Jôngka Wedhatama Piningit, Wiryapanitra, 1936, #524


SERIE NO. ... WEDATAMA PININGIT ... REGI F 0.20

Sêrat Jôngka Wedhatama Piningit

Babon asli saking karaton dalêm Surakarta Adiningrat, karanganipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing nagari Surakarta.

__________

Kawêdalakên dening: Wiryapanitra, Kundhèn Panularan, Surakarta.

__________

Kasade dening: Radèn Wakija, BOEKHANDEL PASARPON SOLO 1936.

__________

DRUKKERIJ SIANG HAK SOLO

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

Sêrat Jôngka Wedhatama Piningit

Babon asli saking karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Karanganipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga agêng ing nagari Surakarta.

__________

Kawêdalakên dening: Wiryapanitra, Kundhèn Panularan, Surakarta.

HAK PENGARANG DIPERLINDUNGI OLEH WET!

Kasade dening: Radèn Wakija, BOEKHANDEL PASARPON SOLO. 1936.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Wedhatama Piningit.

1. Sinom

1. sinome atur uninga | Wedhatama kang piningit | kang gumantya natawrêdha | maksih sinêngkêr Hyang Widhi | iku ra-uru benjing | kang sumêla dadi ratu | turune ping sadasa | nutugkên wibawa mukti | kang sung sabda jêng gusti kaping sakawan ||

2. tambah kula yitnèng sabda | wontên Walandi Ostênrik | Wènên nênggih kutharaja | malancong mring nagri Jawi | cêkakan minggah wukir | nyuwun prêmisi sang prabu | ningali kawahira | pucaking ardi Marapi | wangsulira pun tuwan asung carita ||

3. dhatêng jêng gusti kaping pat | èngêt kula sangkalani | gusti ngèsthi puji nata (1781) | wit crita ra-uru benjing | kobong wit saking gêni | ngèsthi catur srira ratu (1848) | pêcahing arga sigar | Yoja Kêdhu risak sami | yèn ing Sala risake mung sawatara ||

4. Yoja karatone ilang | pêcahing arga umili | tirtandhut Sala lan Yoja | pisah wus tan nunggil siti | pêcahing arga dadi | kali Tanggu anjogipun | samodra kang lèr wetan | kang lèr praja risak sami | ing Madura mèh gathuk lan Surabaya ||

5. wirayat Rêsi Walônda | payo padha dèn titèni | pinèngêtan bokmanawa | anak putu amênangi | si tuwan banjur mulih | marang Wènên prajanipun | lawan ing ardi Tlacap | amblês barêng ardi Mrapi | Rawapêning ing Bahrawa [Bahra...]

--- 4 ---

[...wa] mubal brama ||

6. risak tanah kilèn praja | kathah janma ingkang mati | antara mung pônca dina | kobong gênging para ardi | guprêmèn anulungi | lan pra raja liyanipun | dununge kobong arga | lindhu rambah kaping katri | jamanira saungkure Jayabaya ||

7. nuju nata ping sadasa | iku ingkang amandhiri | praja di ing Surakarta | yèn wirayat saking Jawi | taun têmbe ing wingking | sangkalanira ingetung | netra nêm ngèsthi Buda (1862) | ing Mangkunagaran benjing | susahane tan lama antuk ngapura ||

8. lan ana modhèl kang têka | panyakit nganèh-anèhi | sawatara nuli sirna | ing tanah Jawa waradin | Sala Yoja akêni | lamine tri wulan iku | wirayate wong wignya | nuju panjênêngan aji | ping sadasa akrama Ngayogyakarta ||

9. sambung jêng gusti kaping pat | rum pangandikanira ris | coba kang Rônggawarsita | dulunên têlênging ati | èsthinên aywa gingsir | sandika matur anuwun | Radèn Rônggawarsita | pôncadriyanya kaèsthi | datan lama sapandurat tuk wêwêngan ||

10. lêrês turipun pun tuwan | benjing kalamun marêngi | badhe pêcahingkang arga | lindhu rambah kaping katri | puniku pancèn yêkti | kapara dados sêsungut | kantun pituning dina | pitulas dina marêngi | pitulikur dina pêpungkasanira ||

2. Kinanthi

1. wirayat rinênggèng kidung | macapat sêkar [sê...]

--- 5 ---

[...kar] Kinanthi | kang badhe jumênêng nata | iku ura-uru benjing | kusuma têrahing nata | kang sinung panggalih sukci ||

2. ing mangke karsèng Hyang Agung | maksih sinêngkêr marmaning | akèh ingkang katambuhan | anjawi janma kang uwis | sinung wruh dening Pangeran | iku kang sagêd mastani ||

3. dening wontêning dahuru | sasampuning ardi Mrapi | gung kobar saking

dahana | sigar têngahira dadi | lèpèn mili toya lahar | lèr wetan anjog pasisir ||

4. myang amblês sat lawanipun | sarta ing Madura nagri | mèh gathuk lan Surabaya | sabubarira tumuli | wiwit dahuru lon-lonan | saya lama saya dadi ||

5. cinêkak pan dadi agung | rusuh tan pêrangan nanging | mungsuhe datan karuwan | polahe janma lir kadi | dene gabah ingintêran | montang-manting rêbut urip ||

6. pêpati atumpuk undhung | kèh desa kang morat-marit | kathah kitha karusakan | kraton kalih risak sami | ya ta tan antara lama | wontên marmaning Hyang Widhi ||

3. Sinom

1. kusuma taruna tama | bêbisik satriya sukci | linuwaran dening Allah | wus mantun dènnya piningit | kinèn anyapih sami | kang kadya gung kaprang rusuh | lan nyirnakkên durmala | sasamaning sukma jati | gya tumindak nglakoni pakoning Allah ||

2. bêbasan amung priyôngga | prasasat angadu janmi | prajurite mung sirollah |

--- 6 ---

têtunggule langgêng dhikir | parandene kang sami | nêdya mangsah kabarubuh | kang mukir têtumpêsan | cêkaknya wus sirêp sami | ing anane ra-uru wau punika ||

3. wus ilang mêmalaning rat | laju santun jaman bêcik | lire mirah sandhang têdha | durmala dursila ênting | enak atine sami | wong Jawa sadayanipun | wusnya têntrêm-têntrêman | anênggih satriya sukci | pan jinunjung dening kathah madêg nata ||

4. ambawani tanah Jawa | jêjulukira narpati | Kangjêng Sultan Hèrucakra | ugi sang narendra adil | kawêntar asmanèki | têkèng tanah sabrang kasub | tuhu musthikaning rat | nyata kêkasihing Widhi | mila tansah pinundhi ing sabuwana ||

5. dhuh sanggyaning sanak ingwang | môngga sami dèn titèni | dora tuwin têmênira | ujare wirayat iki | kula ugi mèngêti | mênggah wontêning dahuru | dhumawah wontên warsa | ngèsthi catur slira aji (1848) | taun Lônda anênggih taun wolulas (1918) ||

(Tamat)

--- [0] ---

[2 halaman kosong]