Kramaleya (Jilid 2), Wrêksawijaya, 1909, #523
1. | Kramaleya (Jilid 2), Wrêksawijaya, 1909, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang. |
2. | Kramaleya (Jilid 3), Wrêksawijaya, 1909, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang. |
3. | Kramaleya (Jilid 4), Wrêksawijaya, 1914, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang. |
4. | Kramaleya (Jilid 6), Wrêksawijaya, 1922, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
KROMOLEJO
Bagian 2.
Sêrat Kramaleya
Jarwa sêkar macapat, anyariyosakên bab awon saening lêlampahan tuwin tekading ngagêsang.
N.V. Mij t/v d.z. ALBERT RUSCHE & Co.
Surakarta.
1909.
--- 2 : [0] ---
[Iklan]
--- 2 : [0] ---
KROMOLEJO
Bagian 2.
Sêrat Kramaleya
Jarwa sêkar macapat, anyariyosakên bab awon saening lêlampahan tuwin tekading ngagêsang.
N.V. Mij t/v d.z. ALBERT RUSCHE & Co.
Surakarta.
1909.
--- 2 : [0] ---
[...]
--- 2 : 1 ---
KROMOLEJO
BAGIAN 2.
1. Dhandhanggula
1. gantya ingkang winahyèng kêkawin | wontên êmpu lan ruwiyanira | Ki Sănggalangit wastane | komuk êmpu linangkung | pêdhang waos towok lan kêris | anggêre winastanan | kang karya ki êmpu | pasthi pangaosnya kathah | griyanira aran dhusun Têgalkawit | ki êmpu nuju dina ||
2. tinangisan ing rayatirèki | wuwusira kakang kadiparan | mungguh salawas-lawase | gonku kapengin sunu | sing karmane Hyang Maha Suci | samêngko aku kakang | wus kalakon ngandhut | wêtêngan lèk pitung căndra | nging kaduwung rasaning tyas ingsun iki | tansah maras kewala ||
3. kang sun rasa gèk kapriye benjing | lamun babar saking guwa garba | dhuh dhuh saiba larane | luwung matia ingsun | timbang maras saari-ari | Ki Sănggalangit mojar | sira wong marusul | mati manèh yèn wania | bakal lara bae sira mèh nglakoni | iku wong mokalapah ||
4. gulangsaran Nini Sănggalangit | ya wis ta wis kakang suka lila | iki tak têrèkne bae | wontên tănggèstri ngrungu |
--- 2 : 2 ---
hèh ya talah Ni Sănggalangit | têrèk dikira mayar | aku kang wus tau | lan wong manak tikêl dhomas | Sănggalangit duk miyarsa saya miris | sangsaya kaku tyasnya ||
5. ingkang priya sontag tyas tan sipi | ngasih-asih ngrapu mrih lipura | labêt angaku garwa nèm | kang wuwus sinalimut | priyêmbada [...][1] -s | gêndhuk woding tyas ingwang | ngong myarsa wartèstu | lamun Kyai Kramaleya | kang murwani dhêdhukuh nèng Sidamukti | kaloka wong minulya ||
6. payo padha aminta piranti | bokmanawa bangkit bengkas marang | laranta ing têmbe wakte | wêtuning ponang sunu | tandya lêjar Ni Sănggalangit | rêna mangayubagya | sakaloronipun | nulya mangkat gêgancangan | enggal prapta dhukuh anyar Sidamukti | panggih lan Kramaleya ||
7. angaturkên saliring wigati | Kramaleya mèsêm jroning prana | kèndêl nulyantuk wangsikte[2] | Ni Sănggalangit iku | janma ingkang tuna ing budi | salawase ugungan | ngêgungkên pangungrum | marma tansah was-was uwas | lamun sira arsa mawèh ing piranti- | nira manak tan lara ||
8. iku luput wit kodrating Widhi | janma manak masthi mawa lara | wit iku kosokbalike | duk kêni rohing kakung | wêwaraha kewala uwis | ingkang supaya dadya | piyandêling kalbu | binudia saka nalar | dimèn mulur nalare Ni Sănggalangit | dupi luwaring puja ||
9. Kramaleya animbali aglis | dhatêng murid kalih sêsomahan [sêsomah...]
--- 2 : 3 ---
[...an] | jalêr èstri kang wus nate | angraoskên sêsunu | ingkang jalêr nama Mênail | kang èstri nunggil nama | prapta sinung wuwus | hèh Ni Mênail kaya pa | rasanira tinibanan rohing laki | Ni Mênail aturnya ||
10. salingkuhan mèsêm sêmu [...] | sagunging rasa sak ngalam dunya | tuhu tan wontên miribe | nikmat mupangatipun | kados tiyang rinasèng rêsmi | luhuring kawibawan | kabèh tumut nyamut | têbih kinarya upama | Kramaleya nulya angandika malih | duk sira babar putra ||
11. rasanira apa bisa mirib | Ni Mênail kêkêl aturira | i lah dalah saya nyêngklèng | punika raosipun | nalikanya maksih garbini | tyas tansah mêlang-mêlang | dupyarsa watipun | sêsakit satri buwana | wus kaanan wontên ing ngriku mêpêki | dupi procoting jabang ||
12. apan saking dahating kang sakit | ngantos botên darbèni pangrasa | namung mak parêngkêl bae | punika marginipun | jabang bêkta êdên pribadi | Kramaleya ngandika | barêng atmajamu | mêtu katon karaharjan | kaya ngapa rasaning tyas ta Mênail | Ni Mênail aturnya ||
13. lah punika usadaning sakit | amung raos sênêng lawan suka | dumugi ing saagênge | pan saya wuwuh-wuwuh | sèwu sênêng botên ngêbosi | yèn wus praptaning măngsa | măngka lure bêsur | anuwuhkên karuditan | nanging wêlasasih sênêng botên gingsir | maksih langgêng kewala [ke...]
--- 2 : 4 ---
[...wala] ||
14. angandika Kramaleya aris | marang Nini Sănggalangit sira | apa wus andêlingake | linge Mênail iku | Sănggalangit turnya wus dêling | lah iku rasakêna | jalènthrèhing wuwus | yêktine wong babar putra | nora sakit awit wis lininton dening | nikmat mupangatira ||
15. [...]-k lumawan sarêsmining laki | kang kadyèku apan pirabara | antuka ngêmping kamuktèn | panggrêsah tiba kantun | wruhanira kodrating Widhi | lamun maksih tinitah | lêlakone dhogjur | bêgja papa wus kadawa | sukêr sakit kawaluyan wus tinakdir | takdir tan kênèng owah ||
16. iku bae tarimakna yêkti | malah-malah babaring tênaya | yakti saya nyênêngake | ing tyasmu kang tanpa wus | dadi tita tatale iki | mung nêmu kanugrahan | de Hyang Maha Luhung | paring suka tanpa lawan | duk miyarsa wau Nini Sănggalangit | marêm raosing driya ||
17. lawan dadya panuntuning ati | kang marsudi kabudayanira | mamrihkên mring kawignyane | Ni Sănggalangit wau | lawan priyanira nulyamit | linilan sinung puja | gantya kang winuwus | kaum nama Kasanrêja | gadhah rayat warnendah dhasar taruni | nama Ni Kasanrêja ||
18. ingkang karan namanya duk alit | Rara Murni kaojat ing kathah | wênèh biyang sêbutane | de padununganipun | winastanan ing dhusun Kêji | wau Ki Kasanrêja | apan dados guru- | nira maos kitab Kuran [Kur...]
--- 2 : 5 ---
[...an] | wontên murid sajuga radi winasis | Jaka Samut namanya ||
19. tur kinasih wus inganggêp siwi | labêd saking Kyai Kasanrêja | dèrèng sinungan sutane | dadya dahat sihipun | pinarcaya bêtahing panti | panimbang nglimbang karsa | [...] Jaka Samut | kamot mêngku pakarangan | de pun Samut ugi prasêtya tan sipi | anggêpe wus ambapa ||
20. nuju dintên Ki Kasanrêjèki | tuwi kadang marang Pranaraga | Samut kang têngga pantine | Samut ing sabên dalu | tilêm wontên madyèng pandhapi | ing dalu cinarita | wanci bêdhug esuk | rayate Ki Kasanrêja | biyang Murni mêdal saking jroning panti | Jaka Samut ginugah ||
21. wuwusira sarwi bisik-bisik | thole Samut payo atêrêna | mring langgar sadhela bae | ingsun pan arsa subuh | Jaka Samut garegah nglilir | amèsêm wus garjita | pingitaning kalbu | biyang Murni langkung suka | de pun Samut tampi wardaya wiyadi | dyan lumayan sêsaman ||
22. rèh wanita kawêkèn murwani | kang jinujug unggyaning padasan | nging mung ulas-ulas bae | Murni pi-api wulu | bismillahirrohmanirohkim | anawètu wulua | robngal kadas samut | siashariparlan lillah | hi tangalahu akkêbar niyat mami | wulu ngilangke kadas ||
23. cilik parlu krana wong asigit | Samut sira mrenea sadhela | iki raupana thole | kang rêsik kaping têlu | Samut cêla-[...]
--- 2 : 6 ---
sêm saryangling | punapa botên batal | Murni lingira rum | thole ora dadi ngapa | awit sira wus têtêp tanaya mami | sasat badan priyăngga ||
24. gya tumandang Samut angraubi | kaping tiga sami angujiwat | nuli asta lan sikute | pan iya kaping têlu | dyan kuliting sirah kaping tri | myang [...] datan beda | dadak dèn lus-êlus | sunat masuhi talingan | nulya parlu arsa misuhi suku dwi | Samut lêgêg tumingal ||
25. wêntis kuning ijo lir sinangling | maya-maya sunare tumeja | gêdrug Murni pamuwuse | o thole dèn agupuh | wisuhana ping tri kang rêsik | têka andadak apa | kalithihan iku | Samut mangsuli tumênga | inggih biyung ngucali sumpêl galindhing | cêlak suku paduka ||
26. Murni mèsêm wuwusira manis | nora susah sira angupaya | padasane mèh anggêrèng | kapita Jaka Samut | amijiki wus tanpa wigih | panggosoke rinosan | grêgêt-grêgêt suruh | katon krodhaning wardaya | wus tan ketung lêlabêtan kang utami | mung mamrih pulang raras ||
27. datan kongang Samut nêmbadani | Murni nulya sinambut kinuswa | sumlènggrêng adon-adone | dhuh biyung kula nuwun | bilih batal gih wulu malih | Murni mèsêm saurnya | gampang wong awulu | katêmu buri kewala | gya kinanthi Murni binêkta umanjing | minggah sajroning langgar ||
28. tan winarna dèn ta pulang rêsmi | wit bang wetan tumêkèng raina | dumugi [du...]
--- 2 : 7 ---
[...mugi] wanci mahribe | ing sakarongronipun | sawêg mêdal sing langgar sami | Murni tan èngêt garwa | woding tyas mung Samut | kang mangasmarèng wardaya | wus tan rikuh tinon ing tăngga myang batih | gêlar inganggêp suta ||
29. laju manjing mring panti sa-[...] | salagane biyang Murni datan | beda yèn lawan garwane | tan pae Jaka Samut | pamêngkune saengga rabi | Jaka Samut lingira | kadiparan biyung | asih paduka sayarda | nging tuhune asih dadya walangati | yèn têtêp makatêna ||
30. dadi asih malah nyiyasati | lamun têmah katungka kondurnya | Ki Kasanrêja tan wande | kula tampi bêbêndu | Murni muwus anyablèk wêntis | dhuh thole sutaningwang | sawanging tyas ingsun | sira aywa sêmang-sêmang | paribasan jêruk jêngkêrut gănda mrik | ingsun nurut kewala ||
31. Jaka Samut amangsuli manis | biyung kula botên gadhah karsa | pan namung sumarah bae | Murni ngujiwat muwus | dhuh sutèngong sira wong sigit | sigit tan lêlamisan | dhasar bangun turut | bêgjane wong ngambil suta | yèn tinurut sasat manggih suwarga di | dêdalan saka sira ||
32. wus ta thole mangkene prayogi | payo padha rêrangkatat[3] mendra | saka panti desa kene | jujug dhêdhukuhipun | Kramaleya ing Sidamukti | nyuwun guna sumbaga | mrih lulusing laku | Jaka Samut tan lênggana | tandya pangkat wau kang andon among sih | ing marga tan winarna ||
33. sampun prapta dhukuh Sidamukti | nagih [na...]
--- 2 : 8 ---
[...gih] lawan Kyai Kramaleya | lênggah siniwèng muride | andhèr pandhapa pênuh | sinung bagya Samut lan Murni | dinangu wigatinya | Murni aturipun | badhe matur pêpingitan | botên kenging kawêdhar lyaning sujanmi | jumênêng Kramaleya ||
34. nulya manjing ring made sêmèdi | Murni Samut kinèn tumut wuntat | praptaning don sakalihe | matur saliring kayun | Kramaleya anayogyani | lawan paring sarana | jêjimat kinandhut | sampêting karti sampeka | biyang Murni lan Samut tandya nyuwun mit | linilan sinung măntra ||
35. mêdal malih Kramaleya Kyai | lênggah mungging madyaning pandhapa | Tambangprana nèng ngayune | aturnya dhuh pukulun | ulun dipun canthèli wêling | sing sakabat paduka | tyang Krangarja sagung | manawi dintên punika | apanuju barêsih dhusun kiyai | adat mawi wiwahan ||
36. yèn marêngkên ing karsa kiyai | timbang sami suka sowang-sowang | mindhakan pating bêcècèr | kados prayoginipun | pakêmpalan wontên ing ngriki | angiras pakurmatan- | ira dadosipun | panti kagungan paduka | Kramaleya angandika nêmbadani | wau Ki Tambangprana ||
37. nulya dhawuh angusung-usungi | pandayane pasamuan ingkang | sagung rinukti wus sampe | punapa warninipun | găngsa slendro pelog tanapi | barang sabarungannya | sawiyaganipun | talèdhèk kalih warnendah | wus tinata nèng pananggaping pandhapi | myang băndha pawon samya ||
38. wus mêpêki [mê...]
--- 2 : 9 ---
[...pêki] tan kuciwèng kardi | para tiyang dhusun Karangarja | prapta dalah sêsarate | kang wadon jujug dhapur | ingkang priya jujug pandhapi | sami ngadi busana | para kuli sagung | lêladèn dadi sinoman | yèn sinawang wau dhukuh Sidamukti | raharja tanpa timbang ||
39. ting parêlok pandam-pandam kadi | taranggana abyor ing awiyat | pajar nandhani lêjare | kang mèt mangun sukèng hyun | dupi sampun samêkta sami | pandayaning pahargyan | Kramaleya muwus | sira adhi Tambangprana | tumuntêna dhawuhakên muni gêndhing | dhatêng wiyaganira ||
40. Tambangprana nolih nyasmitani | mring pangrêbab kinèn murwanana | munya gêndhing sapantêse | kang ngrêbab gupuh-gupuh | gosok rêbab slendro murwani | anglaras pathêt sanga | tinut gêndèripun | gumalèndèr ngarah-arah | sinalimut ing gambang suling dumêling | lak-luking lik sumêla ||
41. sakèndêle pathêtan Kiyai | Kramaleya anling mring pangrêbab | lah gêndhing apa bakale | kang ngrêbab matur dhêku | Gambirsawit wirama katri | Kramaleya ngandika | iku ywa rumuhun | awit gêndhing Galêdhêgan | mundhak ngêndhakake gêndhing buri-buri | pelog iku kewala ||
42. kadhingina mara coba aglis | bukanana laras pathêt lima | yèn wus êntèk pathêtane | maksihna sêrêngipun | ywa kasuwèn tungkanên nuli | bukaa Kombangmara | ingkang ngrêbab gupuh | bukani pathêtan lima | sauwuse bawa Kombangmara gêndhing | ririh panatanira [pa...]
--- 2 : 10 ---
[...natanira] ||
43. kang pradăngga rum swara ngrêrangin | pangrêbabe rara rawat waspa | ringik-ringik pangrungike | aruntut adu sêmu | tur binarung swaraning ringgit | laguning cêcengkokan | dhong-dhing tan tumpang suh | carup swaraning pradăngga | praptèng pada kênong kadya nyalonongi | nging sampun lêrêsira ||
44. thuthukane gambang banyu mili | lawan gêndèr kadya lêlintonan | cengkok rêbut cêcawène | panrus barung tan sêru | dêmung mapan plênge nibani | maton măngka pathokan | kêndho kêncêngipun | anut panêtêking kêndhang | calêmpunge cat krungu cat tan katiling | mung suling nyêla-nyêla ||
45. larasèng gong sora tan bêrbêgi | lir brêmana ambyar saking tala | lamat-lamat tambuh lênge | rinungu nyamut-nyamut | suwaraning pradăngga bangkit | amikat sukarêna | tumrap kang wus putus | janma kang lêbda pradăngga | balik ingkang tan ngêrti tibaning dhong-dhing | mung dalongop kacaryan ||
46. lêgog-lêgog tyase lir jinait | mènglang-mènglèng nilingkên talingan | kasusu angasilake | manthuk kabanjur ngantuk | naratabe ginugah suling | ngêlik kaya kukila | mêlang-mêlang asru | kaduwung sajroning driya | barêng myarsa swaraning ringgit dumêling | kaduwunging tyas sirna ||
47. panêbute swara apa iki | kapenake anglêr ngudubilah | panjang lamun winursitèng | kang sami kapiluyu | sasuwuke Kombangmara glis | munya gêndhing Surendra [Sure...]
--- 2 : 11 ---
[...ndra] | pathête nêm mungguh | pathêt kèndêl nuli bawa | Karawitan ngêthawit amilangoni | sasuwuke Krawitan ||
48. ya ta kèndêl sarwi nyamik-nyamik | Kramaleya angandika kănca | pangrêbab apa tunggale | e tutugna rumuhun | ênggonira padha nyênyamik | pangrêbab aturira | inggih sampun tuwuk | nyêla matur Tambangprana | dhuh pukulun prayogi sangêt karinggit | upami kabêksakna ||
49. botên saking adrêngipun patik | para mudha sami garundêlan | eman yèn makatên bae | yèn botên dadya nayub | Kramaleya anayogyani | adhawuh mring wiyaga | kănca wruhanamu | iki mari kalênengan | dèlèhana bonang bêbukaa gêndhing | Gambirsawit Surendra ||
50. tandya munya gêndhing Gambirsawit | ringgit kalih sami sêsarêngan | kasaru ing pawon rame | sora gora gumuruh | suwarane para pawèstri | kang samya olah-olah | alok latu-latu | latu padangan amubal | ngalad-alad andilat balandar nuli | andadi nyandhak êmpyak ||
51. jalwèstri lir gabah dèn intêri | salang-tunjang pindha bêbujungan | asêsambat mring priyane | kang lagya sukèng kalbu | ingkang sami lênggah pandhapi | duk myarsa sarêng ambyar | buk tumbuk-tinumbuk | samya mring pawon sadaya | praptaning don tandange datan ngundhili | awit sang hyang dahana ||
52. krodhanira sampun angêlèbi | mobat-mabit angidêri [angidêr...]
--- 2 : 12 ---
[...i] wisma | pating jarêthot jumêbrèt | kumrêpyêk kang sami pyuh | wontên sirap mubal malêtik | kontal kadya bêbalang | tibèng pantinipun | rêke Kyai Kramaleya | kang malêtik tinututan datan kêni | griya kang sampun mubal ||
53. mrèmèn marang êmpyaking pandhapi | griya gandhok kering lawan kanan | myang pandhapa buri êntèk | apan kobar sadarum | duk nêdhênge hyang brama dadi | tan kêna sinuwawa | maras kang andulu | kinira dahana sanglad | ngalad-alad yayah sundhul ing wiyati | murub mangkara-kara ||
54. para tiyang tandang tanpa wilis | nging kawêkèn traping pitulungan | saking hyang dahana gênge | banyu kadya rub-urub | datan wontên kang migunani | krodhane sinambadan | kayu bajra lesus | mêsês sadalu tan kêndhat | byar raina lagya sirêp ponang agni | latu pêjah priyăngga ||
55. sapêjahe latu para murit | angulari Kyai Kramaleya | sami udrasa sagunge | tan pae siyang dalu | mawurahan swaraning tangis | mangkya kapanggih lênggah | nèng têpining sumur | mungging dhingklik sila tumpang | sênêng mulat awu myang arênging panti | tan măntra-măntra susah ||
56. dupi panggih pra murit anjêrit | wênèh wontên anungkêmi pada | saking dahat sru trêsnane | Kramaleya duk dulu | rudahtining siswa tan sipi | kèndêl satri pandurat | angêningkên kalbu | antuk wasitaning cipta | sira luput duk ngidèni biyang Murni | lan Samut bêbedhangan [bê...]
--- 2 : 13 ---
[...bedhangan] ||
57. sira têtêp angrojongi janmi | kang mangrurah gone sêsomahan | Allah wus amalêsake | wismamu dadi awu | Kramaleya ing tyas mangsuli | punapa kang kadyeka | sanès karsanipun | Gusti kang murbèng bawana | kang wasita mangsuli lah iku sisip | sajatine Pangeran ||
58. tan mijèni panggawe tan yukti | tumibaning karsa lir kumandhang | kari nirokake bae | yèn wijining yun kosus | nuli ana pasiksan prapti | kang timbang lan dosanya | yèn bênêr rahayu | tartamtu antuk nugraha | suprandene sira apan maksih kêni | aminta pangapura ||
59. pratelaa prihatining ati | sinasapana ing suka-suka | dimèn silah panêngrane | mung iku dadi pemut | Kramaleya gya luwar saking | sêmèdining wardaya | ulat tungtung guyu | ngujiwat ring para siswa | angandika linut sêkar irim-irim | sulendro pathêt sanga ||
2. Sêkar Irim-irim
1. wruhanira | siswaningwang | mrih padharsa waspada | panggrendaning budaya | iku tarlèn saking coba | marma lamun rinasa | sagunging karuditan | tuhu nikmating wardaya | awit dadya dêdalan | santosaning dumadya | yèn wus santosèng budiman | yèku musthikaning tekad | mulanta yya sumêlang ||
3. Dhandhanggula
1. duk miyarsa wau para murit | kadyaganing punapa kaleban | undhuking mêndhung manguwe | sinêrang ing hyang bayu | têmah maya lêkêre kèksi | sumilak angalela | ngujwala
--- 2 : 14 ---
sumunu | amadhangi sèsining rat | nging kadyeka tumrap siswa kang wus wanci | mancat wrining agêsang ||
4. Sinom
1. derangkang maksih taruna | sakêdhik mudhêngirèki | nanging labaning bêbakal | tan lingsêm tanya kang wasis | panyurasanira ring | wedha kang linud ing lagu | ginubah dèn la-êla | kinilas nèng nala mintir | surasane rinasa saya karasa ||
2. kasat sajroning suyasa | suryasendra endra dhiri | sarêngan matur sampun trang | pinundhi pindha paripih | Kyai Kramaleya ngling | samêngko panawang ingsun | kabèh dus kaya-kaya | waluya saking wiyadi | lah sidakna iku kawruh papan-papan ||
3. sêdhêngane mung samana | cêcalanging tyas prihatin | ngangsêk matur Tambangprana | papan-papan kadipundi | kawula dèrèng uning | mugi jarwaa pukulun | Kramaleya ngandika | makatên têgêse adhi | papan-papan êmpanipun kalamăngsa ||
4. kalamangsaning sujanma | kados ta sujanma mukti | kalawan wong sudra papa | beda tekade kang pasthi | tan kêna wor sawiji | papan-papan têgêsipun | êmpan papaning driya | tyas suka lawan prihatin | lamun suka tartamtu botên mangkana ||
5. mula wong kang budi rupak | gopok ngèlmune kasupit | sukane yèn manggih wirya | barêng tibaning bilai | kaduwung nutuh dhiri | sêbute cilaka muput | yèn tansah salah cipta | panggrêsahe tan dèn sahi | niku sasat setan sèwu ngejawantah [ngeja...]
--- 2 : 15 ---
[...wantah] ||
6. marêm Tambangprana myarsa | sagunging murit nyêkikik | tuwuh sing cucuding sabda | winoran banyol sakêdhik | tur nora anyênyêngit | kang măngka sanepanipun | pantês dèn lêluria | Tambangprana matur malih | gih pukulun tarlèn ingkang dados manah ||
7. ya talah botên kadosa | kagungan paduka panti | duk yasa wragatnya kathah | pangruktinira tur lami | têlas amung saratri | katrajang krodhaning latu | Kramaleya ngandika | si adhi mindho gawèni | bêbasane paduka mêrangi tatal ||
8. sirik yèn botên eklasa | rajadarbèking sujanmi | kang wus sirna ing daruna | sampun ta kang warni panti | nadyan paduka adhi | ing têmbe badhe pinundhut | sapintên sênêngira | janma mring warnane panti | lakung[4] sênêng dhatêng badane priyăngga ||
9. prandene yèn wus pêsthinya | botên sagêd anggondhèli | karana karsaning Allah | amung anêtêpi jangji- | nira manungsa iki | botên watak salah waktu | kados andika kula | sagêd ebah saking gêtih | botên atas saking kridhaning bètollah ||
10. ngalahu ngali wasalam | sapunikanipun adhi | punapa sampun tan samar | Tambangprana matur inggih | sampun têrang sajati | têtêp tumitising kalbu | anulya Tambangprana | anolih pra siswèng wuri | wuwusira apa wus padha waspada ||
11. sarêngan matur sampun trang | Kramaleya nabda malih | hèh sagung pra siswaningwang | liyane iku [i...]
--- 2 : 16 ---
[...ku] pan maksih | ana ugêring urip | mrih trang sajatining kawruh | kawruh kang nora pisah | lan istiyaring dumadi | luwih gampang mungguh pakêcapanira ||
12. sadhengah wong wus kanggonan | tur gêng kasiyatirèki | ingkang akèh tan nglêgewa | simpên musthikaning ngèlmi | măngka wus dèn mot dening | ngangga salawase idhup | lah mara piyarsakna | sira padha sun tuturi | nanging amung ancêr-ancêre kewala ||
13. mangkene purwaning titah | tapane kudu nglakoni | pinardia mrih waspada | marang badane pribadi | pirabara yèn bangkit | cêgah dhahar lawan turu | ora-orane bisa | mung wataranên prayogi | jasatira duga-duga lan prayoga ||
14. mèle wus samya ginawa | anèng sajroning aurip | wiwit mulanta binabar | sing guwa garbaning bibi | puputing jiwa lagi | êmèlmu katon sumêmprung | nging lamun wus waspada | poma aywa ngèsi-èsi | lan sêmbahyang dhikir prentahing sarengat ||
15. mara coba lakonana | bokmanawa makolèhi | amung sambekalanira | yèn kobêr angumbar pikir | babare sring bilai | sirnaning we anêmu wuk | tiwas kuwur kewêran | ing tyas kurang manêmêni | amung iku bae padha rasakêna ||
16. iku kanthining agêsang | ingkang tuhu makolèhi | nanging uga tanpa guna | lamun ora dèn wêruhi | yèn wus wrin tan kasirik | kinuswa talatèn atul | sayêktintuk nugraha | gampangane bae [ba...]
--- 2 : 17 ---
[...e] iki | wus kapurba ana ing sudira warna ||
17. nuli Kyai Kramaleya | anêmbang têngahan kawi | wilête linut ing swara | arum garêgêl ngrêrangin | lara[5] pelog nêm bêcik | lugu lêlagonanipun | cinawi cêcengkokan | nanging amung sawatawis | pan makatên purwaning Sudirawarna ||
5. Sudirawarna
1. pêpuntonipun | sagunging wasitèki | nir pangkating kang | dadi kănta pinilih | kabèh utama | ugêre linawan ing | têtêping sêtya | pasthi antuka rahmat ||
6. Sinom
1. para siswa duk miyarsa | kawuryan wus mangrapêti | mring sêsampating wasita | saya prasêtya tan sipi | puwara mèt marsudi | nire darêdahing ngèlmu | kang măngka gêgeyongan | mung antêpe kang pinusthi | kotamane kudu amilih dêdalan ||
2. angguguk Ki Tambangprana | umatur dhuh dhuh kiyai | nêmbe sapisan punika | ulun mirêng sêkar kawi | Sudirawarna pèni | owêl dene dhawahipun | ing pada tan tinampan | gêndhing ingkang wus pinasthi | pancènipun dhumawah gêndhing punapa ||
3. Kramaleya angandika | si adhi wurung prihatin | kobêr galih paprênesan | sêkar Sudirawarnèki | dhawahe ponang gêndhing | ingkang sampun Surungdhayung | mangsuli Tambangprana | kawula atur udani | lamun găngsa saking pangèstu paduka ||
4. rahyu sagêd katututan | pan namung risak satunggil | calêmpung rêmuk kadhêsak | katindhihan gayor saking | duk sami angusungi | kapita dadya mung brak-bruk [brak-bru...]
--- 2 : 18 ---
[...k] | tuwin para wiyaga | sapunikanipun taksih | sami sowan wontên ing ngarsa paduka ||
5. dhuh adhuh saiba-iba | bilih karsa amangsuli | anyêkar Sudirawarna | kados kalawau malih | anulya dèn tampèni | gêndhing pelog Surungdhayung | amèsêm Kramaleya | lah inggih adhi prayogi | ngiras pantês nyarung sêrênging rudita ||
6. mrih lipure para siswa | Tambangprana nyasmitani | kinèn sami ngambil găngsa | kang wontên têpining sabin | ri wusira rinukti | cêlak nèng têpining sumur | para wiyaga mapan | sowang-sowangan majibi | nulya bawa wau Kyai Kramaleya ||
7. kang sêkar Sudirawarna | tan siwah kadya kang uwis | muhung sorahing surasa | sinantun wasita malih | panggandhèngira lagi | rong lukan andadak muwus | lah êndi grambyangannya | panggêndèr gupuh anjawil | gêndèr pelog lagu puthut băndawala ||
8. mulêt lir angêla-êla | sasab gêng linut ing alit | Kramaleya angandika | thuthukan apa kang name | grambyangan luwih ngracik | winangsulan puthut gêlut | nglajêngkên Kramaleya | anglagu sêkaran kawi | pan makatên wahyaning Sudirawarna ||
7. Sudirawarna
1. rum-arum | yèki rume wong mursid | winaswèng susah | prandene tan rudatin | aran manêrang ring saraking dumadi | nging kadiparan | pangrèhing tyas tiyasa ||
8. Sinom
1. têlasing bawa tinampan | Surungdhayung angrêrangin | mangingsêp karna kapila | kèlu kalangwaning gêndhing | nyidhêm [nyi...]
--- 2 : 19 ---
[...dhêm] mudhar ing sêdhih | kasrêdan găngsa manganyut | ing driya kang nyês-nyêsan | rinasa saya ngranuhi | sêsukaning wardaya ring kèpi swara ||
2. wontên siswa mudha dama | awasta Bagus Rêspati | tan kongang asmarèng swara | mundur sing ngarsaning kyai | mulih lumayu gêndring | mêndhêt cikalaning ciyu | sakêdhap nuli prapta | nyangking gêlas ngêmpit goci | salinthutan jujug unggyaning wiyaga ||
3. sru kagagas opyan-opyan | ngunjuk sarwi kêplok driji | ajrih manawi dinukan | angrêngêng-ngrêngêngi ririh | anjawil-jawil ringgit | ringgite mengo gumuyu | Rêspati langkung suka | dèn dhèng bedhange lan ringgit | pangracane[6] gilo iki wong barêgas ||
4. Kramaleya angandika | dhatêng ronggèng kinèn gêndhing | ingkang ngêndhang matur nyêla | pun talèdhèk nyuwun pamit | sawêg arungan gati | dèn jak gojèg lan pun bagus | Rêspati sarwi nadhah | ciyu lan jiwit-jiniwit | duk miyarsa wau Rêspati kapita ||
5. gumujêng sarwi umpêtan | ngumpêtkên gocine maring | sangandhaping plangkan kêndhang | matur botên dhik Kiyai | Kramaleya mangsuli | Rêspati ywa nganggo rikuh | pan ora dadi ngapa | anggêr ywa ninggal dêdugi | yèn mung sumer-sumêr bae datan karam ||
6. ngatase Jawa Têngahan | beda lan anggêring kaji | watone maksih rinêksa | ing kaèngêtanirèki | malah bisa utami | narik santosaning kalbu | ngênirkên was-was uwas | angundhakkên kasing dhiri | mung yèn wuru-wuru [wuru-wu...]
--- 2 : 20 ---
[...ru] wong wirang kawangwang ||
7. Rêspati matur banyolan | inggih sandika kiyai | lamun makatên prayoga | ajêg minum sabên ari | mrih rosamu tabêri | mamanging iman têkiyur | Kramaleya ngandika | pancène iya utami | nging kapriye rèhning wus kalêbwèng wulang ||
8. samubarang pakarêman | kang pinasthi sabên ari | iku manjing pêpacuhan | aja manèh kang ngêndêmi | cêkakane Rêspati | ana kalamangsanipun | Rêspati duk miyarsa | kalithihan mêndhêt goci | sarwi muwus adhuh ngong antuk palilah ||
9. nahên ta Sang Kramaleya | riwusnya wawanan angling | asta angabani kêndhang | nyasmitani mrih sêsêging | wirama kang supadi | suwuking Surungdhayung rum | sadangune sêsêgan | antuk sasmita dumêling | tela-tela katiling nala nirmala ||
10. makatên wêdharing wêca | wruhanira sira kaki | sajroning wana Cêpaka | ana candhi jèjèr katri | ananging tan kaèksi | awit ginubêl ing grumbul | tanapi wrêksa-wrêksa | iku ingkang wus pinasthi | candhi dadi sananta praptaning laya ||
11. têlas sorahing wasita | Kyai Kramaleya angling | adhi Tambangprana lawan | sagunging pra siswa mami | kularsa antuk panti | warna candhi jèjèr têlu | wontên wana Cêpaka | ing mangkya taksih piningit | ngrêmbakaning latu tuwin wrêksa-wrêksa ||
12. ginubêl ing pagrumbulan | lah pundi lêrêse adhi | dununge wana Cêpaka | Tambangprana matur aris | nuwun cêlak puniki | ngilèn kewala kang
--- 2 : 21 ---
ênu | nglangkungi kalih bulak | dera têbih ing wanadri | kintên taksih satunggal pos kalih êpal ||
13. kawula atur uninga | bilih Cêpaka wanadri | gawatnya kaliwat-liwat | kèdêran narmada nanging | jro wana katon asri | pênuh sêkar arum-arum | tanapi palakirna | kathah bèji-bèji wêning | mung cacade asring ngalapkên manungsa ||
14. mèsêm Kyai Kramaleya | mênggah kalaping sujanmi | sanès pakartining papan | ingkang ngapêskên pêpasthin | baya sampun kawinih | saking ing jiwangganipun | nir deya yèn rinasa | mindhak ngêndhakên dhiri | tarlèn namung manawi lêgawèng driya ||
15. sadaya pra siswaningwang | kula purih ambabadi | ring sagunging wrêksa-wrêksa | ingkang nglimputi candhi tri | manawi sampun rêsik | kularsa manggèn ing ngriku | Tambangprana sandika | lawan para murit-murit | Tambangprana anolih marang rèhira ||
16. kinèn dhatêng Karangarja | mêndhêt pandayaning kardi | myang ngundhangi mring andhahan | sêsaputnya kang nyapêti | ambabadi wanadri | de pra siswa liyan dhusun | rêmpêg sami mangkana | kang tan darbe rèh tyang alit | binubuhan nganakkên gèthèk nyatunggal ||
9. Durma
1. sarêng mundur pra siswa kang tinanggênah | pilah-pilahing kardi | enggaling carita | wus prapta mèt siyaga | trantang gêdhig bêndho kudhi | wadung balandang | pacul pecok lan arit ||
2. linggis gandhol tuwak lan êgol-êgolan | kerekan dhadhung goni | sawênèh [sawê...]
--- 2 : 22 ---
[...nèh] ambêkta | lêmbu mesa pasangan | kathah warnining piranti | sambada lawan | akèhe bau kuli ||
3. de pra siswa ingkang binubuhan karya | gèthèk-gèthèk wus dadi | jinujugkên marang | wetan têpi narmada | kêdhung Cêpaka kang nami | kang yun kamargan | minggah jroning wanadri ||
4. kathahipun kang gèthèk sèkêt sakawan | kalêbêt agêng alit | tinon măncawarna | wontên saking prabatang | ginapit ing pang mêrapit | sawênèh ana | sadhapur pring ginapit ||
5. wênèh wontên lêsung sadasa gandhengan | sinasakan pring ori | wontên ingkang warna | galondhong jinejeran | lajuran tinali-tali | ana kang warna | badhe balungan panti ||
6. dupi sampun sampêting pranti sampeka | Kramaleya nulya glis | mangkat gêgancangan | ginarbêg para siswa | wurahan swaranirèki | pating katholang | kapungkur Sidamukti ||
7. dulur sêlur ing samarga sanetyasa | singa janma udani | ring kang lumaksana | kêlayu mèt samêkta | nêdya manjurung ing kardi | angalap barkah | basuki mêtabari ||
8. sruning lampah Sang Kramaleya wus prapta | nèng gisiking bênawi | ran kêdhung Cêpaka | kakênan duk umiyat | gèthèkne pathokan gathik | gathuk ngalothak | wit kadayaning warih ||
9. sigra nitih wau Kyai Kramaleya | lan sagung para murit | tinambahan janma | kang sami angsung karya | kamot ing gèthèk nyêkapi | bêdhol pathoknya | winêlah
--- 2 : 23 ---
gèthèk milir ||
10. pindha bandhang kabandhang banyu banyakan | bablas kasêntor warih | rêrêp kang bêngawan | kèbêkan gèthèk kathah | lancang-linancang nglancangi | lan kancanira | sêsukane pra murit ||
11. wênèh wontên ingkang gurit panêmbrama | sawênèh anênitih | gèthèk urut kacang | ana kang surak-surak | ana kang agambirsawit | pelog ijêman | ana kang muji-muji ||
12. warna-warna swarane kang lumaksana | sarana gèthèk milir | saking gung sukanya | enggaling kang carita | wus praptèng sabrang têpining | kang tarataban | ing Cêpaka wanadri ||
13. laju minggah marang jroning wanawasa | risang andon lumaris | karênan tumingal | srining wana Cêpaka | kathah tuwuhan medahi | myang sêkar-sêkar | sak gon-gon bèji wêning ||
14. lan kawuryan wus kêrtarta angkêrira | lumayan dèrèng têbih | nuding Kramaleya | he adhi Tambangprana | madyaning wana puniki | gawat kaliwat | wrêksa gêng pèpèt-pipit ||
15. sasêlane sinêlan grumbul ngrêmbaka | binondhot blondhat-blandhit | adhi bokmanawa | ing jro wontên isinya | candhi tri adhapur panti | dawêg dèn enggal | ngataga bau kuli ||
16. Tambangprana gya nolih marang rèhira | kinèn miwiti kardi | myang ngantèn ta guna | angatag rowangira | kang saking dhusun pangrawit | lan liya desa | kang sami biyantoni ||
17. bau kuli kumrubut samya tumandang | ingkang nindhihi kardi | para siswa-siswa |
--- 2 : 24 ---
swarane babat alas | pating jarêthot jumêprit | mak brêg gumropak | gègèr sato wanadri ||
18. sru gumêbrug tibane ponang prêbatang | sawana kadya gonjit | pangrampasing pang-pang | kaprapal ing balandang | tatas pêrbatang gêng brindhil | bandhilan dhadhal | sêsarah ri sumingkir ||
19. saking sêngkutira kang sami tumandang | sakêdhap candhi kèksi | jèjèr tri ngalela | saking sela sinêkar | dèn ukir-ukir ngarawit | mawa wiwara | munggul tan ana gêmpil ||
20. rêmpêk rampak rapête sela rineka | tembak cinawi-cawi | wangune pamujan | ing nguni karyanira | katitik wingiting warni | mawa wangkawa | ngetan ajênge kori ||
21. sami kèndêl wau kang anambut karya | kacaryan tyas tan sipi | ngrasa lir supêna | tan nyana wasa[7] | kaisèn candhi linuwih | tindhihing karya | nguwuh he kănca sami ||
22. yya katungkul manoni candhi warnendah | ingkang runggut gêng iki | inggal babatana | iku wus paripurna | tan susah sira lêlithing | bêbau sigra | mangidul nambut kardi ||
23. dènnya sami ngrampasi sinêngka-sêngka | osiking tyas prasami | age dang katona | babare kaya ngapa | têka grumbul isi candhi | enggaling kăndha | kawuryan jangkêp katri ||
24. warna kêmbar lawan candhi kalihira | nging pambabatirèki | mung kantun mandera | kang ngrapêt wiwara[8] | dupi arsa dèn tandangi | wontên sardula | mêdal sing sêlaning uwit[9] ||
25. ngangah-angah nèng jawi singa manêbah | anggro gya
--- 2 : 25 ---
wangsul malih | ambyur kang tumandang | angisis samya maras | wau ta Bagus Rêspati | dupi tumingal | piyaking bau kuli ||
26. sru bramantya ngêncêngkên cancutanira | angingêr-ingêr kêris | lumajêng tan taha | murugi gyaning sima | nguwuh nyilakkên kulambi | kănca mingkira | sardula tandhing mami ||
27. duk umiyat wau Kyai Kramaleya | ring krodhaning Rêspati | asru andikanya | hèh hèh Rêspati sira | aywa ambêg kumawani | glis marenea | thole ingsun tuturi ||
28. duk miyarsa Rêspati sidhêm krodhanya | gupuh nguculi cincing | mara mêndhak-mêndhak | andhêku praptèng ngarsa | Kramaleya ngandika ris | Rêspati sira | lamun arsa nglawani ||
29. krodhanira sang singa kang ambêk krura | ywa ngêgungkên kasêktin | lawan kaduk sura | iku wisaning rana | awon wong kang gêdhag-gêdhig | pan maksih kuwat | nalaring nalar mintir ||
30. tarlèn saking mrih amikut satru murka | kudu angati-ati | tatane santosa | pitaya kang amurba | anggêr ing batin ywa kibir | thole manawa | wusanane basuki ||
31. trapsilane dhingini pangaribawa | anyarèhna ngin-angin | tumingala mêngsah | ing batin ucapira | badanku Adam sajati | paningal ingwang | kangjêng nabi sinêlir ||
32. lamun sira wus rukêt doning ranangga | mrih rinêksèng dat jati | angampêta napas | ing adat kang kalakyan | kalis sagunging piranti | lan kalawisa | yèn wus kalakon lalis ||
33. mungsuhira sira ngakua
--- 2 : 26 ---
dinuta | Gusti kang murbèng pasthi | mung măngka lantaran | nyirnakkên kalawisa | marma sinampiran sêkti | kaprawiranta | dudu darbèkirèki ||
34. pasthi kudu mangkono panganggêpira | lamun sira êngkoki | prawira priyăngga | lah iku luwih sasar | ajia jaya sakêthi | cabar bêlasar | kasandhung têki mati ||
35. amung iku thole wêkas ngong mring sira | gupuh Bagus Rêspati | nêmbah nguswèng pada | umatur minta barkah | winangsulan pudyastuti | Rêspati tandya | umangkat mapan cincing ||
36. manjing marang jroning candhi datan wangwang | brobos sasêlaning wit | saliring wasita | tinêtêpan sadaya | nèng nglêbêt candhi udani | singa dwi lagya | ngêloni nak nami dhin ||
37. watuk-watuk Rêspati marêki singa | sing garegah tangi | anggro sêsarêngan | manubruk kalihira | Rêspati malumpat gêlis | tajêming netya | tan măntra yèn ajurit ||
38. singa mulat salagane Sang Rêspatya | ambêg jamika manis | nangsaya krodhanya | anggêrêng-gêrêng nêbah | angayah ngêtokkên kapti | panubrukira | anganan miwah ngering ||
39. singa kalih manaut soring sampeyan | Rêspati wus tarampil | lumumpat trangginas | dadak nilari tepang | kumêplak plêng pas jiniling | singa mêncêlat | tangine tinêmpiling ||
40. gêlangsaran boya bilo kang sardula | andongong mêmpis-mêmpis | satunggalnya mangsah | Rêspati katriwalan | kêni sinaut sing wuri [wu...]
--- 2 : 27 ---
[...ri] | kinêmah-kêmah | kêmahe tanpa kardi ||
41. kekot-kekot panyakote tan rinasa | Rêspati tyas tan gingsir | rame surakira | pra siswa kang tumingal | ngintip nèng sasêlaning wit | sarêngan ngucap | glis sudukkên Rêspati ||
42. dupi myarsa Rêspati narik curiga | singa sinuduk mati | ambruk kapisanan | singa ingkang satunggal | mulat lakinya wus lalis | kèndêl kewala | balung lir dèn lolosi ||
43. pun Rêspati duk anon sardula lena | tandya nyêlaki maring | sardula wanodya | cinêpêng gulunira | tutut tumungkul tan mosik | sarosanira | ngalokro tanpa kardi ||
44. yèn dinulu kadya srah jiwangganira | maras myat kris pinusthi | gubras rahing priya | ajrih yèn dèn belakna | dhine sumariwêt kadi | nangisi bapa | datan kewran Rêspati ||
45. sêmunira sardula wus srah jiwangga | nulya binêktèng jawi | kinanthi ing asta | kiniwa nut kewala | dhine tansah akêkinthil | kang têngên ngasta | curiga kuthah gêtih ||
46. praptèng jawi kinurmatan surak-surak | sora anggêgêtêri | lir manêngkêr wiyat | wau ponang sardula | binêkta marang ngarsaning | Sang Kramaleya | Rêspati matur manis ||
47. dhuh pukulun saking pangèstu paduka | sardula wus kapusthi | dalah dhine pisan | dene ingkang satunggal | amba suduk wus ngêmasi | tan măngga sesa | Kramaleya nabda ris ||
48. iya sukur dene sira kasampiran | panguwasaning Widhi |
--- 2 : 28 ---
nglalisi sardula | kang durung pasthi lena | anut ing pangrèhirèki | yèku nugraha | arang kadya Rêspati ||
49. dhasar mudha sêdhênge dinama-dama | toging don surasêkti | jayane kanyatan | sanyata sutaningwang | tan wangwang nglawani klilip | nanging Rêspatya | wruha kawruh sajati ||
50. kang kadyeka dudu aran kaprawiran | gampang ngrèh singa tuwin | dwirada turăngga | mangkene patrapira | ngrèh singa lantaran saking | pangaribawa | tekading tyas tan wingwrin ||
51. mring tututing liman ambêk kang lêgawa | sinasmitan saking cis | pangrèhing turăngga | saking pasang graita | lawan obahing kêndhali | iku sadaya | pakarti luwih gampil ||
52. ingkang têtêp kaprawiraning agêsang | ingkang wignya nalèni | lidhahe priyăngga | wêtuning pangandika | sru mangsrut maruta wêngis | ingkang rinêksa | iku dahat malahi ||
53. lawan bangkit nata tututing jiwangga | tur jiwanta pribadi | iku uga băngga | ngluwihi sato galak | ganêpe têlung prakawis | mardi wardaya | kang wèh daya basuki ||
54. kalamun wus anggêlung ring tri prakara | yèku sayêkti kalis | sagunging wisaya | kucêm dening tyas tama | kapandukan sabda manis | angênên sirna | kapêthuk nginthar ngucir ||
55. binantonan tatane trapsilanira | dhasar bisa matitis- | akên patrapira | prayoga sinaua | Rêspati tumungkul sarwi | ngêculkên singa | singa [si...]
--- 2 : 29 ---
[...nga] lumayu gêndring ||
56. mêdal saking sajroning wana Cêpaka | ring padesan tumuli | rinampog ing janma | lalis saanakira | wuwusên pra bau kuli | nutugkên karya | winarna sampun gusis ||
57. sagunging wit kang maranani wiwara | maring candhi tanapi | jroning wanawasa | sumilak katon padhang | sadaya kang bèji-bèji | binatur sela | tinata turut têpi ||
58. sauwusnya kang samya manambut karya | sagunging bau kuli | lalêson leyangan | ngaso soring mandera | wontên satunggaling kuli | nama Pak Gopa | candranira winarni ||
59. angêrangkung lêkêre wadana kêra | rawise angurawis | ulat nyêngit lêsah | igane gêgambangan | wêtênge ngalêngkong cilik | tansah tlusuran | sarah dèn orak-arik ||
60. anjalênggut napas sêsêg kêlangoban | bras-gêbrès kêrêp wahing | pêpadoning netra | baliyut bayêyêtan | sabên-sabên kèndêl linggih | nyarèhkên napas | jatine tyas kang kèksi ||
61. angulari darbèke tike katriwal | uwal saking têtali- | ning saruwalira | dangu datan kapanggya | sêmpêlah sêbute dhrindhil | dhuh sandilata | sira ana ing ngêndi ||
62. têka kolu nilar ing kalulutira | wêlasa pun kaswasih | nora bêtah pisah | dhuh sang hyang sandilata | bathara irêng mrak ati | lir Wisnu mulya | barêkèhe nguripi ||
63. glis misika babo mring kawulanira | lamun kalungsèn pasthi | jiwamba lir pêcat [pêca...]
--- 2 : 30 ---
[...t] | dulunên solah ingwang | kêwangkungên manggung kingkin | ring sang hyang ingkang | rêng ganthêng cilik mênthik ||
64. ingkang nungkulakên pathênthênging srira | uh angop ana ngêndi | uh ahêm e Allah | uhah hêm nganiaya | dalasan si cacing krêmi | padha ngrubeda | nèng cêthik ngithik-ithik ||
65. kathik mêmpêng ayake mundhut pakanan | e mangke ta mas cacing | sampun triwikrama | prayoga sinarèhna | sang sandilata sêsilib | ulun upaya | uh angop dèrèng panggih ||
66. wontên rowang kang wus waskitha ing adat- | ira Gopa manawi | kalungsèn cêmêngan | anguwuh hèh Pak Gopa | wontên punapa kang gati | têka kliyêkan | Gopa mangsuli wahing ||
67. myang kêsêlak wêtuning pangucapira | inggih anggèr ngucali | tike kula ilang | kang liningan sru nabda | o nêgi le kula manggih | kados pes-pesan | parimpên saking ron pring ||
68. dupi myarsa Gopa mlajêng galoyoran | dhuh anggèr pundi-pundi | niku darbèk kula | duk arsa lung tinampan | rowange gumuyu sarwi | ngêgarkên asta | bak ambing jêbul krikil ||
69. gêr gumuyu para kuli-kuli samya | Pak Gopa muring-muring | wirange kawangwang | anguwuh pêgat-pêgat | si anak dadak ngapusi | wis padha tuwa | gêguyon tanpa wanci ||
70. mara coba apa dupèh kêtagihan | dika kira malêncing | Gopa cincing sigra | rowangnya gya lumajar | amuwus sarwi nyêkikik | Pak Gopa
--- 2 : 31 ---
duka | ah mêngko yèn diarit ||
71. Gopa gupuh ambalêdik saleyoran | tangèh bisa nututi | rame sukanira | pra kuli kang tumingal | sanalika sayahnya nir | wau Pak Gopa | plajêngnya dèrèng têbih ||
72. sêlak datan kongang nêmbadani raga | ganggase anginggati | nulya krungkêp tiba | kêsandhung alang-alang | mung malang tur wus gumuling | wor kalamênta | Gopa sarupa lalis ||
73. angaringkêl kari kêkêtêk kewala | ilêre kocar-kacir | kumocor mancurat | ces-cesan marang dhadha | nuli lalêr akèh prapti | umyung pyêng-pyêngan | brêng barêng angrubungi ||
74. pangrasane Gopa wus tanpa karêkat | mung saranduning dhiri | suku lawan tangan | asring mebah priyăngga | kadya sinêndhal binanting | tot-otot samya | kumêjot anariki ||
75. balung linu kadya kasatan rudira | sungsum lir dèn kurasi | kêmrêngês kalintang | tangkêping balung kadya | wus jonjang dènira manjing | sing jing-anjingan | wêtêng krasa malilit ||
76. ngungkêp-ungkêp dangu botên sagêd ebah | tandya pra bau kuli | sarêngan lumajar | nulungi ring Pak Gopa | binopong binêkta ngungsi | marang sorira | ngrêmbakaning waringin ||
77. agung ngêmpal ngrêrămpa lir bayangkarya | Kramaleya udani | kumrubut rubungan | winantu gêgujêngan | nulya dangu mring Rêspati | he thole ika | apa kang dadi gati ||
78. para bau gumulung ulêng-ulêngan | lawan pating [pa...]
--- 2 : 32 ---
[...ting] cêkikik | kêkêle kalintang | Rêspati gita mentar | dangu dhatêng bau kuli | witing daruna | gumujêng turing kuli ||
79. pêgat-pêgat binanton gujêng gêr-gêran | Rêspati srêng dènnya ngling | iki rêmbug apa | jêr nganggo galegesan | iku krama tan prayogi | mundhak kataman | panggrayanganing ati ||
80. lawan kêna pangira-kiraning liyan | galègès mratandhani | warananing prana | tur cara lêlamisan | mênèk srawungan sujanmi | kang bijaksana | pasthi sira dèn mohi ||
81. yèn kapatuh anyênyamah tata krama | wahyumu dèn lumuhi | ring sadhengah wonga | sinikat lir srênggala | lwih ala manèh manawi | nuju srawungan | lan pra wanodya sami ||
82. sok glêgêsa tăndha jroning tyas gap-gapan | sêmbrana parikêni | ika laning ala | ala tan pilih lalap | sire mamak anjamahi | ingkang kadyeka | wong ala wus katali ||
83. dening setan bêja-bêjane tinarka | titising sata biri | tan wurung nêmpuh byat | sanadyan ibu atma | sanetyasa dèn èrèki | samono ika | adat palupi kang wis ||
84. kèhing janma kang nora mangkono ana | ananging awis-awis | manungsa kang oncat | saka pangira-kira | karane kuwi wis jinilid[10] | pakêming dwija | waton têpa palupi ||
85. mula yogya iku padha marènana | wau ta kang sinung ling | nglêlês sanalika | gujênge kèndêl samya | kuli nglajêngakên angling |
--- 2 : 33 ---
lir wartanira | Pak Gopa kang kalêmpis ||
86. duk miyarsa pun Bagus Rêspati bela | gumujêng sawêtawis | nuli wangsul marang | ngarsaning Kramaleya | matur mula-mulaning wit | praptèng wasana | Sang Kramaleya gipih ||
87. tindak marang pangasonane Pak Gopa | piyak pra bau kuli | Kramaleya mojar | Gopa Gopa tangia | kasuwèn gonmu kalingsir | wau Pak Gopa | tambuh dèrèng sagêd ling ||
10. Gambuh
1. Tambangprana umatur | dhuh pukulun amba sangu candu | kaparingna dhatêng pun Gopa tumuli | dimènipun sagêd wungu | Kramaleya lingira lon ||
2. lah inggih adhi tulung | gih punika usadanya tuhu | lha kok sangu si adhi napa dhahari | Tambangprana matur guyu | botên amung damêl gosok ||
3. ing suku tuwin jêngku | awit sampun dados adat ulun | bilih kesah ingkang sawatawis têbih | tamtu kula sangu candu | yèn ngêthok lajêng ginosok ||
4. nulya tinampèn sampun | ponang candu pinaringkên gupuh | dupi Gopa mambêt candu slênthang-slênthing | klêthêkan dènnyarsa wungu | nanging maksih kraos abot ||
5. tan taha Gopa gupuh | asta gêtêr pambukaning candu | nèng pes-pesan watawis saprapat tail | pambuktine lir wong kaul | panguntale kaya kotol ||
6. sabên sablêngan bêkuh | kiyêr-kiyêr rêm-rêm ayam balut | ngêsês mêsês macoco kadya ngêsêti | dupyantuk panêdhanipun |
--- 2 : 34 ---
sapranêman tail bobot ||
7. wus karaos dêmipun | mèt santosa rahsaning rah runtut | napas sarèh sirêp sarosanya mari | dhiri karingête kumyus | pulih ganggase katongton ||
8. mung kari netyanipun | kêdhèp têsmak sir ngilangkên lamur | Kramaleya ngandika Gopa apa wis | waluya ênggonmu lêsu | Taguna nyêla pamulon ||
9. mangke-mangke pukulun | yèn andangu wit punika nuju | angêmatkên kramating candu andadi | mindhak ambibrah dêmipun | tur mokal lamun rinaos ||
10. sampun ingkang dinangu | yèn mikira bok inggih karungu | griyanipun dèn alokakên kabêsmin | jangji nêdhênge dêmipun | tan kesah pilaur kobong ||
11. pra bau suka ngrungu | sêsarêngan guyu bata rubuh | de Taguna bêbanyole anyêlani | Kramaleya lingira rum | lêrês Taguna mangkono ||
12. lawan ngandikanya sru | mring pra bau hèh aywa gumuyu | pirabara ana ingkang anglakoni | yèn wus dadi sênêngipun | gampang ênggone dadi wong ||
13. iku uga winahyu | mung mangkono tekade wus kêsdu | pasthi ngrasa yèn sinung wibawa mukti | silah lan wahyuning lungguh | nora kêna cinarub wor ||
14. Tambangprana umatur | lah karantên punapa pukulun | sêrat-sêrat wulang sami mêmalangi | dhasar wong kang mangan apyun | Kramaleya mangsuli lon ||
15. sampun ta ingkang apyun | nadyan warna sanès-sanèsipun | lamun [la...]
--- 2 : 35 ---
[...mun] manjing pakarêman sabên ari | pinacuhan ing pitutur | ananging kang kula raos ||
16. sanès ingkang kadyèku | marêming tyas kang sampun tumungkul | panganggêpe pangrasa angga pribadi | punika kang kula catur | dede pandakwaning uwong ||
17. Tambangprana tumungkul | winursita Pak Gopa wus emut | ramyang-ramyang sêmuning surya dhatêngi | bagas èsême kawêtu | katon untune balorok ||
18. ucul ikêt angukur | ing bunbunan sindape amabluk | sinusukan ing kuku katutan intik | cumêplus mati ginugut | angglagut karasa comlos ||
19. klênyam-klênyêm kadulu | jroning cipta sêsumbar têkabur | hêm rasakna si tuma sok anggatêli | lho lho malah gancèt têlu | sarat sinangonan thothok ||
20. tinon ing kèh tan rikuh | kang udani nêg malengos idu | Gopa mari dhidhis kêt-ikêtan malih | jêlèh gone adu mancung | cukup pêpacakan pathon ||
21. ngadêg arsa têturuh | sarwi nguwuh yèki Radèn Gathut | pathênthênge kayarsa anjara langit | sinambi nglus rawisipun | ngaruwis anglalêr mencok ||
22. sakêdhap nuli wangsul | Kramaleya angandika arum | sun pêpuji sira Gopa dèn abangkit | nyuda pamanganmu candu | pirabara bisa mêdhot ||
23. Gopa gumuyu matur | dhuh pukulun ling ta duparèstu | kadiparan gèn amba bangkit mantuni | candu kanyatan pitulung | o Allah priye yèn mêdhot ||
--- 2 : 36 ---
24. kaparênga pukulun | ulun matur jalentrahing[11] wuwus | botên sabab sing wangkot pitutur jati | nging kêni winastan bêrung | ring saru kadya ragèngong ||
25. ing nguni purwanipun | ulun sakit watuk mèh rong taun | tur winantu raosing angga bêntèr tis | madal usada sadarum | parimarmaning Hyang Manon ||
26. ulun darbe panêmu | kula sêsi myang borehan candu | kalampahan punika sagêd jalari | sarasing angga lêstantun | sirnaning sêsakit nyakot ||
27. anadhah êsês prètu | lamun măngsa katandhêgan tamtu | kraos sakit kados duk wau kiyai | cêtha kasarasanipun | sing candu kang wus kinaot ||
28. lho punika pukulun | ginaliha sêsorahing atur | ingatase janma kataman sêsakit | wênang istiyar jêjamu | mrih sarasing kang karaos ||
29. măngka sêsakit ulun | sarasipun sing dayaning candu | wèlèh-wèlèh rêgi myang gènnya pinasthi | kalamun mêdhota luput | bêbasan bênjut mèh bobok ||
30. Kramaleya gumuyu | pan sarwi ngling Gopa dèn lêstantun | panadhahmu cêmêngan kadi ingkang wis | jatine wong mangan apyun | tan dadi ciri kinaot ||
31. muhung wis-wisanipun | sring ngrusakkên sarira sakojur | nging kadyèku dudu cacading aurip | arêpa Gopa pitutur | saka ing pangarsaningong ||
32. janma kang padha nyêbut | yèn wong nyêrèt dêlêging alèstu | iya bênêr nanging [na...]
--- 2 : 37 ---
[...nging] gone ngèsi-èsi | dudu pangakêpe bumbung | baya gone sok ambolot ||
33. lan sungkananing kalbu | ing puwara kathukulan nguthuh | angêmohi pakarti wahyaning asil | enak-enuk ngrangkul dhêngkul | katungkul nèng ambèn dhongor ||
34. dadia sumurupmu | iya iku sambekalanipun | lamun sira bisa bengkas kang kadyèki | nadyan nyêrèt kaping sèwu | sadinane nora awon ||
35. Gopa ngangsêg umatur | kadiparan kalampahanipun | mrih kalising kala kang minihi nisthip | Kramaleya lingira rum | ngene yèn sirarsa nganggo ||
36. kudu kas wani banyu | ywa ngantukan jintêl nêkuk gêmbuk | mrih nuntuni ngalêsêt kêsètira nis | yèn wus êntèk dêming candu | ywa karêm sinau nyênthong ||
37. dèn trangginas ing laku | yèn sira wus nêtêpi kadyèku | bokmanawa anjalari doyan kardi | kardi kang nèng artanipun | kang tamtu wêtune kanggo ||
38. tuku tike takêrmu | kalamun wus ana jaganipun | kira-kira adoh kanisthanirèki | de Gopa pangrekanipun | mrih wutuhing sarirandon ||
39. atulna nyêrèt dalu | lan wancenjang tuwin wanci surup | kang supadya bisa ngluluhkên dayaning | apyun kang panas kalangkung | suda gone sok mangan wong ||
40. lamun wis sêsirèku | aja pijêr manjêr pandamipun | dèn agupuh patènana kang supadi | datan nyudakkên pandulu | adoh marang catho-catho |
--- 2 : 38 ---
41. Gopa umatur dhêku | mugi-mugi sagêda pun ulun | anglampahi sagunging wasita jati | Tambangprana nyêla matur | sumăngga kyai dèn gupoh ||
42. manjing marang candhèku | kang wus rampung ing pangrampasipun | katrisana kawuryan samya rêspati | agasik sinapon rampung | têka katungkul rêraos ||
43. kawruh angarubiru | Kramaleya mèsêm lingira rum | beda-beda adhi tekading sujanmi | tumrape pun Gopa parlu | kêni kinarya parimbon ||
44. gumuyu para bau | Kramaleya tandya nut ing atur | lumaksana lumêbêt sajroning candhi | gumrêdêg ingkang tut pungkur | anjujug candhi ingkang lor ||
45. praptèng jro anon sumur | nyêmêk-nyêmêk tibanya katawur | ladhu lêmpung nèng lêbêt mulêt ngêlèbi | lir ler-leran jroning sumur | lêthêg kwalêdan balêthok ||
46. Kramaleya angungun | myat ing tirta kang sampun dadyandhut | dene mawa cahya kawuryan dumêling | anyambêrlilèn sumunu | têmah sabdane kawiyos ||
47. adhi Tambangpranèku | sumur mawa wangkawa umancur | dhuh saiba upami botêna mawi | kawalêdan dening dhut-dhut | wêwah cahyaning we katon ||
48. kados prayoginipun | dèn gêsangna adhi ponang sumur | rinangkata sagunging dhut kang buthêki | manawi sagêd lastantun | lowung kinarya pangangson ||
49. Tambangprana umatur | gih sandika ing rèh ta pukulun | têmên lamun lowung kewala kiyai |
--- 2 : 39 ---
malah punika pukulun | kêna winastan we elok ||
50. Ki Tambangprana gupuh | ngêtag bau mèta sagunging dhut | kinurasa sagunging dhut ingkang rêsik | gita bau kang tinuduh | iyêging karya tan diyon ||
51. wontên bau kang saput | pranti ăndha lonjoran pring pêtung | wênèh wontên kang miranti timba upih | wontên kang sênik ginantung | têtali lulup pitados ||
52. tanapi warna susuk | jangkar cèngrok sorok lawan caruk | myang kèrèkan lumèrèk badhe nariki | êndhut kang kadya tinandhu | angundhung nèng sumur kono ||
53. dupi paripurna wus | siyagane pandaya sawêgung | tandya manjing wau para bau kuli | mudhun nèng ăndha pring pêtung | rahap andhudhah balêthok ||
54. pangurasira wau | sawêg antuk rong inggahan êndhut | wontên ating-anting mas sinotya adi | katut nèng sênik sumunu | kang narik dêkêp sarwi lok ||
55. he kănca aku nêmu | anting-anting mas sasêle linut | ing sêsotya gêng kang liningan umèksi | kacaryan nauri wuwus | aturna kyai dèn gupoh ||
56. anting-anting gya katur | Kramaleya eram duk andulu | angandika tutugna gèn ta prasami | murih uripe kang sumur | manawa mêngko amanggoh ||
57. pêlikan tunggilipun | kayadene ingkang sira têmu | wau bau wangsul malih angêdhuki | enggaling carita sampun | ladhu lêmpung dhut balêthok ||
58. mêntas saking
--- 2 : 40 ---
jro sumur | dinokok jawining candhi ngumbruk | cinokeran dening para bau kuli | sabên sacokeran nêmu | mas tanapi sêsotya byor ||
59. mawarna dhapuripun | kêlatbau gêlang kancing gêlung | kalung jamang lung-lungan mawa dèn apit | mustakaning naga mungkur | tanapi badhong karoncong ||
60. wêwarnan iku sagung | sing kancana sinasotya murub | wênèh wontên kaprabon raja kaputrin | sadaya pangrekanipun | endah cêcawèn kinaot ||
61. Kramaleya duk dulu | kacaryan ing wardaya kalangkung | para bau lawan para murit-murit | manoni mas sotya ngumbruk | pindha supêna ing batos ||
62. Kramaleya nabda rum | lah suwawi adhi Tambangkalbu | dinugia pintên rêgining mas picis | kang saking pêlikan sagung | Tambangprana turira lon ||
63. kawula dèrèng atul | mring tapsiring mas sotya pukulun | lah punika wontên juru sarawèdi | pun rajawêdi[12] kasêbut | sing dhusun Tawang kang ênggon ||
64. sarawèdi misuwur | wus winastan lwih kawignyanipun | pundi adhi andika timbali aglis | enggaling carita sampun | praptane cakêt amoncol ||
65. wèh cingaking pra bau | Kramaleya angandika arum | hèh ta pantèn rajawêrdi sarawèdi | mara tapsirên puniku | kèhe pêlikan samono ||
66. sapira ajinipun | rajawrêdi tandya nut ing tuduh | kalêthêkan ngrogoh kanthonge kang isi | sela pangleleranipun [pangle...]
--- 2 : 41 ---
[...leranipun] | tanapi traju pambobot ||
67. rancaging carita wus | mas sêsotya tinapsiran rampung | parincène pangaos dinugi-dugi | sagunge ginunggung kumpul | gêng lit kapanggih pangaos ||
68. rongatus têlung puluh | ringgit rukmi kang sela jènipun | kawan dasa rupiyah ki rajawêrdi | umatur kawula nuwun | ulun wus lumakyèng pakon ||
69. sêsotya mas sadarum | wus pinanggih tapsire pukulun | kalih atus tigang dasa ringgit rukmi | yeka wus kawula gunggung | gêng alit caruk kemawon ||
70 tapsir nut jamanipun | botên mirit rêrêgèn rumuhun | Kramaleya mèsêm angandika manis | măngga adhi Tambangkalbu | ngêmpalna pra siswa kinon ||
71. mupakati puniku | Tambangprana matur dhuh pukulun | murwat botên gumantung paduka kyai | adhi niku bêgjanipun | kang sami tumut rêkaos ||
72. makatên wajibipun | dinumakên para siswa sagung | satirahe pinaringkên para kuli | mila adhi langkung pêrlu | mupakatan kang saraos ||
73. anolih Tambangkalbu | nyasmitani pra murit mrih kumpul | wusnya kêmpal sadaya kang ginêm pikir | Kramaleya lingira rum | lho măngsa bodhoa kono ||
74. murwate sarta durung | wus kapurba ing ngakèh puniku | aywa wangwang yèn ana ingkang mancèni | pituna untung ka-[...] | ing sira kang wus gumolong ||
75. iyêg pra siswa
--- 2 : 42 ---
sagung | dènirarsa gunêm murwatipun | wontên ingkang mirit kamirahên tapsir | wontên ingkang sampun mathuk | ring gumathoking pangaos ||
76. ki rajawrêdi sampun | wruh ing sêmu tan sêmang lingipun | dhuh kisanak sadaya kewala sami | sampun lêgêg tan kawêtu | tulèning panêmu yêktos ||
77. yogya lajêng karêmbug | kang liningan tyase sêmu rikuh | wit kawêkèn kawon mupakating tapsir | têmah muwus sampun-sampun | kula amung măngsa borong ||
78. Tambangprana umatur | dhuh pukulun pra siswa sadarum | iyêging tyas saraos tan gondhang kasih | dhatêng panapsir wus mathuk | Kramaleya lingira lon ||
79. kadiparan riningsun | punapanta binage sawujud | Tambangprana matur botên nayogyani | sae sinadèng rumuhun | gampil gènnyandum saraos ||
80. kajawi karsanipun | ing pukulun kula nyundhul atur | benjang lamun wus pajêng ponang mas picis | pinarpat rampak sumurup | saduman wong kang cêcaos ||
81. sadhiyan wragatipun | amulyakkên ing ngriki pukulun | kang saduman pinaringkên para murit | saduman malih pra pikul | saduman paduka manggon ||
82. Kramaleya jumurung | lah punapa sampun sagêd cukup | Tambangprana matur kados anyêkapi | sadaya kawula gunggung | upami têtêp pangaos ||
83. salikur èwu langkung | kalih atus rupyah pamènipun | angêplêki kados luguning pana-[...] |
--- 2 : 43-48[13] ---
--- 2 : 49 ---
84. tuk | sambêl jêmprit lalaban pête kêmangi | polontara dewadaru | jengkol kinum ing pangaron ||
85. pra kuli gupuh ngêpung | têpung gêlang silane nyêkêdhung | wênèh kedhe trapsilane tan malipis | ana ingkang timpuh tanggung | ana kang jegang makongkong ||
86. gumrêgut kêcapipun | ting surawe saraweyan muluk | puluk gêdhe dhêkêman madhêt tan wigih | sêgane maksih dèn êmut | kolune nganggo ginlotor ||
87. duduhing bècèk wêdhus | tangan kiwa anyêkêthêm balung | akêkotos kringête kadya dèn dusi | têlasing bujana gupuh | tumandang karya tan iyon ||
88. wiwit barêng kumrubut | ngangkat wrêksa prabatang lyanipun | ambêbêsik kang arunggut rungsit-rungsit | angongkèl-ongkèl dhangkèl syuh | tunggak kang tanggon tinotor ||
89. akathah solahipun | para kuli yeka kang manambut | gumuruh sru swara tanduking piranti | wanci têngange pra pikul | sakêdhap dènira ngaso ||
90. kopèn ingone patut | Kramaleya wau duk andulu | sumur ingkang mêntas kaisèn mas picis | saking wêninge wenipun | ing ngandhap katon kemawon ||
91. ing ngriku kang kadulu | kadya tosan santosa gêngipun | winatawis wontên sasêta pêsagi | Kramaleya lingira sru | hèh murit dulunên kono ||
92. lir maksih tunggilipun | udhunana apa kang tinêmu | para murit nguwuh ăndha-ăndha gêlis | ăndha [ă...]
--- 2 : 50 ---
[...ndha] caruk jangkra dhadhung | kerekan sampun mirantos ||
93. enggaling carita wus | pêthèn tosan wau warninipun | Kramaleya kanggêg dènnyarsa ngungkabi | nging sarêng winawas lamun | tutuping pêthi katongton ||
94. wontên sêratanipun | pan makatên suraosing tutur | sapa ingkang mangguh sagunging mas picis | ingsun wus rila satuhu | sayêkti panuksmaningong ||
95. bukanên age kulup | ing jro ana tăndha asmaningsun | myang wêwêlèh măngka pêpelinging ati | gêlarna mring siswa sagung | rasakna aywa tumpang so ||
96. pêthi binuka sampun | ing jro isi têmbaga sapipun | nêmblas iji samya tinatah sastra writ | sinuksmèng têlênging kalbu | makatên sêkare sinom ||
11. Sinom
1. awit iki ingkang asma | Rêsi Wijaya wêwangi | wasi kang tinuwa-tuwa | ing pratapan Margapati | kêkêraning kintèki | samêngko lagi kawêtu | minăngka paliwara | ring panuksmaningsun jati | wruhanamu iki layang duka cipta ||
2. ring sira kang mulang sarak | kaping pira bae lali | tan eling tinali wulang | pêpalang măngka pêpeling | pedah apa wruh ngèlmi | jarene karêm gêguru | tur kêrêp mungsawarat | thik-thik rêrasanan wirit | êndi ingkang mèmpêr mirik[14] bae ora ||
3. kabèh sêsulange ilang | sèlèha leyangan takdir | padune moh kaluputan | wus watake wong aurip | mangkono kang kinapti | têmah antara kaduwung | yèn nora age [a...]
--- 2 : 51 ---
[...ge] tobat | saya katiwasan pasthi | sok nglantura durung darbe panalăngsa ||
4. lah salawas-lawasira | sabên sêsuka angênting | katunan duga watara | sumbare amupung urip | sumêlang sêlak mati | ing măngka pati tinamtu | nikmat tanpa upama | sapira nikmating urip | parandene sire yèn kêna-kênaa ||
5. kudu sumêdya suminggah | apanggah nyêgah moh mati | nadyan wus praptèng sakarat | krêkate kang dèn ling-eling | kawiryan tilar siwi | dhasar bojone nom ayu | nangis nungkêmi jaja | sêsambate mêlasasih | dhuh bapakne anakmu durung diwasa ||
6. upama bisa sambada | badane garegah tangi | nanging tan bisa gulawat | kuwur sêsorahing ngèlmi | murung tistising pati | labêt tyase rangu-rangu | karungu tinangisan | ing batin mung nyuwun urip | rak karêpmu tibaning pati tan cidra ||
7. iku kang wajib rinilan | lêgawa tan kêna nolih | marang kauripanira | beda tibaning prihatin | bêgja cilaka saking | pratingkah solah bawamu | aywa anguman-uman | tuman wong kang ambêg lali | durung eling lamun tan pinulasara ||
8. rasakna jêr wus kamaha | rekane mangsah sêmadi | ngudi dadining widada | iku ngadating aurip | lamun lagi bilai | anyêbut Allah ping sèwu | nalika suka wirya | anggêpe bangkit pribadi | tan rumăngsa yèn pêparinging Pangeran ||
9. kajorong têmahan rusak | sirik wong kang angêngkoki [a...]
--- 2 : 52 ---
[...ngêngkoki] | mring pakartine priyăngga | mara tutugna dèn gêlis | gènira mêsu budi | dimène sida katêmu | sêsandining dwi astha | wasna wêkase dèn êning | yèn wus antuk andêlên aywa jubriya ||
10. yèn wus bisa kasêmbadan | ing pustaka darywa muni | sanadyan obahing titah | tita tatale kang uwis | lumayan lawan lali | kalingan tyase katungkul | tan èngêt duk sangsara | rupak upayani[15] pamrih | nora wurung parane marang Pangeran ||
11. kang dèn ujêr kang dèn ajap | sajroning mangsah sêmèdi | muda lèhing kaluputan | prandene yèn dèn antêpi | Pangeran ora mukir | maksih sih paring pitulung | dhuh dhuh saiba-iba | mindêng gonira sêmèdi | kalamăngsa kewala wus pira-pira ||
12. kêni kinarya sarana | pamunahing satru sêkti | sajatining kawahanan | sèsining bawana sami | lamun rinasa titi | pan dadi sasmitanipun | ing kauripanira | têrkadhang amratandhani | sêsunguting gaib kang maksih sinamar ||
13. marma ing sabisa-bisa | sasêmbenan amèngêti | tindak kang wus kasat mata | tan parlu mituhu warti | warti katular pasthi | tilar têtalêsing catur | sapira pedahira | sugih kawruh tan nglakoni | tiwas tuwas wose mung lêbdèng carita ||
14. carita waton pawarta | wêtune wus ngatawisi | ampang sêmu sêmang-sêmang | samăngsa dèn pitakoni | nyatane kang sajati | durung paja-paja wêruh | rasane kang rinasan | apamanèh [apa...]
--- 2 : 53 ---
[...manèh] anglakoni | kang kadyèku durung mungguh gawe wulang ||
15. waton layang anggang-anggang | baya sabên uwong bêcik | rampung winuruking sastra | jatine mung dadi sêksi | basa wus anglakoni | lagi ambênêrke wuruk | lah apa tan têtela | dadining tindak utami | tarlèn saking kasusahamu priyăngga ||
16. kanggêp kinarya darsana | salawase dadi peling | aja lali lho manawa | sira kongsi ngaping kalih | labuhan kadya kang wis | yèn tan gêng salat kajatmu | sida wurung dandanan | tibaning antaka pasthi | aywa nutuh Allah wus mutungi sira ||
17. têlase panuksmanira | rasane rinasa titi | kinêmat kamot ing cipta | karasa saya ngranuhi | nulya sumujut ping-ping | jêjêging puji jinungkung | nalăngsa ing Pangeran | kèrêm ing tyas kang kaèsthi | nêbut Allah walèh saliring dêdosa ||
18. anjêjêt siswa sadaya | ewuh panyananing ati | tan andugi apa baya | kiyai ingkang ginalih | sidhêm bawana kontit | janggèlèk Kramaleya wus | karoban wahyu maya | nèng angga gumêlêng kadi | cahyaning rat martani wêning kawuryan ||
19. Tambangprana datan kewran | mawas lêganing panggalih | umajêng marêk ing ngarsa | Kramaleya ngandika ris | adhi dika mariki | Allah sokur bage sèwu | wosing wahyu sanyata | sapintên [...] tampi | tarlèn saking kamurahaning Pangeran ||
20. [...]-ngoki Tambangprana | sastra writ winaos ririh | angling
--- 2 : 54 ---
Kyai Kramaleya | adhi andika timbali | Si Sastralêbda tuwin | Sastrawirya tiganipun | Sastra Adimênggala | lungsuran carik pasisir | tiga majêng candranya amăncawarna ||
21. wandane Ki Sastralêbda | antêng kang dèn karêmêni | mawas solah bawaning lyan | watêke lajêng tinulis | pintêr ngikêt kakawin | maton ukarane putus | wandane Sastrawirya | ladak kumintêr ananging | durung mudhêng jêjêr wisesaning lesan ||
22. birai tabêri nyêrat | marma tulisane bêcik | carik nom dhasar kêpama | têsmakan dèn karêmêni | yèn jinawab nauri | ihtiyar punika tulung | nulak bliyar baliyar | yèn nyêrat muput sawêngi | enjing pêgêl amila kêdah rinêksa ||
23. de Sastra Adimênggala | malompong nanging pratitis | sumèh untune putihan | putus dhatêng sastra gondhil | sasêratane Jawi | nyangkèrèk sok nganggo buntut | matuh tulisan sabrang | medane kang dèn rêmêni | ginyêr bathuk mindêng wêtuning pèngêtan ||
24. sumping potêlot wus cêlak | yèn wontên parlune gêlis | wusing juru sastra tiga | cakêt ing ngarsa sinung ling | hèh Sastralêbda tuwin | Sastrawirya tiganipun | Sastra Adimênggala | iki têdhakkên kang bêcik | dadèkêna satus layang duka cipta ||
25. linungkên ponang wasita | nèng pêthèn ginotong katri | Rêspati nudingi nabda | lho kang Sastra Mênggala ki | ditulis sastra Jawi | ampun didèlèhi buntut | dika [di...]
--- 2 : 55 ---
[...ka] tulis pameran | kajênge rada jawèni | mênèk kados sabêne nika rak nyamar ||
26. nauri Sastra Mênggala | ayah Rêspati kumaki | bocah tan wêruh papincang | bae têka amuruki | Rêspati amangsuli | napa picak botên wêruh | mèsêm Sastra Mênggala | mèh tiba ngidak Rêspati | wurukane dhêmên gunêm palesedan ||
27. kasaru ing praptanira | Ni Mbok Drêmakêton saking | ing griya dhusun Turibang | kanthi sudagar kêkalih | aran Ni Mbok Jênitri | lawan Bok Walanjar Sêduk | sami juragan bêras | Bok Kêton matur Kiyai | Tambangprana kula matur kalêpatan ||
28. gêndhuk artanipun kirang | ing rèh kula wus nyanggêmi | gadhah pamanggih dadakan | punika kănca kêkalih | kang badhe biyantoni | nyuwun tumbas mas sawêgung | dados barandon tiga | Tambangprana matur Kyai | Kramaleya mangsuli măngsa boronga ||
29. adhawuh Ki Tambangprana | marang Bok Kêton supadi | maspadakkên kang pêlikan | angirit rowange kalih | kasêksèn rajawrêdi | kinêpang ing murit têpung | sudagar tri nèng têngah | aniti myang ginêm pikir | rajawrêdi angling padha sumurupa ||
30. bok sudagar têlu pisan | aywa ngênyang wola-wali | rêmbug sapisan kewala | aku barès ora bathi | wujude kang mas picis | dudu dol tinuku butuh | inggih ta mas kêmasan | andika tawi rumiyin | rajawrêdi tawi tri atus ringgit mas ||
31. Bok [Bo...]
--- 2 : 56 ---
[...k] Kêton angliring rowang | têtiga pating kalêsik | diyon dènirarsa nganyang | Bok Jênitri angêncêngi | manawi amarêngi | kalih atus ngiras nyuwun | botên mawi coplokan | inggih punapa marêngi | rajawrêdi angling durung bisa murwat ||
32. bêcik buntunên kewala | ganêp têlu bêlah ringgit | o kawisên mas kêmasan | niku barang jaman nguni | yèn kadadosan rêgi | tan wande badhe linêbur | kêdah mêwahi wragat | sêtun manawi marêngi | kalih atus tigang dasa ringgit êmas ||
33. rajawrêdi nolih wuntat | lah prikănca kadospundi | têka acèplês kewala | botên malèmpèng sakêdhik | kang tinuju sêmu ngling | inggih kakang kula gumun | ambakna kêkarangan | kok cèplês tan kurang luwih | pancèn pintêr ki rajawrêdi wus kontap ||
34. kaloka ing janapriya | angguguk ki rajawrêdi | watêke munggah umpakan | èdhèg sinambi nglus rawis | lamise nora mikir | mèncêp anyilakkên kuncung | lan ngêncêngkên cêkokan | katitik wong tuna budi | sampurnane mung bangsane jêne sela ||
35. binatos lan ingkang ngumpak | cacade ki rajawrêdi | kalantur tan wruh ing sastra | ananging ta wus nyukupi | kriya tan parlu mardi | mardawaning budi punjul | jêr wajibing kêmasan | sabobote wus linuwih | rajawrêdi angling marang bok sudagar ||
36. ya wis padha dhuwitana | gya Kêton Sênuk Jênitri | katrine sarêngan metang | donnyarta
--- 2 : 57 ---
balabar kongsi | angêsuk wong alinggih | jangkêpe kang kalih atus | tigang dasa ringgit mas | tinampèn ki rajawrêdi | Ni Mbok Kêton nyêlak dhuh kakang kêmasan ||
37. kawula nyuwun ujuran | kados ing limrah wit saking | dhawuhe Ki Tambangprana | kawula kalilan ngudi | ujuran lawan malih | bageyan kang wus tinamtu | sareyalipun suwang | rajawrêdi anauri | iya bênêr pira etungên priyăngga ||
38. Bok Kêton tandya angetang | uthi dumuking dariji | satêkuk ingangge suwang | sabên ping sèkêt tumuli | nyèlèhkên krikil siji | mangke pinanggihing petung | suwang kaping sadasa | èwu lwih nêm atus dadi | kawan atus kawan daseka wolung wang ||
39. enggal rajawrêdi bayar | Drêma Kêton suka ngênting | winot ing kandhi ro kêbak | lowung digo gawe panti | nèng kene kang abêcik | rowange kalih gya mantuk | ambêkta sêsotya mas | dipun têr murit kêkalih | mrih rumêksa antuke ni mbok sudagar ||
40. rajawrêdi malih mojar | bab bageyan mêngko dhisik | bêcik matura priyăngga | Bok Kêton mangsuli inggih | donnyarta wau dupi | katur ing ngarsa supênuh | Kramaleya ngandika | adhi pinrapata nuli | dhatêng murit lawan pra kuli waragat ||
41. dadining wana Cêpaka | saduman kasimpên benjing | kangge sadhiyan pra siswa | kang purun salakirabi | Tambangprana agipih | mara mituruti petung | waradin para siswa | murit pramukaning [pra...]
--- 2 : 58 ---
[...mukaning] kuli | kang pinatah andum ring kuli sadaya ||
42. sadaya awijah-wijah | wêwah susêtyaning kapti | anggêpe sami nyudarma | marang Kramaleya Kyai | tan pae agêng alit | sami katrêm sêdyanipun | atilar balewisma | rinilakkên marang siwi | kang maksih nom èsthine amung bêbadra ||
43. lami gènnya murwèng papan | wau Kramaleya Kyai | enggaling carita babar | ing wana Cêpaka asri | pêthane cinapuri | pinagêran jaro kukuh | cinêngkal kêkothakan | pomahan amangku margi | kang gêgriya anggênggêng mèh kurang papan ||
44. ing ngriku sinungan pasar | ngongkang ing narmada kadi | sungapan lawan-linawan | palwa lan dharatan sami | kèdhêp pasar andadi | sabên Pon pêkênanipun | tanapi ingadêgan | masjid lan panti pamardi | mardawaning sastra gurune kapangkat ||
45. satunggal Ki Sastralêbda | Sastra Mênggala pangkat dwi | pangkat tiga Sastrawirya | kêtip sêsirahing santri | kang ngêncêngkên agami | nama Ki Ngabdulah Sarul | kalih Amat Hudiyat | tiga Ki Iman Banudin | sami kaji nanging asale wong Jawa ||
46. raharja wana Cêpaka | kontaping pawarta têbih | tambah kang samya purita | praptane anyênyaosi | uwos kalawan pitik | bèbèk banyak menthog wêdhus | anggili nora kêndhat | ambabar ing wana mawi | pasamuan tanggapan amăncawarna ||
47. topèng reyog myang jathilan | tanapi ringgit kalithik
--- 2 : 59-60[16] ---
--- 2 : 61 ---
48. ngedhe mèrètane mawi | cêcewekan ngrêmbuyung acundhuk kêmbang ||
49. kathok panjèn jingga loka | cancut amangku turanggi | nam-naman dêling kulitan | iku kang taksih pinuji | kadi urip sajati | ujare wong gunung pêncu | pasahing puja măntra | jaran kepang bisa nyirig | kang anunggang anut tan darbe pangrasa ||
50. Kramaleya angandika | mring Jarwa Lêksana adhi | wau lampahan punapa | Jarwa Lêksana matur ris | Dyan Arya Rana krami | dhaub lan yoganing wiku | palwaga Sang Jêmbawan | Dyan Jêmbawati wêwangi | padhalangan nama lakon Kridha Krêsna ||
51. dhapur punapa carangan | ki dhalang umatur malih | punika lampahan kina | baku cariyos sayêkti | ingkang dèrèng udani | winastanan sanès dhapur | kinintên wus kawarna | duk Dyan Jaladara krami | mring Dyan Krêsna sinambut lajêng ginarwa ||
52. punika muhung katêlah | jatose Dyah Jêmbawati | bibare kinarya patah | nuli dèn kondurkên maring | Gadamadana ardi | Narayana kari gandrung | kawêkèn ing asmara | tilar kasatriyan awit | sruning brata puwara mêsu sarira ||
53. èsthining tyas kalakona | ajatukrama sang dèwi | saking parmaning jawata | ing Gadamadana wukir | rinabasèng para ji | witing prang ingkang rinêbut | kusuma atmèng dwija | kang kalok ing bawana tri | Radyan Krêsna kang bangkit bengkas ru-ara ||
54. puwara radyan kasidan | dhaub lawan sang sudèwi | makatên witing carita | nanging dhalang-dhalang sami | botên purun [pu...]
--- 2 : 62 ---
[...run] nglêluri | asring angewahi dhapur | ngungaskên sugih wacan | nyêbal sajawining kêlir | Kramaleya angling adhi kasinggihan ||
55. punapa ugêring dhalang | kang pêrlu kêdah binudi | matur Ki Jarwalêksana | sapisan amilih janmi | kang kaduk cucut manis | uloning swara sru arum | dhasar botên rikuhan | kang kêdah dipun sagêdi | botên kenging pisah saking nêm prakara ||
56. gêndhing gêndhèng têmbung têmbang | ngèlmune badhud dèn gèni | kaping nêm ahli surasa | manawi sampun nyêkapi | kontaping warta pasti | komuking dhalang linangkung | makatên wêwatonnya | manawi kawula kyai | dèrèng paja-paja ngênggèni piwulang ||
57. mandar maksih salingsingan | mung bujêng majênging ati | tan wruh ginujêng ing kathah | kasêsa sêlak gumangkit | pamupusing tyas naming | ayah tiyang dhalang dhusun | ugêr rame wus cêkap | karya sukaning raryya lit | waton sampun kenging kangge pados têdha ||
58. angling malih Kramaleya | ngèlmi dhalang kadospundi | pasanging guna sumbaga | ki dhalang umatur malih | manawi badhe linggih | sandhaping balencongipun | matêk măntra wikrama | sarat pusêre pinilih | angapilkên pangasihan basa Buda ||
59. hong awigêna pranawa | samêh samohya mandêl sri | syah-syah ruwak kalasuha | ripu hyong pasung pangasih | têlas lajêng anyapit | ngungalkên balencongipun | angucap hyong nuradha | hyong ri hya nuradha agni | têgêsipun mugi hyang kang sipat cahya [cah...]
--- 2 : 63 ---
[...ya] ||
60 amadhangana buwana | têlasing punika nuli | andhodhog kothak têngara | badhe bêbukaning gêndhing | gya bêdhol kayon sarwi | ing pucuk ping tri dinamu | pinèjèt tangan kinga[17] | panglêrêban kang pinusthi | pan makatên wêdal kêdaling sumbaga ||
61. rêp sidhêm pramanêm padha | korub racut-racut dadi | nèng aku tunggal kaanan | tunggal sir rasa sajati | têtêp madhêmi mami | lailaha ilolahu | Allahu muga-muga | paringa idi sajati | niyat ingsun buka gancaring carita ||
62. makatên êmpaning măntra | karênan kang samya myarsi | ing wuri ana rêrasan | layak wong anganggo ngèlmi | wayuh papat kuwawi | kêna pangasihanipun | nauri rowangira | dora gonira ngarani | kang winayuh kodakwa kalêbon japa ||
63. ora mangkono kisanak | lumrah dhalang sok kumaki | rarase kaya Arjuna | dhêmên wayuh kèh ananging | sacêke sok tan pilih | gampang ing kalakonipun | nora susah jinapan | sêtun tamu dèn imuli | sinarua saking wingking yèn kapyarsa ||
64. karênan Sang Kramaleya | lamun makatêna adhi | manawi sampun sampurna | dhatêng waton nêm prakawis | kenging kula wastani | pujăngga anggêlar kawruh | guguk Jarwalêksana | wahyaning atur nyakikik | o lha dalah punika kalangkung lăngka ||
65. dhalang sajêg jumlêgira | botên kenging dèn wastani | nunggil bangsaning pujăngga | sampun kacêtha salami |
--- 2 : 64 ---
wadananipun nunggil | golongan kalihan badhud | botên wontên carikan | măngsa kewrana sang aji | tartamtu wus ginalih kalawan panjang ||
66. têlas ature ki dhalang | gantya ingkang dèn timbali | Gunawinangun sumewa | tinakonan kadipundi | watone wong angringgit | gêdhog kang sampun kalaku | inggih sami kewala | ugi ngangge nêm prakawis | muhung wontên bèntênipun sawatara ||
67. kang ginilut paprênesan | kêdah lêbdèng têmbung Kawi | kaduk wilêt wêwangsalan | kang rèmèh-rèmèh binudi | prabedanipun malih | raras myang pathêtanipun | pradăngga pelog barang | kangge sadaya wit saking | kang karuhun jêjêr pelog pathêt lima ||
68. dumugi jam kalih wêlas | ginantya raras nêm nuli | jam katri manyura barang | dumugi ing wanci enjing | liripun kadipundi | winastan gêdhog puniku | ki dhalang matur jarwa | gêdhog saking gêdhug nênggih | băngsa gêdhug têgêsipun gêgêdhêgan ||
69. gancaring gêdhog punika | tuhu gêdhêganing budi | budi kang wus gêgêdhêgan | mung sênêng ingkang dèn èsthi | mila saratri naming | kathah cacriyos rum-arum | ngarah rosing asmara | Kramaleya tanya malih | kadospundi wardine dhalang lan wayang ||
70. balencong kêlir lan kothak | Gunawinangun ambêkik | nambong Kyai Kramaleya | winangsulan botên adhi | sasêmbèn cagak linggih | karipan mindhak angantuk | saratri mêntas mayang | Gunawinangun matur ris | ing
--- 2 : 65-66[18] ---
--- 2 : 67 ---
71. ose kang sajati | dene tan mawi kêlir | kados wontên wardinipun | mèsêm Găndawasana | angrogoh saking kulambi | mêndhêt buku pakêm bakuning carita ||
72. dangu ambikak bukira | liniling dèn olak-alik | jingglêng ing panuksmanira | kêkincêran umak-umik | pamicaraning kapti | katujune wus sangu buk | sandeyaning wardaya | Jagaruna bokmanawi | tinaliti talètèke wong andhalang ||
73. awit Kyai Kramaleya | kabare kang dèn rêmêni | ngimpun saliring carita | bênêr gonku mrayitnani | ri wusing masa kasil | ningkêm buk matur kula nun | nun inggih lêrês lêpat | sumăngga paduka kyai | pan makatên ungêle pakêm kawula ||
74. kathahing prabedanira | gampil pêpakême klithik | gancare caritanira | Ratu Ayu Majapait | tabe-tabe kang nganggit | Jêng Sunan Benang karuhun | ananging duk samana | bèbèr wangunaning ringgit | tinabuhan kêndhang trêbang suling kêprak ||
75. amung kenging linampahan | bodhon kewala wus kêni | botên mawi têmbung têmbang | botên susah gêndhang-gêndhing | waton sagêd nong nong gling | gêndhing satunggal wus rampung | plajêngan sêsêg tamban | nama bango-bango mati | saratipun bangkit megol pancak jăngga ||
76. dene pandangu paduka | kalithik tan mawi kêlir | têgêse sampun angêblak | tan samar sandining budi | budi kang wus ginaib | makatên upaminipun |
--- 2 : 68 ---
dhalang kalawan wayang | wus tunggil sami udani | wus kacêtha tunggil papan sanès êmpan ||
77. amila gampil ki dhalang | botên kawêkèn ing galih | ngangkah lampahan punapa | kewala sawastu bangkit | mila dipun wastani | klithik kalêthêking klabu | kabuka tanpa wrana | yèku pralambanging wali | Sunan Benang tan samar pamoring Suksma ||
78. têlas ature ki dhalang | sumêla Sastra Wirya ngling | dhuh ki dhalang Găndasana | bilih karênan ing kapti | pundi kula gêntosi | buk pakêm andika niku | Ki Găndasana mojar | niki pusakane kaki | pêcat mati gèk măngsa kula sadea ||
79. wêlinge kaki kawula | nadyan wus tumêkèng jangji | kèn bêkta tumut pinêtak | mas Sastra têka sumugih | thik-thik arêp gêntèni | Sastra Mênggala sumambung | lah niku ngèlmu kuna | yèn darbe kawruh kang bêcik | botên rila tumular mundhak sumêbar ||
80. ambêkuh Ki Găndasana | sampun limrahe wong Jawi | ngèlmi dingge gêgêndhongan | bèntên lan sira mas carik | lèrwèh bêbasan dakik | kasêsa anggêlar kawruh | mamrih ginunggung ing lyan | watêk kang dika ênggèni | Jawa dede kumalănda botên bisa ||
81. awon-awon yèn sampurna | kenging kangge pados bukti | puluh ajêng sugih nalar | yèn mogol tan migunani | mung karêm mêmaoni | jujul rêmbuge kasusu | dhêmên padu kalahan | cêp kèndêl sarêngan sami | ing batine gêtun ngladèni [ngladè...]
--- 2 : 69 ---
[...ni] wong edan
82. gumujêng Ki Sastralêbda | guyon tanpa ulat liring | pakêm dinggo pêpaitan | jêbul diirik-iriki | katanggor sira sami | lah iya iku tambamu | Kramaleya ngandika | dhuh adhi sampun ginalih | Sastrawirya pancèn rêmên gêgujêngan ||
83. adhi Ki Găndawasana | muluk suluking kalithik | rampung tan kakehan reka | ing wau kula wastani | kalithik gadhah wadi | rèmèh rêroncenanipun | dene mung kalithikan | Găndasana matur inggih | gih punika ujare pusaka kula ||
84. Jayadi gantya sumewa | dinangu hèh kadipundi | waton ngèlmining jathilan | tutur ingkang wus kawarti | kang jathil yèn wus nitih | jaranan kepang winantu | tabuhan akung[19] têrbang | kêndhang winor ing sêsingir | mawa dupa kumutuk sinidhikara ||
85. kalamun wus tinarima | kuda ambandhang tan sipi | kang nitih tanpa pangrasa | yèn sampun tiba gumlinting | saya sêsêg kang singir | bengkrakan suka kalangkung | yèku wus kasêmbadan | antuk dêdalaning gaib | Pak Jayadi umatur inggih sanyata ||
86. tabon kang sinudarsana | saking dhikir nap sambadi | sumăngga rinaosêna | solahe ingkang anjathil | tên pêgat ngêntrog wêntis | rêm-rêm ayam pacak gulu | manthuk-manthuk kewala | mat nyamlêng kadya wong dhikir | ing tyas ngucap hu anut wêtuning napas ||
87. tanpa wus muhung mangkana | nut tabuhan wor ing singir | manawi sampun sêmbada | tan kontit salah sawiji | dangu-dangu [dangu-...]
--- 2 : 70 ---
[...dangu] sayêkti | kang anjathil antuk luyut | lir pêcat jiwa kendhang | kabuka kabuling singir | kudu bandhang kang nitih anut saparan ||
88. katoging pambandhangira | rêbah sarêng gumalinting | pangraos ingkang kawawang | sumêrêp suwargan adi | ingkang badhe dèn gèni | benjang sapraptaning lampus | sêsêging têtabuhan | punika ingkang dèn èsthi | nyuwun gêsangipun kang wus manjing swarga ||
89. sandeyane tyas manawa | katrêm nèng ngriku salami | kang nikmat tanpa upama | aywa andadak sirèki | jêr sira durung takdir | iku gon kang wus tinamtu | mung wêlingku mring sira | têkaning alam sahkratil | aywa pangling iku kang bakal pinaran ||
90. têlas Jayadi turira | mèsêm Kramaleya myarsi | ujar kang langkung dupara | kamot nora dèn wangsuli | Jayadi matur malih | dhuh kiyai kula nuwun | miduwung tyas kawula | salami mung karêm jathil | dèrèng nate wruh wasita kang sanyata ||
91. kula wus lami miyarsa | jathilan dipun wastani | guyêng dul ing pardikanya | guyêng puyêng moyang-maying | dul mêmanduling dhiri | kula raos-raos mathuk | saking puyênging sirah | komêt nyirnakkên sakalir | kang kacipta jroning sumaput kaanan ||
92. pangrasa ingkang dupara | plajênging kapal katarik | kobênge ingkang anumpak | saking kalintu panampi | kraos mumêt tan sipi | botên pae lan Pak Pocung | sarêng wus saya tuwa | dangu kula pikir-pikir | asor têmên ngèlmu kang kula piala ||
93. mila manawi [ma...]
--- 2 : 71 ---
[...nawi] lêgawa | kawula nyuwun wêwangsit | wasitane wong agêsang | kang wajib kawula èsthi | Kramaleya agipih | nimbali pra siswanipun | kinèn alênggah kapang | kadhawuhan anêksèni | anyêdhaka Jayadi lunggguha wetan ||
94. dhêku Jayadi amapan | ing karna kiwa winêling | hèh Jayadi dèn santosa | rumasaa bakal mati | pati ingkang pratitis | èngêt ing sadurungipun | mêtu sing guwa garba | yaiku rasaning pati | ywa sumêlang ora ana apa-apa ||
95. ngalahu ngali wasalam | rampung jatining wêwangsit | Jayadi anguswa pada | salaman lan para murit | Jayadi matur malih | yèn makatêna pukulun | gèn kula ambêbarang | jathilan kula mantuni | langkung yogya ngupados pakaryan liya ||
96. ngandika Sang Kramaleya | ora angewuh-ewuhi | jêr iku sarananira | ngupaya bukti salami | wêlingku kang sayêkti | amung aywa nganti korup | êmpane ana papan | ing lair kalawan batin | wus amapan papane ora tumpangan ||
97. umajêng Ki Tambangprana | umatur punapa mawi | wilujêngan kados adat | winangsulan inggih adhi | dèn enggal kinèn ngrakit | caos dhahar gusti rasul | lan mawia tambahan | têtandukan sêkul Jawi | lam-ulaman ugi dipun wêdalana ||
98. sampête ni juru padang | sakêdhap sampun miranti | sumaos ngarsa samua | nuli animbali kêtib | Ngabdulah Sarul kanthi | Amat [Ama...]
--- 2 : 72 ---
[...t] umiyat trinipun | Banudin tan katilar | ri wusing ujub lan wajib | tinampenan Ngabdul Sarul kang andonga ||
99. amin sarêng bata rêbah | têlasing donga tumuli | dhahar kêmbul sêsarêngan | pra siswa jalu lan èstri | supênuh jroning candhi | balabar dumugi ngayun | kang wus sinungan wisma | wuwusên ki dhalang katri | ugi manjing siswa ing ratri winêjang ||
100. mandar kadêrênging sêdya | samya andhèrèk pêpanti | Pak Jayadi nunggil sêdya | sayuk sasomahe sami | sangsaya anambahi | arjane Cêpaka komuk | kêtarta gêmah ripah | bibaring bojana nênggih | sami mantuk mring wismane sowang-sowang ||
101. gantya ingkang winursita | Rara Marjintên Bangsari | ingkang wus lola tinilar | sudarmanya lawan bibi | kabyatan sruning wingit | saking duk parawanipun | katêmbèn palakrama | lajêng tinilar ing laki | Kramaleya kang ambêk sadu budaya ||
102. samangke taksih kagagas | kang grantês nora ngêndhati | tan mèngèng èsthining cipta | adrêng tilar bale panti | sêdyaning tyas ngulari | mring garwanira ing dangu | tan tolih rajabrana | Marjintên anuju ari | anis saking ing wisma dhusun Bangsêkar ||
103. tan pati ngadi busana | sampêt lawan wastra lurik | kêpyur cinêlêp karuna | kasmêkan gadhung malathi | nyangkêlit golok alit | balongsong mas tinatah lung | lunge mawa sinotya | yèku tilaraning laki | sinung aran kiyai ciptanugraha ||
--- 2 : 73 ---
104. mungguh ringkês sinasaban | rasukan lurik cêmbirit | kinuwuk ing sawatara | slendhang sêmèn latar putih | ukêle tan pinikir | dene rada madhul-madhul | nanging têka prasaja | sajake angraras ati | mung cacade Marjintên wus rara tuwa ||
105. iba nalika taruna | nadyan wus mèh lungse sari | sarandune tan prabeda | katon wêtah durung rêmpit | mêpêk pindha garbini | tarkane ingkang dèrèng wruh | yèku labêting janma | dèrèng rinabosèng rêsmi | maksih kêncêng kadi duk rumucuhira ||
106. awèt nom sarira saras | akas trangginas ngluwihi | lan para parawan lumrah | kang balere kaduk liring | durung andungkap laki | sring sambar boyoke kaku | padune mêntas bigar | nglantur sadina sawêngi | nanging sapa kuwat lir Marjintên rara ||
107. kados sayuta satunggal | ingkang sagêd anglampahi | ngampah rarasing asmara | limrahe răndha nom pasthi | kasusu kudu laki | yèn makatên bae untung | dene nora ambandhang | bandhol anggigit kêndhali | nêrak sarak luwung kang anggege krama ||
108. lampahira mirandhungan | Marjintên samargi-margi | rinasa saya udrasa | kang katon têlênging ati | mung garwa kang mêgat sih | dhuh kakang guru lakiku | pulungên jiwaningwang | ana ing ngêndi sirèki | tumulèha ring garwa kang durung krama ||
109. wus dadi ubayaning tyas | kasaksèna buwana tri | mung ngèsthi sapta manjanma | salawase nora kari [ka...]
--- 2 : 74 ---
[...ri] | lire upama nitis | tumimbala kaping pitu | aywa wal tunggal atma | dhuh si kakang ana ngêndi | apa baya atimu nora karasa ||
110. apa ngimpi bae nora | jênang gula aja lali | pêntil jagung êntènana | rabimu kang kawlasasih | maksih mêksa kêkinthil | godhong nom tumêkèng lampus | ywa pêthal katariwal | sakarone adu manis | sida ngênês yèn tan nuli kapanggiha ||
111. dhuh Gusti Allah Tangala | pun Marjintên nyuwun eling | yèn lali sida cilaka | iki rasane wong kingkin | mung kudu salah kapti | têtêping iman sumêmprung | sinapu ing asmara | kabrangas tan kapadhan sih | kaya ngene rasane tinilar garwa ||
112. têbih lumaksananira | Rara Marjintên Bangsari | nalasak angayam wana | sumusup kang rungsit-rungsit | lampahe kawlasasih | kudhung salendhang ngêmu luh | golok ciptanugraha | nèng lambung anggung pinipit | wit watêke Marjintên ambêg sujana ||
113. lilan lêgawa wêlasan | asih samaning dumadi | tan măntra trahing sudagar | rêmên olah kramaniti | kagyat Marjintên myarsi | karêsêke wong lumaku | lumayan sêmang-sêmang | kanyatan ana sujanmi | lir sikêp prang mijil saking rêrungsitan ||
(Sambêtipun kawrat jilit tiga)
--- 2 : [0] ---
[Iklan
--- 2 : [0] ---
[Iklan]
1 | Naskah sobek (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | wangsite. (kembali) |
3 | rêrangkatan. (kembali) |
4 | langkung. (kembali) |
5 | laras. (kembali) |
6 | pangrasane. (kembali) |
7 | Kurang dua suku kata: tan nyana wanawasa. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: kang ngrapêti wiwara. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: mêdal sêlaning uwit. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: karan kuwi wis jinilid. (kembali) |
11 | jalèntrèhing. (kembali) |
12 | rajawêrdi. (kembali) |
13 | Halaman 43-48 tidak ada. (kembali) |
14 | mirip. (kembali) |
15 | upayaning. (kembali) |
16 | Halaman 59-60 tidak ada. (kembali) |
17 | kiwa. (kembali) |
18 | Halaman 65-66 hilang. (kembali) |
19 | angklung. (kembali) |