Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 13–17)

Judul
Sambungan
1. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 01–12). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 13–17). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 18–25). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

13. Durma

1. duk manggubah têmbang Durma wanci tabah | gathita astha enjing | ari sapta Soma | dina pănca Pon tanggal | kaping (14) catur wêlas sasi | Saban [Saba ...]

--- A, 84 ---

[... n] Jimawal | sangkalanirèng warsi ||

2. guna tata angèsthi Hyang Maha Mulya (1853) |[1] anggêlar wiyata di | anggitanira sang | panêmbahan gung karan | nitibaya petung wangsit | sêsambungira | mau kang munggèng wèni ||

3. (139) satus katri dasa nawa sambungira | (140) satus kacatur dèsi | ywa tukang sêmbrana | nglêlèdhèk sato galak | sakalir sanadyan pitik | tutut kewala | lamun kabeda dadi ||

4. galakira paribasan nora etang | bokat-bakut dyan runtik | manak nyar yèn sata | lagyangrêm dipun beda | wani ngabruk marang janmi | yèn nir wêweka | puwarane niwasi ||

5. wulang petung (141) satus catur dasa eka | aja sirèku wani | anunggangi kuda | kang durung wêruh têrang | ciri bêndana tanapi | mulus sartanya | lambe [la ...]

--- B, 85 ---

[... mbe] atining wajik ||

6. măngka sira nunggang ing apêsing badan | dyan mamprung sipat kuping | pinêkak tan kêna | makêm anujang palang | iku blai aniwasi | mangkya wêwulang | (142) satus catur dasa dwi ||

7. ywa gumluwèh yèn sira anggawa barang | ingkang ingaran ringkih | nèng ngisor myang bêntar | mènèk sarta mudhuna | yaiku anggawa gêni | dêdamar arsa | nularkên anyumêti ||

8. ing panjuta kang gumantung lamun nora | wêruh prakara maring | ubênging wêweka | taline pêdhot nulya | têmah katiwasan mêsthi | iki wiyata | (143) satus catur dasa tri ||

9. aja sêpi pangati-ati kang tumrap | gêni bêdhiyan tuwin | kabèh kang ingaran | kayu arêng kinarya | urub-urub nadyan gêni | amung kinarya | udut bae niwasi ||

10. petung wulang (144) satus catur dasa papat | aja sira akardi [a ...]

--- C, 86 ---

[... kardi] | obat yèn kalepyan | puwara karya bahya | lawan aja sira sami | ngêpe patruman | munggèng nglatar tanapi ||

11. sagon-ênggon lan suwe dening kalepyan | kêna panasing rawi | luwih manèh yyan ta | kacipratan pawaka | têtela iku niwasi | nihan ing mangkya | anyatur wiyata di ||

12. ingkang petung (145) satus catur dasa pănca | kalamun olah bêdhil | kanggo urmat sarta | prêmainan kewala | manawa nglantak ngênali | nyumbu prang gurnat | gurnada rèhning yêkti ||

13. dhusthèng brama jroning wuluh sumawana | kang kanggo amadhahi | obat yèn tan yitna | amung cidra kewala | tan wurung iku niwasi | mula dèn samya | ngati-ati pamikir ||

14. (146) satus catur dasa sat[2] iki wiyata | aja sok mènèk pang wit | gumluwèh tingkahnya | nadyan mêmènèk guna | ngêsorkên kêthèk tanapi | luntung[3] sartanya | aja |

--- D, 87 ---

sok langèn warih ||

15. kali agung sanadyan sira ngêsorna | gunanta mau nglangi | bèbèk mliwis banyak | dudu padu manawa | apêsing badan niwasi | tiba myang kalap | munggèng sajroning warih ||

16. (147) satus catur dasa sapta wulang tama | tumrap janma pêpanti | murih kaslamêtan | aja ngêlar pomahan | pagêring tăngga tanapi | kadang myang sanak | têtêngêr ingkang dadi ||

17. tugu watês măngka tanpa rêmbug ingkang | rukun rilaning ati | mingsêring watêsan | tan trimane ginampang | kêna ing bênêr niwasi | mangkya wêwulang | utama kang winilis ||

18. (148) kaping satus catur dasa astha wruha | yèn pomahan cêpuri | dèn sinung dwarala | apa ngulon lan apa | marang wetan apa maring | mangidul apa | mring keblat kang dèn rani ||

19. manguntara kadya lurung kanggonira | anggêr wong angliwati | latar sing butulan | nadyan iku

--- E, 88 ---

jinaga | kang mangkono yèn narêngi | apêsing badan | tan wurung aniwasi ||

20. iki wulang (149) satus catur dasa nawa | lamun sira marêngi | kanggonan wong lena | lan wong olah sêmbahyang | limang wêtu kaping katri | kanggonan utang | ping pat sutèndyah akir ||

21. kang nglakoni limang wêtu ywa cinêgah | de kang katri prakawis | mayit sarta utang | prawan akir sutanta | nulia dipun lakoni | rampung sakala | yèn sabar aniwasi ||

22. kaping (150) satus pănca dasa ywa kalepyan | mring kang bakal drawasi | lir ta jago mêrak | manuk-manuk utawa | sato waturon manawi | marnahkên gonnya | singgahana yèn wèsthi ||

23. mundhak pijêr mundhuk-mundhuk sumawana | mindhik-mindhik niwasi | mangkya wulang petang | (151) satus pănca daseka | aja lali marang saksi | juga dwi tiga | wani supata [su ...]

--- F, 89 ---

[... pata] nganti ||

24. praptèng kokum sarta ri pasaran tanggal | sasi warsèku yêkti | santosa yèn ana | gugat barang prakara | yèn tan mangkono niwasi | mangkya wiyata | (152) satus pănca dasa dwi ||

25. ing sabarang prakara kudu mêsthia | eling bibit sakawit | myang madya wasana | lair batin tan beda | trusing ngèlmu yèn tan eling | purwa lan madya | wasana aniwasi ||

26. nihan mangkya anggêlar wulang utama | (153) satus pănca dasa tri | aja tinggal padha | pathokan kasusastran | barang crita kang kawarni | sastra Jawarab | yèn tinggal iku mêsthi ||

27. bêja lamun dipun inggihi kewala | batin mèsêm kapati | yèn katanggor janma | bêngis dhoso driyanya | anyikakkên kadya anjing | yèn padha sura | padu kêmpyung niwasi ||

28. manèh petung wulang (154) satus sèkêt papat | ywa tinggal sastra Jawi | lawan sastra Arab | bêcik yèn sêngkut ajar | mênêng ajar yèn wis bangkit | ywa wêdi [wê ...]

--- G, 90 ---

[... di] sira | kangelan dèn ta gladhi ||

29. ywa nekati ngubungi tyas isin marang | tan wignya maca Jawi | lan maca sastrarab | iku wirang wêkasan | dadi blai aniwasi | nahên ing mangkya | anggêlar wiyata di ||

30. ingkang petung (155) kaping satus sèkêt pănca | kalamun wus udani | surasaning layang | aja bosên amaca | lan aja milih kintaki | anggêr wiyata | tyas têgsanên[4] ngarêpi ||

31. yèn tan arsa mangkono kaaran tiwas | (156) satus sèkêt sat[5] wangsit | aywa tabri sira | mêmisuh tumrap marang | kaki sumawana nini | kalawan aja | bawani bapa bibi ||

32. sarta guru myang bandara sumawana | sanak tuwa dèn eling | kabèh iku padha | bêktènana kalawan | solah-bawa ingkang taklim | kalamun sira | tan ngono mênèk olih ||

33. walat saka kasêbut (156) satus sèkêt sat |[6] karan tiwasa mangkin | marna wulang petang | (157) satus pănca dasapta | ywa wani gawean kaki | sadurungira | sirèku amiranti ||

34. bêbakaling pangucap padu utawa [u ...]

--- H, 91 ---

[... tawa] | tinêkan lan nêkani | rèhning ngundang janma | akèh lan ingkang para | dhatuk lamun tan dhingini | wacana warah | nistha blai niwasi ||

35. wuruk petung (158) satus pănca dasa astha | lamun sira darbèni | sabarang prakara | ywa candhak cêkêl barang | kalamun durung darbèni | sèlèh têtêbah | têmbung mring lurah tuwin ||

36. bêkêl kamituwa dhompo aranira | iku blai niwasi | nihan mangkya marna | (159) satus sèkêt sêsanga | wulang tama ywa kongsi |[7] kurang wêweka | myang kurang ngati-ati ||

37. lamun kinon nyêkêl kècu sarupanya | durjana mrih basuki | ngêntènana rowang | wong akèh kumpulira | yèn dhewe ngumbar kuwanin | apêsing badan | ambok yèn aniwasi ||

38. kaping (160) satus sawidak wiyata tama | ywa adol surèng ati | lamun mangun yuda | tandhing sadhengah janma | yèn apês pralayèng prêcil | ewadene yyan | kang ngadu prang narpati ||

39. lamun mati sabilolah sumawana | patining senapati | yèn tan ngono aran |

--- I, 92 ---

adol sudirèng yuda | wasana kedhol ngêmasi | gêng-gênging lena | kong kang kung aniwasi ||

40. kaping (161) satus sat[8] dasa juga wêruha | aja ngadu sujanmi | priya lan wanita | salulut kajabanya | ingkang wus absah kukuming | sarak sartanya | kajaba purbèng aji ||

41. nora kêna rinasanan winicara | lamun sapadha janmi | pan puniku tama | anjina patrapira | kinukum kang awit saking | mocot sing sarak | ing paduka jêng nabi ||

42. iku dosa duraka tiwas ranira | (162) satus sawidak duwi | wulang cêgah yèn ta | ngugung batur sanak myang | anak rabi manawi |[9] kapatuh watak | rusuh kalunta dadi ||

43. ngadad wataki[10] wong dèn ukum kewala | kumprunge sru andadi | kasèpe tan ajar | wêwekaning wardaya | kang mangkono ywa nglakoni | ngugung kukupan | yèn tinêrak niwasi ||

44. petung wulang (163) satus sawidak têtiga | lamun pinuju nulis | layang wêwangsulan | tuwin layang prakara | ingkang ingaranan wadi | sandi

--- J, 93 ---

upaya | kang tan kêna winijil ||

45. poma-poma aywa sinambi caturan | lamun mangkono kardi | ngrusakkên pikiran | kang parlu mrih raharja | lali nir duga prayogi | gya nrak caturan | wêkasane niwasi ||

46. petung wulang ping (164) satus sawidak papat | ywa lămba tyas manawi | nitra lan wong kopar | ngrangkêpana wardaya | aja kasoran sirèki | danèng wong kopar | wong kapir suthik rugi ||

47. kudu untung uwang bumi amisesa | lan somahnya niwasi | nihan mangkya petang | (165) satus sawidak lima | kalamun nuju nglakoni | tungguk kêmit myang | patrol rundha dèn eling ||

48. aja wani-wani lunga saka ngunggyan | yèn durung dèn giliri | bok yèn ana karya | kang dadya wajibira | sadurunge dèn giliri | kang măngka nulya | bubaran samya mulih ||

49. iku dosa pinarkara ing parentah | unggyan ta mau mulih | sapele bungahnya | sukur ènthèng kumnya |[11]

yèn abot

--- K, 94 ---

iku niwasi | maring badanta | nahên puniku maning ||

50. angglar petung wasita panitibaya | (166) satus sawidak luwih | têlu[12] dèn wêweka | ananggapi parentah | yèn kiranta prentah sisip | sarèhning prentah | dènira amrentahi ||

51. lêlantaran anduta sawiji janma | yèn sira walang-ati | ngatasa pribadya | mring prentah kang utusan | wasana parentah sisip | nutên kewala | ingkang măngka sirèki ||

52. nurut salah wêdi maring Gusti Alah | bêcik nyopota nuli | yèn tan nyopot nistha | tur têmah katiwasan | dèn ngati-ati wong urip | supayanira | dadya puja arjanti ||

53. ya ta mangkya marna manèh nitibaya | (167) satus sawidak luwih | pitu sira aja | nêgori kitri karang | dhukuh-dhukuh karang dèsi | lan ngisis marga | kajaba lamun uwis ||

54. purbaning rèh lan musthi layang malastra | kang maksih samya urip | lamun tan mangkana | yèn gugat dèn prakara | puniku mêsthi niwasi [niwa ...]

--- L, 95 ---

[... si] | lah dipun padha | ngati-ati wong urip ||

55. yèn wus wêruh ana palang singkirana | dwiku brata prêmati | ya ta manèh angglar | wulang panitibaya | ping (168) satus sawidak luwih | astha sira ywa | sok karêm angurangi ||

56. pakan marang kang kok alat karyanira | kêbo turăngga sapi | jagul sarta bujang | kajaba lamun sira | wus têrang ngago[13] prajangji | tuku têbasan | yèn mung rukun anyilih ||

57. yèn tan warêg niwasi iku têmahnya | nihan ing mangkya maning | wulang nitibaya | petung (169) satus sawidak | luwih sanga lir puniki | padha wêruha | gêgaman bêdhil tuwin ||

58. mawa ricin myang mriyêm lamun amegang | mêtêng kothong dèn uning | yèn mêtêng dèn yitna | mring sumbu lan ricikan | nadyan angunèkkên nanging | aja sêmbrana | yèn olèh wong niwasi ||

59. bêja lamun pranatan ngênani janma | sirèku nora olih | pidana nanging ta | ngèlmune dosa marang | ing Gusti Kang Maha Suci | saka sêmbrana [sê ...]

--- M, 96 ---

[... mbrana] | mula dèn ngati-ati ||

60. iki manèh wasita panitibaya | yogya samya miyarsi | (170) satus pitung dasa | lamun mring lumbung sarta | mring pawon kalawan maring | ing padaringan | ywa wani-wani angling ||

61. pangrasane nyeluman gupuh dèn undang | bilai amborosi | maning angglar wulang | panitibaya petang | (171) satus pitung puluh siji | yèn ngliwêt adang | sartanya pipis-pipis ||

62. kêndhil dandang yèn nganti rubuh dene ta | yèn nuju pipis-pipis | gandhik myang pipisan | tugêl siji kewala | lamun tan ngruwat ujaring | sujanma kuna | cilaka aniwasi ||

63. manèh wulang pêthikan panitibaya | ingkang winilis kaping | (172) satus pitung dasa | luwih dwi aja sira | sêne ambêbuwang maring | gon angkêr myang |[14] singit kuburan tuwin ||

64. kayu watu myang tirta raja prawata | kabèh kang angkêr singit | ywa maha nêrajang |...|[15]

cêlane blai niwasi | manèh pêthikan | wulang [wu ...]

--- N, 97 ---

[... lang] paniti wèsthi ||

65. petung (173) satus pitung puluh tri luwihnya | ywa maha yèn darbèni | kitri nèng buminya | liya iku manawa | adol nêbaskên ywa wani | sadurungira | bêbeja mring sujanmi ||

66. kang majibi bumi ingkang kadunungan | puniku mau kitri | tan tarimanira | yêkti karya sumêlang | dadine prakara angling | rêbutan jaya | sanggya niwasi dhiri ||

67. nihan mangkya pêthikan panitibaya | ingkang winilis kaping | (174) satus pitung dasa | luwih papat yèn sira | darbèni krêkat kinapti | aja kawêdal | yèn tan kapara yêkti ||

68. kacacat wong puniku nora prayoga | gawe rèmèh niwasi | maning papêthikan | wulang panitibaya | utama samya miyarsi | murih raharja | ginêlar lir puniki ||

69. petung (175) satus pitung puluh luwih pănca | sabarang karêp bêcik | batinên kewala | lamun iku kawêdal | sapele kanang pinurih |

--- O, 98 ---

dipun gunggunga | pêng-pêngan sukèng ati ||

70. kang mangkono niwasi mring dhirinira | ing mangkya mêthik maning | wulang nitibaya | pungkasan petungira | (176) satus pitung puluh luwih | êsat[16] ywa padha | rina kalawan wêngi ||

71. nginjên-injên wismane sadhengah janma | kulak warta dol warti | iku gêng-gêngira | dadine katiwasan | satiti sru niti wèsthi | dèn yitna samya | sakêdhap aywa lali ||

72. lan ywa pêgat murih lakon karaharjan | jangjia lawan eling | ngêdohkên kalepyan |…|[17] mrih langgêng waspada eling | sampat panurat | amêthik niti wèsthi ||

73. duk wèh titi măngsa latra jam (10) sadasa | ingkang ngrinakkên ari | Sêtu Pon myang tanggal | kaping (19) sangalas Saban | Jim mawa guna tatèsthi | arja (1853) anulya | anggula drawa milir ||

14. Dhandhanggula

1. trus nekati sanadyan arungsit | binangkite [binangki ...]

--- P, 99 ---

[... te] amêrak wardaya | mring sang nungkara sagunge | mandrawa kang satuhu | panggitane angrusak dhong dhing | tan jumbuh gatra ngèsêman |[18] tan wirang salugut | wit prasaja punggung mudha | mung anggêre kalakyan kanang kinapti | andirga srat winastan ||

2. yèki sabdayu dèn gya nyambungi | nitibaya dalasan angkanya | kasambungkên sapetunge | pungkasan niti kewuh | (176) satus pitung puluh sat[19] wangsit | sabda rahayu nulya | dènira anyambung | (177) satus pitung puluh sapta | lah wong urip aja lali mring Hyang Widhi | kang trus rasa nalăngsa ||

3. sanadyana para janma urip | lagya mêndêm minum sajêng wignya | ngucap Pangeran asmane | nging tingkah-bawa kusut | iku tăndha nora sayêkti | elinge maring Suksma | nalangsane suwung | mung isi mripat tyas mêtha | paran ingkang dadya kasêngsêming ati | tobatana nasoka ||

4. lire nora ambelani lali | maring Suksma kang tan kêndhat-kêndhat | sakêdhèp nora [no ...]

--- Q, 100 ---

[... ra] kalalèn | maring Hyang Maha Agung | tur wong eling maring Hyang Widhi | roganing raga tanpa | balik janma wuru | mutah-mutah puh raganya | elok bangêt yèn nêdya anobati |[20] kang nulis nora dungkap ||

5. pandungkape mung tansah mêmuji | ya Ilahi Gusti Ingkang Sipat | Rahmanirakim têgêse | asih ngakeratipun | rahman murah dunya puniki | mugi angèngêtêna | maring janma sagung | kang kasupèn maring Suksma | kajêlèhna mring watak wantu niwasi | murih manggya raharja ||

6. awit ingkang sajati nangkit |[21] tan arungsit têtela pranyata | dibya wignya nukulake | tyas supe dadya emut | amung Gusti Kang Maha Suci | kawula mung sumăngga | kadibyèng Hyang Agung | nihan ta mau wiyata | mangkya petung (178) satus pitung puluh luwih | astha kudu wong gêsang ||

7. tyas mêmurih lêkas kang mijèni | dadya arja kang karêm jagongan | lan wong wêrda sudarmane | murih [mu ...]

--- R, 101 ---

[... rih] myarsakkên wuruk | kang mêmalat janma taruni | darbe bêbudèn wêrda | budi wêrda nukul | cakêt rikat kanugrahan | bapa bungah kaungkulan dibyèng siwi | mangkono kêkudangan ||

8. nging yèn durung ngungkuli sudarmi | panêmune kang dèn anggêp dibya | iku mung tiwas dadine | nihan ing mangkya petung | (179) satus pitung puluh nawèki | kang nurat wêgah gagas | mring wiyata anung | katumrapkên sabda arja | dadya namung nêdhak nitisastra wangsit | myang nyungging lir punika ||

9. mêmanise manêmbah pamuji | kang minăngka padoning wardaya | mring kang karya alam kabèh | baka kodrat puniku | ingkang sipat Rahmanirakim | kang murba amisesa | jagat isinipun | ping kalih marang utusan | Kangjêng Nabi Mukhamad ingkang sênêlir | myang kulawarganira ||

10. dadyarsa ulun mangke murwani [mur ...]

--- S, 102 ---

[... wani] | angikêt gita basa pralambang | panitisastra wastane | sinawung lawan têmbung | paksi nila bilih kapanggih | inggih rujuk ing jarwa | pintên bangginipun | panggiha têpanging basa | pêpèngête yogi dipun lari-lari | subasitaning praja ||

11. têgêsipun subasita nênggih | sila krama kaping kalihira | basa krama ing têgêse | sila puniku lungguh | basa krama têmbung kang bêcik | kadi wong lalênggahan | pasamuan lamun | janma baturan kalawan | wong abêkêl tan wênang jajara linggih | miwah kramaning basa ||

12. nora wênang iku dèn kramani | wong abatur mring wong bêkêl iku |[22] dèn jalang tata kramane | lan tatane alungguh | awit saking sang raja niti | mulane ana tata | titine sang prabu | wong

--- T, 103 ---

tan wruh ing subasita | lêgog-lêgog tan wikan ing tata krami | mudha punggung arannya ||

13. lire mudha janma tanpa budi | têgêse punggung ina budinya | nora wruh sat[23] rasa lire | sat[24] nênêm têgêsipun | rasa ingkang karasa saking | nênggih pucuking ilat | puniku liripun | amla kasaya lawan |[25] kathuka tikta madura kang mêkasi | jangkêp rasa nêm lirnya ||

14. amla asêm têgêsipun nênggih | ngling lawana asin têgêsira | kasaya sêpêt têgêse | kathuka têgêsipun | pêdhês tikta têgêse pait | dene basa madura | lêgi têgêsipun | sêdhah pucangan tambula | suruh jambe ênjêt widya iku rai | sêpi samun têgêsnya ||

15. janma tanpa nginang duknya sami | lêlungguhan munggèng pasamuan | pucat rai lambe putèh | ingkang mangkono iku | lamun ana rêrasan tulis | sastra kang winicara [wini ...]

--- U, 104 ---

[... cara] | mênêng lêngur-lêngur | sirarsa mèlu micara | nora bisa lir wong tapa bisu dadi | mênêng mlongo kewala ||

16. kang mangkono iku kaupami | mukanira lir lawanging guwa | wisa kang cinatur mangke | wisaning sêmadiku | yèn carobo tindak tan apik | wisane wong amangan | yèn tan gêlis lêbur | dene wisaning agêsang | tanpa arta saujare nora dadi | karêpe tan katêkan ||

17. mungguhing wong èstri lamun uwis | kasasaban uwan dadi wisa | iya marang ing awake | kakung tan ana ayun | angrabèni ewa ningali | sanadyan pêrawana | ilang kênyanipun | yèn uwis kasaban uwan | panêngêran janmadi ngrêsêpkên tyasing | sujanma sap lungguhan ||

18. datan kantèn sabarang dèn angling | tansah anduga-duga ing nêtya |[26]

tan pêgat jaga-jagane | datan ana wong rêngu | dènira mrih

--- V, 105 ---

sujanèng ati | amêmungu ing manah | kaparunanipun |[27] taman ngamungakên ing prang | lyaning karya sumêngkut karya gêng alit | yèku ran janma tama ||

19. sayogyane ing wong priya sami | yèn alênggah kalawan nita |[28] garwa tanapi sêlire | rasanana raras rum | ing paprêman miwah yèn angling | dipun manuharaa | dèn alus ing têmbung | tingalna sumèhing netya | nirna rêngu amriha lunturing kang sih | yèn lênggah lan pandhita ||

20. atakona patitising pati | sartanira trusna kawruhira | sampurnane panêmbahe | yèn ing prang kang winuwus | ing kasuran digdayan amrih | mantêp wanining rewang | sarpa galakipun | kalawan mandining wisa | japa măntra nulak wisa mandi tuwin | nutut galaking ula ||

21. lawan galaking macan pan sami | kang anututakên lawan măntra | liman mêta umane |[29]

tutute dening angkus | kang tan mari dening măntrèki | sêrênging tyas wong

--- W, 106 ---

aprang | mari-mari yèn wus | kawênang salah satunggal | parandene yèn uwis patin-pinatin | aja uga pêpeka ||

22. mring boyongan sakèrining pati | iku tan wun murina kang manah | jêroning banyu wêruhe | jabutên gagang tunjung | yêkti uning jêroning warih | sapira lêbêtira | iku lêbêtipun | yèn panêngraning manungsa | ingkang bêcik awasna tingkahe tuwin | tapsilaning pangucap ||

23. tata lungguhe ruruh yèn angling | sarèh ing netya sêmu jatmika | anêstiti pamangane | amrih santosa nulus | alus ririh kalamun angling | cêtha tata arata | adhapur ajujur | lan pamote ing sasama | pan ta iku cihnane manungsa bêcik | jênêng jatining kula ||

24. kadi ta kang yêkti dèn arani | pandhita sastra gênyang têgêsnya | tan angandhêg patakone | marang kang takon iku | kasusastran dipun ladèni | pinrih

--- X, 107 ---

ecanirèng tyas | lawan wacana lus | anrangakên kapêtêngan | wruh surasaning sastra kang dèn arani | pandhita sastra gênyang ||

25. ana wong sugih rêtna mas picis | têka tatak nganggo tanpa rupa | tanpa rasa pamangane | awèh pandhita lumuh | datan asih mring pêkir miskin | kang mangkana kang mindha | kewan nisthanipun | tanpa budi tanpa nalar | panyanane ing dunya tan ana pati | milanira mangkana ||

26. ana wong limpat wruh ing kramaniti |[30] têka alaku kaya durna |[31] tanpa gawe kabisane | padha lan kang nora wruh | yèn ta janma wus kaki-kaki | ngumuripun adawa | malah kongsi pikun | tan arsa mring kabêcikan | sastra krama kasudarman tan ngrasani | tan arsa puruwita ||

27. yèku wong lali jênênging urip | èsthine padha kalawan kewan |

--- Y, 108 ---

iya ing kauripane | yèn ing buron wana gung | kang awatak candhalèng ati | tan ana lir gadarba | candhala ping têlu | manungsa ingkang atinggal | kabêcikan tan angarah pangastuti | ring dur mitra candhala ||

28. lire janma watak nguciwani | maring sanak pawong sanakira | iku kang angasorake | ring candhala ping têlu | liring buyung lukak kang isi | watêke kocak-kocak | kang kêbak sinipun | watêke mênêng kewala | yèn ing sapi wadon gêng swarane mêsthi | sathithik puhanira ||

29. yèn manungsa kang tinitah miskin | akèh-akèh solah-bawanira | mamrih pakolih pangane | mangkana malihipun | manungsa kang tan arjèng

--- Z, 109 ---

budi | akèh solah-bawanya | tata tan rahayu | wong tan nut ujaring sastra | tanpa marta silar saking kramaniti | saujare asugal ||

30. wong mêmitran aja ana sami | niru singa lan alas amarga | sakaro rusak dadine | singa lan alas mau | lawas-lawas abèncèng pikir | nulya bosên mêmitran | bêbangkelan kayun | sang singa pangucapira | alas iki yèn ta aja ana mami | ginêmpur ing manungsa ||

31. têka ngrasula kanggonan mami | mangkana sang alas pangucapira |[32] lah iya sang macan kiye | yèn aja ana ingsun | kang ngalingi yêkti [yê ...]

--- A, 110 ---

[... kti] kaèksi | dening manungsa kathah | pasthi aglis lêbur | lampus dèn rampog manungsa | singa myarsa nglinging al singa sêrik |[33] nulya kewala mentar ||

32. ngungsi marang jro jurang tur sêpi | nging kawruhan ring para manungsa | rinujag têmah patine | sawusing alas suwung | tinilar ing sima wus mati | tinoring janma kathah | kêkayon kalêbur | padhang têmah ara-ara | iku lire ala ingalanan sami | wong mitra bêbangkelan ||

33. inggih jênênging gêsang puniki ki |[34]

aja nganti nora darbènana | sraya puniku têgêse | pawong sanak kang tuhu | wontên ugi tinilat kadi | kalanipun sang naga | lumayu binuru | kang nama paksi garudha | duk [du ...]

--- B, 111 ---

[... k] kapanggih Bathara Sramba nulya ngling | hèh naga mulanira ||

34. sira mlayu prapta ngarsa mami | ana apa sang naga turira | pukulun amba wiyose | binujung garudha gung | kêdah măngsa mring kula ajrih | dhatêng paksi garudha | amba nyuwun tulung | pukulun angsunga gêsang | Sramba angling lah iya ingsun tulungi | mulêta lungayèngwang ||

35. ya ta naga dyan kumalung aglis | mring janggannya Sang Bathara Sramba | dadya sawit batharane | sang garudha gya rawuh | myat ing naga mangkya wus dadadi |[35] sawit ing bad Sramba |[36] lakung[37] ajrihipun | arsa mêndhak ana naga | lunga tanpa [ta ...]

--- C, 112 ---

[... npa] nêmbah ila-ila dadi | saking luhur sêmbahnya ||

36. prayogane para siwi-siwi | tingkah sarta polah samyanuta | iya marang wong tuwane | dèn kadi ta sang bulus | yèn angêndhog pinêndhêm nuli | tininggal salaminya | dupi nêtêsipun | nora pisan tinilikan | parandene sapolah-tingkahe bukti | tarlèn lir wong tuwanya ||

37. sumawana pantês tinut maning | anak manuk lan anaking iwak | anaking bulus katrine | kadadeane tiru | wong tuwane jalu lan èstri | barang pakaryanira | pêpangananipun | wêwatêke [wêwa ...]

--- D, 113 ---

[... têke] datan owah | iya kaya wong tuwane angêblêgi | datan nganggo winarah ||

38. tan mangkana yèn anaking janmi | alit mila rinêksa winulang | ing kramaniti prandene | arang kang bisa manut | warah rèhnya saka sudarmi | ana anak durjana | têka dadi kaum | pandhita manut dursila | pandhitèku aja sah mring pangabêkti | dèn bakuh maring tapa ||

39. palaning wèh mulyaning nagari | kang wong anut sawêrdining sastra | watêke kukuh budine | ingkang maring rahayu | adoh saking candhala budi | maring asining[38] praja |

--- E, 114 ---

kalamun wong agung | arta busana kancana | sandhang pangan dinanakna bala dadi | kèdhêp parentahira ||

40. yèn ta bala samya sih ing Gusti | têtêp kukuh ing kaprajanira | pawèstri alaki lire | darbea anak kakung | kang prawira budi tur wani | lamun panganggo ingkang | linuwihkên kampuh | tumraping para sujana | yèn ing pangan puhan linuwihkên maring | para pandhita sabrang ||

41. mungguh sujana ingkang pilih |[39]

sarining basa mungguh brahmana | menyak sapi kang pinilèh | mêrtega têgêsipun | milanira brahmana nampik | dahat tan arsa

--- F, 115 ---

mangan | mring daging sapiku | brahmana duk alit mila | wus dinulang mêrtega wit puhan sapi | inganggêp kadi biyang ||

42. mungguhing dyah ingkang dipun pilih | maring janma priya wanodya kang | agêmuh payudarane | dadi sukaning kakung | yèn ing sastra kang dèn kukuhi | wêrdine sang pandhita | karana sang wiku | tansah dènnya anggêgulang | wêrdining kang sastra kang dèn anggêp yêkti | saka tuduhing sastra ||

43. dene arta ardana kang sugih | utamane uwit saking iya | guna kayanira dhewe | nistha kang saka biyung | madya ingkang sangking sudarmi | dene nisthaning nistha | sing rabi myang sunu | utamane kang utama [uta ...]

--- G, 116 ---

[... ma] | dunya saking jarahan jayèng ajurit | saking ambêdhah praja ||

44. angadoni jayaning ajurit | angolaha sandining upaya | patang prakara na dene | kang linuwihkên iku | saking patang prakara sandi | upaya myang pariksa | apura puniku | sanadyan silih pêpêka | srananira tan dadi antêping jurit | yèn ora ana dana ||

45. yèn prawira mungsuhan ngajurit | kêna-kêna ing catur upaya | aja dèn tinggal salire | lamun wus kêna catur | upayèki mungsuhira jrih | yakti kasor ing laga | kèngsêr yudanipun | katona ajrih ing lawan | nanging aja kawruhan balane wêdi | yèku

--- H, 117 ---

olahing aprang ||

46. pacawise mangun jayèng jurit | nangèkêna kasuraning bala | galaka marang mungsuhe | aja anantang mungsuh | iku dadi mêmanas ati | gawe yitnaning lawan | mêmungsuhan iku | nganggo wêwatak dahana | tan sabawa yèn anêmpuh anggêsêngi | yèn uwong pasanakan ||

47. kang linuwihakên mitra dening | paran-pinaran panêmbramanya | gumanti anrus lilane | bangêting satru iku | nora kaya rêgêding budi | dadi satruning gêsang | ing kasêktèn iku | kasêktène wong sajagat | ora ana kasêktène angluwihi | kasêktèning jawata ||

--- I, 118 ---

48. yèn ing pêksi kang kinarya luwih | pêksi beo bisa amicara | lawan abêcik warnane | yèn èstri kang warna yu | kang kapati brăngta ing laki | dudu wong suduk jiwa | yèn lakine lampus | kapati brăngta lirira | praptèng pêjah pawèstri tan arsa laki | saksat bela palastra ||

49. wong ngukuhi saujaring tulis | iku kukuh kalamun angucap | turnèh ngluhurkên kulane | milane mangkonèku | isining rat kabèh pinanggih | sawawêlinging sastra | nging rungsit kalangkung | lir wong ngèdhêpakên gajah | ingkang maksih nèng alas [a ...]

--- J, 119 ---

[... las] kang bala margil | sapinggiring jêjurang ||

50. yèn wong arsa putus ing sastrèki | ora kaya kang maguru sastra | iku kang linuwihake | ngèsthi wulanging guru | tansah dènnya angeling-eling | yèn mungguhing pandhita | linuwihkên amung | pangabêkti mring Hyang Suksma | yèn wong ano[40] kang mukti eman mubadir | yèn ora bisa maca ||

51. nadyan bagus awarna apêkik | sugih arta wasis ing gamêlan | ananging sêpi cahyane | nèng pasamuan kusut | bawaning wong tan wruh ing tulis | upamanirèng sêkar | kaya kêmbang [kê ...]

--- K, 120 ---

[... mbang] têpus | abang nanging tanpa gănda | yèn manungsa panêngêrane wong bêcik | têpsilaning wacana ||

52. lawan alêping sêmu rêspati | tata basane puniku nyata | wong bêcik panêngêrane | yèn ana wong angaku | manggung pista ing sabên ari | ing panêngêranira | yèn badane lêbu | goroh pangucape umbag | pan wong sanak panêngêrane yèn asih | gumatine nambrama ||

53. dene panêngraning pandhita di | pangabêkti pangastutinira | mat si kalabang têgêse | wisane nèng dhasipun | mêrcikaraning kalajêngking | puniku wisanira | anèng buntutipun |

--- L, 121 ---

sarpa anèng untunira | wong durjana wisanira amêpêki | anèng sranduning badan ||

54. catur wisa ingkang amêpêki | mung wisane manungsa durjana | angèling bêbuwangane | awit wor budinipun | sêktining kang rare yèk maksih | pêpêking bapa biyang | kulawangsanipun | yèn nangis padha rumagang | sêsanake padha mèlu ngarih-arih | angrêksa medanira ||

55. kuwasane iwak nèng jro warih | yèn jro jêmbar wêning ingkang toya | iwak kang dadi sukane | dene sukaning manuk | pêpêg êlarira tan rêmpit | panjawat karo kuwat | lêpas ibêripun | mungguh ratu yèn apêpak | bala [ba ...]

--- M, 122 ---

[... la] yodha santana lawan akardi | mantri manggala papat ||

56. yèku singgih sidaning narpati | lire dibya luhur kawruhira | dene wong utama kuwe | ywa nut wilisan wolu | lamun tiru wêwolu dadi | anglarani sarira | kang nora tiniru | srênggala kintêl lan ula | bunglon têkèk lalêr ulêr kang tinampik | cêcurut wolunira ||

57. aja mêmaido pandhita sêti |[41] dumadak lara lapa pinanggya | lan aja maido manèh | wawêlinging sastrèku | lara lapa agêng pinanggih | utawa maidoa | sawulanging guru | parêk pati upamanya | wangsa patra panjang putra kang binanting |

--- N, 123 ---

watu pêcah tan purna ||

58. têgal tanpa dukut tinilar ing | pasutaman tanpa lawan têgal | lamun tan ana sukête | puwara samun suwung | datan ana buron kang prapti | tan ana kang pinangan | kang bêngawan agung | nanging toyanipun asat | apuwara tan sinaba para paksi | kang padha saba rawa ||

59. kaya pandhita lamun ngoncati | pangabêkti ing dina raharja | nir saking pangabêktine | adoh lan dewa amung | cilakane kang marêpêki | upamane narendra | panjênênganipun | nir pariksa lan apura | paramarta puwara prajane sêpi [sê ...]

--- O, 124 ---

[... pi] | tinilar dening bala ||

60. wêkasing gêsang amanggih pati | anak rabi arta lan kancana | tan ana ginawakake | ing kasugihanipun | wus pinêtak tinilar mulih | mring sanak wong atuwa | anak rabinipun | kaya mèlua palastra | ambelani prihatin kalawan tangis | iya amung sadhela ||

61. kang acawis-cawising kapatin | barang gawene satingkah polah | kang bêcik ingkang pinilèh | nuntun marga rahayu | yèn panggawe ala pinanggih | ngiring marang cilaka | naraka tinêmu | kalingane ing agêsang | alêkasna ing budi barang karyèki | mriha dana lan [la ...]

--- P, 125 ---

[... n] darma ||

62. têgêsira yèn tinitah sugih | donya iku kinarya angrêksa | karahayoning awake | kaping dwi kinaryèku | nyalamêtkên tumraping urip | anom wêkasan tuwa | tuwa wêkasipun | tan wurung wêkasan pêjah | kasugihan pan ora ginawa mati | tan mèlu kailangan ||

63. wong tumuwuh yèn bagus kang warni | dadi busananèng pasamuan | miwah wong bêcik kulane | abagus warnanipun | iku dadi busanèng nagri | pinilih ing sang nata | wong susastra mungguh | lungguhe alêp sêmunya | tan katiwang dening para sujana di | ananing

--- Q, 126 ---

pasamuan ||

64. kalawan wong wus limpat wêrdining | sastra iku ngrêsêpakên manah | ing raja glis pandangune | papat kang dipun dangu | dhingin trape linggihe kaping | kalih kagunanira | ingkang kaping têlu | panggaweane kaping pat | kasurannya papriksane kancana di | iya kaping sakawan ||

65. dhingin dinadar kang kaping kalih | pinalu kang ping tiga binakar | lan gêni pamariksane | dene ta ping patipun | pan tinugêl gone ngyêktèni | yèn mungguhing narendra | sandining sang prabu | ing patang prakara uga | êndi lire kang dhingin cinobèng èstri | kaping kalih

--- R, 127 ---

ing arta ||

66. kaping tiga kawignyaning kardi | dene ingkang kaping pat kasuran | iku kang cinobakake | ing arta anglês urus | yèn ing èstri sring nguciwani | ing karya tanpa dadya | ing kasuran murut | sêpi ing papat pariksa | tan sayogya tinunggalêna alinggih | satata pra sujana ||

67. nanging yèn trahing sujana dhingin | anaking wong wruh wêrdining sastra | sayogya sinabarake | tinatrapan karuhun | dhêndha wada kang kaping kalih | tinrapan dhêndha arta | wada kaping têlu | dhêndha lara sawatara | yèn kaping pat tinrapaning dhêndha

--- S, 128 ---

pati | papating wêwilangan ||

68. suka lan duka lirnya duk lagi | sih-sinihan wong utang lan potang | kakang yayi wêkasane | lir srênggala lan wêdhus | kang ngautang lamun tinagih | muhung nyaur sêmaya | kang potang sru rêngu | têmah padha cêcêngilan | samya pisuh-pinisuh puniku dadi | pisahe pasanakan ||

69. wong kang suka-suka sabên ari | iku gêlis anêmu dêduka | nora wèt suka-sukane | dene wong èstri iku | sukanira kalamun lagi | sinanggama ing priya | nuli duka lamun | anak-anak taman lama | suka malih ngarsa-arsa sihing [sih ...]

--- T, 129 ---

[... ing] laki | angolah sinomira ||

15. Sinom

1. dene têgêsing amarta | sakèhe kang mangenaki | ing awak kalamun marta | wor wisa yogya pinilih | kalap martane murih | glisa ilang wisanipun | upamane kancana | amor tinja mas ingambil | glis kinumbah wisane ingkang binuwang ||

2. mangkana malih kawignyan | ing pangawruh saumi |[42] mijiling wong sudra wisa | têka pêpilalanên awit |[43] tan cacat amrih budi | yèn mau sabda rahayu | nuntun marga [mar ...]

--- U, 130 ---

[... ga] utama | nadyan wijiling wong cêdhis | yogyastutên saujare kang raharja ||

3. makatên malih wanita | kalamun ayu kang warni | nadyan anaking apapa | pilihên iku prayogi | kang abot jagat iki | mung arta kalanira duh | lagya dêdagang layar | lawan nêstapa prihatin | pira-pira kurang turu amrih arta ||

4. yèn wus prapta kang sinêdya | arta kèh dadi wong sugih | saya wuwuh susahing tyas | dèn ayam-ayaming maling | kalakon pinèt maling | sangsaya duhkitèng kalbu | mêsakat kasêrakat | tinilar ing arta sêdhih | milanira [mila ...]

--- V, 131 ---

[... nira] sang pandhita tilar dunya ||

5. dening dadi laraning tyas | wuwuh angrêgêdi budi | prayogane sugih arta | tulungêna pêkir miskin | pangrêksaning dunyèki | kang dadi pikukuhipun | dêdanaa pandhita | donyèku lir toya mili | kang binêndung lamun binêthêng kewala ||

6. ilèn-ilèn tan sinungan | têmah bêdhah gênging warih | bêdhol talanjêring tambak | bubar kentir tarna kèri | puniku kaupami | arta tan na dananipun | wong kumêt ing pandhita | lan kumêt mring pêkir miskin | yêkti olèh dêdukanira Hyang

--- W, 132 ---

Suksma ||

7. amanggih papa cilaka | ing dêlahan tan basuki | yèn ing dewa datan ana | kaya Hyang Guru ngadhêmi | kalawan amadhangi | luwih padhanging sitèngsu | parandene kuciwa | adhême bathara ari | luwih adhêm wicarane sang pandhita ||

8. tan ana angluwihana | iya panasing kang agni | luwih panasing baskara | sagunge kang panas ugi | kasor dening panasing | manah durjana andulu | ing arta ingkang kathah | kalangkung panasing ati | nora mari yèn durung kêna cinidra ||

9. mangkana lalêr kuwasa | mibêr pantêsira amrih | kang wangi-wangi kewala | têka pijêr angulati [angu ...]

--- X, 133 ---

[... lati] | tatu kalawan kudhis | kasilibira kalangkung | yèn paksi bango buthak | bisa mibêr angluwihi | ing sakèhe manuk lir sundhul ngawiyat ||

10. pancèn layak yèn mintaa | sinung luwihing dewa di | bisaa mring swarga loka | têka tansah milang-miling | bêbathang dèn ulati | mangkanambêg durjanèku | sapênêdaning manah | durjana tan wande kardi | duhkitanya wardayèng wong sugih arta ||

11. mangkana ta sang pandhita | saking têmbene udani | kang tinangki-tangki sabda | rahayu kang dèn karêmi | wulan lintang kinardi | damarira duk ing dalu | srêngenge ing rahina |

--- Y, 134 ---

kang dadi damaring bumi | ing sajagat padhang kênyaring raditya ||

12. kang minăngka damaring tyas | manungsa sajagat iki | tan liyan wardining sastra | kang wèh têrang marang bêcik | têgêse suputrèki | anak lanang kanang sinung | limpat wêrdining sastra | tur sadu guna madhangi | kulawarga yayah renane sadaya ||

13. winuruking sastra darma | yaiku kang dèn arani | suputra puniku nyata | wèh arjaning yayah bibi | anake pandhitèki | kalamun padha katungkul | mring manah suka-suka | wêkasane nora dadi | kautaman tan mirib wong tuwanira ||

14. sutane para sujana | iya lamun nora sami | lan wong tuwane [tuwa ...]

--- Z, 135 ---

[... ne] sayogya | tininggala ing pawèstri | ingkang padha nglêluri | lakuning bapa tinêmu | kasusilaning ulah | kabêcikan sastra widi | wanita kèh luluta sih mring sujana ||

15. wong anak-anak candhala | lir alas tuwa upami | kêkayone ingkang ngarang | anggêrit satêmah agni | dadya alas kabêsmi | apuwara dadi awu | liring kang pra sujana | dèn samya amindi siwi | aja kongsi sujana wêka dursila ||

16. aja sanggup wani iya | nèng ngarsane narapati | yèn sira durung prawira | saulah jayaning jurit | lamun ta sira uwis | ngêsorkên prajurit [praju ...]

--- A, 136 ---

[... rit] satus | kawênang ing palagan | yèn uwis mangkono yêkti | tan ngapaa yèn sira sanggupa sura ||

17. aja ge ngaku pandhita | nèng ngarsane sang siniwi | nadyas[44] sira aputusa | sakèh wêwadining tulis | yèn durung sira yêkti | ngêsorkên pandhita sèwu | nadyan ana sèwua | pandhita kang bangkit-bangkit | iku padha kasor dening widayaka ||

18. wong angaku sarwa bisa | miwah sanggup barang kardi | puniku nora prayoga | lakuning sujana yêkti | èngêt samya sumingkir | lamun ngêgungêna sanggup | manawi tan tulusa | sanggupe puniku dadi | datan kandêl dening sang

--- B, 137 ---

utamèng praja ||

19. ujaring kawi mangkana | ing benjang kalamun prapti | ya ing jaman kaliyoga | tan angluwihi wong sugih | tan ana ala bêcik | sujana myang para wiku | wong guna lan pandhita | ilang kasantosèng budi | padha anoraga mring wong daniswara ||

20. têgêsipun daniswara | wong apapa dadi sugih | duk ing jaman kaliyoga | dumadak wong iku sami | akèh wisayèng budi | wiku nir santosanipun | raja tan ajrih salah | malah nir luhuring aji | punggawane tan ajrih padha amapan ||

21. kang manitra ing pustaka | panitisastra ing nginggil | kang

--- C, 138 ---

kasêbut kalih pada | kabar-kaburing pawarti | widayaka narpati | inggih Ajisaka anung | karyeraming tyas prapta | guna tata liman aji | (1853) dènira plêg jangkanira nata dibya ||

22. anak padha ngala-ala | mring bapa tan ana ajrih | pandhita kasiya-siya | kalingan angkara budi | lan murka anasabi | drêngki dir gumunggung agung | yèn prapta kaliyoga | tan ana kang angluwihi | santosane saking wong kang sugih arta ||

23. pituhunên sabda raja | mulyakna pangandika ji | yèn akarya pasarean | ulon-ulon kulon bêcik | panjang tuwuhing urip | yèn mangalor ulonipun | tansah katêkan arta [ar ...]

--- D, 139 ---

[... ta] | yogya ngalih ujur nanging | yèn mangetan kapatèn sih mitranira ||

24. mamriha ingkang prayoga | ajar-ujuring aguling | ulon-ulon lor prayoga | adoh sangsayaning budi | kalamun wong aguling | ulon-ulon ana kidul | dumadak pati rupak | rina panasing hyang rawi | yèn ing sore kinaramkên ing agama ||

25. pratingkahing anak-anak | sêdhêng umur gangsal warsi | pindhanên suwitèng raja | tingkah ngawulani siwi | yèn ngumuripun prapti | iya ing sapuluh taun | kaya nitih kawula | pinindi panggawe bêcik | rêrêngunên pinrih wêruh ing agsara ||

26. yèn ngumur nêmbêlas warsa | pindhanên [pindha ...]

--- E, 140 ---

[... nên] sanên pawong sanak sih[45] | taha-tahanên micara | dene ta wus andosani | pindinên sipta liring | pêcutên kalawan sêmu | yèn anak wus sêsuta | wruhna cipta sasmitèki | lah wêwangên pratingkah arja lan ala ||

27. aja nut budining sudra | têmah winiwasèng swami | aja nut èstri budinya | dene rang-erang sasami | lan aja anduluri | karêping wadon tan wurung | sira amanggih papa | sisipa tumêkèng pati | nadyan patut ing budi sinabarêna ||

28. angên-angênên kêdalna | nèng jroning tyas pribadi |[46] iki wartane sang prama | lăngka budining pawèstri | luruse manah èstri | manawa ta ana tunjung | tumuwuh anèng sela | lawan gagak ulês putih | iku ana wong wadon rahayuning tyas ||

29. kalingane pra sujana | kang yitna mêngku pawèstri [pa ...]

--- F, 141 ---

[... wèstri] | ujare kang sampun wikan | kapara wolu jalwèstri | kabisane sakalir | graita wêwekanipun | saprawoluning lanang | lingira Dèwi Dropadi | nora nana wong wadon warêg ing lanang ||

30. kang nêdhak panitisastra | sabên nungkara miyarsi | ngrasakkên ungêling pada | lir sêsanga kang mungkasi | jêtung gêmbèng tyas nangis | wêlas muji mugi emut | kang kocap ling sêsanga | tulusa utamèng budi | jinurungan Hyang Suksma sung sih kèngêtan ||

31. sing sapa arsa amanggya | kaluwihaning ngaurip | lêkasna guru wulangnya | ing awak kang amuroni | iya limang prakawis | puniki kaananipun | anom bagus kang warna | tur sugih bangkit ing kardi | kaping lima mungguh kulane prasaja ||

32. wêkasan

--- G, 142 ---

ana cinacat | dene dhêmên minum awis | dadi wiji manggih papa | mêndêm dawa tan wruh ngisin | satêmah asor dening | wong akèh padha gumuyu | aja mada wong cacat | gêlaring jagad puniki | datan ana kang tulus pêkik nir cacat ||

33. Hyang Guru amawi cacat | irêng gulunira langking | Hyang Wisnu amawi cacat | angon banthèng cacatnèki | Sang Hyang Endrèku dening | cacat kathah netranipun | sakèhing gêgêlitan | kasandhanga netra sami | pan akathah cacade Bathara Endra ||

34. mangkana kalamun ana | wong ngawruhi dina bêcik | lawan dina ingkang ala | karone dipun kawruhi | luwih saking prayogi | mila yogyane puniku | pinaringana dana | dening sang utamèng nagri | saking sabda marmane manggih kamulyan ||

35. milane wong manggih papa | kirang sandhang lawan bukti | iya sêpi sabda uga | dening sêpining [sê ...]

--- H, 143 ---

[... pining] rêrai | tanpa nginang sujanmi | muka tan na tejanipun | sêpi ingkang têtiga | kasor dening sêpi siji | luwih sêpi manungsa tan darbe arta ||

36. titi têlasing carita | kagungan jêng sri bupati | kang sêrat panitisastra | mung jarwa kang kinèn nulis | mrih gampila kang myarsi | sastra wiguna kang apus | abdi carik lêlurah | ngêmban timbalan narpati | pan kinarya mudharing tyas ingkang mudha ||

16. Asmarandana

1. kasmaran marang kintaki | suluk luwang aranira | kabar-kabur gubahane | sintên-sintên tan wuninga | parlu mung mrih darbea | mila arungsit kalangkung | binangkitna Hyang Suksmana ||

2. karaharjan

--- I, 144 ---

nêdhak suging |[47] mring wau srat suluk luwang | wasita tama mugi wèh | supangat slamêt manulat | ngantos prapta sampatnya | ing panêdhak suluk wau | ngandhap punika wontênnya ||

3. luwanging wong doyan guling | tan suririh tur sungkanan | sarta adoh daulate | luwanging wong doyan mangan | têtiga watêgira | ambêlêr linyok gadêbus | ping tiga kaskayèng karya ||

4. watêging wong kirang guling | sinung padhang jroning nala | lamun sira linggih dhewe | gampang sagung kang sinêja | janma marêgi pangan | kinirangan buktinipun | dadya pêtêng jroning manah ||

5. sing sapa [sa ...]

--- J, 145 ---

[... pa] wong ngêngirangi | anyêgah turu lan mangan | lami-lami pinanggihe | sinung sandhang sinung pangan | bur sinung panggawean | akathah daulatipun | lan sinung tingal kang lêmbat ||

6. sangsaya lami pinanggih | antuk kamulyaning dunya | pan wus janjining Hyang Manon | kang suka amanggih duka | kang duka manggih suka | saking adiling Hyang Agung | siji winalês sadasa ||

7. sadina angêngirangi | winalês sadasa dina | kamuktèn dening Hyang Manon | sarta sinung panggawean | sing sapa watêk kirang | sarta prihatin nyênyuwun | mring Hyang Suksma malês suka ||

8. eling-elingên ywa lali | ing wong kang anjuju lawang | tan niyat mêlèk mripate | duk larene malah tuwa | tan ana prihatinnya | dadya malarate muput | tur tan sinung ing pakaryan|| [pakar ...]

--- K, 146 ---

[... yan||] 9. marmèng wong kuna linuwih | sinung tingal kawaspadan | sawab tilar mangan sare | dadya sidiking pangucap | sarta têrusing tingal | anêratang kalbunipun | ing dunya prapta ngakerat ||

10. aja gawok marang ngèlmi | sanadyan ana sabodhag | yèn tan kalakon lakune | mung dadi wong kabrabeyan | dunya kerat malarat | yèn kalakon tapanipun | tan pangaji mring manungsa ||

11. sinungan tingal kang gaib | uninga suruping pêjah | tan lali palawangane | tur ambuka ngèlmu rasa | barkating kasutapan | myang dening tuduhing guru | awas maring kang sinêmbah ||

12. ing wong kang sinungan mukti | tan sêpi wijiling tapa | rêmbêsing madu purwane | janma kang sinung malarat | wong loba alit mila | lumuh kurang mangan turu | dadi muput malaratnya ||

--- L, 147 ---

13. luwanging janma kang mukti | duk anom tansah nêstapa | nglarani marang ragane | anyêgah turu lan mangan | saya tuwa sinungan | kawiryan maring Hyang Agung | salamêt dunya ngakerat ||

14. yèn dalu aprang lan arip | sru rame wawan-winawan | yèn siyang aprang lan luwih | rame dènnya mangun yuda | yèku janma utama | amrih mandia ing ngèlmu | kapanggiha kang sinêmbah ||

15. tapa minăngka rêragi | saenggane olah ulam | supaya enak rasane | kudu nganggo uyah lawan | tarasi brambang bawang | enak ingkang kaduk bumbu | kapanggih rasaning ulam ||

16. ingkang tan sinung kamuktin | dumadak suka nêstêpa | sru wêdi kothong wêtênge | bata watu sok kolua | amrih agênging tinja | yèku

--- M, 148 ---

wong budhug amumuk | mrih mêkar jubur ămbaa ||

17. kang sinung rahmating Widhi | tan arsa kèwêg-èwêgan | karêmên tyas dèn nir kabèh | amarga kang sinupaya | wignya widada dadya | jati tingale malulu | amung maring kang sinêmbah ||

18. milane linggih nèng sêpi | gampanga nora umiyat | aliya saking sêdyane | puniku kang sampun têka | lambang manuk amora | kalawan kurunganipun | wêkasane badan suksma ||

19. dene kang nora pinanggih | krêkête kèh kang sinêdya | amêtêngi jro tingale | milane jêng nabi duta | tan arsa olah sastra | amung manggêng salatipun | tanpayun kawoworana ||

20. mangkana Jêng Sunan Giri | apratapa tigang wulan | nulya miyos darajade | kang sela pan dadi liman | binanjurkên ngaluwat | kawan dasa siyang dalu | dadi ratu

--- N, 149 ---

waliyolah ||

21. Sèh Malaya tigang sasi | kang asramèng Kalijaga | ing pulo Upih prênahe | tapa lendheyan galinggang | wus jangkêp tigang wulan | galinggang tuwuh ngrêmbuyung | dadya mas akèh utama ||

22. wus wêwangêning Hyang Widhi | yèn wong kang andhangir badan | têlung sasi wêwangêne | yyan têmên-têmêning manah | apa barang tinêdha | tinêkan sihing Hyang Agung | sapanêdhaning kawula ||

23. sawênèh kudu amukti | ananging lumuh nastapa | kang lumrah ing jagat kabèh | wong kang kinurangan pangan | tan ana kang nêstapa | padha wong budhug amumuk | anggung amangan anendra ||

24. iku palanya raryalit | kakehan susuning biyang | katuwan sêsapehane | dadi balilu sungkanan | lare lanang wadona | doh miyat sutapanipun | tan dadi ngamal jariyah ||

25. kêmêling tyas tuna budi | kalamun duwèni akal | sak mit bangêt [ba ...]

--- O, 150 ---

[... ngêt] mring bêcike | kang kèh akal kadursilan | mandrawa brata tapa | yèn rare nom susonipun | sinung akal kasutapan ||

26. mulane pra janma nguni | ngêla-êla anak lanang | amal jariyah arane | yèn kang salèh ing agama | kinudang anak lanang | anywargakkên yayah ibu | anak lanang kang pratapa ||

27. yèn katuwan dènnya nyapih | mandar sru karya duraka | marang ring yayah wibine | angèl bangêt yèn malêsa | dadah dulanging biyang | mandrawèng kawiryanipun | yèku bèbèting wong desa ||

28. rare kang anom sinapih | akèh kang ulah nêstapa | tan jrih mêmati ragane | mulane sinung kawiryan | ingkang padha dursila | padha wong katuwan susu | mokal yèn nom panyapihnya ||

29. jamak kang lumrah ing bumi | kang durjana ambêlasar | dede wong anom susone | kang durjana ambêlasar | ingkang ambegal ngêntal | sami wong katuwan susu | lawan kang sukan nêstapa ||

--- P, 151 ---

30. marma tar wrêdèn ing ngèlmi | rare katuwan sêsêpan | pilih kang manjing ngèlmune | luwih kalis ing agama | yèn olah ngèlmu rasa | kadya lênga lawan banyu | miwah sagung kautaman ||

31. ngêmbuhkên bae mring ngèlmi | tan pisan-pisan kelingan | ing brata angèl lambange | kadya wong andhangir têgal | wiwitane kangelan | ngêlèh wêkasane tuwuk | tan beda dhangiring badan ||

32. iku tan kêna kinardi | yèn ta wus papêsthèning hyang | dumadak tuwa susone | dadi tuna budi akal | sêngara kasutapan | lamun anom susonipun | wêweka manah graita ||

33. kinira-kira tan kêni | takdiring Hyang Maha Mulya | kang sugih lawan miskine | adaganga atanèna | olaha kadursilan | yèn kang anom susonipun | wêweka manah graita ||

34. wondene wong duk ing maksih | rare katuwan [katuwa ...]

--- Q, 152 ---

[... n] sêsêpan | dêstun saanggur-anggure | mêcahake piring pinggan | cowèn[48] kêndhi myang layah | ngilangake pangot wêdhung | ambêdhahkên sêsandhangan ||

35. cècègane ujar sêrik | apan lot pikolèh ujar | labêt katuwan susone | adat kang wus kalaksanan | yèn anaking wong desa | dèn susoni têlung taun | jaga pêpikul kewala ||

36. emane ingitik-itik | alit mila sinusonan | mung dadi kulining uwong | angur matia duk bocah | alit mila dinulang | owêl mung dadi pêpikul | tan wêlas marang sudarma ||

37. yèn dipripih marang bêcik | sungkanan tur nora bisa | katêkan pêtêng atine | pae ingajak maksiyat | padhang jina totohan | trawangan karya calimut | wrat nangis dèn jak raharja ||

38. rare kang tuwa sinapih | samya undhagi duk bocah | nanging balilu wrêdane | kadyatmikane [kadyatmi ...]

--- R, 153 ---

[... kane] wirangan | kalamun têtakona | mulane awèt balilu | pêpêngane[49] nulya minggat ||

39. wus akèh samya nitèni | kuncara yèn anèng desa | akèh kasungsang driyane | kontap lamun para tumbak | yèn amèt amblêgandhang | wudhu pirang-pirang dhusun | tate bukti sata mêntah ||

40. sing barang panggawe bêcik | kang mokale ing Pangeran | dumadak sudhik[50] atine | mèlu ngalêm asru wirang | pangrasane wus bisa | yèn umur nêmbêlas taun | katarane manah sungsang ||

41. wong anom drêma nglakoni | purwaning rèh sing wong tuwa | tan angsung anom susone | sire asih marang anak | nora idhêp ing wêlas | dadi wrêdane balilu | sêngara ring kabêcikan ||

42. iku sih têmahan lalis | biyang kang agawe ala | pantês jinêjêg makame | amarga gawe duraka | balilu tur sungkanan [sungkana ...]

--- S, 154 ---

[... n] | wong tuwa pantês dèn pukul | nora layak ingujungan ||

43. pamupuse kang sung wangsit | kapriye gone anulak | yèn wus kabanjur susone | katuwan pasthi duraka | mring yayah sarta rena | lan maring Hyang Maha Agung | wit calimut tanpa tapa ||

44. marga kumuduning janmi | para desa sire wêlas | mring mau suta-sutane | dadya samya sinusonan | prapta ngumur tri warsa | dening bodho nora wêruh | mring witing suta duraka ||

45. nganti sok nyandhang sasuwir | nadyan muluk kongsi kênyang | têka turu wardayane | lir mundhing martabatira | lamun wus warêg mangan | dyan gayêmi sarwi jêrum | liyêr-liyêr pugung[51] mudha ||

46. wong miskin sangsaya miskin | labêt tan bêtah nêstapa | miskin atêtêp arane | janma mukti sugih tuman | kalamun dêdagangan | dumadak bathine agung | wong miskin dumadak tuna ||

47. kadya gone anênagih | rare nom ulah nêstapa [nêsta ...]

--- T, 155 ---

[... pa] | pan katêmu ing tuwane | lare ingkang ulah pangan | turu dawêging bocah | malarat katêmu sêpuh | nênagih kang tanpa potang ||

48. pêksane kudu amukti | yèn tan duwe kasutapan | dadi malarat mêsthine | paksane anagih utang | sapuluha kasabda | yèn tan ana potangipun | nadyan sugiha tarabas ||

49. palane tuwa sinapih | mêndiring mring kasutapan | dadi mung mogok mêskine | sru kalis ing kabêcikan | kadya we lawan lênga | lamun anggêguru ngèlmu | nora tumancêb ing manah ||

50. wus bubuhaning wong mêskin | doyan turu doyan mangan | tan ana kasutapane | bayangur sapi maesa | dadi lêbuning swarga | sato mani padhanipun | wong manggung mangan lan nendra ||

51. tanpa nêbut lamun guling | lir gulinge pra maesa | lir sato mani padhane | sato kang wênang pinangan | alame ratu baka | pan tatan ana wong sêpuh |

--- U, 156 ---

wong tuwa samya pinangan ||

52. yèku aran sato mani | wong tuwa ingkang duraka | pantês pinangan daginge | duk jênênge ratu baka | yèku ingkang amangan | waton wancine wong sêpuh | kang têmêne tanpa karya ||

53. wangêne rare sinapih | anom umur pitung wulan | wolu sanga sadasane | sawêlas rolas têlulas | patbêlas pănca wêlas | myang sat[52] wêlas sartanipun | pitu wolulas sangalas ||

54. yèn langkung wêwangên iki | dadya pintêre kapalang | dhasar kang tuwa susone | dhêmên marang karawitan | nyalêmpung angrarêbab | sru têbih daulatipun | sandhange arang kang wêtah ||

55. wus kaluwang dhingin-dhingin | yèn wong nyalêmpung ngrarêbab | arang wutuh sandhangane | sakosokan sasênggrengan | daulatipun têbah | alêlakon patang puluh | dina panêdhane tawa ||

56. saumurira ya urip | nanging doh bêja

--- V, 157 ---

daulat | arang wutuh sandhangane | lamun mangan arang enak | barkate karawitan | malaratipun saumur | anênêdha tan katêkan ||

57. bêjane kang aningali | sami rahab amiyarsa | tur ta adoh daulate | sakarsane ya uruhan | akarya mêng-amêngan | nora nana widanipun | karêpe karya dolanan ||

58. pae lan kang anangani | sakosokan sasênggrengan | patang puluh dina dohe | daulate sandhang pangan | padha lan olah sastra | yèn anggung kinarya nungkul | tiwas daulate têbah ||

59. pae lan wong ulah ngèlmi | kang gaib-gaib punika | dadi wong alim wêkase | yèn kang aji ingkang iya | dadi kaum utama | acêpak kamuktènipun | akèh urmat tan sidhêkah ||

60. kang nêdhak luwang puniki | wiwit nêdhêng dadya janma | prapta Jimawal [Jima ...]

--- W, 158 ---

[... wal] warsane | guna tata ngèsthi arja | (1853) petanging umurira | (79) pitung dasa sanga taun | tansah nungkul ulah sastra ||

61. tan langkung mung mugi-mugi | sagunging wiyata tama | tinungkulan supangate | jinung[53] arja kalantipan | talêsêping wêwisa | santosa nulak mrih ayu | mancorong kadya kancana ||

62. amor tinja mas ingambil | tinjane ingkang binuwang | kancana rêsik mancorong | punika pralambang wisa | tumlêsêp maring manah | èrêm wirang rasanipun | saking sru asih ing Suksma ||

63. kacoba wirang tanapi | èrêm susah mung narima | wimbuh sru èngêt Hyang Manon | mênggah sambête kang kocap | ing pada sèkêt pănca |

--- X, 159 ---

prapta pada sèkêt pitu | kasêbut ngandhap punika ||

64. ngrarêbab nyalêmpung yèn wis | bungah kawisudha dhalang | dadya mêng-amênganing wong | guna wisa yèn ingundang | yèn mopo olèh ujar | nora kajèn sartanipun | tuwas adoh daulatnya ||

65. tan surup yèn pinarinci | dene saumur malarat | nora ana sambulihe | rèhning dadi mêng-amêngan | yèn mungguh wong ing desa | arang bisa bêbêt sabuk | labête bangêt malarat ||

17. Dhandhanggula

1. tarbiting tyas manggita mêmanis | pan kinarya bêbukaning gubah | sarkara muhung ginawe | pratela [pra ...]

--- Y, 160 ---

[... tela] darpèng kalbu | panungkuling ulah sastra di | rèhning arungsit dahat | binangkit ingapus | kang thukul driya pribadya | mila amung manulat sungging kintaki | wulang pêpalinira ||

2. Kyai Agêng Sêsela linuwih | mila mugi aparinga barkat | supangat nyalamêtake | mring amba kang manurun | jinurungan sihing Hyang Widhi | paring nugraha arja | palêstha manurun | pra nungkara wuningaa | srat kang ngêmot wasita tama kang saking | Kyagêng Sela punika ||

3. anglêluri sabda rum amanis | saking Kangjêng Kyai Gêng Sêsela | wus wirotamèng labête | kapêtêngannya prabu | ing Bintara [Binta ...]

--- Z, 161 ---

[... ra] narendra luwih | ya ta Kyagêng Sêsela | samana duk luguh |[54] ingayap putra myang wayah | apitutur he kabèh nak putu mami | padha sira pyarsakna ||

4. pituturku dudu dalil khadis | yèku aran pêpali ing kuna | basa pêpali têgêse | tindak kang wus lumaku | gon pakolih ing bênêr sisip | yèn iku kalakona | salamêt tinêmu | bêrkati satêrahira | manggih arja ucapna pêpali singgih | aja sira akarya ||

5. budi angkuh ladak lawan jail | aja sira watêg tyas surakah | aja colong calimude | aja watêg kumingsun | buralêman ladak kumaki | wong ladak gêlis pêjah | ywa ngiwa ing laku | aja saèn dèn wirangan | aja ngêgungakên raga wong ngaurip | dèn wruh ing kabagusan ||

7. bagus iku dudu êmas picis | dudu rupa dudu sêsandhangan | wong bagus pakewuh lire |

--- A, 162 ---

kang ambêg tyas rahayu | asih marang padhaning janmi | mêrak-ati warnanya | rêsêp kang andulu | sawênèh wong amangeran | ing mas picis ana maring busana di | ana maring kabisan ||

8. ana mangran ngèlmune tanapi | ana mangran dènnya têguh tatag | ana mangeran japane | ana ingkang mituhu | maring kawruhira pribadi | kabèhku padha saya | singgahana ayun | mring kang lêstari pangarah | aja sira lumaku dipun kèringi | sawruh-wruhe priyoga ||[55]

9. yakti ewuh wong ngaurip kaki | dèn abisa angenaki tyasnya | manusa sapêpadhane | karêp ingkang tan arju | janma kang kang mrih dipun kèringi |[56] iku sira sirika | ywa arêp aniru | lan manèh aja kopadha | angrèh jalma lan marentah kêbo sapi | sato sapadhaneka ||

10. aja sira prih wruh kaya jalmi | sato kewan pasthi nora bisa | wus [wu ...]

--- B, 163 ---

[... s] tamtu saje[57] titahe | dèn wignya amrih putus | ing wêweka dipun praniti | aja kaya sakrêta | kêbone pinupuh | kinon sinaua maca | wus takdire kêbo sapi nora bangkit | mulane padha wuda ||

11. ayam ginusah yèn munggah panti | mangan bêras uga ginusaha | kêbo ingadhangan babe | yèku wong olah sêmu | yèn têtăngga sarate kaki | kang layak ingaruhan | aruhana iku | yèn tan layak mung awasna | sabab dening mangan sêgane pribadi | pan dudu rayatira ||

12. yèn ta mungguh rayatira kaki | wruhna nanging ywa nglarani awak | larakna atine bae | lan aja sira wuruk | wêruhêna yèn durung sisip | yèn ta wus katiwasan | aja sira tutuh | kelangan wuwuh duraka | yèn wus luput aja ngumpah-umpah kaki | yèku pan tanpa guna ||

--- C, 164 ---

13. dèn angulah rèhning wong ngaurip | aja sira ngêgungake raga | ing ngaurip akèh lire | dèn wêruh ing pakewuh | ewuh iku tigang prakawis | dhingin ewuh ing pangucap[58] | pindho ing pandulu | ping tri ewuh jroning driya | yèn katara alane sajroning ati | pan dadi pagrayangan ||

14. dèn wurukan padha wruh ing isin | isin iku pan kalih prakara | dhingin isin Pangerane | dene ping kalihipun | isin marang padhaning urip | yèn kalakona wirang | sapa ingkang ayun | dipun atut akêkadang | pawong sanak aja pêgat ngati-ati | yèn cêne dadi ala ||

15. aja sira watak suka sugih | aja sira watak ngajak tukar | aja ngandêlkên ngèlmune | aja watak anguthuh | aja watak ngaruh-aruhi | aja watak angiwa | ala kang tinêmu | kang sapa atine ala | nora wande ing têmbe [tê ...]

--- D, 165 ---

[... mbe] iku nêmahi | wong ala nêmu ala ||

16. sapa-sapa kang dhasarkên bêcik | nora wande têmbe manggih arja | miwah saturun-turune | aja watak kumingsun | asêmbrana sabarang kardi | wong doyan sasêmbranan | iku wong katutuh | katiwasan wêkasannya | lamun ana wong tatrap sira dèn ajrih | malati iku janma ||

17. balik iku tirunên ta kaki | jalma tatrap sira kasihana | ambilên iku sawabe | ambêrkati satuhu | nging tan wênang yèn dipun aji | tiniru lagi kêna | pambêgane alus | pangucape ngarah-arah | yèn alinggih tan apêgat ngati-ati | nora sawiyah-wiyah ||

18. aja sira watak sugih wani | aja sira kapengin kêdhotan | kasêtenan[59] apadene | aja watak andhukun | ywa andhalang aja anggrami | aja budi sudagar | aja budi kaum | jangjine jakat lan pitrah | yèn sinuda padune [padu ...]

--- E, 166 ---

[... ne] cukêng abêngis | yèku kaum kang nyata ||

19. kumbah surakah cukit andhulit | iya jagal malantên amarna | yèku nora dadi gêdhe | sirikên ujar iku | ing wong urip dipun nêngêri | pan katêmu ing basa | katêmu ing sêmu | miwah katêmu ingulat | tyasing janma kang ala miwah kang bêcik | jumujur anèng cahya ||

20. yèn sira wus antuk sih Hyang Widhi | dadya wong agung yèn amarentah | mring wong cilik dipun sarèh | dèn amrih tulusipun | ywa sok daya-daya mring pamrih | aja sira anacah | paren mring batur |[60] bangkita karya pusaka | rêngkuhên ta nak putu mor kulit daging | dèn agung apuranta ||

21. kadyèki kang manungsa sajati | iku guruning para pandhita | datan katan katara lakune |[61] panyêgahnya tan umum | nora tapa lan ora mutih | nanging tan pêgat yitna | ing awakirèku | prayitna ing dhèwèkira | mung sanake puniku kang dèn kasihi | sanak yèku jagat ||[62]

22. banyu bumi angin mingah[63]

--- F, 167 ---

langit | surya lintang kalawan sasăngka | puniku sanake kabèh | janma kang salah iku | kabèh satrunira pan dadi | mulane ana lara | walat kang tinêmu | jalma kang jujur tyasira | lanang wadon kabèh sanakira sami | marmane ana sawab ||

23. dèn nastiti tataning ngaurip | aja watak mêmetangi măngka | yèn luput dadi wirange | tan wun têmah sinaru | aja guru-guru dèn ririh | aja wani angucap | yèn durung kacakup | kawêrdi ing driyanira | papan kridha wus kadhadha sujana di | barang rèh tata arja ||

24. yèn sirarsa kaharjan andadi | dèn akarêm lot andhangir badan | kang rong prakara ywa supe | kang dhingin cêgah turu | kapindhone ywa karêm bukti | pomèki lêkasêna | kaki ujar ingsun | yêkti pinaring kamulyan | ing Hyang Suksma dêrajate amuwuhi | mring putra buyut canggah ||

25. satêngah wong kang durung sayêkti | dènira

--- G, 168 ---

mrih budi kapandhitan | pijêr wayang-wuyung bae | tansah angalor ngidul | mêndhak mandhak seba wong sugih | ngèlmu dèn gawe kasab | angucap gêdêbus | angincih darbèk wong liyan | sabên wêruh awake kalêbon eblis | dadi wong ngayawara ||

26. apan cêgah jênênging wong ngèlmi | yèn nasaba wismane nangkoda | tuwin mantri gêdhe-gêdhe | nir wirangkên nèng siku | dènira mrih budi lastari | mring karaharjan mandar | ing beka tan keguh | măngka bekaning ulama | yèn kapencut marang ingkang mêlik-mêlik | dadine ngandhap-andhap ||

27. yèn kongsia ngèlmune kalindhih | pan druhaka jênênging ulama | tarlèn lan buta hawane | sru lilung kadalurung | nora wikan kênèng piranti | tansah karya paekan | dènnya anjêjaluk | datan etang jiwa raga | babêntusi dènira amrih pakolih |

--- H, 169 ---

srênuh nglakoni karya ||

28. anglakoni karyane kang dèn prih | yèku si wong tan wêlas ing badan | tan asih marang jisime | dadi banjur katlanjur | nora antuk wahyuning ngèlmi | lakune lalawora | tansah wayang-wuyung | muhung melik kang dèn ancas | durung wêruh ing laku sikuning ngèlmi | tingkah sru daya-daya ||

29. pangrasane wus bênêr kang ngèlmi | tan angrasa lamun ingèsêman | mring wong kang tama tekate | iku wong kumprung pêngung | tan udani kênèng piranti | sabab wus ati setan | lakune wus liwung | pangarahe tan rêringa | wus kalulun atine kalêbon eblis | datan wruh isin wirang ||

30. apan akèh pambekaning urip | dènnya amrih pakoliyèng badan | amrih kuncara ngèlmune | mêlèka sabên dalu | tansah dènnya acêgah bukti | andhap-asor kaliwat | èsême lir dhuyung | ulat manis ati sabar | dadi gêndam èsême

--- I, 170 ---

guna piranti | ênênge salah cipta ||

31. tan mangkono ingkang wus sayêkti | badan iki dipun kadi sarah | anèng laut upamane | apa ombaking banyu | sarah anut ilining warih | iku jênêng kawula | tan darbe karsèku | anging purbaning Pangeran | tanpa karsa tan miyat marang kang kèksi | wit sru karêm[64] samodra ||

32. nora nana kang dèn paran ati | pan wus liwung tan darbe Pangeran | pan suwung jati kawruhe | tan dulu tan dinulu | tan apanggih datan pinanggih | tan paran tan pinaran | wus tumêkèng suwung | sasolahe pan asamar | nora nana kang kaduga anampani | liwung kadi wong edan ||

 


Tanggal: Soma (Sênèn) Pon catur wêlas (14) Saban (Ruwah) Jimawal: guna tata angèsthi Hyang Maha Mulya (AJ 1853). Tanggal Masehi: Senin 2 April 1923. (kembali)
sad. (kembali)
lutung. (kembali)
pêgsanên. (kembali)
sad. (kembali)
sad. (kembali)
Kurang satu suku kata: wulang utama ywa kongsi. (kembali)
sad. (kembali)
Kurang satu suku kata: anak rabi bokmanawi. (kembali)
10 wataking. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: sukur ènthèng kukumnya. (kembali)
12 ênêm. (kembali)
13 nganggo. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: goning angkêr myang. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: goning angkêr myang. (kembali)
16 êsad. (kembali)
17 Kurang satu baris: 7a. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: tan jumbuh gatra ngèsman. (kembali)
19 sad. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: elok bangêt yèn nêdyaa anobati. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: awit ingkang sajati binangkit. (kembali)
22 Biasanya guru lagu a: ika. (kembali)
23 sad. (kembali)
24 sad. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: amla kasaya lawana. (kembali)
26 netya. (kembali)
27 kapurunanipun. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: yèn alênggah kalawan wanita. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: liman mêta upamane. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: wong limpat wruh ing kramaniti. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: têka ala laku kaya durna. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: mangkana sang alas pangucapnya. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: singa myarsa nglinging alas singa sêrik. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: inggih jênênging gêsang puniki. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: myating naga mangkya wus dadi. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: sawit ing badan Sramba. (kembali)
37 langkung. (kembali)
38 asrining. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: mungguh sujana ingkang pinilih. (kembali)
40 anom. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: aja maido pandhita sêti. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: ing pangawruh saupami. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: têka pilalanên awit. (kembali)
44 nadyan. (kembali)
45 Lebih dua suku kata: pindhanên pawong sanak sih. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: nèng jroning tyase pribadi. (kembali)
47 sungging. (kembali)
48 cowèk. (kembali)
49 pêng-pêngane. (kembali)
50 suthik. (kembali)
51 punggung. (kembali)
52 sad. (kembali)
53 sinung. (kembali)
54 lungguh. (kembali)
55 prayoga. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: janma kang mrih dipun kèringi. (kembali)
57 seje. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: dhingin ewuh pangucap. (kembali)
59 kasêktènan. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: parentah mring batur. (kembali)
61 Lebih dua suku kata: datan katara lakune. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: sanake yèku jagat. (kembali)
63 miwah. (kembali)
64 kèrêm. (kembali)