Pèngêtan Sêsorahipun Radèn Abdul Mungti, Anonim, #1456

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pèngêtan Sêsorahipun Radèn Abdul Mungti, Ngulami Agêng ing Surakarta.

--- 1 ---

Bab Tarèk.

Kula nuwun, awit saking pamundhutipun salah satunggiling sadhèrèk kula, supados anêrangakên bab: tarèk, sarèhning prakawis punika saking pamanggih kula satunggiling masalah ingkang angèl, awit saking punika, supados para midhangêt punapadene para maos, sampun ngantos kalintu tampi, pramila katranganipun bab wau kula perang dados tiga, ingkang sapisan: anêrangakên tarèk ingkang lêrês.

Ingkang kaping kalih: anêrangakên sipat-sipatipun (sèh/guru).

Ingkang kaping tiga: anêrangakên tiyang ingkang badhe lumêbêt dados murid, punika ingkang langkung rumiyin kêdah kadospundi.

Ing ngandhap punika katêranganipun.

Sadèrèngipun tigang perangan punika katêrangakên, amrih cêthanipun, tarekoh badhe katêrangakên rumiyin, supados dados ular-ularing pangrêmbag.

Têmbung Tarekoh.

Ing dalêm Kuran pangandikanipun Pangeran, ing surat: Jin ayat: 16 makatên:

Têgêsipun makatên, satêmêne yèn manungsa padha jêjêg ajêg anggone nêtêpi tarekoh, sayêkti ingsun paringi udan kalawan banyu kang tawa.

Dipun cariyosakên saking mujahid, bilih têmbung tarekoh punika wau atêgês ... dalan, Islam utawi ... margi ingkang lêrês, Tobari jus 2 kaca 72.

Kasêbut ing tapsir, Munir: jus 2 kaca 406 tuwin tapsir: Abusungut pangandika: ... dipun tapsiri: ... têgêsipun: nêtêpi agami Islam, dados têmbung tarekoh, makna: agama Islam.

Manawi têmbung tarekoh punika kados tapsir ingkang kasêbut ing nginggil, botên samar malih, bilih sabên-sabên tiyang wajib anglampahi, ananging têmbung tarekoh ingkang kinajêngakên para ngulami ahli suci

--- 2 ---

punika makatên: ...

Kasêbut ing kitab: Mutamimat Jamingul Osul, kaca 63 tuwin Takrifat: 94 makatên:

Tarekoh iku dalan kang ditamtokake ing wong kang padha lumaku marang [Allah][1] saka anggone ngambah tataran marang tataran liyane, lan saka sawijine drajad munggah marang drajad sadhuwure.

Mirit suraosipun têmbung tarekoh ingkang kasêbut ing kitab: Mutamimat tuwin Takrifat, amila têmbung tarekoh punika limrahipun dipun gandhèngakên kalihan nama-namaning guru agêng, kados ta: Kodiriyah, Kholidiyah, Sadaliyah, Rifangiyah, sasaminipun. Têmbung wau lajêng dados aran, ngantos dumugi sapriki. Mênggah tumindakipun tarekoh punika wontên warni kalih: satunggal kawastanan: torekotut tabaruk (tarekoh ngalam barkah) kalihipun kawastanan torekotut tarbiyah wassuluk (tarekoh mawi anggulawênthah sarta katindakakên). Warni kalih punika katêrangakên dening: Imam Ibnu Kajar, wontên Fatwi Kadisiyah, kaca 57, makatên: ...

Suraosipun makatên: wong ngalap tarekoh iku ana 2 warna, sawiji: wong kang ngalap tarekot tabaruk, kapindhone: wong kang ngalap tarekot tarbiyah wassuluk, dene ngalap tarekot tabaruk iku kêna marang sadhengah wong alim kang dikarêpake, nora ana alangane, dene ngalap tarekot tarbiyah wassuluk iku ditamtokake kudu sagolongane wong kang wus têrang bêcike tur wus têrang slamêt saka prakara kang cinêgah utawa widada ing sarak.

Mirit katrangan punika, tiyang ingkang ngalap barkah punika, kenging dhatêng para ngulami sintên kemawon ingkang dipun sênêngi. Awit botên wontên [wo...]

--- 3 ---

[...ntên] awisanipun, beda tarekot tarbiyah wassuluk, amila ing ngriki ingkang parlu katêrangakên. Perangan ingkang No. 2 inggih punika: tarekot tarbiyah wassuluk.

Ing kinanipun tarekot tarbiyah wassuluk punika, mawi pranatan lan tuntunanipun guru-guru agêng dhatêng murid-muridipun, supados murid-murid wau sagêd minggah-minggah drajadipun ingkang ngantos sampurna wontên ing makom kaping 7, inggih punika ingkang kawastanan makom: ngubuhdiyah, têrangipun mariksanana kitab: ... kaca 45. Mirit katêranganipu[2] kitab: ... wau lajêng sagêd jumbuh kalihan maknanipun: tarekoh ingkang kasêbut ing kitab Mutamimat, tuwin Takrifat, pranatan tuwin tuntunan saking guru-guru agêng wau dipun lampahakên lan dipun kajêngakên para sèh pandhèrèkipun, ngantos dumugi sapunika. Sarèhning para guru agêng wau sedanipun sampun lami sangêt, sampun atusan taun, mila botên anèh, bilih wêkdal punika wontên sawênèhipun paguron tarekoh ingkang malèsèt saking asalipun, malah Imam Rajhi ngandika makatên: kasêbut ing kitab Bahjatussuniyah kaca 33. ...

Têgêsipun: lan sawênèhe wong kang padha ngaku-aku duwe tarèk, iya iku sawijining grombolan kang padha ngarani awake dhewe: dadi guru kang bênêr, kaya ta kang diucapake: Al Malamiyah, Al Kondariyah, Al Khedariyah, Al Khurairiyah, lan manèh wong kang ambasakake awake dhewe marang Ahmadiyah, Dasukiyah, Rifangiyah, Maslamiyah, Baslomiyah, lan sapadhane, satêmêne kaprahe grombolan kang ngaku-aku sulaya karo tarèke guru gêdhe, awit para guru gêdhe iku tansah ngukuhi piwulange Kuran lan kadis.

Awit saking katrangan makatên punika, wontên nyatanipun, amila alujnah prêlu sangêt ngrêmbag bab ingkang katêrangakên ing nginggil, inggih punika: 1. tarekoh ingkang lêrês, 2. guru tarèk punika kêdah kadospundi, [kadospu...]

--- 4 ---

[...ndi,] 3. tiyang ingkang badhe lumêbêt tarèk punika kadospundi, ing ngandhap punika katranganipun.

I. Tarekoh ingkang Lêrês.

Mirit têmbung tarekoh ingkang sampun kasêbut ing nginggil, inggih punika tarekoh dipun tapsiri ... dalan Islam, tuwin ... dalaning kasunyatan, wontên ingkang napsiri malih: ... agama Islam, lajêng kacundhukakên têmbung tarekoh ingkang kinajêngakên dening ngulami sufi kasêbut ing nginggil, punika nêdahakên, bilih tarekoh ingkang mêngku pranatan-pranatanipun mêsthi botên sulaya kalihan piwulanging dalêm Kuran tuwin kadis, dados tarekoh ingkang lêrês punika ingkang botên oncat saking wêwaton Kuran tuwin kadis, Imam Ngabdulwahab Sakroni ngandika wontên ing kitab: Yawakit Waljawahir kaca 82 jus 2 makatên: ...

Têgêsipun: sumurupa, muga-muga Gusti Allah paring sih i[3] sira, satêmêne mungguh sajatining sufi (wong kang wus suci) iku ora liya kajaba wong kang akèh ngèlmune ing ngèlmu sarak, sarta kawru[4] mau dilakoni, ing kono Gusti Allah paring marang wong mau bisa wuwuh ing lêmbute sarengat, lan rahsane sarengat, nganti dadi mujtahid ing dalêm tarèk lan asrar (rahsa) padha kayadene kalakuane para imam mujtahidin ing dalêm pang-pange sarengat.

Pangandikanipun malih kasêbut wontên ing kitab: Yawakit Waljawahir: makatên: ...

--- 5 ---

Têgêsipun: satêmêne, satêngah saking kalakuane ahli tarèk, iku kabèh mobah mosike nêtêpi ingatase Kuran lan kadis, mangkono mau ora kinawêruhan, kajaba nyêgara ing dalêm ngèlmu kadis, fêkih lan tapsir.

Imam Junèt ngandika, pangandika punika ing kitab-kitab bab tarèk sami mêthik, pangandikanipun makatên: ...

Têgêsipun: nalikane sira kabèh ningali sawijining wong sila ana ing awang-awang, sira kabèh aja padha tumolih (kèlu) marang wong mau, kajaba yèn sira padha ningali wong mau ngukuhi Kuran lan kadis.

Makatên malih gêgêbênganipun tarekoh naksabandi, punika ugi botên malèsèt akalihan piyandêlipun ahli sunah waljamangah, tuwin khukum sarak, mariksanana ing kitab: Bahjatus Suniyah, botên ngêmungakên naksabandi kemawon, nadyan tarekoh sanès-sanèsipun inggih botên malèsèt saking piyandêlipun. Ahli sunah waljamangah tuwin anggêr-anggêr sarak, dene manawi wontên ingkang nindakakên malèsèt kalihan piyandêlipun, ahli sunah waljamangah tuwin anggêr-anggêr sarak, punika tarèk ingkang palsu. Dados yèn makatên tarekoh ingkang lêpat wau ingkang malèsèt saking asalipun, têgêsipun ingkang sulaya kalihan Kuran lan kadis.

Kauningana, tarekoh ingkang dipun tindakakên para ngulami sufi, punika mawi pranatan tuwin patrap, pranatan utawi patrap wau wontên ing lair tuwin batos botên sulaya kalihan dhawuhing sarak, malah sangêt anggèning nêtêpi tuwin ngatos-atos, awit saking punika, mila guru ingkang nuntun murid, dipun wajibakên nêtêpi sarat-saratipun dados guru, ing ngandhap punika katêranganipun guru, utawi kuwajibanipun guru.

II. Bab Sipat-Sipatipun Guru Tarèk.

Ing nginggil sampun katêrangakên, bilih wêkdal punika wontên sawênèhing tiyang dados guru tarèk, ingkang tatananipun: botên cocog [coco...]

--- 6 ---

[...g] kalihan asalipun, ingkang makatên punika sagêd ugi saking kiranging sêsêrêpanipun, amila parlu sangêt bab punika dipun wangsulakên dhatêng asalipun, lan dipun cocogakên kalihan Kuran lan kadis, awit botên gampil nuntun tiyang dhatêng makom ngubudiyah, bilih piyambakipun dèrèng sampurna ngubudiyahipun, saha malih kengingipun dados guru tarèk, punika manawi sampun sagêd ngêmpalakên sarat-saratipun, lan kêdah sasampuning lulus saking panggulawênthahing guru mursid, sarta sampun angsal idi saking guru, awit piyambakipun badhe dados guru mursid, kasêbut ing kitab: Tanwirul Kulub, kaca 492-533 makatên: ...

Têgêsipun: ora kêna jumênêng dadi guru lan awèh tuntunan, kênane dadi guru lan awèh tuntunan, sawuse lulus panggulawênthahing guru mursid, sarta wus olèh idin, kayadene pangandikane Imam Rajhi mangkene: ora samar manèh satêmêne wong kang jumênêng dadi guru tanpa idin, iku olèhe ngapusi luwih akèh tinimbang olèhe ambêciki, lan dosane wong-wong mau kaya dosane wong kang ambegal, iya wong mau kapocot saka pangkate wong drajad murid kang sodik, apamanèh pangkate guru kang arifin.

Lan malih kasêbut ing kitab: ... kaca: 54, kengingipun nyuwun idin dados guru, bilih sampun kamal (sampurna), anggèning nêtêpi makom 7, inggih punika ngubudiyah. Manawi tiyang ingkang sawêk dumugi makom 4, inggih punika makom: mutmainah, taksih kathah sumêlangipun, upami nyuwun idin dados guru tarèk.

Awit saking gawatipun prakawis tarèk, para ngulami sufi sami nêtêpakên, tiyang ingkang kenging dados guru tarèk punika, tiyang ingkang sagêd ngêmpalakên sarat-saratipun dados guru, ing ngriki sarat-saratipun [sarat-sara...]

--- 7 ---

[...tipun] wau katêrangakên namung sapêrlunipun kemawon, kasêbut ing kitab: Tanwirul Kulub, kaca 492-533, makatên:

1. Guru kêdah gadhah ngèlmu ingkang parlu tumrap muridipun, kados ta: fêkih, taokhit, lan sasaminipun.

2. Guru kêdah sumêrap kasampurnan, lan alusing manah, lan kêdah sumêrap sêsakiting batos, lan kêdah sumêrap panjaginipun.

3. Guru kêdah asih dhatêng sadaya tiyang Islam, langkung-langkung dhatêng muridipun.

4. Guru kêdah rêsik saking bandhanipun murid, tuwin kêdah botên gadhah pangajêng-ajêng barang darbèkipun para murid.

5. Guru sampun ngantos marentah dhatêng sanèsipun bab ingkang nyaèkakên budi pakêrtining muridipun.

Mirit katrangan ing nginggil, dados sampun têrang, bilih tiyang ingkang dèrèng kadunungan sipat-sipat ingkang kasêbut wau, botên kenging mulangakên tarèk, langkung malih bilih ningali suraosipun kitab: Bahjatus Suniyah, kaca 29, suraosipun makatên: ...

Guru kêdah sumêrêp tataranipun murid ingkang pêthuk akalihan pangkatipun.

Bilih tataranipun murid wau ingkang pêthuk pangkat: abror, lajêng kawucala tarèkipun pangkat: abror. Dene manawi tataranipun murid wau ingkang pêthuk pangkat mukoribin, inggih lajêng kawucala tarèkipun pangkat mukoribin.

Tiyang ingkang botên gadhah sêsêrêpan kados ingkang kasêbut ing nginggil, botên kenging dados guru. Punika khukumipun karam, makatên punika suraosipun kitab: Bahjatus Suniyah.

Awit saking angèlipun nitik tiyang ingkang kenging dados guru tarèk, amila murid ingkang badhe lumêbêt tarèk, punika ugi anggadhahi kuwajiban, ing ngandhap punika katranganipun:

--- 8 ---

III. Tiyang ingkang Badhe Lumêbêt Dados Murid.

Kauningana, kasêbut ing dalêm kitab Iyak Ngulumudin, ringkêsipun makatên: sadaya tiyang ingkang sampun diwasa lan jangkêp akalipun, punika wajib angudi kawruh bab ngibadah, sarta prakawis ingkang kalal tuwin ingkang karam, lan kawruh nyumêrêpi sipat awon saening manah, kawruh-kawruh punika jèrènganipun wontên ing kitab: Umuludin, lan kitab: Fêkih Kitabul Alak.

Sapunika tiyang ingkang badhe lumêbêt murid tarèk, kasêbut ing kitab: Bahjatus Suniyah, kaca 9, makatên:

Têgêsipun:

Dene kang wajib ing sira (murid).

1. Jêjêge piyandêl (tawakit) kang cocog piyandêle ahli sunah waljamangah.

2. Mêruhi kabèh khukum sarak, kaya ta: parlu, wajib, sunat, kharam, mêkruh, lan subhat, kang disêbutake ing dalêm ngèlmu fêkih.

3. Kudu nglakoni kawruh-kawruh mau.

4. Nglakoni dêdalane ngulama sufi.

Katrangan ing kitab: Bahjatus Suniyah punika, bilih kacocogakên akalihan katrangan ing nginggil (wajibipun ucal kawruh) lajêng sagêd cêtha, bilih tiyang ingkang ngangkah badhe lumêbêt tarèk,

--- 9 ---

punika kêdah nêtêpi wajib-wajib ingkang mêsthi dipun lampahi. Manawi wêwarah punika kaèstokakên, sampun mêsthi kemawon sagêd milih utawi nglimbang lêrês lêpatipun para buron tarèk.

Katrangan punika mugi sampun ngantos dados kêndhonipun para sadhèrèk ingkang mlêbêt ing tarèk, sanadyan ing samangke sawanganipun dèrèng wontên guru murid, ananging ugêr wulanganipun botên nêrak pêpacuhing sarak, tarèkipun wau nama tarèk: tabaruk, pigunanipun kangge nglantih têtêpipun ngibadah. Ananging sampun ngantos botên marsudi kawruh ingkang wajib dipun sumêrêpi wau. Lajêng dipun lampahi kalihan têmên-têmên, sagêd ugi kalampahan dumugi pangkat mukhorobin, wasalam.

Tamat.

 


Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
katêranganipun. (kembali)
ing. (kembali)
kawruh. (kembali)