Kramaleya (Jilid 4), Wrêksawijaya, 1914, #523

Judul
Sambungan
1. Kramaleya (Jilid 2), Wrêksawijaya, 1909, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Kramaleya (Jilid 3), Wrêksawijaya, 1909, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Kramaleya (Jilid 4), Wrêksawijaya, 1914, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
4. Kramaleya (Jilid 6), Wrêksawijaya, 1922, #523. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 10-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KROMOLEJO

Sêrat Kramaleya

Jarwa sêkar macapat

Jilid ăngka 4.

Anyariyosakên bab awon-saening lêlampahan tuwin tekading agêsang.

Karanganipun Radèn Răngga Wrêksawijaya, abdi dalêm mantri pamajêgan narawrêksa ing Surakarta.

Kaêcap ingkang kaping 2.

__________

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij. t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co.

Surakarta 1914.

--- 4 : [2] ---

[Grafik]

--- 4 : 3 ---

KROMOLEJO 4

1. Pangkur

1. wontên kang lajêng lêledhang | ngenggar-enggar marang têpining kali | kalantur kamanjonipun | eca mungsawaratan | kang sawênèh sanjan-sinanjan manglipur | badhe tilêm katanggêlan | wuwusên Sastrawiryèki ||

2. kang tinjo mring Sastralêbdan | sakalihan leyangan nêkuk guling | salonjor angginyêr gandhu | kasok sayah karipan | Sastralêbda muwus anggèr aja rikuh | sakêpenake kewala | nginêb bae pisan bêcik ||

3. sesuk malih suk-esukan | yèn sir natas apa jêntolan pèi | yèn anu tak golèk mungsuh | adhi Sastramênggala | Sastrawirya angling sumăngga kula nut | waton sakêdhik-kêdhikan | toh mung sambèn cagak linggih ||

4. sampun ngantos kados adat | Sastralêbda anjêlih ngundang abdi | Sênthot marenea gupuh | adhi Sastramênggala | aturana matura yèn ana pêrlu | aja prasaja manawa | tak ajak jêntolan pèi ||

5. nanging wêlingku mring sira | rungokêna saka

--- 4 : 4 ---

ing jaba dhisik | yèn isih sêbawanipun | watuka bèn disapa | ora susah nganggo matur kula nuwun | Sênthot matur kadiparan | wêlingan pating talêning ||

6. ngling Sastralêbda wruhanta | sabên-sabên tabêrine si adhi | jangji wis lawange tutup | bokmase wiwit dandan | anjalênggut nèng wurine dumak-dumuk | manthêg sing mêmêg dimak-mak | yèn jêrit kae kêjênggit ||

7. Sênthot anjênggirat ngakak | măngka bokmasipun taksih nêsêpi | winangsulan malah grêgut | grêgêtên sing nglêmperak | wuwuh mêmêg yèn disêgêmêg umancur | jarene dadi usada | yèn diiras anguwati ||

8. coba tirunên prayoga | ngalang pisan palihan lawan siwi | Sênthot nêg malengos idu | jampi-jampi punapa | kawuwusa Sastramênggala wus dangu | ngintip jawining wiwara | trang purwa madya mêkasi ||

9. kula nuwun kalècêman | Sênthot mlajêng api-api nepasi | lah dalah dhayohe wuwuh | wedange durung tuwa | Sastrawirya anjintêl rekane turu | Sastralêbda malbèng wisma | Sastra Adimênggala ngling ||

10. iyah ki rekane apa | gêlar desa wong têka dilungani | ana kang rekane turu | padune kawanguran | kakang Sastralêbda pundi sambêtipun | tunggile sing mêmêk dimak | kalih sing ngangge anjêrit ||

11. sêmbèn wong digo pacitan | apa ana yèn wus ngrêmbug bab kuwi | jênak enake tanpa wus | barêng lêburing jagad | Sastralêbda

--- 4 : 5 ---

muwus sampun salah surup | dhèk wau kang kula rêmbag | bab pratingkah dhudhuk prèi ||

12. adhi ragi kalêrêsan | mèh kemawon dika kula sêdhahi | katimbang tilêm mêrtanggung | dawêg sami jêntolan | winangsulan kakang mindhakan kabanjur | watêke tiyang jêntolan | manawi sami bêntèri ||

13. măngsa bibara rong dina | bilih badhe sasêmbèn cagak linggih | pados sênêng liyanipun | luhung sami galiha | kadospundi cangkriman bab wêdaling luh | dhèk wingi dèrèng kabatang | pratikêle pun Rêspati ||

14. rèhning adhi Sastrawirya | wus kawêkèn kinèn angundang kakim | Sastrawirya tangi muwus | kakang dèrèng kantênan | dipun sarèh kula rêm ayam bèn luyut | bokmanawi tinarbuka | saking talêkêming budi ||

15. Sastrawirya rêm-rêm ayam | layap-layap jroning luyut kang kèksi | wontên wong mantu winantu | wiwahan parisuka | sakalangkung anggiyêng drês wêdaling luh | sambate karănta-rănta | engèt rayat kang wus lalis ||

16. dhuh saiba mênangana | diwasane si gêndhuk gone laki | ya talah dalah si biyung | putumu sing akrama | kêbênêran kowe nora bisa wêruh | byar ngalilir Sastrawirya | antuk babahan pamanggih ||

17. kang Sastra Adimênggala | kula tantang cangkriman ta dhèk wingi | mênggahing darunanipun | suka ngrênahkên waspa | botên liya saking karantaning kalbu | kèngêtan kadang kadeyan | lan pra sêpuh kang wus lalis ||

--- 4 : 6 ---

18. saupami mênangana | mring lêlakon kang tinêmah utami | mêwahi suka kalangkung | têtêp yèn janma murka | sêsukane mêksa kirang sondhul poyuh | kang makatên sampun limrah | watêk botên miyambaki ||

19. wahyaning waspa sungkawa | botên liya tuwuh sing tri prakawis | kang sapisan wasing kalbu | manawi tibèng papa | kang kaping dwi tan wantala sakitipun | kaping tri saking kacuwan | sadayèku kenging ugi ||

20. ginalih kalayan cêkak | dipun garba wêdaling waspa pasthi | botên kanyanan witipun | makatên wau kakang | lêrês lêpat kula nyumanggakkên lugu | yèn klintu dipun cêrêka | rèrèng watonipun dadi ||

21. e lah mangke mèh kalepyan | atur kula wau tan tumrap bayi | mrih gampil dumukanipun | nadyan kula sampeyan | sampun nate dados bayi cêngèripun | rak inggih botên kèngêtan | ing kawitnya kadospundi ||

22. sumêla Ki Sastralêbda | kadingarèn anggèr Sastrawiryèki | suda gone sok bêgundung | gunême rada mêmbat | lêstarèkna dadi ora dhapur dudu | tur dirungokke kêpenak | Sastra Adimênggala ngling ||

23. si adhi jêbul pêng-pêngan | saantukan bae antuk pamanggih | bathine wong bêtah wungu | yèn luyut olèh ayat | sampun lêrês pambatang andika wau | sapunika santun gêlar | bab tangising jabang bayi ||

24. saking daruna punapa | nadyan adhi wus walèh tan mangêrti | lowung kangge awon nganggur | kaanan [kaa...]

--- 4 : 7 ---

[...nan] kang gumêlar | tamtu mawi sabab kang kenging ginayuh | măngga dipun nalar-nalar | sagadug-gaduging pikir ||

25. sahipun kêdah karêmbag | Sastrawirya mangsuli jawil-jawil | paduka tawèkke ngriku | rakanta Sastralêbda | gloyam-glayêm mangke mêdal jawabipun | sampun wakne Sastralêbda | paringa katrangan nuli ||

26. iya anggèr Sastrawirya | tak jawabe saka dugi prayogi | tangising jabang kiraku | babare sing gwa garba | kataman ing hawa kang nêmbe tumanduk | wiwit kadunungan rahsa | adhêm panas sumuk atis ||

27. cêngèr wus kapijèn karsa | nanging sarwa durung sambadèng kapti | dhiri samudayanipun | dayaning păncadriya | durung lawan kêkêran ingkang kawêngku | tancêp têtalining gêsang | wal kayatun bilraokin ||

28. ingkang urip tanpa nyawa | kang wus ana lumèngkèt anglimputi | marmane wus ngêkêr kayun | kang iku tanpa sabab | nora kêna ginayuh yèn tan winahyu | rusak sagung mungsawarat | waton panganggêping ati ||

29. balèni tangising jabang | iku ingkang rada kêna pinikir | manawa wus ngêkêr kayun | panitikku kaya ta | duk tinigas kang pusêr tangise sêru | ayake karasa lara | didusi saya anjêrit ||

30. asru beda duk kababar | apamanèh yèn dinadah andadi | tangise saya mundhak sru | kêkêjêr suraweyan | ing têgêse tambah kêkuwatan tungtum | katarik daya swasana | suwe-suwe amartani ||

31. marang kodrating jiwangga |

--- 4 : 8 ---

yèku ingkang nyantosakkên sakalir | wiwit pangliliring kalbu | karasa saka rasa | saya cêthak lêthêk kang maksih kawêngku | basa wus dèn gêdhong suda | tangise lês nuli guling ||

32. kiraku krasa kapenak | ana manèh titikan kang pratitis | bayi ingkang karêm pangku | yèn tan pinangku beka | kang kadyèku têtêp yèn wus ngêkêr kayun | lamun nora tinurutan | pasthi tangise andadi ||

33. titik manèh kang têtela | yèn swasana tanduke anyumuki | tangise anjaluk ucul | saka ing pagêdhongan | samăngsa wus linuwaran mari muwun | nanging kêna ingaranan | kalêbu adating bayi ||

34. babare sing guwa garba | iya nangis didusi iya nangis | ginarenda iya muwun | arêp turu udrasa | tangi turu jaluk nusu iya muwun | mara coba titènana | bayi ingkang kaduk tangis ||

35. kajaba tangising lara | dadi tăndha manawa sugih budi | ananging maksih tinutup | nèng talêkêming atma | yèn wus gêdhe adat sok waspadèng kawruh | êmbuh kawruh bêcik ala | wit jêgèr kinodrat lantip ||

36. ana kaol kang kacêtha | jroning Layang Kalimataya muni | saking pangandikanipun | Sri Krêsna lawan kadang | lamun ana rare srêng pamularipun | ing dalu tilar daruna | sasmitarsa ana juti ||

37. watone Narendra Krêsna | nitik saking duk Radèn Parikêsit | sangêt ing pamuwunipun | saratri tanpa lêjar | karya rêming pra eyang kang

--- 4 : 9 ---

sami nglipur | witing lipur ana swara | hèh kulup Yudhisthira Ji ||

38. mênênge Sang Dipayana | paringana pêparab Parikêsit | lawan sanggupa kang tamtu | ing têmbe lilanana | ambawani gumanti ing kaprabonmu | basa wus Sri Yudhisthira | ngrêntahkên sabda nut wangsit ||

39. cêp kèndêl Sang Dipayana | mari muring rinapih nuli guling | nora pan antara dangu | lêbuning duratmaka | Aswatama Dyan Kartamarma trinipun | Dyan Karpa wus eka praya | anyidra Dyan Parikêsit ||

40. makatên ujaring warta | ewadene pun adhi kadospundi | manawi taksih kalintu | pangudaraos kula | Sastra Adimênggala mangsuli lowung | kangge waton pêpiridan | kados sampun angèmpêri ||

41. lah cobi inggih ki raka | kula pamèr karangan mung sacuwil | mawi sêkar sarkara rum | rèngrèng rêgêd labrakan | bilih lêpat taksih kenging wangsul kasut | ingkang dèrèng kacondhongan | kula aturi nyawangi ||

42. nauri Ki Sastralêbda | lah prayogi kados punapa adhi | winangsulan kula mantuk | mêndhêt amung sakêdhap | Sastrawirya muwus mangke gèk tan wangsul | katrêm ngliling biyang bocah | ngong nyana wus dikanthongi ||

43. ngalècêm Sastramênggala | mantuk tilar saptangan cukil kuping | minăngka sasêmon wangsul | cangkelak nuli tulak | nyangking sêrat salirang sairing suwung | linungkên mring Sastralêbda | sumăngga dipun pirsani ||

44. ing ngriku purwakanira | saking sêkar madu mardawèng kawi [ka...]

--- 4 : 10 ---

[...wi] | tinampèn Sastralêbda wus | winaos cat katingal | ngayowara mata mèh sawidak taun | wis cakêt mêksa kurang trang | ênya nak Sastrawiryèki ||

45. wacanên lagokna pisan | nanging aja brai kakehan êlik | kang cengkok aywa dilak-luk | sing lugu lagu tuwa | aku gêthing yèn nganggo luk hohuk kiyuk | kang wantah watêke bêtah | sêtun mung anggrêgêl bêcik ||

46. riwusing tinampèn sigra | bawa maos kang sêkar dhandhanggêndhis | wahyaning swara rum runtut | lulut lagune enak | mung cacade sok jugag cêp kèndêl watuk | ciri lêkasing kintaka | sinung ran Srat Cakrawali ||

2. Dhandhanggula

1. madu mardi pamêpêsing ati | tinalatèn saking amêmawas | waspada ing salamine | milamba amangikut | carita kang kêni kinardi | saloka mungsawarat | kelokan kalangkung | kaloka lumuhing nistha | têmahane nalisir saking pangèsthi | prandene kasêmbadan ||

2. surasaning laksita tan kêni | rinungkêban mundhak murang marang | sorahing sarak marmane | kinêlêm kewala wus | nèng têlênging nala kang rêmit | pêpêtên ywa binuka | pan dika kur-ukur | yeka kang măngka purwaka | pandhita lwih ran Bagawan Cakrawali | patapan Tikbrasara ||

3. darbe putra katri kang satunggil | nama Jaka Sumu[1] lan Sumanta | Endhang Supani wragile | paratmaka tri sampun | praptèng măngsa winasèng wangsit | anujwa ri samana | Cakrawali Wiku | lênggah lawan para putra | duk tumingal anglud [a...]

--- 4 : 11 ---

[...nglud] tyasnya lir rinujid | panjêtunging wardaya ||

4. èngêt garwa kang sampun ngêmasi | kawimbuhan balelaning putra | mung mèt sakarsa-karsane | dèrèng angandhang wuruk | dera saking kirang wêwêling | samya nêmbe kataman | kotamaning tutur | duk maksih timuring putra | sang pandhita lagya nglampahi têtèki | ambisu astha warsa ||

5. dadya botên kobêr nabêrèni | marang atma têmahan bêlasar | sasar satindak-tanduke | wardayèsmu kaduwung | apuwara mupus pêpasthin | srah karsaning Wisesa | nanging watonipun | sudarma lawan atmaja | kêdah mardi dadining tindak utami | sang wiku angandika ||

6. hèh sagunging para putra mami | wruhanira sirèku bêbasan | kadaluwarsa arane | yèn ingsun wêlêg tutur | tiwas tuwas tur tan migati | kaya luwih prayoga | mèt sapêrlonipun | ugêr bangkit paripurna | nadyan ngalar pangawruh kang măncawarni | manawa tan sampurna ||

7. yêkti nora bisa migunani | marma sira padha ingsun sarah | apa kang dadya sêngsême | umatur Jaka Sumung | inggih rama èsthining kapti | kapencut wicaksana | bangkita andulu | marang takdiring jiwangga | lawan sampun samar pamoring rêrungsit | kadiparan marganya ||

8. asru guguk Rêsi Cakrawali | kulup Sumung iku sungkêmana | mangkene ing saranane | kudu ngupaya tutur | mring talaga kamayan jati | ing kono ana lata | kang kusuma pingul | agêng ngungkuli kanang rat |

--- 4 : 12 ---

mawa sastra têrang wus nora kalêmpit | tan cidra lan wahana ||

9. Sumung matur rama dhatêng pundi | gèn kawula ngulari talaga | mèsêm kang rama sabdane | kulup iku dumunung | anèng sira ingkang akardi | nadyan sinangkanana | êlor miwah kidul | kulon wetan luhur ngandhap | lamun têmên tumêmêning tyas pinanggih | ginulung anèng sira ||

10. yèn makatên kawula utami | angambara ing saparan-paran | waton amantêp batine | kang rama suka sukur | putra amit nguswèng pada glis | mundur pinuja măntra | gantya kang winuwus | ajênge Jaka Sumanta | matur dhêku dhuh rama kula kapengin | bangkit sabar narima ||

11. sang pandhita dahat nayogyani | ngong pêpuji Sumanta ciptanta | yèn tumêka saèstune | wahyuning jagad kêbut | anèng sira wus tanpa sirik | sêsaban kang sinaba | kabèh mung rahayu | gumêlêng nèng kanikmatan | tapanira nyuwungkên karsa sakalir | lire kudu jatmika ||

12. dèn abisa ngêsut srênging ati | ywa kampita kalamun kataman | panguman-uman sakèhe | rinahapana gupuh | dening krama sarkara ririh | rinangkêpan lêgawa | kang trusing tyas sadu | Sumanta matur wotsêkar | gih pukulun sagêda nglampahi wêling | kawula lilanana ||

13. kesah mêsu saranduning dhiri | mrih dumadi dêdalaning sêdya | wit bilih awèt mangkene | watêking nèm rinangkul | ing sudarma katungkul mukti | têmah kalantur marang | adigang adigung | ngêgungkên pangêla-êla |

--- 4 : 13 ---

sang bagawan sumèlèh kang nala lilih | tan nyana yèn kang putra ||

14. sampun mapan pamêsuning wangsit | gya rinilan Sumanta dènnyarsa | mundur sing ngarsa sêdyane | tanbuh paraning purug | gantya majêng Endhang Supani | rama sêngsêm kawula | semah atut runtut | tarlèn muhung widagdaa | angladosi badhe jatukrama mami | mrih langgêng dèn sihana ||

15. sang awiku sru manguswèng siwi | wikan têmên rara ring kotaman- | ira wanodya wajibe | èsthinta kang kadyèku | mapan ewuh karsaning laki | sasat tanpa pangangkah | dyah ngladosi kakung | watêking priya mawarna | kèh kewala priya antuk jatukrami | tan saking tinêmaha ||

16. tur ta nora nana kang pinilih | suprandene asring pinilala | tan suwala salawase | tarkadhang dènnya nambut | krama saking bapa myang bibi | rinêmbug wus prayoga | sok sapasar pugut | pêgat aninggal daruna | ana manèh tan ayun trahing priyayi | lan têdhaking wasita ||

17. ing sawênèh moh rinoban dening | rajabrana lan binoja krama | têtêp yèn priya wiyahèn | datan tamtu wong ayu | antuk sihing priya kang yêkti | lah mara rasakêna | apa ora ewuh | mapan pilih sasênêngan | dhingin ana priya êmoh dèn bêktèni | iku lanang musibat ||

18. amung ana gampange wong laki | kudu anut pangrèhing priyanya | lan angulatkên watêke | lamun wus bisa cundhuk | anyondhongi

--- 4 : 14 ---

tibaning kapti | yèku wadon nugraha | uripe winahyu | iku mayare wong lanang | yèn was[2] trêsna nadyan sira ngadi-adi | dadine mung dèn uja ||

19. jangji aja wani madal sumbi | lèrwèh marang kêkêraning kênya | rak ya mung winongwong bae | ewadene putrèngsun | kèhing janma ana kang mêncil | rabi malenggot bawa | dèn labuhi badhut | iku tarlèn purwanira | saka trêsna kajlungup kalalèn pikir | sumêlang yèn ditinggal ||

20. ora anèh kang mangkono awit | priya kang wus katali ing brănta | nadyan kotuntun brêngose | ora-orane mrêngut | aji jaya japa piranti | luluh mung saèsêman | bali alam timur | hèh Supani rasakêna | ingkang putra umatur mangke rumiyin | kula pamit anggagas ||

21. mundur sarwi luhira drês mijil | lajêng manjing sanggar pajungutan | ngalosot anyăngga wange | angathik-athik kalbu | kang dèn gege kanggêping krami | parawan purun angas | kongas kurang wuruk | labêt trah turasing dwija | panggagase mulur lir lêbda ing wangsit | nging durung darbe tekat ||

Wangsul sêkar Pangkur.

3. Pangkur

1. pamaose Sastrawirya | kapunggêlan rèngrènge durung dadi | kakang pundi sambêtipun | angling Sastramênggala | dèrèng kobêr nyambi badhe sambêtipun | lajêng kasaru arungan | kêsandhung anyandhang sakit ||

2. manabda Ki Sastralêbda | kêkarangan sampeyan Cakrawali | rancangan ingkang

--- 4 : 15 ---

kaimpun | waton saking punapa | lawan kadospundi benjang babaripun | ngêmot suraos punapa | Sastra Adimênggala ngling ||

3. inggih manawi raharja | sagêd babar liding carita nami | ngêwrat pangèsthi kang klintu | suprandene sambada | linantaran sing dupara tindak dudu | radi nyulayani sarak | nanging botên ngorak-arik ||

4. mung mèt sabdaning pra ilham | waton lapal wha alul liman yurit | têgêse Hyang Maha Luhur | ngagêm karsa priyăngga | wosing raos mênggah jatining lêlakun | sing mêngkene sing mêngkana | êmbuh sami dèrèng uning ||

5. kilap dhawah nistha tama | wus marambah gèn kula amèngêti | saking utami witipun | praptèng don tibèng nistha | wontên nistha dhawahing wusananipun | kotaman tan tilar nalar | pakèwêd kang dèrèng kasil ||

6. yèn tinulad katariwal | marma muhung kangge timbangan batin | kobèting kawruh sadumuk | dimèn botên gumunan | Sastralêbda amangsuli kula mathuk | nanging niku kaya-kaya | larape amiyak wadi ||

7. ngèdhèng kêkêraning tekad | nadyan botên jèngglèh wus ngatawisi | para nèm samangke sampun | mèh maratah widagda | tanpa măngsa ngèlmèn pangêcêmutipun | nadyan kang ngarang punika | inggih kumagaib-gaib ||

8. mung saking wuru ruhara | nganyowara upami kapalêsit | tinètèr totoging kawruh | tètèsing kasunyatan | nyuwun pamit putêk [pu...]

--- 4 : 16 ---

[...têk] kapêtêngan butuh | beda kang sampun sambada | satindak-tanduke dadi ||

9. sarwa nora samar-samar | ngambah marang laladan ala bêcik | mak gêdhuwêng enak-enuk | anêmu mas sapênak | lamun nyêrtu bisa gawe aru-biru | luwung yèn kêna disanak | bokmanawi anulari ||

10. rak gih mêkotên ki raka | gêgujêngan sambèn bat-bat pênjalin | kalècême ngajak ngunjuk | mak kriyuk kriyak-kriyak | anglêg kados walangan ginăngsa madu | cuthêl mindhak kapalantrang | mangsuli carita ngarsi ||

11. nauri Sastramênggala | ing sasagêd-sagêd kula brukuti | nadyan wontên titikipun | nglarap miyak kêkêran | nanging botên nilar lair batosipun | yèn wus mèh parêk awisan | lajêng lapisan lêlamis ||

12. ngampad raos salewengan | Sastralêbda anjêlih ngundang abdi | Sênthot matura lurahmu | wayah uwus sêdhêngan | kon ngêtokke madhangan saananipun | Sênthot matur rinta bokmas | gènira sare kêpati ||

13. soroge we ana sapa | lah kăndhaa Si Mandul mau uwis | winêling karo lurahmu | Sênthot matur sandika | malbèng panti anjujug kajogan linguk | wruh rara Mandul wus nendra | candrane Mandul kumini ||

14. prawan wani-wani angas | kaduk èsêm liringe ngilat thathit | marma karan rara Mandul | kagêngên payudara | nora ukur lan dêdêg pangadêgipun | nyonal wus andêdêl mêkak | mêngkap satêkêman [satêkêma...]

--- 4 : 17 ---

[...n] luwih ||

15. komuk parêkan barêgas | dhasar srowol dèn jawil bae nginthil | dijak gojèg purun tanduk | yèn ditênani oncat | sampun nate rinosanan panjrite sru | mundur lingsêm kadumêlan | Si Mandul mêmanas ati ||

16. pancèn pintêr golèk jajan | apa iku widhungan mènthèl pokil | durung akil balèk sampun | sinau bêbedhangan | amung wontên pêthinganipun kang parlu | sauni-unine enak | yèn momong sêndhone bêcik ||

17. linud lagu wêwangsalan | ingkang sagêd damêl ngudubilai | dalasan sosote arum | kêcap lir sinarkara | nora bisa karya trus sak sriking kalbu | iyêg praja kacêpaka | samya misungsung rêrêpin ||

18. de pun Mandul blênyak-blênyak | bisa maca bathine batur carik | manawi kawêkèn tamtu | nyambat malês ngrumpaka | kang sinambat mambêt bae sampun lowung | Sênthot sakalangkung brăngta | dangu dèrèng kapadhan sih ||

19. Sênthot mulat kathêkêran | dêrênging tyas tan kêna dèn sayuti | wus watake rara Mandul | ajodhèh sugih polah | kapanujon mêkake mêngkap mêrucut | ucul itikane bêjat | cêtha kênthose sabithi ||

20. angglodhag kang wonga-wonga | lir linulur maya masêmu wilis | anyêkekal miring tanggung | wastra mingkis kêmêngan | mirut marang antaraning madyanipun | watêsing wêntis sumilak | anjulêk kirang sakêdhik ||

--- 4 : 18 ---

21. mèh kemawon kawanguran | sanalika pun Sênthot mapan cincing | nalusur koloranipun | nguculi tali tulak | kirang sabar uwêt taline tumangsul | kabanjur nangsul palastra | ewadene dèn rosani ||

22. marêk anggrumut lon-lonan | ambarangkang jinjit sêduwa driji | ngunjal napas ngangsur-angsur | andhêsêl kêcap-kêcap | ngucap ing tyas hèh Mandul wong sing kêmayu | suwe kawong sêsrawungan | durung bisa têpung bêcik ||

23. karo rak ora nglêngkara | lamun sira ngong wêngku dadi swami | mara gagasên ta Mandul | aja pijêr prak-prakan | wohing arèn elinga jatining tutur | adon-adoning somahan | dhaub ingkang tunggal jinis ||

24. bathari lawan bathara | putra putri brahmana lan brahmani | nangkoda dhaub lan bakul | rasêksi lan rasêksa | iku akèh kang runtut salawasipun | sarimbit praptèng pancaka | arang ingkang pêgat urip ||

25. gêndhuk pikirên sing dawa | yèn wêwaton piridan saka kuwi | kowe dhaup karo aku | wis nêtêpi pranatan | para nyai lan punakawan wis jumbuh | tur tunggal aluraning trah | tulèn talitining kuli ||

26. kulina tunggal paswitan | ala bêcik wus padha dèn wêruhi | ora susah nyulah-nyuluh | wuwusên Mandul obah | pêthanthangan malik malumah anyikut | bêkuh sarwi rêm-rêm ayam | ah sing ngêsuk sapa iki ||

27. êlo malah garayangan [garayang...]

--- 4 : 19 ---

[...an] | aja nekad tak sosotke ditanjir | e tobil Si Sênthot gêmblung | awakku amêngkarag | nora sotah didumuk kaya dhapurmu | mara coba banjurêna | Sênthot mangsuli bêbisik ||

28. alon ta alon mas mirah | aja duka banjur ngujiwat tanjir | parlu kudu dangu urus | apa sababe cêdhak | sapa aku wani panjênênganamu | dhuh dhuh mas mirah mirêngna | mulane andhêsêl wani ||

29. anunggal gonmu sarean | yèn sabêne Si Sênthot turu dhawi | barêng lagi ana tamu | dhawuhe kyai lurah | Sênthot turu ngomah bae amor Mandul | yèn pancène nora pisan | sumantana wanuh wani ||

30. pun Mandul nauri sugal | luwih lăngka yèn kowe diprentahi | apa lurah adu-adu | ta Sênthot rada mrana | Sênthot mèsêm gonku nyêdhak dumak-dumuk | têmên ora tak têmaha | manjing luputmu pribadi ||

31. turu dadak adol darah | sapa wonge sing nora kudu nyandhing | wis sêpi sapa kang wêruh | Mandul tangi garegah | luput apa aku tak tapuk cucukmu | iku uruse wong edan | dandanan turu kapati ||

32. Mandul aywa nangkis asta | wêlasana pun Sênthot wus mathithit | pathênthênge ngajak gathuk | rak mathuk ge dang thukna | ukur sanak orane sulayèng têpus | mêngko rak mak plês kewala | rampung datan mindho kardi ||

33. dhuh wong ayu ywa sandeya | Mandul mingêr tilar cêblèk anjiwit [a...]

--- 4 : 20 ---

[...njiwit] | nolih angidoni kuncung | anjingkrung tukup muka | mingsag-mingsêg sêsêg arêp sêru rikuh | krêngkuhan sukune mancal | Sênthot tiwikrama ngênting ||

34. gèk măngsa dadak mundura | gêlaring prang pasang rakite rumpil | kyating pangungkih katlêku | sêtrikêl anêlasap | aja gawe cuwa manawa katrucut | sasat pêcat tanpa soca | parlu apa angoncati ||

35. Sênthot kawêkèn artinya | mrih kadadèn dènira andêrpati | bedhoring bramastranipun | binalonyo kuwaya | dimèn dadya tèlèng panglènging salulut | mak lus lêstari sakala | Mandul dinêdêl maringis ||

36. ngruntuh ngêsês gêgêt waja | netra kêdêr kèdêran kêdhèp titir | marinding anjêruk purut | maringkus obah jaja | pangkêrêdan ngulèt lambunge malêngkung | kêkêjêr nêmbe jinamah | sire moh nanging ngarêpi ||

37. kumyus wahyaning swanita | Sênthot nutug dangu dènnya kapengin | sataun anganyut-anyut | kumêcêre katêkan | langkung kuthahing pangonthoh-onthohipun | Sênthot rekane ngrumpaka | dadakan anggêre muni ||

38. eman-eman Mandul eman | eman-eman man-eman wong akuning | man eman-eman wong ayu | man-eman wong prasaja | eman-eman man-eman wong bangun turut | man-eman wong anjênthara | man-eman wong mêrak ati ||

39. kunêng kang lagya rêrasan | nèng pandhapa dangu dènnya ngêntosi | wêdaling sugatanipun | ngadêk Ki Sastralêbda | sarwi muwus Sênthot [Sêntho...]

--- 4 : 21 ---

[...t] banjur tanpa mêtu | ta wis tumuli wêtokna | sandika mangke rumiyin ||

40. Sênthot gugup gurawalan | mêdal matur pun Mandul dènnya guling | ngalisêk lembon kalangkung | kula gugah tan gregah | kula klomut katrocohan sosotipun | măngga dipun pirsanana | kula mungu bokmas ajrih ||

41. mungkur prênès kang winarna | Sastralêbda Sastamênggala tuwin | Sastrawirya tiganipun | kecanên andon rasan | tan karaos mèh andungkap bangun esuk | katungkul tan wruh ing wayah | kagyat dening cingcinggoling ||

4. Mêgatruh

1. mêgat catur kawarna kang kapirangu | Ki Kasanrêja duk mulih | saking tuwi kadangipun | kang wontên ing Panaragi | praptaning panti kawuron ||

2. riwuting tyas waringut darunanipun | kaecalan rara Murni | yèku garwa kang dèn ugung | salami dèn êmi-êmi | tinut linaju kemawon ||

3. gawoking tyas lunganya tambuh ing purug | Ki Kasanrêja sru angling | mring santri kang maksih kantun | hèh Si Murni ana ngêndi | tuduhna yèn sira wêroh ||

4. apa lagi mring pasar balănja esuk | apa lagi lunga tilik | marang kadang karuhipun | santri umatur malatsih | dènnya ngalingi lêlakon ||

5. dhuh kiyai mangke kewalamba matur | prayogi lukar rumiyin | dèn sarănta ywa kasusu | duka dhatêng rinta Murni | tungkakan sawêg kemawon ||

6. kesah rena pados wos raosanipun | salamènira [sala...]

--- 4 : 22 ---

[...mènira] kiyai | kesahan arinta nêbut | arta tilaran wus ênting | sarèh Kasanrêja ngaso ||

7. riwusira rêrêm ngunjuk wedang bubuk | ngandika mring santri malih | lah si thole Jaka Samut | apa ngatêrke Si Murni | santri umatur tan tumon ||

8. muhung saking pangintên kula saèstu | kesah tilawatan maring | dhusun salèripun dhukuh | Ki Kasanrêja tan dugi | glagêp blêkuking cariyos ||

9. sinarapat ing ulat sêmune samun | sêmang sampun ngatawisi | doraning atur panglipur | santri kinèn nyêlak nuli | wedangan nunggil saporong ||

10. ginalênik dèn ungsêt luguning atur | prasajaa bae santri | atiku krasa kumêpyur | tak titèni wola-wali | wis ora kêna dicolong ||

11. sabên-sabên atiku krasa kumêpyur | dadi sasmita tan bêcik | mula walèha wong bagus | santri aturira ririh | majêng săngga wang anjongok ||

12. dhuh kiyai sampun kagalih wêwadul | anggawokkên tyas sayêkti | kula gumun kaping sèwu | dhatêng rinta lurah Murni | la kok jêbul radi bandhol ||

13. olah sèdhèng lawan putranta pun Samut | sampun sawatawis lami | kesah sarimbit tan ketung | tilar warga bale panti | makatên witing lêlakon ||

14. kala nêmbe kesah paduka sadalu | lajêng dalonipun malih | pun Samut tilêm ing salu | kula kanthi santri kalih | tilêm wontên èmpèr kang lor ||

15. kintên-kintên ngajêngakên bangun [ba...]

--- 4 : 23 ---

[...ngun] esuk | rinta lurah rara Murni | mêdal sing griya anggrumut | Samut binisikan ririh | kilap kang dadi wiraos ||

16. Samut tangi lajêng sêsarêngan mêtu | dhatêng padasan sêsuci | nuli dhatêng langgar subuh | nanging mawi tutup kori | kula intip lan rowang ro ||

17. pating grênêng punapa ingkang karêmbug | sing jawi tan patos dêling | amung angsring-angsring krungu | mak kalêsêt krêngkat-krêngkit | mawi ngangsur krênggas-krênggos ||

18. lajêng tanpa sêbawa sadintên muput | mahrib sawêg mêdal sami | marang ing padasan wulu | lajêng wangsul salat malih | ngêblêng saratri tan miyos ||

19. Kasanrêja dut myarsa kordhanya muput | nglus jaja sêbute lali | pêpêt tyas nulya mangrasuk | busana sabêt sinangklit | têkên gêng dêdamêl lontop ||

20. payo santri ngulari lungane Samut | ditik-itik wiwit cilik | kuncung tumêkane gêlung | jêbul kolu angêloni | iki abote rabi nom ||

21. nora talah dalah kok Si Murni kolu | nêtêpi bêbasan iki | wadon nak-anakan timun | tan suwe pasthi linotis | pancèn ala sakaloron ||

22. santri uthi kalithihan jupuk suduk | dawêg kyai dhatêng pundi | kula sumarah tut pungkur | sakalihan pangkat aglis | nalasak wanawasa grong ||

23. siyang dalu lampahnya agung sinêngkut | mêdal saking wana nuli | turut galêngan ngalangut | jajah desa milang kori | tan kêndhat dènnya têtakon ||

--- 4 : 24 ---

24. kawêkèning prana winangsulan tan wruh | mêdal saking dhusun manjing | taratabaning wana gung | santrine karasa arip | luwe sayah durung aso ||

25. gumarêmêng dhuh kyai bok gih dhèk wau | ningali buku rumiyin | Rajamuka sartanipun | bincil lan kawruh panuding | dados botên catho-catho ||

26. lowung dados ancêr-ancêr purugipun | saplêngan kewala lali | brêkate wong karêm brutu | pikiran katêmu buri | Kasanrêja ngling ambêngok ||

27. ngudubilah si santri anyaru wuwus | usulmu ngribêti ati | tan susah mangeran etung | barang wong wis dilakoni | apa bali jupuk primbon ||

28. yèn mangkono apa jênênge wong idhup | tan nganggo tekading budi | tekad dadak jaluk tuntun | Rajamuka kawruh bincil | iku pakartining uwong ||

29. nora kêna tinamtu ujaring petung | sêtun mung barêngi takdir | waton kêncênganing kalbu | kabuka dayaning gaib | iku panduman gumathok ||

30. santri matur dhuh kiyai nyamut-nyamut | punika prakawis batin | bèntên lan bangsaning petung | paedahipun sakêdhik | dhatêng parlu kang linakon ||

31. Kasanrêja nyêntak hèh si santri gêmblung | sumurupa sira santri | parlune wong nganggo etung | kang kudu pinikir dhisik | dadi tan tinuduh ing wong ||

32. nora tumrap mring lakon kang wus linakun | pasthine sira udani | anane laku kasusu | saka sruning napsu mami | têmah ngambah laladan [lala...]

--- 4 : 25 ---

[...dan] doh ||

33. Kasanrêja sampun waspada ing sêmu | pangrêsulanipun santri | sumarusul sugih usul | sasalan tur pamrayogi | padune angajak ngaso ||

34. gantya ingkang kawarnaa lampahipun | Jaka Samut rara Murni | prapta madyaning wana gung | rêrêm soring wit waringin | sih-sinihan sagon-ênggon ||

35. tan rinasa laraning kalungsènipun | mung mamrih dènnya mangun sih | Murni leyangan pinangku | kinuswa liniling-liling | tutug sakarsane dados ||

36. rara Murni angling kapriye wong bagus | ngupaya pangungsèn ngêndi | wus kaping têlu tan tutug | nèng pondhok dèn uring-uring | marang kang darbe pakuwon ||

37. apa baya kang dadi darunanipun | Samut mangsuli datan wrin | eca dènnya ngêlus-êlus | sajroning wêwanan angling | wontên pasêmon katongton ||

38. sata wana lagya wancine têmlancur | kablak kaluruk ngèrèki | babon gêng arsa rinangsuk | saksana mangsah wus kêni | tan dangu carêming raos ||

39. sinambêr ing wolung sing gêgananipun | pêthal kang carêm ngêmasi | wangkening sawung pinatuk | rinêgêm marang wiyadi | kang babon lumayu pêtog ||

40. mêsat mara bêbondhotaning lung gadhung | babon kajêpit tan bangkit | wal saking bêbayanipun | winurukan sarpa nuli | ginondhol malbu ing êrong ||

41. duk umiyat wau kang andon salulut | anglês tyasira matistis | ngêdhap pindharsa kapupuh | sapudhêndhaning Hyang Widhi |

--- 4 : 26 ---

kraos dening panyuraos ||

42. Samut angling dhuh biyung ingkang kadulu | manawi rinasa titi | yêkti karya wasing kalbu | wêwarnan botên prayogi | sumăngga paduka raos ||

43. iya bênêr thole mungguh pamikirmu | pasêmon ngêmar-êmari | nanging tan pedah rinêmbug | rumasèng tyas dadi puji | yèn ala têmahan awon ||

44. yèn rinasa bêcik utama tinêmu | mangkono ujaring ngèlmi | Samut mangsuli gumuyu | lêrês gèn ta paring warni | nanging karsaning Hyang Manon ||

45. saking dahat sihnya mring kawulanipun | janma pinaringan budi | dadi panampining tutur | kang samar woring lêlungid | sadèrèngipun kalakon ||

46. sampun paring paliwara adu sêmu | sasmita mawarni-warni | wontên kang kasat pandulu | myang impèn tayuh wêwangsit | sawênèh klêthêking batos ||

47. marma sintên ingkang waspada ing sêmu | putus sasmita lêlungid | trus têrang palambangipun | solahbawaning rarywalit | lir wruh takdiring Hyang Manon ||

48. biyang Murni nyêblèk wêntis lingira rum | yèn mangkono luwih bêcik | ambodho kewala cukup | tan parlu angathik-athik | marang saliring pasêmon ||

49. yèn wus putus pedahe sasat bisa wruh | marang takdiring Hyang Widhi | yèn darbe wardi rahayu | sêsuka têmahan kibir | yèn pasang sasmita awon ||

50. ing tyas uwas măngka takdiring Hyang Agung | tan owah dening pakarti | thole luwung gudèl bingung [bi...]

--- 4 : 27 ---

[...ngung] | ya istiyar sapakolih | ing batin ngèli Hyang Manon ||

51. Samut matur o lah biyung kosokwangsul | lêrês ingatasing èstri | waton sampun sagêd marut | anjèrèng bêtahing laki | pantês dipun ênjong-ênjong ||

52. gya sinambut Murni kinuswa cinucup | kang lathi ginigit-gigit | gogot lir kumêpyur pulut | grètèh Samut mêmaladsih | sae makatên kemawon ||

53. mindhak kandhêg mungsawarataning ngèlmu | ngrêmbug balung tanpa isi | sanès kalamangsanipun | Murni tansah kongah-kangih | malèngèh sampun kajêron ||

54. anggaronjal alise pêpês jêngkêrut | rêm ayam lambene nincing | dhasar manis nganggo susuk | mancêno anune kèksi | ngalela wonga ngalêngkong ||

55. mêntêr-mêntêr mêmplêk satêkêman jujul | bludag sêlaning dariji | ginimêr panuduh bêkuh | mingkuh rekane ngajak wis | kêcaplo iki kêsêron ||

56. kang kapara ngono kewala anggriyul | iku kêmat-mating èstri | yèn titis lênging panuju | kêtog kumênyuting ati | titinên aywa tumpang so ||

57. pangêsukmu gosokna dimèn angêsut | kosot satêpining lathi | o thole kurang mandhuwur | ogèlna anganan ngering | kang nyenggol iki miraos ||

58. ingkang tamban lămba kewala wus cukup | jangji anjoge jajagi | jojogmu aja kasusu | mundhak gêlis [gêli...]

--- 4 : 28 ---

[...s] andhingini | adhuh thole sutaningong ||

59. ingkang ajêg mangkene bae wong bagus | biyang Mur satêngah lalis | lêse lir kalêngêr sêpuh | nyabe badanku marinding | grêngsênge kaya mèh gumoh ||

60. dhuh nyawaku Samut suwe-suwe baut | ngimankên tutur prêmati | payo ubayan kang tamtu | ywa kêmba kurang sathithik | mathuk tur nganggo ambangkol ||

61. Jaka Samut sumarah pangrèhing biyung | wus watêke rara Murni | kaduk lekoh tanpa rikuh | dhasare karêm dhahari | carêbak datan pilih wong ||

62. owêl têmên lan wănda wadananipun | sarira mêmêt nglam-lami | golèka wong wadon satus | angèl kang kaya Si Murni | luwih ayu tur maksih nom ||

63. langkung awas mawas karêmaning kakung | cêkap pakartining panti | sasolahbawane patut | kobèt ladèn rong prakawis | pawon kalawan paturon ||

64. mung cacade balère drêmba ing kakung | pantês linulutan dening | para tăngga prêpatipun | dèn bujuk kinêmpit gampil | yèn sanggup lajêng ambêrot ||

65. mung makatên kewala salamènipun | manawi nyamar kacêngkik | brukut sambung rapêtipun | mring priyanira tur lamis | komêt saking pados-pados ||

66. kabêtahan sarana adol tinuku | yèn priyane lunga ngaji | ngatak santri kinèn darus | Murni andhuwêl nèng panti | tutup kori jro isi wong ||

67. kang wus kêncan cêcawèn ubaya tamtu [ta...]

--- 4 : 29 ---

[...mtu] | nanging mung samadya ratri | rasèng tyas Murni wus lowung | olèh sêlanan sathithik | mêngko manèh salin bojo ||

68. parandene tan kawanguran ing kakung | rêmit êmpaning pakarti | sampurna olah salinthut | kang priya kapranan dening | manis trapsila sarowol ||

69. kawuwusa kang andon lêlana wau | Ki Kasanrêja lan santri | gêmêt pangupayanipun | ring garwa dèrèng kapanggih | nging tansah panggah kemawon ||

70. sarêng prapta madyaning wana karungu | ginêm panêmbrama ririh | liru sih rungrum-rinungrum | kandhêg dènira lumaris | mring rowang sabdanira lon ||

71. apa sira myarsa gunêman raras rum | swaraning jalu lan èstri | santri nilingkên pangrungu | inggih wontên swara yêkti | kados ing ngriku kemawon ||

72. lêrêsipun sangandhaping wit wringin gung | kalingan glagah sakêdhik | sumăngga prayogènipun | kacêlakan bokmanawi | rinta kang rangkat kapanggoh ||

73. payo santri pinarpêkan saka pungkur | kang alon lumaku jinjit | cancuta aja ngrêmbuyuk | prayoga dèn intip dhingin | nèng kene ling-alingan ron ||

74. saya cêtha swaraning èstri lan jalu | Ki Kasanrêja tan pangling | swarane Murni lan Samut | jaja bang mawinga wêngis | kumutug briting pasêmon ||

75. sumung-sumung sumingêb lathi kumêdut | saksana jumangkah nuli | nguwuh samêngko katêmu | rasakna siksaning laki | Murni Samut andharodhog ||

76. sakala [saka...]

--- 4 : 30 ---

[...la] wal ngalokro pangrangkulipun | ngangsur taksih mratandhani | kumyusing riwe sakojur | mawut kang wastra kawingkis | kengis wêwadose karo ||

77. sami kuthah kalithêre dèrèng atus | kêkotos gubras mratani | sêmburat sarene katut | labêt katêmbèn dadari | mukêt kang plikêt abang nom ||

78. kadya pêcat pucêt sakalihanipun | maladsih luhnya drês mijil | Murni ngraup padèng kakung | dhuh kiyai nyuwun urip | sapisan punika kapok ||

79. botên pisan tuwuh sing sêdyamba kolu | mring suta têmah nglampahi | pratingkah kalangkung saru | sawarni carêm puniki | insa Alah tan kajêron ||

80. sawêg pare wana kewala tan purun | rinuda paksa tan kenging | marma têmah mawut-mawut | deramba kêdah ngoncati | dhuh o Allah sampun ngantos ||

81. Kasanrêja tan lipur malah anggrêgut | kêrot sru angling netrandik | Murni dadak gawe urus | sira wus karoban saksi | kanthi cihna kang wus mêlok ||

82. lwih têtela tulèning pratingkah saru | urusmu iku nalisir | sir muwus dadi panglipur | lonthêng palanyahan anjing | niyatmu mung ambêlalo ||

83. tandya Samut jinambak anut tumungkul | mèpèt nèng jêngku anangis | dhuh rama pêpundhèn ulun | sintên ingkang anggêsangi | mring ulun kalangkung awon ||

84. tarlèn muhung sih kadarmanta pukulun | pun kawula nyuwun urip | Kasanrêja tyas saya

--- 4 : 31 ---

nglut | pangukêle dèn sêroni | Samut watêkmu dudu wong ||

85. sapa ingkang anggulawênthah awakmu | basa wus diwasa lali | kalimput rupamu bagus | wusana kolu ngêloni | biyunge dhewe dèn badhog ||

86. kaping pira wurukku mêtu ing kukum | pancèn kodratmu bilai | tak lêlithing wiwit timur | murkamu wani ngêmbuli | ilang bae gonku ngêmong ||

87. lah rasakna samêngko tibaning kukum | Samut sinêndhal gumlinting | anggêblag Murni sumaput | mulat pratingkahing laki | krodhanya kadi salah ton ||

88. narik pêdhang sinabêtkên Samut lampus | jăngga pêgat tigas pancing | ngacêcêng tan jaluk banyu | balabar rahnya mratani | sakojur jăngga sumêmprot ||

89. Kasanrêja myat rara Murni sumaput | angling Murni ambelani | iya prayoga wong ayu | labuhana têkèng pati | dèn amantêp aywa keron ||

90. nadyan dadya sundêl palanyahan saru | yèn sira lêgawèng pati | tan ilang wêjangan ingsun | darbe pêthingan sathithik | payo mancata dèn gupoh ||

91. sun untapkên wong ayu aywa kalèru | muliha sangkaning urip | tan nyana bangkit mangracut | laladan alam sah krantil | dhuh eklas têmên riningong ||

92. o la dalah ki mau kaya wus racut | pêcat napase ngoncati | jêbul bali ngangsur-angsur | santri sumêlang nyêlaki | sawêg kalêmpêr kemawon ||

93. ngusap panon Murni wungu pungun-pungun | anjoto datan bisa ngling | nguwuh Ki Kasanrêjèku |

--- 4 : 32 ---

sundêl durung têkèng pati | tanggung susêtyamu mogol ||

94. kogêl durung biseklas tekadmu kumprung | eling rasaning parêji | sundêl nganggo ngunggut-unggut | gêtun bedhangane mati | Murni sumungkêm nèng pangkon ||

95. Kasanrêja dènnya sêrêng wuru marus | sinamur samudana ngling | aywa sandeya wong ayu | sira sun apura gusti | eman yèn tumêkèng layon ||

96. rèhning sira sewotên sahuwat riwut | tan marêm carêm sawiji | coba sumaraha gêndhuk | Murni kinuswa kinanthi | winudan rinut ing kayon ||

97. anggarantês Murni panjritira asru | dhuh kiyai kadipundi | jiwamba balêjêd rinut | siksa punapa pinanggih | dhuh luwarana wak ingong ||

98. winangsulan dhuh wong ayu jiwaningsun | dhuh-dhuh woting tyas ngong gusti | wong ayu ratuning ngau[3] | dhasar rahayu ing budi | budiman musthikèng wadon ||

99. pantês dadya paguronaning para rum | bathine wong bêkti laki | alah kyai nyuwun ucul | wis mênênga aja budi | bêcik sumarah sapakon ||

100. guru laki wajib tinurut sakayun | iki ganjaramu yayi | mung sapele pedahipun | dadia pèngêtan wingking | kajatmikaning wong wadon ||

101. dhuh wong ayu sun sêsuwun ing Hyang Agung | sira tinakdira krami | sadhengah sato wana gung | orane mangkono Murni | salin-sumalin angrocok ||

102. marang sira adat karsaning Hyang Agung | anut sakajating dasih | karêpmu kudu angimpun | sakèhing priya tan pilih | anjrit Murni [Mur...]

--- 4 : 33 ---

[...ni] penga-pengo ||

103. kang sumèlèh tyas ta mupusa sapandum | dhuh Murni rupamu bêcik | cacad maripate biru | angiyip bayêyêt lindri | mondar-mandir sugih plerok ||

104. amung iku lèn barang-barange turut | ayumu ngêbot-êboti | mêmungu watêk tan arus | manèk kang wos bilaèni | dhuh adil têmên Hyang Manon ||

105. saupama Si Murni watêke burus | tuwajuh rumêksèng wadi | tumplak sabuwana kêbut | têtêp têlênging utami | gêmêt ewah kang winaon ||

106. apa ana wong ayu kaya somahku | bêgjane mung sidhang siring | lêrês Hyang Kang Maha Luhur | kotamaning titah pasthi | wradin didèlèhi awon ||

107. lamun ana kang aran jarene burus | mung saka durung udani | manungsa gêlare alus | lêpiyan lakune Murni | mati-mati ya tan ngono ||

108. yèn ngong puwung tan wurung saya andarung | kodrate wus andrawasi | Murni mêmalad turipun | dhuh kiyai nyuwun urip | wêlasa kawula kapok ||

109. Kasanrêja nguwuh lah iku tambamu | yayi lilanana mami | ya rabi manèh yèn payu | Murni tinilar ing laki | sambat tolèhên wak ingong ||

110. ngasih-asih panjêlèhe Murni asru | tan pinaèlu sakêdhik | malah lampahnya sinêngkut | santri matur turut margi | karsanta manggan sayêktos ||

111. kula raos kasêron tibaning kukum | tan timbang sababe kyai | kapêgat kewala rampung | dadak rinta lurah Murni [Mur...]

--- 4 : 34 ---

[...ni] | siniksa rinut ing kayon ||

112. langkung malih pêjahe pun Samut wau | kang jăngga tinigas pancing | karosan duraka muput | kukum tanpa kandêl tipis | Kasanrêja mangsuli lon ||

113. iya bênêr mangkono mungguhing kukum | sapa kuwat anglakoni | kajaba kang wus rinêmbug | jaragan ngrabèni ringgit | anggêr wong lumrah kadyèngong ||

114. pasthi muntap tataning panêmu kuwur | sanadyan para agami | kang ngasta bênêring padu | ajaa wus ngrumaosi | kawêngku adiling katong ||

115. yèn kapêngkok ing sambekala kadyèngsun | kira-kiraku tan têbih | pasthi wani takêr marus | wanodya tandhinge pati | wiwit dhèk Ngalêngka kobong ||

116. de Si Murni sun rut nèng wrêksa balujut | iku dadia pêpeling | pêrlu angandêlke wuruk | marang sakabèhing èstri | wruha jatining lêlakon ||

117. wus watara suwe ngong myarsa wartèstu | wanodya kang kaduk liring | nadyan wus somahan purun | jinawil kewala nginthil | susah kang kaya mangkono ||

118. iku wignya mung saka ènthènging kukum | sumbare wani dèn sahi | têmah kurang sêtyanipun | mring priya anampik milih | nanging ya pilih-pilih wong ||

119. santri matur punapa ungêling kukum | kang kangge taksih nalisir | măngka wus ginalih cukup | waton kitabing agami | mupakat para kinaot ||

120. Kasanrêja mangsuli hèh santri bingung | wis bênêr kukuming kakim |

--- 4 : 35 ---

nging ki mau kang sun rêmbug | waton ukuraning ati | rasakna ingkang karaos ||

121. santri matur kenging punapa duk wau | paduka mawi mastani | sèdhènging pawèstri tamtu | mung tuwuh wani dèn sahi | mirip kukum kirang abot ||

122. Kasanrêja nguwuh santri ywa kabanjur | angêtokke adaini | ngambug dudu wajibipun | jèjèr kene ngong tuturi | sintrèn aja karungu wong ||

123. bokmanawa kang karya watoning kukum | durung nate anglampahi | kêna coba kang kadyèku | saupama wus nêmahi | pasthi pandamêling waton ||

124. luwih abot binobot sariranipun | rasèng tyas duk anglampahi | mangkono kira-kiraku | culikan carita nguni | pêpati akèh bab wadon ||

125. santri mèsêm inggih wontên èmpêripun | lamun makatêna kyai | sadaya rasaning kukum | dèrèng tamtu anglampahi | nun inggih lêrês kemawon ||

126. lah punapa pandamêling adil kukum | palanggaraning pra juti | sadèrèngipun klêbu buk | kêdah sinau nyidrani | lo yèn makatêna elok ||

127. Kasanrêja ngling sira saya ngêcêmut | nora wor watoning adil | iku gêgêlênganipun | prakara panêrak juti | wus silah saka pangulon ||

128. besuk manèh yèn gunêman mamrih runtut | sambung rapête kang titis | apa pinangkaning catur | iku ingkang kinarya wit | purna tur nora padudon ||

129. santri bêkuh kadospundi [kado...]

--- 4 : 36 ---

[...spundi] bedanipun | waton anggêring agami | lan anêrak băngsa padu | santri yèn sirarsa uning | bab agama kawruh manggon ||

130. nora susah binudi rasaning kukum | anggêr tan marojol saking | waton kitab gotèkipun | beda prakara pulisi | sanadyan wus mawa waton ||

131. kang tinamtu marang karampunganipun | maksih ngêmpakkên lêlungid | sing kawicaksanan kang trus | trang prakara kandêl tipis | tibane nora mawang wong ||

132. santri guguk yèn makatên bedanipun | gampil kakiming agami | anggêr kasampurnanipun | kasil bab salakirabi | ngrêtos suraosing waton ||

133. sampun sagêd nindakkên prakawis padu | bab wasiyat gana-gini | Kasanrêja ngling wus cukup | yèn lali bukak buk dhisik | tan susah mawas pasêmon ||

134. yèn kotimbang jomplang dudu bobotipun | mintir budining pulisi | akèh pikiran kang duduk | dadakan kudu nyêkapi | gêlat-gêliting wêwaton ||

135. yèn kasluru kliru paprentahanipun | padha sanalika dadi | marganing darajat murut | bêbasan sasat cik-ancik | mancat sapucuking êdom ||

136. santri kêkêl kiyaine saya muluk | bab tumindak ingkang sisip | botên ngêmungkên puniku | nadyan kakiming agami | rak inggih sami kemawon ||

137. sami ugi pinitados ngasta kukum | mlengos Ki Kasanrêja ngling | gampang angèl ana ing buk | bêbukane bisa ngaji | cukup mung kari nyuraos [nyurao...]

--- 4 : 37 ---

[...s] ||

138. santri dènnya lumampah radi angantun | mêd-umêd ngadumêl lirih | kyaine salawasipun | yèn rada tak sulayani | ngandhar kandhane mèh kablong ||

139. santri maksih grètèh winangsulan sêndhu | mênênga aja ngacuwis | yèn linaju tanpa rampung | ing marga datan winarni | sigêg mangsuli cariyos ||

140. biyang Murni saya sru panjêritipun | rinut ing kayu kalingsir | jro swarane nyamut-nyamut | tan wontên ingkang udani | saking dahat sêpêning wong ||

141. sapa mulung têtulung cilakaningsun | yèn priya ngong suwitani | wadon sun anggêp sadulur | sinoroh wadi sajati | dhuh-adhuh Gusti Hyang Manon ||

142. apuranên kawula saking bêbêndu | sanès muwating asisip | nêmahi siksa kalangkung | kukum nglêngkara tan adil | sawênang tan mawi waton ||

143. muhung adrêng sêrênging napsu kasusu | guru kabrangasan kyai | alah dene dadi kaum | katilapan kukum adil | si kakang dirampog nguwong ||

144. wong wus tuwa gapuk ngumbar arubiru | padu-padune manasi | lan Si Samut kalah bagus | e alah bok iya eling | wus dungkap praptaning layon ||

145. yèn wong urus mangan surasaning wuruk | ninggala labêt tan bêcik | lah apa pituwasipun | wong tuwa kaya sirèki | duga priyogamu kopong ||

146. apa sira duk arsa dhaub lan ingsun | nora anjèrèng pamyarsi | pasthine wus nyuluh-nyuluh | mring labuhan ingsun [ing...]

--- 4 : 38 ---

[...sun] iki | ala bêcik sira wus wroh ||

147. anêmaha kainan ora pinuwung | biyèn mula ngong nglakoni | anguja sênênging kalbu | saka sêtyaku nasabi | jangji tan [...]lok panon ||

148. panjang dènnya anguman-uman mring kakung | kakêning tyas muntar-muntir | plilitan mamrih walipun | pêpuntoning cipta naming | mupus takdiring lêlakon ||

149. lêsu lupa bayuning sarira larud | kucêm cangkoking lêlungit | konusing mêmanis wêlu | gantya kang winahyèng kawi | wanara priya mèh sak wong ||

150. wus warokan nyangkèrèg kêra ngarangkung | malangkrong nèng kayu mêncit | suka larase yun bandul | mèjèt kêmilan lan nyangking | wohing gêdhondhong sadhompol ||

151. nyamut-nyamut ngamêti gêlabrèsipun | aring kasilir ing angin | rêm ayam ngebahkên buntut | ngalawèr sadhêpa luwih | sambèn dhidhis pao-pao ||

152. kêdhèp têsmak olehan lajêng ginugut | mulat ing ngandhap udani | wanodya rinut ing kayu | mandhap saking pang sakêdhik | wanara watêke lekoh ||

153. aja manèh wruh Murni lugas balujut | oraa bangêt kapengin | wus adat bangsaning munyuk | yèn wruh gumêbyaring wêntis | ngrengan kudu ngajak guyon ||

154. kang wanara upama bisaa clathu | klêthêke kawêtu pasthi | makatên osiking kalbu | bayèku manuswa èstri | kadingarèn tanpa prabot ||

155. tinatali lumèngkèt nèng wit trênggulun | iku kêna ngong arani | nêmu kacilakan [kacila...]

--- 4 : 39 ---

[...kan] muput | apa darunanta janmi | apa milalu mrih layon ||

156. mêlasarsa têmên manungsa sirèku | kalirên wus watara ri | nitik kang sarira susut | kusut kang pasêmon sêpi | suprandene mêlok-mêlok ||

157. pancèn ayu kang dêdêg rêspati turut | dhasaring mêmanis maksih | kèksi suwe-suwe kaduk | dumunung padoning lathi | mathêm atiku wirangrong ||

158. nora paja-paja biyangne si munyuk | yèn mirib lan sira janmi | kalah klimis kalah alus | mung ana kang sidhang siring | padha mulu padha mojok ||

159. gajêg ana kacèke lan bokne munyuk | kana nyalèntrèng andhêlik | iku bawera amuput | ngrêmbaka sompote brintik | angrobi têlêng tan katon ||

160. katujune nganggo ingkang kaya iku | upama mulus kalimis | yêkti nora tanggung-tanggung | pangeglane bilaèni | nging wus lowung kang mangkono ||

161. malah bêcik rada wingit pêtêng runggut | rêsêp nganggo anggagapi | gèk măngsa dadaka wurung | ngrangsang rêrungsiting wingit | trus trang tur tan mawa colok ||

152. anêtêpi kaya bêbasaning ngèlmu | trusing paningal sajati | tan saking lèking pandulu | kênyaring budi wus dadi | pandaming laku kaledhon ||

153. nadyan iku uga mangkono liripun | titis tan susah udani | pêtêng durung tau wanuh | nukup pikiran sathithik | mêrêm bae wus kalakon ||

154. gampang têmên mêmpaning prakara iku | prandene [pra...]

--- 4 : 40 ---

[...ndene] sok anjalari | koruping paramarta yu | jêjêgi pamuja gonjit | rèmèh sambekalaning wong ||

155. aywa manèh wanara kadya awakku | bangsaning kewan tinakdir | sathithik graitanipun | beda budining sujalmi | kang wus ingakên Hyang Manon ||

156. tunggal lawan kaananirèng Hyang Agung | dadi saupama mami | gingsir kagiwang agandrung | nora nglêngkara sayêkti | wus linayakkên kemawon ||

157. kang wanara anjlog saking kang wrêksa gung | lumaku ngadêg marêki | unggyaning Murni kang rinut | Murni wus nyipta ngêmasi | wahyaning luh andêrodos ||

158. hèh wanara aywa niyaya maringsun | tyasing wanara wus tampi | mirid saking wêdaling luh | sasmita sangêt maladsih | rewănda cêlak andêmok ||

159. garayangan anggang-anggang rangu-rangu | dipun gagapi waradin | wêwadose dèn puk-êpuk | pêpak prênèse talêsih | mak cêgêmêg ngambung sengog ||

160. garjitèng tyas Murni tan tumêkèng lampus | muhung rinungrum rinapih | ngêtog puputing pamupus | saru-saru jangji urip | kapakna bae wak ingong ||

161. kang wanara myat lêjaring Murni gupuh | angrudapaksa têtali | kang tumali sampun ucul | luwar biyang Murni saking | rut-rutan tiba galoso ||

162. dahat dènnya lêsu sarira sakojur | rewănda sumêbut aglis | mènèk wrêksa gêdhondhong gung | ngundhuh woh ingkang matêng wit | dupyantuk binêkta anjlog ||

163. dinulangkên [dinulangkê...]

--- 4 : 41 ---

[...n] mring Murni minăngka gajul | cinêcêp saking sakêdhik | cinêlêb tirtanya mancur | kumocor daginge gêmpi | rinêmêt rênyah miraos ||

164. lir kadadak usada sarira tungtum | janggèlèk liniling-liling | dening wanara dèn lus-lus | rinasuk wus kapadhan sih | Murni nikmate tan kajog ||

165. muhung kacèk panjojoge durung dhaup | si kêthèk tansah ngajêgi | angèjèg asru kasusu | yèn kêkête angungkuli | lawan pratingkahing uwong ||

166. ana manèh kang dadi cuwaning kalbu | ubayane balenjani | Murni lagyarsa anggrêgut | wre ngukuk sêlak nguwisi | ewuh pamardaning batos ||

167. kawêkèning tyas dènnyarsa adu sêmu | kinêjepan mung maringis | macoco anyamuk-nyamuk | kêncêng pangincênge sarwi | kang mili dinilat alon ||

168. coprat-caprêt jêprèt ingkang cuwèr kolu | kênyame si kêthèk glêdhis | riwusing sat sok diambu | kang anggêmbulêng dhinidhis | olehan ginugut comlos ||

169. mung makatên kewala pasihanipun | tanduk kang ngênêk-ênêki | rewănda kadya wong kaul | kêtoging sêdya sukanting | sapratingkahe kalakon ||

170. kawarnaa Murni ing sadangunipun | nèng wana sawatara ri | kang dados têdhananipun | mung wowohan kang matêng wit | wiwit wêtênge karaos ||

171. sangêt mulês salêmêt malilit gêrus | pucêt Murni ngolang-aling | kang pulung ati tinukup | ngruntuh amung sambat mati | ya iki ukuman abot [a...]

--- 4 : 42 ---

[...bot] ||

172. langkung anglês yèn mulat wangkene Samut | wus gadag gandaning mayit | sumêdhot tyas lir jinabut | sambat aku bela lalis | maras tan kacunggah anon ||

5. Pocung

1. tan kalimput pangudaraosing kalbu | wanara garjita | panggêrsahe rara Murni | sakit mulês labêt kakehan wowohan ||

2. osikipun manuswèki durung atul | amangan wowohan | kang sêgêr lwih mupangati | adat kang wus mêsthi mung mangan ratêngan ||

3. mêlasayun têmên manungsa sirèku | rèh wus ngong nêmaha | mêngku susilaning krami | dhaup lawan manungsa wus pirabara ||

4. wajibipun ngong manut ing sapangrèhmu | dhuh Hyang Kang Kawasa | kuciwa têmên wak mami | mung katungkul carêm tan wêruh ing wêlas ||

5. dadi arus rusiya puwaranipun | gèk walêsku apa | bangêt gonku ngrumangsani | puluh-puluh katrêming tyasku wus trêsna ||

6. ywa wasing yun orane sira kabanjur | amangan wowohan | apa kang sira karêpi | sun golèkke apa pakaning manungsa ||

7. nadyan mandung andungkap laladanipun | pêsating jiwangga | anggêre sira basuki | nora mingkuh labêtku nglabuhi sira ||

8. tan kaduwung cikbène lêlakon turut | bêgja lan cilaka | dêdalan sênênging ati | wus ngong kikis nèng kêkênthêlaning tekad ||

9. wre angungkuk ngêtog tiwikramanipun | netrandik sêmu bang | mathênthêng kang wulu jêgrig | muwus ing tyas ampêtên lêlaranira ||

10. kari rahyu tak lunga sadhela gêndhuk |

--- 4 : 43 ---

ngrosani istiyar | wre ngadêg suranya ngênting | sru sumêbut lir mabur mlembang turut pang ||

11. datan dangu wre mêdal saking wana gung | nèng bulak lumampah | sinêngkut olah sêsilip | gya umanjing mring padesan salinthutan ||

12. mingak-minguk tlatèn turut pagêr turus | arêrêm sakêdhap | wontên sangandhap pring ori | napas ngangsur labêt wre warokan tuwa ||

13. angga luruh riwusing sarèh sakojur | narancak wit năngka | cukat pamènèke mêncit | milang-miling mulat ing ngandhap waspada ||

14. janma kêpung ngêpung ambêngan salajur | jujuring wardaya | rewănda angulir budi | kêdumêlan upami sagêt kawêdal ||

15. lah bêgjaku ana rêjêki pakewuh | yèn ingsun nêmpuha | bêbaya nêmahèng pati | tiwas mati patiku tanpa pituwas ||

16. lah si gêndhuk sing ana alas ya lampus | wit saking kapiran | sapa ingkang angingoni | mung pamrihe dèn alêm kêndêl palastra ||

17. nadyan lampus yèn olèh tilas kang patut | ana kang narima | balik ingkang kaya iki | durung karuh ontung wis dadi rampogan ||

18. măngka sirku ontung kalawan rahayu | adhuh la kok eca | gagasku iki ngudhari | santosaning tekad dadi tan sambada ||

19. lah dhèk mau ana ngarêpe wong ayu | sabarang kaconggah | bok iya kon jara langit | têkan ora bab sanggupku mêsthi iya ||

20. sèwu mujur tuju-tujune

--- 4 : 44 ---

dhèk mau | wus carêming karsa | dadi ora pati-pati | nyuda adrêng kobêr anata graita ||

21. pama durung mêsthi adrêngku andarung | mêrêm sru nêmpuh byat | bêgja kêmayangan mami | nadyan mati milih sasêlaning nalar ||

22. dimèn tutug gon ingsun olah salulut | lan ruwiyaningwang | kadyèku rêjêki rumpil | luwih bêcik ngupaya saliyanira ||

23. yèn bisantuk kang gampang dêdalanipun | ewadene mêksa | kabèh-kabèh bilaèni | gèk kapriye manèh ya kudu tinêmah ||

24. kang wre laju mlumpat mring papringan mucuk | marambat lon-lonan | sakêdhap angolah-ngalih | pados titik panti kang pantês tinêba ||

25. apan nuju ungsume ing dhusun ngriku | sami salamêtan | ing wulan Ruwah marêngi | mèh sadhengah panti wontên kang lah-olah ||

26. kang winuwus gon bêkêl rada kacukup | mamprah sugih sanak | katêmbèn angrêratêngi | wontên ingkang nata ambêngan wewehan ||

27. kang swara myung pawon lan ing gandhok pênuh | pawèstri sadaya | lakinya sami kandhuri | marang tăngga sawênèh dhatêng parêpat ||

28. gantya catur rewănda waspada dulu | parèstri lah-olah | klêthêking tyas ngathik-athik | kathik anèh wadon kèh tanpa lanangan ||

29. apa iku wêwêngan patut tinêmpuh | dene rada gampang | sapira boboting èstri | yèn nalare krodhaku masa apêsa [a...]

--- 4 : 45 ---

[...pêsa] ||

30. waton durung takdir pêcating nyawaku | kaya-kaya mênang | nanggulang kang mênang tandhing | nanging saru rèmèh mêmpaning bramantya ||

31. lamun kiwul layak kewala yèn unggul | jêr karo wanodya | yèn kalah ngisin-isini | tur ta durung karuh wit iku manungswa ||

32. lamun rukun barêng tumandang angrubut | bisa gawe tiwas | naracak anggawa lading | wah jarene yèn wong tan kêna dèn ina ||

33. luwih ewuh yèn linaju tanpa rampung | karoncèn panggagas | dadi aran nyulayani | mring sabdane swargi Sri Ramawijaya ||

34. duk kapangguh lawan Radèn Bayusunu | ya Radèn Anoman | anèng Rêksamuka wukir | blênyak-blênyak wartane wre tuwa-tuwa ||

35. paring wuruk witing gampang lawan ewuh | ing purwa tan ana | yêkti iku dadi siji | yèn mung wani ing gampang nora katêkan ||

36. sêdhêngipun ngong ngrungkêpi kang kadyèku | wus nora kainan | nganggo wuruke wong luwih | ana manèh saksi kang ngandêlke tekat ||

37. ngong wus dangu myarsa wasita kang patut | tinulad utama | kang wus padha dèn antêpi | dening para wirotama jaman kuna ||

38. yèn wus puput putêking cipta manêkung | panjrite ngumandhang | suralaya gonjang-ganjing | ing têgêse sura wani laya pêjah ||

39. sapa purun sumarah antakanipun | wèh rêging Kaendran | jawata nulya nêdhaki | mituruti kadar pangèsthining titah ||

40. dupi

--- 4 : 46 ---

wre wus maton ing pêpuntonipun | kang kèsthi ing cipta | mung wêwayanganing pati | kang dèn anti untap têtêping palastra ||

41. datan ketung sirna saliring pakewuh | wanara mangandhap | barangkang lumajêng manjing | marang pawon sru mêre nguras kasuran ||

42. kang swara myung panjriting pawèstri asru | gugup kajungkelang | lumajêng abujêng dhingin | miris maras kadya katawan ing mêngsah ||

43. rêbut dhucung tambuh-tambuh buk-tinumbuk | mak brês sarêng rêbah | kiwul nèng pangleran ragi | garegahe gubras parudan kalapa ||

44. wontên mupuh mring rowang pyak-ampyak awur | maksa mamrih piyak | pêpêt nèng pintu kapipit | sarêng mêdal anduwa diya-diniya ||

45. pipi pintu katut sruning wêdalipun | kang gêbyog anggêbyag | satêbak karya pêpati | angrêbahi wong ngindhit suta sêsêpan ||

46. wre duk dulu solah kang sangêt rahayu | orêg kasangsaran | andongong ciptaning ati | sèwu dosa titah lir jiwangganingwang ||

47. karya rêtu ananging dudu luputku | jêr sira manungsa | pagene tan wruh ing liring | lah titimu katutup ati naratap ||

48. yèn sira wruh saliring watêk winêngku | măngsa malayua | melik ing kewan sathithik | yèn kothungi pangan bae wus narima ||

49. lah ta iku wong kang tanpa budi pêngkuh | karusakanira | saka polahmu pribadi | wêdi saka pangrikku swara nglêmpara ||

50. têmahipun kapitunanira muput | rusaking ratêngan [ratênga...]

--- 4 : 47 ---

[...n] | bae wus karya prihatin | kawimbuhan awakmu padha kêlaran ||

51. numbuk bêntus kang cilaka kaping têlu | bisa lara maras | ana cuwèt bae giris | ah mêmêlas têmên wong kang kaya sira ||

52. lah dhèk mau gonku mawas pratingkahmu | sabyantu sadaya | rumagang pakaryan titi | atut runtut nora nana kang sawala ||

53. aku gumun duk wêruh rêrukunamu | tyasku luwih samar | bokmanawa sima sami | bêbarêngan rukun ngêbyuki antaka ||

54. basa nuju ana munyuk munyuk-munyuk | bubar ngungsi gêsang | iku kêna ngong arani | tut-runtutmu mung bab babagan panganan ||

55. yèn pakewuh mingkuh tan ana kang puguh | mêmêlas kaping pat | adat kang mangkono pasthi | anuntuni watêke ceda-cineda ||

56. yèn kalantur anyatur tutuh-tinutuh | tlatèn buwang tilas | sumêlang dinakwa sisip | katrangane iya ciluba kewala ||

57. purwanipun sapele ingkang ginayuh | mung prakara pangan | prandene ngaku sumêkti | marojol ing akêrêp punjul ing papak ||

58. nora pêcus manuswa watêkanamu | apa datan wirang | marang babate pra kapi | kang kapati kèpi mati rananggana ||

59. pêrlu labuh nglabêti pamitranipun | Sri Ragutanaya | duk prang Ngalêngka praja di | têtawure tarlèn prawira palwaga ||

60. iku patut tinulad kantêpanipun | adhuh eman-eman | imanmu kasoran dening | wanara kang têtêp sutrêsna ing mitra ||

61. atut runtut [runtu...]

--- 4 : 48 ---

[...t] pancèn pantês lamun tinut | nadyan calimuta | tangèh bisane kaculik | luwih bêcik yèn kanggo laku utama ||

62. nyamut-nyamut sanepa kang ingsun ikut | wus kadaluwarsa | cêthèk-cêthekan wus dadi | tunggal wadi tur cèplês liding carita ||

63. kèhing sêmut kang lagi sawatarambyuk | tan diyon ing karya | wus kawawa nyêngka tandhing | tanpa wangwang kuwat angangkat kalabang ||

64. ngantos dangu kang wre panglocitanipun | pami mênangana | swargane rama dewaji | kados angsal nama Kapi Kèpisara ||

65. wardènipun kapi kêthèk kèpi kenyut | basa sara panah | panah sasmitaning ati | surasane kêthèk kasêngsêm pikiran ||

66. trimah lowung ing sagadug-gadugipun | boboting wanara | kaduk bêbudèn prêmati | yèn anggagas linawan waton lêpiyan ||

67. kang cinatur otêring tiyang sadhusun | sarêng amiyarsa | panjriting para pawèstri | ingkang jalêr sadaya sura tan taha ||

68. sami saput dêdamêl sawontênipun | sadhengah cinandhak | ingkang cinandhak pinandhi | warna-warna kang pênthung pating kathalang ||

69. wontên turus jinabut bari lumayu | sawênèh anyandhak | salaraking kandhang sapi | pandudute kêrosan tiba kêlumah ||

70. tangi nambut alu pinindha salukun | sêsarêngan surak | ing tyas ngajak silih-ungkih | alok ana kêthèk kang ambêk rusiya ||

71. payo gupuh angêpung ywa na kang gugup | salong andum karya |

--- 4 : 49 ---

sapratêlon mrayitnani | bêbarisa sajabaning pakarangan ||

72. wontên ngêpung ing margi sidhatan dhusun | ana kang singidan | têrtip wor baronganing pring | jagi lamun kang wre lumajêng umpêtan ||

73. bêkêl têlu kamisêpuhe wong ngriku | suraweyan prentah | tri sikêp sanjata buwis | wawrat dangu dèrèng ambabar sandawa ||

74. anggêpipun singa kang lumawan rêmpu | tan wruh wus katuwan | mambêt dhêm malêmpêm lami | lali lamun gênjore sampun katriwal ||

75. pantêsipun mung cumanthèl kangge wuwuh | sêmuning sawangan | ngiras songar gêlar sugih | suprandene kumandêl kaya-kayaa ||

76. munah satru sadhengah kang linès mawut | bêkêl kang satunggal | maksih nom rada kumaki | ugi sikêp sanjata têmantèn anyar ||

77. dhasar bêsus sanadyan tumindak gugup | taksih kobêr dandan | uthi sinambi lumaris | sambat kojur kuncunge mèncèng mangiwa ||

78. lajêng pangguh kuli kang kulina mathuk | dawêg dika sawang | niki napa êmpun bêcik | winangsulan kuncungipun taksih ngancas ||

79. lah puniku cobi bênang peyan dudut | sampun-sampun lurah | o pênginggilên sakêdhik | nanging bilih katêkuk botên katara ||

80. sampun mungguh awon sakêdhik kapuwung | sawêg wontên ngaral | benjing kemawon yèn ngibing | dipun pênga kaangkah sampun kacuwan ||

81. sanès atur agêm sanjata puniku | kados taksih enggal | bêkêle mangsuli ênggih | dhêdhasarnya wêlingan [wêlinga...]

--- 4 : 50 ---

[...n] saking nagara ||

82. niki êmpun kula coba bisa tumbuk | têbih rong atus pal | dèrèng angabêr-abêri | ampun malih sing kêthèk gêdhe sahohah ||

83. kula matur punika kuciwanipun | kagêngên krustinya | lurah kula nyuwun uning | tamtu awis dhobis kang sagêd cêkapan ||

84. bêkêl gupuh angrogoh sak mêndhêt kadhus | nêgile niki ta | dika bukak singa ririh | kang ambikak malêngak isine mêndhak ||

85. lo kok lucu wontên dhobis modhèl baru | wangun parijatha | patrapipun kadospundi | bêkêl nguwuh e la dalah jêbul têlas ||

86. dhapur kojur saplêngan mênèk dhus niku | kangge wadhah mêndhak | mati-matia rak têksih | ênggih êmpun dingge cangkingan kewala ||

87. yèn tinêmpuh ing popormon rak gih rampung | măngsa mindho karya | watone mung guru wani | nadyan ngangge mriyêm yèn wêdi tumandang ||

88. botên prêlu mèlu kalanganing mungsuh | ngapêsi karya was | kuli amangsuli manis | kasinggihan niku kêdhotan pêngpêngan ||

89. dèn lêstantun kula lugu matur rujuk | ngèlmine wong kuna | kang sami majêng ing jurit | pawitane wani nanging mawi guna ||

90. botên amung manrang mêngsah ngamuk punggung | sabên makatêna | kathah kang manggih bilai | beda ingkang wani kalawan prayitna ||

91. sagêd mikut mêngsah saking akal alus | pangamuke mayar | wiyana kalising mimis | sakti sasat tinungkulan [tinungkula...]

--- 4 : 51 ---

[...n] ing pangeran ||

92. sawêg laju andhahan sampeyan sampun | siyaga sadaya | daya-daya angayati | prang kêkiwul kantun ngêntosi parentah ||

93. kalihipun cancut lajêng lumajêng wus | praptèng kalêmpakan | jaba jro kèbêkan janmi | wijah-wijah angajab ngrampog wanara ||

94. kang cinatur wre mirêng surak gumuruh | gambira sakala | tyasnya sampun ngrumaosi | yèn kinêpang tanwun badhe pinarjaya ||

95. amung mupus angantêp têtêping kalbu | bêbukaning cipta | sumarah praptaning pati | mupus ing tyas iki pralambang palastra ||

96. wus tinamtu laku kang culika kudu | rinêmêt rinampas | pêcat napasku saiki | sida jênat karoban mungsuh manuswa ||

97. kawlasayun kang wre kapilêng rawat luh | iki kêthèk wrêbak | beda lêluhurku nguni | bangkit kêbêt ngambah ngambarèng ngawiyat ||

98. dhuh dewaku Hyang Kapiwara pukulun | ulun nyuwun tobat | labêt kalimput ing èstri | botên langkung parênga paring barêkah ||

99. sagêdipun mirib paduka pukulun | duk ngobar Ngalêngka | dhuh punika kadospundi | wus kapèpèt kasalêpêk kurang papan ||

100. wre tumungkul rêm ayam angginyêr bathuk | ngudi budidaya | ingkang sagêd andayani | dènirarsa oncat bisèntuk-entukan ||

101. lajêng thukul klêthêk kang mrih rahyonipun | lah olèh wêwêngan | bokmanawa anjalari | wong sadesa padha bisa salin cipta ||

--- 4 : 52 ---

102. kapi gupuh ngimpun sakathahing latu | sinorok iliryan | dinok ing tumbu gêng dadi | cinangkiwing binêkta minggah lotengan ||

103. lwih pakantuk kang lotèng salamènipun | kangge pasimpênan | rosokan bêkakas lami | latu lajêng winor barang kang marapak ||

104. kang wre mudhun ing batos sampun têkabur | hèh masa wurunga | sasuwene prangku pasthi | omah iki kobar sanalika sirna ||

105. ngong tan ngetung duraka katiban kukum | buh besuk yêktinya | jangji saiki basuki | kêwa angsa ping ruh pangadilan kerat ||

106. anak putu lamun nampani panyaur | rak iya istiyar | mrih wal sakaning bilai | trahku aywa cilaka laku culika ||

107. ngêmungna sun aja na ingkang anutuh | urip sowang-sowang | wus wêwatêsaning takdir | mèlu apa bapa mung măngka lantaran ||

108. sampun muput wanara gagase muluk | mungkur kautaman | satata bikut ngukuti | sêkul ulam rinakit dados satunggal ||

109. têtêl munjung ing kroso ro tinatangsul | lulup wus lêlêtan | rekane tan pae janmi | kinalungkên ing gulu tandya katungka ||

110. lêbêtipun wong kang sami sikêp pênthung | sarêngan tumandang | wanara rikat ngendhani | yèn kasompok andhupak lajêng malumpat ||

111. sakêdhap wus malangkrong nèng pangrêt luhur | dipun othak-othak | cupêt sanadyan ajinjit | maksa kurang pangrangsangira kacuwan ||

--- 4 : 53 ---

112. wanara mung manthêlêng nyulêng angukruk | konus songaring tyas | maringis krot ngiwi-iwi | sring-sring pakik main gosok kêmaluan ||

113. thur anguyuh kumracag doh muncratipun | bancar ngêcuri dhas | kumêmbong nèng ikêt klicit | gundam-gundam piyak lumajêng gêr-gêran ||

114. sakalangkung anyêl têtiyang sadhusun | wontên kang lumajar | amêndhêt waosnya nuli | kangge matang kang watang tinampèn kêna ||

115. patrapipun tarampil kang tangkêp brukut | rikating panyêndhal | kang landheyan jêdhug nginggil | tarik wangsul tajêming tunjung nunjêm dhas ||

116. sambat adhuh anjungkêl binayang mêtu | wus dadi pêtikan | kang wre sukèng tyas sayangrik | lawung kidhung kandhêg rupak kirang papan ||

117. gya tumurun lantaran panjanging lawung | praptèng sor marwasa | sadhengah katrajang ngisis | trangginasing langkah kang kajangkah klumah ||

118. kinarubut sakèhing dêdamêl luput | singlar lir mawa lar | tilar tepang plêk jêjiling | kajungkelang anggaloso sambat pêjah ||

119. mawut riwut wong kang bêbantu ginilut | anjêlèh kabranan | sakojur lir adus gêtih | pangamuke rewănda sasat wuru rah ||

120. yèn dinulu wulunya wus salin dhapur | kuthah dalêmok bang | carub ulês sulak kuning | salong klawu kasêlan thukuling uwan ||

121. ngisis siyung tutuk andalèwèr marus | anuruh wok gimbal | kêcap kaslilitan daging | karumpaka wujuding wănda wadana [wada...]

--- 4 : 54 ---

[...na] ||

122. netra sirung sêrêng lir Subalisunu | nalika dinuta | ngantêp Sang Dasamuka Ji | wawan sabda nèng têlênging pasewakan ||

123. têtêp têguh kinêpang pra diyu jamhur | tan ngêdhap samêndhang | sidhêming rasêksa julig | luluh anglês kalindhih daya pramana ||

124. lwih sumunu tancêping netra kadya wus | kisèn Sang Hyang Wênang | datan dupara wit saking | nadyan kapi nêmbe ngêmbani pangwasa ||

125. jatha konus kuthah rah pating parêntul | lir Nata Sugriwa | nalika rame prang tandhing | lawan Prabu Kumbakarnambêg satriya ||

126. kang misuwur kontaping kotamanipun | gêng pangawak arga | kasêmbuh prawira ngênting | suprandene kamamah têmah kabranan ||

127. Sang Aprabu Kumbakarna was kalangkung | tarimaning cipta | yêksendra angrumaosi | Sang Sugriwa amung kinarya lantaran ||

128. lajêng dèn byuk dening wanara kumrutug | nuli linêpasan | kuntane rama dewaji | sida seda anglês tanpa pangrêsula ||

129. layu ayu kawayon yitmaning diyu | jawatèng awiyat | angudankên wangi-wangi | mratandhani patining titah sumarah ||

130. de Sang Prabu Sugriwa krodhanya kêbut | yayah nguntal arat | rasêksa katon brêkithi | miris maras karoban daya prabawa ||

131. kang kadyèku sêsorah măngka pangungrum | mring si wre alasan | kanyatan bakit ngoncati | sing bêbaya sadurunge wus rinancang ||

132. wulu klawu sêlingwan balêntong marus | tinon [ti...]

--- 4 : 55 ---

[...non] sing mandrawa | gilap lir cindhe sinungging | mirid saking sêkti kalangkunganira ||

133. èmpêripun taksih trah wanara luhur | nadyan lamat-lamat | kilap aluran trah pundi | buh Subalèn buh Sugriwan buh Jêmbawan ||

134. yèn andulu kang wănda wadananipun | gêng luhur sambada | kadya trah Sugriwa Aji | yèn karême pikir kawruh lêlungitan ||

135. lir trahipun Subali Kiskêndha Prabu | dènnyambêk wêlasan | kadi trah Jêmbawan Rêsi | kasuranya kadi têdhaking Anoman ||

136. tandangipun ing ayuda kang tiniru | wre Sampati duk prang | lan wil Prajăngga sinambi | bêbanyolan prigêl èjlèg pancak jăngga ||

137. gènnya mulur panglalaring nalaripun | kaya trah anila | apa kang rineka dadi | mung cacate lekoh wus kinodrat lular ||

138. labêt sampun katarocopan trahipun | pra wanara wanan | bibiting rucah nglabêti | nadyan trahing luhur sampun bal-tumimbal ||

139. nanging lamun lugu ing aluranipun | wanara oreyan | adhakan kenging piranti | karamate mung malangkrong nèng kêdhokan ||

140. sêdhêngipun prang rame nglotèng kumêlun | kang agni markata | dangu-dangu sayandadi | kang swara sru jumêthot tăndha sampun pan ||

141. pindha pêdhut sajroning wisma kumudug | dhêdhêt lir ampuhan | kawêkèn kang silih-ungkih | liru mêngsah pamangsahe tuna dungkap ||

142. sarêng [sa...]

--- 4 : 56 ---

[...rêng] sampun sami waspadèng pandulu | witing palimêngan | têtela wisma kabêsmin | sarêng mêdal dahuru salin pikiran ||

143. lir barubuh ambyur wong sadesa bingung | alok tandang-tandang | wurahan swaraning titir | otêr patêr tangara praptaning prapat ||

144. wus kapungkur pikiran kang têmah mikut | lan si wre culika | mung mrih manêrang ing agni | datan dangu sirêp kasiram ing toya ||

145. wit ing ngriku padhusunan loh kalangkung | kathah sareweyan | saênggèn-gèn toya mili | kaontungan kang kobar tan ngămbra-ămbra ||

146. kang cinatur jroning otêr patêripun | kang rewănda uncat | sakêdhap sampun dumugi | laladaning wana ing kamulanira ||

147. enak-enuk lumaku alênthuk-lênthuk | thuyuk-thuyuk sayah | kroso ro kêbak cinangking | gung kagagas sambèn panamuring lampah ||

148. dhuh Hyang Agung kang sih mring kawulanipun | tuhu sipat murah | anut pangèsthining dasih | pantês lamun linunturkên asma Tuwan ||

149. kosok wangsul sintên kang kacuwan tamtu | nacat asma Tuwan | Tuwan dinakwa tan adil | langkung rèmèh Tuwan dipun uman-uman ||

150. ngamun-amun têbih panarimahipun | mung andêdêr irda | saru datan wruh ing sisip | kang tumpangso tanduking duga prayoga ||

151. bilih ulun inggih tansah gung anggunggung | dhatêng asma Tuwan | wit sawêg dèn pituruti | tyas kalêgan tan kirang pangalêmbana ||

152. pami ulun mirêng sintên kang

--- 4 : 57 ---

ngêcêmut | anyeda paduka | dahat gèn amba mrinani | kula pongoripun sami sanalika ||

153. nadyan udur kalantur lantaran campuh | sakaconggah kula | amêsthi kula lawani | gèk măngsaa gigrig wuluku salămba ||

154. lah katrucut iki sumbar kang andarung | mongkog gambirèng tyas | osik lagi olèh ati | kêlandhêpên sasat padudon priyăngga ||

155. yèn kabanjur dadi aran kurang jujur | mangsah kurang mêngsah | kasujanane andadi | angur baya anglêrêmakên sarira ||

156. gantya catur Murni kang dahat mlasayun | sakojur marlupa | kapaksa dêrênging ati | dènirarsa nyungkêmi kunarpanira ||

157. Jaka Samut kang wus agănda kalangkung | Murni mèh tan kangkat | rumbu-rumbu barangkangi | sumungkêm ing jêjalunya marawayan ||

158. sambat Samut dhuh nyawa thole atmaku | anggèr tumoleha | dasih ta kang kawlasasih | dhuh niyaya têmên kakang Kasanrêja ||

159. suka sokur ing nguni belakna lampus | dadi babarpisan | parimarmanta mring mami | sajatine ngowêl pati katanggungan ||

160. dhuh wong bagus gănda arusing marusmu | nora dadi apa | wus sirna rêsêping asih | malah dulêg lir wida rinatus kobar ||

161. angambar rum dadi usadaning lêsu | tangia sadhela | payo wawan sabda mandi | ana ngêndi ubayan panukmanira ||

162. Murni mupus èngêt duk padudon wuwus [wuwu...]

--- 4 : 58 ---

[...s] | lan Samut nalika | sajroning liru sih sami | wruh wêwarnan kang kanggêp dadi sasmita ||

163. ingkang sampun winarah sorah kang pungkur | Murni anggarjita | Samut wuwusmu tan sisip | tètès têmên panyurasanta sasmita ||

164. duk padha wruh carêming sata wana gung | durung saantara | sinambêr ing wolung kêni | kang kêmlancur pêthal binêktèng ngambara ||

165. babon mlayu pêtok kajêpit lung gadhung | nuli pinaranan | ing sarpa ginondhol maring | kang rong sirung iku kalamun rinasa ||

166. tan tumpang suh kalawan wahananipun | babon gêng jinamah | jago kêmlancur birai | ing têgêse asihku kalawan sira ||

167. wolung iku kang kinarya pindhanipun | kakang Kasanrêja | ngregoni gonku liru sih | de pêthaling sawung binakta ngambara ||

168. wahnanipun Si Samut tumêkèng lampus | kang babon lumajar | kajêpit ing lung marapit | yèku sêmon gon ingsun rinut ing wrêksa ||

169. datan dangu pinarpêkan taksaka gung | binakta mring rongnya | babare amahanani | ruwatku sing pamulunge si wanara ||

170. dadi parlu wong kang waspada ing sêmu | wruh durung winarah | nadyan dudu saka gaib | nanging sasat wruh wêwayanganing kodrat ||

171. kaduwungku biyèn sakèhing rêmbagmu | tak pikir nglêngkara | tiwas tansah nyulayani | yèn idhêpa mangkene rak ya istiyar ||

172. gonku durung pitaya ing panêmumu | sajêg jumblêkira | nora tau gunêm rungsit | kadingarèn ngrasani mardi sasmita ||

--- 4 : 59 ---

173. sasmitèku yèn ginugu nora luput | gugon-tuhon lêpat | wit gugu kang kurang yêkti | luwih gêtun gonku mancahi mring sira ||

174. sêsêg cêguk Murni nglus jaja tumungkul | gênti kang kocapa | praptaning wre kang wus olih | sêkul ulam kamot ing kroso ro kêbak ||

175. kusung-kusung wontên ing ngayunanipun | pun Murni sakala | lêjar satatanya kadi | sêsomahan kang sami sêmu konêngan ||

176. kroso ro wus binuka nèng ngajêng ngumbruk | Murni sampun nyipta | sêdyaning wanara lantip | tinalusur saking ing duga prayoga ||

177. kang pisungsung tinamtu mring awakipun | tampi tanpa sêmang | nadyan tan dèn ancarani | langkung rahab nutug ing pambuktinira ||

178. wre angêmbul nunggal sakroso jalênggut | gănda arusing rah | ngambar anggigon-gigoni | kang makatên wau manawi rinasa ||

179. wus tan ketung Murni sing kaluwènipun | lir wong buka murka | awrat-awrat dèn lampahi | kumarangsang watêke wong kurang pangan ||

180. pancèn rakus pun Murni watêkanipun | nanging kadiparan | awis-awis kang kuwawi | wosing tekad kuwatos kalajêng pêjah ||

181. sami sampun tuwuk ing panêdhanipun | kang sêkul lan ulam | wau amung anyêkapi | kangge tadhah sadintên sadalu têlas ||

182. nadyan sêkul wus amèr mambêt tan patut | labête kêbêtah | pangangsaning tyas tan kêni | dèn sayuti wontênipun mung punika ||

--- 4 : 60 ---

183. tan cinatur ing dalu salulutipun | wanara anyipta | têlase kang têdha pasthi | nora wurung iya kapaksa ngupaya ||

184. kapigupuh kesah panujuning kayun | badhe lampah dhustha | lir kang sampun dèn tindaki | ing samarga-marga panglocitanira ||

185. iki kudu salin gêlar akalipun | nêmpuh liyan desa | yèn marang ing kana malih | dadi maha lumban samodra sangsara ||

186. dhuh Hyang Agung manawi ulun lêstantun | pijêr anêmpuh byat | sabên-sabên main mati | nadyan sampun kawahyon lakuning durta ||

187. dangu-dangu nuju kalamangsanipun | gèk măngsa wurunga | sida kapurak ing janmi | jêr têtela kêbak sundukan culika ||

188. inggih lamun sapisan ping ro ping têlu | pinaringan rarja | nyuwun ngalang kaping kalih | sanès dintên istiyar salin pikiran ||

189. ingkang patut dipun lampahi rahayu | ngong myarsa pawarta | saka kêthèk cilik-cilik | ingkang padha piniara ing manuswa ||

190. pinrih atul jogèt sakaconggahipun | kinarya lantaran | gonira ngupaya bukti | loking ngakèh ambarang lèdhèk wanara ||

191. apa aku nglakoni ingkang kadyèku | ambarang mataya | rikuhku yèn dèn arani | tanpa sêbut tuwa-tuwa saya royal ||

192. pantêsipun sumèlèh andungkap lampus | gagas tanpa karya | narima tan trus ing ati | sing marai isih kèrêm barangkangan ||

193. jaba yèn wus bèthêr kari thêruk-thêruk |

--- 4 : 61 ---

mêsthi mari berag | jaragan lagi sun pikir | kang mrih marang aja kongsi gêlis tuwa ||

194. yèn ginuyu lan bangsaning si walutung | iya ta cikbèna | lwih gampang èsêming lathi | tur sing mèncêp kupiya durung karuwan ||

195. lamun mrucut saka ing kira-kiraku | ayake tan lêpat | yèn mikir kang angewani | mundhak kalap nèng têlênging kali sêmang ||

196. wre anyêngkut lampah lêpas tan cinatur | Murni wus kawuntat | raos saranduning dhiri | mulya pulih kadi kadadak usada ||

197. tandya ngrasuk busana kang kumalumbruk | cêlaking pangrutan | ibut bêbêtane dadi | sapangadêg sampun kasandhang sadaya ||

198. wanci surup ngantêp kêkêncênganipun | dènirarsa oncat | saking madyaning wanadri | mêlasarsa lumampah angayam wana ||

199. linalipur myat pêpasrèning wana gung | sagung sêkar-sêkar | angambar rum maratani | kasambadan wêdaling căndra ngujwala ||

200. rêmu-rêmu rumêmêng sumorotipun | kalingan roronan | kakênan tyasira Murni | lir angambah laladan alam supênan ||

201. tan winuwus rês-rêsing wardaya ripu | wus tanpa upama | kaanan kang mêmalati | wasananing lampah andungkap bang wetan ||

202. swasana wus wor sumawur sumyuring bun | byar Murni angambah | ing têba ambaning sabin | doh ngalangut wilising tanêm mulyawan ||

203. riyu-riyu yêkti calon pari rahyu | kasilir maruta | iyêg bangkit ngusadani | kuwuring tyas katarik sêngsêming [sêng...]

--- 4 : 62 ---

[...sêming] netra ||

204. wontên nuju kadaut mrih pêncaripun | Murni langkung suka | pangudaraosing kapti | tamtu botên badhe kêkirangan têdha ||

205. wit ing ngriku kayêktèn dhusun arja gung | enggaling lumampah | kapapag wong andalidir | galur-sêlur nèng galêngan urut kacang ||

206. èstri jalu bêntoyong bêbêktanipun | sami bêbakulan | sadean awarni-warni | sinjang bathik lurik lawan palawija ||

207. wontên nuntun maesa kalawan lêmbu | pitik wèn kambangan | Murni nyêlaki tanya ris | sami dhatêng pundi sêdyaning karsanta ||

208. têka anglur têmên nunggil purugipun | winangsulan santak | wit kawratên kang sinunggi | dhatêng pêkên agêng ing dhusun Cêpaka ||

209. bari mlaku nulya takèn wurinipun | bakul sade sêdhah | kèndêl ambênakkên sênik | riwusira takèn sangkan kang pinaran ||

210. bakul nguwuh adhi sintên sinambat rum | kadi katuridan | karan kula Rara Murni | nama kula sêpuh biyang Kasanrêja ||

211. lah bok ayu sintên kongasing asma rum | winangsulan kula | karan anak bokne pun Sri | sade sêdhah ing pangupa jiwa kula ||

212. Murni muwus sagendhonganipun kang wus | pintên pajêngannya | bilih sagêd têlas adhi | kirang langkung saking kawan dasa uwang ||

213. langkung untung yèn katimbang liyanipun | ing salami kula | mane botên kados maring | pêkên agêng ing Cêpaka langkung arja ||

214. milanipun kawarti pangungsèn agung | Murni duk miyarsa | anêsê[...] [anêsê...]

--- 4 : 63 ---

[...[...]] ris | ngasih-asih têmbunge mamèt wardaya ||

215. bakyu bakyu yèn kaparêng kula nunut | nyarêngi sampeyan | kula kalangkung kapengin | badhe sêrêp pêkên agêng ing Cêpaka ||

216. kang misuwur mirah samukawisipun | ing wêkdal punika | pangèsthi kawula naming | mrih lumintu ajêging têdha kewala ||

217. dhusun ngriku sintên cikal bakalipun | ing wau paduka | bok ayu mawi mastani | tarlèn saking kramatipun kang bêbadra ||

218. bok Sri nguwuh kang babad wana karuhun | Kyai Kramaleya | saking dhukuh Sidamukti | linuhurkên dening para siswanira ||

219. èstri jalu pangèdhêpipun kalangkung | tumangkaring warta | kathah kang lumêbêt murid | mirit saking wasis waskitha sanyata ||

220. botên umuk cariyos kula salugu | agênging karamad | ingkang angebat-ebati | yèn kanalar yêkti datan anglêngkara ||

221. yèn cinatur êlun kalakuanipun | mung sarwa utama | putus kawruh lair batin | sintên tiyangipun ingkang botên trêsna ||

222. lamun nuju wontên ing panangisipun | sadhengah tiyanga | manawi daruna saking | nandhang sakit dinamu kemawon mulya ||

223. yèn panuwun saking kapêtênganipun | dèrèng sagêd dungkap | purnaning kawruh prêmati | inggih lajêng dipun wêjang tanpa wragat ||

224. de kalamun wontên siswa kang kapanduk | sabab saking arta | inggih dipun pitulungi | ingkang cêkap kangge nyampêti daruna ||

225. botên [bo...]

--- 4 : 64 ---

[...tên] nyaur waton prentahe kang rahyu | dipun u[...] | sukanipun sampun ngênting | mêgahakên kang kados wau punika ||

226. limrahipun mawi rèntên sampun nuwun | purun kuncup asta | tan wrin malah badhe klimis | langkung kontap kotamane wong Cêpaka ||

227. rukun-rukun mênggah ruwêt rêntêngipun | datan piniyagah | tamtu rinêmbag rumiyin | têbih marang jail dahwèn cêcêngilan ||

228. milanipun tiyang ing ngriku sadarum | mèh sak cêke brêgas | nadyan nalurining kuli | angungkuli priyayi kang sampun tiwas ||

229. Murni dangu gènira mirêngkên wuwus | lir ginugah tyasnya | kang karna kadya sinêbit | èngêt kala kapanggih lan Kramaleya ||

230. kusung-kusung sarimbit kalawan Samut | aminta sarana | lulusing lampah basuki | wasanane tiwas sarat tanpa karya ||

231. ciptanipun Murni mung kaliru surup | wadana baranang | sumêdya mananggulangi | suraweyan mundur sarwi nguman-uman ||

Taksih wontên sambêtipun kawrat jilid 5.

--- 4 : [65] ---

[Iklan]

--- 4 : [66] ---

[Grafik]

 


Sumung. (kembali)
wus. (kembali)
ayu. (kembali)