Wedhatama Kawêdhar, Wiryapanitra, 1936, #1104

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SERIE No. ... WEDATAMA KAWEDAR REGI F 0,35.

Sêrat Wedhatama Kawêdhar

Inggih punika amêdharakên suraosipun Sêrat Wedhatama, kalarasakên tumanduking piwulang gathukipun kalihan raosing ngèlmi.

Jilid I.

Kawêdharakên dening Wiryapanitra, Kundhèn Panularan, Surakarta.

Kasade dening: Radèn Wakija, BOEKHANDEL PASARPON SOLO 1936.

--- [1] ---

Sêrat Wedhatama Kawêdhar

Inggih punika amêdharakên suraosipun Sêrat Wedhatama, kalarasakên tumanduking piwulang gathukipun kalihan raosing ngèlmi.

Jilid I.

Kawêdharakên dening Wiryapanitra, Kundhèn Panularan, Surakarta.

Kawêdalakên kasade dening: Radèn Wakija, BOEKHANDEL PASARPON SOLO 1936.

--- [2] ---

HAK PENGARANG DIPERLINDUNGI OLEH WET!

--- [3] ---

Bêbuka.

Kula nuwun, mênggah anggèn kula mêdharakên buku Wedhatama, punika amêdharakên suraosipun Sêrat Wedhatama, anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV, ingkang sampun sumêbar sarta sampun têtela dipun rêmêni ing ngakathah. Wondene anggèn kula mêdharakên wau botên nêgêsi têmbung Kawi - kajarwakakên, utawi luguning cariyos. Nanging kula namung amêdharakên suraosipun tumanduking piwulang, sarana kalaras gathukipun kalihan raosing ngèlmi. Amila sagêd ugi nyêbal sangêt, upaminipun ing sêkar sinom, nyariyosakên: Kangjêng Ratu Kidul, punika limrahipun dados kapitadosan bilih ratuning lêlêmbat ing Sagara Kidul (Mancingan). Ing măngka katrimahipun ingkang Sinuhun Agung ing Mataram kacariyosakên sarêng sagêd pinanggih Kangjêng Ratu Kidul. Ingatasipun badhe kangge têtuladan ing ngakathah, manawi kapurih tiru-tiru tirakat dhatêng Mancingan sarana angèsthi Kangjêng Ratu Kidul, saking pamanggih kula tumrap [tumra...]

--- [4] ---

[...p] tiyang ngèlmi kirang prayogi. Amila ing ngriki kula gathukakên kalihan raosing ngèlmi, inggih punika: ratuning Sagara Jinêm, pêparab Sang Sabda Kun. Dados manawi kangge tuladan langkung prayogi angèsthi ingkang mêngkoni sarira pribadi.

Mênggah wêdharan kula punika punapa sagêd anocogi kalihan kaparênging karsa dalêm, saèstunipun nyamut-nyamut sangêt, paribasanipun: cêcak nguntal êlo: sanadyan namung dados gêgujênganing ngakathah, namung nyumanggakakên. Jêr raosing manah kula botên nêdya kumawasis utawi supados dipun anggêpa lêrês, nanging namung trimah luwung kangge pêpiridan sawatawis. Amargi sajatosipun Sêrat Wedhatama punika, suraosipun piwulang: kathah ingkang sinandi kadhapuk pralambang, utawi pitêdah lampahing kaalusan, punapa malih ugi wontên têmbungipun Kawi. Ingkang makatên punika tumrap para sadhèrèk ingkang taksih tidha-tidha pangastaning ngèlmi, saèstu lajêng sulaya panyuraosipun, andadosakên kirang sakeca, utawi eman-eman sangêt ingatasipun piwulang ingkang sampun maton (kitabipun tiyang

--- [5] ---

Jawi), upami ngantos botên mangrêtos dunungipun.

Awit saking punika, sawêdalipun Sêrat Wedhatama Kawêdhar, bokmanawi wontên lêpating panyuraos kula nyuwun gunging pangapuntên.

Surakarta, wulan Agustus 1936.

Kula ingkang mêdharakên: Wiryapanitra.

--- [6] ---

[...]

--- 7 ---

[Pangkur]

1. mingkar-mingkuring angkara | akarana karênan mardisiwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji ||

1. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Mingkar-mingkur, anêrangakên bilih waosan punika têmbangipun pangkur, utawi atêgês: mungkur. Angkara têgêsipun: angkara murka.

Mingkar-mingkuring angkara, tê: sampun sagêd angungkurakên angkara murka, katranganipun: kangge dhêdhasaripun tiyang badhe nandukakên piwulang, langkung prayogi: sampun sagêd angungkurakên angkara murka, utawi botên mêngku pamrih: ngibarating ngèlmi, rahsa.

Akarana karênan mardisiwi, tê: awit saking kasêngsêm mêmulang dhatêng putra, ngibarating ngèlmi, rahsa.

Sinawung rêsmining kidung, punika ngibarat. Katranganipun: supados kasêngsêm. Sinuba, tê: dipun sukani piwulang sae ingkang kathah, ngibarating ngèlmi, piwulang lair sarta batos. Sinukart, tê: dipun rêngga, utawi dipun tata saprayoginipun.

Sinuba sinukarta, tê: dipun wulang kawruh lair tuwin kabatosan, kanthi kapilah-pilahakên tumanjanipun.

--- 8 ---

Krêtarta, tê: tumanêm, utawi ngrêmbaka. Pakarti, tê: pandamêl, ngibarating ngèlmi, daya prabawa. Ngèlmu luhung, tê: kawruh ugêring agêsang, utawi ngèlmi kasampurnan.

Mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung, tê: sagêda tumanêm jalaran saking dayaning ngèlmi.

Tanah Jawa, punika katranganipun: anggadhahi dhêdhasar utawi lagon piyambak.

Kang tumrap nèng tanah Jawa, tê: ingkang kalimrah wontên tanah Jawi, sampun anggadhahi dhêdhasar utawi lagon piyambak.

Agama, tê: anggèn-anggèning Suksma (ngèlmi). Aji, tê: ratu, ngibarating ngèlmi, ratuning Suksma (Gusti Allah).

Agama agêming aji, tê: anggèn-anggèning Suksma punika agêming Allah. Ngibarating ngèlmi, agama punika dhawuh pangandikaning Allah (Sang Sabda).

2. jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | măngka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||

2. Kawêdharakên suraosipun makatên:

--- 9 ---

Jinêjêr, tê: kapacak. Wedhatama, tê: wêwaton utami, utawi nyêbutakên namaning sêrat: Wedhatama. Jinêjêr nèng Wedhatama, tê: kapacak ing sêrat nama Wedhatama.

Mrih tan kêmba, tê: supados tlatèn. Kêmbênganing pambudi, ngibarating ngèlmi, angên-angên.

Mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi, tê: supados angên-angênipun sagêda tlatèn. Katranganipun: supados kêrêp kawaos kangge panggigahing manah.

Tuwa pikun, tê: tiyang sêpuh ingkang limrahipun sampun kasêbut êmbah, nanging dèrèng mangrêtos ing ngèlmi.

Măngka nadyan tuwa pikun, tê: măngka tiyang punika sanadyan sampun sêpuh ngantos sinêbut simbah.

Wikan, tê: sumêrêp ing kaalusan (sanès sumêrêping netra). Rasa, tê: rahsaning Suksma, utawi rahsa jati, (sanès raosing badan utawi lidhah).

Yèn tan mikani rasa, bilih botên sumêrêp thukuling rahsa jati.

Yêkti sêpi, tê: amratandhani ing lêbêtipun suwung. Asêpa, tê: tanpa raos. Lir sêpah samun, punika paribasan.

Yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun, tê: amratandhani ing lêbêtipun [lê...]

--- 10 ---

[...bêtipun] suwung, tanpa raos, paribasanipun kadosdene sêpah ingkang sampun ical lêginipun. Ngibarating ngèlmi, suwung punika isinipun namung angên-angên.

Samangsane pakumpulan, tê: manawi anglêrêsi klêmpakan kalihan para sadhèrèk, mitra, tuwin sapanunggilanipun.

Gonyak-ganyuk nglêlingsêmi, tê: anggènipun nyambêt rêmbaging sanès, botên sagêd mantuk kalihan jêjêring rêmbag, têmahan namung damêl lingsêm tumraping pakêmpalan wau. Ngibarating ngèlmi, angên-angên.

3. gugu karsane priyăngga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||

3. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Gugu karsane priyăngga, tê: ngugêmi kawruhipun piyambak, katranganipun: botên mupakat, nyêbal saking wêwaton 4 prakawis.

Pêparah, tê: êmpan papan, utawi mawas.

Nora nganggo pêparah lamun angling, tê: manawi rêmbagan botên mawi mawas dhatêng rencangipun (sêpên ing panggraita). Ngibarating ngèlmi, angên-angên.

--- 11 ---

Lumuh, tê: sungkan. Balilu, tê: tiyang ingkang dèrèng angsal wulangan.

Lumuh ingaran balilu, tê: pambêgan kumawasis, ngibarating ngèlmi, watak gumagah (budi).

Ugêr guru alêman, tê: minggah umpakan, ngibarating ngèlmi, angên-angên.

Waspada, tê: pangrêtosaning kaalusan (sanès pangrêtosing pikiran). Sêmu, tê: prasêmon, utawi ulat.

Nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu, tê: nanging tiyang ingkang sampun mênêp manahipun sagêd mangrêtos dhatêng sêmuning ulat. Ngibarating ngèlmi, rahsa jati.

Sinamun, tê: dipun aling-alingi ingkang alus. Samudana, tê: lamis.

Sinamun ing samudana = sinamun ing sêmu, katranganipun: dipun aling-alingi sarana lamis (sagêd ngêmpali). Paribasanipun: tiyang punika sagêda ajur ajèr, nanging sampun ngantos kêjèr.

Sêsadon ingadu manis, punika paribasan. Tê: namung katampi kalihan mèsêm kemawon.

4. si pêngung nora nglêgewa | sangsayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angêndhukur | kandhane nora

--- 12 ---

kaprah | saya elok alăngka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||

4. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Si pêngung, tê: tiyang ingkang pambêganipun gumagah angêngkoki ngèlmi. Nglêgewa, tê: anggraita.

Si pêngung nora nglêgewa, tê: tiyang ingkang gumagah wau botên anggraita, ngibarating ngèlmi, akaling budi.

Sangsayarda dènira cêcariwis, tê: saya mêmpêng anggènipun crita. Ngibarating ngèlmi, gagasaning angên-angên.

Ngandhar-andhar angêndhukur, punika ngibarat: crita ingkang panjang botên turut. Ngibarating ngèlmi, gagasaning angên-angên.

Kandhane nora kaprah, tê: rêmbagipun botên mupakat (tanpa waton). Ngibarating ngèlmi, angên-angên.

Saya elok, tê: nylênèh sangêt. Alăngka longkanganipun, tê: tuna dungkap (sumurup utawi langkung).

Saya elok alăngka longkanganipun, tê: saya nylênèh sarta taksih tuna dungkap anggèning ngêncupi. Ngibarating ngèlmi, pikiran.

Si wasis, tê: tiyang ingkang mangrêtos ing agal lêmbat.

Waskitha, tê: sumêrêp sadèrèngipun winarah. Ngalah,

--- 13 ---

tê: narimah kawon.

Si wasis waskitha ngalah, tê: tiyang ingkang sampun dados ngèlminipun dhêdhasaring manah narimah kawon. Ngibarating ngèlmi, rahsa jati.

Ngalingi marang si pingging, tê: botên purun mêlèhakên dhatêng kabodhoaning sanès. Ngibarating ngèlmi, rahsa jati.

5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||

5. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Ngèlmu kang nyata, tê: sabdaning Allah ingkang sampun kalairakên sagêd cocog kalihan kawontênanipun.

Mangkono ngèlmu kang nyata, tê: kados makatên wau dadosing ngèlmi.

Sanyatane mung wèh rêsêping ati, tê: katêntrêmanipun sagêd kanyataan anumusi rêsêping sanès. Ngibarating ngèlmi, (daya saking gambuhing kawula - Gusti).

Bungah ingaranan cubluk, tê: narimah dipun wastani tiyang

--- 14 ---

botên mangrêtos punapa-punapa. Ngibarating ngèlmi, rahsa jati.

Sukèng tyas yèn dèn ina, tê: dhêdhasaring manah narimah manawi dipun êpal. Ngibarating ngèlmi, rahsa jati.

Nora kaya si punggung anggung gumunggung, tê: botên kados tiyang ingkang bodho tansah kumlungkung. Ngibarating ngèlmi, angên-angên.

Ugungan sadina-dina, tê: ing sadintên-dintên tansah anglaras ingkang sarwa eca tuwin sakeca kemawon. Ngibarating ngèlmi, hawa nêpsu.

Aja mangkono wong urip, tê: pêpeling: tiyang gêsang sampun ngantos tansah tumindak nuruti hawa nêpsu kemawon.

6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||

6. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Uripe sapisan, tê: gêsang ingkang botên tumimbal lair malih, utawi botên anglungsungi. Rusak, tê: manah [ma...]

--- 15 ---

[...nah] ingkang miyar-miyur.

Uripe sapisan rusak, tê: gêsangipun wontên dunya manahipun miyar-miyur. Ngibarating ngèlmi, tiyang ingkang mangeran angên-angên, manahipun botên sagêd têtêp utawi tajêm.

Nora mulur nalare ting saluwir, tê: nalaripun cêkak gagasanipun pating clêkuthik, tanpa paedah. Ngibarating ngèlmi, angên-angên.

Kadi ta guwa kang sirung, punika sanepa: kadosdene guwa ingkang singup. Ngibarating ngèlmi, badan, plawanganipun păncadriya.

Sinêrang ing maruta, punika sanepa: katêmpuh ing angin. Ngibarating ngèlmi, malêbêtipun swasana.

Gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung, punika sanepa: suwantênipun gumrênggêng tansah gumrunggung kemawon. Ngibarating ngèlmi, malêbêting swasana wau ambêkta pawartos warni-warni, lajêng sagêd nukulakên gagasaning angên-angên tansah ngothak-athik, angumandhang salêbêting badan, tansah kumrungsung kemawon.

Pindha padhane si mudha, tê: wêwatêkan kados makatên punika sami kalihan dhêdhasaripun tiyang ênèm. Ngibarating ngèlmi, ubaling păncadriya.

--- 16 ---

Prandene paksa kumaki, tê: ewadene rêmbagipun sajak dakik-dakik kadosdene tiyang sêpuh ingkang ahli budi. Ngibarating ngèlmi, wêwatêkanipun angên-angên rêmên angemba sang guru jati.

7. kikisane mung sapala | palayune ngêndêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring atining tata krama | gon-anggon agama suci ||

7. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Kikisane mung sapala, tê: pêpuntoning têkad namung ngêmpèk-êmpèk, utawi trimah nunut-nunut. Ngibarating ngèlmi, dhêdhasaripun păncadriya botên pandakan.

Palayune ngandêlkên yayah wibi, tê: botên wurung anjagèkakên pitulunganing rama ibu. Katranganipun: tiyang sungkanan, lumuh marsudi dayanipun piyambak. Ngibarating ngèlmi, tindak ingkang kêrêp kaplèsèt jalaran saking nuruti gagasaning angên-angên, wêkasanipun botên wurung inggih sambat dhatêng Ingkang Kuwaos (Gusti Allah! nyuwun ngapura).

Bangkit tur bangsaning luhur, tê: dhasar pintêr, punapa malih taksih [ta...]

--- 17 ---

[...ksih] jumênêng mêngku kawibawan, katranganipun: anêdahakên kalangkunganing tiyang, dene sagêdipun makatên kala rumiyin anggèning marsudi mêsthi inggih langkung saking sasami.

Lah iya ingkang rama, tê: punika tumrap ingkang rama: katranganipun: satunggaling tiyang punika sampun gadhah adêgan piyambak-piyambak, amila langkung prayogi nitipriksa kawontênanipun piyambak.

Balik sira sarawungan bae durung, tê: sarêng piyambakipun ngêmpali kemawon dèrèng nate. Katranganipun: tiyang punika golong-golongan miturut adhêping manah, dados ingkang sawêg rêmên karoyalan inggih botên purun ngêmpali tiyang ahli budi.

Mring atining tata krama, tê: dhatêng kautamaning tindak, utawi dhatêng alusing bêbudèn.

Gon-anggon, tê: prabot. Ngibarating ngèlmi, sarak kangge tumindaking kalairan. Agama suci, tê: sabdaning Allah. (Allah ingkang botên palsu, upaminipun: dede rêca, kajêng, sela, enz) ngibarating ngèlmi, tatananing kabatosan.

Gon-anggon agama suci, tê: saraking ngèlmi. Katranganipun: tiyang ingkang nindakakên kautamaning kalairan, punika amratandhani bilih ing batosipun madhêp [madhê...]

--- 18 ---

[...p] dhatêng Gusti Allah.

8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh asor kudu unggul | sumêngah sêsongaran | yèn mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||

8. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Socaning jiwangganira, tê: cirining wêwatêkanmu, Iman Supingi, utawi căndra. Katranganipun: peranganing badan sakojur punika satunggal-tunggalipun wontên ingkang dados pratăndha cirining wêwatêkan.

Jêr katara lamun pocapan pasthi, tê: ugi sagêd katitik saking rêmbagipun. Katranganipun: rêmbag ngèyèl, songol, kakon atèn, enz.

Lumuh asor kudu unggul, tê: rêmên ngêjori kalangkunganing sanès, ngibarating ngèlmi, kagêngên pambêgan.

Sumêngah sêsongaran, tê: sumbar-sumbar. Katranganipun: rêmên ngatingalakên gêgêbênganipun. Ngibarating ngèlmi, watêking budi.

Yèn mangkono kêna ingaran katungkul. Tê: manawi makatên kenging kawastanan katungkul, katranganipun: kolêg [kolê...]

--- 19 ---

[...g] dhatêng pandamêl dunya (namung mligi mikir kabêtahaning raga). Ngibarating ngèlmi, mangeran dhatêng angên-angên.

Karêm, tê: kasênêngan ingkang sampun lumèngkèt. Rèh, tê: pakarti. Kaprawiran, tê: kadigdayan (aji jaya).

Karêm ing rèh kaprawiran, tê: klêbêt sangêt dhatêng kadigdayan. Katranganipun: tansah amarsudi wulêding kulit, atosing balung, sarana aji jaya. Nora enak iku kaki, tê: nuturi dhatêng putra kasêbut anggèr, makatên punika kirang prayogi.

9. kêkêrane ngèlmu ngarang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok păncabaya | ubayane balenjani ||

9. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Kêkêran, tê: undêran, utawi sorogan. Ngèlmu karang, tê: ngèlmi sikir, aji jaya, mujijatan, enz. Kêkêrane ngèlmu ngarang, tê: soroganing ngèlmi sikir enz.

Kêkarangan saking bangsaning gaib, tê: pangrakitipun kapêndhêtakên [kapê...]

--- 20 ---

[...ndhêtakên] daya saking kuwasanipun sadhèrèk sakawan gangsal pancêr (dayaning kaalusan). Iku borèh paminipun, punika paribasan, kadosdene borèh. Ngibarating ngèlmi, sawêg pandamêl lair (kabêtahaning raga).

Tan rumasuk ing jasad, ngibarating ngèlmi, botên dumugi ing batos. Katranganipun: dèrèng sagêd ngewahi wêwatêkanipun ingkang wangkal. Amung anèng sajabaning daging kulup, tê: paring pangrêtosan dhatêng putra, bilih ngèlmi karang wau dunungipun namung wontên sajawining badan, utawi namung lapisan (dede ngèlmi kak). Ngibarating ngèlmi, namung mligi kalangkunganing raga (dunya). Taksih sagêd ewah gingsir. Yèn kapêngkok păncabaya, tê: manawi kataman pakèwêt ingkang dadakan. Ubayane balenjani, tê: gêbênganing ngèlmi wau sagêd ugi cabar. Katranganipun: ngèlmi sikir, aji jaya, mujijatan, punika sadaya kenging dipun tulak (dipun cabarakên) dening sanès.

10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||

10. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Marma ing sabisa-bisa, tê: mila prayogi kamanaha. Katranganipun: tlatos.

--- 21 ---

Bêbasane muriha tyas basuki, tê: ngupadosa wilujênging jiwa raga. Katranganipun: ngupadosa kawruh kautamaning tindak, sarta kawruh kabatosan.

Puruhita, tê: maguru. Kang patut, tê: kawruh ugêring agêsang.

Puruhitaa kang patut, tê: magurua ngèlmi kasampurnan.

Lan traping angganira, tê: tuwin dêdununganing badanipun piyambak. Katranganipun: ingkang sagêd andunungakên patrap panganggenipun prabot kita piyambak, dalah daya kuwasanipun ing lair sarta batos.

Anggêr, tê: wèt. Ngibarating ngèlmi, sarak. Ugêr, tê: wêwaton. Kaprabun, tê: agêming ratu. Ngibarating ngèlmi, agêming Allah. (Sabda).

Ana uga anggêr ugêring kaprabun, tê: ugi wontên wêwaton saraking Allah.

Abon-aboning panêmbah, tê: rêrangkèning sêmbahyang. Katranganipun: dede donga sarta puji, utawi dede gêdhang ayu, suruh ayu, nanging patraping solah bawa, muna-muni, sarta madhêping manah ingkang nêdya manunggil.

Kang kambah ing siyang ratri, tê: ingkang kangge ing wanci siyang tuwin dalu. Katranganipun: ingkang kangge ing wanci siyang,

--- 22 ---

lampahing lair anindakna kautamaning kalakuan, manah madhêp, tuwin tajêming solah bawa.

Ingkang kangge ing wanci dalu, ing batos amarsudia wêninging manah, sarta anggladhi patrap samadi.

11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kawawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng janma wrêda | tuwin mudha sudra kaki ||

11. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Iku kaki takokêna, tê: punika wau anggèr nyuwuna katrangan.

Sarjana, tê: tiyang pintêr. Tapa saking têmbung Sansêkrit, tapas, tê: nyirêp hawa nêpsu, kanthi ngungalakên urubing gêsang.

Marang para sarjana kang martapi, tê: dhatêng para tiyang pintêr ingkang ulah samadi.

Mring tapaking têpa tulus, tê: ingkang sagêd gambuh kalihan sang guru jati. Katranganipun: ingkang anggadhahi patilasan nyata sagêd lastari, punika namung sang guru jati, utawi tapak punika atêgês tapak astaning Allah (asma).

--- 23 ---

Kawawa nahên hawa, tê: santosa sangêt anggèning ngêndhakakên hawa. Ngibarating ngèlmi, ênêng-êning.

Wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu, tê: mangrêtosa mênggah jêjêring ngèlmi.

Tan pasthi nèng janma wrêda, tê: dèrèng kantênan dumunung ing tiyang sêpuh.

Tuwin mudha sudra kaki, tê: sagêd ugi tiyang ênèm utawi tiyang asor.

12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil ||

12. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Wahyuning Allah, tê: sihing Allah. Ngibarating ngèlmi, wênganing raos, ingkang ambikak manah èngêt dhatêng kawêningan, raosipun ènthèng, inggih punika ingkang dados wêwaton badhe nindakakên patrap samadi.

Sapantuk wahyuning Allah, tê: sintên ingkang sampun kabikak raosipun.

Gya dumilah, tê: manah wêning tanpa jalaran kawontênan lair. [la...]

--- 24 ---

[...ir.] Mangulah, tê: ngrakit dumugining dados. Ngèlmu, tê: anggèn-anggèning Suksma. Bangkit, tê: pintêr, utawi sagêd.

Gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit, tê: sami sanalika manahipun wêning lajêng sagêd angrakit kaalusanipun. Ngibarating ngèlmi, sawêg èngêt tata-tata badhe patrap samadi.

Bangkit, tê: sagêd. Mikat, tê: mapanakên păncadriya. Katranganipun: supados botên tumpangsuh. Rèh, tê: katata. Mangukut, tê: anglêmpakakên păncadriya kadadosakên satunggal kanthi kaênêngakên (botên mobah sarta mosik).

Bangkit mikat rèh mangukut, ngibarating ngèlmi, tumindak patrap samadi sawêg dumugi ênêng-êning.

Kukutaning jiwangga, tê: patrap samadi, ingkang sampun sagêd anjumênêngakên sang hyang pramana. Mênggah katrangan patrapipun kados ing ngandhap punika:

1. Patraping badan, kenging sarana sarean, lênggah sèndhèn, tuwin sarean ing kursi malês. Makatên wau wêwatonipun namung miturut sakecaning raosipun piyambak.

2. Anglêmpakakên karêp sangang prakawis, inggih punika: [pu...]

--- 25 ---

[...nika:] 1. angên-angên, 2. pikiran, 3. budi, 4. karêping manah, jangkêpipun sanga păncadriya, karacut dados satunggal, lajêng kaênêngakên.

3. Êninging manah nêdya manunggil kajumbuhna kalihan mêlênging netra. Dene netra sampun ngantos ebah. Kadosdene kamitonggongên, nanging tlapukan nutup.

4. Ngrakit anjumênêngakên wontên ing betal makmur, inggih punika Sang Tingal Jati, utawi Sang Hyang Pramana kaangkaha sagêdipun minggah jumênêng ing palênggahan dhampar manik. Dene lampahipun sarana roh pêthak sarta angin ingkang ambêkta minggah.

5. Roh pêthak punika têgêsipun: ênênging păncadriya wau sagêd mahanani rohipun mênêp (wêning). Amila panarikipun minggah sampun ngantos dipun rosani, nanging alon-alon kemawon, salintiripun, supados botên mubal. Dene manawi nganton[1] roh abrit ingkang katarik minggah, raosipun dhatêng sirah gumèndhêl sarta gumrêbêg, anjalari pêtênging panon.

6. Angin punika peranganipun wontên kawan prakawis, [praka...]

--- 26 ---

[...wis,] 1. napas, 2. anpas, 3. tanapas, 4. nupus, lajêng katata tumindakipun. Napas sarta anpas kalêrêmakên langkung rumiyin, supados sampun ngantos ngangsur. Lajêng wiwit narik nupus saking betal mukaram alon-alon ingkang sarèh, lajêng kapêtêlakên mangandhap dhatêng pusêr, salajêngipun dhatêng wingking nurut lampahing ula-ula manginggil dumugi tênggok. Kasambêt angin tanapas saking jawi malêbêtipun dhatêng grana têrus dumugi tênggok sagêd kêmpal dados satunggal, kalajêngakên dipun putêr manginggil dhatêng betal makmur, sinambi adhêpipun salat daim, ngiras pantês nyambutdamêl amutêr angin wau wongsal-wangsul ngantos kandhas (sampun ngantos anjlog dhatêng padharan) malêbêting angin sabên dumugi tênggok kalajêngna kemawon kaputêr minggah. Manawi ênêngipun saèstu, sampun tamtu sagêd jumênêng.

7. Katitikipun manawi sampun jumênêng, muka kraos pating griming, netra kraos silir, ambaliyut nanging botên ngantuk (taksih èngêt). Mêlênging netra lajêng sagêd anyumêrêpi alam kaalusan, inggih punika: păncamaya.

--- 27 ---

Dene wujudipun pating gêmbulêng amăncawarni, gilir gumanti, inggih punika warana ingkang agung tansah anglimputi.

8. Warana ingkang agung wau sagêdipun sirna, kêdah amusthi sanjata pamungkas, santosa ing tekad, eklas, sarana salat daim.

Katrangan ing nginggil punika tambahan saking pamanggih kula, bokmanawi wontên gèsèhing pamanggih, kula namung nyuwun pangapuntên.

Yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh, tê: manawi sampun sagêd nindakakên patrap samadi, inggih punika kenging kawastanan tiyang sêpuh.

Liring sêpuh sêpi hawa, tê: nir, adhêpipun salat daim ingkang ngantos suwung saèstu. Awas roroning atunggil, tê: lajêng sagêd sapatêmon adhêp-adhêpan, kawula - Gusti. Kadosdene Suluk Dewaruci ing sêkar dhandhanggula, nyariyosakên makatên:

byar katingal ngadhêp Dewaruci | Wrêkodhara miwah sang wiku kawawang[2] | umancur katon cahyane | ...

Katranganipun: sang guru ingkang katingal ngadhêp, dene Wrêkodhara têtêp lênggah kemawon, nanging kadadosan punika sawêg dumugi panguwasanipun betal makmur, taksih manggèn salêbêting

--- 28 ---

kurungan.

13. tan samar pamoring Suksma | sinukmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukane warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyut | pindha pêsating supêna | sumusuping rasa jati ||

13. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Tan samar, tê: tekadipun sampun maton. Pamoring Suksma, tê: kêmpal dados satunggal, ngibarating ngèlmi: upaminipun surya kalihan sorotipun.

Tan samar pamoring Suksma, tê: sampun anggadhahi pangrêtosan bilih dadosing ngèlmi makripat punika manawi sagêd jumênêng pribadi têtêp ing gêsangipun.

Sinukmaya, tê: kaèsthi utawi kabêsut. Winahya, tê: kababar. Sêpi, tê: suwung. Ngibarating ngèlmi, sêpên ing kabêtahan (mênêbing păncadriya).

Sinukmaya winahya ing asêpi, tê: sagêdipun kababar sarana kaèsthi manawi anglêrêsi sêpên kabêtahan. Katranganipun: patrap samadi.

Sinimpên têlênging kalbu, tê: anjumênêngakên ing betal mukaram. Katranganipun: angèngêtana tata malige [mali...]

--- 29 ---

[...ge] ing betal mukaram.

Pambukane warana, tê: kabikaking aling-aling. Ngibarating ngèlmi, sirnaning păncamaya.

Tarlèn, tê: botên sanès. Liyêp, tê: mêrêming netra liyêp-liyêp (ngringin). Layap, tê: raos anglêr sêtêngah èngêt, sêtêngah botên. Luyut, tê: raos anglêr kadosdene badhe kajlungup sami sanalika ing ngriku kasupèn.

Tarlèn saking liyêp layaping aluyut. Ngibarating ngèlmi, botên sanès inggih sarana patrap samadi ingkang têtêp kaênênganipun, eklas dhatêng raga, kanthi salat daim.

Pindha pêsating supêna, punika ngibarat: kadosdene laping tiyang ngimpi. Katranganipun: ing ngriku wontên kawontênan raos kados dipun bandul, sumiyuting bandulan sampun ngantos kagèt, nanging kêdah nurut kemawon, dene raosing badan kados mumbul saking patilêman. Manawi sagêd eklas sarta pasrah bongkokan sumarah ing karsa, lajêng kadadosan mak lap !!!.... ngibarating ngèlmi, wênganing rasa tumlawung.

Sumusuping rasa jati, tê: katêtêpaning gêsang sajati, katranganipun: sagêd jumênêng pribadi, sarta sampun sirna

--- 30 ---

raos pangraosing păncadriya, botên kawêngku ing kabêtahan punapa-punapa, nanging gêsang ingkang amêngkoni sadaya kawontênan, mênggah ingkang makatên punika nama sampun oncat saking kurungan, namung kemawon sarèhning sawêg nama icip, dèrèng dumugi ing takdir, amila namung sakêdhap lajêng wangsul malih, sawangsulipun ing ngriku raos kita sagêd anêksèni ing kayêktosan, inggih punika: raos ayêming katêntrêman ingkang tanpa upami.

14. sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||

14. Kawêdharakên suraosipun makatên:

Sajatine kang mangkana, tê: sagêd kadadosan makatên punika sayêktosipun.

Wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi, tê: sampun kêparêng angsal pitulunganing Pangeran.

Bali alaming asuwung, tê: wangsul dhatêng Rahmatullah. Katranganipun: pêsating jiwa botên manjing ing cahya utawi wêwujudan [wê...]

--- 31 ---

[...wujudan] sanèsipun, anjawi têtêping gêsang sajati ingkang jumênêng.

Tan karêm karamean, ngibarating ngèlmi, sampun uwal saking wêwêngkoning hawa nêpsu (tanpa karêp).

Ingkang sipat wisesa. Ngibarating ngèlmi, sang guru jati. Katranganipun: sang guru jati punika ingkang minăngka wêwakil amranata sadaya kawontênan. Sarta ingkang angasta papêsthèn pandumipun para manusa. Sanepanipun kadosdene Patih Suwănda, ing Maèspati.

Ingkang sipat wisesa-winisesa wus, tê: unusaning manusa ingkang sampun katêtêpan ing gêsang sajati. Jumênêngipun nama: sampun amêngkoni dhatêng sang guru jati.

Mulih mula-mulanira, tê: mantuk dhatêng asalipun piyambak-piyambak, katranganipun: asalipun manusa saking suwung, mantukipun inggih dhatêng suwung. Asalipun saking botên mangrêtos, mantukipun inggih botên mangrêtos, têgêsipun botên sarana kaarah.

Mulane wong anom sami, tê: pramila tiyang ênèm mugi sami èngêta!. Wong anom, sagêd anggadhahi suraos badhe santun sêkar Sinom.

Sambêtipun kawrat ing jilid 2.

__________

--- [32] ---

Buku-buku babaran enggal.

1. Wedhatama Piningit (Sêrat Jăngka) babon asli saking karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anggitanipun swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing nagari Surakarta. Rêgi f 0,20 + prangko f 0,04.

2. Wedha Pramana, gêgaran kangge anggayuh dhatêng kawicaksanan, tuwin sagêd mikani badhe tumuruning wiji dumadosing putra, sarta dhêdhasar wêwatêkanipun. Mawi kasêkarakên saha katêrangakên mawi gambar, rêgi f 0,40 + prangko f 0,06.

3. Purwa Madya Wasana (Sêrat Wirit), larasan saking kawruhipun sarjana ing jaman kina, saha mêdharakên gaibing Pangeran ingkang sampun kanyataan, tuwin katêrangakên patraping samadi êning ingkang ngantos gamblang. Mawi gambar ancasing tekad sarta bandera pralambanging jaman kaalusan, rêgi f 0,65 + prangko f 0,08.

4. Sêrat Sangu Pati. Anyariyosakên bab kawruh kasampurnan, piridan saking wasitaning para guru ingkang sami amêdharakên tekading kasidan. Dening Ki Padmasujana, ing Baki, Surakarta. Rêgi f 0,25 + prangko f 0,04.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Radèn Wakija.

BOEKHANDÊL PASARPON - SOLO.

--- [0] ---

KAÊCAP ING PANGÊCAPAN "DJAWI" KEPATIHAN KULON – SOLO.

 


ngantos. (kembali)
Lebih dua suku kata: Wrêkodhara sang wiku kawawang. (kembali)