Wrêddha Mudha, Jayamargasa, 1924, #528

JudulCitra

Serie No. 134 Regi f 0.20

Wrêdha – Mudha

Anggitanipun Radèn Ngabèi Jaya Margasa.

Cap-capan ingkang kaping kalih.

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WEDALAN BALE-POESTAKA

Het auteursrecht voorbehouden ingevolge artikel 11 van de Wet in Staatsblad 1912 No. 600.

__________

Wêwênangipun pangarang 'sinêngkêr, miturut bab 11 Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

--- [0] ---

[Iklan ---

--- [1] ---

Serie No. 134

Wrêdha – Mudha.

Nyariyosakên biyakaning wêwadosipun ngèlmi jaya-kawijayan sasaminipun, saha ngèlmi kasampurnaning pêjah.

Anggitanipun Radèn Ngabèi Jaya Margasa.

Cap-capan ingkang kaping kalih.

Het auteursrecht voorbehouden ingevolge art. 11 van de Wet in Stbl. 1912 No. 600.

__________

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

__________

Wêdalan Bale Pustaka ing Wèltêprèdhên.

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR – WELTEVREDEN 1924.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka.

Sampun dangu anggèn kula manah têka dèrèng wontên sarjana karsa nganggit sêrat ambiyak wêwadosing ngèlmi jaya-kawijayan sasaminipun saha ngèlmi kasampurnaning pêjah. Măngka pamanah kula ing jaman sapunika pêrlu sangêt dipun sumêrêpi ing ngakathah, mila botên ketang ngaya-aya, jêr kula dede sarjana, kêpêksa nganggit ingkang kasêbut nginggil punika. Bab ngèlmi susuk sarta guna pangasihan, punika adhakan sangêt dipun gayuh rare ingkang nêdhêng-nêdhêngipun birai, rumaosipun kangge gêgaman nêmbadani ardaning manahipun dhatêng wanodya. Manawi rare wau sampun dumugi măngsa tumambirang (umur salikur taun minggah) limrahipun sami kèpi sangêt dhatêng atosing balung wulêding kulit, inggih punika ngèlmi jaya-kawijayan, anggêpipun kangge nanggulang satru sêkti badhe botên ambalenjani. Manawi sampun akiring măngsa tumambirang (umur tigang dasa taun minggah), ingkang sampun kêlampahan limrahipun sami karênan anggayuh ngèlmi kasampurnaning pêjah. Têtiyang botên sumêrêp bilih sadaya ngèlmi ingkang ginayuh wau ngèlmi pagorohan, botên wontên pigunanipun babar pisan, malah manawi anyarêngi apêsipun,

--- 4 ---

sagêd ugi anjalari karisakaning badan, sarta sagêd ugi pêjah kêdadak dening piyandêling manahipun dhatêng ngèlmi pagorohan wau. Măngka sadaya ngèlmi punika pangupadosipun kanthi wragad arta kathah, punapa botên prayogi arta wau kangge wragad ambujêng kawruh nyata ingkang sampun gumêlar ing dalêm donya, ingkang sampun mêsthi sagêd manpangati ing agêsang.

Awit saking punika, pangajêng-ajêng kula cariyos Wrêdha – Mudha punika, mugi sami dipun raosna sayêktos, supados sampun sami kêlajêng-lajêng pitados dhatêng kawruh pagorohan.

Surakarta tanggal kaping 1 wulan Sapar ing warsa Jimakir, ăngka 1842.

Utawi kaping 21 wulan Januari, ăngka 1912.

Radèn Ngabèi Jaya Margasa.

__________

--- [5] ---

Wrêdha – Mudha.

Wrêdha: Lho, sampeyan, ênggèr, wilujêng.

Mudha: Wilujêng, pangèstunipun kyai.

Wrêdha: Dangu botên mriki-mriki, ênggèr, èwêd punapa.

Mudha: Sawêg rêmên angluyug, kyai, rekanipun inggih ngupados sêsêrêpan. Pangèstunipun kyai, lampah kula inggih angsal damêl, nanging têka dèrèng sagêd srêg dhatêng manah, mila kula lajêng sowan panjênêngan punika. Walèh-walèh punapa, kyai, sajatosipun kula badhe nyuwun sih kadarman sêsêrêpan panjênêngan bab ngèlmi jaya-kawijayan, rèhning kula taksih nèm, bokbilih wontên pêrlunipun sampun ngantos madal sumbi, kangge pagêr. Sanadyan jaman arja, nanging kula manah pêrlu apêpagêr.

Wrêdha: Pancèn inggih makatên, ênggèr, kula botên awrat ngêculakên kawruh kula dhatêng sampeyan. Sampun ingkang kawruh rèmèh, ingkang pêrlu-pêrlu pisan kula lêgawa sangêt, ênggèr. Nanging sumêrêpa: sajatosipun ngèlmi jaya-kawijayan punika namung saking alusing tarekah, ugi kenging winastan ngèlmi panjêlagan. Kêlêrêsan, ênggèr, sampun lami anggèn kula osik badhe nyêbar biyakaning kawruh

--- 6 ---

Jawi, supados dadosa pêpèngêt, awit băngsa kula taksih sami pitados dhatêng kawruh-kawruh Jawi ingkang sajatosipun namung kangge gêgaraning ngupados arta, winastan kawruh sae utawi musthikaning kawruh. Măngka sayêktosipun inggih punika wau, kawruh panjêlagan anggèn kula mastani. Măngga, ênggèr, sampeyan mirêngakên, botên usah milih dintên Jumuwah utawi Anggara Kasih, kula wiwiti saking ngèlmi rèmèh-rèmèh rumiyin, nanging prayoginipun kula takèn rumiyin dhatêng sampeyan. Punapa anggèr sampun nate susuk kabagusan utawi karosan.

Mudha: Sampun, kyai, nanging susuk kabagusan.

Wrêdha: Kadospundi, ênggèr, caranipun, sarta susukipun punapa.

Mudha: Susukipun barleyan sarta mirah sami gabah agêngipun, tuwin êmas cacah tigang iji, dhapuripun ngêdom, agêngipun sadom alit, dene panjangipun sapalihing dom. Caranipun manawi masang mawi milih dintên malêm Jumuwah, sêsajinipun suruh ayu gêdhang ayu saha sêkar sataman. Wilujênganipun sêkul wuduk ingkung ayam kados angrasulakên, dêdupa wiwit sontên botên kenging pot. Wanci têngah dalu kula sarta kyai guru kalihan andhahanipun kalih, minăngka sêksi punapa musikumi sami mêdal ing latar, awit cariyosipun [ca...]

--- 7 ---

[...riyosipun] kyai guru, masang susuk punika botên kenging kaeyuban wangon. Wontên têngah latar kula linggih klasa băngka dipun lèmèki pêthak tigang kacu, sêsaji sadaya dipun wêdalakên wontên kiwa têngêning palinggihan kula. Barleyan sapanunggilanipun ingkang badhe kangge susuk, wiwit sontên sampun dipun buntêl kapuk ingêkum toya sataman, anggènipun nata ambuntêl barleyan wau dipun sumêrêpakên kula. Sarêng kula sampun satata linggih ajêng-ajêngan kalihan kyai guru, buntêlan barleyan ingkang kakum toya sataman dipun pêndhêt, dipun tumpangakên èpèk-èpèk kula kiwa, tangan kula kapurih ngacungakên dhatêng ngajênging guru wau, dipun japani umik-umik sawatawis dangu, lajêng kapurih ngambu sarosaning panggănda kula. Sênggruk kula sêrot, jêgrag raosing irung kula kados kacocog ing êdom kathah, kula ngantos ambrêbês mili sajam dèrèng mantun. Kapuk tilas buntêl wau dipun sukakakên kula supados kula rimati sampun ngantos kêlangkahan. Sanalika kula tingali: barleyan, mirah saha êmasipun gusis botên wontên, bokmanawi ingkang jumêgrag wau barleyan sapanunggilanipun sami malêbêt saking dayaning japanipun guru. Cariyosipun kyai guru, susuk punika ingkang prayogi piyambak wontên ing utêk, awit sagêd nyarambahi kabagusan sasaranduning badan. Saantuk kula

--- 8 ---

saking nusukakên, dumugi ing griya enggal ngilo, rumaos kula sampun mindhak kabagusan saha manis kula, enjing sontên anggèn kula dandan kula pêng, sabunan botên trimah sapisan, kaping tiga kaping sakawan tur ngantos munthuk. Pangraos kula dayaning susuk saya dangu saya pasah, warni kula saya bagus manis, kathah para wanodya sami gandrung dhatêng kula. Makatên, kyai.

Wrêdha: Hêm, sampeyan mêsthinipun pitados sangêt, ênggèr.

Mudha: Inggih, tiyang wontên nyatanipun, sarta gênah barleyan sapanunggilanipun sagêd malêbêt makatên.

Wrêdha: Sumêrêpa, ênggèr, punika sampeyan kalêbêt gêlar panjêlagan. Lêrês kala pambuntêlipun barleyan sampeyan sipati piyambak, nanging sarêng pamêndhêtipun saking toya sataman dipun sèlèhakên ing èpèk-èpèk sampeyan, punika dipun santuni kapuk plêk kalihan buntêl barleyan wau, ingkang sampun kadamêl ing sadèrèngipun. Dene pêrlunipun kaêkum toya sataman, kêjawi ngantêpakên piyandêl, ingkang pêrlu ngangkah têlêsipun saha gănda wangi, margi kapuk kothong wau salêbêtipun mêdal saking griya kalihan dhêdhêmitan dipun soki amuniyak wêdalan apotik ingkang sampun dipun kandhut kawadhahan gêndul alit. Saèstu [Sa...]

--- 9 ---

[...èstu] jumêgrag, ênggèr, raosipun. Mila sarêng sampeyan bikak kapukipun kothong blong, tiyang ingkang isi sampun malêbêt kanthong. Ngêrtos botên, ênggèr.

Mudha: Punapa inggih, ta, kyai. Manawi makatên, kadospundi pratikêlipun anggèning nglintoni, tiyang pamêndhêtipun saking toya sataman kula sipati. Tur pandèkèkipun wontên ing èpèk-èpèk kula.

Wrêdha: Cobolo, ênggèr, sampeyan punika. Punika prakawis gampil. Sapintên agênging kapuk, dipun japit dariji kemawon cêkap. Sanadyan sampeyan mandêng akêdhèp tismak, mêsthi botên sagêd sumêrêp. Kêjawi rêmêng-rêmêng utawi pêtêng dening tanpa dilah, ugi saking karoban piyandêl. Rak inggih ngandêl sangêt ta, ênggèr, kala samantên. Sapunika kemawon kula cariyosi biyakanipun taksih garêncêngan.

Mudha: Lah, inggih, kyai, bab punika kula sampun pitados. Wangsul dayaning kabagusan kula têka mindhak, lah, kadospundi.

Wrêdha: Tabe-tabe, ênggèr, saya cobolo sangêt sampeyan punika. Sapisan saking kadayan piyandêl, kaping kalih kabêsusan sampeyan mindhak, mêsthi inggih mindhak barêgas. Dene lajêng kathah tiyang èstri gandrung, tamtu [ta...]

--- 10 ---

[...mtu] kemawon, dening batos sampeyan mêsu sangêt ginandrungana wanodya, Sampun, mudhêng punapa dèrèng.

Mudha: We, lah, kêlêbêt kojur kêlantur, kula punika. Sampun kecalan arta salawe reyal, imbêt kapusan barleyan mirah saha jêne. Măngka pangaos tigang dasa reyal. Saya kojur sangêt, pancèn manah saras jêbul gêmblung rumaos bagus. Cilaka namanipun, kyai.

Wrêdha: Inggih botên cilaka makatên, ênggèr. Mèmpêr kemawon tiyang ênggèr dèrèng sumêrêp biyakanipun, sarta ing salami-laminipun dèrèng wontên sarjana ingkang karsa mitulungi nyumêrêpakên dhatêng bêbiyakaning ngèlmi jaya-kawijayan sasaminipun. Mila cariyos kula punika sampeyan pèngêti ing êbuk, manawi kêsêmbadan dipun waradinakên, supados dipun sumêrêpi ing kathah, dadosa cêcolokipun manahe băngsa kula, sampun kêlajêng-lajêng kêpêtêngan budi. Sukur sagêd dados waosanipun rare-rare sêkolah, prayogi sangêt, awit diwasanipun badhe botên kenging jinêlag ing guru panjêlagan.

Mudha: Wah, inggih, kyai, kula mathuk. Sasagêd-sagêd kula damêlipun buku. Nanging supados têrangipun, kula badhe nglajêngakên bab susuk rumiyin, sampun panjênêngan galih ngèyèl ngoyak pangandika panjênêngan.

--- 11 ---

Wrêdha: O, botên, ênggèr, sampeyan oyak malah prayogi, kula rêmên, coba kadospundi pitakèn sampeyan.

Mudha: Kala wau ingkang panjênêngan cariyosakên: wadosipun susuk ingkang patrapipun nyêrot, punika kula sampun marêm. Wangsul susuk ingkang sagêd malampah wontên daging kêtingal cêtha wela-wela, kadospundi. Sajatosipun kula sampun anglampahi piyambak.

Wrêdha: Punika saya apus sangêt, ênggèr, nanging coba têrangipun sampeyan cariyosakên rumiyin.

Mudha: Inggih. Bab upakartining sêsaji botên sanès kalihan atur kula ing nginggil, patrapipun inggih linggih wontên ing latar, namung anggènipun nusukakên beda. Mlêbêtipun saking èpèk-èpèk, inggih mawi japa măntra barang, kaotipun barleyan botên mawi binuntêl kapuk. Tangan kula kiwa kula acungakên dipun mantrani, barleyan ingkang sampun wontên ing èpèk-èpèk kapurih anggêgêm sarosa kula, lajêng kapurih ngêgarakên. Guru nantun kula: kajêng kula susuk wau kapasang ing pundi. Ing lambe, mripat punapa ing pundi sakajêng kula. Kala samantên cacahing barleyan satunggal pangaos kalih dasa rupiyah. Kula nêdha kapasang ing lambe têngên nginggil, saking èpèk-èpèk dipun surung

--- 12 ---

dariji dhatêng lêngên, dumugi ing lêngên dipun culakên. Cêtha sangêt, kyai, lampahipun kêtingal manjêlut kalêlêr-kalêlêr minggah, dumugi ing rai dipun papanakên wontên ing lambe sarana kaandhêg dariji, lambe kula ngantos mentol kêraos anggandhul. Kyai guru mêling kula: salêbêtipun sadintên sadalu, manawi taksih kraos garêmêtan dipun purih ngèndêlakên kemawon, sampun ngantos kêdêmok, margi mindhak kèndêl manggèn saênggèn-ênggèn. Kula dipun cariyosi sampun sumêlang, sanadyan garêmêtana mêsthi manggèn ing lambe, awit susuk mituhu parentahing japa mantranipun kyai guru. Sayêktos sadintên sadalu tansah garêmêtan nyarambahi badan sakojur, kula kèndêlakên kemawon. Sarêng enjingipun kula ngilo, rumaos mindhak barêgas, kula èsêm-èsêmakên lambe kula kêtingal manis angudubilai, dalah untu sarta gusi kula kemawon têka inggih kêsrambahan manis, rêsik rêntêt pêthak gilap kados pasahan enggal, gusi kula kêtingal abrit anjambu dêrsana. Kula saya brai, enjing sontên untu kula mêsthi kula rêsiki ngangge gosokan untu, lambe kula bèngèsi bèngès nyonyah damêlan Walandi, dangu-dangu manis kula wêwah-wêwah, para èstri pating jarêdhul kados [ka...]

--- 13 ---

[...dos] kula pasangi rumpon. Măngga, kyai, punika kadospundi.

Wrêdha: Punika inggih sami kemawon kalihan ingkang kula cariyosakên wau, ênggèr, kaot pirantosipun toya saking apotèkêr rêginipun awis, namanipun manawi botên kêlintu: sênitinê. Sênitinê punika dayanipun kados cariyos sampeyan punika, manawi dipun lèlètakên daging gadhah daya ambarênjulakên, raosipun garimingan kalêlêran malampah sasaranduning badan. Dene caranipun, darijining guru ingkang kangge nyurung susuk, ing sadèrèngipun sampun kacêlupakên toya sênitinê ingkang sampun cumawis wontên gembolaning guru kawadhahan gêndul, dados salêbêtipun umik-umik anjapani, punika guru reka-reka kukur-kukur, nanging sajatosipun nyêlupakên darijinipun dhatêng toya sênitinê wau. Mêsthinipun sampeyan inggih botên sumêrêp babar pisan, margi tarekahipun alus.

Mudha: E, dados inggih pirantos saking apotik.

Wrêdha: Inggih.

Mudha: Kojur, rane, kula punika namanipun. Măngka rumaos kula susuk wau sapriki taksih andayani dhatêng cahya kula.

--- 14 ---

Wrêdha: Inggih mèmpêr kemawon, rumaosa bagus saking kadayan susuk, tiyang piyandêling manah saha bêsus sampeyan saya ngêpêng. Coba mantun bêsus, măngsa rumaosa kêdayan susuk.

Mudha: Inggih, kyai. Sampun, kula pitados sangêt dhatêng pangandika panjênêngan. Bab susuk sampun kalih warni, kula sampun marêm, nanging taksih satunggal êngkas. Susuk ingkang cublêsan punika kadospundi, têka botên kêraos sakit. Măngka kula nate nglampahi masangakên susuk dipun cublêsakên walaka dhatêng lêngên sanginggiling ugêl-ugêl sarta wontên kempol, sarêng dipun japani kêraosa sakit namung sawatawis. Dene susukipun ing kempol jêne, ing lêngên waja, agêng panjangipun sami dom alit. Măngka manawi kula nuju kêcocog dom punika, sakêdhik kemawon ginjal-ginjal, punika dipun balêsêkakên kêmput mèntèr kemawon. Măngga, punika kadospundi, panjênêngan cariyosakên biyakanipun.

Wrêdha: Ênggèr, punika kula baud sangêt. Sampun ingkang namung dom alit, dom bagor utawi tosan ruji songsong pisan kula sagêd masangakên. Tumrap ingkang dèrèng kulina, saèstunipun kêraos sakit sawatawis, nanging ingkang kulina kangge coban-coban kados kula sampun botên kêraos [kê...]

--- 15 ---

[...raos] barang-barang. Sampeyan kula bêdhe, kala sampeyan masangakên susuk makatên punika, bae botên ngantos sapêkên susukipun marucut dhawah kajêngipun piyambak. Inggih punapa botên, ênggèr.

Mudha: Inggih, lakar sawêg tigang dintên sampun kêtingal mingip-mingip lajêng rêntah piyambak. Punika kadospundi sababipun, kyai.

Wrêdha: Makatên, ênggèr. Kuliting manungsa punika anggaronggong kalihan daging, jangji sampun pana anggènipun nyublêsakên botên barang-barang. Kulit ing jawi dipun jèwèr-jèwèr, ngangkah susuk wau sagêda angsal margi garonggonganing kulit lan daging, mêsthi botên kêraos sakit, sakita namung sawatawis ing jawi nalika sawêg kacublês. Manawi sampun dumugi ing lêbêt angsal margi garonggongan mèntèr kemawon. Saya manawi panjèwèripun kulit sawatawis sêru kados nyêthot utawi anjiwit, babar pisan botên kêraos sakit, nanging inggih punika wau: botên ngantos sapêkên mêsthi sampun modot utawi rêntah. Manawi botên sagêd rêntah malah dados panyakit abuh. Măngga, ta, sampeyan manah, punapa botên ngêmar-êmari manah. Mila prayogi dipun sumêrêpi ing kathah cariyos kula punika, supados para tiyang ngêrtosa, bilih pandamêl makatên punika [pu...]

--- 16 ---

[...nika] sagêd damêl sakit ingkang ngêmar-êmari, tur botên manpangati babar pisan.

Mudha: Nuwun sangêt, kyai, lêrês panjênêngan, bab punika parlu kagêlar, supados kasumêrêpan ing kathah, dumununga dados cêcoloking pêpêtêng. Kêjawi punika, gèk anggèn kula maguru barang-barang sadhabrêg punika, inggih botên dados abahan sadaya.

Wrêdha: Botên têbih saking punika ênggèr. Sadaya-sadaya rekanipun mawi japa măntra, punika namung kangge ngantêpakên piyandêl, margi băngsa kula dhatêng japa saha kawruh ingkang dipun angèl-êngèl[1] dipun ubat-ubêtakên ingkang ngantos mumêtakên sirah, punika doyananipun. Manawi dipun cariyosi tanpa warana, lugu punapa mêsthinipun: cuwa, rumaosipun dede kawruh dakik. Hêh, mêmêlas inggih, ênggèr.

Mudha: Inggih, lakar mêmêlas, dalah kula inggih kêlêbêt tiyang mêmêlas.

Wrêdha: Kulaa punika punapa botên. Sumêrêp kula bêbiyakan sadaya punika, wiwitipun inggih saking cubluk kula ngandêl dhatêng kawruh japa măntra ingkang mumêtakên panon wau. Măngga, ênggèr, kawruh punapa malih ingkang sampeyan sumêlangakên.[su...]

--- 17 ---

[...mêlangakên.] Bilih kawruh ingkang botên dados ngabahan wau, mangke kula cariyosi biyakanipun.

Mudha: Gosok rasa kadospundi, kyai.

Wrêdha: Măngga, sampeyan cariyosakên rumiyin, kadospundi.

Mudha: Kala kula gosok saha ngombe rasa, embalan saha panumbas kula rasa ingkang sampun rêsik, satus kalih dasa rupiyah, sêsaji saha talèmèkipun botên beda kala kula pasang susuk. Kirang tigang dintên saking panggosok saha pangombe kula rasa, pakènipun kyai guru: kula kapurih nêdha kêtan thok, botên suka nêdha têtêdhan sanèsipun. Kenging nêdha ulam, nanging kêdah mawi kêtan minăngka lawuh. Saking kapiluyu kula dhatêng karosan, sanadyan raosing wêtêng kula sakêlangkung pêrih, mêksa inggih kula tahan-tahanakên, kuwawi ngantos tigang dintên tigang dalu. Kala pangêtrapipun rasa punika dintên malêm Jumuwah, patrapipun kula tilêman mangkurêp lèmèk gêlaran băngka dipun rangkêpi mori pêthak tigang kacu. Ingkang dipun gosok rumiyin ing gêgêr urut ula-ula, rasanipun mawi dipun ulêt kalihan bumbu kados jênang wungu, kula botên sumêrêp jênang punapa, margi kadamêl wados. Panggosokipun dangu ngantos kêraos [kêra...]

--- 18 ---

[...os] bêntèr. Sasampuning gêgêr lajêng sadaya ros-rosan waradin. Wiwit badhe anggosok mawi dipun mantrani umik-umik ngantos dangu, dipun damoni kaping pitu, mawi ngobong mênyan dipun lêbêtakên cangkêmipun kyai guru, lajêng dipun idokakên dhatêng badan kula ingkang badhe kagosok kaping pitu. Sarêng sampun rampung panggosokipun, kula kapurih nguntal kêtan ingkang sampun kaulêt rasa, raosipun dhatêng wêtêng gumèndhêl awrat. Kala samantên cariyosipun kyai guru, rasa ingkang dipun ombèkakên sarta ingkang kagosokakên têlas saprapat kati. Kyai guru mêling: salêbêtipun tigang dintên tigang dalu botên suka adus, namung manawi dintên Rêbo kula kapurih kungkum sadintên sadalu, margi malêmipun Jumuwah badhe dipun gosok sarta dipun ombèni rasa. Makatên punika ngantos pitung Jumuwah. Sarêng sampun dumugi pitung Jumuwah, ramaos kula karosan kula mindhak sangêt, suwaunipun anjunjung wawrat satêngah dhacin kemawon mèyèk-mèyèk, sapunika anjunjung sadhacin gariyêng botên rêkaos.

Wrêdha: Punapa ênggèr botên dipun cariyosi sirikanipun barang.

Mudha: O, inggih dipun cariyosi, kyai, botên kenging nêdha tela gantung sarta waloh. Malah susuk barang punika inggih [ing...]

--- 19 ---

[...gih] mawi sirikan botên kenging nguculi bitinging wungkusan, saha botên kenging kungkulan gèntèr. Kenging, nanging kêdah mawi sarat gèntèripun kacêblèk kaping tiga.

Wrêdha: Punapa ênggèr botên dipun têdahi ulêt-ulêtanipun punika.

Mudha: Botên.

Wrêdha: Ênggèr, rasa punika panggosokipun mawi dipun ulêt kalihan lisah tuwa, utawi lisah wijèn ingkang kênthêl, pamrihipun sagêd lunyu sarta ngêndhêg rasa, margi rasa punika manawi kagosokakên tanpa lisah salah satunggal wau, gondar-gandir lajêng ambyar, dados lisah wau minăngka ancur. Dene sêsaji lan japa măntra punika tanpa damêl babar pisan, namung kangge rêrênggan ingkang supados kêtingal pêng-pêngan dadosa piyandêlipun ingkang dipun gosok. Sampeyan cariyos embalanipun satus kalih dasa rupiyah, margi ngrêsiki rasa angèl, tarkadhang umukipun kyai guru ngrêsiki kemawon mawi măntra. Punapa makatên, ênggèr.

Mudha: Inggih

Wrêdha: Punika namung kangge garan ngrogoh arta sampeyan kemawon, lugunipun gampil sangêt. Makatên, ênggèr, caranipun ngrêsiki rasa.

Mudha: Kadospundi, kyai.

--- 20 ---

Wrêdha: Rasa dipun wadhahi tuwung utawi mangkok pêthak ingkang rêsik sarta ingkang kobèt kangge ngulêt, dipun ulêt kalihan sêkul pulên pêthak, pangulêtipun ingkang tlatos, ingkang kangge ngulêt tangan kiwa têngên kenging. Manawi sêkulipun sampun cêmêng kenging timbrah, lajêng dipun turuhi toya cèrèt, panuruhipun ingkang inggil, supados rosa panyêntoripun, nanging kaangkaha sampun mawutakên sêkul ingkang taksih kulêtan rasa. Sampun kèndêl-kèndêl panuruhipun manawi sêkulipun dèrèng têlas katut luberan toya wau. Manawi sêkul sampun katut lubèring toya têlas babar pisan, toyanipun dipun bucal ingkang ngantos sat, lajêng dipun ulêt malih kalihan sêkul kados kala wau, inggih lajêng dipun turuhi toya malih. Makatên, ênggèr, wongsal-wangsul panuruh saha pangulêtipun ngantos sêkulipun botên kêtularan timbrah, têgêsipun manawi sêkulipun sampun botên cêmêng, rasanipun sampun rêsik akincêlong-kincêlong. Tumuntên kaulêt malih kalihan sêdhah, sapisan kemawon cêkap, inggih dipun turuh toya kados panuruhipun sêkul wau, ngantos sêdhahipun têlas, pamrihipun sêdhah punika mêrêtakên. Manawi toyanipun sampun asat sarana dipun sêsêpakên kapuk kapas utawi sêpon, lajêng dipun wadhahi gêndul, punika rasanipun sampun mêsthi kêtingal gilap rêsik [rêsi...]

--- 21 ---

[...k] gumarining kados salaka sinangling mêmêt. Punika, ênggèr, caranipun ngrêsiki rasa.

Mudha: Kok inggih namung makatên kemawon, ta, kyai, dados botên mawi măntra barang.

Wrêdha: Botên.

Mudha: Bab ngrêsiki rasa kula sampun marêm. Panggosok saha pangombenipun wau kadospundi.

Wrêdha: Ngombe rasa punika kula botên pitados ingatasipun tumrap pirantosing wêtêng, margi ingkang ngêrtos bab pirantosing wêtêng namung dhoktêr. Inggih yèn botên dados sabab. Namung gosok rasa ingkang sampeyan cariyosakên, punika cocog lan kawruh kula, nanging botên mawi nglampahi saha kungkum barang, sarta botên mawi milih dintên.

Mudha: Dayanipun sagêd rosa, kados atur kula wau kadospundi.

Wrêdha: Inggih, rumaos kula inggih andayani, nanging prayoginipun, manawi badhe anggosokakên tantunan dhoktêr rumiyin, supados dipun cariyosi takêran kêkiyatanipun. Dene wragadipun botên samantên, cêkap namung tumbas rasa dhatêng apotik.

Mudha: Wah, lêga manah kula, kyai. Sampun kawan bab puka[2] ingkang kula suwunakên têtaringan.

--- 22 ---

Wrêdha: Botên ngatên, ênggèr, kala wau sampeyan cariyos badhe nêdha kawruh jaya-kawijayan dhatêng kula, tibanipun sampeyan kados sampun baud piyambak. Nodhi punapa kadospundi, sampeyan punika, ênggèr.

Mudha: Botên nodhi makatên, kyai. Pangangkah kula ngupados kawruh malih, bokbilih nglangkungi kawruh kula. Punapa mlèsèd, botên. Sadaya kawruh kula dados awu saking panjênêngan wêlèhakên nyatanipun. Mila kados punapa kemawon bingah kula. Sanadyan anggèn kula naruthuk pados kawruh wau waragadipun ewon, tibanipun namung dipun apusi. Limrahipun gêtun, nanging kula botên. Sarêng panjênêngan dhorèngi biyakanipun, malah plong cumêplong manah kula. Mila sampun kêtanggêlan, kyai. Kula badhe nyariyosakên malih kawruh kula, panjênêngan pangandikani biyakaning wêwadosipun.

Wrêdha: Măngga, ênggèr, punapa ingkang sampeyan cariyosakên, mangke kula cariyosi bêbiyakanipun.

Mudha: Kyai, nyêlani sakêdhik kangge piyambakan, margi radi lekoh. Kyai kêparêng punapa botên.

Wrêdha: Măngga, lekoh sakêdhik botên dados punapa, anggêripun kasandi sarta pancèn pêrlu. Saèstunipun [Saèstunipu...]

--- 23 ---

[...n] para sarjana sampun anggalih piyambak. Măngga sampeyan cariyosakên.

Mudha: Guna pangasihan tumrap dhatêng wanodya, kyai, ingkang badhe kula cariyosakên.

Wrêdha: Pangasihan, kadospundi, ênggèr.

Mudha: Kula sampun nate maguru guna pangasihan tumrap dhatêng tiyang èstri. Warni-warni, kyai, nama saha caranipun, nanging botên parlu kula cariyosakên sadaya. Saêbab kemawon ingkang kula anggêp pêng-pêngan, bokmanawi sampun kenging kangge pêpiridan sanès-sanèsipun.

Wrêdha: Inggih, prayogi, ênggèr.

Mudha: Guna pangasihan ingkang cêsplêng piyambak tumrap kangge anggunani tiyang èstri, cariyosipun kyai guru sarananipun kêdah mawi nglampahi luwe sarta mêlèk, manawi kuwawi: pitung dintên pitung dalu botên nêdha botên tilêm, botênipun, tigang dintên tigang dalu kemawon kenging. Kala samantên saking mêmpêng kula, sanadyan sayêktosipun kula punika botên bêtah luwe, ewadene kula têmpuh tigang dintên tigang dalu botên nêdha botên tilêm. Parmaning Pangeran kuwawi. Salêbêtipun anglampahi wau mawi rapal japa măntra pangasihan. Sasampuning mudhar, kula dipun sukani rokok [ro...]

--- 24 ---

[...kok] kapurih ngudud wontên ngajêngipun tiyang èstri ingkang kula angkah wau, sarta kapurih ngangkah supados tiyang èstri wau punika mambêt kêbuling rokok ingkang kula udud. Kêjawi punika kula dipun bêktani lisah, namanipun lisah bondhèt, sasagêd-sagêd lisah punika kapurih nglèlètakên kuliting tiyang èstri jêjantunging manah kula punika. Sadaya wêlingipun kyai guru kêlampahan kula èstokakên, botên ngantos gantalan dintên tiyang èstri lajêng ambèbèki kasmaran dhatêng kula. Wantuning èstri kêndho tapihipun, dèrèng sapintêna dangunipun sae kalihan kula, cènthêng lajêng sae kalihan sudagar hartawan, kula dipun semplang. Kula lajêng enggel-enggal nundhês kyai guru: kenging punapa têka pangasihanipun botên istijab, tandhanipun rare èstri nilar kula rêmên tiyang sanès, măngka bayar kula sampun sah salawe rupiyah kêncèng. Kyai guru mangsuli: bokmanawi wontên sabab saking kalintuning măntra utawi kirang têtêp anggèn kula nglampahi. Ewadene kula dipun purih sampun sumêlang, tiyang èstri wau mêsthi badhe gandrung malih dhatêng kula, sarta ing salaminipun mêsthi botên sagêd uwal, nanging kula kêdah ngêdalakên waragad malih sèkêt rupiyah, kyai guru badhe nyukani isarat pêng-pêngan sayêktos, botên namung tumrap tiyang satunggal, sanadyan tiyang èstri sanèsipun, jangji nate

--- 25 ---

wanuh kalihan kula ingkang mawi kêtaman isarat punika, mêsthi badhe kêkanthil salami-laminipun, tangèh puruna wanuh kalihan tiyang sanèsipun, puruna sapisan kaping kalih sabab kêbujuk utawi melik arta rajabrana, nanging mêsthi wangsul gandrung dhatêng kula malih. Kula takèn: punapa mawi nglamplahi luwe sarta mêlèk malih. Wangsulanipun botên susah, namung mawi lampah sawatawis, samasa kula nglilir tilêm kêdah ngapalakên puji pangasihan. Saking gandrung kula dhatêng tiyang èstri saha kêpengin kula sumêrêp dhatêng isarat sarta sagêd mantranipun pangasihan, kula têmpuh bayar sèkêt rupiyah kêncèng. Kula lajêng dipun sukani lisah: punapa toya, warninipun ijêm buthêg, dipun wadhahi gêndul alit. Wêlingipun kyai guru: manawi kula badhe tilêm kalihan tiyang èstri, toya isarat wau kapurih namakakên. Sarèhning rêmênan kula taksih wontên ing griyanipun tiyang hartawan, mila kula mawi dipun sukani isarat malih, supados rêmênan kula wau purun kula undang, kula dipun purih kengkenan nyukani kinang sakênyèh. Kinang wau saking kyai guru ingkang sampun dipun mantrani. Kyai guru tanggêl mêsthi sumarinthil. Namung supados rêmit, pakènipun kyai guru: anggèn kula kengkenan nyukakakên kinang wau kakanthènana barang-barang sakajêng kula, sinjang, badhe rasukan punapa lisah wangi. Kêlampahan, [Kêlampah...]

--- 26 ---

[...an,] kyai, kinang kula kintunakên kanthi sinjang saha badhe rasukan sarta lisah wangi ngalih warni. Kengkenan kula kula wêling, supados sanjang manawi kula wêlingakên sakêdhap, kula kangên. Sayêktos, sanjangipun kengkenan kula, dèrèng ngantos nginang malah sawêg dipun tampèni, lajêng brêng pangkat manggihi kula. Hara, ta, kok samantên, kyai, istijapipun guna pangasihan punika. Enggaling cariyos kula kêpadhan ing sih, wêlingipun kyai guru sadaya kula lampahi, nanging sanalika ngriku dèrèng kêtingal dayanipun. Sanès dintên tiyang èstri wau minggat malih dhatêng panggenanipun hartawan, kula kèndêlakên kemawon, ngiras angyêktosi dayaning pangasihan sarta isarat, awit kula sampun winêling kyai guru, sanadyan dipun trêsnanana tiyang sanès, mêsthi nglêpèh naruthuk ngupadosi kula malih. Botên lidok, wontên panggenanipun hartawan sawêg kalih dintên kalih dalu minggat ngantuki kula. E èh, batos kula: istijap têmênan isarate kyai guru. Sayêktosipun botên namung rare èstri satunggal punika kemawon, kula cobakakên sanès-sanèsipun inggih makatên, sami trêsna rêmên asih dhatêng kula. Rèhning toya sarat wau namung sakêdhik sangêt, dados sawulan sapisan kula nêdha dhatêng kyai guru malih, kyai guru kêdugi nyukani, nanging sagêndul alit [ali...]

--- 27 ---

[...t] nêdha waragad gangsal rupiyah. Inggih kula bayar, tiyang kula sumêrêp piyambak kados makatên dayanipun. Ta, măngga, kyai, punika kadospundi.

Wrêdha: Alah tobat, ênggèr, punika botên ilok sangêt, sagêd damêl wijining sêsakit ingkang angêmar-êmari. Sampeyan dipun purih nglampahi sarta mawi măntra, punika kangge pakêncênging manah sampeyan. Sêdyaning manah, manawi kaèsthi kêncêng sayêktos, sadaya ingkang sinêdya dados. Botên usah mawi barang-bèrèng, manawi santosa niyatipun, kenging punapa botên kadumugèn. Isarat sês sarta lisah bondhèt botên tumut barang-barang, lisah punika rak lisah klêntik cêm-cêman sêkar. Bok inggih sampeyan manah. Tamtu kemawon, ênggèr, tiyang èstri manawi sampun botên rikuh abên ajêng, sarta purun dinêmok badanipun, mêsthi purun dipun rêmêni. Makatên wau manawi ingkang abên ajêng saha anggêpok mila pancèn gadhah niyat. Dene isarat kinang sakênyèh, mêsthi nyumarinthilakên, ênggèr, tiyang mawi panggalak sinjang badhe rasukan sarta lisah wangi ngalih warni. Botêna mawi kinang anggêr dipun sukani barang-barang purun nampèni mêsthi sumarinthil. Punika sampeyan nama kapusan kangge dolanan kyai guru, ênggèr, arta sampeyan mawut, ngèlminipun botên kangge [kang...]

--- 28 ---

[...ge] ngabahan, mila èngêta, benjing malih sampun tuwuh sêdya sampeyan makatên punika, ênggèr, kirang prayogi.

Mudha: Bab toya isarat ingkang katamakakên kadospundi, kyai, têka dèrèng dipun cariyosakên pisan.

Wrêdha: Inggih punika wau ênggèr, kula cariyos, botên ilok sangêt, sagêd nuwuhakên sêsakit ingkang angêmar-êmari. Toya isarat punika rêginipun sasèn kemawon botên ngantos, inggih punika: gagang godhong senthe dipun tungkulakên latu ngantos bêntèr, lajêng dipun pêrês, toyanipun kawadhahan gêndul. Punika, ênggèr, wujudipun toya isarat cêsplêng wau. Dene dayanipun gatêl, manawi tumrap kulit ingkang kisisan botên sapintêna, nanging tumrap kuli[3] ingkang botên kisisan mandi sangêt, mila inggih numanakên wanodya ingkang kêtaman, margi manawi kêtaman priya ingkang tanpa isarat wau mêsthi kêmba, dening rumaos tanpa raos babar pisan. Măngga, ta, ênggèr, sampeyan manah, raos gatêl dipun kukur, mêsthi nikmatipun. Nanging ngatos-atos, punika wisa agêng.

Mudha: Punapa sagêd damêl risak, kyai.

--- 29 ---

Wrêdha: Damêl risak sangêt. Mila poma: sampun ngantos wontên ingkang nglampahi malih. Sapisan: kapusan, dening sadaya ngèlmi-ngèlmi punika sarananing apus krama. Kaping kali:[4] damêl wijining sêsakit ingkang nyêlakakên umur.

Mudha: We, lah dalah, tujunipun kula namung sawatawis, anua kadospundi.

Wrêdha: Sanadyan sawatawis inggih mêksa nyêlakakên umur.

Mudha: Sasampunipun kadospundi, kyai. Mèmpêr upami cêlaka umur kula, tiyang sajatosipun sapunika kula sampun kêtaman sêsakit. Punika, ta, kyai, pating brintul pating krabing badan kula sakojur prasasat tanpa sêla.

Wrêdha: Punika jajaraning sipilis, ênggèr, andhèrèkakên sugêng samasa nilar jaman karamean.

Mudha: Sasampunipun kyai, namung mupung dèrèng pêjah kemawon kula badhe nglajêngakên matur bab ngèlmi sanèsipun.

Wrêdha: Inggih, ênggèr, mangke rak dumugi parlu ingkang kangge sangu pêjah. Măngga, kadospundi, punapa ingkang badhe sampeyan cariyosakên malih.

Mudha: Taksih babagan ngèlmi mudha, kyai.

Wrêdha: Punapa jaya-kawijayan.

--- 30 ---

Mudha: Inggih. Kula sampun nate maguru jaya-kawijayan andilat wêsi bang mangah-mangah botên kêraos bêntèr. Lampahipun pitung dintên pitung dalu botên kenging keyuban wangon, sasagêd-sagêd pakèning guru kapurih ngluyug, kula lampahi pitung dintên pitung dalu ngluyug botên keyuban wangon. Mudharing anggèn kula nglampahi kula angkah dintên malêm Anggara Kasih. Têngah dalu kula winêjang japa mantranipun wontên têngah latar, măngka wontên dhusun parêdèn, asrêpipun ngudubilai. Sêsaji saha wilujêngan botên kantun, dupa wiwit sontên tansah kumukus. Sarêng sampun, sami sanalika kula dipun tètèr, kyai guru ngrumiyini andilat tosan ingkang kaobong wontên prapèn amangah-mangah kados srêngenge. Lajêng gêntos kula, ngapalakên măntra dilat: leno, ayêm kemawon, kêraos bêntèr nanging namung sakêdhik. Sarêng kêrêp kula coba andilati tosan bakaran wau, saya dangu saya botên kêraos bêntèr babar pisan. Kala enggal-enggalan, manawi mêntas andilat ilat kula kêraos bêntèr kados manawi mêntas ngombe wedang kêbênteran punika. Sarêng dangu-dangu inggih punika wau, mèntèr kemawon, saya sapunika, sampun botên kêraos barang-barang babar pisan.

Wrêdha: Ênggèr, sumêrêpa, anggêr tiyang kemawon waton [wato.. ---

--- 31 ---

[...n] purun tatag manahipun botên usah mawi nglampahi saha măntra mêsthi botên sakit, awit ilating manusa punika kinodrat gadhah daya angasrêpakên bêntèr. Sapisan kaping kalih taksih kêraos bêntèr sawatawis, manawi sampun apal botên kêraos bêntèr. Punika sampeyan inggih kenging apus malih. Nanging ngatos-atos, ngrisakakên raosing kênyam.

Mudha: Inggih sampun, kula narimah. Măngka sayêktosipun sadaya babagan ngèlmi makatên punika sampun kula lampahi sadaya, waragad kula kathah sangêt, ewadene namung angsal ngèlmi apus-apusan, utawi kenging kula wastani sawêg lamisipun, makatên kemawon waragadipun sampun ewon. Iba panjênêngan punika, ngantos mirsa bêbiyakanipun.

Wrêdha: O, lakar inggih kathah sangêt, ênggèr. Anggèn kula wiwit mungsêng ngupados kawruh makatên sapiturutipun ngantos dumugi ngèlmi kasampurananing pêjah warni-warni punika, umur pitulas taun, ngantos sapriki sawêg kèndêl, margi lajêng sumêrêp biyakaning wêwadosipun punika. Mêsthinipun inggih botên badhe ical, kenging kangge pangèngêt-èngêt dhatêng anak putu, sukur dadosa têtuladaning ngakathah, sampun ngantos sami kêlêbêt ing gêlaripun guru apus, gadhaha arta [ar...]

--- 32 ---

[...ta] sakêdhik kalih kêdhik prayogi kangge ambujêng kawruh nyata ingkang sampun gumêlar.

Mudha: Mêsthinipun inggih makakatên,[5] kyai, tiyang jaman kula panjênêngan kala samantên dèrèng kalêbêt jaman majêng, mèmpêr kemawon sami kêblusuka dhatêng kalaning guru apus. Nanging saupami panjênêngan dèrèng mirsa dhatêng biyakan wêwadosipun ngèlmi-ngèlmi wau, bokmanawi băngsa kula taksih sami kêlantur-lantur pitadosipun dhatêng ngèlmi pagorohan wau.

Wrêdha: Mila măngga, ênggèr, sampeyan lajêngakên.

Mudha: Inggih, sapunika kula badhe nyariyosakên ngèlmi paldhot, botên têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda, inggih punika ngèlmi jaya-kawijayan ingkang dados piyandêling para kraman ingkang sampun kêlampahan ing tanah Jawi, Madura tuwin ing Bali sarta sanès-sanèsipun. Kula nate maguru, embalanipun ngantos kalih atus rupiyah, ingkang satus sèkêt minăngka panumbas kula ngèlmi paldhot wau, ingkang sèkêt rupiyah embalan anglampahi tapa ngluwêng pitung dintên pitung dalu dhatêng kyai guru, margi kula dipun tantun kapurih nglampahi piyambak rumaos wêgah, dados dipun sanggi ing kyai guru. Sasampunipun kyai guru mudhar saking tapa ngluwêng, kula lajêng winêjang dipun tètèsi ngèlmi paldhot wau. Pamêjangipun [Pa...]

--- 33 ---

[...mêjangipun] kêlêrês dintên malêm Anggara Kasih wontên gisiking banawi, sêsaji tuwin wilujênganipun botên kantun. Sirikanipun manawi mlampah botên kenging nolèh, kenging nanging kêdah mingêr sabadanipun pisan. Kyai guru anjèdhi timah sawajan agêng, sêmawah-sêmawahipun timah lajêng dipun cêlupi tanganipun kyai guru kalih pisan. Wah, kula gumun sangêt, lajêng kangge raup, sajakipun mèntèr kemawon. Kyai guru akèn dhatêng kula supados ngapalakên măntra, manawi sampun kapurih nyoba raup timah umob punika. Sayêktos kula lampahi, tangan kalih pisan kula cêlupakên, botên kêraos bêntèr sakêdhik-kêdhika, namung kêraos mangêt-mangêt sawatawis, kula angge raup barang inggih botên kêraos bêntèr. Kados punapa gumun sarta ngandêl kula, ngantos tanpa upami. Kyai guru cariyos dhatêng kula, mimising sanjata punika ingkang kadamêl timah, inggih timah kados ingkang dipun jèdhi punika, măngka jèdhèn timah umob mumpal-mumpal makatên kangge raup botên barang-barang, mêsthinipun mimising sanjata manawi dhumawah ing badhan kula inggih botên tumama, malah luluh wangsul kados jinèdhi. Kula botên mangsuli, namung tansah malênggong gumun sarta pitados sangêt. Timah wau lajêng dipun asrêpakên kaangkah balebekan, kintên-kintên kandêlipun sapalih jêmpol, sarêng sampun [sampu...]

--- 34 ---

[...n] asrêp dipun gunting kapêndhêt sakêdhik, agêngipun sami arta benggol, dipun sêrati aksara Arab, ingkang kangge nyêrat dom bagor. Sarêng sampun rampung dipun sukakakên kula kapurih anggembol. Sanalika punika kula dipun coba badhe dipun sanjata, nanging kyai guru rumiyin, dene ingkang nyanjata kula. Satêmênipun manah kula dhêg-dhêgan sangêt, inggih manawi botên pêjah, upami pêjah masa wandeya kula ingkang binakungkung ing parentah. Ewadene nekad. Sarêng sampun mapan, dhêl, kula sanjata, mègèk kemawon, gotrinipun malah salong kenging dipun cathok. Wadhuh, eram kula botên kantênan. Gêntos kula, manah kula trataban sangêt, nanging mundur isin, măntra kula apalakên wongsal-wangsul saking ajrih kula. Dhêl, pyur manah kula, gotrinipun sami dhawah dhadha, botên kêraos barang-barang, kalihan dipun plinthêng tikêl sakit pinalinthêng sangêt. Badhêdhêging manah kula sarêdi anakan, rumaos digdaya botên têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda. Sampun malih sinuduk pinêdhang tinumbak sasaminipun yèn ta têdhasa, mimis gotri mèntèr malah luluh wangsul dados timbêl. Dumugi sapunika kula taksih digdaya, kyai, panjênêngan coba kenging. Suwawi panjênêngan dhawahi gêgaman, kula tadhahanipun.

--- 35 ---

Wrêdha: Sampun kumênthus, ênggèr, pasah punapa malih.

Mudha: E, sampun ngina, kyai, kenging dipun nyatakakên.

Wrêdha: Botên, ta, sampeyan sarèh rumiyin. Wiwit sampeyan maguru punika sapriki punapa sampun nate kêlampahan pinêdhang mêndat jinara mèntèr, bae dèrèng nate. Sampeyan prasaja kemawon.

Mudha: Inggih, kyai, satêmênipun dèrèng. Kadospundi, kyai, bêbiyakaning wêwadosipun, panjênêngan pangandikakên.

Wrêdha: Makatên, ênggèr, godhogan timah punika wontên panawaripun, inggih punika tlutuh jarak. Botên usah tanganipun binalonyo, darijinipun kemawon dipun borèhi kalomoh lajêng dipun cêlupakên godhogan timah umob, mêsthi botên kêraos bêntèr. Timah punika manawi sampun kenging utawi kêcampuran talutuh jarak sakêdhik kemawon, warninipun sulak utawi lamuk biru utawi wungu. Rak inggih, ta, ênggèr, kala samantên sumêrêp punapa botên.

Mudha: Inggih, kyai, sarêng dipun cêlupi tanganipun kyai guru warninipun lamuk wungu punapa biru, nanging anggèning ambalonyo tlutuh jarak tanganipun kyai guru kula têka botên sumêrêp. Lah punapa saking griya sampun binalonyo.

--- 36 ---

Wrêdha: Inggih makatên, saking griya sampun wiwit kablonyo. Mila manawi sampun kenging dayaning tlutuh jarak, sanadyan bayi dipun raupi jeboran timah botên barang-barang, punika botên saking dayaning ngèlmi. Ngèlmi punika namung kangge piyandêling manah sampeyan kemawon.

Mudha: Layak kula nyoba wontên ing griya andrêmimil ngapalakên mantranipun, sarêng kula cêlupakên jingkat-jingkat, dariji kula gosong, bêntèripun ngudubilai. Nanging kala samantên kula botên wara-wara, margi isin, namung lajêng nundhês dhatêng kyai guru, nanging jêbul malah dipun srêngêni kathah-kathah. Cariyosipun kyai guru, ingkang pêrlu prakawis dipun dhawahi gêgaman sarta dipun sanjata botên pasah. Wangsul punika namung isarat, ingkang sagêd namung gurunipun, murid dèrèng wajib sagêd dhatêng coban-coban makatên wau, manawi dèrèng dipun lilani ing kyai guru. Sarta kyai guru mêling wanti-wanti, sampun pisan-pisan kula sêsongaran ngatingalakên kadigdayan, margi ngèlmi jaya-kawijayan punika manawi kangge sêsongaran mêsthi cabar saking karsaning Allah.

Wrêdha: Bab dipun sanjata botên pasah, sampeyan gumun sarta ngandêl, inggih, ênggèr, sampeyan wastani dayaning măntra sarta jimat tuwin têdhasing tapa ngluwêng. Punika botên.

Mudha: Lah, kadospundi, kyai.

--- 37 ---

Wrêdha: Sanjata punika lêpasing mimisipun mawi takêran, pitung dasa tindak punapa satus tindak, piyambak-piyambak miturut modhèlipun. Ingkang sampun sumêrêp, tarkadhang sagêd sumêrêp saking ăngka ingkang wontên ing sanjata nelakakên ablasing mimisipun. Punapa malih guru sampeyan gadhah sanjata piyambak, sanadyan botên sumêrêp ăngka ingkang wontên sanjata ngriku, mêsthinipun takèn dhatêng ingkang sade. Dene caranipun, saupami sanjata plajênging mimisipun satus tindak, dipun langkungi sadasa tindak têbihipun kemawon sampun abêr, kenginga inggih botên sakit. Manawi ingkang kêndêl sarta kulina kados guru sampeyan, takêran satus tindak dipun langkungi gangsal kemawon purun, têrkadhang malah sagêd nyathok gotri utawi mimisipun, nanging kala samantên rak dèrèng modhèl sanjata rêpêti. Kêjawi makatên kyai guru masa puruna dipun sanjata cêlak-cêlakan ingkang kirang saking petanging plajêngipun mimis.

Mudha: Dados makatên, kyai.

Wrêdha: Inggih makatên. Mila-mila, kala wau kula sampun criyos, sadaya ngèlmi Jawi punika namung ngèlmi apus saking mêmêting tarekah. Tiyang Jawi pakarêmanipun ingkang anèh-anèh, dakik-dakik angomêtakên utêk. Mila pangajêng-ajêng kula: para rare sarta tiyang punapadene

--- 38 ---

anak putu, sampun ngantos anglampahi kangge dolanan binalithuk ngèlmi apus ingkang ngêmar-êmari manah kados ingkang sampun kula lampahi, aluwung mêsua kawruh nyata ingkang manpangati kangge sangu gêsang, prayogi. Wontênipun kraman-kraman punika, rak inggih saking piyandêlipun dhatêng ngèlmi jaya-kawijayan ingkang sampeyan criyosakên punika. Ta, ênggèr. Kalanipun para murid sumêrêp tètèring kadigdayanipun kyai guru, sarta awakipun piyambak dipun coba dening kyai guru inggih digdaya, sami ambadhêdhêg rumaos botên wêgah dhatêng mimis, nanging kadospundi, sarêng binendrong ing mimis inggih sirna utamangganipun. Sababipun punapa para băngsa kula ngantos kêlampahan madêg kraman. Botên sanès namung saking anggènipun sami dèrèng sumêrêp biyakan wêwadosipun ngèlmi jaya-kawijayan sapanunggilanipun wau, margi salami-laminipun dèrèng wontên sarjana ingkang karsa nglugokakên cariyos sinêbar ing kathah. Watak Jawi eman-eman. Kangge piyambak kemawon kajêngipun kondhang sinêbut lêlananging jagad, botên manah bangsanipun ingkang tansah asor sarta sinangsaya margi taksih wradin sami nganggêp utamining utami punika tiyang ingkang gadhah kawruh ngèlmi-ngèlmi apus wau. Ngantos sapriki băngsa Jawi taksih kathah ingkang anggêgêt dhatêng kawruh wau: nyata.

--- 39 ---

Mudha: Manawi makatên jimat kula punika kula bucal kemawon, tiyang tanpa damêl. Arta kalih atus rupiyah sirna ingapusan guru apus. Rahayunipun kula dèrèng ngantos dipun sanjata kadhawahan gêgaman, anua kecalan arta kalih atus rupiyah tombok nyawa.

Wrêdha: Inggih punika wau, ênggèr. Wêlinging kyai guru dhatêng sampeyan awanti-wanti, botên suka sêsongaran, margi ngèlmi jaya-kawijayan manawi kangge sêsongaran badhe cabar saking karsaning Allah. Sumêrêpa, ênggèr, punika pulitik, awit manawi sampeyan nyongarakên kadigdayan, botên wande kêlampahan cinoba ing tiyang, sampeyan mêsthi pêjah kêdadak, kyai guru ajrih bokbilih kawuningan parentah, manawi witing pêjah saking ngandêlipun dhatêng wulangipun, têmtu tampi pidana. Dene manawi wilujêng botên konangan nagari, inggih bêgja, nanging sampun damêl jinjanipun para murid sanèsipun, sarta mêjahakên têdha. Punika, ênggèr, ingkang dipun kawekani. Dene manawi sampeyan botên sêsongaran, mêsthi kathah wilujêngipun, kyai guru salami-laminipun taksih anggănda arum angambar, wilujêng lêstantun têdhanipun. Makatên, ênggèr, pamrihipun wêlinging guru sampeyan wau.

Mudha: E e, samantên alusing pulitikipun kyai guru,

--- 40 ---

kula botên andungkap babar pisan. Hêm, nuwun sangêt, kyai, kula panjênêngan padhangakên. Dados wosipun kemawon sakathahing ngèlmi jaya-kawijayan sapanunggilanipun, punika dora sadaya. Manawi makatên pamrihipun punapa, punapa namung kangge ambalithuk ngirup arta.

Wrêdha: Pancèn inggih namung kangge sarana ngirup arta kemawon. Sêksinipun Mursid, manawi ngèlmi-ngèlmi wau ujar pagorohan sadaya, salami-laminipun botên wontên guru ngèlmi Jawi jaya-kawijayan sasaminipun sagêd lulus kondhang, dangu-dangunipun gangsal taun mêsthi sampun abêr mantun kondhang, margi dangu-dangu salah satunggaling kawruhipun pagorohan wau wontên ingkang kêwiyak wêwadosipun, utawi dangu-dangu salah satunggaling muridipun wontên ingkang kêtètèr kawruhipun malendo, satêmah botên pinitados ing têtiyang. Kyai guru kantun malênggong, botên angsal têdha saking kawruhipun apus-apusan wau. Pangraos kula, cariyos kula bêbiyakaning wêwadosipun ngèlmi-ngèlmi ingkang kacariyos ing nginggil punika, kados sampun cêkap kangge pêpiridan ambiyak wêwadosing ngèlmi-ngèlmi sanès-sanèsipun. Manawi anggèr pancèn lantipan manah, dipun gêlarana gêlaring kawruh ingkang anggêgirisi babaganing ngèlmi wau, saèstu botên badhe

--- 41 ---

kapiluyu, dening sagêd anênimbang kapiridakên kalihan cariyos kula wau.

Mudha: Inggih kyai, pangraos kula inggih sampun anyêkapi sangêt kangge piridan ambiyak wêwadosing kawruh babagan punika tuwin sanès-sanèsipun, margi cariyos ing nginggil punika sampun kalêbêt kawruh pagorohan ingkang angèl piyambak biyakaning wêwadosipun. Sarèhning ngèlmi jaya-kawijayan sapanunggilanipun sampun kula cariyosakên, sarta sampun panjênêngan cariyosakên biyakaning wêwadosipun, punapa kêparêng kula badhe nyariyosakên ngèlmi kasampurnaning pêjah sawatawis, ingkang prayogi kangge pêpiridan.

Wrêdha: Prayogi, ênggèr, mêndhêt saparlunipun kemawon, ingkang kenging kangge pêpiridan, tiyang pangangkah kula pancèn ingkang ngêrtosakên rare, supados sumêrêp bilih ngèlmi-ngèlmi wau botên migunani ing agêsang. Măngga, ênggèr, sampeyan cariyosakên sapêrlunipun.

Mudha: Sasampunipun anggèn kula ngluyug ngupados kawruh-kawruh ingkang sampun kula cariyosakên, sarta sanès-sanèsipun kêlêbêt ingkang rèmèh-rèmèh, sampun sami kacathêt ing dalêm batos, kula kêpengin sangêt sumêrêp dhatêng ngèlmi kasampurnaning [ka...]

--- 42 ---

[...sampurnaning] pêjah. Kêlampahan sampun pintên-pintên guru kasampurnan kula lêbêti, wulanganipun warni-warni, saya caranipun, sadaya sami ngangkah ngêngèl-êngèl nalar, utêk kula ngantos komêt. Mèmpêr upami tiyang ingkang kirang pambudi kaubat-ubêtakên kados kula kêlampahan ewah adatipun, dening kêsangêtên anggèning ngêngèl-êngèl ngantos ngomêtakên panon. Sarèhning kula rumaos dèrèng marêm, pangupados kula sêsêrêpan wau taksih tansah mungsêng botên kêndhat-kêndhat. Wusana kula mirêng, bilih wontên guru kasampurnan sagêd angicipakên pêjah. Kados punapa kemawon kapengin kula. Kêlampahan kula dipun sumêrêpakên ing jaman pêjah. Caranipun: kyai guru wontên ing lêbêt sênthong pêtêng andhêdhêt tanpa dilah, ing sênthong kapasangan gêlaran băngka dipun lèmèki mori pêthak pitung kacu kalêmpit-lêmpit sawiyaring kalasa băngka. Sarèhning ingkang maguru botên namung kula piyambak, kathah sêsarênganipun, mila ingkang kawulang gêntosan majêng satunggal-satunggal, dene kula dhawah ăngka tiga. Kala kănca kula ăngka satunggal saha kalih malêbêt gêntosan dhatêng sênthong, manah kula dhêg-dhêgan sangêt, gèk badhe dipun napakakên mangke tarekahipun, jalaran pundi ingkang mêdal saking sênthong, pratingkahipun sajak angandhut ajrih,[a...]

--- 43 ---

[...jrih,] malênggong kèndêl kemawon, sarta sajak ajrih utawi gumun mêntas sumêrêp wêwarnèn elok ingkang ngajrih-ajrihi. Wah kalanipun wontên ing nglêbêt, suwaranipun kyai guru gumrênggêng andrêmimil muji, salêbêting griya sidhêm botên wontên sabawa barang-barang. Manawi kagagas saèstu mêngkirigakên githok. Sarêng kănca kula wau rampung pamêjangipun, gêntos kula dipun undang kyai guru saking sênthong, suwaranipun gumrênggêng agêng alamat-lamat. Dèrèng ngantos dumugi sênthong kemawon badan kula sampun anyêp anjêkut andharêdhêg awel-welan. Blêng, kula mlêbêt. Ing nglêbêt sênthong kêjawi pêtêng tanpa dilah, imbêt kêbak kêbuling dupa angêndhanu, kula ngantos kêraos kêplêpêgên. Kula dipun purih linggih mapan wontên kalasa băngka linèmèkan ing mori pêthak, patrapipun amêngkêrakên kyai guru, lajêng wiwit dipun mantrani panjang botên pêdhot-pêdhot, kalihan mijêti angêlus-êlus githok kula. Sarêng pamijêtipun dumugi ing ringing jăngga kula kiwa têngên, pandulu kula wiwit prêpêt-prêpêt pêtêng, pêt, pêt, pêt, blas, bablas kula botên èngêt barang-barang. Duka sampeyan sapintên dangunipun anggèn kula botên èngêt, sumêrêp-sumêrêp kula sampun ngalilir mirêng uluk salamipun kyai guru: salam ngalaikum. Kula mangsuli kalihan tilêman, [tilê...]

--- 44 ---

[...man,] suwara gêtêr labêt saking ajrih kula: ngalaikum salam. Kula lajêng krugêt-krugêt linggih. Kyai guru cariyos: inggih punika, ênggèr, wujudipun ing jaman pêjah. Kula botên sagêd mangsuli punapa-punapa, namung sarwa inggih, margi karoban ajrih sarta pitados sangêt. Dene pangraos kula kalanipun botên èngêt, punika inggih sampun botên èngêt barang-barang, dipun upamèkna kados tilêm kapati, sanès, kados tilêm nuju ngimpi, saya nyamut-nyamut. Cêkakipun kemawon botên wontên ingkang kangge pêpindhan, dipun dhêdhêploka badan kula saèstu botên kêraos. Kula lajêng mêdal, gêntos sarêngan kula, urut ngantos sarampungipun, lajêng bibaran.

Sanès dintên kula dhatêng griyanipun kyai guru, pêrlunipun takèn bab wau ingkang pêrlu kula takèkakên. Ing ngriku dumadakan kyai guru nuju lêga manahipun, purun nyukani sumêrêp wêwantahan ngicipakên pêjah dhatêng rencangipun. Sarêng sampun kalêsêt pêjah, kula dipun purih nyêpêng badanipun sakojur, cêpênganipun anjêkut kados mayit balaka, rainipun pucêt tanpa êrah, napasipun ical babar pisan, cêkakipun inggih pêjah lugu dados mayit. Wah, anggêgirisi sayêktos kawruhipun kyai guru. Kintên-kintên saprapat jam, malah mèh satêngah jam kirang sakêdhik, tiyang ingkang kaicipakên [ka...]

--- 45 ---

[...icipakên] pêjah wau êmbun-êmbunanipun dipun sêbul saha dipun mantrani ing kyai guru, napasipun lajêng nyuwara mêdal ing irung, sênggrog, kados menda dipun bêlèh. Kyai guru lajêng uluk salam, tiyang wau krugêt-krugêt ebah, kyai guru tansah uluk salam ambal-ambalan, lajêng gregah tangi, wilujêng wangsul gêsang malih. Makatên, kyai. Panggagas saha gumun kula ngantos tanpa pêpindhan, ngantos gadhah cipta ing donya saèstu botên wontên tiyang ingkang linangkung kados kyai guru punika. Punapa wontên kyai, tiyang sagêd ngicipakên pêjah ingkang pêjah sayêktos kados cariyos kula punika. Pangintên kula botên wontên.

Wrêdha: Punapa inggih, ta, ênggèr, ing donya namung tiyang satunggal punika ingkang sagêd ngicipakên pêjah.

Mudha: Mêsthi namung satunggal thil punika, kyai, kêjawi Gusti Allah.

Wrêdha: Tandhingipun guru sampeyan punika dados namung Gusti Allah. Saupami botên Gusti Allah, tiyang wontên ingkang sagêd angicipakên pêjah, nanging sanès guru sampeyan, punapa inggih sampeyan anggêp kados Gusti Allah.

Mudha: Inggih, kula anggêp Gusti Allah, botên namung kados kemawon. Nalaripun, manawi botên apês kêpanjingan [kêpa...]

--- 46 ---

[...njingan] utusaning Allah, punapa sagêd amêjahi tiyang, saha mangsulakên gêsang malih.

Wrêdha: O, Allah, ênggèr, tujunipun sampeyan sagêd rêmbagan kalihan kula, anua harak kêlajêng-lajêng pitados sampeyan dhatêng pakarti pagorohan ingkang anyêlakakên umur.

Mudha: Lho, pakarti pagorohan ingkang sagêd nyêlakakên umur kadospundi, kyai. Punapa panjênêngan maibên dhatêng kula.

Wrêdha: Botên maibên, ngandêl sangêt, ênggèr.

Mudha: Lah, inggih, kadospundi panggalih panjênêngan.

Wrêdha: Sampun garêncêngan, ta, ênggèr, sampeyan sarèhakên manah sampeyan, kula cariyosi wantahipun ingkang tanpa warana. Sayêktosipun ngicipakên pêjah punika, kula undhagi sangêt. Punika dolanan kula, ênggèr, kala rare, kula angge sêsongaran, sabên tiyang ingkang purun kula icipakên pêjah, klêsat-klêsêt kemawon. Nanging sarêng sampun ngêrtos, bilih pakarti ngicipakên pêjah makatên punika kêjawi sagêd damêl ewahing lampahipun êrah, ugi nyêlakakên umur, lajêng sapunika kapok botên nate kula tindakakên.

--- 47 ---

Mudha: Kadospundi têka mawi sagêd nyêlakakên umur barang. Punapa inggih, kyai.

Wrêdha: Sabar, ênggèr, sampeyan mirêngakên rumiyin criyos kula ingkang tanpa wêwados babar pisan punika.

Mudha: Inggih, kyai, măngga kadospundi.

Wrêdha: Ngicipakên pêjah, punika kêlêbêt pakarti gampil sangêt. Manawi ênggèr sampun kula criyosi patrapipun, mêsthi sagêd, nanging jangji purun. Makatên, ênggèr, guluning tiyang agêng alit sêpuh ênèm, punika iringipun kiwa têngên sami wontên ototipun agêng nyatunggal sisih anggancêng manginggil, ênggih punika urung-urung margi êrah. Manawi otot agêng kiwa têngêning gulu wau dipun pijêt ing dariji sawatawis sêru, mêsthi kêmpès ambuntoni lampahing êrah. Ugêr lampahing êrah mandhêg, mêsthi kukut pêjah. Dene pamijêtipun wau samasa tiyangipun sampun anggaliyêr lajêng kaêculakên, tiyang wau mêsthi botên èngêt sumèlèh ing dhadhanipun ingkang mijêt, lajêng katilêmna panggenan sacêlakipun ngriku. Ingkang sampun kêlampahan, dangu-dangunipun saprapat jam mêsthi sampun wangsul gêsang malih. Nanging manawi botên kaebah-ebah saha botên mirêng swara punapa-punapa, adatipun kêlajêng tilêm. Dene wontênipun sagêd gêsang malih, margi êrah ingkang kêbêndung wau

--- 48 ---

sarêng sampun mambêg lubèr, utawi posoking urung-urung ingkang mêntas dipun pijêt sampun wangsul malih, saking kêdêdêl rosaning lampahipun êrah ingkang mêntas mambêg, dados inggih mili malih, wasana inggih gêsang pulih kados ing nguni-uni.

Mudha: E, dados makatên, kyai.

Wrêdha: Inggih, ênggèr.

Mudha: Ingkang panjênêngan cariyosakên sagêd damêl ewahipun lampahing êrah, sarta ugi sagêd nyêlakakên umur, punika ingkang pundi, kyai.

Wrêdha: Pancènipun ênggèr sampun botên usah takèn, tiyang sampun gênah makatên.

Mudha: Sampun gênah ingkang pundi, ta, kyai.

Wrêdha: Ambêndung lampahipun êrah, punika manawi kêkêrêpên andadosakên ewahipun lampahing êrah, măngka lampahipun êrah punika têtalining gêsang, anggêr mandhêg inggih pêjah. Manawi ngantos ewah lampahipun, punapa botên murugakên enggal mandhêg. Makatên, ênggèr. Măngga, punika punapa dede pakarti angêmar-êmari. Mila prayogi sinirik, sampun ngantos wontên ingkang kêpengin dipun icipakên pêjah, punika dede barang-barang. Èngêta bilih botên wontên paedahipun babar pisan tur anyêlakakên umur.

--- 49 ---

Mudha: Sok makatêna rêrangkening patrapipun kyai guru mawi dêdupa sêsaji sapirantosipun, sarta mawi puji măntra andêrmimil saha uluk salam wanti-wanti, punapadene sajak dipun wingit-wingitakên pasêmonipun, punika namung kangge garan supados kêtingala anggêgirisi, sami kemawon kados rêrekanipun guru jaya-kawijayan ingkang kula cariyosakên nginggil wau. Punapa makatên, kyai.

Wrêdha: Inggih makatên, ênggèr, punika namung kangge ngantêpakên piyandêl, kêtingala pêng-pêngan, supados ginêga ing tiyang. Tiyang satêmênipun kemawon manawi botên mawi rêrênggan patrap makatên, băngsa Jawi botên ajêng. Inggih punapa botên, ênggèr.

Mudha: Inggih, kyai, satêmênipun inggih makatên.

Wrêdha: Punapa namung makatên kemawon, ênggèr.

Mudha: Botên, kyai, taksih wontên lajêngipun.

Wrêdha: Hara, măngga, kadospundi lajêngipun.

Mudha: Sayêktosipun kala samantên sasampunipun kula dipun icipakên pêjah, rintên dalu kula tansah anggubêl kyai guru bab ngèlmi kasampurnaing pêjah, awit dipun icipakên pêjah punika, panampi kula namung dipun sumêrêpakên [sumêrêpa...]

--- 50 ---

[...kên] ing jaman pêjah, mênggah ngèlminipun dèrèng. Dangu-dangu kyai guru mulung saking sakêdhik. Waunipun ingkang dipun cariyosakên kula ngèlmi kasampurnan kados ingkang sampun kêlêbêt ing dalêm sêrat wirid, nanging kula dèrèng marêm, dening kula manah botên kêpanggih ing nalaripun. Wusana sarêng kula sampun kêtitik mantêp. Kyai guru dhangan ing manah kanthi eklas suka pitêdah sajatosing ngèlmi kasampurnaning pêjah. Kula pêndhêt wosipun kemawon: tiyang sakarat badhe pêjah punika mêsthi sampun botên mawi sumêrêp cahya-macahya abang biru barang kados limrahing ngèlmi kasampurnan ingkang kawulangakên para guru saha ingkang kêsêbut ing dalêm sêrat-sêrat wirid, wontênipun namung pêtêng andhêdhêt lêlimêngan. Anggêr sampun pêtêng pandulunipun, ing ngriku jajaraning pêjah. Dene wujudipun ing jaman pêjah, saking cariyosipun kyai guru ing dalêm donya tanpa pêpindhan. Srêg manah kula, kyai, rumaos badhe botên ngaping kalih damêl. Cocog punapa botên, kyai, panggalih panjênêngan.

Wrêdha: Inggih, ta, ênggèr, cocog utawi botên kula botên sagêd cariyos, namung sayêktosipun sadaya ngèlmi kasampurnaning pêjah, punika dipun ubat-ubêtna kados punapa kemawon kajêngipun sami, nanging ugi [u...]

--- 51 ---

[...gi] kêlêbêt dhatêng babaganing ujar pagorohan. Dene dhorèngipun makatên: sadaya warni-warnining ngèlmi kasampurnaning pêjah, punika parlunipun sami mêmurun pêjah, margi tiyang punika mêsthi pêjah, botên pêrlu dipun ajrihi manawi sampun takdiripun. Mila ingkang pêrlu sangêt dipun sumêrêpakên: tandhaning badhe pêjah, sarta dipun cariyosi wujuding alam pêjah. Wontên ingkang cariyos pindha kadhaton kancana, sawênèhipun cariyos ing dalêm donya botên wontên pêpindhanipun, sarta mawi winêling wanti-wanti, samasa sampun sumêrêp cêtha dhatêng tăndha bilih gênah badhe pêjah, kêdah lajêng mapan namakakên piwêlinging guru, manawi ngantos botên purun namakakên gêgaman ingkang ngenggalakên wafat, sampun takèn dosa, mêsthi badhe wontên malaekat utusaning Allah nyiksa badanipun. Makatên punika sadaya wosipun namung mêmurun dhatêng pêjah, margi manawi sampun dhumawah ing măngsa pêjah, tiyang botên sagêd sumingkir. Dene ingkang dipun cariyosakên badhe pêjah mêsthi sumêrêp cahya warni-warni, punika goroh. Sarta manawi botên enggal namakakên sorog supados enggal pêjah, lajêng badhe wontên utusaning Allah malaekat nyiksa sawênang-wênang, punika inggih

--- 52 ---

goroh. Ing jaman pêjah kacariyos saenipun tanpa pêpindhan, punika saya goroh. Sayêktosipun alaming pêjah punika botên wontên ingkang sagêd mastani, badhe pêjah punika namung sumêrêp pêpêtêng. Makatên, ênggèr, biyakaning wadosipun ngèlmi kasampurnaning pêjah. Punapa ingkang kula cariyosakên nginggil wau botên kêlêbêt gêgêbênganing ujar pagorohan.

Tamat

__________

--- [53] ---

Pratelan bab isinipun sêrat punika.

... Kaca

Bêbuka ... 3
Susuk kabagusan ... 5
Susuk kabagusan ingkang sagêd malampah ... 6
Susuk ingkang cublêsan ... 14
Gosok rasa, sirikanipun ... 17
Guna pangasihan dhatêng wanodya ... 23
Jaya-kawijayan ... 29
Ngèlmi paldhot, jimat ... 32
Ngèlmi kasampurnaning pêjah ... 41

__________

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[Iklan]


êngèl-êngèl (kembali)
êngèl-êngèl
punika (kembali)
punika
kulit (kembali)
kulit
kalih (kembali)
kalih
makatên (kembali)
makatên