Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 01–12)

Judul
Sambungan
1. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 01–12). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 13–17). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 18–25). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tajusalatin[1]

1. Sinom

1. ngêronkên kamal turunan | kêkancingan dèn angkani | (32) tri dasa kadwisastra (A/3) A | kacorèk mawa ăngka tri | manira nindya mantri | karaton dalêm Sang Prabu | Surakarta Diningrat | sawusira anampani | dhumawuhing timbalan dalêm narendra. ||

2. ingkang sinuhun lan asma | kangjêng susunan mapangi |[2] dina Kêmis lèk (19) sangalas | Rêjêb Jimawal ăngkarsi (1853) | sasrastha atus luwih | sèkèt tri wit saka iku | ingsun mantri wasesa | ing mêngko dhawuhkên maring | Dyan Tumênggung Arungbinang kalerenan ||

3. kalawan urmat gonira | dadi wadyaning narpati | bupati [bupa ...]

--- B, 2 ---

[... ti] aran Majêgan | ing Gagatan awit dening | wus ora andarbèni | kawajiban marmanipun | sauripe manawa | sira tuhu datan kêni | ing prakara kang ingaran kadurjanan ||

4. iku kaparingan pangan | lawan nganggur sabên sasi | (f 84) wolung puluh pat rupiyah | dene ta pangkat tanapi | panganggo sarta maning | linggihane padha tulus | sarta iku manawa | dina gêdhe uga maksih | klilan seba kadi dene adatira ||

5. mangkono manèh kalilan | ngabêkti sor pada aji | ing mêngko kasinung aran | wadya narpati amiji | sartanya madana [mada ...]

--- C, 3 ---

[... na] mring | didalêm wadananipun | parentah kapatihan | dene kêkancingan iki | têturunanira kasinungkên marang ||

6. Dyan Tumênggung Arungbinang | supayanira ngawruhi | dhawuhira kêkancingan | kaping (19) nawa wêlas sasi | Rêjêp Jimawal warsi | trining buta naga sunu |[3] puniku têgêsira (1853) | sèwu wolung atus luwih | sèkêt katri sasi Lănda nuju tanggal ||

7. kaping (8) wolu Marêt warsa (1923) | sèwu sangang atus luwih | têlu likur mantri-muka | (wg) wege puniku jinarwi | asmanira Dipati | Jayanagara myang sampun | cocog lan lugunira | Sasranagara puniki | gêgarapan wisudha praja lukita ||

--- D, 4 ---

2. Asmaradana

1. dening kasêngsêming ati | ginanjar ing kanugrahan | kang munya wèni dadyalot | sayarda sêsantiningwang | konjuk Gusti Kang Sipat | Rahmanirakim mugyangsung | maring kangjêng sri narendra ||

2. dinirgèng yuswa tanapi | sênggang sugêng sênênging tyas | nirkara-kara sawiyos | makatên malih pudyèngwang | mring para agêng ingkang | amandhega kridhanipun | ngadil kukum marta muga ||

3. sênêng widada arjanti | myang andhahannya pra garap | mugi manggih karahayon | myang kadugèn ciptanira | kang dadya sênênging tyas | sor yeka kancingan lugu | datan rinumpakèng sêkar ||

--- E, 5 ---

Turunan

Kêkancingan ăngka 32, A/3.

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anampani dhawuhing timbalan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, amarêngi ing dina Kêmis tanggal kaping 19 Rêjêp Jimawal 1853. Ing mêngko andhawuhake marang Radèn Tumênggung Arungbinang kalerenan kalawan urmat gone dadi abdi dalêm Bupati Pamajêgan ing Gagatan, amarga wus ora duwe kawajiban, sauripe manawa ora kêna prakara kadurjanan, [kadurja ...]

--- F, 6 ---

[... nan,] kaparingan pangan kalawan nganggur kèhe sabên sasi (84) wolung puluh papat rupiyah, pangkat panganggo lan linggihane padha kalastarèkake, manawa dina gêdhe, isih kalilan seba kaya adat, sarta isih kalilan ngabêkti saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kaparingan jênêng abdi dalêm miji, madana marang abdi dalêm wadana parentah kapatihan.

Kêkancingan iki turunane kaparingake marang Radèn Tumênggung Arungbinang, supaya sumurup.

Dhawuhing kêkancingan kaping 19 Rêjêp Jimawal 1853.

Utawa kaping 8 Marêt 1923.

--- G, 7 ---

Pêpatih dalêm (wg) Jayanagara.

Sampun cocog kalihan lugunipun.

Sasranagara.

Garapan wisudha praja lukita.

3. Maskumambang

1. kumambange wèh aran layang puniki | sabda ayu mula | wêlingku mring putu-siwi | arahên sabên kumêcap ||

2. ingkang bêcik tulusna ywa nganti lali | lan niyatna sabar | niyatna narimèng ati | krêkêt murka kipatêna ||

3. sanggêmana kang lagya tumibèng dhiri | sanadyana karya | susahing driya kapati | kang têtêg bae tyasira ||

4. awit dening jatining manusa iki | mor siji satmaka | lawan ing Hyang

--- H, 8 ---

Maha Suci | mungguhing pralambangira ||

5. lir surya myang cahyane sira dèn lantip | maring krêkêting tyas | turutên yèn krêkêt bêcik | yèn krêkêt dur sirnakêna ||

6. ewadene sira kudu sun tuturi | yèn sira madyendra | ratu iku tuhu kêni | kapindha widhi kawuryan ||

7. yèn ngrêkatkên anggêre tar blela maring | kaparênging Pangran | Kang Agung Kang Maha Suci | kang wus dhumawuh lumantar ||

8. Gusti Kangjêng Nabi nayakaning bumi | kudu tinut wuntat | lamun datan tinut wuri | yèn bêndu puniku wignya ||

9. angrusakkên lêlakon dènirandasih | ewadene yèn ta | sira têmên anglakoni [a ...]

--- I, 9 ---

[... nglakoni] | ngibadah nêmbah ing Suksma ||

10. limang waktu măngka sira tuhu lagi | nglakoni sêmbahyang | sang ratu runtik kapati | kang têtêg ngandêl ing Suksma ||

11. krana dening wus ana tuladan nguni | kasêbut pustaka | makutha Sri Tajuslatin | ana panjênêngan raja ||

12. nuju sare tinunggu wadya kêkasih | dupi sri narendra | anglilir dènira guling | wadya pangrêksa tan ana ||

13. dyan kewala katimbalan dupi prapti | bênduning narendra | kacitra yayah sinipi | kêkasih mau turira ||

14. pan kacêkak marlokkên nêmbah Hyang Widhi | sang raja sangsaya | bêndunira [bê ...]

--- J, 10 ---

[... ndunira] sêdyanggitik | lagya ngagagi puwara ||

15. gapura gung rungkat bata angrutugi | panti kamar nata | sang nata dyan ngasih-asih | kêkasih muga ngaksama ||

16. dupi nata wus nabda minta ngaksami | pangrutuging kamar | mênêng Hyang Suksma ngaksami | nak-putu padha wêruha ||

17. bêbênduning Hyang Suksma mangkono nganti | awit mau raja | nyêgah wong eling Hyang Widhi | iku bangêt nora kêna ||

18. ingkang măngka sapintêr-pintêr wong urip | kudu nglakonana | panggawe kang mratandhani | ambêg iman marang Suksma ||

19. kawruhana siji iman marang Widhi | datan melik ngalap | randhaning kănca tanapi | batur

--- K, 11 ---

bandara myang lurah ||

20. lan sadulur yèn narajang anglakoni | ngalap yèku karya | salah panggraita dadi | tundonira[4] karya tiwas ||

21. nanging iku pratăndha ngimankên cilik | lèn ngimankên kadya | salat anêmbah Hyang Widhi | kang munya makutha raja ||

22. sarta mau munya ing Tajusalatin | yèn mung ngalap răndha | nglakoni agyèng narpati | mung kudu anut kewala ||

23. yèn tan manut tundone puniku dadi | aniwasi badan | lêlakon denirandasih | lèn lamun tan madya nata ||

24. nora kêna pinêgsa lamun sang aji | tan tinut karsanya | dudu dasih măngka nuli | sang raja nêmpuh midana ||

25. iku mêsthi paduka raja pikolih | wawêlaking [wa ...]

--- L, 12 ---

[... wêlaking] Pangran | Kang Agung Kang Maha Suci | nak-putu padha wêruha ||

26. kaping pindho aja pisan angrabèni | wadon alurannya | tlèdhèk nadyan ayu yêkti | angungkuli Dèwi Uma ||

27. linakonan tut wuntat ambarang dadi | badhut cucut ucap | lucu ginuyu sujanmi | bungah dadya tiwasira ||

28. kaping têlu sira aja wani-wani | rabi luwih papat | yèn sira narajang dadi | ngrusak sarak karasulan ||

29. dadi padha narendra ngakal tanapi | angrenah mring sarak | iku kêna dèn arani | nekat anêmpuh duraka ||

30. kang mangkono niwasi jiwa myang dhiri | kaping pate aja | ngrabèni [ngrabè ...]

--- M, 13 ---

[... ni] marang pawèstri | durung kasahan lakinya ||

31. sanadyana bapa kaum nanggung wani | nging iku gêmampang | sarak nadyan êmpu luwih | bangkit madung kapuk lêmbat ||

32. yèn tan wêruh puwaraning kang arjanti | wit kurang prayitna | niwasi amula sami | eling awas kinanthia ||

4. Kinanthi

1. nalika têmbung kinidung | sêkar Kinanthi marêngi | tanggal ping (21) salikur Rajap | Jimawal sangkalèng warsi | pintêr pramanèsthi arja (1853) |[5] suta-putu dèn udani ||

2. kaping pănca aywa nêmpuh | wani-wani angulihi | tilas rabine pribadya | ingkang pinêgat ananging | pêgate tanpa tinalak [ti ...]

--- N, 14 ---

[... nalak] | aja dumèh durung laki ||

3. yèn datan têrang pangulu | lamun ginampang niwasi | kaping nêm nak-putu priya | lamun sira durung luwih | aja rabi luwih juga | lan yèn durung duwe budi ||

4. nyêmar momot sarta cukup | balănja mêrta samèni | lamun tan mangkono dadya | mring badan jiwa niwasi | kang kaping pitune sira | suta priya kalamun wis ||

5. tuwa aja sêja ayun | rabi rara nom kang lagi | kumêncur kalamun sira | sugyarta mal yèku mêsthi | dèn mal êmêl ngamalira | yèn tan sugih nadyan yêkti ||

6. budimu sabar kalakung |[6] utawa lêmês kapati | wêkasan kaku bêngkayang | sabar ilang runtik prapti | yèn tan kadya wong ngawula | prabu

--- O, 15 ---

kênya aniwasi ||

7. kang kaping wolu dipun wruh | têdhak cilik rabi olih | aluran santanèng nata | kajaba jiniyat aji | kang jênêng Putri Tariman | kudu sandika nglakoni ||

8. yèn rabi dhewe kranantuk | sêbutan dyan ayu saking | putri têrah naradipa | sanadyan cacat tanapi | miskin pinuwung nanging ta | yèn tan sêmbada niwasi ||

9. kaping sanga janma jalu | jaka nom aja ngrabèni | răndha aos gabug tuwa | jaka kapralambang kadi | pitik trondhol kinon saba | nèng lumbung gêng kêbak pari ||

10. sata wuda bungah nucuk | pari lêmu daging gajih | nanging yèn tan padha nrima | saru

--- P, 16 ---

dinulu niwasi | kaping sapuluh ywa pisan | sok gêguyon lawan èstri ||

11. dudu rayat tingkahipun | kadi rayate pribadi | dèn maha supayanira | kawruhan kèh tunggal linggih | ngisin-isinkên sawangnya | nadyan bojone pribadi ||

12. yèn mangkono bangêt saru | de kang somahe kinardi | pratingkah rêsêp sêmbrana | yèn mrina ciptaning ati | iku wong anyidrèng prana | yèn tan prayitna niwasi ||

13. ping sawêlas dipun emut | maring pitutur puniki | aja sok sêmbrana marang | janma èstri kang wus akir | myang wus laki sarta lêgan | sanadyan wus nini-nini ||

14. wit iku liruning wuruk | kadyagni lan wrêksa aking | sandhing [sa ...]

--- Q, 17 ---

[... ndhing] cêdhak magêpokan | suwe-suwe iku nuli | mêmpan sêpining sujanma | bêl gumrubug aniwasi ||

15. kaping rolas mring sadulur | gênti nyilang anyilihi | sabuk kinarya kêmbênan | kêkêmbên iku kinardi | sabuk sumawana nadyan | wastra wiyar kang kinardi ||

16. bêbêt tapih wêling ingsun | aja-aja anglakoni | sanadyan wus samya wêrda | kaki-kaki nini-nini | niwasi dèn eling padha | ping têlulas wêling mami ||

17. poma-poma dipun emut | mring prakara gêng kapati | mungguh paribasanira | sanyari prakara bumi | sadumuk bathuk prakara | wadon iku aniwasi ||

18. yèn salah pratikêlipun | tiwase nganggo nomboki |

--- R, 18 ---

ngumur raga gumalimpang | mula poma dipun eling | ping catur wlas iku aja | ngingu batur wong pawèstri ||

19. răndha nom lan prawan kêncur | myang ngingu batur sujanmi | dhudha anom jaka kêmbang | kalamun datan darbèni | butarêpan iku arja | kang măngka iku duwèni ||

20. butarêpaning kalbu | toging ngêndon aniwasi | ping limalas iku aja | tukar padu lawan rabi | bantên ngrusak sagung barang | myang sanadyan bocah cilik ||

21. dadi bantên dènnya nêpsu | tanduran dipun têgori | kang mangkono bokmanawa | dadya wiji aniwasi | ping nêmbêlas aja arsa | ngêpèk sandhang lawan bukti ||

22. darbèke kang aran sunu | sanadyan sutane dadi | wong agung sinêbut jendral | iku sudarma [sudar ...]

--- S, 19 ---

[... ma] sru nisthip | mring rahman rakim kalepyan | kalamun murah lan asih ||

23. budi satiyare turu | ciptaning nala lot lali | melok melik lèking anak | inganggêp rahmating Widhi | kajaba yèn jêmpo ina | absah dèn sandhangi siwi ||

24. sartanya kasinung puluk | yèn tan mangkono niwasi | ping pitulas sira aja | sok ananggung marang janmi | têpakna badan pribadya | solan-salin kang binudi ||

25. wêdia sira ananggung | marang sujanma jalwèstri | yèn katrajang gawe tiwas | kaping wolulas ywa nganti | ing sagon-gone sulaya | sumawana săngga-runggi ||

26. mring anak rayat sadulur | sanak tăngga sarta maning | kănca batur praja desa | ambêga kang rukun bêcik | watak wong dhêdhêr sumêlang | toging ngêndon aniwasi|| [a ...]

--- T, 20 ---

[... niwasi||] 27. ping sangalas dipun emut | aja nganti anglakoni | malêbu wismaning janma | ingkang nuju suwung sêpi | nadyan ana kang angrêksa | sujanma wadon tanapi ||

28. wus tuwa myang swaminipun | ingkang andarbèni panti | nadyan dudu rabinira | jalu wanita sujanmi | dhudha răndha tan prabeda | padha toging don niwasi ||

29. petung kang kaping rongpuluh | eling-eling dipun eling | yèn ingandêl mrih rumêksa | donya ngamal lan pawèstri | kang têmên rumêksanira | yèn cidra tiwase mijil ||

5. Mijil

1. duk manawung têmbung lagu dhong-dhing | tinêmbang pamiyos | amarêngi tanggal tri likur lèk | Rêjêp bahni tata ngèsthi yêkti |[7] sangkalaning warsi | Jimawal liripun ||

--- U, 21 ---

2. (1853) sèwu wolung atus sèkêt katri | wêruha trah ingong | ping salikur ywa dadi prana yèn | sira durung duga-duga bangkit | mranani prajurit | kang kinêpruk mungsuh ||

3. măngka rowang prajurit kalindhih | dènira prang popor | dadi manjing sira ingkang gawe | soring rowang kajayèng wiradi | iku aniwasi | de kang ping dwi likur ||

4. tamun[8] sira katêkan sujanmi | lanang sarta wadon | minta nginêp sawêngi sartane | luwih saka sawêngi ywa lali | lapurêna maring | kamituwa kampung ||

5. dene sira yèn lungan pribadi | nginêp anèng pondhok | amintaa dipun lapurake | kadya mau lamun dèn inêbi | kang mangkono murih | tuluse rahayu ||

6. awit iku surasane kadi | ananggung

--- V, 22 ---

maring wong | lamun sêpi musawaratane | marang kamiwêrdane ing dèsi | sarta dèn arani | kapalaning kampung ||

7. tan langgênge bêbudèning janmi | bisa gawe ewoh | nganti nyata tumiba tiwase | mula kabèh lakuning pakarti | dèn waskitha eling | mrih rinêksa ayu ||

8. kaping têlu likur dadya janmi | aja karêm mondhok | lir tan niyat darbe wisma dhewe | sêmu karêm ngayom sandhang bukti | mring kang dèn pondhoki | sanadyana tuhu ||

9. kang sinandhang lawan kang binukti | nora pisan ngayom | nanging iku lakon suwe-suwe | mundhing pundhuh wong suwalèng kapti | mibur kadya pêksi | mencok cabang taru ||

10. iku aran tiwasing ngaurip | nahên ta nyariyos | ping patlikur aja sira gawe [ga ...]

--- W, 23 ---

[... we] | jêjalaran tangise cah cilik | lire awit dening | wiji pambedamu ||

11. duk ngelingi tata kramèng janmi | bapa sabar momot | dupi bocah kêkêjêr tangise | datan kêna pinaripih murih | mênêng mêksa nangis | bapa manthêlêng sru ||

12. bisa dadi jalaran bilai | mula dumadya wong | ywa kasêpèn ngati-ati tyase | ping salawe padha dipun eling | aja ngrakêt siwi | bocah wancinipun ||

13. lagya bae sinapih ing bibi | yèn tuman kalayon | marang êmbok utawa bapakne | măngka ana pakaryan marêngi | dipun tinggal wajib | bocah dènnya klayu ||

14. pan kapati tumêka pakarti | mêcat nyawa layon | bapa bibi saka pangêmonge | dyan dèn ajak maring gon pakarti |

--- X, 24 ---

nyangking bocah cilik | bangêt nora patut ||

15. têmahane iku aniwasi | ping sat[9] likur ring wong | kang angajak sujanma sutane | apadene dasihing sujanmi | nadyan nêmbung tuwin | datan mawa nêmbung ||

16. kang mangkono iku bêbenggoling | luput bangêting wong | akèh lire yèn tan yitna tyase | nora wurung iku aniwasi | nihan kang winarni | kaping pitu likur ||

17. nglarangana marang bocah cilik | kang dolanan pangot | lading arit lungit sasamine | myang ywa tega yèn dolan pribadi | manawa marêngi | apêse puniku ||

18. katiwasan poma dipun eling | mring pitutur ingong | kaping wolu likur pêpetunge | bocah lit ywa pinitayèng kardi | momong bayi

--- Y, 25 ---

maksih | sapihan lan nusu ||

19. sumawana kang ran bocah cilik | aywa pisan kinon | gawa barang rêga utawane | tirta brama kala yèn marêngi | apês iku mêsthi | têmah tiwasipun ||

20. kaping sanga likur aywa kongsi | watak karêm batos | ambatang ngling utama sêmune | kaduk manis lan kaduk ngèsêmi | kang mangkono janmi | sêmbrana dadyèku ||

21. datan têtêp pangrênggêping kardi | tiwas toging ngêndon | ping tri dasa elinga yogane | aja kongkon janma kang wus asring | cidra nadyan yêkti | darma lan sadulur ||

22. kinongkon mring cêdhak sarta têbih | tan kêna adad wong | ingkang uwus kabanjur watake | nora wurung iku ingkang yêkti | kukuh

--- Z, 26 ---

dhêdhasaring | kusur nora ayu ||

23. ayun mêsthi iku aniwasi | nahên ta kacriyos | ping tri dasa juga aja jêbèng | ngrakêt wong kang sêmbrana ing budi | kapatuh tan bêcik | tan wirang tyas rusuh ||

24. kaluntane wong sêmbranèng budi | adad yèn kapêngkok | prakara gêng gya bingung driyane | watak bingung was-uwasing ati | toging ngêndon mêsthi | niwasi tan ayu ||

25. nihan kaping katri dasa duwi | yèn dinuta katong | tuwin lungan pribadi parane | mring nagara liyan măngka nuli | dinuta lèn aji | dèn bang opah sèwu ||

26. mawa surat keguh tyase lali | mring wêwekèng batos | toging ngêndon niwasi dadine | ing kaping katri

--- A, 27 ---

dasa katri[10] | aja watak ati | ngumbar sanggup lamun ||

27. sanggupira lamun tan lastari | marang sadhengah wong | mundur maju wirang têmahane | kang tan antuk wahyuning Hyang Widhi | ngrasenak manawi | mujur nora mundur ||

28. kang mangkono tiwas kang pinanggih | ya ta kang kacriyos | ping tri dasa catur aja jêbèng | maido myang ngandêl linging janmi | sarimbit sru silip | jêbèng yogyanipun ||

29. dipun guna dèn tahan nêngahi | watara supados | toging prana nêmu arjantine | lamun datan mangno pan dadi |[11] tikanang pinanggih | tiwas nir rahayu ||

30. ping tri dasa pănca kang tan olih | wawênanging katong | amanganggo busana purihe | wimbuh bagus barêgasing [barê ...]

--- B, 28 ---

[... gasing] warni | yèn ana thêg gêthing | nguthik-uthik ratu ||

31. puwarane puniku amanggih | wirang puh bêntoyong | katiwasan puniku arane | mula jêbèng dèn maju miyarsi | mring wulang utami | aywa niyat mundur ||

6. Durma

1. ingkang kaping tri dasa sat[12] sira aja | nyengkok tingkahing Gusti | sabarang kewala | lungguh sarta laksana | culikan saêmit kuwi | dadine ngambrah | èsthinên ywa niwasi ||

2. ping tri dasa sapta aja sêja ladak | ngêkul ngina sasami | sasamining gêsang | kang awit saka nalar | mêlok-mêlok wus kaèksi | mula tan susah | winicara mrih uning ||

3. kang mangkono [mang ...]

--- C, 29 ---

[... kono] dadi winih kaluputan | sartane mênèk dadi | prakara tundhêsan | dyan kêmpyung katiwasan | ping tri dasa astha kaki | aja sok sira | misuh mring samèng urip ||

4. sapiraa mau ingkang kapisuhan | yèn tadhah budi eling | mêsthine narima | nanging yèn padha janma | sru kêngkêng kakonan kapti | samya sudira | bêja sru yèn mung sami ||

5. munggah marang pradata nguruskên nalar | lamun pras-prês niwasi | ping tri dasa nawa | aja sok kibir iya | gung-gung badane upami | kang awit saka | ngêndêlkên brèwu dhuwit ||

6. lan upama nyuwita sri naranata | kanggyèng karya dèn sihi | myang guna sabarang | katon [ka ...]

--- D, 30 ---

[... ton] dènira ladak | tanpa darbe mêrak ati | iku tan yoga | gawe wiji niwasi ||

7. kaping catur dasa jêbèng sira aja | ngandêlkêl[13] wêca saking | wong liyan tan yogya | kajaba kang ingaran | guru iku datan kêni | yèn winicara | wit wus sah sing nur gaib ||

8. lamun jomplang wêcane mau sujanma | toging ngêndon niwasi | ping catur daseka | aywa sok anggêgampang | prajangjian lan sujanmi | lire gêgampang | prajangjian kanang nir ||

9. pinacak nèng pustaka samya wèh tăndha | tèkêne ingkang sami | mau prajangjian | dyan cêkêl-cinêkêlan | yèn ijoan dènnya sami | mau jangjian | yèn cidra [ci ...]

--- E, 31 ---

[... dra] salah siji ||

10. tan trimane kang têmên marang kang cidra | kang cidra aniwasi | mring kang têmên ing tyas | ping patdasa dwi aja | sring clandhakan calak tuwin | nyaut têgêsnya | mancèni myang maoni ||

11. sarta nyaru ngina gunaning sujanma | dupèh dhèwèke bangkit | sartane utama | datan trimane ingkang | winaonan lamun sami | suraning driya | tan wun campuh niwasi ||

12. ingkang kaping catur dasa katri aja | angsring gêgampang maring | sakalir prakara | yitnanana kang dadya | pringgawèsthine ing wuri | iku sanadyan | nir karya walang ati ||

13. nanging lamun tan sinambangan puwara | dudon riyon tanapi | salang sêsurupan | sirku ngene kang juga | ora mangkono [mangko ...]

--- F, 32 ---

[... no] sir mami | dadi prakaran | sru rame aniwasi ||

14. ingkang kaping patang puluh papat aja | awani-wani maring | anggêgampang ngamal | mas picis raja-brana | durung sah kang awit saking | gumantung lagya | kargêm[14] asta manawi ||

15. dipun gampang thal-thil narajang anyilang | măngka wake sayêkti | tan nut darbèni hak | tan bangkit sung lirunya | tan trimane kang darbèni | ngamal sinilang | mêmpêng minta niwasi ||

16. catur dasa pănca jêbèng sira aja | manggung pasrah Hyang Widhi | măngka yaktinira | durung wruh têmbung pasrah | marang Hyang Kang Maha Suci | luput patrapnya | liron basa pan dadi ||

17. sasar-susur wit arsa katutuh ina | têmahan anêniwasi |[15] ping catur dasa sat |

--- G, 33 ---

aja karêm botohan | sarta karêm amadati | nadyan mênanga | ngêndêlkên brèwu dhuwit ||

18. karêm karo dudu panggawean kasap | lire kasabing kardi | sah suci pinangan | pakaryan mung karya |[16] lêtuhing praja marahi | tan arja karya | tipis saranging dhiri ||

19. têmahane gawe lakon katiwasan | poma-poma dèn eling | kaping patdasapta | nadyan sanak lan suta | nanging karêm juti tuwin | madati sarta | botohan iku wajib ||

20. sinimpar kang mandrawa kang awit saka | ngrêgêdi praja dèsi | jêr iku jatinya | dadi satruning raja | nora wurung nêniwasi | ping patdasastha | sring kewala ywa kaki ||

21. anglakoni pra padu pokil antuka | kulak padu tanapi | dol padu drigama |

--- H, 34 ---

ngrakit krama kang karam | sinumpah mung lêgi gurih | waton ananggap | ongkos dènnya nekadi ||

22. karanjingan setan sêta sambêl mina | tur yèn wus anêmahi | katiwasan sambat | mangkene biyung biyang | biyung tulung-tulung mami | aku cilaka | mucuk mêncit kapati ||

23. Alah Alah Pangeran Kang Maha Mulya | sumpah kang lêgi gurih | mangkya dadya rasa | sru tan eca sakeca | cêkrag ri langu myang gêtir | gaib manabda | iya rasakna dhisik ||

24. tumêkane tobatna soka supayang | sira olèh ngaksami | ping patdasa nawa | jêbèng sirèku aja | nganggras ngêngkos samèng urip | lire wêruha | watak karêm ngapusi ||

25. utang nyilang galênggêm kabanjur nora | niyat pisan nyauri | tansah ngabas-abas | dènnya murih antuka | sandhang

--- I, 35 ---

pangan angapusi | sanadyan nganggras | yèn prentahan nir sisip ||

26. lamun prentah rasanan tumraping kampak | toging ngêndon niwasi | kaping sèkêt aja | wêwadul sumawana | tumbak cucukan tanapi | drêngki cêngilan | ngomyang-ngomyang lan maning ||

27. juwal tutur supaya dèn suba-suba | ruba basa ngapusi | ngrêti tama nging ta | karêm ngimêl durmala | setan kang dèn tinut wuri | rongèh tan pandak | dadine aniwasi ||

28. kaping sèkêt juga jêbèng sira aja | rubungan ngundang janmi | gêdhe cilik wayah | latri kalawan rina | esuk sore dènira ngling | bisikan sora | amarga lamun kêni ||

29. rêrasanan arsa ngècu myang tinarka | ngraman iku ngrantabi | têmah katiwasan [ka ...]

--- J, 36 ---

[... tiwasan] | poma dèn eling sira | kang kaping sèkêt kaduwi | sirèku aja | nganggur lêgan nir rabi ||

30. anak sarta baturira ngagur[17] uga | nir darbe karang kitri | măngka dalu siyang | mangan enak lan madad | kang mangkono iku mêsthi | nora kapenak | wêkasan aniwasi ||

31. ingkang kaping sèkêt têlu aja sira | kêrêp pista myang drawi | sajêng dyan nayuban | bungah gumuyu ngakak | malenggot ngajoni ringgit | kang gêthing padha | bungah nyokurkên batin ||

32. katêmpuhing bilai kêna rasanan | culikanirèng budi | iku karya suda | prayitna katiwasan | mula-mula têrah mami | kang padha sira | gambuh mring wuruk mami ||

--- K, 37 ---

7. Gambuh

1. kala anggubah gambuh | ri Anggara Kasih wanci dalu | gathita dwi tanggal sapisan marêngi | Arwah ing Jimawal taun | guna tata èsthining wong |[18]|

2. iku sangkala têmbung | (1853) lire sasrasthatus sèkêt têlu | sumurupa ing mangkya ingkang winarni | kaping sèkêt papat kulup | aja-aja gèr dadya wong ||

3. sing karêm anggalugur | jonggal-janggol munggèng tăngga dalu | nandyan siyang ngalênthung lahanan prapti | iku kèh pakewuhipun | păncabaya gèr dipun wroh ||

4. yutan wêndran kasêbut | păncabaya puniku kalamun | anarêngi apêse nistha niwasi | kaping sèkêt lima lamun | wayah bêngi krungu gêndhong ||

5. titir tikanang kudu | têka tandang ywa ijèn [i ...]

--- L, 38 ---

[... jèn] Lumaku | ngêntènana sangkêping rowang lumaris | sumawa gèr kalamun |[19] ana bêngok alok-alok ||

6. durjana maling kècu | tandangira aja dhewe kudu | angêntèni rowang sangkêp kadya ngarsi | kang pinurih tulusipun | mlaku tandang karahayon ||

7. nêt tyas dhewe ngling arum | athik ana wong panitranipun | tumrap buku sawiji awarni-warni | gya grênêg maluya arum | dening dènnya mardi batos ||

8. murih bungahing kalbu | nulis wulang tama dimèn sêngkut | nadyan pama putu siwi nora apti | nging wak dhewe yèn jinuru | dening hyang lot sêdya nganggo ||

9. kaping sèkêt sat[20] petung | tutur bêcik marang anak putu | anggèr-anggèr poma-poma ywa nglakoni | ambêg sudira kumlungkung [ku ...]

--- M, 39 ---

[... mlungkung] | sun tuturi aja wangkot ||

10. lamun lumaku dalu | pêtêng dhêdhêt wimbuh riris riwut | nadyan padhang rêmbulan prayoga mawi | sarata ting gêni murup | sanadyan mung gêni obor ||

11. mula mangkono kudu | kang pinurih anêmu rahayu | kinalisna lêlakon ingkang niwasi | kaping sèkêt pitu wuruk | anggèr suta putuningong ||

12. aja sring pisan dhal-dhul | ngunèkake bêdhil sartanipun | gêndhong titir muhung ta kinarya main | mangkono iku kang krungu | samya gita sagunging wong ||

13. rikat prapta gumrubyug | puwarane muhung sira mau | pêrmainan kang mangkono aniwasi | wulang kaping sèkêt wolu | myarsakna nak putuningong ||

14. yèn lingsir wêngi nuju | sirêping wong sira mlaku-mlaku | dhewe êmple [ê ...]

--- N, 40 ---

[... mple] nadyan ana kang tut wuri | lan ana wisma kalamun | ngumbar swara bêngak-bêngok ||

15. gawe kagèt wong turu | nora bêcik kalamun anuju | anarêngi apêsing badan niwasi | kajaba rundha gumrubyug | panganglanging janma patrol ||

16. nanging nganglange mau | lamun lèk-lèk pamuwuse sêru | prasasate agya maling murih dhêlik | sambanging patrol lamun wus | mulih maring panti patrol ||

17. si maling nulya wangsul | mring jro dhadhah cêdhak wismanipun | kang yun dèn rah ngamale lamun wus guling | jugile kinarya dhudhuk | soring batur murih bolong ||

18. mula yèn sambang mau | dipun sidhêm mênêng nora muwus | yèn mangkono bokmanawa bangkit kardi | tiwasing durjana mau | katangkêp tur durung nyolong ||

--- O, 41 ---

19. ping sèkêt sanga petung | aja tinggal waril têgêsipun | elik-elik kaya ta janma lumaris | nasak sartane kasusu | murang marga apêsing wong ||

20. sikilira anyandhung | bata watu ingkang kasapuh |[21] lèn sikile wong liyan nanging wus mêsthi | sikile dhewe krasa puh | mula-mula dumadya wong ||

21. kang ngati-ati tulus | mrih rahayu adoh tiwasipun | ping sawidak yèn mlaku doh dipun mikir | ywa nganti kasaput dalu | lamun lakunta kadalon ||

22. maksih munggèng dalanggung | adoh desa dyan nginêp ing lurung | kang mangkono gêdhe pakewuhe murih | tan kawêngèn yèn lumaku | marang ing laladan adoh ||

23. mring pangira dèn putus | murih aywa kawêngèn nèng nglurung | dadi bisa nginêp ing desa tur bangkit |

--- P, 42 ---

kang kinarsan bisa tutug | sarta nêmu karahayon ||

24. petungan warah wuruk | ping sawidak siji aja kulup | sok mêmindha kusuma sikêp lan santri | pra yayi sabrang myang guru | maksiyatan dhukun dèn wroh ||

25. kajabane kang uwus | têka waril tan kêna cinatur | yèn katitik dadi nistha anglingsêmi | katiwasan dipun wêruh | warah rèh nèng asmarandon ||

8. Asmaradana

1. duk nawung lêlagon kingkin | dalu jam dwi nuju tanggal | kaping pindho candrama lèk | Arwah Jimawal ing warsa | tinêngêran sangkala | guna tata ngèsthi ayu |[22] pyarsakna warah rèh petang ||

2. ping sawidak dwi ywa kaki | mindha dhalang prayayi myang | santri dhumukun sartane | gumuru kumriya sarta | gumuna [gu ...]

--- Q, 43 ---

[... muna] sumawana | mindha bangsat sartanipun | mindha tani sarta mindha ||

3. jagul mindha sabrang kaki | poma iku ywa kalepyan | cêgahên gèr sakabèhe | marga padha karya tiwas | ing mangkya piyarsakna | wiyata utama petung | sawidak tri aja sira ||

4. pêrmainan tumbak kêris | sagon-gon gèr gêgesrekan | sanadyan sira têmêne | dahat pinunjul digdaya | rèhning kawêngku raja | sabarang kang aranipun | ngungaskên punjuling badan ||

5. kalamun gèr liyan aji | ana kang datan narima | kang mainan mangkono gèr | jinaluk satêmah tiwas | kaping sawidak papat | ywa sok gumuna sartèku | sumakti sanadyan sira ||

6. sujati kalamun luwih | apadene

--- H, 44 ---

aja sira | mungal-mungil mungup gawe | komête sujanma liyan | aja eram kagetan | marang janma ingkang gunggung | myang janma mêmanis driya ||

7. kabèh iku malat lali | lamun kalantur kalepyan | dadi tiwas wusanane | ping sawidak lima aja | sira sok narik braja | brigah-brigih kadya pupuh | sagon-ênggon kadya ana ||

8. papan kalanganing jurit | iku saru nadyan ana | ing jogan kamar ambok yèn | eblis lanat alêledhang | aruh-aruh sanadyan | kulit têmbaga atos sru | yèn barêngi apêsira ||

9. katiwasan iku mêsthi | mula dèn eling wong gêsang | kaping sawidak êsat[23] yèn | lêledhang ngalênthung sarta | milang-miling sartanya | mring pomahan warung-warung | aja aninggal gêgaman ||

--- I, 45 ---

10. parlune ambokmanawi | ana sato kewan galak | luwih manèh yèn ana wong | angamuk riwut tandangnya | yèn ninggal mau braja | kaparan ngêpèh donipun | katiwasan kang pinanggya ||

11. lan manèh sirèku kaki | ngawruhana wiyatarja | iki ăngka wilisane | sawidak pitu gèr aja | ngaruhi ngrampèk nyanak | marang ing wong dhangling gêmblung | lan wong owah edan warsa ||

12. apisanak cêdhak tuwin | mandrawa yèn nuju kumat | gêmblung edane iku gèr | yèn sira kurang prayitna | ing driya bisa karya | tiwase marang badanmu | ping sawidak wolu aja ||

13. mirong bêbêt nglingkap kèksi | pukang cincing kris kinewal | yèn tan kinewal kacothe | moco-moco [mo ...]

--- J, 46 ---

[... co-moco] susur nginang | udan ngladèni bapa | myang bandara sarta guru | yèn ngadhêp imbal wacana ||

14. tangane sraweyan sarwi | ngiwa nêngên kêna ngaran | durung wruh marang panggawe | tata-krama nanging aran | kurang wuruk tan nulat | sila tata yoga tanduk | dèn eling murih raharja ||

15. ping sawidak sanga kaki | wruha mring iki wicara | nadyan mijil sing wêngkone | pribadi angore rema | ikêt kacu sruwalan | bêbêt sabuk sartanipun | timange aran cathokan ||

16. kalamun iku lumaris | rarase manthelang nglangak | nganan ngering pan olèhe | jadhug nanging calunthangan | ywa arêp nyudarsana | supaya nê-mu [nê ...]

--- K, 47 ---

[... -mu] rahayu | doh prakara katiwasan ||

17. kaping sapta dasa kaki | manèh iki niti bahya | ngawruhana sira jêbèng | pratingkah ingkang aninggal | tata yogèng satmaka | têmbung luhung nora wêruh | duga prayoga tan wikan ||

18. sigug siku nora uning | bêja yèn mung pinisuhan | myang cinêluk gênjik cèlèng | aja arêp nulat sira | murih widada arja | ing mangkya anyatur petung | kaping sapta dasa juga ||

19. ywa bungah dèn umpak kaki | jroning sira kandhap-soran | kudu waskitha dadya wong | maring sêmu ulatira | mring janma kang angumpak | ulatana nalaripun | mêsthine bisa kapanggya ||

20. aja mênêng sira kadi | gupala rêca kewala | tanpa budi nir nalare | yèn mangkono [mangko ...]

--- L, 48 ---

[... no] toging prana | tiwas ingkang pinanggya | yèn dèn umpak wajib têrus | tyas mosik minta ngaksama ||

21. mring kang sipat sakang[24] yêkti | batin kang nganti karuna | ping sapta dasa dwi anggèr | aja kèlu mring wong jamak | nir dhang-dhing girang berag | ngalètèr matayanipun | lir wong baring turut marga ||

22. mindha kabaringan Widhi | dening putus kawruhira | pratala samodra wene | ngakasa satêbanira | kawêngku ngèlmunira | iku kêkasih Hyang Agung | yèn tan mangkono glèthèknya ||

23. kadudut ardaning budi | angkara èrêm tan kuwat | masuh mrih suci malige | betal makmur myang mungkaram | trine betal mukadas | burêng mala têmahipun | tiwas katitah manusa ||

--- M, 49 ---

24. rêgêde malige katri | dening rusuhing sujanma | dènirantuk sih Hyang Amor | nèng malige tri prakara | kasinung rahmat nikmat | wusana tan malês mênthur | tuna dènira satmaka ||

25. aja sah pangati-ati | murih nora katiwasan | kaanan kang katon mêlok | kang kawêngku ing ngèlmunta | padudon kabèh wruha | mahasa tan iku tuhu | aja mamang antêpana ||

26. lilingên saka ing eling | tangi lungguh lan lumaksa | satingkahmu dipun anon | mring tan mau sanadyana | ngliyêp layap luyutnya | ywa kalepyan dipun emut | tăndha jati trêsnèng Suksma ||

27. kang kaping sapta dasa tri | aja sira tanpa sinjang | balêjêt katon murate | wong akèh rame gumuya | miyat wong wuda suka | iku sirna drajatipun | satus [satu ...]

--- N, 50 ---

[... s] taun lawasira ||

28. iku murungake maring | bakal ing wusananira | bilai tuwuh tiwase | ping sapta dasa pat aja | mudani wong janglu myang | janmèn wyuh kang ngakir ngumur | kajaba purbaning nata ||

29. nir sagunging pănca wèsthi | yèn sapadha adatira | nêmu cilaka margane | utang wirang nyaur wirang | tan wurung puwaranya | katiwasan kang tinêmu | kaping sapta dasa pănca ||

30. tumitah jênêng sujanmi | krêkat gayuh mrih wibawa | kang pandak aja malêndèk | grêngsêng-grêngsêng tapa-brata | lêmpe-lêmpe barungkah | tapa-brata sak jam muhung | dènnya barungkah sacăndra ||

31. sacăndra ping dwiwlas sasi | tan èngêt mring tapa-brata | saêjam gumrêngsêng manèh | cah-cuh mijilkên lêludhah | ungase tapa-brata | brungkahira kadya lurung | tinurut dirganing marga ||

32. iku pralambanging budi | dènnya [dè ...]

--- O, 51 ---

[... nnya] anggayuh wibawa | ganjarane mung malêndèk | dadi tiwas puwarannya | mung lir pucung nomira | tuwa kluwak tujunipun | dadya bumbu jangan pindhang ||

9. Pocung

1. duk manawung sêkar Pucung siyang nuju | jam tri nuju tanggal | ping têlu Ruwah ing warsi | kang kaaran Jimawal sangkalanira ||

2. bahni bayu èsthine marang rahayu (1853) |[25] mula lot kaplantrang | gyanya nawung wiyata di | kang dèn arah arjantine mrih widada ||

3. wulang petung ping sapta dasa sat[26] kacung | aja darbe watak | myang ambêg kaya wong mancing | iku agung lupute gèr sartanira ||

4. ratunipun niaya sarananipun | swami têmahira | misaya puniku kaki | yèn katrucut dadi tansah kaelangan ||

5. wahyu luhung katiwasan aranipun [aranipu ...]

--- P, 52 ---

[... n] | nahên mangkya gêlar | wiyata darma winilis | kaping sapta dasapta ywa nut wanita ||

6. swami durung asêsiwi nadyan langkung | asih yu warnanya | ayu sak rat dèn ungkuli | umpamanya lir wrêksa pelag ngrêmbaka ||

7. myang ngrêmbuyung riyu yom kinarya ngeyup | nging sêkar wohira | tanpa guna awit saking | aniwasi marma gèr èngêta marang ||

8. iki wuruk ping sapta dasastha kulup | ywa rasanan ingkang | sêpi pamrih lire kaki | kang marojol saka wiyata utama ||

9. myang yèn dudu pakaryanta cacat agung | angilangkên marang | dauladmu mula kaki | pêpaitan pangucap iku gèr sira ||

10. kudu-kudu mindêng ngrêksa kang satuhu | murih aja tiwas | mêsthi ya nêmu arjanti | kaping sapta dasa nawa piyarsakna ||

11. wulang luhung pêpeling agnya ywa ayun | kalangênan marang | ing dhiri tirta na urip | nora kurang ing dunya kanggo klangênan ||

--- Q, 53 ---

12. sêsotyaku sumawana kancana nung | sato-sato lawan | pêksi-pêksi gèr tanapi | kaundhagèn myang nênêndur[27] nging yèn salah ||

13. pamêrdimu mring turăngga nora wurung | iku karya tiwas | kaping astha dasa kaki | ywa gawean yèn durung wruh dadinira ||

14. bok yèn kalbu kapiduwung iku laju | angilangkên marang | kawaskithan ta wit saking | osiking tyas puniku minăngka sipat ||

15. yèn kalimput mosak-mosik kang kinèlu | nalar tan prayoga | tanpa niyat sira jagi | sayêktane[28] katiwasan kang pinanggya ||

16. mangkya petung ping astha daseka kacung | lamun nuju ana | tontonan kang sru mengini | kudu miyat kaya ta wiyosan sarta ||

17. sasamyèku ywa nyêpênkên [nyê ...]

--- R, 54 ---

[... pênkên] mring wismamu | dèn mranti wêweka | nadyan tata rêja nagri | srana ngrêksa apêsing badan supaya ||

18. nêmu ayu yyan tan mangkono bok lamun | katiwasan dadya | piduwung nganti prihatin | kukuhana brung abis miyat tontonan ||

19. bungah ubyung ulêng-ulêngan andulu | amor kèh awêndran | kang santosa nata batih | miyat murih tulud dadi wong wêweka ||

20. nihan nyatur ping astha dasa dwi wuruk | utamèng manusa | ywa pisan anggugu maring | janma ingkang sira durung tuhu têrang ||

21. watakipun nadyan katon saka sêmu | kinira sing nalar | ambêg raharja ing budi | nanging aywa kapencut mring ucapira ||

22. myang kapencut kaprawiranira têguh | ngèlmu samar têrang |

--- S, 55 ---

yèn tan nyata aniwasi | kaping astha dasa tri gèr aja sira ||

23. ulat campuh lan ulate èstri wangun | tyas sarju mring sira | yèn sira tan ngrêksa lali | kalanture gya klangênan we satmaka ||

24. iku kulup kang mangkono sababipun | kelangan prayitna | nandyan anyirnakkên maring | landhêping tyas mabêbingung kabudayan ||

25. têmahipun ila-ilaning wêwuruk | ambêdhêlkên carma | dadya aran aniwasi | ingkang kaping astha dasa catur aja ||

26. sira kulup nganggo gaman ingkang durung | wêruh watakira | morja singune tan bêcik | kajabane têmên tangguh kăntha warna ||

27. sartanipun ambu rasa iku lamun | tan mangkono dadya | nêmu prakara niwasi |

--- T, 56 ---

awit wruha amilih prakara gaman ||

28. arungsit sru binangkite tuhu putus | marma pruwitaa | supayane bangkit milih | ingkang kaping astha dasa pănca aja ||

29. sira kulup nglakoni sanjan kang langkung | saka wangkitira | kajaba sumiwèng Gusti | sarta marang wismèng lurah bêkêl miwah ||

30. wismèng guru kêna bae sabab iku | angundhakkên marang | kandêling nalanta kaki | lèn martamu sasama-sama manawa ||

31. cotar-catur caturan puwaranipun | ana ngling kang dadya | sêsiku tumrap sirèki | têmahane kang tinêmu katiwasan ||

32. iki petung ping astha dasa sat[29] wuruk | tarlèn mring utama | aja sira karêm gêndhing | lamun pangkat durung antuk kang winastan ||

33. dipun junjung saka sor sinêngkèng luhur | nadyan mangkonoa [mangko ...]

--- U, 57 ---

[... noa] | yèn sira wêtu miyarsi | suwaraning pradăngga nêngsêmkên driya ||

34. swara mau miyatên dèn têrang tuhu | mring ngêndi sirnanya | aja gagah ngaku uning | gurokêna ngèlmunta murih sampurna ||

35. supayèku krungu swarèng pradăngga sung | sêngsêming wardaya | mandrawakkên narik ati | ngècèr-ècèr mancuring tirta satmaka ||

36. awit iku nampuri panggawe ayu | yèn dèn ta pruwita | tan wignya sampurna yêkti | kalaksanan cêgah dwi tan sininggahan ||

37. dadya masyuh badan budi gandanipun | ngambar ginarayang | nglirwakkên pangèsthi eling | lingsêma sru murih nora katiwasan ||

38. mangkya petung astha dasa sapta wuruk | aja lali marang | manungsa kang gawe bêcik | marang sira

--- V, 58 ---

malêsa myang kanthi duga ||

39. sartanipun ywa tinggal prayoganipun | măngka tan kawasa | dènira sêdya malês sih | aywa ngaya murih aja balik bêlah ||

40. ngulir kalbu sêdya luhung malaju |[30] jungkelang nanging ta | yèn têmên wignya malêsi | kabêcikan wusana sru lali sira ||

41. iku laju jungkelange mandar asru | iku rasakêna | supaya sira tan lali | mring sujanma kabêciki marang sira ||

42. ya ta petung kaping wolung puluh wolu | ywa nênilip sira | kang dudu wajibmu kaki | nalika rèh sabarang rêmbug kêkêran ||

43. têgêsipun wadi-wadi sira laju | datan bisa cêgah | kadarpan ta miyoskên mring | sêngkêran lyan iku bangêt tan prayoga ||

44. janma idhup kudu kèdhêp ngadhêp tulus | nora katiwasan | supaya sabarang [sa ...]

--- W, 59 ---

[... barang] kardi | kang linakyan widada rasa sarkara ||

10. Dhandhanggula

1. duk manawung sêkar Dhandhanggêndhis | latri tabuh katri nuju dina | Arbo Pon tanggalira lèk | ping (9) sanga Saban taun | ing Jimawal sangkalèng warsi | (1853) tri tata tanu rupa |[31] mangkya kang cinatur | kaping astha dasa nawa | aja nora ngawruhi watak pribadi | sabên mosik sirira ||

2. bênêr bêcik nanging awit saking | tan wruh yèn dur mula nêmpuh nulya | sugih padu pamikire | wus bênêr bêcik mau | dadi tansah kang dèn lakoni | rasa maido marang | wasita kang luhung | kang tinata para dibya | nitibaya wêkasane aniwasi | mring badan nêmpuh durta ||

3. nora pisan-pisan ngrumangsani | sarta krasa lamun kaèsêman | janma

--- X, 60 ---

kèh ngumpak têmêne | dyan cikrak-cikrak muwus | tarak inggih kula duk ari | katêmu lan sang dhadhap | pangalême asru | kang kacritan amaluya | inggih-inggih pangalêmira kapati | kang inggih isin nawang ||

4. janma ingkang putus ahli budi | pancèn mudha pugung budinira | mung kelingan tyas melike | lir glathik pêking manuk | tansah mencok gaganging pari | ambok yèn lama-lama | woh pari mangangsung | sisilan kang dipun arah | galèthèke mung mangkono kang dèn incih | tan wruh yèn katiwasan ||

5. kaping nawa dasa juga kaki | lamun sira arsa mapan nendra | dhisikna badan sucine | lire wisuh myang kêmu | lamun uwis mangkono kaki | mapan nendra nganggoa | bantal guling têmtu | lamun tan mangkono kadya | sato bangêt [bangê ...]

--- Y, 61 ---

[... t] lupute tan jagi-jagi | yèn gadhuhan roh jasat ||

6. gănda rasa têrus karsèng Widhi | mundhut iku têmah katiwasan | ingkang mangkono nak anggèr | poma-poma sirèku | kudu uning panggawe kuwi | arungsit ewuh aya | binangkite kudu | mêsu panuwun mring Suksma | ywa sêmbrana ngarahkên apa sirèki | ing don luhung katunan ||

7. kaping nawa dasa juga kaki | aywa wani mêngakkên wacana | ingkang kukuh kêkuncène | saengga gaib iku | satêngahe ambuka maring | warana tan dèn etang | kalamun puniku | akèhing pangajinira | karèmèhkên sapele kang dipun purih | ginunggung bangêt suka ||

8. sukakira tanpa dugi-dugi | dadya aran iku katiwasan | ping nawa dasa dwi

--- Z, 62 ---

anggèr | poma-poma sirèku | mapan guling ywa eling maring | prakara ing kadunyan | sabab iku tuhu | laranganing ngèlmu wruha | bubuhanèki jasat Gusti tan wajib | mèlu mikul rêkasa ||

9. sayêktine Gusti amung wajib | dadi papan kewala ènthèng wrat | kajibah nèng sira dhewe | yèn karêm wrat ing turu | santosa sru datansah eling | nanging kal donya ilang | mung Pangran kadulu | yèn mangkono jatinya |[32] aniwas marang jiwa raga mangkin |[33] wêwulang kang kapetang ||

10. kaping nawa dasa katri kaki | lamun sira mêlèk latri siyang | aja lali sira anggèr | ngabêkti mring Hyang Agung | kapindhone ngabêkti maring | jêng nabi nayakèngrat | kang tuhu rinasul | sayêkti wajib ngagêsang | yèn [yè ...]

--- A, 63 ---

[... n] lalia sayêkti kulup niwasi | nawa dasa pat aja ||

11. lali marang patir tan sêsuci | wit yèn ana wahyaning wahyunta | dimèn suka pandulune | marang sucinta mau | yèn carobo anulak mêsthi | murungkên mring wahyunta | tiwas aranipun | nawa dasa pănca aja | nyuda jênênging janma lire dèn ngrêti | yèn ngundang cangkiwingan ||

12. sirah buntut iku nora bêcik | mênèk runtik ingkang dipun undang | lamun samya surèng tyase | sapele dadya pupuh | iku dadi aran niwasi | sangang puluh nêm aja | nampik sarta angkuh | duk ing sira tinakonan | myang dèn undang katon sêmu sira nampik | marang ingkang angundang ||

13. măngka ingkang ngundang watak bêngis | tan sabar nalare tan srantan |[34] yèn mangkono

--- B, 64 ---

kalakone | kang ngundang nulya nêpsu | lamun padha sudirèng iti | sapele iku dadya | katiwasanipun | nawa dasa sapta aja | nundhung janma supaya angalih panta |[35] mung dening nora rêna ||

14. măngka janma kang tan dèn rênani | sajatine ambêge raharja | myang sêca tuhu atine | yèn susah yêkti nêmpuh | walatira bisa niwasi | ping nawa dawa dasa astha |[36] aja sira kulup | dadi dêdalan sabarang | laku sisip kaja kalamun lali |[37] sarta durung uninga ||

15. nadyan dosa nanging dosa cilik | ingkang agung tan kêna katrangjang |[38] kalamun dadi dalane | sujanma kang katrungku | myang pêcate yitmèng sujanmi | puniku dahat karya | tiwas kang tinêmu | nawa dasa nawa aja | sok gumampang atêtulung dadya wakil | sujanma kinunjara ||

16. dosa pati sarta [sar ...]

--- C, 65 ---

[... ta] dosa sakit | kajabane janma ingkang sêja | malês sih-sinihan nging yèn | pinikir dawa durung | wêkasane lambange kadi | laron malbèng dahana | amung tiwas lêbur | lêbure tan antuk swarga | nanging langgêng manggon munggèng narakagni | dene yèn para janma ||

17. ingkang samya kèri ijèh urip | munggèng dunya kauntungan dahat | enak-enuk jasat rohe | driyane sênêng tulus | myang rinêksa ayu Hyang Widhi | tekat labuh mangkana | tuhu iku patut | linakonan manjing dadya | kautamaning sujanma angèlingi | wulang tama tan tiwas ||

18. kaping satus poma aja sami | sok ambuwang nampik prasanakan | kawaruhan[39] sasamine | lire kapêthuk lungguh | aja isin ngaruh-aruhi | sanadyan durung têpang |

--- D, 66 ---

nadyan wong lit lamun | amor cêdhak lêlungguhan | tur malarat aruhana iku bêcik | kalamun tan ngaruhan ||

19. bok yèn grênêg sira dèn arani | janma dhiri mula ywa isinan | buja-krama bêbasane | murih antuk pujayu | kaping satus juga ywa kaki | butêngkrêng mara tangan | mring rabi myang sunu | wayah bêngi sarta rina | yèn tanggan ta prayagung măngka akardi | gita panggalihira ||

20. bêja lamun sira dèn sabari | yèn dinukan sira katiwasan | kaping satus dwi siranggèr | sagon-gon darbe kalbu | kaugunga myang ngadi-adi | sanadyan ngèngèr bapa | sumawana biyung | yèn katrucut iku cacat | tumpangsone katutuh ambêg tan bêcik | tansah trus katiwasan ||

21. kaping satus katri aja kaki | jêjalukan [jêjalu ...]

--- E, 67 ---

[... kan] tanpa darbe wirang | sir muwus kasab panggawe | panggawe kasab iku | karingêtên jajan pikolih | iku suci pinangan | yèn tan mangkonèku | karan ambêg katiwasan | aywa pisan-pisan sira anglakoni | watak tukang mêminta ||

22. kaping satus catur aja kaki | mangan munggèng sagon-gon kewala | warung cilik warung gêdhe | nadyan nèng panti ngayun | lurung bango koplakan nami | iku nistha wit tan layak |[40] upama anuju | lungan doh bêcik lèrèna | nèng padesan kang darbe wasma[41] tumuli | lungana dhuwit ingkang ||

23. nganti cukup sarta anurahi | kanggo gawe sêga lawan mina | panganan myang ombèn-ombèn | yèn kang darbe wismèku | ora arsa nampani dhuwit | sêja nyuguh kewala | rahaba amuluk | nging ulihmu

--- F, 68 ---

ninggalana | dhuwit nganti kang luwih suguhing janmi | dimène nora nistha ||

24. lamun datan mangkonèku kaki | iku aran katiwasan sira | marma kang eling siranggèr | aja nglakoni nguthuh | tan isinan anguja ati | sênêng isi kanisthan | mangkya kang cinatur | wuruk utamanèng sêkar | juru dêmung piyarsakna sira sami | lawan mangrêtyèng driya ||

11. Juru Dêmung

1. duk manawung sêsêkaran | kang winastan juru dêmung | ri Sukra Kliwon anuju | lèking tanggal ping (11) sawêlas | candra Saban nuju taun | Jimawal sangkalèng warwarsa |[42] guna tata ngèsthi ayu (1853) |[43]|

2. kaping satus pănca wruha | yèn mangan kira karya puh | kang pinangan sarta kaduk | dening saka nikmatira [nikma ...]

--- G, 69 ---

[... tira] | cêgahên ywa nganti têrus | yèn nguja mangan nikmatnya | kawarêgên gawe tamtu ||

3. marang jiwa raganira | walête kang dipun puluk | apêsira akarya puh | iku aran katiwasan | kaping satus êsat[44] kulup | yèn nyuruhi mangan enak | nganggo nyuguh sopi ciyu ||

4. lamun tamunta gèr ana | kang tan ayun minum ciyu | tulusêna aja kulup | amêgsa mring kang tan arsa | de kang doyan yogyanipun | drawi ciyu satitahnya | yèn kakehan dènnya minum ||

5. sarta minume sinêngka | gênggang-glênggêng[45] iku tamtu | nulya sugal wuwusipun | sarta tinggal tata-krama | wit saka mêndêm kalamun | kanang nuju kasugalan | tan rênèng tyas têmah kêmpyung ||

6. iku tiwas aranira | ping satus pitu ywa ayun | mangan lan wong rucah kêmbul | yèn mau sujanma rucah | nora bisa unggah-ungguh | yèn sira kalalèn [kala ...]

--- H, 70 ---

[... lèn] marang | paramarta ngaksama sru ||

7. sarta mandar dyan bramantya | iku tiwas aranipun | satus astha petung wuruk | ywa nabuh gamêlan sarta | anênanggap wanci nuju | silême hyang diwangkara | luwih manèh lamun nuju ||

8. ing malême ri Jumungah | prapta Sukra rinanipun | puniku gèr sirik agung | myang laranganing Sri Islam | lamun katrajang puniku | katiwasan aranira | satus nawa petung wuruk ||

9. aja maca ura-ura | surup sarta umun-umun | kapiyarya[46] tăngga saru | sarta sagunging gawean | lèrèna yèn nuju bêdhug | kajaba lamun kodanan | lumaksana nèng marga gung ||

10. riris dêrês sawatara | ewadene iku lamun | ana palerenanipun | desa kang cêdhak ing marga | yèn parlu kudu angeyub | ngêyub kêna laju kêna | nora tiwas aranipun ||

11. ping satus [satu ...]

--- N, 71 ---

[... s] sapuluh aja | yèn nuju sira andulu | ki dhalang amayang nuju | klithik gêdhog sarta purwa | amuwus moyok lan nyaru | pamayange kyai dhalang | kalamun ki dhalang krungu ||

12. sêrik anulya bramantya | ngadêg nyat brawala pupuh | rame gègèrkên kang dulu | iku aran katiwasan | satus sadasèka wuruk | bêcik padha piyarsakna | kalamun sira andulu ||

13. jogèt ronggèng nadyan wayah | rina luwih manèh dalu | aja barêngi wong mlêbu | angajoni myang wibaksa | kalamun tan trimanipun | ingkang kabarêngan sarta | kapêdhot ing gêndhingipun ||

14. kang amêdhot iku nulya | angajoni ronggèngipun | kang jogèt rumuhun laju | manthêlêng nyandhak ukiran | nulya jêngkangkên rêgudug | cêkake cêngkah kêrêngan | nistha tiwas aranipun ||

15. satus sadasa dwi sira | lamun [lamu ...]

--- O, 72 ---

[... n] nayuban anuju | jogètmu kang tuhu emut | madyane janma wibaksa | tri gongan kewala dyan wus | utamane mung sagongan | yèn suwe angajap mungsuh ||

16. pra tamu kang samya ewa | miyat marang panjogètmu | rasane wardayanipun | gosong gègèr sapandhapa | dadya tiwas aranipun | satus sadasa tri aja | sira nglakoni mangulun ||

17. mring prayayi sêngkan anyar | sumawana ywa mangulun | prayayèn wyuh sartanipun | sira aja angawula | mring prayayi maksih timur | miwah atut wuri tandhak | padha singgahana iku ||

18. awit dening dudu brata | lire brai ku laku |[47] yèn mikir kasatriyan nung | nistha kêmbang katiwasan | wuruk satus dasa catur | aja kêkarêm marang karya |[48] kriya grêji tukang batu ||

19. myang undhagi sartanira | nyungging kabèh bangsanipun | panggawean kriya [kri ...]

--- P, 73 ---

[... ya] iku | sirik kabèh lamun janma | mikir luhuring praja nung | măngka ambêg karêm marang | panggawean kriya mau ||

20. tan dadi luhuring praja | nistha tiwas têmahipun | satus dasa pănca wuruk | aja omah-omah cêdhak | bangsane prayayi agung | lan kali gêdhe sartanya | lurung gêng lan kayon agung ||

21. miwah băngsa brama arga | sarupane bangsanipun | gêdhe-gêdhe iku patut | kasinggahan ywa kalenan | yèn katrajang aranipun | katiwasan sumurupa | ping satus sat[49] wêlas wuruk ||

22. tumrap wong cilik wêruha | yèn bandara ewuh-ewuh | lire duwe gawe mantu | myang iyasa sasaminya | ywa barêngi dipun emut | lan bandara lagya nabda | aja barungsinang wuwus ||

23. iku padha singgahana | amarga puniku lamun | barêngi jiwa ragamu | kolire kasiku sira | têmah tiwas aranipun | satus [sa ...]

--- Q, 74 ---

[... tus] dasa sapta wulan | poma-poma ywa siku ||[50]

24. patungan bathon kalawan | lurah bêkêl bandaramu | apadene dol tinuku | sartanya purbawisesa | mring tri juga bae luput | sira anêmu dêduka | sasat ambyur dahana gung ||

25. kala kadhing kang mangkana | katiwasan aranipun | satus dasa astha (118) wuruk | sumurupa nora kêna | ninggal nalar janma idhup | nganggoa têpa sarira | lan ondhe-ondhe sartèku ||

26. upama myang driya sabar | maklum sumawana junjung | amurwèng darajatipun | yèn ninggal iriban sastra | bilai glis tiwasipun | (119) satus dasa nawa aja | sok-sok dumrojog lumêbu ||

27. buta tuli mring wismanya | kang para priyayi agung | anganggo larapan kudu | kajabane mambu darah | myang praptane mawa parlu | duga prayoga [prayo ...]

--- R, 75 ---

[... ga] watara | myang rêringa dipun emut ||

28. yèn tan nganggo mau wulang | katiwasan têmahipun | ping (120) satus dwi dasa wuruk | aja ngaturkên sasmita | impèn wangsit mring wong agung | luwih manèh mring narendra | nadyan mêlêng-mêlêng têmtu ||

29. apadene sanadyana | kata sapadha tan patut | tur ingkang mangkono iku | măngsa ginanjara gajah | yèn apês tiwas ranipun | ping (121) satus dwi dasa eka | lamun wong cilik tan wêruh ||

30. boboting cilik kalakyan | nyaut matur mring wong agung | sanggup nagara winangun | dèn kul kabèh pra mandhega | praja kang para tumênggung | iku ratuning bahyarda | sêca tiwas nahên nyatur ||

31. (122) satus dwi dasa dwi wulang | lamun munggèng ngarsanipun | prayayi sira kinayun | imbal sabda kaki aja | mathènthèng gagrak patrapmu | kalamun umatur

--- S, 76 ---

parnah | tudinge nganggo tanganmu ||

32. kang kiwa iku tan layak | sumawana nganggo saru | sirnakna sagunging saru | kalamun nora ginuwang | katiwasan têmahipun | sapele gêl tinataa | kadya sinom dipun emut ||

12. Sinom

1. duk manawung roning kamal | amarêngi Sêtu Lêgi | wanci gathitastha enjang | tanggal ping (12) dwi wêlas sasi | Saban Jimawal warsi | (1853) guna tata ngèsthi ayu |[51] yèku sangkalèng warsa | mangkya nyatur wiyata di | petung (123) satus kaduwi dasa têtiga ||

2. aja mada ngalêm barang | pangan dèn waspada kaki | mring wêtuning wuwusira | aywa sêmu sira kaki | ngêpak sapraja janmi | wor doyanan iku kulup | tan kêna krana janma | dhewe-dhewe tumrap maring | rasa mangan tan kêna kiniyas padha ||

3. yèn mangkono katiwasa |[52] [...]n

--- T, 77 ---

ta mangkya anggusthi | (124) satus patlikur wasita | yèn ngawula ratu tuwin | mantrimuka bupati | gusti putêg gêng pakewuh | yèn gusti lagi kilap | aja wani mêksa kaki | matur sanggup sêca pêgat lungayanta ||

4. madyane amung nyenggola | undhe-undhe lan upami | iku kalis katiwasan | nahên ta gèr nyatur maning | wiyata di winilis | (125) satus salawe ywa ayun | pruwita janma cacat | iku sirik lan pawèstri | ujar tutur kang saka prayagung kuna ||

5. yèn wong urip mokal tanpa | bapa babu yèn upami | tinggal purba pêntogira | iku bilai niwasi | ya ta mangkya anggusthi | (126) satus kaduwi sat[53] wuruk | ywa sira wani nêrak | walêrira kangjêng nabi | kukum sarak lèn sarak walêre ana ||

6. matèni mlandhingan kadhal | kodhok kucing catur kuwi | yèn tinrak nêmu duraka | bilai

--- U, 78 ---

kojur niwasi | nihan manyatur maning | (127) satus pitu likur wuruk | barang laku ywa nulat | kadya nabi sarta wali | tinggal tanggal candrama kalawan warsa ||

7. dina pasaran myang naas | sangat sangar barang kardi | nora nganggo petung lumrah | kang ngirib nabi myang wali | lamun tan kuwat dadi | anjêblos tiwas ranipun | nahên iku ing makya |[54] nyatur wiyata di maning | (128) satus wolu likur aja wani nêrak ||

8. tutur pelinging sujanma | sabarang dadya wêling |[55] lêluwur kang kuna-kuna | mung murih dimèn basuki | yèn nyingkur nora bêcik | trêsnaa marang rahayu | kang peling dèn anggêpa | têmên trêsna dipun eling | yèn ambêrung nyingkur peling dadya tiwas ||

9. (129) satus sanga likur wulang | awêwarah angsung peling | samubarang ingkang aran | angkêr singit aja wani | nglêlêbur nadyan kadi [ka ...]

--- V, 79 ---

[... di] | Sang Hyang Wênang kang anglêbur | mênèk sor ngadu dibya | kasêtèn kalawan dhêmit | mya[56] lêlêmbut têmah ngèsêman wong kathah ||

10. lingsêm aran katiwasan | kang nawung sinom pangrawit | walèh nganggit wulang wêgah | dening arungsit kapati | binangkite mung mêthik | wiwit saka kang kasêbut | ing têmbang Maskumamba |[57] padastha wlas kaca mawi | tinêngêran sastra (Y) ye ăngka (10) sadasa ||

11. iku wulang nitibaya | panêmbahan gung kang kardi | kang sinêkar Pangkur kèhnya | pasaling wulang winilis | elingku (176) satus luwih | sapta dasa sat[58] yèn ingsun | nora kalepyan mangkya | lagya olèh (129) satus luwih | sangalikur munya pada mau astha ||

12. mangkya sambunging wêwulang | (130) satus katri dasa saking | panêmbahan gung ingaran | nitibaya aja wani | anrajang wêwalêring | sarak kadis nabi anung | maha barang kang karam |

--- W, 80 ---

lan mêkruh kanggo sabumi | sarta walêr mau kanggo sabuwana ||

13. sarupaning kang sujanma | ngèlmu larangan narpati | yèn mêdhar corah manawa | kontraging praja niwasi | (131) satus tri dasa siji | wiyatama nyêgah lamun | anak priya wanodya | darah pinardi angaji | Kuran kitab nahwu nadyan tunggal tanah ||

14. poma aja dipun agnya | lunga ngaji nglangut têbih | nadyan sangua sayuta | mutawatir aniwasi | (132) satus tri dasa duwi | wulang cêcêgah kalamun | tirakat nêpi papan | sêpi lan kali tanapi | kubur guwa miwah soring taru gurda ||

15. lan papan samun ra-ara | wana pringga jurang ardi | iku yèn kang ngrêksa praja | salah graita niwasi | (133) satus tri dasa katri | kalamun sira anêmu | sabarang sagung ngamal | sarwa dipêndhêman tuwin | nèng sagon-gon warna endah aja sira ||

16. dyan wani ngumpêt kewala | prayogane sira

--- X, 81 ---

wajib | lapura mring kamituwa | yèn tan lapur lair batin | niwasi dèn ta urip | cêkake sujanma nêmu | sabarang ngamal nadyan | rèmèh sathithik tan bêcik | abot bangêt dadya wong kang eling sira ||

17. mangkya wulang kang pinetang | (134) satus tri dasa pat murih | nora wèh karya mring janma | ing desa kang anujoni | măngsa anggarap sabin | maluku sarta anggaru | ulur wiji têgal sat | sarta aja wèh pakardi | janma luwe janma sayah nora kêna ||

18. bêcik iku maklumana | dimène angaso nganti | ilang sayahe wus kênyang | nanging lamun ana kardi | kang parlu dèn lakoni | sira kang lêgawèng kalbu | wèh bituwas kang ngantya | suka rênane kang ati | luwe sayah nglakoni karya agnyanta ||

19. lamun tan wèh bungah sira | kaparan tiwasing dhiri | (135) satus katri dasa pănca | wasita tumrap prajurit | lamun jayèng [ja ...]

--- Y, 82 ---

[... yèng] ajurit | aja sira buru-buru | mungsuh kasor ngalaga | ginudag-gudag kapati | mênèk pêdhot tot balungmu rêmuk dadya ||

20. badan rusak nêmu papa | wit sayah blai niwasi | wulang (136) satus tri dasa sat |[59] aja ngingu singa tuwin | sarpa wisa kang mandi | wismanta parênahipun | doh ratu sarta cêdhak | sanadyan darbea ngèlmi | macan ula binungkêm cangkêm tan mênga ||

21. nadyan kêna ngingu kewan | kaduwi mau ananging | yèn narêngi kojurira | ran tiwas kanang pinanggih | mangkya wulang winilis | (137) satus katri dasa pitu | aja nêpsoni kewan | nangani nganti natoni | luwih maning nganti tumêka pralaya ||

22. sanadyan sato alasan | tarna kang nunggu anjagi | wulang cêgah amilara | matèni maring kewani | yèn katrajang niwasi | (138) satus tri dasastha wuruk | kalamun ngingu kewan | kang galak iku prayogi | ywa kaumbar kinurunga lan cinancang ||

--- Z, 83 ---

23. sumawana jinagaa | rina wêngi tan wun runtik | tan lali watir uwasnya | wong uwas iku niwasi | mangkya wulang winilis | (139) satus tri dasa nawa cung | sun gêlare pyarsakna | yèn nênuntun kêbo sapi | sarta kidang manjangan tuwin srênggala ||

24. sartanya turăngga aja | sira tut wuntat pribadi | yèn ucul iku kangelan | panyêkêle tur pakolih | wisuna myang sirèki | tinutuh tiwas ranipun | mangkya maning pyarsakna | wulang tama aja kaki | mundur mandar ngajoni jingga taruna ||

 


Judul tambahan dari redaksi. (kembali)
marêngi. (kembali)
Tanggal: nawa wêlas (19) Rêjêp (Rêjêb) Jimawal: trining buta naga sunu (AJ 1853). Tanggal Masehi: 8 Maret 1923. (kembali)
tundhonira (dan di tempat lain). (kembali)
Tanggal: salikur (21) Rajap (Rêjêb) Jimawal: pintêr pramanèsthi arja (AJ 1853). Tanggal Masehi: 10 Maret 1923. (kembali)
kalangkung. (kembali)
Tanggal: tri likur (23) Rêjêp (Rêjêb) Jimawal: bahni tata ngèsthi yêkti (AJ 1853). Tanggal Masehi: 12 Maret 1923. (kembali)
lamun. (kembali)
sad. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: ingkang kaping katri dasa katri. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: lamun datan mangkono pan dadi. (kembali)
12 sad. (kembali)
13 ngandêlkên. (kembali)
14 kagêm. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: têmahan nêniwasi. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: pakaryan namung karya. (kembali)
17 nganggur. (kembali)
18 Tanggal: Anggara Kasih (Slasa Kliwon) sapisan (1) Arwah (Ruwah) Jimawal: guna tata èsthining wong (AJ 1853). Tanggal Masehi: Selasa 20 Maret 1923. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: sumawana gèr kalamun. (kembali)
20 sad. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: bata watu ingkang kêrasa puh. (kembali)
22 Tanggal: pindho (2) Arwah (Ruwah) Jimawal: guna tata ngèsthi ayu (AJ 1853). Tanggal Masehi: 21 Maret 1923. (kembali)
23 êsad. (kembali)
24 saking. (kembali)
25 Tanggal: têlu (3) Ruwah Jimawal: bahni bayu èsthine marang rahayu (AJ 1853). Tanggal Masehi: 22 Maret 1923. (kembali)
26 sad. (kembali)
27 nênandur. (kembali)
28 sayêktine. (kembali)
29 sad. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: ngulir kalbu sêdya luhung amalaju. (kembali)
31 Tanggal: Arbo (Rêbo) Pon sanga (9) Saban (Ruwah) Jimawal: tri tata tanu rupa (AJ 1853). Tanggal Masehi: 28 Maret 1923. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: yèn mangkono sajatinya. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: aniwasi marang jiwa raga mangkin. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: datan sabar nalare tan srantan. (kembali)
35 Biasanya guru lagu i: panti. (kembali)
36 Lebih dua suku kata: ping nawa dasa astha. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: laku sisip kajaba kalamun lali. (kembali)
38 katrajang. (kembali)
39 kawêruhan. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: iku nistha tan layak. (kembali)
41 wisma. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: Jimawal sangkalèng warsa. (kembali)
43 Tanggal: Sukra (Jumungah) Kliwon sawêlas (11) Saban (Ruwah) Jimawal: guna tata ngèsthi ayu (AJ 1853). Tanggal Masehi: Jumat 30 Maret 1923. (kembali)
44 êsad. (kembali)
45 glênggang-glênggêng. (kembali)
46 kapiyarsa. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: lire brai iku laku. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: aja karêm marang karya. (kembali)
49 sad. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: poma-poma ywa sirèku. (kembali)
51 Tanggal: Sêtu Lêgi dwi wêlas (12) Saban (Ruwah) Jimawal: guna tata ngèsthi ayu (AJ 1853). Tanggal Masehi: Sabtu 31 Maret 1923. (kembali)
52 katiwasan. (kembali)
53 sad. (kembali)
54 mangkya. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: sabarang kang dadya wêling. (kembali)
56 myang. (kembali)
57 Maskumambang. (kembali)
58 sad. (kembali)
59 sad. (kembali)