Allah iku apês, wong ngucap mangkono iku têtêp wong bodho, ora ngêrti êmpane sipat kudrat.

Gêsanging Allah wis mêsthi ora sarana roh, beda karo uripe barang kang anyar iki, lumrahe padha nganggo roh, samăngsa dioncati ing roh iya banjur mati.

Kang diarani pati iku ora urip tumraping barang kang pancèn urip.

Ewadene têrkadhang ana uga barang anyar kang uripe tanpa roh, nanging iku kalêbu kaelokan, kagêm dadi mukjijating para nabi utawa kramating para wali, kaya ta: kang kacarita ana wit-witan uluk salam marang kangjêng rasul,

--- 85 ---

apadene krikil kang maca tasbèh ana ing astane kangjêng rasul, sapanunggalane mukjijating para nabi utawa kramating para wali.

Sifat khayat iku kêna diarani sifat mangani kang gêdhe dhewe, utawa têtungguling sipat mangani, awit dadi sarat utawa dadi ugêr-ugêr adêging sifat mangani liya-liyane, saupama Allah ora gêsang mêsthi ora bisa mirêng, ora bisa ningali, ora bisa ngandika, ora kuwasa lan ora kagungan karsa. Adêging sifat-sifat maknawiyah uga kudu nganggo sifat khayat, awit siji-sijining sifat maknawiyah iku mawa sabab saka sifat mangani.

11. 12. Samak lan Basar.

Sipating Allah kang kaping sawêlas arane: samak, têgêse: pamirêng. Dene sipating Allah kang kaping rolas, arane: basar, têgêse: paningal, sipat loro iku padha mêmpan marang samubarang kang ana, padha uga warna lan swara.

Dadi Gusti Allah iku mirêng warna irêng lan putih sapanunggalane, lan iya mirêng swara kang warna-warna. Mangkono manèh Gusti Allah ningali warna irêng lan putih sapanunggalane, lan [la...]

--- 86 ---

[...n] iya ningali sarak kang warna-warna. Ewadene Allah ora mirêng lan ora ningali bangsaning kaanan, kaya ta: kumpul, pisah, obah lan mênêng sapêpadhane, awit kabèh iku bangsaning prakara kang ora wujud, dadi ora tinêmu kalawan pănca driyaning manungsa. Manungsa ora bisa andêlêng obahing barang, kang kêna dinêlêng mung barange kang obah.

Sawênèhing pujăngga ana kang nêgêsi mangkene: samak iku sipating Allah Kang Maha Agung, êmpane bisa uninga samubarang kang maujud, warna sarta swara, sanadyan kang maujud mau kadim, kaya ta: sariraning Allah, utawa anyar: kaya ta: jagad saisine iki kabèh. Iya iku panêmune Sèh Abu Kasan Asngari lan para warganing pakumpulane.

Nanging ana pujăngga manèh kang duwe panêmu yèn Allah iku mung mirêng swara bae, ora mirêng warna, nanging pamirênge Allah beda karo pangrunguning kang anyar-anyar iki, awit pamirênging Allah ora nganggo piranti talingan, sarta paningaling Allah ora nganggo piranti netra. Mulane sanadyan swara iku liriha dikaya apa, Allah mêksa mirêng.

Dene paningaling Allah ênggone ningali warna lan swara, para pujăngga wis golong, ora ana kang nyulayani.

__________

--- 87 ---

13. Kalam.

Sifating Allah kang kaping têlulas iku arane: kalam, têgêse: ngandika, dene pangandikaning Allah iku tanpa piranti tutuk, ora kaya pangucaping manungsa, mulane pangandikaning Allah iku tanpa aksara lan tanpa swara.

Para pujăngga ahli suni mèh kabèh panêmune ngarani pangandikaning Allah iku tanpa swara lan tanpa aksara. Kang sapisan awit Allah iku beda karo sakèhe kang anyar, saupama pangandikaning Allah mawa swara lan aksara, dadi padha bae karo kang anyar. Kang kapindho awit Allah ora ngagêm piranti tutuk kaya kang anyar.

Ewadene pujăngga ahli suni kang aran: ngalhud, duwe panêmu yèn pangandikaning Allah iku nganggo aksara kang dumunung ana sariraning Allah piyambak, bedane karo aksara kang dianggo cêcaturan ing manungsa mangkene: aksara kang dianggo ing manungsa iki ana urute, ana aksara kang dhisik lan ana aksara kang kari, nanging pangandikaning Allah aksarane tanpa urut, ora ana kang dhisik lan ora ana kang kari, dadi barêng bae. Mangkono [Mangko...]

--- 88 ---

[...no] uga ora anyar lan ora kèndêl. Kang mangkono iku nocogi panêmune Imam Abu Kasan Asngari lan para wargane, panêmune mangkene: kang diarani sifat kalam pangandikaning Allah iku têtimbangane sariraning Allah, mulane iya kalêbu kalimah, têgêse: têmbung, dadi iya nganggo swara lan aksara, nanging tanpa urut, awit wis mêsthi beda karo aksara lan swaraning manungsa, kang nganggo urut lan beda-beda unine.

Ana sawênèhing pakumpulan ngaku manut madabe Imam Khambali, iku duwe panêmu yèn pangandikaning Allah iku mawa aksara lan swara, nanging aksara lan swara mau yèn dumunung ana kang anyar iya anyar, yèn diagêm ing Allah iya kadim. Panêmuning pakumpulan mangkono mau wis têtela luput. Dene panêmune pujăngga ngalhud mau iya pêtêng, awit kapriye ênggone bisa dadi aksara lan swara barang kang tanpa piranti, sanadyan swaraning kênthongan utawa balêdhèg iya nganggo piranti. Pangandikaning Allah tanpa piranti. Mulane panêmu kang mangkono mau satêmêne durung kêna digugu.

Kênthêling panêmu, êmpaning sipat kalam iku mêmpan marang sarupaning wajib, mokhal lan wênang, padha karo sipat ngilmu.

--- 89 ---

Saupama aling-aling kang ngaling-alingi manungsa marang Gusti Allah iku diwiyak, manungsa banjur krungu pangandikaning Allah, mêsthi manungsa banjur ngêrti yèn Allah iku mêsthi ana, sarta mokhal yèn anaa kang madhani, mangkono uga ananing manungsa saiki mung wênang bae. Iya iku khukum ngakal têlung perangan wis ganêp, 1. wajib, 2. mokhal, 3. wênang. Kang têlu pisan diêmpani sipat ngilmu.

Ana sawênèhing murid atakon marang gurune mangkene: parentahing Allah dhumatêng sawênèhipun tiyang mukalaf, kados ta dhumatêng Abu Jahal, andhawuhakên barang ingkang sampun dipun uningani dening Allah badhe botên kalêksanan, kados ta: andhawuhakên Abu Jahal ingandikakakên iman, punika namtokakên bilih parentahing Allah wau mêmpan dhatêng prakawis ingkang dipun parentahakên wau, kang măngka sampun dipun uningani dening Allah prakawis punika mêsthi botên badhe kalêksanan, sapunika sipat ngilmuning Allah dados mêmpan dhatêng prakawis ingkang botên dipun êmpani parentahing Allah utawi pangandikaning Allah. Yèn makatên êmpaning sipat ngilmu punika punapa langkung kathah ngungkuli êmpaning sipat kalam.

Guru kang ditakoni mangsuli: sipat kalam kang azali, têgêse: pangandikaning Allah dhèk durung ana apa-apa, iku

--- 90 ---

êmpane luwih dening akèh, ora kêna karingkês mung parentah bae, sanadyan sipat kalam ora mêmpan marang upama kang kogêlarake mau, tandhane ora kalêksanan kang diparentahake, ewadene sipat kalam uga mêmpan tumrap ing wêwalêr, pangancam, lan prakara kang bêcik-bêcik kang uga bakal ora kalêksanan, iku kabèh êmpane sipat kalam. Dadi prakara kang diêmpani ing sipat ngilmu azali lan sipat kalam azali iku ora kêna dipilah utawa dipinta-pinta, êndi kang diêmpani ing sipat ngilmu iya ora diêmpani ing sipat kalam.

Wong muktajilah acalathu: upama aku nganggêpa panêmune wong ahli suni, bab anane sipat mangani, mêsthi ora makewuhake êmpaning parentah marang wong kang ora ngèstokake, awit parentah iku sanadyan dièstokake utawa ora, jênênging parentah mêsthi wis mêmpan.

Wong ahli suni mangsuli: wong muktajilah iku bodho, karêpe bakal ngarani yèn wong mêmisuh utawa srêngên marang wong kang ora kaluputan iku pisuhe utawa srêngêne mêmpan.

Wong muktajilah mangsuli: dhasar iya ngarani mangkono, pisuh lan srêngên iku wis padha karo panah kang wis ucul saka [sa...]

--- 91 ---

[...ka] ing gandhewa, ora kêna ditututi, malah patitise ngungkuli panah, panah isih bisa luput, nanging pisuh ora pisan bisa luput, sarèhning wong ahli suni ngarani aku bodho, saiki bodho mau ambalik marang awake wong ahli suni dhewe.

Sifat mangani kang para ahli suni wis golong iya mung pitu kaya kang wis kapratelakake ing ngarêp mau, iya iku: kudrat, iradat, ngilmu, kayat, samak, basar lan kalam. Nanging ana pujăngga ahli suni sawatara kang milu panêmune wong muktajilah, ngarani yèn Allah iku kagungan sifat mangani liyane pitu mau, diarani sifat idrak, têgêse: panêmu, iya iku: panggrayang, panggănda, pangicip. Panêmune Gusti Allah iku uninga marang grayangan alus, kasap, panas, adhêm sapanunggalane, sarta uninga marang gănda arum, bacin sapanunggalane. Kabèh mau ora diewokake sifat ngilmu, awit ngilmu iku mung kawruh bae, ora ngrasakake, rasa lan kawruh iku beda. Nanging para ahli suni kang akèh padha mokhalake yèn Allah iku kagungan sipat idrak, awit dadining rasa lêgi iku saka pagêpokaning gula karo ilat, mangkono uga dadining grayangan kasap iku saka pagêpokaning badan wadhag [wa...]

--- 92 ---

[...dhag] karo barang kang ora alus, kang măngka Allah iku mokhal yèn kagungan sarira kêna digêpok, dadi têtela yèn Allah iku ora kagungan sifat idrak. Dene kang ngarani yèn Allah iku kagungan sifat idrak, kang diênggo tăndha yêkti saupama Allah ora kagungan sifat idrak, uningane marang rasa, grayangan lan gănda mung saka sifat ngilmu bae, kang măngka êmpaning ngilmu iku beda bangêt karo idrak, Gusti Allah dadi kalah karo manungsa bae, padha karo tăndha yêktine wong muktajilah, nanging panêmune wong muktajilah sifat idrak mau ora digolongake sifat mangani, malah sifat mangani pêpitu iku kabèh dipaido, panêmune: Gusti Allah ênggone kuwasa, karsa, nguningani sapanunggalane ora sarana sifat kudrat, iradat lan ngilmu sapanunggalane mung kalawan sarirane piyambak.

Sarèhning pasulayan mau padha kêncênge sarta padha duwe tăndha yêkti dhewe-dhewe kang narênthêng ora kêna dipaido, mulane kang prayoga dhewe dilakoni: mung mênêng, aja pracaya marang salah sijine, nanging iya aja maido.

Gusti Allah ênggone ngandika nganti têkan saprene utawa sabanjure tanpa lèrèn, tansah ngandika bae, awit saupama pangandikaning Allah mau nganggo lèrèn,

--- 93 ---

mêsthi pangandikane iku bisa ilang, dadi têtêp anyar, mangkono manèh saupama pangandikaning Allah iku nganggo kadhisikan kèndêl, dadi pangandikaning Allah iku kadhisikan ngadam, utawa yèn kèndêle mau sawise kalakon angandika, dadi aran ora langgêng, kang măngka sifat kidam lan sifat bakane Allah wis têtêp dening tăndha yêkti kang wis kasêbut ing ngarêp, dadi kèndêle Gusti Allah iku mokhal ing akal.

Ana sawênèhing murid atakon marang gurune: kula maos Kuran, têka wontên pangandikaning Allah ingkang mungêl makatên: (wa kalamallahu musa takliman têgêsipun: Gusti Allah mangandikani marang Kangjêng Nabi Musa kalawan pangandika). Mênggah pangandikaning Allah ingkang makatên wau nêdahakên bilih anggènipun ngandika dhatêng Kangjêng Nabi Musa punika sawêg kemawon kalampahan, dados waunipun kèndêl utawi botên ngandika dhatêng Kangjêng Nabi Musa, punapa dene sasampuning rampung pangandikanipun, Allah lajêng kèndêl. Punapa inggih lêrês kados pangrêtos kula punika.

Gurune amangsuli: pangêrtimu iku luput. Lăngka yèn mangkonoa têmênan pangêrtimu, awit kowe wis tak wulang sakèhing tăndha yêkti, nanging pitakonmu iku iya bêcik, awit murih padhange surasaning Kuran kang maune pêtêng.

--- 94 ---

Kowe sumurupa, Allah iku biyèn mula tansah ngandika, nganti saiki utawa sabanjure tanpa kèndêl, manungsa ora ana kang krungu pangandikaning Allah yèn ora diwiyak aling-alinge. Kangjêng Nabi Musa maune iya ora mirêng pangandikaning Allah, nanging barêng minggah ing gunung Tursina dikarsakake imbal wacana lan Allah, ing kono aling-alinge Kangjêng Nabi Musa diwiyak, sanalika banjur mirêng pangandikaning Allah, kang mirêng mau ora mung talingane bae, dalah sarirane sakojur mirêng kabèh siji-sijining wulune Kangjêng Nabi Musa uga padha mirêng dhewe-dhewe, pangandikaning Allah ngèbêki sakèhing prênah, ing ngarêp, ing buri, kiwa, têngên, ing dhuwur lan ing ngisore Kangjêng Nabi Musa ana pangandikaning Allah kabèh, sawise rampung ênggone ngandika aling-aling banjur tumangkêp manèh, Kangjêng Nabi Musa bali kaya maune, nalikane durung ngandikan, pulih kamanungsane.

Ana sawênèhing murid atakon marang gurune: kula sakalangkung kodhêng dene kitab sampun nêrangakên bilih pangandikaning Allah punika tanpa swara tanpa aksara, sarta sampun mawi tăndha yêkti, awit saking punapa Kuran punika dipun wastani pangandikaning Allah, sakalangkung dipun mulyakakên, botên kenging dipun gêpok utawi dipun waos dening tiyang ingkang rêgêd, kang măngka Kuran punika damêlan kula piyambak, ungêlipun mawi swara saha aksara. Ingkang makatên punika

--- 95 ---

punapa botên nama sulaya kalayan pathokaning kitab ingkang sampun sampeyan wulangakên.

Guru mangsuli: kowe aja kaliru tămpa, kang diarani sifat kalam, iya pangandikaning Allah iku sipating Allah kang diagêm ana sariraning Allah, iya iku surasaning kalam kang bangsaning têtêmbungan kang kêna diwaca. Kuran kang kodêlêng iku kartas kang tinulis kalawan mangsi, ora bisa calathu apa-apa, nanging nuduhake unèn-unèn kang tumrap ing cangkêming manungsa, mawa aksara lan swara. Unèn-unèn mau ana surasane warna-warna, kaya ta: parentah, larangan, carita sapanunggalane. Dene surasa mau ana kanyataane, kabèh iku dudu pangandikaning Allah, mung nuduhake marang pangandikaning Allah, mulane wajib dimulyakake.

Mara saiki ambiyaka Kuran. Saiki kowe wêruh kang kodêlêng iku kartas tinulis ing mangsi, ora bisa calathu apa-apa. Nanging kowe rak bisa maca kalawan lesanmu, kang kodêlêng iku unine: inna karuna kana mingkaomi Musa, faigha ngalaihi wa ataenahu minalkhunuzima. Têgêse: Karun iku wong lanang kalêbu santanane Kangjêng Nabi Musa, Karun mau balela marang Kangjêng Nabi Musa, lan wis ingsun paringi kasugihan, gêdhong isi samubarang. Dadi kartas kang tinulis kalawan [kalawa...]

--- 96 ---

[...n] mangsi mau nuduhake unèn-unèn kang mangkono mau, barêng kowe wis maca unèn-unèn kang mangkono mêsthi banjur ngêrti surasane. Dadi unèn-unèn mau nuduhake marang surasa. Wusana surasa mau apa ora ana kanyataane, iya iku santanane Kangjêng Nabi Musa kang aran Karun, kang wis diparingi kasugihan dening Allah, duwe gêdhong isi samubarang, dhèk samana balela marang paprentahane Kangjêng Nabi Musa. Dadi tulisan Kuran kang mangkono unine iku nuduhake kanyataan kang mangkono mau. Nanging panuduh-panuduh iku mau kabèh saka ing kamanungsan, dudu saka ing Allah, wusana ana panuduh manèh kang saka ing Allah kang uga nuduhake kaananing Karun mau, iya iku pangandikaning Allah kang tulèn wijilan saka sariraning Allah piyambak, kang diarani: kalam nafsi, têgêse: pangandikane sariraning Allah, iya iku kang tanpa aksara tanpa swara. Saupama kowe diwiyak aling-alingmu, mêsthi kowe banjur krungu pangandikaning Allah kang tanpa aksara tanpa swara, lan kowe uga banjur ngêrti surasane ênggone nuduhake kanyataan apa kaanane Karun kang wis kasêbut ing dhuwur mau.

Sanadyan pangandikaning Allah kang kasêbut ing Kitab Inji [Inji...]

--- 97 ---

[...l] utawa liya-liyane, urusane iya padha bae karo Kuran mau.

Pangandikaning Allah iku ora anyar, satêmêne kadim, kaya kang wis ditêrangake ing ngarêp, awit saka iku mulane ora kêna didunungi sifat anyar, dene katrangan mungguh kaanane pangandikaning Allah iku tumraping wong sapangkatku iki ora wêruh, padha uga karo olèhku ora wêruh marang sariraning Allah utawa marang sajatining sifate Allah kabèh. Dene sakèhing aksaraning Kuran lan swaraning wong maca Kuran, iku mung dadi ngibarat (sasmita) nuduhake sifat kalam, pangandikaning Allah, sasmita iku iya dudu kang disasmitakake. Awit saka iku mulane sasmita iku beda-beda manut beda-bedaning têtêmbungane siji-sijining wong, nanging kang disasmitakake mung siji, iya iku pangandikaning Allah, dadi pamaca lan têtulisan Kuran iku anyar, nanging kang diwaca utawa kang ditulisi têgêse kang dituduhake ing pamaca lan têtulisan iku kadim. Padha uga karo dikir, dikir iku anyar, nanging kang kasêbut ing dikir iku kadim, iya iku pangeraning para titah.

__________

Sarèhning wis rampung ênggonku nacahake sifat mangani, saiki [sa...]

--- 98 ---

[...iki] tak sambungi nacahake sifat pitu kang aran sifat maknawiyah, dene urute karuntutake manut urute ing ngarêp, iya iku:

14. Kaunuhu Kadiran.

Sifating Allah kang kaping pat bêlas iku arane: kaunuhu kadiran, têgêse: ananing Allah iku kuwasa.

15. Kaunuhu Muridan.

Sifating Allah kang kaping limalas iku arane: kaunuhu muridan, têgêse: ananing Allah iku karsa.

16. Kaunuhu Ngaliman.

Sifating Allah kang kaping nêm bêlas, arane: kaunuhu ngaliman, têgêse: ananing Allah iku ngudanèni.

17. Kaunuhu Khayan.

Sifating Allah kang kaping pitulas, arane: kaunuhu khayan, têgêse: ananing Allah iku gêsang.

--- 99 ---

18. Kaunuhu Samingan.

Sifating Allah kang kaping wolulas, arane: kaunuhu samingan, têgêse: ananing Allah iku miyarsa.

19. Kaunuhu Basiran.

Sifating Allah kang kaping sangalas, arane: kaunuhu basiran, têgêse: ananing Allah iku ningali.

20.Kaunuhu Mutakaliman.

Sifating Allah gênêpe rong puluh, arane: kaunuhu mutakaliman, têgêse: ananing Allah iku ngandika.

__________

Kang diarani sifat maknawiyah iku kaanan kang mawa sabab, kang sarupaning awak sasuwene isih ana, mêsthi nganggo kaanan mau. Kaya ta: anane Allah iku kuwasa, iku sawijining kaanan kang mawa sabab, dene sababe ananing Allah kuwasa, amarga Allah iku kagungan sifat kudrat, têgêse: kuwasa, saupama Allah ora kagungan sifat kudrat, mêsthi ananing Allah kuwasa iku ora dumunung ing Allah.

--- 100 ---

Panêmune wong muktajilah nyelaki ananing sifat mangani pêpitu kang wis kasêbut ing ngarêp mau, iya iku kudrat, iradat, ngilmu, khayat, samak, basar, kalam. Pracayane wong muktajilah Gusti Allah iku ora ngagêm sifat mangani pêpitu mau.

Pangucape wong muktajilah mangkene: Gusti Allah iku kuwasa, nanging kuwasaning Allah mau kalawan sarirane piyambak, ora sarana sipat kudrat, lan ora sarana barang-barang, awit manawa kuwasaning Allah mawa sarana, saupama ilang saranane mêsthi Allah banjur ilang kuwasane, têtêp apêse kang mangkono mau mokhal.

Wong ahli suni mangsuli: sakarêpe wong muktjilah calathu mangkono, aku iya ora ngarani kafir, amarga wong muktajilah isih pracaya yèn Allah iku kuwasa, nanging mung tak arani luput bae, dene lupute mau amarga panêmune ora tètès karo nyatane, wong muktajilah sumurupa yèn sifat mangani pêpitu mau ana kang aran sifat wujudiyah, kaya ta: sifat kudrat, sifat wujudiyah mau pancèn kêna didêlêng, saupama manungsa iki diwiyak aling-alinge, mêsthi bisa andêlêng marang sifat kudrating Allah padha karo pandêlêngku marang warna abang lan putih sapanunggalane. Kang mangkono iku [i...]

--- 101 ---

[...ku] wis ewon kèhe wong kang kalêksanan dibuka aling-alinge, sarta banjur padha bisa andêlêng sifat kudrating Allah, iya iku para nabi lan para wali, dadi têtela panêmune wong muktajilah mau ora tètès karo nyatane.

Wong muktajilah mangsuli: yèn wong ahli suni bisa nyatakake kalawan kasumurupan ing wong akèh kang padha marsudi kawruh, yèn sifat kudrat iku kêna didêlêng kaya pandêlêngku marang warna abang, putih sapanunggalane, aku iya bakal salin panêmu, manut panêmune wong ahli suni, ngarani yèn Allah iku ngagêm sifat mangani pêpitu, dene yèn kang diênggo saksi mung para nabi lan para wali bae ora sadhengah wong bisa milu nêksèni, panêmune wong ahli suni ora kêna tak pikir, awit pakolèhe mung muwuhi pagawean kang ora bakal ana paidahe.

Kajaba sifat rong puluh kang wajib ing Allah, wong mukalaf iya diwajibake nyumurupi sifat-sifat kang mokhal ing Allah.

Dene sifat kang mokhal ing Allah iku akèh, iya iku samubarang sifat kang ora pantês katimbang lan kaagunganing Allah utawa kasampurnaning Allah, ewadene kang kêna dicacahake [dicacah...]

--- 102 ---

[...ake] iya iku lhid[16] utawa nakile[17] sifat rong puluh kang wis kasêbut mau.

Sarèhning lhid utawa nakil mau mung walikane sipat rong puluh kang wajib ing Allah bae, mulane iya ora pêrlu dipratelakake tăndha yêktine, awit tăndha yêktine tunggal bae karo tăndha yêktining walikane. Têtêping lhid utawa nakil iku kudu sirna walikane, sarèhning walikane lhid utawa nakiling sifat kang mokhal iku wis têtêp kalawan pratăndha yêkti, dadi sifat kang mokhal-mokhal ora susah nganggo tăndha yêkti.

Sifat mokhaling Allah mung kapratelakake liding sifat rong puluh kang wajib ing Allah bae, kang măngka satêmêne sifat mokhaling Allah mau ora ngamungake lhid bae, iya nganggo ana kang nakil. Dadi ênggone ngringkês mung lhid bae mau nêtêpi têgêsing têtêmbungan, awit pujangganing têtêmbungan [têtê...]

--- 103 ---

[...mbungan] Ngarab ênggone nêgêsi têmbung: lhid, iku samubarang kang kosokbali.

Dene kanggone tumrap wong ahli usul, lhid iku têgêse prakara loro kang padha băngsa wujud, sarta kang bangêt bedane, kaya ta: irêng lan putih, utawa obah lan mênêng. Dene têmbung nakil, ingatase wong ahli usul, têgêse: têtêping barang lan orane, kaya ta: Si Suta iku ngadêg, karo Si Suta iku ora ngadêg.

Dene têgêsing lhid kang wis kapratelakake ing ngarêp mau kanggone tumrap wong ahli mantig. Malah wong ahli mantig duwe têtêmbungan liyane kang kasêbut ing ngarêp mau.

Panêmune wong ahli mantig, tularan saka wong muktajilah mangkene: tandhingane barang loro iku patang warna, 1. diarani mislèn, têgêse: barang loro kang padha, pathokane kudu loro pisan ora bisa kumpul, nanging bisa oncat, kaya ta: putih lan putih, ngadêg lan ngadêg, sapanunggalane. Barang siji ora bisa nganggo putih loro, nanging bisa ora putih. 2. Diarani: khilafèn, têgêse: barang loro kang beda, pathokane karo-karone kudu bisa kumpul lan bisa oncat, kaya [ka...]

--- 104 ---

[...ya] ta: putih lan linggih. Sawijining barang bisa putih sarta linggih lan bisa ora putih sarta ora linggih. 3. Diarani: lhidèn, têgêse: lhid loro, pathokane kudu loro pisan ora bisa kumpul, nanging bisa oncat, kaya ta: ngadêg lan linggih, barang siji ora bisa ngadêg ngrangkêp karo linggih, nanging bisa ora ngadêg lan ora linggih. 4. Diarani: nakilèn, têgêse: nakil loro, pathokane kudu loro pisan ora bisa kumpul sarta ora bisa oncat, kudu nganggo salah sijine, kaya ta: obah lan mênêng. Sawijining barang ora bisa obah ngrangkêp karo mênêng, lan ora bisa ora obah lan ora mênêng, ora kêna ora kudu nganggo salah sijine, obah utawa mênêng.

__________

Dene wijange sifat kang mokhal ing Allah lhid utawa nakile sifat rong puluh kang wajib ing Allah iku pratelane kaya ing ngisor iki:

1. Diarani: ngadam, têgêse: ora ana, iya iku nakile sifat wujud, dene tăndha yêktine mokhaling ngadam mau tunggal karo tăndha yêktine sifat wujud kang bakal kapratelakake.

--- 105 ---

2. Diarani: khudus, têgêse: anyar, iya iku nakile sifat kidam, dene tăndha yêktine mokhaling khudus ing Allah iku tunggal bae karo tăndha yêktine wajibing sifat kidam ing Allah kang bakal kapratelakake.

3. Diarani: turuwul ngadam, têgêse: kêtêkan ngadam, iya iku: sirna, turuwul ngadam mau nakile sifat baka, dene tăndha yêktine mokhaling turuwul ngadam ing Allah iku ora beda karo tăndha yêktine wajibing sifat baka ing Allah, kang bakal katêrangake.

Ing dhuwur mau mratelakake yèn sifat ngadam iku nakiling sifat wujud, ora lhiding sifat wujud. Nanging kang mangkono mau mung murih gampange bae, miturut têgêsing têtêmbungan Ngarab. Ewadene kanggone têtêmbungan kang wis kalumrahake ing para ahli mantig utawa para ahli usul ora mangkono. Satêmêne ngadam iku dudu nakiling wujud, yêktine padha karo nakiling wujud, awit nakiling wujud iku ora wujud, dene ngadam iku padha karo ora wujud.

--- 106 ---

Mangkono uga kêtêkan ngadam (sirna) iku nakiling baka, awit kidam iku karêpe: ora ngadam tumrap kang wis kêlakon kang andhisiki ing wujud.

Dene khudus iku karêpe: anane anyar, kêlakone wis kadhisikan ngadam.

Dene baka iku karêpe: ora ngadam kang nungka ing wujud.

Dene turuwul ngadam mau (sirna) iku karêpe: têtêping ngadam kang nungka ing wujud.

Dene tandhingane iya lan ora iku diarani tanakul, têgêse: nakil-tinakilan.

4. Diarani: mumasalatu lil kawadis, têgêse: padaa karo kang anyar, iku mokhal ing Allah, kaya upamane Allah iku jirim, têgêse: upama sariraning Allah iku manggon (ngêsuk hawa) utawa upama Allah iku ngaral (sifat anyar) kang dumunung ing jirim, utawa kaprênah ana ngarêp burining jisim, utawa kiwa têngêne, utawa upama Allah iku ngagêm sifating barang kang anyar, kaya ta: gêdhe cilik, utawa upama samubarang kang ditindakake ing Allah

--- 107 ---

iku mawa pamrih. Kabèh iku ewone padha karo kang anyar, mulane iku kabèh mokhal ing Allah.

Mumasalatu lil kawadis, iku nakiling mukhalafatu lil kawadis, awit têmbung mumasalah têgêse: padha-pinadhan, iya iku sifating awak kang padha, sanadyan sifat iku wajib utawa mokhal utawa wênang.

Dene mukhalafah iku têgêse: beda-binedan, iya iku ora padha-pinadhan, dene tandhingane iya lan ora iku tandhinganing nakil loro.

Dene têmbung khawadis, iku jamake: meervoud. Têmbung khadis kang têgêse anyar, dene karêpe têmbung khadis mau kang lagi tinêmu ana sawuse ora ana, iya iku kang ditêmbungake ngalam.

Ngalam iku kêna diringkês dadi perangan loro, 1. diarani johar, têgêse: awak, 2. diarani ngaral, têgêse: kaanan kang dumung ing awak. Cêkake ngalam iku kabèh jirim, iya iku samubarang kang ngêbaki panggonan, kaya ta: watu, kayu lan kewan sapanunggalane. Sèwu mokhal yèn Allah iku jirim kang sarirane manggon kaya jirim-jirim iku, Gusti Allah Maha Suci yèn mangkonoa.

Mangkono manèh mokhal yèn Allah iku ngaral kang dumunung [dumu...]

--- 108 ---

[...nung] ing jirim, satêmêne kang diarani ngaral iku sarupaning sifat kang anyar, kaya ta: putih, abang, irêng, kuning lan warna liya-liyane, lan kaya obah lan mênêng.

Mangkono manèh mokhal yèn Allah iku padha bae karo sakèhe kang anyar, kaya ta: kagungan prênah, ana sangisor utawa sadhuwuring jirim, sarta ana ing kiwa têngêne tuwin ana ing ngarêp burine. Awit yèn kagungan prênah mêsthi iya manggon.

Mangkono manèh mokhal yèn sariraning Allah iku ana sisihe, kaya ta: sisih ngisor dhuwur, kiwa têngên sapanunggalane, awit sisih iku kalêbu katamtuaning jirim, amarga sisih dhuwur iku bubuhaning êndhas, sisih ngisor bubuhaning sikil, têngên bubuhane awaking jirim kang têngên, kiwa bubuhane awaking jirim kang kiwa, ngarêp bubuhaning wêtêng, dhadha lan rai, ing buri bubuhaning gêgêr lan githok.

Apadene Allah iku mokhal yèn kadunungana sifat cilik utawa gêdhe, kaya ta: cilike samene, gêdhene samono, awit têgêse cilik iku barang kang sathithik perangane, dene têgêse gêdhe iku barang kang akèh perangane.

Lan manèh Allah iku mokhal yèn samubarang kang ditindakake [ditindaka...]

--- 109 ---

[...ke] mawa pamrih, ewadene samubarang kang ditindakake ora sêpi saka khikmah, khikmah mau ana kang kasumurupan ing manungsa sawatara, lan ana kang ora kasumurupan, khikmah iku têmbung Arab, têgêse: sabab kang kaluhuran. Samubarang kang ditindakake dening Allah kabèh sarana wasesa, mangkono mau mung saka kasampurnaning Allah, awit Allah iku nindakake sakarsa-karsane piyambak, tur ora butuh apa-apa marang titah iki kabèh.

Kajaba iku Allah mokhal yèn oraa jumênêng kalawan sarirane piyambak, kaya upamane Allah iku sifat kang dumunung ing awak, utawa butuh marang kang namtokake, iku mokhal ing Allah, iya iku nakile sifat kiyamuhu binafsih.

Kajaba iku Allah mokhal yèn oraa sawiji, kaya upamane sariraning Allah iku ana pêperangane, utawa ana barang kang awake madhani sariraning Allah, utawa kang sifate madhani sifating Allah, lan mokhal uga yèn pandamêling Allah iku kaworan panggawening titah kang nglabêti.

Iki nakiling sifat salbiyah kang kari dhewe. Dene kang aran ana pêperangane iku têgêse kumpulane awak [a...]

--- 110 ---

[...wak] loro utawa luwih: dadi siji, iku banjur nganakake perangan, iya iku kang diarani kamutasil, kaya kang wis kasêbut ngarêp. Mangkono manèh upama ana awak kang madhani sariraning Allah, iya iku kang diarani kamunfasil ing dat, kang wis kasêbut ing ngarêp. Mangkono manèh mokhal yèn anaa titah kang duwe sifat madhani sifating Allah.

Têgêse madhani mangkene: kaya ta: yèn ana titah duwe sifat kudrat, têgêse: kuwasa kang padha karo kuwasaning Allah, bisa nganakake barang kang maune ora ana, iku mokhal. Dene yèn mung padha jênênge bae ora mokhal, kaya ta: Allah iku kuwasa, manungsa iya uga duwe kuwasa, iya sakuwasa-kuwasane, ora padha karo kuwasaning Allah, mung padha jênêng kuwasa bae, tur kuwasane mau iya dudu kuwasane dhewe, nyatane kuwasaning Allah, manungsa mung sadarma dadi warana bae. Ewadene kalumrahaning wong iya wis tumindak ngarani: Si Suta iku kuwasa gawe dêmang, têtêmbungan mangkono mau ora andadèkake kaluputane kang calathu, anggêre aja nganggêp yèn kuwasane gawe dêmang Suta iku kuwasane dhewe. Mulane sawiji-wijining wong mukalaf wajib kudu nyumurupi wijang-wijange sipating Allah kang wajib lan kang mokhal, tuwin kang wênang, supaya aja nganti luput panganggêpe.

--- 111 ---

Dene kang mokhal iku yèn ana titah duwe kuwasa padha karo kuwasaning Allah, bisa nganakake barang kang durung ana. Utawa ana titah duwe kawruh kang amumpuni samubarang kang kinawruhan sapêpadhane sifat agêming Allah.

Dene kang wis tak pratelakake mokhal yèn anaa panggawening titah mowori panggawening Allah kang nganti ana labête, iku kalêbu kamunfasil tumrap pandamêling Allah, kang wis kasêbut ing ngarêp, têtelane mangkene: samubarang sabab kang băngsa ngadat iku ênggone ambarêngi kuwasaning Allah ora duwe labêt apa-apa, kaya ta: gêni iku ora duwe labêt anggosongake, pêpanganan iya ora duwe labêt marêgi, lading ora duwe labêt natoni, nanging anane gêni anggosongake sapanunggalane mau mung bêbarêngan karo êmpaning sifat kudrat kuwasaning Allah bae. Upama gêni iku duwea labêt anggosongi sapanunggalane mau, dadi pandamêling Allah iku ora siji, isih ana kang madhani, kang mangkono iku mokhal.

Sing sapa nganggêp yèn ana sawênèhing sabab kang băngsa ngadat duwe labêt mung saka ing watêk utawa saka awake dhewe, iku wis ora sumêlang manèh yèn wong iku têtêp kapir. Nanging sing sapa nganggêp yèn sabab kang băngsa ngadat iku anyar, ora

--- 112 ---

duwe labêt kang saka watêke, dene ananing labêt iku amarga Gusti Allah nitahake kakuwatan dumunung ing kono, amarga saka kakuwatan iku mulane sabab kang băngsa ngadat mau ana labête. Wong kang duwe panganggêp mangkono têtêp aran wong fasèk, têgêse: duraka. Dene prakara kafir lan orane ana kaole loro, kang siji ngarani: kapir, sijine ngarani ora kafir. Kang unggul kang ngarani ora kafir. Padhane kang mangkono mau: wong kang nganggêp yèn panggawening titah iku nglabêti amarga diparingi kuwasa dening Allah dumunung ing awaking titah mau.

Dene sing sapa nganggêp yèn sarupaning sabab kang băngsa ngadat iku anyar, ora duwe labêt kang saka ing watêk, lan ora marga dening ana kakuwatan kang tinitahake dening Allah dumunung ing kono, mung kang nglabêti iku kuwasaning Allah piyambak, nanging sabab mau ora kêna pisah karo kuwasaning Allah kang dibarêngi, sarta wis tinêtêpake ing akal, ora bisa cidra salawas-lawase. Wong kang mangkono mau têtêp wong bodho, ora wêruh sajatining khukum ngadat, panganggêp kang mangkono mau têrkadhang bisa andadèkake kafir. Kaya ta: yèn banjur maido bakal uripe wong kang wis padha mati, awit iku kalêbu sulaya karo ngadat. Lan kaya

--- 113 ---

ta: yèn banjur maido mukjijating para nabi, iku kabèh andadèkake kafir.

Dene sing sapa nganggêp yèn samubarang sabab kang băngsa ngadat iku anyar, ora duwe labêt apa-apa mung saka ing watêk, lan ora marga ana kêkuwatan kang tinitahake dening Allah dumunung ing sabab mau, malah nganggêp ananing labêt mau bisa cidra, kaya ta: wong mangan ora bisa warêg, ngombe ora bisa sêgêr, nanging kang nyababi ananing labêt iku mung Allah piyambak, wong kang mangkono mau têtêp aran wong mukmin kang slamêt saka ing karusakan, lan olèh sih kanugrahaning Allah.

__________

Iki wiwit amijangake sifat kang mokhal ing Allah, golongan lhiding sifat mangani pêpitu.

Kang sapisan: lhiding sifat kudrat (kuwasa), iya iku apês. Sifat apês iku mokhal ing Allah. Kang diarani apês iku ora bisa nganakake barang kang kêna anane, utawa ora bisa nyirnakake barang kang bisa sirna. Panêmune wong ahli suni, apês iku kagolong sifat kang băngsa wujud, kang dadi lhide sifat kudrat.

Panêmune wong ahli suni ênggone ngarani yèn apês iku prakara kang băngsa wujud, iku nêtêpake yèn apês [apê...]

--- 114 ---

[...s] iku kêna didêlêng, sanadyan ora kaya pandêlêngku marang rupa abang utawa putih. Para ahli suni ênggone gawe katêrangan tumraping barang kang katon iki mangkene: wong jompo karo wong ora bisa ngadêg iku karo-karone padha apês, ora bisa nglakoni ngadêg, ewadene kang ora bisa ngadêg iku ora duwe kajomponan kaya si jompo, iku têtelane yèn sifat apês mau kêna didêlêng, para marsudi kawruh mèh kabèh wêruh sarta nitèni prakara kang mangkono mau.

Panêmune wong muktajilah, sipat apês iku têgêse: ora duwe kuwasa, dadi kagolong prakara kang băngsa ngadam (băngsa ora ana).

Mangkono manèh Gusti Allah mokhal yèn ênggone nganakake jagad utawa isèn-isène iki kalawan kêpêksa, kang satêmêne dudu karsane nganakake jagad mau, utawa mokhal manèh yèn ênggone nganakake jagad iki saking dening kêsupèn, utawa katarik saka sabab, utawa mung saka ing watêk, kabèh iku mokhal ing Allah.

Kang kasêbut iki lhiding sifat iradat, kang mêmpan marang sarupaning mumkin, iya iku diarani sifat karahiyah, têgêse: [têgê...]

--- 115 ---

[...se:] kêpêksa. Dadi mokhal ing Allah yèn nganakna barang isèn-isèning jagad iki kang dudu karsane, sanadyan ênggone nganakake kafir utawa duraka utawa liya-liyane iku iya pancèn wis mangkono karsaning Allah, awit Gusti Allah iku maha luhur bangêt yèn ngantia kêlakon barang kang dudu karsane ana sajroning karatone.

Wong muktajilah acalathu, panêmuku Gusti Allah iku ora pisan ngarsakake barang kang ala utawa nistha, awit sing sapa ngarêpake barang kang ala iku iya têtêp wong ala, lan sing sapa ngarêpake barang kang nistha iku iya têtêp wong nistha, wong ahli suni têka kêndêl têmên nêtêpake ala lan nistha marang Gusti Allah. Lan manèh kêlakoning barang kang ala utawa nistha ana ing jagad iki yèn dhasar wis mangkono karsaning Allah, kang mangkono diancam bakal dipatrapi siksa, wong wis diturut kang dadi karsane têka banjur matrapi siksa jalaran ênggone nurut, iku apa ora têtêp nganiaya, utawa anjalomprongake. Wong ahli suni kêndêl manèh ênggone nêtêpake yèn Allah iku nganiaya utawa anjalomprongake. Mangkono uga Gusti Allah diarani nglarangi marang para kawulane, aja nganti nglakoni kang dadi karsane, sarta parentah marang para kawulane, supaya padha nglakonana barang kang

--- 116 ---

dudu karsane, yèn nyata mangkono, Allah iku apa ora têtêp bodho utawa kêblingêr. Wong ahli suni kêndêl manèh dene wani nêtêpake bodho lan kêblingêr marang Gusti Allah.

Wong ahli suni mangsuli: wong muktajilah pintêr têmên ngêmpakake têtêmbungane ênggone nyulap panêmu kang luput katone bênêr, wong kang durung sampurna akale mêsthi gampang bangêt kèlu dening mêmanising têtêmbungane, aku mung mangsuli sathithik marang panyaruwene wong muktajilah mau, mangkene:

Aran nistha lan bodho mau mung tumrap marang para kawula bae, ora bisa tumrap marang Allah, samubarang kang ditindakake utawa dikarsakake ora kêna disuwuni pirsa: sabab punapa têka kados makatên ingkang tuwan tindakakên. Dene ênggone andhawuhake parentah utawa ngundhangake larangan, iku dhasar ana wadine akèh kang ora disumurupi ing para kawulane, ana sawatara kang disumurupi ing kawula sarana digagas utawa dirasak-rasakake, iya iku mung diênggo anggêlarake supaya kawulane padha sumurupa nyatane sapa kang sumungkêm ngèstokake parentah lan sapa kang balela ambalèkake parentah, dadi bakal tumibaning ganjaran, utawa patrapan ora nyimpang saka ngadil, lan manèh kang aran panganiaya iku nindakake kang dudu [du...]

--- 117 ---

[...du] bênêre marang darbèking liyan, nanging sarèhning Gusti Allah nindakake sakarsane tumrap kagungane piyambak, iku ora aran nganiaya.

Pangucape utawa panêmune wong muktajilah mau kabèh luput, awit ngarani yèn barang kang kêlakon ana ing jagad iki akèh kang dudu karsaning Allah, dadi nêtêpake yèn sajrone karatoning Allah iki bisa kêlakon barang kang dudu karsaning Allah.

Awit saka iku wong ahli suni agawe pakumpulan sarta ngundang pujanggane wong muktajilah, barêng pujăngga muktajilah mau têka sarta wis linggih, banjur ngucap mangkene: Maha Suci Allah kang kalis saka sarupaning ala. Wong ahli suni banjur ngucap mangkene: Maha Suci Allah kang sajroning karatone ora bisa kalakon barang kang dudu karsane. Pujăngga muktajilah nuli takon: Pangeranku apa karsa didurakani. Pujăngga ahli suni mangsuli: apa Pangeranku ênggone didurakani ing wong iku pêksan. Pujăngga muktajilah calathu: upama Allah mêpêt ora nuduhake bêcik marang aku, nanging aku dipêsthi dadi ala, kapriye panêmumu, Allah iku ambêciki apa ngalani marang aku. Pujăngga ahli suni mangsuli: yèn kang dipêpêt iku duwèkmu, têtêp Allah iku ngalani [nga...]

--- 118 ---

[...lani] ing kowe, nanging yèn kang dipêpêt mau kagunganing Allah piyambak, Allah iya ora aran ngalani marang kowe, awit Gusti Allah namtokake rahmate tumrap marang para kawulane, êndi kang dadi karsane. Iku wis wêwênanging Allah. Pujăngga muktajilah nuli lunga tanpa pamit.

Sèh Sanusi ênggone nêgêsi nakiling sifat iradat kang aran: sifat karahiyah, iku ditêgêsi ora karsa, mulane ditêgêsi mangkono, supaya anjabakake prakara kang mêkruh ing sarak, têgêse: mêkruh iku rada digêthingi. Mulane mêkruh ing sarak mau pêrlu kudu dijabakake, awit kêna uga prakara kang mêkruh ing sarak iku dikarsakake ing Allah, malah sanadyan prakara kang kharam pisan, iku ora bisa kêlakon yèn ora kalawan karsaning Allah, awit parentahing Allah durung mêsthi yèn dadi karsane utawa ora, kosokbaline karsaning Allah iya durung mêsthi yèn dikarsakake utawa ora. Mangkono iku panêmune para ahli suni. Dadi kancuhaning karsa karo parentah iku ing têmbung Arab diarani: ngumum khusus wajêhi.[18]

--- 119 ---

Karsaning Allah iku têrkadhang iya uga parentahe, kaya ta: kêlakone imane para nabi lan para malaikat. Têrkadhang Allah ora ngarsakake sarta ora marentahake, kaya ta: kafire para nabi lan para malaikat, mulane iya ora kêlakon. Têrkadhang Allah iku marentahake nanging ora ngarsakake, iya uga ora kêlakon, kaya ta: imane wong kang wis diuningani dening Allah yèn ora iman, kaya ta: imane Abu Jahal (ingkang paman Kangjêng Nabi Mukhamad) sapanunggalane, awit Abu Jahal mau wis diparentahi dening Allah lantaran Kangjêng Nabi Mukhamad, didhawuhi iman, nanging Allah ora ngarsakake imane, mulane iya ora kêlakon, Abu Jahal tansah puguh pamaidone marang Kangjêng Nabi Mukhamad. Têrkadhang Allah iku ngarsakake nanging ora marentahake, kaya ta: kêlakone samubarang laranganing Allah (kharam, mêkruh) utawa samubarang kang wênang, têgêse: kang kêna dilakoni, ora ana êbang-êbangane ganjaran utawa pangancaming [panga...]

--- 120 ---

[...ncaming] siksa. Kabèh mau mulane kalêksanan, iya pancèn dikarsakake dening Allah nanging ora diparentahake.

Mêngkono manèh mokhal yèn kang ditindakake dening Allah iku ênggone nindakake saka ing bêndana utawa kêsupèn, utawa kêpêksa dening sabab, utawa mung saka ing watêk, awit kabèh iku ora mawa karsa.

Têgêse: kang kalêbu mokhaling Allah iku nitahake barang utawa namtokake kaanane sarana kêpêksa sawijining sabab, kaya ta: obahing ali-ali kêsababan dening obahing dariji, Gusti Allah ênggone ngobahake ali-ali kang diênggo ing dariji, ora kêpêksa dening obahing dariji, mokhal yèn mangkonoa, panêmune wong ahli suni Allah namtokake obahing dariji barêng lan obahing ali-ali.

Dene upamane kang mung saka ing watêk, kaya ta: Gusti Allah ênggone namtokake kobonging krêtas marga gêpokan lan gêni, awit gêni iku watêke ngobong, utawa Gusti Allah iku wis watêke mangkono, yèn ana barang garing gêpokan karo gêni, gêni iku banjur ngobong barang kang garing mau. Kang mangkono mau mokhal ing Allah, panêmune

--- 121 ---

wong ahli suni, Gusti Allah namtokake kobonging krêtas abêbarêngan karo panggêpoking gêni marang krêtas mau, dene kang namtokake panggêpoking gêni marang krêtas mau iya uga Gusti Allah.

Mulane: 1. bêndana, 2. kêsupèn, 3. kêsababan, 4. kêwatêk, patang prakara iku tumrap êmpaning sipat iradating Allah: mokhal, awit anane patang prakara iku nêtêpake tanpa karsa, dadi nyirnakake sipat iradat, wijange mangkene: bêndana lan kêsupèn iku loro pisan nêtêpake tanpa kawruh, awit wong kang nglakoni bêndanane iku tanpa sêja lan ora krasa, apadene wong kêlalèn iku iya uga tanpa sêja, kêlakone barang kang dilakoni iku ora kajarag, têrkadhang malah ana kang nganti kaduwung, kang mangkono mau têtela tanpa karsa.

Dene kêsababan lan kêwatêk, iku loro pisan nêtêpake kidaming alam (kidam iku ora anyar), awit yèn kang dadi sabab iku Allah, dadi sababe iku kadim, yèn sababe kadim, kang disababi iya mêsthi kadim, sarèhning kang disababi iku titah, dadi titah iku têtêp kadim, ora anyar. Kang măngka ngalam iki wis têtêp [tê...]

--- 122 ---

[...têp] anyare kalawan tăndha yêkti, mulane kasababan iku iya mokhal, mangkono uga yèn ngalam utawa titah iku kadim, dadi ora susah dianakake utawa ditamtokake apa kaanane, awit wis mêsthi ana lan wis mêsthi kaanane kawêngku ing sarirane piyambak. Kang măngka kaananing titah wis kasumurupan ing akèh ora bisa namtokake kaanane dhewe, dadi wis têtela titah iku anyar, ora kadim, saiki têtela kasababan mau mokhal.

Mangkono manèh kang kawatêk iku iya nêtêpake yèn ngalam iku kadim, awit yèn kang duwe watêk iku kadim, watêke iya kadim, yèn watêke kadim, kang disababi sarana watêk iku iya kadim, kang măngka kang disababi iku titah, dadi titah iku iya kadim, kang mangkono iku mokhal manèh, kaya ing ngarêp mau.

Mangkono manèh Allah iku mokhal bodhoa, têgêse: ora sumêrêp marang sadhengah kang kêna disumurupi. Lan mokhal tuli, mokhal wuta lan mokhal bisu.

Sifat mokhaling Allah patang prakara kang kasêbut ing dhuwur iki lhiding têtimbangane. Bodho iku lhiding sifat ngilmu, iya iku panêmune wong ahli suni, lan ana uga kang

--- 123 ---

kalêbu ewoning bodho, kaya ta: sêmang, nyana, cipta, awit kabèh iku ora nêrangake barang kang kasumurupan kalawan sanyatane.

Bodho iku ana rong prakara, siji bodho lămba, sijine bodho rangkêp, karo pisan mokhal ing Allah.

Kang diarani bodho lămba iku bodho mung saprakara, kaya ta: ora wêruh marang Si Suta, ora wêruh macan sapanunggalane, dene bodho rangkêp iku bodho kang luwih saka saprakara, kaya ta: wêruh yèn Si Suta iku ngadêg, kang măngka sanyatane ora ngadêg, mulane diarani bodho rangkêp, awit iku bodho rong prakara, kang sapisan, ora wêruh marang ora ngadêge Si Suta, kaping pindho ora wêruh marang bodhone dhewe, awit rumasane ora bodho.

Mangkono uga kawruh kang aran ngilmu laruri utawa badihi lan ngilmu nalari[19] iku iya mokhal ing Allah.

Têmbung laruri iku duwe têgês bangsaning malarat, utawa

--- 124 ---

pakewuh, mulane ngilmu laruri iku duwe têgês kawruh, kang dibarêngi ing malarat utawa pakewuh, kaya ta: kawruh kang thukule sarana dipêksa utawa diwêwêdèni, kaya ta: kawruhe bocah sinau kang sarana dipêksa utawa diwêwêdèni, nganti dadi pintêr.

Ngilmu laruri uga duwe têgês kawruh kang ora magêpokan êmpaning kudrat (kuwasa) kang anyar, kaya ta: kawruh kang têkane sarana ngagètake utawa dadakan, tanpa disêja, upamane wong ngêlèkake matane dumadakan banjur wêruh Si Suta, kang mangkono iku kuwasane wong mau ora mêmpan marang ananing kawruh marang Si Suta mau.

Ngilmu laruri uga duwe têgês kawruh kang tumancêbe ing ati tanpa ngêmpakake pamikir utawa nganakake tăndha yêkti.

Kawruh laruri kang kasêbut mau kabèh mokhal ing Allah, awit kabèh mau ewoning kawruh kang anyar, amarga kabèh mau mêsthi kadhisikan ing bodho.

Dene ngilmu nalari iku mulane mokhal ing Allah awit iya namtokake kadhisikan ing bodho.

Lan manèh Allah iku mokhal seda, dene seda iku lhiding gêsang.

--- 125 ---

Tuli iku iya mokhal ing Allah, tuli mau lhiding miyarsa.

Mulane wong ahli suni padha duwe panêmu yèn sifat mokhal kang kasêbut ing dhuwur mau lhiding têtimbangane, awit samăngsa kadunungan salah sijining sifat kang mokhal kang kasêbut ing dhuwur mau, mêsthi têtimbangane ora bisa dumunung, kaya ta: yèn wong kadunungan sifat mati, mêsthi sifat urip ora bisa dumunung ing wong mau, mangkono sapanunggalane.

Sarèhne lhiding sifat mangani pêpitu wis kapratelakake kalawan wijang, saiki lhiding sifat maknawiyah pêpitu wis ora susah diwijangake, amarga wis têtela saka lhiding sifat mangani pêpitu mau. Upamane kowe wis ngêrti kalawan têrang, yèn lhiding sifat kudrat (kuwasa) iku apês, ora bisa nganakake barang kang pancèn kêna anane, mêsthi kowe têrang uga yèn lhiding sifat: kaunuhu kadiran (anane Allah iku kuwasa nganakake barang kang kêna anane) iku iya kaunuhu ngajizan, têgêse: anane Allah iku apês, ora bisa nganakake barang kang kêna anane.

Mangkono uga yèn kowe wis têrang yèn lhiding sifat iradat (karsa) iku kêpêksa, mêsthi kowe iya têrang uga yèn lhiding sifat, kaunuhu muridan (anane Allah iku [i...]

--- 126 ---

[...ku] karsa) iku: kaunuhu karihan, têgêse: anane Allah iku kêpêksa, mangkono sapanunggalane.

__________

Dene sifat kang wênang mungguhing Allah iku, nindakake gawe mumkin, utawa ora gawe mumkin.

Angganjar wong ngabêkti, niksa wong duraka iku iya kalêbu mumkin, iya wêwênanging Allah.

Mangkono uga agawe bêcik, utawa agawe kang luwih bêcik, utawa agawe kang bêcik dhewe, tumrap marang para titah, iku iya kalêbu wêwênanging Allah.

Apadene para titah ênggone kalilan padha andêlêng marang sariraning Allah besuk ana ing akhirat, iku ya prakara kang wênang.

Kang kasêbut mau kabèh ora wajib ing Allah lan iya ora mokhal, balik kêlakone lan ora kêlakone iku padha wêwênanging Allah.

Pakumpulan muktajilah panêmune wis golong padha ngarani yèn Allah iku wajib nindakake samubarang kang bêcik utawa kang luwih dening bêcik, utawa kang bêcik dhewe tumrap marang para titahe, awit sing sapa nindakake barang kang ala utawa kurang bêcik, iku têtêp aran wong ala utawa wong kurang [ku...]

--- 127 ---

[...rang] bêcik, dadi saupama Allah nindakake barang kang ala iya têtêp Allah iku ala, mangkono iku mokhal, mulane upama Allah iku nindakake barang kang kurang bêcik, iya têtêp Allah iku kurang bêcik, iku iya mokal.

Mangkono manèh Allah iku wajib angganjar wong kang padha ngabêkti ing sarirane, sarta niksa wong kang padha duraka, awit saupama kalêksanan Allah niksa wong kang ngabêkti utawa angganjar wong kang duraka aran ora ngadil, têtêp aran nganiaya, iku mokhal ing Allah.

Nanging panêmune wong ahli suni, Allah ênggone nindakake barang kang bêcik utawa kang luwih bêcik, utawa kang bêcik dhewe, iku mung wênang bae, ora wajib, awit saupama Allah wajib nindakake barang kang bêcik mau, dadi Allah iku dipêksa nindakake barang kang dudu karsane, iku mokhal bangêt, lan manèh wis dipratelakake ing ngarêp, samubarang kang kêlakon iku mungguh Allah piyambak bêcik kabèh, dene ana kang diarani ala iku kang ngarani manungsa, amarga ora sumurup wadine.

Dene prakara angganjar wong duraka utawa niksa wong ngabêkti iku tumraping Allah ora aran panganiaya, isih têtêp ngadile, awit si duraka kang diganjar utawa

--- 128 ---

si ngabêkti kang disiksa iku kagungane piyambak. Samubarang iki ora ana kang dudu kagunganing Allah, kang kagungan iku mêsthi ora wajib apa-apa marang kagungane, nanging wênang nindakake sakarsa-karsane. Saupama Allah diwajibake, dadi ênggone nindakake ora kêna sakarsa-karsane piyambak, kang mangkono mau iya aran kêpêksa, iku mokhal ing Allah.

Pakumpulan muktajilah ana kang aran pakumpulan barahimah, kang dadi panggêdhene aran pujăngga Barham, wong băngsa Indi, uga nganggo wêwaton ngakal, êndi kang dibêcikake ing akal iya iku bêcik, êndi kang dialakake ing akal iya iku ala, sanadyan dicondhongi ing sarake kangjêng rasul utawa ora, ora dadi apa.

Wong barahimah padha ngarani ala ambêlèh khewan, awit iku ewone paniksa. Lan ngarani sêmbahyang iku ala, awit nganggo nyèlèhake bathuk ana ing lêmah nalikane sujud, kang măngka bathuk iku peranganing awak kang mulya lan aji dhewe, sarta nganggo anjênthitake bokong mandhuwur ngungkuli êndhas, kang măngka bokong mau peranganing awak kang asor.

Wong barahimah uga padha ngênakake jina karo wong

--- 129 ---

wadon kang tanpa bojo sarta ora dikuwasani ing sanak sadulure, awit ora andadèkake saksêrike sapadha-padhaning tumitah, malah agawe lêganing atine sapadha-padha, sarta sih-sinihan, dadi wong barahimah iku padha-padha wong muktajilah têtêp aran kafir, awit wis jaragan ênggone selak marang parentahe kangjêng rasul.

Wêwênanging Allah ngutus para rasul iku diselaki marang wong barahimah, panêmune wis golong ngarani Allah iku mokhal ngutus para rasul, awit tanpa gawe, tanpa paidah. Sarupaning manungsa wis padha digadhuhi ngakal, samubarang kang digêlarake dening para rasul ênggone ambedakake ala lan bêcik, ngakaling manungsa wis bisa ngrampungi, ora susah diwulang ing para rasul, malah ana prakara sawatara kang diparentahake ing para rasul kang kêliru, tandhane ngakaling manungsa ora condhong. Sarèhning Allah iku wicaksana, mulane mokhal yèn nindakna kang tanpa gawe, dadi para rasul ênggone padha ngaku dadi utusaning Allah iku ora yêkti.

Wong muktajilah padha mokhalake wong bisa andêlêng sariraning Allah, awit panêmune wong muktajilah, pandêlêng iku dadi saka tangining sorot kang mêtu saka ing mata, nuli gathuk karo barang kang didêlêng, samubarang kang didêlêng mêsthi rupane kêcithak [kêcitha...]

--- 130 ---

[...k] ana thêlênging matane kang andêlêng, dadi samubarang kang didêlêng iku wis mêsthi jisim kang mawa rupa lan mawa wangun, kang măngka Allah iku dudu jisim, ora warna ora rupa ora arah ora ênggon, mulane mokhal yèn manungsa bisa andêlêng Allah. Lan manèh pandêlêng iku ana tujune, samubarang kang didêlêng ing manungsa mêsthi ana ngarêping mata, dadi ana prênahe, padha bae karo jirim, utawa iya pancèn jirim, iku mokhal. Sarupaning para nabi lan para wali kang padha dicaritakake wong ahli suni padha andêlêng sariraning Allah, sarèhning carita mau mokhal, mulane ora kêna dipracaya.

Wangsulane wong ahli suni mangkene: kang dijèrèng wong muktajilah ing dhuwur mau kabèh dudu sarat sahing pandêlêng, satêmêne kang diarani pandêlêng iku sawijining kêkuwatan kang tinitahake ing Allah tumrap ana pêperanganing mata, dudu tumandanging soroting mata kang gathuk karo kang didêlêng, nganti wong muktajilah mokhalake yèn Allah iku kêna didêlêng, yèn calathune wong muktajilah mau bênêra, sarupane wong kang andêlêng iku rak mung bisa wêruh sajêmbaring matane bae, kang măngka sapa bae kang andêlêng mêsthi wêruh tikêl pirang-pirang tinimbang lan ambaning matane, malah kêna ditamtokake ora ana wong bisa ngarani ing ngêndi tumanduke soroting

--- 131 ---

mata kang gathuk karo perangane barang kang didêlêng. Saiki têtela ora ana alangane apa-apa manungsa andêlêng sariraning Allah, kalawan pandêlêng kang mantêsi ing kaluhuraning Allah, ora kaya andêlêng jirim kang ana prênahe lan ana panggonane. Awit Allah iku wis mêsthi ana, dene samubarang kang ana iku mêsthi kêna didêlêng kalawan pandêlêng, dene ananing pandêlêng kudu gathuk karo kang didêlêng, kudu ana prênahe, lan kudu ora kêcêdhakên utawa kadohên karo matane kang andêlêng iku prakara adat, dene prakara adat iku kêna cidra utawa sulaya.

Prakara andêlêng sariraning Allah mungguhing wong ahli kawruh khak (nyata) iku tanpa prênah lan tanpa timbangan, nanging kang mêsthi mung jumênêng kalawan sarirane piyambak, sarta pandêlêng mau dudu tumandanging sorot kang mêtu saka ing mata. Sanadyan kêcêdhakên utawa kadohên, apadene kaling-alingan barang wadhag, iku ora dadi alangan andêlêng sariraning Allah. Iya iku kang wis dipacak dening Sèh Sanusi ana sawênèhing kitab anggitane. Lan manèh besuk ana ing akhirat, ora sadhengah wong bisa andêlêng sariraning Allah, dene kang bisa andêlêng katamtokake mung para manungsa lan para jin kang padha mukmin (pracaya) tur kang padha ana akale, apadene [a...]

--- 132 ---

[...padene] para malaikat, dene kang ora ana akale kaya ta: sarupaning khewan, iku kabèh ora bisa andêlêng sariraning Allah, sanadyan ana uga kang munggah ing suwarga kaya ta: macan kang tinarka mangan Nabi Yusup, untane Nabi Salèh, ratuning sêmut kang ngurmati Nabi Suleman lan liya-liyane, nanging iya ora bisa andêlêng sariraning Allah. Mangkono manèh para wong kafir, panêmune para ngulama kang ora ahli supi, wong kafir mau besuk ana ing akhirat ora bisa andêlêng sariraning Allah. Dene wong munafèk, têgêse: wong kang laire Islam, nanging batine kafir, iku iya ora bisa andêlêng sariraning Allah. Ewadene Sèh Kartubi ngandika mangkene: sadhengah manungsa besuk ana ing akhirat nalikane ana ing maukif (palerenan nalika arêp dipariksa ala bêcike), padha andêlêng sariraning Pangeran sadhela, sawise iku nuli samiring warana tinangkêp, dadi ora lêstari salawase ênggone andêlêng sariraning Allah, ewadene sadurunge maukif, para manungsa sabên dina Jumungah utawa dina riyaya, padha kalilan andêlêng sariraning Allah, nganti tumêka mangsane para wong kang bisa munggah ing suwarga wis kêbut padha munggah ing suwarga, ana ing suwarga wong mau lêstari salawase padha andêlêng sariraning Allah,

--- 133 ---

tumrape wong ahli suwarga mau ora ana kabungahan kang ngungkuli utawa madhani bungahe andêlêng sariraning Allah.

__________

Tăndha yêktine yèn Allah iku wujud (ana) iku kudu ditêrangake mangkene:

Ngalam iku anyar, sarèhning ngalam iku anyar, saupama ora ana kang nganyarake (kang nganakake) nanging anyar karêpe dhewe (ana karêpe dhewe) mêsthi ana salah sawijining prakara loro kang padha, madhani sarta ngungkuli ing sijine tanpa sabab, kang mangkono iku mokhal.

Dene tandhane yèn ngalam iku anyar amarga wis mêsthi katêtêpan ing sifat anyar, kaya ta: obah, mênêng sapêpadhane. Samubarang kang katêtêpan ing sifat anyar iku iya anyar uga.

Obah lan mênêng sapanunggalane iku diarani ngaral, têgêse: owah. Dene tandhane yèn ngaral iku anyar, amarga wis katon ing sabên dina ênggone tansah owah, maune ora ana saiki banjur ana, utawa maune ana saiki sirna, iku dadi tăndha yêkti.

Tăndha yêktine ananing Allah kang diênggo ing para pujăngga ahli usul, manut pathokaning kawruh mantig, kudu [ku...]

--- 134 ---

[...du] nganakake kiyas, têgêse: têpa, ukur, urus. Dene oreyaning kiyas mau mangkene: ngalam iku katêtêpan sifat anyar, samubarang kang katêtêpan sifat anyar iya anyar uga, dadi ngalam iku anyar. Sarèhning ngalam iku anyar, samubarang kang anyar iku mêsthi ana kang nganyarake, dadi ngalam iku mêsthi ana kang nganyarake (kang gawe).

Têtelane mangkene: sarèhning ngalam iku têtêp anyar, dadi kudu ana kang gawe, saupama ngalam iku ana karêpe dhewe tanpa digawe ing sapa-sapa, mêsthi ana salah sijining prakara loro kang padha, tur kang siji ngungkuli ing sijine tanpa sabab, kang mangkono iku mokhal ing ngakal, dadi ngalam iku mokhal yèn dadia karêpe dhewe, tanpa ana kang gawe, dadi mêsthi ana kang gawe, iya iku Allah.

Anane salah sijining prakara loro kang padha tur kang siji ngungkuli ing sijine, iku kalêbu kumpuling nakil loro, mulane iku mokhal ing ngakal, elinga, kang diarani nakil iku barang loro kang ora bisa kumpul sarta ora bisa sirna kabèh, kudu nganggo salah sijine, kaya ta: ngadêg lan ora ngadêg. Barang siji ora bisa ngrangkêp [ngrangkê...]

--- 135 ---

[...p] ngadêg karo ora ngadêg, sarta ora bisa nyingkiri ngadêg lan ora ngadêg, nanging salah sijine kudu diênggo, mangkono uga barang loro ora bisa ngrangkêp padha sarta kacèk, sarta ora bisa nyingkiri padha lan kacèk, nanging kudu nganggo salah sijine.

Dene kang diarani prakara loro kang padha kasêbut dadi tăndha yêktine ananing Allah ing dhuwur mau, iya iku ana lan ora ana, rong prakara iku padha mumkin, têgêse: kêna, kang ana kêna banjur ora ana, mangkono uga kang ora ana iya kêna banjur ana. Sarèhning ana lan ora ana mau têtela padha kênane, kang măngka ngalam iki kalêksanan ana, dadi kacèk karo kang ora ana. Iku têtêp aran barang loro ngrangkêp padha karo kacèk, mangkono iku yèn tanpa ana sababe iya mokhal, mêsthi kudu ana sababe, dene kang dadi sababe, iya iku mêsthi ana kang gawe, dene kang gawe iya iku kang aran Allah.

Padhane mangkono iku, kaya ta: cangkoking traju, kang wis padha timbange, jêjêg sêntiling cakrane, kang măngka kang sisih banjur angglewang, iku mokhal yèn tanpa ana sababe kang angglewangake, amarga kêcêmplungan apa-apa.

--- 136 ---

Katêrangan kang kapratelakake ing dhuwur mau, manawa ana lan ora ana iku kaanggêp barang loro kang padha, awit sakarone iku padha kênane, kang ana kêna banjur ora ana, kang ora ana iya kêna banjur ana, dadi kabèh aran mumkin, utawa kang ora ana kêna tulus ora anane lan kêna banjur ana, mangkono uga kang ana iya kêna tulus anane, lan kêna banjur ora ana.

Ana sawênèhing pujăngga ahli suni nganggêp ora ana iku unggul, ngungkuli ana, awit ora ana iku luwih dhisik, barang kang ana iku maune ora ana. Lan manèh ora ana iku ora butuh marang sabab apa-apa, nanging ana iku kudu nganggo sabab kang nganakake, mulane panêmune pujăngga mau ora ana iku unggul, ngungkuli ana.

Nêtêpi panêmune sawênèhing pujăngga mau, saupama ngalam iku ana karêpe dhewe, tanpa dianakake ing sapa-sapa, iku têtêp ngungkulake barang kang kongkulan, iya iku ana, diungkulake marang barang kang ngungkuli iya iku ora ana, ênggone ngungkulake mau tanpa sabab, kang mangkono iku sangsaya santosa mokhale ing akal, tinimbang karo tăndha yêkti kang dhisik mau.

--- 137 ---

Kang diarani burhan (tăndha yêkti) iku kalêbu ewoning pikuwat kang băngsa ngakal, kanggo ngalahake paduning mungsuh, malah burhan iku pikuwat kang santosa dhewe, awit wis mêsthi dironce saka prakara kang yakin, kang akal ora bisa maido.

Sarèhning ing ngarêp wis mratelakake yèn para wong mukalaf padha diwajibake ing sarak ngawruhi samubarang kang wajib ing Allah, têmbunge Ngarab, makrifat, măngka kang aran makrifat iku panêmu kang kukuh tuwuh saka tăndha yêkti, kang tètès karo nyatane. Lan manèh rêroncène sipat rong puluh sapanunggalane kang wus kasêbut ing ngarêp mau tanpa mratelakake tăndha yêkti, kang mangkono iku ora cukup tumrap adêging iman (kapracayan) awit iku aran ila-ilu, mulane saiki disambungi nêrangake tăndha yêktine sipat rong puluh sapanunggalane mau.

Kang sapisan mratelakake tăndha yêktine ananing Allah, dene kang diênggo tăndha yêkti ananing Allah iku ênggone mêtokake ngalam saka ora ana marang ana. Dene kang diarani anyar kang kanggo têtêmbungane wong ahli usul iku: ana sawise ora ana. Dene kang diarani ngalam kang kanggo têtêmbungane wong ahli usul iku: [i...]

--- 138 ---

[...ku:] johar, iya iku samubarang kang tinêmu ana ing jagad.

Kang wis dipratelakake tăndha yêktine anyaring alam iku anyaring aral, upama ngaral iku kalêbu ana sajroning alam, mêsthi tăndha iku tunggal karo kang ditandhani, kang mangkono iku mokhal, dene rêroncèning tăndha yêkti mau mangkene:

Ingatase wong kang ana ngakale ora sumêlang yèn bumi lan langit, lan samubarang kang ana ing antarane bumi lan langit, apadene isèn-isèning bumi lan langit iku kabèh jirim, kang wis mêsthi ora sêpi saka ngaral kang dumunung ing kono, kaya ta: obah utawa mênêng. Dene obah karo mênêng iku loro pisan anyar kabèh, amarga wis katon ênggone owah, maune ana banjur ora ana, lan maune ora ana banjur ana, manawa jirim iku obah nuli mênêng, iku têtela owah obahe, maune ana dadi ora ana, lan uga owah mênênge, maune ora ana dadi ana. Dene yèn jirim iku mênêng nuli obah iku kosokbali. Dene barang kang ora konangan owahe, kaya ta: rêmbulan, iku kang wis kalakon tansah obah, durung ana wong kang wêruh ênggone mênêng, iku kêna owahe, rêmbulan sanadyan ora tau [ta...]

--- 139 ---

[...u] lèrèn, nanging panêmuning akal, iya bisa lèrèn, awit barang kang wis padha katon owahe iki kabèh padhaning rêmbulan, pathokaning akal, samubarang kang wajib tumrap salah sijining barang loro kang padha iku wajib uga tumrap ing sijine, obah utawa mênêng iku ora kêna pisah karo sadhengah jirim, samubarang kang ora kêna pisah iku ora bisa andhisiki, dadi saiki anyaring aral iku wis têtêp kalawan tăndha yêkti, sarèhne mangkono saiki jirim iku wajib anyare, amarga jirim nganggo sipat anyar. Lan manèh sarèhning jirim iku wis têtela anyare, mulane butuh kudu ana kang nganyarake (kang gawe), awit saupama ngalam iku ana karêpe dhewe, tanpa dianakake ing sapa-sapa, mêsthi têtêp kumpule padha lan kacèk, awit ananing alam iki padha karo ora anane, kaanane kang kêlakon padha karo kaanan liya-liyane, sifate kang tumrap padha karo sifat liya-liyane kang ora tumrap, mangsane kang diênggoni padha karo măngsa liya-liyane kang ora diênggoni lan sapêpadhane mumkin kang têtimbangan, kabèh iya padha bae. Saupama ngalam iku ana karêpe dhewe, namtokake dhewe marang anane, utawa marang salah sijining têtimbangan, tanpa ditamtokake [ditamto...]

--- 140 ---

[...kake] ing sapa-sapa, mêsthi kêlakon kumpule barang loro kang akosokbali, iya iku ana madhani ora ana: karêpe dhewe, sarta ana ngungkuli ora ana uga karêpe dhewe, kumpule barang loro kang akosokbali iku mokhal ing akal, mulane ora kêna ora kudu ana kang ngungkulake liyane ngalam. Dene kang ngungkulake iya iku kang aran Allah Kang Maha Agung lan Maha Mulya.

Dene kang diarani barang loro utawa prakara loro kang têtimbangan, iya iku ana lan ora ana, kaanan kang kêlakon lan kaanan liya-liyane kang ora kêlakon, măngsa kang diênggoni lan măngsa liya-liyane kang ora diênggoni lan sapêpadhane, iku kabèh aran mumkin kang têtimbangan.

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku asifat kidam, têgêse: dhisik tanpa kawitan, iku mangkene:

Saupama Gusti Allah iku oraa sifat kidam, mêsthi anyar. Manawa Allah iku anyar mêsthi kudu ana kang nganyarake (kang gawe), yèn kang mangkono iku bênêre, dadi: dor, têgêse: ubêngan, utawa: tasalsul, têgêse: rêrentengan tanpa wêkasan.

Têrange mangkene: ing ngarêp wis ditêrangake kalawan tăndha [tă...]

--- 141 ---

[...ndha] yêkti yèn Allah iku wajib anane, dadi wis têtela yèn Allah iku ana, ora kêna dipaido. Sarèhning Allah iku wis mêsthi anane, dadi iya wis mêsthi asipat kidam (dhisik tanpa kawitan).

Têtêmbungan ing dhuwur iki surasane namtokake barang kang wis mêsthi anane iku ora kêna ora mêsthi dhisik tanpa wêkasan. Ukara kang mangkono mau ora patitis, awit barang kang ana iku kêna kidam, lan kêna anyar. Patitise sawise nêtêpake yèn Allah iku wis mêsthi anane kalawan tăndha yêkti, yèn arêp nêtêpake sifat kidaming Allah kudu nganggo tăndha yêkti manèh.

Mungguh tăndha yêktine yèn Allah iku asifat kidam mangkene: saupama Allah iku ora asifat kidam, mêsthi anyar, dene anyaring Allah iku mokhal, awit yèn Allah iku anyar mêsthi kudu ana kang nganyarake (kang gawe), dene kang gawe iku iya kudu digawe ing liyane, mangkono uga liyan kang gawe iku iya kudu digawe ing liyane manèh, mangkono sabanjure, nganti tanpa wêkasan, kang mangkono iku diarani tasalsul, têgêse: rêrentengan tanpa wêkasan. Dene rêrentengan kang tanpa wêkasan iku mokhal anane (mokhal wujude), awit [a...]

--- 142 ---

[...wit] bakal ora nganggêp ananing Pangeran. Kang măngka ing ngarêp wis ditêrangake kalawan tăndha yêkti yèn Allah iku ana têmênan, nganti ora kêna dipaido. Lan manèh mokhal bangêt yèn ananing Allah iku gumantung marang ananing pangeran-pangeran sadurunge Allah kang rêrentengan tanpa wêkasan, kang măngka ananing barang kang tanpa wêkasan iku mokhal. Barang kang gumantung marang barang kang mokhal iku iya mokhal uga. Awit saka iku ênggonku ana iki iya mokhal uga, amarga anaku iki gumantung marang ananing Pangeran kang gawe awakku, kang wis têtêp mokhale.

Sarèhning barang rêrentengan kang tanpa wêkasan iku mokhal anane, dadi kudu andhok ana ing wujud siji, ing ngêndi ênggone andhok, iya iku Allah kang asifat kidam.

Dene yèn rêrentengan mau ora tanpa wêkasan, nanging andhok ing barang kang ora ana, dadi kudu bali marang barang kang dhisik, iku diarani: dor, têgêse: ubêngan, iku iya mokhal manèh.

Upamaning dor iku mangkene: jagad iki gaweane Si Dhadhap, dene Si Dhadhap iku gaweane Si Waru, Si Waru gaweane Si Suta, Si Suta gaweane Si Naya, dene [de...]

--- 143 ---

[...ne] Si Naya iku gaweane Si Dhadhap kang kasêbut ing ngarêp mau, kang mangkono iku mokhal ing akal, awit nêtêpake barang kang ana dhisik uga kari anane, kang măngka dhisik lan kari iku nakil, pathokaning akal, nakil loro iku mokhal kumpule.

Awit saka katêranganing tăndha yêkti kang dijèrèng ing dhuwur mau dadi têtela yèn Allah iku asifat kidam (dhisik tanpa kawitan).

__________

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku asifat baka, têgêse: langgêng tan kêna owah, iku mangkene:

Saupama Allah iku kêna ing rusak utawa owah mêsthi ora asifat kidam, amarga ananing Allah iku ora wajib, mung wênang bae, dadi ana kêna, ora ana iya kêna.

Têrange mangkene: saupama Allah iku ora asifat baka (langgêng) mêsthi kêna ing rusak utawa owah, nanging rusak utawa owahing Allah iku mokhal, awit saupama Allah iku kêna ing rusak utawa owah, mêsthi ananing Allah iku mung wênang bae, ora wajib, ana iya kêna, ora ana iya uga kêna, dadi kêgolong mumkin. [mu...]

--- 144 ---

[...mkin.] Nanging ananing Allah mung wênang bae iku mokhal, awit yèn ananing Allah iku mung wênang bae, mêsthi Allah iku anyar, dene anyaring Allah iku mokhal, awit yèn Allah iku anyar mêsthi ora asifat kidam, dene Allah ênggone ora sifat kidam iku mokhal, awit wis ditêrangake kalawan tăndha yêkti Allah iku têtela asifat kidam.

Barang kang nêkakake marang mokhal, kaya ta: anyaring Allah iku uga mokhal, dadi barang kang nêkakake marang anyaring Allah, iya iku ananing Allah iku mung wênang bae, ora wajib, iku mokhal uga, lan barang kang nêkakake marang ananing Allah iku mung wênang bae, iya iku kêna ing rusak utawa owah, iku mêsthi mokhal. Dene barang kang nêkakake marang kênane rusaking Allah iya iku ora sifat baka iku mokhal, sawise têtêp mokhale Allah ora sifat baka saiki têtêp nakile, iya iku Allah mêsthi sifat baka (langgêng tan kêna rusak).

Barang kang anane mung wênang bae iku wis mêsthi, ing ngarêp wis kapratelakake kalawan tăndha yêkti yèn Allah iku asifat kidam, dhisik tanpa wiwitan, sarta wajib asifat baka, langgêng tan kêna rusak utawa owah.

--- 145 ---

Têtelane mangkene: Gusti Allah Kang Maha Agung lan Maha Mulya iku wajib asifat baka, langgêng tan kêna owah, dene tăndha yêktine mangkene: saupama Allah iku kênaa rusak, utawa sirna mêsthi kalêbu ewoning mumkin, têgêse: barang kang kêna ana lan kêna ora ana, dene ananing mumkin iku mung wênang bae, Gusti Allah maha luhur bangêt yèn ngantia kaya mêngkono, upama têmêna kang kaya mangkono mau iya bakal dor (ubêngan) utawa tasalsul (rêrentengan tanpa wêkasan) dadi saiki têtela sarèhning Allah iku asifat kidam, mêsthi iya asipat baka uga.

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku asipat mukhalafatu lil khawadis, têgêse: beda karo samubarang kang anyar, mangkene: saupama Allah iku padha karo kang anyar, mêsthi iya anyar uga, nanging Allah ênggone padha karo kang anyar iku mokhal, awit ing ngarêp wis dipratelakake kalawan tăndha yêkti yèn Allah iku asifat kidam sarta asifat baka.

Têrange mangkene: barang loro kang padha iku mêsthi iya padha khukume, têgêse: apa kang wajib marang kang siji iya uga wajib marang sijine, mangkono uga barang kang wênang marang [ma...]

--- 146 ---

[...rang] kang siji iya uga wênang marang sijine, apadene barang kang mokhal marang kang siji iya mokhal marang sijne. Kang mangkono iku wis mêsthi tumrap barang loro kang padha, yèn ora mangkono iya ora padha.

Saiki wis têrang mungguh wajibing barang kang anyar iku kudu manggon lan kadunungan sifat anyar kang molah-malih, saupama Allah iku padhaa karo kang anyar, mêsthi iya wajib kadunungan sifat manggon lan sarupaning sifat kang anyar kang molah-malih mau lan sapanunggalane, yèn mangkono iya uga mokhal yèn asifat kidam (dhisik tanpa kawitan) saupama mangkonoa Allah iku iya kudu ana kang gawe ing sarirane, dadi banjur dor (ubêngan) utawa tasalsul (rêrentengan tanpa wêkasan) ing ngarêp wis katêrangake yèn dor utawa tasalsul iku mokhal ing akal.

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku asifat kiyamu binapsih (jumênêng kalawan sarirane piyambak, ora jumênêng ana ing apa-apa) iku mangkene saupama Allah iku butuh marang panggonan utawa awak kang diênggo panggonan jumênênge mêsthi Allah iku sifat, dudu dat (awak) dene sifat iku wis mêsthi ora asifat kalawan sifat mangani utawa sifat maknawiyah, kang măngka ing ngarêp wis dipratelakake [dipratelaka...]

--- 147 ---

[...ke] kalawan katêrangan yèn Allah iku asifat mangani lan maknawiyah, dadi têtela Allah iku dudu sifat, yêktine dat (awak).

Lan manèh saupama Allah iku butuh marang kang namtokake ananing sarirane, mêsthi Allah iku anyar, kang măngka wis narênthêng tăndha yêktine yèn Allah iku wajib asifat kidam (dhisik tanpa kawitan), sarta asifat baka (langgêng tan kêna owah utawa rusak).

Ing ngarêp wis kapratelakake yèn jumênênging Allah kalawan sarirane piyambak, iku têgêse: ora butuh marang panggonan (awak), kang dijumênêngi lan ora butuh marang kang namtokake kaananing sarirane. Dene tăndha yêktine yèn Allah iku ora butuh marang awak kang dijumênêngi iku mangkene: saupama Allah iku butuha marang awak kang dijumênêngi, kaya ta: putih, ora ana putihan dhewe tanpa manggon ana ing awak, yèn mangkono dadi Allah iku sifat, dudu dat, amarga barang kang butuh marang awak kang pêrlu diênggoni iku ora ana manèh kajaba sifat, dene yèn Allah iku sifat, mêsthi ora kadunungan sifat mangani, iya iku sifat kang abăngsa wujud, kaya ta: kudrat (kuwasa), lan iradat (karsa) lan uga ora

--- 148 ---

kadunungan sifat maknawiyah, iya iku tingkah utawa kaanan kang tuwuh saka ananing sifat mangani, kaya ta: kaunuhu kadiran (ananing Allah iku kuwasa) kaunuhu muridan (ananing Allah iku karsa) lan sapanunggalane. Gusti Allah wis mêsthi dudu sifat, awit kang wajib ing Allah nakiling barang kang wajib ing sifat, amarga wis têtela Allah kadunungan sifat mangani lan sifat maknawiyah, dene sifat iku malah mokhal yèn kadunungana sifat mangani utawa sifat maknawiyah.

Dene tăndha yêktine yèn sifat iku ora bisa kadunungan sifat mangani utawa sifat maknawiyah iku mangkene: sifat iku saupama bisaa kadunungan sifat liyane, mêsthi sarupaning sifat iku ora sêpi saka sifat liyane, dene sifat liya iku iya ora sêpi saka sifat liyane manèh, amarga iya ora beda karo sifat kang dhisik mau, kabèh padha aran sifat, mangkono sabanjure nganti tanpa wêkasan, kang mangkono iku apa dudu tasalsul, kang măngka tasalsul iku mokhal ing akal.

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku ora butuh marang kang namtokake kaananing sarirane iku mangkene: saupama Allah iku butuh kudu ditamtokake kaananing sarirane, mêsthi Allah iku anyar awit ora sagêd [sagê...]

--- 149 ---

[...d] ana piyambak. Kudu dianakake ing liyane, nanging kang mangkono iku mokhal, awit pratăndha yêkti kang namtokake sifat kidaming Allah sarta sifat bakaning Allah wis ditêrangake ing ngarêp.

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku wajib asifat wahdaniyat (kasawijèn), iku mangkene:

Saupama Allah iku ora sawiji, diarani loro utawa luwih, mêsthi jagad iki utawa isèn-isène ora bisa ana, awit Allah têtêp apêse.

Têrange mangkene: tăndha yêktine yèn Allah iku mung siji, ora ana kang ngêmbari ing kapangeranane, saupama Allah iku ana kang ngêmbari, mêsthi jagad utawa isèn-isène iki ora bisa ana, amarga Allah têtêp apêse, dene apêsing Allah iku mokhal, amarga sulaya karo kanyataane kang wis katon, iya iku jagad utawa isèn-isène wis kêlakon dadi kalawan sampurna.

Elinga ing ngarêp wis ditêrangake yèn kudrating Allah iku êmpane sumrambah marang sakèhing mumkin, saupama ana Pangeran liyane Allah, duwe sifat kudrat, bisa nganakake sadhengah mumkin, padha karo sifat kudrating Allah,

--- 150 ---

dadi kudrating Allah lan kudrating Pangeran liya mau padha mêmpane, mêsthi jagad utawa isèn-isène iki ora bisa ana, amarga yèn êmpaning kudrat loro mau gêntèn, mêsthi kang kari dumunung nganakake barang kang wis ana, iku mokhal ing akal, awit barang kang wis ana ora kêna dianakake manèh. Dene yèn êmpaning kudrat loro mau barêng, iya mokhal manèh, awit labêt siji ditêtêpake labête loro. Dadi Pangeran loro mau padha têtêp apêse, samono iku yèn Pangeran loro mau karo pisan ora bisa nganakake jagad utawa isèn-isène, dene yèn kang siji bisa nganakake, sijine ora, dadi kang apês mung kang ora bisa nganakake, nanging sijine iya apês uga, awit iku pêpadhane. Yèn wis têtêp apêse ing prakara siji, sanadyan tumrape marang prakara liya-liyane iya apês uga, amarga prakara nganakake iku tumrapa marang barang-barang sadhengah padha bae. Yèn bênêra kang mangkono mau dadi nêtêpake ananing samubarang kang anyar iki mokhal. Nanging kang mangkono mau têtela ora bênêr lan kagolong mokhal uga, awit jagad lan saisine wis kalêksanan ana.

--- 151 ---

Sarèhning Pangeran loro diupamakake sabiyantu karsane mêksa ora bisa nganakake jagad, ing saiki manawa Pangeran loro mau diupamakake ora sabiyantu malah sangsaya cêtha ênggone ora bisa nganakake jagad.

Awit saka katêrangan kang kasêbut ing dhuwur mau têtela yèn kapintêraning kawula utawa panggawening kawula iki ora ana labête apa-apa, mulane tekad kang bênêr iku mangkene: Allah iku nitahake pangawasa tumraping panggawening para kawula kang linakonan kalawan karêpe, kang ambarêngi panggawe mau.

Ing ngarêp wis ditêrangake yèn kang aran kasawijèn (adêging sifat wahdaniyat) iku kudu ora ana kamutasil, lan kamunfasil ing dat lan ing sifat, sarta kamunfasil ing afngal. Dene kang kasêbut ing tăndha yêktine sifat wahdaniyat kang kasêbut ing dhuwur mau ana kang muni mangkene: saupama Allah iku ora sawiji. Iku têgêse: iya padha katêrangan ing ngarêp, kudu ora ana kamutasil utawa kamunfasil, têrange kêna dijèrèng mangkene:

Ênggone Allah ora sawiji iku, kaya ta: yèn sariraning Allah iku mawa pêperangan utawa ana kang madhani [madha...]

--- 152 ---

[...ni] sarirane utawa ana kang duwe sifat amadhani sifating Allah, utawa ana liyaning Allah kang nganakake jagad sapêpadhane. Yèn nyata mangkono mêsthi jagad lan isèn-isène iki ora bisa ana.

Dene katêranganing prakara kang kasêbut dhisik dhewe mau, iya iku saupama sariraning Allah iku mawa pêperangan, mêsthi sifat kapangeranan iku dumunung ana siji-sijining perangane sariraning Allah, sawiji-wijining perangan padha duwe sifat kapangeranan dhewe-dhewe, utawa sifat kapangeranan iku dumunung ana kumpule sakèhing perangan mau, dadi siji-sijining perangan kadunungan peranganing kapangeranan, utawa kapangeranan kang dumunung ana sawênèhing perangan ora dumunung ing perangan liyane. Upama-upama iku mau kabèh mêsthèkake jagad lan isèn-isène iki ora bisa ana.

Jèrènganing upama kang sapisan, iya iku upama sawiji-wijining perangan iku jumênêng Pangeran dhewe-dhewe, iku têtela mokhal, padha karo mokhale ananing Pangeran loro, kang wis ditêrangake tăndha yêktine. Mangkono iku uga nêkakake marang apêsing Pangeran.

Dene jèrènganing upama kang kapindho, iya iku upama [u...]

--- 153 ---

[...pama] sifat kapangeranan iku dumunung ana kumpuling perangane sariraning Allah. Yèn nyata mangkono dadi siji-sijining perangan iku têtêp apêse dhewe-dhewe, awit sawiji-wijining perangan mau mung kadunungan peranganing kapangeranan bae, ora wutuh ing kapangeranan, dene apêse perangan siji namtokake apêse perangan liyane, awit sakèhing perangan iku padha bae, kabèh mung kadunungan peranganing kapangeranan, apêse siji-sijining perangan nêtêpake apêse kang duwe perangan.

Pangucape wong muktajilah: apêse siji-sijining perangan ora bisa nêtêpake apêse kang duwe perangan, awit rambut siji ora kêlar digandhuli timah kang bobot sakati, nanging manawa rambut mau akèh banjur ditampar mêsthi kêlar. Pangucape wong muktjilah mangkono iku ora patut rinungu, awit wis biyèn mula wong muktajilah karêpe mung nêdya ngrêrusuhi agama.

Jèrènganing upama kang kaping têlu mangkene: siji-sijining perangan mau mêsthi ora ngungkuli perangan liyane, sarèhne ora ngungkuli, dadi têtela ora kadunungan sifat kapangeranan, kang mangkono iku namtokake apêse sakèhing perangan iku.

--- 154 ---

Dene prakara kang kapindho, iya iku upama Allah iku ana kang ngêmbari, madhani ing kuwasane utawa samubarange, iku kêna kêlakon salah sijining rong prakara, kang sapisan: Pangeran loro mau condhong karsane, kang kapindho: diya-diniya. Loro pisan namtokake apêsing Pangeran loro mau, dadi namtokake jagad lan saisine iki ora bisa ana, kang mangkono iku mokhal, awit jagad lan saisine wis kêlakon ana. Dadi têtela Pangeran iku mung siji Allah.

Jèrènganing prakara kang sapisan, iya iku upama Pangeran loro mau condhong karsane, loro pisan karsane nganakake jagad, dadi kuwasaning Pangeran loro mau padha tumanduk marang barang kang ora kêna pinerang-perang, awit dadining jagad iku ora bisa saka êmpaning kuwasa loro, mung bisa dadi saka êmpaning kuwasa siji bae, têtelane: barang kang wis dadi sarana kuwasa siji, wis ora kêna didadèkake manèh, sarèhning jagad iki wis kêlakon dadi, mulane têtela Pangeran kang siji kang kuwasane ora mêmpan iku apês, yèn Pangeran kang apês iku padhaa karo kang ora apês, dadi loro pisan apês kabèh, awit padha. Sarèhning jagad iki wis kêlakon [kêlako...]

--- 155 ---

[...n] dadi, mulane têtela Pangeran kang apês iku ora padha karo kang ora apês, dadi têtela satêmêne Pangeran loro mau kang siji dudu Pangeran, dene yèn Pangeran loro mau padha têmênan, dadi loro pisan apês kabèh, awit barang kang padha karo kang apês iya mêsthi apês, yèn mangkono jagad iki ora bisa ana, nanging sarèhning jagad wis kalêksanan ana, dadi têtela Pangeran iku mung siji Allah.

Jèrènganing prakara kang kapindho, iya iku upama karsaning Pangeran loro iku diya-diniya, kaya ta kang siji karsane nganakake jagad, sijine ora, upama karsane Pangeran loro mau lêstari kabèh iku mokhal kêlakone, awit ana ora bisa kumpul karo ora ana. Dadi saiki têtela karsaning Pangeran loro mau mung lêstari kang siji, sarèhne têtela jagad iki wis kalêksanan ana, dadi têtela Pangeran kang karsane ora nganakake jagad iku kang apês, yèn Pangeran loro mau padhaa kuwasane, loro pisan iya apês kabèh awit padha, nanging têtela Pangeran loro mau ora padha, awit jagad iki wis kalêksanan ana, dadi têtela Pangeran iku mung siji Allah.

--- 156 ---

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku asifat kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, iku mangkene:

Saupama sifat papat mau ana salah sijine kang ora diagêm ing Allah, mêsthi samubarang kang anyar iki ora bisa ana. Ing ngarêp wis dipratelakake yèn êmpaning sifat kudrat iku gumantung ana êmpaning sifat iradat, sarta êmpaning sifat iradat iku gumantung ing sifat ngilmu, awit sifat ngilmu iku uwite kang namtokake kaananing mumkin, katamtokake ing barang kang wênang ingatasing mumkin, dene kang asifat kudrat, iradat lan ngilmu iku ora kêna ora kudu kang urip, awit sarate kuwasa: karsa lan kagungan kawruh iku kudu urip, dene kêlakoning barang kang sinaratan tanpa kêlakon sarate iku mokhal, ing saiki têtela anane samubarang kang anyar iki gumantung ana kang gawe ênggone asifat kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, awit saupama kang nitahake barang kang anyar iki ora sifat kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, mêsthi samubarang kang anyar iki ora bisa ana. Nanging mangkono iku mokhal, awit sulaya karo nyatane. Kang wis nyata samubarang kang anyar iki wis kêlakon padha ana, iku nelakake yèn kang nitahake wis mêsthi asipat kudrat, iradat, ngilmu lan khayat.

--- 157 ---

Jèrèngane mangkene: saupama kang nitahake samubarang kang anyar iki ora asifat kudrat (ora kuwasa) mêsthi têtêp apêse, dadi ora ana labêting gêgaweane.

Dene yèn ora ana sifat iradat, mêsthi sifat kudrat iya ora ana.

Yèn sifat ngilmu ora ana, mêsthi sifat kudrat lan iradat karo pisan ora ana kabèh.

Dene yèn sifat khayat ora ana, mêsthi sifat kudrat, iradat lan sifat ngilmu iya ora ana kabèh, awit saka ênggone gumantung kasêbut ing ngarêp mau.

Mulane tăndha yêktine sifat kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, kadadèkake siji, amarga tunggal kang têtêp yèn sifat iku ora ana.

Dene jèrènganing tăndha yêktine sifat kudrat mangkene: saupama Allah iku ora asifat kudrat (kuwasa) mêsthi asifat lhiding kuwasa iya iku apês, nanging Allah mokhal yèn asifata lhiding kuwasa, awit saupama Allah asifata lhiding kuwasa mêsthi samubarang kang anyar iki ora bisa ana, dene ora anane samubarang kang anyar iki mokhal, awit wis kalêksanan ana, samubarang kang bakal nêkakake [nêkaka...]

--- 158 ---

[...ke] ora ananing samubarang kang anyar iki mrambat-mrambat iya mokhal kabèh.

Jèrènganing tăndha yêktine sifat iradat mangkene: saupama Allah iku ora asifat iradat, mêsthi asifat lhide sifat iradat, iya iku kêpêksa, nanging Allah mokhal yèn asifat lhiding sifat iradat, awit saupama Allah iku asifata lhiding sifat iradat, mêsthi ora asifat kudrat, dene Allah ênggone ora asifat kudrat iku mokhal, awit saupama Allah iku ora asifat kudrat, mêsthi asifat lhiding kudrat, iya iku apês, nanging apêsing Allah iku mokhal, awit saupama Allah iku apês, mêsthi samubarang kang anyar iki ora bisa ana, dene ora anane samubarang kang anyar iki mokhal, awit wis kalêksanan ana, mangkono uga samubarang prakara kang bakal nêkakake ora anane samubarang kang anyar iki mrèntèk-mrèntèk saka sathithik, iku mokhal kabèh.

Jèrènganing tăndha yêktine sifat ngilmu mangkene: saupama Allah iku ora asifat ngilmu, mêsthi asifat lhiding ngilmu, iya iku bodho, nanging bodhoning Allah iku mokhal, awit saupama Allah iku bodhoa mêsthi ora asifat [asifa...]

--- 159 ---

[...t] iradat, lan saupama Allah iku ora asifat iradat, mêsthi ora asifat kudrat, saupama Allah ora asifat kudrat, mêsthi asifat lhiding kudrat, iya iku apês, lan saupama Allah iku apêsa, mêsthi samubarang kang anyar iki ora bisa ana, dene ora anane samubarang kang anyar iki mokhal, awit wis kalêksanan ana. Mangkono uga samubarang prakara kang mrèntèk-mrèntèk saka sathithik nêkakake ora ananing samubarang kang anyar iki. Iku mokhal kabèh.

Ana sawênèhing pujăngga kang nyulayani, panêmune mangkene: ora anane sifat mangani: kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, iku ora dadi alangan apa-apa marang ananing samubarang kang anyar iki, awit kêna uga ora ana sipat kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, nanging samubarang kang anyar iki kalêksanan ana, dene anane mau kêna uga gumantung marang sifat maknawiyah, kaya panêmune wong muktajilah yèn Allah iku ora asifat mangani, yêktine asifat maknawiyah. Lan kêna uga ananing samubarang kang anyar iki dianakake ing sabab utawa watêk, kaya panêmune wong tabaingiyun, iya iku wong muktajilah kang pracaya marang êmpaning sabab lan watêk, pangucape wong muktajilah mangkene: Gusti [Gu...]

--- 160 ---

[...sti] Allah kuwasa ora kalawan sifat kudrat, mung kalawan sarirane piyambak, Gusti Allah karsa kalawan sarirane piyambak, ora kalawan apa-apa, Gusti Allah nguningani kalawan sarirane piyambak, ora kalawan apa-apa.

Saupama ora anane sifat-sifat kang wis kasêbut mau iya iku kudrat, iradat, ngilmu lan khayat, iku ora bisa mêsthèkake ora anane samubarang kang anyar iki, mêsthi oreyaning tăndha yêkti kang kasêbut mau ora kêna diênggo nêtêpake yèn Allah iku kagungan sifat-sifat kang dudu sarirane. Mulane urusaning tăndha yêkti mau iya mratelakake saupama samubarang kang anyar iki ora kêlakon ana, mêsthi Allah ora kagungan sifat maknawiyah, kang têtêpe sifat maknawiyah mau wis dicondhongi ing wong muktajilah, nanging wong muktajilah ora nyondhongi anane sifat mangani, panêmune wong muktajilah mangkono iku têtela luput. Akaling manungsa ora condhong yèn ana wong wêruh tanpa kawruh, lan wong kuwasa: ora kuwasa, lan wong karsa: ora karsa, awit iku bakal nêtêpake yèn awak iku kanyataaning kuwasa, kanyataaning karsa lan kanyataaning kawruh, kang mangkono iku akaling manungsa ora arêp. Mangkono uga iya

--- 161 ---

luput, wong kang ngarani yèn ananing samubarang kang anyar iki wis kagawa saka watêk utawa saka sabab. Sarèhne panêmu rong prakara iki wis têtela luput, mulane wis ora susah didawakake ênggone nyulayani.

Dene tăndha yêktine yèn Allah iku asifat samak (miyarsa) basar (ningali) kalam (ngandika) iku rong prakara.

Kang sapisan: awit wis kasêbut ana ing Kuran lan khadis pangandikane kangjêng rasul utawa wis ditetêpake golonging panêmune para pujăngga ahli suni.

Kang kapindho: saupama Allah iku ora asifat samak, basar lan kalam, amêsthi sifat kalawan lhide sifat têlu mau, iya iku: tuli, wuta lan bisu, yèn Allah mangkonoa aran cacad, dene cacad iku mokhal ing Allah.

Pangandikaning Allah kasêbut ing Kuran, kang mratelakake yèn Allah iku asifat samak lan basar mangkene:

Wahuwas samingul basir, têgêse: Allah iku kang miyarsa lan kang ningali, lan ana manèh mangkene: innani mangakuma asmangu waara, têgêse: ingsun iki anjangkung ing sira sakaloron, Nabi Musa lan Nabi Harun, ingsun miyarsa lan ningali sapanunggalane kang mangkono, kang kasêbut [kasêbu...]

--- 162 ---

[...t] ing Kuran, lan ana manèh pangandikaning Allah kasêbut ing Kuran, kang mratelakake yèn Allah iku ngandika, mangkene: wa kallamallahu musa taklima, têgêse: Allah mangandikani marang Nabi Musa kalawan pangandika. Lan mangkene: innistafaituka ngalannasi birisalati wa bikalami, têgêse: sayêkti ingsun milih sira Musa saka ing para manungsa, ingsun pilih nglakoni ayahan ingsun, lan nampani pangandikan ingsun.

Dene ananing cacad dimokhalake ing Allah iku, amarga sing sapa cacad mêsthi butuh marang kang ambengkas cacade sarta banjur nyampurnakake, kang mangkono iku namtokake yèn kang butuh iku mêsthi anyar, dene anyar iku mokhal ing Allah, awit tăndha yêktine sifat kidam wis têtêp têrang.

Dene tăndha yêktine yèn Allah ênggone damêl mumkin utawa ora damêl mumkin (kang kêna ana lan kêna ora ana) iku wênang, mangkene:

Saupama Allah iku ênggone damêl mumkin wajib ing akal, mêsthi mumkin iku wajib anane (ora kêna ora mêsthi ana), dadi ora jênêng mumkin, mangkono manèh saupama Allah iku ênggone damêl mumkin mokhal ing akal, mêsthi mumkin iku mokhal anane, dadi iya ora têtêp aran mumkin.

--- 163 ---

Sawênèhing wong marsudi ana kang takon mangkene: suwarga lan naraka iku wis kasêbut ana ing Kuran têmên yèn ana, sarta langgêng tan kêna ing rusak, yèn mangkono suwarga lan naraka iku apa dudu mumkin, lan apa iya asifat baka madhani Gusti Allah.

Sawênèhing wong marsudi manèh mangsuli mangkene: ananing suwarga lan naraka iku dhasar têmên, nanging iya dianakake dening Allah, ênggone nganakake mau iya wênang, saupama ora dianakake dening Allah, suwarga lan naraka iya ora ana, sarta saupama Allah ora karsa nganakake suwarga lan naraka iya ora ana pakèwêde apa-apa, mangkono uga ênggone nganakake iya uga ora ana pakèwêde apa-apa, dadi suwarga lan naraka iya têtêp aran mumkin uga. Lan manèh langgênging suwarga lan naraka iku amarga dilanggêngake dening Allah, ora langgêng karêpe dhewe, saupama Allah karsa ngrusak suwarga lan naraka, ora ana pakèwêde apa-apa, mêngkono uga ênggone nglanggêngake suwarga lan naraka iya ora ana pakèwêde apa-apa, dadi langgênging suwarga lan naraka mau gumantung ana karsaning Allah, mulane iya têtêp aran mumkin, langgênge ora madhani langgênging Allah.

--- 164 ---

Mumkin iku têmbunge wong ahli usul, têgêse kêna, karêpe barang kang akal angarani kêna anane lan kêna ora anane sarta sakaro-karone padha, ora ungkul-ingungkulan. Saupama Allah iku nganggo wajib ingatase mumkin, kaya ta: angganjar upamane, utawa nganggo mokhal tumraping mumkin, kaya ta: nitahake kafir utawa duraka, yèn mangkono mumkin iku iya ambalik dadi wajib ing akal, têgêse: dadi barang kang akal nampik ora anane, utawa dadi barang kang mokhal ing akal, têgêse: dadi barang kang akal nampik anane, kang mangkono iku mokhal, awit iku ambalikake sajati, dadi sajati liyane.

__________

Dene para rasul (utusaning Allah) iku wajibe sidik, têgêse: têmên, lan amanat, têgêse: mitayani, sarta tablèh, têgêse: nêkakake.

Iki warna kang kapindho, mratelakake wajibe wong mukalaf, kudu ngawruhi sifat kang wajib lan sifat kang mokhal sarta sifat kang wênang tumraping para rasul (utusan) dene sifat kang wajib tumraping para rasul iku têlung prakara, 1. têmên, 2. mitayani, 3. nêkakake.

Sawênèhing pujăngga ana kang bisa nacahake kèhing para [pa...]

--- 165 ---

[...ra] nabi ana sakêthi rong lêksa patang èwu, nanging iku kalêbu nabi kang dadi rasul sarta nabi kang dudu rasul, ewadene kaol kang sakhèh, têgêse: panêmu kang bênêr, saking dening pangati-atine ora gêlêm nacahake para nabi, awit kuwatir bokmanawa kakehan, dadi nglêbokake nabi wong kang satêmêne dudu nabi, utawa kasathithikên, dadi anjabakake wong kang satêmêne nabi. Gusti Allah ngandika kasêbut ing Kuran mangkene: minhum man kasasna ngalaeka waminum man lamnaksus ngalaeka. Têgêse: sawênèhing para rasul ana kang ingsun kandhakake marang sira, lan ana kang ora ingsun kandhakake marang sira.

Panêmune Imam Ahmad, para nabi kang padha ngrangkêp dadi rasul iku kèhe têlung atus patbêlas.

Yèn kowe takon: punapa paidahipun nyumêrêpi para rasul sanèsipun Kangjêng Nabi Mukhamad, kang măngka ngandêl dhatêng Kangjêng Nabi Mukhamad sarta ngandêl dhatêng samukawis ingkang dipun dhawuhakên dening Kangjêng Nabi Mukhamad kemawon sampun mêsthi ngandêl dhatêng para nabi sanèsipun.

Pitakon mangkono mau tak wangsuli: ngawruhi wijanging para rasul liyane Kangjêng Nabi Mukhamad iku ana paidahe, iya iku muwuhi antêping kapracayan.

--- 166 ---

Kang diarani sidik iku, têgêse: têmên, dene têmêning para rasul iku têlung warna, 1. têmên pangandikane kang tumraping prakara dunya, kaya ta ngandika: Si Suta iku ngadêg, Si Naya iku têka. Malah prakara iku ana kang ngarani kalêbu ewoning amanat, mulane tăndha yêktine iya bangsaning sarak. 2. Têmên ênggone andhawuhake karsaning Allah, ora karsa ngurangi utawa muwuhi apadene ngowahi, tăndha yêktine iya bangsaning sarak uga. 3. Têmên ênggone ngaku utusaning Allah, dene tandhane iku bangsaning akal, awit mukjijating para nabi ênggone dadi tăndha têmêning pangandikane iku tăndha băngsa ngakal.

Ana sawênèhing pujăngga duwe panêmu yèn ananing mukjijat iku prasasat pangandikaning Allah mangkene: kawulaningsun ênggone andhawuhake samubarang parentah Ingsun iku têmên. Dadi samubarang kang didhawuhake ing para rasul iku kêplok karo sanyatane dhawuhing Allah.

Dene kang diarani amanat iku, têgêse: mitayani, iya iku ora tau nyulayani karsaning Allah, sanadyan mung nglakoni prakara kang mêkruh bae iya ora tau, luwih manèh prakara kang kharam, iku sangsaya ora tau.

--- 167 ---

Dadi para rasul iku padha dirêksa dening Allah, laire lan batine ora nganti nglakoni sadhengah laranganing Allah. Sawênèhing para pujăngga ana kang nêgêsi: amanat iku bangsaning watêk, dadi para rasul iku padha diparingi watêk dening Allah kang têtêp ana ing budine, kang ngalang-alangi marang kang kadunungan watêk mau ora nganti narajang laranganing Allah, dadi ênggone nyingkiri samubarang kang laranganing Allah iku ora kalawan kangelan, malah saupama dikon narajang larangan, ora bisa sabab iku dudu dhêmênane.

Dene kang diarani tablèh iku, têgêse: nêkakake dhawuhig Allah kang dikarsakake mratakake marang para manungsa, ora pisan ngunthêt utawa nyingidake sathithtik bae.

Dhawuhing Allah marang para rasul iku têlung warna: 1. Dhawuh kang dikarsakake mratakake marang para manungsa, ing kono para rasul banjur ngundhangake marang para umate apa sawutuhe dhawuhing Allah mau, ora pisan muwuhi kutawa[20] ngurangi, mung wutuh salugune bae. 2. Dhawuh kang tumrap marang para rasul dhewe, ora kaparêng diwêdharake marang sawijining wong, iku para rasul ora pisan kawêtu marang sawijining wong, sanadyan marang garwane dhewe utawa marang para putrane iya

--- 168 ---

ora kawêtu. 3. Dhawuh kang para rasul disarah sakarêpe, kêna mêdharake marang manungsa lan kêna ora mêdharake. Ing kono para rasul banjur ngagêm sakarsane, dene dhawuh mangkono iku babaganing kawruh khakekat, mulane iya ana sakabat sawatara kèhe kang diwêjang dening kangjêng rasul prakara kawruh khakekat.

Dene lhid-lhide sifat têtêlu mau mokal ing para rasul, iya iku kadzib, têgêse: goroh, khiyanat, têgêse: cidra, iya iku nglakoni sadhengah laranganing Allah, sanadyan larangan mau prakara kang kharam, utawa mung mêkruh bae, lan ngumpêt barang kang didhawuhake kakarsakake ngudhangake marang para titah.

Dene ngawruhi mokhaling para rasul, iku perangan kang kapindho saka têlung perangan, kang diwajibake tumrap para wong mukalaf, iya iku kudu ngawruhi mokhaling para rasul, cacah têlung sifat, lhide sifat kang wajib ing para rasul, 1. goroh, pangandikane ora tètès karo nyatane, iya iku lhiding sifat sidik (têmên), 2. cidra, iya iku lhiding sifat amanat (mitayani), 3. ngumpêt, iya iku lhiding sifat tablèh (nêkakake),

--- 169 ---

dhawuhing Allah kang wajib ditêkakake dening para rasul marang para umat, iku sarupaning dhawuh kang pancèn dikarsakake ngundhangake marang para kawulaning Allah, awit dhawuhing Allah iku têlung prakara kaya kang wis kasêbut ing ngarêp: 1. dhawuh kang dikarsakake ngundhangake marang para umat, 2. dhawuh kang dikarsakake ngagêm para rasul dhewe, ora parêng kawêtu marang sapa-sapa, 3. dhawuh kang para rasul disarah nglairake utawa ora, dene dhawuh kang dilarangi kawêtu marang sapa-sapa, iya iku kawruh makrifat utawa marang kang gaib-gaib.

Samubarang kang wis dipangandikakake dening para rasul, iku wis mêsthi têmên, tètès lan kanyataane, mokhal yèn para rasul iku ngandika goroh, têgêse: pangandikane ora tètès karo kanyataane, kaya ta: pangandikane ênggone ngaku dadi utusaning Allah, lan samubarang dhawuhing Allah kang didhawuhake dening para rasul, kabèh iku wis mêsthi têmên, tètès karo kanyataane, sing sapa maido têtêp dadi kafir.

Para rasul samăngsa tămpa dhawuhing Allah kang dikarsakake ngundhangake marang para manungsa, mêsthi banjur didhawuhake kêplok wutuh kaya salugune dhawuhing Allah, mokhal [mo...]

--- 170 ---

[...khal] yèn para rasul mau nganggo ngumpêt ana kang ora di dhawuhake, utawa muwuhi dhawuh sakarsane dhewe, utawa ngurangi, utawa ngowahi dhawuh, dikêpenakake miturut panêmune dhewe, kabèh iku mokhal ing para rasul, sing sapa duwe panyana yèn para rasul iku nganggo muwuhi, utawa ngurangi, utawa ngowahi dhawuhing Allah, iku têtêp dadi kafir.

Para rasul ênggone dipracaya maring Allah iku wis mêsthi mitayani, mokhal yèn karsaa cidra, kaya ta: ngundhangake dhawuhing Allah sulaya karo luguning dhawuh, gêlêm nêrak laranganing Allah, sanadyan larangan mau mung makruh bae, utawa kurang utama, luwih manèh prakara kang kharam, kabèh iku mokhal ing para rasul.

Saupama ana wong takon: dhawuhipun kangjêng rasul, tiyang wulu punika utaminipun anggènipun ngumbah tangan, suku sapanunggilanipun, kêdah ngaping tiga, ananging kangjêng rasul piyambak asring namung nyapisan, utawi ngaping kalih, punika punapa botên kirang utami. Pitakon iku diwangsuli mangkene: kang mangkono iku tumrape ing kangjêng rasul wis nêtêpi utama, awit ana paidahe, ênggone kangjêng rasul ngumbah astane sapanunggalane mung nyapisan utawa

--- 171 ---

pindho iku dumunung mulang marang para umate, yèn ngaping têloni ngumbah tangan sapanunggalane iku mung dumunung kautaman bae, ora wajib, dene jêjêring wajib, nyapisan bae wis cukup, wulune wis sah.

Cêkake: para rasul iku ora pisan-pisan anglakoni duraka, sanadyan duraka cilik, ora karsa, luwih manèh duraka gêdhe saya ora karsa pisan-pisan, iku kabèh mokhal ing para rasul.

Wênanging para rasul kang siji, iya iku kambah ing aral basariyah, kang ora andadèkake cacad tumrap pangkate kang luhur, ngaral iku têmbung Arab, têgêse: barang kang anyar têkane, dene basariyah, têgêse: kamanungsan. Karêpe têmbung aral basariyah dadi jênênging samubarang pakewuhing kamanungsan, kaya ta: lara, luwe sapanunggalane, iku kabèh wênang ing para rasul, nanging kang ora anggêmpalake kaluhurane.

Prakara wênanging para rasul iku perangan kang kaping têlu, golongan kang diwajibake marang wong mukalaf, ora kêna ora kudu ngawruhi.

Ngaral iku dudu sifat kapangeranan, awit sifat kapangeranan mung kagêm ing Allah piyambak, para rasul mokhal ngagêm [ngagê...]

--- 172 ---

[...m] sifat kapangeranan, awit para rasul iku anyar, mokhal yèn kadunungan sifat kadim. Prakara iki beda karo panêmune wong agama Nasara (Kristên) awit wong Nasara padha ngarani Kangjêng Nabi Ngisa iku nunggal karo Allah.

Pangucape wong agama Nasara mangkene: ngalam laut nunggal karo ngalam nasut, ênggone nêgêsi: ngalam laut iku peranganing Pangeran, dene ngalam nasut iku sarirane Kangjêng Nabi Ngisa, kaya kang wis kasêbut ing ngarêp.

Kang wus kasêbut ing dhuwur mau mratelakake yèn para rasul iku wênang kambah ing aral basariyah (pakewuhing kamanungsan) iku surasane anjabakake sifating malaekat, awit sifating malaikat ora wênang ing para rasul.

Mangkono uga pakewuhing kamanungsan kang wênang ing para rasul iku mung pakewuh kang ora anggêmpalake kaluhuraning para rasul, kaya ta: lara, lan adating kamanungsan kaya ta: cumbana, dhahar, ngunjuk sapanunggalane kang mangkono. Dene pakewuh kang anggêmpalake kaluhuran, iku ora wênang ing para rasul, kaya ta: goroh, kafir sapanunggalane.

Sifat kang tinamtokake ing para malaikat, kaya ta:

--- 173 ---

ora lanang sarta ora wadon, ora mangan lan ora ngombe sarta ora cumbana, iku dudu wêwênange para rasul. Ananging akèh wong bodho padha duwe pangira yèn para rasul iku uga kaya para malaikat, ora dhahar sarta ora ngunjuk, apadene ora cumbana.

Kang kasêbut ing dhuwur mau mratelakake yèn pakewuhing kamanungsan kang anggêmpalake kaluhuran iku mokhal ing para rasul, sarta digêlari upama, kaya ta: goroh, kafir sapanunggalane, iku satêmêne wis kalêbu ing lhide sifat sidik lan amanat, dadi pancène wis ora susah dipratelakake manèh, dene kang luwih patitis, pakewuhing kamanungsan kang anggêmpalake kaluhuran iku, kaya ta: ora sampurna ngakale, ora sampurna kapintêrane lan ora sampurna panggraitane, apadene kurang patitis pamikire, lan ora kalis saka samubarang kang ora andhêmênake, kaya ta: asor nalurine kang nurunake saka ingkang rama, utawa salah sijining ibu lan eyange ana kang laku bedhangan, utawa sarirane kasar, utawa bodho, utawa kêna ing lêlara kang anggigokake, kaya ta: lara barah sapêpadhane, utawa nglakoni barang kang nistha, kaya [ka...]

--- 174 ---

[...ya] ta: dhahar ana ing ratan, utawa dadi tukang canthuk, iku kabèh mokhal ing para rasul.

Dene tăndha yêktine yèn para rasul iku apa sapangandikane têmên, ora tau goroh, iku mangkene:

Saupama para rasul iku ora têmên pangandikane, mêsthi goroh ênggone andhawuhake dhawuhing Allah, nanging gorohing para rasul iku mokhal, amarga wis disêksèni dening Allah piyambak têmêning pangandikane para rasul mau, sarèhning wiyahing manungsa ora bisa krungu utawa nampani pangandikaning Allah, mulane mung diparingi sasmita bae, iya iku sarana maringi mukjijat, kaelokan marang para rasul.

Mukjijat iku têmbung Arab, têgêse: pangapêsan, utawa pangabaran, awit iku dadi tăndha yêkti kang ngapêsake paduning mungsuh, dene kaananing mukjijat iku sadhengah kaelokan kang sarupaning manungsa ora bisa gawe kaya mangkono, mung Allah piyambak kang sagêd nganakake, diparingake marang para rasul, minăngka tăndha yêktine ênggone diutus dening Allah.

Kaelokan mau ora mêsthi aran mukjijat, nanging ana:

--- 175 ---

1. Arane: irhas, têgêse: kaelokan kang katon ana ing para nabi utawa rasul nalika durung jumênêng, kaya ta: Kangjêng Nabi Musa nalika isih timur sagêd marasake laraning wong sarta nyipta sarupaning banyu dadi gêtih, ambucal agême lantaran dadi ula, astane mancorong kaya sêrngenge sapanunggalane.

2. Aran mukjijat, têgêse: pangapêsan, utawa pangabaran, iya iku kaelokan kang katon ana ing wong kang ngaku dadi utusaning Allah, utawa dadi nabi.

3. Kramat, têgêse: kamulyan, iya iku kaelokan kang katon ana tangane para wali, awit iku minăngka tăndha yèn wali iku diparingi kamulyan dening Allah, para manungsa uga padha amulyakna marang para wali, aja ana kang nyawiyah-wiyah.

4. Aran mangunah, têgêse: pitulung, iya iku kaelokan kang katon ana tangane wong mukmin, minăngka tăndha yèn si mukmin iku ditulungi dening Allah, sing sapa kapengin ditulungi dening Allah, nirua lakune si mukmin mau ênggone ngèstokake parentahing Allah.

5. Aran istidraj, têgêse: ngêlongi saka sathithik, iya iku kaelokan kang katon ana tangane wong kapir utawa wong duraka, kang cundhuk karo karêpe si kafir

--- 176 ---

utawa si duraka mau, kaya ta: Raja Pirngon ênggone ora tau lara sajêge urip, sanadyan mung ngêlu bae iya ora, lan ênggone bisa nyipta bêngawan mili ana satêngahing alun-alun, iya kalêksanan mangkono. Mulane diarani istidraj, awit iku ngêlongi kabêgjane Raja Pirngon saka sathithik, saking dening aluse nganti Raja Pirngon ora krasa dilongi, rumasane diuja lan dibiyantoni dening Allah, wêruh-wêruh yèn dilongi kabêgjane barêng dikêlêm ana satêngahing sagara, arêp tobat wis ora bisa.

6. Ihanah, têgêse: nyênyampahi, iya iku kaelokan kang katon ana tangane wong kafir utawa wong duraka, kang akosokbali karo karêpe si kafir utawa si duraka mau, kaya ta: Musailamatul Kadzab, ênggone nambani wong lara mata malah dadi picak sapanunggalane. Mulane diarani ihanah, awit kaelokan iku minăngka tăndha yèn Gusti Allah karsa nyênyampahi marang Musailamatul Kadzab mau, supaya sarupaning wong aja manut rêmbug lan pituture, awit Musailamatul Kadzab sumêdya nasarake wong akèh.

7. Sikhir, têgêse: ambalibuk, iya iku kaelokan [ka...]

--- 177 ---

[...elokan] kang katon ana tangane wong kang ora ngendahake agama, mulane diarani ambalibuk, awit kang akèh sikhir iku saka ing kaprigêlan, nganti bisa ambalibuk pandêlênging wong, andêlêng barang katon ora sanyatane, lan ana uga kang sarana japa, nanging iya ambalibuk.

Kaelokan pitung prakara mau rupane padha bae, sanadyan kang aran mukjijating para nabi karo istidraje wong kafir rupane iya ora beda. Nanging bisane beda mung katitik saka kang kanggonan, yèn kang kanggonan iku nabi utawa rasul, aran mukjijat, nanging yèn kang kanggonan iku wong kafir utawa wong duraka kaelokan mau aran istidraj.

Sarupaning kaelokan kang kasêbut mau kabèh kalêksanane mêsthi saka kaparênging Allah, ora ana kang marojol, iblis iku sanadyan satruning Allah iya diparêngake duwe kasêktèn kang samono gêdhene.

Sarupaning kaelokan kang dudu mukjijating para rasul utawa para nabi, saupama kang kanggonan kaelokan iku banjur ngaku nabi, mêsthi kaelokane banjur wuk tanpa dadi, kaya ta: istidrajing wong kafir, saupama si kafir mau ngaku rasul utawa ngaku nabi, mêsthi istidraje tanpa dadi. Kaya upamane Raja Firngon, bisa nyipta bêngawan mili ana

--- 178 ---

satêngahing alun-alun, iku istidraje Raja Firngon, sarèhning Raja Firngon iku dudu nabi lan dudu rasul, saupama Raja Firngon mau gêlêm ngaku rasul utawa nabi, mêsthi ênggone nyipta bêngawan ana satêngahing alun-alun ora bisa dadi, kang mangkono mau akèh kang wis kanyataan, kaya ta: Musailamatul Kadzab, nalikane durung ngaku dadi rasul, iku wis sugih kaelokan, istidraje wong muktajilah, lawas-lawas, Musailamatul Kadzab mau ngaku dadi rasul utusaning Allah, sarupaning wong kang padha didhawuhi dening Musailamatul Kadzab, banjur padha nyuwun tăndha yêktine yèn Musailamatul Kadzab mau têmên dadi utusaning Allah, panyuwuning wong mau warna-warna, Musailamatul Kadzab iya tumandang nêdya gawe kaelokan kaya sapanyuwuning wong mau, nanging samubarang kang digawe dening Musailamatul Kadzab mau malah akosokbali karo karêpe, kaya ta: anambani wong lara mata murih warase, kadadiyane si lara kang ditambani mau ora bisa mari malah dadi picak lan sapanunggalane.

Dadi saiki têtela yèn kaelokan kang ana tangane wong kang ngaku dadi rasul utawa dadi nabi iku wis kêna dianggêp dadi tăndha yêkti yèn wong kang ngaku dadi rasul utawa dadi nabi iku têmên yèn rasul utawa nabi, kaelokan [kaeloka...]

--- 179 ---

[...n] kang ana ngastane Kangjêng Nabi Mukhamad iku prasasat pangandikaning Allah mangkene:

kawulaningsun Mukhamad ênggone ngaku dadi utusan Ingsun iku têmên, aja ana padha maido, lan samubarang kang didhawuhake dening Mukhamad iku têmên saka ing Ingsun, mulane padha èstokna.

__________

Dene tăndha yêktine sifat amanat, têgêse: mitayani, iku mangkene:

Saupama para rasul iku karsa cidra maring Allah, nglakoni panggawe kang ora dililani dening Allah, sanadyan mung mêkruh bae, luwih manèh kang kharam, mêsthi prakara panêrak, kharam utawa mêkruh iku ambalik dadi pangabêkti tumraping para rasul dhewe, kang măngka dhawuhing Allah kang diêmban dening para rasul, para manungsa padha ingandikakake manut apa saparentahing para rasul, padha manuta apa salaku jantrane para rasul, sarta para rasul ora pisan marentahake nglakoni barang kang kharam utawa mêkruh.

Dadi saupama para rasul iku karsa nglakoni barang kang kharam utawa mêkruh, para manungsa iki mêsthi didhawuhi manut anglakoni barang kang kharam utawa mêkruh.

--- 180 ---

Dene ênggonku padha didhawuhi dening Allah ingandikake manut salaku jantraning rasul, sanadyan kang rupa pangucap utawa panggawe, kajaba kang wis ditamtokake kagêm ing para rasul piyambak, iku awêwaton pangandikaning Allah kasêbut ing Kuran: kul ingkuntum tukhibbunallaha fattabinungi yuhbibkumulahu, têgêse: he Mukhamad, sira dhawuha marang para manungsa mangkene: yèn sira dhasar asih maring Allah, sira padha manuta salaku jantraningsun, Allah mêsthi bakal asih marang sira.

Lan ana manèh dhawuhing Allah kasêbut ing Kuran, ing panggonan seje: wattabinguhu langallahum tahtaduna, têgêse: lan padha manuta ing Nabi Mukhamad, supaya sira kabèh padha olèh pituduh kang bênêr. Mangkono uga ing Kuran, ing panggonan seje manèh ana pangandikaning Allah mangkene: warahmati wasingat kulla saiin, fasaaktubuha liladzina yattahuna wayuktunajzakata walladzinahum bi ayatina yukminunalladzina yattabingunarrasullana biyalumiya, têgêse: sih kamurahan Ingsun iku sumarambah marang barang-barang. Besuk ana ing akhirat sih Ingsun bakal Ingsun paringake marang sarupaning wong kang padha wêdi marang Ingsun, lan padha ambayar jakat, lan kang padha pracaya marang ayat [a...]

--- 181 ---

[...yat] ingsun (tăndha yêkti) tur kang padha manut marang utusan Ingsun Mukhamad, iya iku nabi kang bodho (ora sagêd nyêrat utawi maos).

Kang wis kasumurupan, agamaning para sakhabat iku mung manut dhawuhe kangjêng rasul, tanpa dipikir apa-apa. Kabèh kang wus kasêbut ing ngarêp mau dadi tăndha yêkti yèn kangjêng rasul iku rinêksa dening Allah ora pisan anglampahi duraka, mêkruh bae ora. Samubarang kang dilampahi ing kangjêng rasul iku kabèh mung prakara wajib lan sunat apadene prakara kang wênang. Nanging yèn dipikir kang têmênan, kang dilampahi kangjêng rasul iku mung prakara wajib lan sunat bae, prakara wênang ora dilampahi. Dene prakara wênang kang dilampahi kangjêng rasul iku banjur manjing dadi sunat, awit karsane kangjêng rasul ênggone nglampahi prakara kang wênang iku diagêm mulang marang para umate, yèn kang dilampahi iku ora ana cêgahe. Barêng prakara wênang kang dilampahi kangjêng rasul iku dilakoni ing para umat, si umat kang niru kangjêng rasul mau banjur olèh sunat, amarga ênggone niru tindake kangjêng rasul.

Tăndha yêktine sifat amanat (mitayani utawa patut dipracaya) kasêbut ing dhuwur mau, uga dadi tăndha

--- 182 ---

yêktining sifat tablih, têgêse: nêkakake dhawuhing Allah marang para umate kabèh. Katrangane mangkene: saupama rasul iku karsaa ora nêkakake dhawuhing Allah marang para umate, mêsthi banjur aran ngumpêtake. Lan saupama rasul iku karsa ngumpêtake, kang măngka aku iki kabèh wis padha didhawuhi manut ing para rasul, dadi aku iki iya didhawuhi ngumpêtake uga. Kang mangkono mau mokhal, awit ngumpêtake dhawuhing Allah kang ingandikakake mratakake iku: duraka, Allah ora marentahake nglakoni duraka, malah nglarangi.

Dene tăndha yêktine yèn para rasul iku wênang kêna ing aral basariyah (pakewuhing kamanungsan) iku awit wis tau kanyataan kalêksanane, dene kalêksanane para rasul padha nandhang pakewuh kamanungsan mau karsaning Allah supaya para rasul mau mundhak gêdhe ganjarane.

Saupama ana wong takon, Allah mêsthine sagêd bae mêwahi gêdhening ganjarane para rasul tanpa dikarsakake mikul pakewuhing kamanungsan kang dilakoni nganggo rêkasa, yagene têka nganggo dipikuli barang kang abot. Jawabe mangkene:

Samubarang kang ditindakake dening Allah, wong ora

--- 183 ---

kêna nyuwun sumurup apa kang dadi sababe, tur iku iya mêsthi ana wadine kang aku lan para manungsa ora wêruh.

Katrangan, tăndha yêktine yèn para rasul iku wênang kambah pakewuhing kamanungsan, iku wis kanyataan kalêksanane, wong kang padha pakumpulan karo para rasul padha wêruh dhewe ênggone para rasul mau tau nandhang gêrah, utawa pakèwêd liyane, sanadyan para rasul liyane Kangjêng Nabi Mukhamad iya mangkono uga, padha nandhang gêrah utawa pakèwêd liyane, kajaba saka ênggone wis kanyataan disêksèni ing wong akèh ora ana tăndha yêkti manèh kang nêrangake yèn para rasul iku wênang kambah ing pakewuhing kamanungsan. Sarupaning wong kang padha mênangi sugênge para rasul padha nyaritakake yèn para rasul iku tau nandhang gêrah, ênggone padha dhahar lan ngunjuk sarta ênggone palakrama.

Saiki pêrlu nêrangake paidahe ênggone kambah pakewuhing kamanungsan mau sawatara, kaya ta: karsaning Allah ênggone nitahake para rasul nandhang pakewuh mau supaya gêdhea ganjarane ênggone nglampahi sangsara gêrah utawa ênggone dikuya-kuya ing wong akèh, mulane kangjêng rasul ngandika mangkene: asaddukum bala anilambiyau summal aoliyau summal amsalu fal amsalu, têgêse: padha-padha

--- 184 ---

manungsa para nabi iku akèh dhewe lan abot dhewe ênggone nandhang sangsara. Sor-sorane para nabi nuli para wali, nuli para manungsa liya-liyane urut pangkate kacêdhakke marang Pangeran. Kalêksanane kang mangkono mau nêtêpi adiling Allah lan kaparênging karsane. Yèn salugune mungguhing Allah ora ana pakèwêde sarta kuwasa anggêdhèkake ganjarane para nabi utawa para wali utawa sapa kang dikarsakake tanpa sarana apa-apa.

Lan ana manèh paidahe, kaya ta: tumindaking khukum, upamane ing saiki aku wis wêruh khukume wong kêlalèn ênggone angganêpi rukuning sêmbayang, ora ambatalake sêmbayange, mung wajib anglironi bae, nanging sunat nganggo sujud kaping pindho, awit kangjêng rasul uga tau kêsupèn ênggone angganêpi rukuning sêmbayang. Lan manèh kaya ta: laku-lakuning sêmbayang nalikane nandhang lara, utawa nalikane ana sajroning kuwatir, iku kudu manut apa kang wis ditindakake ing kangjêng rasul nalikane nandhang gêrah utawa nalikane ana sajroning kuwatir, kang mangkono mau ora cukup mung didhawuhake dening kangjêng rasul bae tanpa diparingi tuladan kang wis ditindakake dening kangjêng rasul piyambak, awit yèn ngamungake dhawuh bae isih kêna digagas [diga...]

--- 185 ---

[...gas] yèn sêmbayanging wong lara utawa wong kang nandhang kuwatir beda karo tuladan kang diwulangake ing kangjêng rasul.

Kajaba iku ana manèh paidahe, iya iku nglêlantih kêmba marang dunya (băndha sapanunggalane) sanadyan ora duwe apa-apa nanging aja owah kapenaking awak lan kapenaking ati.

Paidahe manèh ngelingake yèn mungguhing Allah dunya iku pangkate asor bangêt, iku kang wis tinêmu ing pamikire para pujăngga kang padha sampurna akale, mirit kang wis dilakoni ing para gusti kang mulya (para rasul) pêpilihaning Allah, ngungkuli para titahe kabèh, katăndha ênggone padha kêlar mikul sangsara kang gêdhe tur ora pisan nolih marang dunya, utawa panggodhane kang padha andhêmênake, beda bangêt karo wong kang prasasat gêndhêng, gampang kapiluyune marang dunya banjur dadi kêsasar.

Para pujăngga mau ênggone nyingkiri dunya prasasat wong kang sampurna ngakale ênggone padha nyingkiri barang kang najis utawa bathang. Awit saka asoring dunya mau mulane kangjêng rasul dhawuh mangkene: dunya iku bathang kang anggigokake.

Para rasul utawa para nabi iya karsa ngopèni dunya,

--- 186 ---

nanging mung prasasat sêsangune wong lêlungan bae (ora diênggo simpênan) awit saka iku mulane kangjêng rasul dhawuh mangkene: panganggêpmu marang dunya dikaya wong ana ing paran utawa kaya wong lumaku ana ing dalan bae. Lan manèh kangjêng rasul ngandika mangkene: saupama dunya iku duwea aji saboboting lar lêmut bae, mêsthi wong kafir ora diparingi ngombe banyu sacêgokan bae.

Wong kang ana akale manawa mikir panganggêping para nabi marang dunya, mêsthi banjur wêruh yèn dunya iku mungguhing Allah tanpa aji, saupama anaa ajine mêsthi para nabi, para rasul lan para wong linuwih măngsa dirêksaa dening Allah saka ing dunya, lan măngsa diênggoa nguja marang wong kafir lan wong ala, awit para rasul, para nabi lan para wali mau padha-padha titah akèh dhewe sungkême lan pangabêktine maring Allah.

Saiki wis rampung ênggone mratelakake tekad kang wajib disumurupi tumrap wong mukalaf, nanging isih tak wuwuhi manèh sathithik, supaya ngundhakake bêcik lan muwuhi kawruh, iya iku mratelakake kaluwihaning kalimah tokid loro[21] kaya ing ngisor iki.

--- 187 ---

Surasaning kawruh tekad kang wus kasêbut ing dhuwur mau kabèh wis kawêngku ana ing pangucap: lailaha ilallahu, Mukhamadurasulullahi. (Têgêse: ora ana Pangeran kang sinêmbah kalawan bênêr mung Allah, Kangjêng Nabi Mukhamad iku utusaning Allah). Awit surasaning kapangeranan iku, têrange mangkene: aran Pangeran iku mêsthi ora butuh apa-apa marang liyane, lan si liya mau mêsthi butuh marang Pangeran. Dadi têmbung: lailaha ilallah iku kêna ditêgêsi mangkene: ora ana kang ora butuh marang liyane tur binutuhan ing liyane: mung Allah.

Têrange mangkene: surasaning kawruh tekad kang wus kapratelakake ing ngarêp mau kabèh kalêbu ana surasaning lailaha ilallahu, ênggone kawêngku mau amarga têmbung: ilah (Pangeran) ditêgêsi kang ora butuh marang liyane tur binutuhan ing liyane.

Dene ora butuhing Allah marang liyane iku namtokake yèn Allah iku wujud (ana) kidam, (dhisik tanpa kadhisikan lan ora ana) baka (langgêng tan kêna ing rusak utawa owah) mukhalafatu lil khawadis (beda karo samubarang kang anyar) kiyamu binafsih (jumênêng kalawan sarirane piyambak) lan adoh saka sarupaning cacad lan kalêbu wajibe [waji...]

--- 188 ---

[...be] sifat samak (pamiyarsa) lan sifat basar (paningal) lan sifat kalam (pangandika). Awit saupama sifat-sifat kang kasêbut mau kabèh ora wajib ing Allah, mêsthi Allah butuh marang kang nganyarake (kang gawe sarirane) utawa butuh marang panggonan kang diênggoni, utawa butuh marang kang bisa nyingkirake sakèhing cacad.

Sarèhne wis mratelakake surasaning sifat kapangeranan kang mung diagêm ing Allah piyambak, sarta wis anêrangake yèn têmbung: ilah iku mêngku têgês rong prakara, 1. ora butuhe Allah marang liyane, 2. binutuhan ing liyane, mulane saiki kudu mratelakake wijange sifating Allah, êndi kang kalêbu ing têgês ăngka 1 lan êndi kang kalêbu ing têgês ăngka 2 mau.

Dene kang kalêbu ing têgês ăngka 1 iya iku sifat wujud, kidam, baka, mukhalafatu lil khawadis, kiyamu binafsih, sarta sêpi saka sarupaning cacad.

Dene sêpining Allah saka sarupaning cacad iku namtokake yèn Allah iku kagungan sifat kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau dalah katamtuaning sifat mau kabèh, iya iku sifat samak, basar lan kalam.

Nuli mratelakake nalar-nalare, iya iku saupama [sau...]

--- 189 ---

[...pama] Allah ora wajib kagungan sifat-sifat kang wis dipratelakake mau kabèh, mêsthi butuh marang kang gawe sarirane, utawa butuh marang panggonan kang diênggoni, têgêse: saupama Allah ora kagungan sifat-sifat mau kabèh mêsthi ora tanpa butuh marang liyane, amarga banjur têtêp butuh marang liyane.

Têranging kabutuhan mau sapisan butuh marang kang gawe sarirane, sarèhning ora butuh marang kang gawe sarirane, dadi namtokake yèn Allah iku wajib wujude, langgêng tan kêna rusak utawa owah, dhisik tanpa kadhisikan ora ana, beda karo sarupane kang anyar, lan ora butuh marang kang namtokake kaananing sarirane.

Kang kapindho butuh marang panggonan kang diênggoni, sarèhning Allah ora butuh marang panggonan kang diênggoni, dadi namtokake yèn Allah iku ora manggon ngêsuk hawa sasêdhênging sarirane.

Kaping têlu butuh marang kang bisa nyingkirake sarupaning cacad. Sarèhning Allah ora pisan butuh marang kang bisa nyingkirake sarupaning cacad, dadi namtokake yèn Allah iku tanpa cacad apa-apa.

Dadi Allah ênggone ora butuh marang liyane iku [i...]

--- 190 ---

[...ku] mêngku sifat sawêlas, saka sifat rong puluh. Sifat sawêlas mau kang siji sifat nafsiyah, iya iku sifat wujud, kang papat, perangan sifat salbiyah, iya iku, 1. kidam, 2. baka, 3. mukhalafatu lil khawadis, 4. kiyamu binafsih. Kang têlung perangan sifat mangani, iya iku sifat samak, basar lan kalam. Lan kang têlu sifat maknawiyah iya iku, 1. kaunuhu samingan, 2. kaunuhu basiran, 3. kaunuhu mutakaliman.

Allah ênggone ora butuh marang liyane iya nêtêpake yèn samubarang pandamêling Allah lan khukuming Allah iku tanpa pamrih, awit saupama pandamêling Allah utawa khukuming Allah iku mawang pamrih, mêsthi Allah iku butuh marang kalêksananing pamrihe, kang măngka Allah iku tanpa butuh apa-apa marang liyane, dadi wis mêsthi pandamêl sarta khukuming Allah iku tanpa pamrih apa-apa.

Kang mangkono mau kalêbu wêwêngkoning sifat mukhalafatu lil khawadis (beda karo sarupaning kang anyar) kang wis ditêtêpake dening ênggone Allah ora butuh marang liyane.

Gusti Allah iku tanpa pamrih ênggone nindakake pandamêle utawa khukume lima, iya iku ênggone andhawuhake [a...]

--- 191 ---

[...ndhawuhake] wajib, sunat, kharam, makruh lan wênang, dene kang diarani pamrih kang mokhal ing Allah iku prakara kang dadi anggugah karsaning Allah nindakake pandamêlane utawa andhawuhake khukume kang băngsa sarak, kang bakal makolèhi marang sariraning Allah utawa marang para titahe, rong prakara iku mokhal ing Allah. Awit saupama Allah iku ora maha suci saka pamrih kang makolèhi ing sarirane ênggone nindakake padamêlane utawa khukume mêsthi Allah iku butuh marang kalêksananing pamrihe, dadi ora tanpa butuh marang liyane. Gusti Allah Maha Luhur adoh bangêt saka kang mangkono iku. Têgêse: saupama Allah iku ênggone nindakake padamêlane utawa khukume mawa pamrih kang makolèhake ing sarirane mêsthi butuh marang para titahe kang diênggo nyampurnakake sarirane.

Lan manèh Allah ênggone ora wajib gawe mumkin utawa ora gawe mumkin iku uga kalêbu ana ing surasane têmbung: ilah (têgêse: kang ora butuh marang liyane), awit saupama Allah iku wajib angganjar wong kang ngabêkti dadi ora bisa ngagêm sakarsa-karsane piyambak, iku aran ora sampurna, kang mêsthi banjur butuh marang kalêksanane angganjar wong ngabêkti mau supaya sarirane dadi sampurna.

--- 192 ---

Sarèhning Allah ora butuh apa-apa marang liyane, mulane iya ora wajib gawe mumkin utawa ora gawe mumkin.

Kang kasêbut ing dhuwur mau perangan kang kapindho saka peranganing pamrih kang pakolèhe tumrap marang titahe. Awit saupama pandamêle Allah iku ora sêpi saka pamrih, nanging Allah wajib gawe utawa nindakake mumkin, utawa wajib ora gawe utawa ora nindakake mumkin, kaya ta: wajib angganjar wong ngabêkti utawa ora angganjar wong ngabêkti, yèn mangkono Allah iku aran cacad, awit kêpêksa nindakake wajibe kang murih bêcik, dadi têtêp Allah iku butuh marang kang bisa nyingkirake cacade, supaya sarirane dadi sampurna ora kêpêksa apa-apa. Kang mangkono mau mokhal ing Allah. Dene prakara wêwênanging Allah iku perangan kang kaping têlu saka peranganing têkad.[22]

Dene Allah ênggone dibutuhi marang liyane iku namtokake yèn Allah iku asifat kayat, têgêse:

--- 193 ---

gêsang, sarta sumarambah kudrate, sumarambah iradate lan sumarambah ngilmune, awit saupama salah sijining sifat papat mau ana kang gothang, mêsthi Allah ora sagêd nganakake barang-barang kang anyar iki, dadi sarupane kang anyar iki ora mêsthi butuh marang Allah. Kang mangkono iku mokhal, awit Allah wis tamtu dibutuhi ing liyane.

Saiki mratelakake sifat rong puluh kang kalêbu perangan sifat iptikar, têgêse: dibutuhi ing liyane, iya iku perangan gêdhe kang kapindho, kang kawêngku ing têgêse têmbung: ilah.

Wong kang cukup pikire mêsthi ora sumêlang yèn samubarang kang liyane Allah iku ênggone mêsthi butuh marang Allah, dadi namtokake yèn Allah iku asifat kudrat (kuwasa) iradat (karsa) ngilmu (ngudanèni=kawruh) kayat (gêsang), awit saupama Allah kasêpèn salah sijining sifat papat mau mêsthi ora sagêd nganakake barang-barang, sarta ora sagêd nyirnakake barang-barang. Lan manèh namtokake yèn êmpaning kuwasa, karsa lan kawruhing Allah mau sumarambah, nganti ora ana barang kang ora kacakan. Awit yèn ora sumarambah, mêsthi barang-barang kang anyar iki ora kabèh butuh marang Allah, kang butuh marang Allah mung sawatara bae, [ba...]

--- 194 ---

[...e,] iya iku mung kang kacakan êmpaning sifat kudrat lan sifat iradat, ana uga kang ora butuh.

Dadi sifat mangani kang milu perangan gêdhe sifat iptikar iku papat, iya iku sifat kudrat, iradat, ngilmu lan kayat. Dene sifat maknawiyah kang milu perangan sifat iptikar iya papat, iya iku: kaonuhu kadiran, kaonuhu muridan, kaonuhu ngaliman lan kaonuhu khayan.

Lan manèh Allah ênggone binutuhan ing liyane iku namtokake yèn Allah iku asifat wahdaniyat (kasawijèn) awit saupama Allah iku ana kang ngêmbari kapangeranane, mêsthi ora binutuhan ing liyane, awit pangeran loro iku têtêp apêse kabèh. Kapriye bisane kêlakon ana kang ngêmbari, awit Allah wus mêsthi binutuhan ing liyane.

Ing ngarêp wis diandhar ana bab tăndha yêktine sifat wahdaniyat, yèn anane pangeran loro iku namtokake apêse karo pisan, dene sing sapa apês mêsthi ora bisa nganakake apa-apa, dadi ora dibutuhi marang liyane.

Iki rampunge sifat rong puluh kang wajib diwêruhi, kang sawêlas sifat wajib kalêbu ing perangan sifat istihna, têtêpe [tê...]

--- 195 ---

[...têpe] sifat sawêlas kang wajib mau namtokake mokhaling kosokbaline, iya uga sawêlas, kajaba iku sifat siji kang wênang ing Allah iya kalêbu ing perangan sifat istihna.

Dene sifat kang sanga kang wajib ing Allah kalêbu ing perangan sifat iptikar. Têtêpe sifat sanga kang wajib ing Allah mau namtokake mokhaling kosokbaline, iya sanga uga, dadi saiki wis ganêp sifat kang wajib lan kang mokhal, apadene kang wênang ing Allah.

Lan manèh Allah ênggone ora butuh apa-apa marang liyane (sifat istihna) iku namtokake yèn ngalam iki kabèh anyar, awit yèn ngalam iki ana kang kadim, mêsthi kang kadim iku ora butuh marang Allah, kapriye bisane kêlakon kang mangkono mau rèhning Allah iku binutuhan ing liyane.

Awit saka tăndha yêkti kang wis dipratelakake ing ngarêp, kowe wêruh rèhning Allah têtêp asifat kidam (dhisik tanpa kawitan) mulane mokhal yèn ora ana, saupama ngalam iku ana kang kadim, mêsthi kang kadim iku nyata anane, ora kêna yèn ora ana, dene yèn ora bisa ora ana, kêdhisikan ora

--- 196 ---

ana utawa ora ana sawusing ana, yèn ngalam iki anaa kang mangkono, mêsthi ora butuh marang kang namtokake kaanane, kapriye bisane kêlakon kang mangkono mau rèhning samubarang kang liyane Allah padha butuh marang Allah kabèh. Saiki têtela barang-barang kang liyane Allah iku anyar kabèh.

Allah ênggone dibutuhi marang liyane mau iya namtokake yèn samubarang liyane Allah iku ora nglabêti apa-apa kalawan sadhengah labêt, awit yèn kaanan kang liyane Allah iku duwe labêt, mêsthi ênggone nglabêti mau ora butuh marang Allah, kapriye bisane kêlakon mangkono rèhning Allah wis mêsthi dibutuhi ing samubarang liyane. Mangkono iku yèn kaanan liyane Allah iku koarani duwe labêt kalawan watêke. Dene yèn kaanan kang liyane Allah iku koarani nglabêti jalaran saka kakuwatan pêparinging Allah, kaya panêmune para wong bodho, iku iya mokhal manèh, awit yèn mangkonoa mêsthi Allah ênggone nindakake pandamêle butuh marang kang diênggo lantaran. Kang mangkono iku mokhal, awit kowe wis wêruh yèn Allah iku mêsthi ora butuh apa-apa marang liyane.

--- 197 ---

Wis ora sumêlang manèh, saupama sadhengah mumkin ana kang ora kawêngku ing kuwasaning Allah, mumkin mau mêsthi ora butuh marang Allah ing samubarang kabèh, malah butuh marang kang nganakake mumkin mau. Kapriye bisane kêlakon kang mangkono rèhning Allah wis mêsthi dibutuhi ing liyane ing samubarange kabèh. Prakara iki nêtêpake lupute panêmune wong kadariyah[23] kang padha duwe panêmu yèn panguwasa kang anyar iku nglabêti tumraping panggawe kang dikarêpake. Lan nêtêpake luputing panêmune wong fulasifah[24] kang padha duwe panêmu yèn watêking lintang-lintang sarta sarupaning sabab iku padha nglabêti. Lan manèh ngluputake panêmune wong tabaingin[25] kang padha duwe panêmu yèn watêk-watêk iku padha duwe labêt, kaya ta: panganan marêgi, banyu nyêgêri,

--- 198 ---

gêni anggosongake, sapêpadhane kang mangkono. Dene panêmune mau iya ora padha, sawênèh ana kang panêmune mumkin ênggone nglabêti mau maligi saka ing watêk, wong kang panêmune mangkono mau wis têtela dadi kafir. Lan sawênèh ana kang panêmune mumkin ênggone nglabêti iku marga saka duwe kêkuwatan pêparinging Allah, saupama kêkuwatan iku dipundhut ing Allah iya ora nglabêti, panêmu kang mangkono iku akèh para wong mukmin kang kèlu, wong kang duwe panêmu mangkono iku têtela wong bidêngah[26] nanging mungguh kafir lan orane durung karuan, dene wong mumkin kang nyata imane iku ora pisan-pisan nganggêp yèn watêk-watêk iku nglabêti, sanadyan mung kapanujon bae panganggêpe wong mumkin iya kêna cidra, têrkadhang ana uga gêni ora anggosongake, kaya ta: gêni kang diênggo ngobong Kangjêng Nabi Ibrahim, lan têrkadhang ana manèh lading landhêp ora têdhas marang kuliting manungsa, kaya ta: ladinge Kangjêng Nabi Ibrahim kang diêngge nyêmbêlèh Nabi Ismail, saiki têtela pangucape wong tabaingin kang padha duwe panêmu yèn watêk-watêk [watêk-wa...]

--- 199 ---

[...têk] iku nglabêti iku luput, amarga Allah wis mêsthi dibutuhi ing liyane, awit saupama watêk-watêk iku nglabêti sarana kapinujon ambarêngi kudrating Allah, mêsthi mumkin mau butuh marang kapinujon, ora butuh marang Allah, kang mangkono iku mokhal, awit Allah wis mêsthi dibutuhi ing liyane. Dene wong kang duwe panêmu yèn watêk-watêk utawa sabab-sabab iku nglabêti sarana kêkuwatan pêparinging Allah, iku iya têtela luput, awit Allah wis mêsthi ora butuh ing liyane, amarga saupama bênêra panêmu kang mangkono mau, mêsthi Allah ora kuwasa gawe mumkin, kajaba nganggo lantaran kêkuwatan kang diparingake ana ing watêk utawa ing sabab kang băngsa ngadat, dadi Allah banjur butuh marang kang dadi lantaran mau.

Sèh Sanusi ora nêrangake kudrating Allah mau apa ambarêngi, apa sabab băngsa ngadat, kaya ta: warêg, sêgêr. Utawa ora ambarêngi sabab băngsa ngadat, kaya ta: tumitahing bumi langit, dene surasaning pangandikane Sèh Sanusi mung nêrangake yèn kuwasaning Allah iku tumraping wujuding mumkin lan sirnaning mumkin.

Samubarang kang dumadi wis anggawa jênêng mumkin, têgêse: kêna ana lan kêna ora ana, jênêng kang mangkono mau salawase [sala...]

--- 200 ---

[...wase] ora bisa ilang, iku wis nêtêpake sakèhing mumkin mau mêsthi butuh marang Allah prakara anane lan ora anane.

Saiki têtela yèn pangucap: lailaha ilallah, iku mêngku surasa têlung prakara kang wajib disumurupi marang sarupaning wong mukalaf, iya iku, 1. sifat kang wajib ing Allah, 2. sifat kang mokhal ing Allah, 3. sifat kang wênang ing Allah.

Dene pangucap: Mukhamadurrasulullahi, iku mêngku surasa kapracayan marang para nabi, kapracayan marang para malaikat, kapracayan marang kitab-kitabing Allah kang tinurunake saka ing langit, kapracayan marang dina kiyamat, awit kangjêng rasul wus andhawuhake wajibing pracaya marang kabèh mau.

Ora sumêlang yèn pangandêl marang Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad, dianggêp nyata utusaning Allah katăndha ênggone kagungan mukjijat kang ora kêna dicacahake, iku namtokake ngandêl uga marang samubarang kang didhawuhake ing kangjêng rasul. Kang wis dipratelakake dening Sèh Sanusi kang wis kasêbut mau, iya iku kapracayan marang para nabi, marang para malaikat, marang kitab-kitab kang tinurunake saka ing langit lan kapracayan marang dina kiyamat, iku kabèh kalêbu wis didhawuhake [di...]

--- 201 ---

[...dhawuhake] dening kangjêng rasul, mangkono uga liya-liyane, kang prasasat ora kêna dicacahake, kaya ta: Allah ênggone bakal anguripake sarupaning wong kang wis padha mati dibalèkake awake wadhag manèh, lan kapracayan marang têlagane kangjêng rasul, marang supangate kangjêng rasul, marang uwot kang ana sadhuwuring naraka, marang traju timbangane ala bêcike kalakuaning manungsa, sapanunggalane kang padha kasêbut ing kitab-kitabe wong ahli suni.

Lan manèh pangucap: Mukhamadurrasulullah, iku mêngku têmêne pangandikaning para rasul kabèh, lan mokhaling goroh, awit yèn ora mangkono mêsthi para rasul iku dudu utusaning Allah kang mitayani patut dipracaya. Lan iya mêngku mokhaling para rasul anglakoni laranganing Allah, awit para rasul iku padha diutus dening Allah ingandikakake mêmulang marang para titah, pamulange sarana pangandika, sarana pandamêlan sarana kèndêl,[27] dadi namtokake yèn samubarang wêwulange para rasul iku ora ana

--- 202 ---

kang ora cundhuk karo parentahing Allah, Allah wis milih para rasul mau supaya nyimpên wahyu wadining Allah.

Ora sumêlang sumendhening têmbung rasul marang Allah iku namtokake yèn Kangjêng Nabi Mukhamad iku dipilih dening Allah dadi utusan, kaya ênggone Allah milih para rasul liya-liyane dadi utusan. Kowe wis têrang yèn kawruhing Allah iku nglimputi barang kang tanpa wêkasan, sarta wis têrang yèn bodho iku mokhal ing Allah, mulane Allah ênggone nêmênake para rasul sarana diparingi pratăndha mukjijat iku namtokake wis kêplok karo kawruhing Allah nyata yèn para rasul mau padha têmên, padha mitayani, mokhal yèn sanyatane kosokbali karo kawruhing Allah, Allah wis andhawuhake manut marang para rasul kabèh, sapangandikane lan sapandamêle, dadi namtokake samubarang pangandikane lan pandamêle para rasul iku mêsthi condhong karo kaparênge karsaning Allah, ora pisan ana kang sulaya. Sèh Sanusi muwuhi, sanadyan kèndêling para rasul iya dadi wêwulang condhong karo kaparênging Allah, têgêse: upama ana wong nglakoni pagawean, măngka rasul mau pirsa nanging dikèndêlake bae, ora dicêgah, kèndêling rasul mau dadi tăndha yèn panggawe kang dilakoni ing wong

--- 203 ---

mau kêna dilakoni ing sadhengah wong (dudu larangan), dene panggawean mau bangsaning pangabêkti maring Allah, iku tăndha yèn diparentahake, nanging yèn panggawean mau bangsaning ngadat, iku manjing dadi wênang, têgêse: kêna (dudu larangan).

Lan manèh pangucap: Mukhamadurrasulullahi, iku namtokake yèn para rasul iku kêna kambah ing rêribêd kamanungsan, awit ora pisan cacad ênggone dadi utusaning Allah, lan ora anggêmpalake kaluhuraning pangkate, malah muwuhi kaluhuran.

Saiki kowe wis têrang yèn kalimah sahadat, iya iku: lailaha ilallahu Mukhamadurrasulullahi, iku aksarane mung sathithik, nanging mêngku samubarang kang wajib dikawruhi dening wong mukalaf kabèh, prakara tekad kapracayan marang Allah lan marang para rasul.

Ora sumêlang yèn kalimah kang kapindho iya iku: Mukhamadurrasulullahi, iku surasane nganggêp lan nêtêpake karasulane Kangjêng Nabi Mukhamad, lan samubarang kang kawêngku ing surasa iku, kaya ta: nganggêp karasulane para nabi liya-liyane, dadi tumraping para rasul mau kang ora kêna mung samubarang prakara kang andadèkake cacading pangkate ênggone [ênggo...]

--- 204 ---

[...ne] dadi rasul. Ora sumêlang yèn pakewuhing kamanungsan, kaya ta: lara sapêpadhane iku ora pisan nacadake pangkating para nabi, malah iku kalêbu muwuhi luhuring pangkate, awit iku ngundhakake gêdhening ganjaran kang tuwuh saka ênggone sabar. Sèh Sanusi wis mratelakake kasêbut ing ngarêp, mijangake sifat kang wajib ing para rasul: cacah têlu, iku namtokake mokhaling kosokbaline. Lan sifat kang wênang ing para rasul iya wis dipratelakake.

Sarèhning kalimah loro: lailaha ilallahu, Mukhamadurrasulullahi, iku ringkês sarta mêngku surasa kang wis kasêbut ing dhuwur mau, mulane karêping sarak, kalimah loro mau diênggo nêrusi tekading ati ênggone nyungkêmi agama Islam. Sarak ora nganggêp kapracayaning wong kajaba yèn wis ngucapake kalimah loro mau.

Bokmanawa wêwadi kang băngsa kapangeranan ênggone milih kalimah loro mau diênggo nganggêp kapracayaning wong ora arêp dilironi têtêmbungan liya-liyane, sanadyan surasane uga pangandêl marang kasawijèning Allah sarta karasulane Kangjêng Nabi Mukhamad, iku awit kalimah loro mau mêngku prakara loro kang gêdhe, iya iku, 1. ringkês,

--- 205 ---

2. surasane wis ngrampungi surasaning tekad. Iya iku kalimah kang diparingake piyambak dening Allah marang kangjêng rasul, ngungkuli kalimah liya-liyane kang surasane ora kêna dicacahake, malah iku kalêbu pambukaning Allah marang kawulane, sarta ora rêkasa ênggone ngapalake, amarga saka ringkês lan sathithik aksarane, sarak ora nganggêp imaning wong kajaba yèn wis ngucapake kalimah loro mau, sing sapa ngucapake kalimah loro wis nêtêpi tekading iman kang ganêp sasarat-sarate kabèh, têtêmbungan liyane kalimah loro mau ora mangkono.

Awit saka iku para wong kang ana akale padha ngakèhna nyêbut kalimah loro mau kalawan nyipta paugêraning iman kang kawêngku ing surasaning kalimah loro mau, kang nganti awor karo gêtihe lan daginge. Yèn wis mangkono wong iku mêsthi andêlêng sakèhing kaelokan lan wêwadining Pangeran kang ora kêna dicacahake, kang mangkono mau kêlakone saka pitulunging Allah, ora ana Pangeran liyane Allah.

Panyuwunku ing Allah Kang Maha Suci lan Maha Luhur, uga kaparênga namtokake ing aku lan para kêkasihku, ditamtokna ngucap kalimah loro mau nalikane mati.

--- 206 ---

Allah mugi paringa rahmat dhumatêng Gusti kula Kangjêng Nabi Mukhamad utawi dhumatêng para putra santananipun, punapadene para sakabatipun sadaya, salaminipun wontên tiyang sami èngêt ing Allah saha salaminipun wontên tiyang supe ing Allah.

Allah mugi ngrilanana dhumatêng para sakabatipun kangjêng rasul sadaya, punapadene dhumatêng para tiyang ingkang sami manut sapitêdahipun para sakabat wau ing bab kapracayan, ngantos dumugi ing dintên kiyamat.

Allah mugi paringa salam dhumatêng para rasul sadaya, sakathahing puji punika konjuk ing Allah.

Sarèhning kalimah loro kang wis kasêbut mau prakara kang gêdhe dhewe, mulane sing sapa kapengin kabêgjan utawa kabungahan kang ora kêna kinaya ngapa, padha ngakèhna panyêbute marang Allah nganggo kalimah loro mau ana sadhengah waktu lan sadhengah tingkah, ing sabisa-bisa aja nganti ana măngsa kang kothong ora isi kalimah loro mau, utawa ora isi cipta marang surasaning kalimah loro nganti awor karo gêtih lan daginge. Ing kono mêsthi andêlêng sakèhing kaelokan sarta wêwadining Allah kang tanpa wilangan.

Gusti Allah wis ngudanèni sapira kèhe makrifat kang dikatingalake marang batine siji-sijining wong, kang tuwuh ing kalairane [kalair...]

--- 207 ---

[...ane] dadi kalakuan bêcik, kaya ta: narima, iya iku kothonging ati ora isi pêpenginan marang barang kang kêna rusak, lan ora ngêndêl-êndêlake barang kang bisa ilang. Sanadyan tangane isih gêlêm nyêkêl băndha kang khalal, nanging panganggêpe mung barang gadhuhan utawa titipaning Allah bae, sarta ditanjakake marang barang kang dililani ing sarak, ênggone nanjakake mau sumurup dadi wakiling Allah. Sabên dina tansah ngarêp-arêp besuk apa băndha mau dipundhut ing Allah jalaran mati utawa liya-liyane. Kalakuan utawa panganggêp mangkono mau mêsthi nyirnakake budi kumantil-kantile marang sunya kang ora kêna ora bakal ilang.

Lan manèh kalakuan bêcik iku, kaya ta: tawakal, têgêse: pasrah maring Allah, iya iku kumandêling ati marang Allah kang dipasrahi, sanadyan kapêpêtan sababing kabêgjan, ewadene atine ora owah, mênêng lan têntrêm, ngandêl maring Allah kang nitahake sabab. Dene prakara ênggone isih gêlêm nyambutgawe marsudi sabab, iku ora dadi apa, anggêre atine têtêp têntrêm ngandêl, pasrah marang Allah, olèh sabab lan ora olèh padha bae.

Lan manèh ewoning kalakuan bêcik iku wirang marang Allah yèn ngantia nglirwakake parentahe utawa nêrak larangane, utawa sêsambat marang sapêpadhaning tumitah.

--- 208 ---

Lan manèh kalakuan bêcik iku kaya ta: rumasa ora butuh marang sabab-sabab kang marang kabêgjan ing dunya.

Lan manèh kalakuan bêcik iku kaya ta: atine ora pisan kapengin anglumpukake dunya, amarga rumasa ora duwe butuh marang dunya.

Lan manèh kalakuan bêcik iku kaya ta: jinêm, lumuh calathu ngalêm utawa mada.

Lan manèh kalakuan bêcik iku kaya ta: ngalah marang sapadha-padhaning manungsa ing samubarang prakara kang pangalahe mau ora cinacad ing sarak, lan liya-liyane kalakuan bêcik, akèh bangêt yèn dipratelakake kabèh.

Dene sing sapa wis andêlêng kaelokan utawa wadining Allah mau mêsthi diparingi kramat dening Allah, iya iku sadhengah kaelokan kang nyulayani khukum ngadat.

Gusti Allah muga paringa pitulung marang aku lan para mitraku lan para sadulurku lan para kêkasihku, kabèh padha kêlara tumêmên anglakoni parentahing Allah sarta nyingkiri laranganing Allah, olèha barkah ing kaluhurane kangjêng rasul kang kamulyane ngungkuli para rasul kabèh lan ngungkuli para titah kabèh, Gustiku Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wasalam. Sakèhing pêpuji iku konjuk ing Allah pangeraning amal kabèh.

Tamat.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

 


§ Dadi têmbung Arab sifat, iku têmbunge Jawa kang patitis dhewe: pambeda, nanging sarèhning têmbung pambeda iku durung lumrah kanggone, mulane kasarah marang kang gêlêm nganggo. (kembali)
§ Ngakal iku têmbung Arab, têgêse budi. (kembali)
§ Ngadat iku têmbung Arab, têgêse sabên. (kembali)
§ Sarak iku têmbung Arab, têgêse nglakoni pranatane kangjêng rasul. (kembali)
§ Jirim iku têmbung Arab, têgêse: ka[kang] angêsuk hawa. (kembali)
§ Adon-adon sukan jambèn iku: cokak, madu tawon lan êndhog pitik, diwor dadi siji mêntahan bae. (kembali)
§ Imam Kharamain iku asmane Ngabdul Malik bin Ngabdulah al Juwaini, mulane disêbut Imam Kharamain, awit dadi imame masjid tanah Kharam loro, iya iku nagara Mêkah lan nagara Madinah, dohe nagara loro mau lakon rolas dina lakuning unta lumaku rina wêngi. Imam Kharamin mau bisa angimami sêmbahyang Jumungah ana ing nagara Mêkah, sabubare banjur angimami sêmbahyang Jumungah ana ing Madinah. (kembali)
§ Kadim iku têmbung Arab, têgêse: dhisik dhewe tanpa kawitan. (kembali)
sarirane. (kembali)
10 § Têgêse têmbung lêstari ana ing ukara iki, iya iku sajrone awak kang kadunungan sifat wujud durung sirna. (kembali)
11 iradat. (kembali)
12 iku. (kembali)
13 kuwasaning. (kembali)
14 § Abu Jahal iku kaprênah ingkang paman gusti rasul, rayine ingkang rama. (kembali)
15 nuwuhake. (kembali)
16 § Lhid, iku têmbung Arab, têgêse: barang loro kang ora bisa kumpul, nanging bisa oncat loro pisan, kaya ta: ngadêg lan linggih, awit Si Suta ora bisa ngadêg dirangkêp karo linggih, nanging bisa: ora ngadêg sarta ora linggih. Yèn dijawakake, kaya-kaya: têtimbangan. (kembali)
17 § Nakil, iku têmbung Arab, têgêse: barang loro kang ora bisa kumpul sarta ora bisa oncat karo pisan, kaya ta: ngadêg lan ora ngadêg. Awit Si Suta ora bisa ngrangkêp ngadêg lan ora ngadêg, sarta ora bisa oncat saka ngadêg lan ora ngadêg, kudu nganggo salah sijine. (kembali)
18 § Pathokane kang diarani: ngumum khusus wajêhi iku barang loro, kang bisa tunggal sarta bisa pisah, kaya ta: têmbung ali-ali wêsi, iku aran: ngumum khusus wajêhi, awit ali-ali iku ana kang wêsi lan ana kang dudu wêsi, iya iku ali-ali êmas, salaka, têmbaga sapanunggalane. Mangkono uga wêsi iku iya ana kang ali-ali lan ana kang dudu ali-ali, iya iku wêsi paku, lading, dom sapanunggalane. Kajaba ngumum khusus wajêhi ana manèh kang diarani: ngumum khusus mutlag, pathokane kudu barang loro, kang siji bisa nunggil misah sijine mung nunggal bae, kaya ta: banyu sagara, sarupaning sagara mêsthi banyu, nanging banyu ora mêsthi sagara, ana kang sagara lan ana kang dudu sagara, iya iku banyu sumur, banyu umbul, banyu kali sapêpadhane. (kembali)
19 § Kang diarani ngilmu laruri utawa badihi iku kawruh kang tumancêbe ing ati, saking cêthane nganti ora susah ngêmpakake pamikir, kaya ta kawruh: siji iku saparoning loro, dene ngilmu nalari iku kawruh kang bisane tumancêb ing ati kudu sarana ngêmpakake pamikir utawa nganakake tăndha yêkti dhisik, kaya ta kawruh: anyaring alam. (kembali)
20 utawa. (kembali)
21 § Kalimah iku têmbung Arab, têgêse: têmbung tokhid: iya têmbung Arab, têgêse: nganggêp sawiji. Dadi kalimah tokhid, karêpe: têtêmbungan kang surasane nganggêp sawiji maring Allah. (kembali)
22 § Allah ênggone ora butuh apa-apa marang liyane iku ing têmbung Arab diarani sifat istihna, iya iku perangan gêdhe saka sifat rong puluh, awit sifat rong puluh iku kaperang dadi loro, kang saperangan diarani, sifat istihna, têgêse: ora butuh apa-apa, lan saperangan manèh diarani: sifat istikar, têgêse: dibutuhi, dadi sifat rong puluh iku ana kang milu perangan sifat istihna lan ana kang milu perangan sifat istikar. (kembali)
23 § Kang diarani kadariyah iku sawijining pakumpulan, kang duwe panêmu yèn sarupaning kawula iki padha bisa nindakake panggawene dhewe-dhewe, tanpa magêpokan kuwasaning Allah, dene kafir lan duraka iku dudu pêpêsthèning Allah. Pakumpulan kadariyah iku kalêbu peranganing pakumpulan muktajilah. (kembali)
24 § Fulasifah iku araning pakumpulan ing tanah Yunani, panggêdhene aran: Felasuf, iku padha marsudi budi, adêging pakumpulan mau wiwit sadurunge jumênêng Kangjêng Nabi Musa, padha duwe panêmu yèn roh iku kidam. Barêng Kangjêng Nabi Musa jumênêng banjur diparentahi manut agama Musa, nanging padha mopo, ature: kula botên butuh dhatêng kawruh sampeyan. (kembali)
25 § Wong Tabaingin iya kalêbu peranganing fulasifah, nanging duwe panêmu yèn watêk-watêk iku nglabêti. (kembali)
26 § Wong bidêngah têgêse wong kang ngadani gagrag anyar, ora manut lampahe kangjêng rasul, bidêngah mau ana kang ala lan ana kang bêcik, manawa gagrag mau nuntuni marang panggawe ala: iya ala, nanging yèn nuntuni marang panggawe bêcik iya bêcik. (kembali)
27 § Pamulang sarana pangandika wis cêtha. Dene pamulang sarana pandamêl iku, kaya ta: kangjêng rasul ngênggoni gêlang pênyu marang putrane, iku dadi wêwulang yèn wong nganggo barang pênyu, kaya ta: jungkat, gêlang sapêpadhane iku kêna (dudu larangan). Wêwulang sarana kèndêl upamane mangkene: kangjêng rasul pirsa wong nglakoni sawijining pagawean, măngka kèndêl bae ora nyêgah, iku dadi wêwulang yèn panggawe kang dilakoni iku kêna (dudu larangan). (kembali)