Islam, Kawicaksanan, Prawiraatmaja, 1930, #1834

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Islam Kawicaksanan

Amarahakên gêgeyongan ingkang prêmati, panyakupipun saking kawicaksanan, adêdalan kawaskithan, dumugi ing kasampurnan.

Karanganipun: Prawiraatmaja, ing Surakarta, warsa cinăndra sangkala: nênging rasa ngèsthi jati (1860).

Cap-capan ingkang kapisan.

1930.

BOEKHANDEL "KALIMASADA"

SOLO.

--- [1] ---

Islam Kawicaksanan

Amarahakên gêgeyongan ingkang prêmati, panyakupipun saking kawicaksanan, adêdalan kawaskithan, dumugi ing kasampurnan.

Karanganipun: Prawiraatmaja, ing Surakarta, warsa cinăndra sangkala: nênging rasa ngèsthi jati (1860).

Cap-capan ingkang kapisan.

1930.

BOEKHANDEL "KALIMASADA"

SOLO.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

[Grafik]

Prabu Yudhisthira, inggih Prabu Darmawăngsa, inggih Narpati Darmaputra, titising Dewa Bathara Darma, narendra ing nagari Ngendraparastha, misuwur ing jagad sakalangkung sudibya rêngên, têgêsipun pinunjul ing ulah bawa, inggih punika winasis dhatêng kridhaning pangulah ngasta pusaraning praja, angasrêpi ing jagad traya.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

Bêbuka

Wahyaning wêwarahipun Sêrat Islam Kawicaksanan punika, miturut wêdharing pitêdahanipun Kyai Sujanasastra. Dene ingkang sêsilih nama Kyai Sujanasastra punika, satunggaling priyantun ing Surakarta, ingkang sampun misuwur rêmên angimpu sêrat-sêrat Jawi, saha rêmên marsudi kawruh kasuksman tuwin kawruh praja. Ing samangke kapèngêtan sarta kadhapur sêrat piwulang, kanamakakên sêrat Islam Kawicaksanan, kajêngipun anêdahakên gêgeyongan ingkang nama: Islam, ananging muhung sarana kawruh kawicaksanan, têgêsipun muhung kapêndhêt wosipun ingkang kaanggêp wigatos kemawon, dados botên kados kaislaman ingkang sampun kalimrah kaanggêp lêrês ing ngakathah. Sarèhning ingkang mèngêti botên sumêrêp wêwatoning pitêdahanipun punika punapa, saking panuwunipun prayogi kaanggêp namung kadosdene maligi satunggaling kawruh, ingkang tuwuh saking pamanggih limrah kemawon. Sanadyan upami wontên èmpêripun sajak mêdal saking wêwarahing Budha, sampun kaanggêp saking Budha. Upami wontên èmpêripun [èmpêripu...]

--- 6 ---

[...n] sajak mêdal saking Islam, sampun kaanggêp saking Islam. Dados botên wontên raos gugon-gugonên utawi êmoh-êmohên. Awit ingkang prayogi punika kêdah katitipriksa, kawawas ing dugi-dugi tuwin pamatawis, kapatitisakên nyatanipun. Ing ngriku badhe manggih karampungan, sagêd mastani: lêrês utawi lêpat, awon utawi sae, nyata utawi botên. Awit adêging gêsangipun manusa, sami kasinungan budi kanthi prabot ingkang nyêkapi kangge ulah titipariksa. Manawi botên dipun êmpakakên eman-eman sangêt, badhe kados pêdhang landhêp ingkang namung tansah kasimpên botên nate kawêdalakên, botên sande nai, anêmahi risak tanpa guna. Awit saking punika, mila bokmanawi wontên ingkang karsa nganggêp dhatêng suraosipun sêrat punika, sampun ngantos kagêm garan para pabên, manawi wontên ingkang anglêpatakên prayogi kadhèrèk kemawon, karantên tiyang punika langkung prayogi ingkang sagêd anuju panggalih, tinimbang kalihan rêmên nyulayani, kalihan malih lêrês punika kawon kalihan limrah, ingkang parlu ing batos, anggèn-anggèn kêdah prayitna, ngantêpi tancêping panggalih ingkang kaanggêp lêrês. Namung punika aturipun [a...]

--- 7 ---

[...turipun] ingkang mèngêti. Pangracikipun salêbêting warsa cinăndra sangkala: nênging rasa ngèsthi jati.

Ingkang mangripta: Prawiraatmaja.

--- [8] ---

[...]

--- [9] ---

Gêgeyongan.

Ngagêsang punika kêdah gadhah gêgeyongan, minăngka pangrêksaning kawilujêngan lan katêntrêmanipun, awit ing alam dunya punika wontên supe, sakit, sisah, lan risak utawi pêjah, sakathahing sabab-sabab ingkang anjalari wontênipun kawan prakawis punika, kaupamèkakên kadosdene jagad punika anjêmblong, manawi manusa dèrèng gadhah gêgeyongan, saèstu dhawah ing bilai, nanging manawi sampun gadhah gêgeyongan ingkang santosa, saèstu sagêd wilujêng botên dados punapa. Manawi sampun gondhelan gêgeyongan ingkang santosa, dados sampun sumêrêp bilih badhe langgêng kawilujênganipun, botên wontên baya pakèwêd ingkang ambilaèni, sampun botên gadhah uwas kuwatos punapa-punapa, sampun botên gadhah ajrih ing punapa-punapa, dados sampun sagêd têntrêm santosa, inggih punika ingkang nama sampun angsal wahyu dyatmika, sampun waluya maha mulya tanpa kara-kara. Mardika, botên wontên ingkang dados rêncana.

--- 10 ---

Islam.

Islam, punika gêgeyongan ingkang santosa. Sadaya tiyang punika wajib anggayuh sagêda têtêp: Islam ingkang sajati. Sadaya agami punika nuntun dhatêng manusa supados sagêda: Islam. Dados sadaya agami punika kenging dipun wastani agami Islam. Agami têgêsipun tata, Islam têgêsipun wilujêng utawi têntrêm, dados agami Islam atêgês tata ingkang anjalari wilujêng lan têntrêm.

Mugi dipun prayitna, ingkang wajib kêdah dipun gayuh punika Islam ingkang dados gêgeyongan ingkang santosa, dede namung waton sampun nama: Islam, dede namung waton sampun kalêbêt dados golonganing tiyang Islam, dede namung waton sampun anglampahi pranataning agami Islam sawatawis, botên namung kandhêg samantên, têgêsipun sanadyan sampun lumampah ing marginipun, manawi dèrèng muksis, têgêsipun dèrèng sampurna lampahipun, punika dèrèng sagêd dumugi ing yakti, yakti têgêsipun nyata, têmên, ingkang wigatos punika wosipun sagêd dumugi ing yakti Islam, inggih punika: wilujêng, têntrêm, santosa, [santo...]

--- 11 ---

[...sa,] tanpa sangsaya. Mila mawi katêrangakên makatên, amargi wontên ingkang angintên, Islam punika kacêkap namung waton sampun angucapakên sahadat kalimah kalih. Wontên ingkang angintên namung waton sampun purun kawêngku ing pranataning agami Islam ingkang amêksa dhatêng ingkang sampun kawêngku, kados ta: pranatan prail, inggih punika pambagening raja darbe, sapanunggilanipun. Wontên ingkang angintên namung waton sampun anglampahi parentah-parentahing agami, ing sawatawis ingkang adhakan kasumêrêpan kemawon. Cêgah dhatêng sadaya ingkang cinêgah, botên mawi mrihatinakên anggènipun dèrèng sakêd[1] kêcêpêng punapa ingkang mêsthinipun kêdah sagêd kêcêpêng, inggih punika: wilujêng, têntrêm, santosa, tanpa sangsaya. Dados kadosdene botên gadhah pambudi utawi tanpa panjangkah punapa ingkang mêsthinipun kêdah kabudi utawi kajangkah.

Manawi manusa sampun sumêrêp dhatêng ingkang mêsthinipun kêdah kajangkah, saha pancèn sampun gadhah panjangkah, gadhah prihatin anggènipun dèrèng sagên[2] kêcêpêng ingkang jinangkah, tamtunipun lajêng sêdya nyumêrêpi punapa sababipun dèrèng sagêd kêjangkah, kadospundi marginipun sagêd kêjangkah, wasana lajêng ambangun [ambangu...]

--- 12 ---

[...n] lampahipun, kabênakakên, kapatitisakên, kalayan dêrênging sêdya, kêncênging pangudi, ngantos kalampahan sagêd muksis lampahipun, ing ngriku sawêg sagêd kêcêpêng ingkang sinêdyakakên, têtêp nama Islam sajati, inggih punika sampun sampurna.

Pikêkahing Ngèlmi.

Pikêkahing ngèlmi punika wontên kawan prakawis, inggih punika: 1. iman, 2. tokid, 3. makripat, 4. Islam. Liripun manawi kawan prakawis punika sampun kasarira sadaya, kawruhipun sampun kêkah, kajêngipun sampun lêrês, sampun jangkêp, sampun anyêkapi kangge gêgeyongan.

1. Iman têgêsipun ngandêl.

2. Tokid têgêsipun muhung satunggal.

3. Makripat têgêsipun waskitha.

4. Islam têgêsipun wilujêng, têntrêm.

Kawan prakawis punika iman ingkang dados witipun, saking iman anuntun dhatêng tokid, saking tokid anuntun dhatêng makripat, saking makripat dados Islam. Têgêsipun,

--- 13 ---

witipun saking ngandêl, inggih punika ngandêl dhatêng pitêdah, utawi ngandêl ing kawruh, anjalari lajêng muhung mangeran dhatêng Gusti Allah. Awit saking muhung mangeran satunggal Gusti Allah, anjalari waskitha dhatêng Gusti Allah. Awit saking waskitha dhatêng Gusti Allah. Anjalari wilujêng lan têntrêm.

Iman - Tokid.

Iman ingkang anuntuni dhatêng tokid punika, inggih muhung ngandêl dhatêng pitêdah bilih botên wontên pangeran kajawi Gusti Allah piyambak, kados suraosipun sahadat tokid: lailaha ilallah, têgêsipun: ora ana pangeran amung Allah. Suraos makatên punika mêngku pitêdah: bilih namung mangeran dhatêng Gusti Allah, ingkang sagêd amanggih mulya, manawi angroro pangeran utawi botên mangeran dhatêng Gusti Allah, malah namung mangeran dhatêng sanès Gusti Allah, tamtu manggih sangsara. Awit saking gadhah piyandêl makatên wau, mila lajêng kêtuntun manahipun dados nêdya namung mangeran dhatêng Gusti Allah kemawon, botên mangeran dhatêng sanès-sanèsipun.

--- 14 ---

Tokid - Makripat.

Tokid ingkang nuntuni dhatêng makripat punika manawi sampun têtêp wirangi ing pangeranipun, wirangi têgêsipun suci, inggih punika ingkang sampun sagêd têtêp nama kantun mangeran dhatêng Gusti Allah, botên mawi mangeran dhatêng sanès-sanèsipun, têgêsipun sampun botên mawi gadhah rêmên dhatêng punapa-punapa sadaya ingkang dede Gusti Allah, sampun mungkur dhatêng sadaya, muhung madhêp dhatêng Gusti Allah, sampun atilar dhatêng sadaya ingkang dede Gusti Allah, kalayan eklas, têgêsipun rila, sanadyan saranduning gêsangipun piyambak manawi ingkang dede Gusti Allah inggih kaungkurakên, katilar karilakakên, dados ingkang wontên kantun Gusti Allah piyambak, awit botên wontên ingkang sagêd atilar dhatêng sadaya ingkang dede Gusti Allah, kajawi Gusti Allah piyambak, sabên sampun sagêd atilar dhatêng sadaya ingkang dede Gusti Allah, ingkang taksih inggih muhung kantun Gusti Allah piyambak, cocog kalihan ingkang kasêbut ing daliling Kuran, ungêlipun makatên: innalillahi wainna lillahi rajingun, jarwanipun, manusa iku saking Pangerane, ing têmbe bali marang

--- 15 ---

Pangerane. Ing ngriku kawontênanipun sampun botên aningali botên tiningalan, botên mangeran botên pinangeran, awit sampun mungkur dhatêng sadaya-sadaya, kantun madhêp dhatêng pribadinipun pribadi, amung ton-tinonton pribadi, pangeran-pinangeran pribadi tanpa rowang, inggih punika sampurna pamoring kawula Gusti, tunggil dat sipat asma apngal, pêpasihan tanpantara, mila waskitha tanpa warana, inggih waskitha dhatêng Gusti Allah, inggih waskitha dhatêng gêsangipun pribadi, kados satu lan rimbagan, tunggil patra liru nama, upami roning sêdhah, prabedanipun amung manawi tiningalan saking lumah kalihan saking kurêbipun, nanging ginigit saèstu tunggil raosipun.

Mila kêdah botên rêmên dhatêng punapa-punapa ingkang dede Gusti Allah, amargi manawi taksih mawi rêmên dhatêng sawiji-wiji, inggih nama taksih mangeran dhatêng punapa-punapa ingkang dipun rêmêni wau. Tăndha yaktinipun sampun botên rêmên punika kêdah sampun kadugi nilar kalayan rila, kaungkurakên, sanadyan saranduning gêsangipun piyambak manawi dede Gusti Allah inggih kêdah atilar kaungkurakên. Amargi manawi dede Gusti Allah măngka dipun trêsnani dipun gondhèli, dados [dado...]

--- 16 ---

[...s] taksih angroro Pangeran. Awit saking sampun sagêd angungkurakên dhatêng sadaya ingkang dede Gusti Allah, kantun madhêp dhatêng Gusti Allah, dados waskitha, tanpa warana, amargi ingkang dados warana punika adhêpipun lan wuninganipun dhatêng ingkang dede, punika ingkang angundhuki utawi angalingi ing rasa jati.

Makripat - Islam.

Makripat dados Islam, inggih punika awit saking sampun sagêd waskitha dhatêng Gusti Allah dados wilujêng lan têntrêm, awit sampun sumêrêp bilih gêsangipun inggih ananing Pangeran ingkang sipat kadim ajali abadi, kadim têgêsipun dhihin, ajali têgêsipun kamulan, abadi têgêsipun salami-laminipun, kajêngipun santosa langgêng botên kenging ewah gingsir, botên kenging risak. Mila sampun wilujêng lan sampun têntrêm. Inggih punika sampurna.

Pangandikanipun Pangeran Ingkang Maha Sukci.

Manawi manusa sampun dumugi ing makripat, kados ingkang

--- 17 ---

sampun kasbut ing ngajêng, ing ngriku tamtu lajêng mirêng pangandikanipun Pangeran Ingtang[3] Maha Sukci, inggih pangandikaning rasa jatinipun pribadi, pangandikanipun kados ing ngandhap punika suraosipun:

Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun, sajatining Dat Ka[4] Maha Sukci, anglimputi ing sipat Ingsun, anartani asmaningsun, amratandhani apngal Ingsun.

Mila pangandika punika mawi sajatine, atêgês wontên ingkang dipun dorakakên, ingkang dipun dorakakên manusa anggènipun gadhah panganggêp wontên punapa-punapa, inggih punika kaanan ngalam dunya, manusa gadhah panganggêp wontên bêgja, cilaka, untung, tuna, dados mawi bingah sisah sapanunggilanipun. Nanging manawi sampun dumugi ing makripat, lajêng santun pangagêpipun,[5] panganggêp makatên wau kaanggêp kalintu, sadaya kawontênan ingkang nuwuhakên kalintuning panganggêp makatên wau ingkang kaanggêp dora, sulapan, botên nyata, manusa kenging dipun apusi dening kawontênan ngalam dunya amargi saking taksih ngadam, têgêsipun taksih suwung dèrèng gadhah kawruh, [ka...]

--- 18 ---

[...wruh,] manawi sampun makripat nama sampun isi kawruh, botên kenging dipun apusi, mangrêtos manawi sajatosipun botên wontên punapa-punapa, kawontênan ngalam dunya punika namung kadosdene impèn kemawon, sakêdhap sagêd ngimpi dados ratu, sakêdhap sagêd ngimpi sugih, sakêdhap ngimpi rabi putri ayu linuwih, sakêdhap ngimpi dhumawah ing sudra papa cintraka dados kere papariman ngulandara, sarêng sampun tangi sawêg mangrêtos manawi sajatosipun botên punapa-punapa. Mila manawi sampun sagêd dumugi makripat, lajêng sampun sagêd angludhangakên panandhangipun, sampun sagêd angeklasakên kawontênan ngalam dunya, sampun sagêd ical was-wasing manah, sampun ical girisipun dhatêng warni-warnining bilai, sampun ical pêpenginanipun dhatêng warni-warnining kabêgjan, sampun kalis saking sêdhih lan prihatin. Inggih punika kasunyatan wujudipun sampun sagêd oncat saking sangsara, utawi kasunyatan wujudipun sampun sagêd ruwat saking panandhang. Dununging manusa anggènipun angendhani susah sangsara bilai. Dados gêgeyonganing agêsang. Inggih punika sampun sampurna.

--- 19 ---

Panutup.

Sampun tamat wêdharing wêwarahipun Sêrat Islam Kawicaksanan, aturipun ingkang anurat, namung samantên kèngêtanipun, bokmanawi wontên kalintuning panyakup, anjalari kalintuning pangracik, ingkang anurat nyuwun pangaksama. Amargi antawisipun anggèning tampi wasita kalihan agèning[6] anurati punika sampun antawis lami. Namung kintên-kintên kiranga botên kathah, wêwaha inggih namung sakêdhik, udakawis botên dados punapa. Kenging kasaring sarana kacundhukakên kalihan sêrat-sêrat sanès, ingkang pancèn marsitakakên kawruh kasunyatan, babagan kawicaksanan, bab gêgeyonganing agêsang. Wusana ingkang anurat namung matak mantrastuti: "rahayua sagung dumadi".

Titi

--- [20] ---

Pratelan isinipun sêrat punika.

Bêbuka. ... ing kaca: 5

Gêgeyongan. ... ing kaca: 9

Islam. ... ing kaca: 10

Pikêkahing ngèlmi. ... ing kaca: 12

Iman - tikod. ... ing kaca: 13

Tokid - makripat. ... ing kaca:14

Makripat - Islam. ... ing kaca: 16

Pangandikanipun Pangeran Ingkang Maha Sukci. ... ing kaca: 16

Panutup. ... ing kaca: 19

Titi

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Yudhisthira, inggih Prabu Darmawăngsa, inggih Narpati Darmaputra, titising Dewa Bathara Darma, narendra ing nagari Ngendraparastha, misuwur ing jagad sakalangkung sudibya rêngên, têgêsipun pinunjul ing ulah bawa, inggih punika winasis dhatêng kridhaning pangulah ngasta pusaraning praja, angasrêpi ing jagad traya.

 


sagêd. (kembali)
sagêd. (kembali)
Ingkang. (kembali)
Kang. (kembali)
panganggêpipun. (kembali)
anggèning. (kembali)