Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 11–19)

Judul
Sambungan
1. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 01–10). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 11–19). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 20–27). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
4. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 28–34). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 12-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

11. Pocung

1. kang mulane kaluwak nonomanipun | pan dadya satunggal | pucung aranipun ugi | yèn wus tuwa kaluwake pisah-pisah ||

2. dèn budia kapriye ing bêcikipun | aja nganti pisah | kumpule kaya anoming | anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga ||

3. aja kaya kaluwak ênome kumpul | basa wis atuwa | ting balêsar dhewe-dhewe |[1] nora wurung bakal dadi bumbu pindhang ||

4. wong sadulur nadyan sanak dipun runtut | aja nganti pisah | ing sabarang pakaryane |[2] padha runtut dinulu têka prayoga ||

5. abot ènthèng wong sugih sanak [sa...]

--- 58 ---

[...nak] sadulur | ènthènge yèn pisah | pikire tan dadi siji | abotira yèn sabiyantu karsa |[3]|

6. luwih abot wong sugih sanak sadulur | jitus tandhingira | yèn golong sabarang pikir | kacèk uga lan wong kang tan darbe sanak ||

7. lamun bênêr lan pintêr pamomongipun | kang ginawe tuwa | aja nganggo abot siji | dipun padha pamêngkune ing sêntana ||

8. apan ewuh wong tinitah dadi sêpuh | tan kêna gumampang | iya marang sadulure |[4] tuwa anom aja beda traping sanak ||

9. kang sarêgêp kalawan kang malincur |[5] padha dèn kawruhana |[6] sira alêma kang bêcik | kang malincur age sira bêndonana ||

10. lamun ora mari binêndon dènnya malincur |[7] age atrapana | sapantêse lan dosane |[8] pan sêntana dimène dadi tuladha ||

11. pan wong liyan dêrapon wêdia iku | kang padha ngawula | ing atine wêdi asih | pamêngkune labuhan wong dadi tuwa ||

12. dèn ajêmbar dèn amot dènnya amêngku | dèn pindha sagara | tyase

--- 59 ---

amot ala bêcik | apan ana pêpancène sowang-sowang ||

13. apan sadulur tuwa kang wajib pitutur |[9] marang kang taruna | wong anom wajibe wêdi | sarta manut wuruke sadulur tuwa ||

14. kang tinitah dadi anom aja masgul | batin rumăngsaa | yèn tinitah ing Yyang Widi | yèn masgula ngowahi kodrating Sukma ||

15. nadyan bênêr yèn wong anom dadi luput | yèn tan anganggoa | pituturira pribadi | pramilane wong anom aja ugungan ||

16. yèn dadi nom dèn wêruh ing ênomipun | dene kang atuwa | dèn kaya bêninging bèji | dèn awêning paningaling aja samar ||

17. lawan maning ana ing pitutur ingsun | yèn sira amaca | sabarang layange iki | aja pijêr katungkul ningali sastra ||

18. caritane ala bêcik dipun wêruh | nuli rasakna |[10] layang iku sak unine |[11] dèn kêrasa ingkang bêcik sira goa ||

19. ingkang ala kawruhana alanipun | dadine tyasira | wêruh ala lawan bêcik | ingkang bêcik wiwitane sira wruha ||

20. wong kang laku

--- 60 ---

mêngkono wiwitanipun | bêcik wêkasannya | wong laku mêngkono iki | ing satêmah puniku dadine ala ||

21. pan sabarang prakara dipun kadulu | wiwitan wêkasan | bênêr lupute kaèsthi | ana bêcik wêkasane dadi ala ||

22. dipun wêruh iya ing kamulanipun | kalawan wêkasan | puniku dipun kalingling | ana ala dadine bêcik ing wêkas ||

23. ewuh têmên babo wong urip puniku | apan ora kêna | kinira-kira ing budi | arah mantêp wijile basa raharja ||

12. Mijil

1. poma kaki padha dipun eling | ing pitutur ingong | sira uga satriya arane | kudu antêng jatmika budi |[12] luruh sarta aris | samubarangipun ||

2. sartanipun dèn prawirèng batin | nanging aja katon | sasabana yèn durung mangsane | lawan aja sira wani mingis | wêweka ing ati | dèn samar dèn sêmu ||

3. lan dèn sami mantêp lawan bêcik | lawan wêkas ingong | aja kurang iya panrimane | yèn wis titahira Yyang Widi |[13] ing badan

--- 61 ---

puniki | wus papêsthènipun ||

4. ana uga wong narima titahing |[14] Yyang pan dadi awon | lan ana wong kang nrima titahe | ing wêkasan iku dadi bêcik | kawruhana ugi | aja salang surup ||

5. yèn wong bodho yèn tan nêdya ugi | têtakon têtiron | anarima ing titah bodhone | iku uwong tarima tan bêcik | dene ingkang bêcik | wong narima iku ||

6. kaya upamane wong angabdi | amagang sang katong | lawas-lawas têka sasêdyane | dadi mantri utawi bupati | miwah saliyaning | ing tyase pinuju ||

7. nuli nrima lair trus ing batin | tan mèngèng ing katong | lan rumăngsa ing kanikmatane | sihing gusti têkèng anak rabi | wong narima bêcik | kang mêngkono iku ||

8. nanging ana iya wong sakiki | kang kaya mêngkono | kang wis kaprah iya sêlawase | yèn wis ana linggihe sathithik | apan nuli lali | ing wiwitanipun ||

9. pangrasane duwèke pribadi | sabarang kang digo | datan èngêt ing mula-mulane |

--- 62 ---

wiwit sugih sangkaning mukti |[15] panrimaning ati | kaya goning nêmu ||

10. tan rumăngsa murahing Yyang Widi | jalaran sang katong | pan ing jaman mêngko ya mulane | arang turun wong lumakyèng kardi | tyase tan aririh | kasusu ing angkuh ||

11. arang ingkang sêdya malês ing sih | ing gusti sang katong | lawan kabèh iku ing batine | tan anêdya narima ing Widi | yèku wong tan uning | ing nikmat ranipun ||

12. wong kang narima dadi bêcik |[16] ing titah Yyang Manon | iki uga iya ing rupane | kaya wong kang angupaya ngèlmi | lan kang sêdya ugi | kapintêranipun ||

13. uwis pintêr nanging iku maksih | gènira ngupados | ing undhake ya kapintêrane | utawi unggahe kawruh kang yêkti |[17] durung marêm batin | lamun durung tutuk ||

14. ing pangawruh ingkang dèn sênêngi | kang wus sêm ing batos | miwah ing kapintêran wusdene | samubarang ing pakarya tuwin | nora nganggo lali | kabèh wus kawêngku ||

15. yèn wong kirang tarimane ugi | iku luwih awon | barang gawe [ga...]

--- 63 ---

[...we] aja age-age | anganggoa sabar sarta ririh | dadya barang kardi | rêsik tur rahayu ||

16. lan maninge babo dèn aeling | ing pitutur ingong | sira uga padha ngêmpèk-êmpèk | iya marang kang jumênêng aji | ing lair myang batin | dèn ngrasa kawêngku ||

17. kang jumênêng iku kang bawani | wus karsaning Manon | wajib padha bakti lan wêdine | aja mampang parintahing aji | nadyan noma ugi | lamun dadi ratu ||

18. nora kêna iya dèn ayoni | ing parintah katong | dhasar ratu bênêr parintahe | kayaparan gènira sumingkir | lamun tan nglakoni | pasthi tan rahayu ||

19. pan wus kocap dhawuhing Yyang Widi | sakèhe punang wong | poma padha ngabêktia kabèh | marang [Allah][18] kapindho mring nabi | kaping tiganèki | bêktia marang ratu |[19]|

20. wong nèng dunya wajibing aurip | nurut printah katong | nurut rasul iku pêpadhane | antuk sapangatira kajêng nabi |[20] nanging ratu lalim | aja sira turut ||

21. ingkang adil iku ta wus pasthi | turutên sayêktos | lan dèn padha rumêksèng [ru...]

--- 64 ---

[...mêksèng] prajane | aja wani cidra ing nrêpati | tan wurung nêkani | bilai kang agung ||

22. ingkang kaprah ing măngsa puniki | anggêpe angrêngkoh | sangking durung batin ngrasa bae | ing pitutur ingkang dhingin-dhingin | dhasar tan parduli | wuruking wong sêpuh ||

23. ing dadine barang tindak iki | arang ingkang tanggon | sangking durung ana landhêsane | nganggo ing karsanira pribadi | sabarang pakardi | dadya tanpa dhapur ||

24. mulane ta wêkas ingsun kaki | dèn kêrêp têtakon | aja isin ngatokkên bodhone | sangking bodho witing pintêr iki | mung nabi kêkasih | pintêr tanpa wuruk ||

25. sak bakdane pan tan ana ugi | pintêre têtakon | apan lumrahing wong urip kiye | mulane wong anom dèn tabêri | angupaya ngèlmi | dadia pikukuh ||

26. ing driyanira dadia têtali |[21] ing tyas dimèn adoh | ing sakèhe ati ala kiye | nadyan lali apan nuli eling | yèn wong kang wis ngèlmi | kang bangêt tawajuh ||

27. kacèk uga lan [la...]

--- 65 ---

[...n] wong tanpa ngèlmi | sabarange kaot | dene ngèlmi iku ingkang kangge | sadinane gurokna dhingin |[22] pan sarengat ugi | pêrabot kang parlu ||

28. ngèlmu sarengat puniku dadi | wêwadhah sayêktos | kang wruh tatêlu kawêngku kabèh | pan sarengat kanggo lair batin | mulane dèn amrih | brăngta ing piwuruk ||

13. Asmaradana

1. padha têtêpna ugi |[23] kabèh parintahing sharak | trusna lair lan batine | salat limang waktu iya | tan kêna tininggala | sapa ninggal dadi kumprung | yèn maksih rêmên nèng praja ||

2. wiwitane badan iki | iya têka ing sarengat | anane manungsa kiye | rukuning Islam lalima | nora kêna tininggal | puniku prabot kang agung | mungguh wong urip nèng dunya ||

3. kudu uga dèn lakoni | rukun kang lima punika | apan ta sakuwasane | nanging aja tan linakyan | sapa ora nglakonana |[24] tan wurung nêmu babêndu | padha sira ngèstokna |[25]|

4. parintahira Yyang Widi | dhumawuh ing nabi [na...]

--- 66 ---

[...bi] duta | ing dalil kadis ênggone | aja ta padha sêmbrona | rasakna dèn kêrasa | dalil kadis rasanipun | dadi padhang ing tyasira ||

5. nora gampang wong aurip | yèn tan wruh ing uripira | uripe padha lan kêbo | angur kêbo dagingira | kalal lamun pinangan | pan manungsa dagingipun | yèn pinangan pasthi kharam ||

6. poma-poma wêkas mami | anak putu aja lena | aja katungkul uripe | lan aja duwe karêman | marang pêpaès dunya | siyang dalu dipun emut | yèn urip wêkasan pêjah ||

7. lawan sira dipun eling | tinitah nèng alam dunya | sinung nugrahan Yyang Manon | paningalan lan pamiyarsa |[26] budi lan pamicara | pinêpêkan sêdaya wus | pinaès-paès lan nikmat ||

8. pira-pira yèn winilis | kanikmataning manungsa | umadêk lawan uripe | pinunjul ing sama-sama | kang tumitah ing dunya | mila undhange jêng rasul | padha sukura ing nikmat ||

9. namung kêbo lawan sapi | unta kuldi kuda daka | iku [i...]

--- 67 ---

[...ku] kang kêdhik nikmate | pantês nora micaraa | suku nikmating dunya | pêparingira Yyang Agung | yèn manungsa wajib uga ||

10. ewa mêngkana tan kêni | lamun papêsthène ala | dilalah nir ihtiyare | mulane bineda-beda | sami-samining jalma | kang kirang ihtiyaripun | yêkti kelangan dêrajat ||

11. upama têlês lan aking | panas adhêm pêtêng padhang | osik mênêng upamine | iku rupaning ihtiyar | kang panas iku iya | ngilangkên adhêmipun |[27] adhêm ngilangkên panas |[28]|

12. mênêng ngilangakên osik | osik ngilangakên nêba | pan mêngkono upamine | bêcik ngilangakên ala | ingkang ala punika | ngilangakên bêcikipun | mulane ana ihtiyar ||

13. ihtiyar iku pamilih | kalamun amilih ala | yêkti sato pêpadhane | nora kêna winicara | marmane kang manungsa | angimanêna pitutur | aja dadi satu khewan ||

14. lawan aja angkuh bêngis | lêngus langar lanas lancang | calak ladak sumêlonong | aja êdak aja ngêpak | lan aja [a...]

--- 68 ---

[...ja] siya-siya | aja jail para padu | lan aja para wadulan ||

15. ingkang kanggo măngsa iki | priyayi nom kang dèn gulang | kaya kang wus muni kuwe | lumaku têmên kajenan | tan nganggo ngetung murwat | lumaku kêkudhung sarung | mêlaku dèn dhodhokana ||

16. pan tanpa kusur sayêkti | satriya tan wruh ing tata | ngungkulakên satriyane | yèn angarah dhinodhokan | anganggoa jajaran | yèn niyat lunga anyamur | aja dhodhokkên manungsa ||

17. iku poma dipun eling | kaki mring pitutur ingwang | kang wus muni ngarêp kuwe | yèn ana ingkang nganggoa | cancangan wong bêlasar | sangking nora nêmu tutur | lêbar tandanging dandanan ||

18. barang gawe dipun eling | nganggoa têpa salira | ing parintah lan bênêre | aja ambêk kumawawa | amrih dèn wêdènana | dene wong kang uwis luhung | goning mêngku mring kang bala ||

19. dèn prih wêdi sarta asih | goning amêngku mring bala | winêruhakên gawene | dèn bisa aminta-minta | karyaning wadyanira | ing salungguh-lungguhipun | ana [a...]

--- 69 ---

[...na] karyane priyăngga ||

20. sarta wêruhna ing bêcik | gantungana ing tatrapan | dêrapon pêthêl karyane | dimène aja sêmbrana | anglakoni ing karya | ayya dumèh sih sirèku | yèn lêleda tatrapana ||

21. nadyan anak sanak ugi | yèn lêleda tinatrapan | murwatên lan sisipe |[29] darapon padha wêdia | ing wuri aja lêleda |[30] ing dina kramanirèku | aja pêgat dèn wêtara ||

22. lan maninge wêkas mami | mungguh anggêp wong ngawula | dèn suka sukur ing batos | aja pêgat ing panêdha | mring Yyang kang amisesa | ing raina wênginipun | mulane nagara tata ||

23. iku uga dèn pakeling | kalamun mulyaning praja | mupangate mring wong akèh | ing rina wêngi ja pêgat | nanêdha mring Pangeran | tuluse karaton prabu | miwah arjaning nagara ||

24. iku wêwalêsing batin | mungguh wong suwitèng nata | lair batin prasêtyane | kalawan nyadhang sakarsa | badane tan lênggana | ing siyang dalu pan katur | minta urip pangawula ||

25. gumantung karsaning gusti | iku trape wadya sêca [sê...]

--- 70 ---

[...ca] | nora kaya jaman mangke | yèn wus olèh lêlungguhan | trape kaya wong dagang | etung tuna bathènipun | ing tyase datan rumăngsa ||

26. awite dadi priyayi | sabarang gawe mring sira | nora wêruh wiwitane | iya wêruh wiwitira | dadi sangking rêruba | mulane ing batinipun | pangetunge lir wong dagang ||

27. pikire gêlisa pulih | rêrubane duk ing dadya | ing rina wêngi ciptane | kapriye lamun bisaa | malês sihing bêndara | linggihe lawan tinuku | tan wurung angrusak desa ||

28. pamrihe gêlisa bathi | nadyan besuk dèn pocota | duwèke sok wis apulèh | kapriye lamun tataa | solahe salang tunjang | padha kaya wong bêbrawuk | tan etung dugang-dinugang ||

29. poma padha dèn pakeling | nganggoa sukur lan rila | narima ing satitahe | sanadyan amrih sêrama | mring wadya nandhang karya | lan padhaa mring yaiku | arjane kang desa-desa ||

30. wong desa pan aja nganti | ewuh olih nambutkarya | sêsawah miwah têgale |

--- 71 ---

garu mêluku punika | têtêpa anèng desa | dimène tulus nênandur | pari kapas miwah jarak ||

31. yèn desane kèh wongnèki | ingkang bathi pasthi sira | wêtune pajêk undhake | dipun rèrèh pamrihira | aja nganti kêrasa | dèn wani kalah karuwun | malah bayar paringana ||

32. pamrihe gêmaha nuli | sakèhe kang desa-desa | salin bêkêl pêndhak panèn | pamêtu sajung sacacah | bêktine karo bêlah | têmahe desane suwung | priyayi jaga pocotan ||

33. poma aja anglakoni | ya pikir ingkang mêngkana | tan wurung lingsêm têmahe | dèn padha angèstokna |[31] mring pitutur kang nyata | nora nana alanipun | wong nglakoni kabêcikan ||

34. nonoman ing măngsa iki | yèn dèn tuturi raharja | arang ingkang ngrungokake | dèn samur lan sasêmbranan | êmoh yèn anirua | malah malês apitutur | pangrasane sampun wignya ||

35. aja ta mêngkono kaki | yèn ana wong cacêrita | rungokna saunine |[32] ingkang bêcik sira [si...]

--- 72 ---

[...ra] goa | guwangên ingkang ala | anggitên sajroning kalbu | yya nganggo budi nonoman ||

14. Sinom

1. yèn sira arêp sawita[33] | kanggêpa marang nrêpati | supaya kanggo dandanan | dandanan angrèh nagari | ja sira tilar wêling | pitutur ingkang wus mashur | nêdyaa dèn piala | dening kang para nrêpati | wong utama kang ambêk budi raharja ||

2. wruh sukêr gampanging tindak | awas wêkasaning kardi | panjing wêtuning prakara | wus ginêbak jruning ati | kêndho mring rikatnèki | ing prakara wis kacakup | kêcap barang ingucap | wêwekane mracayani | iya iku dadi tumbal kang utama ||

3. kapindhone arêp sira | bisa julik ingkang wêgik | awas barang kira-kira | marêkkên ngadohkên bangkit | agal miwah kang rêmpit | barang rèh datan kaliru | dene wus ginawe kasab |[34] ginulang ing siyang latri | kabèh nyata pangrèhe kang wicaksana ||

4. kaping tiga arêp sira | masang panggraitèng pawarti |[35] sangking kèhing

--- 73 ---

pamicara | martakkên kalawan sidik | rahayu nora jail | supaya sakyèh wadya gung | nganggêpe bapa biyang | marang ing ratunirèki | kang mêngkana labête jalma utama ||

5. dening kang kaping sêkawan | dipun salamêt ing budi | nora dahwèn maring arta | tan irèn panastèn jail | marang kancane ngabdi | nora watêk awêwadul | angalakakên kănca | sabarang tingkahing suci | wong mêngkono dadi tatumbaling praja ||

6. kaping lima arêp sira | bisa kasab angawruhi | barang tingkahing nêgara | solah bawaning nrêpati | barang rahsaning mantri | sarta lan rahsaning ratu | barang solahing jagat | lamun bok ana kang bêcik | lamun ala pangrèhe aglis binuwang ||

7. lawan sira ambudia | supaya kinarya kanthi | mring nata angulah praja | lawan sira dipun wêdi | sarta manising rai | dipun alusirèng têmbung | atine kang asabar | babudèn ingkang ngenaki | nora măntra akaryaa tama-tama ||

8. apik sarta palimarma | yèn angucap [anguca...]

--- 74 ---

[...p] dèn antêpi | kang panggah mawa prakara | labuh têrus marang ngèlmi | prawira ing ajurit | ing agama bèrbudya gung | ngadohakên prakara | ing cipta kang tanpa kardi | kandêl ati watak sidik ing panyipta ||

9. ing nalika para yugya | ingucapakên ing mantri | ngantya dur kang ana ora | kang pantês ingucap dening | mantri-mantri sayêkti | yèn awas rorosing ujur | yèn malang nora kêna | salang sambuting pakarti | yèn wus mujur tan kêna ginawe malang ||

10. yèn anabrang kang kinarsan | ing ratu ginawe bêcik | mantri sadu arêpana | angira-ira pakarti | pakewuh dèn sayêkti | êndi luwihing biyantu | lirikên dèn waspada | niyaya apuranèki | angin toya undha-undhe kang utama ||

11. tandhanên karsaning nata | suda undhaking prakawis | sawangên ebahing praja | iku ingkang dadi uwit | titikên dipun kêni | ing pangrèh karsaning ratu | sawangên kang lumakya | apa kèh kang dèn sêngiti | apa akèh tinatujon ing ngakathah ||

12. timbangên [timbangê...]

--- 75 ---

[...n] kèhing wong suka | kalawan ingkang prihatin | kalamun akèh kang suka | lamun akèh ingkang sêngit | si ala kang ngambahi | yèn suka yêkti rahayu | rêksanên dipun inggal | pitutur sarta lan ngèlmi | adhangana pialane buwangana ||

13. kang kêmbang nisthaning praja | nistha pantês dèn singgahi | nistha kêkêmbanging rusak | yèn mantri nisthèng pakarti | sayêkti amuwuhi | cuwong juti prajanipun | bêcik kalawan ala | solah bawa kang pinanggih | inggal nuli aturna pitutur mulya ||

14. aja jrih lamun dinukan | dumèh kinarsan dera ji | rèhning baurêksèng kathah | dèn panggaha talang pati | sasat anglawan eblis | sanadyan karsaning prabu | lamun pakarti nistha | iku tinuntun ing eblis | singgahêna eblise dadi utama ||

15. anyêgah ing kasalahan | mantri utama yya ajrih | dadi sasêpuhing iman | sasêpuhing ngèlmu gaib | anrang marganing pati | puniku ingkang pikantuk | pamuji ing Yyang Suksma | pan tumancêb ingkang ngèlmi | saturune [sa...]

--- 76 ---

[...turune] amêngku ing kaluhuran ||

16. yogyane sira bisaa | alon alus tanpa kibir | riyane tan katempelan | tumindak sarta noragi | tumitah lawan adil | anulaka lawan bakuh | alusing pamicara | manising ulat kinardi | dadi andon andingkik padhanging cipta ||

17. watêke wicara kêras | sumuke pangucap bêngis | gêlis nangèkakên napas | setane nuli kakinthil | pangucap alus manis | nora tangi napasipun | ayêming pamicara | setane lumayu gêndring | pan wus kocap wong sabar ngunjara setan ||

18. kang sabar sarta santosa | dede lan sêgaranèki | utama ngalap upama | ondhe-ondhe kang rumiyin | gêmah rusaking nagri | awit ing punggawa iku | yèn punggawa dhêdhangkal | nora sabiyantu budi | nora wande karusakan kang nêgara ||

19. yèn ora nana kang dhangkal | punggawa satriya mantri | rêmpêk sabiyantu barang | obah osiking nagari | iku arjaning nagri | lawan pangwasaning [pangwasa...]

--- 77 ---

[...ning] ratu | tan ana panastenan | tan ana cêngil-cinêngil | pan salamêt kabèh saisining praja ||

20. lan malih pitutur ingwang | ja ngêndhak kojahing jalmi | lan aguna ing aguna | sapolahe kudu bathi | pintêre dèn alingi | bodhone dinèkèk ngayun | pamrihe dèn inaa | mring padha-padhaning jalmi | suka bungah dèn ina sapadha-padha ||

21. wong ing mêngko mapan ora | balilune dèn alingi | kabisan dèn dèkèk ngarsa | isin mênèk dèn arani | balilu ing sujalmi | nanging batinira cubluk | saprandening jroning tyas | lumaku ingaran wasis | tanpa ngrasa prandene sugih carita ||

22. dene wong kang nêdya mulya | lakune nganggo kakêlir | pamrihe naja[36] katara | sakyèhe ingkang ningali | ngujubriya lan kibir | sumêngah ingkang dèn singkur | prayoga dèn tirua | dening wong kang nêdya luwih | pasthi tiwas yèn sira ngungkurkên warah ||

15. Pangkur

1. lan malih pitutur ingwang | marang sira kabèh nak putu

--- 78[37] ---

mami | dèn sami sira mituhu | èstokna pitutur ingwang |[38] sayêktine pan samya manggih rahayu | yèn sira arsa ngawula | kanggêpa marang nrêpati ||

2. utamane wong ngawula | kawruhana nênggih kawan prakawis | sêtya lêgawa karuwun | lila lawan wêrana | têgêsira aja maro pandulu |[39] lawan aja matur dora | lan aja sira ngalisi ||

3. kaping kalihe lêgawa | têgêsipun kang wong lêgawa kaki | dèn bisa sira anamur | maring wong sanakira | kawruhana kang dora lawan kang tuhu | dèn jêmbar paningalira | dèn bisa nandhing amilih ||

4. miliha patang prakara | kang mêngkana lire ingkang pinilih | rêtna curiga myang manuk | kaping pate wanodya | têgêsipun wanodya-wanodya iku | gandês luwês wicaranya | bisa ngimur manah runtik ||

5. artine wong kadi rêtna | iya kaki wong salamêt budi |[40] mancorong manahe alus | tan panastèn mring kănca | iya iku wong kadya rêtna liripun | lire wong kadi curiga | kang landhêp sujanèng budi ||

6. ingkang dêdêgnya sêmbada | kang adhapur tangguh pucuknya lungit [lu...]

--- 79 ---

[...ngit] | sudukna ing kêre butul | prangêna watu pêcah | yèn kaparêng bisa ngrata kang mandhukul | liring wong kadya kukila | wong lêpas ibêre luwih ||

7. watak wantune wong lêpas | apan bisa baurêksa nrêpati | kang baurêksa yaiku | wêkêl mring sri narendra | kaping kalih rêntênge galih sang prabu | sadèrènge kinawruhan | sipat supayaa urip ||

8. lan maning sira miliha | wong tabêri ngirangi pangan guling | kang têtêp ngibadahipun | iku sira kanthia | wantuning wong tabri cêgah pangan turu | sinungan padhang kang manah | lan malih alusing budi ||

9. rèhira amêngku bala | upamane kaya wong gadhuh lading | tatah jara lawan wadung | wêdhung kalawan gobang | kang sawênèh kang dipangot lan panyukur | iku upamane wadya | ana gada tumbak kêris ||

10. dèn bisa amatah-matah | pakaryane wadya sawiji-wiji | kang upama kadi wadung | yèn cukurna ing rema | pasthi nistha dene dede karyanipun | upamane kadya tatah | nistha paculna ing siti ||

11. dèn bisa sira wèh papan [pa...]

--- 80 ---

[...pan] | lawan dèn awas kang ala lan kang bêcik |[41] ênggène pakaryanipun | supaya aja rusak | yèn nêgara karusakan wadyanipun | atêmah sira kangelan | nistha jênênging pêpatih ||

12. kaping tigane pan rila | liring lila kaya mêngkono maning | dèn sugih warah lan wuruk | maring bala kang midha | dèn pidiha kalawan wêcana arum | wruna[42] ujar ingkang tata | kang midha prihên abangkit ||

13. kaping sêkawan wêrana | liring wrana kadi mêngkona maning | upamane sira iku | kaki kadya êmbanan | sri bupati minăngka sasotyanipun | yêkti sasotya kang mulya | êmbanan kêncana adi ||

14. mêngkana liring kêncana | nora nana êmas kêna ing tai | ingkang minăngka talutuh | yèn sira ngrusak praja | sumawona amrih suwung dhusun-dhusun | lan aja panastèn sira | aja jail mring sêsami ||

15. aja matèni wong gêsang | ngilangakên dadya sira puniki | wong sêkti pakaryanipun | lir nguripkên wong pêjah | iya kaki iku poma wêkas ingsun | dèn sidik sipat kang mulya | wong

--- 81 ---

corah dipun iloni ||

16. yèn ana kadya mêngkana | dadya rusak prajanira nêgari | dhandhang winarah yèn kuntul | kuntul winarah dhandhang | yêkti sira dhinahar marang sang prabu | istingarah kandêlira | sinihan marang sang aji ||

17. dadya kadhahar turira | ingkang têbih têmahan dèn dukani | èrêm manahe wadya gung | ingkang sêtya susela | tanpa dosa dinukan marang sang prabu | sabab suwung kang nêgara | sangking ature pêpatih ||

18. nadyan sira karya dhawak | awêkasan kang parangmuka prapti | sapa rewangira rêmbuk | èsthi sinăngga liyan | dadya nistha jênêngira nguyun-uyun | aciri maring narendra | kucing-kucing dèn raupi ||

19. sêtyaning pêpatih madya | kinasihan ing wong kawan prakawis | sapisan kang sugih kawruh | kapindho kang prawira | kaping tiga kang tautate prang pupuh | kang kaping pat ujum ramal | iku wênang dadi kanthi ||

20. pêpatih ingkang utama | tan angrasa patih sugih pribadi | angrasaa sira tuwuk | kêkucahing narendra | apan sira dadi ilapating ratu | dening

--- 82 ---

jênênging narendra | dadi kalipahing Widi ||

21. yèn sira asih ing wadya | ingkang sêtya ing pakarya nrêpati | utama sungana catu | lawan sakêlarira | yêkti sira kapariksa mring sang prabu | malah sira agawea | pracayane sri bupati ||

22. yèn sira siya-siyaa | mring kawula ingkang sinihan aji | upama sira sêsatru | yêkti wani mring sira | dadi nistha sira dadi uyun-uyun | nadyan silih bèbèk ayam | yèn cikre pinangan kucing ||

23. mêngkona liring wêrana | dèn akukuh sira ngrêksa nêgari | lawan sira dèn akukuh | ngrêksa wiryaning nata | wibawane rêksanên dipun akukuh | lawan adile narendra | rewangana êtoh pati ||

24. yèn ana salahing wadya | wani mampang mring adiling nrêpati | wêkasana aja mundur | yèn băngga lunasana | sêdhêng lamun bandhanana takêr marus | sanadyan dhatênging pêjah | madêk adiling nrêpati ||

25. yèn sang nata darbe karsa | yèn angganjar mantri sinung nagari | pangandika sampun dhawuh | kala nèng panangkilan | aja sira wani angunjuki atur | nadyan [na...]

--- 83 ---

[...dyan] sira ngunjukana | yèn wus taun windu maning ||

26. dèn alon ing aturira | ulat manis worên lan tata titi | dening sang prabu kaduwung | yèn akèh supening tyas | atêmahan saaturira ginugu | madêk adiling narendra | sêkti jênênging pêpatih ||

27. yèn sira kênèng ing ruba | lagi anyar dhawuh karsa nrêpati | sira angunjuki atur | kadhahar aturira | dadya wudhar kawiryanira sang prabu | nistha jênênging narendra | iku rêksanên dèn bêcik ||

28. yèn nistha jênênging nata | pasthi sira măngsa awèta mukti | atêmahan wadya agung | padha wani mring sira | sumawona pakathik lan sikêp dhusun | wani ngidêk sirahira | marga sira datan adil ||

16. Dhandhanggula

1. mrês ing driya artati kinawi | wêwalêre kang wus kina-kina | tinelada ing wong mangke | sakyèh kang maca ngrungu | tuwa anom jalu lan èstri | padha sira èstokna | pitutur kang luhung | kaluhuraning agêsang | sangkanana tawêkal sabar lan titi | telada kang utama ||

--- 84 ---

2. utamane wong urip puniki | nora kaya wong ngecani manah | nora nglarani badane | rahayuning tumuwuh | muwuhana pênggawe bêcik | rêricikaning basa | basukining têmbung | bungah ingkang amiyarsa | rasakêna ujar ala lawan bêcik | ciptanên ing wêrdaya ||

3. daya-daya wêrdaya kalingling | angèlingna sira wong alêpat | malar dadya panrimane | panrimane kang luput | muput dènnya amrih nêstiti | tindak-tanduk dèn atak | tatabaning têmbung | têmbung têmbang têmbing basa | basaning wong sampun uningan ing wangsit | wangsiting tata krama ||

4. apan ana wong kang ati sungil | ngil-ungilên atine kang arja | raharja ta sawurine | wuwurana sabda rum | ruming cara carêm carêm sih | asiha sama-sama | sêsamèng tumuwuh | malah wuwuh dadi lampah | angampaha sira ati kang tan yêkti | iku bekaning raga ||

5. sira padha iya sun tuturi | tuwa anom padha rungokêna | laku ingkang abot dhewe | aja anggugu laku | durung pêsthi yèn sira bêcik | sanadyan bêtah nglapa |

--- 85 ---

bêtah mlèk sêdalu | bisa sabar bisa trima | nadyan silih bisaa gawe amal ugi |[43] marang pêkir kasihan ||

6. iku maksih rêrampèn ta kaki | durung aran laku kang utama | maksih laku grubyuk sapèn | durung wruh sakyèh ngurus | liring urus puniku kaki | urut-uruting basa | ala bêcikipun | maksih tata bêbèngèsan | atinipun ing lair tan têrus ing batin |[44] durung têkèng kasidan ||

7. dene laku kaki kang sayêkti | bêtah nglapa sabar lan tarima | kinancingan tawêkale | iku laku pamuwus | pamupuse wong olah jati | tindak-tanduk dèn atak | têtêp jroning kalbu | karane wêkas manira | sapa nêdya atapa dèn nastiti |[45] tawêkal dèn gulanga ||

8. basa tawêkal têtêping ati | datan keguh lamun dèn bêbeka | kang kaetang wêkasane | kang wêkasaning laku | kuningana Yyang Maha Suci | suci-sucining raga | rêraga mrih ayu | rahayua dunya kerat | karakêta marang tingal kang sajati | jati-jatining tunggal ||

9. lamun [la...]

--- 86 ---

[...mun] tunggal dèn maksih kêkalih | mapan gusti kalawan kawula | lair kalawan batine | ika upamènipun | yèn wus tunggal lair lan batin | iku wêrksa cêndhana | nênggih aranipun | wangi jaba tyasnya ngambar | babar ngambar wignya babar ujar bêcik | rêricikaning raga ||

10. yèn wusira wignya angrêricik | kèhing basa bêcik lawan ala | kari pamupuse bae | yèn sampun wignya mupus | sakabèhe ujar puniki | wus pasthi yèn sinihan | lantip jroning kalbu | samubarang dèn gulanga | rêricikan sira gulanga kariyin | dadya wruh kyèhing rasa ||

11. rasa risi rêrasan puniki | wiwit agal wêkasane lêmbat | wit lêmbat agal wêkase | akèh ewuh puniku | nora kaya wong nyrampat angin | angon rarasing basa | pilih wong ingkang wruh | kêjaba jalma utama | tama têmên tumrap tuman anampèni | nampèni kèh wicara ||

12. cara-cara cinari kaèsthi | kang kaèsthi sumuking wêrdaya | dadya kapupus

pêsthine | pêsthi yèn basa rambu | ramban mapan kinarya [ki...]

--- 87 ---

[...narya] sêsangkrib |[46] amrih luhuring nala | lêlawananipun | sawênèh ana sujalma | wiwit alus wêkasane nyanyukêri | pilih ingkang wikana ||

13. iku basa kamondaka kaki | kama alus iku maknanira | kang alus dadi lêmbute | lêmbut iku kang bagus | marang pikirira sayêkti | tiwar puwara tiwas | andaka tumanduk | duk sira lena ing basa | kabasyara pan winor lawan mêmanis | nistha yèn kalenaa ||

14. karantêne walêr ingsun kaki | mring sakyèhe nak putu manira | dèn èstokna sayêktine | dipun sami mituhu | tuhonana warah kang yêkti | yêktènana wrêdaya | lamun ingsun luput | mulane akèh kakênan | kèhing jalma iya saking ujar manis | ngênês-ênês wêrdaya ||

15. lamun sira pinêrp ujar bêngis | dadya kengis kèsthi jro wêrdaya | dadi prayitna saure | lamun pangarêp alus | iya iku ingkang nglolosi | kalosan dadya kirang | kêrêng wêkasipun | dening rêringkêsanira | lamun bisa [bi...]

--- 88 ---

[...sa] nêstawa tawêkal titi | kalis saliring beka ||

16. lawan malih wêkas ingsun iki | kawruhana pratingkah ngagêsang | ing wong anom-anom kabèh | basa wong anom iku | anganama solah kang bêcik | widikda kawidikdan | jaya wijayantuk | yèn wus ngaji kadikjayan | gagulanga sira ngèlmu kang sêjati | kang anèng jroning raga ||

17. raga iku tuladha sayêkti | yêktènana nèng sajroning nendra | pan ora pisah sifate | sipatira puniku | ing liyane ngarani guling | tur ta sajroning nendra | tan angrasa turu | têgêse turu punika | saha turu têturutane wong mati | mati sajroning gêsang ||

18. iya iku asmara sêjati | apan padha sira èstokna |[47] iku basa sabênêre | mila satêngahipun | ing wong santri padha angaji | angajap-ajap syarga | syarga kang nèng luhur | tur ngawur kewala |[48] awêkasan amangeran Adam Sarpin | sawab tan wruh ing nyata ||

19. nadyan sira takonana kaki | basa santri pilih ingkang wruha | kalawan [kalawa...]

--- 89 ---

[...n] aksara mangke | mungguh bujăngga iku | nora samar araning santri | kang tumrap a[...]n | dadi warta ayu | jatine aksara ika | [...]ran nakerah kang murba jati | kang tinut dening sastra ||

20. nadyan silih akèha kang santri | nora kêna yèn sira wora |[49] nahan pintêr bodho tangèh | yèn mungguh santri gundhul | liring gundhul iku gundhili | santri kang ala-ala | iku kang sun tutur | datan wruh jatining sastra | kang kaèsthi pakolihe gone ngêmis | ngamasakên dayanya ||

21. pangrasane wong bêrsih kang wèni | katon abêrsih kang wêrdaya |[50] tan jujur wangsid tekade | sabên dawa cinukur | pan kinarya pikating asil | angsala anênêdha | dènnya saba dhusun | lir prayayi panggrabagan | dèn èsthèkna lamun panèn ani-ani | yèn bakda adol dunga ||

22. iku dudu santri kang sayêkti | ingkang purun ngêmis saba desa | santri sêsantrèn arane | basa sêsantrèn iku | tatêngêre rambut barêsih | beda lan santri jamprah [ja...]

--- 90 ---

[...mprah] | nglantrah polahipun | têgêse jamprah punika | sasêdyane amrih kaprah ing sêsami | sasamining manungsa ||

23. iya iku kang manut sayêkti | sayêktine sira rambut dawa | amrih dawa ing kawruhe | kawruhe kang satuhu | anuhoni kalih prakawis | panêngên lan pangiwa | amrih rujukipun | dadi wong tan kewran papan | basa gama dirgama dipun kawruhi | ngawruhi sama-sama ||

24. sêsamane dadya kèh kang asih | yèn wong iku sinihan ing jalma | malar akèha sawabe | sawabira tumuwuh | amuwuhi pênggawe bêcik | rêricikaning basa | basukining laku | lakuning kang kautaman | utamane wong kang sêngit dadya asih | asih mring pambêkira ||

25. iku kaki tan kêna dinugi | aja bungah basa jamprah nglamprah | mênawa lali tekade | tekadira akarung | ngurung-urung marang pawèstri | kaèstrèn lamun ala | kêlakuanipun | mangke wus ana têpanya | santri jamprah nora kaprah amadati | tega

--- 91 ---

ambêk durjana ||

26. kang sawênèh santri jamprah iki | larah-larah amindha satriya | ngandêlakên pigunane | akèh jalma kang nungsung | ting salusung padha angabdi | dinalih yèn kusuma | mila kèh kang rawuh | tur awuwuh mundhak baya | ambayani wêkasane dèn bêronjongi |[51] binuwang marang bandhan ||

27. ana manèh santri jamprah iki | nora kaprah dhugal dadi begal | katragal ing sapolahe | ana kang olah dhadhu | kêplèk kècèk kêrtu lan pèi | iku kang nyirnakna |[52] kasantreanipun | karane wêkas manira | anirua sira polah kang nêstiti | tingkahe wong ngulama ||

28. basa ngulama iku ngalami | ujar bêcik lawan ujar ala | kang ala siningkirake | ingkang bêcik cinakup | amrih cukup têpung ing ngèlmi | ngèlmi kang adu rasa | rêrasan kang antuk | antuk lair lan batinnya | nyamandana nala ing trus yudanagari |[53] rinêksèng Widi dhustha ||

29. kang dhinustha sasmita kang wadi | kang pinêrdi mung ngèlmu kang nyata | dèn nyatakna [nya...]

--- 92 ---

[...takna] kayêktène | dèn yêktèni satuhu | tuhu kêmbar lan rupa jati | jati-jatining ora | sangking ananipun | Pangeran asifat ora | ing orane wit sangking ana puniki | pan ananing nakerah ||

30. napi nakerah lan napi jinis | iya iku jinising Pangeran | kang napi tansah isbate | dalil lawan madêlul | pan kinarya upamanèki | gusti lawan kawula | sarat lawan masrut | lir dhalang kalawan wayang | upamane kang muji lan kang pinuji | iku sira dèn pona ||

31. basa pona puniku dèn sidik | sidik bênêre iku sanunggal | kang tunggal dèn pisahake | yèn wus wignya puniku | basa ora lan ana iki | basa iki lan ika | ika iki iku | yèn sira kaki wus wignya | ujar iku pasthi martabating wali | wali-wali cinipta ||

32. wali-wali gèn ingsun murugi | lamun sira dadi santri jamprah | dèn nêdya kaprah wong akèh | yèn dadi santri gundhul | dèn gumandhul gandhul ing ngèlmi | gendholi ujar nyata | tan ana kaliru | angrungu rasaning surat | jroning [jro...]

--- 93 ---

[...ning] surat kêrêtên kang băngsa mêsthi | pêsthine kang tinuta ||

33. yèn wusira ngêrêt băngsa mêsthi | pêsthi sira ginuron ing kathah | kêthah-kêthuh dadi bêrsèh | barêsih dadyanya rum | rum-rum mawar sêkarannya di | adine kang sarengat | mupangati tuhu | tuhu yèn nayakaningrat | kangjêng rasul panutane wong sabumi | Ngarab myang tanah Jawa ||

34. tanah Ngarab sira irib-irib | kang dèn irib mring wong tanah Jawa | amrih nyawabana kabèh | kabèh kang samya makmum | wong kang makmum sapangat nabi | iya jêng nabi duta | dutaning Yyang Luhur | kaluhuraning agêsang | sangkanana tawêkal agama suci | suci-sucining raga ||

35. sira iki padha sun tuturi | lamun sira arêp gagula |[54] ngèlmu têkèng kajatène | sira ngawasna iku | patêmone têmbaga rukmi | yèn sira aranana | têmbaga puniku | apan kamoran kêncana | kang utama rinasuk dènnya ngarani | ingaranan suwasa ||

36. mila têmbaga binêsut iki | pamrihira aja bisa nimbrah | dadya ilang rarêgêde | yèn wus [wu...]

--- 94 ---

[...s] ilang puniku | kang têmbaga lumêbèng kowi | winor lawan kêncana | sarta gêni murub | yèn wus sampyuh kalihira | utamane pawore kawula gusti | iku sira dèn awas ||

37. yèn tan wruha sêsmita puniki | angur aja sira mangan sêga | anyêngguta sukêt bae | dadi wong kacèk buntut | kaya kewan sira puniki | lamun ora dungkapa | sasmita wus mungup | kang maca miwah kang myarsa | yèn tan wruha sasmita kang sampun mingip | yêkti wijiling kewan ||

17. Mijil

1. basa ati kewan angowani | angopèni adoh | basa adoh iku ing kanane | ing kanane yèn wong ambêk babi | yèn wus kaya babi | angumbea uyuh ||

2. yèn wong ngumbe uyuh pêsthi nyungir | irunge anyonthom | yèn wus nyonthom kêrasa pêsinge | lamun ngrungu wirayating tulis | pêsthi lamun kèksi | yèn wong kacèk buntut ||

3. yèn wong kacèk buntut iku pêsthi | buntut jroning batos | beda lawan wong lantip atine | basa lantip [la...]

--- 95 ---

[...ntip] pêsthi mingip-mingip | ngrungu ujar bêcik | ngraricik karacuk ||

4. yèn wus ngracuk sakathahe ngingling | ling-linging ing batos | sakèh basa linaras pupuse | beda lawan wong kang ambêk babi | ngrungu ujar bêcik | bêcik jroning kalbu ||

5. kalbunira kasupêk ing bêlis | wêkasane bolos | mila bolos angênês batine | nelad basa basukining urip | mundhak wuwuh arip | arip kudu turu ||

6. yèn aturu nêrus sawêngi |[55] sawêngi angorok | yèn anglilir tan ana sêbute | amung kêcap-kêcap angucêmil | pantês mangan têki | wong mêngkono iku ||

7. datan eling nêdya jroning ati | gulang karahayon | kang kaetang namung panganane | wus kapungkur ing basa kang bêcik | amung kang karicik | warêge kang wadhuk ||

8. sabên enjing sêga wadhang ênting | yèn bêdhug dhêrodhok | andharêdhêk awit mangan manèh | wayah asar mingsêr bukti malih | yèn makrib sêsangkrib | sêga satêtuwung ||

9. sore turu têngah wêngi tangi | angorèpi bojok | bêdhuk [bêdhu...]

--- 96 ---

[...k] têlu anjêlu atine | bangun injing yèn sêga wus ênting | age nuli eling | intip yan kinêruk ||

10. beda lawan wong kang nêdya bêcik | rêriciking batos | ngatos-atos yèn wong urip kiye | wêkasane tumêka ing pati | mila ngati-ati | atine pinêsu ||

11. kang pinêsu wêkasaning ragi | rêragining batos | yèn wong iku akèh rêragine | datan kewran atine umintir | lir tirta sru mintir | mintire lumintu ||

12. karantêne padha dipun eling | sira ran wong anom | ingkang purun tilar ing rame |[56] angarêpna sira ing asêpi | kang tigang prakawis | nyawa dèn kawêngku ||

13. wijiling tapa rêmbêsing ngèlmi | nyawa dèn kêlakon | kaping tiga trah andana warèh | wijil tapa wong nglarani ragi | rêmbês madu yêkti | wruh rasaning ngèlmu ||

14. wong kang antuk surasaning ngèlmi | sêmune katonton | têka beda satingkah polahe | ana wêdi marang ing Yyang Widi | sêmune alungit | anyêngkêr pamuwus ||

15. têgêsipun trah andana warih | iya nora pêdhot | panêmbahe marang Yyang adhêpe [a...]

--- 97 ---

[...dhêpe] | sausiking kabèh dadi puji | iya iku kaki | wong têrbukèng ngèlmu ||

16. mila bangêt gèn manira ngudi | mring sira wong anom | apadene sira iku kabèh | sarupane ingkang maca myarsi | sinaua wasis | ja sinau cubluk ||

17. liring wasis ngrêbut-ngrêbut wadi | sawadining batos | saisining raga iki kabèh | apan kabèh sami dèn kawruhi | nadyan jroning osik | sinlisik katêmu ||

18. nadyan napsu kang patang prakawis | winawas wêspaos | astanane napsu dhewe-dhewe | kang luamah amarah puniki | kang supiyah kalih | mutmainah iku ||

19. têrsandhane jaba trusing batin | batine wus manggon | yèn wus manggon wong iku napsune | iku kaki pusakaning jalmi | nadyan têkèng jangji | kinanthi satuhu ||

20. tuhu iku ngrowangi sayêkti | benjang têkèng maot | kang satêngah wong iku kawruhe | ingkang tigang prakara siningkir | maksih băngsa lair | durung wruh ing urus ||

21. beda lawan wong kang wruh ing wisik | wisik kang sayêktos [sayêkto...]

--- 98 ---

[...s] | yêktos iku pradandanan gêdhe | ambakoni wong kang alul ngèlmi | pêsthi nora sisip | sapambatangipun ||

22. nadyan sira kaki maksih urip | datan kêna adoh | aja cacak besuk ngakerate | nanging mangke kawruhana kaki | napsu siji-siji | kêkarêpanipun ||

23. nora beda lan karêping jalmi | wiji-wijining wong | sun tuturi sira ibarate | pambêkane napsu siji-siji | lir ratu lan patih | jaksa lan pêngulu ||

24. ratu iku tan karsa bênêri | yèn ana pêpadon | pan wis ana iku wêwakile | parintahe ginadhuh pêpatih | printah ingkang adil | ki jaksa kang gadhuh ||

25. mungguh kukume ratu puniki | pangulu kang gadhoh | sasukêring praja kasrah kabèh | yèn wus rujuk ing tigang prakawis | ratu kang ngidini | arja nagrinipun ||

26. yèn sêlaya wong tigang prakawis | nêgarane rusoh | lamun ora panggaha ratune | saya bangêt rusuh ing nêgari | yèn ratu ngukuhi | kang sêlaya rujuk ||

27. nora beda lan wong ngrêksa jisim | yèn ati tan

--- 99 ---

pugoh | pasthi rusak wong iku awake | yèn karêksa kang tigang prakawis | yèn bisa ngayumi | satingkah rahayu ||

28. mutmainah astananing ati | karane punang wong | yèn kagingsir wong iku batine | tan sêlaya bilaine prapti | sawab basa ati | utusan Yyang Agung ||

29. anèng ati mujarat sayêkti | kang parêk Yyang Manon | dene nêpsu supiyah dununge | anèng ati fuat iku kaki | amarah puniki | anèng ing pêpusuh ||

30. dene napsu amarah puniki | wadhug gènnya manggon | yèn gethanga salah siji bae | măngsa ana jênêng insan kamil | sok gethanga siji | ana aranipun ||

31. lamun durung padhang sira kaki | sun pajar sayêktos | aluamah nèng cangkêm dalane | napsu amarah dalane ing kuping |[57] supiyah kang margi | ing mripat puniku ||

32. mutmainah ing grana kang margi | yêktinên ing batos | iya iku kaki lêlurunge | ing kawula seba marang gusti | pikirên pribadi | tan susah sun wuruk ||

33. pan wus sêdhêng gèn ingsun nglèjêmi [nglè...]

--- 100 ---

[...jêmi] | mring kang nêdya anon | rêricike wus sun tutur kabèh | yêkti padha pikirên pribadi | yèn sira tan uning | yêkti tyas dhadhêngkul ||

34. nanging ana kaolipun malih | lamun wong mêmaos | yêkti pilih padhanga atine | lamun nème lan wisik sêjati | yèn wus angsal wisik | sêbarang kang krungu ||

35. yêkti bisa wong iku ngrampidi | sawab wus waspaos | amung kari rêrampene bae | karantêne wulang ingsun kaki | golèka sayêkti | guru kang linuhung ||

36. guru iku amung awèh uwit | undhake pêpadon | sira dhewe ingkang ngundhakake | pêcahe basa gampang lan kang rêmpid |[58] ya sira pribadi | pênglarasanipun ||

37. pira bêtahan wong guru ngèlmi | tan wis-uwis takon | pasthi kaku atine gurune | yèn tan bisa anglaras pribadi | karantêne kaki | yya pêgat pamêsu ||

38. mêsu ati sarta mêlèk bêngi | amrih tyas sumrowong | yèn wus padhang wong iku atine | samubarang kang dèn tingali |[59] kacathêt ing ati | karasa [ka...]

--- 101 ---

[...rasa] karacuk ||

39. ngrasuk basa lan têmbunging ngèlmi | maya tyas kinaot | angaoti sêsamining ngakèh | sakèh basa kamot dèn opèni | rinasuk lan ngèlmi | panjing surupipun ||

40. yèn wus wignya mêthik basa Kawi | wignyanira wuwoh | yèn wus wuwoh samantakna age | marang gurunira kang sayêkti | yêkti dèn idèni | sira marang guru ||

41. sarta lawan idining sudarmi | lanang lawan wadon | dadi gluga sinusur sarine | sudarma sih guru angamini | iya iku kaki | hidayat satuhu ||

42. basa hidayat tuduhing Widi | kang katampan mring wong | sakèh basa cinathêtan kabèh | yèn kacathêt rinicik dèn anggit | garêgêt ginigit | ginarisa kalbu ||

18. Girisa

1. anak putu dèn èstokna | warah wuruk kang utama | aja sira sêmbrana |[60] marang wuruke wong tuwa | ing lair batin dèn bisa | dèn santosa ing tyasira | têguhêna jroning nala | aja na kurang panrima ||

2. ing papêsthèning salira | yèn saking Yyang Maha Mulya | tulisane [tuli...]

--- 102 ---

[...sane] badanira | lawan dipun awas uga | asor luhur waras lara | tanapi manggya cilaka | urip tanapi antaka | iku sangking ing Yyang Sukma ||

3. miwah ta ing umurira | kang cêndhak lawan kang dawa | duraka yèn maidoa | marang Gusti kang amurba | tulisane pan wus ana | ing lohkil mahpul punika | pan wus sinêbut sêdaya | yogya padha kawruhana ||

4. sêsikune badanira | marang Gusti kang amurba | kang misesa marang sira | yèn sira durung uninga | prayoga sira takona | marang wong kang wruh ing makna | ing wong kang padha ngulama | kang wus wruh rasaning kitab ||

5. dêrapon sira wêruha | ing sasurasaning sastra | supaya padhang tyasira | miwah ta ing tata krama | sarengat dipun wêspada | parlu lan sunat dèn awas | aja sira apêpeka | takokna dèn apartela ||

6. prabote wong anèng dunya | iku kang sira takokna | lan aja bosên jagongan | marang kang para ngulama | miwah wong kang wis sampurna | pangawruhe mring Yyang Suksma | miwah ta nêgara [nê...]

--- 103 ---

[...gara] krama | ing tindak-tanduk myang basa ||

7. kang nistha madya utama | iku sira takokna |[61] ya marang para sujona | miwah wong kang tuwa-tuwa | kang padha bisa micara | tuwin wong kang olah sastra | iku pantês takonana | bisa madhangkên tyasira ||

8. karana ujaring sastra | utawa têka carita | ingkang kinarya gindholan | amuruka mring wong mudha | lawan sok kêrêpa maca | sabarang layang carita | aja sira nampik layang | carita kang kuna-kuna ||

9. layang babat kawruhana | tuwin kang layang kikayat | dêrapon sira wêruha | lêlakone wong prawira | kang wus luhur drajatira | miwah pra wali sadaya | kang padha olèh nugrahan | angsale sangking punapa ||

10. lakune sira tirua | lêlabêtan kang utama | ora susah sira mruga | carita kabèh pan ana | kang nistha madya utama | ingkang asor luhur padha | miwah alaning nêgara | ala bêcik sira wruha ||

11. yèn durung mangarti sira | caritane takokêna | ya marang wong tuwa-tuwa | kang padha wêruh carita |

--- 104 ---

iku ingkang dadi uga | mundhak kapintêranira | nanging ta dipun elingan | sabarang ingkang kapyarsa ||

12. aja andon milu bapa | bangêt tunane bodhonira |[62] katungkul mangan anindra | namung pandonga manira | mugi [Allah][63] ambukaa | papêtênge kalbunira | karêma ing kabêcikan | kabèh padha anyakêpa ||

13. pitutur ingkang raharja | parintahe nabi duta | yugya sira èstokna |[64] supayane sira padha | manggiha suka raharja | lanang wadon sêlamêta | ing dunya têkèng akerat | dèn dohêna lara brăngta ||

19. Asmaradana

1. sakèhe nak putu mami | tuwin kulawarganingwang | gêdhe cilik lanang wadon | padha sira pirsakêna | sakyèhe tutur ingwang | sakathahe wulang ingsun | kacathêta ing wrêdaya ||

2. sira sun wuruk sayêkti | pratingkahe ing agêsang | ingkang utama wêkase | tan kêna sak sêrikira | dèn padhang èstokna |[65] kang para wayah umatur | suwawi dipun gêlarna ||

3. kang pra wayah matur aris | kang kula suwun ing

--- 105 ---

tuwan | tanjèh ing salat adêge | punika asal punapa | kawula barkahana | miwah ta kalawan rukuk | punika asal punapa ||

4. sujudipun atanapi | lênggahe asal punapa | kang eyang aris dêlinge | hèh adêge salat iya | asal sangking dahana | dudu api panas iku | dudu api kang kinarya ||

5. dudu api anggêsêngi | dudu gêni kêna pêjah | api iku sêjatine | roh ilafi iku cahya | kang wayah matur nêmbah | kadyapundi ingkang rukuk | asal sangking ing punapa ||

6. rukuk iku asal angin | dudu angin sangking tawang | dudu angin sarupane | dudu angin păncawora | dudu angin prahara | dudu angin kênèng têdhuh | sajatine angin napas ||

7. ingkang muji siyang latri | iku angin kang sampurna | datan pêgat pamujine | maring Yyang Kang Maha Mulya | pan têtalining gêsang | iya ingkang napas iku | kang wayah malih turira ||

8. ingkang sujud kadyapundi | punika asal punapa | kang eyang aris dêlinge | ingkang

--- 106 ---

sujut angsal toya | banyu urip jatinya | urip datan kêna lampus | anguripi ing sajagat ||

9. lungguh angsal sangking bumi | dudu bumi kang kancikan | badanira sajatine | iku bumi kang sampurna | emuta yèn kapurba | kang wayah samya umatur | mugi kajarwakna pisan ||

10. ngadêk asal sangking api | angadhêpakên punapa | rukuk asal angin mangke | angadhêpakên punapa | sujut asaling toya | asal bumi ingkang lungguh | angadhêpakên punapa ||

11. yèn sira durung udani | angadêk asal dahana | angarêpakên uripe | urip kang tan kêna pêjah | warnane kadi rêtna | gumilang-gilang umancur | angadêk pucuking grana ||

12. arukuk asaling angin | angarêpakên sirulah | pan kadi lintang warnane | cahyane gumilang-gilang | lawan maninge iya | ingkang sujut asal banyu | kang dèn adhêpakên iya ||

13. kêkasihira Yyang Widi | ingkang nama rasulullah | iku kang dèn adhêpake | cahyane lir sêgara mas | warnane lir gurnita | asal bumi ingkang lungguh |

--- 107 ---

kang dèn adhêpakên ika ||

14. rupa kang langkung dumêling | kang dèn adhêpakên iya | rupa kang langkung padhange | kang wayah aris turira | ingkang ngadêk punika | asal api malihipun | angaturakên punapa ||

15. dhatêng Pangeran kang jati | karana katarimaa | wong puniku sêmbayange | tanapi rukuk punika | punapa ingaturna | lan malih ingkang asujud | punapa dèn aturna |[66]|

16. atanapi ingkang linggih | gih punapa ingaturna | mring Pangeran ngalam kabèh | inggih ingkang katarima | hèh iya putuningwang | asal api ngadêk iku | kang dèn aturakên mring Yyang ||

17. maningkêm aranirèki | kang katur marang Yyang Suksma | dene ingkang rukuk kuwe | asal angin iku iya | ingkang dèn aturêna | marang Pangeran Kang Agung | kang basa yahu sampurna ||

18. kadyapundi asal api | punika dados punapa | lan kang asal langit mangke | tanapi kang asal toya | inggih dados punapa | asal bumi dadosipun | lah ta iya putuningwang ||

19. anadene ingkang dhingin | asal api dadi rupa | kang asal [a...]

--- 108 ---

[...sal] angin dadine | iya iku dadi napas | têtalining agêsang | dene ingkang asal banyu | iku ingkang dadi nyawa ||

20. linggih asal têkèng bumi | iya iku dadi badan | lawan malih kadadène | asal angin dadi darah | lan daging kulitira | sarta lan wulunirèku | pangrungu asal dahana ||

21. ngucap tunggil asal api | asal banyu dadi tingal | ingkang dadi pamirsane | iya asal bumi ika | asal angin dadinya | dadi budi netra iku | lawan ingkang dadi dhadha ||

22. dene ingkang asal bumi | dadi suku têngên kiwa | asal api bêbalunge | ingkang dadi susum ika | asal sangking prêtala | dadi otot sangking banyu | lawan dadi utêkira ||

23. dadi sirah sangking bumi | dadi manah sangking toya | yèn sira durung mangêrtos | banyu punapa kang dadya | lah sira pirsakna |[67] wolung prakara kang banyu | parincine kawruhana ||

24. anadene ingkang dhingin | banyu ingkang nama mutlak | iya ingkang kapindhone | banyu aran sujudullah | iku kang dadya syara | banyu madi araranipun [ara...]

--- 109 ---

[...ranipun] |[68] lungguhe kang dadya syara ||

25. dene ingkang banyu mani | iku ingkang dadi tingal | banyu madi ya têgêse | iku dadi pamiyarsa | lamun banyu maniyah | iya budi dadinipun | kang wayah aris turira ||

26. sintên ingkang aningali | wau salêbêting netra | lawan sajron pangucape | ingkang ngucap jroning lesan | miyarsa jroning karna | pan kawula dèrèng wêruh | mugi panduka jarwakna ||

27. lah iya putu mami |[69] ingkang budi jroning manah | sirulah iku arane | rupane kadya kêncana | kang myarsa jroning karna | dzatulah arane iku | rupane kadya kumala ||

28. ingkang ngucap jroning lathi | ingaranan hidayatulah |[70] kaya maningkêm warnane | iku kinarya wrêrana | dening Yyang Maha Mulya | aja kandhêk ing pandulu | ing basa kalawan rupa ||

29. kang pra wayah matur malih | kang sangking api punika | api ing pundi asale | angin pundi asalira | miwah toya punika | sangking pundi asalipun | tanapi ingkang partala [parta...]

--- 110 ---

[...la] ||

30. asalipun sangking pundi | kang eyang alon dêlingnya | api sangking ing khuruf be | angin sangking aksara tha | dene bumi asalnya | sangking sin awal puniku | banyu sangking aksara kaf ||

31. angandika sang ayogi | sakèhe nak putuningwang | iya ing pitutur ingong | padha sira èstokna |[71] ya sira wani tinggal | ngèlmu syarengat kang tuhu | kang lumrah muslim sadaya ||

32. masalah iman dèn kèsthi | iku bayane tan ana | têgêse iman mêngkene | angandêl ingsun ing [Allah][72] | lan para malaekat | lan malih angandêl ingsun | sakèhing kitabing Sukma ||

33. lan angandêl para nabi | kang ingutus dening [Allah][73] | lan angandêl kiyamate | ngandêl untung bêcik ala | sangking Gusti Kang Mulya | dèn pracaya nênêm iku | iku pikukuhing iman ||

34. yèn ana patakon maning | kayaparan karsanira | ngandêl ing [Allah][74] têgêse | pan mêngkene jawabira | satuhune Pangeran | akhadun lawan akhidun | tan roro dzat sifatira ||

35. sifat khayun ingkang urip [uri...]

--- 111 ---

[...p] | [khodirun][75] ingkang kuwasa | muridun kang karsa mangke | ngalimun ngwikani ika | samingun kang miyarsa | basirun ningali iku | mutakalimun ngandika ||

36. [kholaqun][76] ingkang akardi | [robu][77] ingkang pinangeran | [roziqun][78] iku têgêse | paring [ridzqi][79] ing kawula | [bakin][80] langgêng tan owah | lan [bilasarikin lahu][81] | nora sakuthu Pangeran ||

37. sifat kayun ingkang urip | uripe tan lawan nyawa | mokal sedaa Yyang Manon | [khodirun][82] ingkang kuwasa | kuwasaning Pangeran | akarya burhan sêdarum | nora lawan panggaota ||

38. mokal apêsa Yyang Widi | kuwasa lan sifat kudrat | muridun akarsa mangke | pan ora kasêrêng ika | barang karsaning Sukma | masthi dawa cêndhakipun | kalawan sifat iradat ||

39. samingun ingkang miyarsi | myarsa ora kalawan karna |[83] mokal tulia Yyang Manon | myarsa lawan sifat [sama'][84] | basirun kang tumingal | nora lawan netra iku | mokal klamun wutaa |[85]|

40. kaelokaning Yyang Widi | mutakalimun ngandika | nora lawan lathi mangke |

--- 112 ---

mokal kêlamun bisua | angling lan sifat khalam | ngawruhi lan sifat ngèlmu | Gusti murba amisesa ||

41. jênênge tanpa sêsami | nora lawan basa syara | nora arah nora ênggon | tan ing wuri tan ing ngarsa | tan kering tan ing kanan | nora ngisor nora dhuwur | tan kêna cinakrèng driya ||

42. yèn sira tinakon kaki | kayaparan ênggonira | angandêl malaekate | mangkene ing saurira | sun ngandêl malaekat | dene asipat asnapun | têgêse awarna-warna ||

43. atanapi kang pakarti | ana uga warna-warna | punapa malih sifate | iya warna-warna uga | lan ora duwe karsa | nora bapa nora biyung | kumambang karsaning Sukma ||

44. ana ingkang angidêri | ingaras kang malaekat | sangking karsaning Yyang Manon | sawênèh ananggung ngaras | wênèh kang malaekat | karyane agung andulu | sakaning ngaras kewala ||

45. ana ingkang anyêkêli | marang sêsakaning ngaras | ana ingkang lungguh bae | anèng sangandhaping ngaras | wênèh amilang-milang | mring sêsakaning [sê...]

--- 113 ---

[...sakaning] ngaras iku |[86] sawênèh kang malaekat ||

46. karyane amikul kursi | nênggih malaekat sêkawan |[87] kaya mênjangan warnane | ana kang warna manungsa | ana arupa macan | ana ingkang rupa kaum | ing sagone dhawak-dhawak ||

47. ana ingkang rupa pêksi | ana rupa bêburonan | nanging asu lawan cèlèng | kang nora pinindha-pindha | ing para malaekat | liyaning cèlèng lan asu | kabèh saisining jagat ||

48. apan ta pinindha sami | dening sakyèh malaekat | ana rupa manuk ijo | pêpêk saisining jagad | kapindha ing malaekat |[88] pan wus karsaning Yyang Agung | mila nama raja kudrat ||

49. ingkang abăngsa rokhani | ya sangking karsaning Sukma | sakèh malaekat asale |[89] kalane adus têlaga | aran sêgara cahya | kala mêntas dènnya adus | sakèhing tètèsing êlar ||

50. dadi malaekat sami | iya anut pakaryanya | abăngsa rukhani kabèh | padha suwiwi lan êlar | ana malih malekat | ingkang băngsa kurubiyun | dinadinadèkakên [dina...]

--- 114 ---

[...dinadèkakên] dening Yyang |[90]|

51. kang mêdal sangking Mikail | duk ningali wong siniksa | awêlas mêtu waspane | sakèhe waspa kang mêdal | ya dadi malaekat | wus karsanira Yyang Agung | Mikail kinarya marga ||

52. dene malaekat Israfil |[91] sinung karya dening Sukma | angingsrê bale ngarase | duk mêdal karingêtira | iku ingaran nutfah | sakathahing ingkang antuk | sangking Israfil sadaya ||

53. malaekat Jabarail | sinung karya ing Pangeran | ngalih kayu jakum mangke | sangking syarga mring nrêraka | ya ta dadi malekat | sakathahe ingkang kunun | pan sangking karingêtira ||

54. sakèhe malekat sami | jisim alus sadayanya | manjing langit nora bolong | dahat tan kewuhan marga | sangking hidayatulah | wakhidiyah sifatipun | ingkang abăngsa safarah ||

55. Jabarail lan Mikail | Ngisrapil Ngijrail ika | sêkawan iku kathahe | kang sinihan ing Pangeran | ingkang băngsa safarah | beda-beda karyanipun | binubuhan dhawak-dhawak ||

56. bubuhanira Mikail | iya nurunakên udan | kang

--- 115 ---

narima kayu gadhong | kang tumuwuh ngalam dunya | Jabarail kabubuhan |[92] sabên nurunakên wahyu | ing para nabi sadaya ||

57. dene malaekat Israfil |[93] karyane niyup sêsăngka | malaekat sakathahe | tan kêna amilih karya | pan sampun binubuhan | Ngijrail bubuhanipun | angambil nyawa kewala ||

58. iya nyawane sêkalir | sawênèh ingkang malekat | [khafadhoh][94] lan kutu bae | kang rumêksa ing manungsa | kang anèng kering kanan | anulisi karyanipun | sapanggawening manungsa ||

59. ingkang ala lan kang bêcik | apan samya tinulisan | ing kiraman katibine | tan kêna salina karya | anarah pakoning Yyang | atanapi warnanipun | sumarah karsaning Sukma ||

60. datan sinifatan èstri | lan ora asifat lanang | sakyèhe malekat kabèh | tan anginum tan amangan | kalawan ora sahwat | lawan ora duwe napsu | tan darbe karêp pribadya ||

61. sakèhe malekat sami | mapan tan darbe penginan | mung puji pêpanganane | sapa asih [a...]

--- 116 ---

[...sih] ing malekat | dadi sarating iman | sapa ingkang sêngit kupur | yêkti kêkêl nèng nrêraka ||

62. sakèhe malekat sami | nora kêna ing duraka | badan alus sêdayane | pan ora manjing nêraka | nora manjing ing syarga | ananggung ngaras puniku | kinarya utusaning Yyang ||

63. lan malihe putu mami | lamun sira tinakonan | angandêl kitab kapriye | mêngkene pan jawabira | satuhuning Yyang Sukma | nurunakên Kitab Kudus | atas Nabi Ngisa mulya ||

64. kitab iku nora kadim | kang muni ing dalêm ayat | yèn ana maido kang wong | iya sak ayat kewala | atawa sakalimah | yêkti iku dadi kupur | ingkang maido ing kitab ||

65. anurunakên Yyang Widi | kitab satus punjul papat | atas para nabi kabèh | ingkang dhihin tinurunan | Nabi Adam punika | kathahe kitab sapuluh | atas marang Nabi Adam ||

66. kang kapindho Nabi Êsis | tinurunan sèkêt kitab | anadene ping tigane | Nabi Idris tinurunan | pan tigang dasa kitab | Nabi Brahim kaping catur [ca...]

--- 117 ---

[...tur] | sinungan kitab sadasa ||

67. Nabi Ngisa Kitab Injil | Kitab Torèt Nabi Musa | Kitab Zabur sinungake | Nabi Dawud kang sinungan | wêkasan Kitab Kuran | dununge mring kangjêng rasul | tan ana ingkang mêmadha ||

68. pan wus sinêbut ing dalil | sapungkure nabi kita | tan ana nabi manèh-manèh |[95] jumênêng nabi wêkasan | kang tinut ing sajagad | agama Islam kang luhung | kang tan anut yêkti kopar ||

69. wong kang taksih manut Injil | iku ran gama Basarah | wong Yahudi Kitab Torèt | Ibraniyah basanira | Zabur Parsi basanya | dene kang Kuran pan sinung | basa Ngarab ingkang mulya ||

 


Biasanya guru lagu i: ting balêsar pothar-pathir. (kembali)
Biasanya guru lagu i: ing sabarang pakaryaning. (kembali)
Kurang satu suku kata: abotira yèn sabiyantu ing karsa. (kembali)
Biasanya guru lagu i: iya marang saduluring. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang sarêgêp kalawan ingkang malincur. (kembali)
Lebih satu suku kata: padha dèn awruhana. (kembali)
Lebih dua suku kata: lamun tan mari binêndon dènnya mlincur. (kembali)
Biasanya guru lagu i: dosèki. (kembali)
Lebih satu suku kata: pan sadulur tuwa kang wajib pitutur. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: nuli rasakêna. (kembali)
11 Biasanya guru lagu i: layang iku sak unining. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: kudu antêng jatmika ing budi. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: yèn wis titahira Sang Yyang Widi. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: ana uga wong nrima titahing. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: wiwit sugih sangkaning amukti. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: wong kang narima pan dadi bêcik. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: utawi unggahe kawruh yêkti. (kembali)
18 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: bêkti marang ratu. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: antuk sapangatira jêng nabi. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: driyanira dadia têtali. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: sadinane gurokêna dhingin. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: padha têtêpana ugi. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: sapa ra nglakonana. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: padha sira ngèstokêna. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: paningal lan pamiyarsa. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: ngilangakên adhêmipun. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: adhêm ngilangakên panas. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: murwatên lawan sisipe. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: ing wuri ja lêleda. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: dèn padha angèstokêna. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: rungokêna saunine. (kembali)
33 suwita. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: dene ginawe kasab. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: masang graitèng pawarti. (kembali)
36 aja. (kembali)
37 Mulai halaman 78 ini urutan halaman kembali benar. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: èstokna tutur ingwang. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: têgêsira aja amaro pandulu. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: iya kaki uwong salamêt budi. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: lan dèn awas kang ala lan kang bêcik. (kembali)
42 wruha. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: nadyan silih bisa gawe amal ugi. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: atinipun ing lair tan trus ing batin. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: sapa nêdyaa atapa dèn nastiti. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: ramban mapan kinarya sangkrib. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: apan padha sira èstokêna. (kembali)
48 Kurang dua suku kata: tur ingkang ngawur kewala. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: nora kêna yèn sira awora. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: katon abêrsih ingkang wêrdaya. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: ambayani wêkasane dèn bronjongi. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: iku kang nyirnakêna. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: nyamandana nala trus yudanagari. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: lamun sira arêp gagulanga. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: yèn aturu nêrus ing sawêngi. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: ingkang purun atilar ing rame. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: napsu amarah dalane kuping. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: pêcahe basa gampang lan rêmpid. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: samubarang ingkang dèn tingali. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: aja sira asêmbrana. (kembali)
61 Kurang satu suku kata: iku sira takokêna. (kembali)
62 Lebih satu suku kata: bangêt tuna bodhonira. (kembali)
63 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: yugya sira èstokêna. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: dèn padhang èstokêna. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: punapa dèn aturêna. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: lah sira pirsakêna. (kembali)
68 Lebih satu suku kata: banyu madi aranipun. (kembali)
69 Kurang satu suku kata: lah iya ta putu mami. (kembali)
70 Lebih satu suku kata: ingaran hidayatulah. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: padha sira èstokêna. (kembali)
72 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
73 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
74 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
75 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
76 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
77 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
78 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
79 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
80 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
81 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
82 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
83 Lebih satu suku kata: myarsa ora klawan karna. (kembali)
84 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: mokal kalamun wutaa. (kembali)
86 Lebih satu suku kata: mring sakaning ngaras iku. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: nênggih malekat sêkawan. (kembali)
88 Lebih satu suku kata: kapindha malaekat. (kembali)
89 Lebih satu suku kata: sakèh malekat asale. (kembali)
90 Lebih dua suku kata: dinadèkakên dening Yyang. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: dene malekat Israfil. (kembali)
92 Lebih satu suku kata: Jabrail kabubuhan. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: dene malekat Israfil. (kembali)
94 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
95 Lebih satu suku kata: tan na nabi manèh-manèh. (kembali)