Sastrajendrayuningrat, Warsadiningrat, c. 1920, #1451

JudulCitra
Terakhir diubah: 06-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sastrajendrayuningrat

Punika Sêrat Păncapranawa, ingkang kinêkêr para jawata, kawahywa wontên ing Jitabsara, kapêndhêt ing sasuraosipun ingkang dhatêng kawruh kasunyatan. Samantên kawarti Sang Hyang Bathara Endra atampi wasita saking ingkang rama Sang Hyang Guru, wêdharipun muhung cipta sasmita kemawon, ing jaman kadewatan dipun wastani Sastraharjendra, lêrêsing têmbung: sastraharjaendra, wijangipun, sastra: tulis, arja: yuwana = slamêt. Endra: Bathara Endra, dene kêplasing kajêngipun, sipat kalanggênganipun Sang Hyang Bathara Endra, manawi sumêrêp kajatosanipun makatên wau, saèstu hayuningrat, amumpuni ing jagad raya, ing ngriku inggahipun dipun wastani Sastra Cêtha, têgêsipun lêrêsing kawaskithan. Lajêng dados Pustaka Darywa, têgêsipun, layang kêkancinganing budi, awit lajêng botên kenging tumraping tulis. Amung wontên wasita kemawon. Saèstu mahardikèngrat, têgêsipun jumênêng miyambaki ing jagad. Mila kabasakakên makatên, dening pakumpulaning dumadi, dumunung dados sipating dumadi, kawruh wau ing kina botên kenging kengis ing ngakathah, mawi pilih-pilih tampining sih kanugrahan, anjawi para jawata ingkang sampun kinarilan dening Hyang Suksma Kawêkas. Punapadene manuswa ingkang katarima ing pujabratanipun, sagêd kadunungan ilhaming budi, waskitha gaibing kaanan mulya, wêkasan sagêd sajiwa jiwata, inggih punika sagêd gêsang sipat dewa, têmahan salingga bathara, têgêsipun kasarira bathara, inggih punika sampun sabadan budi, kawula gusti, manawi manuswa ing ngarcapada wontên ingkang sumêrêp, măngka purun anggêgampil mêdharakên, punika kataman dening guntur wisesa gangsal prakawis: 1. guntur latu, 2. guntur bumi, 3. guntur angin,

--- [8] ---

4. guntur banyu, 5. guntur awang-awang, bilih botên tumama ing guntur wau, tăndha katarima ing pudyabratanipun, kinarilan dening kang Kawasa, manawi botên katarima, sirna tanpa sesa, dening guntur kasêbut gangsal wau, ngibarat sapudhêndhaning manuswa, guntur latu, têgêsipun purun malarat, guntur bumi, têgêsipun purun ngêlih, guntur angin, têgêsipun purun sakit, guntur banyu, têgêsipun purun dados bêbantên, guntur awang-awang têgêsipun purun pêjah, manawi sampun gadhah katekadan makatên, saèstu agêng panarimanipun. Lajêng gadhah cipta santosa langgêng sêdyanipun. Kosokwangsulipun atêmahan lajêng botên malarat, botên ngêlih, botên sakit, botên dados bêbantên, saha botên pêjah, ingkang dipun wastani botên malarat, inggih saking panarima, ingkang dipun wastani botên sakit, inggih saking gênging santosa, ingkang dipun wastani botên dados bêbantên, inggih ugi saking gênging santosa, ingkang dipun wastani botên pêjah, dening sumêrêp sajatosing gêsang, ingkang dipun wastani botên ngêlih, inggih saking gênging panarima, ing dêlahan gêsang kemawon salaminipun. Mênggah babaranipun kados ing ngandhap punika.

Anuju ing ari Anggara Krêsna, wulan purnamasidhi, wanci jam tri ratri, Sang Hyang Guru tumêdhak sapucaking wukir Jamusdipa, anganthi putra ingkang badhe dados pamujaning jagad. Inggih punika Sang Hyang Endra, sarawuhipun ing ngriku, Sang Hyang Guru aparing wasita ing Hyang Endra.

He, yoganingsun, sarèhning sira iku sapêpadhanira ingsun karya manjila ing jagad triloka, marmane amratandhani ingsun paringi pêparab mirib asmaningsun, ingsun aran Girinata, sira Endranata, lire amratandhani yèn dadi gêgununganing ratu, wus sanyata antaraningsun, ingsun uga antaranira, samêngko supaya satu rimbagan, ananingsun ananira, ana sih kamurahaningsun kang rumuntuh ing sira, tumuwuh kawahana ing cipta sasmita, kang dhingin limang prakara, iku dadi ambêkira, diarani păncapurwanda, têgêse wite dumadi lêlima, 1. ambêging surya, 2. ambêging bawana, 3. ambêging maruta, 4. ambêging samudra, 5. ambêging swasana.

II. Sapangkat manèh, yèn wus mangkono nuli diarani pănca dumadya, têgêse dumadining wit lêlima mau, uga tumangkar limang prakara, 1 babaring antiga, 2. lêpasing warastra, 3. tumamaning punglu, 4. laraping tamsir, 5. rêmbêsing kwaya.

III. Sapangkat manèh, diarani păncaprabawa, têgêse pangabaran lêlima, iku dadi pratandhanira, uga tumangkar limang prakara, 1. lanyap, 2. angkêr, 3. sumunu, 4. sumulap, 5. mêmarap.

He, yoganingsun, mara surasanên têpunging karsanira, aturipun Sang Hyang Endra, dhuh pukulun panutan kawula, kang tumuntun anuntumakên kawontênan kawula, mênggah pralampitanipun tri panca punika, saèstu dèrèng angraosasuraosipun, sarèhning kawontênan kawula saking kawontênan paduka, mugi paduka anarbukaa, babarpisanipun. Dadosa tăndha gênging sih kanugrahan dhatêng pantaranipun.

Pangandikanipun Sang Hyang Guru, he, yoganingsun, mungguh cipta sasmita mau, ingsun wus ambabarake, sayêkti ingsun gêlarake, supaya aja wangwang ing wos wasananing jawata, dêdunungane sawiji-wiji kaya ing ngisor iki,

--- [9] ---

1. Ambêging surya, ing basa Sangskrita, ditêmbungake amongat, ing têmbung Jawa, pambêgan. Dene kaananing srêngenge, tansah angon angulatake ing dumadi, ala bêcik kinawruhan, ora kasamaran marang sawiji-wijining kang ingauban, padha bunar kasongan sirat soroting prabangkara, dumununge marang awas eling, tata, titi, tabêri, lungguhe anèng pramana, lire ambêg amongat mau, kudu kanthi titi tabêri, lan tata waspada marang kawajibane.

2. Ambêging bawana, ing basa Sangskrita, ditêmbungake amrat. Ing têmbung Jawa, pambêgan amot, dening kaananing bumi tansah ingêmotan isèn-isèning dumadi, ala bêcik tan tinampik, ora garantês kalonglongan, kawimbuhan datan nêdya suminggah, sawijining kang katelakakên sartakang sinimpên, padha rinêksa kadadène labêt pamboboting bumi, dumununge dadi marang kaantêpan, lungguhe dadi jatmikaning sarira, lire ambêg amrat mau, kudu kanthi kaantêpan, aja tampik lan aja saksêrik marang kawajibane.

3. Ambêging maruta, ing basa Sangskrita, ditêmbungake kamrat, ing têmbung Jawa, pambêgan kamot. Dening kaananing angin tansah kamot kaananing dumadi, ing ngêndi-êndi panggonan kaèbêgan ing angin, ala bêcik kinasihan, andhap luhur rupak jêmbar jinajahan kabèh, dumununge dadi marang katêmênan, lungguhe anèng aringing napas, lire ambêg kamrat mau, kudu kanthi tumêmên, lan narambahi paramartane marang kawajibane, ora rupak pamrayugane, ora taha-taha tanduk parimarmane.

4. Ambêging samudra, têgêse pambêgan momot, dening kaananing sagara tansah momot saisining bêburon banyu, sarta tumadhah tumandho sasarahing bumi, winuwuhan banyu kali bangawan sapanunggalane, ora katon kêbak, kang rumangsuk ala bêcik padha binarukutan, labêt saking jêmbar jêro jajahane, rêsik pangrêksane, dumununge marang pambêgan sabar, lungguhe anèng rêrêming rasa, lire pambêgan momot mau, kudu kanthi kasabaran, jêjêg rumêksane ombèr pangapurane, ora sih-sinihan ganjaran marang kawajibane.

5. Ambêging swasana, iya iku langit, sajatine amun-amun, rupane biru tuwa mêlês, ing basa Sangskrita, ditêmbungake makwat, ing têmbung Jawa, pambêgan mêngku, dening kaananing langit dadi kêkandhanganing dumadi, lan amrabawani daya sèsining jagad, amimbuhi kêkiyatan jêjêg adêging samubarang kang tumitah, sanadyan watu iya kaèbêgan dayaning swasana, lêmbut tanduking prabawa, angèbêgi sambadaning bawana, dumunge marang pambêgan santosa, lungguhe anèng sarèhing karsa, lire pambêgan mêngku mau, kudu kanthi santosa,kuwat sumrambah rumêksa karahayuning wêwêngkon kabèh.

Kumpule pambêgan lêlima, among, amot, kamot, momot, mêngku, kanthi pambêgan kakiyatan, eling mantêp, têmên, sabar santosa, lungguhe pramana, têgêse ora kasamaran, jatmikaning sarira, têgêse ora kabrabeyan, aringing napas, têgêse ora kabrangasan, rêrêming rasa, têgêse ora pradulèn, sarèhing karsa, têgêse ora gimirên, lan ora was sumêlang.

Dene dadine limang prakara mau, kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

1. Babaring antiga, ing basa Sangskrita, ditêmbungake katalika, ing têmbung Jawa têtês, têgêse

--- [10] ---

têtela, anêtêpi dadining urip, pratandhane kawahana, nyatane ing sarira, angêmot ing pangrasa, asêsăndha ing osik.

2. Lêpasing warastra, iya iku panah, ing basa Sangskrita, ditêmbungake ramatas, ing têmbung Jawa, tatas, têgêse têdhas, anêtêpi sangkanparane, pratandhane sunyaruri, nyatane pamyarsa asêsăndha ing karna.
3. Tumamaning punglu, iya iku mimis, ing basa Sangskrita, ditêmbungake tumêlêng, ing têmbung Jawa, titis, têgêse angencoki, anêtêpi dêdunungane, pratandhane tumanêm, nyatane ing pangucap, asêsăndha ing lesan.
4. Laraping tamsir, iya iku pêdhang, ing basa Sangskrita, ditêmbungake ramabas, ing têmbung Jawa, putus, têgêse pêdhot, anêtêpi babarpisan, pratandhane sampurna, nyatane ing gănda, asêsăndha ing grana.
5. Rêmbêsing kwaya, iya iku banyu, ing basa Sangskrita, ditêmbungake tumuhas, ing têmbung Jawa tumus, têgêse têrus, pratandhane lingga bathara, nyatane ing pramana, asêsăndha ing netra.

Kumpule kadadeyan lêlima, têtês, tatas, titis, putus, tumus. Mungguh karêpe, têtês, têtela marang kang disabdakake nyata, tatas, samubarang ora mindho karya, titis, samubarang ora nguciwani, putus, samubarang anguwisi, tumus, kang ginêlar nora cidra.

Mungguh nyatane, kumpule mangkene, kawahana, têgêse wujud balaka, sunyaruri, têgêse suwung, sêpi, mungguhing batin ora ana apa-apa.

Tumanêm, têgêse tumunjêm, manawa cipta iku tumunjêm madhêp sawiji, iya iku dumunung ing wêninge.

Sampurna, têgêse pulih, iya iku langgêng, yèn samubarang iku langgêng utawa jênjêm, lastari sabanjure.

Lingga bathara, padhane sawarga, iya iku kumpule kawula Gusti, sabadan budi.

Nyatane ing păncadriya, pangrasa, têgêse osiking karsa, pamyarsa, têgêse pamudhênging karsa, pangucap, têgêse pakoning karsa, panggănda, têgêse purbaning karsa, paningal, têgêse waskithaning karsa.

Dene prabawane limang prakara mau, kaya ing ngisor iki.

1. Lanyap, iya landhêp, ing basa Sangskrita, ditêmbungake lêngin, ing têmbung Jawa lungit, têgêse alus, dening wus sarira bathara, kaprabawan saka sarwa waskitha.
2. Angkêr, ing basa Sangskrita, ditêmbungake lêngit, ing têmbung Jawa singit, têgêse mêdèni, dening wus sawujud bathara, kaprabawan saka pangrasa.
3. Sumunu, ing basa Sangskrita, ditêmbungake lênyêp. Ing têmbung Jawa wingit, têgêse antêng anyênêni, dening wus nugraha bathara, kaprabawan saka sarwa dyatmika.
4. Sumulap, ing basa Sangskrita, ditêmbungake lêmêrêp, ing têmbung Jawa angulabi, têgêse balêrêngi, dening wus netya bathara, kaprabawan saka sarwa pramana.
5. Mêmarap, ing basa Sangskrita, ditêmbungake lêmahap, ing têmbung Jawa maladi, têgêse angaladi, dening wus sajiwa bathara, kaprabawan saka sarwa wibawa.

--- [11] ---

Wijange mangkene, mungguh landhêp, iya alus, diarani sari bathara, têgêse badan alus, iku nunggal jaman jawata.

Angkêr, iya singit, diarani sawujud bathara, têgêse yèn wus sabadan budi, nunggal sawujud dewa.

Sumunu, iya wingit, diarani nugraha bathara, têgêse dewa iku urip, urip iku jiwa.

Sumulap, iya ngulabi, diarani netya bathara, têgêse wus polatan dewa.

Mêmarap, iya maladi, diarani sajiwa bathara, têgêse sanyawa dewa.

He, yoganingsun, sira sumurupa, kajaba tumrap dadi wêwulanging ratu, karêpe yèn wus anganggo pambêkan limang prakara mau, anêtêpi salaku-lakune, iku amratandhani dadine, yèn wus padha dadine, nuli nyatane prabawane, tandhane iya ana kauripane iki, lamun wus bisa mangkono, kêna dibasakake urip bae salawase.

Mungguh têrange dadine Sastra Cêtha, ana sajroning rasa surasa manèh, iku ingsun ora rinilan ambabarake, isih dumunung ana kêkancinganingsun, dene yèn sira kudu anggilut, puruhitaa marang kadangira Si Wisnu, karana iku ingsun titahake dadi pêpijèning jagad, wêruh babaring rahsa jati, saka gurune kangaran Ngusman Ngaji, raja pandhita ing Banisrail. Marmane rinilan wêruh mangkono wus karsane Hyang Kang Kawasa, ginawe lalimbangan kêkasihing Pangeran, ingkang aran Bagendha Kilir.

Bathara Endra matur.
Dhuh pukulun, kadospundi dene kawula sampun paduka pasthi dados pêpujaning jagad, kawon kalihan pun Wisnu, ugi dados pêpijèning jagad.

Pangandikanipun Sang Hyang Guru.
He, yoganingsun, aja darbe pangrasa mangkono, sayêkti ginaib dhewe-dhewe, ananging tarik-tinarik samad-sinamadan, lamun sira angalap sor dadi luhur wêkasane, kumpule dadi lair lawan batin, batine Si Wisnu, laire sira, nanging yèn sira kaleberan kawruhe, lair batine wus anèng sira, kiwa panêngêne gumulung dadi sawiji, sajatine amung kinarya antara bae, Si Wisnu anglakoni tapabratane, nugrahane anèng jagad sunyaruri bae, tandhane ing têmbe anèng panitisan, têgêse muhung anèng alam batin, wêkasane ora ana prabedane, dene sira kang amanggih mukti wibawane, têgêse amêngku sagunging rahsa, rahayu kaananira.

Sang Hyang Endra lajêng sujud mawantu-wantu, sarwi matur ring rama.

Dhuh panutan kawula, saèstu kawula inggih lumimbak sadhawuh tuwan, amung pun Wisnu sagêda prapta piyambak, kawula lingsêm manawi ngantosa anosor kadi sacaraning pangalap sor, awit kawula rumaos sêpuh sarta luhur.

Pangandikanipun Sang Hyang Guru.
Sasêdyanira têka, saciptanira dadi.
Sasampunira ngandika mangkana: Sang Hyang Guru muksa saking kahyangan.

Jlêg Sang Hyang Wisnu sampun prapta wontên ngarsaning raka Sang Hyang Endra, Sang Hyang Endra lajêng anggêlar sarahsaning Sastra Harjendra, sasuraosipun sinamantakakên sadaya, nanging dadosipun [dado...]

--- [12] ---

[...sipun] Sastra Cêtha: Sang Hyang Wisnu ingkang sagêd ambabarakên waskitha, ing ngriku Sang Hyang Wisnu kapapan botên sagêd angsal ombèr, badhe selak sampun katelak, mila inggih lajêng sagah anyanggêmi, wasana lajêng ambabarakên Sastra Cêtha, kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Ambêking surya, ambêking bumi, ambêking angin, ambêking samudra, ambêking langit, mila dipun wastani pănca purwanda, têgêsipun witing dumadi saking gangsal prakawis, punika têngkar dados praboting gêsang, wijangipun makatên.

Surya, punika kaananing latu.
Bumi, punika kaananing jagad, dunya.
Angin, punika kaananing prabawa.
Samudra, punika kaananing toya.

Kasebut sakawan punika dados anasir wanda, kosokwangsulipun dados anasir absara, têgêsipun alus wadhag. Yèn tumrap anasir wanda: bumi, gêni, angin, banyu, dadosipun ing gêsang: bumi dados badan, tumangkar dados sakawan: daging, otot, balung, sungsum.

Gêni dados napsu, amratandhani cahya sakawan: cêmêng, abrit, jêne, pêthak.

Cahya cêmêng napsu luamah.
Cahya abrit, napsu amarah.
Cahya jêne, napsu supiyah.
Cahya pêthak, napsu mutmainah.

Angin dados napas, tumangkaripun dados sakawan: napas, anpas, nupus, tanapas.

Banyu dados roh, tumangkaripun dados sakawan: roh jasmani, roh kewani, roh nabadi, roh rokani.

Langit dados têrsandhaning gêsang, tumangkaripun dados sakawan: dad, sipat, asma, apngal.

Dad, têgêsipun janggêrêng.
Sipat, têgêsipun tulisan.
Asma, têgêsipun aran.
Apngal, têgêsipun pandamêl.

Dene dadosipun nganasir absara makatên.

Banyu dados roh, angin dados napas, gêni dados napsu, bumi dados badan.

Banyu mratandhani rahsa.
Angin mratandhani gănda.
Gêni mratandhani rupa.
Bumi mratandhani warna.

Kumpulipun warna, rupa, ambu, rahsa.

Ambu: lungguhing grana, rahsa: lungguhing lesan, rupa: lungguhing wujud, warna: lungguhing cahya.

Mênawi têmbungipun guru kula dipun wastani: sarengat, tarekat, kakhekat, makrifat.

--- [13] ---

Sarengat: lampahing badan, dunungipun ing lesan.
Tarekat: lampahing manah, dunungipun ing pamyarsa.
Kakhekat: lampahing nyawa, dunungipun ing grana.
Makripat: lampahing rasa, dunungipun ing netra.

Kosokwangsulipun dados: dad, sipat, asma: apngal malih.

Dad: wujud, punika inggih saking kaananing napsu.
Sipat, tulisan, punika inggih saking kaananing jasat.
Asma: aran, punika inggih saking kaananing ambu.
Apngal, pandamêl, punika inggih saking kaananing rasa.

Sakawan punika dados yuwananing gêsang, dene sampurnaning gêsang: inggahipun inggih kawan prakawis.

Ingkang rumiyin sirnaning rahsa, kaping kalih sirnaning napas, kaping tiga sirnaning daging, kaping sakawan sirnaning napsu.

Kumpulipun dados kawan prakawis: lêyêp, layat, luyut, licin.

Lêyêp, sampurnaning rahsa, layat: sampurnaning napas, luyut, sampurnaning daging, licin, sampurnaning napsu.

Sirnaning rahsa, têgêsipun: sudaning raos gurih, lêgi, pait, pêdhês, kêcut, asin.

Sirnaning napas, têgêsipun: sudaning pangambêt: arum, amis, pênguk, lan sasaminipun.

Sirnaning daging: têgêsipun: sudaning kulit, tuwin kusuting sarira.

Sirnaning napsu: têgêsipun: sudaning ulat, kucêming cahya.

Manawi sampun makatên, lajêng badhe sumêngka pangawak braja,[1] têgêsipun: jisim latip, sirnaning wadhag dados alus.

Dene kadadosanipun gangsal prakawis: mila dipun wastani pănca dumadya, têgêsipun pratandhaning kadadosan gangsal pangkat, wijangipun makatên:

1. Têtês, têgêsipun: tetala, kajêngipun ing raos. Manawi sampun sumêrêp asaling dumadi, lajêng dumadi anêtêpi gêsangipun. Kabasakakên wahana, inggih punika tanajul tarki, inggih turuning tumuwuh, ambabar wiji, ingkang katêmbungakên tanajul inggih ing gêsang, tarki: tumitahing gêsang.
2. Tatas, têgêsipun têdhas, kabasakakên ngadam makdum, têgêsipun purwa wasana, inggih sunyaruri, anandhakakên manawi purwaning sêpi, wasananing sêpi, awit Sang Hyang Êsa sampun jumênêng pribadi.
3. Titis, têgêsipun angencoki, tumanêm ênêng êning, anandhakakên kalanggênganipun.
4. Putus, têgêsipun pêdhot, rampung babarpisan, kabasakakên sampurna, dening suci mulya kadi mulanipun.
5. Tumus, têgêsipun têrus, manjing lingga bathara, satu rimbagan: tanpa wêwangênan, punika dipun wastani sawarga.

Dene prabawa gangsal, mila dipun wastani pănca prabawa, dening mratandhani pangabaran gangsal [gang...]

--- [14] ---

[...sal] pangkat, wijangipun makatên:

1. Lungit, têgêsipun alus, dening sampun badan alus, awit saking kabêkta lêpasing budi, wêruh dèrèng winarah.
2. Singit, têgêsipun angkêr, dening sampun sipat sumamar, awit kabêkta saking langgênging datipun.
3. Wingit, têgêsipun nyênêni, dening amiyambaki, awit kabêkta saking antêping tekadipun.
4. Ngulabi, têgêsipun balêrêngi, dening sampun sidik ing sêdya, awit kabêkta saking bunaring manahipun êning.
5. Maladi, têgêsipun ngurubi, dening sampun botên kasamaran, awit kabêkta saking mênêbing budi.

Kosokwangsulipun inggih păncadriya: pangucap, pangambu, pamiyarsa, paningal, pangraos, lêpasing pangandika, lêpasing pamyarsa, lêpasing paningal, lêpasing budi: ringkêsanipun makatên.

Pangucap, purbaning rasa, pangambu pamyarsa: purbaning pangrasa, paningal, inggih purbaning paningal,pangrasa purbaning dad.

Mila kabasakakên angandika botên akalihan lesan, anggănda botên akalihan grana, aningali botên kalihan netra, angraosakên botên kalihan sarana, awit sampun kapurba roroning atunggil, nunggil kaanan salaminipun, sampun wangwang sampun sumêlang yèn ingkang murwèng wêkas sampunsawujud tunggil kaananing agêsang.

Têlas pangandikanipun Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Endra tampi sajatosing raos sadaya, amung wontên kang pinabênan, dening kaananing anasir kaluhurakên bumi, punapa botên latu rumiyin. Sang Hyang Wisnu tampi karêntêging osik makatên wau lajêng matur malih.

Dhuh aluraning ulun, mênggah panggalih paduka makatên punika lêrês, anamung sanès babaripun. Manawi nganasiring băngsa jin inggih makatên, awit jin saking asaling latu, amila kasampurnanipun badhe dumunung wontên ngalam siwandakara kemawon. Manawi bangsaning manusa: sampurnanipun dhatêng gaib.

Pangandikanipun Sang Hyang Endra: sira bangsaning apa.

Wangsulanipun Sang Hyang Wisnu: manawi kula bangsaning manusa kajiman.

Pangandikanipun Sang Hyang Endra: antêpira marang ngêndi.

Wangsulanipun Sang Hyang Wisnu: kawula antêpi sadaya, anamung kawula angge lair kalihan batin, ing lair kajiman, ing batin kamanusan. Mila makatên kawula wangsulakên asal kawontênan kawula, kamanusan kawula saking priya, awit priya angwontênakên jiwa, kajiman kawula saking èstri, awit èstri angwontênakên raga, mila sabăngsa kawula tinitahakên sanès akalihan samaning manusa, awit wadhagipun wiji saking alus, sampun prasasat alus sadaya.

Sang Hyang Endra sampun dumunung, botên kagungan raos-pangraos.

Sawêg dumugi samantên, Sang Hyang Guru rawuh ing ngarsaning putra sakalihan, sarta paring pangandika, yèn kawruh punika kagêm pêpingitan. Awit manawi kagiyarakên saèstu badhe botên pinaèlu ing manusa, karana Sang Hyang Guru taksih among manusa, benjing babaring kawruh punika yèn sampun jaman adiyati, pangajawining para aoliya, para jawata sêdhêng ngisik Sastra Harjendra, tuwin Sastra Cêtha, awit badhe lajêng dumunung

--- [15] ---

ing alam kabatosan. Wasana paring dhawuh pangandika makatên.

He, putraningsun karo pisan, sumurupa: ingsun wuwuh jêjuluk, Sang Hyang Sidhajati, dene Si Endra ingsun wuwuhi aran Sang Hyang Supadyajati, Si Wisnu ingsun wuwuhi aran Sang Hyang Narayana, mulane ingsun jêjuluk Sang Hyang Sidhajati, dening ing têmbe ngèsthi langgêng ing kajatèningsun. Marmane Endra ingsun arani Sang Hyang Supadyajati, awit antuk kawruh jatining upaya, mulane Si Wisnu ingsun arani Sang Hyang Narayana, awit têtêp kaananing manusa sajati, amratandhani ing têmbe manjanma ing manusa kaping pitu.

1. Ana ing Makukuhan, satu rimbagan lan Raja Kanwa.
2. Ana ing Maèspati, satu rimbagan ratu kang aran Arjunasasra.
3. Ana ing Ngayudya, satu rimbagan ratu kang aran Ramawijaya.
4. Ana ing Dwarawati, satu rimbagan ratu kang aran Krêsna.
5. Ana ing Kadhiri, satu rimbagan ratu kang aran Jayabaya.
6. Ana ing Malawapati, satu rimbagan ratu kang aran Anglingdarma.
7. Ana ing Janggala, satu rimbagan ratu kang aran Panji Suryawisesa, minăngka polatan marang jêjêging ngarcapada, yèn wus mangkono bakal tumêka sampurnaning dewa kabèh.

Kèndêl pangandikanipun Sang Hyang Guru, putra kalih angèstokakên. Dewa têtiga sampun jumênêng trimurti, sasampuning makatên jawata katri lajêng muksa ing kahyangan. Titi.

Wiyosipun, mênggah panggayuhipun para pandhita, kawruh Sastrajendra wau kapralambang malih, têmbung Sastra Harjendra têgêsipun: sipat kalanggênganipun sarira, Sastra Cêtha, têgêsipun: sipat sajati, kawêngku sajatining sipat, ingkang dipunwastani sipat sajati: păncadriya, ingkang dipun wastani sajatining sipat punika dad, dad punika janggêrêng, janggêrêng punika wujud, wujud punika kăntha, kăntha punika samar, samar punika gaib, gaib punika langgêng.

Dene Sang Hyang Guru punika ngibaratipun: dad, Sang Hyang Endra: badan, Sang Hyang Wisnu karsa.

Wukir Jamusdipa, têgêsipun padhang pêtêng, wijangipun, jamus, pêtêng, dipa = padhang, inggih punika ngibarat ngalam dunya kalihan ngalam kalanggêngan.

Ingkang dipun basakakên pêtêng punika ngalam dunya, dening ênggèn susah, supe, risak, ngibaratipun ing raga.

Dene ingkang binasakakên ngalam padhang punika: ngalam kalanggêngan, awit amung bingah sarta ênêng êning, ngibaratipun ing jiwa.

Têmbung jitabsara, lêrêsing têmbung: jit-absara, wijangipun jit: turun, utawi tuwuh, absara: alus, pikajêngipun: tumuwuhing kaalusan, utawi alus kang tumuwuh, inggih punika gêsang sipat alus. Ingkang katêmbungakên alus punika băngsa jawata, dados salêsihipun têmbung jitabsara punika: aluraning dewa, kêplokipun: aluraning kawruh, awit têmbung Sangskrita, absara têgêsipun: tingal.

Dene têmbung Pustakadarywa, têgêsipun sêrat kêkancinganing budi, wijangipun,

--- [16] ---

pustaka: layang, darywa: budi, karsa, utawi manah, kêplasipun, kalêpasaning panggalih.

Awit saking punika sarèhning wontên suraos makatên, sang bijaksana muhung darmi narbuka ambabarakên, wasana jumbuhing kawruh sumăngga.

Punika wontên kawarna malih, sastra kalih dasa kang pinalipala, têgêsipun aksara rongpuluh kang kawangsul pakantukipun, ing ngajêng anggitanipun Bathara Panyarikan, dipun wastani Sastra Dêntabsara, têgêsipun: kaêninganipun jawata, utawi wêninging kaalusan, mênggah pikajêngipun, sastra kang angêmu rasa, wijangipun kados ing ngandhap punika.

I. Ha na ca ra ka, têgêsipun, wontên utusan ingkang dipun wastani utusan punika cahya, kang angutus Sang Hyang Êsa, ingkang dipun wastani Sang Hyang Êsa punika: dad, dene dunungipun malih wontên walikanipun.

Kara ca naha, têgêsipun pandamêling pangucap, wijangipun kara: pandamêl, ca naha pangucap, kajêngipun têrsandhaning swara kumêcap ing lesan.

II. Da ta sa wa la, têgêsipun dad kapratăndha ing swara, swara punika saking êning, angêningakên dados amosik sabawa.

Lawasatada, têgêsipun, lamia dumunung, inggih punika langgêng amratandhani, anggèning mratandhani wontên ing gêsang.

III. Padhajayanya, têgêsipun, sami unggul, inggih punika dumunungipun ing păncadriya, mênggah sadaya sipat agêng alit andhap inggil, ing păncadriyanipun botên bèntên.

Nyayajadhapa, têgêsipun botên pêgat ing pangidhêpipun.

IV. Magabathanga, têgêsipun, sarira punika batangan, inggih pêthekan, dening dados sasandining kawruh sajati, têtêp kaananing warana.

Ngathabagama, têgêsipun angăntha satata, dening kanthaning sarira sajatosipun panunggilan akalihan kang amurwani wontênipun kawula saking Gusti, sajatining Gusti inggih asêsăndha ing kawula.

Sasampuning makatên lajêng sastra păncaswara, a: dipun wastani rahsa adi, kajêngipun ăngka 4 kalihan pasangan sa, têgêsipun ăngka 4 bumi, gêni, angin, banyu, pasangan sa têgêsipun sawiji, dados kajêngipun witing wiji saking anasir sakawan wau.

I: kajêngipun mungêl bayi, dening dados tăndha pasihaning Pangeran, awit dèrèng darbe was sumêlang, amratandhani dèrèng darbe walat, kajêngipun amung bingah.

O: ungêlipun wêda, têgêsipun katingal, dening dados gêlaraning kawruh.
Rê: ungêlipun paja, têgêsipun antara, dening dados antaraning panunggal.
Lê: ungêlipun ngêna, têgêsipun makolih, deningdados sêsulih.

Dene dadosipun sapta swara: wêwah 6 kalihan u, 6 mêndhêt pasangan da, u: ungêlipun ngêda, têgêsipun awas.

Sasampuning makatên lajêng sastra warga limalas, katrining pănca, têgêsipun, kang têlu para lima, wijangipun kados ing ngandhap punika.

--- [17] ---

Pabama: têgêsipun raos, katăndha ing lesan.
Wajanya: têgêsipun pangraos, katăndha ing osik.
Thadhana: têgêsipun pamyarsa, katăndha ing karna.
Tadara: têgêsipun paningal, katăndha ing netra.
Kaganga: têgêsipun panggănda, katăndha ing grana.

Kumpulipun inggih păncadriya, panggănda, paningal, pamyarsa, raos, pangraos.

Dados aksara sadaya wau kajêngipun atêdah kaananing dad: sipat, asma, apngal, utawi kadadosaning gêsang, wasana andunungakên păncadriya.

 


§ bajra. (kembali)