Madubasa II, Padmasusastra, 1918, #992

Layang Madubasa II

Karangane Ki Padmasusastra, Ngabèi Wirapustaka.

Kaêcap ing pangêcapan Porstênlandhên, ing Surakarta, taun 1918.

--- 2 : [0] ---

Madubasa II.

--- 2 : [0] ---

[...]

--- 2 : [0] ---

Layang Madubasa II

Karangane Ki Padmasusastra, Ngabèi Wirapustaka.

Kaêcap ing pangêcapan Porstênlandhên ing Surakarta, taun 1918.

--- 2 : [1] ---

[...]

--- 2 : [2] ---

Sêrat Madubasa II.

Sêrat Madubasa punika paklêmpakanipun piwulang sae sawatawis ingkang pinanggih ing dalêm sêrat-sêrat kina utawi sanès-sanèsipun ingkang kamanah prayogi dados piwulang tumrap dhatêng lare ingkang taksih mudha punggung, lowung mênawi sagêd têdhas kangge ngêndhak angkaraning manah ingkang badhe dhumawah ing karisakan.

Surakarta Oktobêr taun 1917.

Ki Padmasusastra.

--- 2 : [3] ---

[...]

--- 2 : 4 ---

uni

wong yèn wis tuman muni goroh, sanadyan muni têmên, iya ora diandêl, sarèhning muni goroh, muni têmên, padha bae: ora diandêl, dadi urip tanpa cangkêm.

enak, kapenak

wong yèn wis kapenak, duwea cipta marêm, mêsthi ambrêkati.

êndêm

yèn tanggamu mêndêm wuragang, enggal tulungana banyu asêm, nanging yèn para bêndara kang wuru, kapêthuk ana ing dalan, enggal dhodhokana, awit mung iku jamune.

unta

gampang unta lumêbu marang lènging êdom, karo wong sugih lumêbu marang karatoning Allah Indj: 42 (24).

intên

intên iku tibaa ing pawêdhèn, iya isih dadi intên, mangkono uga wong pintêr, tibaa ing ngêndi-êndi, iya isih akèh rêgane, mulane aja lali marsudi kapintêran, awit iku dadi sanguning urip.

--- 2 : 5 ---

untung, kauntungan

kauntungan kang ora mêtu saka kaskayane dhewe, malah sok nuntun marang panasaran, mulane diawas marang cobaning Pangeran.

ora ana

a. pêpadhang tanpa papêtêng: anane. b. sidhêm pramanêm, yèn tanpa prahara dhisike. c. pangaji-aji, kamulyan, tanpa rialat têkane. d. kanikmatan, kang tanpa rêkasa: dadine. R.A. Kartini D.K. 1916 No. 91.

aral

aja gumampang mêsthèkake rampunge pagaweanmu: kang lagi kotandangi, awit pirang-pirang araling kawula kang durung kosumurupi, kaya ta: kêdadak lara, gêdhene kasripahan, bisa murungake sêdyamu, kang kokira gampang: dadi angèl, kang kopêsthèkake dadi: dadi wurung.

urip

sapa sing arêp urip dhewe, samôngsa kambah ing rêribêd, [rêribê...]

--- 2 : 6 ---

[...d,] akèh kang nyokurake.

a. urip ana ing alam dunya, iku mung sapisan: jarene, mulane yèn wis ora kabênêran sapisan, kêplantrang nganti tumêka ing pati.

b. urip iku ngungkuli pangan, badan iku ngungkuli pangago,[1] Indj: 12 (25).

c. sanadyan urip iku kanthi kasusahan akèh, iya uga manis Dier verh. 17-5.

urmat, pakurmatan

Wong kang ora bisa minta-minta marang pakurmatan dadi kêlojak-kêlajuk, sing dudu bênêre, diluwihi rikuh, sing bênêre, dikurangi: lara atine, mulane sing ngati-ati, aja dumèh pakurmaktam[2] ora tuku, satêmêne akèh ajine.

erang

pangerang-erang

Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong: ora bêcik, gawe sêriking ati, tur yèn kowe winalês ing têmbung pangerang-erang, kang bisa ngrusakake pangerang-erangmu, gugup atimu kuwur kaworan maras.

--- 2 : 7 ---

ati

Nitik ala bêcike atining wong, kajaba saka solah bawa muna-muni, kaya kang wis pinathok ing dalêm layang piwulang: brètèm kêna tinitik saka yèn ngabotohan, agêre[3] akèh kanisthane, wêdi kalah, katon dhêmên dhuwit, tansah ingetung utawa tinata, iya ala atine.

a. ora pêrlu nuruti karêp atining wong, awit nuruti karêp atine dhewe bae ora kaconggah, sing bêcik dhewe wèwèh sabisane kang winadi sarta kalawan iklasing ati, iku tinarima ing batin, arum gandane ngambar têrus marang pangayunaning Pangeran, nanging yèn pawèh mau ginawe sasongaran, kinandhak-kandhakake ing liyan, ora tinarima, malah sinêrikan marang wong kang dèn wèwèhi.

b. anjajagi jêro cèthèke atining wong, umukana lêlakon kang aèng-aèng, yèn anggragap milu kaeramanmu, cèthèk bae, kêna koêngkos, nanging yèn tinêmu ayêm: undurana, iku mratandhani yèn jêro, durung kêna kojajagi, nuli salina gêlar angêmpakake [a...]

--- 2 : 8 ---

[...ngêmpakake] kasujananmu.

c. ati rêsik, wani ngingêtake rai, nanging ati rêgêd: wêdi, malah ngingêtake layangane dhewe bae: trataban, wis kudu mangkono kudrate.

d. wong yèn wis bisa ngalahake atine dhewe, iya iku wong linuwih.

utama: kautaman

Kautaman iku dadine saka kabêcikan, ora ana bêcik, iya ora ana utama.

utang sêlang

Watêke wong dhêmên utang sêlang, iku ora bêcik, agawe asoring drajate dhewe, angunggulake drajate wong liya, kapêksa wêdi sarta angurmati marang wong kang mitulungi. Apa ora eman drajate diurupake mung rêga samono.

Watêke wong dhêmên utang, andhisikake kabungahan, ngarèkake kasusahan, sinandhang krakêt kaya pulut bêndha, ora bisa uwal ing salawas-lawase, dene watêke wong dhêmên nyilih panganggo, ngambakake rai katon ing ngakèh, nanging padha sanalika bisa [bi...]

--- 2 : 9 ---

[...sa] dadi ciyut, yèn barêngan karo wong kang duwe barang, tur mung karo wong siji, dadi wong dhêmên nyilih panganggo ora bêcik, bêcik manganggo duwèke dhewe, sanadyan luwas, rasaning ati ngungkuli sing anyar, wong utang ditagih sêmaya, têkaning ubaya cidra, iku padha bae karo anggugu swaraning kumandhang: bonggan sira.

Awit saka iku yèn wong wis gêlêm nyukup kabutuhaning liyan: kang iklas, wong wis kolilakake, bali: sukur, ora: ya wis, atimu kapenak.

isin

watêk isin anjaluk, iku tôndha yèn luhur budine, sanadyan wus dadi bênêre: iya amitambuh, ciptane: môngsa oraa kadarbe ing aku, asile krangsangan: apa, iku budi papêthingan.

èsêm

aja enggal-enggal pracaya marang wong mèsêm-mèsêm kanthi panggunggung, kang akèh iku watêke wong ngapus-apusi, yèn longok-longok ora wurung kêjêblos rêmbugmu.

--- 2 : 10 ---

hawa nêpsu

candhêtên hawa nêpsumu, supaya bisa nyingkiri bêbaya kang tumanduk marang jiwa ragamu.

ewa

samubarang panganggêp kang koewani, iku aja koêmpakake ing liyan.

ala kêtara, bêcik kêtitik

aja sumêlang nglakoni panggawe bêcik, ingaran ala, ngelingana marang bêbasan, dipêndhêma sadêdêg sapangawe: iya bakal mêncungul dhewe, wong ala kêtara, wong bêcik kêtitik.

ula

angganing ula, sanadyan ninggal walungsungane, iya isih têtêp aran ula, mangkono uga wong ala, ora kêna tinutupan ing ujar bêcik Otm. F. III 150-2 v.o.

ular-ular

sira padha mangana lan ngombea, nganti sira waspada tumrontonging ular-ular putih (wayah bangun esuk) saka ular-ular irêng (wayah bêngi) Koran art 183.

--- 2 : 11 ---

ilok

aja wani marang bapa biyung: ora ilok, wong tuwa ala-ala amalati.

Allah

Gusti Allah kang murah ing dunya, asih ing akirat, wajib linuhurake asmane, sajroning kabungan lan kasusahan.

a. kowe aja nglakoni panggawe ala, sanadyan ora kawruhan ing liyan, dening kowadi, nanging kowe kêlalèn yèn Gusti Allah ora sare, nguningani saparipolahing manungsa kang samar-samar.

b. kabilaèn lan kasusahan kang sinandhang ing manungsa, karsaning Allah mung murih bêcike.

c. rahayu mong[4] kang ngèstokake parentah utawa ngabêkti maring Allah sanyata.

d. Allah iku ora kêna ginawe gêguyon Indj: 395 vort 67. 11.

e. kabutuhaning manungsa mungguhing Allah mung yèn kêlaran, asêsambat ngaru-ara: Gusti Allah kula nyuwun ngapura, nyuwun èngêt, nyuwun saras, nanging yèn ora kêlaran, [kêla...]

--- 2 : 12 ---

[...ran,] ora pati butuh, malah lali babar pisan, upama ora mêngkono: kêpriye.

f. sanadyan kuwasaning Allah angèbêki jagad, suprandene ana saprakara, Gusti Allah ora sagêd damêl antaraning obah lan mênêng, yèn ora obah iya mênêng, yèn ora mênêng, iya ora obah, iku mêsthi.

g. êtuking kawicaksanan iku mung wêdi maring Allah.

h. Gusti Allah ora mêksa marang wong kang ora gêlêm.

alêm

ngalêm anak putune dhewe iku lumrah, sarta ora gawe sênênge wong kang ngrungokake, yèn bisa aluwung ngalêma anak putune rewangmu linggihan: kang kêna, iku bêcik, olèh panarima, Zie W. D, 1844- I. 269.

a. sapa sing dhêmên ngalêm marang awake dhewe, cangkême pantês ditapuk, dening ora sumurup yèn kang wajib ngalêm cangkêm liya.

apik

wong apik dhêmên milih pangan, satêmêne ora mêsthi bêcik, kajaba akèh wragade, yèn wis kalakon pamilihe, iya durung mêsthi rasaning ilate enak,

--- 2 : 13 ---

awit dununging rasa enak, ora ana ing pangan enak, ana ing rasa ngêlèh, sanadyan mangan sawiyah, rasane iya enak, dadi wong ngêlèh iku sing bêcik dhewe, ngungkuli wong apik W. D. 1844 I. 332.

apês

ora ana wong luput ing apês, utawa bilai, sanadyan panjênêngan ratu iya kêsrambah anglampahi. Yagene kowe ngêrês macêt anglakoni papa cintraka, lalarên awakmu, amêsthi tinêmu ana kokot bolote.

apus

sapa sing ngapusi darbèking liyan, amêsthi nêmu kawirangan lan paukuman.

ipil gew ipil-ipil

ipil-ipil kawruh iku bêcik, nanging aja nglirwakake kawruh kang wis tinêmu.

aji

sapa sing gêlêm ngajèni marang ing liyan, iya gênti ingajenan.

--- 2 : 14 ---

iji

bêcik ana ngomah ijèn, karo nganggo rewang wong ala Oem F. II. 314. 10.

iya ora

pangandikane Nabi Ngisa, pangucapmu mangkene: iya iya, ora ora, yèn kurang luwih saka iku, mêtu saka ing piala, Indj. 10 (37).

uyah

kowe iku uyahing bumi, mênawa uyah ilang asine, kang ginawe nguyahi apa? Ora ana paidahe manèh, kajaba mung dibuwang marang ing jaba, Indj. 8 (13).

a. uyah iku bêcik, ananging uyah yèn ilang asine apa kang koênggo nguyahi, Indj 9 (50).

oyod

sabab kamelikan dhuwit iku, oyoding sarupane piala, Indj. 434 (10).

amarga

tak wèhi srupiyah apa cukup.

durung cukup.

upama saringgit kêpriye.

--- 2 : 15 ---

iya durung cukup.

lah saiki tak uja sakarêpmu bae.

tak rasa-rasa iya mêksa durung cukup, amarga ...

wis ora susah tinata nganggo têmbung: amarga, ênggonên sangu besuk yèn arêp mati bae, kobèt.

umpak

aja dhêmên ngumpak wong kang ora nyata, bakal kêpatuh dhêmên calathu goroh, sujana ora dhêmên ngrungokake, W.D. 1844-I. 268.

Ibrahim

dêmi Allah kula botên purun mêndhêt kagungan sampeyan, supados ing wingking sampeyan botên ngandika: aku kang nyugihake Ibrahim.

angèl, kangelan.

aja ngetung kangelan kang gawe rêkasaning awak, elinga yèn iku dalaning kabêgjan kang bisa narik tibaning ganjaran.

a. sapa sing nyingkiri kangelan sathithik, amêsthi pinêksa anglakoni kangelan akèh.

--- 2 : 16 ---

b. sapa sing nglakoni kangelan dhisik, amasthi nêmu kapenak kari.

anggêr

anggêr-anggêring Allah kang kadhawuhake marang Nabi Mukhamad, ana limang prakara kaya ing ngisor iki:

1. sahadat kalimah loro.
2. salat limang wêktu, subuh, lohor, ngasar, mahrib lan ngisa.
3. puwasa ing sasi Ramêlan.
4. jakat pitrah sataun sapisan.
5. munggah kangji marang Mêkah.

a. Anghêr-anggêring[5] Allah kang kadhawuhake marang Nabi Musa, ana nêm prakara, kaya ing ngisor iki.

1. sira ngajènana marang bapa biyungira.
2. sira aja matèni wong
3. sira aja laku bandrèk
4. sira aja nyênyolong
5. sira aja dadi saksi goroh
6. sira aja melik marang darbèke kancanira.

--- 2 : 17 ---

anggur

wong ora bisa ngisèkake anggur anyar ing impês lawas, yèn mêngkono anjêbolake impês, anggure wutah, impêse bêdhah, Indj. 17 (17).

onggrong

ora ana wong kang luwih onggrongan kaya wong kang ngalêm awake dhewe, 12 verh. 76 (9).

naraka

kowe aja sok dhêmên padon prakara, aluwung onjon-onjonana kawruh, kosok baline kowe bakal mênyang rahmatullah, ing kana tinêmu pasulayan kang ora kêna tinêrangake dening manungsa, J.Z.L. Th. Maijer, 64-16.

nistha: kanisthan

kanisthan luwih asor karo kêmlaratan 12 verh. 76 (11).

a. kanisthan iku angrusakake ajining raga, sanadyan putra wayahing ratu yèn anglakoni mangkono: iya ora kajèn.

nêpsu: kanêpson

wong kang dhêmên ngumbar kanêpson, kêrêp nandhang pituna.

--- 2 : 18 ---

a. riwuting kanêpsone rowangmu lungguhan, ora susah kolanggati, gêdhene kotantang kêrêngan, ewanana bae, iku prasasat wis kotapuk raine sangarêpan.

napoliyun napolion

pangandikane Prabu Napoliyun Bonahparte, têmbung Prasman un Homme Quparle deuz languis deux homme jarwane:

Wong bisa basa sabasa, dadi rong basa karo basane dhewe, padhane duwe rewang wong loro, dene yèn bisa rong basa, duwe rewang wong têlu sabanjure, M.M. 1918 No. 4.

nêng

ênêng iku minôngka angrênggani lan anuguri umur 1001 N. I. 492, 5.

a. Wong mênêng iku ana sajabaning pakewuh 1001 N. I. 492, 5.

cacad

wong kang bisa marèni cacade dhewe, durung aran sujana, yèn durung bisa nglumuhi cacading liyan.

--- 2 : 19 ---

crah

crahing pamitran, anggêmpalake katêntrêman.

crawak

clathu sêru mung gawe kagèting bocah, wong tuwa ora kagèt, mung ngarani: crawak. Kang nganggit layang iki: crawak, pituture kang mêtu saka ing lesane: aja kogugu, apa kang pantês ginugu, nontona piwulang sujana, Lett. a.

cidra

wong cidra ngubaya luwih abot karo wong utang durung nyaur, yèn wis disauri ilang pinggêting ati, kajaba yèn dikêmplang, iku lagi padha utawa ngacèki karo wong cidra ngubaya.

catur

nyatur alaning bandara, padha bae karo nyatur alaning bojo, karo pisan iku nelakake alane dhewe, luwih saka sing dicatur, W.D. 1844. I, 268-4 v.o.

a. Yèn kowe dijak nyatur alaning wong: gêlêm, kowe iya bakal dicatur ala marang wong iku, kayadedene [kayade...]

--- 2 : 20 ---

[...dene][6] panyature marang maru kang kinasih, iku wi[7] mêsthi.

calathu

wêtuning calathu, kang ora pinikir dhisik: luput, iku kaya wisa mandi kocawisake ana ing rampadan.

a. clathu bêcik = salaka, clathu mêrakati = mas, nanging wong mênêng = barliyan.

colong jupuk

aja sok dhêmên colong jupuk, sanadyan ora kawruhan wong saiji-ijia, iya aja, apa kowe kêlalèn yèn bakal ana sing nuturake kaculikanmu mau, iya iku ilatmu dhewe, dening manungsa wus kinudrat ora bisa simpên wadi ing salawas-lawase.

campah

aja sok para campah mênyang sapadha-padha, yèn winalês gawe kuwuring atimu.

cangkêm

gêgamane wong urip ana ing alam dunya: mung cangkêm, congkrah ing saduluran, saka cangkêm, rajatatu lan rajapati: iya saka cangkêm, pêcahing nagara: iya uga saka cangkêm. Sanadyan kosok baline, kadrajatan, [kadraja...]

--- 2 : 21 ---

[...tan,] kamulyan lan kasugihan, iya saka cangkêm, cangkêm ala dadi pangrusaking raga, cangkêm bêcik dadi pamulyaning raga, pilihên dhewe sasênêngmu.

congkog

godhong sadurunge kanggo ing gawe: dieman-eman, lêbaring gawe dibuwang marang pawuhan, bedane apa karo wong dhêmên dadi congkog, yèn wis kalakon, ora kabênêran, dicatur angloropake. Yèn kabênêran, mênêng bae, kaya orong-orong kêpidak W.D. 1844, I. 30-4.

rante

sakèhing papenginan kang gumêlar ing jagad, satêmêne mung dadi rantening awak, sumingsêt ora bisa nglokro.

rôndha

wong rabi rôndha kang anggawa anak têlu, iku padhane duwe bojo papat, tur kang padha ngulêri, Pemb. Bet. 1895.

rukun

rukuning sanak sadulur, agawe santosaning awak, rukuning wong akèh agawe raharjaning praja.

--- 2 : 22 ---

a. rukun agawe santosa, crah agawe rusak.

rakus

wong rakus iku barang-barang doyan, ora pilih lalab dipangan, awit saka rusuhe: gamang kêcandhaking lara wêtêng, lara wêtêng gampang patine, W.D. 1844, I. 332.

rosa: karosan

aja ngêndêlake karosanmu, kowe dudu kêbo, bêcik ngêndêlake kapintêran, kowe jarene manungsa.

a. sapa sing ngêndêlake karosane dhewe, ora wurung bakal kêduwung.

b. dadine rosa marang samubarang gawe saka pintêr anggarap pagawean alus, satêmêne mung saka digêgulang: atine maju, tuwuhing karosan, saka kapintêran.

rêm: marêm

anggêgulang marêm apa saanane, iku tuking kawasaran Indj: 44 (12).

rèmèh

sapa sing ora ngajèni marang barang rèmèh amêsthi bakal kelangan barang ênggêl.

--- 2 : 23 ---

ragi

ragi sathithik, bisa napèkake adon-adon akèh Indj. 394-8.

rubeda

ing dunya akèh rêrupan kang nêngsêmake ati, satêmêne iku mung dadi dêdalaning rubeda gêdhe.

kanthong

kanthongmu dadi gurumu sajati.

kara: prakara

sapa sing dhêmên prakaran, bênêra, luputa: ora bêcik.

a. aja dhêmên prakaran, mundhak dadi pakane Bathara Kala, sing mênang dipindhang, sing kalah dirêmpah.

Kuran

ingkang mungêl ing dalêm Kuran: makatên, bêktia marang kang duwe kuwasa ing bumi, 1001 N. II. 284-1.

karêm: pakarêman

aja andhêdhêr pakarêman sajroning ati, tuwuhing dhêdhêran ambilaèni.

a. aja anjurungi pakarêman kang ora jujur, iku nyudakake [nyudaka...]

--- 2 : 24 ---

[...ke] têntrêming ati.

b. aja duwe pakarêman kang tinggal majad, iku dadi dêdalane kamlaratan lan kawirangan.

kudratullah

kuwasaning Allah angèbêki bumi lan langit, yagene manungsa ora duwe pangandêl maring Allah.

kowah

maoni karsaning ratu: bisa, nanging maoni karêping bojo dhêmên kowah: ora bisa, kaku atine malah milu dhêmên pisan.

kawula gusti

karêpe kawula, iya karsaning gusti.

kali

panitike kali, yèn banyune santêr: cèthèk, yèn antêng: jêro, sujana kang linuwih: iya antêng.

kulambi

wong nambal kulambine sangkêlat luwas, karo sangkêlat anyar, kajaba malah ambabrakake, wuwuh wirang ambêbarang.

--- 2 : 25 ---

kudhi

mrangkani kudhi iku wong kang bisa manjing ajur-ajèr, caturan karo rewange wong sapajagongan, mung gumun utawa sêngsêm marang kang rinêmbug, dening wis sumurup yèn ora ana wong kang gêlêm kongkulan kapintêrane.

kêdhotan

aja ngêndêlake marang ilmu pandhot (kêdhotan) ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda, iku rak dhèk biyèn, saiki ora mêngkono. Ana sawijining priyayi kang isih ngandêl marang ngilmu paldhot, ana ing pajagongan sulaya karo priyayi rewange lungguhan, arêp mamèrake kêdhotane, ngunus kêrise dipancasake baune dhewe, pangarahe dadia pangeram-eram katona kêdhotane, pangirane mêsthi ora pasah, iku gawe kajèn kèringane, tibane ora, lèwêg, kêrise tumancêp ing bau, gêtihe andalèwèr, iya isin bangêt, nyat ngadêg banjur mulih.

kuma

wong kumaluhur enz lali yèn manungsa urip kêna ing apês, [apê...]

--- 2 : 26 ---

[...s,] sarèhne awake kalêbu manungsa urip, iya kalêbu ing apês, yèn katêkan apês, padha sanalika ilang bawane: kuma, upama ora nganggo bawa kuma: apa gêla.

kumpul: pakumpulan

aja pakumpulan karo wong ala, mundhak katularan laku ala, pakumpulana karo wong bêcik, supaya katularan laku bêcik, suwe-suwe manuh kalakuanmu dadi bêcik.

kubur: pakuburan

pindha pakuburan kang linabur putih, ing jaba katone prayoga, ananging ing jêro kêbak bêbalunge wong mati, Indj: 52 (27).

kêthaha

wong kêthaha malah sok ora olèh panduman.

du, adu, padu

riwuting padumu, awèh dalan pangane wong kang pagaweane ambombong prakara, luput-luput barangmu dadi ranjapan.

a. wong padu iku ora ana sing êpur, kaya wong ngadu kêcik, [kê...]

--- 2 : 27 ---

[...cik,] kudu ana sing kalah utawa mênang. Sing mênang apa diarani bêcik: ora, iya diarani ala, dene sing kalah diarani ala rangkêp, sarèhning karo pisan mung tinêmu ala, bêcike ora padu bae.

dana driyah

ora dupèh dana driyah, yèn dana driyahe ora patitis, ora tinarima, kaya ta: dana driyah marang durjana, sasat kowe angrojongi laku kadurjanan.

durjana

aja ngalani utawa ambêciki durjana, mundhak kalepetan ala, bêcik singkirana bae, aja kôndha kêsompok, ora bisa nyingkiri, jagad isih jêmbar, W.D. 1844 I. 304.

doracara

wong dhêmên doracara atine ora jênjêm, kuwatir yèn ditundhês.

duraka

wong kang wani marang maratuwane lanang wadon, iku padha bae karo wani marang bapa biyunge, bakal anêmu

--- 2 : 28 ---

duraka.

drêngki

wong drêngki ora kêna dipêdhaki.

dakdir verk v. ladak en êdir

wong dakdir iku digêthingi ing wong akèh, suprandene akèh sing dhêmên mêngkono.

diyan

diyan awak iku mata, mulane yèn matamu waras, awakmu sakojur amêsthi kapadhangan Indj. 12 (22).

dom

zie unta.

a sadina saslundupan, lawas-lawas dadi jarit sakêbar.

digdaya, kadigdayan

ing jaman saiki apa ana wong digdaya, sumurupku wis ora ana, dadi mung kari têmbunge bae isih, dadi ngilmu kadigdayan, iya mung kari têmbange bae.

trate

nyawanga kêmbang tunjung kang ana ing bumi, kêpriye ênggone tumuwuh, ora anggarap gawe, lan ora ngantih, suprandene Suleiman, kaprabone kabèh [ka...]

--- 2 : 29 ---

[...bèh] ora ngagêm sawiji iku, Indj. 12 (23).

trêsna, katrêsnan

katrêsnan marang pêpadhaning tumitah, olèh ganjaraning Pangeran.

a. Katrêsnan iku sariraning Gusti, drêngki awaking setan.

tarumpah

pangwasane angungkuli aku, aku ora patut ngampila tarumpahe, Indj 5 (11).

tata ngadat

wong kang ora sumurup ing tata ngadat, uripe mung dadi wêlasan.

tatu

tatuning awak bisa waras dening tômba, nanging tatuning ati ora, mari-mari yèn wis mati.

tutur, pitutur

sapa sing baèkake pitutur bêcik, banjur nglakoni panggawe ala, nandhang tiwas, utawa pituna, iku lagi duwe rumasa luput, nanging ora kêna dibalèni supaya bênêr.

a. ing dunya isi pitutur kang mawa pamrih, pikirên kang wêning, ana [a...]

--- 2 : 30 ---

[...na] pamrih kalal, ana pamrih karam.

b. aja awèh pitutur marang wong, yèn lêpiyane pituturmu mau ala.

c. pitutur bêcik iku ajine tanpa wangênan, yagene ora kolakoni, pilalah anglakoni pitutur ala kang tanpa aji.

tatal

kêpriye dene kowe wêruh tatal kang ana matane sadulurmu, nanging gêbingan kang ana matamu ora kokawruhi, Indj.

tiwas, katiwasan

sapa sing nêmu tiwas dening bodhone ora dadi pintêr, uripe mung ana sadhuwuring kewan.

a. wong katiwasan cilik andadèkake prihatine, iku luput, ora wêruh yèn karsaning Allah, iku dadi piwulang lupute saka katiwasan gêdhe.

tali

têtalining guyube: pêdhot (= rukune: crah), Koran 96.7.

--- 2 : 31 ---

tulung, pitulung, mitulungi

aja anjagakake pitulunging liyan, sing akèh sok ambalenjani, bêcik anjagakake pitulunge dhewe, dhasar wus bêcik cilik mula, wis sumurup atèn-atènane, tur ora kalêgon ing kabêcikan.

a. Sapa sing dhêmên mitulungi utawa ambêciki marang pêpadhaning tumitah, sanadyan maranga ing kewan pisan, atine kêpenak, polatane jêmbar, tarkadhang ana kalamangsane olèh piwalês, sing mêsthi rumasa dibêciki, iba rêgane.

têmên: tumêmên, katêmênan

wong tumêmên ing barang sathithik, iya tumêmên ing barang akèh, mêngkono uga kosok baline Indj. 161 (10).

a aja susah tinarka anglakoni panggawe ala, katêmênanmu pangumbahing awak dadi rêsik, rêsiking ati Allah ngudanèni.

tangi en turu

wong tangi iku akèh rêgane, sabab apa dianggurake, [dianggur...]

--- 2 : 32 ---

[...ake,] apa dhêmên tangi kang tanpa rêga.

Wong turu iku kosok baline wong tangi, tanpa rêga, nanging mêngko yèn wis tangi bakal akèh rêgane, yèn ora bisa gawe rêga, konên turu manèh bae W.D. 1.844 I. 269-6.

a. Wong yèn ora anggugu piwulanging para nabi, sanadyan dituturi dening wong kang tangi saka ing pati, iya ora digugu K.S. 322 (10).

tangan

yèn kowe dêdana, tanganmu kiwa aja nganti wêruh panggaweyane tanganmu têngên, supaya danamu ana ing pasingidan katarima Indj. 10 (13).

tingkah: pratingkah

wong kang bisa nitèni ala bêciking pratingkahe wong liya, sarta gêlêm niru kang pantês pinilih, iku sarjana.

sih trêsna

wong kang asih trêsna marang pêpadhaning urip, iku unusaning manungsa, patut sinudarsana.

santri

kêthèk dolanan krambil, menco ngocèh, santri

--- 2 : 33 ---

ngaji, ora ngêrti apa kang dèn unèkake J.Z.L. Th. Maijer 66-2.

santika kw. kuwat

kasantikan (=kakuwatan) kêna disinau wiwit bocah, bocah ringkih dadi rosa, anjunjung barang bot salawe kati, mundhak sakati sakati sabên esuk, bisa dadi satus kati.

sandhamani

ing layang Sandhamani, anggitane pujôngga Hindhu, ana bêbasane mangkene: piwulang bêcik iku tanpa gawe mungguhing wong ala, Snj. P. verh. 208-3 v.o.

sêndhu: nyêndhu

nyêndhu wong kaluputan iku ora bêcik, pakolèhe mung gawe sêriking ati, ora pisan tinarima olèhe ambênêrake kaluputane, sanadyan wong iku banjur sumurup ing kaluputane, yèn rumasane panyambut gawene wis kabênêran, malah wani mila wani panyêndhune.

--- 2 : 34 ---

sônja

wong dhêmên sônja iku andhêdhêr wiji ala.

sor

sor-soran kang kumudu-kudu nimbangi dhêdhuwurane, malah sok kongsêb.

sarèh

sakèhing godha rêncana kang tumiba ing awakmu, bisa cabar utawa wurung dening sarèhing ati.

sarak

dhawah sampeyan ingkang dhumatêng kula, badhe kula upamèkakên sarak ing salami-laminipun 1001 N II. 301, 5. v o.

sarjana

bêcik digêthinga ing sarjana bèrbudi, karo didhêmêni ing durjana julig, maksude pituturku iki, golèkana dhewe, arahên supaya dadi kosok bali.

suka gew. suka-suka

sapa sing dhêmên suka-suka (bungah-bungah) tinggal duga prayoga, ora wurung nêmu duka cipta.

--- 2 : 35 ---

sêkti: kasêktèn

kasêktèn iku menginake têmênan, kaya ta: bisa ngilang, bisa mabur, bisa amblês bumi, sapêpadhane, sarèhning angèl olèhe nyatakake, yèn kowe dhêngêr ngilmune aja kogawe umbag, bêcik golèkana ing pangimpèn bae, tarkadhang ana sing kêtêmu bisa mabur, atimu ayêm.

sêkolah

bocah pinardi ing kapintêran, kalêbokake ing pamulangan akire ora mung gawe kabêgjane bocah iku bae, iya uga gawe kabêgjane turune, sarta gawe kaluhuraning praja wutah gêtihe.

setan

kêsèt iku dadi susuhing setan, adhakane angèl ngupaya sandhang pangan, gampang nandhang papa cintraka. Kosok baline srêgêp, dadi juru panundhung setan, setane lumayu anggêndring, adhakane angèl nandhang papa cintraka, gampang ngupaya sandhang pangan.

satru

satrumu wirangna kalawan sabaring ati, atine wis gègèr [gè...]

--- 2 : 36 ---

[...gèr] dhewe.

a. pialane satru siji, ora cukup tinêbus kabêcikane mitra sapuluh.

sêtya tuhu

yèn kowe arêp wêruh mitramu kang sêtya tuhu titènana sajrone kowe nandhang papa cintraka, apa kang tinêmu mungguhing awakmu, iku sanyatane Bv. 1914 No. 75.

a. sêtya tuhu iku abot linakonan, nanging yèn ana kang bisa nglakoni, môngka nganti kêkurangan sandhang pangan, kang nganggit gêlêm didrèl, ora: ta, mung diwêlèhake bae.

susuh

wong kêsèd dadi susuhing setan, ora bêcik, bêcik sing wêkêl.

swarga

a. swarganing ratu, yèn kawulane ora rusak dening panggawene narapraja.
b. swarganing bapa dumunung ana ing anak.
c. swarganing guru dumunung ana ing murid.
d. swarganing laki dumunung ana ing rabi, D.K. 1917 No. 3.

--- 2 : 37 ---

solah bawa

aja dhêmên niru solah bawane wong gêdhe, kowe wong cilik, dhêngêra cilikmu.

sulaiman

gampang ngarah kêmlaratan karo kasugihan 1001 N. I 362-5.

supata

dene pituturku (Nabi Ngisa) marang kowe, kowe aja supata Indj. 9 (34).

a. aja ngandêl marang supataning durjana, yèn kowe ngandêl, prasasat kowe anjagakake santosane omah kang diadêgake ana ing pawêdhèn.

supingi

pangandikane Iman Supingi, sapa sing wangi gandane, wuwuh kapintêrane, sapa sing rêsik panganggone, sathithik larane T.P. 1909 No. 79.

sujana

misuwuring sujana ora saka rècèhing lesane kang agawe pangeram-eraming ngakèh, saka sarining lesane kang sinaring mili tumiba pucuking kalam ambèr angêbaki [angê...]

--- 2 : 38 ---

[...baki] daluwang isi kawruhing Allah kang murakabi ing ngakèh.

siya niaya

sapa sing kadunungan ambêk siya niaya marang pêpadhaning tumitah, wujude bae: wong, satêmêne: sato.

sêmpulur

wong sêmpulur rijêkine, prayoga gawe kabêcikan marang satrune, minôngka panglêburing dosane olèhe angakoni bênêr. Pangalêming satru siji, angungkuli pangalêming mitra sapuluh.

simbar

simbar kang tumèmplèk ana ing wit-witan, urip saka kêbêsing banyu udan kang kandhêg ing kalikaning wit, ana ing antaraning pang kang misah dêlêg, kandhêging banyu ora sapiraa, suprandene simbar bisa urip sêgêr kaya wit-witan kang tinandur ing lêmah mangan lêmining bumi kang rinabukan, pating srawe pating klawèr, anêngsêmake pandulu, riyêl tuwuhe saya ngrêmbaka. Nanging uriping wong ora mêngkono, wiwit bayi dijuju kaya manuk, dikêmpit kaya wade, barêng diwasa akèh sing ora mituhu marang pituture [pitutur...]

--- 2 : 39 ---

[...e] wong tuwa.

sêmbrana

wong sêmbranan iku dadi ragining pajagongan, nanging aja kêladuk, kêladuking uni bisa gawe tatuning ati.

a. wong dhêmên sêmbranan ora angon môngsakala, ana ing palayadan gawe guyu, ora digêguyu malah disrêngêni ing wong.

sêga

sêga sakêpêl kang dadi tambane wong kalirên, ajine ngungkuli rajabrana agung.

sugih: kasugihan

kasugihan iku dudu êmas dudu picis, satêmêne kapintêran kang kanthi budi rahayu, wong sugih kêna mlarat padha sanalika katut satinggine, kaya ta: kobongan, utawa kêkecon, balik wong pintêr, ora, mulane kêna diarani: wong sugih ora rêrawat.

a. lakune wong arêp dadi sugih: angèl, mulane arang sing bisa nglakoni, coba digêlarake, ing ngisor iki wadale.

--- 2 : 40 ---

1. bêtah nglakoni lara lapa, iya iku lara awak lan lara ati.
2. doyan gawe cêgah kasênêngan.
3. pamêtune sadina yèn sathithik diparo, kang saparo dicèlèngi, yèn wis akèh mung nganggo sacukupe, turahe iya dicèlèngi.
4. aja wèwèh, nanging aja anjaluk.
5. yèn cèlènganmu kobukak, amêsthi kowe pangling marang dhuwitmu dhewe, sarta dhuwitmu mau banjur dadi guru panuntun, kowe dadi pintêr tanpa ajar, sarta banjur kacukupan, suwe-suwe dadi wong sugih tanpa pawitan, maido: nyatakna, nanging kang nganggit mung bisa kôndha bae, nglakoni: ora bisa.

b. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga gêdhe ing Surakarta, kêna sinêbut: sugih ora rawat, katutugan sakarsane kang ora mokal, saka pitulungane wong liya, iku saka sawabing kasagêdane, kang wis sumêbar ing wong akèh, padha asih trêsna marang sarirane.

wong sugih kapintêran, jangji kalakuane bêcik,

--- 2 : 41 ---

ora kêsèd sarta ora laranên, tibaa ing ngêndi-êndi iya ora kurang sandhangan.

sigar

ambayar sigar kang wêkasan Indj. 9 (26).

subasita

wong kang bisa matrapake subasita, olèh opah kajèn kèringan, yagene kowe dhêmên matrapake ugal-ugalan, mundhak olèh opah dirèmèhake.

sabar tawêkal

wong kang bisa nglakoni pagawean kanthi sabar tawêkal, rampunge ora kênyanan, malah andhisiki kang kêsusu-susu panggarape.

sangu

sangune wong urip, mung kabêcikan 12 verh, 175 (1).

sangkêlat

ora ana wong nambal kulambine sangkêlat luwas, nganggo suwekan sangkêlat anyar, sabab tambale iku ora wurung nyuwèkake kulambi mau: mundhak ômba bêdhahe Indj. 17 (16).

--- 2 : 42 ---

sanggup, kasanggupan

aja sok angumbar sanggup, mênawa nora sayêkti, manggis tuning[8] isi jênar, aja maleca ing jangji.

wèh, wèwèh, pawèh, pawèwèh

sing diwèhi sapa, sing diwèwèh sapa, pawèhe rupa apa.

Pawèwèhipun warni jêram bali namung satunggal, saking Radèn Ngabèi Kawiswara katur panjênêngan sampeyan.

O, aku rumasa kawotangan[9] karo Radèn Ngabèi Kawiswara, sabên-sabên ngirimi wowohan undhuhane dhewe, pawèh sathithik kang mêtu saka ing katrêsnan, iku wajib tinarima angungkuli pawèwèh kang akèh.

woh

Het zija de dechtste vreuchten niet waar de wespen aankagen jawinipun, wowohan kang katêdha ing ulêr, punika dede woh ingkang awon, maksudipun sae tiyang ingkang dipun awon-awon, kalihan tiyang ingkang ngawon-awon. Utawi tiyang ngawon-awon, punika awonipun ngungkuli tiyang ingkang dipun awon-awon Dj. K. 1916 No. 31. door R. Rg. Wongsodilogo. [Wongso...]

--- 2 : 43 ---

[...dilogo. ---

wahana

wahanane dina iki, dadi ngalamate dina wingi, dene dina iki iya dadi ngalamate utawa dadi wahanane dina sesuk, mangkono sabanjure nganti têkan dina sakaratil maot.

wani

kuwanèn kalawan têtêging ati, bisa anggêmpalake kuwanèning mungsuh saparo.

wicaksana

ngalah samubarang prakara kang ora mlarati, iku wong wicaksana.

wira: kaprawiran

kaprawiran iku kanggone ing jaman saiki: bisa ulah gêgaman, bisa ulah raga (gimnastik) bisa main tangan (selat) adhêdhasar ati kêndêl, iku kêna sinêbut wong prawira.

wêruh: kawruh

aja ngêndêl-êndêlake marang kasampurnaning kawruhmu, elinga yèn kowe isih kêna pinaeka kayadene [kayade...]

--- 2 : 44 ---

[...ne] sato.

wêkêl, kawêkêlan

tuwuhing kabêgjan, ora liya saka kawêkêlan kang sinartan katêmênan.

wikalpa

aja mangsuli pitakoning wong kang ora marang kowe.

wadi

wadimu aja kokandhakake mamang[10] wong kang wis ngumum ora wêruh ing duga prayoga, sabab wong mangkono iku ora bisa nyimpêni wadi, naning aja sumêlang kowe amartakake wadimu marang wong bijaksana wêruh ing duga prayoga, 1001 N. I. 165-2.

a. wadimu kêkêrên, aja kotuturake marang wong, awit yèn kawartakake wadi iku ucul saka ing pasimpênan 1001 N. I. 164-10.

b. wados ingkang wontên ing kula, kados upaminipun wontên salêbêting kamar ingkang dipun kancing ical sorogipun 1001 N. I 165-7.

c. ora ana barang kaaling-alingan (wadi) kang bakal ora kawiyak, utawa kaumpêt, kang bakal [baka...]

--- 2 : 45 ---

[...l] ora kawruhan Indj. 20 (26).

wadu: wadon

wong wadon sumuyuda marang wong lanang lakine dhewe, prasasat wis marang Gusti Indj.

a. paribasanipun tiyang kina, panggitiking saduluran wadon, lêginipun upami wohing anggur, watu kang pinanggalake, upaminipun isining dalima 1001 N. II. 276-8.

b. edan bangêt yèn wong murih didhêmêni ing wong wadon candhala sarta palanyahan Oem. F. 180-4.

wade

dikêmpit kaya wade zie simbar.

wisa

wisa kang arêp anglabêti awak, enggal dèn ulapana P.R. II. 39-5.

wasis, kawasisan

kawasisaning botoh nyolong kêrtu, angeram-eramake, nganti kaya bisa nyulap, nanging yèn wis mêndêm iya mutah, kêcandhak olèhe nyolong.

wulang, piwulang

piwulang ala akèh sing gatèkake, nanging piwulang

--- 2 : 46 ---

bêcik sathithik, malah ora digatèkake.

a. piwulang bêcik, dadi satrune wong ala, tarkadhang wong bêcik iya nyatru.

wêdhi en watu

kabêcikan tinulis ing pawêdhèn, enggal sirna dening udan, piala tinatah ing watu langgêng salawas-lawase, têgêse: luput pisan kêna pisan, wong ana ing alam dunya ora kêna anglakoni panggawe ala, ala sapisan, ora ilang ing salawas-lawase, ênggone anglakoni panggawe bêcik rambah-rambah kang uwis, uwis ora kanggo.

wêdhus

mênawa ana wong sawiji duwe wêdhus satus, môngka kang siji kêsasar, apa ora ninggal wêdhuse kang sangang puluh sanga, lunga marang ing gunung anggolèki wêdhuse kang kêsasar mau, Indj. 39 (12).

wajib

wajibmu lakonana padha sanalika, yèn kosumênèkake bakal katumpangan wajib kang kaping pindho, utawa kaping têlu, wusana nglênthar dadi ora kogarap kabèh, [ka...]

--- 2 : 47 ---

[...bèh,] kowe sinêbut kêsèd.

wibawa: kawibawan

kawibawan iku dalane saka sugih singgih, wong sugih: bisa wibawa mukti, yèn gêlêm, dening pangangkate kasugihane.

Wong singgih, iya bisa wibawa mukti, yèn gêlêm, dening pangangkate kaluhurane. Nanging satêmêne ora ana wong wibawa mukti, dening wong sugih rumasa kurang kasugihane. Wong singgih isih kapengin undhaking kaluhurane.

wong urip

sabên wong bisa calathu, yèn wong urip ana ing alam dunya iku angèl. Yagene ora koistiyari dadine gampang, tak wuruki mêngkene: coba sinaua lara dhisik, kira-kira kapenake bakal tiba ing buri.

a. wong urip iku uripe urup-urupan. Wong urip suthik mati, padha bae karo wong ala suthik dilaut, kuciwane dipêksa kudu nglakoni.

--- 2 : 48 ---

wong ayu

wong ayu iku diarani kêkasihing Allah, pinuji ing ngakèh.

a. wong ayu iku yèn ora ngadi busana, kaya êmas sinangling kêlêm, ora ngagètake ati, nanging yèn sinawang suwe-suwe thukul sorote nyurêmake prabaning kusuma kêmbanging pasamuan, padha uga karo wong mênêng, ngalahake wong kumruwuk ing pajagongan.

b. wong ayu nunggang kreta linggih ana bak ngarêp, iku kaya rêmbulan kuwalik, utawa katon gêgêre. Dene yèn linggih ing kusiran, utawa ngêlisi kareta, sumorot kaya têluh braja arêp ngalap jiwa. Prayogane mung linggih ing bak buri tinêngênake ing lakine, cat katon cat ora, kaya angganing candra wilasita (rêmbulan umpêtan).

wong nom

wong nom kang wani nyênyêla marang wong tuwa, sok nêmu walat, sing nyata bae katon dêgsura.

--- 2 : 49 ---

wong cilik

paribasane ana, wong cilik pangane sathithik, gawene iklik, ora lali digitik, pira-pira ana sing nglakoni, mung aja digitik bae.

wong tuwa

aja sok wani marang wong tuwa, ala-ala amalati.

wong gêdhe

wong gêdhe kala-kala sok butuh marang pitulungane wong cilik, mila sampun mawi egrang, mênawi dhawah.

lair batin

lair iku wayanganing batin, têgêse: clathu iya, iya: iya, clathu ora, iya: ora, nanging yêktine akèh sing ora mêngkono, laire: bêcik, batine: ala.

luhur: kaluhuran

kaluhuran iku dalane saka kapintêran, coba ambahên sêngsêma marang kapintêran, yèn wis pintêr têmênan, kowe dhewe nganti ora sumurup yèn wis nganggo kaluhuran, wong padha wêdi asih sarta ngajèni.

--- 2 : 50 ---

lanang wadon

wong lanang kawajiban trêsna marang rabine, dikaya marang awake dhewe. Wong wadon sumuyuda marang lakine, wis kaya marang Gusti. Indj. 403-5 v.o. en 16 v.o.

lèk

wong mêlèk iku gêdhe ganjarane, ngungkuli wong bêtah pasa (jarene) kang nganggit layang iki isih bingung, êndi sing dilakoni, lagi gampang-gampangan bae, yèn ambaliyut: turu, ngêlèh: madhang, warêg. Nyambut gawe, sayah: lèrèn, mulane dhêdhêl ora olèh ganjaran saka swarga, mung olèh ganjaran saka kangjêng guprêmèn sakrupyukan f 1250 (sayêktos) minôngka pituwasing kangelan (liya punika ingkang wicalan satus, kalih utus rupiyah botên kacariyos) sayêktos kaping kalih.

lakirabi

kabêgjaning wong salakirabi, dudu kasugihan lan kadrajatan, mung lêstari sih-sinihan nganti kakèn-kakèn, ninèn-ninèn, abêbranahan, kacukup sandhang pangane, iku angungkuli kasugihan kang tanpa watês tuna ora duwe [du...]

--- 2 : 51 ---

[...we] turun.

laku: kalakuan

kalakuan ala ana ing dunya ora têntrêm, ana ing akirat jare diukum, kosok baline, kalakuan bêcik ana ing dunya têntrêm, ana ing akerat jare diganjar. Prakara jare ora susah pinikir, mung sajroning urip bae angaraha bêcik, besuk ana ing kanane: êmbuh.

ladak, andhap asor

wong ladak iku upamane dagang layar ngurupake barang ala rêgane larang, mêsthi bae akèh wong nampik, kosok baline, wong andhap asor iku upamane dagang layar ngurupake barang bêcik rêgane murah mêsthi bae akèh wong arêp. Dadi bêcik êndi ladak karo andhap asor, wong wis bisa ngarani dhewe yèn bêcik andhap asor, nanging akèh sing nêmah milih ladak, bok aja mêngkono kêpriye.

lesan

lesane wong pitênah upama gêni murub bisa ngobong nagara, Oem F. I. 51-3.

--- 2 : 52 ---

lawe

mênawa sadina bisa olèh lawe saêlêr, lawas-lawas bisa dadi jarit sakêbar, 12 verb. 75-3.

lawuh

lawuhe wong mangan kang enak dhewe: ngêlèh, aja maido, jajalên dhisik, nyata: apa ora.

luwih: kaluwihan

kaluwihan iku sing bisa ngarani wong liya, yèn awake dhewe ora bisa, dening kawruhing Allah isih sapirang-pirang kang durung disumurupi, mulane para sujana ora ana kang gêlêm ngungasake kapintêran.

luwangan

sapa sing gawe luwangan dipasangake ing liyan, malah awake dhewe sing kêcêmplung, têmbunge Walônda: Wie kult voor een ander graaft balt er zelfs in Br. 1916 No. 40.

luput: kaluputan.

yèn kowe kaluputan, môngka bênêre kudu anjaluk pangapura, iku aja talompe enggal lakonana, dadi kowe ora kêna diarani wong wangkot.

--- 2 : 53 ---

a. prayoga ngakoni marang kaluputane padha sanalika, olèh têbusan pangapura.

layangan

bêbasan: nututi layangan pêdhot, gambare kaya panguripane wong Jawa, têmbunge Malayu tutup lobang lama bikin lobang baharu. Upama ora cara Jawa kêpriye, salin cara Cina, apa cara Lônda, kèh sathithiking tadhah aja mlangkah saka pamêtune, kamanah rumiyin W.D. 1844, 333.

lumuh

lumuh ing gawe, iku ora beda karo kêsèd, dadi tuking kapitunane dhewe, sanadyan sujana yèn lumuh ing gawe, iya ilang kuncarane, ilang kajèn kèringane, bali kaya wong lumrah tur ora kadhuwitan, saka panggawene dhewe. Dipêndhêm ana ing uwuh palumuhan.

lamis

aja pitaya marang wong lamis, awit panganggêpe bêcik bisa sirna rikat kaya thathit Oem. F. III. 50-1.

--- 2 : 54 ---

panakawan

wontên panakawan kapilih, rambutipun sampun sumambêl wijèn, pitakèn dhatêng kuwanuhanipun lare magang ngangge têsmak, sêmu nyênyampahi.

Jênêngmu sapa kyai, dene isih bocah wis winênangake nganggo têsmak.

Badhe nama kula sêpuh sami kemawon kalihan badhe nama sampeyan, taksih sami gumantung ing parentah, namung kaot sampeyan sampun dumugi ing jangji, nama dèrèng mudhun, kula taksih gêsang nama inggih dèrèng mudhun, dados namung beda têmbung: pêjah, kalihan gêsang, W.D. 1844 No. 13.

panastèn

wong kang duwe watêk panastèn marang kabêgjaning liyan, iku watêking wong kang ora narima ing pandum, ora kêna cinêdhakake ing panjênêngan ratu.

pandak

aja sok dhêmên satron nèk ora pandak (bêtah) ngisin-isini.

--- 2 : 55 ---

pintêr: kapintêran

zie rosa: karosan.

a. wong sugih kapintêran, ora bisa ngêtrapake ana ing layang, mung mandhêg ana ing lambe, gupyuk kaya ana sing ngopahi, iku upamane udan ing wayah bêngi kang angrêrusakake tanduran.

b. ora ana wong kang ora ngarah marang kapintêran, nanging yèn wis kêcandhak pangarahe, banjur ngêgung-êgungake utawa ngandêlake kapintêrane mau, ora sumurup yèn kalah karo wong kang ngandêlake pitulunging Allah. Nanging yèn wong pintêr isih rumasa bodho têrus ing ati, sarta tansah angluhurake asmaning Pangeran, dening kèhing kawruh kang durung disumurupi, kapintêrane amêsthi murub anyoroti awake, gumêbyar kaya mas sinangling, akèh rêgane.

c. kasugihane wong pintêr kang rahayu ing budi, angungkuli kasugihane wong sugih singgih, sanadyan mung pawitan èpèk-èpèk, dipangan nganti tumêka ing pati ora êntèk.

d. wong sugih kapintêran, kalakuane bêcik, ora [o...]

--- 2 : 56 ---

[...ra] kêsèd sarta ora laranên, anaa ing ngêndi-êndi pinayungan ing bêgja.

prih: pamrih

sapa sing wani ambathèni akèh marang kowe, ora majad karo barange, amêsthi dupe[11] pamrih kang isih winadi, dingati-ati: aja kongsi lena.

pêkir mêskin

mêlasi mong[12] kasrakat, ganjarane angungkuli karo anjakati wong pêkir mêskin.

pikir

manah sadèrèngipun tumindak, sampeyan damêl rumiyin, têmbungipun Walandi Bezent eer gij begint Br. 1916 No. 40.

pati

patining gajah tinggal asthika (balung gadhing).

Patining sardula tinggal carma (kulit).

Patining manungsa tinggal asma (aran).

Yèn araning manungsa milu dipêndhêm, dadi apa bêcik patining khewan.

pasa

wong pasa iku gêdhe paidahe, kajaba olèh

--- 2 : 57 ---

ganjaran saka swarga, sing nyata bae nyêdhaki marang kuwarasan, ngêdohake marang kêlaran, dening ngêlèh nungkulake rasa enak, mung yèn buka bae aja kaya wong kaul, mundhak ora olèh ganjaran W.D. 18 4 I. 333.

palacidra

anglakoni panggawe palacidra, durung diukum ing parentah, awake wis rumasa diukum dhewe, trataban sadina-dina.

pêlêm

pêlêm isih nom disawati ing bocah: ora anèh, iku mung saka durung sumurupe bae, aja kosrêngêni, besuk yèn wis gêdhe bakal mari dhewe, nanging yèn ora bisa mari, dadi titikaning ala.

pêdhot

pêdhoting pangawulan padha karo pêdhoting tali, sanadyan sinambung, bundhêlane isih katara, Oem. F. II. 208. 4.

padhang pêtêng

padhanging damar mung ngêcaki sajêmbaring omah, nanging padhanging budi

--- 2 : 58 ---

bablas sumurup kang wêrit-wêrit, yagene budimu kogawe pêtêng, Gusti Allah ora parêng, yèn kowe ngêrtia.

a. pêtênging wêngi tansah ingusir dening padhanging gêni murub Dj. K. 1917. No. 117.

Punika pralampitaning nagari, ngangkah sirna mêmalaning praja, sanadyan botên sagêd kalampahan, nanging botên kandhêg-kandhêg sagêbyaring kilat, sampun kasèp.

b. aja sumêlang kelangan padhang ing wayah rina, nêmu pêtêng ing wayah wêngi, êntènana kalawan sabaring ati, sesuk kowe tangi turu amêsthi nêmu padhang manèh kaya sing wis kêlakon.

Punika pralampitanipun tiyang kacêkapan kasandhung ing rata, kabêntus ing tawang, dhawah kakirangan malih, mênawi purun mantuni lampah ingkang murugakên bilai, badhe wangsul kados waunipun, dene ingkang mêsthi mantun sangsara.

c. saya pêtêng saya ômba jagade, saya padhang saya ciyut jagade.

Punika ngibaratipun tiyang tangi tilêm, saya enjing saya

--- 2 : 59 ---

kobèt mangsanipun, saya siyang saya rupak mangsanipun.

d. padhanging srêngenge ora kêna winuwuhan padhanging damar, damar ing wayah awan tanpa ujwala, mung arupa abang kaya mripat lara, katon amêmêlas, pindha barang tanpa aji, iku ngibarate priyayi kaundur saka kalungguhane.

pêthêl

wong pêthêl sarta duwe kabisan, satiba malanganeya, iya pinilala ing wong.

dhuh rama

dhuh rama kula sampun dosa dhatêng sampeyan, sampun botên pantês yèn ta kawastanana putra sampeyan malih, ing mangke kula mugi sampeyan rêngkuh bêrah utawi abdi sampeyan kemawon Indj. 317-3 v.o.

dhasar lan ajar

dhasar pandamêling Allah, ajar panggawening titah, dhasar kawon kalihan ajar, awon sagêd dados sae, nanging asring malicad katingal dhasaripun Dj. I. 1918-No. 9 Jayadikara.

--- 2 : 60 ---

dhuwit

sujana ora marêm sinêbut pintêr yèn ora duwe dhuwit, sok mangkonoa sujana iku tukang golèk dhuwit.

a. anggêguyu wong sugih dhuwit, guyumu cêmplang, kaya jangan kurang uyah.

b. wayah iku dhuwit, dhuwit iku kuwasa.

jaran

jaran bandhol ora bisa dadi bêcik, mangkono uga tumraping manungsa, satêmêne bandhol iku ora tèyèng, mulane yèn mêtu kanêpsone ngarah bilaining liyan, tumraping manungsa: manungsa kang bodho, ora kêna pinurih ing bêcik, yèn kapinujon nêpsu: akèh salang surupe, lêgêtane ala.

jarik

jarik putih kang wis winêdêl, isih aran gampang kênane pinutih manèh, karo ambêcikake ati ala. Oem F.

--- 2 : 61 ---

jaksa bodho

pasakitan botên dosa kokum, dening karêbahan aturing saksi supiyun.

Pangandikaning presidhèn dhatêng pasakitan, kowe isih kêlilan duwe atur apa apamanèh kang bisa ngènthèngake kaluputanmu, sarta ngurangake paukumanmu kaya kang wis didhawuhake.

Aturing pasakitan, kula nuwun bêndara, tanpa damêl kula ngaturakên katêmênan, amargi priyantun jaksa ingkang anggarap prakawis kula, bodho W.D. 1844-13. 8 v.o.

juwèh

wong juwèh iku nusahake rewange linggihan, kêpêksa nyauri utawa nginggihi kang dudu karêpe. Adate wong juwèh kang dikandhakake mung prakarane dhewe, adhakane ngalêm anak putune, gupruk kaya ana sing ngopahi, pamrihe mung dieramana kandhane, ora nguman-umani rewange linggihan, kêpêksa padha mênêng kabèh. Jamune wong juwèh mung dipitambuhi, amêsthi banjur mênêng dhewe, utawa lunga golèk sing gêlêm ngêthuki W.D. 1844-304. 3 v.o.

--- 2 : 62 ---

jalaran

jalaran iku mêsthi ana kadadiane, tanpa jalaran, tanpa kadadian, mulane aja age-age gumun andêlêng kaelokan kang durung kasumurupan sababe, satêmêne rèmèh bae, awit Gusti Allah ora nate utawa ora karsa damêl kaelokan, gêni yèn dicêkêl panas, nanging iya ana gêni yèn dicêkêl ora panas, iku mêsthi ana jalarane kang marahi ora panas, êmbuh tangane wis ngapal, êmbuh digabuli talutuh jarak, utawa liya-liyane, iku kang dadi jalarane ora panas door E. Moodij.

jalukan ora wewehan

aja anjaluk marang wong kang durung tau kowèwèhi, mundhak kowe diarani wong priman, kajaba mênyang parentah kang kongèngèri, sarta kowe wis rumasa nglêgoni pagaweyan, iku winajibake, nanging yèn ora olèh aja mutung, utawa aja lara atimu, awit bêgja cilakaning manungsa gumantung ana ing awake dhewe, parentah mung sadarma ngulungake, kabêgjan saka pêparinging Allah.

--- 2 : 63 ---

jalma mati murka

wis luhur: jaluk mundhak, wis sugih isih kurang, pêrlune mung digawe rayahan sapungkure.

julig, kajuligan

kajuliganing durjana angarah bandhaning wong, arang sing bisa murungake karêpe, dening lêmbuting pratingkahe, mulane tuman ora bisa marèni dhêmêne maling, ananging suwe-suwe yèn wis kêbak sundukane dilalah karsa Allah gampang tinalikung ing gunung (politie) saka wadhèhe solah bawane dadi kadêngangan ing ngakèh.

Jayadiningrat III R. Ms. H.

aja sok dhêmên nyatur alaning wong, ho, bêcik, yèn nganti krungu sing dicatur, sêrik, dadi wong dhêmên nyatur iku andhêdhêr wiji ala, thukule iya ala, wohe ora mupangati awak, sanadyan rasane sêgêr kaya rujak cêmpaluk, nanging nglarani wêtêng, marine nèk wis dijamoni godhong ujar.

Lêlabuhane R.ms.H. Jayadiningrat III. kang sumare ing Dêrkila, ora karsa nyatur wong, sanadyan mung mirêngake bae iya ora karsa, yèn ana wong nyatur [nya...]

--- 2 : 64 ---

[...tur] wong ana ing ngarsane, disêling pangandika sing ora nyêrikake ati, seje catur bae, anu ...

jagong: pajagongan

yèn kowe ana jagongan ora bisa bungah, lan ora bisa mudhoni rêmbuge rewangmu lungguhan, bêcik lungaa bae, dadi ora ngrusakake pajagongan.

a. yèn kowe ana ing pajagongan, rêmbugmu aja liya kaya rêmbuge rewangmu lungguhan, dadi kowe mung bisa mudhoni, ora susah bawa dhewe, tiwas kopêng, tibane dirèmèhake.

jubriya kibir

aja sok jubriya kibir mêsthèkake barang kang durung kinaruh, yèn ora nyata ngisin-isini. Bêbasane: nandur pakewuh, awoh rêribêd.

yayi, priyayi

yèn kowe tinitah dadi priyayi gêdhe (prayagung luhur) sinaua wêlas marang wong cilik, kaya dhèk kowe isih diwêlasi.

--- 2 : 65 ---

nyalênèh

aja sok mêtokake catur nyalênèh, kajaba ora bêcik, sok nukulake rêribêd.

manuk

bêcik narima olèh manuk sitok kang wis kacêkêl, karo ngarah manuk sapuluh kang isih mabur Dj.K. 1914 No. 180.

a. dijuju kaya manuk zie simbar.

manyar

manuk manyar utawa tampua, pinunjul sapêpadhaning manuk, mungguh panggaweyaning susuhe, susuh iku kang digawe suwiraning godhong pring, sarambut-rambut gêdhene, inganam rapêt pindha dumadining kudrat, sanadyan kêna ing banyu udan, ora rambas manjêro, lawangane mêtu saka ngisor, mawa singgêtan sabilik-bilik, yèn bêngi nganggo dhamar konang, konang iku ditindhihi barang, supaya ora bisa mabur mêtu. Gèk kêpriye yèn manungsa kalaha akal lan tabêrine karo kewan cilik, apa ora kaduwung olèhe tumitah ana ing alam dunya, Sing. P. verh 209-2.

--- 2 : 66 ---

mênjangan

mênjangan ora tau sambat kabotan anggawa sungune, luwih prayoga isih bocah kawêlêg ing piwulang, awit piwulang iku rumasuk bisa dadi dhasar J.Z.L. Th. Maijer 60-6.

manungsa

butuhing manungsa ana ing alam dunya, satêmêne mung sathithik, sarta ora lawas bakal ora duwe butuh apa-apa.

a. manungsa mung winajibake istiyar sarta ora wêruh marang tibaning takdir, mulane aja sok ngaku awas, kulambi kang dianggo rina wêngi ora sumurup luwase, sumurup-sumurup wis amoh.

mursid

mursid iku têmbung Ar. têgêse: pintêr, zie wicaksana.

mukti: kamuktèn

kamuktèn iku sabarang karêpe katêkan, satêmêne wong kêsèd, akèh sing bêncirihên, kêrêp têtômba, adhakane cêndhak umure, bôngsa Cina

--- 2 : 67 ---

yèn wis sugih andarbala, banjur ulah kamuktèn, nyêrèt candu tanpa watês, ora obah saka ngambèn, apa-apa diladèni, dhasar wis satron karo banyu, sing akèh wong nyêrèt gêdhe, ora dawa umure.

maksiyat Ar = panggawe ala

panggawe maksiyat iku anêngsêmake, samôngsa atimu kèrêm, amêsthi tumiba ing papa.

mitra

arahên aja kongsi gawe sêriking atine mitramu, gêdhene padu, amarga rêngating ati ora kêna pinulihake, dadi kowe kêna ing bêbasan, ambuwang mitra malih dadi satru.

a. kang wis sinêbut mitra bêcik, rakête ngungkuli sadulur, dening tunggal budi, mulane yèn sulaya ing panêmu, tintingana dhisik sing nganti rêsik, yèn bênêr mitramu, enggal turutên, aja mundur isin, ora bêcik.

maleca

zie sanggup.

melik

aja melik marang barang pêtêng, yèn kalakon dadi duwèkmu, [duwè...]

--- 2 : 68 ---

[...kmu,] kowe bakal ngandhut kuwatir sadina-dinane.

a. melik marang darbèking liyan sarana paeka, iku padha bae karo nglakoni kadurjanan ngapusi.

b. begalaning manungsa: melik anggendhong lali, dening kinudrat, ora ana wong sêpi pamrih, nanging pamrih kang mangkono mau bisa agawe bilai, mulane kudu sinirik, dening ora kurang pamrih kang makolèhi marang kaslamêtan.

mulya: kamulyan

kamulyan dunya iku sanadyan pangupayane kanthi andêrpati, ora lawas bakal sirna, nanging kamulyan ing akerat, bakal langgêng ing salawas-lawase, tur saranane gampang mung gawe kabêcikan saboboting awake, ewadene ora disarjoni ing ngakèh, pilih sing andêrpati.

maling

kajuliganing maling, nandukake kadurjanane, tarkadhang apês kalêbu ing kalapa racik.

mangsi

tètèsing mangsi ing daluwang ora bisa ilang kakumbah

--- 2 : 69 ---

karo banyu, kajaba mung disirnakake karo gêni, iku padhane kalakuan ala, ora bisa mari karo wisesaning pamidana, mari-mari barêng karo pêcating nyawane.

guna en pintêr

kagunan iku kapintêraning kriya, nanging kapintêran saka landhêp sarta kalimpadaning ati.

Pamrihe wong duwe kagunan, dadi lantaraning pangupajiwa. Kapintêran, kinèdhêpan ing sapadha-padha, wong ora bisa tinggal rong prakara mau, sêpining kagunan lan kapintêran, amêsthi tumiba ing papa.

gêndhak sikara

aja sok gêndhak sikara marang wong kang lagi nyambut gawe kang ora gawe kapitunanmu, ala bêcik: bêcik mênêng.

giri lusi

giri = gunung, lusi = cacing, bêbasane, giri lusi janma tan kêna ingina, têgêse: aja sing manungsa yèn kênaa diina, cacak wrêjit cacing ora kêna, cacing bisa munggah ing gunung, aja manèh manungsa.

--- 2 : 70 ---

guru alêman

aja sok tiru watêke wong guru alêman (munggah umpakan) ora bêcik, pakolèhe mung gawe kapitunanmu, ora wuwuh dadi pintêr, malah kalonglongan.

Wong kang dhêmên dialêm ing wong sapangarêpan, têmbunge Malayu Gila hormat iku ora bêcik, bêcik sing olèh alêm saka ing kadohan, bisa misuwurake aruming aran.

a. guru gêdhe iku layang kabar.

goroh

gorohmu koumpêtake, saking rêmpite ora ana wong wêruh, nanging kowe kêlalèn yèn Gusti Allah ora sare, nguningani saparipolahmu, ora kêna kogorohi.

a. kôndha goroh (= umuk) sanadyan nêngsêmake ati, ora ana paidahe.

b. wong kang wis kalok dhêmên goroh, sanadyan calathu têmên, iya pinaido, sasat urip tanpa cangkêm.

c. aja sok dhêmên goroh, iku padha bae karo

--- 2 : 71 ---

rowong simpên wadi, utawa barang pêtêng, enggal awas amêsthi bakal koakoni dhewe dening ora tinarka.

d. wong dhêmên goroh iku alip-alipane dadi durjana, dene yèn wis dadi durjana ginadhang munggah pangadilan pradata.

granyah

wong anggranyah iku nuruti hawa nêpsune, ora sumurup yèn enak iku dawane mung sanyari, tinohan wirang isin anjêjaluk, tarkadhang ènthèng anglakoni paracidra.

a. wong anggranyah iku mêmangan kang tanpa lèrèn, cak-cèk ora bisa akèh, tanpa rasa enak, kabèh-kabèh pait, mulane sok kêcandhak ing lara wêtêng, saka wadhuke bêntêt ora bisa ngêjur pangan, kakehan isi dening tansah dipangani apa-apa, W.D. 1844 331. 2 v.o.

gêtih

sapa sing nêmaha mutahake gêtihe wong, iku dosa maring Pangeran, ora kêna ditobati, sarta bakal [ba...]

--- 2 : 72 ---

[...kal] nêmu wêwalês saka panggawening liyan, nêtêpake adiling Allah, wong utang lara: nyaur lara, utang pati: nyaur pati.

gawe: pagaweyan

pagaweyan cilik, yèn pinêthêlan, lawas-lawas bisa mujudake pagaweyan gêdhe. Omah cilik pagêr gêdhèg, bisa dadi omah gêdhe pagêr tembok, utawa gêbyog mubêng.

glathik

manuk galathik loro apa ora didol sakèthèng, môngka sawijining panunggalane ora tumiba ing lêmah yèn ora ana karsane bapakku kang ana ing swarga, Indj. II. 20 (29).

gêdhong

gêdhong panggorohanmu kuncinên, soroge buwangên mênyang sagara, supaya gêdhongmu ora bisa mênga ing salawas-lawase, Indj: id.

guyu

anggêguyu wong sugih dhuwit, gumuyu kêmba, anggêguyu wong ayu, gumuyu kêsasar, dadi bêcik mênêng karo

--- 2 : 73 ---

muni.

a. titahing Allah, mung manungsa dhewe kang kasinungan guyu, mulane iya mung manungsa dhewe kang patut digêguyu.

gêmi

wong gêmi, satiti, ngati-ati, gêmi kaya rayap, satiti kaya sêmut, ngati-ati kaya clarat, iku anggon-anggoning wanita marang ing priyane (marga wirya).

gêmbêlung

kabungahane wong gêmbêlung mung yèn kandhane digumuni, sujana ora mêngkono, satêmêne mung guru kang ora anjaluk alêm marang muride, lan yayah rena kang êmoh diumpak marang wêkane.

gêbingan

zie tatal.

bênêr en luput

luput, tansah ingoyak-oyak ing bênêr, kanthi gêgaman anggêring nagara, suprandene ora miris, wani nangkis tibaning gêgaman, kasompoke nusupi warastra lungit mumpangkara. Iki ngibarate wong ahli kukum lawan pangadilan.

--- 2 : 74 ---

bênêr: kabênêran

bênêr iku kalah karo kabênêran, nanging kowe aja kêmba nglakoni panggawe bênêr, dening si kabênêran bakal malicat koncekan alane, tarkadhang kêna koêntèni tibaning bilaine.

bandrèk

sapa-sapa kang nyawang wong wadon duwe sir marang wong wadon mau, iku wis ambandrèk dhèwèke: sajroning atine Indj. 9 (28).

bêndhe

yèn kowe adêdana aja ambêndhe ana ngarêpmu Indj: 10 (2) en zie tangan.

bôndha

bôndha akèh kang ora dipèk dayane, mung dibêbêg dadi pangarêm-arêming ati, iku padha bae karo angrawati krikil.

a. bôndha kang pakolèhe gampang, ora ambarkati, nanging bôndha kang pakolèhe kalawan adus kringêt: ambarkati. Aja maido.

--- 2 : 75 ---

banyu

aja wêdi kangelan wêgah anggarap pagaweyan akèh, balik elinga yèn tètèsing banyu bisa ambotolake watu 12 Verh. 76 (6).

a. banyu yèn mambêk, manungsa yèn nganggur, wêsi yèn diênêngake, iku ora bêcik dadine, Dr.W. 44 (179).

bocah

bêcik bocah kêsrakat lantip, karo bocah kêpama jugul.

bêcik

sapa sing nampik marang kang aran bêcik, môngka milih kang kinira luwih bêcik manèh, adate sok dadi kliru malah olèh sing ala.

a. bêcik kêtitik zie ala kêtara.

b. bêcik, winalês ala, aja mêngkono, malah kinosok bali, ala: winalês bêcik, iku lêlabuhaning sujana.

bêcik, kabêcikan

sarèhning uripmu ana ing alam dunya ora lawas, mulane gaweya kabêcikan, supaya têkaning jaman kailangan, [kailang...]

--- 2 : 76 ---

[...an,] olèha ramating Allah.

a. gawe kabêcikan winajibake marang wong kang rahayu ing budi, sanadyan winalês ala isih tinampan bêcik.

b. wong kang kurang panarima, kabêcikaning lurah bêkêle, utawa marang kang ngingoni, sok nêmu piwalês papa sangsara.

b. [13] gawe kabêcikan iku bobote sagunung anakan, mulane arang sing kêlar jungjung.

d kabêcikan zie utama: kautaman.

bêras

bêbasan: bêras wutah, grabah pêcah, lênga wutah, wong owah, iku wis ora bisa bali kaya maune.

burus

wong burus atine, watêke antêng kauripane, ora kêkurangan sandhang pangan.

barang

barang sathithik kang wis mêsthi, diijolake barang akèh kang durung mêsthi, iku padhane kapintêran dipamèr-pamèrake marang wong bodho.

--- 2 : 77 ---

budi

budi angkara murka ora bisa sirêp dening pangrapuning sujana, mari-mari mênawa wis disadran Dj. I. 1918 No. 90 (Jayadikara).

bata

bata kang tinampik dening tukang batu, wus dadi dombaning pojok Indj: 48. (42).

butuh

wong bèrbudi yèn ora duwe dhuwit: butuh, sarta kapêksa lèrèn bèrbudi, ngêntèni yèn wis duwe dhuwit manèh Darm. W. 14 (35).

batur

sapa sing korêngkuh batur amêsthi ora duwe asih trêsna marang kowe.

a. ora ana batur bisa ngawula ing bandara 2 Indj: 161 (13).

basa

kawruh basa iku layang kang bêcik dhewe.

bisa: kabisan

wong sugih kabisan ora dilakokake, dening duwe lêlara kêsèd, iku umamane jam tanpa tuding, [tu...]

--- 2 : 78 ---

[...ding,] uripe tanpa gawe.

bilai

zie apês.

bapa biyung

nurut parentahing bapa biyung: ora kêduwung.

bodho

kasugihane wong bodho, saka têtinggalane wong atuwa-tuwane, iku prasasat wisa mandi dèn uyup warasan, sanadyan ora gawe pati, gawe rusaking jiwa raga, dadi nandhang kasmala ing salawas-lawase.

a. ora ana wong bodho sugih, sabên ana wong bodho sugih, thukuling kapintêrane wis andhisiki kasugihane.

b. bodhoning bodho iku wong nganyut tuwuh.

bagus

bagusing rupa kang ora kanthi labêt bêcik, ora ana ajine mungguhing ratu.

a. kabagusan iku dudu rupa dudu warna, satêmêne mung dunung ana ing ati bêcik. Kabagusaning ati ora bisa ilang nganti milu dipêndhêm ana ing bumi sap pitu isih [i...]

--- 2 : 79 ---

[...sih] ngumala wêning.

bêgja: kabêgjan

aja mèri wong kabêgjan, iku dudu gaweyaning manungsa, dumadi saka kudratulah, kaya ta: pamênang lotrèi satus èwu, tumiba ing wong mlarat, jumênênge Mangkunagara Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana VII. padha aran anglêngkara.

a. edan bangêt yèn wong ngarêp-arêp kabêgjan, utawa kauntungan, kang jalaran saka cilakaning liyan Oem F. II. 180. 1.

bêgja cilaka

yèn pinikir satêmêne, bêgja cilaka iku padha bae, linakonan ing dalêm dunya, suwene mung sagêbyaring kilat, wusana mati sampyuh tinggal mêmanising dunya, pêrlune apa dirasakake.

E, Èh, kowe kuwi pintêr têmên calathu, nanging aku êmoh nglakoni kaya kandhamu kuwe, nèk kêna aku pêmên[14] mati kari sajrone nêmu bêgja karo mati dhisik sajrone nandhang cilaka, dene prakara pati ora tak rasakake, kang tak rasakake prakara urip, aja [a...]

--- 2 : 80 ---

[...ja] kongsi ora kêbênêran, jare urip iku mung sapisan, kajaba sing bisa nitis, teplak-teplok tansah katênêran, [15] utawa mati mêrnyanyang dhêmên tutur-tutur, apadene sing sênêng dadi jrangkong nagih potange, iku seje catur.

bagya = betal

a. betalmakmur punika ratuning badan, pasênêtanipun wontên nginggil.

b. betalmukadas, punika pêpatihipun, pasênêtanipun wontên ngandhap, kyai patih kaparingan pangwasa angasta bang-bang pangalum-aluming praja, sabarang karsanipun kalampahan bilih sang nata angidini, condhonging karsa: sae, rukun agawe santosa, bèncènging karsa: awon, congkrah agawe bubrah, makatên:

Badan dados gudhanging kasarasan.

Suku dados juru kengkenan ambêkta badan dhatêng pundi-pundi.

Tangan dados kêkawal nanggulang mêngsah ingkang sampun utawi ingkang dèrèng dhatêng badhe misesa badan, utawi dados juru pamèt mêntah matêng, sarta dados madharan angrêratêngi. [angrê...]

--- 2 : 81 ---

[...ratêngi. ---

a. anglanturakên têtêdhan dhatêng cangkêm, cangkêm ingkang ngraosakên eca.

b. mênawi têtêdhan sampun ajur kalêbêt ing wadhuk, wadhuk ingkang ngraosakên tuwuk.

c. tuwuking wadhuk, badan ingkang ngraosakên sêgêr sumyah.

d. bau suku ingkang rumaos kapintên, botên ngraosakên nikmat lan mupangat, namung tansah susah payah ingkang pinanggih ing angganipun, mila mutung botên purun nyambut damêl, mituruti panggranyahing cangkêm botên sampun-sampun.

e. sarèhning cangkêm dipun putungi dhatêng bau suku, kocap pangêlèhipun dhatêng tanpa sangkan, badan sakojur kraos lêsu cape, bau suku katut botên sagêd anggulawat, inggih punika dhêndhanipun suka nyambut damêl, kinintên botên maidahi dhatêng angganipun, kasupèn yèn tiyang nanêm wit kangelan badhe mêdal wohipun gampil, nyumbêr tanpa kèndêl.

Liding dongèng tiyang kangelan botên wontên pitunanipun, [pituna...]

--- 2 : 82 ---

[...nipun,] sanadyan badanipun botên tampi pituwasing kangelanipun, amêsthi dhumawah ing anak putunipun, badanipun kêcangking sae. Zie. Dj. I. 1917 No. 83.

Ngisa, Nabi ...

pangulu tumuli ngandika marang Yesus, kowe tak supatani mungguhing Allah kang gêsang, kowe tutura marang aku, kowe iku apa Kristus putraning Allah?

Pangandika wangsulane Kristus marang pangulu: sampeyan sampun ngandika piyambak Indj. 62. 1 v.o.

ngêlèh

wong kêlar ngêlèh iku tuking kawarasan, sanadyan mangan sawiyah, rasane enak, kalis ing lêlara W.D. 1844-1. 332.

ngalapdho

ora ana wong bisa ngawula bêndara loro, sabab ora wurung salah siji ana kang disêngiti, ana kang ditrêsnani, utawa kang siji dipituhu, sijine dibaèkake Indj. 12 (24).

ngalamat

zie wahana.

--- 2 : [0] ---

[...]

Catatan kaki:

1. panganggo (kembali)
2. pakurmatan (kembali)
3. anggêre (kembali)
4. mung (kembali)
5. Anggêr-anggêring (kembali)
6. kayadene (kembali)
7. wis (kembali)
8. kuning (kembali)
9. kapotangan (kembali)
10. marang (kembali)
11. duwe (kembali)
12. wong (kembali)
13. c. (kembali)
14. dhêmên (kembali)
15. kabênêran (kembali)