--- [0] ---

[Sêrat Wulang Rèh sarta Sanasunu][1]

--- [0] ---

Kapada R. M. Danawirjo, Magêlang.

Punika Sêrat Wulang Rèh, sarta Sanasunu, kagunganipun sawargi Radèn Bèi Mangunpraja, patih ing kabupatèn nagari Magêlang, têdhakan saking kagunganipun sawargi Kangjêng Rahadèn Adipati Arya Mangkuningrat, bupati ing nagari Magêlang, kang kaping 2, kawasiyatakên, dhatêng ingkêng putra, Radèn Danuwirya, dumugia saturunipun. Amurih sagêda tumangkar ing suraosipun sêrat kalih punika.

Tumurun dhatêng R. Mangundiwirya, ing Têgal Adirêja, Sundakan, Surakarta.

Manggèn ing Griya III/34 tanggal ping 21 Ramêlan ... /1920

--- 1 ---

1. Asmaradana

1. kasmaran carita luwih | purwanira duk rinêngga | Rêspati Manis dinane | nuju tanggal ping sawêlas | injing ing tabuh astha | Galungan ing wukonipun | Jumadilakir sasinya ||

2. panuju ing măngsa katri | taun Ehe punang warsa | anênggih ing sêngkalane | dadi obah syawara jalma |[2][3] anênggih kang ayasa | Dyan Dipati Arya Danu- | ningrat Bupati Magêlang ||

3. panjênêngan kaping kalih | akarsa mangun piwulang | sangking rama piwulange | Kangjêng Rahadyan Dipatya | Magêlang kang kapisan | Arya Danuningrat kasub | kasusra ing sanagara ||

4. ing pamrihnya ayya lali | darapon sagêda nelad | mèmpêr-èmpêr rib-iribe | muga padha dèn èstokna | dening pra putra wayah | ing sawuri-wurinipun | supaya manggiha arja ||

5. manira asung warta mring | sakèhe anak manira | gêdhe cilik tuwa anom | sangking dikane jêng rama | ingkang manira pajar | samya èstokna sadarum | muga

--- 2 ---

padha dèn pikira ||

6. pitutur ingkang abêcik | duk syargine kangjêng rama | nyritakakên wirayate | sangking sujalma utama | kang nate anèng praja | kang wus waskitha ing ngèlmu | tur tate angrèh nagara ||

7. kang ginêlar sabda gati | lalungit yudanagara | wong nèng dunya ing artine | uwis wong suwitèng nata | pan tinutur sadaya | dhumatêng kang anak putu | tanapi kang kulawarga ||

8. hèh ta anak putu mami | padha sira pirsakna[4] | iya ing pitutur ingong | pratingkahe angawula | tuwin ulah agama | tan beda ing larasipun | wong anom yugya gulanga ||

9. kang anom sun wuruk dhingin | liring anom maksih tuna | durung akèh lêpèhane | beda lawan wong kang tuwa | nyêpuhi têgêsira | mapan nyawabi sadarum | mulane jênêng wong tuwa ||

10. pan wênang tinuwi-tuwi | marang anak putunira | sumawona ing lilane | lamun ora mangkonoa | tan jumênêng wong atuwa[5] | pan [pa...]

--- 3 ---

[...n] iku wong tuwa suwung | dadi têtuwan ranira ||

11. basa ran têtuwan kaki | ngandêlkên lami dinanya | wong tuwa ampas wastane | liring ampas iku sêpa | tan ana rasanira | dadi tanpa guna iku | wus jare luwasing karya ||

12. tur wis tuwa tanpa isi | iku wong cupêt budinya | duk anom tan purun takon | ngandêlkên anane rosa | tan etang bêbangkitan | ngulah ngèlmu datan purun | kang kaèsthi jroning driya ||

13. mung ecane gènnya bukti | angrukti kang pêpanganan | datan eling ing rabine | ing kawêkasaning gêsang | kang kaciptèng jroning tyas | mung nikmat sajroning lulut | lan nikmat pucuking ilat ||

14. lan nikmate gènnya guling | anuruti hawanira | ngangsi glêmbus ing warnane | labête kathahên nendra | tan etung kabêcikan | lamun wong urip puniku | wêkasanira antaka ||

15. wong anèng dunya puniki | nora langgêng uripira | lir pindah[6] sêsanjan bae | mila sami ambudia | sangunira yèn pêjah | aja [a...]

--- 4 ---

[...ja] pêgat jaluk wuruk | marang wong kang wus utama ||

16. barang ing kawiknyan kaki | têka sira gêgulanga | anadene yèn wus akèh | angsalira kabangkitan | ana dhewe pêpancènnya[7] | nanging ta pangarêpipun | andhap asor aja inggal ||

17. yèn wong andhap asor kaki | wêkasane dadi guna | nadyan guna ta siranggèr | lamun tan tabêri sira | gunanira kuciwa | pan kurang utaminipun | wêkasane dadi nglămpra ||

18. lawan wêkas ingsun kaki | gulanga pasang graita | iku minăngka rowange | wruh pasêmon lalungidnya | kang bêcik lan kang ala | lir upama wong angadu | udayaning ri punika ||

19. lawan sinaua kaki | bisa anam anuntagnya | dèn bisa mardi gunane | lalangan pakewuhnya[8] | supaya kauningan | dèn bisa ambingkas nambung | lan dèn bisa ing panukma ||

20. manukma ing agal alit | bisa obah kridhaning rat | syarjana kawêngku kabèh | amiguna ing aguna | yèn sira wus anyandhak | ing lalungit ala ayu | pan sinêbut wong sujana ||

--- 5 ---

21. basa sujana pan luwih | ngluwihi sêsamanira | dadi sujana arane | karane ta putuningwang | padha sira takona | aja wirang minta wuruk | wong wirang atêmah nganggrang ||

22. liring nganggrang iku sêpi | liring sêpi iku sirna | ingkang sirna ihtiyare | dadine wong tanpa karya | yèn misih anom sira | ana kang pinrih puniku | mikul rosa kinon kêbat ||

23. yèn wis tuwa kadipundi | apa ingkang disupriha | wis cape sêpi atine | sêpi-sêpa tanpa rasa | dadi wong tuwa băngka | băngka bungkêr têgêsipun | kumlêkêrên tanpa sêla ||

24. mila gulangên sêmangkin | sakèh kawignyaning jalma | mumpung sira misih anom | kang para wayah turira | inggih lêrês panduka | nanging kang kawula suwun | pratingkahe angawula ||

25. kang amba suwun rumiyin | ingkang amrih kautaman | utamaa sawurine | ingkang pantês linampahan | kang amrih karaharjan | mirsa tindak lawan tanduk | kang dadi manising praja ||

--- 6 ---

2. Dhandhanggula

1. hèh ta iya anak putu mami | luwih angèl kaki wong ngawula | nanging ta luwih gampange | puniku basa ewuh | liring ewuh durung mangêrti | basa mangêrti iya | ngawruhi sadarum | sabarang karsaning nata | iya iku panêngêraning jalma di | widikda cipta maya ||

2. maya iku utusaning kapti | kapti duka lawan kapti suka | anèng netya sêsumuke | lair darma lumaku | lair utusaning ing batin | angsal sira kaduga | ujar kang puniku | supaya yèn kawidaka | ing angèle yèn sira durung mangarti | barang karsaning nata ||

3. anging ana bedanipun kaki | angawula ing sang prabu tuwa | kalawan satriya anom | sabarang karsanipun | ing satriya anom puniki | karya parlu lan ora | sami patrapipun | upama dipun popoa | karya prêlu kêlawan kang nora gati | sami siyasatira ||

4. nanging ana pamêpêre kêdhik | angawula mring sang prabu mudha | kang tatak dèn èsmu sarèh | sabarang karsanipun | dèn akêbat [a...]

--- 7 ---

[...kêbat] cukat tumrampil | kang kêbat lakunira | tumrampil yèn muwus | lan dèn cêgah mangan nendra | jurungêna ing puji lawan sêmèdi | amrih dhanganing karsa ||

5. yèn angadhêp gustinira runtik | poma sira kaki dèn prayitna | aja amapral karsane | nênggih upamènipun | ing satriya anom yèn runtik | kadya ki banjir bandhang | kang katrajang larut | amalika lan ngrarêpa | netyanira dèn sumèh dèn èsmu wêdi | amrih dhanganing duka ||

6. yèn ingutus marang gusti runtik | tandukira dèn matra kilasa | amrih liliha dukane | yèn aturira tambuh | dadi sira kêsabêt runtik | dadya saya andadra | dukane sang prabu | lan lakunira dèn kêbat | jroning kêbat akanthia ngati-ati | manawi kawêdaka ||

7. yèn wus prapta dènira tinuding | aturira kaki dèn têtela | kang asru dèn èsmu sarèh | yèn sêngak sira matur | dadi saya mêwahi runtik | yèn asru èsmu lêmbah | sumarèh tyas prabu | pan [pa...]

--- 8 ---

[...n] wus kocap ing saloka | ratu anom sabarang kang dèn karsani | anggampangakên dosa ||

8. pan wus kocap wirayating tulis | ingkang aran satriya taruna | basa taruna têgêse | taru godhong puniku | êna tuduh têgêsirèki | mungguh caraka basa | iku têgêsipun | liring tuduh barang karsa | ingkang pêrlu kalawan kang nora gati | kandêl tipis tan padha ||

9. basa taru artine winarni | kaya godhong upamane ika | yèn lagi ana gawene | kalangkung ajinipun | nora ketang mitung sukoni | turne namung sadina | gawene kang pêrlu | yèn luwas dadi larahan | iya iku maknane taruna kaki | kang wus kocap saloka ||

10. beda lawan prabu tuwa kaki | liring tuwa nora supe nalar | kang băngsa nalar artine | sabarang karsanipun | nora supe akanthi uwit | wit bêcik lawan ala | kapirsa sadarum | ngênggoni jênênging tuwa | liring jênêng artine iku jênêngi [jênêng...]

--- 9 ---

[...i] | jênênge nora pisah ||

11. beda lawan basa anom kaki | liring anom maksih nganam-anam | samubarang kawignyane | yèn wus kapanggih sêpuh | nuli bisa animbang kaki | karya bêcik lan ala | kapirsa sêdarum | mulane ana wong ngucap | sapa bisa wong iku mrangkani kudhi | ngabdia ratu mudha ||

12. iya iku tan wruh ing uwit[9] | ingkang purun angucap mêngkana | kadi wong cupêt budine | beda kang sampun luhung | kang wus wêruh ala lan bêcik | ngawula ratu mudha | ing ibaratipun | lir angêmban lare mothah | lamun wignya ngarih-arih nyanyindhèni | lare lajêng anindra ||

13. yèn anglilir nulya dèn sandhingi | sêkar warna kuning putih abang | lare bungah lèngèh-lèngèh | iku upamanipun | angsal sira bisa ngladèni | marang satriya mudha | ing sakarsanipun | yèn olèh sih lan darajat | sarta olih satriya kang ambêk wêgik | ngranggoni galih tuwa ||

14. ing majade awèt gènnya mukti | nanging nyata anglarani [anglara...]

--- 10 ---

[...ni] awak | satriya anom karsane | yèn nêdhêng karsanipun | datan etang ing wayah iki | amung lêganing karsa | iku kang kaetung | nanging sira yitnanana | aja lali ing tata kalawan titi | dêduga lan prayoga ||

15. liring tata iku lawan titi | liring titi alungguh sagokan | angona saprayogane | liring tata puniku | ngawruhana sêsami-sami | lawan duga prayoga | iku dèn kaetung | liringên lawan wêtara | angsal sira èngêta kang nêm prakawis | supaya katrimaa ||

16. duga-duga iku liring ati | kang prayoga têgêse pangucap | yèn matêng ing dêdugane | lair dêrma lumaku | yèn wus têpung kalawan pikir | rêringa iku netra | nimbang kang kadulu | uninga bêcik lan ala | kang wêtara iku artining pun kuping | miyarsa kyèh wicara ||

17. angsal sira èngêt nêm prakawis | supayane tan manggih wêdaka | manungsa akèh ngarale | nanging kasapanipun | kaya uga tan manggih wèsthi | angsal sira èngêta | nêm prakara [pra...]

--- 11 ---

[...kara] iku | rahayu sajênêngira | kang utama ana manèh rong prakawis | liring duka lan suka ||

18. wong asuka duka kang pinanggih | wong aduka iku manggih susah | kawruhana sadurunge | utamaning tumuwuh | anêdyaa ambêk prihatin | ayya gung suka-suka | duka kang tinêmu | dèn kadya nayakaningrat | sasukane lamun kapranan dènnya ngling | namung mèsêm kewala ||

19. mapan ajrih dhêndhaning Yyang Widi | yèn wong suka iku manggih duka | dèn kawruhi sadurunge | lan pambêkane alus | datan purun ngêsakkên jalmi | tuhu nayakaningrat | jêng nabi panutup | sumitraningsun kang tuwa | padha sira ngèstokna lampah kang luwih | lampahe ahlul iman ||

20. aja kaya wong ing jaman mangkin | yèn kacaryan mubarang dèn ucap | dèn isis kabèh gusine | cukakakan gumuyu | eblis laknat manjing ing lathi | saya kabanjur pisan | ing kasukanipun | tan èngêt ngèlmu wirayat | kang angrusak sakèhing panrima iki | iya sangking sêmbrana [sêmbra...]

--- 12 ---

[...na] ||

21. eblis laknat yèn sampun nguncati | datan milih margane sêngkala | dadya kacêp jro batine | èngêt kapanggih pungkur | èngêtira wus manggih wèsthi | sampun limrah wong kathah | pupur yèn wus bênjut | tan kadya jalma utama | sadurunge sawise wus dèn kawruhi | kalis saliring beka ||

22. karantêne anak putu mami | utamane ngaurip punika | aja pêgat nêstapane | ing siyang lawan dalu | aja mèngèng tingal mring Widi | sarta maning dèn ekhlas | pambêkan dèn alus | watêke wong ambêk tapa | sakarêpe tinêkan dèrèng Yyang Widi | iku jalma utama ||

23. utamane waskitha ing tulis | sarta wasis ing keratanira | cara carêm ing batine | atinira satuhu | anuhoni sabdaning wali | wali-wali ginulang | agulang ing kawruh | pakewuhe ing agêsang | sangking layap liyêping tyas dèn amèksi | pan kêdah anuduhna ||

24. tuduhêna tingal kang sêjati | sampurnane tingal kang sampurna | sampurnaa sasolahe | solah

--- 13 ---

ingkang rahayu | rahayua ing lair batin | batinira dèn nêdya | anêdyaa tuwuh | wuwuha yuwananira | rakêtana kang sêmbah kalawan puji | puji wijining karsa ||

25. karsa ala lawan karsa bêcik | golèkana lan sabar dêrana | apan iku dhêdhasare | dhasare ngèlmu iku | muwuhana pênggawe bêcik | kang ala singgahana | poma dèn mituhu | sanadyan sira ngawula | nora kaya kang andhasarakên bêcik | wong bêcik manggih arja ||

26. arjanira kaki manggih singgih | singgihira dènira sasama | sêsama samya sih kabèh | kabèh samya jumurung | anjurungi ing sira kaki | pan kinarya têtuwa | têtuwaning kawruh | yèn sira ambêk sudarma | ulat netra wêcana sarwi mumpuni | mumpuni ing sasmita ||

27. sasmita kang tinutur puniki | mapan ewuh yèn ora wêruha | datan jumênêng uripe | akèh kang ngaku-aku | pangrasane sampun utami | tur durung wruh ing rasa | rasa kang satuhu | rasaning rasa punika | upayanên dêrapon sampurna ugi | ing kauripanira ||

--- 14 ---

28. jroning Kuran gonira sayêkti | nanging milih ingkang uningaa | kajaba lawan tuduhe | nora kêna dèn awur | ing satêmah nora pinanggih | mundhak katalanjukan | têmah sasar-susur | yèn sira ayun waskitha | sampurnane ing badanira puniki | sira anggêgurua ||

29. nanging sira yèn gêguru kaki | amiliha manungsa kang nyata | ingkang bêcik martabate | sarta kang wruh ing khukum | kang ngibadah lan kang ngirangi | sokur olèh wong tapa | ingkang wis amungkul | tan mikir pawèwèhing lyan | iku pantês dipun guronana ugi | sartane kawruhira ||

30. lamun ana wong bicara ngèlmi | tan mufakat ing patang prakara | aja sira age-age | angrakêt nyatanipun | saringana dipun barêsih | limbangên kang prayoga | lan bisa sarujuk | dalil khadis lan ijêmak | lan kiyase papat iku salah siji | ana ingkang mufakat ||

31. ana uga kêna dèn antêpi | yèn ucula ing patang prakara | nora enak lêgêdane | tan wurung [wu...]

--- 15 ---

[...rung] tinggal waktu | panganggêpe wus angêngkoki | aja kudu sêmbayang | wus salat katèngsun | banjur ambuwang sarengat | batal karam nora nganggo dèn rawati | bubrah sakèhing tata ||

32. angèl têmên iya jaman iki | ingkang pantês kêna ginuronan | akèh wong cacah ngèlmune | lan arang ingkang manut | yèn wong ngèlmu ingkang nêtêpi | ing panggawean sarak | dèn arani luput | nanging iya sasênêngan | nora kêna dèn wor kêkarêpan iki | pêpancène priyăngga ||

33. ingkang lumrah ing măngsa puniki | mapan guru ingkang golèk skhabat | tuhu kuwalik karêpe | kang wis lumrah karuhun | jaman kuna mapan ki murid | ingkang padha ngupaya | kudu agêguru | ing mêngko iki pan ora | kyai guru naruthuk ngupaya murid | dadya ngungkurkên adat ||

3. Pangkur

1. yèn sira angungkurêna | marang sastra ingkang tigang prakawis | dumadi tapane jungkur | lan malih wêkas ingwang | rêrêgêde badan kawruhana

--- 16 ---

iku | liripun satunggal-tunggal | sun jarwani sira kaki ||

2. aja sira karya umbak | yèn angucap lan aja pêksa wani | lan ayya cidra ing wuwus | marang sêsamanira | aja êdir lan aja jail adigung | riya kibir lan sumêngah | kabèh singgahana kaki ||

3. lan aja agung sêmbrana | sayêktine sêngkala kang pinanggih | wong dlarung têmah kêpaung | wong cidra nêmu papa | wong ajail têmah katail pakewuh | lan aja gung uwas-uwas | wong uwas manut ing iblis ||

4. lan aja dir tamasira | wong aêdir iku dadi kêjêlir | pasthi rusak patinipun | iku rêgêding badan | lan malihe aja karêm mangan turu | lan aja karêm sahuwat | iku sêsirike ngèlmi ||

5. sanajan sira mangana | aniyata tămba luwening ragi | miwah ta lamun aturu | tămba arip kewala | nadyan silih sahuwat lan rabinipun | anganggoa sawêtara | poma yêktènana kaki ||

6. kaya ingkang pangandika | Kajêng Nabi [Muhamad][10] kang sinêlir |

--- 17 ---

rungunên pitutur ingsun | kabèh kang mring sakabat | atanapi pra kawula warganingsun | utamane mukmin mênang | prang sabil lan napsunèki ||

7. tan buwang artane marang | nging dêdalan kang mring [Allah][11] sayêkti | pra sakabat malih matur | dhuh gusti rasulullah | inggih pundi gusti ta ing lênggahipun | ngandika jêng nabi duta | yaiku wong kang nêtêpi ||

8. agawe bêkti Pangeran | satêngahe wirayat wong kang wêdi | saka kèhe panggawe dur | iku manungsa tama | ihtiyare amilih panggawe luhung | cêgah dhahar lawan nendra | tan pati karêm ing rêsmi ||

9. yèn wong karêm mangan nendra | lan sahuwat yêkti sumpêg ing ati | adoh malaekatipun | angèl barang sinêdya | karantêne dèn èngêt pitutur ingsun | lan nêpsu patang prakara | iku kawruhana kaki ||

10. yèn cêgah mangan lan nendra | lawan sira kèrêm mungguhing ngèlmi | luamah amarah bêndu | supiyah datan karsa | sapelinge mutmainah datan ayun | arame gènnya brawala [bra...]

--- 18 ---

[...wala] | datan pêgat siyang latri ||

11. luamah lawan amarah | lan supiyah mutmainah pradongdi | ing siyang dalu prang pupuh | rame diya-diniya | mutmainah kinrubut napsu têtêlu | mulane dèn siya-siya | manggung ngajak kirang bukti ||

12. lan angajak kirang nendra | pratingkahe napsu sawiji-wiji | êndi ingkang sira turut | êndi kang dèn tampika | kang pra wayah matur sarwi andhêku[12] | kalangkung cupêt kawula | dèrèng sagêt anglanggati ||

13. măngsa boronga panduka | asalipun mulang pakarti bêcik | ecane ingkang ginugu | nuwun kajarwakna[13] | mugi-mugi rahayua kang tinêmu | kang eyang alon ngandika | sun cadhangakên sayêkti ||

14. yèn sira karêm mring praja | sapratingkah sira yèn durung dugi | sabarang karêpmu luput | luamah singkirêna | lan amarah supiyah singkurên gupuh | lêbokna ing kunjara[14] | kancingên dèn kukuh kaki ||

15. kunjaranên panarima | kancingana tawêkal iman tokit | iku pamupusing laku | mutmainah dèn umbar |

--- 19 ---

bale akir jaman pangumbaranipun | wor dalan sukma sakawan | dununge nèng bale akir ||

16. basa bale akir jaman | sêjatine jêjantung iku kaki | kadhatone sukma luhur | kalawan sukma purba | sukma langgêng sukma wisesa ta iku | padha duwe parintahan | mring napsu catur prakawis ||

17. napsu amarah punika | sukma lagêng[15] iku minăngka gusti | napsu luamah puniku | anggusthi sukma purba | napsupiyah sukma wisesa kang mêngku | iku kinèn ambêbeka | amrih bilaining ragi ||

18. dene napsu mutmainah | sukma luhur iku minăngka gusti | sajatine sukma luhur | gagêntining Pangeran | karantêne mutmainah kang dèn usung | amrih rakêt lan gustinya | yèn wus rakêt lawan gusti ||

19. tan pilih marganing bêgja | lan daulat kathah samya dhatêngi | sakarsanira jinurung | amanggih suka wirya | yèn wis manggih suka wirya putuningsun | kang sukma tigang prakara | iku rèhna kang sayêkti ||

--- 20 ---

20. nênggih kang sukma wisesa | upamane iku minăngka patih | sukma lagêng lir pangulu | jêksane sukma purba | sukma luhur minăngka ing ratunipun | iman kang minăngka êmban | iku sujalma linuwih ||

21. kang napsu tigang prakara | luwarana lan karyanên prajurit | minăngka pamuking mungsuh | nanging ta kawruhana | lamun ora dèn kawruhi ngajak rusuh | yêkti ngrusakkên nêgara | lamun ora dèn yitnani ||

22. sun jarwakne babarpisan | pratingkahe sukma tigang prakawis | poma dèn èsthi ta putu | miwah warnane pisan | sukma purba iku irêng warnanipun | kang abang sukma wisesa | sukma lagêng iku kuning ||

23. dene sukma luhur ika | warnanira kaki puniku putih | poma wêkas ingsun putu | èngêta mumpung gêsang | sukma tiga pasthine iku ngraridhu | ing benjang sakaratira | yèn tan antuk sahing Gusti ||

24. napsu luamah amarah | lan supiyah tut wuri marang gusti | anyamèni warnanipun | lir

--- 21 ---

Wisnu lawan Kêrsna | Krêsna napsu Wisnu sukma kang têtêlu | pan iku upamanira | karane dèn ngati-ati ||

25. napsu mutmainah iya | anyamèni lir warnaning gusti[16] | sajati-jatine iku | ya Wisnu iya Krêsna | iku putu kinarya upaminipun | karantêne wong agêsang | èngêta yèn bakal mati

26. karane wêkas manira | sakathahe ing anak putu mami | kang anom miwah kang sêpuh | samya ta tawajuhna | jroning manah dêrapon aja kaliru | ing binjing sakaratira | dèn kêncêng lan ati êning ||

27. kaya wong tuwa punika | lamun uwis remane warna kalih | dèn sami ambêk rahayu | karyaa kabêcikan | sabobote amrih antuka pitulung | salamêta dunya kherat | lan gulang ngèlmu jati[17] ||

28. jatining ngilmu punika | saisining raga dipun kawruhi | kaya ta sifat rong puluh | wênang dipun pêcaha | gêgawane bapa biyang dèn kaetung | tuwin gawaning Pangeran | myang kang saking nabi wali ||

29. tuwin [tuwi...]

--- 22 ---

[...n] gawaning malekat | jroning raga ing karsa lan ing puri | tuwin kanan keringipun | miwah kang anèng têngah | apadene kawraksa wayanganipun | lan malih utamanira | wruh jatine nabi wali ||

30. lan ngèlmu saruwan pandam | pring sadhapur encat kaprabon lalis | kanyatan wijining laku | lan pandam panglêburan | lan salamêt bênêr lan watoning ngilmu | lawan cakra raup mudas | lan jatining jalu èstri ||

31. lan dina pitu punika | kang dèn ringkês pitu dadoskên kalih | lawan dununge sadulur | ingkang tan karawatan | kang nèng wetan kulon lor kalawan kidul | miwah kang anèng ing têngah | warnane dipun kawruhi ||

32. lawan jatining manungsa | lan bismillah kang manjing raga kaki | yogya kawruhana putu | iku ngilmu pusaka | lan sirnaning kawula gusti dèn putus | lamun sira pan wis wignya | tan ana ingucap malih ||

33. nanging ta pênganggonira | yèn wong kang uwis sidik ngilmu jati | nadyan anom tuwin sêpuh | datan kêna dursila | yèn tinêrak masthi antuk babêndu[18] |

--- 23 ---

iku kaki dèn prayitna | sabên dina ayya lali ||

34. nadyan sira karya amal | aja ngatokakên bêcik pribadi | manawa ta ora tulus | dadi kandhangan riya | utamane misuwura liyanipun | kang bisa murakabana | dening pangèstuning jalmi ||

35. sang tapa malih ngandika | wali-wali kaki gon sun muruki | yèn olih barkating luhur | gonira angawula | utamane yèn sira kinarya sêpuh | utawa kinèn parentah | sabarang printahan kaki ||

36. dèn adhap[19] asor ta sira | ayya sira ambêk priyayi dhiri | dèn amot ujar tan patut | aja karana murka | sêdyakna tumurun mring anak putu[20] | ing binjang kamuktènira | lêstaria ingkang wuri ||

37. yèn wong printah ada[21] murka | dumadine akèh wong wêdi gêthing | nora tulus sira besuk | mring anak putunira | upamane kamuktèn puniku putu | kadya wastra nèng sampiran | yèn dèn sêndhal kang darbèni ||

38. sapa arsa mêmalanga [mê...]

--- 24 ---

[...malanga] | karantêne sira dèn ngati-ati | wong dadi printah yaiku | dipun angeman lampah | luwih lara ing wong dadi magang iku | wirang ati nglara awak | andulu mring kang priyayi

39. karane ta wong angawula[22] | yèn wus mukti elinga kalane sakit[23] | nadyan silih putuningsun | ki maksih sami magang | liring magang rumagang pakaryanipun | datan tampik panggawean | abot ènthèng dèn lakoni ||

40. sadaya sira potanga | karyanira ngandêla marang Gusti | nuli antuka pitulung | ganjaranira sang nata[24] | lan sartane ing batin dèn mêsu kayun | mring Gusti kang murbèng alam | aja mèngèng siyang latri ||

41. sabarang karêpanira | antêpana aywa suwilèng gati | yèn tan mangkonoa putu | tan bisa antuk karya | marmane ngambah dalan gawat kalangkung | kudu têtêg atinira | ywa kêna godhaning eblis ||

42. utamane wong ngawula | tata krama nèng paseban dèn èsthi | wadine tansah ginêlung | myang kêkêran wasita | dèn èsthi [è...]

--- 25 ---

[...sthi] ing kalbu pan dadi laku[25] | sarta panjurunging jalma | nadyan kyèh kang wêlas asih ||

43. iku ta pitutur ingwang | pakartine ing lair kalawan batin[26] | pan wus sun gêlar sêdarum | ihtiyaring kawula | poma putu dèn èstokna jroning kalbu | wis padha sira muliha | kanthinên pitutur iki ||

4. Kinanthi

1. agung gêgulanging kalbu | ing sasmita amrih lantip | aja pijêr dhahar nendra | kaprawiran dèn kaèsthi | pêsunên saliranira | sudanên dhahar lan guling ||

2. apan iku dadi laku | cacêgah kang wus kawarti | lan aja asukan-sukan | anganggoa sawêtawis | ala watêke wong suka | suda prayitnaning batin ||

3. yèn wus tinitah wong agung | aja sira gunggung dhiri | aja ngrakêti wong ala | kang ala lakunirèki | nora wurung ajak-ajak | satêmahe nênulari ||

4. najan asor wijilipun | yèn kalakuane bêcik | utawa sugih carita |

--- 26 ---

carita kang dadi misil | iku pantês rakêtana | dêrapon mundhak kang budi ||

5. yèn wong anom wus kêlaku | manut marang kang ngadhêpi | yèn kang ngadhêp akèh bangsat | tan wurung bisa anjuti | yèn kang ngadhêp kèh durjana | tan wurung bisa mêmaling ||

6. sanadyan ta nora milu | pasthi wruh solahing maling | kang ya mêngkana sêbarang | panggawe ala puniki | sok wêruha pêsthi bisa | iku panutaning eblis ||

7. pênggawe bêcik puniku | gampang yèn wis dèn lakoni | angèl yèn durung kalakyan | aras-arasên nglakoni | tur lamun dèn lakonana | wèh munpangat badanèki ||

8. lan wong anom-anom iku | kang kanggo ing măngsa iki | andhap asor dipun simpar | umbak gumunggunging dhiri | obrol umuk dèn gêgulang | kumênthus lawan kumaki ||

9. sapa sira sapa ingsun | ambêlunyat sarta êdir | iku ta labête uga | nonoman adoh wong bêcik | lumuh ngêrungu carita | carita ala lan bêcik ||

10. carita pan wis kêlaku |

--- 27 ---

pênggawe ala lan bêcik | tindak bênêr lan kang ora | kalêbu jro caritèki | mulane aran carita | kabèh-kabèh dèn kawruhi ||

11. mulane wong anom iku | bêcik ingkang atabêri | lêlungguhan lan wong tuwa | ingkang sugih kojah ugi | kojah iku warna-warna | ana ala ana bêcik ||

12. ingkang bêcik kojahipun | sira anggoa kang pêsthi | ingkang ala singgahana | aja sira ngêlakoni | lan dèn awas wong kang kojah | iya ing măngsa puniki ||

13. akèh wong kang sugih wuwus | nanging dèn sambi pakolih | anging badane priyăngga | kang dèn olèhakên ugi | panastène kang dèn umbar | tan anganggo sawêtawis ||

14. aja na wong bisa tutur | ngamungna ingsun pribadi | aja ana kang mêmadha | angrasa pintêr dhèwèki | iku setan nunjang-nunjang | tan pantês dipun parêki ||

15. sikakna dèn kaya asu | yèn wong kang mêkono iki | dahwèn opèn ora layak | yèn sira sandhinga [sandhing...]

--- 28 ---

[...a] linggih | nora wurung katularan | bêcik sira anyingkiri ||

16. dipoma ing wêkas ingsun | mring kang maca layang iki | lair batin dèn èstokna | satuhune dadi bêcik | wruha junging kang nugraha | lan awasa ing pamilih ||

17. kauripan ing dunyèku | nora kêna dèn guroni | karanane bisa rusak | batin bisaa lêstari | tan wande amanggih papa | karana dunya puniki ||

18. lir wisma munggwèng marga gung | palerenan wong lumaris | tanapi pinajang-pajang | rinêngga ing sarwa adi | miwah gunging pasugatan | kang darbe wisma nyaosi ||

19. sangêt têmên kumprung pêngung | kêrasan lèrèh ing margi | tur iku duwèking liyan | dudu sira kang darbèni | sira kêrasan nèng marga | tinundhung tan wande mulih ||

20. yèn mulih ora sêsangu | kaya ngapa polahnèki | wêkasan tuk duka cipta | sayêktine sothal-sathil | sêdhih tinagih ing utang | pan sira duk sinung urip ||

21. sinung kamurahan agung | titipan tan dèn rawati | durjana ing badanira |

--- 29 ---

tinungkulakên ing eblis | linalèkkên saking hawa | napsune kang dèn ugungi ||

22. aja padha ambêlilu | pan iku kuthaning eblis | dunya dadya pandadaran | mungguhing wong kang bèrbudi | gone mosik musuk muwah | mukibat makbut sayêkti ||

23. goning arip lawan makrup | pangucape wong kang luwih | kang arsa ngupaya ngajal | gêdhe cilik ala bêcik | utama kang marga dunya | kawruhing dandanan yêkti ||

24. kang datan margèng dunyèku | malaekat lawan êjim | nora katempelan coba | dêrajatira ing binjing | sayêkti luhur manungsa | sêsamine titah gusti ||

25. ing mangko jisim alus[27] | mila tan mindhaka benjing | manungsa pan maksih wadhag | nênggih aluse ing binjing | luwih saking malaekat | kamulyane para janmi ||

26. karana dunya kang mashur | mungguhing wong ahli budi | dadi pancadan kamulyan | ugi pancadan bilai | mungguh wong cêkak budinya | dunya iku bilaèni ||

--- 30 ---

27. mugi samia dèn emut | kaole kang para wali | dunya iku dadi rahsa | ing bapa kang munggèng sulbi | lan rasa kang munggèng biyang | duk maksih anèng rahmani ||

28. măngsa ta wandea mêtu | duk campuhing rasa kalih | ing nalika dadi warna | laire kang jabang bayi | prapta ing jaman wasitah | tan jun awêkasan sung sri ||

29. dene ta kang wicaksa gung | sakèhing wong kang bèrbudi | anêlasakên dêdalan | kang luwih adoh dèn rukti | kang luwih ewuh dèn răngka | supaya dadi lêstari ||

30. wong urip angrukti sangu | sangu kang ginawa mati | datan tolèh duk ing marga | daulat dèn ngati-ati | titipan umur dèn paksa | kang yugya sangune mulih ||

31. aja sira dadya pêngung | karasa nikmating margi | katongtoke ing daulat | tan mikir sangune mulih | kasêngsêm bote mrih arta | napsune dèn kurantèni ||

32. setan ingkang abêbidhung | ambêbungah narik sisip | karêm kamulyaning dunya | kang sarwa tan maedahi | mung katungkul buja

--- 31 ---

hawa | pan dadi kanthining eblis ||

33. khukhama kang amrih luhur | mengo tan karsa anampi | kang pinrihatinkên mapan | jagat kang tan owah gingsir | langgêng kang parlu rinêksa | titine angênya puri ||

34. aja kaya janma kumprung | pêpeka kang dèn kawruhi | nut ing sasar ambêlasar | mangsaning nikmat winaris | wong bingung nora kaduman | kari angêmut dariji ||

35. nanutuh pijêr katungkul | mung dunya kang dèn karêmi | kasèp nora ngalap warta | duk anèng ing dunya nguni | têmah agêng prihatinnya | kêbanjur rewanging eblis ||

36. upamane dunya iku | lir wong wadon sundêl ajing[28] | yèn wong bèrbudi tan arsa | angalap wong sundêl anjing | kang dèn babodho kewala | si pêngung kudu angawin ||

37. sawuse kinawin besuk | nora wurung balinjani | wong lodhak abêlasaran | nora kêna dèn tambani | dêstun pêngung kang aningkah | kaya nora pinilih[29] ||

38. mapan manungsa wus sinung | ihtiyar marang Hyang Widi | pagene ya milih ala | tan wêlas badanirèki [ba...]

--- 32 ---

[...danirèki] | eling-eling sira padha | dèn samya angati-ati ||

39. kabèh padha angrasakna lampus[30] | sagunge sawiji-wiji | iku kabèh padha rusak | amung dzatira Hyang Widi | langgêng tan kêna ing rusak | sifat jalal kang duwèni ||

40. apan kamulyan kang agung | nênggih ing dunya puniki | dhinapur kalih prakara | sawiji manungsa sayêkti[31] | kang bodho iku cilaka | pêparingira Hyang Widi ||

41. tambuh mring ihtiyaripun | sih ing dunya nora eling | kapindhone kang manungsa | bèrbudi bêgja lêstari | dènnya wruh yèn bakal rusak | wruh kang langgêng datan gingsir ||

42. dadya wruh tindak kang luput | lawan tindak kang sayêkti | tan pêpeka barang karya | ana pantês dèn karêmi | ana pantês kang binuwang | pan wahyu puniku budi ||

43. ihtiyar busananipun | lamun tan busana yêkti | barang karya tanpa dadya | musanip awanti-wanti | dèn wruh satruning akherat | lawan kanthining aurip ||

44. wontên ayat ingkang dhawuh | jroning Kuran iku nênggih | tan tinutur lapalira | namung ing têgêsirèki [tê...]

--- 33 ---

[...gêsirèki] | arta tuwin anakira | pan dadi satruning akir ||

45. dadi pitnah yèn tan wêruh | ing tindak nampik amilih | dadi kanthi yèn waspada | rakit nampik amilih[32] | milane sagung kukama | sangêt dènnya masiyati ||

46. wicaranên kang satuhu | dèn awas nampik amilih | kang yugya dadi dandanan | ing awal prapta ing akir | supayane sampurnaa | ywèh tambuh tindak kang bêcik ||

5. Gambuh

1. sêdyaning rèh cinatur | kang kacatur polahe wong kang kalantur[33] | tanpa tutur katula-tula katali | kadaluwarsa katutuh | kêpatuh pan dadi ewoh ||

2. aja nganti kabanjur | barang polah kang nora jujur[34] | yèn kabanjur sayêkti kojur tan bêcik | ngupayaa pitutur[35] | pitutur ingkang sayêktos ||

3. de tutur bênêr puniku[36] | sayêktine pantêsa dèn luru | nadyan mêtu saking wong sudra papèki | lamun bêcik gone muruk | iku pantês sira anggo ||

4. ana pocapanipun [pocapanipu...]

--- 34 ---

[...n] | adiguna adigang adigung | pan adigang kidang adigung pan èsthi | adiguna ula iku | têlu pisan mati sampyoh ||

5. si kidang ambêkipun | angandêlkên kêbat lumpatipun | pan si gajah ngandêlkên gènnya gêng inggil | ula ngandêlakên iku | mandine lamun anyokot ||

6. iku upamènipun | aja ngandêlakên sira iku | têguh rosa iya sada kumawani | iku ambêke wong digung | ing wusana dadi asor ||

7. adiguna puniku | ngandêlakên kapintêranipun | samubarang kabisan dipun dhèwèki | sapa pintêr kaya ingsun | toging prana nora injoh ||

8. ambêk adigang puniku[37] | angungaskên ing kasuranipun | mara nantang cêndhala anyênyampahi | tinêmênan nora injuh | ing têmah dadi gêguyon ||

9. ing wong urip puniku | aja nganggo ambêg ingkang têlu | anganggoa rèrèh ririh ngati-ati | dèn kawangwang barang laku | dèn waskitha tingkahing wong ||

10. de ambêg têlu iku | si kidang suka [su...]

--- 35 ---

[...ka] ing patinipun | pan si gajah alena patinirèki | pan si ula patinipun | ngandêlkên upase mandos ||

11. têtêlu nora patut | tinirua apan dadi luput | titikane wong anom kurang wêwadi | bungah akèh wong kang gunggung | wêkasane kajêlomprong ||

12. yèn wong anom puniku | kakehan panggunggung dadi kumprung | pêngung bingung wêkasane dadi ngoling | yèn dèn gunggung muncu-muncu | kaya wudun mèh mêcothot ||

13. iya wong kang sapa gunggung[38] | pan sapele iku pamrihipun | mung warêge wadhuke klimising lathi | lan têlêse gundhangipun | rêruba alaning uwong ||

14. amrih warêga iku | yèn wus kandêl nuli awèh umuk | pan wong akèh sayêktine padha wêdi | tan wurung tămpa pisungsung | adol sanggup sakèhing wong ||

15. yèn wong mêngkono iku | nora pantês cêdhak lan wong agung | nora wurung anuntun panggawe juti | nanging ana pantêsipun | wong mangkono sing didhêplok [didhê...]

--- 36 ---

[...plok] ||

16. aja kakehan sanggup | durung wêruh tuture agupruk | tutur nêmpil panganggêpe wruh pribadi | pangrasane kyèh wong gugu | kang wis wêruh amêlengos ||

17. aja nganggo sirèku | kalakuan kang mêngkono iku | datan wurung tinitenan dèn cirèni | mring pawong sanak sadulur | nora nana kang pitados ||

18. lir dhawuhe Hyang Agung | jroning Kuran iku gonipun[39] | tan tinutur lapale mung têgêsnèki | tan angeman ya [Allahu][40] | mring wong kiyanat ing katong ||

19. dene wong nora akukuh[41] | ing jangji tan sinung agamèku | hèh sakèhe anak putu dèn padha ling | sakèhe manungsa sinung | pamilihing bêcik awon ||

20. lamun ana wong iku | gawe kiyanat ing samanipun | wêwalêse tugêl gulune lan malih | saya apês turunipun | tur dadi kawulaning wong ||

6. Pangkur

1. sêkar Pangkur kang winarna | lêlabuhan kang kanggo wong urip[42] | ala bêcike puniku | prayoga [pra...]

--- 37 ---

[...yoga] kawruhana | adat waton puniku dipun kadulu | miwah ingkang tata krama | dèn kaèsthi siyang latri ||

2. dêduga lawan prayoga | lan wêtara rêringa ayya lali | iku prabot kang satuhu | tan kêna tininggala | angling lungguh angadêk lawan lumaku | angucap mênêng anindra | duga-duga ayya lali ||

3. kalamun ana manungsa | anyinggahi duga lawan prayogi | iku watêke tan patut | amor lawan wong kathah | wong dêksura dêludur tan wruh ing êdur | aja sira pêdhak-pêdhak | ora wurung nêniwasi ||

4. mapan watêke manungsa | pan katêmu ing laku lawan linggih | solah muna-muninipun | pan dadi panêngêran | kang apintêr kang bodho miwah kang luhur | kang asor miwah kang mlarat | tanapi manungsa sugih ||

5. ngulama miwah maksiyat | wong kang kêndêl tanapi wong kang jêrih | durjana bêbotoh kaum | lanang wadon pan padha | panitiking wêwatêk lima puniku | apadene wong kang nyata |

--- 38 ---

ing pangawruh kang sayêkti ||

6. tinitik ing solah muna | lawan muni ing laku lawan linggih | iku panêngrêran agung | winawas ginraita | pramilane ing wong kuna-kuna iku | yèn amawas ing sujalma | datan amindho gawèni ||

7. wong samêngko mapan ora | kang katêmu ing basa kang nanduki | ingkang lumrah wong puniku | dêrki jail lan dora | irèn mèrèn panastèn dahwèn kumingsun | opène nora pêsaja | jail muthakil bakiwit ||

8. alaning liyan dèn andhar | ing bêcike wong liya dèn simpêni | bêcike dhewe dèn gugu | kinarya pasamuan | nora ngrasa alane dhewe ngêndhukur | wong kang mêngkono watêknya | nora pantês dèn pêdhaki ||

9. iku wong dêrbala murka | nora nana ing marême jro ati | sabarang karêpanipun | nadyan sing katêkana | karêpane nora marêm saya banjur | luamah lawan amarah | iku kang dèn atut wuri ||

10. ing sabarang tingkah polah | ing pangucap tanapi

--- 39 ---

yèn alinggih | sukan kasoran bêkipun | pan lumuh kaungkulan | ing sujalma pangrasane dhèwèkipun | nora nana kang mêmadha | angrasa pintêr pribadi ||

11. aja nêdya katempelan | ing wêwatêk kang tan pantês ing budi | watêk rusuh nora patut | tunggalan lan manungsa | dipun sami karya labuhan kang patut | dêrapon dadi tuladha | manuta wong kang abêcik ||

12. aja lunyu lèmèr ginjah | angrong prasanakan nyamur gumuling | ambuntut arit puniku | watêke tan raharja | pan wong lunyu nora kêna dipun ênut | munyar-manyir wan[43] antêpan | dene lèmèrên puniki ||

13. para pinginan têgêsnya | acêcegan iku sabarang kardi | angrobing sanak têgêsipun[44] | rêmên ulah miruda | mring rabine sadulur miwah ing batur | mring sanak myang pamanakan[45] | sok sênênga dèn ramuhi ||

14. nyumur gumuling punika | alêlèrwèh datan duwe wêwadi | nora kêna rubung-rubung | wadine dipun umbar | buntut arit

--- 40 ---

puniku pracekanipun | bênêr yèn sapangarêpan | nanging gurèthèl ing wuri ||

15. sabarang kang dipun ucap | nora wurung amrih olèh pribadi | iku labuhan tan patut | ja nêdya katempelan | mring watêkan kang nêm prakara iku[46] | yugya sami ngupayaa | lêlakon ingkang abêcik ||

16. yêkti padha mardia[47] | ing aurip padha rancangan pati | dènnya wus nampani wahyu | ing budi goning nyata | budi iku ihtiyar busananipun | yèn padha milih kang ala | pan dadi wahyuning eblis ||

17. apan sifating Pangeran | nora adoh dzate kalawan budi | wruha kalamun [Allahu][48] | anglimputi sadaya | ing kawula ngèlmune ing kudratipun | kadya upamane mina | kang ana sajroning warih ||

18. wujuding mina tan ana | ingkang misah mêtu jabaning warih | ingkang lumrah iwak iku | anèng sajroning toya | lamun ana mêtu sajabaning banyu | iku pêpeka bêlasar | kêsasar kênèng bilai ||

--- 41 ---

19. pan dadi bojaning setan | sangking nora wêruh sariranèki | lan ora wrêruh ing banyu | mila dadi mangkana | kurang dènnya mituhu andika rasul | miwah kadis jêng panutan | padha agawea bêcik ||

20. nyêgaha pênggawe ala | pan mêngkana andikane jêng nabi | iku dêdalan rahayu | uripe praptèng pêjah | nora nana sangsayanira tumuwuh | dunya iku pandadaran | pêpasar upamanèki ||

21. kang adol atuku samya | marang pasar kang tuna lan kang bathi | ing pati gone katêmu | marma aja pêpeka | ngarah bathi supayane nêmu luput | wong bèrbudi wong bèriman | lumuh tuna kudu bathi ||

22. pan mituhu ing pawarta | ingkang dhawuh sangking andika nabi | parintah sami gaguru | miwah angliwatana | tata sarak karêpe aja na luput | kang maksut amrih tumêka | kangjêng rasul angidini ||

23. purwèng duta Nabi Adam | wêkasane duta pan kangjêng nabi | tur pinilih jênêngipun | sami-sami kalifah | luhur dhewe mungguhing [mungguh...]

--- 42 ---

[...ing] drêrajatipun | duraka tan mituhua | dene ingkang para wali ||

24. kang luhur drêrajatira | Abubakar Ngumar Ngusman lan Ngali | nênggih mung papat puniku | gagêdhuk waliyullah | nora mulya suminggaha sangking iku | kang amrih wruh ing kasidan | mamuriha kang sayêkti ||

25. mila jêng rasul dhang-undhang | dèn prayitna tan wurung ana pati | yèn eling kabèh sirèku | ing pati pan utama | sinung mulya sabab eling patènipun | kang sinung pakewuh ika | iya sabab sangking lali ||

26. wontên kang mungkiri warta | wontên dalil fan alul lima yurid | utawi [Allah][49] Kang Agung | gawe sakarsanira | sayogyane manungsa sami mituhu | barang karsaning Pangeran | kang kocap sajroning dalil ||

27. miwah kadis rasulullah | poma padha mituhua sayêkti | karana sakèhing ngèlmu | wus kocap sadayanya | nora nana marga liyan sangking rasul | kang nêdya mulya kamulyan | lir mas tumimbul ing warih ||

7. Maskumambang

1. nadyan silih bapa

--- 43 ---

biyung kaki nini | sadulur myang sanak | kalamun muruk tan bêcik | nora pantês dèn êtuta ||

2. apan kaya mêngkono watêkan iki | nadyan ta wong tuwa | yèn duwe tindak tan bêcik | miwah tindak tan prayoga ||

3. aja sira niru tindak kang tan bêcik | nadyan ta wong liya | lamun pamuruke bêcik | miwah tindak kang prayoga ||

4. iku pantês sira anggoa ta kaki | miwah bapa bisa | amuruk panggawe bêcik | iku age èstokna[50] ||

5. wong tan manut pitutur wong tuwa ugi | anêmu duraka | ing dunya tuwin ing akir | turune kasurang-surang ||

6. mêratani ing anak putu ing wuri | dèn padha prayitna | aja sira kumawani | ing bapa tanapi biyang ||

7. ana uga etang-etangane kaki | lêlima sinêmbah | dununge sawiji-wiji | sêmbah lêlima punika ||

8. ingkang dhingin rama ibu kaping kalih | marang maratuwa | lanang wadon kang kaping tri | ya marang sadulur tuwa ||

9. kaping pate marang ing guru sayêkti | kang sêmbah ping lima | marang ing gustinerèki [gu...]

--- 44 ---

[...stinerèki] | parintène[51] kawruhana ||

10. pramilane rama ibu dèn bêktèni | kinarya jalaran | anane badanirèki | winêruhkên padhang hawa ||

11. uripira pintêr sabarang pakarti | sangking ibu rama | ing batin sangking Hyang Widi | mulane wajib sinêmbah ||

12. pan kinarsakakên ing Hyang Maha Suci | kinarya jalaran | anèng dunya ta puniki | wrêruh bêcik lawan ala ||

13. sangking rama ibu margane udani | mila maratuwa | jalu èstri dèn bêktèni | awèh rasa ingkang mulya ||

14. sêjatine rasa kang mêncarkên wiji | sêmbah kaping tiga | mring sadulur tuwa ugi | mulane sadulur tuwa ||

15. pan sinêmbah gagêntine ramanèki | pan sirnaning bapa | sadulur tuwa gumanti | ingkang pantês sira nuta ||

16. ing sawarah wuruke ingkang prayogi | sêmbah kang kaping pat | ya marang guru sayêkti | marmane guru sinêmbah ||

17. kang atuduh marang sampurnaning urip | tumêkèng antaka | madhangkên pêtênging ati | ambênêrkên marga mulya ||

18. wong duraka ing guru abot pribadi | pramila prayoga | minta asih siyang latri |

--- 45 ---

ja nganti suda sihira ||

19. kaping lima dununge sêmbah puniki | mring Gusti kang murba | ing pati kalawan urip | miwah sandhang lawan pangan ||

20. wong nèng dunya wajib manuta mring Gusti | lawan dipun awas | pratingkahe dèn kaèsthi | aja dumèh wis awirya ||

21. nora beda putra sêntana wong cilik | yèn padha ngawula | pan kabèh namaning abdi | yèn dosa kukume padha ||

22. yya rumăngsa putra sêntana sirèki | dadine tyasira | angêdirakên sayêkti | tan wurung anêmu papa ||

23. ngungasakên yèn putra sêntana aji | iku kaki aja | wong suwita nora bêcik | kudu wruh ing karyanira ||

24. yèn tinuduh marang sang maha nêrpati | sabarang tuduhnya | iku yêktèkna ta kaki | pakaryane sungkêmana ||

25. aja mèngèng ing parintah sang siniwi | dèn pêthêl aseba | aja malincur ing kardi | aja kêbluk asungkanan ||

26. luwih ala alane jalma aurip | wong kêbluk sungkanan | tan patut ngawulèng aji | angèngèra sapa-sapa ||

27. angèngèra bapa biyunge pribadi | kalamun [kalamu...]

--- 46 ---

[...n] sungkanan | datan wurung dèn srêngêni | yèn anglawan dipun pala ||

28. mapan kaya mêngkono ngawulèng gusti | kêlamun lêleda | tan wurung manggih bilai | ing buri aja ngrêsula ||

29. pan kinarya dhewe bilaine ugi | lamun ta nêmêna | sabarang karyane gusti | lair batin tan suminggah ||

30. mapan ratu tan duwe kadang myang siwi | sanak-prasanakan | tanapi garwa kêkasih | amung bênêr agêmira ||

31. kukum adil adat waton kang dèn èsthi | mulane ta padha | dèn rumêksa marang gusti | êndi lire wong rumêksa ||

32. dipun gêmi nêstiti angati-ati | dèn bisa rêrawat | ing wêwadinirèng gusti | nêstiti barang parintah ||

33. lawan aja nuturkên wêwadining gusti[52] | gêmi mring kagungan | ing gusti ja wani-wani | lan aja wani gêgampang ||

34. ngati-ati ing rina kalawan wêngi | ing rumêksanira | lan nyadhang karsaning gusti | aja pêgat yitnanira ||

8. Mêgatruh

1. wong ngawula ing ratu luwih pakewuh | nora kêna minggrang-minggring | kudu mantêp sartanipun | sêca tuhu marang gusti | dipun miturut sapakon [sapako...]

--- 47 ---

[...n] ||

2. mapan ratu kinarya wakil Yyang Agung | marintahkên kukum adil | pramila wajib dèn ênut | kang sapa tan manut ugi | mring parintahe sang katong ||

3. aprasasat badhali karsa Hyang Agung | mulane babo wong urip | saparsa suwitèng ratu | kudu eklas lair batin | aja nganti nêmu ewoh ||

4. ing wurine yèn ati durung tuwajuh | angur ta aja angabdi | angur ngindhunga karuwun | aja ge-age angabdi | yèn durung eklas ing batos ||

5. angur ngindhunga bae ora ewuh[53] | lan ora na kang angiri | amungkul pakaryanipun | nora susah tunggu kêmit | seba mapan ora nganggo ||

6. mung yèn ana tontonan ing lurung-lurung | kêmul bêbêde sasisih | sarwi bănda tanganipun | bligang-bligung tanpa kêris | andhodhok pinggiring bango ||

7. saprandene jroning tyase lir tumênggung | mangku bawat Sênèn Kêmis | mêngkono iku liripun | nora kaya wong angabdi | wruh ing palataran katong ||

8. lan kèringan miwah ana aranipun | sarta ana lungguhnèki [lung...]

--- 48 ---

[...guhnèki] | ing salungguh-lungguhipun | nanging ta dipun pakeling | mulane pinardèng katong ||

9. samubarang ing karsanira sang prabu | sayakti kudu nglakoni | sapalakartine iku | wong kang padha-padha ngabdi | panggaweane pan seyos ||

10. kang nyêntana bupati mantri panèwu | kaliwon panèkêt miji | pênglawe lawan pênajung | tanapi para prajurit | lan kang nyambutkaryèng katong ||

11. kabèh iku kawajiban sebanipun | ing Sênèn Kêmis marêngi | wiyosanira sang prabu | sanadyan tan miyos ugi | pasebane aja tawong ||

12. ingkang lumrah yèn kêrêp seba wong iku | nuli ganjaran dèn incih | yèn tan tămpa nuli mutung | iku sèwu-èwu sisip | yèn wus mangarti ingkang wong ||

13. tan mêngkono wong kang sampun wruh pitutur | mapan ta datan pinikir | ganjaran pan wus karuwun | namung naur sihing gusti | winalês ing lair batos ||

14. sêca tuhu lan saprintahnya manut[54] | tan ngrênggana[55] karsèng gusti | wong ngawula paminipun | lir sarah munggèng [mung...]

--- 49 ---

[...gèng] jêladri | darma lumampah sapakon ||

15. dene bêja cilaka tanapi luhur | asor iku pan wis pêsthi | ana ing badanirèku | mring gusti tuwin Yyang Widi | ing badan tan kêna mingkok ||

16. mundhak ngakèhakên ing luputirèku | mupusa kalamun pêsthi | dene ta sabênêripun | aja sok ngurang-ngurangi | marang gusti sang akatong ||

17. tulisane ing lohkil makhpul rumuhun | pêpancèn sawiji-wiji | tan kêna owah sarambut | tulise badan puniki | aja na mundur pakewoh ||

9. Durma

1. dipun sami akanting[56] sariranira | cêgaha dhahar guling | dêrapon sudaa | nêpsu kang ngămbra-ămbra | rêrêmaki tyasirèki | dadi sabarang | karyanira lêstari ||

2. ing pangawruh lair batin aja mangmang | yèn sira wis udani | ing saliranira | yèn ana kang amurba | masesa ing alam kabir | dadi sabarang | prakaranira ugi ||

3. bênêr luput ala bêcik lawan bêja | cilaka mapan saking | ing badan priyăngga | dudu sangking wong liya | pramila dèn ngati-ati [ngati-...]

--- 50[57] ---

[...ati] | sakèh drigama | singgahana dèn eling ||

4. mapan ana sêsiku têlung prakara | nanging gêdhe pribadi | pan iki lirira | ingkang têlung prakara | aja anggunggung sirèki | kalawan aja | nacad kapati-pati ||

5. lamun sira kinêrakêt mring sang nata | aja sêmbrana kaki | dèn tumêmên sira | kang mantêp tekadira | aja kêna beka kaki | dèn eling sira | godha rêncanèng eblis ||

6. setan iku yèn setan mujur cangkêmnya | wêdi têngawun kaki | yèn cangkême malang | tan ana kinajrihan | luwih abot iku kaki | pilih sujalma | ingkang datan kagimir ||

7. dèn waspada coba bekaning Yyang Suksma | ja nganti kêna kaki | yèn kagimir sira | ing godha lan rêncana | sayêkti mêmurung kaki | ing lêlampahan | sabarang nora dadi ||

8. lawan aja mêmaoni barang karya | thik-ithik mêmaoni | samubarang polah | datan kêna kumlebat | ing măngsa mêngko puniki | ya wus kalumrah | padha wasis maoni ||

9. mung tindake dhewe kang tan winaonan | ngrasa bênêr pribadi [priba...]

--- 51 ---

[...di] | sanadyan bênêra | yèn tindake wong liya | pasthine ingaran sisip | iku kang lumrah | nganggo bênêr pribadi ||

10. nora nana pênggawe kang luwih gampang | tan kadya wong maoni | sira ling-ilinga | aja sugih waonan | dèn sami raharjèng budi | ingkang prayoga | poma yya kêna lali ||

11. ingkang eling angelingna ya marang[58] | sanak kănca kang lali | yèn nêdya raharja | mêngkono tindakira | yèn datan kaduga uwis | têka mênênga | aja sok angrasani ||

12. nêmu dosa anyêla sapadha-padha | dene wong anom ugi | yèn durung pratela | ing bêcike manungsa | aja age gugu kaki | mênèk tan nyata | dadi cirènirèki ||

13. dene ingkang kaprah ing măngsa samangkya | yèn ana dèn sênêngi | ing pangalêmira | pan ngangsi pundirangan | matane nganti mandêlik | nadyan alaa | ginunggung bêcik ugi ||

14. aja ngalêm aja mada lamun bisa | yèn uga jaman mangkin | iya samubarang | yèn ora sinênêngan | dèn poyok kêpati-pati [kêpati-pa...]

--- 52 ---

[...ti] | nora pêsaja | sêbarang kang dèn pikir ||

15. ngadhêp rukun bêcike ngarêp kewala | ing wuri angrasani | ingkang ora-ora | kabèh kang rinasanan | ala bêcik dèn rasani | tan parah-parah | wirangronge gumanti ||

10. Wirangrong

1. dèn samya marsudèng budi | wêweka dipun waspaos | aja dumèh bisa muwus | yèn ta datan pantês ugi | sanadyan namung sakêcap | yèn tan pantês pêrnahira ||

2. kudu golèk măngsa ugi | panggonan lamun miraos | lan aja ge sira muwus | sadurunge dèn kaèsthi | aja ta age kawêdal | yèn durung pantês lan rowang ||

3. rowang sapocapannèki | kang pantês dijak cêlathon | aja sok mêtua wong muwus[59] | ana ingkang pantês ugi | rinungu dening wong kathah | ana satêngah carita ||

4. tan pantês sakèh ngawruhi | mulane lamun miraos | rah-arahên ja kabanjur | lamun ta sampun kawijil | datan kêna tinututan | mulane dipun prayitna ||

5. lan maninge wong aurip | aja ngakèhkên [nga...]

--- 53 ---

[...kèhkên] supaos | gawe rêgêt badanipun | nanging iya wong sêmangkin | datan etung ing prakara | supata ginawe dina ||

6. dèn padha gêmi ing lathi | aja ngakèhkên pamisoh | srêngên ngawur ngabul-abul | lamun sira ambukani | dèn bumêling ing dosanya | mring abdi kang manggih duka ||

7. lawan padha dèn pakeling | têguhna ing lair batos | ja mèt randhaning sadulur | tuwin sanak miwah abdi | kănca rewang prasanakan | miwah rowange sapangan ||

8. gawok salah graitani | kang liyan kang sami anon | nadyan rila lanangipun | kang angrungu samya elik | ing batin datan pitaya | măngsa kuranga pêrawan ||

9. kabèh jaga jroning batin | ing batinira sayêktos | arang ngandêl jroning kalbu | ing tyase pan samya gigrik | suda ing prasêtyanira | sêtyane marang bêndara ||

10. ana cacad agung malih | sakêlangkung dening awon | lêlima iku kèhipun | kang dhihin wong ngumbe awis | kapindho wong

--- 54 ---

bêbotohan | kaping tiga wong durjana ||

11. ping sêkawan wong madati | lan budi sudagar awon | mapan suka sugih watêkipun[60] | ing rina lawan ing wêngi | mung bathine kang dèn etang | alumuh lamun kalonga ||

12. iku upamane ugi | duwe dhuwit pitung bagor | nora marêm ing tyasipun | yèn ta ilanga sadhuwit | gagêtune patang pasar | padha lan ilang salêksa ||

13. wong ati sudagar ugi | sabarang prakara tamboh | mung yèn ana wong têka iku[61] | kalawan gêgawa ugi | gêgadhèn pan tumaragal | ulate apan sumringah ||

14. dene wong durjana ugi | nora nana kang dèn batos | rina wêngi kang dèn etung | duwèke wong liyan nênggih | iku mapan tan prayoga | kalamun watêk dursila ||

15. dene ta wong kang madati | kêsède kaworan lumoh | mung kang dadi sênêngipun | angadhêp diyan sawiji | alinggih bari jêjegang | sarwi angadhêp bêdudan ||

16. yèn lèrèn nyêrèt adhidhis | matane amêrêm [amêrê...]

--- 55 ---

[...m] karo | yèn wus dadi waknya kuru | cahya biru tan bêrsih[62] | jalêbut wêdi ing toya | lambe biru untu gudhal ||

17. labête satron lan gambir | jumba suruh arang wawoh | ambêkane mêlar mingkus | watuknya apan agigil | jêlagra anèng dhadha[63] | tan wurung mêtu bolira ||

18. yèn mati karo dalinding | suprandene nora kapok | iku singgahana patut | aja ana anglakoni | wong mangan apyun pan ala | uripe dadi tontonan ||

19. dene bêbotoh puniki | sabarang pakaryan êmoh | lawan linyok para padu | lamun paitane ênting | tan wurung yèn agêgampang | ya marang duwèke sanak ||

20. nadyan wasiyating kaki | nora wurung dipun êdol | lamun mênang nulya angkuh | angkuhe kaya bupati | yèn wèwèh tan ngarah-arah | puniku awoning bangsat ||

21. kabutuh pisan mêmaling | tinitenan saya awon | pan tan ana bêcikipun | pramilane dipun sami | sêdyaa anyinggahana | gêgulang bêbotohan[64] ||

22. dene ta

--- 56 ---

wong ngumbe sopi | sayêkti iku pan awon | sasar-susur yèn amuwus | yèn kakehan nuli lali | yèn iku amaling setan | kang wis kocap jroning Kuran ||

23. kalamun wong wuru yêkti | ilang prayitnaning batos | ora ajêk pikiripun | tan wande kadya wong baring | lan malih dadya tontonan | lare nonton samya gila ||

24. matane sarwi malirik | labête gènnya kawuron | yèn wus lali nulya ambruk | wirangira tan katolih | balukeran mutah arak | jajêmbêri ing panggonan ||

25. lan ana wirayat malih | sangking ulama kang yêktos | yèn wong ngimun sajêng iku | lamun wong iku ngêmasi | nanging ta durung atobat | nèng kubur ngungkurkên keblat ||

26. iku kabèh ora bêcik | aja na wani anganggo | panggawe lêlima iku | lah ta dèn samya pakeling | aja sira wani nêrak | kang nêrak tan manggih arja ||

27. lan aja karêm sirèki | ing wanodya ingkang awon | ja buka wadi sirèku | anèng ngarsaning pawèstri | tan wurung anuli corah |

--- 57 ---

sampun lumrahing wanita ||

28. tan bisa simpên wêwadi | sakèh prakara kang batos | wus pinasthi ing Yyang Agung | anitahakên pawèstri | mapan ta iku kinarya | ganjaran marang wong priya ||

29. kabèh padha dèn nêstiti | marang pitutur kang yêktos | ja dumèh tutur tan dhapur | yèn bakale iku bêcik | dèn agung awèh mupangat | iku prayoga tirua ||


Judul tambahan dari Yayasan Sastra Lestari (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra Lestari
Lebih satu suku kata: dadi obah syara jalma. (kembali)
Lebih satu suku kata: dadi obah syara jalma.
Tanggal Jawa: Rêspati Manis (Kêmis Lêgi) sawêlas (11) Jumadilakir Ehe: dadi obah syawara jalma (AJ 1764). Tanggal Masehi: Kamis 22 September 1836. (kembali)
Tanggal Jawa: Rêspati Manis (Kêmis Lêgi) sawêlas (11) Jumadilakir Ehe: dadi obah syawara jalma (AJ 1764). Tanggal Masehi: Kamis 22 September 1836.
Kurang satu suku kata: padha sira piyarsakna (kembali)
Kurang satu suku kata: padha sira piyarsakna
Lebih satu suku kata: tan jumênêng wong tuwa (kembali)
Lebih satu suku kata: tan jumênêng wong tuwa
pendah (kembali)
pendah
Lebih satu suku kata: ana dhewe pancènnya (kembali)
Lebih satu suku kata: ana dhewe pancènnya
Kurang satu suku kata: lalangana pakewuhnya (kembali)
Kurang satu suku kata: lalangana pakewuhnya
Kurang satu suku kata: iya iku tan wruh ingkang uwit (kembali)
Kurang satu suku kata: iya iku tan wruh ingkang uwit
10 Ditulis dengan huruf Arab (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab
11 Ditulis dengan huruf Arab (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab
12 Kurang satu suku kata: kang pra wayah matur sarwi andhêku (kembali)
Kurang satu suku kata: kang pra wayah matur sarwi andhêku
13 Kurang satu suku kata: nuwun kajarwakêna (kembali)
Kurang satu suku kata: nuwun kajarwakêna
14 Kurang satu suku kata: lêbokna anèng kunjara (kembali)
Kurang satu suku kata: lêbokna anèng kunjara
15 langgêng (dan di tempat lain) (kembali)
langgêng (dan di tempat lain)
16 Kurang satu suku kata: anyamèni lire warnaning gusti (kembali)
Kurang satu suku kata: anyamèni lire warnaning gusti
17 Kurang satu suku kata: lan gulang ngèlmu sajati (kembali)
Kurang satu suku kata: lan gulang ngèlmu sajati
18 Kurang satu suku kata: yèn tinêrak amasthi antuk babêndu (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn tinêrak amasthi antuk babêndu
19 andhap (kembali)
andhap
20 Kurang satu suku kata: sêdyakêna tumurun mring anak putu (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdyakêna tumurun mring anak putu
21 arda (kembali)
arda
22 Lebih satu suku kata: karane ta wong ngawula (kembali)
Lebih satu suku kata: karane ta wong ngawula
23 Lebih satu suku kata: yèn wus mukti eling kalane sakit (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn wus mukti eling kalane sakit
24 Lebih satu suku kata: ganjaraning sang nata (kembali)
Lebih satu suku kata: ganjaraning sang nata
25 Kurang satu suku kata: dèn èsthia ing kalbu pan dadi laku (kembali)
Kurang satu suku kata: dèn èsthia ing kalbu pan dadi laku
26 Lebih satu suku kata: pakartine ing lair lawan batin (kembali)
Lebih satu suku kata: pakartine ing lair lawan batin
27 Kurang satu suku kata: ing mangko jisime alus (kembali)
Kurang satu suku kata: ing mangko jisime alus
28 anjing (kembali)
anjing
29 Kurang satu suku kata: kaya wus nora pinilih (kembali)
Kurang satu suku kata: kaya wus nora pinilih
30 Lebih dua satu suku kata: kabèh angrasakna lampus (kembali)
Lebih dua satu suku kata: kabèh angrasakna lampus
31 Lebih satu suku kata: sawiji manungsa yêkti (kembali)
Lebih satu suku kata: sawiji manungsa yêkti
32 Kurang satu suku kata: rakit anampik amilih (kembali)
Kurang satu suku kata: rakit anampik amilih
33 Lebih dua suku kata: kang kacatur polah wong kalantur (kembali)
Lebih dua suku kata: kang kacatur polah wong kalantur
34 Kurang satu suku kata: barang polah ingkang nora jujur (kembali)
Kurang satu suku kata: barang polah ingkang nora jujur
35 Kurang satu suku kata: ngupayaa kang pitutur (kembali)
Kurang satu suku kata: ngupayaa kang pitutur
36 Lebih satu suku kata: tutur bênêr puniku (kembali)
Lebih satu suku kata: tutur bênêr puniku
37 Lebih satu suku kata: ambêk digang puniku (kembali)
Lebih satu suku kata: ambêk digang puniku
38 Lebih satu suku kata: ya wong kang sapa gunggung (kembali)
Lebih satu suku kata: ya wong kang sapa gunggung
39 Kurang satu suku kata: jroning Kuran iku ênggonipun (kembali)
Kurang satu suku kata: jroning Kuran iku ênggonipun
40 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab.
41 Lebih satu suku kata: dene wong nora kukuh (kembali)
Lebih satu suku kata: dene wong nora kukuh
42 Kurang satu suku kata: lêlabuhan kang kanggo wong aurip (kembali)
Kurang satu suku kata: lêlabuhan kang kanggo wong aurip
43 tan (kembali)
tan
44 Lebih satu suku kata: ngrobing sanak têgêsipun (kembali)
Lebih satu suku kata: ngrobing sanak têgêsipun
45 pasanakan (kembali)
pasanakan
46 Kurang satu suku kata: mring watêkan ingkang nêm prakara iku (kembali)
Kurang satu suku kata: mring watêkan ingkang nêm prakara iku
47 Kurang satu suku kata: sayêkti padha mardia (kembali)
Kurang satu suku kata: sayêkti padha mardia
48 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab.
49 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab.
50 Kurang satu suku kata: iku age èstokêna (kembali)
Kurang satu suku kata: iku age èstokêna
51 parintahe (kembali)
parintahe
52 Lebih satu suku kata: lawan aja nuturkên wadining gusti (kembali)
Lebih satu suku kata: lawan aja nuturkên wadining gusti
53 Kurang satu suku kata: angur ngindhunga bae ora pakewuh (kembali)
Kurang satu suku kata: angur ngindhunga bae ora pakewuh
54 Kurang satu suku kata: sêca tuhu lawan saprintahnya manut (kembali)
Kurang satu suku kata: sêca tuhu lawan saprintahnya manut
55 ngrênggani (kembali)
ngrênggani
56 akanti (kembali)
akanti
57 Penomoran halaman 50 dan seterusnya dalam naskah asli salah dan dibetulkan sesuai urutannya. (kembali)
Penomoran halaman 50 dan seterusnya dalam naskah asli salah dan dibetulkan sesuai urutannya.
58 Kurang satu suku kata: ingkang eling angelingna iya marang (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang eling angelingna iya marang
59 Lebih satu suku kata: ja sok mêtua wong muwus (kembali)
Lebih satu suku kata: ja sok mêtua wong muwus
60 Lebih dua suku kata: suka sugih watêkipun (kembali)
Lebih dua suku kata: suka sugih watêkipun
61 Lebih satu suku kata: yèn ana wong têka iku (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn ana wong têka iku
62 Kurang satu suku kata: cahyanya biru tan bêrsih (kembali)
Kurang satu suku kata: cahyanya biru tan bêrsih
63 Kurang satu suku kata: jêlagra pan anèng dhadha (kembali)
Kurang satu suku kata: jêlagra pan anèng dhadha
64 Kurang satu suku kata: agêgulang bêbotohan (kembali)
Kurang satu suku kata: agêgulang bêbotohan