Rêsi Buddha, Dwijaatmaja, 1920, #268

JudulCitra

Serie No. 291. ... Rêgi f 0.50

Rêsi Buddha

Anggitanipun Arwadi Dwijaatmaja.

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

Wêdalan Bale Pustaka.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Rêsi Buddha

Anggitanipun Arwadi Dwijaatmaja.

Wêdalan Bale Pustaka ing Wèltêvrèdhên 1920.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Serie No. 291. ... Rêgi f 0.50

RESI BOEDDHA

ANGGITANIPUN A. DWIDJA-ATMADJA

Kaêcap ing N.V.PAPYRUS Weltevreden 1920.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Gancaring cariyos lêlampahanipun Rêsi Buddha mirit kitabipun băngsa Hindhu.

1. Sang Buddha wontên ing Tusitaloka.

[Grafik]

1. Sang Bodhisatwa wontên ing Tusitaloka

Wiyosipun, ingkang minăngka bêbukaning cariyos, anyariyosakên Rêsi Buddha kala dèrèng tumurun dhatêng arcapada anggêlarakên: darma, inggih punika piwulang ingkang anyorahakên bab kasunyatan tuwin tataning karahayon, akahyangan wontên ing Tusitaloka (Tusyita-loka), wêrdinipun: ênggèning karahayon saha katêntrêman. Kahyangan wau tundha tigang dasa kalih èwu, sadaya mawi èmpèr sarta wêwangunan. Kori tuwin candhêlanipun winangun plêngkung cinawirêngga. Pêpajanganipun asri. Ing sabên êsap sinung plataran mubêng awiyar, mawi kasukanan candhi tuwin sinungan gapura munggul minăngka wiwara. Ing pundi-pundi pinasangan payung agung, pinanjêran dwaja miwah daludag. [dalu...]

--- 2 ---

[...dag.] Têtirahing payon rinaja warna manik nawa rêtna, kapanduk ing sirat soroting hyang rawikara katingal pating palancur pating pancurat, pindha sêsotya sumawur ing jagad. Sadaya padmasana pinayungan ing langitan sutra binara ing sêkar suruh. Sawarnining jinêmrum sinêbaran ing sêkar ingkang tuwuh ing swargaloka. Wontên ngriku Buddha sangêt mulya, pinuji-puji saha pinundhi-pundhi dewa makêthi-kêthi. Tanpa mosik lênggahipun pindha parêntuling êbun tumêmpuh ing sêkar padma.

Ing saparan ginarêbêg widadari lêksan malah gulman agêgolongan, sami lenggot bawa tuwin ngrêrêpi binarung ing gêndhing. Saênggèn-ênggèn sinawuran gănda wida êla-êla sêkar maneka warna, mila gandanipun amrik arum angambar.

2. Buddha Tampi Wisik Badhe Manjanma.

Kacariyos andungkap satunggaling măngsa, Buddha nuju ingadhêp para dewa saha para dewata cacahipun sadaya suwidak wolu kirna. Dupi para sidyagana wau tumênga kanthi urmat mandêng Sang Buddha, sami sanalika wontên swara dumêling amêlingi karna: kurang rolas warsa bakal tumurune Sang Buddha manjing ing guwa garbaning rena.

3. Ngrêmbag Anggènipun Badhe Manjanma.

Sakèndêlipun punang swara, andadak sami sakala Buddha manggalih prakawis agêng [a...]

--- 3 ---

[...gêng] kawan warni, inggih punika măngsa anggènipun badhe tumimbal lair,[1] wontên ing tanah saha tlatah pundi, tuwin prayoginipun manjalma dados turasipun sintên. Sarêng sampun karêmbag dangu akalihan para dewa ingkang sami ngadhêp wau, kasidaning rêmbag: mênggahing mangsanipun inggih ing jaman punika, ingkang pinilih tanah ing Jambudwipa (Jambudwipa) {Hindhu ngajêng}, tlatah ing Madyamadesa (Madyamadesa){inggih punika sauruting sukunipun parêdèn Himalaya (Himalaya)}, dene mênggahing turas milih darah Sakya (Sakya). Pramila makatên, awit darah Sakya wau wontên ingkang jumênêng nata binathara ing jagat, mêngku tanah ing Madyamadesa, ajêjuluk Mahaprabu Sudadana (Syudadana), akadhaton ing praja Kapilawastu (Kapilawastu). Sawang sawunganing wadana wingit, pasêmoning graita lantip, rêspati dêdêg piadêging sarira. Dhasar sang prabu ratu limpad ing sêrat Weda (Weda) wicaksana sêkti măndraguna, kinèdhêpan samaning para ratu, putus dhatêng kuwajiban suci. Ratu pinandhita, mèh nyamèni para maharsi, kêkah ing adilipun, kwasa mênggak budi hawa. Mila botên anggumunakên bilih sang nata kinasihan ing para kawula. Kautaman tuwin kaluhuranipun sang nata misuwur ing jagat têtiga, prasasat sami akalihan para dewa. Lulus tata raharjaning praja. Rajabrananipun sang prabu tanpa wicalan dening kathahipun, măngka ambêkipun sang nata bèrbudi, wutah kucah dalêm dhatêng para abdi tumêrah dhatêng para kawula alit. Punika sababipun [saba...]

--- 4 ---

[...bipun] ing kitha wau têtiyangipun sami bêgja. Pranyata Sang Prabu Sudadana ratu tanpa sisihan.

Pramèswari garwa dalêm akêkasih Dèwi Maya (Máyá), putri adi tanpa timbang, prasasat angasorakên para widadari langêning swargaloka, singa mulat rêsêp ing pandulu, netya sumèh netra lindri, pasaja ing driya tangguh, awijang dêdêg rêspati, jatmika awis ngandika, botên rêgu, sêmunipun manis, lirih tanduking pangandika, lumuhing wicara sêndhu, susila anoraga, tuhu musthikaning wanodya.

4. Buddha Tumurun saking Swargaloka.

Sinigêg, gêntos kacariyos, Buddha karsa nimbali para dewa mayuta-yuta, sarêng sampun sami sowan, lajêng kaparingan pirsa bab badhe tindakipun saking Tusitaloka dhatêng ing arcapada. Sadaya sami muwun saha matur: Dhuh, Buddha, susuhunan kawula, bilih panjênêngan paduka linggar saking ngriki, lajêng sintên ingkang minăngka pandam pangauban kawula, sintên ingkang dados juru panglipur kawula, saha sintên panutan kawula ngambah margining karahayon jati.

[Grafik]

2. Tumurun saka swarga.

--- 5 ---

Buddha mangsuli pangandika: prakara kang mangkana, aywa pisan sira kuwatirake, krana ing sapungkur ingsun, Metreya Bodhisatwa (Maitreya-Bodhisatwa) kang minăngka wewakil ingsun, iku kang bakal ngêrèh, mranata, lan angiguh mratikêlake marang sira kabèh. Samêngko seje kang ingsun catur, mungguh ing pamrayoganira, prayoga awarna apa, ênggon ingsun bakal manjing ing guwa garbaning ibu. Giliging rêmbag prayogi awarni dwipangga seta pelag ing warna, dênta tri sisih, mawi singêb jala sutra udan mas.

Măngsa badhidhing sampun kapêngkêr, kagêntosan măngsa sri tanêm (Lente), wit-witan ingkang sami brindhil angleyang sampun sami tumaruna sêmi amradapa, katingal ijêm riyêm-riyêm amaya-maya nêngsêmakên. Sêkar-sêkar ingkang nêdhêng mêgar katingal amrok wontên ing wit, mêwahi langêning pandulu, tinon anglam-lami.

Dèwi Maya nuju sare wontên ing tilamsari, gêgubah linangse ing sutra sinulam banyu êmas, lung-lungan tuwin sêsêkaran ingkang wangi-wangi ginubah kalihan mayanging jambe kinarawistha kinubêngakên minăngka têtawinging pasarean. Kongasing gandanipun rêrêngganing pakasutan, dumugi sajawining pura. Sang dèwi supêna, anon dwipangga seta pelag ing warna mêmplag lir kapuk winusonan, dênta tri sisih, sêmbada akalihan tlale tuwin sukunipun, cumlorot saking awiyat, manjing ing guwa garba.

Ing nalika punika ugi Buddha tumurun saking Tusitaloka, lênggah wontên ing amparan kancana, rinămpa para sidyagana, ginarêbêg para widadara widadari makêthi-kêthi mayuta-yuta, sadaya sami ngampil upacara daludag [dalu...]

--- 6 ---

[...dag] saha têtunggul tuwin songsong gilap. Sarêng mèh dumugi ing arcapada, Buddha lajêng mancala putra awarni dwipangga seta kados ingkang sampun kawahya ing ngajêng, cumlorot manjing ing guwa garbaning Dèwi Maya.

Salaminipun Buddha wontên ing guwa garbaning ibu, botên kêndhat rintên dalu kêpirêng swaraning pradăngga ngrangin araras mawèh gambiraning manah. Sumiliring angin tuwin tumuruning jawah, kapranata sae dhatêng para dewa, anjalari tuluse sawarninipun têtanêman.

Para Sakya sapraja Kapilawastu sami bingah-bingah marwata suta. Makatên ugi para têtiyang siti pribumi ing kitha wau sadaya sami suka-suka bojana andrawina. Ing salêbêtipun sami mangun sukaning manah wau, botên wontên ingkang kasupèn utawi tilar kawajiban suci nglirwakakên anglampahi tataning samadi.

Namung Prabu Sudadana ingkang dahat masuh sarira, misah kalihan para garwa, ulah puja brata pindha maharsi têtapa.

5. Pramèswari Maya Têdhak ing Taman Lumbini. Ambabar.

Sadasa wulan laminipun Buddha wontên ing guwa garbaning rena. Kacariyos sarêng Dèwi Maya ngraos bilih anggènipun anggarbini ngajêngakên dumugi ing măngsa, lajêng tindak marak ing raka sang prabu kadhèrèkakên para êmban inya cèthi miwah parêkan. Sadumuginipun ing ngarsa, sang dèwi angaras pada, sasampunipun nyêmbah lajêng munjuk: Sinuhun, sowan kawula wontên ing ngarsa dalêm,

--- 7 ---

pêrlu nyuwun pamit, mugi wontêna karsa dalêm marêngakên kawula lêlangên dhatêng salah satunggailing kagungan dalêm taman, jêr sapunika sawêg mangsanipun asri- asrining têtanêman, têmahan tuwuh kadarpaning manah kawula kayungyun anêningali asrining bumi.

[Grafik]

3. Pramèswari Maya wontên ing taman Lumbini.

Prabu Sudadana sanalika botên awrat ing galih marêngakên panyuwunipun sang dèwi. Tumuntên nimbali para pratiwa, kadhawuhan angrêsiki taman Lumbini (Lumbini), urut margi wiwit saking kraton dumuginipun ing taman, ingandikakakên ngrêrêngga asri, minăngka pakurmatan tindakipun sang dèwi. Punapa malih dhawuh nyadhiyakakên rata kancana kagêm titihanipun sang dèwi.

Sang putri lajêng ngrasuk busana kaot, ngagêm raja kaputrèn pinatik ing hèr thathit manik nawa rêtna. Sarêng sampun sarwa samapta, nuntên nitih rata kinurmatan surakipun para brêtyapati ingkang sami umiring, tuwin rêrêpèn sêsantining para dewa. Alon lampahing kareta, ginarêbêg para wrahatbala wandu-wandawa. Samargi-margi kapyarsa rêrêpèning para dewa ingkang sami sêsanti manadukara. Ing pundi-pundi [pu...]

--- 8 ---

[...ndi-pundi] kêbak tiyang nêningali jêjêl pipit uyêl-uyêlan, ngantos angandhêg-andhêgi lampahing kareta. Bathara Indra tindak wontên ing ngajêng minăngka pangiriding lampah, ngiras ngupados margi nisihakên para nêningali. Sang Hyang Brahma angamping-ampingi rata titihanipun sang dèwi, anjagi ingkang nêdya lampah awon. Para wira wolung dasa sêkawan sami ngrêksa wontên ing wingking, sadaya mangangge kêre.

Sarawuhipun ing taman Lumbini, sang dèwi lajêng têdhak saking rata, têrus lumêbêt ing taman ginarêbêg para kaka-kaka saha para biyada, tuwin para widadari ing surendra bawana kathah sami tumurun tumut anggarêbêg sang dèwi.

Sangêt kacaryan ing galih sang dèwi tumingal asri endahing taman. Botên têlas-têlas gumun saha ngunguning panggalih mirsani pasang rakit uparêngganing taman. Mila sabên prasika dipun têdhaki, ngiras pantês angasokakên sarira. Sakêdhap tindak malih kanthi êntyarsaning panggalih, mriksani papan sanèsipun. Sangêt kasêngsêm sang dèwi umiyat sêsêkaran maneka warni, utawi wit-witan ingkang anèh-anèh. Wasana sang dèwi anon satunggaling wit nama plaksa (plaksa), sami-sami wit-witan sapatamanan ngriku sae piyambak, măngka nêdhêng awoh angêmohi, wohipun sinawang maya-maya angênguwung tumejangkara, nênarik kayungyuning panggalihipun sang dèwi, kumacèlu nêdya mêthik. Lajêng tindak anyêlaki. Sarêng cêlak, wit plaksa tumiyung, yèn ta sagêda tata janma, kados asung pambage sugêng dhatêng sang dèwi. Dèwi Maya ngranggèh panging plaksa mawi asta kanan, kumlawening asta pindha calèrèting thathit. Sarêng pang sampun kaasta, sang dèwi tumênga sarwi anggraita, pinarêngan tumurunipun widadara

--- 9 ---

widadari suwidak èwu. Jêr ing nalika punika ugi wiyosipun Buddha, miyos saking udaya kanan, sampun sarwa putus ing salwiring kawruh, mumpuni ing kawignyan, sarira rêsik kados sinucènan, beda sasamining bêbayi. Hyang Cakra akalihan Hyang Brahma pribadi ingkang nanggapi sang timur mawi wastra sutra rinêngga, jêr satunggal kemawon botên wontên janma ingkang pantês anggêpok sariraning Buddha.

Ing sawiyosipun Buddha, sami sanalika jagat padhang sumêblak kasunaran prabaning sarira. Saha andadak sami sakala wontên sêkar padma tuwuh têrus mêgar wontên sangajênging padanipun Sang Buddha, lajêng linênggahan sarwi mawas keblat sakawan pinancêr ing tingal, dhasar sampun sarwa waskitha ing saniskara, waspada ing paningal, botên kasamaran dhatêng ingkang samar-samar karsa murwèng angga ngêningakên cipta mawas paningal, ngungak sèsining bawana, kawistara sajuga kewala datan wontên titah ing arcapada ingkang măntra-măntra tumimbanga.

Nulya jumênêng saking sêkar padma, jumangkah mangetan watawis pitung tindak sarwi ngandika: ingsun kang bakal dadi panutane para janma kang ulah karahayon, ingsun kang bakal dadi tuke sakèhing kautaman.

Kala tindakipun wau, bantala tilas tumapaking pada, sami sanalika kêtuwuhan sêkar padma.

Nuntên tindak mangidul pitung jangkah, sarwi ngandika èsmu suka: wis pantêse yèn ingsun anampanana pisungsunging para dewa tuwin para manungsa.

Nulya tindak mangilèn watawis pitung jangkah grêg kèndêl anjanggêrêng lwir singa, sarwi ngandika swara sora pindha salomprèt amêlingi karna: Pranyata [Pranya...]

--- 10 ---

[...ta] ingsun iki musthikaning jagat raya. Iki wêkas-wêkasane ênggon ingsun tumimbal lair. Ingsun bakal anguwukake lair lan patining tumitah, apadene kasangsayaning urip.

Lajêng tindak mangalèr pitung jangkah sarwi ngandika: sajuga kewala datan bakal ana titah ing arcapada ingkang bisa padha lawan manira.

Sasampunipun ngandika makatên, lajêng tindak malih pitung jangkah sarwi tumungkul saha ngandika: Ingsun kang bakal numpês lan anyirnakake si durlaksana sawadyabala. Mangkono uga bahnining naraka bakal sun padhêm sarana riris bajra ingkang mijil saka windakaraning agamaningsun, murih balining katêntrêman kang ana ing kana. Lajêng tumênga sarwi sora angandika swara ngumandhang, kabèh kang padha ana ing akasa tumungkul nyawang mring ingsun.

Kala mahyakakên kasampurnaning sarira makatên wau, para widadara widadari tanpa wicalan kathahipun, sami mandêng sang timur kalihan urmat, saha sami sanalika punika ngalamat tigang dasa kalih warni ingkang akarya bingahipun sawarnining dumados, kados kala tumurunipun Sang Buddha saking Tusitaloka dhatêng arcapada, punika kalampahan malih. Jagat kawuryan têrang sumilak kasunaran prabaning cahya mancur anêlahi dumugi sajawining bawana. Saênggèn-ênggèn kèbêkan swaraning pradăngga ngrangin araras. Sêkar gănda wida saha sawarnining wangi–wangi tuwin sêsotya maneka warna sumawur saking akasa pindha jawah.

Ing nalika punika tiyang sapraja Kapilawastu sami kaparingan dana kathah maneka warna. Sang rajaputra pinaringan pamomong kênya gangsal èwu atmajaning para [pa...]

--- 11 ---

[...ra] ulu-uluning băngsa, tuwin putri sèwu putraning para satriya. Punapa malih rencang tumbasan wolong atus, ingkang minăngka tuwanggana anama Candaka (Candaka). Aliya saking punika wau sadaya, mawi pinaringan bêlo jalêr èstri nyadasa èwu. Bêlo samantên wau wontên satunggal ingkang minăngka panunggul, nama Kantaka (Kanthaka). Tuwin pinaringan amêng-amêngan gajah saha lêmbu anggangsal èwu. Wana candhana minăngka pacangkraman, tuwin tamane endah wontên pamêlikanipun kêbak sêsotya.

Kacariyos Prabu Sudadana karsa manggalih asmaning putra. Sarêng sampun kapanggalih dangu, panujuning karsa, putra dalêm wau kaparingan asma: Sawartasiddha (Sawarthasiddha), wêrdinipun: ingkang sarwa kadumugèn ing saniskara. Mila makatên sabab kala wiyosipun putra dalêm wau salumahing bawana waradin kêroban ing kamulyan.

Kala sang prabu manggalih asmaning putra wau, para wiku maharsi satanah Jambudwipa sami sowan dhatêng Kapilawastu, wontên ing ngriku sami sêsanti manadukara ngêngudang kaluhuraning nata. Para Sakya sami sêjarah ngubêngi kitha sarwi suka têdha dhatêng para kaluwèn. Sabên dintên botên kirang saking tigang dasa kalih èwu brahmana ingkang ingupakara. Bathara Cakra tuwin Hyang Brahma mancala putra warni manungsa nunggil kalihan para brahmana wau sami ngêngidung ngêngudang karaharjaning nata.

6. Dèwi Maya Seda.

Kacariyos Dèwi Maya andungkad[2] dumugi ing seda. Buddha miyos angsal pitung dintên, nuju ing wanci dalu, Dèwi Maya seda, atilar arcapada nunggil kaanan akalihan para maha dewa tigang dasa kalih.

--- 12 ---

Sasedanipun Dèwi Maya, ingkang pinitados ngapèn-apèni sang rajaputra, Dèwi Gotami (Gautami) rayi dalêm Dèwi Maya, mawi kaparingan êmban tigang dasa kalih.

[Grafik]

4. Sahyang Maèswara ngormati Bodhisatwa.

Sarêng sang pangeran dêdalêm ing kêdhaton enggal, pêparingipun ingkang rama, para sidyagana kairid Hyang Maèswara (Maheçwara) sami tumurun manguswa pada gênton-gêntos.[3] Hyang Maèswara lajêng ngubêngi sang pangeran malêksa-lêksa ambalan. Sasampunipun punika lajêng ngandika dhatêng sang prabu: Kaki Prabu Sudadana, sira bungaha ing atinira, awit mung sutanira iki kang bisa anggayuh dhuwur-dhuwuring kawicaksanan, sarta kang bisa nguwasani para manungsa lan para dewa kabèh.

7. Sang Buddha Têdhak ing Kabuyutan.

Kacariyos ing satunggiling dintên, pinisêpuh ing Sakya sowan ing ngarsanipun Prabu Sudadana sarta matur: Punapa sang pangeran botên kabêkta dhatêng kabuyutan.

--- 13 ---

Prabu Sudadana magsuli pangandika: Iya bêcik. Lajêng dhawuh ngrêrêngga kitha Kapilawastu tuwin kabuyutan, mawi rêrênggan ingkang sae tuwin endahipun ngungkuli adat sabên. Sawarninipun tiyang cebol wujil, utawi nandhang cacad sanès-sanèsipun, kaawisan ngatingal. Tiyang-tiyang sakit kadhawahan nyingkirakên têbih. Ing saênggèn-ênggèn tinatanan găngsa tinatab ngrangin.

Sarêng kitha tuwin kabuyutan sampun rinêngga-rêngga saha pinajang-pajang sarwa asri, sang prabu têdhak ing kamaring putra, paring dhawuh dhatêng Dèwi Gotami: Si pangeran dandanana.

Sarampungipun busana, sang pangeran matur pitakèn sarwi mèsêm dhumatêng ingkang bibi, kêdaling pangandika anglir madu pinathi: Ibu, kula badhe sampeyan jak dhatêng pundi. Dèwi Gotami mangsuli pangandika: Mênyang kabuyutan, ênggèr. Sang pangeran mangsuli sarwi gumujêng suka: Kala kula lair, tlatah tigang èwu prênak orêg, Hyang Cakra, Hyang Brahma, tuwin para dewa sadaya sami kurmat andhingkluk asung pambage. Măngga, ibu, sintên dewa ingkang luhur angungkuli kula. Mila sintên ingkang badhe kula sowani wontên ing kabuyutan, jêr kula punika dewaning para dewa, tanpa wontên ingkang nyami. Dados kintênipun punapa wontên ingkang ngungkuli kula. Ewadene murih lêganing manahipun para kawula, kula nuwun inggih mêksa lumampah. O, mendah iba bingahe manahipun manawi sumêrêp kula.

Lajêng sami bidhal. Sang pangeran kinanthi ingkang rama nitih rata kancana rinêngga, ingiring para manggalaning praja, para satriya, miwah para brahmana, tuwin ewon para dewa ingkang klayu sami tumut umiring.

--- 14 ---

Sarawuhipun ing padalêman suci, lajêng sami têdhak saking rata. Sarêng Sang Buddha jumangkah pada kanan tumapak ing bantala, sadaya arca pêpindhanipun para dewa, nadyan botên asipat gêsang, sami ngadêg saking umpak-umpak, sumungkêm asung kurmat. Satunggal botên wontên kantun, dalasan gupala dwaralaya sami mêthuk ing rawuhipun.

8. Sang Buddha wontên ing Pamulangan.

[Grafik]

5. Wontên ing Pamulangan.

Sarêng Sang Buddha sampun wanci rumaja putra, kapuruhitakakên sêsarêngan lare satus èwu. Kala tindakipun dhatêng pawiyatan wau, margi ingkang kalangkungan sinêbaran ing sêkar. Para Hyang ing loka bawana sami ngidung sêsanti. Prabu Sudadana tindak wontên ing ngajêng. Sarêng Sang Pinandhita Wiswamitra (Visvamitra) ngawasakên rawuhipun Sang Buddha saking katêbihan, sanalika dhawah kantu ngantos sawatawis dangu, dening kablêrêngên cahya prabaning wadana. Sarêng èngêt lajêng nêrusakên anggènipun mulang. Sang Buddha nyêlani pangandika: Măngga, kyai, kula aturi wiwit mulang kula. Sastra punapa ingkang badhe sampeyan wulangakên. [wulangakê...]

--- 15 ---

[...n.] Sastra brahma punapa salah satunggaling sastra suwidak sakawan warni ingkang badhe kula aturakên punika, kula aturi midhangêtakên. Sang Buddha lajêng mastani namaning sastra suwidak sêkawan warni wau.

Sarêng Wiswamitra mirêng pangandika cariyosipun Sang Buddha, sanalika sirna umbag umuking sarira, têmahan lajêng anoraga matur angrêrêpa ngluhurakên Sang Buddha kanthi basa manuhara.

9. Sang Buddha wontên Sangandhaping Wit Jambu.

Ing satunggiling dintên wanci enjing, Buddha tindak amêng-amêng kadhèrèkakên lare sawatawis sami putranipun băngsa luhur. Ing sadangunipun tindak Sang Buddha uninga wit jambu aèng ing warni, lajêng lênggah ngaub ing sangandhapipun. Wontên ing ngriku tuwuh cipta rêngganing panggalih, anggagas ingkang botên-botên. Dangu-dangu puruging gagasan lajêng dhatêng prakawis amăng rarasing karasikan, lampah ngiwa, tuwin pakarti awon sanès-sanèsipun. Saya dangu botên katingal mêndha, malah katingal saya mêmpêng, ngantos kasupèn anglajêngakên tindakipun.

Sang prabu botên sakeca ing galih, dene sang pangeran botên wontên kondur. Lajêng utusan para punggawa angupadosi. Sarêng anggènipun angupadosi dumugi ing wit jambu kasêbut ing nginggil, sami sangêting gumun saha ngungun ing manah sumêrêp kaelokan agêng: sadaya wit-witan sakiwa têngênipun ing ngriku sami tanpa ayang-ayangan, namung wit jambu wau piyambak ingkang [ing...]

--- 16 ---

[...kang] wontên ayang-ayanganipun angayomi Sang Buddha ingkang prasasat supe dening wuru ing panggagas. Para punggawa wau lajêng sami wangsul nyaosi uninga sang prabu. Ingkang sinuhun lajêng têdhak piyambak nusul sang pangeran sarta paring pambage sinawung ing kidung.

10. Milih Garwa. Sayêmbara.

Kacariyos Sang Buddha sampun ngangkat diwasa mèh dumugi ing măngsa milih wanodya jatukramaning sarira. Para luhur saha para ratu tlatahipun ing ngriku sami rêbut dhucung nyaosakên putrinipun dhatêng sang prabu. Rèhning sang prabu sampun pirsa angèle tangguhipun pambêkaning putra, mila putri sadaya wau mênggah ing pamilih kasarahakên ing sakêparênging putra.

Sang Buddha lajêng mlêbêt ing kamar amênggalih prakawis punika, pangudasmaraning driya: Para Buddha liyane ingsun iya padha mawa garwa. Yèn mangkana ingsun iya prayoga krama. Nanging jatukramaningsun kudu ora mung anggêr wanodya. Lajêng karsa manggalih candraning wanita ingkang mungguh minăngka garwa, kasêrat dados wolung bab. Sarêng sampun rampung lajêng kacaosakên ing ngarsaning rama nata.

[Grafik]

6. Sang nata wawan sabda kalihan putra.

--- 17 ---

Saêkal sang prabu nulya utusan purohita, inggih punika imam kraton kadhawuhan anjajah sakathahing nagari ngupados putri ingkang cocog kalihan sêrat pratelaning putra. Lampahipun sampun mubêng kêmput sadaya nagari, mêksa botên angsal damêl. Wasana sarêng dumugi ing dalêmipun Sang Sakya Dandhapani (Çang sâkya Dandhapâni), mrangguli kênya sulistya ing warni wanci nêdhêng birai. Sang rara sumêrêp imam utusanipun sang prabu, lajêng kurmat andhingkluk, kêtingal ngajèni sangêt. Sang rara nulya kaulungan Sêrat Căndra Astha warna sêsipataning wanodya tama karanganipun Sang Buddha. Sêrat katampèn têrus kawaos. Satamating pamaos, sang rara matur alon: Kyai, jêngandika munjuk dhumatêng sang narpaputra, bilih căndra ingkang kawrat sêrat punika, sadaya dumunung wontên ing kula, saha kula sumăngga ing karsa.

Imam enggal pamit wangsul sowan ing ngarsa dalêm, angaturakên punapa wontênipun. Ewadene sang prabu mêksa taksih sumêlang, kuwatos gèk-gèk dèrèng andadosakên marêming putra. Mila lajêng mundhut sowanipun kênya sapraja marak ing ngarsanipun sang pangeran. Supados sang narpasiwi sagêd milih piyambak pundi ingkang dados panujune karsa.

Sarêng sampun dumugi ing dintên ingkang katêmtokakên, ewon cacahing kênya ingkang dhatêng. Marakipun gêntos-gêntos, katimbalan majêng saking satunggal. Sadumuginipun ing ngarsa sami kaparingan ganjaran sowang-sowang. Ingkang sami katimbalan wau, satunggal kemawon botên wontên ingkang kuwawi kapanduk ing cahya prabaning wadana, mila sasampunipun anampèni ganjaran, lajêng enggal-enggal mundur palarasan. Saha sadaya botên wontên ingkang [ing...]

--- 18 ---

[...kang] dados panujuning panggalih. Sarêng sadaya sampun sami mundur, tuwin ingkang minăngka sadhiyan ganjaran sampun têlas, Waragopa atmajaning Sakya Dandhapani majêng marak ing ngarsa, botên mawi ulap tumingal sang narpasunu sarwi matur: Gusti, anggèn kawula botên kaparingan ganjaran punika, punapa sabab saking kalintuning patrap kawula, ngantos nuwuhakên runtiking panggalih dalêm. Sang pangeran mangsuli pangandika manis: Mangkono iku ora pisan-pisan. Mungguh sababe ora liya, saka kèrining têkanira, dadi ora kumanan ganjaran, wus êntèk sun paringake kang têka dhingin. Ngandika makatên wau kalihan anglolos agêmipun kalpika kaparingakên Waragopa (Gopâ), pangandikanipun: Ora liwat kalpika agêm ingsun iki bae para tampanana, minăngka ganjaran.

Para juru panuksma utusanipun sang prabu, ingkang sami andikakakên lampah sandi angawasakên punapa ingkang klampahan sadangunipun putra dalêm kaparak para kênya wau, sarêng sumêrêp makatên punika lajêng enggal sowan ing ngarsa dalêm, angunjuki uninga bilih sang pangeran kawistara kapinujon ing galih umiyat ing Waragopa. Sang prabu sanalika lajêng utusan Imam kraton kasêbut ngajêng, kapanggih Sakya Dandhapani mundhut atmajanipun, calon kaparingakên sang rajaputra.

Sang Dandhapani botên nayogyani, malah sêndhu ing wangsulan kanthi panguman-uman sajak angerang-erang: Kyai, jêngandika munjuk sang prabu, bilih anak kula èstri botên badhe kula dhaupakên kalihan satriya ingkang tanpa pinardi ing kaprawiran. Sabab sampun dados adat kalimrahaning lêluhur kula, [ku...]

--- 19 ---

[...la,] ingkang ingambil mantu namung satriya di prawira ing ayuda, putus ing saulah kridhaning prang, prakosa dibya nung. Măngka sang pangeran punika, kyai, botên nama mumpuni ing kagunan. Dhatêng wêwaton anggêr-anggêripun tiyang prang tandhing botên wanuh. Sampun ingkang makatên malih sagêda, anjêmparing utawi gêlut kemawon botên sagêd, kados pundi. Hla, punapa timbang upami dhaupa kalihan anak kula.

Sang prabu duka sangêt midhangêt atur pratelanipun Imam makatên punika. Pangudasmaraning galih: Hêm, pindho iki pamrêdiningsun mring putra cinawadan ing liyan. Măngka sanyata mula pancèn mangkono. Biyèn ingsun tau andangu: Ya gene para Sakya mudha-mudha têka datan ana kang sowan angabêkti marang kaki putra, padha amangsuli: Pedah punapa sowan angabêkti rajaputra nglêmêr klular-klulur. Samêngko cineda mangkono manèh. Mila sang nata têmahan sangêt tikbra ing panggalih.

Sang pangeran pirsa ingkang rama sangêt sungkawa, lajêng sowan ing ngarsa. Sasampuning nyêmbah nulya matur: Kawula nuwun, rama, kêparênga kawula nyuwun pirsa, punapa ingkang sampeyan dalêm panggalih, dene kawistara nahên sungkawa. Dhawuh wangsulanipun: Kulup, aywa sira têtanya, mundhak amuwuhi turidaningsun. Sang pangeran mangsuli atur: Kawula nuwun, rama, sèwu dêduka dalêm kawula suwun. Lêpat nyuwun sih pangaksama dalêm. Prakawis ingkang anjalari runtag rêntênging panggalih, punika punapa botên prayogi kawahyakakên. Sang prabu mêksa dèrèng karsa sajarwa. Makatên punika ngantos kaping tiga, sang nata sawêg karsa pasaja.

--- 20 ---

Sang pangeran munjuk: Kawula nuwun, bilih namung makatên, punika prakawis gampil. Kauningana, rama, botên wontên tiyang ingkang sagêd animbagi kasudibyan kawula. Midhangêt aturing putra makatên punika, pasuryan dalêm sumringah dening tustha ing galih. Pangandikanipun: Têmên, aturira iku, kulup. Ingsun kapengin pirsa tăndha yêktine. Atur wangsulanipun: Kawula nuwun, sèstu, rama. Kawula turi nglêmpakakên para wara yodha ingkang sampun kasusra putus ing saulah kridhaning prang, tuwin para danuja ingkang misuwur mumpuni ing kagunan. Lah, jagat tamtu badhe nyipati piyambak, bilih kawula pranyata sudibya măndraguna tanpa sasama.

Botên antawis dangu gêntha kêkêlèng walantaga sapraja Kapilawastu kaungêlakên sarêng minăngka têngara dhawuhing nata dhatêng tiyang sapraja, paring uninga bilih sang narendraputra karsa mitongtonakên kasudibyaning sarira, para wira wara yodha sudibya nung kasêdhahan angêmbarana.

Sarêng dumugi ing pêndhak dintênipun, para wira wara yodha mudha-mudha băngsa Sakya kathahipun gangsal atus, sami ngêmpal. Sayêmbara nata: singa unggul ing saniskara, jinodho kalihan Waragopa.

Lajêng sami bidhal dhatêng ranasaba, papanipun ing sajawining kitha. Lampahipun arak-arakan rame abayak-bayak mawi rêrênggan saklangkung asri. Ingkang dados cucuking lampah Sang Dewadata (Devadatta) satriya kumlungkung lumuhur-luhur, kalêrês putra kapenakanipun sang prabu. Sarêng ngajêngakên dumugi ing gapura sakèthènging kitha, kapêthuk tiyang sawatawis ngiringakên liman pelag ing warni, pisungsungipun tiyang Wisali (Vaiçâli) calon katur sang rajaputra. Dewadata bêntèr [bê...]

--- 21 ---

[...ntèr] ing manah dening mèri, dhasar satriya ladak kaduk ugal-ugalan. Cêg tlalening liman cinandhak ing asta kiwa, sirah jinagur ing asta kanan, liman ambruk pêjah kapisanan.

Sundaranda (Sundaranda) ingkang lumampah sawingkinging Dewadata, sumêrêp bathanging liman lajêng pitakèn: Sapa kang matèni gajah iki. Tiyang ingkang sami rubung wontên ing ngriku saur pêksi amangsuli: Sang Dewadata. Sundaranda wicantên: Yèn mangkono Dewadata agawe piala gêdhe. Wicantên makatên punika kalihan nyêpêng buntuting liman kasèrèt mêdal sajawining sakèthèng.

Katungka praptanipun sang pangeran jumênêng wontên ing rata, sarêng uninga bathanging liman andangu: Sapa kang matèni gajah kuwe. Ingkang kadangu munjuk punapa wontênipun. Ing galih sang pangeran maoni dhatêng lêkasipun Dewadata makatên punika, lajêng ngandika: ora prayoga yèn bathange ditinggal kênthang-kênthang ana ing kono, kajaba angambon-amboni, bisa nuwuhake lêlara. Buntuting liman lajêng kajêpit mawi tuhitaning pada, kalihan sakeca jumênêng wontên ing rata, kauncalakên dhatêng sajawining baluwarti, saking sal kontal dhawah têbih sangêt ngantos pintên-pintên pal.

Sadaya ingkang sami sumêrêp, surak asuka-suka angalêmbana. Para dewa putra sami ngidung sêsanti angêngudang sang rajaputra: Sing sapa kawawa anguncalna dwipangga srana tuhitaning pada, bisa langkah baluwarti êsap sapta, tuwin jagang iya êsap sapta, sayêkti dening waskitha tuwin kawicaksananing driya, iya bakal datan kewran angasorna prabawaning para kinawasa kang kajèn kèringane tuwuh saka pangăngsa-ăngsa lan murkane marang pakurmatan.

--- 22 ---

Kacariyos lampahipun sampun dumugi ing ranasaba. Sang prabu lajêng pinarak ing singangsana ingadhêp para luhur kula yuda bala santana.

Lajêng wiwit ngabên kagunan bab kasusastran, ingkang pinilih dados kali damar sang paramèng sastra Wiswamitra. Rèhning Wiswamitra sampun lami sumêrêpipun malah nêksèni piyambak bilih sang pangeran nyata sambegana putus dhatêng salwiring rèh kasusastran, mila lajêng wicantên: Aku wani masthèkake, mêsthi sang pangeran kang unggul ing prakara iki, sabab kowe utawa aku, ora ana kang ngêrti marang sakèhing sastra, ing sajagat iki. Aja manèh sing ngêrti, ngarani warnane bae ora bisa. Măngka sang pangeran sagêd.

Sayêmbara ingkang kaping kalih, bab etang. Ingkang piniji anêksèni: sang nawung kridha widagdèng kawruh etang Arjuna (Arjuna). Sanalika sang narendraputra lajêng damêl sualan. Para Sakya satunggal kemawon botên wontên ingkang sagêd. Sang pangeran lanêng[4] dhawuh gêntosi nuala. Para Sakya lajêng gêntos-gêntos anyual, sadaya botên wontên ingkang kawangsulakên, tur panggarapipun namung kalihan sakeca kemawon. Bêntèr manahipun para Sakya, lajêng sami rêrêmbagan ngarang sualan ingkang saklangkung angèl. Punika ugi kaparingan jawaban sarana ayêm kewala.

Sang Arjuna mlêngak saha gumun sangêt, sang pangeran lajêng dipun parabi: samodraning pangawikan.

Prabu Sudadana andangu: Kulup, apa wani sira tandhing kabisan karo Si Arjuna. Aturipun: Kawula nuwun, sêndika. Sang Arjuna lajêng wiwit nyual: panjênêngan paduka punapa ngêrtos dhatêng gunggungan Kotisatotara

--- 23 ---

(Kotiçattotara). Sang pangeran mangsuli: Ngêrtos, Arjuna nyuwun pirsa: Sumăngga, kawiwitana. Tanpa mawi manggalih dangu, sak kal sang pangeran sagêd paring wangsulan kalihan patitis, malah sagêd paring katrangan cacahe peranganipun rêdi Mèru (Meru) tuwin sagêd angetang sapintên kathahipun wêdhi ing banawi Gangga (Gangâ). Punika wau sadaya kalampahanipun sakêdhap sangêt, bêbasan namung sakêdhap netra.

Arjuna rumaos kawon. Lajêng gêntos sayêmbara balapan: lumpat-lumpatan, nglangi, pêplajêngan, sapanunggilanipun. Sadaya botên wontên nyăngga. Gêntos sayêmbara gêlut, ingkang majêng Nanda (Nanda) kalihan Ananda (Ânanda), sang pangeran kinarubut kalih. Dèrèng ngantos gêlut, kalih pisan sawêg kasenggol kemawon sampun sami dhawah glimpangan. Dewadata gêntos majêng, lampahipun dipun damêl-damêl, sajak namung sasêkecanipun, ing batos mêsthèkakên mênangipun, dening sangêt angêgungakên ing karosanipun, sêngunging manah: Sajagat măngsa anaa kang mêmadha aku. Sarêng cêlak, paningsêtipun Dewadata kaasta sang pangeran, kajunjung ngungkuli mastaka, kaobat-abitakên muwêr kados likasan kaping tiga, lajêng kajungkir kasèlèhakên ing siti, botên ngantos tatu. Sang pangeran lajêng kinarubut ing kathah. Sadaya wau namung dipun jawili kemawon, ewadene sami dhawah pating sulayah.

Sapunika gêntos ada. Sakya Dandhapani gadhah pêpanggil: jêmparingan, lesanipun tosan, têbihipun kalih atus jangkah. Sang pangeran kirang marêm, lêtipun mundhut sèwu jangkah, kowong tosan pinasang sangajênging tal [ta...]

--- 24 ---

[...l] pêpitu jèjèr urut-urutan, saha sawingkinging tal ingkang kapitu (wingking piyambak) pinasangan rêca wara atosan, punika ingkang minăngka lesan.

[Grafik]

7. Sayêmbara anjêmparing.

Sang pangeran lajêng mundhut gandhewa dibya, pilih janma kang kawawa amênthanga. Sasampuning jêmparing pinasang ing kêkêndhêng, langkap pinênthang mawi dariji kering kalihan lênggah, swara gêrot angajrihi, tanpa mawi winawas, ewadene laraping warastra sangêt pênêr ngèngingi kowong tosan nratas uwit tal kapitu pisan, bablas cumègêr mencok ing rêca andhapan.

Gêr surakipun para dewa ing awang-awang sami suka-suka sêsanti manadukara. Sakya Dandhapani ngakêni kawonipun, gupuh nyaosakên atmaja Waragopa dhatêng sang narpaputra. Minăngka pikawonipun. Sang pangeran anampèni, lajêng paring ganjaran dhatêng sang dèwi awarni sêsotya maneka warna, sarêng sampun saantawis lajêng bidhal kondur, sarawuhipun ing kadhaton têrus among suka langêning wardaya linadosan para wanudya.

--- 25 ---

11. Pirsa Tiyang Kaki-kaki, Tiyang Malanên, Tiyang Pêjah, Pêkir.

Anuju ing satunggiling dintên sang pangeran dhawuh dhatêng lurah kusir pun Candaka (Chandaka): Rata titihan ingsun para sadhiyakna, ingsun arsa tindak amêng-amêng mênyang taman. Candaka munjuk sandika, saha lajêng nyadhiyakakên rata. Sang pangeran lajêng nitih rata bidhal dhatêng taman, kadhèrèkakên para brêtyapati, tuwin ginarêbêg para wanodya. Tindakipun miyos ing margi ingkang sampun pinajang-pajang asri.

[Grafik]

8. Pirsa tiyang kaki-kaki.

Sarêng dumugi ing sakèthènging kitha ingkang sisih wetan, kapêthuk tiyang sêpuh sampun kaki-kaki, gêgêr wungkuk lampahipun sêmpoyongan. Sang pangeran dhawuh angêndhêgaken rata, karsa namat-namatakên kaki-kaki sêpuh wau, wasana pangandikanipun: Dhuh,dhuh, besuk ingsun iya bakal kaya mangkono, sabab ingsun iki uga manungsa, ya gene ingsun têka katungkul ngenak-enak among suka langêning wardaya. Lajêng dhawuh kondur, sarawuhipun ing kadhaton [ka...]

--- 26 ---

[...dhaton] sang pangeran botên kêndhat anggagas kawontênan ingkang nêmbe kawuryan wau.

[Grafik]

9. Pirsa tiyang malanên.

Ing sanès dintên, tindak pêpara malih miyos sakèthèng kitha kidul. Priksa tiyang nandhang sakit budhug ambadhêdhêg bêdhah dados borok barah wradin badan sakojur. Sang pangeran kandhêg dangu amaspaosakên, sarêng sampun têrang ing pamriksanipun, lajêng kondur. Wontên ing kadhaton botên sanès ingkang kapanggalih, kajawi prakawis wau.

[Grafik]

10. Pirsa tiyang pêjah.

--- 27 ---

Ing sanèsipun dintên malih sang pangeran tindak cangkrama, miyos ing sakèthèng kitha sisih kilèn, dumugi sajawining praja miyarsa tangis sêsambat angaru-ara, nulya andangu dhatêng kusir bokmanawi sumêrêp ingkang dados darunaning tangis angaru-ara wau, kusir munjuk, bilih wontên layon kaangkatakên dhatêng astana mawi tinangisan. Sanalika lajêng dhawuh ngingêr puspaka kondur. Sarawuhipun botên sah amanggalih bab cêlaking gêsangipun manungsa wontên ing arcapada.

[Grafik]

11. Pirsa pêkir.

Sang pangeran karsa tindak pêpara sapisan êngkas, nitih gotaka rinêngga, tindakipun miyos sakèthènging kitha sisih lèr. Prapta sajawining praja anon pêkir lumaksana kawistara ayêm sênêng ing wardaya. Sang pangeran andangu dhatêng kusir: Kae sapa. Ingkang dinangu matur pratela. Sang pangeran angandika: Iya wong kang mangkana kae kang dadi panujuning panggalih ingsun. Para sarjana padha angalêmbana wong kang sêtya tuhu marang agamane. Sabab wong kang mangkono mau ora mung makolèhake awake dhewe. Sanyatane iya urip cara magkono iku kang bisa agawe sênênging ati.

--- 28 ---

Konduripun sang pangeran dhatêng Kapilawastu kanthi suka pirênaning galih, ngantos dumugi ing dalêm pisan taksih kawistara suka.

Kusir enggal sowan ing ngabyantara nata angunjuki uninga sadaya ingkang sampun kalampahan kala sang pangeran tindak pêpara wau. Sang prabu sakala lajêng èngêt dhatêng sadaya jăngka pamêcaning para yati wara, wasana kagungan panggalih: ingkang tamtu putra dalêm badhe tumuntên tilar kawibawan nelad para maharsi ngudi karahayone sakathahipun dumadi, mila sang prabu lajêng ambudidaya ngupados sarana ingkang kenging kangge angalang-alangi karsanipun putra, lajêng dhawuh sakathahing kori ingandikakakên anjagi prajurit sagêlar sapapan, saha para putri kadhawuhan anglêgani punapa karsanipun, saha ambêbujuka sang pangeran supados tansah sênêng tuwin kraos wontên ing dalêm.

Sadaya dhawuhipun sang nata kalêksanan. Nanging sang rajaputra botên keguh, malah saya mêmpêng ing pambudi ngupaya sarana amrih kasidaning sêdya, nadyan têtela botên dados kêparênging rama.

12. Sang Nata Wawan Sabda kalihan Putra.

Ing satunggaling dintên wanci dalu, sang pangeran sowan ingkang rama, lênggah cakêt sisihing rama, sarwi munjuk: Kawula nuwun, rama, panyuwun kawula ing ngarsa dalêm, mugi sampeyan dalêm botên angalang-alangi sêdya kawula, sabab sapunika sampun dumugi ing măngsa, kawula kêdah lumaksana atilar kamuktèn tuwin kawibawan, ingkang makatên wau mugi sampun pisan anuwuhakên [anuwuh...]

--- 29 ---

[...akên] dêduka dalêm. Panyuwun kawula mugi sampeyan dalêm malah karsa anjurungi.

Sang prabu mangsuli pangandika sarwi muwun: Kulup, sira sun wênangake nyênyuwun apa bae marang panjênêngan ingsun, lan uga bakal sun pituruti, sok uga wurung ênggonira sêdya anis atinggal praja. Kadhaton, rajabrana, nagara, dalah sariraningsun pisan, kabèh sus[5] rilakake marang sira, waton sêdyanira tinggal kawibawan sira wurungake. Kulup, aywa pisan sira tega ninggal mring ingsun.

Rajaputra munjuk, lirih rèrèh tanduking atur: Kawula nuwun, rama, sandika kawula nglampahi dhawuh dalêm, sande anggèn kawula badhe tilar kawibawan, sok ugi sampeyan dalêm sagêd maringi panyuwun kawula kawan prakawis punika. Sapisan: sampun ngantos sêpuh. Kaping kalih: ênèm saha bagus kawula sagêda langgêng. Kaping tiga: kalis ing sêsakit. Kaping sakawanipun: lêpat ing pêjah.

Prabu Sudadana mangsuli pangandika èsmu sungkawa: Mokal kulup, yèn ingsun bisaa minangkani panyuwunira kang patang prakara iku.

Unjukipun sang pangeran: Kawula nuwun, rama, manawi panyuwun kawula kawan prakawis wau, sampeyan dalêm mokal sagêdipun minangkani, nuwun inggih sampun botên dados punapa, ugêr sampeyan dalêm karsa tanggêl bilih kawula botên kêdah tumimbal lair malih.

Sasagêd-sagêd sang prabu nyarèhakên panggalih, sarta paring pangandika kathah-kathah dhatêng putra dalêm, murih kasupèna dhatêng karsanipun ingkang nyalênèh bènèh [bè...]

--- 30 ---

[...nèh] kalihan tiyang kathah wau. Nanging sarêng uniga bilih sadaya wau tanpa guna, lajêng ngandika ulas-ulas mangayubagya karsaning putra: Ya, wis ta, kulup, yèn sira mêksa kapiadrêng nêdya ngluwari băngsa manungsa, sakarêpira ing kana.

Sang pangeran lajêng mundur saking ngarsa dalêm, wangsul dhatêng kaputran. Sapêngkêripun sang pangeran, sang prabu lajêng dhawuh nglêmpakakên para priyagung pratiwa manggalaning praja, kapundhutan rêmbag kadospundi reka dayanipun murih sagêd nyandèkakên sêdyanipun sang pangeran. Giliging rêmbag: sadaya kori sakhèthènging kitha kêdah kajagi, samăngsa-măngsa sang pangeran lumaksana nêdya lolos anis saking praja, kadhawuhan sami amênggaka. Upami mêksa kapidêrêng ing karsa mêksa badhe tilar praja, kadhawuhan sami anggondhèlana, karêrămpaa kondur, măngsa kuwawia botên sang pangeran sarira satunggal anyêmbadani karosanipun prajurit kathah.

Lajêng kalêksanan sami sanalika, Sakya gangsal atus mangkat nuju sakèthènging kitha sisih wetan, ambêkta prajurit pêpilihan gangsal atus, kreta gangsal atus. Makatên ugi ingkang nuju sakèthènging kitha sisih kidul, kilèn, utawi lèr, botên prabeda kalihan ing sisih wetan wau.

13. Sang Pangeran Dhawuh Dhatêng Candaka Ngabili pun Kantaka. Lolos saking Nagari.

Gantos kacariyos, ing wêkdal punika ugi para dewa ing wukir Mahamèru inggih sami parêtan.[6] Sang Hyang Cakra suka pirêmbag dhatêng para dewa, ingajak saeka [sa...]

--- 31 ---

[...eka] praya mitulungi sang pangeran anggènipun karsa lolos saking praja. Para dewa lajêng sami bidhal dhatêng kaputran angatingali sang narendra putra, nglêrêsi nuju lênggah ijèn wontên ing tilam. Para dewa matur linuding kidung mardu mardawa, mripih ngrêrêmih manuhara nglêlipur driya sungkawa, sang pangeran kaaturan enggal tumuntên bidhal, botên usah mawi rangu-rangu utawi uwas sumêlang malih. Sang pangeran parêng. Sarêng wanci têngah dalu sang pangeran animbali Candaka, sarêng sowan lajêng kadhawuhan anyadhiyakakên titihan, dhawuhipun: Candaka, titihan ingsun si kantaka, sira abah-abahana, sabab ing sawêngi iki uga ênggon ingsun nêdya anyampurnakake karahayon kang wus sun impi-impi lawas. Mulane Candaka, dikêbat, aja kêsuwèn, sêdyaningsun kukuh apêngkuh wus sasat gunung Mahamèru.

[Grafik]

12. Candaka tampi dhawuh ngabili pun kantaka.

Candaka munjuk sandika, lajêng kesah, sadumuginipun ing gêdhogan, kantaka ambrêngingèh, swaranipun sora sangêt, ngantos kêpirêng sapos mubêng.

Sarêng kantaka sampun ingabah-abahan sarta kaprada tracakipun, lajêng

--- 32 ---

kasadhiyakakên. Sang pangeran nulya nitih, para Yaksa (Yaksya) lajêng tumandang, sang pangeran satitihanipun ingangkat rêgiyêng kabêkta mumbul ing awang-awang lêpas apindha kilat. Hyang Brahma, Hyang Cakra, tuwin para dewa sanès-sanèsipun sami angrumiyini anêdahakên margi, rame swaranipun: Miyos ngriki, miyos ngriki. Para widadari ing Surendra bawana sami angêngidung rêrêpèning swargaloka.

[Grafik]

13. Lolos saking nagari.

Kacariyos lêpas tindakipun sang rajaputra, sampun anglangkungi jajahanipun para Sakya, Kodya (Kodya), tuwin Malla (Malla). Ngajêngakên wanci gagat bangun dumugi ing Anumeneya (Anumaineya), prajaning praja Meneya (Maineya), wontên ing ngriku sang pangêran têdhak saking titihan, sasampunipun matur nuwun kathah-kathah dhatêng para dewa, dene sampun kêparêng sami anjagi dhatêng tindakipun, lajêng nyuwun pamit, para dewa kaaturan sami kondur. Pangudasmaraning galih: Si Candaka karo si kantaka, prayogane iya ingsun purih bali tumuli. Wasana pangandikanipun: Ingsun wis mawiku, dadi ora prayoga yèn ingsun isih angingu rema. Rêkatak narik agêmipun sabêt, [sa...]

--- 33 ---

[...bêt,] rema kapagas: thêl, kaawur-awur, tinadhahan para dewa Traya Sêtrinka (Traya-Setrinka), kabêkta dhatêng kaswarganipun, wontên ing ngriku dipun pêpêtri sangêt. Ngantos sapriki para dewa taksih sami nglêluri nglêstantunakên angriayakakên dintên pagasing rema wau.

[Grafik]

14. Sang Bodhisatwa paras rema.

Sarampunging paras, sang pangeran tuwuh ciptaning panggalih nêdya rucat busana, panglocitaning wardaya: Busananingsun iki, rak dudu anggon-anggoning para rêsi, mulane ingsun iya prayoga rucat busana, salin anganggo jubah irêng kaya salumrahe maharsi têtapa. Kala sang pangeran kagungan cipta ingkang makatên wau, ing nalika punika ugi para Dewa Sundawa-Sakayika (Cuddhava-Sakâyêkâ) kagungan panggalih, bilih sang pangeran bêtah jubah anggèn-anggèning para rêsi, mila lajêng matah salah satunggiling dewa putra angejawantah ing arcapada mindha-mindha grêma ambêbêdhag sato wana, sowan ing ngarsanipun sang rajaputra sarwi nyangking jubah langking. Sadumuginipun ing ngarsa, sang pangeran ngadika: Kisanak, yèn sira sarju ing wardaya, mayo padha liru busana. Agêm-agêmaningsun [Agêm-agêmaning...]

--- 34 ---

[...sun] raja kaputran iki kabèh sira êpèka,dene jubah kang sira gawa iku sun pundhut minăngka lêliru. Ingkang pindha grêma sarujuk, mila lajêng kalampahan lêlintonan. Sarêng sang pindha grêma sampun ananggapi busana raja kaputran agêmipun sang rajaputra, lajêng mêsat angambara mahawan wiyati wangsul dhatêng Surendra bawana, wontên ing ngriku busana wau pinapêtri sangêt. Umyung swaraning têtabuhan tuwin rame swaraning slomprèt kabingahan ing loka bawana. Para dewa sami ngejawantah tumurun ing madyapada sumêmbah angaras pada ngabêkti sang rajaputra.

__________

Lajêngipun ing ngajêng.

Sigêg gantya ingkang winursita. Sarêng dungkap ing wanci enjing, têtiyang sapraja Kapilawastu sami kagegeran, opyak kecalan sang rajaputra, sangsaya ing salêbêting kadhaton, gumêrah swaraning tangis. Wanodya sèwu kalangênanipun sang rajaputra sami sarêng karuna, warni-warni solahipun, wontên ingkang nangis kalihan lulur-lulur suku, wontên ingkang gêgulungan, wontên ingkang têbah-têbah dhadha, sawênèh nangis kontrang-kantring, kalorehan yèn kacariyosna sadaya.

Dèwi Gopa saking sangêting duhkita, kantaka gumuling ing kisma, sarêng èngêt karuna sêsambat amêlasarsa sarwi ngrontog-ngrontog rema.

--- 35 ---

Sang prabu dahat rudah ing panggalih. Nulya utusan pêpilihaning prajurit kêkapalan, kadhawuhan anututi sang pangeran. Dèrèng ngantos têbih saking kitha, kapêthuk dewa putra ingkang pindha grêma ngampil agêm-agêmanipun sang rajaputra, katangsulan dados satunggal sinunggi ing mastaka. Tanpa mawi pinariksa titi, dewa putra wau cinêpêng ing kathah nêdya dipun têlasi, jêr kanyana nyedani sang rajaputra. Rahayunipun kadêngangan Candaka nganthi kantaka, punika ingkang angandharakên salwiring lêlampahanipun sang rajaputra kalanipun lolos ing dalu, wiwitan dumugi pungkasan. Têmahan sang dewa putra linuwaran, têrus napak jumantara kondur ing ari bawana, busana lêstantun binêkta.

[Grafik]

15. Dewa putra ngampil pangangge pêkir.

Rèhning manut pratelanipun Candaka, bilih puguh ing sêdyanipun sang narendra putra pêngkuh bakuh sasat Mahamèru giri, botên badhe luntur dening pitutur, botên badhe mêndha dening basa manuhara, tuwin botên badhe wontên kakiyatan ing madyapada ingkang sagêd anggingsirakên sêdya wau, mila têmahan lajêng sami wangsul kalihan tikbraning driya.

--- 36 ---

Sadumuginipun ing nagari trus sowan ing ngabayantara nata ngaturakên salwiring rèh dinuta. Nata miyarsa mangumonêng kaonêngan, dahat wiyoganing galih, karantan ingkang tilar puri. Têtiyang sapraja Kapilawastu sangsaya ing salêbêting kadhaton sami sangêt susahing manah bela sungkawaning nata. Sampun ingkang simaking manungsa botêna prihatos, dalah pun kantaka têka inggih katingal susah. Candaka botên kêndhat anglêlipur, dipun cariyosi kathah-kathah, bilih ing têmbe manawi dumugi ing janji, mêsthi angsal swarga, minăngka ganjaran anggènipun sampun angladosi tuwin anglabuhi sang narendra putra, wasana sagêd lipur.

14. Aratha Kalama

Sang Bodhisatwa samangke mangagêm cara pêkir, tindak dhatêng griyaning Brahmani Saki (Çaki) lan Padma (Padma), sakalangkung sinuba-suba, saking ngriku lajêng têdhak ing pratapanipun Brahmana Rewata (Raiwata), tuwin Rayaka (Râyaka), inggih punika putra Datrimadandhi (Datrimadandhi), satêmah Sang Bodhisatwa dumugi ing kitha Wesali (Vaiçali).

Kala samantên ing kitha ngriku wontên satunggaling pandhita adêdunung anama Aratha Kalama (Arâtha Kâlâma) ingkang sakalangkung kathah Srawaka (Çravaka)- nipun saha muridipun wontên saking tigang atus. Mênggah piwulangipun pandhita wau ingkang minăngka dhêdhasar, manusa kêdah mêngkêr dhatêng kadonyan sarta kêdah nglampahi papa.

--- 37 ---

[Grafik]

16. Aratha Kalama ngurmati Sang Bodhisatwa.

Sarêng Aratha Kalama sumêrêp dhatêng Sang Bodhisatwa, lajêng wicantên dhatêng murid-muridipun: Dêlêngên, baguse wong kae. Wicantên makatên punika kalihan ngadêg angurmati ingkang rawuh. Sang Bodhisatwa mangsuli kurmat sarta ngandika makatên: Kyai pandhita Aratha Kalama, kula kapengin dados Brahmanacari.[7]

Wangsulanipun Aratha Kalama: Inggih prayogi, sumăngga kalampahana, sok tiyanga ingkang purun ngandêl sakêdhik kemawon dhatêng wêwulangan kula, amasthi gampil angsal kawicaksanan linangkung.

Sang Bodhisatwa lajêng malêbêd dados muridipun Aratha Kalama, tinampèn ing gurunipun kanthi pakurmatan agêng. Ananging sarêng wiwit kawêjang, Sang Bodhisatwa lajêng pirsa, bilih piwulangipun Aratha Kalama wau lăngka sagêda nuntun dhatêng kasampurnan.

--- 38 ---

15. Sang Buddha Tapa Brata.

Kacariyos sang narendra putra ingkang apindha wiku, karsa tindak dhatêng Magada (Magadha), madhepokan wontên ing wukir Pandhawa (Pandhawa), tinuguran ing dewa makêthi-kêthi mayuta-yuta. Dene wukir Pandhawa wau kalêbêt jajahanipun praja Rayagriha (Raya-griha) krajanipun Magada.

Wontên ing padhepokan ngriku sang pindha wiku dahat amanting raga, murwèng angga mêsu sarira anêgês karsa, sarwi anglêlimbang salwiring rèh lêlampahanipun para dumadi. Makatên punika ngantos nêm warsa. Nuju bantêr-bantêripun măngsa badhidhing, sang tapa karsa nikêl brata, nanging salêbêtipun wolung dintên kagol-kagol kewala, dening rakaosing uswasa, ewadene botên mêndha, malah tutuk, grana, tuwin talinganipun tinutup rapêt sinumpêlan, sarwi angandika: Wasitaning para brahmana, manungsa bisa suci sarana angêngurangi, mulane ingsun prasêtya ing ati ora ambukti saliyane woh kola (Kola) siji ing saari. Saking sangêtipun amati raga sang tapa ngantos kêra sangêt, padharan nglêmpèt, bilih asta katumpangakên ing udara, kraos anggêpok ula-ula. Saha ngantos botên sagêd jumênêng, sabên gumregah nêdya jumênêng, tamtu lajêng ambruk. Ewadene manggalih taksih kirang sêru ing brata, dhaharipun kasuda, mantun dhahar kola, namung nguntut wos saêlas sadintên, pinasthi botên kenging langkung. Lêt sawatawis măngsa sinuda malih dhaharipun, namung dhahar jawawut saêlas sadintên. Saking sangêting kapati brata, sang tapa ngantos anggagra kusika, warnining sarira ingkang suwau jêne wênês, sapunika dados cêmêng. Têtiyang ingkang langkung sangajênging padhepokan, sami angêlokakên: Dêlêngên,

--- 39 ---

pandhita têtapa kae, wis ora siwah karo iwak Madgura (Madgura), măngka dhèk tapa anyar-anyaran bagus, cahyane anitis ing rêmbulan. Sang tapa botên mraduli, eca lênggah sila mêpês, kawistara kados botên pisan angraosakên sayah ing atma. Nadyan kraos bêntèr dening kapanasan, botên karsa ngaub. Kosok wangsulipun manawi enjing, nadyan asrêp, kêkês, anjêkuta kados punapa, inggih botên karsa kêkaring ngangêt-angêt sarira. Botên ajrih kajawahan utawi kenging angin. Dalah tuma, lêmut, anyakoti sarira botên pinraduli. Sawêr kumliwêr ing ngarsa, botên kamunasika. Bobotan utawi turas, botên nate. Manawi sare namung kalihan lênggah. Bilih nuju jawah dêrês, utawi jawah woh, ingkang minăngka aling-aling, gumpita kinudhungakên ing mastaka. Lare-lare jalêr èstri, tiyang angèn, blandhong, tuwin tiyang ngupados rabuk talethong lêmbu, manawi langkung ing ngarsanipun sang tapa, masthi sami anggêgujêng kalihan moyoki: Wong jare kaya kamprèt.

Saking sangêting kêra, ngantos manawi talingan sinogok mawi rumput, sagêd anjêbol dumugi ing grana. Manawi grana ingkang sinogok, rumput sagêd mêdal saking talingan, dene manawi kalêbêtakên saking tutuk, sagêd têrus mêdal saking grana utawi saking talingan.

Salêbêtipun sang pindha wiku kapati brata, para dewa botên kêndhat rintên dalu sami anjagi. Makatên ugi Prabu Sudadana, sabên dintên utusan andangu kawontênaning putra.

--- 40 ---

16. Panggodhanipun Mara.

Kacariyos Mara (Mara) dewataning panggodha, salaminipun sang pindha wiku manting raga kapati brata, botên kesah-kesah saking pêngkêranipun sang tapa, pijêr angawasakên singsènipun sang tapa kengingipun ginodha. Sarêng sang pindha wiku sampun anggagra kusika, Mara matur angasih-asih: Dhuh, sang sudibya darahing Sakya, sumăngga kawula aturi jumênêng amudhara tapa. Punapa ta, prêlunipun manting raga masuh sarira ngantos kados makatên. Punapa gêsang wontên ing madyapada punika dede unggul-ungguling kanikmatan. Mila mumpung taksih mêmpêng ing wanci panjênêngan paduka kawula aturi anggêsang ngagêm kalimrahaning kathah, sasampunipun punika sumăngga manawi badhe andumugèkakên karsa anggêlarakên: darma.

Sang tapa mangsuli pangandika: Hèh, Mara, têkanira ing kene iki rak mung amburu melik, goroh yèn tanpaa pamrih. Mulane enggal sira lungaa, antènana mêsthi ora lawas sira bakal kêplayu dening ingsun. Mara dahat kacuwan ing manah, sêmperat kesah, sarwi tansah angulir budi, sagêdipun malês ukum.

Sang pindha wiku mêksa dèrèng karsa luwaran, nanging sarêng kapanggalih tapa brata kados ingkang linaksanan punika botên pisan-pisan sagêd dados panuntun ingkang dhatêng pangruwat tuwin katêntrêman, punapa malih tangèh sagêdipun angsal kasampurnaning kawicaksanan sajati, lajêng karsa mudhar tapa, botên andumugèkakên cêcêgah, nulya karsa dhahar kados salimrahing tiyang, pangandikanipun: [panga...]

--- 41 ---

[...ndikanipun:] Wiwit dina iki ingsun bakal mangan nganti samarêm ingsun, pangandikanipun wau inggih lajêng dipun laksanani.

17. Buddha Têdhak Dhatêng Bodhimandha.

Lare-lare èstri sacêlakipun ing ngriku sami nyaosi dhêdhaharan, inggih lajêng dipun dhahar, anjalari pulihing cahya ujwalaning netya, tuwin warni jênar wênêsing sarira.

Sasampunipun dhahar lajêng siram ing bênawi Neranyana (Nairanyana), sawarnining rêrêgêd ingkang tumèmplèk ing sarira salêbetipun nêm warsa, têlas rinêsikan sadaya. Nulya lênggah ing amparan pisungsungipun putri naga, putranipun naga raja ing salêbêting toya. Botên dangu Suyata (Suyata) inggih punika satunggiling kênya ingkang pinunjul ing warna tanpa sama ing sakiwa têngênipun ing ngriku, marak ing ngarsa, ngampil bubur puhan lêmbu winadhahan ing lancang kêncana, kacaosakên Sang pindha wiku. Tinampèn nulya kadhahar, têlas. Wasana ngandika ing salêbêting galih: Rèhne ingsun wis dhahar bubur pisungsunging Suyata, mêsthi ingsun bakal bisa anggayuh kawicaksanan kang linuwih. Nulya jumênêng saking palênggahan nêdya tindak dhatêng Bodimandha (Bodhimandha) panggenan wit kawruh. Para Sidyagana dewataning angin tuwin jawah gupuh sami anjawahakên sêkar saha wangi-wangi urut margi ingkang dhatêng Bodhimandha. Wit-witan ing sakiwa têngêning margi ingkang kalangkungan ing tindakipun sang pindha wiku, sami tumiyung saèstha tumungkul asung kurmat, jabang bayi ingkang lair ing dintên punika, anggènipun [anggèni...]

--- 42 ---

[...pun] tilêm sadaya mujur dhatêng Bodimandha. Rêdi Mahamèru, malah sadaya rêdi sami mubêng, puncakipun tumiyung ngênêr dhatêng sang pindha wiku, upami manungsaa, asung kurmat andhingkluk.

Para dewa ibut sami ngrêrêngga wit-witan ing sakiwa têngêning margi, pinajang-pajang sakalangkung asri, binuntal mawi sêsêkaran maneka warni ginubêdakên ing pokok, ing sabên gubêdan ingkang majêng ing margi pinasangan rontèk alit, dwaja tuwin daludag saha umbul-umbul botên kantun, pinanjêr ing saênggèn-ênggèn amradini, kasilir ing angin kumlèbèt angobar-abir pindha kumlawening asta asung pambage sugêng dhatêng sang pindha wiku. Ing sabên longkangan lêting uwit, wontên balumbangipun ciptan, katuwuhan sêkar padma nêdhêng sami mêgar, sawênèh taksih kuncup. Pêksi-pêksi awurahan sami mabur pating sliri sanginggiling blumbang sarwi ngocèh, mêwahi langêning margi. Para widadari lêksan angèbêki awang-awang, sadaya sami ambêsmi dupa ratus kajêng candhana tuwin galêpung arum, gandanipun amrik minging angambar, ngantos ing saênggèn-ênggèn kèbêkan ing wangi-wangi.

18. Sang Buddha Angsal Kawicaksanan Linangkung.

Kacariyos ing sontênipun, Bathara Brahma nglêmpakakên para dewa kalèrèhanipun, sarêng sampun sami sowan, kaparingan pangandika makatên: Kawruhana, hèh, para kănca, saiki Sang Buddha wis tindak mênyang ing Bodimandha karsa angalahake Mara, tuwin anggayuh kawicaksanan jati, sampurnaning [sa...]

--- 43 ---

[...mpurnaning] kawicaksanan. Mulane ayo padha tumurun mring arcapada, angrêrêngga wit kawruh, dinganti katon asri bangêt. Para dewa matur sandika, lajêng sami tumurun dhatêng arcapada, angrêrêngga wit kawruh (inggih punika wit bodi. Bodhi).

Sang pindha wiku têrus ing tindakipun, sirat sorot prabaning ujwala padhang anêlahi, nirnakkên kasusahan kasmalaning madyapada.

Sarawuhipun ing wit kawruh, sang pindha wiku ngrukmèng daya: Dhèk biyèn para Buddha padha lênggah ing apa. O, iya, ingsun kèlingan, lênggah ing bongkokan sukêt. Kalêrêsan ing ngriku wontên tiyang ngarit nama: Swastika (Swastika), lajêng kapundhutan rumput, pangandikanipun: He, Swastika, yèn lêga atinira, ingsun wènèhana sukêt sagêgêm kewala, sabab ingsun butuh sukêt, nêdya sun agêm lênggah, ngiras angasorake si durlaksana Si Mara, sawise iku ingsun banjur nêdya anggayuh kasampurnaning kawicaksanan. Swastika anglêgani, lajêng nyaosi rumput kalihan bingahing manah. Rumput tandya ingasta ing sang tapa, binèbèr ing sangandhaping wit bodi, nulya linênggahan sarwi pitêkur, nutupi babahan hawa sasanga, ngêningakên păncadriya, angagêm maligining karsa, salêbêting galih aprasêtya datan nêdya mingkêd dènira lênggah, nadyan têmahan anggagra kusika, kalamun dèrèng kabuka pêpuntoning kawruh minulya. Sami sakala racut bêbayuning angga, cape kaoncatan yitma, napas pêpêt sadaya, namung kantun kêkêtêk têtangsuling gêsang ingkang lumaksana. Duk nalika samana sang pindha wiku yayah pêjah salêbêting gêsang, namung kantun osik sêsarining rahsa. Ing ngraku apăncakara mêngsah panggodha mawarna-warna, [mawar...]

--- 44 ---

[...na-warna,] ingkang murih wurunging sêdya. Ananging saking santosaning panggalih, têmahan sang pindha wiku kawawa ambengkas sakathahing pangridhu. Sanalika cahya prabaning sarira mancorot tumejakara angênguwung, sumorot sumunar anêlahi, madhangi saindênging bawana. Kathah para dewa sami tumurun angurmati, dhatêngipun wontên ingkang pindha bajrapati, wontên ingkang anggêro pindha kesari, sawênèh lwir manyura ngigêl, sawênèh malih ngusung rêdi Mahamèru minăngka tambur, swara ngèbêki akasa, sadaya sarwa laras piniyarsa.

19. Mara Katitih ing Yuna.[8]

Kacariyos Mara (Mara) dewataning pêpêtêng, nêdya lumawan ing yuda, mêngsah sang kapati brata. Setan, dhêmit, jim, pêri, prayangan, sami dhatêng saking naraka sinuruhan ing Mara, angrencangana mangun yuda nêmpuh sang tapa. Dhatêngipun ambrubul saking keblat sakawan, swara saha solahipun anggêgirisi, prasasat angorêgakên bumi, sami amurugi sang pindha wiku ingkang sakeca [sa...]

[Grafik]

17. Panggodhanipun Mara.

--- 45 ---

[...keca] lênggah wontên sangandhaping wit bodi. Sang tapa botên pisan ginggang ing panungku utawi gigrig kinarubut ing dhêmit mayuta-yuta, binênturan ing sela agêngipun sarêdi-rêdi Mahamèru, nanging sadaya ingkang binênturakên wau sipat mèh tumêmpuh ing sarira, sirna warnaning sela, dados sêkar mawarna-warna gêgunungan dhawah ing sacêlakipun sang tapa, kakên ing manah para dhêmit, sang pindha wiku jinawahan ing jêmparing, towok, lamêng, waos, pêdhang, dhuwung, saha sadaya sawarnining lêlandhêp, sadaya wau ugêr mèh tumêmpuh ing sarira, lajêng santun warni dados sêkar dewandaru, pating cranthèl pating grandhul wontên ing wit bodi, asri tiningalan dados rêrêngganing palênggahanipun sang tapa.

Mara rumaos kalindhih ing yuda, lajêng ngupados reka daya ambudi sarana ungguling yuda madhêm sang kapati brata, pinanggih ing pambudi botên liya kajawi dipun godha. Lajêng angundangi anak-anankipun èstri, sarêng sampun sami dhatêng dipun wicantêni makatên: Ênggèr, anak-anakku, kowe isih padha anom, tur misuwur pinunjul ing warna, saiki padha dandana, angadi-adia busana, angendah-endaha warna, banjur padha mangkata mênyang panggonane Sang Buddha. Satêkane ing kana, godhanên. Coba, kagiwang ing ayuning warnamu apa ora.

Anak-anakipun nurut, klampahan sami anggêgodha dhatêng sang tapa. Ananging nadyan ngêtog ing panggodha, nêlasakên tênaga saha lêlewa tuwin wicara ingkang mêmalad driya, ngantos suwidak sakawan warna, ewadene mêksa tanpa guna. Sang pindha wiku botên pisan-pisan kagiwang ing panggalih, netra tanpa kêjêp dening sangêtipun anggagas sajatining kasampurnan.

--- 46 ---

Rèhning tita sadaya panggodha botên wontên ingkang tumama tinandukakên ing sang pindha wiku, para wanodya anakipun Mara lajêng sami mundur palarasan, wangsul cariyos dhatêng Mara, bab cabaripun ing panggodha.

Dewa-dewa sami dhatêng amurugi Mara, angundhat-undhat angundhamana tuwin anggêgujêng: Kalah ora saiki kowe, Mara. Hla, têka banjur kilang-kilong kaya bangothonthong. Kowe saiki upamane kaya gajah tuwa kêpaluh ing êndhuting rawa. Ande ora, idêr umuk mrena-mrene mamèr-mamèrake kasudirane, têtêp ora wêruh ing isin kaya manuk gagak. Saiki kowe ora bisa apa-apa wus prasasat wong buntung tangan sikile.

20. Têtêp Jumênêng Buddha.

Kacariyos dalu sang pindha wiku ngasorakên prabawaning Mara, enjingipun sang tapa kataman ing wahya dyatmika, sami sanalika kabuka warananing paningal, byar sampurna sagêd waspada dhatêng sadaya ingkang samar-samar, sapunika sang tapa têtêp jumênêng Buddha.

[Grafik]

18. Sang Bodhisatwa antuk kawicaksanan linangkung.

--- 47 ---

Sakala bumi gênjot kaping nêm, beda-beda ebahipun. Dewa makêthi-kêthi dhatêng saking pundi-pundi sarwi natab pradăngga ngrangin angurmati Sang Buddha, palênggahanipun sinêbaran ing sêkar maneka warna.

21. Salêbêting Gangsal Saptawara, Kapetang saking Angsaling Kawicaksanan Lilangkung.[9]

Salêbêting saptawara (minggu) ingkang kapisan kaetang saking sasampunipun angsal wêwênganing wahya dyatmika kasampurnaning kawicaksanan, Sang Buddha taksih anglajêngakên lênggahipun wontên ing sangandhaping wit bodhi tanpa ebah-ebah. Para widadari sami tumurun angrêrubung sarwi angrêrêpi. Para dewa ing swargaloka rame sami asêsanti manadukara: Padma seta saiki kawistara ana samadyaning tumitah, tuwuh saka tlaganing kawicaksanan, mulus rêsik kalis ing êndhut lêlêthêking jagat.

Saptawara ingkang kaping kalih Sang Buddha jumênêng lajêng tindak dhatêng keblat tigang èwu prênah.

Saprtawara ingkang kaping tiga Sang Buddha wangsul lênggah malih wontên sangandhaping wit bodi, tanpa kêjêp sapisan-pisana.

Saptawara kaping sakawanipun Sang Buddha tindak amêng-amêng wiwit saking samodra bang kilèn dhatêng samodra bang wetan.

Sarêng kondur kapêthuk Mara, dipun suwuni pirsa, rèhning sapunika sampun pinarêngakên nyakup kasampurnaning kawicaksanan, punapa botên lajêng têrus lumêbêt [lu...]

--- 48 ---

[...mêbêt] ing nirwana (Nirwâna). Sang Buddha mangsuli pangandika: Ora, kalamun ingsun durung kagungan siswa pêpilihan kang madal salwiring godha lan pangrêncana, durung niyat ingsun lumêbu ing nirwana.

Mara mundur palarasan, linggih adhêlog-dhêlog sarwi nyorèk-nyorèk siti mawi têkên sarta grundêlan: Hêm, kasor prabawa têmênan aku karo Sang Buddha.

Saptawara ingkang kaping gangsal, Sang Buddha têdhak dhatêng kratonipun naga raja nama Musilinda (Mucilinda). Rèhning kala samantên nuju măngsa jawah, tur anginipun ngidit, asrêpipun sangêt, mila Sang Buddha dipun singêpi sang naga raja mawi kêmulipun, supados kraos angêt. Sarêng măngsa jawah sampun kapêngkêr, tanpa wicalan kathahipun naga ingkang sowan caos bêkti Sang Buddha. Kala Sang Buddha pamit kondur, naga raja Musilinda kurmat ngabêkti angaras pada.

22. Anggêlarakên Darma.

Sakonduripun saking kadhatonipun naga raja Sang Musilinda kasêbut ngajêng, Sang Buddha taksih lajêng wontên sakiwa têngênipun wit bodi, watawis kalih saptawara lajêng wiwit anggêlarakên darma enggal dhatêng kitha-kitha tuwin dhusun-dhusun. Wontên ing pundi-pundi tinampèn kalihan bingahing manah saha pranata sae.

Wasana tindakipun dumugi bênawi Silugangga (Gangga) ing nalika sêmantên nuju banjir, dening jawah tanpa kèndêl. Sang Buddha animbali juru nambangi ingandikakên anyabrangakên. Juru nambangi mangsuli: Inggih, prayogi, nanging kêdah ambayar rumiyin. Sang Buddha mangsuli pangandika: Aku ora dhuwe dhuwit. [dhuwi...]

--- 49 ---

[...t.] Ngandika makatên punika kalihan mumbul ing gêgana, jlêg, dumugi ing sabrangan.

23. Sang Buddha Tindak dhatêng Wana Gaselah, Kapanggih Muridipun.

Kacariyos tindakipun Sang Buddha dumugi ing wana Gaselah (Gazella) padhepokanipun tiyang gangsal amratapa nunggil sapratapan. Tiyang gangsal wau ing ngajêng inggih sampun nate sumêrêp dhatêng Sang Buddha, inggih punika kala Sang Buddha amratapa nêm warsa wontên ing wukir Pandhawa (Pandhawa) laladan ing Magada (Magadha). Kala sêmantên sang tapa amudhar tapa saha lajêng karsa dhahar kados salimrahing janma. Kala tiyang gangsal wau sumêrêp katebangipun Sang Buddha rawuh ngênêr dhatêng padhepokanipun, lajêng sami anguwuh-uwuh sora saking katêbihan: Hla, kae rak Si Gotama (Gautama), wong anggranyah, amudhar tapa mung pêrlu amêmangan. Wis, ora susah dipêthukake. Malah mêngko yèn têka sarta nêmbung arêp milu lungguh, disêkait bae: ing kene mung ana papan palungguhan lima, dadi yèn arêp milu lungguh ing kene, iya kudu lungguh lêmah. Ewadene sarêng Sang Buddha saya cêlak, tiyang gangsal wau kados kenging ing pangaribawa, santun salaga sami kaascaryan saha kayungyun mulat bagusing warnanipun sang nêmbe rawuh. Tuwin kadosdene kairup ing daya prabawa, gangsal pisan sami mênyat saking papan palinggihanipun lumajêng amêthukakên. Ingkang satunggal [sa...]

--- 50 ---

[...tunggal] angwijiki pada, satunggalipun anglukari singêb, satunggalipun nyandhak patra (Pâtrâ) {bathok pangêmisan}, satunggalipun nyaosi palênggahan, satunggalipun malih mundhutakên bancik pada. Anggènipun manêmbrama sêsarêngan.

[Grafik]

19. Sang Buddha siniraman wontên ing sêndhang tunjung.

Sang Buddha lênggah wontên ing têngah rinubung ing tiyang gangsal wau, sarta lajêng wiwit mulang. Sarêng sampun sami widagda dhatêng suraosing hidayat ingkang winêjangakên, gangsal pisan lajêng mangangge cara Sangha (Sangha) {Pandhita Buddha}, rambut tuwin jenggotipun cinukur klimis, botên katingal tilas-tilasipun yèn mêntas amratapa. Wujud tuwin sasipatanipun malih babar pisan, kados tiyang ingkang satus taun laminipun tansah anggilud prakawis weda darma jati. Saha sami sanalika punika ugi gangsal pisan naracak waspada dhatêng pangawikaning kasampurnan jati. Gangsal pisan lajêng sami sujud sumêmbah angaras padanipun Sang Buddha, saha atur prasêtya: sanadyan dumugining antaka, syuh brastha lan kisma, botên badhe suminggah, muhung anut miturut sumarah ing sakarsa datan nêdya sawala.

--- 51 ---

Sasampunipun makatên, Sang Buddha kadhèrèkakên dhatêng bèji kêbak sêkar padma. Wontên ing ngriku Sang Buddha kasiraman.

[Grafik]

20. Anggêlarakên darma

Wiwit ing nalika punika Sang Buddha têrus anggêlarakên weda darma dhatêng para dewa tuwin manungsa.

--- [52] ---

[...]

--- [53] ---

Isinipun sêrat punika

... Kaca:

1. Sang Buddha wontên ing Tusitaloka. ... 1

2. Buddha tampi wisik badhe manjanma. ... 2

3. Ngrêmbag anggènipun badhe manjanma. ... 2

4. Buddha tumurun saking swargaloka ... 4

5. Pramèswari Maya têdhak ing taman Lumbini, ambabar ... 6

6. Dèwi Maya seda. ... 11

7. Sang Buddha têdhak ing kabuyutan. ... 12

8. Sang Buddha wontên ing pamulangan ... 14

9. Sang Buddha wontên sangandhaping wit jambu. ... 15

10. Milih garwa. Sayêmbara. ... 16

11. Pirsa tiyang kaki-kaki, tiyang malanên, tiyang pêjah, pêkir. ... 25

12. Sang nata wawan sabda kalihan putra. ... 28

13. Sang pangeran dhawuh dhatêng Candaka ngabili pun kantaka. Lolos saking nagari. ... 30.

14. Aratha Kamala. ... 36.

15. Sang Buddha tapa brata. ... 38

16. Panggodhanipun Mara. ... 40

--- 54 ---

... Kaca:

17. Buddha têdhak dhatêng Bodimandha. ... 41

18. Sang Buddha angsal kawicaksanan linangkung. ... 42

19. Mara katitih ing yuda. ... 44

20. Têtêp jumênêng Buddha. ... 46

21. Salêbêting gangsal saptawara, kapetang saking angsaling kawicaksanan linangkung. ... 74

22. Anggêlarakên darma. ... 48

23. Sang Buddha tindak dhatêng wana Gaselah, kapanggih muridipun. ... 49

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Serie No. 291. ... Rêgi f 0.50

RESI BOEDDHA

ANGGITANIPUN A. DWIDJA-ATMADJA.

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WEDALAN BALE-POESTAKA


§ Sêrat-sêrat Weda nyariyosakên Buddha tumimbal lair. Sabab Buddha punika rumiyin-rumiyinipun inggih manungsa, dening sucining gêsangipun nalika wontên ing donya, ing sapêjahipun lajêng kainggahakên dhatêng Tusitaloka. (kembali)
§ Sêrat-sêrat Weda nyariyosakên Buddha tumimbal lair. Sabab Buddha punika rumiyin-rumiyinipun inggih manungsa, dening sucining gêsangipun nalika wontên ing donya, ing sapêjahipun lajêng kainggahakên dhatêng Tusitaloka.
andungkap (kembali)
andungkap
gêntos-gêntos (kembali)
gêntos-gêntos
lajêng (kembali)
lajêng
sun (kembali)
sun
parêpatan (kembali)
parêpatan
§ Brahmana ingkang mêngkêr dhatêng pawèstri. (kembali)
§ Brahmana ingkang mêngkêr dhatêng pawèstri.
yuda (kembali)
yuda
linangkung (kembali)
linangkung