Piwulang Jabang Bayi sarta Badan, H. Buning, 1915, #84

JudulCitra

Sêrat Piwulang Pangupakaraning Jabang Bayi dalah Sabiyungipun, sarta Pangrêksaning Badan amurih Kalis dhatêng Sakathahing Sêsakit.

--- [190] ---

[...]

--- [191] ---

Panggulawênthahing Wêka.

Wajibing Biyung.

Ing nalika biyung sampun rumaos wawrat, pantês tansah angrêksaalastantuning bagas kasarasanipun, sarana anjagi ajêging cêkap saha saening pagêsanganipun, tuwin anêbihna ing samukawis ingkang anjalari botên sakecaning awakipun, kados ta: nêdha pêpêdhês, durèn, wowohan mêntah sarta têtêdhan wayu utawi mambêt, ngombe ombèn-ombèn ingkang angêndêmi, punapa malih ngangge sandhangan rêgêd sarta sanès-sanèsipun.

Ing sabên dintên anindakna padamêlan ingkang sarwa mayar, kados ta: ngantih, nganam-anam, nênacah, mêmipil, mêmipis, dhêdhêplok, nyênyulam, nyênyulak, gêgêbêg, mlampah-mlampah, utawi sanès-sanèsipun, [sanès-sanèsi...]

--- 192 ---

[...pun,] amurih saranduning awakipun sagêda lêmês. Ananging punapa ingkang katindakakên sampun pisan atilar dugi prayogi sarta surti, langkung malih yèn malampah dhatêng sumur, padusan saha sanès-sanèsipun, wajib angatos-atos sangêt, supados botên dhawah kaplese, kasandhung, utawi kajêngkêlok, punapa malih sampun pisan anjunjung barang ingkang awrat, anjlog, malumpat, nglêlunjak, malajêng saha ngadêg kalihan dipun kagètakên.

Sampun pisan-pisan sila utawi timpuh ngantos kadangon, awit linggih ingkang ngantos kêdangon punika anjalari rêndhêtipun lampahing êrah, ingkang tansah sumrambah ing badan sakojur, têmahan andadosakên sudaning kadayanipun (karosanipun).

Tiyang wawrat sampun pisan-pisan ngandhut manah muring-muring, utawi bingah cikrak-cikrak, utawi prihatos, [priha...]

--- 193 ---

[...tos,] punapadene sampun anggagas ing samukawis ingkang warninipun botên pantês, utawi giris sumêrêp ing sadhengahingkang gêgilani. Manawi tom-tomên ing samukawis ingkang botên mungguh: lajêng amanaha ing bab sanèsipun, ingkang ngantos sagêd anglindhihakên tom-tomênipun wau.

Pangupakaraning Biyung Sabayinipun.

Sintên tiyang ingkang wawrat têbih kalihan dhukun bayi (frutprao), prayogi ing samasa anggène wawrat wau sampun mèh dumugi lèkipun, lajêng angundanga frutprao, kapurih aningali benjing punapa badhe wêdaling jabang bayi. Manawi sampun kasumêrêpan têrang, frutprao kacalangana, ing dintên pamêthèkipun wau kapuriha wangsul malih, supados amitulungi badhe lairing jabang bayi sabiyungipun. Utamènipun tiyang wawrat bilih sampun gangsal wulan, wiwit kapriksakna ing dhoktêr utawi [uta...]

--- 194 ---

[...wi] frutprao, awit tiyang wawrat wiwit gangsal wulan punika gampil kêtuwuhanipun sêsakit sarta kèngsêr kandhutanipun, dene ingkang mêsthi sagêd ngicalakên sambekala wau namung dhoktêr utawi frutprao.

Tumindaking frutprao angupakara biyung sabayinipun botên susah karigênakên, awit sampun mêsthi ngrêtos ing bab punika. Anamung manawi nêdha pitulungipun dhukun ing padhusunan: tumindakipun kêdah mawi karigênakên, botên suka nguyêg-uyêg wêtêng.

Yèn êmbing-êmbingipun botên sagêd mêdal tumruntun kalihan bayinipun, biyungipun lajêng kapurihanyabuki ananging botên pêrlu singsêt-singsêt, jalaran sok sagêd ngêdalakên prabot ingkang mêsthènipun botên tumut mêdal, punapa malih tiyang ngêdalakên êmbing-êmbing punika mêsthi sampun sagêd uwat piyambak, botên beda kalihan nalika nglairakên jabang bayi.

--- 195 ---

Sasampunipun biyung dipun sabuki, nuntên talining êmbing-êmbing kapurihangêthok, panjangipun udakawis tigang nyantun saking wêtêng bayi, wusana biyungipun kapurihanguntali tigan ayam mêntah kalih iji, sarta angombe wedang bubuk, tuwin dipun kèn nêdha ingkang ngantos tuwuk, lajêng kapurihatilêman sêdhêku miring kados waunipun, kalihan botên ebah-ebah.

Yèn sampun kasrantosakên sajam, utawi kalih jam, măngka êmbing-êmbingipun mêksa dèrèng mêdal, prayogi lajêng kasuwuna pitulungipun dhoktêr, awit namung punika ingkang mêsthi sagêd ngrekadaya wêdalipun, jangji ingkang kapitulungan manut ing sarèhipun dhoktêr.

Tiyang manak ingkang kapitulungan dhoktêr makatên punika, punapa ingkang pêrlu kangge sarana murih rêncangipun, têmtu dhoktêr aparing pratikêl utawi jampinipun, nanging manawi tanpa dhoktêr, sawêdalipun êmbing-êmbing biyungipun lajêng [la...]

--- 196 ---

[...jêng] kaombènana anggur abrit ingkang sae utawi pèpton, sarta kauntalana tigan ayam mêntah satunggal utawi kalih iji. Sasampunipun makatên adatipun dhukun Jawi lajêng kapurih adus, nanging sayêktosipun botên pêrlu adus, amargi sok gampil katuwuhan sêsakit bêntèr sarta kèngsêr wadhahipun bayi, sayoginipun namung kasibina wedang kemawon, tumuntên kabobokana saha karuktia ing sapêrlunipun.

Tiyang mêntas manak prayogi ing sabên sontên ngombea anggur porêt, sarta yèn siyang ngombea bir, minăngka gêgêntosing wêjahipun, supados sae wêdaling rah, sarta bancar wêdaling toyanipun susu. Dene yèn badanipun kirang kiyat: prayogi ing sabên dintên ngombea puwan lêmbu sagêndul, sarta yèn sontên ngombea anggur pèpton sagêlas pait, supados awakipun sagêda bagas. Ananging panêdhanipun sampun pisan [pi...]

--- 197 ---

[...san] carobo, namung nêdhaa saha ngombea ingkang pancèn ambagasakên awakipun dalah sabayinipun, amurih têbih ing sambekala.

Amangsuli cariyos ngajêng, sasampunipun tali ari-ari dipun kêthok, bayi lajêng kaêdusana, tumuntên pusêripun linisahana saladhah, utawi katapêlana pipisan sêdhah winoran sarêm, tuwin kaombènana lisah kastroli sasendhok tèh, kangge anglarutakên tinjanipun kalong. Sasampunipun makatên tumuntên kagêdhonga, ing wusana lajêng katilêmna ing kasur bantal alit, ingkang sampun cinawisakên ing sadèrèngipun lair.

Bayi botên susah kaurut utawi kadadah, ingkang tanpa wontên sababipun pêrlu, sanadyan lêkas makatên punika nilar padatan Jawi, ananging sampun sumêlang yèn panilaripun ila-ila punika badhe

--- 198 ---

ngwontênakên rubeda utawi cacad, aningalana kemawon sakathahing khewan, punika sami tanpa ginêcêl utawi dinadah, suprandosipun wangun saha mothak-mathiking gêgêlitanipun botên siwah kalihan bibitipun, makatên ugi botên prayogi bayi mawi jinagongan, amargi hawa saha swaranipun tiyang kathah, adamêl botên sakeca sarta jênjêming tilêmipun. Saya awon malih tumrap dhatêng kabagasaning biyungipun, ingkang taksih nandhang rapuh utawi sakit badanipun sakojur, manawi kabribinên, têmahan botên sagêd tilêm sakeca, ingkang anjalari tumuntên tuntuming otot bayunipun.

Panggulawênthahing Bayi.

Ing sasagêd-sagêd bayi karêksaa saening gêsangipun, sarta rêsiking pangangge tuwin pirantosipun, sampun ngantos wontên ingkang anjalari kiranging kabagasanipun,[ kaba...]

--- 199 ---

[...gasanipun,] punapa malih patilêmanipun pêrlu dipun gêbêri ingkang barukut, supados botên cinakotan ing lêmut saha rinubung ing lalêr, awit yèn pinuju wontên ambah-ambahan sakit plênthing utawi cangkrang, khewan punika sami dados jalaran tumularipun sêsakit wau.

Patrap tilêming bayi pêrlu dipun prayitnanana sagêdipun ajêg malumah lêrês, sampun ngantos miring utawi mènglèng. Makatên ugi yèn nusoni panggenanipun inggih kêdah ingêlah-êlih, sasusonan wontên ing lêmpèng kiwa, sasusonan malih ing lêmpèng têngên, supados sirahipun botên badhe benjo.

Manawi bayi sampun pupak pusêr, ing wanci enjing utawi sontên prayogi sêring kaêmban, mlampah-mlampah ing palataran, supados angsala hawa ingkang nyêgêri saranduning awakipun.

--- 200 ---

Samasa bayi sampun sagêd kumlawe, kukunipun kakêthokana ingkang pundhês, sarta yèn dalu èpèk-èpèkipun kalih pisan sami kaslonthonga kanthongan mori mêntah, supados manawi nglokro gêdhongipun, măngka botên kasumêrêpan, kêthowa-thawening tangan botên anggraut mripatipun.

Dilah panjêran ing sênthong prayogi anganggea dilah calupak, amurih sêpên ing mutawatos, sampun pisan ngangge sênthir utawi dilah lisah petrolium tanpa sêmprong, awit kukusipun sagêd anjalari sakit napas.

Yèn wontên bayi tansah mêrêm kemawon, sarta katingal brèbès utawi ambalobok, enggal kasuwuna pitulungipun dhoktêr, awit yèn kasèp sring andadosakên cacad utawi calaina. Ananging sadèrèngipun angsal pitulungipun dhoktêr sabên enjing,

--- 201 ---

siyang sarta sontên, mripatipun kabilasana wedang mangêt-mangêt, mawi suwekan pêthak ingkang êmpuk sarta rêsik, ngantos salêbêting talapukanipun rêsik sadaya, ananging anggènipun ngêsudakên kêdah ngambang sarta ngirih-irih kemawon, supados botên saya mêwahi sangêting sakitipun. Makatên ugi yèn bayi ginanjar sakit sanèsipun ingkang sakintên botên sagêd anjampèni piyambak, inggih nuntên kasuwuna pitulungipun dhoktêr, namung yèn sakit wawratan rah utawi umbêl, prayogi kajampènana piyambak manut rêracikan ing pakêm jampi Jawi.

Bilih bayi sampun umur sakawan utawi gangsal wulan, prayogi wiwit kadulanga tajining bubur (panggodhoging bubur kaworana prongkolan daging lêmbu, supados dayanipun rumasuk awor ing bubur) sadulangan wontêna tigang utawi sakawan suru, pandulangipun [pandulangipu...]

--- 202 ---

[...n] ing wanci jam 11 siyang sarta jam 5 sontên, saya lami saya dipun indhaki murih botên kêmlakarên, ing wasana kenging kadulang buburipun ingkang lumêr.

Ing nalika punika bayi kacublikna, ananging sanadyan dèrèng umur samantên, yèn wontên ambah-ambahan sakit plênthing utawi cangkrang inggih lajêng kacublikna, awit punika panawaring sêsakit wau.

Yèn murih tilêmipun lare alit: sampun sarana kabandul, ingkang sayogi namung kaêmbana kemawon, yèn sampun tilêm lajêng kapapana.

Lare ingkang sampun umur wolu utawi sangang wulan, prayogi pangombenipun wiwit kabrancuha kalihan mèlêk, saombenan kasusonan, saombenan wedang mèlêk, ananging anggènipun nyalundhingi wedang saya lami kêdah saya kêrêp, supados kintên-kintên umur sataun sampuna marêm namung ngombe wedang kemawon, [kema...]

--- 203 ---

[...won,] dados mêdhotipun nusu tanpa sinapih. Wondene mèlêk ingkang kangge angombèni amiliha ingkang sae saha cuwèr, tuwin sabên bikak isinipun lajêng kaêliha sadaya dhatêng ing klênthong utawi lodhong, sampun dipun iras ing blègipun kemawon, awit yèn imbrah dados wisa ingkang bêbayani.

Lare ingkang sampun sagêd tumindak: yèn lumampah ing panggenan ingkang bawera sarta botên wontên sumêlangipun, dipun ujaa kemawon, supados saya mindhak karosan saha pangatos-atosipun, ananging kaulatna ing sapurugipun.

Lare wiwit sagêd nyênyêpêng dumuginipun umur sadasa taun, sampun suka bêbêkta utawi ngangge dolanan barang ingkang landhêp, gêtas, utawi nyumêlangi, kados ta: rèk, mêrcon, pangot, lading, paku, gêbyas, piring, gêlas, dilah lisah petrolium,

--- 204 ---

ayam saha sanès-sanèsipun.

Pamonging lare amiliha: tiyang ingkang têmên, sarta utami, saha bagas kasarasan, sampun pisan ngangge tiyang brancah, clêmêr, crobo, goroh, brabah, nyêrèt, tilasipun tiyang awon, gêndhêng, pathèkên, mêngi, bubrah, saha sakit cêkèk, supados momonganipun botên kalepetan lêlabêt utawi mêmalanipun. Malah yèn pamongipun pinuju sakit: gudhigên, korèngên, bêngkoyokên, kadhasên, utawi bèlèkên, lajêng kapuriha aso ngantos ing sasarasipun, supados sakitipun botên anulari momonganipun.

Lare sampun suka dipun ambung ing liyan.

Amulang Wicantên dhatêng Lare.

Lare ingkang botên budhêg wiwit lair: têmtu badhe sagêd wicantên, awit sagêd nênitèni saha nêniru wicantêning [wica...]

--- 205 ---

[...ntêning] liyan.

Manawi lare sampun wiwit sagêd wicantên, gurunipun ăngka satunggal: inggih punika biyungipun pêrlu anggrètèh angajak wicantênan anakipun, amitakèkakên saha anêdahi namaning barang-barang ingkang kasrambah ing sabên dintên, ananging anggènipun nêmbungakên sadhengah ingkang dipun wicantênakên anganggea têmbung wancahan kemawon, kados ta: mik, pak, bu, yu, lêk, sapanunggilanipun.

Manawi sampun cêtha anggènipun nirokakên têmbung makatên wau, lajêng katuntuna nêmbungakên wêtah namaning pirantos saha kabêtahanipun, kados ta: bubur, piring, sêga, kasur, sapanunggilanipun. Ananging punapa ingkang katêdahakên pêrlu barangipun katudinga utawi kacêpênga, kalihan nêmbungakên namaning barangipun ambal-ambalan, sarta larenipun kapurihanirokakên [kapurihaniroka...]

--- 206 ---

[...kên] ngantos ing sasagêdipun. Jangji biyung utawi bapa kêrêp anêdah-nêdahakên namaning samukawis ingkang wontên salêbêt sarta sajawining griya kados makatên wau, tamtu anakipun tumuntên kathah pangrêtosipun. Ananging sampun pisan dipun têdahi namaning sadhengah ingkang botên kasat mata, awit badhe botên dados panuntuning karaharjanipun. Punapa malih sampun pisan winulang têmbung tuwin pratingkah ingkang botên sae.

Têtuladaning Tiyang Sêpuh Mênggah ing Anakipun.

Bapa biyung sayogi anglênggahi sêsêbutanipun: bapa biyung iku guru, sarta kang nganakake. Mila kawastanan: guru, awit ingkang tiniru-tiru ing anak amung salampah jantraning bapa biyungipun, angêplêki ing bêbasan: kacang ora tinggal lanjarane. Dados bapa biyung punika kados upaminipun lanjaran, yèn lanjaranipun bengkong, [beng...]

--- 207 ---

[...kong,] lung ingkang rumambat ing ngriku inggih bengkong manut pêngkêluking lanjaranipun. Mila pêrlu sangêt ingatasing bapa biyung tansah anêpa nuladhani lampah utami dhatêng ing anakipun, supados amurih tinulada, kados ta: sih-sinihan anggènipun alakirabi, lêmbah ing manah, wêlasan, têmên, manis ing wicara, alus ing tindak tanduk, nglênggahi tata cara utami, trêsna ing sasami-sami, gêmi nastiti, rêmên nyèlèngi pamêdalipun, srêgêp ing damêl, rêmên marsudi kawruh, pait dhatêng têmbung crêmêdan, pait dhatêng watêk trocoh, trisna ing anak, rêsikan, sae pangruktining griya, ngrêksa ing kabagasan, botên karêm ngabotohan, botên nyêrèt, botên karêm ngombe inuman kêras, rêmên marsudèkakên kawruh anak, musêng ngudi indhaking panggêsangan, mungkul ing lampah utami, rêmên têtulung ing kasangsaran, botên rêmên ropyan-ropyan, saha [sa...]

--- 208 ---

[...ha] sanès-sanèsipun. Mila kawastanan: kang anganakake, awit wontênipun anak lantaran saking bapa biyung.

Jangji bapa biyung botên sami mintokakên lêlabêt sarta pandamêl awon, tamtu anakipun sarju niru sakathahing pandamêlipun, ingkang andadosakên ing karaharjan wau, sanadyan botên angêplêki, tamtu botên têbih sungsatipun.

Pamardining Anak dhatêng ing Kautamèn.

Bapa biyung wajib sami jêjêg ing lêlêrêsipun, sampun pisan panganggêpipun dhatêng anak baukapine, awit kadadosanipun patrap makatên punika badhe anuwuhakên sêriking manahipun ingkang botên kadhawahan ing sih. Punapa malih bapa biyung wajib amardi sumêrêping tata sarta utami dhatêng ing anakipun, samasa anakipun purun napuk, gruwêk, utawi sanès-sanèsipun, [sa...]

--- 209 ---

[...nès-sanèsipun,] ing sanalika wau lajêng kacêblèka sawatawis, supados kapok, makatên ugi yèn lare sampun kathah pangrêtosipun, măngka purun mêmisuh utawi crêmêdan, ing sakala wau lajêng kasêrêp-sêrêpna piyambakan saruning patrapipun, supados ringaawicantên makatên malih. Langkung malih yèn lare purun goroh utawi nyênyolong, punika pêrlu sangêt karekadayaa sagêdipun sampun ngantos anglampahi malih, awit tumaning lampah makatên punika badhe anjalari dhumawahing nistha saha sangsara.

Ingkang kaprah kapokipun lare lampah culika namung kapaksa mangsulakên barangipun colongan, sarta nêdha pangapuntên dhatêng ingkang gadhah, punapadene kaartosakên bilih lêkasipun makatên wau têmên badhe dados wisaning panggayuhipun dhatêng kamuktèn, sarta anyênyangking namaning bapa biyungipun. Yèn sampun kabolehan [kabo...]

--- 210 ---

[...lehan] makatên marambah-rambah măngka taksih purun nêrak ing wêwalêr, punika sawêg kaajara ing samurwatipun, kados ta: kalêbêtakên ing sênthong piyambakan, namung kasukanan sêkul kalihan toya, utawi kasuda ing pangugungipun, akanthi kajangji: manawi purun mantuni lêlabêtipun awon badhe dipun apuntên, sarta katisnanan kados waunipun, utawi kabolèhana sanès-sanèsipun, ingkang ngantos sagêd anyirnakakên awoning lêlabêtipun, supados benjing diwasanipun dadosa tiyang ingkang utami.

Pamardining Anak Amurih Bangun Turutipun.

Bapa biyung wajib sami nganggea watak: sabda pandhita ratu, sampun pisan sok doracara utawi cidra ing jangji, punapa ingkang kawicantênakên utawi kajangjèkakên dhatêng anak kêdah nyata sarta têmên, kados ta: yèn jangji badhe nyukani punapa-punapa wajib tinêtêpan, [ti...]

--- 211 ---

[...nêtêpan,] dene yèn botên sagêd nêtêpi punapa ingkang dados sababipun kapratelakna.

Anak sampun pisan dipun ajani utawi dipun kèngkèn anindakakên padamêlan ingkang botên pantês, utawi ingkang botên murwat.

Yèn bapa utawi biyung sampun mênggak pikajêngipun anak, sanadyan budia sarta nangis akêkitrang, inggih sampun pisan tinurutan, supados botên tuman nêrak wêwalêring tiyang sêpuh. Makatên ugi yèn sampun parentah anakipun inggih kêdah dipun pardi nglampahi (sampun suka ngêlirakên ing tuding), awit yèn ambangkang dipun umbar kemawon, sampun tamtu benjing malih inggih makatên wêkasan dados wigar, botên maèlu parentahing tiyang sêpuh. Mila lêrês wasitaning para winasis, yèn badhe ngangkah bangun turuting lare: pamardinipun kêdah kados patrapipun angreka rumambating têtanêman [têtanêma...]

--- 212 ---

[...n] dhatêng ing lanjaranipun, wiwit taksih lung (yèn mênggah tiyang taksih lare alit), sampun tinalatosan rinambatakên, samasa nyimpang lajêng tinangsulan angsal ing rambatan ngantos ing samatuhipun, dene manawi sampun matuh gubêd utawi rumambat, tamtu turut ing salaminipun gêsang. Ananging yèn anggènipun ngrambatakên sampun kasèp (sampun dados wit, sasaminipun yèn lare sampun agêng), sanadyan dipun pêksaa sarana ingêrut kêkah (yèn mênggah lare dipun gêbagi), milalah anêmahi tugêl utawi mêdhotakên tangsulipun (saminipun yèn lare ambăndakalani), masa dadak puruna nurut lanjaranipun (yèn tumrap lare wigar).

Mirit saking punika: pancèn pêrlu sangêt lare pinardi ing tatacara saha lampah utami wiwit alit, supados gampila pangêrèhing turutipun, awit yèn [yè...]

--- 213 ---

[...n] sampun kagêngên têmtu malahi, malah yèn kapaksa sok nuwuhakên brawala utawi păncakara, têmahan adamêl isining yayah rena.

Anak jalêr saya mindhak agêng, wajib bapa biyung saya nyamuna ing katrêsnanipun, amurih botên gungan (bodho), anamung pamardining kagunan saha ing kautamèn kalèbèrna ngêdhèng.

Panglantihing Lare Murih Gêmi.

Lare sampun pisan kabalănja, minăngka panumbasing sarapanipun, nanging prayogi punapa têdhanipun kasudhianana, awit yèn lare kabalănja, kajawi sok katumbasakên sarapan ingkang anjalari kiranging kabagasanipun, kados ta: pêcêl, lotis, wowohan mêntah, rokok saha sanès-sanèsipun, kêrêp katumbasakên dolanan, ingkang nênuntun dhatêng ngabotohan, kados ta: jangkrik,

--- 214 ---

kêcik, kêmiri, saha sanès-sanèsipun, mila sampun pantês kemawon lare ingkang dipun kulinakakên makatên punika, ing diwasanipun dados tiyang ingkang ngêbrèh, botên ngowêl wêdaling artanipun, ingkang tumanjanipun langkung sapele, ing wêkasan botên sagêd rimat gunakayanipun, ingkang kadamêl sarana anggayuhakên kawibawaning turunipun.

Lare jalêr wiwit alit dumuginipun agêng, prayogi dipun kulinakna mangangge sandhangan lugas kemawon, sarta sampun mawi dipun anggèn-anggèni: gêlang, kalung, supe, sapanunggilanipun, awit kombuling priya, botên saking abyoring busana, nanging saking guna utaminipun. Anamung lare èstri ingkang sampun rumaja putri, ing sasagêd-sagêd dipun anggèn-anggènana ingkang sarwa adi, awit mumbuling èstri saking warninipun.

--- 215 ---

Lare sampun pisan suka dolanan cirak, ngabên kêcik utawi kêmiri mawi toh arta. Makatên ugi sampun pisan suka sinau kêrtu, ngabên sawung, ngabên jangkrik utawi kêplèk sapanunggilanipun.

Lare èstri ingkang sampun umur 12 taun, prayogi wiwit kapardia sinau padamêlanipun pawèstri, kados ta: nyulam, andondomi, nyêrat, sinjang (bathik), saha mitulungi olah-olah, dene yèn sampun umur 14 taun, kapuriha ngrimat saha ngopèni rêsiking sandhanganipun piyambak, punapadene ngupakara rêsiking abrag salêbêtipun griya. Langkung saking umur samantên, kapataha nyêpêng balănja ing pawon, supados ing têmbe prigêla nindakakên adêging gêsangipun sabatih.[1]

--- [0] ---

[Iklan]


§ Punika pamardining lare èstri jaman wingi, bilih jaman sapunika, wiwit umur 5-6 taun, lajêng kalêbêtakên ing sakolahan, malah ingkang sambada kalêbêtakên dhatêng kartini sêkul. Taksih wontên sambêtipun, badhe kawrat ing Almênak taun 1916 ngajêng punika. (kembali)
§ Punika pamardining lare èstri jaman wingi, bilih jaman sapunika, wiwit umur 5-6 taun, lajêng kalêbêtakên ing sakolahan, malah ingkang sambada kalêbêtakên dhatêng kartini sêkul. Taksih wontên sambêtipun, badhe kawrat ing Almênak taun 1916 ngajêng punika.