Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 20–27)

Judul
Sambungan
1. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 01–10). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 11–19). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 20–27). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
4. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 28–34). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 12-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

20. Dhandhanggula

1. sang pandhita sabdanira manis | kayaparan sira yèn tinanya | ngandêl para nabi kabèh | mangkene ing saurmu | wiwitane kang para nabi | iya Jêng Nabi Adam | ing wêkasanipun | ya Kangjêng Nabi [Mukhamad][1] | pan tan ana nama nabi malih-malih | têkèng dina kiyamat ||

2. kangjêng rasul wêkasan pra nabi | lamun ana kang wong ngèstokêna | ana nabi

--- 118 ---

sapungkure | atawa ana ngaku | sapungkure andika nabi | sayêktine duraka | pêcat imanipun | wajibing nabi sadaya | sun tuturi têtiga wajibing nabi | sidik ingkang sapisan ||

3. lawan wajib amanata ping kalih |[2] wajib tablèk ping tiganira |[3] sangking nabi ngêndikane | martakakên pamuwus | sakyèh nabi warta sayêkti | ginanjar lan siniksa | ing pakaryan iku | umate samya winartan | ing margane ingkang ala lan kang bêcik | mokale winicara ||

4. mokaling nabi tigang prakawis | mokal ngumpêt marang pangandika | mokal nabi kiyanate | mokal durjana iku | sakathahe kang para nabi | mokal lamun goroha | ing pawartanipun | têkabur yèn asung warta | wajib lan wênange kang para nabi |[4] ngaral kang basariyah ||

5. têgêse wênang lara lawan pati |[5] sakit nora anyuda drêrajat | nanging punika wênange | kalawan malihipun | sakathahe kang para nabi | rinêksa dening Sukma | ing dosa lit agung | sapa asih para nabya | dadya sarat ing iman puniku kaki | lan malih

--- 119 ---

ngawruhana ||

6. para nabi ingkang sinung dening | ing Yyang Sukma anyêkêl sarengat | pan nênêm iku kathahe | Nabi Adam karuhun | Jêng Nabi Nuh kang kaping kalih | Ibrahim ping trinira | Musa kaping catur | kaping lima Nabi Ngisa | ingkang tinut sarengate dhingin-dhingin | nanging mangsuh sadaya ||

7. kaping nême sarengate nabi | kangjêng rasul panutuping nabya | nora salin sarengate | têkèng kiyamat besuk | pan lêstari sarengat nabi | wêkasaning sarengat | lan malihe putu | sira kudu ngawruhana | ing cacahe sakyèhe kang para nabi | sakêthi kalih lêksa ||

8. lawan punjul kawan èwu nabi | ingkang mursal iku kawruhana | kang para rusul kathahe | tri tus iku kèhipun | langkung tiga wêlas kèhnèki | sami sidik sadaya | ing pawartanipun | awarta marang kawula | kang pra wayah samya matur awotsari | mugi tuwan dugèkna ||

9. aprakawis sintên ingkang akir | kadospundi kula dèrèng wikan | mugi tuwan têdahake | hèh iya putuningsun [putuningsu...]

--- 120 ---

[...n] | satuhune sukma kang jati | amatèni sadaya | ing kawulanipun | nanging kang nora rinusak | êloh kalam kêlawan kang ngaras kursi | suwarga lan nêraka ||

10. tan rinusak ing awal lan akir | liyan iku rinusak sadaya | kang maksih langgêng jatine | nanging Gusti Kang Agung | kang tan kêna owah lan gingsir | miwah sakyèhing nyawa | ing têmbe akumpul | ing benjang dina kiyamat | pasthi kabèh padha mati kang kumêlip | rusak sajagat pisan ||

11. ri sampunnya kabèh padha mati | iya nulya nguripkên sadaya | pan kinira-kira kabèh | ingukumakên iku | ing dosane agung lan alit | samya kinira-kira | adiling Yyang Agung | datan kêna kakilapan | jin manungsa lan isining bumi langit | kapirsa sadayanya ||

12. anadene wong kang pasèk iki | ora langgêng ana jro nrêraka | sangking barkate imane | wong mukmin fasèk iku | ri sampunnya siniksa sami | pinanjingkên ing syarga | langgêng syarganipun | dene sakyèhing wong kopar | pinanjingkên nêraka tan kêna gingsirsir [gingsir...]

--- 121 ---

[...sir] |[6] kêkêl anèng nrêraka ||

13. tan rinusak nêraka lan syargi | langgêng dènnya wau têtimbangan | sarta kalawan isine | sapa maido kupur | lan malihe pêsthèning Widi | untung bêcik lan ala | takdiring Yyang Agung | kang tumiba untung ala | pasthi manjing wong iku maring yamani | kang bêcik manjing syarga ||

14. tan kêna wah takdiring Yyang Widi | iku kaki sira èstokna |[7] lan malih lamun tinakon | iman lan Islam iku | kadyapundi prêbedanèki | inggal sira jawaba | mangkene jawabmu | iman Islam prêbedanya | iman iku pan nênggih sajroning batin | laire iku Islam ||

15. anênuwi andikaning nabi | cêgah sirik ingkang sininggahan | iman nrahakên ragane | iku lah bedanipun | Islam lair imaning batin | kadya ingkang bêrambang | ing pralambènipun | galih kêlawan kulitnya | yèn dinulu warnane apan kêkalih | rasane tan pêrbeda ||

16. dene amal kajaba puniki | sangking iman kalawan kang Islam | lan malihe putuningong | rukun ingkang sun tutur | rukun Islam lêlima

--- 122 ---

kaki | nênêm rukuning iman | kawruhana tuhu | aja sira apêpeka | yèn tan wruha durung Islam sira kaki | iki rukuning iman ||

17. angèstokkên ing [Allah][8] kang dhingin | yèn asifat purba tan sêsama | kapindho malaekate | ping tiga kitabipun | ping sêkawan utusannèki | lawan dina wêkasan | kaping limanipun | kaping nêm angistokêna | maring untung bêcik lawan ala sangking | Gusti Kang Maha Mulya ||

18. yèn nês saka ing salah sawiji | ingkang sampun sinêbut punika | kafir ilang agamane | apan wong kapir iku | tanpa gawe ngamalerèki | agawea ngibadah | lir ilining banyu | yêkti datan katarima | dosa agung ing kafir tan na madhani | padha sira dèn yitna ||

19. liring yitna iku apan wêdi | wêdi iku pan kalih prakara | wêdi kêna ing dosane | kapindho wêdi kupur | pan wong êkas aranirèki | satêngahe wong ina | wêdi dosanipun | lan wêdi ing kapirira | iya iku winastan wong êngam kaki | mukmin pasèk ranira ||

20. rukun Islam pan lêlima [lêli...]

--- 123 ---

[...ma] kaki | dhihin sadat kalimah kalihnya | kinawruhan sêjatine | lan salat limang wêktu | apuasa ping tiganèki | ari wulan Ramêlan | ping sakawanipun | azakat kalawan pitrah | kaping lima munggah kaji kang nyukupi | dêdalan marang Kakbah ||

21. yèn tinggala ing salah sawiji | rukun iku mapan dadi dosa | padha tinêmu ing têmbe | yèn anglampahi iku | pan cinadhang ing syarga adi | pan karsanirèng Sukma | angganjar syarga gung | ing mahkluk kang nandhang iman | ingkang wayah sadaya angudi wangsit | sahadat ing artinya ||

22. kadospundi mênggah sang ayogi | kang sahadat kalimah kalihnya | kang eyang alon wuwuse | sahadat kang karuhun | angawruhi [Allah][9] kang jati | kapindho rasulullah | yèn iku ingutus | sapa angèstokkên [Allah][10] | sarengate nabi nora dèn kawruhi | puniku dèrèng Islam ||

23. lah mujmale nênggih kadospundi | sahadat kalih aran [Mukhamad][11] | kadyapundi munfasale | kang eyang lon amuwus | mung sêkawan kathahe nanging [na...]

--- 124 ---

[...nging] | makripat tokid iman | Islam sampun kumpul | ing sahadat rong kalimah | iku putu lungguhe sadat kêkalih | lan malih tutur ingwang ||

24. parlu adus kawruhana kaki | ingkang êsah kanggo ing agêsang | aja sêmbrana ta anggèr | yèn sira nora wêruh | nora êsah polahirèki | satata lawan kewan | polahe wong iku | kaya kêbo kacèk nora | gêgayêmi yèn sira durung udani | lah iki parlunira ||

25. pan lêlima mungguhing pawèstri | kang kariyin kèl kapindho nipas | duswilah kaping têlune | ping pat janabat iku | kaping lima dusing wong mati | apan wajib dinusan | iku kèhing parlu | kêkalih mungguh wong lanang | kang kariyin janabat kapindho mayit | lan malih putuningwang ||

26. kawruhana bedanipun kaki | ingkang parlu kalawan kang sunat | pan parlu iku têgêse | lamun linakon iku | pan ginanjar dening Yyang Widi | yèn tinilar duraka | papa kang tinêmu | dene mungguhing kang sunat | pan ginanjar kalamun [ka...]

--- 125 ---

[...lamun] dipun lakoni | tininggal nora dosa ||

27. lan malihe iya putu mami | ingkang makruh kalawan kang karam | kawruhana parbedane | ingkang karam puniku | yèn cinêgah ginanjar pasthi | yèn ta lamun tinrajang | amanggih dosèku | dene kang makruh punika | yèn tinrajang pan ora andosani |[12] cinêgah pan ginanjar ||

28. ingkang wayah samya matur malih | kadyapundi nênggih ing bedanya | junub janabat pisahe | yèn tunggila puniku | kadyaparan ing tunggilnèki | kang eyang lon sabdanya | ingkang junub iku | pasthi puniku yèn beda | junub iku karame lêlima kaki | yèn durung ngawruhana ||

--- 126 ---

21. Dhandhanggula

1. awigna mastu namasidi |[13] sinidaha dera sang murwèng rat | kang anglimputi sak rate | dening ulun mahayun | makirtyaring kanang palupi | lêpiyan kang supadya | dumadya wêwuruk | ing suta wayah priyawak | sinêngkalan sirna catur syarèng janmi[14] | janma yun kumadama ||

2. kumadama mamêksa mamêrdi | sanggyaning kang atmaja wus wêrda | widadaa sawadine | mardi-mardiyèng sadu | sadarganing darsane ngurip | ya rêp-arêpa arja | arja ri tumuwuh | tuwuh tarlèn sêkar iya | ya marmanta mandaya madamèng wangsit | wasita winitara ||

3. watara ri tutur amartani | martotama têmên tinumana | katamana ing tulatèn | tula-tula tumuluy | têtelaa têlah katali | talika winênangna | munang kang amangun | bupati magang kang pisan | wêtyaniling hèh sanggya nak putu mami | yèki lêksanakêna ||

4. muhung kinarya pangeling-eling | laku lêlakonirèng agêsang | sun karya rolas warnane | warna ika rumuhun | alinga[15] yèn tinitah janmi | kapindho ingkang warna | elinga sutèngsun | yèn sinung [si...]

--- 127 ---

[...nung] sandhang lan pangan | warna ingkang kaping tri sira dèn eling | yèn kinon angupaya ||

5. ing wêtune sandhang lan rijêki | akasaba saking tapak tangan | kaping sakawan warnane | parentahing Hyang Agung | kinon Islam manut jêng nabi | rasul nayakaning rat | warna ping limèku | busana lan pakarêman | warna kaping nênêm sira dèn aeling | lakuning pawong mitra ||

6. akêkancan sasamining janmi | dening warna ingkang kaping sapta | yèn abukti nèng wismane | yèn turu yèn lumaku | kesah sangking wismanirèki | warna kang kaping astha | kurmat ing têtamu | kaping sanga ri kang warna | wêtuning ling myang wêtuning barang gosthi | salaminirèng gêsang ||

7. warna kaping sadasa tinulis | yèn tinitah sira ing Hyang Suksma | gêdhe kalawan cilike | kaping sawêlasipun | dèn aeling titahing Widhi | sudaning kang darajat | gingsire kang wahyu | apa ingkang dadi sabab | warna ingkang kaping rolas dèn aeling | obah osiking jagat ||

8. jangkêp kalih wêlas ingkang warni | nahan warna kapisan kocapa | dèn aeling [ae...]

--- 128 ---

[...ling] salamine | yèn tinitah sirèku | sangking ora maring dumadi | dinadèkkên manungsa | mêtu saking ênur- | ira Jêng Nabi Mukhamad | katujune nora tinitah sirèki | dumadi satu khewan ||

9. dèn agêdhe sukurirèng Widhi | aywa lupa sirèng sanalika | dèn rumêksa ing uripe | dèn madhêp ing Yyang Agung | dèn apasrah aywa sak sêrik | manawa ana karsa | urip ta pinundhut | ngaurip wasana lena | tan têrtantu cêndhak dawaning aurip | ayya acipta dawa ||

10. aywa cipta cêndhaking aurip | yèku dudu ciptaning kawula | dawa cêndhak wus pêpancèn | mung ciptaa sutèngsun | mati ana sajroning urip | mangkono pan winênang | cipta kang saèstu | madhêp kamawulèng[16] Suksma | tan sumêlang ananira sangking Widhi | widagdèng sipta maya ||

11. gantya warna ingkang kaping kalih | linairkên sira anèng dunya | sinung sandhang lan pangane | yèku sira dèn emut | tuwa sandhang kalawan bukti | laire kang manungsa | sangking garbèng iku | jabang tan banjur dinulang | sayêktine sandhang popok kang rumiyin | ya sandhang ya bok dunya ||

12. iya pangan iya bok [bo...]

--- 129 ---

[...k] rijêki | karo iku apan ta tariman | saking Hyang kang amurbèng rèh | bok dunya bojo sêpuh | bok rijêki bojo taruni | dèn bisa momong sira | tariman ro iku | bok dunya garwanta tuwa | yèku ingkang milu urip milu mati | de garwanta taruna ||

13. bok rijêki iku apan dadi | kuwat panganti-anti agêsang | lire dèn bisa momonge | aywa ta kongsi mutung | yèn apurik tariman kalih | lungane luwih rikat | lir kilat sumêmprung | tan bisa nututi sira | rungsang-rungsang wuh rusak badanirèki | nistha brăngta mangarang ||

14. rangu-rangu rongèh muring-muring | rêringa nir asalah panarka | yèn sisip-sisip têmbire | nir kamanusanipun | sarupa lan khewan wanadri | anyandhak-nyandhak tuna | gayuh-gayuh luput | saking tan bêtah tinilar | ing garwa ro têmah ngrêbut dèn lakoni | ing garwane wong liyan ||

15. ngutil mêthêt anyolong mêmaling | yèn konangan atombok ngumurnya | kaèsi-èsi patine | lir sato gumalundhung | marma kabèh dipun aeling | pamomonging tariman | dèn [dè...]

--- 130 ---

[...n] matarèng kayun | sihana ing sawatara | amung ayya karo kongsi lunga purik | yèn abangêt sihira ||

16. mring kêkalih tansah amangun sih | pêpasihan sumungku satata | mong wiraga karagane | nutut nutugkên kayun | lali maring kang narimani | katungkul ambaruwah | sumungkêm sumuku[17] | yèn mangkono nora kuwat | badanira apês ingkang sira panggih | tan bisa lumaksana ||

17. migêk-migêk kawarêgên kalih | yèn lumaku banjur kajungkelang | tiba galundhung jurange | kabêntus watu ajur | kojur tibèng nisthaning nisthip | papa tanpa pantaran | kapiran kapatuh | yeka ta aywa mangkana | dèn asêdhêng aywa kabangêtên ing sih | mring rijêki lan dunya ||

18. nahan warna ingkang kaping katri | parintahing Hyang kinon ta sira | angupaya ing wêtune | sandhang panganirèku | akasaba mêtua saking | ing tapak tanganira | ya utamanipun | wêtuning karingêtira | ya tan kurang pagaweaning dunyèki | wêtuning sandhang pangan ||

19. wêwatêsaning upaya bukti | yèn wong lanang [la...]

--- 131 ---

[...nang] amikul ing salang | wong wadon gindhong sênike | barang upamanipun | gendhong mikul jalu lan èstri | yèn lagya pêsing badan | bedane kalamun | sinung kas dera Hyang Suksma | angupaya sandhang pangan têka gampil | yèn gampang dèn waspada ||

20. sangkaning arta yèn tan prayogi | ayya arsa sanadyan akathah | yèn durung sah aywa pinèt | sathithik yèn panuju | dèn pakolih amburu khasil | lire pakolih ingkang | sah têranging khukum | tuwin ta wawêkas ingwang | yèn akasab mrih upajiwèng aurip | aywa nganakkên arta ||

21. nora arus nadyan enggal sugih | ing wasana sira manggih papa | kapapan ora warise | saking para lêluhur | khasab iku ingkang utami | among tani sêsawah | gaga anênandur | akèh warnaning akhasab | lakonana dèn tabêri dèn nastiti | abot wong golèk pangan ||

22. aywa ngènthèngkên agolèk bukti | pae sato khewan tanpa ngakal | golèk pangan mung cangkême | mara banjur barakut | sukêt godhong kang dèn gayêmi | beda [be...]

--- 132 ---

[...da] lawan manungsa | saking akal mêtu | yèn tan olih kang mangkana | kang mêngkene yèn kang mêngkene tan olih | kang mêngkono antuka ||

23. lamun antuk angupaya khasil | dipun agêng panarimanira | sukura mring Hyang nikmate | aywa dumèh sirantuk | amung kêdhik kasabirèki | pan iku pêparingan | nugraha Hyang Agung | pinaringan pira-pira | luhung êndi kang tan bisa olih khasil | khasabe papariman ||

24. yèku satêngah tan dèn paringi | rahmating Hyang pinunggêl ngamalnya | tan dinawakkên ngamale | khasabe wus pinulung | pan kapalang-palang tan olih | labêt wahyu kinêbat | ngakale binawur | duk bocahe kurang ajar | tuwa-tuwa katula dhinadhung iblis | lapak tan amicara ||

25. lamun amicaraa sayêkti | nora bisa agaga sêsawah | dadia tukang myang pandhe | sayang sasamanipun | yèn tan bisa manjaka dhingin | abot ènthèng pan kathah | pakaryaning manus | utama yèn angawula | angapêdhak kang pêthêla angiring-iring |[18] sarta jujuring manah ||

26. marma eling-eling dèn pakeling |

--- 133 ---

anak putu padha rumasaa | yèn kawula sru apêse | ayya dumèh tinunggu | bapa biyang misiha urip | angabdi ing narendra | sapatute cukup | yèn mêngkono ciptanira | budi rupak gopok tan micarèng ngèlmi | ngêgungakên taruna ||

22. Sinom

1. nahan kaping pat kang warna | sagung anak putu mami | kinon sirèku Islama | anut ing rèh Kangjêng Nabi | Mukhamad kang sinêlir | ing sarengat kangjêng rasul | aywa ta sira tilar | cêgah pakon dèn kalingling | sunah farlu wajib wênang lawan mokhal ||

2. batal karam lawan kalal | musabihat dèn kaèsthi | pikukuh Islam lêlima | iku aja lali-lali | utama yèn nglakoni | ing rukun lêlima iku | lamun ora kuwasa | mring bètulah munggah khaji | ingkang patang prakara bae ywa lupa ||

3. sarengat lakuning badan | tarekat lakuning ati | khakekat lakuning nyawa | makrifat pan lakunèki | ing rahsa dèn pakeling | kawruhana lakunipun | nanging aja atilar | ing sarengat lakunèki | yèn tilara [tilar...]

--- 134 ---

[...a] nora kuwat badanira ||

4. pan iya măngsa bisaa | ngêblêgi sarengat nabi | wa mangkana nora kêna | yèn kinarsakkên ing Widhi | dadya mukmin sêjati | mung ta ayya kongsi kufur | kang dèn kufurkên sarak | ayya pasèk ayya musrik | rèhning langif mung tibaa ing maksiyat ||

5. yèn misih tiba maksiyat | manawa-manawa kaki | katarima tobatira | ing rina kalawan wêngi | yèn wus tumibèng musrik | angèl pêpulihanipun | yèn ora katarima | tobatira ing Yyang Widhi | nora wurung tinêmpuh ing păncabaya ||

6. sarengat iku wêwadhah | lawan iya tata krami | marma tan kêna tinilar | wong atilar tata krami | ênggoning laknat yêkti | lan ênggoning duraka gung | kêna ngarahan setan | tan wurung iku amanggih | ing bêbêndunira kangjêng rasulullah ||

7. bêbênduning rasulullah | ya bêbênduning Yyang Widhi | ya Allah ya rasulullah | măngka ta zali sayêkti | marma dipun pakeling | ayya maido sutèngsun | sawirasaning kitab | yèn tan bisa anglakoni | amung ayya mêmaoni

--- 135 ---

anênawan ||

8. ana ta ingkang satêngah | anggêguyu wong ngabêkti | yèku panjanmaning setan | dhèwèke wus tan nglakoni | ana kang anglakoni | dadak sêmbrana gêguyu | kaya wong nginum arak | kang sêmbrana sarwi angling | nora kharam khèrêm arak yêkti khalal ||

9. wong kang angucap mangkana | olèh duraka ping kalih | dhingin ngalalakên kharam | kapindho anginum awis | marma dèn ngati-ati | ayya sêmbrana ing wuwus | lan wêwalêr manira | ayya sira nginum awis | dhingin kharam kapindhone tanpa guna ||

10. sapele namung kinarya | bêbingkrakan sukak ati | tan timbang lan durakanya | wus pasthi wong nginum awis | yèn awon êndêmnèki | mring badan ora pakantuk | batine lunjak-lunjak | kaduga angêpêl bumi | ing wiweka subasitane wus ilang ||

11. yèn bêcik dême wong ika | ngêlumpruk badanirèki | gigang[19] madhêpe mring Suksma | bawur tyase dadya lali | paran margane bêcik | wong lali maring Hyang Agung | amêdhotakên ngamal | tuna nora olih bathi | siya-siya nganiaya badanira [bada...]

--- 136 ---

[...nira] ||

12. êndêm iku kawruhana | limang prakara dèn eling | kang dhingin êndêm inuman | pan wus cinatur ing ngarsi | dadine nora bêcik | dene kaping kalihipun | êndême wong nonoman | tur abagus ingkang warni | ing busana iya nora kêkurangan ||

13. pangrasane nora nana | wong abagus malih-malih | mung dhèwèke kang jêlarat | mung dhèwèke kang jêlanthir | katungkul milang-miling | anglingling sariranipun | Arjuna dèn lêlarak | Panji sinèrèd babarji | pêngrasane datan ana kang mêmadha ||

14. kang aran bagus pan iya | jêjêre kalih prakawis | kang dhingin bagusing rupa | ping kalih bagusing ati | nadyan rupane pêkik | lamun ala atinipun | yêkti dadi wong ala | rusuh sabarang pakarti | tyase arda andarung tanpa ukara ||

15. yèku dême wong taruna | rosa kuwat barang karti | pandhuking sadaya-daya | tan ngarah-arah rih-irih | yèku kharam sayêkti | dene kaping tiganipun | êndêming kawiryawan | lire kamuktène lêwih | rina wêngi angrasakkên ing kamuktyan ||

16. mangan [manga...]

--- 137 ---

[...n] enak turu enak | kamuktèn sumalin-salin | apanjang yèn winuwusa | murkane wong ngulah mukti | kaping pat kang winarni | êndêm saking hawa napsu | napsune ngămbra-ămbra | tan kêna sisip sakêdhik | maring rabi maring batur mring wong liyan ||

17. têrocoh amara tangan | durung karuwan yèn sisip | napsune pinasang-pasang | tanpa marta tanpa titi | têtika durung ênting | kasusu sru masra-masru | dene kang kaping lima | êndême suka sukanting | barang suka kang angliwati saking khad ||

18. êndêm kang papat punika | sayêkti kharame sami | lawan kharaming kang arak | bangêt lali mring Hyang Widhi | lamun manusa uwis | kanggonan dêm lêlimèku | kagêm dadya satunggal | tan wurung anêmu nisthip | abèn-abèn katêkan bilai dunya ||

19. nora nganggo ing akerat | ing dunya bae pinanggih | dènnya sru kharam-akharam | têgêse kharam dèn eling | pan iya aling-aling | kalingan tyase kalimput | têgêse ingkang khalal | sutèngsun ayya na lali | khalal iku pan kalêbu têgêsira ||

20. manjinga kabêcikan [ka...]

--- 138 ---

[...bêcikan] |[20] tyase suci nora lali | mring Hyang pan ora kalingan | lamun bisa anglakoni | kawulaning Hyang Widhi | sabarang kharam tuna yun | sayêkti katarima | barang pandonganirèki | ayya kadi pangucape wong kang liwar ||

21. linge wong alul khakekat | wêwulange gurunèki | tan ana kharam subahat | kabèh-kabèh kalal ugi | iku wong kêna pidhir | tan wurung kênèng bêbêndu | wus kadhadhung mring setan | dene laku kang sayêkti | kang ambontos ing ngèlmu praptèng khakekat ||

22. sirna marang ing makrifat | kang wus antuk sihing Widhi | kharamaning yèn arêpa | ingkang khalal datan apti | yèn bisa anglakoni | sarta wahyuning Hyang Agung | kang mangkono pan dadya | martabating para wali | wali kutub kang rumêksèng pramudita ||

23. sabakdane rasulullah | yèku kang pinăngka dadi | cêcagake langit dunya | sèwu kutub para wali | babo dene amêncit | yèn atelada kang iku | pan iku sèwu mokhal | sarèhning kawula langif | amung ayya dadi rêrewengan setan ||

24. lawan ayya makan madat | pêrètu [pêrè...]

--- 139 ---

[...tu] iku tan bêcik | apa bêcike wong mangan | ing kukus tur angêndêmi | yèn wus nyakot sayêkti | dudu wong kang makan apyun | apyun kang makan janma | yèn wus dêlinding ngêmasi | nora nana wong nyêrèt umure dawa ||

25. iku kalêbu golongan | nganiaya badannèki | dhasare sarak cinêgah | ingkang kharam êndêmnèki | barang kang angêndêmi | cinêgah ing sarakipun | panjang yèn winarnaa | nisthaning mangan cêngkakik | pan wus padha kasatmata kalampahan ||

26. nanging ana kang amarah | khalaling apyun sakêdhik | yèn kinarya ing woworan | obat angêt iku ugi | marmane iya kenging | dènnya obat angêt iku | andhangankên sarira | kitab sarah baya nênggih | kang ngalalkên kêdhik winor obat panas ||

27. lan malih wêwalêr ingwang | nak putu ayya nglakoni | ing panggawe ngabotohan | kalêbu nisthaning urip | dhasar ing saraknèki | kinaramakên satuhu | laire lêwih nistha | dadya lip-alipanèki | wong durjana saking madat ngabotohan ||

28. walêr malih ayya ana |

--- 140 ---

sagung anak putu mami | alul wuku tigang dasa | kang trus sapa dewanèki | yaiku nora bêcik | ing sarake dadi kufur | saksat ngroro Pangeran | yèn sira arsa udani | mring lakune wuku dipun sawêtara ||

29. satêngah saking kacaryan | ing wuku kasiyatnèki | mèh wruh sadurung winarah | kadadeaning bêbayi | ya salawasing urip | bêja lan cilakanipun | ing wuku wus dèn ênas | sidik tan ana kang sisip | kang mêngkono sira padha mangartia ||

30. ayya banjur kagawokan | pan ana pralambangnèki | wêwangsalan sêmbung gilang | ing Palembang dipăngga lit | singa-singaa yêkti | yèn ginugu pan kadulu | aja si para dewa | ing wite tinitah lêwih | iku maning yèn ora mikatonana ||

31. nadyan sela lawan wraksa | lamun sira puji-puji | pinuja mantrèng dêdupa | binorehan wangi-wangi | sayêkti mikatoni | bêrkati pangrasanipun | marma dèn eling sira | têrècètaning agami | yèn sira yun uninga ing ngèlmu khasaf ||

32. kang winênang ing agama | nanging iku kaol langif | lamun kaol ingkang êkas | kinaramakên [ki...]

--- 141 ---

[...naramakên] sayêkti | sagung ngèlmu laduni | falak falkiyah myang nujum | iku ngèlmu pambuka | sagunging kang ghaib-ghaib | saking Arab tan lyan saking nabi duta ||

33. wêwalêr malih kocapa | sing wong tuwa nguni-uni | yèn kuwat mêmantu sira | nganggo gamêlan tan kenging | dhasar sarak sinirik | unine gamêlan iku | tiningkêban tan kêna | lan lalungan dina Paing | lamun rabi gantung kawin ora kêna ||

34. lawan tan kêna dèn arak | èstri tinukon tan kêni | gêgadhèn tan winalêran | wa mangkana sarèhnèki | kalumrahaning urip | wong dèn abdèkkên ing ratu | kudu ta kalumrahan | narajang walêr sakêdhik | wakilêna aja êkad saking sira ||

35. ing unining kang gamêlan | lan dêdongaa ing Widhi | mugi ta winênangêna | lan mintaa rilanèki | lêluhur nguni-uni | kang duwe wêwalêr iku | sira kirima donga | iku supayane kalis | pon-ponane adoha ing păncabaya ||

36. lêt sapasar ênêm dina | gamêlan durunge muni | dèn mêsu panêdhanira | ing wêngi gon kang asêpi | lamun kaparêng ugi | ana ta sasmitanipun | katingal ing supêna | rèhning apês mêdal saking | ing supêna barang tingkahing [tingkah...]

--- 142 ---

[...ing] kawula ||

37. pae kang uwis mukmin kas | tuwin pra wali pra nabi | akèh kang sinungan ayat | saking swara kang dumêling | wa mangkana prandening | ana kang nyêrtani iku | ingkang para anbiya | wahyu ingkang saking ngipi | Nabi Brahim lan Nabi Yusuf ing kina ||

38. nanging iku atrakadhang | amung iya anyêrtani | tan uwis dening supêna | ing mêngkone jabarail | dinuta ing Yyang Widhi | wahyaa maringkên wahyu | lamun ing jaman mangkya | sabakdane kangjêng nabi | wus rinacut karsaning Hyang kang mangkana ||

39. sangsayardaning kang măngsa | mahyun awas lawan eling | tan ana wahyu kang nyata | akèh wahyuning ibêlis | tan kêna dèn sayuti | murka angkara tumanduk | durjana sangkin dadra | sujana sarjana kontit | kataangi[21] katalika saliring rat ||

40. rat karakêt tan antara | pêpantaraning abêcik | apan ora kêkurangan | kaoling para ngulami | myang sujana bèrbudi | para bijaksanèng laku | jro kitab pira-pira | kang marah panggawe bêcik | miwah jroning srat wêwacan danasmara ||

23. Asmaradana

1. dèn kêrêp gêgulang ngèlmi | gêgurua pra ngulama | lawan dèn kêrêp [kê...]

--- 143 ---

[...rêp] têtakon | minta warahing sujana | dèn bisa anoraga | aywa kumintêr kumingsun | nadyan silih wus abisa ||

2. api-apia tan bangkit | angaraha wuruking lyan | manawa liya muride | kabêcikan lan kamulyan | awit saking tumitah | praptèng wasananing maut | kamulyaning sangkan paran ||

3. yya pijêr ngiling-ilingi | ing kitab nora rinahsa | wêwalêre arang kanggo | miwah yèn sira mêmaca | ing Surti Nitipraja | Sewaka sasaminipun | Wulangrèh Panitisastra ||

4. Asthabrata Rama Kawi | aja pijêr têtêmbangan | cêcengkokan tanpa gawe | wong anom ing jaman mangkya | arêmên cêcengkokan | mêlang-mêlung êluk wolu | ngalingi lêlandhêping tyas ||

5. ana karyane sakêdhik | yèn wong alul cêcengkokan | nêsêgakên pamacane | amrih ayya kongsi kêmba | nanging aja katunan | kang winaca dèn aemut | cathêtên ing wardayanta ||

6. kunêng kaping catur warni | gantya warna kaping lima | ing busana wêwalêre | lan mungguhing pakarêman | dene ta kang busana | sinjang-sinjang dèn aemut | bathik rèjèng [rè...]

--- 144 ---

[...jèng] ayya nganggya ||

7. rèjèng karajah tan bêcik | dene ta parangkusuma | parangmênang sasukane | lan ayya anganggo sinjang | ing lurik tuwuh sela | ayya sira nganggo sabuk | bathik iku tan prayoga ||

8. yèn tan duwe ijo kuning | wungu dadu akêmbangan | anganggoa putih bae | sinjang wulung nora kêna | yèn apês sariranta | jarak dhawuk bang ywa ngingu | lamun sira nora êkas ||

9. yèn sinung kuwat sirèki | sabuk cindhe kêkêlingan | nganggo bara sapatute | limar gêdhog sakarsanta | liyane kang larangan | sagung laranganing ratu | ayya wani nganggo sira ||

10. lawan ayya nganggo bathik | anggite wong jaman mangkya | anganggo Baron Sakèndhèr | nganggo gambaring wong-wongan | yèku satêngah kharam | myang rêrupaning nyawèku | iya iku padha kharam ||

11. măngsa kuranga kang bathik | kang lung-lungan kang cêplokan | gêgodhongan sasamine | ayya sira kumawawa | atelad ingkang êkas | jênênging kawula iku | apês ajur bosok rusak ||

12. ngaral basariyah nênggih | kang sinandhangkên ing sira [si...]

--- 145 ---

[...ra] | lire pêpalanganing wong | owah gingsiring manungsa | pan namung jênênging dzat | iku kang wajibul wujud | langgêng nora kêna rusak ||

13. wêwalêr kang gêdhe malih | yèn ora kalambèn sira | ayya kalung saptangane | tinalèkakên ing jăngga | tansah ginawe salat | sampirêna kewalèku | ing pundhak sakarsanira ||

14. ing kanan miwah ing kering | yèn anganggo-anggo sira | sawatara sasêdhênge | bêbêd myang ikêt-ikêtan | dèn nganggo măngsa kala | ayya sabên sore esuk | siyang nganggo jêjingkêngan ||

15. wong bêsus kapati-pati | watêke sok malaratan | suda-suda rijêkine | sarta anênungkuling tyas | kang mring kawicaksanan | bok rijêki gilandulu | wong jalarat mêmeretan ||

16. rèhning anom sawêtawis | bareya-bareyo aja | iku bangsat panganggone | lawan nganggo măngsa kala | lêlungan pasamuan | jingkêngan sawatarèku | pêpênyon amêmondholan ||

17. bêsus iku warni-warni | ana bêsus ing pangucap | ana bêsus ing panganggo | ana wong bêsus lakunya |

--- 146 ---

ana bêsus lungguhnya | yèn wong bêsus tan kapusus | iku tuna ing agêsang ||

18. lire kapusus katapis | iku bêsusing sujana | kang wus mangarti barang rèh | kagunane wus akathah | bisa nambung ambengkas | bisa amis dadi arum | arum sangsaya angambar ||

19. pêtêng dadya padhang bangkit | bêsuse tan têkèng manah | mung kinarya sasab bae | ngalingi kasujanannya | wus ambêking sujana | pintêr angaku balilu | saking wus ambêk sagara ||

20. yèn ngulama para mufti | bêsuse anut ing lafal | jayinaf saka unine | bilmaksiyati têgêsnya | amaès-maèsana | ya ing sariranirèku | lawan panganggo maksiyat ||

21. ya mung bêsus aling-aling | nora tumêka ing manah | yèn dinawakna murade | lapaling jayinaf saka | lan bilmaksiyat ika | adawa lamun winuwus | cukup lakuning agêsang ||

22. marma anak putu mami | barang tingkah dèn waspada | dèn amikir pakolihe | ayya ngawag ruwag-ruwag | bêsus tanpa karana | dèn abêsus aja bêsus | dèn apintêr aja bisa ||

23. lire dèn abêsus [a...]

--- 147 ---

[...bêsus] kaki | yèn abêsus sawatara | tan kabanjur tan kalalèn | mung bêsus ing wong rêsikan | anrus rêsiking manah | tumusing budi rahayu | kang aja bêsus lirira ||

24. kang bêsus anrus ing batin | lali apêsing sarira | anarik ing tyas kang lonyot | anutupi lawang bêja | ambuka lawang tuna | ngêdohkên sagung rahayu | mêrakkên sagung khiyanat ||

25. angêdohkên pangabêkti | amêrakkên ing maksiyat | ngêdohkên panarimane | amêrakkên ati murka | ngêdohkên ati sabar | mêrakkên kêrênging kalbu | lamun ora kasêmbadan ||

26. panjang yèn winarnèng tulis | wong bêsus kainanira | gumantya kang winarnèng rèh | pakarêmaning agêsang | tunggal warna kalima | dèn aemut anak putu | ayya karêm maring dunya ||

27. lire karêm dunya kaki | lali panggawe ngakherat | rina wêngi esuk sore | mung mikir panggawe dunya | tan itung siya-siya | arda kaardan sagunung | nora etung batal kharam ||

28. kang gumêrmêt kang kumrincing | mas sêsotya nawa rêtna | myang arta-arta sakèhe [sa...]

--- 148 ---

[...kèhe] | kang gumêbyar kang kumênyar | iku pan namung dadya | dum-duman aran dunyèku | têgêse amung golongan ||

29. golongan aran dunyèki | dene khakekhating dunya | iya panggawe kang awon | adoh panggawe akherat | dunya iku naraka | akherat sawarga iku | lah ing kono rasakêna ||

30. dèn bisa amêrdi picis | lire bisa mêrdi arta | dèn wêruh batal kharame | kang sarèh wêtuning arta | yèn wus dadi khakira | yya sira go jibar-jibur | rêsikana jakatana ||

31. ing Panitisastra angling | wong ambêbêg arta kathah | lir ambêbêg toya gêdhe | bêndungan datan sinungan | ilèn-ilèning toya | tan kinarya dêdanèku | nora nganggo jinakatan ||

32. kabêbêg katêmpuh banjir | dhadhal larut alorodan | gêgawa bilai gêdhe | kang mêngkono pan sanyata | nadyan cilik gêdhea | pira-pira ingkang uwus | kalakon dadya ngibarat ||

33. ana ta ngibarat cilik | kewala kang ingsun karya | pangeling-eling lagune | kaum desa ing Cabean | Ki Nur Ngali wastanya | wadat saking apêsipun [apêsipu...]

--- 149 ---

[...n] | tanpa bojo tanpa rowang ||

34. wismane kêbêk sêga king | yèn olèh bêrkat kundangan | jinalukan mring tanggane | kêthêng-kêthêng nora suka | lampu dèn pe dèn tarang | akêkêt kumêd kalangkung | jalukan ora wewehan ||

35. mênthêl sakêdhik pan sugih | sabobote kaum desa | mung kumêd tan lumrahing wong | nuju ing sawiji dina | waktu subuh pan arsa | mring sumbêr mèt toya wulu | pinênthung cêngêle pêjah ||

36. ilang kandhutane dhuwit | salawe anggris kathahnya | nèng usus-usus sabuke | iku nora pisah-pisah | dene kang anèng wisma | kang arupa dhuwit sampun | lan jêjarit binalenan ||

37. mring durjana wus balindhis | kang wau mênthung nèng sêndhang | mung kari sêga akinge | lah iku rupaning janma | ingkang karêm ing arta | nora ngandêl ing Hyang Agung | ngalor ngidul ngandhut reyal ||

38. pan ora nêdya akardi | ngamal ing sakuwasanya | ing uripe nèng dunyane | mung ngandêlkên ngibadahnya | pan wus wajibing gêsang | asêmbahyang limang waktu | beda ngamal kabêcikan ||

39. têgêse pan ngamal salih |

--- 150 ---

kang katur marang Hyang Suksma | liyane pangabêktine | gawe bêcik ing sasama | kang tan buru alêman | yèn ngamal amrih ginunggung | tan dadi kanthining gêsang ||

24. Kinanthi

1. sun cêndhak pitutur ingsun | ing lakune ngamal salih | wus gumêlar anèng kitab | lan pituturing ulami | yèn durung mangarti sira | takèkêna kang utami ||

2. elingên iki pitutur | sagung anak putu mami | sanalika ayya lupa | ing lakune wong aurip | yya tiba ing pakarêman | ingkang anênarik sisip ||

3. ati-atinên dèn matuh | mêmatah karêp pribadi | dèn abangêt lomanira | dèn bangêt kumêdirèki | lire dèn abangêt loma | sêdyakêna siyang ratri ||

4. kinuwasakna sirèku | wèwèh samaning dumadi | kang tan lawan siya-siya | kang eklas tumêkèng ati | têgêse wèwèh kang eklas | sira nora duwe pamrih ||

5. wêwalêr maring sirèku | lire dèn akumêd kaki | ayya ta buru alêman | wèwèh sak sok tanpa khasil | lamun sira durung kuwat | nadhahi nêpsunirèki ||

6. lire anadhahi nêpsu | lamun karêpira

--- 151 ---

maksih | nyandhang bêcik mangan enak | ayya umbag kumalikih | nadyan ta wèwèha kathah | măngsa ta kuranga mami ||

7. pan kaananing Hyang Agung | nora akon nênulungi | maring awake wong liya | lamun awake pribadi | durung lêwih durung cêkap | ayya tiru khatimtayi ||

8. khatimtayi iku pan wus | tinitah janma linêwih | mèh satêngah aoliya | tiningalan saking batin | wus ambontos maring tekat | kinarilan mring Hyang Widhi ||

9. ngrasaa apês sirèku | dipun anganggo mubadir | lire mubadir angeman | kamurahaning Hyang Widhi | kang pinaringkên ing sira | yèn tan ngemana sirèki ||

10. dadya sira kurang sukur | ing nikmatira Hyang Widhi | karananing ujubriya | sanadyan panggawe bêcik | yèn tan wruh kadadeannya | ngawag kawoworan iblis ||

11. sabarang ing tindak-tanduk | ing dêduga lan prayogi | wiwitana saking madya | yèn mantêp ing tyasirèki | ing supayane bisaa | mirib ing tindak utami ||

12. yèn utama lêkasipun | lamun tan mantêp sirèki | manawa iya manawa | kapalang kapaluh [ka...]

--- 152 ---

[...paluh] nuli | gumalundhung sira tiba | ing nistha papa pinanggih ||

13. yèn mantêp têmên tinêmu | kautamaning aurip | nanging iku arang anggal | gêgolonganing utami | kang akèh ing jaman mangkya | gêgolonganing wong nisthip ||

14. marma yya nêdya sirèku | ing lêkas nistha rumiyin | yèn sira tumindak nistha | iya nora kêdhah-kêdhih | yèn tumibaèng utama | pan nistha papa pinanggih ||

15. nistha rusak têmahipun | madya kêmbanging utami | utama kêmbanging mulya | dèn wruh sirèng siji-siji | nistha madya lan utama | kèh kaliru kang mêstani ||

16. nistha ingaran madyèku | madya ingaran utami | saking kèh-kèhing kaardan | wibuhing dunya nglimputi | iya sapa kang abisa | nadhahi rosaning budi ||

17. kunêng malihe sirèku | ayya akarêm ing èstri | yèn tan kabênêran padha | lawan karêm ing artèki | pangrusake kang sarira | bèn-abèn lêhêng artèki ||

18. yèn abênêr kiyasipun | aguna sarana sêkti | dadya panggèyèting syarga | arta kang lumaku suci | yèn wong dahat karêm ing dyah | tan wun gêng păncabayèki ||

19. tan [ta...]

--- 153 ---

[...n] sun panjangkên pitutur | ring janma karêm ing èstri | ayya na kang salah tămpa | pan wus gumêlar sakalir | panjang yèn dèn ucapna |[22] bêgja kang bisa nglakoni ||

20. lan malihe anak putu | ayya na karêm sirèki | ing syara miwah ing rahsa | lire karêm ing syarèki | gêlathik anèng jro pikat | nêrithik unine thik-thik ||

21. ana kancane angrungu | kasmaran swara dumêling | tumaracag tan wiweka | tan wruh kalêbèng piranti | dene wong karêm ing rahsa | kadyangganing wong mêmancing ||

22. mina kang anèng jro kêdhung | andulu mêmangsanèki | tan wiweka gya sinarab | tan wruh yèn kênèng piranti | sinêndhal tibèng dharatan | si mina têkèng bilai ||

23. marma dèn awas dèn emut | pikirên ingkang sayêkti | barang tingkah ayya gita | yèn durung uningèng gati | liring gita ayya rikat | gati têmên têgêsnèki ||

24. ywa kagetan ywa kasusu | yèn durung wruh têmênnèki | manawa kadi si mina | patine kêna ing pancing | durung wruh ing komandaka | mung lobane dèn turuti ||

25. lan aywa karêm sirèku | barang kalangênan adi | ing swara

--- 154 ---

miwah ing rupa | kadya kang kocap rumiyin | yèn kabanjur mênèk kadya | Sêtradiwăngsa pangukir ||

26. karêm ing paksi prakutut | rinungokkên sarwi ngukir | sêgêr sarirane sumrah | myarsakkên swaraning paksi | mêmpêng mêmêt pangukirnya | ingukiran tunggak sêmi ||

27. ing sawiji dina nuju | prakutute nora muni | ingaban kinon munia | mêksa mênêng nora muni | krodha sira Sastradăngsa | sinèlèhkên dènnya ngukir ||

28. cinandhak kurunganipun | paksi rinogoh mring jawi | sarwi asru wuwusira | sabab apa sira paksi | têka nora adol syara | pan ingsun ingkang ngingoni ||

29. paksine dèn êlus-êlus | kalimpe marucut nuli | mibêr nanging nora kêbat | tinututan paksi kenging | makanjar Sastra Diwăngsa | paksi binanting babarji ||

30. sarwi sêsumbar kumruwuk | payo sirarsa ngayoni | ya iki Sastra Diwăngsa | jinêjêkan ingkang paksi | dèn ilês awor lan kisma | aja mangkono ngaurip ||

31. lah ing ngêndi ana manuk | nora bisa basa janmi | sinumbaran garêjêgan | labane [laba...]

--- 155 ---

[...ne] wong kurang pikir | iku wong karêm rupanya | ambêbawur silastuti ||

32. lan aja karêm sirèku | ing turăngga nora bêcik | lah iya ing ngêndi ana | pinênging karêm turanggi | dèn anganggo sawêtara | rèhning lumrah wong angabdi ||

33. mung bisaa ukur-ukur | dèn gêguyu aywa isin | nora bisa nunggang jaran | ing pacak kurang prayogi | ya narimaa kewala | pira-pira dèn waoni ||

34. wong akarêm turanggèku | rong prakara siriknèki | ngrêregoni wong ngawula | ing sakarat ngrêregoni | beda lan dadi panêgar | kudu akarêm turanggi ||

35. yèn ora karêm aluput | pan uwis pakaryannèki | kudu wignya ing turăngga | pan pinăngka kasabnèki | nistha lamun tan bisaa | kalêbu wong tanpa kardi ||

36. karana ta ing tumuwuh | sêngsêma barang pakarti | kang minăngka kasabira | sêmlan karêm iku sami | yèn wong nêmên nambutkarya | padha lan wong angabêkti ||

37. ya ing salat limang waktu | sabarang kasabirèki | Kitab Bustan kang amarah | kaya ta lamun sirèki | tinitah lumakyèng karya | sêngsêma gonira ngabdi ||

38. yya sira watak [wata...]

--- 156 ---

[...k] malincur | dadya duraka ping kalih | dhingin maring gustinira | mring kancanira ping kalih | apa ta bêcike uga | wong balithuk maring gusti ||

39. gusti pan kalifat tuhu | saksat balithuk Hyang Widhi | lan balithuk para kănca | wuwuh durakanirèki | kang utama motangêna | tabêri gawe mêmanis ||

25. Dhandhanggula

1. aywa karêm asabèng wanadri | aywa karêm asabèng samudra | kali-kali sasamine | akèh bancananipun | pira-pira ngadat kang uwis | wong karêm las-alasan | ing wasananipun | asring amanggih tan arja | myang ing kali-kali akathah tan bêcik | dèn emut aywa lupa ||

2. lawan aywa karêm ing kasêktin | ngèlmu kadigdayan kanuragan | katêguhan sasamine | tan anguwisi iku | ngèlmu lair ngêkèhkên kibir | yèn katarècèt dadya | sikhir ngèlmu iku | dudu mangunah karamat | lawan dudu mukjijat marma tanapi | kang wus utamèng cipta ||

3. kandêl-kumandêl maring Hyang Widhi | têtêg têguh ing tyas tan anêdya | kira-kirèng sasamine | mung

--- 157 ---

anêdya rahayu | kira-kira ayya na prapti | ajaga pasrah ing Yyang | baluwartinipun | kumandêl maring Hyang Suksma | inêb-inêb ing pintu kuthanirèki | têtêp madhêp ing Suksma ||

4. wismaningra[23] jro pintu kuthèki | yèku panunggalirèng Hyang Suksma | kang minăngka bojanane | têtandhon jro kuthèku | ya panêmbahira ing Widhi | ya kang minăngka obat | mimis jro kuthèku | tangawud nafi nakhirah | yèn wus mantêp têtêp idhêp tanpa kibir | kinêpung kuthanira ||

5. desa salamêt kang ngêpung sami | sênjatane sinifatan rahmat | pun sifat rakhim mimise | tiba pating talêbuk | kamurahanira Hyang Widhi | lan sihira Hyang Suksma | matabar rahayu | rahayu ngayuh kamulyan | tan maluya laya têtêp kita linggih | mungguhing bale baga ||

6. bakal bakuh akukuh tan kongkih | kaanane ing kana kinênan | kaunang-unang kanang rèh | sarèh sarekaning hyun | ingagnyana mănda sinindi | sinidèng sadu dibya | kanthi sabar maklum | mula-mula tan tinilar | têtalêre tinatal tulèning budi | dumadi [du...]

--- 158 ---

[...madi] tan sangsara ||

7. karana pambêncananing iblis | jroning kitab khisasul anbiya | pinêncar anak putune | ngrêridhung ambêbawur | tan ngobêri manusa urip | duk lair maring dunya | bineda binedhung | pamrihe sang iblis laknat | mring bêbayi dadi janma aywa kongsi | nadyan kongsia tuwa ||

8. balasare anuta ngibêlis | wurunga kuda bêlo dadia | jro kitab insan kamile | kocap pakartinipun | dadya sangang dasa bab nênggih | lawan punjul sasanga | sang ibêlis wau | pan satus kirang satunggal | pangwasane anggodha ngrancanèng janmi | mrih katarik mring sasar ||

9. dèn prayêtna lawan dèn aeling | barang panggawe barang pangucap | muwah barang sakarêpe | setan amor ing ngriku | nora kêna lamun winilis | pambêncananing setan | nênggih pêncaripun | angêbêki sabuwana | nadyan namaning Hyang Suksma ingkang adi | tiniru karya kala ||

10. marma kadya ngapa ing aurip | yèn kênaa lali jroning cipta | ya ing sanalika bae | saking panumbrasipun |

--- 159 ---

sumarambah amarabani | pakartinirèng setan | kang tugur mor nêpsu | angên-angêning kang arda | loba murka maring sahwat maring bukti | maring pêpaès dunya ||

11. panjawiling setan kang mrih osik | yèn tinuruta ulih sangsara | kasarakat ing têmahe | kasêngsêm kapingayun | merang yèn mundura ing kapti | dadya kèrêm wong ika | ing wêwatêkipun | mring pêpêtêng sabangsanya | netra wuta karnanira dadi tuli | tan wun tibèng naraka ||

12. nahan warna kang ping nêm winarni | lamun sira mrih apawong sanak | akêkancan sasamine | pikirên jroning kalbu | upamane sira ningali | panganan lan inuman | tan ana wong lumuh | ing panganan lan inuman | iya dening karo iku mafangati | maring sariranira ||

13. lan upama sira aningali | mring têtămba pasthi nora arsa | de tan ana mafangate | mung kang akarêp iku | wong kalaran amrih usadi | sabab iku tarkadhang | manfangat tinêmu | tarkadhang nora manfangat | tămba iku nanging nora malarati | maring sariranira ||

14. lan tan ana wong kang nêdya sakit | pan mêngkono ing apawong sanak [sa...]

--- 160 ---

[...nak] | myang kêkancan pamilihe | upama sira watuk | sru kapengin maring lalêgi | nginum kilang tinêkan | sakarêping napsu | luwamah maring sangsara | nora wurung dadi mêngi mênggrak-mênggrik | tuna tan olih karya ||

15. ana satêngahing manusèki | olih bilai saking kêkancan | myang saking pawong sanake | iku sira dèn emut | singgahana saking bilai | aja apawong sanak | lan wong tan rahayu | tan wun katularan sira | upamane wong lara wêtêng kapengin | rujak kêcut pinangan ||

16. iya nora wurung andêlinding | bilaèni mring sariranira | nora nana manfangate | lawan aywa sirèku | pawong mitra wong tanpa budi | ya wong bodho tyas mudha | tan wun anênungkul | katularan bodho sira | pan wong bodho durung wruh ing ala bêcik | ing wêwadi tan wikan ||

17. lawan ayya pawong sanak malih | lawan wong kang tan bisa ing sastra | wong kang mêngkono watêke | karêpe sok ambêrung | pangrasane bênêr sayêkti | kuranging pamicara | nadyan dhawul-dhawul | jalêbud [jalê...]

--- 161 ---

[...bud] sok tumindaka | ngiris-iris nyanyêbit ing ati titi | tangèh manggiha arja ||

18. lawan ayya pawong sanak kaki | lan wong fasèk ya wong fasèk ika | nora wêdi ing siksane | ing Hyang Kang Maha Luhur | murang sarak angorak-arik | atekad calunthangan | lawan ayya ayun | lan wong dêngki pawong sanak | sring karyala ing sasama tyase jail | dèn wruh sirèng têngêran ||

19. karana wong mukmin iku kaki | iya padha mukmin paèsannya | dènnya ngamèt panêngrane | ala bêcik tinêmu | ing prakara dulunên dhingin | ping ro sêmu winangwang | kaping tiganipun | katăndha ing tapsilanya | kaping pate ing tata krama pinanggih | ping lima ing pirêmbag ||

20. yèku păncawora nora gingsir | wong kang dhustha lan wong komandaka | sujana myang bèrbudine | akathah warnanipun | tyasing janma sawiji-wiji | ana kadi rasaksa | murka ambêk rusuh | anak kang ambêk dipăngga | kathah yèn winarna èmpêring kang janmi | waspadakna priyăngga ||

21. apawonga sanak sira kaki | lan [la...]

--- 162 ---

[...n] wong kang bèrbudi wicaksana | wruh ing ajar lan ijire | sagunging para putus | kulanana mintaa wisik | nadyan sira wutahna | wêwadinirèku | sayêkti bisa rumaksa | lamun ana catur kang sikara budi | marang ing sariranta ||

22. bisa mangartèkkên maring bêcik | ring agêsang pan kathah wicara | kang dadya sêlang surupe | iya ingaran dudu | ingkang dudu ngaranan yêkti | yèn kang wus wicaksana | wruh ing iya dudu | sumimpanging doracara | yèn apawong mitra sêdya malês bêcik | wruh bêcik-binêcikan ||

23. lamun sira nuju darbe sisip | gêdhe maklume wong wicaksana | lumayèng pangapurane | parah-parah yèn muwus | pamawase waskitha titi | têtika tan tinilar | nalirah rinuruh | ruruh amêming wacana | lowananya liyêp tan angas ing aksi | ngaksama paramarta ||

24. lawan apawonga mitra kaki | sujanma kang agêdhe ngamalnya | iya ingkang ngamal salèh | kang anamur ing laku | kalakoan kang maring bêcik | yaiku janma ingkang | tan umbag tan sêngung | yèn têtulung tan katara | mring liyane aniyat sadhêkah fikir |

--- 163 ---

tumamèng kautaman ||

25. yèn apawong sanak sira kaki | akêkancan lan manusa kathah | kulanana sasêdhênge | dèn prayêtna ing kewuh | aywa dumèh ngêgungkên sami | anggunggung maring sira | ngalêm anèng wuwus | akèh tan tumêkèng manah | yèn wus antuk pitutur saking sirèki | ing mangkya manawa na ||

26. karubêdanira ing aurip | nora pisan silih têtulunga | malah muwuhi ribêde | agawe arubiru | karya tăndha dènnya mrih osil | pawong mitra atêmah | mangkya dadya satru | nanging yèn makonoana | sira myarsa aja niyat malês kaki | srahêna ing Hyang Suksma ||

27. muga binalèkna maring bêcik | lawan aja ngunêk-unêk sira | aywa ngowahi tatane | pamitranirèng dangu | dèn atêguh sira ing galih | ayya sira anacad | ya dumèh wong iku | angalani maring sira | yèn wadining wong liya sira tutupi | winalês sira mring Hyang ||

28. tinutupan wêwadinirèki | dèn amantêp sira pawong mitra | akêkancan sasamine | kawulaning Hyang Agung | yèn sira tan bisa sumingkir | tan [ta...]

--- 164 ---

[...n] amor ing akathah | ing kono sirèku | têbih saking păncabaya- | ning wong kathah marma dèn abisa kaki | amot mêngku amisah ||

26. Mêgatruh

1. nahan kaping sapta warna kang winuwus | kalamun sira abukti | pribadi nèng wismanipun | nganggoa lakuning ngilmi | manut jêng rasul kinaot ||

2. pêndhak têngah ari yèn dhahar jêng rasul | pan ing sadina sawêngi | mung sapisan dhaharipun | sarwi jegang yèn abukti | tumungkul tan amiraos ||

3. duk amuluk ing sêkul sarwi anêbut | ing asmanira Hyang Widhi | bismilah salajêngipun | mawi donga pan utami | lajêng dhahara ing kono ||

4. yèn wus dhahar tumênga lajêng anginum | tigang cêgokan tan lêwih | kang sacêgokan anêbut | alkhamdulilahi rabbil | ngalamin sukur ing Manon ||

5. ingkang kalih cêgokan dènira nêbut | subkhanalahi ping kalih | maha sucèkkên Hyang Agung | dene yèn sira abukti | lan têtamu sabarang wong ||

6. anganggoa yudanagara mrih patut | asilaa kang abêcik | dèn mêpês sarwi tumungkul | ayya [a...]

--- 165 ---

[...yya] asidua kaki | lawan ayya amiraos ||

7. mung nyarakna pasuguhira mring tamu | wising mêngkono sirèki | iya ayya muwus-muwus | mung yèn tamunira apti | ngajak asêlang wiraos ||

8. tandukana prihên sukane ing kalbu | akèha dènnya abukti | dèn sumèh netyanirèku | sira ayya uwis dhingin | angarènana ing kono ||

9. wus lakune sanadyan sira wus tuwuk | iritên dènira bukti | ngantènana ing têtamu | tuwin lamun sira bukti | lan janma akèh mêngkono ||

10. saênggone miwah sira yèn martamu | pan iya mêngkono ugi | aywa sêmbrana ing kalbu | mêmoyok sajroning galih | sêga iwak kurang kaot ||

11. dèn asêngkud khurmat maring ing Hyang Agung | yèn sira nacada batin | tan apik sêgane wuluh | myang iwake nora bêcik | kasiku sirèng Hyang Manon ||

12. dèn aemut duk Nabi Musa anglurug | kaluwèn umate sami | nèng ara-ara duk bingung | andêdonga kangjêng nabi | minta sihira Hyang Manon ||

13. pinaringan saking awiyat tumurun |

--- 166 ---

umate wus dèn janjèni | yèn pinaringan sirèku | aywa nênêcad yèn bukti | saguh sandika sakèh wong ||

14. nulya samya nadhah ngrasa nikmatipun | sawênèh ana kang angling | mung sawiji cacadipun | pêpak wak-iwakannèki | mung lalaban tan sumaos ||

15. durung tutug pamangane gya sumêmprung | rêrampadan wangsul malih | mring awiyat tan kadulu | yèku labane wong pingging | sêmbrana nora rumaos ||

16. bok rijêki mutung nora bisa nusul | marma eling dèn pakeling | lamun abukti sirèku | anèng wisma dèn ladèni | mring rabinira dèn alon ||

17. aywa grusu garusu amuluk sêkul | yèn tan kabênêran nênggih | barang kang dèn olah iku | kurang gurih kurang asin | têka panganên kemawon ||

18. mêngko lamun gonira bukti wus tuwuk | cêlathua dèn aririh | jangan iki kurang anu | miwah iwak-iwak sami | apa kurange ing kono ||

19. besuk maning doyanaku iwak anu | sapisan kewala uwis | kanggoa ing sajêgipun | yèn tan kabênêran malih | têka mênênga kemawon ||

20. nora bêcik wong mangan kaworan [kawor...]

--- 167 ---

[...an] napsu | dhingini panarimèki | mungguhing Hyang Kang Maha Agung |[24] ping ro suda tapanèki | ping tri rijêkine kalong ||

21. ayya agêgampang ing bukti tan arus | nora ta lamun pinikir | wong mangana apanipun | nora nana kêdhah-kêdhih | iku ta aja mêngkono ||

22. wong amangan ugêr-ugêr dadi baku | yêkti panancanging urip | nanging dèn sawatarèku | iya ayya anjurungi | ing napsu luwamah kang wong ||

23. yèn anjurungana ing luwamah napsu | tan wun gêlis angêmasi | janma mati murka iku | sabarang-barang binukti | wataking napsu katonton ||

24. amangana kewala tatămba lêsu | yèn bangêt alêsunèki | ngêdhikkên ihtiyaripun | nora rosa angabêkti | kêdhik ngamale punang wong ||

25. yèku madya sakêdhik sêdyaèng kalbu | tapa salamining urip | akathah faedahipun | gampangkên saliring kapti | amadhangkên tyas sumrowong ||

26. aywa watak sêsarapan esuk-esuk | yèku mêmêtêngi ati | bêliyur pakolihipun | tan apik sabarang pikir | ngêlomproh areyah-reyoh ||

--- 168 ---

27. yèn akêncêng kudu druwêng gathak-gathuk | yèn kêndho muntir malintir | tan kêna kinarya baku | watêke warêk abukti | kudu turu anggêloso ||

28. barang karya yèn dèn lêlantèh ya matuh | yèn wong angubungi bukti | sinuda landhêping kalbu | pan kêthul kang marêpêki | mung băngsa badan kang condhong ||

29. pondhong pikul kuwat myang garu maluku | lamun sutaning priyayi | prayayi cawanganipun | kudu nganggo băngsa ati | pikire kang amirantos ||

30. yèn nganggoa pikir pêpikul jalêbud | lapak kawarêgên bukti | pan dudu bubuhanipun | băngsa ati wruh ing pikir | bubuhanira wong anom ||

27. Sinom

1. tunggal warna kaping sapta | anyatakakên aguling | elinga lah kawruhana | ing sadina lan sawêngi | patlikur sangat nênggih | măngka turua sirèku | sawêngi lan sadina | sapratêlon sangat nênggih | dadya wolung sangat sawêngi sadina ||

2. sêmono yèn sira kuwat | agêng pahalanirèki | dadya kalêbu wong êkas | nora

--- 169 ---

kêkathahên guling | jor[25] kitab insan kamil | mungguhing Hyang Kang Maha Gung | sabên latri tumêdhak | lênggah mring langit dunyèki | sapratêlon ing wêngi kang akir ika ||

3. ayya sira salah tămpa | ing kitab amêmaoni | lah ta ngêndi ana Allah | maujud ing gon sawiji | murade iku kaki | iya kang langit dunyèku | ana ing sariranta | gambare kang buwanèki | dzating Suksma sumrambah mimbuhi ing rat ||

4. yèn nuju ing sapratigan | ing wêngi-wêngi kang akir | satêngah ro pukul tiga | iku wêngi ingkang akir | yèn bisa sira kaki | tangia ing waktu iku | nanêdhaa Pangeran | pangapuraning Hyang Widhi | ing sakèhe dosanira anèng dunya ||

5. myang waktuning salat khajat | pan iya ing lingsir wêngi | wêngining malêm Jumungah | prapta wêngine kang akir | barang khajatirèki | yèn nêmên yêkti tinêmu | yèn suci raganira | katrima tobatirèki | iya Allah Tangala asifat rahman ||

6. yèn turu ing wêngi sira | wêktu subuh sira nuli | tangia asêsucia | ayya kabanjur yèn guling | srêngenge wus ainggil | mêksih [mêk...]

--- 170 ---

[...sih] enak-enak turu | bêlubuh namanira | ngrandhatakên barang kapti | ngêdohakên rakhmat ngrupêkakên nalar ||

7. lamun turu ing raina | sauwising têngah ari | ing waktu asar tangia | karana ta wong aguling | lamun kasorèn kongsi | jam pat jam lima nêm iku | yèn tangi tyase growah | sapratêlon sudanèki | muring-muring linglung lir wong kalanglangan ||

8. aprasaksat wong kelangan | ngêdohkên nalar kang bêcik | nyêdhakkên nalar kang ala | bawur sabarang pakarti | nyuda rakhmating Widhi | dhanganing sabarang kayun | kalêbu wong pêpeka | kajabane sira kaki | kala-kala yèn nuju abangêt sayah ||

9. yèn abangêt aripira | tangadur narajang kêdhik | rumaksa lungkrahing badan | yèn tan mêngkono tan bêcik | lan yèn nendra ing wêngi | yèn mangalor ujuripun | miringa ngulon sira | madhêp ing keblat sayêkti | kadya ujuring wong mati nèng kaluwat ||

10. karana ta wong anendra | pan iku sanaking pati | manawa iya manawa | ana karsaning Hyang Widhi | mundhut ajalirèki | dèn apasrah ing Hyang Agung | ayya ta salah tămpa [tă...]

--- 171 ---

[...mpa] | sapa bêtah turu miring | madhêp keblat tan nganggo ali-alihan ||

11. tan mêngkono ing pratingkah | mung angkatira aguling | miring umadhêp ing keblat | yèn uwis suwe aguling | sapa wruh wong aguling | pan wus saksat janma lampus | yèn mangalor ulonnya | watak mintir kang rijêki | yèn mangetan watak mêdhotakên rakhmat ||

12. ilang sihing pawong sanak | yèn mangidul ulonnèki | dumadak rupêk patinya | yèn mangulon ulonnèki | watêke iku kaki | pan apanjang yuswanipun | lan ayya amrih sira | iya pakenaking guling | sabilana tyas kang arda maring nendra ||

13. watêke wong cêgah nendra | kasinungan lêpas budi | watêke wong cêgah sêga | têguh pakantukirèki | watêking cêgah warih | tawa ing wisa wong iku | iku yèn sira sêdya | mêngkono fahalanèki | pan wong tapa tinêmu barang sêdyanya ||

14. wong guna lan wong digdaya | miwah wong dadi priyayi | padha awit saking tapa | barang pakarti kang lêwih | saking tapa ingkang wit | kang sarta lan bêgjanipun | nadyan silih gunaa | sugiha dadi priyayi | yèn tan saking tapa pangluluning setan [seta...]

--- 172 ---

[...n] ||

15. gunaa gunaning setan | muktia muktining iblis | saktia saktining setan | watak sakti saking iblis | sakêdhap angebati | tan lawas nuli ngalumpruk | jinêmparing ing cipta | ciptaning wong kang wus sidik | dene mukti kamuktèn kang saking setan ||

16. gawokakên sanalika | nutugkên kamuktèn adi | tan lawas anuli rusak | pothar-pathir ting saluwir | yèn sujana bèrbudi | ingkang mêngkono tan ayun | pandhuk sadaya-daya | dadi gaguyoning pitik | tanggung-tanggung angur gêbyura samudra ||

17. yya kaya sêtya pra muka | nguni duk dadya bupati | tumênggung ing Ngaksigănda | mung rong taun pocot nuli | tan kabdèkakên malih | ing jêngira sang aprabu | mubêng-mubêng karyanya | saba wismaning priyayi | jaja rumat adol warta golèk warta ||

18. tan wruh lamun dadi setan | ingkang mêngkono pakarti | yèn budia kasujanan | pêpocotaning bupati | yèn tan kabdèkkên malih | myang katêngêran iku |[26] ing lire katêngêran | misih kaparingan bukti | lamun ora mêngkono yêkti ngibadah ||

19. ana ing wisma kewala | anêtêpi pangabêkti [pangabê...]

--- 173 ---

[...kti] | madhêp ing Hyang Kang Wisesa | sukur anarimèng Widhi | tan bisa mangan ya wis | mati tan bukti gih sampun | trusna ing takdirullah | ayya nistha ing aurip | ing laire tan bêsêmakên nêgara ||

20. dene wau wong aguna | kagunan saking ibêlis | sabarang kapintêrannya | iya lamun saking iblis | dhêmên ngungkul-ungkuli | para bantah para padu | padudon rêbut basa | ngêgungkên kawignyannèki | mrih tinuta takabur buru alêman ||

21. bandhane mung patang uwang | anyulap nganyang sêmbagi | kang arêga limang reyal | sinungkên panganyangnèki | dhuwit dèn sêmayani | praptaning don ora antuk | ngupaya limang reyal | mubêng kalamun tinagih | lami-lami kawadaka yèn wong ala ||

22. mêngkono ingkang upama | kapintêran saking iblis | pangrasane uwis nyata | olih wahyuning Hyang Widhi | tan wruh wahyuning iblis | nora tabêri gêguru | têtakèn ing sujana | têtakon angrasa isin | kumandêl ing setan kurang anoraga ||

23. tunggal warna kaping sapta | anyatakkên yèn lumaris | yèn lumaku saking wisma | aja tanpa niyat kaki | karêpira maring di | ing kono pêlênging [pêlêng...]

--- 174 ---

[...ing] kalbu | lamun wiwit lumampah | amacaa bismillahi | yèn tan ngucap ayya lali batinira ||

24. dèn kapara tumungkula | iya kalamun lumaris | rêksanên ta netranira | iya aja nêningali | lan aja nolih-nolih | [...] | [...] | [...] | nêningali ajur tyase ting sarêmpal ||[27]

25. lan aja ngên-angên sira | ing pikir kang nora bêcik | ing sajroning lakunira | muhung apasrah ing Widhi | yèn lali ing lumaris | apêse sira kasandhung | lamun ora mangkana | lakunira tan pakolih | praptèng paran tan kacukup sêdyanira ||

26. lamun sira anèng wisma | ayya ngadêg têngah kori | sarwi agandhulan lawang | iku sirikên tan bêcik | alane maratani | mring têtăngga rong panyêluk | watak kêrêp kelangan | lawan ayya malangkêrik | anèng têngah lawang ngêdohakên bêgja ||

27. yèn alungguh anèng wisma | ayya săngga uwang kaki | tan bêcik watak sêdhihan | lawan ayya odhèg sikil | tuman iku tan bêcik | ngilangkên dyatmikèng kalbu | wong ngilangkên dyatmika | nyuda adhêping Hyang Widhi | wong anyuda adhêping maring Pangeran ||

28. sinuda kayuwanannya | wong nyuda yuwananèki |

--- 175 ---

siya-siya maring badan | kabudayannya tan dadi | kabèh iku tan eling | wêwalêr kang nora patut | amatuh kapitayan | manungsa akêrêp lali | lêlewane kalawun-lawun ngaluwak ||

 


Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Lebih satu suku kata: lawan wajib amanat ping kalih. (kembali)
Kurang satu suku kata: wajib tablèk kaping tiganira. (kembali)
Kurang satu suku kata: wajib lawan wênange kang para nabi. (kembali)
Lebih satu suku kata: têgêse wênang lara lan pati. (kembali)
Lebih satu suku kata: pinanjingkên nêraka tan kêna gingsir. (kembali)
Kurang satu suku kata: iku kaki sira èstokêna. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
10 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
11 Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: yèn tinrajang apan ora andosani. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: awigêna mastu namasidi. (kembali)
14 Tanggal: sirna catur syarèng janmi (AJ 1740). Tahun AJ 1740 jatuh antara tanggal Masehi: 4 Januari 1813 sampai dengan 24 Desember 1813. (kembali)
15 elinga. (kembali)
16 kumawulèng. (kembali)
17 sumungku. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: angapêdhak kang pêthêl angiring-iring. (kembali)
19 ginggang (dan di tempat lain). (kembali)
20 Kurang satu suku kata: manjinga ing kabêcikan. (kembali)
21 katatangi. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: panjang yèn dèn ucapêna. (kembali)
23 wismanira. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: mungguhing Hyang Maha Agung. (kembali)
25 jro. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: myang katêngêran puniku. (kembali)
27 Kurang tiga gatra: ke-6 (8u), ke-7 (7a), dan ke-8 (8i). (kembali)