Kidungan, H. Buning, c. 1915, #90

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Kidungan

1. Dhandhanggula

1. ana kidung rumêksa ing wêngi | têguh ayu luputa ing lara | luputa bilai kabèh | jin setan datan purun | panêluhan tan ana wani | miwah panggawe ala | gunane wong luput | gêni atêmahan tirta | maling adoh tan ana ngarah ing kami | guna duduk pan sirna ||

2. sakèhing lara pan samya bali | sakèhing ama pan sami miruda[1] | wêlas asih pandulune | sakèhing braja luput | kadi kapuk tiba ing sami | sakèhing wisa tawa | satru kurdha tutut | kayu angkêr lêmah sangar | songing landhak guwane wong lêmah miring | myang pakiponing mêrak ||

3. pagupakaning warak sêkalir | yèn winaca pan sêgara asat | têmahan rahayu kabèh | dadya salira ayu | ingidêran pra widadari | rinêksèng malaekat | sakathahing rasul | pan dadi salira tunggal | ati Adam utêkku [u...]

--- 122 ---

[...têkku] Bagendha Êsis | pangucapku ya Mungsa ||

4. napas ingsun Nabi Ngisa yêkti | Nabi Yakup pamiyarsaningwang | Yusup ing rupaku mangke | Nabi Dawud swaraku | Hyang Suleman kasêktèn mami | Nabi Ibrahim nyawa | Edris ing rambutku | Bagendha Li kulit ingwang | AbuBakar gêtih daging Ngumar singgih | balung Bagendha Ngusman ||

5. sungsumku Patimah linuwih[2] | kang minăngka rahayuning jasat | Nabi Ayup ing ususe | otodku Nabi Yunus | pan salira satunggal nabi | Mukhamat netraningwang | pamuluku rasul | pinayungan adam sarak | sampun pêpak sakathahing para nabi | dadi sarira tunggal ||

6. wiji sawiji mulane dadi | pan apancêr dadi sining jagad | kasamadan dening date | kang maca kang angrungu | ingkang nurat lan kang nyimpêni | dadya ayuning badan | kinarya sêsêmbur | winacakakên ing toya | kinarya dus rara tuwa gêlis laki | kinarya dus wong edan

--- 123 ---

7. lamun arsa tulus nandur pari | puasaa sawêngi sadina | ubêngana galêngane | wacanên kidung iku | kèhing ama pan samya bali | yèn arsa lunga pêrang | watêkên ing sêkul | antuka tigang pulukan | mungsuh wêdi rêp-sirêp tan ana wani | rahayuning payudan ||

8. lamun ana wong kabêndon gusti | wong kadhêndha kawratan ing utang | lah wacanên kidung kiye | ing wanci têngah dalu | ping salawe wangêne kaki | mantun ingkang kadukan | kang kadhêndha wurung | aglis nuli linuwaran | ingkang utang sinauran ing Hyang Widhi | kang gêring nuli waras ||

9. gantya na kidungkidung artati | sapa wruha maring araningwang | duk ingsun ana ing ngare | duk ingsun anèng gunung | KiSamurta lan KiSamurti | ngalih aran ping tiga | Artadayatèngsun | ran ingsun duk lagi jaka | mangke ngalih aran ingsun iki kawi | sapa wruh aran ingwang ||

10. sapa wêruh kêmbang têpuskaki | sasat wêruh rêkeartadaya | tunggal pancêr [pa...]

--- 124 ---

[...ncêr] lan somahe | sapa wruh ing panuju | sasat sugih pagêre wêsi | rinêksa wong sajagad | kang angidung iku | kalamun ingapalêna | kaping tiga putusa padha sawêngi | kalis ing wong durjana ||

11. sapa ingkang angidung artati | bêbaratan nênggih yèn winaca | Sang Hyang Ayu pangadêge | lumaku Sang Hyang Ayu | alembehan asmara êning | ngadêg pangawak teja | kang angidung iku | kinarya ngawulèng nata | kidung iku bratanana sawatawis | gustimu asih marma ||

12. ana kayu apurwa sawiji | uwit buwana aêpang jagad | agodhong mega rumêmbe | apradapakêkuwung | woh sudama sêlaga langit | sêkar căndra purnama | sêmi kilat daru | siniram ing bun sawarga | pucuk kaca anèng dhasaring pratiwi | oyode bayu bajra ||

13. pêpayone kêmbang dhukut langit | tali maruta kumêndhung tawang | dahat tan katon wujude | arajêg gunung sèwu | jaladara ing luhur mami | ngrêksa

--- 125 ---

ratri myang rina | mangadhanging mungsuh | anulak panggawe ala | lara gora tan parêk samya sumingkir | luput guna wisaya ||

14. dèn arani somahing Pênjaring | Nila Êning arane duk gêsang | duk mati Jinro arane | duk ingsun anèng gunung | ngalih aran Sang Asmaraning | wayah tumêkèng tuwa | emut ibuningsun | Ki Pênjaring lunga ngetan | Ki Artati anurut gigiring Mrapi | anuli mring Sundara ||

15. wontên pandhita akarya wangsit | pindha kombang mangajap ing tawang | susuh angin ngêndi gone | lawan galihingkangkung | kuda ngêrap anèng jaladri | isining wuluh wungwang | lan gigiring punglu | tapaking kuntul anglayang | pêksi mabur abure ngiling-ilingi | kusuma ngaji ing tawang[3] ||

16. amèk banyu apikulan warih | nyumêt gêni lawan adêdamar | pangaupe sela manglèng | tanpa suku lumaku | adoh tanpa wangên wus dening | cêdhak tanpa gêpokan | ing pralambangipun [pralambang...]

--- 126 ---

[...ipun] | dhaon wilis tanpa wrêksa | anglir kartas muni ingkang tanpa tulis | gumantung tan canthelan ||

17. mudha pugung[4] kèh ingkang guroni | pan apupug pêpêr kanang astra | myang kadi kandhèk tajême | lêmbutira sagunung | lêbak anglir udayèng wukir | adhêm kadya dahana | panas kadya ranu | pintêr tan gêguru janma | sugih singgih atas ganjaraning Gusti | manyakra panggilingan ||

18. nagapasa amulêt ing sasi | baita sarah ababar layar | munggah ing gunung pucuke | swara umyang gumuruh | angèbêki jagad kapyarsi | pama lir wahywanjana | mancorong kadulu | gumêbyar lir langit lamban | ajumêgur anglir barusahing bumi | ngênguwung kadi teja ||

19. arga sasra pêpagêring dhiri | katon mratani rat girisgiras | saliring kang ama kabèh | laraning curna murut | tan tumama ing ăngga mami | miwah sakèhing braja | tan tumama ringsun | lêmbing panah busur tuna | datan ana wau ingkang mingkarani [mingkara...]

--- 127 ---

[...ni] | tinggar munya tan daya ||

20. gunung agung kuwasa nyarupi | arga tikswa kuwasa gumawang | têmahan rahayu kabèh | anglir gugrug kamaru | sêgara gung kuwasa gingsir | kang wruh ing arta daya | dadya têguh timbul | dadya paliyasing yuda | satru mungsuh gunane datan nêdhasi | antuking wong tan wikan ||

21. dudur molo ayata pan kursi | pamidhangan ing Betal Mukadas | panglêbur lara sakèhne | usuk-usuk lêluhur | pan ingaran têlênging langit | iya Nabi Muhkamat | ing pamêkasipun | pêtakku Bagendha Ambyah | kang miyarsa samya maras ajrih asih | kang lara dari waras ||

22. yèn lumampah kapêthuk umiring | sato galak pan samya rumêksa | dirada mêndhak ngarsane | singa lumakyèng pungkur | banthèng warak ing kanan kering | tan pae rumêksèng Hyang | sadaya jrih lulut | kang kêpapag pan sumimpang | sakathahing brakasakan ajrih wingwrin | sinarira [sina...]

--- 128 ---

[...rira] dening Hyang ||

23. Kirun saka ing têngên nênggani | waNakirun tunggu saka kiwa | sarwi amusthi gadane | anulak satru mungsuh | guna wisrayaning sujanmi | singkirna ingkang têbah | aywana kadulu | têmah asih dadi kadang | pêpêrakan gêgandhengan pan cinandhi | aran sêkar jêmpina ||

24. sipat kayun têgêse wong urip | urip iku sajatining iman | upama srêngenge pine | nrangi jagad sadarum | tanggal pisan purnama sidhi | pajar soroting surya | lir kang căndrawêlu | upamane kang sarira | rêmbyang-rêmbyang suluring jati ngêmasi | kuda ngrap pamandêngan ||

Kidungan punika wontênipun sampun kina sangêt, sarta ngantos dumugi sapriki dèrèng kasumêrêpan sintên ingkang nganggit kidungan wau, sarèhning dêdamêlanipun tiyang kina sampun tamtu kemawon awon sangêt ikêtanipun, ananging bokmanawi wontên pêpêthinganipun ingkang prêmati.

 


Lebih satu suku kata: sakèh ama pan sami miruda. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan sungsumku Patimah linuwih. (kembali)
Lebih satu suku kata: kusuma ji ing tawang. (kembali)
punggung. (kembali)