Wasiyat Dalêm Mangkunagara III, Anonim, #1131

JudulCitra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Grafik]

--- [0] ---

Wasiyat Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara Kaping 3

--- [2] ---

[Grafik]

Wasiyat Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping 3

--- 3 ---

Wasiyat dhawuh dalêm suwargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3: têmên, mantêp, gêlêm, nglakoni, aja kagetan-aja gumunan.

Katranganipun kados ing ngandhap punika:

1. Têmên. Mênggahing lair, manawi tumandang ing damêl, kêdah ingkang tumêmên, botên ngangkah gampil saha sêmbrana, dipun tênggani utawi botên, sami kemawon katabêrènipun. Ngèngêti sagêda nêtêpi sêsanggêman kuwajibanipun, supados kenging kapitados prakawis ingkang parlu-parlu, punapa malih ingkang rèmèh.

Mênggahing batos, têgêsipun, botên slingkuh saha culika sasaminipun, ucapipun runtut pasaja, botên rêmên lamis angamandaka, dados kasêbut suci lair batosipun.

2. Mantêp. Mênggahing lair, sadaya ingkang sampun dipun sagahi kêdah sagêd rampung, botên anggrantês angrêsula, sadaya ingkang dipun lampahi têtêp. Botên sêmbrana andaleya, botên lêleda nandhingakên, mèri pandumaning sanès, dados kasêbut tiyang sêtya ing jangji.

Mênggahing batos, punapa ingkang kasêdyakakên, kêdah [kê...]

--- 4 ---

[...dah] ngantos kadumugèn, punapa ingkang kagayuh ngantos kasêmbadan, botên kêmba botên bosênan, dados botên kasêbut tiyang ingkang gêndhak kalakuanipun.

3. Gêlêm. Mênggahing lair, kajêngipun botên wêgahan, ajrihan, nanging botên tilar kaprayitnan, sadaya tindak ingkang awrat saha gawat, botên mèngèng ing kardi, dados kasêbut tiyang santosa ing damêl.

Mênggahing batos, punapa awrat èwêting pamanah botên kumêdhap, botên anggrantês angrêsula, kinudang sagêda nglêksanani sadaya dumugi rampung, dados kasêbut santosa ing tekad.

4. Nglakoni. Ing lair, têrusanipun: gêlêm, tindakipun mawi êmpan papan, tanpa kandhêg, talatèn sarèh manut parluning damêl, bangkit amilahakên saha amilih parlu tuwin sunat, botên wor suh ing patrap.

Ing batos, purun nampèni gampil angèling pamanah, lêlampahaning agêsang, botên rupak saha mawi pamrih, wêkasan tansah lêgawa ing manah, botên watak urup-urupan, punapa ingkang kajibahakên kêdah kacunggah nglampahi, dados sinêbut sagêd ngrampungi ing damêl, têmahan gêsangipun botên badhe rumaos sangsara.

--- 5 ---

5. Aja kagetan. Sanès kagèt sêruning suwantên, nanging kagèting pamanah, sagêdipun makatên, kêdah ngrumaosi apêsing titah, sadaya sampun ginantungan pêpasthèn, anut pandamêlipun piyambak, mangêrtos bilih ing dunya punika, kawêngku ing pangadilan gaib ingkang langgêng, wêkasan manah dados sabar.

6. Aja gumunan. Sagêdipun makatên, kêdah pitados bilih titah punika, kaêroban saking sihing Allah, kang tanpa wangênan kawasanipun, punapa ingkang ginayuh kalayan tumêmên, tamtu kasêmbadan, wêkasan angwontênakên tundha-tundhaning kabêgjan, anut pakartinipun piyambak-piyambak, ing têmahanipun botên gadhah watak mèri, jail, srèi sasaminipun, punapa kaelokaning lêlampahan, pitados bilih saking sihipun Kang Murbèng Alam, kabêkta saking tumêmênipun, ingkang sinung nugraha wau.

Ingkang dados gêgayuhaning para sadhèrèk ingkang amêmule: kol. Punika sagêda para kadang sadaya sami gadhaha watak rukun, sarta dados tiyang sae, inggih kados makatên punika patrap ingkang kamulyakakên para lêluhur, sanadyan dhatêng para tiyang sêpuh ingkang taksih nukuli, inggih damêl bingah [bi...]

--- 6 ---

[...ngah] ngantos rumaos mulya.

Bêbasan kina: mêndhêm jêro, mikul dhuwur, suraosipun: mêndhêm jêro, adamêl katêntrêman wontên ing alam kalanggêngan: mikul dhuwur, adamêl kuncaraning nami wontên ing dunya, kabêkta saking kasaenaning para turunipun.

Mênggah kêkapanipun tiyang rukun punika, santosa samukawis ingkang kinajêngakên, kaeringan dening sanès.

Sambekalanipun, manawi botên sami anglubèrakên sih marma, apuntên-ingapuntên, punapa ingkang dados rêngating manah: ewadèntên panambakipun, bilih sagêd sami momot ing manah.

Pêcahipun karukunan, saking watak lamis saha culika, amung anggêga pamrihipun piyambak, bêbasan galugu katlusuban luyung.

Widadanipun karukunan, manawi sagolongan punika, sih-sinisihanipun, kados sihipun dhatêng badan piyambak. Dene dhatêng sanès inggih sampun kirang sae, supados kasêbut akrapipun tiyang sae.

Ingkang nama watak sae, punika tiyang ingkang botên anggêga sasênêngipun manah piyambak. Ananging kêdah mawas dhatêng raos têpa, angêmong watak saha kawontênaning sanès, dados ingkang mastani sae punika tiyang sanès, sarta ngumum, botên amung [a...]

--- 7 ---

[...mung] pangraosipun piyambak. Sagêdipun tumindak sae, gumantung kalimpataning pangraosipun tiyang piyambak-piyambak.

Ingkang kasêbut watak sae punika, ingkang sabar, momot, rêmên damêl lêganing manahipun tiyang ingkang kabêtah, damêl pêpajar ing kapêtêngan, angènthèngakên ingkang kawratan. Tuladha kados Rêsi Parasara, lêgawa ing pasambatan, sabar ing patakonan, narima ing kalonglongan.

Makatên nugrahanipun, kasêmbadan sasêdyanipun, katarimah salampahipun, kalis saking salwiring bêbaya.

Ingkang dados sambekalanipun kasaenan, manawi anêrak alusing têpa, tindakipun tanpa dugi prayogi, patrapipun tanpa udanagari (sidhangsiring), lampahipun tanpa êmpan papan. Bilih kataman lajêng gêtapan, panasbaranan. Ing ngriku tuwuhing gagêthingan saha cacongkrahan, ingkang lajêng angrisak kasaenan, sarta mêcah karukunan. Dene tindak wau ingkang kajagi amung tigang prakawis. Ilat ulat ulah.

1. Ilat, têgêsipun, pangucapipun ingkang patitis manis.

2. Ulat, têgêsipun, guwayanipun ingkang sumèh mêrak ati.

3. Ulah, têgêsipun, tandang-tandukipun ingkang sarèh

--- 8 ---

susila anoraga.

Kados makatên punika sarana ingkang anênuntun margining kawilujêngan salamining agêsang.

Wontên wêwêlingan dalêm suwargi, ingkang awis kasumêrêpan, ingkang dhumawuh dhatêng kêkasih dalêm, Mas Kapitan Ngabèi Jayapranata:

Yèn parentah wong, sarat kudu mèlu nglakoni dhisik.

Kados makatên punika suraosipun. Ingkang parentah kêdah ugi sagêd anglampahi, dados kagêga warahipun, margi pirsa lêrês lêpatipun, utawi supados pirsa têpa, margi ngraosakên awrat ènthènging damêl, dados sagêd koma-koma, punapa malih anêbihakên watak sumêngguh, kumawasa, saha ingkang kaparentah botên rangu-rangu anggèning nglampahi, dhokoh, sayuk, sumanggêm pandamêlipun.

Warah karukunan: Gambuh

Lamun sirarsa rukun | lawan kadang sanak miwah karuh | anglubèrna sih marma marang sasami | kang anom kudu miturut | kang tuwa wajib angêmong ||

Têgêse ngêmong iku | amot mêngku anuju mrih sarju | aywa ladak ing ulat wuwus lan wêngis | manis arum yèn pitutur [pitu...]

--- 9 ---

[...tur] | angongak wênganing batos ||

têgêse kang miturut | nut ing pangrèhing bênêr rahayu | eling-eling wong urip tan lawas lalis | dèn gayuh hayuning kayun | ywa tinggal gănda lir bosok ||

--- 10 ---

Sarasilah

Ingkang Sinuhun Mangkurat 3 ing Kartasura, ampeyan saking Nglaroh, mijil:

Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkunagara, ing Kartasura, garwa ăngka: 2, putri saking Blateran, putra:

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 1, Surakarta, garwa ampeyan ing Nglaroh:

Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya 1, Surakarta, krama Kangjêng Ratu Alit, putri dalêm kaping 3:

Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkunagara 2: Surakarta, garwa putri Sindurêjan, pêputra:

Bandara Radèn Ayu Pangeran Arya Natakusuma, Surakarta, putra Sumadiningratan, pêputra:

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 3: Surakarta, krama Sêkar Kadhaton, putri dalêm kaping: 5:

2. Krama Radèn Ayu Mangkunagara, putri Suryamijayan.

__________

Ingkang Sinuhun Mangkurat 3, Kartasura, garwa Kangjêng Ratu Kêncana, putri Kapurbayan:

Ingkang Sinuhun Pakubuwana 2, seda Lawiyan, Surakarta, garwa Kangjêng Ratu Kêncana:

Ingkang Sinuhun Pakubuwana 3, Prabu Surakarta, garwa

--- 11 ---

Kangjêng Ratu (Bêruk) Kêncanawungu:

Ampil saking Kaduwang, mijil:

Kangjêng Ratu Alit. Krama Kangjêng Pangeran Prabumijaya, Mangkunagaran, pêputra:

Kangjêng Gusti Pangran Dipati Arya Mangkunagara 2, krama Sindurêjan:

Bandara Radèn Ayu Pangeran Arya Natakusuma, krama putra Sumadiningratan, pêputra:

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 3:

__________

Ingkang Sinuhun Mangkurat 3, Kartasura, ampil saking Kêdhu, putra:

Kangjêng Pangeran Adiwijaya, Kartasura, Seda Lèpèn Abu, ampil Mas Ayu Cilik:

Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat. Katariman putri dalêm kaping 3, pêputra:

Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, krama putri Mangkunagaran kaping: 2, pêputra:

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kaping 3.

--- [12] ---

[Grafik]