Susila Sanggama, Căndrapradata, 1923, #1343

JudulCitra
Terakhir diubah: 26-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie S. No... Harga f...

SOESILO SANGGOMO

Sêrat Susila Sanggama

(Prêlu sangêt kawaos dening para priya)

Anggêlarakên piwulang tuwin pitêdah warni-warni ing bab sanggama sapiturutipun, ingkang prayogi dadosanipun, miturut dhawuh pangandikanipun Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad, (S.A.W.)

(Cap-capan ingkang kaping kalih).

Karanganipun R. Ng.Căndrapradata, inggih R. Ng. Căndrasuwignya, ing Surakarta.

__________

Kawêdalakên sarta kasade dening toko buku S.M. Diwarna, ing Kuthagêdhe-Ngayogyakarta.

10-8-1923

BOEKHANDEL-S.M. DIWARNO KOTAGEDE & DJOKJAKARTA.

--- I ---

Ing ngandhap punika pratelan raringkêsan isinipun buku punika.

BabKacaRaringkêsaning saraosingbuku
11.2.3.4.Nyariyosakênbêbuka
25Nyariyosakênnamatêgêsing sanggama.
36.7.8.9.10.Nyariyosakên purwaningpangandikanipun Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad, sartawangsulanipunSayidinaNgali
411.Nyariyosakênwêwarahipunsanggama
512.Nyariyosakênpatrapipun sanggama
613.14.15.16.17.18.19.20Nyariyosakên katrunganasmaragama I. ngantosdumugi VIII
721Cariyoswêlinganipun para sêpuh kina, angêjogitoyasatwamanimaya.

--- II ---

BabKacaRaringkêsaning saraosingbuku
822.23.24Cariyosbadheangyêktosisatunggalingwanudyatuwindunungipun.
925.26Cariyosnamanipunajiasmaragama, 5 bab.
1027.28.29.Cariyosanyumêrêpiwarniningpawèstritambahkatrangan, patrapsahanyumêrêpiwêdalingasmaragamasartakakulitanipun.
1130.Cariyosparinciningaksaratumrapwanita.
1231.32.33.34. 35.36.37.38. 39.40.41.42.43. 44.45Cariyosbabpangêrèhipunsanggamaingkangrubeda, utawiingkangtanpasangsaya, sasaminipun, sartagotèkingwanitapalanyahan.

--- III ---

BabKacaRaringkêsaning saraosingbuku
1346.NyariyosakêndhawuhingPangeran, sahalêlêtpulêting asmaragama.
1447.48.49Nyariyosakên dalilingkangkaping 4 ingayatkaping 3.
1550.Nyariyosakênpalandhungansahapringsilan.
1651.Nyariyosakênmani, madi, yiyit.
1752.53.54.55.Nyariyosakên nutfahsahasadwamanimaya
1856.57.Nyariyosakênpèhsahapurus
1958.Nyariyosakêntiyangkarêm asmaragama
2059.60.Nyariyosakên madi, wadi, sahanyariyosakênalampêpitu.
2161.62. 63. 64.65.66.Nyariyosakênbabwijisahasumurupipun.

--- IV ---

BabKacaRaringkêsaning saraosing buku
2267.68.69.70.71Nyariyosakên babdumadosingwiji.
2372.73Nyariyosakêndzakar, utawikalam.
2474.75.76. 77.78.79.Nyariyosakênparji (baga), sapirantosipun
2580.81.82.83Nyariyosakên pranakansahatrompèt.
2684.Nyariyosakênsopana antiga.
26[1]85.86.Nyariyosakên uritanipunmanungsa.
2887.88NyariyosakênwêlinganipuntuwanSayidNgusmanBasah.

--- 1 ---

Bab 1. Bêbuka

Kula nuwun, kula angaturi uninga sadaya para priyayi ingkang sami maos, sawêg anêmbe sapisan punika kula kumapurun cumanthaka anurun piwulang asmaragama, awit saking kula manah parlu sangêt ingatasing agêsang, anyumêrêpi tata kramanipun sacumbana.

Amila ingkang makatên wau saking kumêdah kula badhe anglêkasi anggayuh lampah kautaman, sasagêd-sagêd saha sagadug kula lajêng sarana anêmpuh byat anggaledhahi rumataning tatilaranipun bapa kula, ugi kalêksanan angsal cathêtan saha templekan warni-warni, utawi gradhul-gradhul lajêng kula kalêmpakakên kula turun, saka candhakipun prasasat botên katata, amung lowung kaangge piwulang para taruna ingkang dèrèng nambut silaning akrami, ingkang sami marsudi dhumatêng saulah kridhaning sanggama.

Awit manawi linampahan punapa sapratikêlipun ing buku punika, mbokmanawi badhe kenging kaajêng-ajêng sagêdipun dados wêwinihing kang murni, ing salajênging dadosipun putra badhe linangkung sasamining tumitah, mênggahing wujud saha wêwatêkanipun.

--- 2 ---

Sawêga tatakramaning sanggama punika muhung dhapur sapala, ananging saking sruning èsthi kula, mbokmanawi badhe sagêd narik lêganing panggalihipun para among asmaragama.

Amargi saking gaduging pamanggih kula, sanadyan bab cumbana wau, kenging kawastanan mèh sabên priyantun kakung tamtu sampun pirsa saha sagêd anindakakên saparlunipun, tur tanpa mawi piwulang, kalêbêt mèh kenging kawastanan kodrat, ewadene têka wontên bedanipun, patrap ingkang sampun sami linampahan katindakakên, akalihan cariyosing buku, ingkang kawastanan (Susila Sanggama) punika.

Jalaran ingatasipun kita ngagêsang punika, saking kula manah-manah parlu sangêt anyumêrêpi sadaya iradating tatakrami ingkang mêsthi linampahan, utawi karsanipun ingkang kagungan anggit ugi kasêdyakakên mutabaripun ing ngakathah, kados para maos sampun tamtu pirsa saha botên kakirangan ing pamanggih.

Mbotên langkung manawi wontên gangsuling pangikêtipun sastra ukara, sarèhipun taksih kathah sangêt kakiranganipun ing sasêrêpan kula, mugi wontêna rumêntahing sih panggalih pamêngku, utawi anglarung ing samodraning pangapuntên, amin, amin.

--- 3 ---

Wondene piwulang asmaragama wau asli kêkaranganing panjênênganipun walisanga, kala sabibaring jumênêngipun karaton Dêmak, amarêngi taun 1445 amêthik sangking gubahanipun Sèh Jafar Sidik, ing tanah Arab, akalihan kapêthikakên sangking aji asamaragama, inggih ingkang kawastanan aji ginêng, asmara cipta, asmara turida, amung kapêthik tatakramaning ênêng êningingipun, ingkang kalampah kala jaman purwa minggah dumugi jaman Adzam, sadèrèngipun dhahar wohing kuldi, lajêng kacampur saha dumunung dados dhapur tatakramaning sanggama punika.

Awit saking panggalihing para panjênênganipun (walisanga wau), makatên gotèkipun. Manawi aji asmaragama, inggih aji ginêng, ingkang sampun kalampah sadèrèngipun karaton Dêmak jumênêng, sawêg sagêd pikangsal ajinipun kemawon, kêdah sarana lampah rêkaos, sadèrèngipun angsal kêdah mawi lampah mêsu (puja brata), sasampunipun katrimah angsal, panganggenipun, aji ginêng punika, amung sarana kawatêg angêningakên cipta anirnakakên păncadriya, ngantos sirna kamanungsanipun, sagêd dumugi ing kaalusaning badan kalih ing têmbung sangskrit, dipun wastani (pranamaya

--- 4 ---

kusha) pranamaya kusha, utawi (Lingga sahrira) lingga sahrira, ing basa Arab, roh-robani, ing basa Walandi (Ahcrischlie haam) mbotên susah mawi sajiwa tumandang badan kasar, ing basa Sangskrit, dipun wastani (Amiamaya kusha) stola sharira sêtula sahrira, ing basa Arab, roh jasmani, ing basa Walandi (Stoflijk Lichaam) amargi kala sumantên taksih sami kalampah mêsu (puja brata) amirit sangking cariyosipun cuwilan Jitabsara, sarêng wiwit jumênêngipun karaton ing Dêmak, lajêng kenging dipun wastani jaman dyaparayoga, têgêsipun jaman kamokalan, ing ngriku para manuswa wiwit suda kasêktènipun, sami angangge badan kasar, awit anêdha wowohan thathukulaning siti, wêkasan ing alami-lami karsa saya tumangkar sami nuwuhakên akal dados sacumbananipun lan wanita sami lampah raga, dumugi jaman ingkang sami linampahan punika, ewadene kala jumênêng dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga, Ariya Mataram 2 sajumênêng dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Prabu Anyakra Kusuma (Sultan Agung), taksih sami sagêd anggayuh, saha ngagêm aji ginêng wau, awit sangking taksih karsa anglampahi [ang...]

--- 5 ---

[...lampahi] mêsu (puja brata) anyinggahi (cacêgah) rajah tamah sapanunggilanipun, miwah pangastanipun agama Islam kalêbêt kêkah lumintu ajêg, mirit cariyosipun sêrat mêthik saha Widyakirana 2, Nitimani, 3 Sêrat Subakir, sapanunggilanipun wau.

Titi wiwit kasêrat ing dintên Saptu Paing ing wuku Langkir, Yama, paningron, kerangan, satriya wibawa, amarêngi tanggal kaping 27 wulan Sawal warsa Wawu angkanipun ing warsa 1833, utawi kaping 16 Januari 1904.

Căndrapradata

46 jaar

Bab 2

Punika Sêrat Susila Sanggama, têgêsipun susila, of susela, poet zva lungguh of inggih, suselane ing kanthil manik, B.kn zva trapsila, polah tingkah, en kalakuan sae, Manieren goede manieren van su en sila, S kr Sjela sêsêp, ki van pênthil, kd zie susu II nêsêp, kn zuigen aan of ofiets zingen iets in zingen zooels de grond Water in zwigt ki zie bij susu II volg Rh ook zva nusup, zich in de struihen of het gras ver vebergon Sehuilhouden nêsêpi, en pacêcêpan, ki zie bie susu II nrêsêp, [nrê...]

--- 6 ---

[...sêp,] zich overal in zingen in drigen zooals olie ing leer sumrêsêp, kn ing dringen in de porien dringen opge zogen Worden van water of vocht slêsêp, freg van cêcêp, sumlêsêp, freg nrêsêp, enz (512) sanggama en sanggami, kn poet de bijslaap (S. kr. Sanggama vereeniging ont moeting) vrag cumbana, het Woordt ook ver klaard door sahwat, nyanggama, nyanggami, den bijslaap uitoefenen bijcen vorivu Slapen nyanggami, en vorivu be slapen meteen Vrouw gemenschaf uitoe fenen (vrag nyangkramani, (enz (580) lèrèging pikajênganipun, minăngka tata kramanipun sacumbana, saèstunipun para sutagnya tamtu gumujêng sabên maos sêrat punika, awit ragi lekoh, ananging saking èsthining manah mbokmanawi dados sarjuning panggalihipun para nimpunaning paramèng sastra, kula aturi mariksani ing saparlunipun, tata kramaning sanggama punika, lowung kagêm piwulang para putra wayah.

Malêm Jumungah tanggal kaping, sapisan Mukaram warsa Jimakir 1834

Tjondro Pradoto

46 Jaar

Bab 3

Awit saking dhawuh pangandikanipun Kangjêng Nabi Mukhamad Rasulolah nayakaningrat S.A.W. nalika amêjang

--- 7 ---

dhumatêng Sayidina Ngali, sakabat ingkang sampun dados putra mantu, inggih punika garwanipun Siti Patimah, makatên pangandikanipun.

Ngali, Ibnu Abi Tolib, sing sapa sinau ngilmu asmaragama iki, dhawuh timbalane Gusti Allah, bakal diparingi pangapura dening Gusti Kang Maha Suksci, sapira kèhe dosane wong sinau mau, upamane dosane angèmpêri tètèsing banyu udan, lan sawêdhining sagara, sarta sawilangane godhong ing dunya ngalam paramean jagad têngahan iki uga diparingi pangapura, utawa diparingi ganjaran sarupa ganjaran ingsun.

Dene yèn ana wong lanang ora gêlêm bêbinau[2] ing ngilmu asmaragama iki bakal kalêbokake sarta kaewokake anglakoni jina (bedhang), marang biyunge dhewe, ana sajroning masjid rambah kaping pitu sawêngi, sarta diewokake matèni para nabi pitung puluh èwu.

Marmane para umat ingsun lanang kabèh, padha amarlokna sinau ing ilmu sanggama iki, supaya padha antuk pangapura, sakèhing dosane, lan ganjaran nikmat munpangating sanggamane marang rabine, sarta katêkanan sêdyane kang bênêr bêcik, [bê...]

--- 8 ---

[...cik,] amarga saka angèstokake dhawuh timbalaning Gusti Allah, ingkang anartani, sarta kalêbu ambusanani palakrama krana ora bakal bisa tinêmu sakèhing gagasan panggawening kawulane, Allah, ananging bisaning tinêmu lan katêkan mau nganggo tinarik ingatasing daya panggèndènging kuwasane, Gusti Allah.

Atur wangsulanipun Sayidina Ngali Ngalaihi Wasalam, makatên.

Kula nuwun, sasampunipun kawula amirêngakên saha anyathêt tumrap ing rontal, sadaya dhawuh piwulang dalêm ingkang sampun kapangandikakakên wau sadaya, kawula kalilana munjuk anyêlani saha anêrangakên rumiyin, mugi sampun andadosakên panariking dêduka dalêm, ngilmu asmaragama ingkang sampun kawula tampèni punika wau, punapa punika ingkang nama aji asmaragama inggih ingkang kawastanan aji ginêng, punana[3] sanès = awit kala kawula taksih sinau ngaos wontên ing nagari Askandariyah, têlatah laladan nagari Mêsir, satunggal waktu bakda salat Ngasar, kawula tafakur wontên Gobatus sakhrikh, salêbêting masjit agêng Mêsir, Baetal Mukhadzas, kawula mirêng raosanipun, satunggaling [satungga...]

--- 9 ---

[...ling] Malaekat Muakhal, anyariyosakên asmaragama wau, awarni kalih, ananging anggènipun cariyos dèrèng dumugi, kawula sêlak kagusah dening juru tênggan ing masjid kapurih mêdal.

Wangsulanipun Gusti Kangjêng Nabi Mukhamat, bênêr patakonmu, pancèn iya roro asmaragama mau, 1 asmaragama kang tak paringake iki, kang siji asmaragama kang diarani ginêng iya asmara cipta, uga asmara turida, panganggone awit saka kaalusan nêring cipta (ênêng-ênêng), anirnakake saniskara păncadriya 5 awit eyangmu Kangjêng Nabi Adam kagungan asmaragama, 2 kang alus kagêm nalika sadurunge kasiku ing Gusti Allah, kang siji asmaragama ingkang tak wêcakake iki, diagêm sawuse tumitah ana jagad têngahan, ing nagara Kusniya Malebari, marêngi gone iyasa etung taun Samsiyah, karo Kamariyah, amiwiti taun 1 diarani taun Adam, amarêngi jumênêng kalipah, barêng tumêka taun srêngenge, 129 lan taun rêmbulan 133 eyangmu wiwit anyipta tanajul tarki, unggah tumuruning tumuwuh, sawuse pêputra Nabi Sis, wus diwasa asmaragama, 2 pisan padha diparingake marang putra mau, marmaning Allah Nabi Sis, mbanjur pêputra [pêpu...]

--- 10 ---

[...tra] lanang 2 patutan saka Siti Mulat, 1 Anwas, jumênêng sultan ing Kusniya Malebari, turuning marang panêngên, kang dianggo asmaragamane patrap lair tunggale kang dakparingake iki putra ăngka 2 Sayit Anwar, kang nyulayani marang agama, mbanjur dadi dewa aran Sang Hyang Nurcahya, kayangane ana pulo Jajirat Ngaliyat uga aran pulo dewa, prênah sakiduling tanah Hindhu, iya iku kang diparingi aji asmaragama (ginêng), turune Sayit Anwar marang pangiwa kabèh, yèn para nabi kang padha jumênêng rusul, kang akarsa ngagêm aji ginêng mau, mung eyangmu Kangjêng Nabi Suleman, awit nabi nganggo ngrangkêp jumênêng rusul lan nata, ana karaton Paris.

Aturipun Sayidina Ngali Ngalaihi Wasalam, sampun marêm sangêt, kawula mirêngakên dhawuh dalêm wau, paring dalêm asmaragama ingkang sampun kawula tampi, mugi kaparênga dhawuh anglajêngakên, kawula sêrati ing rontal, supados kangge piwulang wayah dalêm kakung, mbenjing manawi kawula anggadhahi gêgadhuhan anak jalêr saha sampun diwasa badhe kawula babarakên, supados munpangatipun.

Wondene katranganipun ing tatakrama patraping sanggama wau, kados ingkang tumrap wiwit bab wêwarah sapiturutipun, amung [a...]

--- 11 ---

[...mung] kula salini têmbung krama, amurih sampun ngantos ngoko saha ragi samun sawatawis.

Sinêrat tanggal kaping 20 Mukaram warsa Jimakir 1834.

Bab 4. Wêwarahipun Asmaragama.

Utamining tiyang badhe anunggil tilêm akalihan rabinipun, badhe anandukakên sarêsmi, kados pratingkahipun sêmbahyang ing dalêm batosipun, dados manah ingkang wêning, sampun ngantos kawoworan kajêng sanèsipun, sarta kêdah anyirnakakên garunêg-ênêg kogug sapanunggilanipun, utawi sadèrènging sami tilêm, sampun ngantos ngaping kalih damêl, punapadene manawi sagêd kaangkaha ingatasipun among rêsmi wau, ing dalêm 8 dintên kêrêp-kêrêpipun kaping kalih, awit amurih lêrêming napsu, sampun ngantos angămbra-ămbra saha manawi sagêd dados wiji badhe mahanani budi lan watêg, kadosdene ingkang kocap kaca 59,60,61,62,63,64,65.

Bab 5. Patrap.

Manawi badhe matrapakên sacumbana, priyantun kakung kêdah lênggah rumiyin wontên sangajênging èstrinipun, lênggahipun timpuh, sawarni lênggahipun tiyang sêmbahyang nuju maos takhiyat [takhiya...]

--- 12 ---

[...t] awal, ingkang èstri sasampuning sami lênggah timpuh ajêng-ajêngan. Lajêng katungkulakên sirahipun, sarupi kados badhe kagêcêl, pun kakung lajêng ragi mire sawatawis lênggahipun sarta lajêng anggayuh astanipun dhumatêng iga wêkasing garwanipun ingkang têngên, sarta angrangkul madyaning sariranipun garwa, asta ingkang kiwa angasta jêngkunipun èstri kabênggang sawatawis, sirahipun èstri lajêng kadhêngakakên ingkang alon, lajêng kasarèkakên, sirah kadhawahakên ing kajang sirah ugi ingkang alon, lajêng lênggahipun priyantun kakung wau ragi majêng ugi taksih timpuh, saha pucuking jêngku, pun kakung kaajêngakên kalih pisan, wontên saantawising têngahipun pupu kalihipun wanita, dados pupu sampeyaning wanita kêkalih wau, sarupi anggapit pupu jêngku kêkalihipun kakung ingkang sidhêkês ngalêmpak wau, lajêng pupuning èstri ingkang kiwa kaslonjorakên sarana katumpangakên pupuning kakung ingkang têngên, dene jêngkune èstri ingkang kiwa wau lajêng dipun jonjatakên ngadêg antawis sapandurat lajêng maos bismilah sakatamipun. Utaminipun malih maos ayat kursi sakatamipun, sarampunging lajêng sang panta purusa (Lul) katamakakên ingkang alon, manawi sang panta purusa sampun lumêbêt antawis 1/2

--- 13 ---

antawis sasampuning kudhup (kleischaanlippen), lajêng katindakakên campuhipun sarana ngagêm patrap punapa adat ingkang sampun dipun kulinani, lah ing ngriku lajêng angwontênakên sasmitaning wanita grêgêd sauting pratingkahipun wanita ingkang nêdahakên carêm marêming manah, panitikipun manawi wuluning wanita saranduning badan sakojur nyabe mangkorog, inggih punika sampun katuju carêm marêming panggalih wau.

Bab 6. Katrangan Asmaragama.

Bab Kaping I.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Katijah) makna têgêsipun ingkang dèn suda, mbokmanawi punika ingkang kawastanan awarni bongoh, ingkang kapratelakakên ing bab kaping I ing kaca 7 Sêrat Nitimani, saha prabaning ăngga ingkang pupuk, ingkang mêngku pangraos lêga, pawèstri ingkang makatên wau, kados sagêd ambuka don tuju langêning asmarayogya, panumbaking lêbêtipun sang panta purusa dhumatêng baga (vulva) sawarni anggalak sawêr ingkang wontên lêbêting lèngipun, ingkang alon-alon, sarta anganggea patrap ingkang kocap kaca 11, 12, wêwarah pratingkah ing nginggil punika.

--- 14 ---

Bab Kaping II.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Patimah) makna têgêsipun kang pêdhot, mbokmanawi punika ingkang kawastanan awarni sengoh, ingkang kocap bab kaping 2 kaca 7, ing Sêrat Nitimani, prabaning wadana ingkang pupuk, ingkang mêngku pangraos sêdhêp, èstri ingkang makatên wau manawi sagêd ambuka panggêndaming asmara tantra, manawi dipun rabasèng kakung, panumbaking lêbêtipun sang panta purusa (Lul) dhumatêng baganing èstri kados sawarni sada ngiris, saengga tiyang ngaras gandaning sêkar, amung sadèrèngipun sang panta purusa malêbêt ing kori (Graats shaanlippen) pun èstri utawi pun kakung patrap pratingkahipun sarean saha lênggahan, kadosdene ingkang kapratelakakên wiwit adêg-adêg pamungkasing wêwarah patrap pratingkahing asmaragama tumrap kaca 11 saha 12 wau, amung kaot sarenipun èstri kados sumendhe usuk, suku sidhêkus kalih pisan, kabênggang têngahipun, lajêng jêngkuning kakung majêng kalih pisan, ragi mèpèt akalihan wiruca baga, sasampuning makatên, sukunipun èstri kajunjung ingkang kiwa, kaslonjorakên katumpangakên wontên sanginggiling pupunipun kakung ingkang têngên, ragi kapiyak [ka...]

--- 15 ---

[...piyak] tuwin kaajêngakên sawatawis, sukuning èstri ingkang têngên kajunjat kaadêgakên sarana katêkuk wau, lajêng sang panta purusa kalêbêtakên dhumatêng baga (Vulva) ragi alon-alon sampun ngantos kêrêp-kêrêp.

Bab Kaping III.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Ngaisah) makna têgesipun ingkang ahli panguripan, mbokmanawi punika ingkang kawastanan awarni dlongèh ingkang kocap bab kaping 3 kaca 7 ing Sêrat Nitimani, pawèstri ingkang sêmu angêndonakên gumujêng, sêmuning wadana tuwin liringing netya, ingkang amêngkoni prabaning ambêg têmên, tuwin lêgawa, ambuka tanduk angrêsêpakên tuwin prasaja, inggih punika mbokmanawi sagêd anggêndam panduk sênêning pramana, sarta asmara juwita, manawi dipun rabasèng kakung, panumbakipun wiwit sangandhapipun pasunatan (indrêng) ingkang têngên, lajêng ragi lêrês têngahipun ing kori (Vulva), sarananipun èstri katilêmakên ragi satênga[4] lênggah, suku kalih pisan sami kaadêgakên katêkuk jêngkunipun, saha kabênggang sawatawis, kakung lênggahipun ugi kados lênggahipun tiyang maos takiyat awal, timpuh lajêng kaajêngakên jêngku kalih pisan kabênggang ngiwa [ngi...]

--- 16 ---

[...wa] nêngên, padharan kaklêmpètakên sawatawis, sang panta purusa (Lul) lajêng katamakakên dhumatêng baga (Vulva)ning èstri wau, ugi ingkang alon sampun ngantos kêrêp-kêrêp rumiyin, kados ing nginggil wau.

Bab Kaping IV.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Siti Supiyah) makna têgêsipun putri kang rêsik. Mbokmanawi punika ingkang kawastanan andêmênakakên, êndêmipun angecakakên, ingkang kocap bab kaping 4 kaca 7 ing Sêrat Nitimani, punika pawèstri ingkang pasêmoning wadana liringing netya tuwin kêdaling wicara, ingkang amêngkoni panggalih sênên tuwin parêng, ingkang ambuka tanduk sêpi angkuhing rumakêtipun, punika kawontênaning ingkang sagêd ambukani panggêndaming asmaranala, manawi dipun rabasèng kakung panumbakipun wiwit saking ngandhap ingkang iring têngên, sarta sawarni baita layar, têgêsipun sada gumuling, lajêng lumampah manêngah anjog ing rugma baga, sarananipun èstri katilêmakên, amung suku ingkang têngên jêngkunipun kaadêgakên, suku kiwa dipun junjung sawatawis lajêng kasèlèhakên, sarta kêdah mawi lèmèk kintên-kintên sakawan nyantun kandêlipun, sinjang ingkang

--- Ing...]

--- 17 ---

[...kang] ragi êmpuk, manawi sampun sang panta purusa (Lul) wontên ing lêbêt, panumbakipun ingkang ragi jêlampar, lan ingkang alon sampun kêrêp-kêrêp rumiyin, manawi toya kados yiyiting mina sampun kumocor ing ngriku kenging kasêngkakakên sawatawis.

Bab Kaping V.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Siti Salamah) makna têgêsipun wilujêng, mbokmanawi punika ingkang kawastanan sumèh, kadosdene ingkang kocap bab kaping 5 kaca 7 ing Sêrat Nitimani, pasêmoning wadana ingkang kapranan ambêk sarèh, punika kawontênanipun ingkang kasêbut sagêd ambukani panggêndaming asmaradana, manawi dipun rabasèng kakung panumbakipun saking sangandhaping pasunatan (indrêng), sarwi tiyang èstri wau katilêmakên, sarta sukunipun pawèstri kalih pisan sami katumpangakên pupunipun kakung sami nganan ngering, lajêng panumbakipun kadya sada ngiris, sampun kasêsa, ingkang alon-alon, manawi sang panta purusa (Lul) sampun campuh wontên salêbêting wiwara, saha sampun karoban ing toya kados yiyiting mina, lah ing ngriku sawêk kenging kalajêngakên pamulasaranipun.

--- 18 ---

Bab Kaping VI.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Siti Sawidah) makna têgêsipun putri kamulyan, mbokmanawi punika ingkang kawastanan manis, mirit ingkang kocap bab kaping 6, kaca 7 ing Sêrat Nitimani, sênêning guwaya tuwin kocaking tingal ingkang amêngkoni prabaning pramana wingit, inggih punika kawontênanipun ingkang sagêd ambukani panggêndaming asmarasura, (manawi dipun rabasèng kakung panumbakipun wiwit sangandhaping pasunatan (indrêng) Dekut telaar) ragi ngiwa sawarni kadosdene brêmara angingsêp sari, sarta tiyangipun èstri katilêmakên, ragi gumuling sarta kaadêgakên sukunipun ingkang kiwa, manawi sampun lajêng kalajêngakên panumbakipun, manawi sang panta purusa (Lul) sampun campuh wontên salêbeting kudhup (klin schonlippen), saha sampun kabantu wêdaling toya kados yiyit mina, ing ngriku lajêng kenging kalajêngakên pamukulipun, amung sampun ngantos kasesa kêdah sarèh, mbotên kenging kêrêp-kêrêp.

Bab Kaping VII.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Siti Maemunah) makna têgêsipun ingkang dèn brêkatakên, [brê...]

--- 19 ---

[...katakên,] mbokmanawi punika ingkang kawastanan mêrakati, mirit ingkang kocap bab kaping 7 kaca 8 ing Sêrat Nitimani, panduking tingal tuwin kêdaling wicara ingkang amêngkoni prabaning pramana wingit, inggih punika kawontênanipun ingkang kasêbut sagêd ambuka panggêndaming asmaraturida, manawi dipun rabasèng kakung panumbakipun wiwit sangandhaping pasunatan (Indrêng) (Dekut telaar.) sarana pun èstri kalênggahakên sarupi dipun gêcêl, amung ajêng-ajêngan, lajêng katilêmakên sarta kaadêgakên sukunipun èstri kalih pisan, sami katumpangakên pupunipun kakung kalih pisan ragi mèpèt, panumbakipun kadosdene tiyang angisik lêngên, supados mêdal manahipun èstri ing katrêsnanipun, sarta lampahing sang panta purusa wontên salêbêting (Labia manarra) kadosdene tiyang lumampah wontên sapinggiring jurang ingkang alon, sampun ngantos kasêsa, manawi sampun campuh kabantu toya ingkang kados yiyit mina, lah ing ngriku ragi kenging kasêrang lampahipun, sarana angrangu santêring napas, manawi sampun bantêr mêdal ing grana ingkang sasisih, lajêng kenging kawêdalakên satwa manimaya, kaangkah sêsarêngan lan wêdaling toyanipun èstri.

--- 20 ---

Bab VIII.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang anglênggahi ungal-ungalan (makam Kapsah) makna têgêsipun anak macan, mbokmanawi punika ingkang kawastanan jatmika, mirit ingkang kocap bab kaping 8 kaca 8 ing Sêrat Nitimani, ingkang amêngkoni agêng-agênging cipta, ingkang ambuka sorot sirating pramana, inggih punika kawontênanipun ingkang kasêbut sagêd ambuka panggêndaming asmaramurcita, manawi dipun rabasèng kakung panumbakipun wiwit saking nginggil pasunatan (indrêng) (Dekut telaar) sarupi angambung lisah wangi, kadumukakên rumiyin, supados mêdal manahipun èstri gadhah grêgêt, sarta tiyangipun èstri kalênggahakên, kados ingkang kapratelakakên ing bab kaping VI ing nginggil wau, manawi sampun kabantu toya kados yiyit mina, pun èstri lajêng katilêmakên, manawi sang panta purusa sampun wontên salêbêting kudhup (Niempien), sarta sampun rukêt campuhipun, lah ing ngriku lajêng kenging kalajêngakên lampahipun ngantos sarampungipun.

Tamat.

__________

Bab 7.

Punapadene wêlinganipun para sêpuh jaman kina, sarampungnging [sarampung...]

--- 21 ---

[...nging] parlu ngrabasèng èstri wau, kêdah mawi angolu kêcoh (idu) rambah kaping tiga, minăngka angêjogi toya (mani) supados awèt kiyat, utawi kaangkaha ngagêm amêng-amêngan ingkang makatên punika, sampun ngantos kêrêp-kêrêp saha lajêngan, sarta manawi sagêd kaangkaha garwa amung satunggal sampun ngantos wayuh, amargi sajatosipun satwa manimaya ingkang mêdal punika toyaning sungsum (Merg), salêbêting tosan otot sapanunggilanipun, sadaya pirantos saranduning badan, saha sarupi nanah, amila manawi kêrêp-kêrêp asring nêdhas ing lêbêt dados nama sakit ubêngan.

Awit sabên priyantun kakung karêm olah kridhaning sacumbana tanpa mawi kintên-kintên, saha kirang jampi kirang pratikêl kados pratelan punika, kajawi asring kataman sakit ubêngan wau, tamtu kagungan gêrah: 1. Maras, 2 cape, 3. Kêmêng, 4. Cêkot-cêkot, enz enz tur nyudakakên karosan, trêkadhang kêparêg gêrah napas.

Makatên malih kasumêrêpana para kakung pratingkah amêng-amêngan ingkang sagêd narik wênganing manahipun para èstri, saha badhe nyumêrêpi kagêmipun susila sanggama mau, ingatasipun badhe nyumêrêpi saha angyêktosi satunggil-tunggiling

--- 22 ---

pawèstri, kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

Bab 8.

Bab kaping I

Manawi wontên tiyang èstri ingkang dipun wastani makam Katijah, 2 makam patimah, punika warnining kulitanipun cêmêng manis, kalebêt aksara alip, sinêbut kotmani, têgêsipun băngsa rumiyin, punika panggenaning asmaragamanipun tiyang èstri, 2. Ing nginggil wau wontên ing lathi, 2, (Bovenlip) 2 wontên ing wudêl (navel) amila manawi sacumbana kêdah dipun wiwiti saking lathi, 2 kaambung rumiyin, sarta kaalapa napasipun sarana katarik saking kakung, manawi sampun lajêng kalukaran, wudêlipun ugi dipun gănda ingkang sawatawis cêlak, lajêng karangkul ing samadyanipun sawatawis katangèkakên, kalênggahakên ajêng-ajêngan, pupuning èstri ingkang têngên katumpangna pupuning kakung ingkang kiwa, lan padharaning kakung kaklêmpètakên, lajêng sang panta purusa kaajêngakên kados patrap ingkang kocap bab kaping VIII sapanginggil wau, saha kêdah mêndhêt wanci jam 2 dalu, manawi sagêt kalêrêsan patrap punika sadaya, badhe sagêd ambuka manahipun èstri, rumaos angsal tuking kanikmatan, ngantos supe dhumatêng [dhu...]

--- 23 ---

[...matêng] jiwa raganipun, kalihan ladzad, sawabipun lajêng manut miturut ing sakajêngipun kakung salaminipun.

Bab kaping 2.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang dipun wastani makam Ngaisah, 2 makam Sawidah, punika warnining kulitanipun ingkang jêne nêmu giring, utawi ngulit langsêp (ijêm pupus) pamanggèning asmaragamanipun wontên ing lambe (lathi) (Bovenlip) 2 tumraping wudêl (navel), amila manawi sacumbana ingkang sapisan kêdah mêndhêt wanci jam 12 dalu dumugi jam 7 enjing, sarta kêdah kaambung lambe (lathinipun 2) rumiyin, dumugi tênggak kala mênjing (keel) sarana katilêmakên pun èstri sumendhe usuk, wontên kajang sirah, tuwin kalèmèkana (samuti) wacucal tumrap wontên ing bokong, manawi sampun lajêng kalukaran, pun kakung lenggah timpuh wontên sangajênging parji (baga) Dekut lajêng sang panta purusa (Lul) kalêbêtakên ingkang alon, kadosdene patrap ingkang kocap kaping VII sapiturutipun, manawi sagêt kalêksanan tamtu tiyang èstri sagêd angsal sarining nikmat ladzat tanpa kasupèn salaminipun gêsang, sawab saking ngèstokakên dhawuhipun gusti kangjêng nabi nayakaningrat.

--- 24 ---

Bab kaping 3.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang dipun wastani, makam Salamah, 2 makam Supiyah, punika warni ing kulitanipun abambang awak, pamanggèning asmaragamanipun, wontên ing soca, mripat (oogen) kêkalih, manawi sacumbana kêdah mêndhêt wiwit wanci jam 6 sontên dumugi pêrak enjing (pajar) sarta kêdah kawiwitan kaambung mripatipun kalih (oogen) rumiyin, pun èstri tilêming amung sasêkecanipun, tanpa mangêrèh, manawi sampun samapta sadaya, sang panta purusa (Lul), kaajêngakên, ugi sarana ngangge patrap kadosdene pratingkah kasêbut ing bab kaping VI sapiturutipun wau, ingkang alon sarèh, sampun ngantos kasêsa, ngantos sarampungipun, punika tiyang èstri rumaos angsal sarining nikmat ladzat salaminipun, sawab saking angèstokakên dhawuh pangandikanipun gusti kangjêng nabi nayakaningrat.

Bab kaping 4.

Manawi wontên tiyang èstri ingkang dipun wastani makam Maemunah, 2. makam Kapsah, punika warni ingkang ngrongkoh, kulit abrit ragi nyênggaringan, dêdêg srêntêg pangawak dara, panggenaning asmaragamanipun wontên ing pilingan kiwa, manawi sacumbana [sacumba...]

--- 25 ---

[...na] kêdah dipun wiwiti pilinganipun kiwa kaambung rumiyin, sarta kêdah mêndhêt wanci jam 12 dalu dumugi jam 4 enjing pot, manawi sampun samapta sadaya, lajêng sang panta purusa (Lul) kalêbêtakên ing baga (kut) ingkang alon, saha saantawis kaubêngakên, patrap pratikêlipun ugi sami kadosdene ingkang kocap bab kaping I, II, IV, V, VI, VII, VIII, sasaminipun, saha mirit patrap susila sanggama ingkang kapratelakakên ing kaca 11, sapiturutipun awit manawi sagêd kagêm yêktosan patrap punika, saèstu mikantuki kalih-kalihipun, pun èstri kajawi angsal sarining nikmat ladzat, badhe boya kasupèn dhumatêng pun kakung ingkang sampun cumbana ngagêm patrap asmaragama wau, ing salaminipun gêsang tansah kaèngêtan gawang-gawang tanpa kêmlamar èngêtipun, sawêga laki ing sanèsipun, ewadene tansah mbotên kasupèn, kapara manawi dipun rabasèng kakung sanès ingkang tanpa mawi patrap susila sanggama ingkang kapratelakakên punika sadaya sansaya èngêt salêbêtipun cumbana.

Bab 9.

Ing ngandhap punika pratelan namanipun asmaragama gangsal prakawis, gubahanipun para panjênêngan wali 9.

1. Asmarayogya { A.T. sêngsêming prayogi patut.}

--- 26 ---

2. Asmaranala { A.T sêngsêming latu, manah, têlêng.}
3. Asmaratantra { A.T sêngsêming bala, tumurun,}
4. Asmarajuwita { kiu Ha putra vrg juwita, en duhita, Shr duhita en nals putri cig doctu jawès, jenggot W.W.}
5. Asmaramurcita { A.T. kalêngêr, dhawah, sirna, musna, susah.}

Asmaragama mirit sangking Nitimani.}

1. Asmaratantra { A.T sêngsêming, bala, tumurun.}
2. Asmaranala { sêngsêming latu, manah, têlêng.}
3. Asmaranada { sêngsêming awicantên.}
4. Asmarasura { sêngsêming kawasa, wani, dewa, danawa, prajurit, widadari, kêndêl.}
5. Asmaraturida { sêngsêming kawêlasasih, sêngsêm sih, wêlas, kamiwêlasên.}

Ing ngandhap punika pratelan tumrap kanggening parlunipun asmaragama.

1. manawi asmarayogya { ingkang dipun alap damêlipun èstri,}
2. asmaranala { ingkang dipun alap manahipun èstri,}
3. asmaratantra { ingkang dipun alap warninipun èstri,}

--- 27 ---

4. asmarajuwita { ingkang dipun alap rohipun èstri,}
5. asmaramurcita { ingkang dipun alap sadaya saranduning badanipun èstri.}

Bab 10.

Ing ngandhap punika tambahan pratelan malih badhe angyêktosakên warninipun èstri 4 warni: 1. Warninipun ingkang sampun angêplêki wirasatipun Imam Sapingi, saha ing Sêrat Căndrarini, 2. Căndralaksita, ingkang rumiyin kulit jêne nêmu giring, sarta ijêm pupus (kulit langsêp) (nyikandhi), 2 kulitan ingkang cêmêng manis wênês (Nyêmbadra), 3 kulitan ingkang bangbang awak, antawisipun jêne lan cêmêng (Banuwati), 4 warni angrongkoh (Rarasati).

Ing ngandhap punika katrangan malih anitik asmaranipun èstri.

1. Manawi tiyang èstri kulitanipun jêne nêmu giring, utawi ijêm pupus, wiwitaning wudhar wêdaling asmaragamanipun, wiwit jam 6 sontên, dumugi têgah dalu.
2. Manawi tiyang èstri kulitanipun cêmêng manis wênês, pêpingitaning wudhar wêdaling asmaragamanipun, wiwit jam 8 sontên, dumugi lingsir dalu.
3. Manawi tiyang èstri kulitanipun bangbang awak, pêpingitaning [pêpingita...]

--- 28 ---

[...ning] wudhar wêdaling asamaragamanipun, wiwit têngah dalu dumugi jam 3 dalu.

4. Manawi tiyang èstri warni angrongkoh, wiwitaning wudhar wêdaling asmaragamanipun wiwit têngah dalu dumugi wêdaling sang hyang surya.

Ing ngandhap punika pratelan katrangan patrap pratingkahipun asmaragama, panunggilanipun ingkang kasêbut kaca 11, 12, 13.

Manawi badhe matrapakên asmaragama, sabên sampun anunggil lênggah panggenan jinêmrum, pratingkah ingkang rumiyin, priyantun kakung anyêpênga dariji manis (ringvinger)ipun èstri, kapijêt sawatawis supados kraos manahipun èstri, gadhah grêgêt saut pyur tratap, ngantos kraos ing jisimipun èstri, pratăndha titikanipun èstri gadhah napas kakêtêkipun mungêl dhêg-dhêg, asring kapirêng ajêng-ajêngan, lajêng pun kakung salin salaga, angasta anggêpok gigiring èstri, ngantos dumugi walikatipun, lajêng tumuntên angaras (ngambung), poking kuping 2 (Ooren) ingkang wradin, ngantos dumugi rêdi tursina (irung) (neus) tumuntên anyipta sarana ngalap napasipun èstri, katarik saking napasipun kakung, sarta mawi maos, yahu, kaping tiga ngampêt napas, lajêng ngaras (ngambung) bathuk (voorhoofd) katiyup [ka...]

--- 29 ---

[...tiyup] nalika wêdaling napas, sarana mawi maos hu, kaping tiga ngampêt napas, lajêng tumuntên pun èstri katilêmakên sumendhe usuk, tangan èpèk-èpèk sami dipun bên èpèk-èpèk, tumuntên kacipta malih amurih ngalap rupi saha nyawa tuwin kalakuanipun èstri, sarana dipun ungkuli baetal makmuripun (mbun-mbunan) mawi maos: liyastaklipanaum, manawi sampun ngagêm patrap ingkang kasêbut kaca 11, 12, 13, sapiturutipun, lajêng amarêngakên sang panta purusanipun kalêbêtakên ing baganing èstri, manawi sampun wontên têngaranipun, pun èstri sadaya wulunipun mangkorog nyabe sadaya, lajêng kalajêngna lêbêting sang panta purusa ngantos dumugi poking dzakar, ugi dumugi pok lambening farji, sarta mawi angèngêti anyipta manawi kenging pêjah, lah punika tandhanipun aji asmaragama sampun tumanduk ing salêbêting angganipun èstri kalihan carêming manah, katrimahipun ing patrap asmaragama ingkang makatên punika, tiyang èstri karaos angsal sarining nikmat ladzat salaminipun, sarta tansah angèngêti tanduk saulah bawaning warninipun ing kakung salamining gêsang tanpa kasupèn, sanadyan têbih tansah gawang-gawang ing wujud sarta raosipun wau, punapadene [punapa...]

--- 30 ---

[...dene] manawi sagêd dados wiji badhe dados tiyang utami.

Bab 11.

Ing ngandhap punika pratelan parincining aksara, mirit saking rupi kakulitanipun, ugi anggitanipun Sèh Jafar Sidik.

Ăngka 1, kulitan cêmêng manis, kalêbêt aksara alip, 2 mim.
Ăngka 2, kulitan jêne nêmu giring saha nglangsêp, kalêbêt akasara be, 2 akhe.
Ăngka 3, kulitan bangbang awak, kalêbêt aksara dzal, 2 wawu.
Ăngka 4, kulitan angrongkoh, kalêbêt aksara sin, 2 je.

Ing ngandhap punika pratelan pangrèhipun sanggama, manawi badhe nandukakên dhinapur păncakara, ananging wontên rubedanipun lampah.

Manawi sang panta purusa dèrèng kiyat kiyêng santosa, ing driya aywa kasêsa nandukakên păncakara, manawi balenjani nèng warana, dayaning datan widada, têmah anyêl ing karsa, tur manggih ewa lan wanita lawanannya, tan kapadhan karsa, tiwas wadi wus kabuka, wêkasan datan măntra, tumimbang sêrênging driya,

--- 31 ---

yèku kêna ing rubeda, awit dèrèng abipraya, duk wau kagèting panta purusa, lagya kasêrêng driya, sêngsêming driya arda, sinêru lumaksana, kasêngka mangsah yuda, marma dayane sapala, tan lana nulya marlupa, kacrita inggih punika, awit rahsa tuwin jiwa, dèrèng winêngku samya, dening kridhaning hyang pramana.

Bab 12.

Awit ingkang asring anyadèkakên tumanduking asmaragama wau, kathahipun kaperang dados gangsal golongan, pêncaripun kaperang dados kalih dasa bab:

1. golongan yèn sawêg kapandukan: 1 arip, 2 sakit, 3 luwe, 4, susah.
2. golongan yèn sawêg kapandukan 1 nêg, 2 gêg, 3 gigu, 4 elik.
3. golongan yèn sawêg kapandukan 1 mutung, 2 gawok, 3 kawus, 4 merang.
4. golongan yèn sawêg kapandukan 1 jêlèh, 2 manuh, 3 kêmba, 4 bosên.
5. golongan yèn sawêg kapandukan 1 gêla, 2 ewa, 3 cuwa, 4 jinja.

Kajawi ingkang kapratelakakên ing nginggil, wontên malih [ma...]

--- 32 ---

[...lih] golonganipun rubeda, ingkang asring andhatêngi nyandèkakên tumanduking sanggama, ingkang binasakakên kasoran prabawa, kathahipun amung 2 bab.

1. manawi priya mbotên kapadhan ing karsa, ing solah salêbêting sanggama.
2. katarik saking mbotên anunggil băngsa, prasaning rahsa, utawi rasaning rahsa.

Mênggah pêncaring rubeda kalih dasa bab wau, saupami nuju tumanduk salah satunggalipun, mêsthinipun dumunung dados sirikan, kados ta: busana sarira, 2 dhatêng raga 3 dhatêng driya, 4 dhatêng jiwa sasaminipun.

Sawêga tumandukipun amung dhatêng tri busana, yèn têtabêtanipun inggih tumus dhatêng dumunung kêkayanganing prasa, utawi rahsa, amila duk nalika bêbukaning sanggama, daya sêrênging driya, ingkang tumus ing panta purusa (Lul) kirang santosa karana dèrèng kawimbuhan saking daya kridhaning prasa, tuwin rahsa, amargi rahsa utawi prasa, katarik katitih brăngta sêngsêm, sawêg angraosakên tumanduking rubeda wau.

Ingkang kawastanan kasoran prabawa wau, kintên-kintên makatên: êmpaning cipta mbotên kapadhan dening mapaning pramana, wêkasan [wêka...]

--- 33 ---

[...san] prasa tuwin rahsa kataman raos wêlas, rubeda ingkang makatên wau, kenging kawastanan tumandhing sanès băngsa.

Wondene kasoran prabawa wau, ugi wontên iktiyaripun, inggih punika kêdah amaluywa kridha têgêsipun amaluya (amamulih) kridha, têgêsipun gagas, utawi osik, lèrèging pikajênganipun, kêdah amêmulih dhatêng sadaya gêlênging prasa tuwin rahsa manawi katarimah sapandurat kemawon panarikipun, sagêd golong gumêlêng prasa tuwin rahsa, mbokmanawi lajêng sagêd tumindak ingkang tan sangsaya.

Amila sadaya para priya, bilih milih wanita ingkang kagêm garwa ingkang ngatos-atos, kêdah nastiti ngati-ati, kalihan sênêng papanging pribadi, ingkang wêning, kaangkaha ingkang ngantos mikantuki samudayaning parlunipun sanggama sapanunggilanipun, ingkang sagêd nama jodho rukun saeka kapti ing panggalih, ing sakalih-kalihipun, awit manawi sagêd kalêrêsan pamilihipun, angsal wanita prasaning rahsa anunggil băngsa, lah ing ngriku sagêd anggêndam langêning asmara, nir saniskaraning rubeda, katêmah mahanani susila pamoring salulut (sanggama) amargi binuka langêning prana (hêm, adhuh) dados nama sami katuju, amargi garwa punika imbanipun kêndhali, kapalipun inggih punika [pu...]

--- 34 ---

[...nika] hawa napsu sêngsêm ingkang tumrap wanita, kêndhalinipun ingkang sae santosa dados sagêd mêpêr lampahing kapal ingkang tansah bandhang, katêmahan sagêd lêrep ayêm, jalaran manawi kêndhali kirang sae kirang santosa nama dèrèng sagêd rujuk (jodho), lah katêmahan lajêng kapêksa ngagêm kêndhali rangkêp, liripun lajêng karsa amayuh garwa wau, panggalih lajêng merong, saya kathah ingkang kagalih rintên dalu, ananging punika pamanggih kula tiyang cupêt tuni ing budi, saha mbotên pisan anyeda tumraping para luhur, 2 ingkang karsa garwa rangkêp, punapadene mbotên pisan badhe nyulayani dalil Kuran, kados ta, fankhikumatabalakhum, (têgês maknanipun) măngka kêna sarta sunat ngrabia sira mukmin lanang mardika, ing wadon mardika kang sira sênêngi, andadèkake maslakahing agama, minnani syai masna wasulasa warubanga, (têgêsipun) wayuh wadon mardika mau, 2 iji, 3 iji, 4 iji nanging ora kêna luwih 4, fainkiptum anlatakdilupa wakhidatan, (têgês maknanipun) ewadene manawa ngrasa duwe wêdi sira, bakal ora ngadil sira, bab ingon giliran êsih sapêpadhane măngka mung kêna ngrabi wadon mardika siji, auma malakhad aemanukhum, (têgês maknanipun) utawa [u...]

--- 35 ---

[...tawa] wadon mardika siji ora bisa nêtêpi wajibing bojo, mung kudu wadon amad darbèkira dhewe, têgêsipun tiyang ngabid tumbasan ing tanah Arab.

Wondene wontênipun priya asring kataman gêla, cuwa ewa, enz sang panta purusa (Lul) boya sagêt lumaksana punika, ingkang rumiyin, ebah solahing raga, punika katumusan saking sêrênging driya.

Sêrênging driya, kawêngku dening karêkating jiwa.

Karêkating jiwa, kapurba dening dayaning pagrasa,

Dayaning pangrasa, inggih wisesaning rahsa,

Wisesaning rahsa, sasorotan dening pramana sajati.

Ewadene wontên ugi priya, ingkang nyêbal saking cariyos punika kenging dipun wastani tanpa mawi milih tampik, dhumatêng wanudya, liripun sumêngka tandhing. Sacumbana kalihan wanita wrêdha, 2 sampun sêpuh, enz inggih mbotên kapandukan ing pangraos: 1 cuwa, 2 êngah, 3 wêgah, alêlawanan akalihan wanita ingkang sangêt kuciwa ing warni, inggih mbotên kapandukan ing raos: 1 gêla, 2 ewa, 3 kêmba, layanan akalihan wanita awon sangêt gandanipun, inggih

--- 36 ---

mbotên kapandukan raos: 1 nêg, 2 gêg, 3 gigu, 4 egik, bab punika kenging kapurba saking kodratipun badan pribadi.

Pangrèh susila sanggama ingkang tanpa rubeda.

Kalamun pasta purusa (Lul) sampun kiyêng kiyat, santosa, sadaya sampun samapta, tumuntên katindakna, amangsah ing rananggana, sayêkti datan kuciwa, tumêmpuhing băndayuda, nanging dipun prayitna, ing tindak aywa kasêsa, lan sêmbrana, anggèning badhe anuju prasa, mring wanita mêngsahira, supadya lêganing driya, ing ngriku dipun waspada, madyaning sang panta purusa, ngalela musthikaning rahsa mulya rinêksèng para jawata, aran Sang Hyang Otapatra, 2 Sang Hyang Gambira, dumunung wuri purana (kittelaar), ing têmbung latin (eltaris) yèn tinêmpuh dening gada, watêg kêri prasanira, nuli bantuning prapta, piningid wontên ing baga, ingaran Sang Hyang Asmara, asêsilih Sang Hyang Cakra, kang abipraya sarosa, wimbuh kêri grimingira, anarik daya ajunya, mring Sang Hyang Purnamasăngka, inggih Sang Hyang Asmaratantra, utawi Sang Hyang Kamajaya, pamèting rahsa mangkana, sarana ngagêm wisaya, pratingkah ukêling panta, miturut pituturing susila sanggama, kawursita solahira, duk murwani lumaksana arsa pêpucuking [pê...]

--- 37 ---

[...pucuking] yuda, sagung sadaya saniskara, aywa sinêru sarosa, ing tindak kêdah santosa pangangkah amung muriha, kêri prasaning wanita, yèn wus sawatara campuhing prang lama-lama pêpalu têmpuhira pinindha upami gada, kuwating panangkisira wêkasan mijil kang brama, mubal sumundhul ngakasa, sêsumuking ngêmu pêga, kukus katut samirana prapta tumaduking prasa, kêkêrining mêngsahira, gumriming saya andadra.

Gantya wau sang wanita, gènnya tadhah băndabaya, mubal mijil kang dahana, sumarambah ing sarira, tan kawawa ana-ana, kêri gumriminging prasa, saya arda ngămbra-ămbra, wantu wataking wanudya, yèn wus liwung krodhanira, ing budi datan sarănta, sigra amundhi sanjata, warastra măngka pusaka, turunan sangking jawata, ganjaran Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka kang hru barunastra, sumêmbur angêmu tirta, toya lir yiyiting mina, kumêmbêng sajroning baga, angêlêm panta purusa.

Wau ta sang panta, silêm kinêlêm ing tirta, tan măntra-măntra rêringa, tan ajrih marang sangsaya, ing solah saya gambira, pangêburing barunastra, lir ombak samodra bêna, ganggêng lumut satêpinya, ngêmpêl ngumpul lir tinata, bêbarising wrahatbala, kadi gêlar cakra byuha, bêbondhèt bundhêting

--- 38 ---

panta, nging tan surut saya rosa, liwung pangamukirèng yuda.

Mangkya gantya kawursita, ramening prang băndayuda anulya wontên kang swara, munggèng talingan kanannya lamat-lamat kapiyarsa, surasa angsung warsita, wiyose kadya mangkana, hèh kulup: I sira sang panta purusa (Lul) poma gèr dipun prayitna panarik sêndhaling gada, maju miwah undurira, papane lunyu sanyata, wus tan kêna tinulaka, wit iluning barunastra, saya adrês panyêmburnya.

Dene gonmu lumaksana, poma gèr ywa kurang wêweka, lamun lena yêkti ina, yèn kaplèsèt angsahira, rêbahe nindihi gada, katikêl dadya rubeda, ing jro dadya roga brata, têmahan pilêk kadadeyannya, adate ingkang mangkana sring kataman rogèng jiwa, rajasinga aranira, kang iku dèn èngêtana, mbenjang maning lamun yuda, rêsikna ananing angga, nganggo sinucèkna, sadurunge lan sawusnya păncakara, lamun tumular mring panta lan baga, salah sawijinya, sakaronya têmbenira, yèn maring mangsahing yuda, kalamun durung nirmala (kudu têmên-tinêmênan) waluya sakalihira, măngka ujaring saloka, yèn priya anandhang roga, kaprênah jro panta purusanira, lamun arsa mangsah ing rana yogya

--- 39 ---

rumuhun sênea, prêlu nguruk kang mêmala, murih aywa tumular wanodya ing mengsahira.

Kulup sira wêruha, adat wataking wanudya, yèn wus ngêdalakên tirta kadya yiyit mina, kêrining rahsa sayandadra, mêmpêng kadêrênging prasa, kawistara larapira, kiyat kiyêng sariranya, sawănda kêjêng sadaya, dene lamun wus mangkana, sira darbea sêdya, têtulung mring mêngsahira, tumraping asmaratantra, tan liya amung wisaya, solahing panta purusa, sinêngkakna pamukira, têmpuh pamukuling gada, kang ajêg lan dèn kêrêpna, kalawan dipun waspada, amawasa ing sasmita, yèn wus liwung pamukira, nulya agawea pratingkah solahing angga, wit saking kurang prasaja, sajatine karsanira, biyantu solahing panta, kinèn anuju amrênahna, mring dununging prasanira, kang supaya tinrajanga, sinêndhol pucuking panta, ing kono dipun turuta, sakarsanirèng wanudya, yèn pinarêng datan lama, wanita mudhar prasa.

Pratandhane kang sanyata, yèn wanita mudhar prasa, yêkti ana wahananya, karana nganggo gara-gara jroning baga, anyêndhol pucuking panta, ing ngriku saking kintên laraping rêca gupala, kabukaning wiwara kênya, jênêking Hyang Kamajaya, (hêm) ingkang sayêkti kawistara malih, kawawas sawarnanira, wanudya

--- 40 ---

ing angga sakojur wanda, anglir kaoncatan yitma, lêsu ngalumpruk marlupa, kadi tan kawawa, anyandhang enake sang panta (rahsa) sêsambate mêlasarsa, ngêsês grêsah panyêbutnya, karya trênyuhing wardaya.

Utawi patrap salêbeting sanggama wau, priya kêdah amawas ulat liringing wanita, 2 mawas sariranipun pribadi, yèn sampun kapandukan panggalih lêga carêm marêm sasaminipun, upami tiyang nênêdha rumaos tuwuk, prayogi enggal kapungkasan katindakakên saparluninpun, inggih punika duk wanita mudhar prasa, priya anyarêngana wêdalipun satwa manimaya, dene manawi panggalih taksih kapandukan cuwa, gêla, jalaran kirang lêga pamudharing prasaning wanita, priya sampun nyarêngi wêdalipun satwa manimayanipun, sarta manawi priya asring kapandukan ing raos kadi kalayu pamudharing prasa punika kêdah dipun ampêt pamêthêtipun kalayan tahan, yèn kêdah kasêsa kadêrêng wiyosipun Sang Hyang Kamajaya punika katulaka dening sarana puja măntra sapandurat kemawon, kados ing ngandhap punika.

1. kêdah manggèn wontên gajêging gêla, sampun kadamêl lêga, prasaning rasaning rahsa, kêdah rosa kawudhara, 2 sang panta purusa

--- 41 ---

kêdah kakèndêlakên rumiyin, wontên jawi saha salêbêting wiwara salah satunggalipun, gumantung wontên sênêng parênging panggalih, makatên malih sarèhning sang wanita duk wau sawêk kalêson, sayah dening păncakara, priya adarbea sêdya anjangkah tindak utami, têtulung aparing usada, dhumatêng wanita, amrih waluya kasrakating sarira, dènnya rêmpu katiban gada alugora, usadanipun kêdah tinuju ing prana, lêlantaran têmbung (manuhara), 2 manis sêdhêping pamicara, 3 lêlewa solahing angga, 4 kêdhèp liringing netra dèn biyantonana, 5 solah ukêling panta, 6 anggugah kêrining prasa, 7 kêdah sarèh tênaganira, datan kêna daya-daya, mbokmanawi pinarêng usada sagêd tumama tumrap maring prananya, suka giranging driya, sumarambah ing sarira, nirmala têmah waluya, ngadêk malih kasurannya, tandangira lir rasêksa, kang priya amrayitnanana, kêdah anuju ing prasa, kadi duk wau bêbuka, kalihan priya èngêta wadining wanita, darbe aji suksmanyana, dumunung têlênging baga, yeka wau karasa, anyêndhol pucuking panta purusa, mbotên antawis karaos kadosdene dipun amêti ing lambe keyong, lamun karsa amungkasana, ing ngriku kakêrêpna anggènnya anggada, ing adating sacumbana, datan lama sarêksa

--- 42 ---

nulya pralena, ngalumpruk alênge-lênge, sakalih-kalihipun, mbokmanawi punika ingkang binasakakên priya widagda anuju prasa, utawi undhagi dhumatêng paramaning asmaragama.

Mênggah têtakêran panimbang amêndhêt saking têpa pamawas wujuding warni, panguja lêganing wanita, ingkang sampun kawahywa samantên wau, kados sampun anyêkapi, ewadene têtakêran panggalihipun para-para wau, mbotên tamtu sami, wontên ingkang sangêt arsa, wontên ingkang amung sawatawis, bab punika amung kula sumanggakakên para sarjananing ilmu pamisah, sarta gêgambèning para sambegana, ananging mugi kauningana, wontênipun tata krami susila sanggama wau, manawi wontên ingkang karsa ngagêm, paedah sagêdipun manggèn sarta minăngka panyadhêding hawa napsu.

Nalika kula taksih jaka, tumambirang tur taksih bêsur, kintên sawêg ngumur 18 taun, kula asring mirêngakên gotèkipun para wanita, ingkang sampun anjajah sinanggama ing kakung, dados tiyang èstri palanyahan, makatêna ujar wicaranipun: mênggah carêm marêm lêganing manah saha raos sakeca, ladad nikmat, ing raos sabên sinanggama ing kakung, punika mbotên awit saking gora antaring sang panta purusanipun, saha [sa...]

--- 43 ---

[...ha] danguning wanci sinanggama, ananging amung cêkap priya ingkang undhagi parama saolah kridhaning sanggama, sarta waskitha anuju prasa, karana yèn sagêd kalêrês sinanggama priya ingkang sampun parama wau, raosipun anggadhahi carêm marêm têntrêming hawa arda, saupami tiyang nêdha gadhah raos tuwuk mangsêg, saha dayanipun tuwuk wau ngantos dumugi 8 wolung dintên, manawi sinanggama kakung amrangguli ingkang dèrèng undhagi nandukakên sacumbana punika tiyang èstri gadhah raos kirang tanduk, amargi saking priya dèrèng mangrêtos, mawi kawimbuhan sang panta purusanipun gora antar tambah dangu, punika saya lajêng kapandukan raos kirang sakeca, goraning panta purusa andamêl sêbah, antaring panta adamêl sakit tumraping dhatêng raosing baga, danguning wanci adamêl raos pêgêl utawi anyêling manah.

Manawi anglêrêsi lawanan akalihan priya ingkang dèrèng mudhêng uninga dhatêng êmpaning sanggama, ing măngka nuju panta purusanipun alit cêlak tambah ragi mêlur saha enggaling wanci, punika lajêng kapandukan raos: 1 congah, 2 cêla, 3 cuwa, 4 gêla, 5 kêmba, 6 ewa.

Mênggah gotèking wanita ingkang makatên wau kenging kaanggêp [kaang...]

--- 44 ---

[...gêp] saksi, lir upaminipun makatên, kados ta: gora antaring panta, 2 danguning wanci, upami tiyang nêdha kêkathahên ngantos kaladuk ing takêr, saèstunipun inggih kapandukan raos tumrap sarira kirang sakeca, bêbasan sudukên, sêsêg sasaminipun, upami sujanma nendra ngantos kalantur wanci, saèstunipun inggih kapandukan raos: 1 lêsu, 2 lungkrah tumraping sariranipun, dene yèn alit cêlaking sang panta purusa, sarta mêlur wiwit lêbêtipun, inggaling wanci sasaminipun, upami sujanma abukti: 2 anendra kirang saking takêranipun adat, saèstunipun inggih lajêng kapandukan raos: 1 congah, 2 gêla, 3 cuwa, 4 cêla, 5 kêmba, 6 ewa wau.

Wondene bêbakuning parlu, patrap pratingkah solah tênaganipun sanggama wau, ingatasing priya kêdah santosa, anyumêrêpi lèjêm wiyosing Hyang Kamajaya, 3 kêdah widagda, 4 waskitha, anuju prasaning wanita, sarana ngagêm pratikêling buku susila sanggama, saha nyumêrêpi êmpan mapanipun sanggama.

Ingkang rumiyin tumrap sariranipun pribadi, 2 nyarèhakên saniskara, 3 angasrêp-asrêp dhumatêng angkara sêrênging driya,

--- 45 ---

pikangsalipun, badhe mbotên damêl kagèting para jawata, wêkasan katarimah, sagèd kawawa mênggak kadugèning karsa, saha kêdah wêgig anggêgasah anyênyongah dhatêng angkara sêrênging driya, lan garêgêding wanita, pikangsalipun, manawi sang wanita, sampun kataman arda sêrênging driya, lajêng cumêpak dununging gèn kêkayanganing Hyang Kamajaya, 2 Hyang Asmara, sayêkti datan lami wiyosira amudhar prasa, dados manawi wontên priya asring rêmên angerang-erang saha anggrêjêg wanita punika mbotên kalêbet dhatêng tata kramaning susila sanggama, awit dadakan tanpa mawi lilahipun Hyang Kamajaya, kapara adamêl kagèting Hyang Pramana, kalêbet angrusak pagêr rahayu.

Awit ingatasipun băngsa kita ngagêsang punika, saking dhawuhing Pangeran Ingkang Maha Kawasa, kinèn sami dados lêlantaran anitahakên manungsa, wiwit jaman Kangjêng Nabi Adam, sakalihan Babu Kawa, amarêngi sabibaring angsal sih pangapuntênipun Gusti Allah lajêng jumênêng kalipatolah wontên Kusniya Malebari, amiwiti taun 1 inggih punika ingkang dipun wastani taun Adam, ananging kinèn sami analuri anêtêpi punapa sapranataning agamanipun, ingkang linampahan kalihan mantêp, madhêp têmên, salaminipun agêsang.

--- 46 ---

Bab 13.

Dene solah pratingkah patrap dêdêg sêndhal laraping pawestri, utawi jatmika paramaning priya, kinèn samya anuruna anulada nêtêpi warsitaning sanggama, awit yèn prasaning rahsa sampun sami kawudhar dening jiwa pramana, kawistara dumunung wontên ing lêlêt pulêdipun, manawi sampun campuh sanggama punika, ing ngriku pucaking panta purusa, sayêkti karaos kadi sinêndhol ing mina, inggih punika puraya dununging Hyang Kamajaya, miyos minăngka lêlisah warni rahsa pita, 2 tan pantara malih pucaking panta purusa lajêng karaos kadi dèn amêti lambe keyong, (hêm, dudu lêngining gula lan madu, dudu gurihing martega lan mina, dudu pêdhêsing lombok lan mrica, dudu kêcuting asêm lan kacombrang) inggih punika wênganing dwara kêkayanganing Hyang Kamajaya wau, amudhar rahsa rêkta, sarta sokirasa mêrta kamandhanu, ing adat sakalihan sênggoring napas sêsarêngan, sarta mawi gănda ambêting hawa, arum amrik angambar, saèmpêr kadi gandaning sêkar malathi, ingkang sawêg anêdhêng binuka ing sari, ananging manawi dipun nastitèkakên yêktos, tamtu sagêd angyêktosi sadaya punika, pratăndha gara-gara satuhu, pangaribawa tumuruning (cahya adi mulya) tumêdhak lêlantaran ing priya, dumarojog [duma...]

--- 47 ---

[...rojog] lajêng katampèn dumunung wontên guwa garbaning wanita, ing ngriku wanudya lajêng badhe sagêd garbini, awit asrar pamoring priya lan wanita sampun gumêlêng.

Mênggah warni wujudipun ingkang nama (cahya adi mulya) punika sarining wijinipun manungsa, kados ing ngandhap punika.

Bab 14.

Miturut ingkang kasêbut ing dalil ingkang kaping sakawan, saking pangandikanipun Pangeran Ingkang Maha Sukci, ing ayat ingkang kaping tiga, inggih punika pambuka tata malige ing dalêm Baetal Mukadas, ambuka kodrating kayaktèn, kahananing Pangeran Ingkang Maha Suksci, anggèning karsa anjumênêngakên maligèning dzad, wontên salêbêting Baetal Mukadas, makatên pangandikanipun (sajatining ingsun anata malige ana sajroning Baetal Mukadas) iku omah pasukcian ingsun, jumênêng ana (konthol)ing manungsa, kang ana sajroning konthol, pringsilan (Debal), kang ana antaraning pringsilan, nutfah, iya iku mani, sajroning mani madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi manikêm, sajroning manikêm rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran amung Ingsun dad kang anglimputi ing kaanan jati, jumênêng nukhat ghaib, tumurun dadi johar awal,

--- 48 ---

ing kono wahananing alam akadiyat, ngalam arwah, ngalam misal, nglam ajsam, alam insan kamil, sajatosipun inggih dados pitêdah kayêktèning satunggal-tunggal, anandhakakên dating ingkang maha mulya, langgêng tan kenging ewah gingsir saking kaanan jati, nukilan saking kitab Insan Kamil, mratelakakên wisikan wangsitaning Pangeran Ingkang Maha Sukci dhumatêng Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad Rasulolah S.A.W. ing ayat ingkang kaping tiga wau, kala mikhrat rafak dhumatêng langit, amarêngi tanggal kaping 27 ing wulan Rêjêp, ananging sampun ngantos kalintu panampi. Kula nuwun, sakêthi nyuwun pangapuntên, awit sampun ngantos kagungan pamanggih adêg, glêgêring agêsang punika ngakên Pangeran, manawi mirit ujaripun băngsa kita Islam, kalêbêt dipun awisi, saha bab gêlaring dzad ingkang sumantên wau panci dipun kêkêr, kalêbêt ujar pagêdhongan, awit sajatosipun sanès ngilmu prêmainan, amargi atma punika amung kenging kawastanan soroting Gusti Ingkang Murbèng Jagad, ing têmbung Saskrit kawastanan (braman), ing têmbung Arab, Alah, ing têmbung walandi (god) wondene atma wau, Dzatolah ingkang sumorot saha anartani anglimputi mijil sangking ingkang Maha Kuwasa

--- 49 ---

angèbêki jagad, amargi purwanipun manungsa punika, mula bukanipun sarana saking lampah aji asmaragama aji ginêng, inggih asmaracipta, asmaraturida, utawi aji asmaragama wantah, kados cariyosipun ingkang kapratelakakên ing wiwitanipun buku susila sanggama punika, sintên tiyangipun ingatasipun manungsa, ingkang mbotên uninga wiji asalira, sayêkti boya uninga sajatining sangkan paraning sêdya, wêkasan ing têmbe badhe mbotên sampurna kamuksanipun, amila prayogi sami dipun uningani purwa madya wasananira, wêkasan badhe sinau was sumêlanging driya, dados têtêp jumênêng manungsa sajati ingkang sampurna, sarta salêbêting gêsangipun sami kagungan panggalih suksci, lêgawa sabar narima, angimpun kalakuan sae ingkang narik lampah kautaman, tuwin anglampahi anêtêpi prajanjining agaminipun ingkang dipun ugêmi.

Mênggah dalil pangandikanipun Pangeran Ingkang Maha Suksci, ingkang makatên wau, sampun dipun wêrdèni dening panjênênganipun swargi Radèn Angabèi Rănggawarsita, abdi dalêm kaliwon pujănga pamardi basa ing karaton dalêm Surakarta, kasêbut ing Sêrat Hidayat Jati, saha katambahan pêthikan Wedasmara, kados ing ngandhap punika.

--- 50 ---

Bab 15. (Bab Palandhungan).

I. Palandhungan (konthol) punika kulitipun awangun kanthong, sagêd mêkar saha mangkêrêt, limrahipun langkung cêmêng katimbang kulit saranduning badan, saha punika kaananing Betal Makadzas, têgêsipun griya ingkang sinucèkakên.

II. Ing lêbêting palandhungan wontên isinipun pringsilan kêkalih, têmbung Pranês kawastanan (Testiculs) saking têmbung Latin (Testis), têgêsipun saksi, sabab dados pasaksi ingatasipun rare ingkang badhe ngangkat birai, sarta punika ananing purba, katumusan saking wahananing birai, dados bêbukaning asmaranala, inggih punika sêngsêming manah, latu, têlêng, pringsilan punika dados sumbêring nutfah, agêngipun satigan ayam, wawratipun caruk toya: 20 gram, sami lan rupiyah, 2. Jèjèr gumandhul wontên pokipun dzakar, panta purusa (Lul), mawi kaêlêt-êlêtan kêndhangan, limrahipun pringsilan ingkang kiwa langkung alit, ananging landhung tinimbang ingkang têngên, sarta sagêd landhung utawi mangkêrêt, gêmbuk-gêmbuk lan atos, bilih tiyang sawêg angraosakên ni-

--- 51 ---

kmat salêbêting cumbana, pringsilan wau dados atos, sabab kilènan kalenan ing lêbêt isih êrah, punapadene peranganipun ing jawi, kapara ing nginggil wontên amplokipun awangun lintah, basa Walandi dipun wastani (Bijbal) têmbung Latin (Epididijmus) perangan ing nginggil kawastanan sirah, ingkang ngandhap kawastanan buntut, sarta wontên usus-ususipun, ingkang mengkal-mengkol saèstha sawêr nglangi, ing basa Walandi dipun wastani (Apvoerendebuis), têmbungipun Latin (Ductus deperus), ciyuting bolonganipun namung sarambut, pungkasanipun kêmpal dados satunggal kalihan pèh (Zood blaasje), usus-usus punika dados urung-urung wêdalipun nutfah saking pringsilan.

III. Mani, punika ananing kăntha, katumusan saking wahananing hawa, dados bêbukaning asmarasura, inggih punika sêngsêming pandulu, kawasa, wani, dewa, danawa, prajurit, widadari, kêndêl.

IV. Madi, punika ananing warna, katumusan saking wahananing karsa, dados bêbukaning asmara turida, inggih punika sêngsêming pamirêng, kawêlasasih, sêngsêm, sih wêlas, kamiwêlasên.

--- 52 ---

V. Wadi, punika ananing rupa, katumusan saking wahananing cipta, dados bêbukaning asmaranada, inggih punika sêngsêming papocapan (awicantên).

VI. Manikêm, punika ananing suksma, katumusan saking wahananing pangrasa, dados bêbukaning asmaratăntra, inggih punika sêngsêming pangarasan, bala, tumurun.

VII. Rahsa, punika ananing atma, katumus saking wahananing wisesa, dados bêbukaning asmarayogya, sêngsêming prayogi, patut.

Katrangan warnining nutfah saha mani sasaminipun kados ing ngandhap punika:

Badhening nutfah, punika wujut yiyit, warni pêthak mănda-mănda, gandanipun sawarni kêrikan balung utawi singat, tuwin bangsaning (Alcilisch) wêdalipun saking palandhungan, pigunanipun kangge nêtêsakên tigan badhening manungsa (Scheikunde) têmbungipun Arab khimiya, sarta dadosipun yiyit saking tigang prakawis.

1. Yiyit ingkang mêdal saking pèh (Zaad blaasje)
2. Yiyit ingkang mêdal saking purus (Voorstanderklier)

--- 53 ---

3. Yiyit ingkang mêdal saking otot-otot, (Pisbuisbal) sarta impês.

Yiyit ingkang mêdal sakih pèh, mbotên kênthêl saha tanpa gănda, wêdalipun kantun, saha sêsarêngan kalihan yiyit ingkang mêdal saking purus (Voorstanderklier.).

Yiyit ingkang mêdal saking purus, wêdalipun rikala tiyang jalêr ngraosakên nikmat, warni pêthak pindha powan, tanpa gănda, inggih punika wontênipun nutfah kadunungan warni pêthak mănda-mănda.

Yiyit ingkang mêdal saking otot-otot (pisbuisbal), sarta impês, wêdalipun wiwit dakar dados kêncêng, saha rikala tiyang ngraosakên nikmat, yiyit punika plikêt tanpa gănda.

Campuring yiyit tigang prakawis wau, angwontênakên gănda kados kêrikan singat, ananging manawi sampun kenging hawa sawatawis dangu gănda wau sirna, bilih sampun garing jèblês pêthaking tigan.

Nutfah punika, manawi sagêd gathuk akalihan tigan badhening manungsa, yiyitipun ingkang kênthêl rumêsêp dhatêng tigan wau, apratistha ing jênenipun, dene yiyit ingkang mbotên migunani [mi...]

--- 54 ---

[...gunani] wangsul mêdal ing jawi, katut wêdaling yiyitipun wanudya, dados nutfah wau prêlu sangêt tumrapipun badhe dumadosing manungsa, ewadene wontên ugi ingkang nirdeya, punika jalaran sampun mbotên kadunungan satwa manimaya, ing têmbung Walandi kawastanan (Zaaddiertjes) jarwanipun kewan kama, sarta nyanggama tumrapipun wanudya ingkang tlanakanipun lêbêt, ing têmbung Walandi dipun wastani (Baarmoeder) ing măngka dzakaripun sabên sampun wungu (ngacêng) panjangipun kirang saking 4,5 dim, Nèdêrlan, tamtu botên sagêd garbini, awit panyêmprotipun kirang dumugi ing tlanakan wau.

1. Mani, punika sajatosipun inggih kama, ingkang taksih dados toya ragi kênthêl, warninipun pêthak sêmburat biru, ugi nama satwa manimaya, ing salêbêting kama wau, wontên kewanipun ingkang kawastanan (Zaaddiertjes) utawi dipun wastani (de dierlijke ziel) yèn ing têmbung Sangskrit dipun wastani kama, ing têmbung Arab (roh kewani), kewan wau rupinipun pindha dom bundhêl, panjangipun 1/20 sêtrip, lampahipun ing dalêm sasêkondhe 3/20, hawanipun sarira ingkang asrêpipun 370 sapangandhap, sarta ingkang bêntèripun 500 minggah, punika dados rêndhêting lampahipun, makatên [makatê...]

--- 55 ---

[...n] ugi latu balêdhèg lan sadaya raosing toya kêcut, manawi satwa manimaya dumunung wontên padhang hawa, namung sagêt gêsang 3 jam, yèn kacêmplungakên ing toya sarêm 060/0 ingkang bêntèripun 36-370 sèlsius, taksih sami sagêd ebah, kewan wau dumadosipun wontên ing pringsilan (Testicules) wiwit rare ngangkat birai ingkang limrah ngumur 15 taun, utawi langkung, dene curêsipun ing adad bilih tiyang sampun ngumur 65 utawi 70 taun, amila manawi para sambegananing ngilmi kawruh kadhogtêran, amirêngakên cariyosipun băngsa kita tiyang Jawi ingkang sampun ngumur lagkung 70 taun, cariyos taksih gadhah yoga taksih nêsêp, punika lêbêdipun hewani sangêt.

Dene dumadosipun kewan punika wau makatên, ing lêbêtipun pringsilan kathah bayunipun alit-alit ingkang bolong kados usus, bayu-bayu punika sami pêpulêtan, sarta pungkasanipun dumunung wontên sisihipun pringsilan têmpuk kalihan margi kama, pringsilan satunggal ngantos isi bayu 1000 dumugi 1200 iji, kulitipun tipis sangêt, ing lêbêt isi bundêran alit-alit kawastanan (Eputheluimcellen), rupinipun jèblês tigan ingkang dumunung wontên ing uritanipun [urita...]

--- 56 ---

[...nipun] wanudya, pramila bundêran wau kenging kawastanan tiganing kakung, saha watêking bundêran wau sagêd tumangkar dados kathah, sakawit namung satunggal, lajêng dados kalih, kalih lajêng dados sakawan, salajêngipun, kadosdene tiganing wanudya, ingkang tumrap ing protoplasmah, yiyit (Eputheluimcellen), manawi sampun dumugi mangsanipun malih dhapur kewan, kawastanan satwa manimaya (Zooddiertjes), ingkang dumados rumiyin sirahipun, dumunung lêrêsing gantilan, tumuntên thukul buntutipun, ing waktu punika wau lajêng pêcah, satwa manimaya membar saking ngriku lumêbêt dhatêng pèh.

Bab 18. ZOOD BLAASJE.

Pèh punika wujud kêkêmpalaning kanthongan alit-alit, dados wadhahing nutfah, ingkang badhe kawêdalakên, ing têmbung Walandi dipun wastani (Zood blaasje) cacahipun wontên 2 iji, sisihan kiwa têngên, sarta dunungipun wontên saantawisipun impês lan usus jubur (Fndeldarm), wangunipun kados popor pistul, panjangipun 5 c.M., kandêlipun ing bongkot 15 dumugi 18 m.M. lumahipun isi kêbak jentolan (Bulten).

Nutfah ingkang saking pringsilan, sasampunipun lumampah anglangkungi [anglang...]

--- 57 ---

[...kungi] (Bijbal Afvoeren debuis) lan sapanunggilanipun, lajêng kèndêl ing pèh wau, ing ngriku pèh lajêng angêdalakên sawarnining yiyit, ingkang lajêng dipun namakakên warni-warni, kados ta: madi, wadi sapanunggilanipun, kados ingkang sampun kapratelakakên ing kaca 50, 51, 52, saha badhe katrangakên tanjanipun, yiyit-yiyit wau kingkang[5] lajêng sagêd awor dados satunggal kalihan kama wau.

Purus punika ing têmbung Walandi dipun wastani (Voorstanderklier) ing têmbung Latin dipun wastani (Prastaat) utawi (Prastata) wujud koyor agêng pêthak mănda-mănda, sarta dumunung wontên saantawisipun jangganing impês wadhah turas, kalihan poking dzakar wangunipun mèmpêr jambu, ananging gèpèng, panjangipun 4 c.M. wiyaripun 2½ dumugi 3 c.M. kandêlipun 2½ c.M. sarta indhênipun katrajang turasopana, utawi lèng turas, mila manawi purus wau dados agêng turasopana lajêng dados kaslêmpit, andamêl pakèwêding bilih toyan (nguyuh) ingkang gadhah pèh punika amung priya, agênging pèh manut ing umure ingkang taksih alit, pèhipun inggih alit, saya mindhak umuripun, saya agêng pèh-

--- 58 ---

ipun, nanging manawi sampun ngumur 25 utami[6] 26 taun sampun pantog agêngipun.

Bab 19.

Ewadene tiyang ingkang karêm angolah among asmara, inggih punika ngêdalakên nutfah ingkang botên kalihan salêrêsipun ing parlu, kados ta: jindik lan anganggar dzakaripun, lawanan sami priya, tuwin sacumbana akalihan tiyang èstri, ingkang dados sirikan awisaning agaminipun, ingkang mbotên badhe kaangge mbabarakên wiji ing sapanunggilanipun, punika pèhipun tamtu dados agêng, sarta kalêbêt gege măngsa, awit kala jamanipun para manungsa Jawi taksih sami anglampahi agama Buddha, ugi sampun kaawisan, tiyang jalêr èstri karêm dhatêng among asmara ingkang tanpa tumănja, ngècèr-ècèr toya satwa manimaya wau, kalêbêt ing tatêmbungan Latin (Mastir bati) utawi (onani) jarwanipun dat rusak saka patrap kang dudu masthine, dados tiyang ingkang sami karêm dhumatêng saolah kridhaning asmaragama, ingkang botên absah dumunung kangge prêmainan, kados nginggil punika, kalêbêt angrisakakên badanipun pribadi, tambah angkara murkanipun, sarta prasasat anggege pêjah, utawi badhe tampi babêndunipun Gusti Allah.

--- 59 ---

Bab 20.

2. Madi, punika sarining mani, warninipun samburat dadu.
3. Wadi, punika sarining madi, warninipun samburat jênar.
4. Manikêm, punika sarining wadi, warninipun samburat seta amaya-maya, kadi rêtna.
5. Nukhat ghaib, têgêsipun wiji pêpingidan, inggih punika sarining rahsa sajati.
6. Johar awal, têgêsipun sorot ingkang wiwitan, inggih punika mani, dados êmbananing rahsa sajati.
7. Rahsa sajati, sampun dumunung wontên guwa garbaning wanita, ing ngriku lajêng mahanani alam pêpitu, binasakakên mêrtabat, kados ing ngandhap punika.

I. Alam akadiyat, wahananing kèndêl, utawi ngandhêg, inggih punika wanita mêtêng sawêg sawulan, Arabipun dipun wastani latakyin, têgêsipun dèrèng sanyata ing kaananipun.

II. Alam wadzat, wahananing mêtêng sawêg kalih wulan, Arabipun dipun wastani takyin awal, têgêsipun wiwit sanyata ing kaananipun.

III. Alam akhidiyat, wahananing mêtêng sawêg tigang wulan,

--- 60 ---

Arabipun dipun wastani: takyinsani, têgêsipun dèrèng sampurna sanyata kaananipun.

IV. Alam arwah, wahananing mêtêng sawêg sakawan wulan, Arabipun dipun wastani: akyan sabitah, têgêsipun sampun sanyata, têtêp ing kaananipun.

V. Alam misal, wahananing mêtêng gangsal wulan, Arabipun dipun wastani: akyan karijiyah, têgêsipun sanyata têmên ing kaananipun, sampun adarbe sipat.

VI. Alam ajsam, wahananing mêtêng sawêg nêm wulan, Arbipun dipun wastani: akyan mukhawiyah, têgêsipun sanyata gêsang ing kaananipun, sampun darbe asma, anama bêbayi, lajêng karkat sagêd ebah.

VII. Alam insan kamil, wahananing mêtêng sawêg pitung wulan, ngantos ing dalêm 8, 9 wulan, Arabipun dipun wastani: akyad maknawiyah, têgêsipun sanyata kawêdhar ing kaananipun, jumênêng sampurnaning manungswa, sampun darbe pakarti sêdya badhe lair (mêdal) sumêrêp ing padhang hawa ngalam dunya.

Tamat

__________

--- 61 ---

Bab 21.

Amirit saraosing Sêrat Jitabsara, gubahanipun Bagawan Palasara, ing wukir Rahtao.

Bab wiji, yèn têmbung Sangskrit dipun wastani apsara, manawi têmbung Arab dipun wastani: roh rokhani, manawi têmbung Walandi dipun wastani (Ziel) sil, kadidene ingkang kocap kaca 7 ing Sêrat Widyakirana, trangipun kados ing ngandhap punika.

Wiji punika badhe mahanani budi, utawi anuduhakên wêwatêg, miturut sawujuting wiji, kados ta:

A. Sarining wiji ingkang wujud kandêl, lairipun badhe angwontênakên watêg mantêp.
B. Yèn sarining wiji tipis, inggih badhe mahanani tipising panggraitanipun.
C. Yèn sarining wiji agêng, inggih badhe mahanani watêg jêmbar.
D. Yèn sarining wijil alit, inggih badhe mahanani watêg rupêg.
E. Yèn sarining wiji mancorong, inggih badhe mahanani watêg ayêm.
F. Yèn sarining wiji bêsêm, inggih badhe mahanani watêk sungkawa.

--- 62 ---

Ing sarèhipun wawijanganing wiji wau, asli saking bangsaning alus, dados boya kenging kaèksi sawantahipun, sagêdipun ningali mawi kaalusaning paningal, kados ta: tancêbing ênêng êninging cipta, 2 sirnaning karsa, arda angămbra-ămbra, 3 sarwi sarèh ing panggănda, 4 lêrêming pănca driya, 5 jatmikaning solah bawa, saking gotèking para gêgununganing sambegana, manawi sampun sagêd anglênggahi pakarti 5 prakawis wau ingkang pangukudipun saniskara saha păncadriya ngantos sagêd sirna kamanungsanipun tamtu kuwawi anon sawantahipun wiji.

Mênggah warni panuksmaing wiji wau, manut punapa urubing ciptanipun, ingkang mêngku daya pagèndènging wiji, kados ing ngandhap punika.

A. Upami wontên sujanma, nêmbe tuwuh tancêbing cipta wêlasasih tamtu urubing pramana warni biru sêmu ijem, amaya-maya, sawarni soroting lintang, utawi soroting sasana, [7] kadidene ingkang kocap bab 2 lan 4 ing Sêrat Widyakirana kaca 2, ing măngka lajêng kataman ênêng êning, ingkang kuwawi narik wiji, sumuruping wiji, ingkang nunggil saurup, ing têmbe dadosipun manungswa badhe linulutan ing kathah,

--- 63 ---

saha jatmika, alus kabudayan, amung kirang lantip panggraitanipun, manawi ingkang kocap ing bab kaping I kaca 8 ing Sêrat Widyakirana, badhe amahanani budi dodho, ananging marta tuwin wêlasan.

B. Manawi wontên sujanma, sawêg tuwuh tancêbing cipta, mathuthuk rumaos kalêrêsan sasolah bawanipun, masthi uruping pramana awarni pêthak, sawarni soroting rêmbulan, kadidene ingkang kocap bab 1, ing Sêrat Widyakirana, kaca 2, amung ragi kaot mawi sêmuning wênês amaya-maya, ing măngka lajêng kataman ênêng êning, ingkang kuwawi anarik wiji, sayêkti sumuruping wiji anunggil urup, ing têmbe badhe mahanani putra lantip ing budi, cêpak panggraitanipun, kajèn kèringan sasamining tumitah, bilih ngawula pinarcaya ing gustinipun, amung mbotên sagêd sugih, manawi ingkang kocap bab kaping 2 kaca 8 ing Sêrat Widyakirana, badhe mahanani budi lantip, tur wêlasan, sugih gagasan.

C. Manawi wontên sujanma, sawêg tuwuh tancêping cipta kadêrêng mardi kabudayan, masthi uruping pramana awarni kuning sêmu abrit ambaranang, măngka lajêng kataman ênêng êning, sumusuping wiji ingkang tunggil urup, ing têmbe badhe mahanani putra

--- 64 ---

limpat panggraitanipun, bèrbudi bawa lêksana, èngêtan, ananging ragi gêtapan, sarta sagêd ngupados picis, amung mbotên sagêd simpên, wasana mahanani kamlaratan, manawi ingkang kocap bab kaping 3 kaca 8 ing Sêrat Widyakirana, badhe mahanani putra budi lantip cêkap panggraitanipun, amung panasbaranan, yèn kapinujon panggalih pangganjaripun langkung saking murwat.

D. Manawi wontên sujanma, sawêg tuwuh tancêping cipta runtik sasaminipun, masthi uruping pramana warni abrit baranang mbalêrêngi, sarupi soroting srêngenge, mirit adêg-adêg kaping 3 bab kaping 2 kaca 8 ing Sêrat Widyakirana, ing măngka lajêng kataman ênêng êning, ngantos sagêd anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji ingkang nunggil urup, manawi mahanani putra landhêp panggraitanipun, nanging gêtapan panasbaranan, amung adat badhe linulutan rajabrana.

E. Manawi wontên sujanma, ingkang sawêg tuwuh tancêping cipta drêngki, masthi uruping pramana awarni wungu muyêg marakata mêngês-mêngês, punika mratandhani adêging asli sarining srêngenge, kacampuran sarining tirta kamandhanu sakêdhik, kadidene ingkang kocap adêg-adêg 6 kaca 8 ing Sêrat Widyakirana, [Widyakira...]

--- 65 ---

[...na,] ing măngka lajêng kataman ênêng êning, ngantos kuwawi anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji ingkang nunggil urup, ing têmbe manawi mahanani putra, watêg cukêng rêngkêng bêsiwit, trêkadhang asring kataman sakit barah, adat wiji ingkang makatên punika sok dados tiyang papariman.

F. Manawi wontên sujanma, ingkang sawêg tuwuh tancêping cipta, arda murka rupa-rupa, masthi urubing pramana awarni dadu muncar amarakata, punika amratandhani adêgipun asli sarining srêngenge, kaworan sarining tirta kamandhanu cêkapan, sarining angin ragi kaladuk, kocap adêg-adêg kaping 7 kaca 9 ing Sêrat Widyakirana, ing măngka lajêng kataman ênêng êning ngatos kuwawi anarik wiji, sayêkti sumusupipun wiji anunggil urup, ing têmbe manawi mahanani putra, watêg culika daluya, tur rêmên doracara, adat wiji ingkang makatên wau asring kataman sakit maras (ewah adatipun) sarta mbotên sah nandhang kasangsaran.

G. Manawi wontên sujanma, ingkang sawêg tuwuh tancêping cipta, anungku puja brata, têmên narima, masthi uruping pramana warni ijêm nèm amuncar ngênguwung maya-maya, mratandhani adêkipun asli saking sarining srêngenge, kaworan sarining tirta kamandhanu

--- 66 ---

kathah, sarining angin sakêdhik, kadidene ingkang kocap adêg-adêg kaping 8 kaca 9 ing Sêrat Widyakirana, ing măngka kataman ênêng êning, ngantos kuwawi anarik wiji, sayêkti sumusuping wiji ingkang nunggil urup, ing têmbe badhe mahanani putra watêg agêng pangapuranipun, paramarta tarima lêgawa, tur wicaksana, wiji ingkang makatên wau adad asring kataman darajating kawiryan agêng, sarta sinungan sugih samudayanipun.

Wiji ingkang kacariyos ing nginggil punika, manawi sumusupipun ngalêrêsi wanci siyang, masthi tipis, awit uruping pramananing rahsa ing wanci wau nuju amèr, jalaran kataman daya panggêbuging daya bêntèr, ewadene manawi sumusuping wiji ngalêrêsi măngsa dalu tamtu kandêl, amargi ing măngsa wau uruping pramananing rahsa sampun pupul, jalaran kataman daya asrêp.

Amila para sarjana jaman kina, manawi sami nandukakên sacumbana akalihan swamintanipun, tamtu amilih wanci, saha akiripun dalu ngantos dumugi bangun enjing, sarta mawi kacundhukakên akalihan paperanganing wêdaling asmaranipun èstri.

--- 67 ---

Bab 22. (Bab Dumadosipun Wiji).

Ing saupami wontên sujanma, kataman ênêng êninging cipta, ingkang dangunipun mbotên kirang sapandurat, punika daya panggèndèngipun kuwawi anarik wiji, sumusupipun wiji wau ngalêrêsi nalika lêbêting napas, lajêng tumanduk ing utêg, rumêmbês dhatêng ing panon, ingkang dipun wastani panon wau toya sêsarining utêg, ingkang dumunung satêlênging manik, wontên ing ngriku wiji wau kuwawi sumusup, tumamèng pramana, ingkang sarta kuwawi amor sarahsa, wor sacahya, utawi saeka karsa, ingkang makatên wau, adat lajêng anuwuhakên adrênging sacumbana, adrêng kadêrênging sacumbana wau yèn cinêgah dados angsal paedah, yèn linantur dados batur (rencang), liripun makatên, sintên ingkang kasusupan wiji, măngka kuwawi nanggulangi, sayêgti wimbuh muncaring pangèksi, manawi dipun turuti badhe mahanani putra, pratelanipun kados ing gandhap punika.

I. Yèn wontên sujanma sacumbana, măngka lampahing napas ing grana kalêrêsan santêr ingkang kiwa, punika amratandhani manawi wiji wau anggènipun cumithak saking panon ingkang têngên, punika kandhanganipun wiji priya.

--- 68 ---

II. Manawi santêring napas ingkang lumampah salêbêting lèngipun grana ingkang sisih têngên, punika mratandhani yèn wiji wau anggènipun cumithak saking panon ingkang kiwa, punika kandhanganipun wiji wanita.

III. Manawi santêring napas ingkang lumampah salêbêting lèngipun grana kiwa têngên sêsarêngan sami santêripun, punika amratandhani yèn wiji wau cumithak saking madyaning panon, inggih ingkang kawastanan (manon) ing têmbung Arab dipun wastani insan kamil, têmbung Walandi dipun wastani (Aantrekenhus) wrêdinipun kakêmpalaning rêrêmbês, sarta paguting rêrêmbês, ingkang makatên wau badhe mahanani atmaja wandu.

Wondene wiji ingkang tamtu dados wiji punika saking jangkêping adon-adon têtiga: 1 sarining tirta kamandhanu, 2 sarining mulad, 3 sarining maruta, bilih kirang langkêpipun, kothong, saking adon-adon têtiga wau, satuhunipun, mbotên sagêd dumados, sawêga dados mbotên sagêd lami gêsangipun, kados ta: sarining tirta kamandhanu, manawi amung kalihan sarining mulat, tanpa kanthi sarining maruta, salugu mbotên sagêd dados manungsa, makatên salajêngipun, inggih punika purwaning wontên ngumur panjang lan cêlak.

--- 69 ---

Ingkang saupami wontên manungsa, ingkang kataman ênêng êninging cipta, ing măngka kuwawi anarik wiji kêkalih, ingkang makatên wau, katarik saking daya panggèndèngipun langkung santosa, punapadene langkung kawasa mahanani putra kados ing ngandhap punika.

I. Kêmbar, têgêsipun rare mêdal sarêng sadintên jalêr sami jalêr, èstri sami èstri.

II. Dhampit, rare mêdal sarêng sadintên jalu lan wanita.

III. Gondhang kasih, rare mêdal kêmbar ingkang satungal bule, ingkang satunggal cêmêng.

IV. Tawang gantungan, rare kêmbar mêdal sarênti mawi antawis dintên.

V. Sakrêndha, rare mêdal kêkalih utawi têtiga, tunggil sabungkus wijilipun sarêng.

Manawi mirit saraosing Sêrat Nitimani, kados ing ngandhap punika.

1. Ing salêbêting badhe pulang asmara, priya kalihan wanudya, ing măngka priya ingkang darbe karsa sangêt arda dhatêng wanudya, ing sadanguning sacumbana ardaning karsa wau, layap-liyêp luyutipun ngantos dumugi cipta maya, lajêng amudhar karsa, kapinujon pinarêngan [pi...]

--- 70 ---

[...narêngan] wahyaning măngsakala, karsaning Hyang Kang Maha Mulya, nitahakên wiji manungsa, ing sarèhning kala wau, arda karsaning priya dhatêng wanudya, dados pikangsalipun sami ugi kalihan nyipta satunggaling wanudya endah, kintên ing têmbenipun bilih lair kadadosanipun jabang bayi dados pawèstri.

2. Kosokwangsulipun, yèn wanudya ingkang arda darbe karsa dhatêng priya, saolah kridhaning lêksana, nunggil kadi nginggil wau, kintên lairipun ing têmbe kadadosanipun jabang bayi inggih dados priya.

3. Ing măngka sapunika wontên ingkang sêsarêngan, priya lan wanita, adarbe karsa sami ardaning karsanipun, saolah kridhaning lêksana sami amidada, datan pae kadi ing nginggil wau, kintên dadosing bêbayi lairing têmbènipun, dados dhampit.

4. Sapunika wontên malih, upami sujanma priya, ing măngka sadèrèng-dèrèngipun sangêt kayungyun sagêda gadhah anak wanita, pêpuntoning panggalih inggih prapta cipta maya, lajêng sacumbana olah kridhaning lêksana, nunggil kasêbut ing nginggil saha ing ngajêng wau sadaya, inggih punika ingkang binasakakên, kayu dholog kasusuban jati, liripun ingkang makatên [maka...]

--- 71 ---

[...tên] wau: cipta, kasêsêlan sami cipta, kintên kadadosanipun jabag bayi, lairipun ing têmbe mêdal wujud kêkalih (kêmbar), sami èstri.

5. Kosokwangsulipun, yèn wanudya măngka sadèrèngipun sangêt kayungyun darbe atmaja priya, sarta lajêng darbe karsa arda dhatêng priya, saolah kridaning lêksana, nunggil kadi nginggil, kintên têmbenipun ugi lair mêdal kêmbar sami priya.

6. Saupami priya lan wanudya, sêsarêngan sami arda darbe karsa saolah kridhaning lêksana nunggil ing nginggil, badhe gadhah bêbayi pintên, saèstunipun para widagda ingkang winasis, badhe mbotên kêkirangan ing pamanggih, awit kodrat iradatipun Gusti Ingkang Maha Agung, tamtu kadamêl aprabeda, ingatasing manuswa, kalihan kewan sapanunggilanipun, ananging tumrap ingatasipun băngsa kita tiyang Jawi bab wau ugi ingkang sampun kalimrah ing kathah, amargi manawi angèngêti gotèkipun para băngsa Arab, ing tanah Mêsir Rum (Konstantie novel), para tiyangipun èstri, manawi gadhah anak tiga sakawan sabrolan, sampun kangge limrah, kapara manawi gadhah anak amung satunggal kalêbêt dados pangeram-eran. [8]

Wondene alus ardaning karsa dumugining cipta maya, kados [ka...]

--- 72 ---

[...dos] ingkang kasêbut ing nginggil wau, mbokmanawi mbotên angêmungakên amahanani kadadosan jalêr, tuwin èstrènipun kimawon, malah duk makatên wau kridha, utawi pangripta, anyipta punapa, punika kacriyos inggih badhe mahanani dhatêng wêwatêkaning jabang bayinipun, amila para limpat ing budi, ingkang waskitha kadadosaning kridha utawi pangripta wau, sok anuwuhakên panggagas, lajêng kangge tatêngêr namaning tanayanipun.

Sampun têlas bab cariyos sumusuping wiji, lajêng kasambêtan bab dzakar 2 baga, saha wiji ingkang tumraping wanudya, kados ing ngandhap punika.

Bab 23. (Bab Dzakar Utawi Kalam).

Mênggah dzakar (Lul) kacariyosakên paperanganipun kalam wontên tiga.

1. Otot agêng sakêmbaran, jèjèr estha wuluh sanjata pangantèn (dhampit), otot punika ing lêbêtipun, ngrokos pindha jamur karang, dados pirantos wadhah êrah, bilih pinuju kothong kalam dzakar êmpuk, yèn kilèn êrah dados atos, saya kathah êrahipun ingkang mili mriku saya mindhak atos kiyat kêncêng kiyêng.

--- 73 ---

2. Bolongan margining turas lan nutfah, kaprênah wontên saantawisipun otot agêng sakêmbaran wau, kapering ngandhap, saèstha wadhah lantakipun sanjata pangantèn wau.

3. Urung-urung margining turas nutfah, pungkasanipun ingkang satunggal wontên ing sirah, satunggalipun wontên ing poking dzakar, urung-urung punika ugi ngrokos pindha jamur karang, manawi sampun kilèn êrah sagêd mêlar saha atos.

Băngsa kita tiyang Jawi kina, manawi mastani dzakar, anggènipun nyukani pêparap, purusa, kapêndhêtakên asmanipun para dewa ingkang sinêkti, kados ta: (Priapuis) Sang Hyang Surasmara (Phalluis), Sang Hyang Purasa, manawi băngsa Indhu mastani (ligham) ingkang makatên wau, saking sangêtipun anggèning badhe ngaosi dhatêng daya, lan pigunanipun dzakar purusa wau.

Bab 24. (Parji Paperangan ingkang Katingal ing Jawi).

Parji punika têmbung Arab, jarwanipun pawèstrèn, têmbungipun Kawi (baga), têmbungipun Walandi (Dekuttelaar) dados pirantos angêdalakên turas, lan jabang bayi, peranganipun, 1 rugma baga, utawi korining parji, ing têmbung Pranês:

--- 74 ---

kawastanan (vulve) saking têmbung Latin (vulva) asal saking (valva) têgêsipun kontên, sarta ingkang limrah mingkêm adhamis, ewadene wontên ingkang mbotên mingkêm adhamis, inggih punika rugma baganipun tiyang èstri ingkang sampun sêpuh ing umur, 2 wanudya ingkang kumêd daging, 3 tiyang èstri ingkang sampun kêrêp ambabarakên tuwuh.

(Canta Baga)

2. Canta baga, punika bathuking parji, wujud daging anggajih, ing têmbung Walandi kawastanan (venushenvel) jarwanipun gununging dewa venis, inggih Sang Hyang Rai (Ratih) saking pambatangipun para sagêt, amila canta baga wau kadunungan daging anggajih, punika minăngka têtanggul, supados bilih sacumbana pamêtêking priya mbotên badhe sagêt ngrêmêkakên tosan ênèm ingkang wontên sangandhapipun.

Tumraping rare èstri ingkang sampun ngangkat birai, ing adat ngumur 14 taun, utawi 15 taun, canta baganipun wiwit katuwuhan rambut, alus pating prênthêl, têrus mangandhap urut wiruca baga, utawi têpining parji, pamanggihipun tiyang kina, bilih rambut wau taksih pating prênthêl anutupi rukma baga, utawi korining parji, pratăndha manawi taksih [ta...]

--- 75 ---

[...ksih] kênya, manawi sampun sumilak ngiwa nêngên, pratăndha sampun ical kênyanipun.

Băngsa kita tiyang Jawi, kathah ingkang gigu nyarêmi wanudya ingkang canta baganipun katuwuhan rambut, mila sok kathah tiyang èstri băngsa Jawi palanyahan, ingkang nyukur canta baganipun, ngantos kalimis, manawi băngsa sabrang kosokwangsul, malah tiyang èstri ingkang mbotên katuwuhan rambut canta baganipun, asring kêrêp kapêgatan trêsnanipun ing priya, amila sangêt anggènipun ambudidaya amrih kêtêl katuwuhan rambut canta baganipun wau, kapara wanudya ing Frankrik ingkang kalêbêt bêrèt, bilih siyaga mbotên angamungakên ing remanipun sirah kemawon, ingkang jinungkatan, dalah rambuting canta baganipun ugi tinata kadamêl pating clakênthung anyêkar bakung sakalangkung sae.

Limrahipun tuwuhing rambut canta baga, punika sêsarêngan akalihan tumangkaripun tigan ing uritan.

Wiruca baga utawi têpining parji, ingkang ugi dipun wastani lambe, punika èsthanipun kados wêngku, sarta bundêr lonjong kados kêcik, ing têmbung walandi dipun wastani (groote schaamlippen) peranganipun ing jawi wujut kulit kandêl, lan katuwuhan rambut, [rambu...]

--- 76 ---

[...t,] pojokipun ing nginggil gandhèng lan kulit ing bathuk, sangandhaping pojok punika wontên dagingipun mênthil, alit saengga anji, kawastanan indrêng (Dekuttelaar) itil, adatipun băngsa Jawi, bilih rare sampun ngumur 6 taun utawi 7 taun, punika kapugut indrêngipun, Arabipun kawastanan sunat, Kawinipun nama (têtês) dene pojokipun ing ngandhap, dumunung wontên ing kawêt, cêlak kalihan jubur, sata kawastanan porêg (Vork), manawi wanudya ambabarakên jabag bayi ingkang agêngipun anglangkungi saking limrahipun, porêg punika asring suwèk, nanging lami-lami sagêd pulih malih.

Peranganipun wiruca baga, ing lêbêt awujud daging alus lêlêmpitan, awarni abrit nèm sulak biru, nanging tumraping wanudya ingkang sariranipun lêma sangêt, utawi manawi ingkang sampun kêrêp ambabarakên jabang bayi, daging wau katingal ngalunthung, sabab sampun dados kisut, saha ical kakiyatanipun.

Rare èstri băngsa Aprikah, manawi sampun ngangkat ngajêngakên birai, wiruca baganipun lajêng kajait rapêt, dening renanipun, sarta namung dipun sukani bolongan sakêdhik minăngka [mi...]

--- 77 ---

[...năngka] margi turas, jaitan punika botên pisan dipun dhèdhèl, yèn dèrèng nambut silaning akrami, ingkang dhèdhèl inggih lakinipun piyambak, ing dintên waktu bibaring binayangkare, awit minăngka cihna yèn dèrèng ical kênyanipun.

Para wanudya garwanipun para raja, utawi para ruhur saha para hartawan ing tanah Aprikah wau, wiruca baganipun sami katindhik mubêng, dipun gèn-gèni supe utawi gêlang mawi pinatik ing sêsotya ngantos kumrompyong pindha balorong, bilih badhe sacumbana karêcikan rêrênggan wau sawêg dipun coploki saking baga.

Kênyanipun para bongsa ruhur ing Ngabêsi, sami ngagêm gêntha (klinthing) mas slaka alit-alit sami kagandhulakên ing wiruca baganipun, kapara ingkang patah bêrèt gênthanipun ngantos tiga sakawan, bilih lumampah pating klênthing pating klêningipun ngantos kapirêng sêsarênganipun lumampah.

(Kudhuping Parji).

Salêbêtipun parji wontên dagingipun malih alus abrit malerah, sarta gandhèng akalihan peranganipun têpining parji, ingkang sisih lêbêt kawastanan kudhup, ing têmbung Walandi dipun wastani [wa...]

--- 78 ---

[...stani] (Kleine schaamlippen) têmbungipun Latin (Labiaminarra) panjangipun 3 c.M wiyaripun 1 c.M kandêlipun 3 dumugi 4 m.M. pojokipun ingkang 1 dumunung ing ngandhap, satunggalipun anyonthong mungging sanginggiling wagaprana, dados tutup.

Kudhup punika dados pirantos anuwuhakên raos nikmat, tumraping wanudya, sarta ambaurêksa wêdaling turas, amila para tiyang kina mastani (Nimpen) jarwanipun Nyai Baruni, inggih punika ingkang asring anyêndhol sang panta purusa salêbêting sacumbana, ingkang karaos kadi dipun sêndhol ing mina, sarta ingkang mbotên antawis lajêng karaos kadidene dipun amêti ing lambe keyong.

Kudhuping pawèstrinipun tiyang wanan ing Aprikah, utawi băngsa Utêntot, panjangipun wontên ingkang 10, 12 dumugi 15 c.M. anutupi wiruca baga, amila manawi sacumbana caranipun beda kalihan băngsa sanèsipun.

(Purana).

5. Purana, utawi wagaprana punika ing têmbung Latin dipun wastani (Elitoris) ingkang sisih nginggil wangunipun amênthil, sarta bêrut-bêrut, dados pirantos tuking kanikmatan, mênggah kadadosan [ka...]

--- 79 ---

[...dadosan] saha lageyanipun ugi mbotên pae kalihan kalam, inggih punika saking (gorpara covernasa) lan otot-otot.

Wanita ingkang panjang wagaprananipun, ing adat kadunungan watêk rêmên dhatêng sasamining wanita, sarta mbotên sagêd pêputra, bilih mbotên katêtês rumiyin.

(Turasopana).

6. Turasopana punika, margining turas, ing têmbung Walandi kawastanan (Opening derpisbuis), ing têmbung Latin (Meatus urinaris), dumunung sangandhaping purana, antawis 3 c.M. lêtipun dados pungkasaning margi turas (Pisbuis kanaal) utawi (Wisthra) ingkang saking impês, dene ingkang nama impês punika, kanthongan wadhah turas, ing têmbung Walandi kawastanan (Pisblaas) dumunung wontên sanginggiling baga.

(Pastihawa).

7. Pasti hawa punika lènging parji, ing têmbung Walandi kawastanan (Schoede), têmbungipun Latin (Vagina), dumunung wontên saantawisipun impès, lan usus agêng ing jubur, ingkang kawastanan (Endeldarm), wangunipun saèstha bumbungan ingkang gèpèng, panjangipun 9 c.M. dumugi 10 c.M adêgipun,

--- 80 ---

mbotên jêjêg lan mbotên sumèlèh, ananging mayat, sarta sagêd mêgar mingkup, tumraping kênya mawi wontên warananipun, awujud daging kêndhangan alus sarta tipis pindha kulit ayam, wangunipun estha wulan tumanggal, sawênèh wontên ingkang bundêr kados rêmbulan kapurnaman, ing têngah wontên bolonganipun ciyut, warana punika kawastanan bètèng, utawi baluwarti, ing têmbung Walandi kawastanan (Masgdewvlus) têmbungipun Latin (Hijmen), manawi rinurah ing kakung bètèng punika kabêdhah, sarta ngêdalakên rah, awit dening punika kênyanipun ingkang katêmbèn rinabasèng kakung, mbotên ngraosakên nikmat, tumrapipun tiyang kina baluwarti punika dipun angge pasaksèn agêng, pangintên kênya ingkang sampun bêdhah bètèngipun, pratăndha sampun nate sacumbana kalihan priya, mênggah yaktosipun dèrèng kenging kaange cihna, bêdhahing bètèng punika, awit dhawah utawi kaplêngkang sapanunggilanipun, kala rarenipun, ugi sagêd andamêl bêdhahing baluwarti wau, utawi manawi kênya kasèp ical kajêngipun piyambak.

Bab 25. Perangan Parji ingkang Wontên Lêbêt (Pranakan).

--- 81 ---

8. Pranakan, utawi garba, ingkang ugi dipun wastani wadhah bêbayi, têmbungipun Walandi dipun wastani (Baarmoeder) têmbungipun Latin (uleries), dumunung saantawisipun impês lan usus agêng ing jubur (Endeldarm) sarta sumèlèh wontên ing dhasaring lèngipun parji, utawi pasti hawa, lan ing kanan keringipun mawi dipun uwat-uwati kêndhangan saèstha lurub, sarta otot gilig, ing têmbung Walandi kawastanan (Breedebaar moedar banden), lan (Ronde banden).

Lan adhêping pranakan punika mayat, sarta nunggil sipat kalihan lènging parji, utawi pasti hawa, nanging sagêd ugi ewah, kados ta: manawi wanudya sawêg anggarbini, punika ingkang limrah pranakanipun mingsêr ngiwa, kêndhoning barmudhêr bandhên, ugi ngewahakên dununging pranakan saking pramêsthinipun, sarta murugakên mbotên sagêd pêputra, utawi pranakanipun ingkang lêbêt pamanggènipun kirang mupakat ing kathah, ing măngka priyanipun kagunganipun kalam kirang saking 6, 7 dim Nèdêrlan, panjangipun manawi nuju wungu kados ancêr-ancêr gambar tumrap ing ngandhap punika: tamtu mbotên sagêd pêputra, [pêpu...]

[grafik 1. ---

Lul ligam

1, 2, 4, 5, 6, 7

--- 82 ---

[...tra,] sabab panyêmproting satwa manimaya, kirang dumugi ing korining pranakan ingkang cêlak. Sasaminipun wanita ingkang mbotên ajêg pambucaling êrah (kèl, garapsari) sabên ing wulan. Punika sakawitipun kala rare kenging sabab saking dhawah sapanunggilanipun, sarêng sampun măngsa garapsari, mêdalipun êrah ingkang mili mêdal amung sakêdhik, ananging êrah ingkang mêsthinipun mêdal sabên wulan panci kathah, amung sampun uwal saking panggenanipun. Lajêng kumêmbêng sacêlaking margi pranakan wau, ing lami-lami saya tambah kathah rah ingkang kèndêl wau, ing măngka ingkang gadhah sarira mbotên manah, sarêng palakrama saha sampun kinêmpalan kakung têtaunan, katêmahanipun, mbotên sagêd pêputra, awit manawi sacumbana toya satwa manimaya amung tumrap wontên jawi pranakan. Jalaran tinanggulang ing êrah ingkang kèndêl wau, sarêng wanudya sêne turas, toya satwa manimaya lajêng katut mêdal ing jawi, nirdeya lêbêtipun kala sacumbana wau.

Pranakan punika wangunipun kados kalênthing panjangipun 6 wiyaripun 4 kandêlipun 2 c.M. sarta wawratipun 40 gram, bolonganipun ing lêbêt ciyut sangêt, kadugi amung cêkap isi wiji jêram pêcêl satunggal, nanging manawi

--- 83 ---

sampun wontên isinipun jabang bayi sagêd mêlar dados agêng angebat-ebatakên, sarta mindhak wawratipun ngantos 900 gram, peranganipun wontên tiga: 1 awak, 2 jăngga, 3 cangkêm, awakipun ingkang tigang bagiyan ing nginggil, katutupan kêndhanganing wêtêng, ingkang kawastanan ing têmbung Walandi (Buikvlies) têmbungipun Latin (Peritoniaal kolie) inggih kêndhangan punika ingkang anggandhèng pranakan akalihan impês, utawi silitipun pranakan, kalihan usus jubur (Endeldarm).

Luruping pranakan (Debree debaarmoeder banden), punika têgêsipun lêlêmpitaning kêndhangan, ingkang saking padharan, dados luruping pranakan lan uritan.

Punika otot-otot ingkang mêdal saking pranakan krakêt kalihan kêndhangan lurup, saèstha dados jêjênêng, pungkasanipun lumêbêt dhatêng (Lies kanaal) wêlakang.

Peranganing pranakan ingkang mênggik, dipun wastani jăngga, lomponganipun mèh bundêr, sumantên wau tumraping wanudya ingkang dèrèng nate ambabarakên putra, dene tumraping wanudya ingkang sampun yuswa, lompongan punika sok dados ciyut, sawênèh wontên ingkang dados rapêt babarpisan, cangkêming pranakan kawastanan (Zeetenbekje).

--- 84 ---

Bab 26. (Sopana Antiga), (Eubiders.)

9. Tigan ingkang rêntah saking uritan punika lumêbêt dhatêng pranakan, marginipun kawastanan sopana antiga, wujud bumbungan otot alus, saèstha usus, ing têmbung Walandi dipun wastani (Baarmoeder Trompet) utawi (Trompet tolopins) ingkang ugi kawastanan (eierlei der) têmbungipun Latin (Tuboe allopianoe) cacahipun wontên kalih, ingkang satunggal wontên ing kiwa, satunggal wontên ing têngên, sarta dumunung saantawisipun lurubing pranakan, nanging gathuk dados satunggal kalihan pranakan, wontên ing lompongan ingkang kawastanan ing têmbung Latin. (Ostluimuterinum) lompongan punika wiyaripun amung cêkap bobot satunggal.

Panjangipun trompèt punika 12 c.M. ing pungkasanipun mawi gombyok saèstha puspita mêgar, kawastanan ing têmbung Walandi (Vlugelvonde trompet) franyê punika pigunanipun anadhahi rêntahing tigan saking uritan, saha anglêbêtakên tigan wau, dhatêng trompèt, ewadene franyê punika têrkadhang pating slêbrèh ngantos anutupi lèng wau, jalaran kenging sabab, kados ta: kenging rah kênthêl ingkang kumêmbêng sasaminipun, sampun mêsthi kemawon tigan badhening manungsa ingkang

--- 85 ---

rêntah mbotên sagêt lumêbêt saha kanthil wontên ing jawining trompèt kemawon, satêmah boya sagêd dados bêbayi. Trompèt wau peranganipun ingkang ngandhap, asring wontên bolonganipun, awit dening punika lampahing tigan badhening manungsa, kêrêp mbotên sagêd dumugi ing pranakan, jalaran kalêbet ing bolongan wau, sarta dhawah wontên ing kêndhangan padharan (Buikvlies), utawi (Peritaniaalholie.)

10. Sopana antiga punika, kajawi dados margining tigan ingkang badhe lumêbêt pranakan, ugi dados marginipun satwa manimaya, saking pranakan ingkang badhe lumêbêt kêmpal rêntahing tigan wau.

Bab 27. (Uritan)

11. Uritan, punika panggenanipun tigan badhening manungswa, ing têmbung Walandi dipun wastani (Eirstokken) têmbungipun Latin (Ovorioe) wangunipun bundêr bligon, warninipun pêthak, kathahipun namung kalih, dumunung kanan keringipun pranakan, munggèng pungkasanipun sopana antiga, utawi usus margining tigan, (eurbiders) sarta dipun uwat-uwati lurubing pranakan, panjangipun 4 kandêlipun 1½ c.M. wawratipun 6 dumugi 8 gram, nanging manawi wontên tiganipun [tigani...]

--- 86 ---

[...pun] ingkang sampun suluh sagêd mindhak agêng tikêl kalih.

12. Uritan wau, dados tatimbanganipun pringsilan, amila tiyang kina mastani (testes malibers) kaotipun dene pringsilan anggènipun anuwuhakên tigan ingkang badhe malih dados kewan, dumunung wontên ing lêbêt, sarêng uritan anggèning nuwuhakên tigan wontên ing Jawi.

(Peranganing uritan wontên kalih).

1. Lapis ing jawi, warninipun pêthak, sarta tipis sangêt, ing têmbung Walandi dipun wastani (Eiere voortbrengen deloog) jawinipun lapis ingkang nuwuhakên tigan, têmbungipun Latin (Portiofolloenlaries).

2. Bonggol ing lêbêt, awarni abrit, sarta ngrokos pindha jamur karang, ing têmbung Walandi dipun wastani (Bolvandeneirstok) sarta isi bayu lan otot, pintên-pintên sami pluntiran, ing têmbung Walandi dipun wastani (Poristo vaseulosa).

Lapising uritan punika, kandêlipun samili mètêr, lumahipun kêbak yiyit, sarta plênthungan alit-alit, plênthungan punika isi plênthungan malih, kawastanan (Eirblaasje) utawi (Graafscheblaasje) punika atos, amila kenging

--- 87 ---

kawastanan cakang, utawi cangkok, ing lêbêtipun isi tigan badhening manungca. [9]

Bab 28. Tamat.

Dumugi samantên anggèn kula angimpun bab sanggama, 2 wiji, 3 dzakar kalam, 4 baga, sasaminipun, kados sampun lowung kagêm ular-ular tumrap piwulang putra wayah.

Manawi mirit wêlinganipun Tuwan Sayid Ngusman Basah, jendral mayor inpantri ing nagari Kostantinopêl, kawrat wontên Jawaib, manawi priya rêmên saolah kridhanipun among asmaragama, punika sami dipun awisi: 1 sampun ngantos rêmên malumpat langkung saking: 1 elo mètêr, 2 dhodhok langkung saking 5 mênit, 3 lênggah panggenan anyêp, amargi 3 bab wau sami saged andamêl panariking kêndhonipun sang panta purusa, jalaran otot agêng 2 iji, ingkang pokipun anjog ing pucuking dzakar, kacênêng saha kataman daya asrêp, sagêd anjalari panariking purulipun otot agêng sakêmbaran wau, amila sami dipun purih dhahar sarwi bêntèr ingkang tumrap ing raosipun sarira, kados ta: sabên enjing ngunjuk pêrêsan lêmbu mêntah, 1 gêlas agêng, 2 dhahar ulam mainda sarana bumbu mrica pala sasaminipun, [sasaminipu...]

--- 88 ---

[...n,] 3 loloh tigan ayam mawi madu ingkang tulèn saha mawi mrica pala, sarêm, 4 dhahar olah-olahan mawi martega saha lisah samin.

Awit kajawi damêl tambahing kakiyatanipun sang panta purusa, ingkang kaping kalih paedah rumêksa kasarasanipun sarira, awit kita ngagêsang punika parlu sangêt rumêksa karahayon kasarasanipun badan utawi sukcinipun manah, amargi kula pirit wontênipun băngsa kita tiyang Jawi sami kapurih anglampahi agama Islam punika, tumraping sarira, kajawi angèngêti ing gêsangipun, ingkang kaping kalih minăngka rumêksa kasarasanipun sarira, karahayoning sukcinipun manah, utawi sagêd anênangi ênêng êningipun manah, punapadene anêtêpi tata kramaning agêsang, kados ta: sabên tiyang anglampahi sêmbahyang gangsal wêdal ing dalem sadintên sadalunipun, mawi sarana mêndhêt toya wulu rumiyin, punika andamêl panariking kasêgêranipun sarira, sagêd angamèrakên saha nglêjarakên otot ingkang alum sampun pupul salêbêting 4 utawi 5 jam.

Titi tamating panyêrat ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 12 Rêjêp Jimakir 1834.

__________

 


27. (kembali)
sêsinau. (kembali)
punapa. (kembali)
satêngah. (kembali)
ingkang. (kembali)
utawi. (kembali)
sasăngka. (kembali)
pangeram-eram. (kembali)
manungsa. (kembali)