Kramaleya (Jilid 6), Wrêksawijaya, 1922, #523

Judul
Sambungan
1. Kramaleya (Jilid 2), Wrêksawijaya, 1909, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Kramaleya (Jilid 3), Wrêksawijaya, 1909, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Kramaleya (Jilid 4), Wrêksawijaya, 1914, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
4. Kramaleya (Jilid 6), Wrêksawijaya, 1922, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 20-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KROMOLEJO

BAGIAN 6

Sêrat Kramaleya

Jarwa sêkar macapat.

Anyariyosakên bab awon saening lêlampahan tuwin tekading agêsang.

Karanganipun Radèn Răngga Wrêksawijaya, abdi dalêm mantri pamajêgan narawrêksa ing Surakarta.

Jilis ăngka VI.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N.V. ALBERT RUSCHE & Co. Surakarta, 1922.

--- 6 : [0] ---

[...]

--- 6 : 1 ---

Kromolejo.

1. Gambuh

1. awon sae kalêbu | dèrèng dangu ngong myarsa wartèstu | Kyai Kramaleya mêntas dèn dhatêngi | tiyang èstri nèm tur ayu | nging wus dadya sundêl bolong ||

2. pun Murni namanipun | sawêg prapta dhog kewala antuk | sih kadarman warni busana mas picis | mandar tumularing catur | pinutra putri winongwong ||

3. yèn sontên sabênipun | sring katingal ninis wontên ngriku | anglêmpakkên sakathahing tiyang mancing | pinilihan klalènipun | tinumbas awis tan ngaos ||

4. sambèn ingkang tinamtu | ngundhuh sêkar kang rumambatipun | ambyuk dhatêng pagêr sela cêlak margi | lah punika rak kadulu | sêkar daling sêmbringt[1] amrok ||

5. manawi botên kaduk | kănca mêlah lajêng kinèn dhungkruk | parlunipun dipun angge ancik-ancik | amancat pêncuning punuk | kranjingan dede laras wong ||

6. Sêtra Samsuri nguwuh | wis yahene kok durung kadulu | kados mangke sakêdhap êngkas mêdali | lah dalah nêgale mêtu [mê...]

--- 6 : 2 ---

[...tu] | nyangking kacu rimong-rimong ||

7. Ki Sêtra lajêng nginguk | manthuk-manthuk saking gumunipun | pambêlah ngling sampun sajak anganthuki | yèn sêrêp mindhak kasêrtu | hara ta dika kenging blong ||

8. Ki Sêtra minglêp muwus | ayo mudhik bali gone mau | suk bèn bae gonku mangkat manjing murid | iki dina nuju padu | ala yèn kanggo paguron ||

9. kang palwa lajêng nungsung | ing nalika punika wus surup | dènnya sami rêrêm nèng palwa rong ari | siyang dalu ngimuk-imuk | umuk lan pambêlah karo ||

10. Sêtra Samsuri sampun | sagêd pawong mitran lan wong mau | wus upatan têtêping sabyantu budi | benjang lampahing pangècu | pambêlah sanggêm amomot ||

11. wit saking kapilayu | dipun êbang rêruba kang langkung | kikisane tinimbang mung dèn tambangi | luwung milu pisan ontung | mênang ngukup kalah layon ||

12. kêplêng tekade mathuk | sêsulange Ki Sêtra kalamun | dêdalaning rijêki kasah sajati | tarlèn andhadhapkên lampus | kurup lantaran rêkaos ||

13. malih piyandêlipun | Kyai Sêtra nèng sajroning prau | gêlar dhug dhèng pambêlah kinèn gamani | kalampahan Sêtra dèn but | kalih kang pinindha waos ||

14. crèngkèh ing satangipun | langkung rame wontên gisik campuh | dangu-dangu Ki Sêtra dipun tênani | nanging tan gimir sarambut | wong kalih kenging binopong ||

15. sinawatakên [sina...]

--- 6 : 3 ---

[...watakên] sêru | dhawah sarêng mring lèpèn jumêgur | wong pambêlah mancungul pucêt maringis | enggal sru pangangsuripun | sambat iki dudu guyon ||

16. kathah sarananipun | Kyai Sêtra dènnya mrih panglulut | kalêksanan pambêlah kalih kaèsthi | ajrih balenja ing sanggup | gantya ingkang cinariyos ||

17. Cêpaka witing catur | Kramaleya kang lagya sinungsung | sakathahing wong kang kapêtêngan pikir | ing dintên punika nuju | lir kambu praptaning dhayoh ||

18. uyêl pandhapa pênuh | jalu èstri gêng alit nèm sêpuh | kawuwusa praptaning Sêtra Samsuri | kanthi kuli bêktanipun | nuntun lêmbu amikul wos ||

19. ing sêdya kang tinuju | panggih lawan Tambangprana matur | sowan kula kang kadya ngêbun-bun enjing | anjêjawah sontên lamun | wontên sihnya sang kinaot ||

20. Kramaleya pukulun | karsa nganggêp soring uluguntung | mring pun ulun ingkang kalangkung kapengin | karêntahan sabdanipun | kang mrih rahyuning lêlakon ||

21. Ki Tambangprana guguk | wit ing batos rumaos kangungrum | adat waton wêtuning têmbung mêmanis | ingkang tilar bobotipun | tan wun mêmêtêngi panon ||

22. mangsuli dhuh dhuh adhuh | guru kula punika tarwilun | botên pantês nanggapi têmbung malatsih | kang kadya andika wuwus | adhi sampun asor-asor ||

23. jêr sami asli dhusun | sami-sami kewala wus cukup | adhi sintên ingkang sinambat ing wangi | sing

--- 6 : 4 ---

pundi kawulanipun | kula saking dhusun Ngonggok ||

24. cêlaking Rêdi Kidul | ngare miring sampun wiwit suku | nama kula inggih pun Sêtra Samsuri | măngga kula têr kapangguh | kyai nêmbe nampi dhayoh ||

25. enggaling carita wus | kerid marang ing ngayunanipun | Kramaleya pinanggih anèng pandhapi | sinambrama măngga laju | cêlak-cêlakan kemawon ||

26. wau sasampunipun | tinakenan nama sangkanipun | Kyai Sêtra sinugata wedang kopi | lêgi saking Calamadu | dhaharan kang wus sumaos ||

27. kinèn bêktaa mundur | sawatawis linadoskên wutuh | rêrêmikan wowohan sami nyadhosin | sarwa miraos sadarum | Sêtra Samsuri turnya lon ||

28. sinamar wêdaling luh | sowan kula ing ngarsa pukulun | saking dahat gèn kawula tuna budi | rumaos andungkap sêpuh | sêpên dèrèng wruh wêwaton ||

29. kang tinamtu kêdah wruh | marma lamun lêgawa pukulun | ulun nyuwun wulang patitising pati | ping dwi punapa witipun | gêsang kita kang linakon ||

30. angantawisi pamingkuh[2] | ajrih dhatêng pêpati tan wurung | kadipundi têntrêming tyas kang ywa lali | manawi pacangan lampus | ping tri kalamun wus bontos ||

31. dhatêng watoning ngèlmu | lajêng kadiparan kang tinêmu | gêgêbênganing tekad kang dèn lampahi | rèhning gêsang mawi butuh | angêyomi anak bojo ||

32. lamun mungkura luput | wus têtela manuswa puniku | botên amung

--- 6 : 5 ---

wikan patitising pati | dhuh dhuh kawula pukulun | bab punika dèrèng ngrêtos ||

33. sanès rêmbag pukulun | kula caos bulu bêkti lêmbu | pan itikan wiwit kala taksih alit | lan wos saking Rêdi Kidul | kenginga kangge bon-abon ||

34. Kramaleya lingnya rum | adhi sampun anjalari rêtu | bab pisungsung gampil kapanggih ing wingking | awit kula dèrèng tamtu | bangkit anjawab pitakon ||

35. kang kados dika wuwus | langkung angèl niku ngèlmu luhur | dakik têmên si adhi gone murwani | yèn klintu wardikanipun | prasasat nuntun piawon ||

36. Sêtra Samsuri matur | andupara sabda kang dhumawuh | dhuh kiyai sampun kula punagèni | kula botên nêdya mantuk | susêtyaning tyas angepon ||

37. gêsang praptaning lampus | sumaosa ing ngarsa pukulun | ulun maha ambêkta anak myang rabi | kalilana dhèrèk ngeyub | wontên ing Cêpaka manggon ||

38. bêbasan angêbun-bun | bokmanawi karêntahan wuruk | kacipratan barkah paduka kiyai | Ki Sêtra dènnya umatur | winantu ing sêmbah sedhok ||

39. ambrangkang badhe ujung | majêng sarwi srikutan ngusap luh | nging dinuwa Kramaleya lingira ris | adhi klintu unggah-ungguh | Kramaleya trahing asor ||

40. ajrih lamun kasiku | lan kang baku mêngku adil kukum | ing salaminipun kula wontên ngriki | pra siswa kula sadarum | dèrèng wontên kang cêcaos ||

41. sêmbah [sê...]

--- 6 : 6 ---

[...mbah] utawi ujung | kula ingkang tan arsa witipun | sandeyaning tyas yèn wuru pangabêkti | adating wong kumaluhur | tan ajrih trahing karaton ||

42. tiwas lamun kabanjur | tan wun purun angrèmèhkên ratu | bab punika dipun têbihna kang têbih | Kramaleya ywa kapêthuk | babagan prakawis gatos ||

43. Ki Sêtra alon mundur | kumêlaping tyas kadya jinabut | sêmuning kang wadana abiyas putih | baliyut saya sumiyut | anggloso mangkurêp ngorok ||

44. Kramaleya sru nguwuh | hèh Rêspati kuli rowangipun | adhi Sêtra Samsuri ajakên mulih | bèn aso anèng pantimu | cadhongna ingon mring pawon ||

45. Rêspati sigra mundur | kuli tiga dipun ajak mantuk | tan andugi marmane kinèn sumingkir | rumaosing kuli amung | sami kadhawuhan aso ||

46. kaluhuran sabda rum | Ki Samsuri wus prasasat lampus | Kramaleya angling hèh Sêtra Samsuri | prasajaa ing parlumu | aywa enak-enak ngorok ||

47. Ki Sêtra tangi gupuh | lir wong gugup panjanggiratipun | pandirangan tlusuran biyaki lampit | linggih mak bagêgêg nguwuh | pathenthengan bêngak-bêngok ||

48. sun iki ngêmban wuwus | atas saka karsane kadangku | kakang Căndra Prakêmpa Ngabdul Kiyatil | lan kakang Ki Kalal Ngabdul | Ki Gajah Ngoling sêsinglon ||

49. ingkang wus sabiyantu | nunggal budi lawan jênêng ingsun | Ki Samsuri

--- 6 : 7 ---

aranku lamun anyantri | Dhêndha Cêngkiling yèn ngècu | lurah sêsirahing benggol ||

50. ing Jatingarang gonku | Kramaleya dadia wêruhmu | praptaningsun iki kinèn anêniti | ananing Cêpaka dhusun | nyatakkên miswuring wartos ||

51. dene kasugihamu | tumrah marang siswanta sadarum | lan anitik marga kang gampang kang rumpil | ana manèh pangudiku | wruha kalamangsaning wong ||

52. lan ngêndi dunungipun | pasimpênaning dunyarta sagung | murid sapa ingkang kêndêl ingkang jirih | lamun wus trang pamawasku | sun bali mulih wêwartos ||

53. datan pantara dangu | pra kadangku sarèhira kêbut | rawuh marang Cêpaka mundhut mas picis | kalayan pêksa tan wurung | rasakna bakal kalakon ||

54. tamat wahyaning wuwus | Kyai Sêtra gêblag mapan turu | mak garêpêg rêmuking răngka katindhih | rosaning pandhawahipun | tiyang kang sami mardhayoh ||

55. gumuyu bata rubuh | ting garubyug tan kenging sinêrung | dêg-adêgan ningali Sêtra Samsuri | anglekar rinubung-rubung | Samsuri dadya gêguyon ||

56. gêr-gêran wantu-wantu | Kramaleya angandika arum | dhuh kisanak gêng alit twanom jalwèstri | mêmêlas sampun karubung | katêbihana kemawon ||

57. punika parmanipun | Gusti ingkang misesa sawêgung | Kramaleya botên parêng dèn lamisi | dilalah Samsuri nglindur | kojah jatining wêwados ||

58. mung kula asung pemut | dhatêng para kang parêng martamu |

--- 6 : 8 ---

yèn kataman mêmanis kang măngka lamis | dipun ecanana tanduk | ananging kang yitnèng batos ||

59. sampun ngantos kawêtu | kang supaos nyliring wadosipun | pintên-pintên wontên ingkang anglampahi | sèsining bawana tamtu | warna-warna kang linakon ||

60. pra tamu lajêng mundur | mapan dhatêng palinggihanipun | sampun tata tan wontên kang klintu cangkir | pangajaping para tamu | benjang manawi sayêktos ||

61. Cêpaka wontên kècu | sami soroh rila takêr marus | badhe datan kêndhat anungsung pawarti | tamtuning lumawan campuh | tan susah ngêntosi pakon ||

62. mung nêdya ngamuk punggung | nadyan lampus asap pêcatipun | anglabêti janma kang rahayu ing budi[3] | têtêping pêpati patut | lan pikiran tan tumpang so ||

63. Kramaleya sru muwus | hèh hèh para siswaku sadarum | salawase si adhi Sêtra Samsuri | gone pi-api gêguru | poma aywa na makewoh ||

64. têmbung tindak-tandukmu | kang arêsêp ngêdohna piyangkuh | aywa pasang pasêmon lakuning juti | mundhak ngêndhak karya rikuh | muhung mindênga prihatos ||

65. nangisa mring Hyang Agung | nyênyuwuna rahyuning awakmu | ewadene yèn wus pêparênging takdir | rarjaning Cêpaka gêmpur | bali wujuding wana grong ||

66. marga saka kinècu | dèn narima ingkang suka sukur | yèn wus takdir paran gone nyêtiyari | mung têtêkku lamun durung | takdir rusak dening benggol ||

67. alah [a...]

--- 6 : 9 ---

[...lah] nora pakewuh | ywa sandeya êmbuh marga ayu | iku dudu pêpikiraning wong urip | sira lan ingsun tan gadug | kaelokaning Hyang Manon ||

68. ngèlingana pitutur | lêlakone biyangmu rumuhun | Si Marjintên duk binegal nèng wanadri | yèn nalare tanpa ngukup | sapira boboting wadon ||

69. prandene bisa unggul | si wong begal lampus kang witipun | kêtandukan cipta nugraha kiyai | tur tan tinêmahe kayun | yèku wiyananing uwong ||

70. pra siswa saur manuk | majêng Kyai Tambangprana matur | punapa pun Samsuri badhe kawirid | rèhning tan trusing tyas kêsdu | tiwas kecalan cariyos ||

71. angêcèh-êcèh ngèlmu | kaowêla sabdanta pukulun | Kramaleya ngandika sampun ngong pikir | wong mung momor nyamar laku | cêkap kula mong kemawon ||

72. wontên siswa kang mundur | mlêbêt marang panti mêndhêt gêmbuk | cinêlakkên sirahing Sêtra Samsuri | datan sawatawis dangu | Ki Sêtra tangi ngluk boyok ||

73. sumuk sakojur kumyus | mèk-mèk gêgêr wruh wrangkane rêmuk | tanpa dhapur rampas rampinging ri cangkring | kandêl lan pating balarut | kangge klesetan kêkosot ||

74. Ki Sêtra langkung gêtun | ngunggut-unggut panggagasing kalbu | baya aku kadayan siliring angin | enak têmên hawanipun | Cêpaka akèh kêkayon ||

75. gêdhe-gêdhe ngrêmbuyung | ting sarèwèh ing sagon-gon banyu [ba...]

--- 6 : 10 ---

[...nyu] | dhaup lawan kalamangsane wak mami | sayah salêran angantuk | lali yèn nêmbe mêdhayoh ||

76. Ki Sêtra malih matur | dhuh pukulun alun nyadhong dhawuh | katêranganipun kang katur kiyai | adhi kula nêdha maklum | sadaya liring pitakon ||

77. andika kang mamrih wruh | patitising pati têmbenipun | kadospundi gèn kula sagêd jarwani | dhuh sumêrêpa riningsun | kula dèrèng nate layon ||

78. lan kawruh sanèsipun | sasamane ingkang alus-alus | kula walèh balaka dèrèng mangêrti | dhuh adhi kang kula gilut | mung bodhon ngèli Hyang Manon ||

79. Sêtra matur pukulun | botên langkung kaparênga ngeyub | sangandhaping kawibawanta kiyai | sawatawis dintên ulun | mantuk mêndhêt anak bojo ||

80. gêsang dumugi lampus | satrah kula nyantrika pukulun | Kramaleya ngandika inggih prayogi | sokur sagêd nêdha tuwuk | yèn kirang sampun prihatos ||

81. pukulun kula matur | duk kawula angambah wana gung | manggih wangke risak kados sampun lami | keblat mujur ngalèr lurus | sinjang kêlêngan wus mopol ||

82. ing nginggil jaja sinung | arta wukon mas kilap liripun | gih punika kadang kula tunggil kaki | anama pun Jayahantu | amirid risaking layon ||

83. tamtu lamun kapanduk | ing dêdamêl kang kalangkung ampuh | dhuh kiyai sintên ingkang amêjahi | sangêt ing pangungun ulun | Kramaleya ngandika lon ||

--- 6 : 11 ---

84. Marjintên yèn sira wruh | patakone adhi Sêtra iku | ingkang garwa umatur mangke rumiyin | dipun pal manawi kabul | kêrtu botên sagêd goroh ||

85. para siswa sadarum | gêr gumuyu èngêt wartanipun | alah warta ing samangke sampun yêkti | Marjintên ingalêm cucut | alus nyangkani lêlucon ||

86. pukulun kula matur | waton kêrtu kula pal ping têlu | wongsal-wangsul pêjah lêlantaran saking | tiyang kang budi rahayu | dene donyarta kang manggon ||

87. nèng jaja kajêngipun | bokmanawi para warising dur | angupaya kenginga kangge mragadi | adat watone wong lampus | makatên ujaring krêtos ||

88. Marjintên mugut catur | wus wêweka manawi kabanjur | tan wun badhe rumaos Sêtra Samsuri | kawêlèh wêwadosipun | sagotra larikan benggol ||

89. kasaru wontên tamu | wong wis wrêda thiklu ngumuripun | kirang langkung sangang dasa gangsal warsi | anama Ki Jayasêmbung | kasugihanipun onjo ||

90. sugih nak putu buyut | sampun boyo buyutên anggluruh | mudhun saking karêmun binayang dening | anak putu-putu mantu | Ki Kramaleya duk anon ||

91. sanadyan dèrèng têpung | ewadene gurawalan mêthuk | langkung ajrih manawi wontên wong kang lwih | ngumur sing sariranipun | rumakêt tumut ambopong ||

92. kumlawe astanipun | ingkang garwa wus waspadèng sêmu | lajêng mundhut kasur lit cukèn pêsagi [pêsa...]

--- 6 : 12 ---

[...gi] | endah kang talèmèk mungguh | wacucaling sima gembong ||

93. wau Ki Jayasêmbung | langkung rontig tyasnya kadya kantu | dhuh dhuh risang minulya ingkang sinêlir | dening Hyang Kang Maha Luhur | sampun rumagang ambopong ||

94. kawula amit sèwu | lajêng wuwuh ring para nak putu | mudhun bae tuntunên aku dahat jrih | wusnya mudhun Kyai Sêmbung | lumampah rumaos otot ||

95. saras kang boyo tungtum | ngungun ing tyas iki barkahipun | durung paja jinapan waluya jati | Ki Kramaleya umatur | sumăngga lajêng kemawon ||

96. ywa mawi rangu-rangu | lênggah ing kasur punika êmpuk | winangsulan ing ngriki mawon prayogi | anggèr sampun sangêt nuwun | Ki Sêmbung tinarik alon ||

97. pinaksa lajêng purun | sinambrama ingatur bagya yu | miwah sangkan paran kaparênging karsi | muwus Kyai Jayasêmbung | anggèr lamun kapanujon ||

98. rêntahing barkah kêsdu | kula nyuwun guna mantranipun | kang mrih botên pêjah wèta nyumêrêpi | mulyaning nak putu buyut | inghang[4] sami magrong-magrong ||

99. wawrate tiyang dhusun | mèh sadaya nak putu kulantuk | marmaning Hyang sagêd kasinungan sugih | datan ketang sakatêpu | wradin gadhah pangkat bêngkok ||

100. dilalah watêkipun | lir sabyantu bêkti ing wong sêpuh | rintên dalu tan kêndhat gêntosan tuwi | mring kula bêkta pisungsung | dhuh bingah têmên tyas ingong ||

101. kang nama suka nutug | lamun wontên ing satunggilipun [satunggi...]

--- 6 : 13 ---

[...lipun] | anak putu buyut kula gadhah kardi | têtakan sunatan mantu | mragad maesa gantung gong ||

102. kula pinêthuk tandhu | kinèn sêrêp dhumawahing parlu | bingah kados punapa ingkang pinanggih | wruh nglêmpaking anak putu | nèng pasamuan marabot ||

103. anjêlèh Jayasêmbung | sarwi ngrangkul dhuh anggèr guruku | saratana pun bapa ywa manggih pati | wasing tyas kula kalangkung | Kramaleya turira lon ||

104. rama paduka emut | tumibaning pêpati tan wurung | botên kenging katulak dening pakarti | manawi kawula matur | muruk mrih sèlèhing layon ||

105. sayêkti klintu tanduk | rama sampun yuwsa langkung sêpuh | Kramaleya kadakwa wong tuna budi | sêtun mung ngaturi pemut | mirit raosing srat waton ||

106. nglokro pangrangkulipun | anggèr kula sampun wruh ing sêmu | gèn jandika mawi pepetan palupi | liripun sampun kumênthus | lêrês lêpat ngangge waton ||

107. cobi andika wuwus | kula badhe tan sawalèng kayun | sampun malih gêgaran waton palupi | nadyan sakêcap tur klintu | wosipun kula pitados ||

108. Kramaleya andhêku | matur sokur manawi kalêbu | suraosing srat ingkang kula ajêngi | mangke sasuraosipun | dipun raosna kang yêktos ||

109. Kramaleya anguwuh | mring kang garwa hèh yayi dèn gupuh | kongkonana nimbali Kasan Banudin | rikat konên anggawa buk | Tajusêlatin [Tajusê...]

--- 6 : 14 ---

[...latin] wêwaton ||

110. pètên saparlunipun | yèn wus têkan Sang Sahriya Prabu | seda dhawah saking turăngga sang aji | daruna panarikipun | dutèng Hyang Malakhul Maot ||

111. Kasan Banudin gupuh | ambikak buk jujugan wus pangguh | nadyan santri lêbda dhatêng sêkar Kawi | sêkar macapat saya tul | nênggih jujuging pamaos ||

2. Pangkur

1. pikir Bukhari wêwarta | saking kitab pan Talbiyul Apalin | tanah Ajam ana ratu | aran Raja Sahriya | langkung dening gagah prakosa dibya nung | angrèh para raja-raja | tanpa lawan ing ajurit ||

2. Sri Maha Prabu Sahriya | sugih wadya agung karatonnèki | langkung dènira kumlungkung | asih karêm ing donya | pira-pira bulu bêkti ingkang rawuh | bêktine Prabu Sahriya | nanging pêpeka ing batin ||

3. dènnya ngrèh ing para raja | supe marang sama-samèng dumadi | dènnya gung karatonipun | nuju sawiji dina | Sang Aprabu Sahriya ngundhangi sagung | wadyabala wahananya | mring jawi kitha abaris ||

4. undhang samya pêpaèsa | nganggo-anggo kapraboning ajurit | kêkirab arsa andulu | untabing wadyabala | jalu èstri sagung punggawa gung-agung | untabe tanpa wilangan | kawula bala ngandêli ||

5. têdhak Sang Prabu Sahriya [Sahri...]

--- 6 : 15 ---

[...ya] | tan petungan kadya robing jêladri | atata kang baris agung | jêjêl ing ara-ara | busanane wadya lir arga katunu | praptane Prabu Sahriya | suka tyas mulat ing dasih ||

6. kanan kering wuri ngarsa | sarta ingkang busananing wadya sri | gêgaman sajuru-juru | wau Prabu Sahriya | ginarêbêg ing punggawa agung-agung | sang nata munggèng turăngga | anggung mawang gunging baris ||

7. ngandika marang punggawa | ngêndi ana para ratu nimbangi | gêdhene karaton ingsun | lan gunging wadyaningwang | sapa wani angalap karaton ingsun | ing samêngko sapa năngga | boboting prang lawan mami ||

8. sang prabu arsa tumêdhak | mring têtarub ingayap pra dipati | ana pêkir miskin rawuh | busana têtambalan | kulu-kulu ngaluwus ulate sêbut | praptane nguluki salam | nanging nora dèn sauri ||

9. nyandhak kêndhalining kuda | pan angandhêg lampahe sang narpati | punggawa cingak andalu[5] | kere ngêndi marganya | ala têmên batur kang baris puniku | wong mêngkono kongsi prapta | ing ngarsane sri bupati ||

10. dene nora dèn bêbayang | iku akèh prawira para mantri | kang nindhihi baris ingsun | lah iya pijêr apa | sri narendra langkung duka sarwi muwus | hèh si druwis tanpa ngrasa | wani parêk lawan mami ||

11. lah ta apa karyanira | ponang druwis alon dènnya nauri | sarwi nyandhak baunipun | tinêlungkên sang nata | binisikan [binisika...]

--- 6 : 16 ---

[...n] angsung warta karyaningsun | Malakhul Maot pan ingwang | amundhut nyawanirèki ||

12. dupi myarsa sri narendra | pan gumêtêr dharodhog matur aris | yèn kenging amba umatur | mangke yèn mantuk ingwang | mring kadhaton sakarsanira ing ngriku | kawula arsa mêmêkas | maring anak amba èstri ||

13. kalawan arsa nênêdha | inggih marang saguning bala mami | kang wontên sak manahipun | margi saking kawula | pan kongsia nênêdha apuranipun | Malakhul Maot angucap | hèh tan kêna kosambati ||

14. ing mêngko iki kewala | pijêr apa sira duk wingi uni | liwat saking kumprung pêngung | cubluk datanpa nalar | apa lagi eling salawas-lawasmu | katungkul olèh wibawa | lali lamun ana pati ||

15. wus tinarik nulya tiba | saking kuda sang prabu wus ngêmasi | gègèr otêr sawadya gung | mulat ratune pêjah | bilulungan swaraning tangis gumuruh | tambuh-tambuh solahira | baris bubrah anglut tangis ||

3. Gambuh

1. kèndêl pamaosipun | Ki Banudin umatur pukulun | punapa ta tamat samantên nyêkapi | Kramaleya ngling wus cukup | kanggo piridan pandangon ||

2. dhuh rama Kyai Sêmbung | suraosing srat punika wau | kadipundi gènnya suminggah ing pati | ingkang panjênêngan ratu | seda tan kenging sêmados ||

3. nuju pasamuan gung | langkung wirang kawêlèh sang prabu | sawêg kèndêl kemawon sabda narpati |

--- 6 : 17 ---

sêsongar sugih wadya gung | tan nyana têmahan layon ||

4. datan pantara dangu | karatone Sang Sahriya Prabu | dipun alap marang pêkir liyan nagri | rama kaparênga muwus | pêpati têmtu kalakon ||

5. galihên kang ajujur | minggah mudhun tumênga tumungkul | kawibawan jandika dèrèng ngèmpêri | lawan Sang Sahriya Prabu | pan sawêg limrah kemawon ||

6. kalamun wus tinêmu | pêpuntoning tyas ingkang saèstu | botên owêl nilar kamulyaning urip | eklas marang anak putu | sumăngga paduka raos ||

7. suka Ki Jayasêmbung | sambat ngadhuh anggèr sang mangimpun | sampun têrang aurip puwara lalis | margane pun bapa bingung | kirang saringan cariyos ||

8. Ki Kramaleya langkung | karênèng tyas de Ki Jayasêmbung | katon sampun kawêngan eklasing pati | măngga dhatêng panti pungkur | ring candhi pamujan ingong ||

9. ing sakalihanipun | wus umanjing mring candhi sarwa rum | rinarêngga linalangse-langse putih | sêsaji ajêgan tamtu | ing rintên dalu mirantos ||

10. Ki Kramaleya matur | lah punika sêkar malathi rum | namanipun gêgobahan surèng pati | sura wani pati lampus | lirnya kang karya pasêmon ||

11. duk kina-kinanipun | sabên mangsah rananggana tamtu | botên pisah sumping sêkar surèng pati | têgêse minăngka pemut | wania praptaning layon ||

12. lan malih parlunipun | sintên ingkang kapêtêngan kalbu | lamun nyêpi mring pamêlêngan sêmèdi [sêmè...]

--- 6 : 18 ---

[...di] | ugi ngangge surèng lampus | raosnya sami kemawon ||

13. kagêma sumping gupuh | wus tinampèn kang surèng pati rum | Kyai Sêmbung tinuntun kinèn udani | tirta kang wontên jro sumur | we maya wayangan katon ||

14. nulya Ki Jayasêmbung | kineblatkên satataning lampus | binisikan rama sampun kongsi pangling | dèn emut santosèng kalbu | ywa kèlu kandhêg samono ||

15. ingkang katonton iku | sajatine mung angarubiru | kang pitados kumandêl angga pribadi | punika marga satuhu | mulih rasaning Hyang Manon ||

16. Ki Sêmbung wiwit ngangsur | sawatawis sarèh saya luluh | mak lês lêpas Ki Sêmbung wus sawang mayit | kayêktèn ing pêcatipun | katon kotamaning layon ||

17. datan pantara dangu | Kramaleya ngling dhuh rama sampun | katrêm wontên ing ngriku jêr dèrèng takdir | sigra tangi Jayasêmbung | Kramaleya matur alon ||

18. duk wau rama sampun | manjing dhatêng akirat samênut | gih punika raos patitising pati | sukèng tyas Ki Jayasêmbung | anggèr guru kula yêktos ||

19. anêmbe punika wruh | raosipun pêpancadan lampus | têmah manjing dhatêng jroning sonyaruri | nikmat tanpa arubiru | anêngsêmakên tyas ingong ||

20. wêcakna kang satuhu | benjing punapa gèn kula lampus | rasèng pêjah anggèr angênyam-ênyami | rama sing panawang ulun | surud paduka kalakon ||

21. benjing ri Buda [Bu...]

--- 6 : 19 ---

[...da] Madu | tanggal kaping kalih dasa catur | ugi jroning wulan punika manawi | pinetang praptaning lampus | mung kirang sapêkên siyos ||

22. angguguk Kyai Sêmbung | ngantawisi sruning suka sokur | lajêng wangsul dhatêng pandhapa nulya mit | Kramaleya tur pudyayu | nguntabkên dumugi regol ||

23. ing dalu tan winuwus | wus sapêkên saking ari wau | Kramaleya sampun katuran pawarti | tètèsing pamêcanipun | Ki Sêmbung saèstu layon ||

24. duk arsa mancad lampus | tilar wêling sagunging nak putu | kinèn sami ngèdhêpa Cêpaka Kyai | lan malih wasiyatipun | satunggal awarni waos ||

25. katura kangge pemut | susêtyaning siswa marang guru | sasampuning katampèn Cêpaka Kyai | sinung ran ponang pisungsung | Kyai Titipati waos ||

26. mangsuli kang cinatur | Kyai Sêtra dènnya namar laku | botên kêndhat ing siyang kalawan ratri | ngaliyêg kêrêp martamu | supêkêt tan kirang kawong ||

27. lan para siswa sagung | gêgulêtan tanpa saru siku | gung sinuba-suba winantu mêmanis | kenakên kapranan têmbung | Ki Sêtra dèrèng rumaos ||

28. linobong ambêk sadu | pangakuning tyas sapa ingkang wruh | iki pola lakune akal prêmati | padha katambuhan sêmu | wong Cêpaka têsmak bathok ||

29. Ki Sêtra dangunipun | nèng Cêpaka wus samadya tèngsu | laku dening prêmanêm saobah osik- | ira wong Cêpaka sagung [sa...]

--- 6 : 20 ---

[...gung] | nujwari kang kacariyos ||

30. tiyang badhe mardhukun | karan anak nama Bok Rabingu | răndha sugih saking dhusun Wanacangkring | karuna darunanipun | dera mêntas dipun koyok ||

31. kang ical binêktèng dur | lêmbu jalêr satunggal lan dhuwung | têtilaran saking semahipun nguni | ginadhang-gadhang tumurun | mring suta kang dèn jong-ênjong ||

32. dènnya sruning margiyuh | mujung wontên ing payon manêkung | antuk wangsit icaling lêmbu lan kêris | ana ing Cêpaka wutuh | samalinge anèng kono ||

33. sukèng tyas Bok Rabingu | enjing lajêng mring Cêpaka dhusun | sampun panggih lan Kramaleya Kiyai | umatur kawula nuwun | praptamba ingkang dumrojog ||

34. ulun nyuwun pituduh | wontên pundi ênggèn prênahipun | lêmbu kula lan kris kang pinèt ing maling | dangu ing pangubrês ulun | sapriki dèrèng kapanggoh ||

35. dhuh kyai kang misuwur | angrêntahna pitêdah salugu | Kramaleya kèndêl sapandurat êning | sajroning ning isi kawruh | lir sawantah katon mêlok ||

36. Kramaleya lingnya rum | hèh Rabingu dadia wêruhmu | bangêt karya pangunguning tyas sun awit | riwayat kang ingsun rungu | darbèkmu kang durung panggoh ||

37. dalah samalingipun | ana sajroning Cêpaka wutuh | baya iki cobaning Hyang Maha Suci | têgêse lêlakon iku | tan wurung sun katiban dhong ||

38. ngêmuli wong laku dur | ywa sumêlang tyasira Rabingu | ra-orane [ra-o...]

--- 6 : 21 ---

[...rane] bab iku ingsun selaki | apa cirine sapimu | krise wuda apa mrabot ||

39. sorah adhapur tangguh | Bok Rabingu matur cirinipun | sungu dhamplak angulèt majêng sakêdhik | wulu abrit sulak klawu | tracak ngajêng wingking blangkok ||

40. kang buntut panjang bangcuk | jalêr wanci ngajêngakên bêdhug | dêdhapuring dhuwung kula tilam upih | mupakat puruging tangguh | mring Pajajaran karaton ||

41. warăngka ladrang capu | kang jêjêran gada gadhing sêlut | mas oreyan rineka tiganing mimi | malêtuk salong wus ruru | kandêlan mas sêpuh bunton ||

42. ing bontos sampun gugus | de ponang dur wikana wongipun | duk lumêbêt mring panti mawi mêmangling | ing rai raupan angus | clonehan pating balêntong ||

43. sidhakêp Bok Rabingu | sampun layak sakyèhning wong lulut | kula matur prasaja inggih kiyai | pamêthèk paduka jumbuh | lan wangsit jroning prihatos ||

44. dhuh kyai botên langkung | darbèk kula wau kula suwun | mêdal saking pangwasa paduka kyai | sartamba sru kumacèlu | sumêrêp dhapuring kang wong ||

45. tyas kula langkung bêndu | dak nang sangêt gènnyambêk ru-biru | mèh kemawon kula badhe dèn pêjahi | dhuh kyai paringa wêruh | cakrikipun ingkang ngoyok ||

46. drês luhnya Bok Rabingu | matur malih manawi pukulun | angumpêtkên siswa jandika kang juti | têtela ing ngriki kêdhung | plendhunganing tiyang

--- 6 : 22 ---

awon ||

47. pra siswa sarêng cluluk | alok-alok lah cêkêlên gupuh | tan wun Sêtra Samsuri kang jêjêmbêri | talènana aywa rikuh | pra siswèng wuri tan diyon ||

48. ngadêg nyat saprêng cancut | Kramaleya angandika asru | dèn sarănta katitipariksa dhingin | aja sandeya sadarum | ala bêcik wus katonton ||

49. pikirên ya Rabingu | sira aja kaliru panêmu | prayogane kudu diuruske dhingin | apa tăndha yêktinipun | yèn sira têmên kinoyok ||

50. umajêng Bok Rabingu | kula purun kasumpah ping pitu | têmênipun yèn kula kalêbon juti | punika byawaranipun | sing bêkêl ingkang kuwaos ||

51. niti têntrêming dhusun | Wanacangkring sakukubanipun | de manawi pukulun andangu saksi | bok inggih mundhuta satus | kados botên pating clêmong ||

52. sêrat byawara katur | kang suraos kabêkêlan sêpuh | Wanacangkring anêmênakên manawi | Bok Rabingu dipun kècu | kang ical sadaya kamot ||

53. kapratelakkên jumbuh | lan aturnya Rabingu ing wau | Kramaleya ngling tan susah takon saksi | upataa bae cukup | Rabingu matur sayêktos ||

54. yêktos kula kinècu | darbèk kula ingkang binêktèng dur | kados atur kula ing wau tan salin | yèn ngantosa matur umuk | nyuda mêwahi cariyos ||

55. cupêta umur ulun | cilakaa satrah [sa...]

--- 6 : 23 ---

[...trah] kula muput | lamun têmên botên ilat molah-malih | saliring upata ulun | mung dadosa sêkar konyoh ||

56. kèndêl upata kabul | sanalika mêsês wontên lesus | mawalikan mulêg angêmar-êmari | sumiyut swara gumêbrug | dening witing wuni gêng sol ||

57. kèngsêr sapancêripun | lir kasingsal saking sruning lesus | lajêng sarèh tariking hyang bayu aris | ngêrês ing pandhapa pênuh | kalêbon lêbu lawan ron ||

58. Kramaleya lingnya rum | bêgja têmên sira Bok Rabingu | upatanta bawana kang anêksèni | apa salawas-lawasmu | tapa angêkêr supaos ||

59. inggih têmên pukulun | amung nulat gotèke pra sêpuh | pêpacuhe angècèr utapa[6] sirik | yèn matuh têmahanipun | sintên kang badhe pitados ||

60. insa Allah Rabingu | bokmanawa sêdyamu tan wurung | Gusti Allah ingkang bakal nêmbadani | mrina katêmênanamu | suwe glis pasthi kalakon ||

61. hèh adhi Tambangkalbu | niki nalar gêgolongan parlu | yogyanipun sampeyan kang anyêpuhi | lamun tilar akal alus | tan wun Sêtra Samsuri los ||

62. ywa ngantos grusa-grusu | ingkang sarèh pangrèhira linut | têmbung srowol kang sêmu sawantah manis | kang tan kanyanan witipun | sarat mawia pangonggrong ||

63. panggugah tyas kumlungkung | manawi wus kakênan pangungrum | adat lajêng prasaja anggêlar wadi | kang saru-saru [sa...]

--- 6 : 24 ---

[...ru-saru] kawêtu | wutah tan prayitnèng batos ||

64. Tambangprana umatur | dhuh karoncèn kêkathahên laku | cêkap lajêng tinangsulan jêr wus yêkti | kacihna pangocèhipun | nalika nêmbe dhatêng dhog ||

65. kathah tiyang ingkang wruh | kêsabarên karsanta pukulun | namanipun angrêmbênakên prakawis | siswanta sadaya kusut | Kramaleya ngandika lon ||

66. si adhi klintu surup | duk Samsuri walèh jatining dur | bab punika nyataning prakara batin | yèn dora sintên katêmpuh | waton kawruh gugon tuhon ||

67. pan dèrèng bisa rampung | kangge mancas udur babagan dur | lamun dèrèng sah saking patang prakawis | saksi sumpah srat pangaku | duga-duga dadi prabot ||

68. cihna kang langkung parlu | kinarya wit aluraning urus | yèn tilara saking iku salah siji | mayat tumibaning kukum | misesa têmahan awon ||

69. nadyan wus waton iku | lamun tumrap ing kula kang tamtu | inggih namung kèndêl samantên nyêkapi | jangji wruh bênêr lan luput | botên kuwasa ngukum wong ||

70. sesa-sesa Rabingu | kang katunan sarta srik tyasipun | dipun jura yêkti botên durakani | bobot timbang Bok Rabingu | kula muhung măngsa borong ||

71. Ki Tambangprana mundur | laju jujug mring pondhokan pangguh | lawan Kyai Sêtra Samsuri watawis | ginêm sasakecanipun | tanduking rêmbug panyongklok ||

72. juwèh juwêting umuk [umu...]

--- 6 : 25 ---

[...k] | pamilutannya luwês tur alus | tan kanyanan kakênan Sêtya Samsuri | sambèn anyanyêmbèt ngèlmu | ingkang paraning suraos ||

73. mring clêmêt têmahipun | Ki Samsuri ungasing tyas konus | kumalungkung ngaku ngungkuli sasami | wiwit ngantawisi wuru | karoban basa pangonggrong ||

74. ngandhar kandhane muluk | las-ulase kabandholanipun | mung dèn angge nalika taksih birai | basa wus andungkap sêpuh | amêdhot kadho tan paldhot ||

75. salin ingkang ginilut | ngèlmi sêpuh sampurnaning lampus | nalatèni sinau tètèring pati | Tambangprana manthuk-manthuk | mathuk pi-api ambodho ||

76. adhi Sêtra sirèku | ewon blatèr jêmbar sugih kawruh | awis tiyang kang kados andika adhi | putus mring ambengkas nambung | brukut thak-thuke amaton ||

77. Ki Sêtra mèsêm muwus | sarwi bubut-bubut jenggotipun | inggih kakang nging cuwa kula sakêdhik | atur kula kalawau | sanadyan sampun ambontos ||

78. adrênging tyas kulèstu | saupami babaraning dhuwung | dèrèng angsal sêpuhan ingkang prayogi | mila kula ngayun-ayun | rêntahing sih kang kinaot ||

79. sampun watawis dangu | dèrèng wontên dhawuh kang tinamtu | anggènipun badhe kaparêng amirit | dhuh-dhuh kakang botên langkung | kula canthèl atur notol ||

80. Ki Tambangprana tutur | ywa sandeya bab punika tamtu | kala [ka...]

--- 6 : 26 ---

[...la] wau kiyai sampun ngraosi | adhi tumuntên kawuruk | nanging kirang abon-abon ||

81. raosan kang kawêtu | sarat mawi tindhih warni dhuwung | lèjêmipun kiyai gadhah kapengin | dhuwung kang jandika lambung | yèn pun adhi kapanujon ||

82. eklasing manah têrus | kacaosna minăngka pisungsung | kangge notol mrih tumuntên rêntahing sih | Ki Sêtra suka angguguk | kakang măngga măngsa borong ||

83. dhuwung tinampèn sampun | Kyai Tambangprana malih muwus | lêmbonipun pisan katurna prayogi | inggih dalah sawosipun | Sêtra Samsuri lingnya lon ||

84. sumăngga sarêng katur | atur kula kang mawantu-wantu | sampun ngantos lami gèn amba ngêntosi | badhe dhumawahing parlu | pamiritnya sang kinaot ||

85. Ki Tambangprana wangsul | mring ngajêngan saliring tur-atur | sampun katur marang Kramaleya Kyai | Rabingu titikên iku | titinên aja salah ton ||

86. darbèkmu apa dudu | Bok Rabingu sukèng tyas kalangkung | inggih sampun punika kula tan pangling | nadyan wrangkanipun rêmuk | rêmêgnya sawêg kemawon ||

87. kapangan capunipun | dèrèng santun wangunan rumuhun | dhuh kiyai pandungipun wontên pundi | kula sêlak kapengin wruh | tyas kawula langkung ngontor ||

88. hèh adhi Tambangkalbu | dika undang Si Samsuri gupuh | kairita poma botên kenging pamit | sokur lamun linus purun |

--- 6 : 27 ---

yèn tan sinênggara among ||

89. enggaling carita wus | Ki Samsuri tan sawalèng kayun | lajêng kerit parêk ing ngarsa sinung ling | andika walèh salugu | adhi sampun karya bodho ||

90. adhi kula sampun wruh | witing wuwus ingkang manis arum | iku amung kangge pêpasrèning lathi | yêktining kalêthêkipun | pun adhi ngandhut wêwados ||

91. suraos ngarubiru | ngangkah marang karisakanipun | ing Cêpaka sirna sawonge ywa kari | dhuh sumêrêpa riningsun | kula amung măngsa borong ||

92. ingkang gumêlar sagung | mulya papa kapupu Hyang Agung | linantaran sing pakartining sasami | tuwin kang tumuwuhipun | saking kalakuan awon ||

93. angumbar hawa napsu | ingkang tanpa papan mêmpanipun | lah lajêngna wong Cêpaka dadi klilip | kilap kalêpatanipun | kang kula dèrèng mangrêtos ||

94. sorahna sampun rikuh | Ki Samsuri kapilêng angungun | andalongop linguke wus mracihnani | laku culika kalêbu | lobongan kang wus waspaos ||

95. osiking wong laku dur | andêrkukul Ki Samsuri matur | dhuh kiyai kawula darmi nglampahi | pakènipun kadang sêpuh | Căndra Prakêmpa sêsinglon ||

96. Ki Yatil nama lugu | lawan kakang Gajah Ngoling Pêthut | nênggih Ngabdul Kalam kalamun anyantri | dhuh kiyai watonipun | paring ngapura maringong ||

97. kawula inggih purun | matur walèh liring purwanipun | bilih botên badhe angsal pangaksami | punapa paedahipun [pa...]

--- 6 : 28 ---

[...edahipun] | tiwas mijilkên wêwados ||

4. Mijil

1. Kramaleya ngrangkul sarwi angling | babo mitraningong | gèn ta lamis salami-lamine | botên dados sak kula sakêdhik | wus tinamtu adhi | kula suka maklum ||

2. kang trusing tyas tanpa sănggarunggi | ngong wêngku kemawon | linulusna adhi sutrêsnane | ingkang timbang boboting liru sih | mung manawi adhi | kalêpatanipun ||

3. tumrap sanès pun kakang datan wrin | jêr dede wêwêngkon | kadospundi adhi ing purwane | pitêdahing kadang kang mrih juti | niti saisining | Cêpaka sawêgung ||

4. Ki Samsuri aturira ririh | turuting cariyos | purwa madya praptèng wêkasane | langkung titi tan wontên winadi | dalah sapaduning | paripaksa katur ||

5. gènnya dahat balela durniti | mèh campuh binut ro | gih punika pukulun purwane | kadêrênging kadang andêrpati | tilar yitnèng budi | adrêng isin mundur ||

6. dhuh pukulun rèh ngong wus kalair | jatining wêwados | têgêsipun tanpa barang-bèrèng | ingkang raos-rumaos sampun nir | kang makatên kyai | saking tyas sêtyèstu ||

7. kumacèlu kaakêna murid | winirid kang mrih wroh | umanjing ing pati patitise | mulih marang rasaning Hyang Widhi | kumêcêring ati | lir nyidham cêmpaluk ||

8. benjang lamun pra kadang ngong sami | saèstu mrih rêmpon | kula sanggêm nanggulang yudane | nadyan kadang wrêda langkung sêkti | nging

--- 6 : 29 ---

kula wus uning | pangapêsanipun ||

9. sambekalanipun langkung gampil | manawi kasompok | gèn kawula angabên kasêktèn | kula sagêd minihi prakawis | botên sande sami | kendhang sida gundhul ||

10. dhasar wêkdal punika nyarêngi | nêmbe dipun domdom | dening para patuh ingkang mangrèh | wit karoban kobraning pawarti | tuking lampah juti | Jatingarang dhusun ||

11. nanging dèrèng sagêd angsal titik | cihnaning lêlakon | langkung brukut ing sambang rapête | têtapihe nglampahi agami | wêwaton jêng nabi | sayidina rasul ||

12. kêcap mangap waton kitab inggil | ing tyas kang winados | ngrisak kukum têtêp wong munapèk | lair Islam tekadipun kapir | tamtu gêmpur benjing | crah lawan sadulur ||

13. winangsulan mitran baboting sih | sampeyan maring ngong | ingkang tanpa upami agênge | têmah kolu mring kadang wrêda dwi | tăndha susêtyaning | tyas mangungsêt kawruh ||

14. lêga têmên rasaning tyas mami | rumaos cumêplong | kalêpatan jandika èstune | lêbur dening wuwus ta pribadi | dèn sarănta adhi | manawi lêstantun ||

15. botên wontên ing sakawis-kawis | tamtu yèn kalakon | wêwêjangan punika wajibe | angêntosi kalamăngsa sêpi | parlu kêdah milih | dintên kang rahayu ||

16. dèrèng dugi dènirandon angling | mangsuli cariyos | Bok Rabingu kang nyalingkuh manggèn | nèng wurining parèstri andhêlik [andhêli...]

--- 6 : 30 ---

[...k] | andhêpès pinipit | rapêt tan kadulu ||

17. ngraosakên rasaning paniti | tyas sawêg pitados | Bok Rabingu pangunadakane[7] | dadi dudu gêgolongan murid | têmên iku maling | lagi nyamar laku ||

18. tan darana kasuranya tangi | andêngongok kêrot | mangar-mangar kumêdut lambene | miyak rowang tanpa walangati | nyêlaki Samsuri | ngaping kalih atur ||

19. kadya ingkang wus kawuwus ngarsi | Samsuri angoplok | tan panon rat lir pêcat pucête | kumyus ingkang swanita waradin | saranduning dhiri | karaos anjêkut ||

20. Kramaleya angandika aris | salaring bon-abon | dipun akên Rabingu kang darbe | adhi sampun api mitambuhi | angêkahi kikip | tan wande kapikut ||

21. langkung tètèh Rabingu pratitis | têtêging cariyos | sampun dados tăndha kayêktène | wêwah mawi kêkuwatan idi | sing kang mangrèh maring | ing piyambakipun ||

22. dakwanipun botên madal sumbi | ta sampun dèn cêplos | balakaa kewala tur sae | adat antuk apurèng Hyang Widi | anglêg Ki Samsuri | lêmês saya luluh ||

23. japa măntra guna lan piranti | kukut tanpa dados | wit kataman daya prabawane | Kramaleya kang srêngnya wor manis | Rabingu tumuding | têmên iku kècu ||

24. sarêng kula tamatkên tan pangling | kang dêdêg mathekol | ikul-ikul gih niki tiyange | biyèn mawi

--- 6 : 31 ---

clonehan mêmangling | gih punika kyai | lugase wongipun ||

25. Kramaleya angandika malih | ywa ngasokkên mringngong | lamun adhi kumêdah ambanthèng | punapa ta badhe nyumêrêpi | kakêning tyas mami | kang tilar pangêlus ||

26. alot dènnya sumaur Samsuri | pinêksa ambêngok | dhuh racutên kyai dêdukane | bab punika kawula akêni | têmên ngong ngrêsahi | dhatêng Bok Rabingu ||

27. ingkang kula pêndhêt duk ing nguni | tan liyan warni ro | lêmbu jalêr lan kris saprabote | liyanipun kawula tan uning | wujudipun taksih | gih kang katur wau ||

28. kawangsulna kewala kiyai | kula sampun kapok | karukuna ingkang mrih udhare | sampun ngantos kanjingkên prakawis | tan kewran kiyai | karya abang biru ||

29. gêsangana pun patik kang mati | dening tyas kasompok | tan wêntala ginulêt mothahe | semah lawan pamularing siwi | mèh pêjah wit saking | kirang têdhanipun ||

30. awrat-awrat kawula lampahi | sakala kaledhon | dhatêng pikir kang kêdah sumendhe | ing Hyang Widi kasidaning budi | kasupèn manawi | kawêngku ing kukum ||

31. duk miyarsa Kramaleya Kyai | wêluning pasêmon | katon lêjar lon pangandikane | dhuh sapintên sukaning tyas mami | nging kuciwa adhi | pun kakang pakewuh ||

32. botên sagêd angupados budi | wuk utawi siyos | bobot timbang Rabingu kang darbe | dipun jura ingkang kadospundi [kadospu...]

--- 6 : 32 ---

[...ndi] | yèn angsal aksami | bêgjanta kang mujur ||

33. Bok Rabingu sru dènnya nambungi | dêrênging tyas ingong | amung nyuwun mênggahing lêrêse | kadospundi adil ta kiyai | kula badhe uning | dhumawahing kukum ||

34. wong makatên talutuhing bumi | sirnakna dèn gupoh | parêng botên parênga samangke | kang dadak kaukum kang nimbangi | lan sriking tyas mami | jarêm dèrèng lipur ||

35. ngantos maras raosing tyas mami | sabên mirêng bêngok | lajêng dhêg pyur tan sagêd sêmèlèh | botên liya kang pangraos naming | atis jinja kanji | gèk si kècu nêmpuh ||

36. siyang ratri tansah mêrêm mêlik | tontonên si benggol | wèh risaking manah ngantos kèthèr | mring pakaryan pangupayèng asil | winangsulan manis | hèh wruha Rabingu ||

37. rèh sun iki mung pangungsèn wangsit | tan wênang ngukum wong | luwih dosa yèn mêngku bab kuwe | lamun sira adrêng minta adil | pratelaa maring | kang mangrèh praja gung ||

38. iku ingkang kuwasa ngadili | saliring rêrusoh | nora luwih darbèkira kiye | tampanana sah ingsun datan wrin | ri wusnya tinampi | lêmbu lan krisipun ||

39. Bok Rabingu ciptanya wor tangis | wus adating wadon | kurang mular nalare agêmbèng | yèn kabangan mung nut drênging ati | luwung barêng mati | watake Rabingu ||

40. nora susah nganggo odal-adil | jêr wus cêtha gêntho | Bok Rabingu anarik kris sêdhèt [sê...]

--- 6 : 33 ---

[...dhèt] | anjrit sarwi ngadêg anglarihi | mring Sêtra Samsuri | cêkog rah sumêmbur ||

41. kacêp gănja jaja trus ing gigir | gêblag sambat layon | pining kalih brak coblos lêmpènge | dêrêsing rah dalêdêg tan srênti | sêkarat Samsuri | pêcat tanpa sêbut ||

42. Bok Rabingu solahnya lir yaksi | wuru rahing sato | dèrèng marêm wruh risaking wangke | pining kalih kongsi rontang-ranting | mêksa dèn lolohi | tèlêp kacêp sêlut ||

43. wola-wali linolohan kêris | hèh sambata gêntho | nora talah wong kang kaya kowe | murka angkara ngrêgêdi bumi | hèh si tukang lamis | gatrani tutukmu ||

44. ajur dening wisesaku mangkin | tambane wong ngoyok | nora kapok yèn durung mangkene | kawuwusa kang sami udani | mar maras anjêrit | tutup muka brukut ||

45. wontên ingkang sênêp lajêng mulih | tan wantala anon | wontên ingkang kalêmpêr angênggèn | kang sawênèh anguwuh wis-uwis | iku wus ngêmasi | elinga Rabingu ||

46. gênging ukum iku amung pati | sarungna dèn gupoh | mayit nora wênang dèn cèh-êcèh | pangucaping siswa kang sumêngit | lah lêga tyas mami | tutugna Rabingu ||

47. dimèn saya ajur rontang-ranting | panarimaningong | marang sira praptèng akir têmbe | aywa sirna prasasat sirèki | mayu rahayuning | wong Cêpaka sagung ||

48. dhuh Rabingu ingkang saupami [saupa...]

--- 6 : 34 ---

[...mi] | sira tan mangkono | Si Samsuri lêstari lamise | yèn kalenan wong kone bilai | wit kalêbon eblis | tan wurung kalimput ||

49. wontên ingkang lumajêng murugi | pinambêngan diyon | ajêng napa pun adhi karsane | winangsulan kula badhe ngrapih | Rabingu ywa kongsi | angêjur wong lampus ||

50. adhi botên parlu anyêlaki | kasawang kemawon | wong makatên punika pindhane | latu murub ingkang wus andadi | asring malêtiki | gampil mêmpanipun ||

51. warna-warna solahnya kang uning | kèh-akèhing uwong | ingkang kaduk kandêl pangidhêpe | marang gugon tuhon angrasani | krodhaning pawèstri | kang kadya Rabingu ||

52. baya dudu karêpe pribadi | kaya na kang akon | bokmanawa iku kiyaine | kang manukma anyilih ling-aling | lantaran cêngkiling | yèn dukaa kusut ||

53. tan wilangan janma kang ningali | wagugên praptèng don | kawuwusa pra kuli rowange | Kyai Sêtra Samsuri kang lalis | tiga pisan sami | ngadêg narik dhuwung ||

54. amung nêdya umangsah pêpulih | wêlas myat ing layon | suka lila luluh anunggil gèn | Bok Rabingu jinangkah ngendhani | trangginas pra murid | Rabingu kinêpung ||

55. nguwuh sarwi sarêngan narik kris | hèh warganing gêntho | yèn sirarsa murina lenane | Si Samsuri kang wus rontang-ranting | ngalamat sirèki | mati salin mungsuh ||

56. kuli tiga duk wruh kèhing kêris [kêri...]

--- 6 : 35 ---

[...s] | angrangap dèn othong | nyipta mati karoban mungsuh kèh | têmah sirêp kasuranya atis | katga garègèli | andheprok rawat luh ||

57. magêp-magêp turira malatsih | dhuh para winongwong | sakêclapan tyas kula kasupèn | èngêt-èngêt wit alit dèn sihi | sarêng nyumêrêpi | ing antakanipun ||

58. kasangsara prasasat dèn jingjing | mung ketang kang layon | gawang-gawang duk taksih jênate | kêrêp nyêkap kabêtahan mami | marmamba narik kris | punika witipun ||

59. adrênging tyas anêdya malês sih | ngantos botên ngrêtos | lamun pêjah ingkang jalarane | saking maha gènnya ambêk juti | datan ngong wancèni | jêr pacanganipun ||

60. juti mati tatu rontang-ranting | wus mantuk kemawon | mandar sampun dumugi sêdyane | tekad ingkang linampahan naming | angècu mêmaling | ngancam-ancam campuh ||

61. botên langkung ngong minta aksami | samangke rumaos | anglampahi ingkang tindak dede | kaduk sura bramantya mèh lali | sarikma rinujit | tan nyipta makewuh ||

62. sampun kula eklaskên Samsuri | cuthêl tan rinaos | Kramaleya lon pangandikane | hèh hèh sagung para siswa mami | iku kuli bêcik | nêpsu kanthi emut ||

63. sira aywa padha ngrumangsani | kèringan dening wong | wruhanamu kakang yèku anggèr | pancèn kuli rada ahli pikir | wruh beda-bedaning | mungsuh lawan dudu ||

64. nadyan nêdya nglabuhi kang lalis [la...]

--- 6 : 36 ---

[...lis] | lênging tyas kang katon | mung Rabingu tan tumrap liyane | kuli iku pantês dèn lêluri | awas marang witing | sabab kang pinadu ||

65. sigra piyak pra siswa alinggih | nyarungkên krisnya lon | Bok Rabingu kacêlakan age | lawan para pawèstri angrapih | kinèn arêrêsik | rèh sakojur marus ||

66. lajêng kerid marang ing botrawi | mangsuli cariyos | Kramaleya mring siswa wuwuse | wêlasana si adhi Samsuri | karyanên utami | aywa kongsi saru ||

67. wus dilalah karsaning Hyang Widi | kèdhêpe kang akon | para siswa jalu èstri kabèh | tanpa taha tahan anandangi | padataning mayit | Samsuri kinukub ||

68. sasampuning sinucèn Samsuri | enggaling cariyos | manjing karndha binusanan sae | rinajut blêg roncenan malathi | cêplok argulo brit | sêling bukèt mênur ||

69. ruming sêkar wor ratus binasmi | andulêg tan pêdhot | amrik kongas dumugi liyan gèn | duk samana purnaning karndha sri | wanci rêping rawi | ing ratri winuwus ||

70. para siswa kang sami ngêlèki | pakêmpalan ngaos | tigang dasa jus binage-bage | ujubing tyas nyurtanah Samsuri | dumugi ing benjing | sèwu dintênipun ||

71. datan pae ing griya pawingking | para santri wadon | eklasing tyas wong Cêpaka kabèh | rukun dhatêng bêbudèn utami | tan măntra manawi | kunarpaning satru ||

72. datan wontên kang ngliyêp sakêdhik | pangrêksaning layon | langkung

--- 6 : 37 ---

dening pangaji-ajine | ing samêndhang têbih marang liring | kang tumuwuh saking | bèrbudi panglulu ||

73. ing sadalu muput para kuli | rowange kang layon | mèpèt wontên ing karndha ngrês luhe | saking sruning kacaryan ningali | kaanan saratri | tansah karya trênyuh ||

74. ucaping tyas kadya amêtiki | sung pèngêt kang layon | dhuh kiyai wruha utamane | Kramaleya sasiswanya sami | gènira nyaèni | tan kenging ginayuh ||

75. dhuh walêsên saking jaman akir | ayuning lêlakon | pêpujèkna lulus salamine | dhuh sapintên bêgjanta kiyai | gêng tanpa upami | paduka kinukup ||

76. kunarpanta kang wus rontang-ranting | binayang adhokoh | katon rêsêp panggulawênthahe | adrêsing rah marawayan mili | tinutulan kadi | parêntuling êbun ||

77. dhuh kiyai ingkang saupami | para rakanta wroh | utamining lêlakon mangkene | kados sande dènnyarsa ngrêsahi | yèn sida bilai | kenging alat tamtu ||

78. ngantos panjang panangising kuli | byaring surya katon | wus misuwur Samsuri ajale | tumangkaring warta sambung lathi | kobra kapiyarsi | ing dhusun lyanipun ||

79. tan petungan kèhe wong kang prapti | sumêdya anonton | kapengin wruh kaya pa angkate | layon kècu binusanan adi | ing Cêpaka pipit | kèbêkan wong gumun ||

80. warna-warna unine kang uning | datan kacariyos | wus andungkap ing wanci têngange | Kramaleya angling

--- 6 : 38 ---

marang kuli | layone si adhi | kari angkatipun ||

81. sun pasrahkên rèh sira kang wajib | gawanên samêngko | ulihna mring ngêndi kamulane | ngong uruni kuli kang nyukupi | lan sangu ing margi | kinarya sêsawur ||

82. kuli tiga aturnya malatsih | sumarah sapakon | mung kajawi kyai kaparênge | kaparênga kapêtak ing ngriki | nyuda lampah tuwin | irid wragadipun ||

83. antuk kula kantun awêwarti | witing têmah layon | kadospundi ing kawontênane | dhatêng para alinya kang lalis | tan ilok manawi | dhandhang muni kontul ||

84. iya bênêr gonira mrih yogi | kang kaya mangkono | nanging iku ana ing parlune | anêtêpi adating pêpati | mrih ahli kudu wrin | alang ujuripun ||

85. lamun ora mangkonoa pêsthi | mulih aran awon | pangiraku ing wuri manèke | wong Cêpaka kataman pandugi | nyia-nyia mayit | ing măngka sêdyaku ||

86. bokmanawa olèh luwang bêcik | orane mangkono | antuk walês trima kasih bae | wus alowung ngong anggêp lih-ulih | pirang bara dadi | jalaraning wanuh ||

87. para kuli tan lêngganèng wangsit | Tambangprana lolos | lajêng panggih lan Pramuka linge | hèh Pramuka sadhiyaa kuli | ingkang bêcik-bêcik | satus bae cukup ||

88. ingkang sèkêt gêntèn mikul mayit | dene kang sèkêt wong | sèkêt tumbak ananging tumbake | dudu tumbak wakaban [wakaba...]

--- 6 : 39 ---

[...n] wong mati | mawa sun gadhuhi | ingkang ampuh-ampuh ||

89. kuli satus wangsitên waradin | upama sinêmon | kasaliring rasa kang larape | darbe têgês abrawala pati | dèn prayitna sami | sajang-ajangipun ||

90. angamuka barêng niyat mati | luluhe palugon | puluh-puluh gèk kapriye manèh | sabar tanpa kasudiran pasthi | ing Cêpaka nisthip | camah têmahipun ||

91. pangêthikku iku aywa kongsi | tumangkar kawartos | apa manèh yèn mirêng kyaine | tan wun sira kalawan wak mami | antuk ru ginalih | amurwani campuh ||

92. Ki Pramuka matur sandika glis | natap lêsung gêndhong | sasmitane kuli ngalêmpake | sanalika kewala pra kuli | gêng alit jalwèstri | ngalêmpak sadarum ||

93. kapilihan ingkang bêcik-bêcik | wus sinungan pakon | para kuli saraos sêdyane | suka lila lalisa lan maling | datan pilih sabil | jêr wus ajabipun ||

94. pêpuntoning tyas ingkang kaèsthi | walêse mung layon | salamine nèng Cêpaka manggèn | turu enak nora kongkah-kongkih | pangasilan gampil | rinêksa ing makluk ||

95. tan pantara kasaru praptaning | siswa ingkang kinon | mundhut tiyang bau sacêkape | enggaling kang carita wus kerid | satus kang sapalih | sikêp waos ampuh ||

96. panjang cêlak lawung agêng alit | ulês pêthak logro | sajatine wus liniga kabèh | atap [a...]

--- 6 : 40 ---

[...tap] tata têtirahing margi | tunggul pramuka Ki | Jagul agul-agul ||

97. prajuritan rekane mriyayi | anggaran rangkêp ro | nyangking sabêt balongsong anêkèk | wola-wali ngelingkên pamêling | marang rèhnya sami | kagyat tyas sinusul ||

98. semahira anuntun sutèstri | ngusap luh cariyos | pakne gêndhuk pan nyata wartane | laku iki rada nyalawadi | mar tyas kumawani | nèng paran prang pupuh ||

99. Ki Pramuka amangsuli wêngis | iku omong kosong | ywa kogagas nora na bol bèrèt | budi wadon kakehan cêkênik | angregon-ngregoni | pagawean parlu ||

100. mung sapala pamrihe sirèki | mlakua tinonton | ngatonakên tăndha sutrêsnane | tan wrin malah nglêlimêngi pikir | angêmar-êmari | apa pedahipun ||

101. kang mangkono wose sira watir | kalamun ngong layon | kaya sibèng panêmumu kuwe | wong aurip têmah angêmasi | prang ora prang mati | tuwa nom ya lampus ||

5. Sinom

1. Bok Pramuka duk miyarsa | wuwusing semah sumêngit | basêngut lunga kalepat | nèng panti mêmpên prihatin | mangsah muja sêmèdi | manêdha marang Hyang Agung | rahyuning lakinira | sanadyan praptaning janji | amanggiha bêgja kramating dêlahan ||

2. sajroning mindêng pêpuja | kang katon lênging tyas êning | mung ngalamating kamuksan | anjungkêl Pramuka nangis | bêngêp anjrababak [anjrababa...]

--- 6 : 41 ---

[...k] brit | dangu lagyantuk pamupus | jrih nyulayani cara | wong kang tan santosèng budi | yèn mungguhing Cêpaka klêbu mênjila ||

3. lipur sanalika nyandhak | kang atma liniling-liling | kinudang-kudang kèk-kèkan | nêdhênge rumaja putri | clêmongan ngadi-adi | mak tèplêk anggêlut gulu | anggung kuswa-kinuswa | singa kang mulat kapengin | dhasar bocah bêcik wutuh tur lulutan ||

4. warnanên dènnyarsa ngangkat | layone Sêtra Samsuri | Kramaleya angandika | hèh kuli iki wus wanci | sira ingsun sangoni | raharjaa salakumu | lawan iki donyarta | ing saanaku wong langip | amung cukup ing sapêrlune kewala ||

5. donyarta sampun katampan | amiyêg-miyêg rong kampil | pêcah wolung dasa reyal | umatur nuwun kapundhi | kucah paduka kyai | dadosa lar-ularipun | ing panggêsangan kula | saking barkah ta kiyai | lumèbèra dhatêng trah sagotra kula ||

6. iya kuli pirabara | yèn tulus kanggo salami | salamêt awèt pinangan | lyane kang kadyèku mami | titip nawala iki | aturna marang lurahmu | Mitra Căndra Prakêmpa | lan Sumitra Gajah Ngoling | mung wêlingku kang wantah gènta sung warta ||

7. nawala tinampèn sigra | Ki Kramaleya nimbali | ajênge jagul Pramuka | praptaning ngarsa sinung ling | linggiha kene dhingin | têmua lawan somahmu | tinggalana ngapura | kêkêl Ki Pramuka bêkik | wus karasa rasaning [ra...]

--- 6 : 42 ---

[...saning] sabda pralambang ||

8. kêmbang gambaring kamuksan | sakala amikatoni | Pramuka lila lêgawa | Bok Pramuka gipih-gipih | tinimbalan wus prapti | tan ngantos ngêntosi tutur | lajêng manguswèng pada | runtuh apuraning laki | sakalihanipun nuli suka-suka ||

9. pinèt sawataranira | prênèsing salakirabi | rèhning tinon ing ngakathah | Ki Pramuka matur aris | rèhning sampun miranti | parênga kawula usung | iya-iya Pramuka | wêlingku sira dèn eling | ingkang rila nanging aywa daya-daya ||

10. iki donyarta waragad | sangu bot-repoting margi | lan karya sêsawur jakat | ri wusing sangu tinampi | Pramuka ngatag kuli | kang layon ingangkat sampun | lumampah lon-alonan | jajaran salawe sisih | urut kacang kêncêng kang mêncil sinêntak ||

11. ing kanan keringing karndha | kaayap dening pra santri | muji dhikir nafi isbat | gumrênggêng samargi-margi | ing wuri para murid | jalwèstri agalur-sêlur | jêjêt tanpa sabawa | ing tyas kang sami pinuji | pun Samsuri pinaringana ngapura ||

12. ruwatên dosaning durta | wong Cêpaka agêng alit | wus suka sokur narima | kaelokaning Hyang Widi | wontên swara mangsuli | sora tambuh prênahipun | hèh rahayua sira | sing sapa rumêksèng mayit | antuk walês saka yitmane kang laya ||

13. dhuh dhuh aku lilanana | katrêm nèng kene salami | arsa malês kabêcikan | cingak sagung para murid [mu...]

--- 6 : 43 ---

[...rid] | ing batos wus andugi | yitmane Samsuri kantun | ngalambrang mawa swara | lali alaming pêpati | kèndêl wontên samadyaning alam madya ||

14. wau ta ing lampahira | prapta têpining banawi | kang layon winot ing palwa | dalah sapara pangiring | kuli satus lan santri | numpang baita sapuluh | sêngkut lumampah nungsang | sagunging jong gonjang-ganjing | saking sruning manrang banyu bêbanyakan ||

15. sakêdhap praptèng sabrangan | kilèn têpining banawi | wus mancal saking baita | tataning para pangiring | kadya ing wau malih | datan kawarna ing ênu | muhung sagunging siswa | gènnya nguntabkên Samsuri | wangsul wontên brang wetan sowang-sowangan ||

16. tarlèn kang dadya rêrasan | anglairakên pandugi | nalika tampi waluyan | pêpoyan angsung pamuji | tan ujut bokmanawi | yitmèng Samsuri kablusuk | mring alaming lêlêmbat | sapêngkêripun Samsuri | ing Cêpaka sabên wus suruping surya ||

17. ana swara tanpa rupa | midêr ngidêri capuri | sadalu anggung kapyarsa | têrkadhang anglagu gêndhing | kèndêl anuli salin | sêsorah suka kalangkung | gumuyu latah-latah | gêdrug kêplok-kêplok bêlik | yèn katona layak malètèr mataya ||

18. makatên wahyaning swara | sabarang ingkang sun èsthi | dadi padha sanalika | sakyèhning ron-ron kaywaking | ingkang sun sandhang iki | dadi mas sêsotya murub | rèmèh muktining janma | kang

--- 6 : 44 ---

wus kawilang linuwih | mêksa asih maring sun angsung bojana ||

19. tandhane Ki Kramaleya | ing siyang kalawan ratri | tansah ngenaki maring wang | wong kene tangkêpe bêcik | dhuh bêgja têmên mami | dhuh mujur kontungan ingsun | dhuh aku kapotangan | dhuh apa walêsku benjing | ngong rêksane wong kang dhêdhêr kabêcikan ||

20. tular-tumularing warta | patine Sêtra Samsuri | dadi gandarwo Cêpaka | sabên wus surup hyang rawi | kyèhning wong kang ningali | anglur lir ubaling sulung | sadalu lêng-ulêngan | anut parênahing uni | ing nalika punika dhusun Cêpaka ||

21. wiwit wontên pasar anyar | saratri bibar byar enjing | wêwah arjaning Cêpaka | panjang kalamun winarni | ênêngêna nujwari | Sukra pakêmpalanipun | guru kalawan siswa | aginêm Sêtra Samsuri | sapatine tinggal swara tanpa rupa ||

22. labête wus sami purna | widagda sinau mati | lènjèh anjinging suksmana | tambah kumandêl ing Widhi | Samsuri dadi saksi | wujuding suksma kacêmplung | mring kadhatoning setan | kang tansah kaèsi-èsi | Kramaleya ngandika hèh sumurupa ||

23. iku wite duk sakarat | lali kawula lan Gusti | jalaran pati pitênah | kêna uga ngong arani | kadya angganing mantri | arsa sumiwi sang prabu | durung kongsi basahan | kasusu sêlak sumiwi | nora èngêt pêpancèning tatakrama ||

24. tumindak anglugas raga | nèng marga tyas manggung

--- 6 : 45 ---

minggring | gampang salèwènging sêdya | wit tilar adating mantri | wus pêparênging takdir | dilalah kudu kêpêthuk | wanodya angujiwat | jawat adrêng ngajak mukti | têmah anut lali yèn darbe darajat ||

25. upama nora kasêsa | sangkêp busananing mantri | nèng marga amanggih urmat | mire kang sami udani | lingsêm nginthil pawèstri | anggung têtolehanipun | jêr lagi sinongsongan | kang kèsthi ngabyantara ji | gêgancangan sida têkan pasewakan ||

26. yun-ayunan kinasihan | kayêktèn sêtyaning mantri | tan pae iku pindhanya | mungguhing kawula Gusti | Allah panganggêp batin | yèn lair angèdhêp ratu | ratu-ratuning tata | dumunung têlênging adil | adil iku adêge kalawan kodrat ||

27. têgêse kodrat kuwasa | patine Sêtra Samsuri | saka kuwasaning Allah | manggih kukum lair batin | nadyan wus têkèng pati | siksaning tilas laku dur | prasasat kasat mata | marma wêlingku dèn eling | anulada lakuning para tiyasa ||

28. sirik marang siya-siya | tan karya saking sasami | pra siswa matur kukila | dhuh pukulun mugi-mugi | sagêda anglampahi | saliring sabda pukulun | kawula angkah-angkah | sanadyan botên nyèplêsi | ing sasagêd-sagêd miriba kewala ||

29. anolih Ki Kramaleya | ngandika mring Rara Murni | hèh Murni iku gatèkna | gotèke para winasis | kanyatan ing samangkin | tindak kalakuwaning dur | dadi

--- 6 : 46 ---

pangewan-ewan | cilaka têkaning pati | dhuh kapati têmên pujiku mring sira ||

30. aywa kongsi kapalantrang | kalèru traping aurip | jatining urip sakarat | lamun sakarate bêcik | amanggih suwarga di | pinulung marang Hyang Agung | anunggal gêgêlêngan | nèng date Kang Maha Suci | nora carub lan uriping parayangan ||

31. Murni umatur sandika | kakênan tyasnya matistis | titi nalika punika | Murni wiwit mêsu budi | dadining tindak bêcik | sêngsêm ring rasaning ngèlmu | dahat jrih bokmanawa | benjang dumugining janji | manggih papa anggung dadi pêpocapan ||

32. satindak-tanduk prasaja | jatmika nimpên wêwadi | bêbudèning kasarjanan | bangkit mor caraning murid | ingkang dèrèng miyarsi | wartaning Murni karuhun | tamtu katali brăngta | pantês dèn limang sukoni | nging kang wus wrin amung kangge pêpuwungan ||

33. lagyeca dènnya rêrasan | kasaru adrêsing pasir | sumawur dhumawuh sumyar | martani jroning pandhapi | eraming tyas pra murid | dera rumêntahing sawur | samêndhang tan karasa | misesa kang pinrih kêni | amung dhawah sasêlaning lêlinggihan ||

34. matur Kyai Tambangprana | tarlèn punika kiyai | pun Samsuri gora-godha | paran kang dipun karêpi | Ki Kramaleya nuli | kèndêl sakêdhap anjungkung | aji daya suksmana | lêpas kang pangraos manjing | mring alaming lêlêmbat kang katingalan ||

35. rêmu-rêmu lamat-lamat | anging prêmanêm sakalir | trang tan saking [sa...]

--- 6 : 47 ---

[...king] surya căndra | pundi kang sinêdya prapti | tan pae wong angimpi | kagyat tyas Kramaleya wruh | lir wêwangunan pura | munggul kang gapura asri | sêsunggingan pinatik sotya hèrnawa ||

36. ngênguwung abra markata | awiging pakirtyan ngrawit | pinêtha ronan rumambat | pulêtan ngruwêt turut wit | rinaja wrêdi wilis | mêlês têlês-têlês tanggung | lir mêntas katurunan | riris sawatarèng ratri | tuntas dening sinêrang maruta mănda ||

37. linintu tèsing bun enjang | marêntul pating karêlip | turut têmuning rosira | pilih wong kang tan kapengin | kèndêl Kramaleya Ki | de ponang gapura tutup | sêpên tanpa sabawa | dinêdêl gumêrot muni | lir panggroning yêksa ingkang winisesa ||

38. saksana gapura ngêblak | byar katon jroning pura di | jarambah batu musthika | gilap gilang-gilang sêling | mirah bang biru kuning | tinata pating panjutu | umancur rêbat cahya | yayah taranggana ngalih | liru papan mawut marang madyapada ||

39. lèsèh tanpa wêwilangan | sagon-gon sotya mas adi | dadi pêpaèsing pura | rineka rinakit-rakit | endahing upakarti | tumplak sabuwana kêbut | kontit kinarya pindhan | nadyan kraton pilih-pilih | ingkang mirib mung wartèng praja Ngalêngka ||

40. singa kang kurang santosa | karasan rumăngsa mukti | kèlu kapulut ing sotya | mungguhing Kramaleya Ki | kang wus waspadèng lamis | sayêktine iku dudu | kadadèn sipat [sipa...]

--- 6 : 48 ---

[...t] lawas | wose mung gêlar mêmengin | ingkang mamrih marang woding katiwasan ||

41. wuwusên kang madêg nata | katali pakartining jin | rumaos mulya wibawa | bawani jroning pura di | lênggah ngamparan gadhing | rinêngga sotya jumêrut | hèrnawa miwah-miwah | sangkêp kaprabon narpati | datan pae satataning pasewakan ||

42. ing wuri upacarendra | kampil pra parêkan cèthi | cupu mas ardawalika | banyakdhalang sawunggaling | dumêling sinasangling | ing kanan kering kêkêbut | tap-tapan lar manyura | kêdêr kasilir ing angin | lamun tinon saking doh lir Batharendra ||

43. Kramaleya wus waspada | yèn iku yitmèng Samsuri | tan taha prapta ing ngarsa | dyan parêk ngamparan gadhing | wau ta sang narpati | jumênêng sigra angrangkul | ri wusnya ingancaran | sang nata ngandika manis | nora nyana onêngku bisa katêkan ||

44. hèh kyai padha raharja | praptanta nèng pura mami | anggung gonku ngarsa-arsa | wus rada sawatara ri | lagi pangguh samangkin | apa kèh arunganamu | nauri Kramaleya | dahat panarima mami | sira rêsêp anyarwe asung pujyarja ||

45. sèwu bêgja kêmayangan | gon ingsun manjing pura di | antuk sih pangrêngkuhira | kawratên gon sun nampani | măngka panduga mami | tan wun kapandukan siku | datanpa parikrama | mamak pêksa kumawani | angrosani wênganing gapuranira ||

46. kisanak ngong maklumana [maklu...]

--- 6 : 49 ---

[...mana] | jamak adating aurip | kang wus ngumur iku lumrah | akèh laline tan titi | bali alaming alit | ngonyog bênyunyak-bênyunyuk | kêdah kumrakêt krama | nuwila gănda sirèki | saparanmu nèng kene sinêbut apa ||

47. winangsulan hèh wruhanta | sun iki jumênêng aji | jêjuluk Prabu Yatmaka | mangrèh pra prayangan pêri | miwah gandarwo lan jin | sakyèhning para lêlêmbut | kang ana ing Cêpaka | bakune ingkang mêngkoni | iya aku kang kuwasa amisesa ||

48. Kramaleya malih ngucap | dhuh kalingane sirèki | jumênêng nata kuwasa | mungguhing wong kaya mami | kêna ingsun arani | narendra binathara nung | kèringan parangmuka | apa purwane ing nguni | gènta bangkit nèng kene madêg narendra ||

49. apa wus aluranira | waris turasing narpati | kang jumênêng kuna-kuna | apa kakira pribadi | saka dayaning budi | ngrupak jajahaning mungsuh | puwara pasrah praja | dening kasor sura sêkti | dhuh sang prabu pun kaki pawartanana ||

50. nauri Prabu Yatmaka | gonku madêg nata iki | nora tinêmu ing nalar | jêr dudu aluran waris | tan saka sura sêkti | kang wignya mangrênggêp mungsuh | êmbuh margane baya | amung purwane ing nguni | nèng kanane rumasaku sarawungan ||

51. lan sira kaya sudara | kaenakên kula kuli | lali yèn lagya dinuta | ing kadangku kang mrih juti | lawas-lawasing ari | kasaru biyang Rabingu | rusiya

--- 6 : 50 ---

gora-godha | niyaya marang wak mami | katujune saka kaprawiran ingwang ||

52. nadyan tanduking pidana | sawênang-wênang pribadi | dupèh nora dadah dulang | prandene rumasa mami | mung eca kudu guling | nalika arsa lêsipun | sajroning layap-layap | wêwarnan kang sun wêruhi | ana janma jalwèstri tanpa wilangan ||

53. praptane kaya wong tiban | kabèh gawa branartadi | sabyantu ênêring sêdya | praptèng ngarsaku sumiwi | sagung ingkang mas picis | kasrah maring ngong sadarum | ature mamèt prana | karênaning tyas kang pinrih | kumacèlu dadia kawulaningwang ||

54. kajaba kang wus gumêlar | saliring pisungsung adi | ana ature anyarah | apa kang sun karênani | sanadyan lagi mosik | kewala bisa sawujud | kayêktèn kang mangkana | krêntêging tyasku kapengin | kaya apa rasane madêg narendra ||

55. dadi padha sanalika | byar katon jroning pura di | sangkêp sapêpasrènira | tana ana kang nguciwani | aglar wadya gêng alit | tata ing sajuru-juru | marikêlu sadaya | ya iki wujude kyai | nanging wruha mungguh kawibawaningwang ||

56. iku kawêngku ing sira | tandhane maksih dhêdhumpil | ana ing desa Cêpaka | karoban sih ta kiyai | dènnya kêsdu ngêyomi | marma tan pêgat walêsku | ri ratri nora kêmba | gunging bulubêkti mami | ngêndi gonmu sun drêsi sotya hèrnawa ||

57. anging sakwèhing sêsotya | kang kadya adrêsing pasir | ngong sawang saking mandrawa [mandra...]

--- 6 : 51 ---

[...wa] | wangune tan kapadhan sih | dene sira kiyai | sasiswanira sadarum | tan ana kang rumagang | ngêngimpun anggêr matèni | apa baya kyai kaluputan ingwang ||

58. Kramaleya duk miyarsa | wuwusing Yatmaka Aji | gumuyu angunadika | iki wujuding pêpati | kang katilapan ngèlmi | kandhêg pisungsunging satru | marêm pakarti gêlar | sulap panone kuwalik | kasaluru ring rêrupan gora-godha ||

59. kaywaking sulur kalika | sela lawan pasir-pasir | katon sotya mas hèrnawa | padhas parang-parung curi | jêjurang iring-iring | pèrèng têtirahing gunung | tanapi wrêksa-wrêksa | anggêpe karaton luwih | angluwihi puraning nata kawasa ||

60. ri wusing mangunandika | Kyai Kramaleya angling | sinuwun sutrêsnanira | warna sêsotya di-adi | dahat tarima mami | nanging kang kayèku dudu | pangajape tyas ingwang | malah-malah karya runtik | têmah dadi pangincihing pra culika ||

61. sartane ruditaningwang | rasaning tyas sănggarunggi | ing rina wêngi sujana | manawa satruku benjing | wong Jatingarang prapti | mring Cêpaka andon pupuh | sapa kang mrinanana | kajaba mung kaki aji | iku bae tulakên aywa tumêka ||

62. sanadyan sida tumêka | apês samadyaning jurit | kaki prabu dêdongaa | marang para murid mami | sagotra trahnya sami | sinungana têguh timbul | kalisa kala wisa | lir lênga kalawan warih | dimèn slamêt lowung anggêpên mêmitran ||

--- 6 : 52 ---

63. gumujêng Prabu Yatmaka | sadurunge sira warti | sêdyane wong Jatingarang | sajatine ngong wus uning | aywa sandeya kyai | sun kang dadi tanggulangmu | malang anèng palagan | sira sasiwanta kyai | dèn pracaya lulusa angeca-eca ||

64. sarat maca sinaranan | têtulaking para juti | lah iki watu nurahswa | asli saka suwarga di | ujaring para dhêmit | ingkang kawajiban gadhuh | janma kang watêk lilan | sun lilahakên sirèki | rawatana kang bêcik aja pêpeka ||

65. yèn kabul darbe kasiyat | sing sapa nêdya nyidrani | midosa kukubanira | bingung datan wruh ing margi | dilalah tanpa pilih | samarga-marga kêsandhung | pangadur warna-warna | kang sela nurahswa nuli | linungakên mring Kiyai Kramaleya ||

66. gênging kang sela nurahswa | sabluluk nyupraba adi | kadi lintang karainan | Ki Kramaleya nulya mit | wau Yatmaka Aji | nguntapkên kapering pungkur | sarêng ing lampahira | wus praptèng gapura jawi | Kramaleya nguwuh kaki aja cidra ||

67. wungu Kyai Kramaleya | sami sanalika salin | ing alam kita punika | pra siswa maksih ngadhêpi | jatine mung samênit | nanging mungguhing lêlêmbut | sasamine sadina | matur Tambangprana Kyai | dhuh pukulun ulun dipun wartanana ||

68. paran kang kèksi punapa | winangsulan inggih adhi | têmên Samsuri mrênyanyang | rumaos madêg narpati | jêjuluk Yatmaka Ji | kinèdhêpan pra lêlêmbut | tuwin jin ing

--- 6 : 53 ---

Cêpaka | dhèwèke kang amêngkoni | de dènira tansah nawuri punika ||

69. saking trêsnane lan kula | tanapi pra anak murid | pangraose Sri Yatmaka | yèku tăndha bulubêkti | warna sotya mas adi | lan malih ubayanipun | yèn tiyang Jatingarang | sêdyane sèstu dhatêngi | mring Cêpaka mupuh ambêg paracidra ||

70. sagah lumawan ing yuda | lawan wontên sihnya malih | kula dipun wèhi sarat | nèng ngrikane anêrusi | mangke wujude taksih | sanyata ngong gêgêm bakuh | nama sela nurahswa | kinèn nimpêni kang bêcik | pamrihipun yèn katrimah darbe angsar ||

71. sintên kang krêgyat midosa | bangsaning tindak tan yukti | dhumatêng kukuban kula | bingung datan wruh ing margi | dilalah kêdah manggih | ngaral pambedhunging laku | umatur Tambangprana | pukulun kados punapi | wujudipun nurahswa tumbaling dhustha ||

72. para siswa sêsarêngan | kumrubut arêbut dhingin | saking sru kumêcêrira | kasêsa sêlak udani | Ki Kramaleya angling | mêngko ta ywa rêbut dhucung | ora-orane ora | yèn ora ingsun tuduhi | iya iki Samsuri wêwalêsira ||

73. nurahswa katon ngujwala | kumênyar ambalêrêngi | burêng kang sami tumingal | kang kapidrêng myat ing yêkti | nyêlak arsa nungkuli | praptèng don ngalewas wangsul | kasor pangaribawa | tan kenging dèn parêpêgi | suwe-suwe mupus dinohan kewala ||

74. matur malih

--- 6 : 54 ---

Tambangprana | pukulun ngebat-ebati | punika sela punapa | ujwalanira nêlahi | punapa nunggil jinis | kalawan sotya-sotyèku | o adhi sanès băngsa | punapa andika pangling | marmanipun Samsuri botên sampurna ||

75. maksih gêsang sowang-sowang | ubayane balenjani | prasêtyan kirang susêtya | daruna duk sakaratil | dèrèng sagêd nyêkapi | mring ancas pangukutipun | kasêlak pinipaksa | wisesa kang andêrpati | dipun èngêt Samsuri dadya darsana ||

76. de pun adhi kala-kala | tamtu sampun nyumêrêpi | cahya kang kadi punika | Tambangprana matur inggih | nadyan siswanta kyai | kang nèm-nèm kewala sampun | pana prakawis cahya | ingkang anggawokkên kyai | kaelokan dene sagêd lung tinampan ||

77. ing măngka sintên kataman | muncaring cahya dumêling | kapilêng tan bangkat mulat | pukulun winênang tampi | Ki Kramaleya angling | adhi kula botên gayuh | kilap saking punapa | kaelaokaning Hyang Widi | botên pisan ngong andhaku bap punika ||

78. hèh yayi iki nurahswa | sanggarna wor wêsi aji | ing wuri kèh pêrlunira | Marjintên kawawa tampi | gupuh anut ing wangsit | sumêla biyang Rabingu | pamit mantuk rinilan | gantya kang kawarnèng margi | wong wus wrêda ngumur wolung dasa warsa ||

79. nama Ki Ardacanthula | balilu tan wruh ing isin | lali wus katali măngsa | jamake wong tuwa pasthi | sirna rosaning dhiri |

--- 6 : [55-60][8] ---

80. [...]

--- 6 : 61 ---

[...na] | punika rinta Samsuri | tilar manggih kaurmatan | Ni Căndra Prakêmpa tuwin | Ki Gajah Ngoling katri | Paripaksa sami gupuh | lumayu rawat waspa | wong Jatingarang kèh nginthil | tanpa taha kumrubut rêbatan ngrêmbat ||

81. ngaso pra kukuli Cêpaka[9] | angurung-urung kapering | nèng wurining panti sawa | Pramuka kaparèng ngarsi | wus wiwit yitnèng panti | nanging sinamar ing sêmu | kaya bela sungkawa | wangune kalêbu waris | yêkti têbih marang ing panyana-nyana ||

82. nguwuh Ki Căndra Prakêmpa | jujugna ngomahku dhingin | paran marganing pralaya | uruse ingsun arsa wrin | sandika turing kuli | sinêru ing lampahipun | wus prapta ing pandhapa | tètès mayite Samsuri | langkung arus aruming sêkar wus sirna ||

83. sampuning sami satata | bêbageyan ganti-ganti | angling Ki Căndra Prakêmpa | mring Pramuka kadipundi | Samsuri têkèng lalis | majêng Ki Pramuka matur | inggih sowan kawula | dinuta mitranta Kyai | Kramaleya kamisêpuhing Cêpaka ||

84. kinèn bêkta layonira | rayi paduka Samsuri | mênggah witing tilar donya | sampun winot jroning tulis | binêktèng abdi kuli | lah adhi caosna gupuh | nawala katur sigra | binuka sinukmèng batin | cêkak aos rasaning ukara têrang ||

85. sêrat saha taklim kula | Kramaleya trahing alit | kang akal-akal bêbakal | wontên Cêpaka wanadri | katura mitra mami | nênggih panjênênganipun [panjê...]

--- 6 : 62 ---

[...nênganipun] | Kyai Căndra Prakêmpa | lan Sumitra Gajah Ngoling | kang bawani kawibawan Jatingarang ||

86. sampuning kadya punika | nuwun wiyosipun mugi | andadosna kawuningan | rinta pun adhi Samsuri | sampun nglampahi wêling | sapakèn paduka tinut | kumêdah puruhita | ananging ta kadipundi | andupara pun kula sagêd punapa ||

87. jêr wong tuwa katiwasan | datan wrin rèhing wêwadi | rinta botên kêkirangan | praptèng don kawula kontit | awit rinta Samsuri | pancèn sarjana pinunjul | salamine srawungan | lan kula tan walangati | botên dangu wontên dhumawahing aral ||

88. wasana dados jalaran | pun adhi dumugi janji | kados sampun kodratolah | mênggah urusing prakawis | purwa madya mêkasi | mugi kaparênga dangu | kuli tiga punika | ingkang sami nyumêrêpi | kang kunarpa katura sarêng punika ||

89. ing sasagêd-sagêd kula | rinta pun adhi Samsuri | sampun kula upakara | miturut adating dhisin | nadyan kuciwa warni | busananing layonipun | nging wus nêtêpi srengat | waton agamèng sahidi | titi tamat katandhan pun Kramaleya ||

90. têlasing panukmanira | linungkên mring ari kalih | Gajah Ngoling Paripaksa | dupi wruh rasaning tulis | kang waspa adrês mijil | binarung sêsambatipun | semahe kang wus ajal | mèpèt nèng karndha anangis | anggalolo rinapu ing kadang

--- 6 : 63 ---

warga ||

91. angling Ki Căndra Prakêmpa | he kuli waraha gêlis | rasaning layang pratela | sira ingkang nyumurupi | witing Samsuri lalis | kuli tiga sarêng matur | purwa madya wasana | turut ususe talêsih | Kyai Căndra Prakêmpa asalah cipta ||

92. kuli sira lalawora | dora wartanira sami | bot-bote sira rinoban | sihnya Kramaleya Kyai | satêmah anjalari | gunggung kotamaning satru | kuli matur ngrarêpa | botên ilok cidrèng warti | pilih kasih srana binêsêlan arta ||

93. salugu atur kawula | dipun sumpaha kaping tri | yèn dora mugi jêblosa | Kyai Căndra Prakêmpa ngling | hèh kuli èlèk sami | aja kang kaya sirèku | oraa doyan sumpah | sanadyan para pulisi | kang têtêpe kanthi upataning praja ||

94. dlêmok cung ana kang cidra | dening sih pangungsil-ungsil | bêsêl sandining upaya | supaya dèn murinani | hèh eblis têka lali | kabêcikaning lurahmu | wong liyan rinumpaka | ngèdhêpa wong Cêpaka glis | Jatingarang sarang yèn sira ambaha ||

95. ngadêg Ki Căndra Prakêmpa | anyandhak limpung kumitir | hèh kuli jênat dening wang | Pramuka sarêng miyarsi | rumaos kasaliring | ing rasa panantang campuh | wadana ambaranang | kumêdut padoning lathi | sigra mundur mring latar sarowangira ||

6. Durma

1. Ki Pramuka anguwuh marang rèhira | lah payo mati sabil |

--- 6 : 64 ---

luwung mulih aran | gupuh tiyang Cêpaka | sêsarêngan mapan cincing | siyaga yitna | angayun-ayun pati ||

2. Ki Pramuka ngucap hèh Căndra Prakêmpa | wêlasa mring kang lalis | iku amêmêlas | kasuwèn ngagak-agak | prayoga pêtakkên dhingin | aywa sumêlang | mêngko ingsun ladèni ||

3. sira têtêp wong nora wrin kabêcikan | angrungu warta yêkti | bênêre narima | sanadyan ujarira | marang kulimu pribadi | tibaning basa | batinmu angunyêri ||

4. wong Cêpaka kosêngguh nyidra rinira | tan watak laku nisthip | wantala misesa | manggan pangingsêping rah | nanging ta ing mêngko iki | coban-coban prang | yèn lumuh camah sami ||

5. Kyai Căndra Prakêmpa sarêng miyarsa | wuwuse Pramuka Ki | mêdal mangsah sigra | kang limpung dèn bat-êmbat | Ki Paripaksa anangis | ngrêrêpèng kadang | kakang èngêt kariyin ||

6. Ki Pramuka botên sumêdya brawala | muhung darmi nglampahi | kinèn ambêk taha | layone ri paduka | dene gènnya amêdali | sawarna nantang | wontên lêrêse kêdhik ||

7. ing dêduka paduka wau punika | karosan tur nyênyêngit | tyas botên pracaya | aturing kuli tiga | pasaksèn witing pêpati | dinalih dora | saking rinoban ing sih ||

8. ngèngêtana ing warsa kang wus kawuntat | kakang Dhêndha Cêngkiling | kesah ngrudapaksa | mring griyaning sudagar | bok Rabingu Wanacangkring | kathah ontungnya | sotya mas lêmbu

--- 6 : 65 ---

kêris ||

9. duk samana saking kaèngêtan kula | ki raka anindhihi | dados sampun têrang | manawi ing Cêpaka | mung kangge papan pêpati | wit saking cihna | wontên ngriku kapanggih ||

10. Kyai Kramaleya kabrokan kunarpa | tujunipun wong bêcik | asih ing sasama | arinta rinagadan | tur kanthi pangaji-aji | langkung sapangkat | kabêgjan kang Samsuri ||

11. gèk punapa kemawon walês jandika | botên sah trima kasih | dhuh mila ta mila | ing nguni atur kula | wong kang rahayu ing budi | gêng walatira | dhuh kakang dipun eling ||

12. Ki Prakêmpa moh ngrungu ujar urusan | ardaning tyas saardi | nangsaya kruraya | Paripaksa dhinupak | mancêlat linimpung kêni | lêmpènge mêndat | pining kalih tinangkis ||

13. ponang limpung katangkêp kenging rinêbat | binucal tibèng têbih | Ki Căndra Prakêmpa | ginoco anjêrbabah | Paripaksa nguwuh wêngis | kadangku tuwa | tak patènana mati ||

14. nanging durung tumibaning kalamasa | eman kelangan waris | Kyai Paripaksa | angigêl têtayungan | ènjèr wirone winiwir | mandhêg grêg tanjak | roning răngka pinêthit ||

15. mêndhak majêng tumapaking dalamakan | malang lambunge miring | obah jaja pacak | pancak gulu nut ulat | kang kantu dipun ubêngi | sarwi sêsumbar | ya ingsun Yatmaka Ji ||

16. lah rêbutên kaya manjangan palastra | ampyakên lir wong jaring | hèh

--- 6 : 66 ---

wong Jatingarang | majua barêng mara | orane Yatmaka Aji | tinggal palagan | tangia sun antèni ||

17. Ki Prakêmpa tangi anarik curiga | trangginas Gajah Ngoling | mangke ta ki raka | pun adhi Paripaksa | dede karêpe pribadi | lir kasurupan | prayogi dèn lumuhi ||

18. lah wawasên wandane pun Paripaksa | cêbilak dhapur lali | wêdaling wicara | dede ujar priyăngga | sasolah-solahe salin | parlu punapa | prayogi amanggalih ||

19. kuburipun Samsuri kang kawlasarsa | manawi nyipêng malih | saya balarongan | Kyai Căndra Prakêmpa | tan lilih dening pangrapih | lingsêm kalintang | kasoran krodhaning ri ||

20. Paripaksa jinangkah ngendhani enggal | Gajah Ngoling nêngahi | Prakêmpa cinandhak | tangane rêrêjêngan | wuwusên para pawèstri | Nyai Prakêmpa | lan Nyai Gajah Ngoling ||

21. tuwin Nyai Paripaksa sêsarêngan | anjrit sami mêdali | ngrêrapu kang duka | gègèr wong Jatingarang | kadya gabah dèn intêri | tunjang-tinunjang | sadhusun kontrang-kantring ||

22. tambuh-tambuh êmbuh ing puwaranira | tangising wong jalwèstri | gumuruh ngumandhang | sundhul ing ăntariksa | lir warijal wanci enjing | kang kabarêngan | gênging warsa sêmèni ||

23. inghang dahat sungkawa Nyi Paripaksa | somahe lir wong baring | tansah jêjogedan | sinambi bawa swara | paran darunane iki | angling hèh

--- 6 : 67 ---

kakang | kalêbon dhêmit ngêndi ||

24. payo mulih aja pijêr jêjogedan | mêmirang ingkang eling | luwung anglalua | ora dadi tontonan | dhuh kakang eling-dieling | Ki Paripaksa | pinaksa dèn jak mulih ||

25. têka tutut anut pangrèhing somahnya | manjing panti kinancing | Nyai Paripaksa | nêtêpi kawruh Jawa | adating wong klêbon dhêmit | parlu sêsarat | gugon tuhoning èstri ||

26. ngobong lirang winoran ing mênyan arab | andonga kulhu balik | ping satus winaca | Nyi Paripaksa ngucap | hèh setan muliha gêlis | mring dhangkanira | winangsulan moh mulih ||

27. ingsun iki lagi nêtêpi ubaya | sanggup manrang ing wèsthi | yèn wong Jatingarang | ardane saya dadra | mêrêm tan idhêp ing bêcik | brastha dening wang | tumpês sacindhile brit ||

28. Nyai Paripaksa kawêkèn ing driya | cincing dumugi wêntis | gêmboke dèn uyap | rinaupakên marang | raining semah kaping tri | dhêmit minggata | mèsêm Paripaksa ngling ||

29. Nyai Paripaksa sira ywa sandeya | jatine ngong wus uning | yèn Ki Paripaksa | nadyan băngsa durjana | ananging mawa pinikir | wruh papan êmpan | ing nguni nyulayani ||

30. mring kadange kang kudu ngrusak Cêpaka | wong bêcik milalati | marma sira lawan | somahmu salamêta | yèn tulus gone mrinani | Ki Kramaleya | ing têmbe nêmu bêcik ||

31. Nyai Paripaksa

--- 6 : 68 ---

ing tyas nyakrabawa | somahe dèn anjingi | lêlêmbut Cêpaka | alon ing wuwusira | sokur lah sira wus uning | yèn lakiningwang | nora sabyantu pikir ||

32. amangsuli cariyos kang rêrêjêngan | Prakêmpa Gajah Ngoling | wus èngêt Prakêmpa | wit saking Paripaksa | tan katon angiwi-iwi | dhat kaèngêtan | sumbare Pramuka Ki ||

33. angot malih suraning gambira laya | asru ngucap hèh adhi | Gajah Ngoling sira | sarèhmu Jatingarang | payo barênga ngêmasi | lan wong Cêpaka | nglabuhi Si Samsuri ||

34. Gajah Ngoling kalawan para rèhira | lajêng siyaga sami | angliga gêgaman | wus sami yun-ayunan | sêsumbar Prakêmpa Kyai | hèh-hèh Pramuka | sira wus ananggupi ||

35. arsa nglawan ngladèni prawiraningwang | Căndra Prakêmpa mami | wong têguh gêgala | tunggaling Jatingarang | barêngna mara sira glis | Pramuka ngucap | payo rok rêbut pati ||

36. sakalihan gya ngêmbat watang blandaran | têmpuk prang gosok godhi | kiwul kêkuwêlan | cuthat-cinuthat gantya | sami sudira tarampil | aliru papan | kalenan Pramuka Ki ||

37. kang walakang kêni linêbon landheyan | kacuthat tibèng têbih | kantêp Ki Pramuka | surak wong Jatingarang | gumuruh swaranya kadi | ngêbêki jagad | Pramuka mangsah malih ||

38. Ki Prakêmpa winaos baune kêna | kêmêng waos grègèli | surak wong Cêpaka | anolih Ki Pramuka | hèh

--- 6 : 69 ---

rowang aja bungahi | tan parlu surak | mundhak angrêramèni ||

39. Gajah Ngoling myat ing kadang karepotan | narik sabêt suduk glis | nlabung saking wuntat | sinabêt Ki Pramuka | prayitna Pramuka kêsit | amalik watang | ponang sabêt katangkis ||

40. Gajah Ngoling mêndhak lumêbêt sor watang | kumitir nyrampang sikil | Pramuka malumpat | cêpêt lir sêsiringan | trangginas ngunduri têbih | gya majêng numbak | kabalik sruning tangkis ||

41. Gajah Ngoling kadya bugis bêdhigasan | sabên winaos lungsi | Ki Căndra Prakêmpa | tan bangkit ngêmbat watang | gupuh anglantaki bêdhil | mimis iyasan | gênge saterong glathik ||

42. linèsakên ing wuri marang Pramuka | mimis lêpas ngênèni | gêgêr trus ing jaja | naratas bancang gangsal | krungkêp Ki Pramuka lalis | drês wêdaling rah | tanapi nuntak gêtih ||

43. wong Cêpaka sru ngamuk sura tan taha | rampak karya pêpati | wong ing Jatingarang | tan wontên kang was-uwas | panglawane wani-wani | ngangsêg sarêngan | lir ngurugi pêpati ||

44. Paripaksa kang lagya kinarya wrana | wadhage Yatmaka Ji | mêdal ngikal pêdhang | angamuk tan wrin kadang | solahnya lir banthèng kanin | Kyai Prakêmpa | datan wruh praptaning ri ||

45. sirahira sinabêt mak bêt sigar byak | tatas kang kalamênjing | pêjah tanpa sambat | Ki Gajah Ngoling ngucap | he Paripaksa wong baring | belakna ingwang | lagi tumon samangkin ||

--- 6 : 70 ---

46. têka kolu ing lalis lali mring kadang | apa alam samangkin | andungkap kiyamat | lah payo Paripaksa | winangsulan sira pasthi | kalakon jênat | sinabêt Gajah Ngoling ||

47. wola-wali tansah katangkis kewala | kakên tyas Yatmaka Ji | tinut saparannya | Gajah Ngoling karupak | kasompok pagêr capuri | kêni kapêdhang | sapisan angêmasi ||

48. Sri Yatmaka bakune rêmên prênesan | sabên kalêgan pikir | malètèng[10] jogedan | lagyentuk satanjakan | lajêng-lumajêng ngêmbuli | ngamuk manêngah | tandange mobat-mabit ||

49. singa ingkang kasabêt babarji pêjah | riwut amêmatèni | syuh wong Jatingarang | sasisane kang lena | rêbut dhucung ngungsi urip | tilar pradesan | tan tolih anak rabi ||

50. tilasing prang sagèn-gèn marus balabar | bêbathang ting salêmpit | mèpèt wor prabatang | kacuwan Sri Yatmaka | koncatan mêngsah wus ngisis | ngaso sêsumbar | ya ingsun Yatmaka Ji ||

51. kang wus pinèt têtêping mitra sudarma | lan Kramaleya Kyai | saiki rasakna | kang padha mamrih rusak | durung paja anêkani | pangrodanira | uwus ngêmping bilai ||

52. wong Cêpaka kathah kararjèng alaga | gangsal pêjah kadingkik | yèku Ki Pramuka | lan rowangnya sakawan | kabancang lêpasing mimis | kuli têtiga | rowangira Samsuri ||

53. duk ramèng prang bêbantu mring wong Cêpaka | solahnya sami ugi | lan Prabu Yatmaka | berotên [berotê...]

--- 6 : 71 ---

[...n] sura-sura | wong Cêpaka duk udani | kadanging mêngsah | angakên Yatmaka Ji ||

54. sarwi nguwuh yèn mitrane Kramaleya | dhêlêg nora bisa ngling | ing tyas datan dungkap | karanane mangkana | dangu pangunguning ati | sawêg kèngêtan | kêpalanira lalis ||

55. ambyuk sarêng angukup Kyai Pramuka | sarowangira sami | rinêmbat gampilan | datan ingupakara | pangangkah enggala prapti | dhusun Cêpaka | kulinya Ki Samsuri ||

56. sangêt wêlas mring dhisine Ki Pramuka | angling mangke rumiyin | kasêsa punapa | yogya ingupakara | kula ingkang mirantosi | ugêr santosa | mrih botên repot margi ||

57. winangsulan adhi bêdhandhoni lampah | asih sampeyan sami | inggih kula trima | nanging enggal kewala | narimah bandhosa dêling | pangupakara | gampil kapanggih wingking ||

58. kuli tiga gupuh dadak panti sawa | enggaling carita wis | Pramuka sarowang | manjing krêndha sadaya | cakêpe kang mirantosi | nadyan dadakan | santosa tur mantêsi ||

59. sampun kangkat layone Kyai Pramuka | kuli tiga tan kari | mangsuli carita | kang mêntas surèng rana | wranane Yatmaka Aji | Ki Paripaksa | rinubung anak rabi ||

60. sami nangis kang semah nungkêmi pada | sambête kawlasasih | dhuh kapriye baya | paran ingkang katêmah | wong kene sasat wus tapis | kyai èngêta | aywa jêr nguwuh tandhing ||

61. Sri Yatmaka wikan yèn wong Jatingarang | sasesane

--- 6 : 72 ---

kang lalis | ngisis ngungsi gêsang | mêsat saking warana | Kyai Paripaksa eling | luguning atma | sumrêpêt duk ningali ||

62. kèhing bathang lèsèh pintên-pintên dasa | kadya babadan pacing | ngungun Paripaksa | nguwuh ring somahira | nyai aja pijêr nangis | sun arsa tanya | mungguh kèhing pêpati ||

63. katon kaya tilasing mangun ranangga | apa ing kene iki | ing wau sida prang | si kakang lan Pramuka | kang kabyantu dening kuli | semahe warta | miwiti amêkasi ||

64. sru ambêngok Ki Paripaksa lumajar | nungkêmi kadang kalih | dhuh liruning bapa | nadyan tilar jandika | wit saking kalintu pikir | nglaju dêduka | maksih kula gêtuni ||

65. aksamanên Paripaksa tan nêmaha | kilap ing wau mami | samêndhang tan ngrasa | misesa ing paduka | ngamuk gumulung mangungsir | wong Jatingarang | risak dening pun mami ||

66. dhuh ki raka jimat pangayoman kula | ing nguni saupami | dhahar atur kula | gèk măngsa makatêna | risak angêngèmbèt abdi | mèt mati papa | kapupu ing ajurit ||

67. Paripaksa tangise kadya wanodya | rinapu anak rabi | kinèn amupusa | pêpasthèning Hyang Suksma | lipur Paripaksa tuwin | parèstri samya | mêtaki ingkang lalis ||

68. kirang bau langkung kang ingupakara | sêlak kasaput ratri | kasêsa pinêtak | waton wus silêb badan | prasasat amêndhêm kucing | ing ratri kocap | Paripaksa lan rabi ||

69. kang rinêmbag dènnyarsa

--- 6 : 73 ---

tilar panggenan | ambêkta anak rabi | angling marang somah | nyai yèn sira arsa | sêdya nut pangrèhing laki | saanakira | payo padha nyênyantrik ||

70. mring Cêpaka ngeyup asrah jiwa raga | lan Kramaleya Kyai | nanging wêling ingwang | amung pawitan badan | ywa tolih branarta panti | wit iku asal | saka gonku mêmaling ||

71. nadyan yèn wus prapta ing desa Cêpaka | kaanggêp băngsa kuli | tyas ingsun lêgawa | lowung bisa srawungan | lan wong bêcik bok nulari | tan ketang dadya | juru pamomong sami ||

7. Jurudêmung

1. nak rabine Paripaksa | suka sami saur manuk | anut pangrèhing sudarma | wus ngikis ratri sadaya | Nyi Paripaksa barêngkut | gendhong anak nuntun anak | anaknya ingkang wus ngumur ||

2. diwasa birai sandhang | rêmbên lampahe mangukung | èngêt sêsandhanganira | tumungkul angunandika | si ramak iku wong bingung | ninggal papan wutah rahnya | wêwarahe ora entuk ||

3. tolih darbèke branarta | dupèh ing nguni witipun | saka amal kadurjanan | nging duk pangupayanira | pawitan pêpati ingsun | apa ta iku nora sah | kumrêsik têmên ramakku ||

4. ing têmbe durung karuwan | yèn bisa nyêngklik kris sêlut | èh ewuhaya tyas ingwang | bali apa nut si bapa | yèn bali sapa rowangku | pak gêdhe wus padha ngajal | karone manèh manèkku ||

5. kasugihane si rama | saka gone angêngècu [a...]

--- 6 : 74 ---

[...ngêngècu] | gèk sing darbe angupaya | katêmu wutuh sadaya | kang ana ngomah mung aku | lah kapriye solah ingwang | nora wurung tinalikung ||

6. lho têka bênêr si rama | mlarat-mlarat yèn rahayu | yêm nora kêna prakara | mangkono mau manawa | lumintu wêtuning butuh | mung yèn kantu bae coba | tak titènane ramakku ||

7. anêmpuh byat apa ora | Paripaksa nolih pungkur | anake ginêtak-gêtak | lah rêmbên têmên ta sira | hara ta malah angantuk | mlaku mono bok dang dhiyat | anake lumampah sêngkut ||

8. ing ênu datan winarna | gantya gêgarancanipun[11] | ing dhusun wana Cêpaka | kang sami angarsa-arsa | Ki Pramuka lan pra jagul | dene wus watara dina | dèrèng wontên wartanipun ||

9. Ki Kramaleya minulya | pêngkêre Pramuka jagul | ing ari-ari tan kêndhat | bêbolèhi bok Pramuka | bab kawruh wose wong mupus | Nyi Pramuka wus winêngan | panuntun mamrih tan gêtun ||

10. rinasa saya karasa | rasa sasmitaning lampus | kecanên dènnya pojaran | kandhêg dening paksi dhandhang | ulêng-ulêngan angalup | upami sagêd kêkandhan | asung wruh layon mèh rawuh ||

11. kumêlap tyase Pramuka | matur pukulun guruku | kang wikan kêkêraning Hyang | nadyan piwulang paduka | têtela kapêksa mupus | apêsing manungsa gampang | tan pilih lêlantaranipun[12] ||

12. ananging sampun [sa...]

--- 6 : 75 ---

[...mpun] dilalah | yèn angêt luh kula runtuh | kabarung solahing dhandhang | tăndha punika wus cêlak | dhuh pukulun paringa wruh | dhatênge semah kawula | benjing punapa pukulun ||

13. kula badhe tata-tata | Kramaleya ngandika rum | he nyai aja kodhandhang | mangeran kandhane dhandhang | têrkadhangan nora tuhu | jêr manuk gagak wus adad | unine mangkono iku ||

14. durung kêna pinarcaya | mêngko bae ingsun tutur | ngong lèyèh-lèyèh sadhela | bokmanawa tinarbuka | Ki Kramaleya gya mujung | kadingarèn luyutira | kalajêng tilêm sadalu ||

15. sajroning nendra supêna | panggih lan Yatmaka Prabu | nèng kanane kadya wantah | Narendra Yatmaka warta | kyai dadia wêruhmu | sun wus marang Jatingarang | parlu anêtêpi sanggup ||

16. wartane Prabu Yatmaka | purwa madya wasana wus | kawuwusa wontênira | Sri Yatmaka dèn pak-êpak | dhuh kaki prabu mitraku | rahyune sira rumêksa | apa kang dadi walêsku ||

17. ing benjang kaki kewala | manawa parêng Hyang Agung | sira kaki sun pêpuja | manggiha gênging darajad | ngluwihi kawibawanmu | tur salamine nora wah | jaman utama satuhu ||

18. gumujêng Prabu Yatmaka | iya kyai bangêt nuwun | măngka kawibawaningwang | iku sapa kang tumimbang | ewadene sira sanggup | junjung kaluhuran ingwang | iba ta saya bungahku ||

19. wartaku manèh lan sira | têkane Pramuka

--- 6 : 76 ---

sesuk | wanci bocah ngucul awan | mung wêlingku elingana | yèn Paripaksa sumungku | sungkêm kudu mèlu sira | tampanên ywa walangayun ||

20. kyai aku lilanana | enjing Kramaleya wungu | pêpoyan mring Nyi Pramuka | miwah pra siswa sadaya | iyêg pra siswa amêthuk | waradin ngadi busana | tandhaning sungkawa amung ||

21. kang kasandhang sarwa krêsna | mêdal sing Cêpaka sampun | baita atap katata | jinajar saking brang wetan | dumugi ing kilèn puput | wradin sinasakan wêtah | eca kang sami lumaku ||

22. dèrèng têbih lampahira | kang layon sampun kadulu | jalwèstri anyêngkut lampah | kapapag gêntos angrêmbat | gya manjing Cêpaka dhusun | jujug wontên ing pandhapa | Kramaleya ngandika rum ||

23. he rowang padha raharja | sadaya sarêngan matur | saking pangèstu paduka | inggih raharja katimbang | lawan agênging têngadur | kuli pangarsa tur warta | ing wit praptèng wêkasipun ||

24. ingkang gawokkên kalintang | nalika ramening campuh | tiyang nama Paripaksa | kadya kanjingan lêlêmbat | ngakên ran Yatmaka Prabu | ujare mitra paduka | tanpa sangkan lajêng ngamuk ||

25. ngisis wong Jatingarang[13] | risak sing Yatmaka Prabu | tandange wontên palagan | lakune lir Arya Sena | yèn wus pamisesanipun | lajêng malètèr jogedan | Ki Kramaleya gumuyu ||

26. mêncul si kaki Yatmaka | bênêr gonira anggumun | pungkurmu ring

--- 6 : 77 ---

Jatingarang | ingsun bisa patêmonan | lan Samsuri yitmanipun | ana jroning alam madya | dadi ratuning lêlêmbut ||

27. kacaryan kang sami myarsa | Kramaleya ngandika rum | somahe kang wus palastra | padha nêtêpana tata | kang nora wruh pêcatipun | sarat mawa bukak muka | Nyi Pramuka gupuh-gupuh ||

28. ambuka layoning semah | ngrurah pusaraning rurub | piniyak katon sajaja | rah tilasing punglu sirna | linintu gănda sêdhêp rum | mulêg jroning panti sawa | kang sawa sinawang sêmu ||

29. somahe amênggak[14] waspa | ajrih pêpèngêting guru | nging datan kêna ingampah | narocos araup waspa | angucap sarwi jêlêngup | sirah lumêbêt ing kardha | amit kula nuwun sèwu ||

30. kang laki tansah kinuswa | kadi duk jaka warnamu | bapakne sun tan pracaya | yèn sira mati ing rana | wănda wadana sêmumu | kaya wong nendra kewala | kyai wungua rumuhun ||

31. rinangkul pêngkêranira | jiniyat sumingi kaduk | lêmês lininggihkên kêna | dhisine Kyai Pramuka | suwe-suwe saya surut | saya lit sagolèk dênta | Bok Pramuka langkung ngungun ||

32. pangraos kadya supêna | kang semah sinambut mêtu | sinawung kinuswa-kuswa | dèn bun pinuja gêsanga | saya lit malih kang lampus | suda sêsudaning badan | kantun samrica binubut ||

33. linimputan cahya maya | madhangi bawana sagung | ewuh kang kinarya pindhan | nirnya sinauran swara | ing antariksa [a...]

--- 6 : 78 ---

[...ntariksa] jumêglug | gumludhug ngèbêki jagad | kapyarsèng langit sap pitu ||

34. wau ta Nyai Pramuka | kari anggana anjêtung | sumrêpêt datan anon rat | kadya tugu sinukarta | saking sru kèpi kang kukut | ngadêg nyat arsa tut wuntat | mring êmbuh gêblak sumaput ||

35. pawèstri lumajêng enggal | Nyi Pramuka winayuyun | binayang mring panti wuntat | sami gung upakaranya | mamrih waluya kang kantu | èngête rinapyèng kathah | Marjintên gupuh anambut ||

36. mring sutane Ki Pramuka | satunggal rumaja sunu | dèn onthoh-onthoh kinuswa | anggung dadya wêwêlasan | singa kang wruh kumêmbong luh | lumaku dèn mothahana | apa kang tinêmbung mulung ||

37. kang rare bangkit mêmalat | cucut pangêcêmutipun | karya sêngsêming ngakathah | kathah ugunganing atma | pinunggêl kang mèt mong sunu | panjang yèn winor ing sêkar | Kramaleya ngandika rum ||

38. ring ari Ki Tambangprana | kuli pat kang lenèng pupuh | nuli dèn upakaraa | rabine dipun ujaa | pawèwèh luwih saukur | rapunên dimèn narimah | ywa ngantos grêsah tyasipun ||

39. Ki Tambangprana sandika | de Pramuka ingkang kukut | muksa tan tolèh ing tilas | tilar sarengat punika | paran karsanta pukulun | Kramaleya angandika | gêlaring sarengat tamtu ||

40. parlu kêdah linampahan | kardhanya kewala cukup | ingkang kinarya pêpindhan | pinêtak miturut adad | surtanah dumugi

--- 6 : 79 ---

sèwu | lulus sampun ingowahan | sarak warananing laku ||

41. botên kenging ginagampang | sintên kang sumimpang kumprung | dadi satruning Muhamat | nut pakèn Ki Tambangprana | kang sami lena ing pupuh | sampun dipun upakara | rancaging pra siswa cukup ||

42. wus paripurna sadaya | dalah panti sawanipun | Pramuka lajêng pinêtak | ri wusing ngaso prasamya | gêng alir bojana kêmbul | kramat patine Pramuka | gêng pangaribawanipun ||

43. surêm soroting hyang arka | mrêpêt ing gêgana mêndhung | angêndhanu sang jalada | prês adrês udan dadakan | ngrêcèh sadintên kacêput | suruping hyang surya têrang | ginantya tranging sitèngsu ||

44. silir kang maruta manda | carup gandaning sari rum | Bok Pramuka karêrantan | kang muksa kacakrabawa | linalipur datan lipur | bibar kang sagung bojana | nanging dèrèng sami mantuk ||

45. Marjinêm matur ing raka | Pramuka taksih wulangun | guyêng kadya kalênglêngan | mulyakna kyai dèn enggal | bokbilih lajêng kalantur | sintên ta ingkang katêmpah | inggih paduka pukulun ||

46. iya yayi dèn sarănta | sarate kudu sinuwuk | lan rinangkêpan tarekah | hèh siswaningsun sadaya | yèn wus mèh êntèk tuturku | marang Si Nyai Pramuka | sira anyaruwa wuwus ||

47. aloka anake ilang | nanging umpêtna rumuhun | ana ing tambangan kana | wudanana babar pisan | padha kang gêdêr opyakmu | aywa kongsi kawistara [ka...]

--- 6 : 80 ---

[...wistara] | rêrekan mangkono iku ||

48. rare sutane Pramuka | nulya ingumpêtkên gupuh | marang sajroning baita | Bok Pramuka tinimbalan | praptaning ngarsa umatur | lam-lamên têmên kawula | mring alam pundi somahku ||

49. pun ulun dipun ilokna | Kramaleya ngandika rum | Pramuka sira èngêta | puji panujuning janma | nyuwun slamêt lawan emut | wit iku woting sabarang | yèn sira manggung wulangun ||

50. ngungun kang wus ora nana | wose tiwasan kaduwung | wong kang watêk kaduwungan | yèku kinum ing sangsara | karana pêpati tamtu | hèh sibèng-sibèng elinga | Pramuka lajêng dinamu ||

51. Pramuka èngêt sakala | dhuh dhuh anggèr wruhanamu | tinggale somahmu bêgja | antuk nugrahaning Suksma | nadyan patine wong pikul | manggih suwargèng dêlahan | angèl kang kaya somahmu ||

52. yogya salina pikiran | tolèhên nakmu si gêndhuk | yèn lulus pamomongira | tilas kang tanpa upama | manawa ing têmbe cukup | pêncar wijine kang tinggal | tumruntun turun-tumurun ||

53. pukulun guru kawula | sadèrènge layon rawuh | tyas kula kados-kadosa | sagêd wantala umiyat | ing pamupus puluh-puluh | jêr wus janjining manungsa | masa salami ya idhup ||

54. ananging sarêng uninga | gumilanging layonipun | botên kenging kula ampah | kasaru aloking siswa | sutane Pramuka mau [ma...]

--- 6 : 81 ---

[...u] | mring ngêndi sapa kang ngajak | upayanên bok katlisut ||

55. rame opyake pra siswa | ting balêbêr ngalor ngidul | wola-wali ngulon ngetan | gêmêt pêkên ingubrêsan | parèstri tutuh-tinutuh | ing wau gêntosan ngajak | samangke tinanya êmbuh ||

56. Bok Pramuka duk miyarsa | sambate kudu milalu | yèn sutaku sida ilang | lêhêng lalisa samangkya | gêndhuk kang dadi panglipur | tinggalane amung sira | ingkang wus muksa ya uwus ||

57. anake ika kewala | aywa na sangsayanipun | Kramaleya angandika | iku parlu dèn upaya | beda kalawan kang murut | binudia kaya apa | nglêngkara baline idhup ||

58. tandya kasaru praptanya | tiyang pambêlah sapuluh | ngatêr sutane Pramuka | umatur sowan kawula | ing têpi banawi wau | wontên rare èstri mular | anggiyêng wuda balujud ||

59. cinêlakan tiyang kathah | mothah takèn gêlang kalung | badho lan anting-antingnya | tinakèn kanthi pangrêpa | sintên ingkang asêsunu | saking dahating pamular | sêsêgên datan sumaur ||

60. lajêng wontên kang sung warta | sutèng Pramuka yaiku | wit mau dadi upayan | kinèn ngantukkên dèn enggal | dhuh kiyai punapèstu | manawi rare punika | Ki Pramuka kang sêsunu ||

61. wasana ulun sumăngga | winangsulan lah yaiku | winêlasan kèh mèh ilang | Bok Pramuka jaranthalan | kaconthalan ngonthèl [ngo...]

--- 6 : 82 ---

[...nthèl] patut | pinondhong nyemot kang suta | gusti mênyang ngêndi mau ||

62. aja sok dolan doh sira | nyawa intên jumêrutku | ngalumpuk dadya sajuga | tumpêg amancala warna | jênggêlêg dadi sirèku | kaya tak untal-untala | ilanging gêlang kalungmu ||

63. iku tan kalêbu gagas | sesuk tuku manèh gêndhuk | Kyai Tambangprana mojar | gilo sêsandhanganira | wus padha kêtêmu wutuh | sukèng tyas Nyai Pramuka | tan pêgat lamun cinatur ||

Sambêtipun kawrat jilid 7.

 


sêmbrit. (kembali)
Lebih satu suku kata: ngantawisi pamingkuh. (kembali)
Lebih satu suku kata: anglabêti janma kang rahayu budi. (kembali)
ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
andulu. (kembali)
utawa. (kembali)
pangunadikane. (kembali)
Halaman 55-60 hilang. (kembali)
Lebih satu suku kata: ngaso pra kuli Cêpaka. (kembali)
10 malètèr. (kembali)
11 gêgancaranipun. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: tan pilih lantaranipun. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: angisis wong Jatingarang. (kembali)
14 anênggak. (kembali)