Piwulang Warni-warni, Padmasusastra, 1922, #167

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

PIWOELANG

Sêrat Piwulang Warni-warni

Anggitan Dalêm Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra, tiyang mardika ingkang marsudi Kasusastran Jawi ing Surakarta.

N.V ALBERT RUSCHE & Co.

Surakarta 1922.

--- [0] ---

[Grafik]

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta.

--- 1 ---

Warayagnya

1. Dhandhanggula

1. Warayagnya wêdharing palupi | pinandara macapat sarkara | ing nalika panitrane | Sênèn ping pitu likur | sasi Saban dhêstha Be warsi | sangkala nyatur slira | mulang marang sunu (=1784) |[1] Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Prabu Prangwadana kang amarni | winahya mring pra putra ||

2. kakung putri ing rèh palakrami | sumawana kang samya jêjaka | lamun têmbe pikramane | aywa tinalyang wuwus | wasitane mêngku pawèstri | ywa dumèh yèn wong priya | misesa andhaku | mring darbèkirèng wanudya | palakrama nalar lan kukum kang dadi | yèn tinggal têmah nistha ||

3. wuryaning rèh priya kang rumiyin | lamun arsa angupaya garwa | dèn patitis pamilihe [pa…]

--- 2 ---

[...milihe] | aywa kasêsèng kayun | bokmanawa kaduwung wuri | ya bênêr yèn wong lanang | wênang duwèkipun | rabia ping pat sadina | kêna uga wuruk karêpe pribadi | nanging aywa mangkana ||

4. dadi nora nana ala bêcik | ngilangakên istiyaring gêsang | yèn ngarah apa tekade | andarung kadalurung | ngèlmu sarak dèn orak-arik | buwang ajining badan | lumuh rèh rahayu | tur upama kalakona | kasangsara kaduwunge anêkani | manglah nênutuh driya ||

5. aja nganti kang mangkono kaki | bêcik apa cinacad sasama | wong gêndhak kalakuwane | sapa kang duwe sunu | wadon awèh sira rabèni | kiraku nora nana | kajaba kêbutuh | ala rinabènan Koja | bêcik băngsa

--- 3 ---

wit tan darbe putu Êncik | mung iku ciptanira ||

6. kawruhana kaduwunging ati | jalarane mung patang prakara | wong anom dadi brangtane | dhingin myat warna ayu | kapindhone mèlik wong sugih | kaping tri kawibawan | lan kaping patipun | kêna sambang sarawungan | rokok kinang winèhkên lan ujar manis | rinukêt mrih asmara ||

7. wêkasane ya kêna sayêkti | ngadatira wong anom mangkana | kèh rabi dudu niyate | yèn kêna sutaningsun | arabia jalaran bêcik | aja rabi pasogan | nistha yèn dinulu | angapêskên yayah rena | kawruhana manungsa nèng dunya iki | yèn kêna kang tinêdha ||

8. ingkang dhihin rahayuning dhiri | kinalisna sakèhing prakara | myang saksêrik sasamane [sasa...]

--- 4 ---

[...mane] | kapindho badanipun | aywa kambah barang pênyakit | kaping tri aywa tansah | susah manahipun | kaping pat arsa darbea | anak lanang kang mursid minăngka wiji | dawakkên turunira ||

9. mula nora gampang wong arabi | kudu milih wanudya kang kêna | ginawe rewang uripe | sarana ngudi tuwuh | lan ngupaya kang sandhang bukti | wêwilangane ana | catur upayèku | yogyane kawikanana | dhihin bobot pindho bèbèt ping tri bibit | kaping pat têtariman ||

10. papat iku ya uga akanthi | dhingin warna kapindhone brana | kaping tri kawibawane | papat pambêkanipun | êndi ingkang sira sênêngi | aja nganti angawag | manawa kaduwung | karana milih wanudya | nora kêna

--- 5 ---

dèn mufakatkên sasami | wuruk nèng karsanira ||

Wirawiyata

1. Sinom

1. wuryanta dènnya manitra | nujwa ari Wrahaspati | Kaliwon tanggal sapisan | sasi Saban wuku Wukir | Ehe sangkalèng warsi | murtyastha amulang sunu = 1788 |[2] sung pariwara darma | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat ||

2. hèh sagung pra siswaningwang | kang samya dadi prajurit | aja wiyang ing wardaya | rèhning wus sira lakoni | balik dipun nastiti | marang ing kawajibamu | owêlên sariranta | rêksanên luhurmu sami | yèn kuciwa wèh alun alaning raga ||

3. awit sira wus prasêtya | nalika jinunjung

--- 6 ---

linggih | saguh nut anggêring praja | myang pakoning narapati | sinêksèn den èstrèni | mring para wira sawêgung | upama sira cidra | nyirnakkên ajining dhiri | têmah nistha wèh wiranging yayah rena ||

4. ywa sira duwe pangira | lamun wong dadi prajurit | karyane abot priyăngga | wruhanta sagung pakarti | kabèh dunya puniki | tan ana prabedanipun | kang dagang nèng lautan | miwah ingkang among tani | sumawana kang suwita ing narendra ||

5. myang kang tapa jroning guwa | kang manusup ing asêpi | lakone padha kewala | awit iku dadi margi | mrih katêkaning kapti | sapangkate pandumipun | nanging sarananira | mantêp têmên lan tabêri | samêktane ingaranan laksitarja ||

6. lawan sira [si...]

--- 7 ---

[...ra] sumurupa | kang kalêbu pangabêkti | nora sêmbahyang kewala | kang dadi parênging Widhi | sakèh panggawe bêcik | kang mantêp suci ing kalbu | uga dadi panêmbah | yèn katrima iku sami | sinung rahmat samurwate badanira ||

7. lamun tan mawa sarana | paran katêkaning kapti | lir bêdhag tanpa wisaya | sayêktinira Hyang Widhi | tan karsa mitulungi | marang wong kang datan laku | nir ngamal myang panêmbah | kumudu dipun turuti | ngêndi ana gusti rinèh ing kawula ||

8. kang mangkono andupara | lamun jinurung ing kapti | malah nandhang duka cipta | kasiku angrèh Hyang Widhi | marmanta sira sami | aja kasusu panggayuh | manawa durung ngrasa | duwe ngamal kang nglabêti | bêcik sira angona lakuning praja ||

9. dene sira iku bagya [ba...]

--- 8 ---

[...gya] | antuk kawiryawan mangkin | bêktine katut prabawa | saking lêluhurmu sami | nguni wus potang sakit | dadya ing kapenakipun | tumiba marang sira | marma sukur ing Hyang Widhi | tarimanên brêkahe wong tuwanira ||

10. jêr janma kang wus minulya | lir watahe[3] lênga wangi | utamane winantonan | gandane saya mênuhi | nadyan ngisenan warih | labêting we maksih arum | kang măngka sudarsana | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kapisan ||

11. duk bêbadhe murwèng yuda | nèng alas limalas warsi | sèwu lara sèwu papa | ngupaya mulyaning dhiri | antuk pitulung Widhi | katutugan karsanipun | mukti sawadyanira | tumêrah dalah samangkin | buyut canggah kasrambah milu wibawa ||

12. iku ta kayêktènira [ka...]

--- 9 ---

[...yêktènira] | pralambanging lênga wangi | upamane duk samana | tan antuk pitulung Widhi | praptane zaman iki | tan ana caritanipun | marma dèn èngêt sira | aja ngaku angêngkoki | mung ngrasaa lamun anêmpil wibawa ||

13. mangkana gya winantonan | marang kang jumênêng malih | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkunagara ping kalih | pinèt sraya mring Enggris | amukul nagri Matarum | sabêdhahe kang praja | ginanjar sèwu kang bumi | dadi têtêp lênggah limang èwu karya ||

14. rambah malih sinaraya | marang guprêmèn Walandi | mukul prang Dipanagara | sarampunge ing ajurit | ginanjar bumi malih | Sukawati limang atus | lan blănja sabên wulan | măngka ingoning prajurit | patang èwu patang atus [a...]

--- 10 ---

[...tus] wolung dasa ||

15. prapta panjênênganira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga | ing drajad pinrih lêstari | mangun arjaning budi | mring gupêrmèn tyas sumungku | ginanjar kang bandera | lan mariyêm kalih rakit | iku măngka tandhaning sih pinarcaya ||

16. kapriye yèn sira ngrasa | antuk kalawan pribadi | dadi mungkir jênêngira | kacirèn lair myang batin | ginaguywèng sasami | lupute gonira ngaku | langguk piyangkuhira | kasiku marang Hyang Widhi | dadi tuna duwe turun kang mangkana ||

17. lamun yêkti saking sira | pribadi tandhane êndi | apa wus munjuli sira | marang samaning dumadi | saking ing kramaniti | lawan apa wus misuwur | ing guna prawiranta | kang kanggo marang nagari | baya durung lir lakone luhurira [luhuri...]

--- 11 ---

[...ra] ||

18. pirabara sira bisa | nguruni darajad malih | dadi jangêt kinatigan | majade santosèng wuri | tumurun marang siwi | sukur bisa praptèng putu | milu tămpa kawiryan | yogyane angkahên kaki | ra-orane aja punggêl saking sira ||

19. lamun drajad kalakona | punggêle saking sirèki | dadi sira nganiaya | marang darahmu pribadi | tan kandêl ingkang wuri | dhapur kaputungan laku | salagi têmbe bisa | antuk kang darajad malih | sêsambungan yêkti bêcik kang widada ||

20. upama nora punggêla | jêr nora ngupaya malih | yèn wus punggêl nadyan sira | sêmèdi ing sabên ratri | antuke durung mêsthi | tiwas angêngècèr laku | marma dèn èngêt sira | sajrone lumakyèng kardi | pangrêksamu [pangrêksa...]

--- 12 ---

[...mu] ing jagad aywa pêpeka ||

21. dene jêjêre wandanta | ing mêngko dadi prajurit | maju baris lawan jaga | tiori lesan sêpèksi | iku dudu pakarti | ajar-ajar jênêngipun | wus dadi wajibira | prajurit dipun gêladhi | pêpadhane santri ingajar sêmbahyang ||

22. sinung ukum sawatara | yèn nglirwakkên marang wajib | iku wus lakune praja | jêjêge kalawan adil | sanadyan liyan janmi | duk nèng yayah renanipun | yèn luput rinêngonan | utawa dèn jêmalani | dadi iku winêruhkên tata krama ||

23. mangkono uga yèn bisa | miturut sarta nglakoni | tamtu dèn opahi uga | wit gawe lêganing ati | akèh tuwin sathithik | minurwat lan karyanipun | tan beda patrapira [patrapi...]

--- 13 ---

[...ra] | prajurit jinunjung linggih | myang ingundur iku adil jênêngira ||

24. yèn tan bisa samêktanya | nora jumênêng prajurit | gawe tuna marang praja | wèh lingsêming narapati | amung sira pribadi | kang dhuwurkên ing piyangkuh | mung lagi bisa aba | anggêpmu butuhkên nagri | ywa kabanjur duwe cipta kang mangkana ||

25. wruhanta lêlakonira | sajatine wus angêmping | mring praja miwah narendra | awit durung potang kardi | sira wus dèn paringi | sandhang pangan nora kantu | sinuba kinurmatan | punjul sasamining apdi | măngsa kala linilan lungguh satata ||

26. apa kang sira upaya | kamulyan anèng nagari | ingajenan mring sasama | nyawabi mring anak rabi | nadyan para maharsi | ingkang tapa nèng asamun | mong tani lan nangkoda [nang...]

--- 14 ---

[...koda] | rinewangan andêrpati | nora liyan kamulyan kang dèn upaya ||

27. upamane raganira | nora dadia prajurit | iya misih mangan sêga | apadene nginum warih | saking wêtuning bumi | uga kagunganing ratu | lan sira ingayoman | rinêksa kalawan ngadil | lamun datan rumasa sira duraka ||

28. marma dèn sumurup sira | mring sih kamulèning Gusti | benjang yèn tinuduh sira | lumawat ngadoni jurit | yèku karyanta yêkti | pangudangirèng gustimu | kono aja pêpeka | dèn madhêp marang sawiji | nanging cipta sêdyakna malês mring praja ||

29. praptèng papan cumadhanga | ing parentah senapati | aja abawa priyăngga | dumèh sira băndha wani | lumangkah mrih ngulabi | kang mangkono

--- 15 ---

saksat mungsuh | gawe guguping rowang | wèh gidhuhing senapati | yèn kasora dadi sira antuk dosa ||

30. lungguhe para prawira | yèn ana madyaning jurit | nora wênang duwe karsa | ragane pama jêmparing | kang musthi senapati | ing sakarsa kang pinanduk | linêpas ywa sarănta | angsahira dèn mranani | marang mungsuh aja keguh ing bêbaya ||

31. dèn kadi sang Partasuta | Bimanyu kala tinuding | mangrurah kang gêlar cakra | dening Sang Yudhisthira Ji | sukaning tyas tan sipi | dupi rinoban ing mungsuh | kèsthi trahing satriya | wêdi wirang wani mati | yèka măngka tamsiling para prawira ||

32. kono sêdhênge mêdharna | ing kasuran guna sêkti | nyirnakna paningalira | ing tekad ywa walangati | wruhanta senapati [sena...]

--- 16 ---

[...pati] | wakiling gusti satuhu | gusti wakiling Suksma | kang kinon angudanèni | mring kawula kang sumêdya mrih utama ||

33. padha ingaran utama | ing pakaryan mangun jurit | iku kang luhur priyăngga | wus kasêbut kanang sruti | yèn tapaning prajurit | ngasorkên tapaning wiku | wit sumungkuning puja | nèng pucuking gunung wêsi | sang pandhita nèng pucuking kang aldaka ||

34. ing tekadipun santèhsa[4] | aja angrasani pati | apan tan winênang sira | gumantung karsaning Widhi | yèn wis tibaning pasthi | nora pilih marganipun | ala mati nèng wisma | bêcik mati kang utami | tur sumbaga dadi ngamale trahira ||

35. wus ana kayêktènira | Sang Partasuta ing nguni | palastra anèng palagyan | lawan lêgawaning pati | wit dènnya anglabuhi [angla...]

--- 17 ---

buhi | Pandhawa maggiha unggul | puwarantuk nugraha | sira wau Partasiwi | turunipun angratoni tanah Jawa ||

36. lamun durung takdirira | nadyan ana hru sakêthi | yèn tan was-was ing wardaya | sayêkti nora ngênani | amung sajroning jurit | aja sira darbe kayun | ing lair amanuta | ing sakarsa senapati | batinira kumambanga ing wisesa ||

37. risêdhêng nèng bayantaka | kalamun ana kang wèri | nungkul wus buwang warastra | nora wênang dèn patèni | binandhang iku wajib | yèn ngantia nêmu lampus | têtêp anganiaya | gawe nisthaning prajurit | nêmu dosa têmah apês ing ayuda ||

38. mangkono priyangganira | yèn kasêlut ing ajurit | aja gugup dèn prayitna | ing tekad dipun pratitis [prati...]

--- 18 ---

[...tis] | awit wong murwèng jurit | ana pêpangkatanipun | nistha madya utama | yèn kobêr dipun èngêti | kanisthane wong kasêlut nèng ranangga ||

39. ing papan ora kuciwa | gêgaman samêkta sami | atandhing padha kèhira | tanpa kiwul ing ajurit | tangèh ana pêpati | myang tan ana nandhang tatu | mundur tanpa larasan | mung labêt kêkêsing ati | kang mangkono antuk dosa tri prakara ||

40. dhihin marang ing narendra | denira cidra ing janji | kapindho ngasorkên praja | kang mulyakkên marang dhiri | katri marang Hyang Widhi | ngukuhi gadhuhanipun | kokum pantês linunas | padhane sato wanadri | yèn janmaa masthi ana tekadira ||

41. nadyane para prawira | yènaskêsêr[5] ing ajurit [a...]

--- 19 ---

[...jurit] | nadyan kèh kêdhike padha | kasor papane sasupit | mundur amrih pakolih | ing pangolah nora gugup | sarana winaweka | kaangkah dènnya mangungkih | yèn sinêrang rikat rinukêt marwasa ||

42. utaminirèng prawira | sanadyan karoban tandhing | tatga tur simpên wiweka | wêngkoning papan tiniling | linanglangan kang wèri | êndi kang suda ing purun | pinaran pinarwasa | winisesa amrih titih | èstu jaya sadaya samya raharja ||

2. Pangkur

1. kapungkur patraping bala | ginantyakkên lungguhing senapati | ingkang sinrahan wadya gung | dening jêng narèswara | kinèn matah saprayoganirèng wadu | kinarya rumêksèng praja | dènira ngupaya janmi ||

2. ywa tinggal pitung prakara | mrih

--- 20 ---

utama adêgirèng prajurit | kang dhihin nalurinipun | tan kêna trahing sudra | kapindhone bumi kalairanipun | kang maksih tunggal sapraja | katri tanpa cacat dhiri ||

3. papat otot balungira | ingkang tigas lima tanpa panyakit | ênêm sawang-sawungipun | pitu kang datan darwa | pakarêman kang mlarati raganipun | marma milih kang mangkana | watêke wantalèng kardi ||

4. sawuse pamilihira | pamintane mring wong sawiji-wiji | pinantês cêkêlanipun | rujuke lan sarira | pagulahe warastra ywa kongsi rikuh | rikate dènnya marwasa | myang panangkis amrih titih ||

5. wong kang sêdhêng dêdêgira | aparigêl tuwin kang andhap alit | akas cukat tandangipun | iku sinung sanjata |

--- 21 ---

watak nora kewran sabarang pakewuh | mudhun jurang munggah arga | aluwês tur miyatani ||

6. wong kang lêncir dêdêgira | kurang tandang aropèk ingkang dhiri | iku cinêkêlan lawung | jangkah dhêpane dawa | watak corok lêlantaran silih panduk | mlumpat jaga pasang ăndha | angunggahi balowarti ||

7. wong sadhepah dêdêgira | kang pawakan otot balung kawijil | mariyêm cêkêlanipun | amolahakên rosa | nadyan kêmbêl kêbladhêr kuwawa junjung | manawa bobrok kang kuda | watêke kêlar gêntèni ||

8. wong gung luhur kang sêmbada | iku pantês karya wadya turanggi | agampang panitihipun | klar nêmbadani kuda | nangkis rosa mêdhang mring pratala gadug | yèn têmpuk padha turăngga |

--- 22 ---

silih rok amigunani ||

9. dene wong kang măndraguna | kinaryaa margăngsa juru margi | myang rêrakit kuwu-kuwu | kalamun anèng têba | lawan bètèng karêtêg sasaminipun | kang tan kewran ing pangreka | mêmènèk lan bisa nglangi ||

10. yogyane malih ngumpulna | para tukang kang kanggo mring prajurit | gêrji lawan tukang puntu | karya busana wastra | tukang nyamak mênjait pakaryanipun | parabot kang băngsa carma | tukang tapêl lawan nyingi ||

11. sayang lan tukang marakas | mirantèni bêkakasing prajurit | pandhe miwah tukang kayu | mranggi lawan kêmasan | ingkang karya gêgamaning aprang pupuh | sadaya dipun samêkta | rèhning rumêksa prajurit ||

12. liya kang wus kanggwèng wadya | aja sêpi andhungan [a...]

--- 23 ---

[...ndhungan] tikêl kalih | gêgaman saprantinipun | tuwin busana wastra | obat mimis kacukup dèn anggo nglurug | awit rumêksa ing praja | tan wruh sangkaning bilai ||

13. riwusing pamintanira | lan piranti kang kanggo ing prajurit | mangkana pangrêksanipun | dipun titi ing bala | sandhang pangan ing saari aywa kantu | sukêr sakit kinawruhan | dèn bisa ngenaki kapti ||

14. ywa pêgat pamulangira | saniskara wajibirèng prajurit | wêruhna sadurungipun | nistha madya utama | myang pêpacak pacuhan kang wus tinamtu | kang kanggo nèng pra prawira | dununge sawiji-wiji ||

Sriyatna

1. Dhandhanggula

1. lir mangisêp maduning kang

--- 24 ---

sari | surasane dènira mandaya | tan milalu kamuktène | mung ketang prajanipun | kang pininta jroning sêmadi | mugi ta pinarêngna | mrih arjèng wadya gung | katêntrêmna ing tyasira | winantua ing sandhang kalawan bukti | wruha ing yogya tama ||

2. sumarambah marang garwa siwi | kaping kalih ing panêdhanira | mugi para atmajane | kang sampun sinung lungguh | nama pangran ngraosa bilih | sampun antuk nugraha | nunggil asmanipun | lawan Kang Murbèng Buwana | dipun sukur dèn sagêd mrênahkên dhiri | nglênggahi namanira ||

3. sumawana sadhèrèke sami | priya mugi enggal sumusula | tuk nugraha lir kadange | lawan pamujinipun | dhatêng putra kang sampun wanci | diwasa nampènana | ing sasmitanipun | kang rama

--- 25 ---

dènnya mrih arja | bantonana ing lampah ingkang prayogi | lan pamêsuning driya ||

4. lumayane dènira angudi | upamane palwa nèng samodra | nadyan wasis pandhegane | kalamun palwanipun | awrat datan samêkta sami | măngsa ge praptèng paran | tansah kombak kombul | mangkana para sujama[6] | tanpa brata ngandêlakên yayah wibi | tan têka kang sinêdya ||

5. kang mangkono kadi ulêr turi | awit nêtês praptaning diwasa | tan lunga saka ênggone | kang măngka bojanipun | mung galihe ponang wit turi | lami-lami katrêsan | bolong dêlêgipun | ulêr mêdal sing sasana | dadi kupu bambrang adi ingkang warni | wus prapta kang sinêdya ||

6. tuk nugraha katêkaning kapti | nadyan [na...]

--- 26 ---

[...dyan] raga ana dadinira | lamun kojur lêlakone | wit turi saya alum | marga saking atine rujit | ulêre nora doyan | ilang rasanipun | yèn katêmpuh ing prahara | kayu pokah kang ulêr cinucuk pitik | têmah sirna kalihnya ||

7. kang saloka tumrape nèng janmi | kayu turi yèka yayah rena | ulêr kang măngka sutane | wus tamtu bapa biyung | ngupakara wèh sandhang bukti | myang mrihatinkên ing tyas | sung pemut rahayu | kongsi praptaning diwasa | lamun putra graita darbèni budi | wêlas mring ibu rama ||

8. angupaya wêkasaning dhiri | pirabara bisa amalêsa | marang sihe wong tuwane | lamun tan bangkitipun | amung aja adadi kardi | myang karya susahira | iku saminipun [samini...]

--- 27 ---

[...pun] | ulêr kang mêtu sing wrêksa | dadi kupu anak bisa dadi pyayi | kêna tinon ing kathah ||

9. kang mangkana bêgja dèn arani | prihatine ana dadinira | seje kang tiwas lakone | anake mèngwèng tuduh | wus diwasa datanpa budi | wêruhe mung wong tuwa | anggêlar piyangkuh | sandhang pangan mrih samêkta | duwe japa aku anake wong sugih | tur têdhaking awiyar ||

10. lamun datan mangkenea isin | apa aku anaking sudagar | ngetang pangan sadinane | kabèh titah Hyang Agung | ana urip ya ana bukti | kang wêruh sesuk sapa | ujar kang puniku | bodho bundhune daleya | kang mangkono lamun tan mangan saari | nyalinguk jroning driya ||

11. dadi goroh ujare kang uwis | tangèh [ta...]

--- 28 ---

[...ngèh] lamun têrusing wardaya | tekade amencla-mencle | banjure nora wurung | ngandêlakên mring yayah wibi | salamine mangkana | kale ing tumuwuh | dènira ana ing dunya | datan lama samubarang owah gingsir | raga puwara sirna ||

12. kayaparan yèn kalakon benjing | yêkti dadi ulêr isthanira | sampyuh barêng lan uwite | nanging ta majadipun | kang rumiyin mring alam suci | tamtune wong atuwa | anak kari mangu | gêtune jêr wus kaliwat | ora wurung uripe tan kadi nguni | duk maksih sudarmanya ||

13. marma sinung pangèngêt samangkin | pra atmaja muga andriyaa | ing tembe kawusanane | kalamun taksih ayun | mring kadarman dera dumadi | darajat ginayuha | ing

--- 29 ---

sapangkatipun | timbanga lan bangsanira | supayane ing benjing aywa prihatin | yèn asor kang prabawa ||

14. dene laku ingkang dadi margi- | ning kawiryan yogya sumurupa | ingkang măngka pusakane | aja agawe rêngu | myang saksêrik sagung dumadi | dipun pracayèng Suksma | lan aja têkabur | tingalira kang sanyata | ywa suminggah wisesanira Hyang Widhi | aja angumbar karsa ||

15. aja pêgat suhulirèng Widhi | dèn dohêna saliring bancana | rinêksaa salamine | sinunga tyas kang emut | dinawakna dera dumadi | nêmua ing kamulyan | titi kang pitutur | Kêmis tanggal ping wolulas | Madilawal taun Je dèn sangkalani | tan gatra mulang siswa(=1790) |[7]|

--- 30 ---

Nayakawara

1. Pangkur

1. wuryanta dera manitra | dina Isnèn wayah jam wolu enjing | Madilawal ping sapuluh | nuju măngsa kalima | ing Prangbakat taun Dal sangkalanipun | atmaja Hyang Girinata | mulang mring punggawa mantri (=1791) |[8]|

2. Mangkunagara kaping pat | kang puwara nguni datan marsudi | mring gunêm rèh kang rahayu | masalahing suwita | mung ngugêmi ujar kuna kang tan jujur | kabanjur praptaning mangkya | piyangkuhe angrikuhi ||

3. mring kănca sakancuhira | barang karya tan gagah sami wigih | keguh labêt tanpa kawruh | kewran nalaring nala | yun tinilar kogêl bokmanawa mêsgul | mogol magêl yèn dèn dêlna | daluya anandho [ana...]

--- 31 ---

[...ndho] kardi ||

4. karya pitunaning praja | ngrêregoni parentah kang wus dadi | yèn sinêrêk asring rêngu | tampane sinrêngênan | lêlembatan nguring-uring kancanipun | kang mangkono marènana | rungunên pitutur mami ||

5. wruhanta purwane ana | kang punggawa wolulas dalah mangkin | iku ing nalikanipun | jêng gusti kang kapisan | miyos saking prajarsa ambangun tuwuh | wite gumanti kang rama | ingangkah sangkaning jurit ||

6. samana ngumpulkên wadya | pinilihan antuk wolulas iji | iku kinarya gul-agul | jinênêngkên punggawa | lan jinanji ing têmbe kalamun antuk | pitulungira Hyang Suksma | kadugèn ingkang kinapti ||

7. linilan milu sarasa | arja papa tumutur datan kari | winangênan [winangêna...]

--- 32 ---

[...n] turun pitu | lamun tan dosèng praja | sarta ingkang bêcik kalakuwanipun | myang tan nandhang calaina | pêsthi kalilan gêntèni ||

8. mêngko luwih satus warsa | kataliti kyèh samya nora dadi | awit tan na labêtipun | nanging mau punggawa | ginanêpan saking liya turunipun | para abdi kang katrima | ginanjar kinèn gêntèni ||

9. iku mungguh khukumira | pra punggawa lamun tèk ingkang waris | wajib kinukup kang lungguh | tan malih sinlundhingan | zaman mêngko bumi tan kinarya ngugung | lan tan klêbu nganiaya | mung wuruk karsaning Gusti ||

10. suprandene gustinira | misih karsa ganêpi kadi nguni | nanging ingkang dudu turun | inganggêpkên nèng praja | lan ing batin iku kinarya têtulung | mring abdi ingkang sinihan |

--- 33 ---

supaya milua mukti ||

11. kongsi nêlukake putra | myang santana tadhah kalawan panci | misih pilaur sirèku | myang lumuh akaryaa | saking abdi ingkang bêcik karyanipun | lan ngowahi adat lama | misih anggalih utami ||

12. marma sira dèn rumasa | para abdi sapa kadya sirèki | wus prasasat mangan nganggur | kèhe lêlungguhira | bumi desa nora kurang wolung êjung | kongsi praptane sadasa | pamêtune angalabi ||

13. mring anak rabi wandawa | kawiryane kinurmatan sasami | lungguh lampit nganggo payung | lan sabên kala măngsa | linilanan lungguh jajar lan gustimu | ingajak boga drawina | pisukamu dèn turuti ||

14. lamun sira tan narima | lah dulunên kancanira prajurit |

--- 34 ---

iku pira panganipun | tikêle lawan sira | suprandene ing pakaryan wêkêl mungkul | tan ana ingkang ngêrsula | sêsêg sukane tan sipi ||

15. kang mangkono iku tăndha | yèn janma di wêdi wajibing urip | gugu wulang nut ing khukum | têtêp nora kamalan | arêp mangan gêlêm nyambut karyanipun | kang utang êsah sanyata | kang kalal ing lair batin ||

16. mufakat tumraping ăngga | pamulihe iya ing jagad kabir | rumêksa ing prajanipun | ngluhurkên gustinira | anuhoni prajurit andêling kewuh | misuwure saking mănca | nagarane ingkang bathi ||

17. balik ta para punggawa | kayaparan yèn sira tan nimbangi | amrih utamaning laku | ngluhurkên gustinira | pangowêle mring praja utamanipun [uta...]

--- 35 ---

[...manipun] | tuwin jiwanta priyăngga | apa luhur kang prajurit ||

18. kalamun sira kasora | wus têtela mamak datanpa budi | dharusul saparti wêdhus | têtêp mung dadi ama | padha lawan ulêr ngalêkêr tumanduk | mara marani cukulan | kang lagi rone andadi ||

19. agahan dènnya mêmăngsa | tèking godhong rumambat mring pang alit | pundhêsing êpang mandhuwur | ngarikit wit kang mudha | tugêling wit si ulêr têmahan katut | nèng kisma datanpa tănja | garêmêt cinucuk pêksi ||

20. yèku ta pralambangira | lamun sira datan bisa marèni | prasasat prajanirèku | kanggonan kang mêmala | nora wurung sinung usada kang ampuh | he eling-eling punggawa | aja angajak bilai ||

21. mupung [mu...]

--- 36 ---

[...pung] durung kêlampahan | kacilakan kang bakal sira panggih | bêcik tobata Hyang Agung | mintaa pangapura | trusing batin ngakua kaluputamu | tur lulus gonmu suwita | ngupayaa kawruh manis ||

2. Dhandhanggula

1. dhuh èngêta duk lagya prihatin | darbe cipta gayuh kawiryawan | sapira ta sangsarane | acêgah mangan turu | dera minta sihirèng Widhi | tan jênak anèng wisma | kulinèng asamun | saking sruning bratanira | katarima sasêdyanta dèn turuti | sira dadi pungggawa ||

2. dèn narima sukura ing Widhi | luwarana punagining driya | aja batalkên niyate | kang marang rèh rahayu | têtumanên dimèn lêstari | tumêrah ing kawiryan | wuryanta ing dangu | kang wus sinêbut punggawa | yeka mantri kang wicaksana [wi...]

--- 37 ---

[...caksana] bèrbudi | kundhang mangulah praja ||

3. ingkang măngka sudarsanèng dasih | kang sinihan ing jêng sri narendra | ginêmpilan kamulyane | ing pangkat sama sinung | kawibawan angrèh wadya lit | ingkang sumiwèng praja | myang kang anèng dhusun | winênangkên darbènana | pamêtune ing bumi desa kang dadi | bawah lêlungguhira ||

4. binubuhan rumêksa wadya lit | ingkang ana jroning bawahira | pinriha tata têntrême | wit sira kang ananggung | aja ana kang laku juti | dèn padha angèstokna | wiradating ratu | wêruhna mring ngupajiwa | adarbea rajakaya karang kitri | mrih jênak dènnya wisma ||

5. yèku wajibing punggawa mantri | pamardine mring wadya ing desa | dènnya bantoni prajane | ngrewangi ratunipun [ratu...]

--- 38 ---

[...nipun] | de pangrèh mring wadya gêng alit | ingkang sumiwèng praja | wruhêna ing khukum | wicara lan tata krama | myang kagunan kalakuan ingkang bêcik | dadya piyandêlira ||

6. wardiningkang wasita jinarwi | wruh ing khukum iku watêkira | adoh marang kanisthane | pamicara puniku | wèh rêsêpe ingkang miyarsi | tata krama punika | ngadohkên panyêndhu | kagunan iku kinarya | ngupa boga dene kalakuan bêcik | wèh rahayuning raga ||

10. rambah malih tumanjaning pamrih | karya gayuh sihirèng narendra | adol bêcik mring prajane | mrih alêm kancanipun | dadya srana marang utami | upama kalakona | ujar kang puniku | adoh jalaraning ala | ratu mulya punggawa mantri prayogi [pra...]

--- 39 ---

[...yogi] | urip cahyaning praja ||

11. anglir wulan sadangune kandhih | dening ima sinrang ing maruta | sumêblak padhang lawêne | ujwalanira campuh | lan usara têmah martani | mring sakèh tarulata | ingkang mêntas alum | ing siyang kataman surya | sami nglilir sêgêre ambabar sari | surasane kang praja ||

12. kang minăngka wulan sri bupati | ima iku pêpêtênging praja | kang ulah silip sakabèh | dene marutanipun | patih lawan punggawa mantri | ingkang murinèng praja | ngowêl ratunipun | padhanging wulan upama | tyas narendra ujwala prentah kang mijil | tumrap ing wong sapraja ||

13. kang usara ibarate adil | taru wadya kang sumiwèng praja | lata wong ing desa kabèh | sari sanepanipun [sanepa...]

--- 40 ---

[...nipun] | enggarira wadya gêng alit | jujur jênjêming driya | cukup uripipun | mangkana ta sulangira | lamun praja kèh dursila angribêdi | tamtu ratu sungkawa ||

14. wajib patih lan punggawa mantri | kang birata mêmala durcara | kabèh praja sêsukêre | supaya sang aprabu | lêjar ing tyas angudanèni | mring solah bawanira | ing wadya sawêgung | kang bêcik lawan kang ala | awit ratu măngka wakiling Hyang Widhi | nanggung umat sapraja ||

15. lamun ratu wus prastawèng galih | èstu karya parentah utama | sumrambah mring praja kabèh | sapangkat-pangkatipun | dènnya murih mulyaning dasih | yèn sampun kalampahan | kadya kang winuwus | nêtêpi nagara arja | kontabing lyan kèh ngayubagya memuji [me...]

--- 41 ---

[...muji] | yèku cahyaning praja ||

Paliatma

1. Dhandhanggula

1. dhuh dhuh adhuh pra atmaja mami | ingkang mijil saking garwaningwang | kang wus muksa ing jamane | kang lair kalaningsun | lara lapa dadi prajurit | siranggèr sumurupa | dèn pracayèng kalbu | gon sun mrihatinkêd[9] sira | awit ingsun jumênêng Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ||

2. nora pêgat panêdhèng sun batin | muga sira akatumusana | kanugrahan ingsun anggèr | ing mêngko wus jinurung | ingkang măngka tandhaning Widhi | tumrape marang sira | kulup yêktinipun | sira padha palakrama | antuk putra atmaja pangran dipati | timbang lan jênêngira ||

3. kaping kalih sira wus darbèni [dar...]

--- 42 ---

[...bèni] | bale wisma abawat priyangga | kaping tri sira wus darbe | panci liruning lungguh | padha lawan putra narpati | kaping pat sira tămpa | kawiryawan agung | sinêbut jênêng pangeran | padha lawan eyang ta kang saka mami | myang saking ibunira ||

4. kang mangkono rasaning tyas mami | ingatase bangsaningsun Jawa | anane ing jaman kiye | wus kêna yèn sinêbut | kanugrahan ingkang nyartani | mulane putraningwang | dèn niramèng[10] pandum | yèku pitulunging Suksma | ingsun èngêt sangkaning kamulyan kaki | brêkahe luhurira ||

5. mêngko uga kulup jênêng mami | lêga bungah sukur ing Hyang Suksma | lêganingsun awit dene | katêkan panêdhèngsun | bungah ingsun dulu sirèki | sukuku ing Hyang Suksma [Su...]

--- 43 ---

[...ksma] | de sadurungipun | sun mulih mring kalanggêngan | bisa wêruh ing tumanjanira sami | uripmu anèng dunya ||

6. dadi suda sandeyaning ati | amung kari arinta Pangeran | Prangwadana sakadange | kang dadi galih ingsun | dene padha maksih lit-alit | kang măngka yuswaningwang | wus sawidak taun | iya lamun mênangana | diwasane yèn nora iku amêsthi | dadi ing karyanira ||

7. măngka para arinira kaki | Si Suyitna iku sapangandhap | kênane dèn suwunake | unggahe pangkatipun | jênêng pangran kalamun uwis | ngumur wolulas warsa | wêwangênanipun | kang kamot jroning pustaka | kêkancingan guprêmèn ingkang tiniti | ing nagri Surakarta ||

8. Mangkunagaran ing sasi Juli [Ju...]

--- 44 ---

[...li] | kaping nênêm tanggaling Walănda | kaetung saka taune | duk sèwu wolungatus | sawidak nêm ingkang lumaris | sinung ăngka sakawan | R aksaranipun | ing mêngko pamintaningwang | marang sira kabèh para putra mami | mupung sun maksih gêsang ||

9. awit iki tumêkaning benjing | ingsun titip para arinira | Prangwadana sakadange | rêksanên ayunipun | aja taha amituturi | kang marang karaharjan | supayane besuk | yèn gumanti jênêng ingwang | lêstaria bisa mêngku angaubi | mring kadang warganira ||

10. mêngko ayo kulup andum kardi | liya saking wajibmu priyangga | sira sun bubuhi anggèr | rumêksa mring adhimu | kang wus ingsun titipkên sami | sun arsa nutugêna | kuwajiban ingsun |

--- 45 ---

anata ing prajanira | murih tambah lulusa sira ênggoni | lan para kadangira ||

11. walêr ingsun marang sira kaki | aywa limut padha èstokêna | kaya kang sun tutur kiye | dhihin ywa karya giyuh | kaping kalih ywa gawe isin | katri ywa karya sira | rusuh ing pangrêngkuh | ping pat aywa mrih piala | mring wandèngwang ping lima sira ywa kardi | nêpsune galih ingwang ||

12. kabèh iku dadi wulang mami | ing samăngsa sira apêpeka | wani nêrak walêr kiye | tan luput saking ingsun | atas saking sira pribadi | yêkti kêna patrapan | saujaring khukum | kajaba kang wus winahya | sumurupa wajibing wong ingkang sami | antuk kamulyanira ||

13. saking praja panggonaning lair | ingkang dhihin nut wiradatira | pindho nyangkul [nyang...]

--- 46 ---

[...kul] sagawene | katri sakadaripun | biyantoni arjaning nagri | kaping pat angowêla | mring pitunanipun | ping lima milu rumêksa | pakewuhe kaping nêm amurinani | rusake prajanira ||

14. lamun datan mangkonoa kaki | yêkti karam lamun sira pangan | awit ninggal mring khukume | têtêp kanisthanipun | anyamahkên prabawa kaki | nyudakakên darajat | kang mangkono kulup | yèn kêna dèn singgahana | anggêgawa marang lêluhurmu sami | nirkên trah witaradya ||

15. rèhne ingsun wus nglairkên kaki | ingkang dadi surasaning driya | marang sira sadayane | ing mêngko wêkas ingsus[11] | den arukun saekakapti | lawan sadulurira | kang èstri myang jalu | kang padha nunggal sudarma | aja [a...]

--- 47 ---

[...ja] ana ala-ingalanan sami | ingkang mawa sarana ||

16. saking wadhag tuwin saking rêmit | sumawana saking liyanira | lair batin kang agawe | durta sasaminipun | sapa ingkang gêlêm ngawiti | kêna upataningwang | ywa manggih rahayu | nêmua bênduning Suksma | poma-poma sira kabèh aja lali | èstokna ujar ingwang ||

17. ing wusana pandongaku kaki | marang sira kabèh atmajèngwang | ingkang rahayu sêdyane | dinawakna kang umur | winantua nugraha jati | sinungana kamulyan | prapta kang kinayun | kang marang ing karaharjan | nir bancana rinêksaèng Maha Sukci | salamêt donyèng kerat ||

18. wanti-wanti wulanging sudarmi | darma tama têmên tinumana | manungsa măngka sêmbahe | maring Hyang Maha Agung |

--- 48 ---

ingkang agung asih dumadi | dadining srat cinitra | Ditya Manis nuju | limalas ingkang candrama | sasi Sura taun Dal sangkalèng warsi | dewa trus mulang putra =1799 |[12]|

Paliwara

1. Dhandhanggula

1. jênu tawa (tukul) pisang găndawangi (garaita) | aja tungkul kulup dèn graita | Ragusuta (Rama) mardi jêne (sêpuh) | ramanta pan wus sêpuh | wisma aglar ing păncaniti (paseban) | dèn kêrêp sebanana | prabatanging pantun (dami) | dimèn paring wulang sira | patri wastra (ular-ular) garinging mina jaladri (gêrèh) | nalar pangrèhing praja ||

2. carang wrêksa (pang) ingkang jamang tambir (wêngku) | wit tan gampang wong mêngku nagara | baligo ămba godhonge (labu) | kudu santosèng kalbu |

--- 49 ---

têngarèng prang (têtêg) andhêging riris (têrang) | dèn têtêg tranging cipta | sêndhang niring ranu (asat) | saksat ana ing palagan | kasang toya (impês) mênyan seta mungging ardi (lirang) | yèn apês kawirangan ||

3. kampuh nendra (kêmul) ron lêsah binukti (kulup) | mula kulup bangêt wêkas ingwang | sarpa lit ponthang warnane (ula wêlang) | saking sumêlang ingsun | brama arda (mulat-mulat) kang mrica putih (sulah) | mulat mring solahira | bêngkik gêng ing kêdhung (tagèh) | igèh bocah manahira | bèbèk rawa (maliwis) wastra pêthak ciri èsthi (mori) | wis sêdhêng marènana ||

4. burat pada (bobok) raning sato bukti (măngsa) | bokmanawa katrucut ing măngsa | banthèng bang (sapi) jarwa sonyane (puwung) | sapira kaduwungmu | kandhêla lit kang sabèng kali (kinjêng) | lir

--- 50 ---

kinjêng tanpa soca | pangiriding satu (nuntun) | nora nana kang nuntuna | perak krêsna (timah) wastra laranganing gusti (parangrusak) | têmah rusak kang tata ||

5. gancar wayang (lakon) kamulwijo sisik (srikaya) | yèn kalakon kang kaya mangkana | kara kang rêmit godhonge (kapri) | kapriye solah ingsun | sobrah wrêksa tumamèng siti (sulur) | myang sadulurmu padha | lêmbing sabèng ranu (bibis) | nora bisa dulu sira | paku wrêksa (tadha) | bêbantu sipating pati (suksma) | sun têdha mring Hyang Suksma ||

6. astra dibya (samoga) Risang Ragusiwi (Rama) | muga-muga kulup ramanira | piring gêng beda tulise (panjang) | panjanga yuswanipun | sudarmane Sang Hyang Pramèsthi (Sang Hyang Wênang) | mênangana rabinta | tangkil gêng ing dhusun (so) | sukur nganti mênangana | cawang wrêksa (canggah) widara kang pindha warni (wohing wit warèng) | ing canggah warèngira ||

2. Sinom

1. parangmuka asrah jiwa (nungkul) | aruna alpa sapalih (grahana) | aja tungkul dèn graita | atmaja Sri Dasarati (Rama) | pulas pambabar rukmi (sêpuh) | ramanta gèr pan wus sêpuh | pita bênting turăngga (ambên) | bangsal gêng angapit kori (paseban) | sabên dina kulup bêcik sebanana ||

2. Êmpu Astra Wilatikta (Supa) | baskara lumèngsèr wukir (surup) | supaya sira surupa | lata krêsna ing jaladri (akar bakar) | jêbat sinadi lami (lênga tuwa) | karsane wong atuwamu | wipra di Saptarêngga (Abiyasa) | wuku Dewa Hyang Pramoni (Wuku Bala) | dènnya yasa pranatan tumraping bala ||

3. majas taru wit kang patra (kawas) | watês caritaning ringgit (lakon N lampahan K) |

--- 52 ---

ing mêngko wus kalampahan | kukila sabawèng ratri (kadhasih) | toya mambêg kinardi (agung) | tumraping dasih sawêgung | suluh tejaning warna (cahya) | jawata kang sirah èsthi (Bathara Gana) | wus pracaya mring prentah datan lênggana ||

4. wastra rimonging subêkta (kêmul) | taru linih saking siti (pinutêr) | mulane gèr putraningwang | walang gêng lir patra wilis (walang sambuh) | brêmara talèng siti (tawon tutur) | aja tambuh ing pitutur | kukilarda rinaja (manuk bêri) | ron buntal sasanèng ardi (wali kadhêp) | dèn tabêri ngadhêp marang ramakira ||

5. rêndhi bang sring piniyara (kidang) | lung-lungan lêsah pinardi (kinulup) | sun kêkudang kulup sira | satriya Singgêla nagri (Bisawarna) | parab Sang Pandhawa Ji (Darmaputra) | bisaa lir sudarmamu | kasang toya ing raga (impês) | lukita kawining janmi

--- 53 ---

(jana) | pês-apêse ing budi tiba mêjana ||

6. wrêksa caranging mandera (pang) | jamang rotan mungging tambir (wêngku) | tan gampang mêngku nagara | wahyaning janma garbini (lair) | pandaya ulah siti (waluku) | lair batin kudu mlaku | kadang Sri Duryudana (Kartamarma) | tarub gêng jawining panti (tratag) | marma ingsun juwêt ngatag marang sira ||

7. titi purnaning wiyata | dina Sênèn kaping kalih | tanggale ing sasi Sapar | kasapuluh ing Jimakir | sangkala mulat siwi | èsthining sang maha prabu (=1812) |[13] kang mangikêt pustaka | ramanta Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat ||

Palimarma

1. Mijil

1. wijiling kang kintaka saking sih | parimarmaningong | marang sira

--- 54 ---

kadang ingsun kabèh | lawan anak kaponakan mami | kang padha nglakoni | patrap pan kinungkung ||

2. marma saking lupute pribadi | mêndêm angaloyong | nunggang kreta dudu ing wayahe | gora-godha andhodhogi kori | pratingkahe kadi | arsa gawe rusuh ||

3. bêbarêngi gumyahing pawarti | kèh kampak lan koyok | dadi gawe salah panyanane | marang sakèh kang sami miyarsi | tan sarănta prapti | wong tandang gumrubyuk ||

4. panujune ana kang udani | lamun putraningong | marma sira mung dèn aturake | dadi nêmu duka dèn walêri | bangêt kaya kang wis | padha sira rungu ||

5. mêngko sira padha sun luwari | lan aksamaningong | pamintèngwang marang sira kabèh | aja padha wani-wani [wani-wa...]

--- 55 ---

[...ni] malih | anglakoni kadi | kang wis sira têmu ||

6. yêkti sira bakal anglakoni | ing pidananingong | lunga saking prajananira kene | dumunung nèng panggonan sawiji | kang prasasat mati | datan anèng kubur ||

7. yèn kongsia kalakon sayêkti | paran wêkasing don | uripira dadi tanpa gawe | anèng dunya mung sapisan iki | kêna dèn arani | luput ing piangkuh ||

8. padha lawan ulêr wrêjid cacing | lintah lan rêsrêspoh | amung manjing dadi sèn-isène | alam dunya tan kawilang janmi | luput lair batin | pocapane galur ||

9. anggêgawa marang yayah bibi | kang wus mulya nèng don | tan sambada marang kudangane | anak lanang kang bisa ngayomi | kadang warga tuwin | marang bapa

--- 56---

biyung ||

10. tangèh lamun mangkonoa sami | mundur ran nyalerong | marang praja myang kadang wargane | marma yoga biratên tumuli | tyasira kang juti | amriha rahayu ||

11. titi layang kang têmbang pamijil | tinulis nèng kantor | ping salawe bêntêt ing tanggale | Jumadilakir wau kang warsi | tri lawang kang muni | căndra = 1793 sangkalèku |[14]|

2. Pocung

1. mêndêm pocung wong anom tan mangan wuruk | waru jêne ngarga (timaha) | jinada kang sabèng kawis (bajing) | anêmaha dadi bajingan nèng praja ||

2. manggung dadya bêburon saparanipun | sêkaring kintaka (pudhak) | tunjung bang kang gagang nginggil (tarate) | yèn kacandhak rinante nèng tanah sabrang ||

3. pae lawan kasêngsêm manut pitutur | satriya Singgêla (Bisawarna) |

--- 57 ---

dhukut arum sanèng ardi (kalajana) | yèn wis bisa sinêbut janma sujana ||

4. bisa karya lêgane wong tuwanipun | gambir bang ngrêmbaka (soka) | kalabang markatèng ratri (rêna) | suka rêna mêmuji jroning wardaya ||

5. lêstaria rahayu salaminipun | pamanguning jala (ngayomi=nyulami) | Prabu Sèt kang sêkar putih (kêmbang dangan) | ngayomana marang kadang warganira ||

6. kang mêngkono kabul ing panêdhanipun | pêpatih Mandura (Prabawa) | wrêksa lajêring padhati (?) | awibawa katêkan barang sinêdya ||

7. aja nyipta sumêngah lawan têkabur | tambanging turăngga (lis) | punggawa Sri Bomapati (Ancakugra) | kalis marang ing wahyu lawan nugraha ||

8. têmahipun barang kang sinêdya luput | we wijil sing angga (kringêt) | Pandhita Ngendrakilardi (Mintaraga) |

--- 58 ---

dipun èngêt kang dadi bekaning raga ||

9. sayêktine gayuh tuna nyandhak pulut | pamronggoling wrêksa (nutuh) | pêdhut samar ing pratiwi (amun-amun) | ywa nênutuh ngamun-amun mring wong tuwa ||

10. nora wurung cilaka sajêge umur | garwa Sang Wisrawa (Sukèksi) | sêkar braja kang kinawi (pamor) | kèsi-èsi nora amor lan sasama ||

11. yèn mangkono yêktine bêcik lampus[15] | sabin tanpa toya (gaga) | rêngganing wibawa mukti (mulya) | anggêgawa mring wong tuwa kang minulya ||

Salokatama

1. Mijil

1. wijiling kang pangripta murwani | myat ing rèh salah ton | kang milalu milara ragane | lali wirang kasêrêng

--- 59 ---

ing kapti | nir yitnanta dadi | nistha têmahipun ||

2. labêt saking mudha damèng budi | di gung lumuh kasor | gege măngsa mêdhar kasurane | pamrihira mung ngulab-ulabi | mring sanggya kang ngaksi | dèn alêma punjul ||

3. tan wruh lamun akèh kang ngèsêmi | pinrayitnan batos | kang wus asih suda ing rêsêbe | kang durung wruh wus ngrungu pawarti | ingkang sêngit dadi | sukurirèng kalbu ||

4. têmah kengis watêke kang wadi | alune katongton | sasolahe linumuhan bae | nora nana kang barès sawiji | wong jail lan juti | iku paminipun ||

5. nandyan mari gung sinănggarunggi | tan ana pitados | wus mangkono manusa adate | paranbaya dènira balèni | sapisan dumadi |

--- 60 ---

nir piyandêlipun ||

6. yèn pasthia tumitah ping kalih | sakabèhing uwong | nora nana kaduwung solahe | lan tan ana ingkang wêdi mati | gampang dènnya budi | tan ana pamupus ||

7. balik nora tinitahkên malih | paran wêkasing don | mung karantan kaduwung atine | gêgêtune sansaya ngranuhi | yèn nganyuta pati | mimbuhi dosa gung ||

8. wit jisime wong anglampus dhiri | tan kêna dèn uwor | lan makame para lêluhure | myang sawiyah makamaning janmi | sinarang sinirik | kang apik tan ayun ||

9. krana wong kang amatèni janmi | wus dosa lwih asor | măngka ana wong kolu ngragane | têtêp lamun druhaka ngungkuli | patinira aji | khewan kêthèk lutung ||

10. pangruwate [pangruwa...]

--- 61 ---

[...te] dosa sawatawis | rèhne wus kalakon | tan lyan amung minta aksamane | mring kang samya sinakkên ing galih | praptaa pribadi | marang wismanipun ||

11. yèn kaprênah tuwa pangkat inggil | ngabêktia gupoh | linairna ing kaluputane | lamun prênah nom pangkate inggil | mêngku mawa taklim | krama nut ing têmbung ||

12. yèn kaprênah anom mênang inggil | dèn rahab pangrêngkoh | kabèh prihên lilihing rêngune | lamun ana rêrikuhing ati | kamotna ing tulis | lawan têmbung alus ||

13. lan nuwuna apuraning Widhi | tobata ing batos | rumasaa ing driya salahe | mêmulenên lêluhure sami | kang sira alani | nulak alanipun ||

14. mula abot wong amêksa kapti | mrih rèh karahayon [karah...]

--- 62 ---

[...ayon] | wis mangkono lumrah prabawane | seje lamun pinrih laku juti | dhangan sukèng kapti | iku timbangipun ||

15. lan wus jamak manungsa dunyèki | sapa rêna kasor | nadyan ana asor sayêktine | saking pangkat gêdhe lawan cilik | sugih lawan mêskin | andhap miwah luhur ||

16. kayêktène pangkat agêng alit | kang luhur kang asor | sugih miskin kabèh sasamane | yèn ginulung sarta dèn condhongi | adoh kang saksêrik | cêdhak sukanipun ||

17. dunungipun wong kang nglalu budi | ana bêcik awon | bêcikira kang tinuturake | alanira wus kocap ing nguni | tan lyan jalaraning | cupêting panggayuh ||

18. mring kawiryan myang sabarang kapti | tita tan antuk don | wit tan majad kang kinarêpake [ki...]

--- 63 ---

[...narêpake] | tanpa srana lumuh anoragi | tan arsa minta sih | tamtu tan jinurung ||

19. lamun majad kang sinêdyèng kapti | măngka tan kalakon | aja age kagèt ing driyane | salah tămpa panglaluning ati | ngunging-uring[16] dhiri | nutuh ngamun-amun ||

20. tampanana sasmitaning Widhi | tanjihna ing batos | umat kabèh iki kêkasihe | yêkti nora bineda sadêmi | dene duwe kapti | têka tan jinurung ||

21. bokmanawa kang sira karêpi | ginawe lêlakon | durung wêktu iku ing têgêse | ngadatira kang sinêdyèng kapti | yèn wus kêmba lali | kono sok jinurung ||

22. ngibarate lir durywan nèng uwit | nanging maksih ênom | yèn pinènèk angèl pangundhuhe [pangu...]

--- 64 ---

[...ndhuhe] | dupi kêna tan enak binukti | tiwas andêrpati | wêkasan tan urup ||

23. pakolèhe anyarèhkên kapti | andina tan lowong | anunggoni nèng ngisor uwite | praptèng măngsa jêr runtuh pribadi | gampang dènnya ngambil | tur enak lan tuwuk ||

24. nora beda wong gayuh kamuktin | yèn kasrêng ing batos | sinangkanan nglalu pratingkahe | nguring-uring kang dinolan kardi | sinêngguh tan mikir | marang raganin[17] ||

25. ngêmpakakên rusuhe ing batin | kêmate linakon | èstu kêna kang kinarêpake | kang mangkono iku wahyu eblis | ngadat tan lêstari | gêng bêncananipun ||

26. kadya durywan kang ênèm ing nguni | padhaning lêlakon | seje lawan kang wantah lêkase [lê...]

--- 65 ---

[...kase] | panêdhane saking jro sêmadi | kalanira wêngi | ing lair sinamun ||

27. kang minăngka isarat saari | tan mèngèng sapakon | mring kang wajib marentah awake | mangsrutira têmên lan tabêri | sêsambèn noragi | nyangking têmbung arum ||

28. adhêdhasar rahayuning budi | anampik kang asor | tansah karêm marang sasamane | luwangira yèn bisa nglakoni | barang kang kinapti | ing samajadipun ||

29. nora luput kang sarta basuki | iku wahyu yêktos | pirabara tumurun bakale | ra-orane awake pribadi | lakune lêstari | tan sangsarèng kalbu ||

30. lir angganing durywan kang matêng wit | jumbuhing lêlakon | barang sêja ana jalarane | ora têka yèn namung dèn siri | wit kang Maha [Ma...]

--- 66 ---

[...ha] Sukci | datan darbe suku ||

31. itih panawunging ruwiyadi | ri Soma katongton | kaping sapta Sapar wimbaning lèk | tabuh astha Dal sangkalèng warsi | swara trusing ardi | risang maha prabu =1799 |[18]|

Darmalaksita

1. Dhandhanggula

1. mrih sarkara pamardining siwi | pinurwaka dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku =1807 |[19] mring iki wasitaningwang | dhawuh marang putrèng sun jalu lan èstri | padha angèstokêna ||

2. rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakuning agêsang | ingsun tutur kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran [pê...]

--- 67 ---

[...pantaran] dènnya dumadi | nèng dunya nut agama | jalu èstri dhaub | măngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budidaya ||

3. yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhihin winicara ||

4. panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | ping pat nastiti pamriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh ing petungan [petunga...]

--- 68 ---

[...n] ||

5. watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros maring arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmêning sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||

6. angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhaki rahayuning raga | dèn andêl mring sasamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | tandhane angrêrêpa ||

7. luwih lara larane kang ati | nora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piyandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa [sungka...]

--- 69 ---

[...wa] malih | ya iku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | angilangkên budidaya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sasama ||

8. kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputane | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dumèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | panulak mring sangsara ||

9. rambah malih wasitaning siwi | wikanana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netra ruruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trêpsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sasami | wong kang rumakêt ika ||

10. karya rêsêp mring rewange [rewang...]

--- 70 ---

[...e] linggih | wong kang manut mring caraning băngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh anganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong pasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||

11. angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangolahira | batin ugêripun | ing lair gêrbaning basa | yèka aran kalakuwan ingkang bêcik | margane mring utama ||

12. pêpuntone gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pangèsthine | kang dhingin wêkas ingsun | anirua marang

--- 71 ---

kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping pate miliha ingkang pakolih | dadi kanthi nèng dunya ||

2. Kinanthi

1. dene wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêkira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti ||

2. têgên iku watêkipun | akarya lêganing Gusti | wêkêl marganing pitaya | dene kang pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku margane lêstari ||

3. lawan malih wulang ingsun | margane wong kanggêp nglaki | dudu guna japa măntra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki ||

4. wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan nglaki | miturut marganing wêlas [wê...]

--- 72 ---

[...las] | mituhu marganing asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl nglaki ||

5. dudu pangkat dudu turun | dudu brana dudu warni | ugêre wong palakrama | wruhanta dhuh anak mami | mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalawan wadi ||

6. basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linaksanan | tan suwala tan baribin | lêjaring netya sarănta | tur rampung tan mindho kardi ||

7. dene condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solah bawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati ||

8. wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | wujud warna cacahira [ca...]

--- 73 ---

[...cahira] | êndi bubuhaning èstri ||

9. wruha sangkan paranipun | pangrumate dèn nastiti | apadene guna kaya | tumanjane dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanta ing lair ||

10. basa wadi wantahipun | solah bawa kang piningit | yèn kalair dadi ala | saru tuwin anglingsêmi | marmane dèn bisa sira | nimpên wadi ywa kawijil ||

3. Mijil

1. wulang èstri kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring bale wismane | momong putra maru santanabdi | dèn angati-ati | ing sadurungipun ||

2. tinampanan waspadakna dhingin | solah bawaning wong | ingkang bakal winêngkwèng dhèwèke | miwah watak pambêkane sami | sinuksma ing batin [bati...]

--- 74 ---

[...n] | sarta dipun wanuh ||

3. lan takona padatane kang wis | carane lêlakon | miwah apa saru sêsikune | sêsirikan kang tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakewuh ||

4. tumraping rèh pamanduming panci | tatane ing kono | umatura dhingin mring priyane | yèn pinuju ana ing asêpi | ywa kongsi baribin | saru yèn rinungu ||

5. bokmanawa lingsêm têmah runtik | dadi tanpantuk don | dene lamun ingulat netyane | datan rêngu lilihing panggalih | banjurna dera ngling | lawan têmbung alus ||

6. anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang winênangake | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu ||

--- 75 ---

7. awit wruha kukume jêng nabi | kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèke | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku ||

8. mring gawane wong wadon kang asli | tan kêna dèn êmor | lamun durung ana palilahe | yèn sajrone salaki sarabi | wimbuh rajatadi | iku jênêngipun ||

9. gana-gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkane saka sakarone | ing wêwênang isih anèng laki | marma ywa gêgampil | rajatadi mau ||

10. gana-gini ekrar kang darbèni | saduman wong wadon | kang rong duman wong lanang kang darbe | lamun duwe anak jalu èstri | bapa kang mènèhi | sandhang panganipun ||

11. pama pêgat mati tuwin [tuwi...]

--- 76 ---

[...n] urip | gonira jêjodhon | iku nora sun tutur kukume | wêwênange ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau ||

12. yèn sira wus winulang winêling | wêwalêre condhong | lan priyanta ing bab pamêngkune | bale wisma putra maru abdi | lawan rajatadi | miwah kayanipun ||

13. iku lagi tampanana nuli | kang nastitèng batos | tinulisan apa saanane | tadhah putra sêlir santanabdi | miwah rajatadi | kagunganing kakung ||

14. yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratelane | mring priyanta paraning kang kapti | ngêntènana malih | ing pangatagipun ||

15. kang supaya aja dèn arani | wong wadon sumênggoh | bokmanawa [bo...]

--- 77 ---

[...kmanawa] gêla ing batine | bêcik apa ginrayangan melik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu ||

16. ing sanadyan lakinira bêcik | momong mring wong wadon | wekanana kang mringna liyane | jêr manungsa datan nunggal kapti | ala ana bêcik | ing panêmunipun ||

17. lamun kinèn banjur ambawani | ywa age rumêngkoh | lulusêna lir mau-maune | aja nyuda aja amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu ||

18. êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna ywa lirip atine | slondhohana lêlipurên ing sih | mrih trimaning ati | kêna sira tantun ||

19. yèn wus cakêp kacukup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piyandêle |

--- 78 ---

marang sira ora walangati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu ||

Tripama

1. Dhandhanggula

1. yogyanira kang para prajurit | lamun bisa sira anulada | duk ing nguni caritane | andêlira Sang Prabu | Sasrabau ing Maèspati | aran Patih Suwănda | lêlabuhanipun | kang ginêlung tri prakara | guna kaya purun ingkang dèn antêpi | nuhoni trah utama ||

2. lirê lêlabuhan tri prakawis | guna bisa saniskarèng karya | binudi dadya unggule | kaya sayêktinipun | duk bantu prang Manggada nagri | amboyong putri dhomas | katur ratunipun | purune sampun têtela | aprang tandhing lan ditya Ngalêngka [Ngalêng...]

--- 79 ---

[...ka] nagri | Suwănda mati ngrana ||

3. wontên malih tuladan prayogi | satriya gung nagri ing Ngalêngka | Sang Kumbakarna arane | tur iku warna diyu | suprandene gayuh utami | duk wiwit prang Ngalêngka | dènya darbe atur | mring raka amrih raharja | Dasamuka tan keguh ing atur yêkti | dene mungsuh wanara ||

4. Kumbakarna kinon mangsah jurit | mring kang raka sira tan lênggana | nglungguhi kasatriyane | ing tekad tan asujud | amung cipta labuh nagari | lan nolih yayah rena | myang lêluhuripun | wus mukti anèng Ngalêngka | mangke arsa rinusak ing bala kapi | punagi mati ngrana ||

5. wontên malih kinarya palupi | Suryaputra Narpati Ngawăngga | lan Pandhawa tur kadange | lèn yayah tunggil ibu [i...]

--- 80 ---

[...bu] | suwita mring Sri Kurupati | anèng nagri Ngastina | kinarya gul-agul | manggala golonganing prang | bratayuda ingadêgkên senapati | ngalaga ing Korawa ||

6. dèn mungsuhkên kadange pribadi | aprang tandhing lan Sang Dananjaya | Sri Karna suka manahe | de gonira pikantuk | marga dènnya arsa malês sih- | ira Sang Duryudana | marmanta kalangkung | dènnya ngêtog kasudiran | aprang rame Karna mati jinêmparing | sumbaga wirotama ||

7. katri măngka sudarsanèng jawi | pantês sagung kang para prawira | amirita sakadare | ing lêlabuhanipun | aywa kongsi buwang palupi | mênawa tibèng nistha | ina èsthinipun | sanadyan tekading buda | tan prabeda budi panduming dumadi | marsudi ing

--- 81 ---

kotama

Yogatama

A. Dhandhanggula

1. sintên ingkang bayunipun sami | kadunungan darahing Mataram | kang tan kamomoran ing lyèn | kang manahipun tuhu | sangêt asih dhatêng nagari | myang dahat asih marang | panjênêngan ratu | angrêrêpia kados kula[20] | condhong karsa lan kula anunggil budi | myang cipta tanpa taha ||

2. angrêpia ing kidung puniki | pasamuwanira pra satriya | Hyang Suksma dadya parênge | mawantu nugraha gung | sumarambah katur nagari | myang katur ing narendra | ing kamulyanipun | wit dènnya rumêksèng jana | kang winêngku tan kandhêg pinrih basuki | marma wajib pinudya ||

3. ya Allahu Tuwan [Tu...]

--- 82 ---

[...wan] Maha Sukci | mugi-mugi tuwan ngayomana | sampun pêgat pangrêksane | mring siti dunung ulun | gêsang tuwin panggenan mami | kala lare kawula | miwah dunungipun | badhe antaka kawula | sumawana ing jasad ulun samangkin | taksih nglindhung ing tuwan ||

4. amba nuwun kamirahan Widhi | saha sangêt gêtêring wardaya | lêstantuna salamine | nagri klairan ulun | winêdalna jawining wèsthi | tuwin lêstatunira | panjênêngan ratu | dènnya umadêg kalipah | kang minăngka wakiling Hyang Maha Sukci | rumaksèng nuswa Jawa ||

B. Kinanthi

1. sintên ingkang bayunipun | kanggenan darah Matawis | tumêrah mring Surakarta | ingkang manahipun yêkti | sangêt asih dhatêng praja | myang asih

--- 83 ---

ing narapati ||

2. angrêpia kados ulun | condhong karsa nunggil budi | myang cipta datanpa taha | yèn ngrêpi kidung puniki | pasamuwaning satriya | dadya parênging Hyang Widhi ||

3. winantu nugraha agung | sumaramba[21] dhatêng nagri | miwah katur ing narendra | ing kamulyan kang nampèni | wit dènnya rumêksèng praja | tan kandhêg pinrih basuki ||

4. ya Allah Kang Maha Agung | mugi Tuwan angayomi | sampun pêgat dènnya ngrêksa | mring siti ing dunung mami | gêsang myang panggenan amba | kala kula taksih alit ||

5. miwah malih dunungipun | badhe patyastana mami | sumawana jasad kula | tansah manglindhung ing Widhi | singlara ing rèh druhaka | dirga atmaning dumadi ||

6. lawan amba anênuwun | ing kamirahaning

--- 84 ---

Widhi | saha sêkunging wardaya | lêstantuna ing salami | nagri kalairan amba | winêdalna ing pawèsthi ||

7. tuwin ta lêstantunipun | panjênênganing narpati | dènnya umadêg kalipah | wakiling Hyang Maha Sukci | widada satêrahira | rumêksa ing nuswa Jawi ||

Wedhatama

1. Pangkur

1. mingkar-mingkuring angkara | akarana karênan mardi siwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu ukur | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji ||

2. jinêjêr nèng wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | mangka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan [pa...]

--- 85 ---

kumpulan | gonyak-ganyuk ngêlingsêmi ||

3. gugu karêpe priyangga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||

4. si pêngung nora nglêgewa | sangsasarda[22] dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angandhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alăngka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||

5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||

6. uripe

--- 86 ---

sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||

7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring tataning tatakrama | gon-anggon agama sukci ||

8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh asor kudu unggul | sumungah sêsongaran | yèn mangkana kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||

9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun [pamini...]

--- 87 ---

[...pun] | tan umasuk ring jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok păncabaya | ubayane balenjani ||

10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kanggo ing siyang ratri ||

11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kuwawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng janma wrêdha | tuwin nèng janma taruni ||

12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh [sê...]

--- 88 ---

[...puh] sêpi hawa | awas roroning atunggil ||

13. tan samar pamoring Suksma | sinuksmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukaning warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyup | pindha pêsating supêna | sumusuping rasa jati ||

14. sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karameyan | ingkang sipat wisesa-winesesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||

2. Sinom

1. nulada laku utama | tumrape ing tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigănda | Panêmbahan Senapati | kapati amarsudi | sudaning hawa lan nêpsu | pinêsu tapabrata | tanapi ing sari ratri | amêmangun karyenak tyasing sasama ||

--- 89 ---

2. samangsane pasamuan | mêmangun marta martani | sinambi ing sabên măngsa | kala-kalaning asêpi | lêlana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas | sanityasa pinrihatin | pungguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||

3. sabên mendra saking wisma | lêlana laladan sêpi | ngingsêp sêpuhing sopana | mrih pana panrawèng kapti | tistising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu dyatmika ||

4. wikan wêngkuning samudra | kèdêran wus dèn idêri | kinêmat kamot ing driya | rinêgêm sagêgêm dadi | dumadya angratoni | nênggih Kangjêng Ratu Kidul | dêdêl gayuh gêgana | umara marak maripih | sor prabawa lan Wong Agung Ngèksigănda [Ngèksi...]

--- 90 ---

[...gănda]

5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi | jroning alam palimunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm anyanggêmi | ing karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora ketang têkên janggut suku jaja ||

6. prajanjine abipraya | saturun-turuning wuri | mangkono trahing awirya | yèn amaksih mêsu budi | dumadya glis dumugi | iya ing sakarsanipun | Wong Agung Ngèksigănda | nugrahane praptèng mangkin | trah-tumêrah darahe padha wibawa ||

7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing senapati | pan iku pantês ugi | tinelat labêtanipun | ing sakuwasanira | enake lan jaman [ja...]

--- 91 ---

[...man] mangkin | sayêktine tan bisa ngêplêki kuna ||

8. lowung kalamun tinimbang | ngaurip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manelad nulad nabi | nayakèng rat gusti rasul | anggung ginawe umbak | sabên seba mampir masjid | ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat ||

9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul mungkul sami | bengkrakan mring masjid agung | kalamun maca kutbah | lêlagone Dhandhanggêndhis | swara arum ngumandhang cengkok palaran ||

10. lamun sira pêksa nelad | tuladaning kangjêng nabi | o gèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira Jawi | sathithik bae [ba...]

--- 92 ---

[...e] wus cukup | aja guru alêman | nelad kas ngêblêgi pêkih | lamun pêngkuh pangangkah yêkti karamat ||

11. nanging enak ngupaboga | rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawane bae tan ngênting | parandene paripêksa mulang putra ||

12. saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring khaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing besuk | pranatan ngakir jaman | tan tutug kasêlan ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||

13. marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | abubrah bawur tyas ingwang | lir kiyamat sabên [sa...]

--- 93 ---

[...bên] ari | bot Allah apa gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas graita | rèhne asuta priyayi | yèn mamriha dadi kaum têmah nistha ||

14. tuwin kêtip suragama | pan ingsun ora winaris | angur baya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan namung ngupaboga ||

15. bonggan kang tan mêrlokêna | mungguh ugêring aurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa pêpariman ngulandara ||

17. kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat winasis | wusana wosing

--- 94 ---

jiwangga | mêlok tanpa aling-aling | kang ngalingi kaliling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angêlangut tanpa têpi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||

18. mangkono janma utama | tuman tumanêm ing sêpi | ing sabên rikala măngsa | mangsaha mêmasuh budi | laire anêtêpi | ing rèh kasatriyanipun | susila anoraga | wignya mèt tyasing sasami | yèku aran wong barèk berag agama ||

19. ing jaman mêngko pan ora | arahe para taruni | yèn antuk tuduh kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur jujurkên kapti | kakèkne arsa winuruk | ngêndêlkên gurunira | pandhitaning praja sidik | tur wus manggon pamucunge mring makripat ||

3. Pocung

1. ngèlmu iku kalakone [kala...]

--- 95 ---

[...kone] kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

2. angkara gung nèng ăngga anggung gumulung | gêgolonganira | triloka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||

3. beda lamun wus sêngsêm rèhing asamun | sêmune ngaksama | sasamane băngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||

4. taman limut durgamèng tyas mawèh limput | kèrêm ring karamat | karana karoban ing sih | sihing Suksma ngrêbda saardi gêngira ||

5. yèku patut tinula-tula tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||

6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani [amakna...]

--- 96 ---

[...ni] rapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||

7. kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alăngka | elok jamane dèn mohi | paksa ngangkah langkah mèk kawruh ing Mêkah ||

8. nora wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêting angga | anggêre padha marsudi | kana kene kaanane apa beda ||

9. ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahyèng sêkar sri nata ||

10. basa ngèlmu mupakate lan panêmu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||

11. iya lamun kelangan nora gêgêtun | trima yèn kataman | saksêrik samèng [sa...]

--- 97 ---

[...mèng] dumadi | tri lêgawa nalăngsa srah ing bathara ||

12. bathara gung ingugêr graning jêjantung | jênêk Hyang Wisesa | sana pasênêtan sukci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||

13. nora uwus karême anguwus-uwus | uwose tan ana | mung janjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||

14. sakèh luput ing angga tansah linimput | linimpêt ing sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||

15. durung punjul ing kawruh kasêlak jujul | kasêsêlan ala | cupêt kapêpêtan pamrih | tangèh nêdya anggambuh mring Hyang Wisesa ||

4. Gambuh

1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya lumuntur | dhingin raga cipta jiwa rasa kaki | ing kono lamun kêtêmu | tăndha nugrahaning [nu...]

--- 98 ---

[...grahaning] Manon ||

2. sêmbah raga puniku | pakartine wong amagang laku | sêsucine akarana saking warih | kang wus lumrah limang waktu | wantu wataking wêwaton ||

3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinêrung | lagi iki băngsa kas mêtokkên anggit | mintokkên kawignyanipun | sarengate elok-elok ||

4. ngingik kaya santri dul | gajêg kadi santri brai kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewon wong kang padha gugu | anggêre padha nyalêmong ||

5. kasusu arsa wêruh | cahyaning Hyang kinira yèn wêruh | ngarêp-arêp kurup arsa dèn kurêbi | tan wêruh yèn urip iku | akale kaliru ênggon ||

6. yèn ta jaman karuhun | tata titi lumrah tumaruntun [tumaruntu...]

--- 99 ---

[...n] | băngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi nora duwe bingung | kang padha nêmbah Hyang Manon ||

7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku | dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolihe putraningsun | nyênyêgêr badan mrih kaot ||

8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrahing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêting batos ||

9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhne asnapun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayêktine nora jumbuh | tekat kang padha linakon ||

10. nanging ta paksa tutur | rèhning tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantarane ring utami | sing sapa têmên tinêmu [tinê...]

--- 100 ---

[...mu] | nugraha gêming kaprabon ||

11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêping kawruh | mêruhi marang kang momong ||

12. sukcine tanpa banyu | amung nyênyuda ardaning kalbu | pambukaning tata titi ngati-ati | atêtêp talatèn atul | tuladan marang waspaos ||

13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan satuhu | lamun lugu lêgutaning rèh maligi | lagehane tumalawung | wênganing alam kinaot ||

14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||

14. gagare ngunggar kayun | tan kayungyun mring

--- 101 ---

ayuning kayun | băngsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn emut | mring pamurunging lêlakon ||

15. samêngko kang tinutur | sêmbah katri kang sayêkti katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên dipun kacakup | sêmbahing jiwa sutèngong ||

16. sayêkti luwih pêrlu | ingaranan puntoning laku[23] | kalakuan kang tumrap bangsaning batin | sukcine lan awas emut | mri[24] alaming lama amot ||

17. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt triloka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad cilik | dèn kandêl-kumandêl kulup | lan kêlaping alam kono ||

18. kêlême mawa limut | kalamatan jroning alam kanyut | sanyatane iku kanyataan [kanyataa...]

--- 102 ---

[...n] kaki | sajatine yèn tan èmut | sayêkti tan bisa amor ||

19. pamète saka luyut | sarwa sarèh saliring panganyut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tarlèn mung pribadinipun | kang katon tinonton kono ||

20. nging aywa salah surup | kono ana sajatining urup | yèku urup pagarêp uriping budi | sumirat sêrat narawung | kadya kartika katongton ||

21. yèku wênganing kalbu | kabuka ta kang wêngku-winêngku | wêwêngkone wus kawêngku ing sirèki | nging sira uga winêngku | mring kang pindha kartika byor ||

22. samêngko ingsun tutur | gantya sêmbah ingkang kaping catur | sêmbah rasa karasa rosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||

23. kalamun du[...]gu [du...]

--- 103 ---

[...[...]gu] | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||

24. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | amung kandêl-kumandêl ngandêl ing takdir | iku dèn awas dèn emut | dèn mêmêt yèn arsa momot ||

Tamat

 


Tanggal: Sênèn pitu likur (27) Saban (Ruwah) Be: nyatur slira mulang marang sunu (AJ 1784). Tanggal Masehi: Sabtu 3 Mei 1856. Pada bulan Ruwah AJ 1784, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 1 (Sênèn Pon), 8 (Sênèn Kliwon), 15 (Sênèn Paing), 22 (Sênèn Wage), dan (29 Sênèn Lêgi), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn 1, 8, 15, 22, atau 29 Ruwah AJ 1784 (7, 14, 21, 28 April, atau 5 Mei 1856). (kembali)
Tanggal: Wrahaspati Kaliwon (Kêmis Kliwon) sapisan (1) Saban (Ruwah) Ehe: murtyastha amulang sunu (AJ 1788). Tanggal Masehi: Kamis 23 Februari 1860. (kembali)
wadhahe. (kembali)
santosa. (kembali)
yèn kasêsêr. (kembali)
sujanma. (kembali)
Tanggal: Kêmis wolulas (18) Madilawal (Jumadilawal) Je: tan gatra mulang siswa (AJ 1790). Tanggal Masehi: Kamis 21 November 1861. (kembali)
Tanggal: Isnèn (Sênèn) sapuluh (10) Madilawal (Jumadilawal) Dal: atmaja Hyang Girinata mulang mring punggawa mantri (AJ 1791). Tanggal Masehi: Minggu 2 November 1862. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
mrihatinkên. (kembali)
10 narimèng. (kembali)
11 ingsun. (kembali)
12 Tanggal: Ditya Manis (Ngahad Lêgi) limalas Sura Dal: dewa trus mulang putra (AJ 1799). Tanggal Masehi: Minggu 17 April 1870. (kembali)
13 Tanggal: Sênèn kalih (2) Sapar Jimakir: mulat siwi èsthining sang maha prabu (AJ 1812). Tanggal Masehi: Rabu 13 Desember 1882. Tahun AJ 1812 adalah tahun Ehe dan bukan Jimakir, dan pada bulan Sapar tahun AJ 1812, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 7 (Sênèn Wage), 14 (Sênèn Lêgi), 21 (Sênèn Pon), dan 28 (Sênèn Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn 7, 14, 21, atau 28 Sapar Ehe AJ 1812 (Senin 18, 25 Desember, 1, atau 8 Januari 1883). Menurut Pigeaud (Paliwara 1953, Jilid 4, hlm. 21) sangkala ini salah dan sebaiknya dibaca: mulat widik èsthining sang maha prabu (AJ 1802) yakni tahun Jimakir dan sesuai dengan surud Mangkunagara; maka tanggal yang dimaksud adalah Sênèn 2 Sapar Jimakir AJ 1802 (Senin 31 Maret 1873 M). (kembali)
14 Tanggal: salawe (25) Jumadilakir: tri lawang kang muni căndra (AJ 1793). Tanggal Masehi: 25 November 1864. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: yèn mangkono yêktine bêcik anglampus. (kembali)
16 nguring-uring. (kembali)
17 Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 6u, marang raganipun. (kembali)
18 Tanggal: Soma (Sênèn) sapta (7) Sapar Dal: swara trusing ardi risang maha prabu (AJ 1799). Tanggal Masehi: Senin 9 Mei 1870. (kembali)
19 Tanggal: Salasa (Slasa) Wage tri wêlas (13) Mulud Dal: winêling anêngaa sariranta iku (AJ 1807). Tanggal Masehi: Selasa 19 Maret 1878. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: angrêpia kados kula. (kembali)
21 sumarambah. (kembali)
22 sangsayarda. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: ingaranan pêpuntoning laku. (kembali)
24 mring. (kembali)