Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 28–34)

Judul
Sambungan
1. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 01–10). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 11–19). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 20–27). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
4. Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102 (Pupuh 28–34). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 12-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

28. Pocung

1. gantya wau wuwusên warna ping wolu | dèn akurmat sira | mring têtamu ingkang prapti | ingkang aran têtamu ingkang waspada ||

2. anak putu kănca miwah têtanggamu | iku pan satêngah | iya tamu dudu tami | nora ewuh khurmatira pan wus ngadat ||

3. sêsuguhmu yèn ana suguhên iku | lamun ora nana | aja ngênak-nakkên kaki | mung dèn bêcik kurmat lan pitêmbungira ||

4. ayya asung sungkawa tyasing têtamu | nanging iya ayya | kadurus ambêk sudarmi | mring têtamu wataranên sariranta ||

5. aywa tungkul khurmat bêciki têtamu | myang ing pawong mitra | yèn sira lumakyèng kardi | ngrêregoni pakaryanirèng suwita ||

6. akèh tamu pawong mitra kang tan maklum | mung karêpe dhawak | katêkana mrih pakolih | sayahing wong suwita nora dèn etang ||

7. marmanipun bisaa matarèng tamu | tinêmon lan ora | ana pantês durakani | ana pantês [pa...]

--- 176 ---

[...ntês] tan duraka yèn tinulak ||

8. nanging lamun ana asaling têtamu | saking katêbihan | măncapat myang liyan nagri | yèku farlokêna lawan khurmatana ||

9. sugatamu ywa kurang mring tamu iku | yèn tan darbe sira | utang-utanga tumuli | nadyan gadhèkakên wêdhung lakonana ||

10. apan iku pan wus ngadat wus kalaku | sagunging wong Jawa | kang micara pra priyayi | nanging kêmba lamun ora winuwusa ||

11. supayemut kinarya pangemut-emut | watêke wong mudha | sugih lali tuna budi | andaleya sungkanan sok ngarah apa ||

12. basa iku iya ana kalanipun | pantês lawan ora | yèn nuju pantês dosèki | ngarah apa yèku parlu yèn kanggoa ||

13. têgêsipun basa ngarah apa iku | pan atinggal sunat | parlu kewala ginati | amrih gita gagat paguting pratingkah ||

14. buru cukup wong ahli nas-nasing kalbu | yèn tan nganggo ênas | kalorehan barang kardi | dèn antèni wong kaluwèn ora kêna ||

15. yèn anuju wong gêdhe kang mara tamu | angungkuli sira | dèn bêcik kurmatirèki | pêmapagmu kiranên lawan dêduga ||

16. yèn wus lungguh lungguhira

--- 177 ---

dèn adêkung | tangan ngapurancang | têmbungira dèn aririh | dèn angarah-arah aywa sumambrana ||

17. konduripun ngatêrna kadya duk rawuh | ing pamapagira | lamun tamuan sirèki | ing ulama myang janma kang lêwih tuwa ||

18. tuwa kang wus wicaksana ambêk sadu | gêngêna ing khurmat | kaya kang wus kocap dhingin | yèn tamuan wong tuwa kang tan micara ||

19. iya amung tuwa-tuwa umuripun | wataranên uga | khurmatira dèn nastiti | ayya sira padha lan para ngulama ||

20. tuwa iku rong prakara ayya limut | ana tuwa ingkang | majaji tuwa khakikhi | tuwa majajmu tuwa ngumur kewala ||

21. tuwa ngumur khakhikhine anom tuhu | sanadyan anoma | yèn ngulama myang bèrbudi | myang sujana khakikine iku tuwa ||

22. yèn têtamu sanak pêkir kang jêjaluk | enakana ing tyas | nuli wèhana tumuli | yèn tan duwe dèn amanis têmbungira ||

23. lilanipun jalukên dèn têkèng kalbu | lan sêmayanana | lamun duwe besuk maning | ing samăngsa-măngsa konên abalia ||

24. dadinipun tan mêgatkên rakhmat iku | rakhmating Hyang Suksma | iya kang maring sirèki | dèn rumasa kang jinaluk pêkir

--- 178 ---

ika ||

25. apan dudu pribadi duwèkirèku | kagungan Hyang Suksma | yèn rumasaa sirèki | darbèkira pribadi dadi wong angas ||

26. lan têkabur satêngah sira kasiku | siku kabatinan | iya dudu siku lair | padha uga lairan lawan batinan ||

27. yèn sirèku tamuan kongkonanipun | sanak pawong sanak | myang kănca miwah priyayi | myang wong gêdhe-gêdhe myang para bêndara ||

28. dèn aemut ing caraka khurmatipun | dutèku pan padha | lan kang anduta upami | duga-duga gêdhe ciliking caraka ||

29. dèn atanduk anggêpên sajroning kalbu | padha lan kang duta | lire mêngkono ta kaki | dèn angati-ati gonira angucap ||

30. kang saèstu lir ngucap lan kang angutus | manawa ing mangkya | ature lan kang anuding | kakurangan miwah gèsèhing wacana ||

31. sêlang surup marma dèn awantu-wantu | ing wawêkasira | sorana ing wuwus kêdhik | dimèn tyase rêsêp ing wêwêkasira ||

32. dèn anggunggung ing caraka ayya napsu | sanadyan dinuta | mring sira kang tan prayogi | duta darma nora milu paran-paran ||

33. yèn arêngu sira marang carakèku |

--- 179 ---

bok wêwadul marang | kang angutus akèh kêdhik | karya rêngat mamêcahkên wong mêmitra ||

34. ayya umung amêmêkas mring dutèku | manawa akathah | kang ngrungu asêlang titih | kanan keri kang angucap kawruhana ||

35. ayya puguh sok agêgampang ing wuwus | dèn waskithèng tingkah | dèn agêmi ing wêwadi | maring duta ayya kongsi kawadaka ||

36. manawèku duta kurang budinipun | lan wong watak dora | amuwuhi ing wawêling | salin sambut tan bisa karya sarkara ||

29. Dhandhanggula

1. nahan kaping astha kang gumanti | warna kaping sanga ing pangucap | ayya sok mêtua bae | myang wêtuning kang rêmbug | rêrimbagan sabarang pikir | kang dhingin singgahana | pangucap takabur | ngujubriya lan sumêngah | padha bae ana lawananirèki | lawan ngucap priyăngga ||

2. lire kibir gumêdhe ing dhiri | pangrasane ngungkuli ing kathah | sarwa kaduga barang rèh | sumugih gumunèku | sapa sira lan sapa mami | êdak ladak kumêthak | kêthaha sring sanggup | gêdhèkakên kawibawan | salin-salin sumalin tingkahing mukti | mrih rowa abirawa ||

3. liring [lir...]

--- 180 ---

[...ing] riya lumaku pinuji | dèn alêma samaning tumitah | ing sabarang pratingkahe | tan simpên tan asamun | mèdhèng-mèdhèng mrih dèn tingali | ingkang tumingal samya | ngalêma ing kalbu | ingkang ujub têgêsneka | pan lumaku ginawokan barang kardi | tingkah rèh kalêwihan ||

4. ingkang sumêngah têgêse nênggih | pan lumaku rinungu ing liyan | ing sabarang pratingkahe | mrih entar ngantarèku | maluyaa swara dumêling | myang kaswara ing polah | wipala pinulung | sringa pasang karya sêmang | samasane tibaa têbaning têbih | tambaha kasub ing rat ||

5. wong kang asring-asring ngucap kibir | ngujubriya sumêngah andhangah | lah liya apa japane | tan nêmua babêndu | rênguning Hyang Kang Maha Suci | yèn kabanjur kadawan | ambabar têkabur | nora tinututan tobat | ing Hyang Suksma supayane iya olih | apura sawatara ||

6. ayya mangkana sirèng aurip | ngarêp-arêpa rèh kautaman | katamana waluyane | lumayana mring ayu | ngayumana yuwanèng janmi | janma pan sama-sama | sumimpanga ing dur | durni minta durtaning rat | dur lêksana laksana anirtèng aksi | ngaksama samuning rat ||

7. kaping kalih ayya

--- 181 ---

sira angling | lêwih ing khad awêngis sru angas | yèn tan lawan prayogane | pangucap wêngis iku | ngumbar napsu kaworan iblis | ping tri sira rêksaa | lesanira iku | saking pangucap duraka | êndi lire pangucap kang durakani | ngrasani alaning lyan ||

8. alane dhewe nora udani | wong ngrasani alaning sasama | pan ginindhongan dosane | apa ta fedahipun | gendhong dosanira pribadi | buh kêlar êmbuh ora | dadak jaluk imbuh | kaping pat sira rêksaa | lesanira angucap dora sakalir | tuman bok dadi watak ||

9. watak dora pêtêng imannèki | nora kêna sira andêlêna | doranira pakolihe | wong pêtêng imanipun | upama jro wismanirèki | wêngi kapatèn dilah | apa bêcikipun | sabarang kang sira alap | jroning wisma garagapan ora odhil | dhadhal rijêkinira ||

10. mêsat darajatira sumingkir | ana kari amung kêkrowodan | drajating wong ceremende | dudu darajat luhung | laire wus dèn orak-arik | dumadya calawênthah | sring mothah anguthuh | angathahakên paekan | angangkani [angangka...]

--- 182 ---

[...ni] nora nana minangkani | kaunang nira sraya ||

11. kaping lima rêksanên ta kaki | lesanira saking ing pangucap | anênacad ing liyane | amêmaoni wuwus | tan wus uwas pitayèng ati | wong maoni nênacad | yèn ta durung putus | tatas sandining dwi astha | aywa age anênacad mêmaoni | tan wun sira sinungan ||

12. ing pamêlèh dènira Hyang Widhi | kaping nême rêksanên lesanta | angucap kang tanpa gawe | gêguyon amêmacuh | acarita kang tanpa khasil | kang adoh lan ngibarat | muwus tanpa usul | emanên katunanira | yèn pangucap yèn mungguh wong ahli ngèlmi | angêdohkên panêmbah ||

13. yèn wong kang ahlul lumakyèng kardi | tuna luhung micarèng pakaryan | supaya na faedahe | pêpitu ayya muwus | rêksanên ta lesanirèki | angucap sêsêmbranan | wong sêmbranèng wuwus | ngilangakên kajatmikan | lan angrusak ing tapa bratanirèki | yèn ilang jêtmikanta ||

14. suda ajinira ing aurip | lamun rusak tapa bratanira | cinupêt barang sêdyane | yèn cinupêt wong iku | ing sabarang sêdyanirèki | tininggal mring ki bêgja [bê...]

--- 183 ---

[...gja] | ki cilaka maju | mêrpêki ing sariranta | dadya nora kêna apêpeka kaki | weya leya tan kêna ||

15. ki cala pan raina wêngi |[1] anuguri ing sariranira | iya pira wêkasane | manusèku satuhu | goning lali weya tan titi | yèn wis kalimpe sira | ki calaka nêmpuh | rumasuk ing sariranta | nora kuwat sariranta anyabili | ing kono pirabara ||

16. anêmua basukining urip | marma kaki ayya sumambrana | ngaurip akèh ewuhe | gumantya ing pirêmbug | wêtuning ling sabarang èsthi | yèn sira rarêmbagan | lan sanak sadulur | êndi kang kaprênah tuwa | iya aja sira wani andhingini | wêtuning pikirira ||

17. sumanggakna sagalaning pikir | mangkya yèn wus kang tuwa kewuhan | anuduh marang kang anèm | kinon samya angrêmbug | lah pikirên ingkang prayogi | yèn katêmu tyasira | ayya sira pugut | amatêsi pikirira | yèku malih sumanggakna dèn aririh | mring kadangira tuwa ||

18. yèn wus sarèh êndi kang pinilih | èstokêna mangayubagyaa | yèn wus patitis bênêre | sèndhèkna ing Hyang Agung | tumindake wau kang pikir | ayya takabur

--- 184 ---

rangas | angas mawor napsu | ing kono pan pambegalan | angas napsu tinuntun marang ibêlis | murungkên kabêcikan ||

19. bêcik iku nugrahaning Widhi | wus karsane napsu lawan setan | murungkên kabêcikane | kalangkung dening lêmbut | pangarahe risang ibêlis | mulêting napsunira | ring upamanipun | ana pikir wus prayoga | bênêr bêning tan atilar dalil kadis | ijêmak lawan kiyas ||

20. trusing tataning yudanagari | suprandene wurung tan kalakyan | iya iku pambegale | tyas kerut têmah limut | angubungi napsu tan yukti | marma sabarang tindak | yèn uwis panuju | dèn inggal laksanakêna | yèn wus lumaksana ayya sira gipih | ing kono sabarêna ||

21. dadya bêning sira angèngèhi | mau pasrahira ing Hyang Suksma | kang supaya ing dadine | dadia iribipun | golongane kang wahyu jali | wahyu kafi kawuntat | yèn uwis katêmu | tumindak lan kadadean | pikirira wus nikmat sira lakoni | kono sira tobata ||

22. ing Hyang Suksma lan sokura malih | dèn ta nandhang ing

--- 185 ---

nikmat manpangat | pan mangkono pratikêle | yèku gonira nutup | lawang kutha katur ing Widhi | widagdèng padangdanan | jro kutha barukut | lan maninge lamun sira | parêmbagan lan wong liya kang ngungkuli | marang ing jênêngira ||

23. ing tuwane myang lungguhirèki | dèn prayêtna sira kawruhana | pikiring lyan ta wêtune | apa ta iya mêtu | saking napsu myang saking iblis | apa ta saking Khawa | apa wêtunipun | iya saking Nabi Adam | apa mêtu saking malekat kang pikir | wawasên dèn waskitha ||

24. lamun saking napsu saking iblis | saking Kawa iku padha ala | angèl dadia bêcike | ayya ta sira anut | pikiring lyan kang ala katri | beda kalawan kadang | tuwa sugih maklum | pantês lamun linabuhan | pan wong liya yèn kapêngkok dadi mungkir | tan makam ing kaarjan ||

25. beda kang wus sampurna ing budi | bicaksanaa paramartèng tyas | sanadyan silih wêtune | saking ala katêlu | Khawa napsu kalawan iblis | bisa dadèkkên arja | bêcike tinêmu | nanging ta kang tidha-tidha | jaman mangkya arang kang mangkana kaki | marmemuta [marmemu...]

--- 186 ---

[...ta] yya lupa ||

26. lamun saking Adam lawan saking | malaekat wêtuning kang rêmbag | karo pan padha bêcike | anuta sirèng rêmbug | mau ing lyan dipun nastiti | wêtokna pikirira | kang bênêr panuju | dèn prapta sampekandaya | prajangjia abipraya sabayanti | têmah ing sama-sama ||

27. miwah lamun pikiran sirèki | pakumpulan lan janma akathah | ayya dhingini wuwuse | antinên ta sawêgung | siji-siji wêtuning pikir | ayya mêdhot mikalpa | ayya ngêndhak wuwus | ayya mancah pintêring lyan | wong pikiran ala bêcik yêkti mijil | bênêr luput gumêlar ||

28. gadyangganing iwak kang sumaji | rêrampadan sadaya sarwa na | pilihana saanane | iwak ingkang kadulu | êndi ingkang enak binukti | sambêlan myang lalaban | kang mungguh ingayun | ana ta iwak kang enak | kincih-kincih nanging bakal anglarani | ayya kapencut sira ||

29. wataranên kang tan anglarani | iwak-iwak sambêl lan lalaban | gêgudhangan sasamine | kadya upamanipun | gudhang êbung lan gudhang kunci | padha-padha [pa...]

--- 187 ---

[...dha-padha] agudhang | lamun gudhang êbung | enak nanging tan faedah | lamun gudhang kunci enak maedahi | angêt maring padharan ||

30. padha-padha sêga kang awarni | sêga liwêt lan gabuli sêga | sanadyan padha enake | kari manfangatipun | yêkti fedah sêga kabuli | anggi-anggi winoran | sanadyan ta kaduk | pamangane tan ngapaa | pan mêngkono nalerah ingamèt tamsil | salsilahing wacana ||

31. ayya ngumpêt ing pikir tanpasil | liring ngumpêt yèn ing pasamuan | wus rêmbug saniskarane | yèn wis bubaran iku | mêtokakên pikir pribadi | kumèdhêp mrih tinuta | iku nora arus | duraka tan olih arja | lan maninge yèn sira tinari pikir | marang ing gustinira ||

32. umatura sakawruhirèki | sapanêmunira dèn anêlas | ngadat miwah ondhe-ondhe | yèku kajabanipun | iya saking karsaning gusti | yèn gustinira arsa | pikir kang anêmpuh | sanadyan tumibèng nistha | jumurunga milya anut anglabuhi | ayya mèngèng ing cipta ||

33. yèku dudu sêsuwitan kaki |

--- 188 ---

pan sayêktining wong asuwita | ingkang mêngkono pikire | pikir suwitan iku | wêtune tan ngêman ing gusti | amung buru alêman | anjurung kumlungkung | dening kang tuhu suwita | sarahsaning driya kang dadya kawatir | katur sumanggèng karsa ||

34. lamun sira apikir pribadi | lire pribadi nora kawêdal | iya marang ing liyane | muhunga mring Hyang Agung | miwah maring jêngira nabi | duta sumarahêna | lawan ayya limut | panêngêran kang lêlima | ingkang uwis iya kawuwus ing wuri | warananing paningal ||

35. yèn wus dadi pikirirèng ati | kang awêning wênang lumaksana | tumindaka lawan sarèh | anuju-nuju kayun | mamrih sêla-sêlaning kapti | myang ananing sasmita | ing Hyang lir pituduh | dèn kumambang ing wisesa | ayya mewuh tămpa wahananing wangsit | wasitaning taruna ||

30. Sinom

1. nêngêna warna ping sanga | kaping sadasa gumanti | hèh sanggyaning suta wayah | lamun tinitah sirèki | gêdhe kalawan cili | nging tata ayya kaliru | ayya sira ngrasula | yèn tinitah dadya cili | bêkêl desa saguna satatakêna [sa...]

--- 189 ---

[...tatakêna] ||

2. satau kang kaping tiga | liring sagunaning tani | apa kang dadi busana | paraboting among tani | garu waluku nênggih | arit pecok lawan pacul | myang wangkil pamatunan | wadung pêthèl lawan kudhi | kêbo sapi kabèh iku farlokêna ||

3. yèn pêpak dandananira | dadya sarêgêp sêsabin | anênandur sasamanya | ayya kêsèd dèn tabêri | rina kalawan wêngi | mikira gonmu nênandur | pala gumantung miwah | kasimpar kapêndhêm sami | yèn kawêton sagung têtanduranira ||

4. sira asebaa marang | yèn ana ingkang prayogi | turna mring bandaranira | rumasaa barkatnèki | yèn mungguh wong ngabêkti | yèku măngka sunatipun | pajêgira kang măngka | parlune wong angabêkti | yèn wus măngsa pajêg ayya apêpeka ||

5. aywa watak kaketheran | apa ingkang dadi jangji | ing patining takêr têdhak | muwah yèn ginawe urip | lamun urip ta kaki | yèn pinundhutan sirèku | iya ing takêr têdhak | ayya kèh amêmadoni | yèn tan kuwat luhung nyumanggakna sawah ||

6. ayya sêrik ayya

--- 190 ---

êsak | yèn pinundhut ingkang siti | yèn kongsia wawan-wawan | anglawan mogok ngukuhi | dadya dudu wong bêcik | wong ala jalantahipun | ing têmbe iya dadya | têtampikaning priyayi | dadya nora wêlas ing sariranira ||

7. têgêse ingkang satata | satatane wong kang tani | wong dadya babêkêl desa | dèn barukut dèn atartib | sira karyaa masjid | sandhingêna toyanipun | pancinên kaumira | ing sabin sapantêsnèki | jakat pitrah srahêna yya milu ngalap ||

8. lawan karyaa kabayan | kang rosa salamêt budi | lamun sira atamuan | priyayi dèn rikat kaki | pasugatanirèki | dèn bêcik rumêksanipun | marma farlu akarya | ing kabayan kang abêcik | supayane rumat barang karyanira ||

9. akaryaa pagêr jaba | kalêkah dhêdhapuran pring | ayya sok angrusak karang | nyarangkên padesan kaki | pagêr wismanirèki | sapatute dèn akukuh | ya manawa tamuan | kandhêg kampiran sirèki | ing sadina sawêngi wajib rumaksa ||

10. asatahu [a...]

--- 191 ---

[...satahu] ya têgêsnya | ing wong adêdesan ugi | apa adat kang kalampah | măncapat măncalimèki | pêpagêrane sami | myang arahaning panatus | dèn lêstari tumindak | yya karya ada pribadi | yèn wus lumrah ing măncapat măncalima ||

11. anggonên aja anyêlak | lawan ayya sira apti | kapasukaning durjana | pakaranganira kaki | angrèhkên ing wong cili | prihên ayya na laku dur | kawruhana karyanya | titikên dèn amatitis | yèn culika inggal sira tobatêna ||

12. yèn tan marèni karyanya | sêksèkna macapat nuli | saosêna ing nagara | ayya kongsi nglêlèpèti | marma dèn wanti-wanti | mrih bêcik lakuning batur | lan malih lamun sira | kuwat ngadêgakên nênggih | ing Jumungah jumungahe adêgêna ||

13. adêgên sabên Jumungah | padha salata mring masjid | lamun akèh kang ngibadah | kêdhih kang panggawe juti | botohan lan madati | dèn bangêt walêrirèku | rong prakarèku iya | cêcaloning dadi maling | yèn wong cili mèh kêna dèn pasthèkêna ||

14. wite dadya kamlaratan |

--- 192 ---

banjura dadya mêmaling | kaya ngapa yèn kêmbaa | ênggonira angawruhi | pakartining wong cili | myang kang dadi kasabipun | nêmêne anggaota | kang dadi wêtuning bukti | kang ngêdohkên marang ati kadurjanan ||

15. kalamun tinitah sira | angabdi jroning nagari | dèn tabêri asewaka | yèn durung pinaring sabin | ayya sira angincih | sawah mrih palênthing dhawuk | pandhuk sadaya-daya | yèn ta dèrèng potang kardi | têkadêna awisma ing pasewakan ||

16. asorêna kulanira | mring sasamanira ngabdi | pètên wêwulange samya | kang bêcik anggonên nuli | paesaning angabdi | kadulu ing tindak-tanduk | dèn bisa asuwita | mring kang angrèhkên sirèki | lurah bêkêl tuwin mring wadananira ||

17. ayya ing lair kewala | dèn têrus tumêkèng batin | yèn ora têrusa ing tyas | mungkir titahing Hyang Widhi | yya kumandêl ing Gusti | Gusti iku paksa tuhu | gustine wong akathah | kinarya badaling Widhi | kang amasthi adil paramartèng wadya ||

18. lire adil palamarta | bênêr angapurèng dasih | anglèbèri [ang...]

--- 193 ---

[...lèbèri] pamêngkunya | marma sagung wong adasih | satata dèn tabêri | mèt tyasing kănca dèn atut | sêdyakna apuranta | ingkang durung lan kang uwis | lamun ana kaluputane mring sira ||

19. yèku dadya sira potang | motangkên panggawe bêcik | winalês dera Hyang Suksma | lawan ayya sira amrih | pêpalesedaning ling | sring anyatur alanipun | kănca ingkang sungkanan | sring towong pakaryannèki | ayya irèn ing karya anasabana ||

20. yèn kancanira amanggya | ya ing dêdukaning Gusti | milua angungun sira | sakêdhik dèn na prihatin | ingkang mêngkono uwis | karuan ing takdiripun | balik kang durung iya | durung karuan sayêkti | angagoa[2] ing tekad têpa sarira ||

21. dadya nora lali sira | ing sama-samaning abdi | ya padha rêksa-rumêksa | ing lair tumêkèng batin | kănca iku sayêkti | pan wus prasaksat sadulur | ingkang kaprênah tuwa | kurmatira dipun kadi | kurmat maring sanak wong tuwa priyăngga ||

22. dhasar tuwa dhasar dadya | lurah wadananirèki | iku wênang sinêmbaha [si...]

--- 194 ---

[...nêmbaha] | wajibing sinêmbah kaki | ingkang dhingin nêrpati | kapindhone bapa babu | kaping tri maratuwa | maratuwa jalu èstri | ping sakawan guru pan wajib sinêmbah ||

23. kaping lima kadang tuwa | dene ingkang pra dipati | marmane wênang sinêmbah | dene wakiling nrêpati | sagunging para mantri | wênang nêmbah mring tumênggung | tumênggung wênang nêmbah | marang jênênging pêpatih | patih wênang nêmbah mring santanèng nata ||

24. para pandhita sinêmbah | saking guru dènnya mirit | sadaya amawa pangkat | gêgolonganing ngabêkti | têrus saking ing dalil | pangandikaning Hyang Agung | kabèh padha nêmbaha | iya marang ing Hyang Widhi | lan nêmbaha maring utusaning Allah ||

25. lan nêmbaha sira padha | iya mring kang anduwèni | parintah saking ing sira | têgêse iku nrêpati | pêpatih pra dipati | yèku pirit saking ratu | wakil bêkêl parintah | marma ayya saking galih | ing panêmbah têrusa ing dalil pisan ||

26. yèn wus amrayayi sira | nganggoa kawan prakawis | bêbudèn ayya tinilar | kang dhingin budi priyayi | ping kalih budi santri | budi sudagar ping têlu | budi tani kaping pat [pa...]

--- 195 ---

[...t] | lire kang budi priyayi | tata krama unggah-ungguhing wicara ||

27. tan nganggo sawiyah-wiyah | busana sapantêsnèki | kapara murah ing boga | prawira wiweka niti | tanduk menaki kapti | bisa mrih rèh sabayantu | nora wêdi kelangan | amiguna ing bèrbudi | kabudayan ing tanduk paramacipta ||

28. budining santri winarna | kudu rêsik kudu suci | ngêkèhkên karana Allah | sukuran pratingkahnèki | mêngkono bae ya wis | mangkene bae ya sukur | ngêdhikkên kalorehan | dene ta budining tani | têmên wêkêl abot ènthèng wus karyanya ||

29. irèn dahwèn ora watak | tan mêthingkrak tan mêthingkrik | mantêp têtêp linabuhan | tingkah kang wus dèn lakoni | mêmbat mêntul tan bangkit | komandaka nora putus | dene budi sudagar | petung sabarang pakarti | agêmi tur nastiti ngeman ing lampah ||

30. riningkês catur prakara | bêbudèn dadi sawiji | tatanira yya tinilar | iya tataning priyayi | rêsikira dèn kadi | santri sukuran tyasipun | têmênira dèn kadya | iya têmêning wong tani | petungira dèn [dè...]

--- 196 ---

[...n] kadi petung sudagar ||

31. ngemana sabarang karya | iya kang datanpa khasil | ayya tuna barang karya | yèn tuna sabarang karti | tan wêlas sarirèki | kang mêngkono yèn kabanjur | golongan nganiaya | maring awake pribadi | ing mêngkone ngrasula akudhangdhangan ||

31. Dhandhanggula

1. barang karya dèn waspadèng uwit | lan wêkasan iku kang kinarya | anêngahi prayogane | kadya ta sirandulu | ing sêsotya nawa rêtna di | awit kapengin sira | ing tyas kudu tuku | têngahana ing prayoga | wêkasane yèn tan kaduga ing rêgi | têmah karya malarat ||

2. yèku ayya nuruti saking wit | ayya kongsi tumêkèng wêkasan | tulakên ing prayogane | nadyan rêmên kalangkung | kang warna di tur rajapèni | pinaryogèng wêkasan | kalamun ta durung | sampe sami pan ing karsa | kasangsara anggêgawa wuwuh pingging | gigangkên[3] pasawitan ||

3. wiwit iku akathah kang bêcik | sabarang kang saking karsanira | saking hawa panarike | nanging arang kang emut |

--- 197 ---

wêkasane nora pinikir | ana kang wiwit ala | bêcik têmahipun | wit bêcik atêmah ala | awit nistha atêmah dadi utami | utama dadi nistha ||

4. wit bêcik kang wêkasan tan bêcik | karsa miruga atilar adat | kang wus kalakon bêcike | saking pangrasanipun | amuwuhi adat kang bêcik | karsa kaworan arda | kudu wuwuh-wuwuh | yèn arda binanjurêna | wêkasane tan wurung ala pinanggih | bêlasak dadya rusak ||

5. wiwit ala awêkasan bêcik | nguni jnêngira Shèkh Malaya |[4] saking ala ing purwane | mèt karya-karyanipun | ing sawiji dina marêngi | ingkang dèn ambil karya | nuju Jêng Sinuhun | ing Benang dadya waspada | yèn kang ngambil karya iku kèh wong bêcik | pinurih rahayua ||

6. anut sapangandikanirèki | Sunan Benang wau kang ambegal | dadya umanjing sabate | piturut ing satuduh | nadyan silih tumêkèng pati | lami-lami dumadya | kang mèt karya wau | sawusira jinatenan | sarta bantêr tapane tan uwis-uwis | dumadi aoliya ||

7. anama [ana...]

--- 198 ---

[...ma] Sèh Malaya linêwih | ya Sèkh Malaya iya Susuhunan |[5] ing Kalijaga wastane | marmanta dèn aemut | yèn purwane tingkah tan bêcik | tobata ring Hyang Suksma | sarta tapanipun | dèn subrata mati raga | kaya ana pangapuraning Hyang Widhi | pan Allah sifat rahman ||

8. anuruti panêdhaning dasih | asih maring manusa kang tobat | yèn durung tutup lawange | lawanging tobat iku | iya lamun durung ngêmasi | ya misih kêna mênga | tobate umasuk | kang satêngah ana karam | pangucape wong wus ala iya uwis | aja tanggung alanya ||

9. bêgja kana kang anêmu bêcik | bêgja kene kang nêmu raharja | ingkang mêngkono yêktine | pan wus kêna dhinadhung | ing arahanira sang iblis | kaworan napsu hawa | binanjur linantur | mangah-mangah ambrêngangah | pangrasane isin mundura sanyari | ngaku janma utama ||

10. tan narima ing asor myang inggil | ora nana jênênging manusa | ingkang unggul salamine | amasthi asor unggul | kalampahan jamaning urip [u...]

--- 199 ---

[...rip] | wit saking Nabi Adam | unggule tan banjur | nganggo asor ing têngahan | lajêng tobat anêlăngsa siyang latri | subrata mati raga ||

11. lami-lami anulya antuk sih | pangapuranira ing Hyang Suksma | pan mangkono sabanjure | pra nabi para ratu | para wali lan para mukmin | yèn misih mor ing kathah | mêksih dhahar sêkul | andhap luhur kalampahan | awit luhur yèn ing têngah andhapnèki | yèn narima sru tobat ||

12. winangsulkên maring luhur malih | kang satêngah abangêt ngrasula | ngunêk-unêk ing driyane | ya talah Hyang Kang Agung | gawe titah kalawan mami | bangêt têmên bineda | lan kae si anu | satêngah ana ratunya | kang satêngah lêlurah bêkêlirèki | satêngah wong tuwanya ||

13. kang dèn unêk-unèk jroning ati | malah ana satêngah kawêdal | muring-muring pangucape | nora wruh awakipun | pribadi kang akarya nisthip | myang kang akarya arja | kurang tapanipun | lan kurang panêdhanira | ing Hyang Suksma panêdhèku kudu mawi | ngrêsiki [ngrê...]

--- 200 ---

[...siki] badanira ||

14. rêsike lan tobat ing Hyang Widhi | dapak-dapak ing mêngko katrima | iya mau panêdhane | yèn wus motangkên wau | ing Hyang Suksma dene ing lair | yèn wus motangkên karya | marang ing ratumu | myang ing lurah bêkêlira | atabêri cakut ing sabarang kardi | karya wadhag myang lêmbat ||

15. yèn wus antuk nugrahaning Widhi | kang amarga saking ratunira | awit saking sih mulène | ing kono dèn aemut | dèn anganggo boboting sabin | pira pamêtunira | anganggoa petung | gêmèni nugrahaning Hyang | lan gêmèni iya pêparinging Gusti | supaya mrih panjanga ||

16. ciptanên ta sangunira ngabdi | kacagaka sabarang pakaryan | busana marasebane | sumêdyaa ring tuwuh | awirangi sajêge urip | ayya ngêgungkên raga | kêrêp jibar-jibur | kang mêngkono dadya watak | angèthèrkên gonira lumakwèng kardi | kadadak adol ladak ||

17. yèn tinitah sira dadi mantri | mapan ana adat kang kalampah | para mantri pakaryane | saba mantri liripun | linêwih ing tigang prakawis |

--- 201 ---

nistha madya utama | ya pangiwanipun | Janaloka Ngendraloka | Guruloka tigang gon iku yèn mantri | sayêktine waskitha ||

18. Janaloka ya madyapadèki | gon manusa ya ing Ngendraloka | Batharendra kadhatone | ing Guruloka iku | kadhatone Sang Hyang Pramèsthi | ing tri iku uninga | tatakramanipun | pakaryane ing manusa | siji-siji kang ala kalawan bêcik | kang nistha lan utama ||

19. wruh ing Ngendraloka têgêsnèki | wruh tatane panêmbahing dewa | ingkang sawiji-wijine | barang ing lakunipun | Ngendraloka mantri udani | kaping tri Guruloka | mantri yêkti wêruh | sêmbah mring Hyang Girinata | salakune sapratingkah pan udani | dene panêngênira ||

20. wruh sarêngat lan tarekatnèki | tri khakekat mantri pan waskitha | ing kono apa ênggone | nistha madya tamèku | tatakrama yudanagari | laku myang kasampurnan | wêkasaning tuwuh | lan malih waspadèng tindak | ing lakune nabi wali lawan mukmin | ing pangkate katiga ||

21. lamun tinitah [ti...]

--- 202 ---

[...nitah] mantri bupati | pan bupati sipating narendra | ing praja wus bubuhane | bênêr kalawan luput | nistha madya lawan utami | lamun ana prakara | kang tiba nisthèku | bupati mèh kawajiban | ngambêngana sukêr gampanging nagari | punggawa kang angrêmbag ||

22. nora gampang wong dadya bupati | lair batin ing bote katêmpah | asor unggule prajane | ayya pijêr katungkul | kawibawan kasukan tuwin | jaga-jagaèng yêtna | ayya enak turu | ingkang dhingin samêktaa | acêcadhang ing karsa sri narapati | ping kalih samêktaa ||

23. jaga yatna aliyan nagari | pikir palêpas amrih raharja | barang kang dadya sababe | ing wiweka dèn putus | tatasêna sandining wèsthi | yèn ana pasuwalan | ing rèh kang rinêmbug | ayya kongsi tibèng nistha | yèn wus rêmbug kêncêng sabiyantu pikir | enggal laksanakêna ||

24. yèn arondhe ngêndhe-êndhe pikir | bok kasêlan meda manggih bahya | ngênthar kapiran ngathèthèr | tumpa-tumpa tumumpuk | wêwalêdan gunggunging pikir | jroning sumur upama |

--- 203 ---

lami tan tinawu | bala grêmalêd mèh kêbak | yèn dhinudhah rinêsikan angèl ugi | larahan wus akathah ||

25. ana êduk sujèn lawan bêling | angèl kangelan yèn dèn parusa | mênawa kêna ing sujèn | kathah drigamanipun | yèn tan lawan nugrahèng Widhi | angênirkên ikhtiyar | mung angayun-ayun | wahyu kang saking Hyang Suksma | angon tuduh ing kêcap kilat manawi | bisa nitih anumpang ||

26. nadyan silih bisaa anitih | ing prakara udhaling walêdan | mêksih kaworan panggawe | awit miruga iku | nora kadya kalaning nguni | upama bêras wutah | sangking wadhahipun | winangsulkên kinukupan | arang ingkang mulih takêre ing nguni | ngungun angunadika[6] ||

27. èngêt kaèngêtan duk ing nguni | paran marga puliha mangkana | saking paran pikênane | yèn mêngkono ing kalbu | antuk rêngatira Hyang Widhi | kurang ing panarima | tindak wus kalantur | sêmonèku pira-pira | pirangbara ubaya osiking pati | atingkah kadya kina ||

28. kina ana kinênan samangkin |

--- 204 ---

mangkin arja yèn laksanakêna | lumaksana saanane | surasa sabayantu | pra pratiwa tan gèsèh pikir | pa karananing dadya | gigang ing pangangkuh | saking datan abipraya | prayanira kêna laya nguciwani | wênèh pajangkanira ||

29. yèn mêngkono namaning bupati | tan angeman maring turasira | tan wurung kabere-bere | bêbarakan baringkuk | barang pikir dèn amatitis | yèn uwis abipraya | dèn panggah dèn bakuh | têkèng lena lakonana | tan prabeda jalaran ngajalirèki | dadya mantêp ing tekat ||

30. mantêp iku busananing ngèlmi | ing agêsang apa kang sinêdya | yèn tan sarta lan ngèlmune | apa ta ambêbruwun | amung amrih kamuktèn adi | yèn namaning pratiwa | nistha tan mituhu | rèhing praja kang mulyendah | beda lan nangkoda kang asugih-sugih | tan milu ngrêmbag praja ||

31. karya kamuktèn sakapti-kapti | sapantêse ya ingkang winênang | tan ana dèn rasakake | mung undhaking artèku | padagange dadining bathi | beda lan asuwita | dadya punggawa gung | yèn tan putus pamicara |

--- 205 ---

kèh kapengin dadya punggawèng nrêpati | pakewuh tan rinasan ||

32. yèn tinitah ing mantri pêpatih | yèku warananira sang nata | sangsaya gêng pakewuhe | yèn tan saeka kalbu | lawan ingkang dèn warangkani | dadya warăngka datan | umanjing ing dhuwung | dhuwung tan manjing warăngka | paran marga lamun gampanga pinurih | ngruruh rèh karaharjan ||

33. nadyan silih saeka akapti | mantri muka lan sang narèswara | yèn tan wicaksana mangrèh | sanggyaning pratiwa nung | lan tekanang mantri lit-alit | tan wun sirèng kataman | ing nistha salugut | lêgêtaning janma kathah | kêthaha tyas sanityasa tan matitis | pêpanasing tyas arda ||

34. ardaa mring pamicarèng nagri | nagaranjrah wêtuning pratingkah | ing kono pangambilane | bênêr kalawan luput | wus gumêlar tataning nagri | kang salaya ing adat | tuwin ingkang anut | laku ingkang kuna-kuna | lan samangkya pinèt saking ing priyogi | anggone jaman mangkya ||

35. lamun mantri alin[7] ora bakit[8] | angambila panganggo mangkana | mung pêpatih panganggone [pangang...]

--- 206 ---

[...gone] | ayya na sêlang surup | ngêndi ana mantri tan bakit | anganggo kang mangkana | miwah pra tumênggung | sanadyan patinggi desa | iya bisa ing prayoga andarbèni | nanging tan dadi guna ||

36. nora dadi lajêring kuthèki | inêb-inêbing lawang sayatra | dèn kadi sipat bênêre | dènnya mrayogèng laku | yèn binubrah maring pêpatih | sayêkti kênèng bubrah | patih kang amêngku | barang parentahing nata | wujud tunggal ya patih ya sri bupati | satu munggèng rimbagan ||

37. yèn wus manjing warăngka ing kêris | kêris sampun manjing ing warăngka | dumadya doh sangsayane | praja arja barukut | de warăngka kandêl nasabi | curiga datan măntra | mingis landhêpipun | dènnya kandêl ing warana | yèn mangkono yèku pêpatih utami | atêbih saking nistha ||

38. ing wilayah khukumah pan uwis | pinanci-panci kang abubuhan | pêpatih nganthuki bae | nanging ayya katungkul | adumbani raina wêngi | wangêning pangkat-pangkat | ingangkat kang patut | pituwa kang pinitayan | supayane ayya na limpang ngalingi | mèngêta [mè...]

--- 207 ---

[...ngêta] ayya lupa ||

39. tan sun panjang wasitaning patih | nguni-uni pan sampun akathah | ing upama saanane | pakartine amêngku | ing parentah kang tibèng sisip | ana kang tibèng madya | ana utamèku | kang utama iku tan lyan | bêbakune kang sampun kocap ing wingking | anggêp pangawaking rat ||

40. pira-pira titahing Hyang Widhi | mring manusa sangking kudrating Hyang | kang mijil saking ratune | saking sor dadi luhur | saking luhur asor dumadi | yèku dadya ngibarat | panyandhêting kalbu | kang lunjak-lunjak ngêlanjak | ngajak-ajak têmporat amêlarati | tan itung kanthinira ||

32. Kinanthi

1. kaping sawêlas winuwus | waskithaa dèn nastiti | ing sudaning kang darajat | gingsire wahyunirèki | tan lyan saking kamelikan | anênuntun maring lali ||

2. tan linawan rèh rahayu | kadya ta sira amelik | parane wong cilik ingkang | sathithik gawene ithik | kang uwis wajib linakwan | sira arsa angêlongi ||

3. tanpa karana pan amung | nuruti hawaning ati | yèku nyudakkên [nyudakkê...]

--- 208 ---

[...n] darajat | nora ta dumèh sathithik | wulu kalong binubutan | alêmbat datan katawis ||

4. anênuman hawa napsu | nênarik panggawe sisip | ngêkèhkên panggawe wênang | amomori ingkang wajib | yèn atipis wajibira | sudaning darajat pasthi ||

5. sagung pakarti kadulu | kang sumimpang saking wajib | ngêkèhkên mokal lan wênang | nangsaya sasami-sami | tan wun sudaning darajat | yèn bangêt wahyune gingsir ||

6. kadya ta sirarsa tuku | barang karêmênirèki | ing kuda miwah curiga | mas sêsotya sinjang adi | myang sabarang raremehan | ingkang arêga sakêdhik ||

7. yèn wusira nyangkala duk | ing panganyangira dadi | mandhêg mangu karsanira | pan durung sosokan picis | pangrasanirèku wênang | sira wurungakên nuli ||

8. ya akèh sababe wurung | kaduwung saking ing rêgi | kang mêngkono iku dadya | darajatira ginêmpil | pêksanta angeman arta | pan wus jamaking priyayi ||

9. yèn têtuku rada kaduk | sawatara yèn wus jangji | yèn wurunga karya êsak | ing sama-samèng dumadi | emanên sudaning [su...]

--- 209 ---

[...daning] drajat | ayya kongsi gêmpil irip ||

10. myang sira rêmên ing dhuwung | dhapur bêcik tangguh bêcik | kapalange mung wasiyat | ewuh dènira ngakali | saking sruning rêmênira | kang duwe kapalang ajrih ||

11. dadya sinungkên kang dhuwung | karoban saking ing rêgi | kang mêngkono pan papêksan | yèn wasiyat nora bêcik | tan awèt yèn sira goa | têmah wahyunira gingsir ||

12. yèn wasiyat iku lamun | saking kang duwe pribadi | kang adol saking kabêtah | yèn rêmên tukunên ugi | salumrahe ing rarêgan | utama sira ngêrobi ||

13. lan jalukên wuwusipun | lilakna wasiyatnèki | ingkang mêngkono iku sah | têtêp panganggonirèki | wasiyat iku pan wênang | yèn kabutuh nora bukti ||

14. dèn êdol supayanipun | tulak kamlaratannèki | kang satêngah ana ngucap | lamun ingsun misih urip | măngsa ingsun lungakêna | iya saking lambung mami ||

15. bênêr iku kang amuwus | lamun mantêp anêtêpi | yèn ora mantêp pan iya | dadi brahala sayêkti | kêris ingkang dèn pangeran |

--- 210 ---

pinindha wong tuwanèki ||

16. misih urip idhêpipun | lire kang mangkana kaki | abote wong ora nyandhak | lawan wong nora abukti | yèn tidha kurang ngèlmunya | kêna binidhung ing iblis ||

17. tyase tinarik mring kuwur | mêtu akale tan bêcik | kalantur dadi durjana | wasiyat ginawe maling | kêbak sunduke wong ika | konangan dènnya mêmaling ||

18. pinênthung gulune putung | gêlinting padhêm babarji | wasiyate wus dèn alap | mring kang mênthung wau maling | tinitiran sawusira | mufakat binontot nuli ||

19. binucal bontotan pandung | kadya adating nagari | tobat anaa kang gugat | yaiku wong tuna budi | rupak nalar nir ikhtiyar | tugêl bêt wahyu malêncing ||

20. wêsi dipun anggêp wahyu | yèn dèn dola iku nguni | dhuwit kinarya paitan | pinangan têka sathithik | panulak ati maksiyat | yèn akathah punang rêgi ||

21. kinarya prabeyanipun | yèn dhêmên lumakyèng kardi | pan khakhekating wasiyat | iya dudu tumbak kêris | wuruk kang bêcik punika [pu...]

--- 211 ---

[...nika] | wasiyat ingkang sêjati ||

22. wasiyat lair puniku | tan bisa bêcikkên ati | puluh duwea wasiyat | Pajajaran tangguhnèki | gawean Siyungwanara | yèn atine nora bêcik ||

23. sang ibêlis kang andhadhung | kadhungsangan pothar-pathir | ilang wahyune wong ika | wasiyat tan anglabêti | ing kina sang rêsi putra | wasiyate angluwihi ||

24. pêparinganing dewa gung | iya panah cundhamani | pangrusaking kalamurka | Swatama kang andarbèni | ginawa mêmaling marang | Pandhawa pakuwonnèki ||

25. cêndhêke bae tinutur | dewa wêrda kang nuruni | pinundhut saking Swatama | pinaringkên Pandhawèki | Swatama tan asuwala | dinukan akêthip-kêthip ||

26. mentak ampun tan tinurut | Sri Krêsna tan anglilani | sirna wahyune Swatama | tugêl bêt labête ngênthir | yèn panêngên tinêpaa | nguni Jêng Susunan Giri ||

27. tan seba mring Majalangu | wong sa-Giri dèn ratoni | sang prabu ing Majalêngka | anuduh gêmpur ing Giri | pira-pira kang prawira | gêgaman gêng kang dhatêngi ||

28. praptaning Giri gumuruh | wadya samya tur upaksi [u...]

--- 212 ---

[...paksi] | mring jêngira susuhunan | ing Giri eca duk nulis | kang tinulis surat Ikhlas | mêngsah gêng saya angrampid ||

29. garwa putranjrit gumuruh | saksana Susunan Giri | kalamira kang binucal | dadya kêris ngamuk nuli | jêng sunan eca alênggah | mung kalam ngamuk pribadi ||

30. pira-pira ingkang gêmpur | mati dening kalam kêris | kang kari giris lumajar | mulih maring Majapait | Kalamunyêng wangsul nulya | ing ngarsa Jêng Sunan Giri ||

31. angandika jêng sinuhun | hèh Kalamunyêng sirèki | asalira têka kalam | balia mring kalam malih | Ki Kalamunyêng wus dadya | kalam panyêratan malih ||

32. yèku upama linuhung | wasiyat ati linêwih | ayya ta salah tămpa |[9] nênacad kang karya tamsil | waliyullah kang kinarya | sapa bisa anglakoni ||

33. kang mêngkono wong amugut | mêdhot mikalpa ing tamsil | sanadyan sikêp upama | wênang anut para wali | sapangkat-pangkate uga | măngsa ta tirua wali ||

34. kewala ngirib tiniru | ing tyas pakarti kang bêcik | olèha

--- 213 ---

saparatusan | saparakêthèn ing wali | kabèh wong ing tanah Jawa | kang Islam nut para wali ||

35. luhung êndi kangjêng rasul | wus sah parentah Hyang Widhi | dadya panutan sajagad | kang manut ing kangjêng nabi | marma ran nabi panutan | wênang tinut barang karti ||

36. gêdhe di lan kangjêng rasul | lawan ingkang para wali | ya marmèngsun kongsi panjang | anjêjèrèh ing pangirib | sapa ta kang gêguyua | dadya awak ingsun iki ||

37. wong kumrisik tanpa bayu | pan ora mangkono ugi | watak wong anom ing mangkya | akèh pintêr prama kawi | wong anom atine sura | sok kasusu mêmaoni ||

38. durung linimbang ginilut | sukur yèn uwis mangarti | awak manira priyăngga | kang sun karya têpa nguni | duk êdhang maksih taruna | marajak sring mêmaoni ||

39. pangrasaningsun linuhung | ana ta pujăngga prapti | saking nagri ing Samarang | sabên ari ngong waoni | pilêpase ing aksara | myang basa parama kawi ||

40. kari-kari ingsun dulu | dudu bujăngga sayêkti | lire ta durung pujăngga | pawitan durung darbèni | misih utang anyanyêlang | murad [mu...]

--- 214 ---

[...rad] ngawur ting saluwir ||

41. dadyèngong bangêt angungun | ing mêngko wus tuwa mami | ladak ingsun duk taruna | yèn banjura tanpa kardi | nanging sanadyan ladaka | sathithik wus mutandhani ||

33. Dhandhanggula

1. amangsuli sêkar gulamilir | misih pakarti kang dadya suda | ing darajat pangèthère | ayya karya sirèku | ing wisma kang anglêluwihi | gêng luhure myang pelag | mêmêt ing pamatut | lêwih bobot ing wangênan | kang mêngkono wus pasthi tan kêna gingsir | kèthère kang darajat ||

2. ing pangiwa panêngêne sami | awit Nabi Adam kongsi prapta | ya ing zaman taun kiye | Alif kang sirah pitu | tênggak papat tusan saptèki | gêng alit tan prabeda | tanah Ngarab dangu | para nata kang akarya | ing pura di kang angirib sawarga di | tan ana kang widada ||

3. jaman pangiwa sêmono malih | para ratu kang arosa-rosa | danawa myang manusane | kang angirib swarga gung | pira-pira prapta samangkin | wong alit-alit kathah | jro praja myang dhusun | kang wus kacihna katăndha | myang wong agung liyaning para nrêpati | wus lanas ngèlmu ngadat [nga...]

--- 215 ---

[...dat] ||

4. apa japane yèn tan anêkani |[10] kang mêngkono kèthèring darajat | ulun wani totohane | pêdhote jangganingsun | sakarêpe dènnya bayari | yèn misih langit dunya | lan bumi dunyèku | surya căndra myang kartika | kang mêngkono wus pasthi ratuning pasthi | tan kêna gumingsira ||

5. tobat ingsun ing Hyang Maha Lêwih | dening ulun lanyo ing pangucap | wani akarya pêpasthèn | saking kakuning kalbu | amêmulang tan winigati | pribadi marang suta | wăngsa putu-putu | saking pandaning Hyang Suksma | ngalap saking ngèlmu ngadat nguni-uni | kiniyas dadya kêna ||

6. kang sawênèh ana ingkang angling | bêcik ambêciki ing pomahan | kang angluwihi baguse | ingkang supaya antuk | ing pangalêm kalih prakawis | dhingin pangalêmira | sagung wong kang dulu | bêcik rêsik ngrêsêpi tyas | kaping kalih pakolih alêming gusti | ngatokkên bêrkat nata ||

7. kang mêngkono ya bênêr dènnya ngling | nanging dipun nganggo sawatara | aja angluwihi khade | dene pangalêm iku | mau ingkang kalih prakawis | tan [ta...]

--- 216 ---

[...n] pakolihing badan | lair batinipun | mung pangalêm bêbingkrakan | dene alêm kang pakolih lair batin | kang rumiyin dèn ucap ||

8. ya kang saking ing gustinirèki | lamun kabênêran karyanira | ing gusti dadi alême | iku alêm satuhu | anrus lair tumêkèng batin | nyêgêri badanira | sanadyan sirèku | duwe wisma byar paradan | lamun karyanira kèthèr miwah sisip | tan wun amanggih duka ||

9. dene alêm mau ingkang saking | wong akathah alêm bêbingkrakan | yèn kawêtu ganjêl ambèn | măngka kang ngalêm iku | amêrtamu maring sirèki | sira tan nyugata |[11] ing saananipun | ngêloko alême ilang | iya dene dènnya mulih kongsi ngêlih | dene alêm kang nyata ||

10. nadyan wismanira tan linêwih | amung sêdhêng-sêdhêng sawatara | măngka kancanta pamane | kang padha amartamu | yèn amulih arang kang ngêlih | iku alêm utama | manfangat satuhu | wisma mapan ora kêna | ginawa mring paseban seba ing gusti | myang kinarya ampilan ||

11. kathah lamun winarnaèng tulis | ing pratingkah sudaning darajat [da...]

--- 217 ---

[...rajat] | miwah ing wahyu gingsire | ing sami-saminipun | mamèt misil kang wus winarni | ing rèh kang tibèng nistha | yèn uga linantur | pinalangan ora kêna | kudu bêrod yaiku pratăndha dadi | gingsiring wahyunira ||

12. lawan iya sabarang pakarti | kang midosa nganiaya ing lyan | dumèh tan kacihna ngakèh | mung sanak tuwa kang wruh | pinalangan sru datan kêni | yaiku tăndha bêsat | gingsire kang wahyu | pan wahyu iku nyatanya | lêwih rêsik yèn katon pan lêwih wêning | mancorong kadya wulan ||

13. wahyu alit lir lintang awêning | yèn dèn ajak panggawe tan arja | sukêr agêdhe napsune | kinon abingus-bingus | yêkti minggat lumayu ngênthir | măngsa kuranga unggwan | ing pamencokipun | ngupaya kang bêning ing tyas | wicaksana tyas raharja sadubudi | iku bisa rumêksa ||

14. rumaksane ing wahyu sajati | dahat ewuh gampang yèn linakyan | ing lêlakwan panyêgahe | karsa awas lan emut | sanalika tan kêna lali | risang amurbèng tingkah | sumendhe sumaguh | agagah nora

--- 218 ---

agahan | lêgawèng tyas sanityas anastiti |[12] mahambêk arjaning rat ||

15. saha rat sarwa rinakêtan ing sih |[13] dèn aêsah lan agamanira | ngagêma panyana sarèh | sumarah ing Hyang Agung | ngêgungêna puja sêmadi | sumêdya apranawa | pranawa liripun | amadhangakên tyasira | anyudaa ing bojana lawan guling | mandhang ngiring darajat ||

16. winatuning panarimèng ati | rinêsikan ing sastra Jawa Rab | bisa basa basukine | wruh lêlèjêming khukum | campure lan yudanagari | yèn wus rêsik mangkana | siramên ing kalbu | ati mantêp tan kumêdhap | akèh kêdhap tan dhinadhap mung ngadhêpi | idhêpe saking têdah ||

17. têdahing guru ingkang kalingling | langlangan ing tyas paramarta |[14] amartani pamintane | janma kang pindha punggung | asung boga ing pêkir miskin | kênanên ing wacana | yya ngrancanèng wuwus | wawasên têkèng wasana | sasananing utama tinaki-taki | takêrên atinira ||

18. dèn abisa rumêksa mêgari | maring wahyu lire dèn abisa | amung tyasira ugêre | arsa bakuh akukuh | aja kêna ginonjing iblis | maring lêson [lêso...]

--- 219 ---

[...n] sungkanan | iku amêmurung | maring laku kabêcikan | laku bêcik dum-dumaning wahyu jali | tuduh sihing Hyang Suksma ||

19. akèh lali lêlakoning dadi | saking tidha dhinêndha Hyang Suksma | samun sirna panêmêne | ing pakarti rahayu | kayuyun ing pakarti juti | juwêt ambawur sila | salaman-salumun | sulaya anyêla-nyêla | lalawora angawur awira-wiri | warananira sirna ||

20. siniwêr ing warana mawarni | winursitèng manis minanisan | ing manusa kang anènès | ngênas-ênas angunus | ngin-angina mrih angênani | mring angên-angênira | ngeram-eram arum | lir pangrungruming asmara | sumamare mari-mari yèn wus kêni | kinênan Kalatidha ||

21. yèn tan kêna kinênan kinèri | mring pangiwa kang owahkên arja | yèn wus awas pamawase | tan wus wawas ing wuwus | waskitha ring ripuning ati | ngatara anamara | umor ing pandulu | dêdalane nora samar | ing sarana yèn mêngkono anartibi | pêpagêring nugraha ||

22. nahan kaping rolas kang winarni | nyatakakên obah osiking rat | nalika măngsa kalane | ing kalisêngarèku [kali...]

--- 220 ---

[...sêngarèku] | myang ing kaliyoga ayun wrin | lamun anuju jaman | Kalisêngarèku | kèh dalajat katingalan | kèh wêwarta dora mosik ting kalêsik | sêk tan kêna tinulak ||

23. gara-gara rèh kagiri-giri | moga patala angambak-ambak | agraning kang arga gègrèn | warna-warna kadulu | cihna rêtuning kang nagari | ing kono dèn prayêtna | dèn rumasa ngaub | ing prajane ratunira | tur ta sira winisudha sinung bukti | paran tan prihatina ||

24. nanêdhaa ing Hyang Maha Suci | dèn ambantêr cêgah dhahar nendra | wurunga ing dêdukane | yèn datan kêna wurung | mung abêra saking sakêdhik | dêdukaning Pangeran | Kang Amaha Luhur | karana wajib sadaya | wong jro praja gêdhe cili jalu èstri | sami andêdongaa ||

25. sidêkaha têtulaking nagri | ing sakajat kawruh ta priyăngga | yèn tan ana barikane | parintahing sang ulun | lamun ana parentah nuli | dèn enggal lakonana | sarta dèn asêngkud | mau pananêdhanira | kang satêngah ing janma ana kang angling | angêkèhakên tingkah ||

26. mundhak susah

--- 221 ---

angrêrusak pikir | nadyan gègèr-gègèring wong kathah | rêja-rêjaning wong akèh | tur kang mêngkono muwus | sêsêmbranan tan têkèng ati | nanging yèn kabanjura | kang mêngkono wuwus | nêmpuh rusaking kang praja | papêrangan gègèr lir gabah tininting | dhèwèke pan kaponthal ||

27. kaleweran bakakrakan ngili | pothar-pathir ngithar kathetheran | dhêridhit ngêntèk tobate | tan angrasa wong iku | ngambah prajanira nrêpati | ngaub salaminira | upama wisma gung | ingauban wong akathah | payon rusak bocor apa enak-ènik | tan milu amayuha ||

28. ing sakuwasanta gêng lan alit | rumaganga mrih jêjêging wisma | supaya ing waluyane | wong kathah kang angaub | dadya olèh martabat bêcik | kalumrahaning janma | wau kang lumayu | dadya martabatan bangsat | sokur gègèr lumayu bari angutil | tan wruh lamun kaponthal ||

29. ayya ana kang salah mangarti | yèku ambêk janma kang arucah | nora kalêbu cacahe | tanpa gawe winuwus | nora

--- 222 ---

kêna mêngkono kaki | gêng alit dadya têpa | ing lêpihanipun | ing sê lawan ngucira |[15] sangsarane kacarita kurang titi | lapak wong kurang warah ||

30. waranane sêbit rontang-ranting | rantas anarantas marang ing tyas | sarira pan wus ukure | saking tambuh pitambuh | mung kaardan kang dèn idêri | andêdêr tan wruh kadar | kadaring ngês ambyuk | ing jêjurang sirna gêmpang | agêgampang nganggo karêpe pribadi | kang tan patut lan sastra ||

31. lamun ana obah liyan nagri | iku kaki sira dèn prayêtna | kina ana lêpihane | ing Jakarta praja gung | purwaning prang kalawan sênis | lami-lami mangetan | banjure dahuru | bêdhah prajèng Kartasura | banjur sangsayaning praja pothar-pathir | wit tan rêmbêg ing karsa ||

32. wong agunge anênalayani | wong cilike mawur asasaran | ting balêsar tanpa sarèh | pan uwis adatipun | wadya Jawi lir êram dadi | kalawan tambak mêrang | katêmpuh ing banyu | gêdhe bantêr alorodan | dhadhal larut tan ana tolih ing gusti | kadya sêsapu wudhar ||

33. panjang lamun winarnaèng tulis | nguni-uni akathah [aka...]

--- 223 ---

[...thah] kang obah | saking liya ing prajane | tumular analêtuh | marma dipun prayêtnèng wèsthi | dèn waskithèng pinăngka | paran purwanipun | kang dadya obahing liyan | supaya yya nalêtuh anênulari | dèn lêmbut nalarira ||

34. nalar kasap iku tan pakolih | yèn pakolih kaworan luwamah | bawah pêdhang gon-anggone | sanadyan pdhang iku |[16] lamun kasap kewala gêlis | punggêl pucuking pêdhang | yèn winoran lêmbut | awulêd pucuking pêdhang | lamun lêmbut kewala punang prajurit | melot pêdhang tan têdhas ||

35. bedane lan bawah kalam kaki | yèn anganggo kasap kaputungan | têmah pêpêre kalame | wus kathah kang kadulu | ing palupi lêpihannèki | ton Sang Narendra Krêsna | nuduh Bimasunu | panuduhe kurang lêmbat | wong wus campuh ing yuda mangkyèh pêpati | anganggo kalamăngsa ||

36. kurang lêmbute Sang Bimasiwi | dadya kaputungan analăngsa | mung sajugèku lupute | wus jamaking prang pupuh | asor unggul kalakon sami | sapisan maring kasap | sapisan [sapi...]

--- 224 ---

[...san] mring lêmbut | Sri Krêsna kaluputannya | duk patine Rêsi Druna dèn ekani | paekan komandaka ||

37. ing wurine Swatama malêsi | andhustha mring pakuwon Pandhawa | olèh têtiga patine | lah iku dèn aemut | lêpihan kang ing nguni-uni | ayya sok amacaa | sêru mêlang-mêlung | ing sastra Jawa myang Arab | rasakêna ing lughate dipun prapti | murade dèn têtela ||

38. ana obah osik tunggil nagri | nguni nagari ing Ngaksigănda | duk nêdhêng jaman kartane | obah osik sakuthu | lajêng dadya pêcahing nagri | katula katalêyah | wong cilike sumyur | kang dadya wayang andadra | angêngkoki tan wruh kalamun ing cili | Trunajaya cilaka ||

39. ing wong cilik ayya anyêlêki | lamun ana obah osiking rat | mung dèn awas ing sarèhe | nêdhaa ing Hyang Agung | mrih wurunga yya kongsi dadi | kadya ingkang wus kocap | panêdha ing ngayun | ing têmahe yèn kalakyan | dahurune wong cili kang anglakoni | lakon kalisêngara [kalisê...]

--- 225 ---

[...ngara] ||

40. wong agunge iya samya kontit | nanging lamun jaman kaliyoga | wong agung ulah kamuktèn | pan uwis lakunipun | ing adate nagari Jawi | marma ingkang tinitah | wong cilik dèn wêruh | ayya kongsi kalarahan | dèn amantêp anut osiking nagari | ayya angraras driya ||

34. Mijil

1. lamun ana osik ting kalêsik | saking sawiyah wong | lire saking ing sawiyah wonge | wong cilik tan jaman makam nênggih | warta kincih-kincih | angaku yèn wêruh ||

2. bakal orêg-orêga nagari | mêngkone mêngkono | akèh-akèh rekane wartane | rungokêna nanging yya ginati | iku warta saking | bangsat mrih dahuru ||

3. nanging ayya angêndhak sira ngling | ing wong kang mêngkono | prayoganên lawan watarane | sêsaurira bayaran ing ling | ing rèh dèn kalingling | ayya sêlang sambut ||

4. mung ayya sak ingkang asung warti | sira dèn waspaos | ing wong-wongan [wong-...]

--- 226 ---

[...wongan] ana panêngrane | iya ingkang wus kocap kariyin | pănca wodèng janmi | dora lan satuhu ||

5. jaman mangkya pan akèh kalêsik | sok dora angradon | pirang warta tan ana jêbule | nadyan wus mijil saking priyayi | prandene tan dadi | lire nora jêbul ||

6. lagi anitah mungguh Hyang Widhi | ing pawarta garoh | setan nginjên-injên pakaryane | kinarya pawitan dèn wuwuhi | dèn anggit pinurih | dadia dahuru ||

7. yèn dahuru wong ala pakolih | akarya pirantos | abêbalus migêna tan sarèh | ngadhul-adhul dènira mrih odhil | ngêdhadhakkên ardi | pawitaning dhadhu ||

8. dhadhakane mindha mindhik-mindhik | mêndhak-mêndhak dhodhok | yèn wus olih salah panyiptane | lan anyipta pakewuh pakering | dosa dèn sasabi | duraka sinurung ||

9. nadyan sinurang-surang ing wuri | anêrang wirangrong | nora rangu-rangu panggawene | wus anekad dènnya kadi dadi | arahaning bêlis | amblês [am...]

--- 227 ---

[...blês] ambêludhus ||

10. yèn wis mêngkono ananing janmi | dahat sru pakewoh | gone marèkake pratingkahe | atine pan wus kabuntêl gajih | tan kêna marêjih | pinurih sarêju ||

11. aja juwêt ala lawan ing ling | lan janma mangkono | ngiris-irisi ngarad gêgèrèd | ayya pangling ing panglimputing ling | ayya ta kalalin | alingana alun ||

12. samun êning nitya yya katawis | mawas dèn waspaos | pae kang wus lan angên-angêne | nora êlan yèn sira kalilin | tan ana ngalingi | lumalan nèng kayun ||

13. yumanane kahana ngênani | ing petung katonton | titènana têtika dèn ngêntèk | sosiking rat angrakêti dadi | ilafat sajati | kadya ta ing dangu ||

14. samya rare alit ingkang angling | dêdolan ngacêmong | wuwus iku iya sayêktine | pinèt ing kira-kira pan saking | wong tuwa kang angling | rare kang anurun ||

15. sangkrah susah rare dènira ngling | ingêkol pan bonbol | Sala lunga iku sadurunge | Kartasura mring Sala angalih | dèrèng [dè...]

--- 228 ---

[...rèng] dèn adani | cinêngkal pan durung ||

16. lami-lami kalakon sayêkti | wuwus kang mêngkono | yèku kalêbu obah osike | ing buwana wus amratandhani | yèn awas lan eling | barang rèh kadulu ||

17. kêdhap sasmita kang dèn ulati | satata nrus ing gon | yèn tumêkèng wêkasan tingale | wangsulêna tingalirèng nguni | mèngêt duk ing uwit | tinimbang lan tanduk ||

18. tanduk dadakan sira nindaki | ing rèh wus waspaos | kèh karaos nguni sasmitane | tinitèn wus amăngsa kalani | dèn angati-ati | tatanirèng laku ||

19. mapanana tatirah-tirahning | ngantara rinaos | ing cihna kang yuwana dadine | dora wêkca ayya wancak ati | dèn samun samining | sila susila yu ||

20. sayogyaning awismèng nagari | ngabdi ing sang katong | katongtona ing rat saosike | yèn wus dadi pandumirèng budi | sadiyaèng ati | kadya kang ingayun ||

21. ngayun-ayuna sihirèng Widhi | pamurung rèh keron | ana sêdya ayya tumêkane | ana têka ayya [a...]

--- 229 ---

[...yya] ana kapti | kudrating Hyang Widhi | kang akarya wurung ||

22. ing sih kalisêngara tan dadi | karsaning Hyang Manon | jaman kaliyoga lêlirone | asukura sèwu sukur kaki | sanitya sêtya ring | titah ayya surud ||

23. saradaning jagat kèh kaèksi | tan kasatmatèng wong | ya wong ingkang tan nalurèkake | nalirah ing nalar datan apti | sênênganing urip | ngarêp-arêp laku ||

24. lêlakoning ala kang linirik | yèn arja rinojong | pan mêngkono laku kalumrahe | moh ing ala akarêp mring bêcik | madya lakunèki | durung utamèku ||

25. abot lakune janma utami | angèl yèn ginayoh | para pandhita wali lakune | tyasira wus pindha jalanidhi | tan na kagyat osik | ing jagat kadulu ||

26. duluraning tyas ngakêni kapti | suh bratèng Hyang Manon | raga pinrih sirna winorake | lan raganira kang maha suci | wus tanpa sak sêrik | doh saking sakuthu ||

27. wus akutha wêsi purasani | rasaning têkèng ros | rasika ring rêrasan sakèhe | sasorahe [sasorah...]

--- 230 ---

[...e] sumarah sakalir | saliring utami | kang kataman tuwuh ||

28. tuwuh ayya tanpa tuwas kaki | pamawasirèng don | dèn prastawa ingêring panggawe | sopanane supaya sinami | sinamar-samar ing | sêrananing wuwus ||

29. ayya was-uwas yèn uwis angling | ling-lingên ing raos | raosêna sasana sênênge | sanalika yya kongsi kasilib | pilih kasêlan ing | sorah kèh tan arus ||

30. ngaras-arasa sarahsaning din | andina dèn adon | ayya adan yèn wis kadadène | dumunung ing sopana kang radin | rinadin ing kapti | ywa minge ring kayun ||

31. kayungyuna pangayun-ayuning | yuwana pangayom | angayêmi tyas mudha-mudhane | pindha pandhita sung wasita di | ring siswa saèsthi | isthaning abangun ||

32. bangun mabanguna ring tyas tis-tis | tatas nèng wêwangson | wasanane êning pamangune | ninditaning tata nityasani | sasananing êning | sumêngka sumungku ||

33. sumêngkaning driya tan diryani | sasiki saênggon | unggyaning angêrah rêjuning rèh | marawasa ya marwasèng [mar...]

--- 231 ---

[...wasèng] wèri | wèri wirota di | wawêrining kalbu ||

34. kalabaning loba kang ngêlèbi | labaning kalangon | ngalang ngala ngalaya langêne | ilangêna ayya angênani | ngungun monênga ring | rêringa rèh arum ||

35. arum-arum pangrungruming ragi | ragan-ragan angrok | angrakêti rikat pangrukête | yèn wus kagêm agêmên kang gêmi | gumunitèng sari | sari sarira mur ||

36. murwating rat ngimarat mawarni | saniskarèng katon | katonton ing ringêr têtikane | kana-kene kunang angênani | ring dildaraèni | yèn panggah kapangguh ||

37. yèn kapangguh panggahên nèng ati | titaning patêmon | têmênana nganam tumanême | anêmaha munaha karatis | tatas nèng utami | tumampièng wahyu ||

38. ayya wahya wiyara ngawêri | wêrana tan anon | anênungku nukar karanane | nênakêra karananing olih | ngulaha ngaluli | lukita kaluluh ||

39. luluh panjrah nikang sarwa-sarwi | sumirat sumorot | soroting rat pinasah sêsamèn | sêmang-sêmang sinurang [si...]

--- 232 ---

[...nurang] sinarik | mendah manda dening | ngêning anon anung ||

40. tan apanjang wasitanira nis | pinugut pinêgot | pagagate gita wasanane | ing Magêlang wêdharing palupi | sêrat sun arani | ya Sasanasunu ||

41. sununira jêng radyan dipati | kapisan ing mangko | kang jumênêng gumantyèng ramane | Arya Danuningrat kaping kalih | kang tansah ginalih | mung karsa mêmangun ||

42. apa mangun pitutur kang bêcik | bêciking lêlakon | lêlakone swargi lêluhure | linuhurna ayya lali-lali | linurèkna dening | putra wayahipun ||

43. pan emuta wuruk kang sajati | jatinên ing batos | yêktosêna ayya mecla-mecle | cèlèngana sakuwasanèki | wulange kang swargi | sayêkti rahayu ||

[Tandatangan: Mangoendiwirjo Magêlang]

 


Kurang satu suku kata: ki calaka pan raina wêngi. (kembali)
anganggoa. (kembali)
ginggangkên. (kembali)
Kurang satu suku kata: nguni jênêngira Shèkh Malaya. (kembali)
Lebih satu suku kata: ya Sèkh Malaya iya Suhunan. (kembali)
angunandika. (kembali)
alit. (kembali)
bangkit (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: ayya ta asalah tămpa. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: apa japane yèn tan nêkani. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: sira tan anyugata. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: lêgawèng tyas sanityasa anastiti. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: saha rat sarwa rinakêt ing sih. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: kalanglangan ing tyas paramarta. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: ing sêla lawan ngucira. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: sanadyan pêdhang iku. (kembali)