Panitisastra, Pahêman Radya Pustaka, 1899, #1291

JudulCitra
Terakhir diubah: 03-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panitisastra

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Sêrat Panitisastra

Kajawèkakên saking têmbung Kawi awit saking karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ing Surakarta.

Kawêdalakên sarta sampun katètèsakên kalihan luguning babonipun dening pahêman Radya Pustaka. Nalika taun 1829.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Vogel van der Heijde ing Surakarta, 1899.

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. mêmanise panêmbah pamuji | kang minăngka pandoning wardaya | mring kang karya alam kabèh | baka kodrat puniku | ingkang sipat rahman lan rakim | kang murba amisesa | jagad isinipun | ping kalih maring utusan | Kangjêng Nabi Mukhamad ingkang sinêlir | myang kulawarganira ||

2. dadyarsa ulun mangke muryani | angikêt gita basa pralambang | Panitisastra arane | sinawung lawan kidung | pêksi nila bilih kapanggih | inggih rujuking jarwa | pintên bangginipun | panggih atêpang ing basa | pêpèngête yogi dipun lari-lari | subasitaning praja ||

3. têgêsipun subasita nênggih | silakrama kaping kalihira | basa krama ing têgêse | sila puniku lungguh |

--- 2 ---

basa krama têmbung kang bêcik | kadi wong lêlênggahan | pasamuan lamun | wong bêbaturan kalawan | wong bêbêkêl tan wênang jajara linggih | miwah kramaning basa ||

4. nora wênang iku dèn kramani | wong bêbatur mring wong bêkêl ika | dèn jalang tatakramane | lan tataning alungguh | awit saking sang rajaniti | mulane ana tata | titine sang prabu | wong tan wruh ing subasita | lêgog-lêgog tan wikan ing tatakrami | mudha pugung[1] arannya ||

5. têgêse mudha wong tanpa budi | têgêse punggung ina budinya | dèrèng wruh sad rasa lire | sad nênêm têgêsipun | rasa ingkang karasa saking | iya pucuking ilat | punika liripun | amla kayasa lawana | kathuka tikta [ti...]

--- 3 ---

[...kta] madura mêkasi |[2] jangkêp rasanên lirnya ||

6. amla asêm ing têgêsirèki | lawana asin ing têgêsira | kayasa sêpêt têgêse | kathuka têgêsipun | pêdhês tikta têgêse pait | dene basa madura | lêgi têgêsipun | sêdhah pucangan tambula | suruh jambe ênjêt widya iku rai | sêpi samun têgêsnya ||

7. wong tanpa nginang kalane sami | lêlungguhan anèng pasamuan | pucat rai lambe putèh | ingkang mangkono iku | lamun ana rêrasan tulis | sastra kang winicara | mênêng lêngur-lêngur | arsa milua micara | nora bisa lir wong tapa bisu dadi | mênêng jomblong kewala ||

8. kang mangkana iku upamaning | mukane kadi lawanging guwa | wisa kang

--- 4 ---

cinatur mangke | wisaning sêmadiku | yèn carobo tindak tan apik | wisane wong amangan | yèn tan gêlis lêbur | dene wisaning agêsang | tanpa arta saujare tanpa dadi | karêpe tan katêkan ||

9. wisaning èstri kalamun uwis | kalaraban uwan dadi wisa | iya marang ing awake | kakung tan ana ayun | angrabèni ewa ningali | sanadyan parawana | ilang kênyanipun | yèn uwis kasaban uwan | panêngêran janma di ngrêsêpkên ati- | ning wong sapalungguhan ||

10. datan kêtèn sabarang dènnya ngling | tansah anduga-duga ing nitya | tan pêgat jaga-jagane | datan ana wong rêngu | dadya samya mrih sujanèki | amêmungu ing manah | kapurunanipun [kapurunani...]

--- 5 ---

[...pun] | tan angamungakên ing prang | lyaning karya sumêngkut karya gêng alit | yèku ran janmotama ||

11. sayogyane ing wong priya sami | yèn alênggah kalawan wanita | garwa tanapi sêlire | ngrasanana raras rum | ing paprêman miwah yèn angling | dipun amanohara | dèn alus ing têmbung | tingalna sumèhing nitya | nirna rêngu amrih alunturing kang sih | yèn lênggah lan pandhita ||

12. atakona patitising pati | lawan têrusna ing kawruhira | sampurnaning panêmbahe | yèn ing prang kang winuwus | ing kasuran digdayan amrih | mantêp wanining rowang | sarpa galakipun | kalawan mandining wisa | japamăntra kang anawa wisa mandi | nutut galaking ula ||

13. lawan [lawa...]

--- 6 ---

[...n] galaking macan pan sami | kang anututakên lawan măntra | dipăngga samêtanane | pan tutut dening angkus | kang tan mari dening măntrèki | kasêrênge wong aprang | mari-mari yèn wus | kawênang salah satunggal | parandene yèn uwis patin-pinatin | aja uga pêpeka ||

14. mring boyongan sakarining pati | iku tan wun murina kang manah | jêroning banyu wêruhe | jabudên gagang tunjung | yêkti uning jêroning warih | sapira têlêsira | iku lêbêtipun | yèn panêngraning manungsa | kang abêcik awasna pratingkahnèki | tapsilaning pangucap ||

15. tata lungguhe ruruh yèn angling | sarèhing nitya sêmu jêtmika | anastiti pamangane | amrih santosa mulus [mu...]

--- 7 ---

[...lus] | alus ririh kalamun angling | cêtha tata arata | adhapur ajujur | lan pamote ing sasama | pan ta iku ya cihnane wong abêcik | yèku jatining kula ||

16. kadi ta ingkang dipun wastani | pandhita sastra gênyang têgêsnya | tan angandhêg patakone | marang kang takon iku | kasusastran dipun ladèni | pinrih ecanirèng tyas | lawan wacana lus | anrangakên kapêtêngan | wruh surasa ing sastra kang dèn arani | pandhita sastra gênyang ||

17. ana wong sugih rêtna mas picis | têka manganggo datanpa rupa | tanpa rasa pamangane | awèh pandhita lumuh | datan asih ing pêkir miskin | kang mangkana kang mindha | khewan isthanipun | tanpa budi tanpa nalar [na...]

--- 8 ---

[...lar] | panyanane ing dunya tan ana pati | milanira mangkana ||

18. ana wong limpad wruh kramaniti | têka alaku karyèng durjana | tanpa gawe kabisane | padha lan kang nora wruh | yèn ta janma wus kaki-kaki | ngumuripun adawa | malah kongsi pikun | tan arsa ing kabêcikan | sastra krama kasudarman tan ngrasani | tan arsa puruhita ||

19. yèku wong lali jênênging urip | isthane padha kalawan khewan | iya ing kauripane | yèn ing buron wana gung | kang awatak cêndhala nênggih | tan na kaya gadarba | cêndhala ping têlu | manungsa ingkang atinggal | kabêcikan tan angarah pangastuti | ri dur mitra cêndhala ||

20. lire wong watak anguciwani | maring sanak pawongmitranira [pawong...]

--- 9 ---

[...mitranira] | iku kang angasorake | ing cêndhala ping têlu | liring buyung lukak kang isi | watêke kocak-kocak | kang kêbêk sinipun | watêke mênêng kewala | yèn ing sapi wadon agêng swaranèki | abêcik ingkang puhan ||

21. yèn manungsa kang tinitah miskin | yêkti akèh solahbawanira | mrih pakolihing pangane | mangkana malihipun | manungsa kang tan arjèng budi | akèh-akèh bawanya | tata tan rahayu | wong tan anut jaring sastra | tanpa marta singlar saking kramaniti | saujare asugal ||

22. wo[3] apawong sanak aja kadi | singa lan alas marma mangkana | rusak karone dadine | singa lan alas iku | lawas-lawas abèncèng pikir |

--- 10 ---

bosên apawong sanak | bêbangkèlan kayun | sang singa pangucapira | alas iki yèn ta aja ana mami | ginêmpur ing manungsa ||

23. têka ngrêsula kanggonan mami | măngka sang alas pangucapira | lah iya sang macan kiye | yèn aja ana ingsun | kang ngalingi yêkti kaèksi | dening manungsa kathah | pasthi aglis lêbur | lampus dèn rampog manungsa | duk sang singa atinggal wana angungsi | sadalêming jêjurang ||

24. dènnya ngungsi ing jurang asêpi | kauningan ing para manungsa | rinujag têmah patine | sawusing alas suwung | tinilar ing sima wus mati | tinor ing janma kathah | kêkayone gêmpur | padhang têmah ara-ara | iku lire ala ingalanan sami | wong mitra bêbangkèlan [bêbang...]

--- 11 ---

[...kèlan] ||

25. mapan jênênging urip puniki | aja ta nora arsa darbea | sraya puniku têgêse | pawong sanak satuhu | ana uga tinelad kadi | kalanira sang naga | lumayu binuru | dening sang pêksi garudha | duk kapanggih Bathara Sramba mangkya ngling | hèh naga mulanira ||

26. sira lumayu kapati-pati | ana apa sang naga turira | pukulun amba wiyose | binujung garudha gung | kêdah măngsa mring kula ajrih | dhatêng pêksi garudha | amba nyuwun tulung | pukulul[4] angsung agêsang | Sramba angling lah iya ingsun tulungi | mulêta guluningwang ||

27. ya ta sang naga kumalung aglis | mring jangganira Bathara Sramba | dadya sawit batharane | sang garudha gya rawuh | myat ing naga mangkya [mang...]

--- 12 ---

[...kya] wus dadi | sawit ing badan Sramba | langkung ajrihipun | arsa mêndhak ana naga | lunga tanpa sêmbah ila-ila dadi | saking luhur sêmbahnya ||

28. prayogane para siwi-siwi | sapolah tingkah padha tirua | ya marang wong atuwane | dèn kadi ta sang bulus | yèn angêndhog pinêndhêm nuli | tininggal salaminya | dupi nêtêsipun | nora pisan tinilikan | parandene sapolah tingkahing bukti | ya kaya wong tuwanya ||

29. ika ta dera tirua katri | anaking manuk anaking iwak | anaking bulus katrine | kadadiyane tiru | wong tuwane jalu myang èstri | barang pakaryanira | pêpangananipun | wêwatêke datan owah | iya kaya wong tuwane

--- 13 ---

angêblêgi | datan amawi warah ||

30. tan mangkana yèn anaking janmi | alit mila rinêksa winulang | ing kramaniti prandene | arang kang bisa anut | ing wuruke wong tuwanèki | ana anak durjana | têka dadi kaum | pandhita anak dursila | pandhitèku aja sah ing pangabêkti | dèn bakuh marang tapa ||

31. palaning awèh mulyaning nagri | kang wong anut sawêrdining sastra | watake kukuh budine | ingkang maring rahayu | adoh saking cêndhala budi | marang isining praja | kalamun wong agung | arta busana kêncana | sandhang pangan dinanakna bala dadi | kèdhêp parentahira ||

32. yèn ta bala samya sih ing gusti | têtêp kukuh ing kaprajanira | pawèstri alaki lire |

--- 14 ---

darbea anak kakung | kang prawira budi tur wani | yèn ing panganggo ingkang | linuwihkên kampuh | dening kang para sujana | yèn ing pangan puhan linuwihkên dening | para pandhita sabrang ||

33. mungguh sujana ingkang pinilih | sarining basa mungguh brahmana | menyak sapi kang pinilèh | mantega têgêsipun | milanira brahmana nampik | dahat tan arsa mangan | mring daging sapiku | brahmana duk alit mila | wus dinulang mantega daginging sapi | inganggêp kadi biyang ||

34. mungguhing èstri ingkang pinilih | dening wong priya wanodya ingkang | agêmuh payudarane | dadi sukaning kakung | yèn ing sastra kang dèn kukuhi | wêrdine sang pandhita | karana sang wiku | tansah dènnya anggêgulang | wêrdining kang sastra kang dipun [di...]

--- 15 ---

[...pun] gugoni | ya pituduhing sastra ||

35. dening arta ardana winarni | utamane awit saking iya | guna kayanira dhewe | nistha kang saking biyung | madya ingkang saking bapèki | dening nisthaning nistha | saking nak rabiku | utamane kang utama | dunya saking jarahan mênang ing jurit | saking ambêdhah praja ||

36. angadoni jayaning ajurit | angulaha sandining upaya | kang patang prakara dene | kang linuwihkên iku | saking patang prakara sandi | upaya pan pariksa | apura puniku | sanadyan silih pêpeka | srananira tan dadi antêping jurit | yèn ora nana dana ||

37. yèn ing mêmungsuhan kang sayêkti | kênakêna ing catur upaya | aja dèn tinggal salire | lamun wus [wu...]

--- 16 ---

[...s] kênèng catur | upayèki mungsuhira jrih | yêkti kasor ing laga | kèngsêr yudanipun | katona ajrih ing lawan | nanging aja kawruhan balane wêdi | yèku ulahing aprang ||

38. pacawising mangun jayèng jurit | anangèkna kasuraning bala | galaka marang mungsuhe | aja anantang mungsuh | iku dadi mêmanas ati | gawe yitnaning lawan | mêmungsuhan iku | nganggoa watak dahana | tan sabawa yèn anêmpuh anggêsêngi | yèn uwong pasanakan ||

39. kang linuwihakên mitra dening | paran-pinaran panêmbramanya | gumati anrus lilane | bangêtking[5] satru iku | nora kaya rêgêding budi | dadi satruning gêsang | ing kasêktèn iku | kasêktène wong sajagad | ora

--- 17 ---

nana kasêktène kang ngluwihi | kasêktèning jawata ||

40. dening paksi kang kinarya luwih | paksi beo bisa amicara | lawan abêcik warnane | yèn èstri kang warna yu | kang kapa tibrata ing laki | dudu wong suduk jiwa | yèn lakine lampus | kapati brata lirira | praptèng pêjah pawèstri tan arsa laki | sasat milu palastra ||

41. wong ngukuhi saujaring tulis | iku kukuh kalamun angucap | tur aluhur ing kulane | milane mangkonèku | isining rat kabèh pinanggih | sawêwêlinging sastra | nging rungsit kalangkung | lir wong ngèdhêpakên gajah | ingkang maksih nèng alas kang bala mrêgil | ing pinggiring jêjurang ||

42. yèn wong arsa putus ing sastrèki | nora kaya [ka...]

--- 18 ---

[...ya] anggurua sastra | iku kang linuwihake | ngèsthi wulanging guru | datan pêgat angeling-eling | yèn mungguhing pandhita | linuwihkên namung | pangabêkti mring Hyang Suksma | yèn wong anom kang mukti eman mubadir | yèn ora bisa maca ||

43. nadyan bagusa warna apêkik | sugih arta wasis ing gamêlan | nanging asêpi cahyane | ing pasamuan kusut | bawaning wong tan wruh ing tulis | ya upamane sêkar | kaya kêmbang têpus | abange datanpa gănda | yèn manungsa panêngêraning wong bêcik | tapsilaning wacana ||

44. lamun alêp ing sêmu rêspati | tata basane puniku nyata | wong bêcik panêngêrane | yèn ana wong angaku | manggung pista ing sabên ari |

--- 19 ---

ing panêngêranira | yèn awake kuru | goroh pangucape umbag | pawong sanak panêngêrane yèn asih | gumatine nêmbrama ||

45. yèn ing panêngraning pandhita di | pangabêkti pangastutinira | mat si kalabang têgêse | wisane nèng dhasipun | mêrcikaraning kalajêngking | ênggone wisanira | anèng buntutipun | sarpa anèng untunira | wong durjana wisane iya mêpêki | sasêranduning badan ||

46. catur wisa ingkang amêpêki | mung wisaning manungsa durjana | angèl ing bêbuwangane | dening wor budinipun | sêktining kang rare yèn maksih | pêpak kang bapa biyang | kulawangsanipun | yèn nangis padha rumagang | sasanake milu padha ngarih-arih | angrêksa medanira [me...]

--- 20 ---

[...danira] ||

47. kuwasane iwak nèng jro warih | yèna jro jêmbar wêning kang toya | iwak kang dadi sukane | dene sukaning manuk | wêwêk êlarira tan rêmpit | panjawat karo kuwat | lêpas ibêripun | mungguh ratu yèn apêpak | bala yodha santana lawan akardi | mantri manggala papat ||

48. yèku singgih sidaning narpati | têgêse dibya luhur kawruhnya | dene wong utama kuwe | aja tiru wêwolu | yèn tirua kang wolu dadi | anglarani sarira | kang ora tiniru | srênggala kintêl lan ula | bunglon têkèk lalêr ulêr kang tinampik | cêcurut wolunira ||

49. aja maido pandhita sêkti | dumadak lara lapa pinanggya | lan aja maido [mai...]

--- 21 ---

[...do] manèh | wêwêlinging sastrèku | lara lapa agêng pinanggih | utama maidoa | sawulanging guru | parêk pati upamanya | wangsapatra = panjang putra kang binanting | watu pêcah tan purna ||

50. têgal tanpa dukut tinilar ing | pasutaman tan kalawat têgal | lamun tan ana sukête | puwara samun suwung | datan ana buron kang prapti | tan ana kang pinangan | kang bangawan agung | nanging toyanipun asat | apuwara tan sinaba dening paksi | kang padha sabèng rawa ||

51. kaya pandhita lamun ngoncati | pangabêkti ing dina raharja | nir saking pangabêktine | adoh lan dewa agung | cilakane kang marêpêki | upamane narendra | panjênênganipun | nir pariksa lan apura |

--- 22 ---

paramarta puwara prajane sêpi | tinilar dening bala ||

52. wêkasing gêsang amanggih pati | anak rabi arta lan kêncana | tan ana ginawakake | ing kasugihanipun | wus pinêtak tinilar mulih | mring sanak wong atuwa | anak rabinipun | kaya milua palastra | ambelani prihatin kalawan tangis | iya amung sadhela ||

53. kang acawis-cawis ing kapatin | barang panggawe satingkah polah | kang bêcik ingkang pinilèh | nuntun marga rahayu | yèn panggawe ala pinanggih | ngiring marang cilaka | naraka tinêmu | kalingane ing agêsang | anglêkasna ing budi barang kayèki | mrih adarma lan dana ||

54. têgêse lamun tinitah sugih | donya iku kinarya angrêksa [a...]

--- 23 ---

[...ngrêksa] | karahayon ing samangke | ing kaping kalihipun | angrahayokakên ing urip | anom wêkasan tuwa | tuwa wêkasipun | tuwa awêkasan pêjah | kasugihan pan ora ginawa mati | tan milu kaelangan ||

55. wong tumuwuh yèn bagus kang warni | dadi busana ing pasamuan | miwah wong bêcik kulane | abagus warnanipun | iku dadi busanèng nagri | pinilih ing sang nata | wong susastra mungguh | lungguhe alêp sêmunya | tan katiwang dene para sujana di | ana ing pasamuan ||

56. kalawan wong wus limpad wêrdining | sastra iku ngrêsêpakên manah | ing raja glis pandangune | papat kang dipun dangu | dhingin trape ing linggih kaping | kalih kagunanira [ka...]

--- 24 ---

[...gunanira] | ingkang kaping têlu | pagaweyane kaping pat | kuwanène pamriksaning kêncana di | iya kaping sakawan ||

57. dhingin dinakar kang kaping kalih | pinalu kaping tiga binakar | lan gêni pamariksane | dene kaping patipun | pan tinugêl gèning ngyêktèni | yèn mungguhing narendra | sandining sang prabu | inggih ing patang prakara | êndi lire kang dhingin cinobèng èstri | kaping kalihing arta ||

58. kaping tiga kawignyaning kardi | dene ingkang kaping pat kasuran | iku kang cinobakake | ing arta anglês surud | yèn ing èstri sring ngucirani | ing karya tanpa dadya | ing kasuran murud | sêpi ing papat pariksa | tan sayogya tinunggalêna alinggih | satata

--- 25 ---

pra sujana ||

59. nanging yèn trahing sujana dhingin | anaking wong wruh wêrdining sastra | sayogya sinabarake | tinatrapan karuhun | dhêndha wada kang kaping kalih | tinrapan dhêndha arta | wada kaping têlu | dhêndha lara sawatara | yèn kaping pat tinatrapan dhêndha pati | papat ring wêwilangan ||

60. suka lan duka lirnya duk lagi | sih-sinihan wong utang lan potang | kakang yayi wêkasane | lir srênggala lan wêdhus | kang autang lamun tinagih | mung anaur sêmaya | kang potang arêngu | têmah padha cêcêngilan | padha pisuh-pinisuh puniku dadi | pisahing pasanakan ||

61. wong kang suka-suka sabên ari | iku agêlis anêmu duka | nora wèt suka-sukane | dene [de...]

--- 26 ---

[...ne] wong èstri iku | sukanipun kalamun lagi | sinanggama ing priya | nuli duka lamun | anak-anak tan alama | suka malih ngarsa-arsa sihing laki | angulah sinomira ||

2. Sinom

1. dene têgêse Ngamarta | sakèhing kang makenaki | ing awak kalamun marta | wor wisa yogya pinilih | alapên martanèki | glis binuwang wisanipun | upamane kêncana | amor tinja mas ingambil | glis kinumbah tinjane ingkang binuwang ||

2. mangkana ingkang kawignyan | ing pangawruh saupami | wijiling wong sudra wisa | têka pilalanên ugi | tan cacad amrih budi | kalamun sabda rahayu | nuntun marga utama | nadyan wijiling wong cêdhis | yogya tutên saujare [sa...]

--- 27 ---

[...ujare] kang raharja ||

3. makatên malih wanita | kalamun ayu kang warni | nadyan anaking wong papa | pilihên iku prayogi | kang abot jagad iki | mung arta kalanira duk | lagi dagang alayar | lawan nastapa prihatin | pira-pira kurang turu amrih arta ||

4. yèn wis prapta kang sinêdya | arta kèh dadi wong sugih | saya wuwuh susahing tyas | dèn ayam-ayam ing maling | kalakon pinèt maling | sangsaya duhkitèng kalbu | masakat kasarakat | tinilar ing arta sêdhih | milanipun sang pandhita tilar donya ||

5. dene dadi laraning tyas | wuwuh ngrêrêgêdi budi | prayogane sugih arta | tulungêna pêkir mêskin | pangrêksaning donyèki |

--- 28 ---

kang dadi pikukuhipun | dêdanaa pandhita | donyèku lir toya mili | kang binêndung lamun binêthêng kang toya ||

6. ilèn-ilèn tan sinungan | têmah bêdhah gênging warih | bêdhol têlanjêring tambak | bubar kentir tan na kari | punika kang upami | arta tan na dananipun | wong kumêt ing pandhita | lan kumêt ing pêkir miskin | yêkti olèh dêdukanirèng Hyang Suksma ||

7. amanggih papa cintraka | ing dêlahan tan basuki | yèn ing dewa datan ana | kaya Hyang Guru ngadhêmi | kalawan amadhangi | luwih padhanging sitèngsu | parandene kuciwa | adhême bathara ari | luwih adhêm wicarane sang pandhita ||

8. tan ana angluwihana | iya panasing kang agni | luwih panasing [pa...]

--- 29 ---

[...nasing] baskara | sakèhing pêpanas ugi | kasor dening panasing | manah durjana kang dulu | ing arta ingkang kathah | kalangkung panasing ati | nora mari yèn durung kêna cinidra ||

9. mangkana lalêr kawasa | mibêr pantêsira amrih | kang wangi-wangi kewala | têka kudu angulati | tatu kalawan kudhis | kasilibira kalangkung | yèn paksi bango buthak | bisa mibêr angluwihi | ing sakèhing manuk lir sundhul ngawiyat ||

10. layakane amintaa | kaluwihaning dewadi | bisaa mring swarga loka | têka pijêr milang-miling | bêbathang dèn ulati | mangkanambêk durjanèku | sapênêdaning manah | durjana tan wande kardi | duhkitaning manahe wong sugih arta ||

11. mangkana ta sang

--- 30 ---

pandhita | saking têmbene udani | kang tinaki-taki sabda | rahayu kang dèn karêmi | wulan lintang kinardi | damare kalaning dalu | srêngenge ing raina | kang dadi damaring bumi | ing sajagad padhang kênyaring raditya ||

12. kang minăngka damaring tyas | manungsa sajagad iki | tan liyan wêrdining sastra | kang nuduhakên ing bêcik | têgêse suputrèki | anak lanang ingkang sinung | limpad wêrdining sastra | tur sadu guna madhangi | kulawarga yayah renane sadaya ||

13. winuruk ing sastra darma | yaiku kang dèn arani | suputra puniku nyata | wèh arjaning yayah bibi | anaking pandhitèki | kalamun padha katungkul | mring manah suka-suka | wêkasane nora dadi | kautaman tan mirib [miri...]

--- 31 ---

[...b] wong tuwanira ||

14. sutaning para sujana | iya lamun ora sami | lan wong tuwane sayogya | tininggala ing pawèstri | ingkang padha nglêluri | lakuning bapa tinêmu | kasusilan angulah | kabêcikan sastra widi | wanita kèh lulut asih ing sujana ||

15. wong anak-anak cêndhala | lir alas tuwa upami | kêkayon aking angarang | anggêrit têmahan agni | dadya alas kabêsmi | apuwara dadi awu | liring para sujana | dèn padha amindi siwi | aja kongsi sujana wêka dursila ||

16. aja sanggup wani sira | ing ngarsane narapati | yèn sira durung prawira | saulah jayaning jurit | lamun ta sira uwis | ngasorkên prajurit satus | kawênang ing palagan |

--- 32 ---

yèn uwis mangkono yêkti | tan ngapaa sira asanggupa sura ||

17. aja ge ngaku pandhita | nèng ngarsane sang siniwi | nadyan sira aputusa | sakèh wêwadining tulis | kalamun durung ugi | ngasorkên pandhita sèwu | nadyan ana sèwua | pandhita kang bakit-bakit | iku padha kasor dening widayaka ||

18. wong angaku sarwa bisa | miwah sanggup barang kardi | punika dèrèng sayogya | lakuning sujana yêkti | puniku dèn singkiri | lamun ngêgungêna sanggup | mênawa tan tulusa | sanggupe puniku dadi | datan kandêl marang sang utamèng praja ||

19. ujaring Kawi mangkana | ing benjang kalamun prapti | ya ing jaman kaliyoga | tan angluwihi wong sugih | tan ana ala bêcik [bê...]

--- 33 ---

[...cik] | sujana myang para wiku | wong guna lan pandhita | ilang kasantosannèki | padha anoraga mring wong daniswara ||

20. têgêsipun daniswara | wong apapa dadi sugih | duk ing jaman kaliyoga | dumadak wong iku sami | akèh wisayèng budi | wiku nir santosanipun | raja tan ajrih salah | malah nir luhuring aji | punggawane tan ajrih padha amapan ||

21. anak padha ngala-ala | ing bapa tan ana ajrih | pandhita kasiya-siya | kalingan angkara budi | lan murka anasabi | drêngki dir gumunggung agung | yèn prapta kaliyoga | tan ana kang angluwihi | santosane saking wong kang sugih arta ||

22. pituhunên sabda raja | mulyakna pangandika ji | yèn akarya [a...]

--- 34 ---

[...karya] pasarean | kulon ulon-ulonnèki | panjang tuwuhing urip | yèn angalor ulonipun | tansah katêkan arta | sayogya ujure ngalih | yèn angetan kapatèn sih mitranira ||

23. mamriha ingkang prayoga | ujar-ujuring aguling | ulon-ulon lor prayoga | adoh sangsayaning budi | kalamun wong aguling | ulon-ulon ana kidul | dumadak pati rupak | rina panas ing hyang rawi | yèn ing sore măngka paniram agama ||

24. pratingkahing anak-anak | sêdhêng umur gangsal warsi | pindhanên suwitèng raja | tingkah ngawulani siwi | yèn umuripun prapti | iya ing sapuluh taun | kaya nitih kawula | pinindi [pi...]

--- 35 ---

[...nindi] panggawe bêcik | rêrêngunên pinrih wêruh ing aksara ||

25. yèn umur nêm bêlas warsa | pindhanên pawong sanak sih | taha-tahanên micara | dene ta wus andosani | pidanèng cipta liring | pêcutên kalawan sêmu | yèn anak wus sêsuta | wruh nèng cipta sasmitèki | lah wangwangên pratingkah arja lan ala ||

26. aja nut budining sudra | têmah winiwasèng swami | aja nut èstri budinya | dèn erang-erang sasami | lan aja anduluri | karêping wadon tan wurung | sira amanggih papa | sisipa tumêkèng pati | nadyan patut ing budi sinabarêna ||

27. angên-angênên sabarna | saking karsanta pribadi | iki wartane sang krama | lăngka budining pawèstri | lurusa [luru...]

--- 36 ---

[...sa] manah èstri | mênawa ta ana tunjung | tumuwuh anèng sela | lawan gagak ulês putih | iku ana wong wadon rahayu ing tyas ||

28. kalingane pra sujana | prayitna mêngku pawèstri | ujare kang sampun wikan | kapara wolu janmèstri | kabisaning sakalir | graita wiwekanipun | para woluning lanang | lingira Dèwi Drupadi | ora nana wong wadon warêg ing lanang ||

29. sing sapa arsa kapanggya | kaluwihaning aurip | lêkasna guru wulangya | ing awak kang amuroni | iya gangsal prakawis | punika kaananipun | anom bagus kang warna | tur sugih bangkit ing kardi | kaping gangsal mungguh kulane pasaja ||

30. wêkasan ana cinacad | dene dhêmên nginum [nginu...]

--- 37 ---

[...m] awis | wêkasan amanggih papa | wuru dawa tan wruh ngisin | atêmah asor dening | wong akèh padha gumuyu | aja mada wong cacad | gêlaring jagad puniki | datan ana ingkang tan amawi cacad ||

31. Hyang Guru amawi cacad | irêng jangganipun langking | Hyang Wisnu amawi cacad | angon banthèng cacadnèki | Hyang Endra iku dening | cacad kathah netranipun | sakèhe gêgêlitan | kasandhangan netra sami | pan akathah cacade Bathara Endra ||

32. mangkana kalamun ana | angawruhi dina bêcik | lawan dina ingkang ala | karone dipun kawruhi | luwih saking prayogi | sayogyane kang puniku | pinaringana dana | dening sang utamèng nagri | saking sabda

--- 38 ---

mulane manggih kamulyan ||

33. mulane wong manggih papa | kurang sandhang lawan bukti | iya sêpi sabda uga | dening sêpining rêrai | tanpa nginang dumadi | muka tan na tejanipun | sêpi ingkang têtiga | kasor dening sêpi siji | luwih sêpi manungsa tan darbe arta ||

34. titi têlasing carita | kagungan jêng sri bupati | kang Sêrat Panitisastra | sung jarwa kang kinèn nulis | mrih gampila kang myarsi | sastra wiguna kang apus | abdi carik lêlurah | ngêmban timbalan narpati | pan kinarya mudhari tyas ingkang mudha ||

 


punggung. (kembali)
Kurang satu suku kata: kathu katikta Madura amêkasi. (kembali)
wong. (kembali)
pukulun. (kembali)
bangêting. (kembali)