Sêsuluh, Martasuwignya, #526

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêsuluh

Amarsitakakên oncèk-oncèkanipun sêrat-sêrat Jawi ingkang ngrêmbag agami Islam, katandhing kalihan wêwatonipun agami Islam ingkang lêrês, inggih punika Kuran sarta Hadis.

__________

Jilid 1, cap-capan kapisan.

Ngrêmbag isinipun sêrat:

[...][1]

--- [0] ---

Băndha donya iku anjaluk rêksa ing manusa, nanging ngilmu malah angrêksa ing manusa.

Makatên ungêlipun satunggaling warah. Amila panjênêngan sadaya, sampun ngantos namung rêmên simpên băndha ingkang lajêng angiwakakên ngilmu ingkang piguna tumraping donya akirat. Tumrap ngilmu, punika ing Electr. drukkerij & Boekh. Ab. Sitti Sjamsijah, Gandekan kiwa Solo sampun nyadhiyani cêkap, sawênèhipun kados ing ngandhap punika, wragading pangintun 10% nipun rêgining buku, angêtèkên tambah f 0,20 rêmburs tambah f 0,50.

__________

1. Ngajaibul kulub: anggêlarakên kaelokaning manah, amêngku kawruh kasampurnan, kasukman, pilosuf, tasawuf lan kasucianing batos, ingkang samak èdèn rêgi f 4,50 tipis rêgi f 3,50 (dening M. Ng. Ihsanuddin).

2. Ngalamul insan: anggêlarakên kawontênaning ngalamipun manungsa, wiwit ngalam arwah, donya, irjah, engga dumuginipun ingkang pinanggih benjing ngalam akirat, rêgi f 0,50 (dening R. Musa, mubalig Islam).

3. Andhaning para ahli kasutapan: mitêrangakên tundha-tundhaning martabat [...][2]

--- [1] ---

Sêsuluh

Amarsitakakên oncèk-oncèkanipun sêrat-sêrat Jawi ingkang ngrêmbag agami Islam, katandhing kalihan wêwatonipun agami Islam ingkang lêrês, inggih punika Kuran sarta Hadis.

__________

Ngrêmbag isinipun sêrat: Wedhatama.

Jilid 1.

Ingkang ngarang: Radèn Ngabèi Martasuwignya, mubalig Muhammadiyah ing Surakarta.

__________

Ingkang ngêdalakên: Electr. Drukk. & Boekhandel. Ab Sitti Sjamsijah Uitg. Hidajat & Taçawoef Islam SOLO – JAVA.

__________

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

[Bismillahirohmanirrohim][3]

Awit ingkang asma Allah Ingkang Maha Mirah sarta Maha Asih.

Kula nuwun, sampun dangu anggèn kula ngraosakên kawontênanipun sadhèrèk kula băngsa Islam, anggènipun nindakakên agaminipun taksih beda-beda, malah wontên ingkang nyulayani babarpisan kalihan Kuran sarta Hadis ingkang minăngka wêwatonipun agami Islam, mênggah ingkang kados makatên punika saking panaliti kula sababipun wontên kalih prakawis, inggih punika:

1. Anggènipun nindakakên miturut adat, namung nglêluri utawi nglastantunakên tindakipun para sêpuh, dados prasasat tanpa kawruh, wujudipun: bilih salat mawi kêmulan, sawênèhipun malih manawi salat mawi cancut, tur tanpa rasukan, sanadyan nalika dèrèng salat mangangge jangkêp.[4]

2. Anggènipun nindakakên agêgondhelan sêrat Jawi sarta kitab-kitab ingkang isi agami Islam, nanging ingkang suraosipun nyulayani Kuran sarta Hadis, wujudipun: anggènipun nindakakên namung dipun pêthili utawi dipun pilihi ingkang cocog kalihan manahipun, sawênèhipun wontên anggènipun [ang...]

--- 4 ---

[...gènipun] nindakakên cêkap namung sarana raos, salat botên susah mawi rukuk sujud, siyam botên susah mawi cêgah dhahar sarta ngunjuk, nanging cêkap namung wontên ing batos, salat inggih salat batos, siyam inggih siyam batos, sapanunggilanipun.

Mênggah tiyang ingkang golongan kapisan punika taksih gampil dipun sêrêpakên, amargi inggih rumaos bilih anggènipun nindakakên wau dèrèng mawi kawruh, nanging tiyang ingkang golongan kaping kalih punika ingkang angèl garapipun, amargi rumaos gondhelanipun sampun langkung pramati, kapara malah kadugi nyapèlèkakên dhatêng têtiyang Islam ingkang anggènipun nindakakên agami nêtêpi dhawuhing Kuran sarta Hadis, winastan dèrèng mangrêtos dhatêng hakekating agami Islam, kawontênan ingkang kados makatên punika nama ngrêgêdi agami Islam, bilih kakèndêlakên kemawon saèstu adamêl kuciwanipun agami Islam, măngka agami Islam punika agami ingkang lêrês, agami ingkang nglindhihakên sakathahing agami sanèsipun, kados dhawuhing Kuran surat Sof, ayat 9.

[Huwalladii arsala rosuulahu bilhuda wadinilhakki liyudhirohu alalladiini kullihi walaukarihal musyrikin][5]

Iya Allah kang ngutus utusane anggawa pituduh (Kuran) sarta agama kang bênêr, Allah bakal anglindhihake agamane ngungkuli agama liyane kabèh, sanadyan wong musrik padha gêthing.

Kados makatên luhuripun agami Islam miturut dhawuhing Kuran, jêbul pandhèrèkipun pating cruwil kados makatên.

--- 5 ---

Awit saking punika kula gadhah sêdya badhe ngoncèki sêrat-sêrat Jawi ingkang isi agami Islam, nanging suraosipun malah ngrêgêdi agami Islam, lajêng kula sisihi miturut wêwatonipun agami Islam ingkang lêrês, inggih punika Kuran sarta Hadis, pangajêng-ajêng kula sagêda dados sêsuluh dhatêng ing ngakathah kadospundi mênggahing lêrês lêpatipun sêrat-sêrat Jawi wau tumrap anggènipun nyuraos agami Islam, ing wêkasan sadaya têtiyang Islam lajêng puruna wangsul dhatêng Kuran sarta Hadis.

Anggèn kula ngoncèki sêrat-sêrat Jawi punika botên pisan-pisan kabêkta saking manah drêngki, jail sasaminipun, punika babarpisan botên, kajawi namung nêtêpi wajibipun tiyang Islam, kêdah angluhurakên sarta anjagi kasucianipun agami Islam, dados tindak kula punika namung dumunung nulak rêrêgêd saking jawi, kadosdene tindakipun sadaya golongan anggènipun rumêksa dhatêng agami utawi kapitadosanipun. Wondene ingkang badhe kula rêmbag wontên ing sêrat punika, minăngka wiwitan isinipun sêrat: Wedhatama, sarampungipun lajêng kula sambêti sêrat sanès-sanèsipun, ingkang ugi isi agami Islam ingkang kirang lêrês suraosipun, mugi Gusti Allah anggampilakên saha paring pêpadhang dhatêng tindak kula punika, Amin.

Surakarta, April 1968.

Ingkang ngarang.

__________

--- 6 ---

1. Ingkang Nganggit Sêrat Wedhatama.

Mèh sabên băngsa Jawi dhatêng Sêrat Wedhatama punika mêsthi sampun priksa, limrahipun ing ngakathah ingkang nganggit sêrat wau swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV. Nanging ugi wontên ingkang gadhah pamanggih, Sêrat Wedhatama punika anggitanipun sawênèhing santana ing Mangkunagaran, asma Radèn Mas Ngabèi Wiryakusuma, mênggah pamanggih warni kalih wau pundi ingkang lêrês, namung kula sumanggakakên para maos, pancèn ing ngriki sanès pikajêng kula ngupadosi ingkang nganggit Sêrat Wedhatama wau, kajawi namung badhe ngrêmbag isinipun kemawon.

Pancènipun tiyang ngrêmbag isinipun sêrat-sêrat, punika inggih parlu nyumêrêpi sintên ingkang nganggit sêrat wau, malah langkung utami bilih sagêd dipun sumêrêpi, ing wêkdal panganggitipun sêrat wau nyarêngi wontên lêlampahan punapa ingkang gêgandhengan kalihan sariranipun ingkang nganggit wau, amargi lêlampahan wau asring anglabêti dhatêng suraosing anggitan, kados ta sêrat-sêrat karanganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing nagari Surakarta, punika kajawi têmbungipun mêsthi sae, suraosipun inggih mêsthi sakeca, sarta botên nate karaos nyêngkal, namung Sêrat Kalatidha punika suraosipun atos sangêt, tur karaos ngoso, kados tatêmbungipun ingkang mungêl:

Mangkya darajating praja /kawuryan wus sunya ruri | rurah pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | ponang paramèng kawi | kawilêt ing tyas malatkung | kongas kasudranira | tidhêm tandhaning dumadi | ardayèngrat dening karoban rubeda ||

Tuwin

Amênangi jaman edan | ewuhaya ing pambudi | milu edan nora tahan | yèn [yè...]

--- 7 ---

[...n] tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêkja-bêkjane kang lali | luwih bêkja kang eling lawan waspada ||

Sapiturutipun.

Kacariyos anggènipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita nganggit Sêrat Kalatidha wau, amargi mêntas kacuwan panggalihipun, jalaran: pinudya dadya pangarsa wêkasan malah kawuri, saking anjarêming panggalihipun, mila ngantos kawêdal pasambat utawi pangosonipun ingkang sakalangkung atos wau.

Kados makatên sawênèh saking pigunanipun nyumêrêpi lêlampahan ingkang gandhèng kalihan sariranipun ingkang nganggit sêrat, dados manawi wontên kawontênan ingkang nyêbal saking padatanipun, gampil anggèning madosi sababipun.

Nanging kosokwangsulipun, tiyang ngrêmbag isining sêrat mawi nyumêrêpi sintên ingkang nganggit, punika ugi wontên bêbayanipun, inggih punika bilih sumêrêp ingkang nganggit punika bangsaning para linangkung utawi para luhur, adhakanipun lajêng sulap, manahipun lajêng botên mardika, wêkasanipun botên wani ngêdalakên saraosing manah ingkang dhapur panukarta dhatêng isinipun sêrat anggitan wau, sanadyan pamanggih punika lêrês, kapara malah namung nganggêp sae thok dhatêng sadaya suraosipun, sanadyan ugi wontên ingkang botên lêrês.

Makatên ugi bilih sumêrêp ingkang nganggit punika namung bangsaning asor, punika adhakanipun lajêng ngrèmèhakên, dados manah inggih lajêng botên mardika malih, wêkasan pamawasipun mêsthi botên pratitis, amargi manah punika manawi sampun karumiyinan isi [i...]

--- 8 ---

[...si] ngrèmèhakên, mêsthi sampun botên sagêd ambedakakên pundi ingkang lêrês lan pundi ingkang lêpat, nanging ingkang mêsthi namung nganggêp lêpat thok.

Kados makatên bêbayanipun tiyang ngrêmbag isinipun sêrat anggitan ingkang sampun karumiyinan isi raos sulap utawi ngrèmèhakên dhatêng ingkang nganggit, mila lêrês sangêt pangandikanipun Bagendha Ngali, tiyang mirêngakên rêmbaging sanès punika sampun ningali ingkang rêmbagan, wangsul namung ningalana rêmbagipun kemawon.

[Undhurma qola walatandhur manqola][6]

Nontona rêmbuge, aja nonton kang rêmbagan.

Awit saking punika, anggèn kula ngrêmbag isinipun Sêrat Wedhatama punika, kula inggih namung gondhelan suraosing dhawuhipun Bagendha Ngali wau, inggih punika mligi ngrêmbag isinipun, botên ngrêmbag ingkang nganggit.

2. Têtêmbunganipun.

Sêrat Wedhatama punika têtêmbunganipun sae sangêt, ukaranipun luwês, purwakanthinipun runtut, sarta gêsang yatmakanipun, tur suraosipun cocog sangêt kalihan raosipun băngsa Jawi, mila sabên băngsa Jawi prasasat mêsthi gadhah apilan saking Sêrat Wedhatama wau, botên ketang namung sapada utawi kalih pada, sarta botên ketang botên mangrêtos suraosipun, punika ingkang nelakakên bilih Sêrat Wedhatama punika nyata têtêmbunganipun sae sayêktos, sarta dipun rêmêni sangêt dening băngsa Jawi, sami ugi sêrat sanès-sanèsipun anggitanipun para linangkung,

--- 9 ---

kados ta: Sêrat Rama, Menak, Arjunasasra, Cênthini tuwin sanès-sanèsipun, punika jalaran saking saening têtêmbungan tuwin luwêsing ukaranipun, punapadene cocoging suraosipun kalihan raosipun băngsa Jawi, mèh sabên băngsa Jawi inggih mêsthi gadhah apilan saking sêrat-sêrat wau, amargi têtêmbungan ingkang sae punika pancèn gampil dipun apilakên, kadosdene wontênipun, ayating Kuran gampil dipun apilakên, punika ugi sabab saking têtêmbunganipun Kuran punika sae sangêt, rêrakitaning ukara sakalangkung runtut, sarta suraosipun mranani sangêt dhatêng manah, ngantos kathah tiyang ingkang apal dhatêng Kuran 30 jus. Beda kalihan sêrat ingkang botên sae têtêmbunganipun, punika angèl dipun apilakên, manawi sagêd apil, sakêdhap kemawon sampun kasupèn malih, dados botên sagêd tumanêm dhatêng manah kados sêrat-sêrat ingkang sae têtêmbunganipun.

3. Isinipun.

Isinipun Sêrat Wedhatama punika mêngku piwulang Jawi warni-warni, kados ta: bab tatakrama, bab ngèlmu, bab têtuladan lampah sae, bab tapabrata, bab gêgilutanipun para satriya, bab silah-silahing sêmbah raga, sêmbah kolbu, sêmbah jiwa, sêmbah rasa, bab awas eling tuwin bab sanès-sanèsipun malih.

Mênggah isinipun Sêrat Wedhatama punika cocog sangêt kalihan raos tuwin wêwatakanipun băngsa Jawi, mila Sêrat Wedhatama punika ngantos dados pandom tumrap lampahing gêsang bêbrayanipun băngsa [băng...]

--- 10 ---

[...sa] Jawi, kados ta bab caraning sêsrawungan

... | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang Si Pingging ||

Mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | ... ||

Bab pangupadosipun guru:

iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kawawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng janma wrêdha | tuwin mudha sudra kaki ||

Bab têtuladan

nulada laku utama | tumrape wong tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigănda/ Panêmbahan Senapati/ kapati amarsudi | sudaning hawa lan napsu | ... ||

Tuwin sanès-sanèsipun, suraosing piwulang punika tumanêm yêktos dhatêng raosipun băngsa Jawi.

Isinipun Sêrat Wedhatama punika botên namung laras tumrap gêsang bêbrayan cara Jawi kina kemawon, nanging dalah gêsang cara gagrag enggal, utawi cara kamajêngan ing jaman samangke, ugi sagêd mêndhêt pêpiridan saking isinipun Sêrat Wedhatama, kados ta bab ulah raga ingkang nênuntun dhatêng kasarasaning badan, punika ing Sêrat Wedhatama ugi sampun wontên, inggih punika kasêbut wontên ing sêkar Gambuh, ungêlipun makatên:

wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrahing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêting batos ||

Dados cêkakipun isinipun Sêrat Wedhatama punika andayani agêng sangêt tumrap gêsangipun băngsa Jawi, sami ugi kados sêrat-sêrat anggitanipun para linangkung sanès-sanèsipun, kados ta: Sêrat Wulangrèh, Sanasunu, Wicara Kêras tuwin sanès-sanèsipun, punika agêng sangêt daya pangaruhipun dhatêng gêsangipun băngsa Jawi.

Sêrat ingkang kados makatên punika kula wastani sêrat ingkang anggadhahi daya kapujanggan, têgêsipun suraosipun sêrat wau [wa...]

--- 11 ---

[...u] prasasat sagêt ngithak raos tuwin wêwatakanipun tiyang, punika kalêbêt kalangkunganipun para sarjana sujana Jawi ing jaman kina, emanipun tumrap jaman samangke sêrat-sêrat ingkang kados makatên wau sampun kirang dipun gatosakên dening para neneman, kapara malah kathah ingkang sampun botên sumêrêp dhatêng sêrat-sêrat wau, măngka sasumêrêp kula karanganipun para sagêd ing jaman sapunika dèrèng wontên ingkang anggadhahi daya kapujanggan kados sêrat-sêrat kina wau, punika tumrapipun kabudayan Jawi nama kapitunan ingkang agêng-agêngan, pantês kêdah dados panggalihanipun para ingkang sami mrihatosakên lastantunipun kabudayan Jawi.

4. Isinipun Sêrat Wedhatama ingkang Gêgandhengan kalihan Agama Islam.

Isinipun Sêrat Wedhatama punika kenging dipun têmbungakên pancèn cêsplêng sayêktos, punapa ingkang dipun cariyosakên mêsthi lêrês sarta cocog akalihan raos tuwin watakipun băngsa Jawi, amung isinipun ingkang magêpokan agama Islam, pamanah kula raosipun botên patos srêg, amargi kathah ingkang botên cocog utawi sulaya akalihan wêwatonipun agama Islam ingkang lêrês, inggih punika Kuran sarta Hadis, nanging ingkang makatên wau inggih botên nama anèh, amargi ingkang ngarang Sêrat Wedhatama sampun walèh piyambak bilih anggènipun nyinau agama Islam dèrèng ngantos dumugi kasêlak katilar suwita, kados ingkang kasêbut ing sêkar Sinom ungêlipun makatên:

saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring [ang...]

--- 12 ---

[...gêring] kaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing besuk | pranatan ngakir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||

Miturut suraosipun pada punika, ingkang nganggit Sêrat Wedhatama punika inggih sampun nate nyinau agama Islam, nanging botên ngantos dumugi kasêlak katilar ngabdi punika, dados inggih botên anèh bilih pamawasipun dhatêng agama Islam dèrèng saêtrap, utawi kathah ingkang botên cocog kalihan wêwatonipun, amargi tiyang ingkang nyinau satunggiling kawruh, bilih panyinaunipun dèrèng rampung, măngka kapêksa kêdah damêl wawasan tumrap kawruh ingkang dipun sinau wau, sampun mêsthi wawasanipun punika namung awêwaton dumugi, kintên-kintên utawi patut-patutipun kemawon, punika mêsthi cêpak lêpatipun katimbang lêrêsipun, kadosdene ingkang dipun dhawuhakên ing dalêm Kuran surat Najmi ayat 28.

[Wama lahum bihi min ngilmin inyattabi'una illaddhonna wainnaddhonna layughnii minal haqqi syaian][7]

Wong-wong iku padha ora wêruh bab iku, sanyatane wong iku mung miturut pangira-ira utawa duga-duga bae, kang măngka duga-duga iku cêpak malèsète saka bênêr.

Makatên ugi isinipun Sêrat Wedhatama ingkang tumrap agama Islam, sarèhning namung wêwaton dugi-dugi, mila inggih kathah ingkang mlèsèd saking lêrês, amargi agama Islam punika sadaya bab sampun pinathok wontên ing wêwaton, inggih punika Kuran sarta Hadis, mila sintên ingkang ngrêmbag agama Islam tilar saking wêwaton punika: mêsthi lêpatipun, kang măngka isinipun Sêrat Wedhatama ingkang magêpokan agama Islam punika ugi agêng sangêt daya prabawanipun dhatêng băngsa Jawi, liripun kathah băngsa Jawi anggènipun [anggè...]

--- 13 ---

[...nipun] ngangge agama Islan[8] gondhelan suraosipun Sêrat Wedhatama wau, dados bab punika tumrapipun agama Islam sanès nalar ingkang alit-alitan, kêdah dados panggalihanipun para ingkang sami migatosakên dhatêng majêng sarta murninipun agama Islam wontên ing tanah Jawi. Sarèhning sasumêrêp kula dèrèng wontên para ngulami utawi para sarjana Islam ingkang kaparêng manggalih bab punika, ing mangke kula gadhah sêdya badhe nisihi suraosipun Sêrat Wedhatama wau miturut watonipun ingkang lêrês, inggih punika Kuran sarta Hadis, supados ngakathah sagêd priksa kadospundi mênggah lêrês lêpatipun ingkang kasêbut ing Sêrat Wedhatama wau, sarta ugi badhe priksa sapintên malèsèdipun Sêrat Wedhatama wau saking wêwatonipun ingkang lêrês, punapadene inggih ugi badhe priksa kadospundi wohipun ingkang sami gondhelan Wedhatama wau tumrap anggènipun angangge agama Islam, sadaya punika kula sêdyakakên minăngka sumbangan kula dhatêng adiluhungipun Sêrat Wedhatama, supados isinipun ingkang gêpokan agama Islam sampun ngantos alitipun damêl sêling sêrêp, agêngipun anglèntokakên dhatêng ing ngakathah. Wondene katranganipun kados ing ngandhap punika:

miturut Sêrat Wedhatama ingkang kawêdalakên sarta kasade dening tuwan Tan Gun Swi ing Kadhiri ing taun 1931 cap-capan ingkang kaping 5 kasêbut ing pupuh Sinom ing kaca 8 wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

lamun sira paksa nelad | tuladane Kangjêng Nabi | ogèr kadohên [kadohê...]

--- 14 ---

[...n] panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira Jawi | sathithik bae wus cukup | aja guru alêman | nelad kas ngêplêki pêkih | lamun pêngkuh pangangkah yêkti karamat ||

Suraosipun piwulang ing pada punika kenging dipun têgêsi, anggènipun băngsa Jawi nglampahi agama Islam botên parlu nulad tindakipun Kangjêng Nabi Muhammad Salallahu Ngalai Wassalam, mindhak kêtêbihên panjangkah, sarta agama Islam punika agamanipun tiyang Arab, sanès agaminipun băngsa Jawi, mila anggènipun nindakakên cêkap dipun pêthili sakêdhik-sakêdhik kemawon ingkang laras kalihan băngsa Jawi, anggêripun anggèning nindakakên kanthi têmên-têmên, amasthi badhe wontên wohipun.

Suraosipun piwulang punika wontên 3 bab ingkang kêdah karêmbag sarta katêrangakên, inggih punika:

1. Băngsa Jawi Islam botên parlu nelad tindakipun Kangjêng Nabi Muhammad S.a.w. amargi kangjêng nabi punika kêkasihing Pangeran, wangsul kula sadaya punika tiyang limrah, yèn badhe nulad inggih măngsa sagêda (kasêbut ing têmbung: ogèr kadohên panjangkah).

2. Agama Islam punika agamanipun băngsa Ngarab, sanès agamanipun băngsa Jawi, mila agama Islam masthi botên sagêd laras akalihan băngsa Jawi (kasêbut ing têmbung rèhne ta sira Jawi).

3. Băngsa Jawi anggènipun ngangge agami Islam cêkap dipun pêthili sakêdhik kemawon (kasêbut ing têmbung: sathithik bae wus cukup).

Pamanggih punika têtela sangêt sulayanipun akalihan Kuran [Kura...]

--- 15 ---

[...n] sarta Hadis, tuwin inggih botên cocog kalihan kanyataanipun, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika:

5. Bab Kangjêng Nabi Muhammad S.a.w.

Kangjêng Nabi Muhammad S.a.w. punika manungsa limrah, ingkang piniji dening Gusti Allah kakarsakakên nyiyarakên agama Islam, kanthi ngampil wahyuning Pangeran Kitab Suci Kuran, dados sugêngipun kangjêng nabi punika inggih dhahar inggih sare, inggih apêputra, inggih mangagêm kados salimrahing manungsa, kangjêng nabi nate dados lare yatim, nate angèn menda, nate dagang, nate dados senapatining prang, nate dados ratu ingkang ngasta paprentahan, sarta dados pangagênging agama Islam, anggènipun kangjêng nabi sampun nate nindakakên dados punapa punika pancèn dipun karsakakên dening Pangeran supados dados tuladhanipun sadaya manungsa, kados ingkang kadhawuhakên wontên ing dalêm Kuran:

[Laqod kana lakum fi rosulillahi uswatun hasanatun][9]

Têmên Nabi Muhammad iku tumrape ing sira kabèh dadi tuladha kang bêcik.

Dados tindakipun kangjêng nabi punika pancèn dipun angge nyontoni dhatêng para tiyang Islam sadaya, wiwit saking ingkang taksih asor drajatipun ngantos dumugi ingkang sampun inggil piyambak drajating kaislamanipun, inggih punika wiwit saking tiyang Islam limrah ngantos dumugi para wali sadaya sagêd nyonto tindakipun kangjêng nabi, mila kajêng[10] nabi punika salatipun inggih namung gangsal wêkdal kados salat limrah punika, siyamipun inggih namung sabên siyang, wiwit enjing,

--- 16 ---

sontênipun buka, kados siyam-siyam limrah punika, makatên ugi tumrap lampah pangibadah sanès-sanèsipun, nanging kajawi saking punika kangjêng nabi inggih nindakakên pangibadah utawi ngamal kasaenan langkung kathah malih, punika kangge contonipun tiyang Islam ingkang nêdya anggayuh drajat ingkang langkung inggil, dados sadaya tiyang Islam wiwit saking drajat ingkang winastan: ngam, khos, syuhadak, hukamak, ngulamak sarta aoliyak, punika sadaya sagêd nyonto tindakipun kangjêng nabi kalayan gampil.

Sayêktosipun tiyang Islam punika botên sagêd nindakakên agaminipun kalayan sampurna manawi botên nyonto tindakipun kangjêng nabi, amargi Kitab Suci Kuran ingkang dados pokok bakunipun agama Islam, punika dhêdhawuhanipun namung gêrban, dèrèng mawi pêprincèn lampah-lampahipun, kados ta dhawuh bab salat, punika ing Kitab Suci Kuran namung andhawuhakên makatên,

[waaqimussholata waatuzzakata waarka'u ma'arrokingiin][11]

Lan sira padha nglakonana sêmbahyang, lan padha bayara jakat, lan padha rukuka karo wong kang padha rukuk-rukuk kae.

Namung makatên suraosipun dhawuh salat ing Kuran, botên mawi katrangan kadospundi patrap pratikêlipun. Dene para titi Islam sagêdipun nidakakên[12] salat, punika sasampunipun dipun contoni kangjêng nabi, makatên ugi tumrap dhawuh sanèsipun. Dados cêtha tiyang Islam botên sagêd nindakakên agaminipun kalayan sampurna yèn tanpa conto utawi dhawuh katrangan saking kangjêng nabi, wondene dhawuh katranganipun kangjêng nabi wau nama: Khadis,

--- 17 ---

tindak utawi kèndêlipun kangjêng nabi, nama: sunah.

Anggènipun tiyang Islam nulad utawi nyonto tindakipun kangjêng nabi punika kajawi parlu kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, pancèn ugi dipun dhawuhakên dening Gusti Allah kawrat wontên ing Kuran Suci:

[Maiyyatuirrosul faqodathoallah][13]

Sing sapa wonge manut marang rasul, yêkti ngabêkti marang Allah.

Samantên katranganipun agami Islam (Kuran) ingkang andhawuhakên têtiyang Islam supados sami nyonto utawi nulad tindakipun Kangjêng Nabi Muhammad S.a.w. Dados piwulangipun Wedhatama ingkang suraos: tiyang Islam punika botên parlu nulad tindakipun Kangjêng Nabi Muhammad S.a.w. punika sulaya sangêt utawi kosokwangsul balêjêt akalihan dhawuhipun Kuran Suci ingkang dados pêpathokanipun tiyang Islam.

Punapa wohipun piwulang Wedhatama wau, inggih punika têtiyang Islam lajêng sami têbih saking Kangjêng Nabi Muhammad, ing wêkasan anggènipun anglampahi agama Islam botên purun awêwaton Kuran sarta Hadis, nanging namung gondhelan kitab-kitab karanganipun para ngulami, kalêbêt Sêrat Wedhatama punika, inggih manawi piwulanging kitab-kitab karangan wau cocog kalihan suraosing Kuran lan Hadis, inggih botên dados punapa, nanging manawi sulaya kados piwulangipun Wedhatama wau, punika ambêbayani tumrapipun agama Islam.

Têtiyang Islam ugi botên wontên pakèwêdipun nyinau kitab-kitabipun [kita...]

--- 18 ---

[...b-kitabipun] para ngulami, anggêripun namung kangge rambatan minggahipun dhatêng Hadis sarta Kuran, bilih sampun kapanggih wêwatonipun wontên ing Hadis sarta Kuran, kitab-kitabipun para ngulami wau kêdah lajêng katilar, kadon[14] ngandikanipun Dr. H. A. Karim Amrullah makatên:

Kata 'ulama sebagai pedoman, dipergunakan seketika belum melihat kiblat. Kalau sudah ada dekat kaäbah (Qur'an dan sunnah) tak usah dipakai pedoman lagi.

Manawi tiyang nyinau kitab-kitabipun para ngulami ngantos nilar Kuran sarta Hadis, punika kathah bêbayanipun, nadyan pangarangipun kitab-kitab wau mêsthinipun inggih mêndhêt wêwaton saking Kuran sarta Hadis, nanging adhakanipun tiyang ngarang punika mêsthi sok dipun wori pamanggihipun piyambak, têmahan tumrap satunggal bab kemawon lajêng wontên pamanggih warni-warni, inggih warni-warnining pamanggih punika ingkang murugakên tiyang Islam dados pêcah-pêcah pating cruwil, kang măngka dayanipun piwulang ing Wedhatama ingkang sawarni nêbihakên saking Kangjêng Nabi Muhammad S.a.w. (inggih punika ingkang mungêl: lamun sira paksa nelad, tuladane kangjêng nabi, o gèr kadohên panjangkah) punika ugi sagêd dados jalaraning pêcah-pêcah wau, dados mênggahing agama Islam bab punika sanès prakawis alit, mila parlu dipun lêrêsakên punapa mêsthinipun.

__________

2.[15] Agama Islam punika Agamanipun Tiyang Ngarab, Botên Laras kalihan Tiyang Jawi.

Têmbung: rèhne ta sira jawi, sathithik bae wus cukup, kasêbut ing pupuh Sinom [Si...]

--- 19 ---

[...nom] ing nginggil, punika anggadhahi raos bilih agama Islam punika botên cocog akalihan tiyang Jawi, amargi agama Islam punika agamanipun tiyang Arab, mila băngsa Jawi panganggenipun dhatêng agama Islam wau cêkap dipun pêthili kemawon. Pamanggih makatên punika cêtha botên cocog akalihan wêwaton tuwin kawontênanipun agama Islam, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika.

Agama Islam punika lêrês thukulipun wontên ing tanah Ngarab, nanging botên maligi dipun tujokakên kangge agamanipun tiyang Arab, wangsul pancèn dipun karsakakên kangge piwulang dhatêng manungsa sajagad, dados botên mawi ambedakakên băngsa sarta kulit, tuwin botên ambedakakên tanah lan jajahan, kados dhawuhing Kuran ing surat Ambiyak ayat 107.

[Wama arsalnaka illa rohmatan lil'alamin][16]

Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba dadi rahmat marang alam kabèh.

Dados kautusipun Kangjêng Nabi Muhammad punika pancèn kakarsakakên maringi nugraha dhatêng sadaya manungsa sangalam donya kalêbêt băngsa Jawi, amargi ing wêkdal samantên jagad punika prasasat sampun dados satunggal, dening sêsambêtanipun buwana satunggal sarta satunggalipun sampun gampil sangêt, inggih punika sarana lampahing baita. Beda kalihan kautusipun para nabi ing kina-kina, punika pancèn maligi kautus dhatêng satunggaling kaum utawi golongan, amargi sêsambêtanipun buwana satunggal kalihan satunggalipun [sa...]

--- 20 ---

[...tunggalipun] dèrèng wontên, dados kapêksa namung kangge sagolongan wau, kadosdene kautusipun Kangjêng Nabi Hud, namung mligi dhatêng kaum Ngad, Kangjêng Nabi Salèh namung dhatêng kaum Samud, Kangjêng Nabi Sungèb dhatêng kaum Madyan, Kangjêng Nabi Musa dhatêng kaum Banisrail, makatên ugi kautusipun Kangjêng Nabi Ngisa inggih mligi namung dhatêng kaum Banisrail, namung Kangjêng Nabi Muhammad piyambak ingkang kautus dhatêng manungsa sangalam donya sadaya.

Wondene anggènipun agama Islam kaparêngipun Gusti Allah dipun thukulakên ing tanah Ngarab, punika pancèn wontên parlunipun ingkang wigatos, inggih punika:

Băngsa Ngarab punika sampun misuwur băngsa ingkang risak samukawisipun, risak budi pakartinipun, risak piyandêlipun, sarta risak tata ngadatipun, ngungkuli risaking băngsa sanèsipun ing sadonya punika. Ewadene dipun tuntun ngangge agama Islam ing dalêm 23 taun sagêd dados băngsa ingkang mulya, pintêr sarta luhur ngantos dados pangilonipun băngsa sajagad, kados ingkang dipun pratelakakên wontên ing Sêrab[17] Babad Donya karanganipun Tuwan J. G. Schott. Kados ing ngandhap punika:

Door Mohammed werd het verdeelde Arabië een geheel. Door zijn leer werden altijd met elkander in vijandschap beleefd hebbende stammen verbroederd.

Wet en gezag trad in de plaats van bandeloosheid; tegen willekeur werd beter gewaakt en de zoo ruwe zeden der barbaren werden eeniger mate verzacht.

De toestand der vrouw werd veel verbeterd, de afgoderij werd afgeschaft en de onzedelijkheid te keer gegaan.

Jawinipun kirang langkung makatên: tanah Ngarab kang maune pêcah apêpanthan barêng dituntun Nabi Muhammad bisa kumpul dadi siji, băngsa Ngarab kang maune [ma...]

--- 21 ---

[...une] tansah crah amêmungsuhan: bisa dadi sadulur. Panggonan kang maune tanpa tatanan babarpisan, banjur kêna ditata lan dipranata, tindak sawênang-wênang dijaga bangêt, sarta tindak bêngis lan murang tata padha dadi alus. Drajating wanita mundhak aji, nyêmbah brahala disirnakake sarta tindak murang ing kasusilan dilarangi bangêt.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika tumrap andandosi bêbudèn, dene tumrap bab kapintêran kados ingkang kasêbut ing Sêrat Babad Donya ugi karanganipun Tuwan D. G. Kernkamp makatên:

Zij werden knappe dokteren en wiskundigen; zij kenden het tientallig stelsel, dat wij nu gebruiken; buskruit, straatverlichting enz. lang voor de West – Europeanen. Zij bouwden fraaie moskeën en kerken en waren zeer bedreven ing land en tuinbow. Rijst, suiker en vele andere Zuidelijke producten hebben de Europeanen het eerst van de Arabieren.

Jawinipun kirang langkung makatên: băngsa Ngarab padha dadi dhoktêr kang pintêr sarta ahli petung, pêpetungan siji tumêka sapuluh kang nganti saiki isih kita anggo, kang nganggit iya băngsa Ngarab, mangkono uga obat bêdhil, pêpadhanging dalan lan liya-liyane wong Arab luwih dhisik anggone wêruh tinimbang băngsa Eropah sisih kulon, wong Arab mau pintêr gawe mêsjid lan greja kang èdi-èdi apadene ahli marang têtanèn lan pangolahing pomahan, wong-wong Eropah sumurupe marang pari, têbu lan asil liyane iya saka băngsa Ngarab.

Dados anggènipun agama Islam dipun titahakên wontên ing tanah Ngarab punika, kangge pasaksèn utawi kangge ngatingalakên [ngatinga...]

--- 22 ---

[...lakên] daya kêkiyatanipun agama Islam, ingkang kenging kangge nata jagad.

b. Kangjêng Nabi Muhammad punika lare yatim, ingkang wiwit timur sampun botên katêngganan ing rama ibu, dipun titahakên sugêng wontên ing têngah-têngahing băngsa Ngarab ingkang sampun risak samukawisipun, lêrêsipun mêsthi katut dados awon kados têtiyang Ngarab, amargi lare yatim ingkang limrahipun kapiran pangajaranipun, kapiran panggulawênthahipun, sarta kapiran gêsangipun, punika mêsthi namung anut grubyug punapa ombyakipun ing ngriku kemawon, nanging Kangjêng Nabi Muhammad botên makatên, botên katut dados tiyang awon, kapara malah sagêd andandosi karisakanipun băngsa Ngarab ngantos sagêd dados băngsa ingkang mulya sarta pintêr kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, punika inggih parlu kangge pasaksèn malih, bilih Kangjêng Nabi Muhammad punika nyata pancèn kinarsakakên dados guruning jagad, inggih guruning sadaya băngsa kalêbêt băngsa Jawi, dados panganggêp agama Islam wau namung kangge băngsa Ngarab, botên kangge băngsa Jawi, punika têtela botên lêrês.

Wohipun piwulang ing Wedhatama kasêbut ing nginggil (rèhne ta sira Jawi) sagêd nêbihakên băngsa Jawi saking agama Islam, amargi nganggêp yèn agama Islam punika sanès agamanipun băngsa Jawi, punika ugi kalêbêt prakawis agêng malih, mila parlu dipun gênahakên kadospundi lêrêsipun.

__________

--- 23 ----

7. Sathithik Bae Wus Cukup.

Têmbung sathithik bae wus cukup, ingkang kasêbut ing piwulangipun Sêrad[18] Wedhatama, punika anggadhahi suraos, băngsa Jawi botên susah nglampahi sadaya piwulangipun agama Islam, cêkap anganggea sakêdhik kemawon, punika ugi botên cocok malih kalihan piwulangipun agama Islam, ingkang kasêbut ing Kuran Surat Bakoroh ayat 207 ungêlipun makatên:

[Yaa ayyuhalladdzinaamanu udkhulu fisilmi kafftah. Wala tattabi'u kuthuwatissyaithoni innahu lakum 'adzuwwunmubin][19]

He wong kang padha pracaya sira padha mlêbua agama Islam, sabarang pranatane kabèh, lan aja padha manut marang dayaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

Miturut dhawuhipun Kuran punika, têtiyang Islam dipun wajibakên ngèstokakên sadaya pranatanipun agama Islam, wajib ing kukum Islam punika têgêsipun parentah ingkang kêdah dipun lampahi, dados manawi botên dipun lampahi angsal dosa. Wontênipun agama Islam andhawuhakên makatên, amargi bilih sadaya pranatanipun wau dipun èstokakên, utawi dipun lampahi, mêsthi badhe nuwuhakên kawilujêngan saha kamulyan, anggènipun băngsa Ngarab ing jaman samantên sagêd angsal kaluhuran sarta kamulyan kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, punika sababipun botên liya inggih saking anggènipun ngèstokakên sadaya [sa...]

--- 24 ---

[...daya] dhawuhipun agama Islam, punapa ingkang sampun dipun dhawuhakên wontên ing Kuran sarta Hadis dipun lampahi kanthi tumêmên sarta ihlasing manah, mila inggih sagêd manggih kamulyan yêktos, cocog kalihan dhawuhipun Kuran malih:

[Waman yuthi'illaha warosullahu faqod faza fauzan 'adhiima][20]

Sing sapa manug[21] Allah lan utusane mêsthi olèh kabêkjan kang gêdhe.

Miturut dhawuhing Kuran punika têtela bilih kamulyan sarta kaluhuranipun băngsa Islam, punika namung gumantung wontên anggènipun nêtêpi sadaya dhawuhipun agama Islam, kosokwangsulipun, asor sarta sangsaranipun băngsa Islam punika inggih gumantung saking kiranging anggènipun ngèstokakên dhawuhipun agama Islam, têrangipun, manawi băngsa Islam têmên-têmên anggènipun nindakakên sadaya dhawuhipun agama Islam: mêsthi manggih kamulyan sarta kaluhuran, kados kawontênanipun băngsa Islam ing jaman kina, kosokwangsulipun manawi băngsa Islam kirang tumêmên anggènipun nêtêpi dhawuhipun agama Islam, langkung malih manawi anggènipun nindakakên dhawuh wau namung trimah sakêdhik, utawi namung dipun pêthili ingkang gampil-gampil sarta ingkang ènthèng-ènthèng, wêgah nindakakên dhawuh ingkang parlu-parlu utawi awrat, sampun mêsthi băngsa Islam wau badhe manggih papa sangsara, anggènipun băngsa Jawi Islam sami nandhang asor sarta ina, punika botên liya sababipun [sababipu...]

--- 25 ---

[...n] inggih saking anggèning dèrèng nêtêpi sadaya dhawuhipun agama Islam, dados piwulangipun Wedhatama: sathithik bae wus cukup, punika inggih andayani agêng sangêt dhatêng kamunduranipun băngsa Jawi Islam, amargi limrahipun băngsa Jawi punika watakipun kathah ingkang kêsèd, sungkan marsudi prakawis ingkang angèl-angèl, sarta wêgah nindakakên prakawis ingkang awrat-awrat, mila sarêng angsal piwulang saking Wedhatama: sathithik bae wus cukup, inggih saya sangêt anggènipun ambalendhot, dene rumaos angsal gondhelan ingkang prêmati.

Piawonipun piwulang: sathithik bae wus cukup: tumrap băngsa Jawi Islam agêng sangêt, ngantos sawarnining piawon, nglêmpak dhatêng băngsa Jawi Islam, ingkang limrahipun dipun wastani santri, inggih punika:

Kêmproh kados santri.

Nguthuh kados santri.

Saèn kados santri.

Kolon kados santri.

Tuwin sanès-sanèsipun malih.

Anggèn kula sagêd mastani sababipun piawon wau saking mêmpanipun piwulang: sathithik bae wus cukup, punika sagêd katitik saking kawontênanipun ing samangke, sarêng piwulangipun agama Islam dipun ajêngakên dening pakêmpalan Muhammadiyah, sarta dipun budi sangêt sagêdipun piwulang wau dipun tindakakên, têgêsipun botên namung dipun pêthili ingkang gampil sarta ènthèng-ènthèng kemawon [kemawo...]

--- 26 ---

[...n] kados mêmpaning piwulang: sathithik bae wus cukup, nanging nadyan ingkang angèl sarta awrat-awrat inggih dipun tindakakên kanthi ngêtog kêkiyatan, namung salêbêtipun 25 taun kawontênanipun băngsa Jawi Islam ingkang dados paklêmpakanipun sadaya piawon wau sampun malik garembyang, inggih punika:

1. Para santri kêmproh dados santri krisik, wani mathènthèng ngadêg wontên ing mimbar mêdhar sêsorah wontên ing ngajênganing ngakathah.

2. Para santri nguthuh ingkang namung wanuh pondhok, samangke sagêd damêl sakolahan pating janggêlêg, wiwit saking sakolahan andhap ngantos dumugi sakolahan luhur.

3. Santri gudhigên ingkang ajrih dhatêng dhoktêr, samangke sagêd damêl griya sakit, puliklinig, apotik sarta sanès-sanèsipun.

4. Santri nguthuh ingkang suwaunipun namung tharuthukan pados zakat, samangke sagêd damêl griya miskin, griya yatim tuwin sanès-sanèsipun.

5. Santri bodho ingkang suwaunipun namung wanuh kulhu, samangke sagêd ngêdalakên buku-buku sarta kalawarti warni-warni ingkang isi kawruh sarta bab sanès-sanèsipun ingkang maedahi.

6. Tuwin sanès-sanèsipun malih.

Inggih sampun saèstu kemawon santri awon ingkang sagêd malih dados sae punika inggih sawêg sawatawis kemawon, ingkang kathah inggih taksih wontên ing salêbêting kanisthan tuwin cacadan, punika sababipun botên liya saking:

--- 27 ---

1. Sampun kêdangon mêmpanipun piwulang sathithik bae wus cukup, raosipun prasasat sampun ambalung sungsum wontên manahipun băngsa Jawi Islam, mila inggih botên gampil anggènipun nyirnakakên.

2. Anggènipun pakêmpalan Muhammadiyah sarta pakêmpalan Islam sanèsipun nandangi prakawis punika dèrèng sapintêna dangunipun.

3. Ingkang nandangi namung bangsaning santri-santri limrah, sanès golonganipun băngsa pangajaran.

4. Dèrèng sadaya piwulangipun agama Islam sagêd dipun tindakakên, amargi taksih kêkirangan tanaga, kêkathahên pandamêlan, kêkirangan ingkang nindakakên.

Awit saking punika sarèhning paham: sathithik bae wus cukup, punika têtela dados pêpalang dhatêng ajênging agama Islam, mila sadaya tiyang Islam, langkung malih para mubaligipun pakêmpalan Muhammadiyah wajib kêdah tansah ambudi sirnanipun faham wau saking kalanganipun agama Islam, saya kathah ingkang mrihatosakên, saya prayogi, sarta saiba saya sae tuwin prayoginipun, bilih para sagêd-sagêd ugi kaparêng nyantosakakên utawi manggalani barisan ingkang nêdya nyirnakakên faham: sathithik bae wus cukup, punika.

__________

--- 28 ---

8. Agama Islam Gandhèngipun kalihan Mangupajiwa.

Ugi taksih kasêbut ing pupuh Sinom kaca 8 samêbêtipun pada ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, wontên ingkang nyêbutakên bab mangupajiwa kados ing ngandhap punika:

nanging enak ngupaboga | rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawane bae tan ngênting | parandene paripaksa mulang putra ||

Suraosipun pada ing nginggil punika, kados-kados mastani bilih agama Islam punika botên ngengingakên mangupajiwa, utawi apêsipun agama Islam punika botên kenging dipun wayuh kalihan nyambutdamêl, punika ugi botên cocog malih kalihan wêwatonipun agama Islam. Sajatosipun tiyang Islam punika dipun wajibakên sangêt pados donya, nanging sampun ngantos kasupèn akiratipun, kados dhawuhing Kuran ing surat Kosos ayat 77 ungêlipun makatên:

[Wala tansa nashibaka minaddunya * waahsan kama ahsanallahu ilaika][22]

Sira aja lali bageyanira donya, lan padha tindaka kang prayoga, kayadene Pangeran wus ambêciki marang sira.

Suraosipun ayat punika ngèngêtakên dhatêng tiyang Islam, sampun ngantos kasupèn dhatêng bagiyanipun donya, têgêsipun tiyang Islam sampun ngantos thênguk-thênguk namung anjungkung ngibadah thok, ingkang

--- 29 ---

lajêng botên purun nyambutdamêl ngupaboga sasaminipun, punika malah cinacad sangêt mênggahing agama Islam, amargi anggènipun Gusti Allah nitahakên rintên lan dalu, punika pancèn sampun kinanthenan kuwajiban piyambak-piyak[23] ingkang laras, inggih punika dalu kangge ngaso, siyang kangge nyambutdamêl, kados dhawuhing Kuran ing surat Nabak ayat 9 sarta 11 kados ing ngandhap punika:

[Waja'alnannaharo maasya (11) waja'alna naumakum subata (9)][24]

Lan Ingsun andadèkake awan supaya kanggo nyambutgawe (11) lan Ingsun andadèkake turunira supaya kanggo ngaso.

Dados wêwaton ayat-ayat punika sampun cêtha sangêt, agama Islam babarpisan botên ngawisi tiyang nyambutdamêl, kapara malah dipun dhawuhakên, mila para têtiyang Islam ing jaman kina punika kajawi inggil kabatosanipun, ugi sami sugih sarta pintêr jalaran saking agênging panggaotanipun, amargi kajawi dhawuhing ayat kasêbut ing nginggil, gusti kangjêng nabi inggih ngajêngakên sangêt dhatêng nyambutdamêl wau, malah dipun sêsunggar sampun ngantos tiyang Islam kêmba anggènipun nyambutdamêl, kados dhawuhing Hadis:

['Imalu lidunyaaka kaanaka ta'isu abadan wa'malu liakhirotika kaannaka tamuutu ghodan][25]

Yèn sira arêp ngupaya dunya, kirak-kirakna yèn sira ora bakal mati salawase, lan yèn sira arêp ngupaya akirat, kirak-kirakna yèn sira sesuk bakal mati.

--- 30 ---

Dhawuhipun gusti kangjêng nabi punika nyakup sakali-kalihipun,[26] tiyang Islam kêdah sarwa majêng, anggènipun ngudi dunya inggih kêdah mêmpêng, makatên ugi anggènipun ngudi akirat.

Dados piwulanging Wedhatama ingkang gadhah raos tiyang nglampahi agama Islam punika kêdah tilar ngupaboga, utawi apês-apêsipun gadhah raos agama Islam punika botên kenging dipun wayuh kalihan ngupaboga, punika têtela botên cocog kalihan wêwatonipun agama Islam, sarta ugi botên cocok kalihan kanyataanipun, inggih punika para ingkang sami nyambutdamêl rêkaos, wontên ing kalanganing among dagang utawi kapriyantunan, punika anggêripun purun kemawon, mêsthi kanthi anggèning nglampahi agama Islam, amargi agama Islam punika pancèn sampun dipun tata ingkang longgar sangêt, supados sabên tiyang golongan punapa kemawon sagêd nindakakên kalayan gampil, kadod[27] ingkang dipun dhawuhakên ing dalêm Kuran, surat Bakoroh ayat 139:

[Fainkhiftum farijaalan aurukbanan faidza amintum fadzkurullah kama 'alamakum malamtakunu ta'lamun][28]

Dene yèn sira pinuju nandhang kuwatir, kêna uga sêmbayang karo mlaku dharat utawa nênunggang, dene yèn sira wis têntrêm, padha sêmbayanga nyêbut asmaning Allah, kaya ênggone mulang ing sira nalika sira durung wêruh lakuning sêsbayang.[29]

--- 31 ---

Miturut dhawuh punika nadyan tiyang ingkang sawêg pêpêrangan, sagêd nindakakên salat kalihan gampil, punapa malih tumrap tiyang ingkang namung nyambutdamêl limrah kemawon, mêsthi saya botên pakèwêd anggènipun nindakakên salat.

[30] Bot Allah Apa Gusti.

Taksih salêbêting pupuh Sinom, piwulangipun Wedhatama wontên ingkang nyêbutakên makatên:

Saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring kaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing besuk | pranatan ngakir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora kobêr sêmbayang gya tinimbalan ||

Marang ingkang angsung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | abubrah bawur tyas ingwang | lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa Gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas gaita[31] | rèhne ta suta priyayi | yèn mamriha dadi kaum têmah nistha ||

Tuwin kêtib suragama | pan ingsun ora winaris | angur baya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan amung ngupaboga ||

Suraosipun piwulang punika taksih mêngku bab pakèwêdipun tiyang nglampahi agama Islam ingkang dipun sambi kalihan ngupaboga, inggih punika suwita ing gusti, ing ngriku dipun cariyosakên saking awrating pandamêlan: ngantos botên kobêr sêmbayang dening [de...]

--- 32 ---

[...ning] tansah tinimbalan ing gusti. Punika tumrapipun ingkang nganggit Wedhatama kula botên sagêd matur punapa-punapa, sagêd ugi kawontênanipun inggih makatên yêktos, jalaran ingkang nganggit Wedhatama sampun walèh piyambak, bilih anggènipun nyinau agama Islam dèrèng ngantos dumugi, kasêlak ngabdi dados inggih layak kemawon bilih pamawasipun dhatêng sadaya ingkang gêgandhengan kalayan Islam kathah ingkang botên cocog akalihan watonipun ing dalêm Kuran sarta Hadis, saupami panyinaunipun kalajêngakên, sampun mêsthi badhe priksa bilih agama Islam punika botên badhe makèwêdi kangge suwita, kados ingkang sampun katêrangakên kalayan cêtha kasêbut ing nginggil.

Piwulang ing nginggil punika kajawi mêngku bab pangupajiwa, ugi mêngku bab ingkang parlu sangêt, inggih punika pitakenan, bot Allah apa gusti. Panykènipun[32] pitakenan punika sampun botên parlu dipun pitakèkakên, amargi sabên tiyang tamtu sampun mangrêtos sarta kraos, bilih Gusti Allah punika langkung luhur langkung mulya sarta langkung kathah pêparingipun tinimbang sintên kemawon, amargi Gusti Allah punika ingkang nitahakên jagad punika saisinipun, kalêbêt para panjênêngan dalêm nata, dados panjênêngan dalêm nata punika ugi titahipun Gusti Allah, mila bab bedaning kaluhuran sarta kuwasanipun titah sarta ingkang nitahakên, punika sampun cêtha sangêt, kadosdene bedaning rintên lan dalu, dados sabên tiyang kemawon mêsthi sampun kraos, bilih Gusti Allah kêdah langkung dipun awratakên tinimbang kalihan sintên kemawon. Ewadene kabêkta

--- 33 ---

saking dayanipun Sêrat Wedhatama pancèn agêng yêktos, pitakèn bot Allah apa gusti wau sagêd ngodhêngakên manahipun tiyang kathah, wêkasan lajêng andhèrèk pamanggihipun ingkang nganggit Sêrat Wedhatama. Gusti Allah dipun kawonakên tinimbang gusti, punika pancèn anggumunakên yêktos,lajêng kadospundi wohipun, kathah para luhur, para bandara, para priyantun sarta para abdi dalêm ingkang sami nilar kuwajibanipun dhatêng Gusti Allah, jalaran kakawonakên dening kuwajiban dhatêng pasuwitan, dene ingkang langkung mêmêlas malih punika dalah para abdi dalêm golongan pamêthakan ugi botên sakêdhik ingkang purun nyade kuwajibanipun dhatêng Gusti Allah kaurupakên kalihan kuwajiban dhatêng pasuwitan, ingkang makatên wau botên liya inggih saking daya pangaruhipun têmbung: bot Allah apa gusti ing Sêrat Wedhatama, măngka pancènipun sintên kemawon sagêd nêtêpi kuwajibanipun pasuwitan kanthi sampurna, kalayan botên susah ngawonakên kuwajibanipun ingkang tumrap Gusti Allah.

__________

10. Tiyang Gêsang punika Parlunipun Namung Ngupaboga.

Ing pungkasaning piwulang ingkang sampun kapêthik kasêbut ing nginggil, wontên ingkang mungêl: kikisane tan lyan namung ngupaboga, punika anggadhahi suraos bilih tiyang gêsang punika parlu namung ngupaboga, dados sampun botên parlu mawi manah bab sanès-sanèsipun, kados ta bab agama sasaminipun, anggêripun sampun nyambutdamêl, sampun cêkap. Piwulang punika raosipun akosokwangsul balêjêd akalihan raosipun băngsa wetanan, langkung

--- 34 ---

malih băngsa Islam, amargi tiyang wetanan punika ingkang dipun têngênakên prakawis kabatosan, bab prakawis kadonyan malah dados prakawis ăngka kalih, makatên ugi têtiyang Islam, tiyang gêsang punika botên cêkap manah prakawis kadonyan kemawon, ananging ugi prêlu manah prakawis kabatosan, amargi manungsa punika tinitah abadan kalih, inggih punika badan wadhag kalihan badan alus, manawi tiyang namung manah badanipun wadhag thok, badanipun alus botên dipun manah babarpisan, punika sampun tamtu pincang gêsangipun, dening ingkang kamanah sawêg namung sasisih, punika uwohipun mêsthi badhe karisakan, kadosdene kawontênanipun băngsa kilenan ing wêkdal samangke ingkang namung manah prakawis kadonyan thok, punika wohipun mêsthi tansah ngwontênakên dahuruning jagad, sarta pungkasanipun mêsthi badhe manggih karisakan agêng kados wêcanipun sarjana Fedor Virgin wontên ing bêbuka karanganipun ingkang dipun namakakên Het onbeweeste Europa suraosipun kados ing ngandhap punika:

Wanneer ge over eenige tientallen jaren, wanneer ge giftgassen uit een laatste oorlog ontleed zijn, de woestijn Europa doorkruist, weet, dat de Europeanen zich zelve te gronde gericht hebben dat zij elkander met alle middelen der wetenschap eenvoudig in den letterlijken zin van het woord practisch uitgeroeid hebben. Want zij verdroegen de wetten niet, die zij elkander voorscheven, zij waren niet in staat in gemeenschap te leven, waarvoor zij elkaar met genoegen uit, moordden, omdat het hun onmogelijk was, om deze idealen te leven.

Cara Jawinipun kirang langkung makatên: manawi watawis dasanan taun malih panjênêngan anjajah buwana Eropah ingkang sampun dados sagantên [sa...]

--- 35 ---

[...gantên] pasir, jalaran saking dayaning hawa racun ing paprangan ingkang pungkasan, panjênêngan badhe priksa bilih risakipun buwana Eropah punika saking pandamêlipun tiyang Eropah piyambak, sarana kawruhipun, amargi saking sampun sami botên purun nêtêpi prajanjian-prajanjian ingkang dipun damêl sêsarêngan dening têtiyang Eropah piyambak. Têtiyang Eropah sampun sami botên sagêd gêsang bêbrayan, tulung-tinulung amrih karahayoning nagari, ananging kinosokwangsul sami mêntala nindakakên pêjah-pinêjahan kalihan sasamining gêsang, dhatêng gêgayuhan amrih raharjaning jagad, têtiyang Eropah sampun botên kadugi nindakakên.

Dados tiyang punika bilih namung nêngênakên kadonyan thok kados wulangipun Wedhatama kasêbut ing nginggil, kikisane tan lyan namung ngupaboga, babarpisan botên purun manah dhatêng akirat utawi kabatosan, punika sampun mêsthi gêsangipun badhe risak, inggih sabab saking ingkang dipun manah sawêg sasisih wau punika.

Kosokwangsulipun, bilih tiyang punika gêsangipun namung manah dhatêng kabatosan thok, rintên dalu namung anjungkung wontên ing masjid, botên purun manah dhatêng kadonyan babarpisan, punika inggih nama nisih malih, sampun mêsthi inggih botên prayogi kadadosanipun, kados gêsangipun para santri ing jaman kina, jalaran ingkang dipun pêng namung anggènipun anjangkung wontên ing masjid, mila gêsangipun ngantos kuthetheran botên sagêd numuti jaman, wêkasan dados asor sarta rinèmèhakên ing sanès, dados sakalih-kalihipun nama tilar saking wêwatonipun agama Islam,

--- 36 ---

mila miturut piwulangipun agama Islam, lair batos, utawi donya akirat kêdah katindakakên sadaya botên kenging namung sasisih, kados dhawuhing hadis:

[I'mal lidunyaaka kaanaka taisyu abadan. Wa'mal liakhirotika kaanaka tamuutu ghodan][33]

Yèn sira arêp ngupaya donya kirak-kirakna yèn sira ora bakal mati salawase, lan yèn sira arêp ngupaya akirat, kirak-kirakna yèn sira sesuk bakal mati.

Cêkap sêmantên anggèn kula ngrêmbag isinipun Sêrat Wedhatama ingkang magêpokan agama Islam, pangajêng-ajêng kula sagêda dados sêsuluhing ngakathah ingatasing lêrês lêpatipun Wedhatama wau ingkang tumrap agama Islam, ing wusana mugi samia rahayu ingkang pinanggih. Amin.

Tamat.

--- [0] ---

10. Dzamulkibriwal ngujub, amarsitakakên cinacading watak kibir, kumaluhur, tuwin ngujub (ngakên kawasa) rêgi f 0,80 (dening M. Ng. Ihsanudin).

11. Pasalatan Jawi, anêdahakên patrapipun ajar sêmbahyang, katêrangakên mawi gambar 8 iji, donga-donganipun dipun têgêsi, mawi pinurwanan hikmah pigunanipun rukun Islam, rêgi f 0,20 (dening S. Hadiwiyatan).

12. Tafsir Kuran Jawèn, pandam lan pandoming dumadi, tafsiripun panjang sakalangkung amarêmakên, saengga sintên tiyangipun maos punika, saèstu lajêng yakin dhatêng kawigatosanipun Kitab Suci Kuran, rêgi I. II. kasamak kandêl, á f 3.-, samak tipis á f 2.50, ingkang III. rêgi f 1.50 (dening A. B. Siti Syamsiyah).

13. Kuran Jawèn, kuranipun mawi sastra Ngarab, sisih-sisihan kalihan Jawinipun ingkang mawi sastra Jawi, juz 1 t/m 30, sajuz rêgi f 0,60 sabên 5 juz, kabindhêl sae f 3,- tambah bindhêlan f 0,50.

14. Hadis Jawèn, amarsitakakên dhawuh, saha sabda pangandika, miwah wêjangan punapadene tindakipun Kangjêng Nabi Muhammad S.ng.w. I rêgi f 1,- II f 0,80 III f 0,80 (dening Kyai Mas Ngabèi Muhammad Amin).

15. Ngilmu taohid, anggêlarakên kawruh makripat lan gêgêbêngan iman, nêm prakawis, katranganipun mawi ulur-uluraning dalil ngakli (ngakal) lan nakli Kuran lan Hadis, jilid I rêgi f 0,45 II f 0,35 III IV f 0,80 dening Samsu Hadiwiyatan (Radèn Ngabèi Hadiwiyata).

__________

Sampun ambabar.

Buku basa Melayu, aksara Latin:

Islam igama Internasional yan kekal. I f 0,50 II f 0,70

Senjata Penganjur dan Pemimpin Islam. f 1,75

Rahasia Bijbel f 1,- Siratoelmoechtar f1,-

Economie f 0,50 'Adjaiboelqoeloeb I f 0,50

Pedoman dan dendidikan Al-Qurän I II á f 0,50

Nasehat (cutbah Jum'ah) I II á f 0,45

Persalatan Indonesia f 0,13

Lain-lainnya mintalah catalous & prijscorant gratis!

Nyanyadhang welingan:

Electr. Drukk. Ab. SITTI SJAMSIJAH Solo.

--- [0] ---

[...]

 


Sampul naskah sobek. (kembali)
Sampul dalam naskah sobek. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
§ Bokmanawi anggènipun makatên punika: angèngêti ugêr sampun nutupi ngurat: cêkap. Corr. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Islam. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
10 kangjêng. (kembali)
11 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
12 nindakakên. (kembali)
13 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
14 kados. (kembali)
15 6. (kembali)
16 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
17 Sêrat. (kembali)
18 Sêrat. (kembali)
19 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
20 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
21 manut. (kembali)
22 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
23 piyambak-piyambak. (kembali)
24 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
25 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
26 sakalih-kalihipun. (kembali)
27 kados. (kembali)
28 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
29 sêmbayang. (kembali)
30 9. (kembali)
31 graita. (kembali)
32 Pancènipun. (kembali)
33 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)