Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 18–25)

Judul
Sambungan
1. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 01–12). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
2. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 13–17). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
3. Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473 (Pupuh 18–25). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

18. Kinanthi

1. nganthia budi panggayuh | maya wêning kang mêngkoni | kang gumêlar nèng bantala | lan kang gumêlar nèng

--- J, 171 ---

langit | yèn sira durung graita | tanapi durung mangrêti ||

2. mring kang gumêlar kasêbut | pêpali kadangmu sami | sihana ananging aja | kapati sira rêmêni | nangi[1] mau kang kawêca | maya-maya sarta wêning ||

3. maya wêninge kalangkung | badanmu uga duwèni | badan wêning maya-maya | nguripi ragamu sami | sang wêning sadina-dina | sawêngi-wêngi kabêsmi ||

4. ananging tan karasa puh | dupi sira nêt myang sikil | tanpa arta krasa susah | nulya mangkat nêdha paring | supaya warêg anadhah | anggêpmu sarah nglakoni ||

5. ombaking sagara nglangut | tanpa wêkas tanpa têpi | iku klèru anggêpira | nora cocog lan kang muni | pêpaline Kyagêng Sela | ngrêtèkna [ngrêtè ...]

--- K, 172 ---

[... kna] ingkang patitis ||

6. nganti putusira wêruh | badanmu kang mêlèk arip | lêr-lêran gumlimpang nendra | kagrêmêtan sêmut mimik | malah kayog-oyog nora | krasa tanpobah tan tangi ||

7. kang sru mulati badanmu | kang rina wêngi nir guling | nora arip yèn tan nadhah | pan nora luwe sayêkti | iya iku sumurupa | sang hyang maya-maya wêning ||

8. kang mêngkoni mau sagung | kang gumêlar bumi langit | ika iki iku padha | băngsa titah kang kaèksi | iku kabèh kawadhahan | Sang Wêning tinon tan kèksi ||

9. tur cakête sakalangkung | kalamun tinimbang dening | seta lan krêsnaning mata | ijèh cakêt Sang Hyang Wêning | iku ngrêtèkna kang ngantya | mangrêti yèn wis mangrêti|| [mangrê ...]

--- L, 173 ---

[... ti||] 10. pangeranên têgêsipun | eling-elingên ywa lali | lamun sira wus sanyata | mangeran mring Sang Hyang Wêning | kuncara tan darbe pangran | cocog kalawan pêpali ||

11. lamun wus mangkono kulup | sira wus jati mangrêti | nglakoni nora kalepyan | mangeran mring Sang Hyang Wêning | yèn ana kang salah tindak | apa kandhane utami ||

12. gih ana kewala cukup | marga sagunging sujanmi | apa kang thumukul tyasnya | ngèyèl lamun dèn wancèni | sanadyan puwaranira | kasurang saru ananging ||

13. ngrasa sarah driyanipun | katut lumakuning warih | marma nulya tanpa ngrasa | yèn tindake salah dalih | mula muhung inggih ana | murih bungah sira manjing ||

14. dadi

--- M, 174 ---

wong ngalahan asru | narima cinacat pingging | nyurasa rasaning wulang | tinimbang nacat sujalmi | bêcik malah cinacata | watone tanpa nindaki ||

15. laku saru tan siniku | marang sapadhaning jalmi | kang sineban kang sinaba | panyarune amung dening | dènira angkuh kalintang | dèn buhkên ayak tan dadi ||

16. dosa cilakane muput | nadyan muput priye maning | yèn wis tinakdir Hyang Maya | yaiku Hyang Maha Suci | priye bae e gone băngga |[2] mung kudu dipun lakoni ||

17. dimèn sah ngantêpi ngèlmu | wong tan mantêp marang ngèlmi | kalamun guna micara | mring ngèlmu tansah dèn angling | mung supaya dèn alêma | kang mangkono tan utami ||

18. utamane wong puniku | kudu awas kudu eling | marang [ma ...]

--- N, 175 ---

[... rang] araling kawula | yèn katanggor wirang isin | kudu sabar anarima | marang purbaning Hyang Widhi ||

19. yèn mangkono iku tamtu | purbaning hyang mitulungi | nyirnakkên wirang isinnya | marga sinung trusthèng ati | tinimbang kang karya wirang | sênênge tanpa ngamputi ||

20. ngamputi nyandhak liripun | măngka ingkang karya isin | wastra lungsêt tur momohan | liniru barleyan adi | marga tinuku wardaya | sabar nrima dèn antêpi ||

21. antêpe eling mung têrus | yèn grusa-grusu nyalini | wênange budi sêtiyar | yèn mangkeno[3] adad dadi | ngrêmbaka wirang isinnya | yèn nglalu bêcik ngurmati ||

22. dupi lês nèng jaman lampus | wirange tansah kêkanthil | rumăngsa ginuyu jalma | jalma jaman duk dunyèki | samya bêlèh janggutira | têgêse angisin-isin ||

--- O, 176 ---

23. sumêrêpa pra sir nglalu | bêcik ngur nuli ngêmasi | kang limrah jalma sajagat | kalamun anuju guling | supênane tamtu bêkta | kaanane dunya yêkti ||

24. kang măngka pakaryan turu | têturutan jalma lalis | kang ngèyèl lamun nungkara | maring pustaka puniki | hla wong aku ahli Alah | impènku katêmu Widhi ||

25. sukur sakir namba sukur | nanging yèn makatên bilih | panyanane wong palastra | kadya janma tanpa ngimpi | iku tăndha wus sampurna | mulih mring alaming nguni ||

26. yèn makatên ing panêmu | kaliwat têmahan sisip | sumăngga dangua tiyang | duk ngumur salapan ari | nyritakna kèngêtanira | pêthèk kula sampun mêsthi ||

27. plingak-plinguk tanpa muwus | yèn wani malês nakoni | dhèwèke apa kèlingan | yèku kojah murih ajrih | pra sir tekat nglalu lena | saèstu botên prayogi|| [prayo ...]

--- P, 177 ---

[... gi||] 28. măngka sanggyaning wêwuruk | panawunging nabi wali | ratu pujăngga pandhita | sujana sarjana tuwin | ahli budi sanadyana | srat yèki kaworan wangsit ||

29. anggiting janma kalangkung | dènira sru mudha pingging | nanging karêpe nut ngeman | janma sajagat puniki | marga jalma sak rat-raya | kapindha puspita adi ||

30. gandane kalangkung arum | dene sagung wiyata di | kapindha tamanan sêkar | kang adi arum kapati | jalma sajagat kapindha | puspita kang dahat wangi ||

31. kasimpên nèng taman arum | nanging emane pun pingging | darbe anggêp manut ngeman | lir wulanging para luwih | tur arungsit panggitannya | tan binangkitkên yèn olih ||

32. pangalêm malah ginuyu | mring sang pra ngibadah budi | ananging pun punggung mudha | lamun kaesêman yêkti | muji slamêt saha minta | pangagsamaning pra sami ||

33. anujoni katarênjuh [kata ...]

--- Q, 178 ---

[... rênjuh] | nungkara sarta miyarsi | myang prasaja ingkang darwa | marang pustaka puniki | gunangrèh nanging nyatanya | tan katon lamun nglakoni ||

34. paribasan mung kasêbut | kadi menco ingkang bangkit | amicara tata jalma | niru ura-ura sruti | nitisastra sasaminya | glènggèng kata wiyata di ||

35. anggêre kurunganipun | isi mangsan lawe drawi | yèn kalalèn kang miyara | kurungane tanpa isi | mangsan lan we drawinanya | ngathêthêr tan wignya muni ||

36. wignya muni nanging laju | niti mangsani kinanthi | duk sampating panggitannya | tanggal sapisaning sasi | Ramêlan Jimawal warsa | sêngkalanira ginupit ||

37. guna tata ngèsthi ayu |[4] tabuh pănca sore wanci | sèlèh pèn anulya siram | rampunging adus anuli | busanèng panti anulya | mijil kliyêg-kliyêg mungging ||

38. palataran ngantya tabuh | êsat[5] nulya manjing panti | tata lungguh ngayun [nga ...]

--- R, 179 ---

[... yun] meja | anulya minum wedang tih | samadya cangkir nulya |[6] bukti rampung dènnya bukti ||

39. mijil maning mucang laju | kliyêg-kliyêg sawatawis | dyan manjing ing pinti[7] sila | nèng ngarêpnya kantor dupi | ing wanci gathita nawa | maca andikanya nabi ||

40. nayakaningrat panutup | panutuping para nabi | duk samono nuju lênggah | kaadhêp Ngali lan Dèwi | Patimah andikanira | sinung têmbang sor puniki ||

19. Sinom

1. sinêkaran roning kamal | pangandikanya jêng nabi | salalah nglèhi wasalam | duk paring wasita adi | marang kang putra èstri | Siti Patimah kang luhung | lawan pitutur marang | siwi bantya Sayid Ngali | raliyalahu nganhu ing bab masalah ||

2. ing wong karêsmèn lan garwa | hèh Ngali pitutur mami | aja sira asênggama | tanggal pisan sarta maning | wêwêkasaning [wêwêka ...]

--- S, 180 ---

[... saning] sasi | nora bêcik karonipun | iku kalamun dadya | anake mêtoni cilik | lawan aja asênggama tanpa damar ||

3. lamun dadi sutanira | balilu kurang kang budi | lawan aja asênggama | dina Akat lan wêngining | iku kalamun dadi | pan durjana watakipun | lawan aja sênggama | ing dina Rêbo tan bêcik | lan wêngine yèn dadi bocah cilaka ||

4. lawan aja asênggama | wêtu pajar nora bêcik | lamun dadi atmajanya | tuna sru watêking ati | lan aja karon rêsmi | nalika têngange iku | kalamun dadi bocah | watak karêm anêluhi | lawan aja sanggama malêm riyaya ||

5. pitri lamun dadi bocah | duraka mring bapa bibi | lawan aja asênggama | malêming riyaya sasi | Bêsar kalamun dadi | bocah siwil adatipun | lan aja asanggama | katalorong ing hyang rawi | lamun dadi bocah adoh bêjanira ||

6. lan malih aja sanggama | karo ngadêg nora bêcik | măngka lamun dadi anak | duwe puh bèsèr sujanmi | lan [la ...]

--- T, 181 ---

[... n] aja karon rêsmi | nalikane dina Sêptu | miwah ing wêngira |[8] iku lamun dadi bayi | bilaine adate kalêbèng toya ||

7. lan aja sanggama sira | sambari ngusapi parji | miwah dakar iku aja | ngusapan kalawan jarik | măngka kalamun dadi | bocah kurang budinipun | lawan aja sanggama | sinambi omong tan bêcik | iku bisu adate yèn dadi bocah ||

8. sumawana ywa sênggama | kalawan ningali parji | lamun dadi larenira | wuta adate dipun jrih | lawan aja karêsmin | nèng ngisor wiwitan iku | kang pinangan dohira | măngka iku lamun dadi | larenira watak karêm nganiaya ||

9. kalawan aja sanggama | malêm baraat tan bêcik | lamun dadi larenira | anandhang lara tan mari | iya kalawan malih | aja sira karon lulut | ana ing panginêpan | puniku kalamun dadi | larenira adat bangêt cilakanya ||

10. lan aja sanggama sira |

--- U, 182 ---

lan nuju kèling pawèstri | lamun dadi larenira | budhug adate kang sakit | poma Ngali dèn eling | imanên atuduh ingsun | hèh Ngali sênggamaa | ing malême Soma bêcik | ing rinane Isnèn iya bêcik uga ||

11. lamun dadi iku bocah | watake sarêgêp ngaji | lawan sira sanggamaa | ing malêm Salasa bêcik | rina Anggara bêcik | lamun dadi bocah iku | akèh wong ingkang trêsna | lawan sanggamaa Ngali | malêm Kêmis lan rahinèng ri Rêspatya ||

12. lamun dadi sutanira | akèh bêjane e Ngali | lawan sira sanggamaa | ing malêm Jumungah bêcik | nadyan rahina bêcik | lamun dadi bocah iku | pan sugih kabangkitan | lan sanggamaa sirèki | sadurunge lingsir ing dina Jumungah ||

13. atawa dina Rêspatya | karone puniku bêcik | yèn dadi atmajanira | dadi pangulu lan malih | sinunatakên ugi | janma kang sangga iku |[9] lamun maca bismilah | hir

--- V, 183 ---

rahman lan nirakimim | lan amaca tangawut pan sunat uga ||

14. yèn tan amaca bismillah | nalika arêp sahwati | lamun dadi sutanira | balilu tuna kang budi | marma yèn arsahwati | durung sahwat wus tangawut | nèk kêna panjalmanya | satru kang dipun kawruhi | ling-elingên poma Ngali ywa kalepyan ||

20. Kinanthi

1. tansah kadarpan mangapus | arungsit dipun têgêsi | kangelan dênnya wèh têmbang | binangkite mêrak-ati | nanging rèhning tanpa mawa | beya wragat mung mragati ||

2. budi sudira manawung | sinêkar linagu dhong-dhing | sanadyana malah kondhang | bodhone dipun èsêmi | dening para sang wasistha | ngronce sastra lagu dhong-dhing ||

3. angudubilah sartèku | minas saetanirajim | bismillah ya Gusti Alah | Kang Agung Kang Maha Suci |

--- W, 184 ---

kang moyok kang pinoyokan | kaslamêtên amangsuli ||

4. kawruh kêdut tumrapipun | ing badan ingkang nêngêri | Sèh Kul Adam bêbisiknya | winarna têmbang kinanthi | bokmanawi kang sudyarsa | yèn nganggur sênêng mriksani ||

5. ping kalih kalamun nuju | kêdutên buku puniki | kenging lamun tinakenan | kang manitra wus nyondhongi | mring Sèh Kul Adam dènira | tabêri kêdut tinitik ||

6. ing mangke ginêlar lamun | kêdut sak sranduning dhiri | ngalamat adat umiyat | kang sarwa endah myang èdi | yèn kêdutên bun-bunannya | ngalamate dadya mantri ||

7. yèn kêdutên bathukipun | ngalamate antuk dhuwit | tur kalal lamun pinangan | wontên kang winarna maning | yèn kêdutên githokira | nglamat kapêtêngan ati ||

8. yèn kêdutên alisipun | kang têngên ngamat olih |[10]

arta lan kalal pinangan | yèn kêdut nèng alis kering | yèku ngalamat [nga ...]

--- X, 185 ---

[... lamat] kapanggya | lawan kang dadya kêkasih ||

9. lamun dumununging kêdut | talapukane kang nginggil | myang kang têngên ngalamatnya | punikarsa olèh dhuwit | dene lamun talapukan | kang kiwa sarta kang ngil ||[11]

10. ingkang karasa kumêdut | ngalamat arsa kapanggih | wong têbah têka martamya | nahên mangkya kang winarni | talapukan ngisor kanan | kêdutên puniku apti ||

11. karuna dene kalamun | tlapukan ngisor kang kering | kêdutên ngalamatira | puniku arsa pêpeling | yèn trijilan netra kanan | myang kiwa kumêdut apti ||

12. nangisi sujalma lampus | yèn kêdutên irung kerang |[12] ngalamatira kapanggya | janma kang dipun trêsnani | yèn kêdutên parsanannya | kang têngên ngalamat arsi ||

13. olèh arta dene lamun | kêdutên wange kang kering | angsal sih suwitanira | dene yèn kêdute [kêdu ...]

--- Y, 186 ---

[... te] mungging | uwange kanan ngalamat | kapanggih lawan sasami ||

14. saha kapanggih wong agung | yèn kêdutên karna kering | arsantuk warta utama | lamun kêdutira mungging | karnanira ingkang kanan | ngalamat sanake prapti ||

15. yèn pipi kanan kumêdut | ngalamat arsa wêwangi | yèn kumêdut pipinira | kang kering ngalamat sakit | ananging rika waluya | kêdut lathi têngên nginggil ||

16. puniku ngalamatipun | kinarya saramèng janmi | yèn lathi kiwa kang ngandhap | kumêdut puniku apti | padu-padudon lan janma | kalamun kêdutên munggwing ||

17. jihwana iku liripun | ilat ngalamate apti | kêna roga raganira | lamun kêdutên kang sêntil | ngalamate iku arsa | ngaru-biru mring sasami ||

18. yèn kêdutên gulunipun | kang têngên ngalamat sakit | ananging gêlis waluya | yèn kêdut nèng gulu kering | ngalamat suka tyasira [tyasi ...]

--- Z, 187 ---

[... ra] | kalamun kêdutên mungging ||

19. bau ingkang têngên ayun | pêpadon tukaran bilih | kêdutên baune kiwa | arsa kamêmulèng janmi | yèn kêdutên sikut kanan | ngalamatipun prihatin ||

20. yèn siku kiwa kumêdut | wèh suka maring sujalmi | yèn kêdut nèng longasta |[13] lire longkanging dariji | ingkang têngên ngalamatnya | olèh arta kèh tanapi ||

21. kapanggih kêkasihipun | mandrawa dènnya pêpanti | yèn kêdutên lêlongkangnya | suwendasta ingkang kering | puniku ngalamatira | pikantuk arta kèh malih ||

22. kêdut nèng pulunging kalbu | kang têngên ngalamat apti | antuk dhuwit kalamun ta | kêdut munggèng pulung ati | kang kiwa ngalatira |[14] pikantuk sujanma èstri ||

23. yèn kêduntên[15]

jêmpolipun | kang têngên ngalamat apti | dadi pangulu utawa | dadi lurah gêdhe bilih | kêdutên jêmpole [jêmpo ...]

--- A, 188 ---

[... le] kiwa | arsa dadi lurah cilik ||

24. utawa dadi pangulu | yèn kêdut munggèng panuding | kang têngên ngalamatira | puniku apanta apti | owahing wardayanira | yèn panuduh ingkang kering ||

25. kêdutên ngalamatipun | minulyakkên dening janmi | yèn panungguling suwenda | kang têngên kêdutên apti | olèh karya sakarsanya | lamun panunggule kering ||

26. kêdutên yèku arsa puh | yèn kêdutên driji manis | kang têngên lamat utama | barang karêpe pikolih | yèn drijine kang sarkara | kang kiwa kêdutên apti ||

27. pikantuk wanodya lamun | jarijinira jêjênthik | kang têngên kêdutên arsa | kinasihan dening janmi | yèn kang kiwa jênthikira | kêdutên puniku apti ||

28. kinarêpkên ing wong lamun | kêdutên sukune kering | arsa kapanggih sujanma [su ...]

--- B, 189 ---

[... janma] | kang dadya sênênging ati | yèn kêdutên sukunira | kang têngên ngalamat arsi ||

29. angsal ing saramanipun | sujanma lamun sukuping | lire walikate kiwa | kêdutên ngalamat apti | katamuan ing sujanma | kang mawa ngandhut prihatin ||

30. kalamun walikatipun | kang têngên kêdutên apti | katêmu janma parlunya | aminta utangan dhuwit | sarta arêp anyênyilang | yèn lantip dènnya nampani ||

31. kumêdut walikatipun | kiwa têngên mau bêcik | tăndhantuk bêja daulat | dene yèn kêdutên mungging | lambung lan wêtênge arsa | pikantuk kèh kang rijêki ||

32. dene katêranganipun | prênahing kêdutên mungging | lambung kiwa têngên angsal | arta yèn kumêdut mungging | wêtêng têngah iku angsal | kêkampuh anyar gumrining ||

33. yèn kêdutên pusêripun | ngalamat puniku [puni ...]

--- C, 190 ---

[... ku] olih | nugrahanirèng Hyang Suksma | kalamun kêdutên mungging | dêdakare lamat dadya | pangulu gêng kang pinanggih ||

34. yèn kêdutên êlèngipun | dakar mau lamat olih | suka sênênging wardaya | lan olèh tulunging Widhi | yèn kêdutên gêndhunira | kang têngên puniku apti ||

35. karya kotaman tumanduk | maring sapadhaning janmi | yèn gêndhune ing kiwa |[16] kêdutên puniku arsi | akèh kang asih lan trêsna | kalamun kêdutên mungging ||

36. kêmpung ngalamate ayun | andarbèni jalu siwi | yèn kêdutên bokongira | kang têngên lamate apti | katêkan ingkang kacipta | yèn kêdut nèng bokong kering ||

37. kaparingan sih Hyang Agung | kalamun kêdutên mungging | pupunira ingkang kanan | arsa lumaksana têbih | yèn kumêdut pupu kiwa | yèku arsa antuk dhuwit ||

38. yèn dhêngkulira kumêdut | kang têngên puniku apti |

--- D, 191 ---

| minule-mule ing janma | yèn dhêngkule ingkang kering | kêdutên puniku arsa | olèh arta yèki maning ||

39. yèn kumêdut kempolipun | kang têngên ngalamat apti | têtukaran kêkêrêngan | yèn kêdutên kempol kering | ngalamatira kapanggya | lan guru yèn kêdut mungging ||

40. wardaya ananging suku | têngên kêdutên pan apti | adate puniku roga | yèn sukunira kang kering | kêdutên puniku adat | pan arsa lumaku têbih ||

41. sampating manawung têmbung | linagu têmbang Kinanthi | marêngi kala tanggal[17] | ping têlu Ramêlan sasi | Jimawal sangkalanira | guna tata ngèsthi siji |[18]|

21. Dhandhanggula

1. têrus ngronce wicara mrih manis | nging arungsit dening mudha dama | mung muji binangkitake | sihing

--- E, 192 ---

Hyang Maha Agung | mraking driya dènira nganggit | têmbung ingkang tinêmbang | ing sarkara lagu | sanadyan satêmahira | tan sumèntêg rarasing têmbung lan dhong-dhing | dening lot munggêl gatra ||

2. malat sêmu pra wasis mancèni | parandene nêmpuh byat mung nrima | cinacat ing kèh anggêre | kalakon sêdyanipun | gubah basa linutkên dhong-dhing | awit kinarya crita | impène wong turu | ginêlar kadya punika | yèn sujalma pinuju guling angimpi | ningali janma kopar ||

3. manjing Islam puniku kang ngimpi | ngalamate pikantuk kamulyan [kamulya ...]

--- F, 193 ---

[... n] | kalamun nendra impène | jalma iku andulu | aras kursi sawarga tuwin | widadari dèn umyat | myang kongsi wong mau | angidêri kasawargan | nglamate kang ngimpi pikantuk bêcik | sumawanèku dadya ||

4. manungsa gêng dene yèn angimpi | siji umyat wot siratal sarta | mustakim iku arane | lamate arsa antuk | bèr busana loro yèn ngimpi | nglumpati wot siratal | têlu impènipun | ngambah mau wot siratal | siji impèn luput păncabaya tuwin | lamate sugih donya ||

--- G, 194 ---

5. iki maning kalamun angimpi | umyat lohkil makpul ngalamatnya | Hyang Suksma anakdirake | papêsthèn kang tumanduk | marang janma ingkang angimpi | andulu kanang nama | mau lohkil makpul | jangjine Suksma tan oncat | têmtu paring marang sujanma kang ngimpi | pinadhang wardayanya ||

6. upamane wong kang pikantuk sih | padhanging tyas nadyan tan ngapalna | marang ing Kuran kang gêdhe | ananging lir wus jumbuh | lan wong ingkang sajati apil | iyèku maring Kuran | petung tri dasa jus | kalamun ngimpi ngalaga | mungsuh abot têgêsira dudu tandhing | wong cilik mêmungsuhan ||

7. lan nagara bala tanpa [ta ...]

--- H, 195 ---

[... npa] wilis | nanging lamun impène jayèng prang | kang angimpi ngalamate | ganjarane Hyang Agung | tinêbihkên sing pănca wèsthi | santosa mring pakaryan | munggèng dunya lamun | angimpi kasor ing yuda | iku ala lamate kêna bilai | yèn ana wong nyupêna ||

8. munggah arga sumawana ngimpi | mumbul marang ngakasa sabarang | katungkulan apadene | wiyat padhang kadulu | ngalamate puniku apti | antuk kamulyan sarta | kèh rijêkinipun | yèn ngimpi surya tumiba | bumi tuwin tumiba marang ing panti | yèku ngalamatira ||

9. arsa ana wong agung ngêmasi | lamun [la ...]

--- I, 196 ---

[... mun] ana sujalma nyupêna | binuwang dening wong akèh | iku ngalamatipun | amênangan dipun èringi | maring sagunging janma | yèn ngimpi wong turu | rumăngsa sinambêr gêlap | impèn bêcik ngalamate kang angimpi | arsa olèh ganjaran ||

10. saka ratu winisudha dadi | wadya agung lan akèh kang trêsna | apadene rijêkine | dahat lumintu agung | yèn wong ngimpi ngrasa umèksi | mêndhung ngêndhanu arsa | puniku tinamtu | larang ing rijêkinira | yèn impène umiyat mêndhung kang putih | ngalamate prayoga ||

11. rijêkine agung sarta mintir | yèn wong

--- J, 197 ---

ngimpi nglumpati bêngawan | yèn tan bali ngalamate | cumêpak layonipun | yèn angimpi salulup warih | ngalamate prayoga | antuk nikmat agung | kalamun ngimpi umiyat | palwa agung ngalamate wong kang ngimpi | luwar prihatinira ||

12. lamun jalma ngimpi kacêgur ing | guskarèku dèn wruh têgêsira | ing sumur iku lamate | ayun pikantuk kawruh | yèn angimpi amuluk daging | manjangan kang nyupêna | ngalamate antuk | arta kang kalal pinangan | yèn angimpi antuk jago adon apti | darbe atmaja priya ||

13. tur apêkik [apê ...]

--- K, 198 ---

[... kik] warnanirèng siwi | yèn angimpi olèh sata warda | ngalamat wadon anake | yèn angimpi andulu | lêlongane isine pitik | akèh wilisanira | lamat sugih batur | kalamun ngimpi umiyat | sakabèhnya jisiming sata lir kadi | daging cucuk lan cakar ||

14. sasaminya janma ingkang ngimpi | wruh mangkono arsantuk kotaman | iya iku ngalamate | kalamun janma turu | ngimpi anon dakaring kambing | ngalamat arsa sirna | èrême sartèku | kalamun anuju roga | dènnya ngimpi umiyat [u ...]

--- L, 199 ---

[... miyat] dakaring kambing | larane gêlis ilang ||

15. yèn angimpi nunggang unta tuwin | nungga[19] kuda iku ngalamatnya | anêmu kamulyan gêdhe | dene kalamun turu | ngimpi wuda puniku apti | ngalamat kawirangan | yèn ngimpi andulu | gurune ngalamatira | antuk rahmatira Hyang Kang Maha Suci | lamun jalma anendra ||

16. ngimpi umyat gurune ananging | wuda blêjêt kang ngimpi lamatnya | tinêkdir rêsik budine | kalamun jalma turu | ngimpi ngrasa umiyat maring | têtandurane padha | rubuh lamatipun | suda karêjêkènira | utawane kalong sartanira [sartani ...]

--- M, 200 ---

[... ra] maning | lungguhe kabèh bebas ||

17. yèn angimpi wong puniku rabi | ngalamate olèh kêris tumbak | sarta pêdhang sapadhane | yèn ngimpi wrangkanipun | gêmpal lamat kelangan swami | utawa rabinira | ngiwa tindakipun | kalamun supênanira | olih manuk ngalamate iku olih | endyah ayu warnanya ||

18. lamun ngimpi aningali èsthi | sarta ngobat-abiake gajah | iya marang ing dhèwèke | kang turu ngimpi mau | ngalamate puniku apti | pikantuk sih nugraha | saka sujalma gung | yèn ngimpi muluk dagingnya | gajah lamat kang ngimpi puniku apti | akèh

--- N, 201 ---

rijêkinira ||

19. yèn angimpi umyat èsthi rukmi | ngalamat gung ing kabêjanira | eh priye awakku kiye | dupi ngong wus ingumur | prapta sapta dasa nawarsi | buyutên yèn manitra | têmah tulisaku | bagus barêgase ilang | hêh wong biyèn mula yèn nulis tan apik | anggêpe guna nurat ||

20. pênthung pangot sukune tan apik | ambalèni carita supênan | kalamun turu impène | pangrasane andulu | sarpa mandi punika apti | ana janma pitênah | kalamun wong turu | andulu macan ngalamat | uga kadya impèn umyat sarpa mandi |

--- O, 202 ---

ana janma pitênah ||

21. lamun ngimpi katubruk mong kêni | dyan dèn gondhol pan kongsi mandrawa | wong kang ngimpi ngalamate | sinihan lurahipun | myang sinihan wong kèh tanapi | padha wêdi sartanya | sinihan wong agung | yèn ngimpi cinakot sarpa | upas mandi sinihan janma pawèstri | lamun jalma supêna ||

22. aningali damar murup bêcik | iku lamat katêkan sabarang | apa kang sinêdyakake | maning sujalma turu | ngimpi umyat marang sujalmi | akèh wilisanira | ngalamate ayun | samubarang karêpira | nora dadi dene kalamun angimpi | ngrasa umyat [u ...]

--- P, 203 ---

[... myat] samodra ||

23. wera nglangut lamate puniki | ayun luput sagunging pakaryan | kang olih mangkono impèn | kalamun wong puniku | andarbèni utang mring janmi | kasauran kabèh sah | yèn ngimpi andulu | sela sumawana bata | sirna kabèh dènira mêngku prihatin | puwara tyase suka ||

24. yèn angimpi gawe omah dadi | ngalamate dadi sakarsanya | lamun sujalma impène | wismane sartanipun | pagêr omah puniku sami | rubuh ngalamatira | susah driyanipun | lawan kelangan atmaja | yèn angimpi minum we panas pan apti | susah wardayanira ||

--- Q, 204 ---

25. lamun ngimpi sukunira mijil | tirta iku lamate pan arsa | dadi pangulu dene yèn | angimpi ngrasandulu | sitarêsmi pênêr luhuring | wismane ngalamatnya | ana wong kang ayun | amrih ala mring dhèwèknya | kang angimpi kudu prayitna ing budi | amurih kaslamêtan ||

26. lamun ngimpi ngrasa aningali | siji kukus duwi kasturi myang | tri wangi siji-sijine | impèn puniku ayun | nandhang sakit kalamun ngimpi | ngadhêp jêng nabi duta | jati tutupipun | para nabi ngalamatnya | jêmbar budi padhang angêne kang ngimpi | lan sugih ngèlmu dibya ||

27. lir ta ingkang gaib-gaib tuwin | mau janma ingkang ngimpi wignya |

--- R, 205 ---

ambuka dhewe sartane | olih nugrahanipun | Gusti Ingkang Amaha Suci | kalamun wong supêna | angadhêp kapangguh | marang Kajêng[20] Nabi Adam | ngalamate olèh nugrahaning Widhi | lamun turu sujalma ||

28. ngrasa ngimpi kapanggih Jêng Nabi | Iskak iku ing ngalamatira | mung prakara kèh alane | lamun angimpi lungguh | munggèng kursi lamate manggih | donya kèh ye[21] supêna | umyat sawarga gung | ngalamate iku manggya | sakarsanira dumugi |[22] lamun nyupêna miyat ||

29. widadari lamate kang ngimpi | arsa munggah ing lêlungguhira | kalamun anuju sare | pangasèng

--- S, 206 ---

tyas andulu | mring malekat puniku apti | amanggih kasugihan | lamun impènipun | ningali marang naraka | lamatira dosa gêdhe wong kang ngimpi | yèn wong nendra nyupêna ||

30. amêmènèk ngalamate olih | pangan sarta sandhangan utama | lamun sujalma impène | pangrasane ing kalbu | wismanira dipun sèlèhi | bêbathang lamatira | iku adatipun | arsa kèh rijêkinira | lamun ngimpi andulu pitik pan arsi | enak wardayanira ||

31. lamun guling wong iku angimpi | sinambêr ing gêlap lamatira | sinikara wong agunge | lamun ngimpi andulu | lintang kilat ngalamat olih |

--- T, 207 ---

ing kawruh kang prayoga | yèn angimpi mumbul | munggah ing langit lamatnya | iku antuk kaluhurane ing ngèlmi | lawan kadonyanira ||

32. lamun ngimpi maca Kuran tuwin | andêdonga iku lamatira | kang angimpi arsa olèh | kagungan sartanipun | gunging barkat marang sujalmi | yèn ngimpi anon wulan | myang srêngenge ayun | rusak dhusun dhukuhira | yèn angimpi sujalma iku umèksi | marang surya kewala ||

33. lamat padhang atining sujanmi | iya mau kang turu nyupêna | umyat kewala srêngenge | yèn ana wong kang turu | sarta ngimpi mulating sasi | kewala ngalamatnya | pan bangkit wong iku | ngenaki tyasing sasama | myang sinihan wong

--- U, 208 ---

agung yèn ana janmi | nuju guling nyupêna ||

34. myat warsaya ngalamate olih | akèhing bab karijêkènira | yèn adus kali impène | lamat suci tyasipun | yèn angimpi amulat maring | narmada kèh bêjanya | yèn angimpi minum | tirtaning bangawan arsa | sasêjane sujalmèku bisa dadi | lamun ngimpi laksana ||

35. jroning warih lamating sujalmi | arsa bêndu kalamun sujalma | turu ngimpi mulating we | awêning warnanipun | lamat olih arta kang ngimpi | lamun ngimpi umiyat | buthak warnèng ranu | lamate iku sujanma | sukaning tyas kalamun ana wong ngimpi | salulup lan [la ...]

--- V, 209 ---

[... n] drawina ||

36. ngalamate puniku utami | agamane têguh lamun ana | sujalma ngimpi minum we | kêndhil ngalamatipun | wimbuh dosa kalamun ngimpi | malumpat kali măngka | cupêt nora tutug | kacêgur lamating jalma | parêk layu yogya lamun ngati-ati | ywa maras mrih raharja ||

37. yèn angimpi numpak palwa adi | ngalamate ilang susahira | lamun anendra impène | umyat surya sitèngsu | samya sigar ngalamate apti |[23] ana prang rêrusuhan | yèn sujalma turu | angimpi pangrasanira | umyat surya lan sasi katingal têbih | lamat dirga ngumurnya ||

38. yèn angimpi rumangsaning [rumangsa ...]

--- W, 210 ---

[... ning] ati | ana lintang tumurun mring wisma | wismane kang antuk impèn | lamat olih arta gung | yèn angimpi mega ngaubi | ngalamate katêkan | sagung kang kinayun | yèn ngimpi ningali kilat | myang miyarsi galudhug puniku apti | suda kabêgyèng arta ||

39. yèn angimpi udan-udan nganti | suwe lamatnya tandhing ayuda | lamun sujalma impène | miyat angin wor jawuh | iku lamat arsa ngajurit | yèn ngimpi rumangsanya | udan tibanipun | ing wangan kali bangawan | lamat sirna èrême jalma kang ngimpi | yèn ngimpi ana udan ||

40. tiba munggèng talaga pan apti | kinawulan [ki ...]

--- X, 211 ---

[... nawulan] ing para sujalma | yèn ngimpi salulup ing we | ngalamat iku antuk | kabêgyarta paring Hyang Widhi | sarta busana endah | sihira Hyang Agung | yèn angimpi nglangi ana | ing bagawan lan kali iku pan apti | luput barang sinêdya ||

41. yèn angimpi minum we jaladri | iku luput wisayaning jalma | ing sapadha pêpadhane | titi duk sampat nawung | mawèh kidung impèn tanggal ping | (8) astha candra Ramêlan | ing Jimawal taun | guna tata ngèsthi mulya | (1853) binarunging kanang wisaya angawi | nging muji mrih raharja ||

--- Y, 212 ---

22. Pangkur

1. aja ngungkurkên panêdya | ujaring wong kuna kang mrih basuki | yaiku ingkang kasêbut | ambêg budi ngibadah | culikane kang ambêg ngibadah mau | sagunging tingkah ngalahan | mungguh kang dipun arani ||

2. ngalahan upamanira | nuju mlaku ana galêngan cilik | kapêthuk wong gendhong mikul | ngalaha nyingkirana | mrih ywa nganti rêkasa kang gendhong mikul | iku têtêp ngibadahnya | poma-poma dipun eling ||

3. manèh upama kasukan | mawa nyêkêl krêtu dipun totohi | ana grêjag-grêjêg wudhu | kang awit saka kurang | ngalahana angganêpi [ang ...]

--- Z, 213 ---

[... ganêpi] mau wudhu | myang linga aku kang klepyan | wit wruha kang dèn arani ||

4. wong ambêg budi ngibadah | ingkang bisa nglakoni budi bêcik | nanging wong purbèng Hyang Agung | arale kaaranan | apês sarta rusak bosok miwah ajur | mêsthine kèh kalepyannya | mênyang budi awas eling ||

5. ya bênêr ngatasing jalma | bisa bêja saka budi kang lali | nanging kang mangkono iku | tan wignya madhanana | lawan ingkang ambêg budi awas emut | dadi wong ngibadah kêna | ingaran wong awas eling ||

6. he mula wak dhewe karan | uwong wruha purwane ana tulis | kinarya nulisi kalbu | dènnya ri latri siyang |

--- A, 214 ---

clotha-clathu ala bêcik sêjanipun | ajak-ajak marang raga | marmane dyan ngong tulisi ||

7. lir ngayun myang ki dèn gêlar | ing sakadar-kadar sabangkit-bangkit | piniliha ingkang luhung | kinarya busananya | tumrap raga supaya dadya rahayu | jiwa jênêng kontap mulya | saka sih nugrahèng Widhi ||

8. wit jiwa lan jênêng jalma | yèn tan srana busana awas eling | akèh sambekalanipun | kang karya mandrawanya | rahmating Hyang kang gawe sênênging kalbu | yèn kadohan rahmating Hyang | kacakêtan wisa mandi ||

9. wisa mandi rasanira | kamandrawan ing budi awas eling | kang gulêt lalining kalbu | ngajak dur katon tama | sarta enak [ena ...]

--- B, 215 ---

[... k] kapenak marang ing kalbu | murakabi marang raga | ayêm guyêm siyang latri ||

10. kang mangkono pratăndhèng tyas | têbah marang sampurnanirèng ngèlmi | wus mêsthi pralambangipun | lir damar lan cahyanya | urupira mawa srana aranipun | ucêng-ucêng lamun nyalat | kayu garing mêsthi dadi ||

11. mubal ngămbra-ămbra mraman | mring dhong gêdhong pagêr tembok babar ji | tinandangan pumpa ngamuk | kadya dêrêsing jawah | jêlah-jêlèh si pumpa wacananipun | hèh urup nuli matia | kèria sang cahya wêning ||

12. he he aja ngajak pêrang | mêsthi mati aprang lan mami dadi | kang langgêng cahya sumunu | sira mung nunggal dadya | awu gêdhong nadyan langgênging langgêngmu | mung dadya awu kewala |

--- C, 216 ---

kinukum murkanta gêni ||

13. biyèn-biyèn ko tan niyat | puruwita maring sampurnèng urip | tan surup yèn satmakamu | kauripan ing cahya | mung lalimu kouja tan nêja emut | mring cahya kang wah satmaka | tuwas tiwas awu dadi ||

14. nganti wakku iki jalma | kaya nglindur linging tyas sun tulisi | wit têmêne mudha punggung | murih bisa ngrêtia | kang sun tulis pralambange pumpa muwus | mulane bênêr myang salah | tumrap awakku pribadi ||

15. datan pisan ajak-ajak | mring lèn nyawa kang jatinya wus bangkit | anglangkungi kang kasêbut | cathêtan ngong ing bêntar | marmanipun mung atur wuninga ulun | mring kang nungkara miyarsa |

--- D, 217 ---

marang pustaka puniki ||

16. he ati gonmu taman sah | binarunging kanang wisa angawi | sira guling sun nut glugur | datan wignya anurat | anurati apa kang dadi wuwusmu | kajaba tyas lamun sira | wus tangi sira nyritani ||

17. impènmu marang manira | sun jariji dyan tanggap anulisi | myang sagung tyas wacanamu | arahên kang sru wignya | mêrak-ati sartanya satpada ilu | kaya ta duk wacananta | kasukan wudhu ngalahi ||

18. katona netya sarkara | mrih ywa kalong ambêg ngibadah budi | amêsthi gampang yèn kalbu | mung nglakoni kalepyan | nguja lali wêkasane kang tinêmu | mung ngandhar warta tan tama | nanging kang ngibadah budi ||

19. myarsa warta tan prayoga | batin nangis anglinge

--- E, 218 ---

ya Ilahi | amba munjuk Hyang Maha Gung | mugi-mugi Hyang Suksma | sung sih èngêt mring janma ingkang kalimput | mrih ngadil aksamaning hyang | mring wong lali anobati ||

20. kang kukuh anancang badan | wit kang rosa dhewe yèn tyas darbèni | karêp mring dwi prakarèku | nadyan salah tinrajang | tanpa eling mung klepyane kang amuput | marma pripihên kang dahat | têmbung manuhara bangkit ||

21. sênêng atut wuntat marang | wasitamu kang bênêr sarta bêcik | bosên nguja murkèng kalbu | ambu kangên utama | amung sukran kumpulan wong kèh dumunung | panti gung wera taman sah | cipta nêmbah maha suci ||

22. pajar narawang gumilang | tanpa wilis layangan tan kamèksi | lambangira tansah amung | pangantenan kewala | dening ngrêti [ngrê ...]

--- F, 219 ---

[... ti] amupung kalanganipun | maksih wera sarta dirga | lambange taru balimbing ||

23. sru lunyu adrênging driya | dipun pènèk angundhuh woh balimbing | parlu kinarya amasuh | mring dodot ămba bêdhah | pêpinggire matiri driya yèn amung | lir bocah angon kewala | tandur riyu-riyu wilis ||

24. ngoncatkên ambêg ngibadah | murih ayu dunya myang arjèng akir | langgênga satmakanipun | yèn klepyan lenanira | urip langgêng nir eling socanya nunuk | layangan pêtêng kang kamyat | èrêm tan kêna dèn angling ||

25. athikna wong gawe layang | wêwatone anglinging tyas dèn tulis | nganti ngalar-alar galur | myang akèh pralambangnya | yèn wong bodho apa ya bisa sumurup [sumu ...]

--- G, 220 ---

[... rup] | sukur sang para sarjana | yèn samya bangkit mangrêti ||

26. kula jatine kang karya | binarunging kanang wisa angawi | tan paja-paja sumurup | dening salugunira | mudha punggung anggêring wardaya amung | nulisi wuwusing driya | pra maos para miyarsi ||

27. yèn kaparêng ngaksamaa | maring ingong kang nulis linging ati | dimèn pra ngapura sagung | mashur yèn arjèng driya | tanpa tandhing sujalma budi rahayu | tandhinge mung eling suksma | gêjag tan wontên kalindhih ||

28. hara ta ati lingira | eling Suksma mau ingsun tandhingi | lawan wong kang ambêgipun | wêlas sih samèng gêsang | iya bênêr wuwusmu mangkono iku | nging ywa poyok-pinoyokan | satêmêne kabèh bêcik|| [bêci ...]

--- H, 221 ---

[... k||] 29. mula kang mangkono padha | dipun nyata têmên bisa nglakoni | wêlas sih sêsamèng idhup | myang arjèng tyas sartanya | eling Pangran ywa mêndhag ana ing wuwus | lamun têmên tinêkanan | murah sih nugrahèng Widhi ||

30. thukul maning nglinging driya | sun jariji nurati dèn ta angting |[24] tak gagas gas wong idhup |[25] gone ngimpi sartanya | badan krasa kumêdut bêcik lawan dur | ginawa saka ciptanya | yèn bêcik angimpi bêcik ||

31. yèn cipta dur ngimpi ala | ing bab kêdut yèn bêcik ciptèng ati | kêdute amêsthi luhung | laun ciptane ala | yèn kêdutên lamate iku tan luhung | ah bêcik anjaga cipta | yèn cipta ala tinampik|| [ti ...]

--- I, 222 ---

[... nampik||] 32. nglumpukkên cipta utama | rina wêngi ingajak imbal angling | caturan kang bênêr luhung | cinancang sabda tama | dhêdhikiran nyêbut asmaning Hyang Agung | elinge takbirtul ekram | Alahu Akbar tan lali ||

33. he dariji raga dèn ta | anulisi mring nglinging driya mami | wus katon sirèku nglumpruk | sayah lèrèn anendra | jroning nendra sun tansah amuwas mumus | sira datan bisa nurat | nurati gonku drêmimil ||

34. mung napasmu nrang gorokan | sênggar-sênggor sira nora udani | kêrot krêkut nywara nglindur | tan ngrasa pisan-pisan | he ya ati aja gaip pangucapmu | sira wus sidi [si ...]

--- J, 223 ---

[... di] jatinya | jroning guling tansah angling ||

35. anganglingkên marang ingwang | iya mau ingkang sira arani | nglindur kêrot krêkut tan wruh | tan eling pisan-pin |[26] wusanane gumaib dènira muwus | agêr[27] sira tan pêng-pêngan | sun iya mung atut wuri ||

36. paran sirèku kang malah | ingsun wulang gyan ta tinitah ati | dera Hyang Kang Maha Agung | katêksa kudu ngarah | ngati-ati mrih mulya dènira idhup | karêm mangidhêp Hyang-Hyang Suksma |[28] mrih sinung awas lan eling ||

37. e susah e susah driya | lamun nora waspada lawan eling | lamun aku amung nurut | tangimu ngling supênan | sun tulisi nora wêruh lamatipun | dadi mung kadi sujanma | kabrabean onglang-angling ||

--- K, 224 ---

38. lire têmbung kabrabean | tanpa nyata kabèh kang dipun angling | mulane ingkang kasêbut | suluk luwang sujalma | sanadyana bêbodhagan kawruhipun | nanging tan nêstapa dadya | kabrabean raning janmi ||

39. sanadyan puruwitaa | ngaji kawruh kongsi pintêr ngluwihi | kalamun nuju kawêtu | naricis sru elingan | nging nir tapa mung dèn lêma parlunipun | tan tuk lêm malah kaewan | beda tanpa kawruh nanging ||

40. mung binantêr nêstapanya | ya mêsthine tan kadya Sunan Giri | lan Sèh Malaya jêjuluk | mung ngèmpêr sakadarnya | têgêsira sapara atusan èwu | linakon lan cipta tama |

--- L, 225 ---

sakuwate mêgsa ati ||

41. lamun mêgsa datan kuwat | kausadan sadhela niba guling | bokmanawa tangi turu | rêncang padhanging driya | dyan mangrênggêp kalampèn linakon laju | nurati ucaping driya | pada wus patdasa siji ||

42. liyane ingkang kinarya | sun udani têmbange yogya salin | kang ingaran sêkar Pucung | mrih dhangan kang nungkara | dadi pada Pakur[29] catur dasa langkung | kaduwi salining têmbang | kaluwak anom kang-kang nami ||[30]

--- M, 226 ---

23. Pucung

1. sêkar Pucung kang pinacang-pacang cukup | kang kocap wêweka | pra wêka putu dèn sami | jajah maca aja nacat mring pustaka ||

2. yogya wêruh kang kasar tuwin kang alus | kasare tan layak | rinungu tumraping kuping | nanging mêsthi ana pêthinganing wulang ||

3. ingkang luhung purihe kang maca ngrungu | kanang yèku layak | tinanggapa myarsa batin | wit parlune yèn bêcik dipun gugua ||

4. supayèku slamêta satmakanipun | têbih sambekala | kala-kalane wong urip | ngrangap ngambrah yèn tan waspada elingan ||

5. kang tinêmu wus mêsthi èrêm ing kalbu | e susah ta susah | wong

--- N, 227 ---

nandhang susahing ati | ywa sêmbrana gumaib dèn sirnakêna ||

6. gaib iku kang kagungan mung Hyang Agung | yèn mung gumaiban | kasiku mung mêlas asih | tan kaduman kanikmatan rahmating hyang ||

7. dipun emut aja muputkên kalimput | angipatna marang | sagung kaluputan murih | olèh lakon dumadak widada arja ||

8. anggoningsun angrêrukat marang sagung | wisa-wisayèng tyas | binasang kanang sujanmi | brujul têgal parlu arsa tinanduran ||

9. iya lamun têgal asat kang kabrujul | têmên luwih gampang | dupi angrêrungkat maring | kadrawolon binangkite nora gampang ||

10. angèl asru măngka [măng ...]

--- O, 228 ---

[... ka] gonku gawe wuruk | tumrap suta sarta | putu saturute sami | anyirnakna kadrawoloning wardaya ||

11. yèn sirèku bisa nyirnakkên mring mau | drawoloni wulang | pralambange iku kadi | ngaso nendra dèn isik-isik padèngwang ||

12. iku amung pralambang satêmênipun | tan ngisruhi marang | sadyèngwang ngibadah budi | yèn kisruhan katungkul karya wêwulang ||

13. măngka kalbu tan absah yèn mangro kênyut | mung siji kang kêna | katuju kênyuting ati | e nak putu saturute ngrasakêna ||

14. mring ujarku mojar ngajar mring sirèku | yèn têmêne sira | jro batin ngrasa ngalêmpit | cipta luput kipatna mrih

--- P, 229 ---

rikat sirna ||

15. dene lamun kalêmpit muwus katrucut | tobatana soka | lan mau tindak kalêmpit | kang katrucut sêsuwunên mring Hyang Suksma ||

16. supayèku nora dadi kanisthanmu | awit panjang putra | myang wangsa ingkang binanting | munggèng sela kumlasa pêcah tan purna ||

17. iya iku pralambang katrucutipun | kayun nora layak | yèn tan mindêng anyuwun sih | apurèng Hyang paran gone amisahna ||

18. awit iku lambange manèh lir latu | damar urup lawan | cahyane sapa kang bangkit | amisahkên mêsthine iku tan wignya ||

19. urup latu maksih murup nging puniku | cahyane pinisah | dadi lir paran kang warni |

--- Q, 230 ---

cahya tanpa uruping mau panjuta ||

20. warnanipun kaya apa aku durung | wêruh trining tunggal | jèn-ijèn pêgatan sami | mêksa maksih madhangi sajroning wisma ||

21. yèn Si Pucung têmêne wus têrang wêruh | nging longaran gêrban | punika kalamun gêni | margi panas tanpa urup tanpa cahya ||

22. yèn dinumuk panas tan kuwat kang dumuk | dhèndhèng ungkêp ingkang | maksih kumukus kang saking | ungkêpira rupane bêsêm nanging ta ||

23. yèn pinuluk mangêt-mangêt enak-enuk | e lucu kaluwak | carita kang dèn karêmi | dhèndhèng ungkêb ginadho lan ngombe wedang ||

24. êtèhipun manjangan mlangking sartèku |

--- R, 231 ---

sriti kinandêlan | panggawene pait wangi | sinarkara gula batu putih mănda ||

25. lo ta Pucung gonmu gita wangsit sagung | kasêbut ing bêntar | lawan ingkang durung mijil | yèn akarya putêging wardayanira ||

26. gajêgipun ing luhur wus mêling ingsun | lèrèna nanendra | dene gagasmu ing ati | sèlèhêna munggèng sipating ting Hyang Suksma ||[31]

27. ingkang kukuh sèlèhe pêpikiramu | nèng sipating Suksma | yèn tan kukuh iku mêsthi | kalisikan anyêngka putêging driya ||

28. wit jalmèku yèn klisikan dènnya ayun | nendra iku dadya | wiji wudun manggon mungging | jantung mula ywa nyêngka sabarang karya|| [kar ...]

--- S, 232 ---

[... ya||] 29. wruha parlu murih masung arjantimu | dadi tan kabrangas | apa satiyaring ati | nging yèn bangkit guling dèn duga prayoga ||

30. mula ewuh tinitah sujalma idhup | măngka kang anitah | Kang Agung Kang Maha Suci | yèn tar nrima siniku araning janma ||

31. yèn tan kudu sumêngkut sumêngkèng kalbu | anggayuh katêkan | bêja daulating urip | yèn kasêron panggayuhe kalisikan ||

32. gone ayun nendra wêdi lamun jantung | kathukulan roga | wudunên jantung matèni | yèn tan satyar tan olih bêja daulat ||

33. pijêr turu tangi guling nuli muluk | bêcik mung angucap | ya Ilahu Maha Suci | pajampuha [paja ...]

--- T, 233 ---

[... mpuha] marnahkên satiyar amba ||

34. kang pikantuk bêja daulat rahayu | arungsit kalintang | binangkitipun tan lêwih | mung sumăngga purbaning Hyang Maha Mulya ||

35. nadyan mêndhung ngêndhanu linangkung patut | candra myang kartika | ugi langkung amantêsi | mubyarira amadhangi sabuwana ||

36. sartanipun karya ayêm tumrapipun | pra tinitah jalma | sanggya sato kintên ugi | ngraosing tyas kamartan candra kartika ||

37. maning langkung surya gumilir ing dalu | sak rat-raya samya | kapajar kênyaring rawi | kang tumitah tumandang satiyarira ||

38. wiwit bangun umun-umun sukèng kayun | lumaksa mring keblat | sakawan dènira

--- U, 234 ---

murih | pikantuknya satiyar ingkang sinêja ||

39. Pucung sampun tigang dasa astha petung | pada sanèsira | kinarya angling puniki | sêkaripun sinalinan roning kamal ||

24. Sinom

1. wardaya ngling kaugêran | wacana niti mangsani | duking ari malêm Akat | jam (12) duwi wêlas marêngi | êlèking sitarêsmi | ping (12) dwiwlas Ramêlan nuju | Jimawal sinêngkalan | guna tata ngèsthi Gusti (1853) |[32] jêng sri nata panjang yuswa myang raharja ||

2. anggrênggani singangsana | jumênêng nata nagari | Surakarta nusa Jawa | nyupangati [nyupanga ...]

--- V, 235 ---

[... ti] garwa siwi | wangsa wadya basuki | tan keguh katêmpuh rusuh | mung èngêt tyas nalăngsa | sinèlèh sipating Gusti | Maha Mulya mrih sung sih midada arja ||

3. raharjaning tanah Jawa | winêngku nata trah Jawi | wêtu saur driya ngajak | bukti nulya dèn turuti | rampung bukti anuli | nginang rêta mucang rampung | kêmu nulya mring tilam | mapan nendra bantal guling | ngandhut cêngkir wungu pan kinarya sarat ||

4. jam (4) pat tangi saka nendra | mring ngayun kantor piranti | manurat nulya manyandhak | sêtalpèn nulya nulisi | wacananirèng ati | he Suwenda dèn sumurup | kuwating [kuwa ...]

--- W, 236 ---

[... ting] tyas myang raga | puniku jatinya saking | panggawene budi niyat tanpa pêgat ||

5. bêtah kurang turu sarta | bêtah kurang bukti saking | linakon kulinanira | aja maido jariji | sira rak wus nêngêri | sun silih dulang lesaku | yèn linambang lir cecrekan |[33] linoloh renanya glathik | cucuk ngablak rak iya lo tan maluya ||

6. saka pêsthimu tumitah | wuta tuli kadya mati | iku karsaning Hyang Suksma | nanging rasamu sru lantip | sabab dipun praboti | otot bayu balung sungsum | myang daging mula bisa | nampani sasmita mami | obah mênêng sira sanyata tan kewran ||

--- X, 237 ---

7. bisaku mawèh sasmita | dening mor ingsun Hyang Widhi | iku gêgêdhug bangkitnya | tan pinolah maha suci | nanging molah sakalir | tan kewran Hyang Maha Agung | ngênêngkên bangkit uga | yèn sun jak ngalêm Hyang Widhi | aja kêsèt ananging dhangan-dhangana ||

8. lire ngalêm Maha Mulya | yaiku nêmbah Hyang Widhi | wiwit wulu tumêkanya | takbire sirèku dhiri | bungaha anglakoni | nganti têka salamipun | nglakoni pangagnyèngwang | wus sasat sira nglakoni | dhawuhing Hyang iku sirantuk ganjaran ||

9. bêja akèh warasira | dinirga tuwuhing urip | yèn sun ajak nungku puja | amahasanta [a ...]

--- Y, 238 ---

[... mahasanta] sêmèdi | ingkang sudira maring | cêngêng yèn cikot lêmut |[34] bêtahna aja obah | yèn sun ginanjar Hyang Widhi | sira uga kabarkatan ing ganjaran ||

10. wus tan susah sun critakna | nugrahanirèng Hyang Widhi | kang tumrap aku lan sira | marma yèn sira sun pardi | kang lantip anampani | sirnaning lantip puniku | kêsèt mring kajatmikan | pancèn sun rèh malah dhiri | kudu mangrèh mring sun tinitah wardaya ||

11. yèn sira paksa ngrèh marang | ingaku dadi ngisruhi | mring gon sun sêdya ngibadah | rasamu pêkakên nganti | cinokot lêmut mimik | anglilakkên [angli ...]

--- Z, 239 ---

[... lakkên] ludiramu | iku kagunganing Hyang | sira mung sadarma dadi | dutaning Hyang maringkên kagunganira ||

12. ah kok dadi gumuyèngwang | bangkit têmên aku iki | yèn karya wasita tama | upama dipun takoni | paran dhèwèke bangkit | nglakoni wulange mau | waluyèngong bak-ambak | satêmêne botên bangkit | lamun wontên sarèk sami trah Adam ||[35]

13. wontên kang angarah-arah | sagêtipun anglampahi | wulang ambak-ambak ingkang | akarya pribadi jimbit | kang sagêd anglampahi | atur ngong kalangkung sukur | sumawana pujèngwang | ko Hyang Kang Maha Suci |[36] angganjara

--- A, 240 ---

nugraha marang sujalma ||

14. kang sagêt mituhu wulang | kang winicara ing nginggil | mênggah kang karya wasita | mung trimah dipun barkati | kang sagêt ambarkarti |[37] sênênga wardayanipun | ngantos padhang trawangan | mring kang dipun mangênjali | ngumbruk ngambrah kèh winêngku kang sinêmbah ||

15. tan kapaèlu kèlingan | amung lot ngèlingi maring | kang wajib dadya sêmbahan | kawêdhar tan langkung saking | ing dad sipating Widhi | wakayun Hyang Maha Agung | Pangran Alahu Akbar | kang lagêng[38] Amaha Suci | sarta ingkang sipat Rahmanirakima ||

16. wau wulang ambak-ambak | kang karya jimbit nglampahi | muhung ingkang wau

--- B, 241 ---

nyata | bangkit dènira nglampahi | mugi Hyang Maha Suci | paring murah dunyanipun | kang tumrap sanggyaning kang | suka sênêng tyas arjanti | praptanira ing akir kinasihana ||

17. ing Gusti Kang Maha Mulya | mulih mulabuka nguni | ngantos sagêt masung barkat | mring pun ambak-ambak jimbit | inggih mung nyadhang mami | saparêng ngadilolahu | ta driji payo sira | nulisana kojah mami | budi criwis ngêntingkên kartas sajagat ||

18. ambok sira bêbalunga | waja otot kawat wêsi | kèthèr ta kèthèr ta sira | awit têkdiring Hyang Widhi | maring sira

--- C, 242 ---

dariji | mawa sayah papêsthènmu | balik sun budi kêna | ingaran criwis tanpa wis | ngumur ingwang sayêkti ngungkuli marang ||

19. rina wêngi dwi ngêbuta | lambange wira ngajurit | elon yèn sun kajayèng prang | mandar sun kanang jayanti | wrê driji sira maning | nadyan wignya minum ranu | ing yulmat nora bisa | madhani mring ngumur mami | marga sira kuwatmu mawa sarana ||

20. nyata bukti iku dadya | anjalari kêna sakit | anggonmu nyata lês nendra | puniku kang anjalari | sira kêna ing pati | kukum tansah pangrintihmu | yèn ngêlèh jaluk sêga | lamun arip minta guling | dwi prakara ingsun kang wèh pitulungan ||

--- D, 243 ---

21. upama sira Suwenda | sapanunggalamu urip | kang wujut katon dèn miyat | kalamun kapengin bukti | nrima mung gănda nangsi | myang sauba-rampenipun | gănda manjing parsana | wus marêm iku jalari | kaluwihan lan tan kurang sandhang pangan ||

22. praptanira sandhang pangan | asnapun kang dadya wiji | muhung saka sêsênêngan | mulane sênêng iku wis | mantêp ngarani bêcik | ngibadah budi kudu nut | angarani utama | yèn ngarani nora bêcik | dèn jrih maring waspadèng hyang andikanya ||

23. nglarangana kênyuting tyas | sagung ingkang nora bêcik | yyan nganti nêt dur kawêdhar | Suwenda tanapi dhiri | ngadile iku kêni |

--- E, 244 ---

kapradondi dening kukum | mula budidayèngwang | mung tansah minta kapati | kasinungan rinêksa ing Widhi dustha ||

24. têgêse Hyang Maha Nasa | nora ngênyutake ati | prakara kang tan utama | mung kênyut kang bêcik-bêcik | saka sih Maha Suci | mangkono pamujiningsun | murih wardayaningwang | woring sambu lawan eblis | dèn dohakên saking purbaning Pangeran ||

25. kudu mangkono ngagêsang | rahina kalawan wêngi | pangastawane mring Suksma | tan kêna linali-lali | utama manggêng eling | cêkak cukupe iku mung | naksa budi dèn bisa | sakêdhèp nyata tan lali [la ...]

--- F, 245 ---

[... li] | mring dad sarta sipating Alahu Akbar ||

26. payo budi tulisana | wacanaku mêtu saking | pikiran murih widada | adoh kasrawungan dening | iya iku sujanmi | yèn lungan sring nunggang sêpur | lir yogya linakyanan | wanuh kalawan sujalmi | punggawaning sêpur kang pakaryanira ||

27. ngêdoli karcis anumpang | marang ing kareta gêni | sunat wanuh upamanya | panumpange ana ari | sesuk esuk tanapi | ana sesuk siyangipun | dina iki sawusa | tuku karcis ana panti | pantinira sujalma kang dadya tukang ||

28. ngêdoli karcis supaya | panukune [panuku ...]

--- G, 246 ---

[... ne] mau karcis | tan duduk uyêl-uyêlan | marga jaman iki yêkti | akèh para sujalmi | dhusthèng tyas amomor sambu | nyêbrot karsèt utawa | nyêbrot pêndhok sarta kêris | miwah nyêbrot jungkat pênyu munggèng sirah ||

29. yèn kalakon kasêbrotan | kelangan ngisin-isini | luwih manèh upamanya | kèmbèt dhustha ingkang yêkti | nyêbrot puniku dadi | wirang susah driyanipun | marga mèlu katahan | ana wismaning sujanmi | tukang ngurus nalar-nalaring prakara ||

30. pra nungkara pra miyarsa | wawêling kasêbut nginggil | kaagêm sartanya datan | budi [bu ...]

--- H, 247 ---

[... di] criwis mung nuruti | jariji karêm nulis | nulisi wacanèng kalbu | sintên mèsêm isinya | nacat mring wêling punika |[39] pun cariwis muji mugi salamêta ||

31. jariji unggyanta nurat | nurati cariwis mami | kèhing pada wus tri dasa | liyane ikang kinardi | crita têmbange salin | jingganom supayanipun | tan kêmba criwis ingwang | tulisana sira driji | calathuku salin jingganom têmbangnya ||

25. Durma

1. nalikang[40] ngling cariwis kaplantrang-plantrang | anuju bêdhug latri | kang ngrinakkên dina | Soma Manis tanggalnya | ping

--- I, 248 ---

'(13) triwlas Ramêlan sasi | warsa Jimawal | guna tatèsthi aji (1853) ||

2. raharjanya amêngku garwa myang putra | santana wadya aji | kula dirgèng yuswa | martani kang pinurba | wibawa mandhiri aji | ngadhatyanira | Surakarta nagari ||

3. ping (X) sadasa utawi kaping (30) tri dasa | April marêngi warsi | bahni paksa trustha | awarni jarwanira | (1923) sèwu sangang atus lêwih | tri likur warsa | nanging sinom tan mawing ||

4. titi-măngsa candra warsaning Walănda | jariji ngajak bukti | rêm-arêm puwasa | ri Soma benjang enjang | supayanira ngalêntrih |

--- J, 249 ---

tandya tinutan | mring ngayun meja bukti ||

5. adan muluk bakdane muluk anulya | amucang murih lathi | mèngèr-mèngèr rêta | netyanya wangun sura | mring karya agal myang alit | sinêngkut sanggya | panitisastra angling ||

6. yèku aran sujalma ambêg utama | lèn lan ambêging jalmi | sêngkuting mring karya | ngincih melik kanisthan | juwal kojah dèn lakoni | anggêr meliknya | katêkan tar wruh ngisin ||

7. nglêpèh kinang kêmu rêsik nulya marang | ing tilam sari guling | jam (4) catur garegah | tinaksa laksa marang | ngayun kantor bliyut maksih | sigra manyandhak | kinang mucang dyan mijil ||

--- K, 250 ---

8. maring latar kasalamur kaliyêgan | murih bliyute anis | myat tawang sasăngka | gumlewang nèng Pracima | kartika abyor kamèksi | nèng cimantara | dupi pukul nêm nuli ||

9. bali marang ngayun kantor nulya sila | lajua sira driji | unggyanta manurat | nurati criwis ingwang | têtela nyata sujalmi | lamun santosa | ngayoni luwe arip ||

10. kanthi eling waspada mring kang sinêmbah | mêsthi nyata maringi | kuwat dwi prakara | kurang dhahar lan nendra | têmah têbah kênèng sakit | kang awit saka | nyata ngurangi bukti ||

11. nadyan tumpuk-undhung cariwisku marang | cêgah dhahar lan guling | katêmu yogyanya | kawaca

--- L, 251 ---

kapiyarsa | marang sadhengahing jalmi | duga prayoga | puniku pan wus mêsthi ||

12. munggèng gagasane priyăngga paranta | anglakoni tanapi | tar nglampah ingkang |[41] criwis mêksa supadya | karsa anglampahi maring | cêcêgah nendra | sartanya cêgah bukti ||

13. botên pisan kajawi namung sumăngga | margi ingkang cariwis | tan kinaryèn wignya | nglampahi kang ginêlar | margi gampil lamun criwis | tinimbang lawan | arungsit tur kapati ||

14. binangkite kêdah mudyastuti ing Hyang | Kang Agung Maha Suci | mindêng latri siyang | lesan dhikir asmèng Hyang | elinge angeling-eling | waspadanira | miyat sipating [si ...]

--- M, 252 ---

[... pating] Widhi ||

15. kang makatên kêdah binangkit-bangkitna | lir ngêcakkên piranti | jăngka mrih mêsthia | arungsitira dadya | gampil sumèlèhing gaib | tan gagap-gagap | dupèh ran-uran bangkit ||

16. pasêmone kuda ngêrap nèng pandêngan | wong cebol gayuh langit | kombang anglèng tawang | kang ngono yèn sujalma | trang titi putus mring ngèlmi | măngsa andadak | kawêkèn anglakoni ||

17. inggih nanging mirit saking sanyatanya | ingkang dipun lampahi | latri sarta siyang | taman katon eklasan | myang sabar nrimèng tyas anir | limrah kewala | mung ura-ura bangkit ||

18. eman-eman yèn mung makatên tarimah [ta ...]

--- N, 253 ---

[... rimah] | nadyan kontap pakarti | susastra nanging ta | sêmu salah panyana | marang pasêmoning ngèlmi | yogya sumăngga | ginaliha puniki ||

19. wontên malih pasêmon mrih tyas tan sêmang | kêbak kèbêkan sêpi | suwunge wasana | pating glèntèr mor gănda | ing gudèl pak êmpong kardi | lera-lerenya | ngarêpi mring lèn gaib ||

20. dèrèng jêlèh calathu wulang utama | nganti kalintang criwis | tan was-wasing driya | gêlar wasita tama | wit dening Tajusalatin | wiyatanira | bonggan gawe nêmêni ||

21. liyanira sampurnanirèng palastra | anggêr tyas criwis têksih | tinêngga ngumur myang | jariji kawarasan [kawarasa ...]

--- O, 254 ---

[... n] | nulisi driya cariwis | garang-girang tyas | sêngkut dènnya nulisi ||

22. ewadene jingga anom têgêsira | sindur dipun udani | marmèng tyas criwisan | ing mangkya kaunduran | dènnya tansah criwis maring | wangsit utama | upami criwis maning ||

23. Suwenda mrih nurati tinumrap ngunggyan | ing buku lyan puniki | têngêr wrêngka kaca | nyambêti buk punika | myang uruting sastra Wlandi | (A) a sasaminya | tlasing cariwis mungging ||

24. jingga anom nuju tanggal ping (14) caturwlas | Ramêlan sitarêsmi | Jimawal angkanya | rinipta ngling sangkalan | guna tata [ta ...]

--- P, 255 ---

[... ta] ngèsthi aji |[42] dirga yuswarja | suka sênênging galih ||

 


nanging. (kembali)
Lebih satu suku kata: priye bae gone băngga. (kembali)
mangkono. (kembali)
Tanggal: sapisan (1) Ramêlan (Pasa) Jimawal: guna tata ngèsthi ayu (AJ 1853). Tanggal Masehi: 18 April 1923. (kembali)
êsad. (kembali)
Kurang satu suku kata: samadya cangkir anulya. (kembali)
panti. (kembali)
Kurang satu suku kata: miwah ing wênginira. (kembali)
Kurang satu suku kata: janma kang sanggama iku. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: kang têngên ngalamat olih. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: kang kiwa sarta kang nginggil. (kembali)
12 kering. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: yèn kêdutên nèng longasta. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: kang kiwa ngalamatira. (kembali)
15 kêdutên. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: yèn gêndhune ingkang kiwa. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: marêngi kalaning tanggal. (kembali)
18 Tanggal: têlu (3) Ramêlan (Pasa) Jimawal: guna tata ngèsthi siji (AJ 1853). Tanggal Masehi: 20 April 1923. (kembali)
19 nunggang. (kembali)
20 Kangjêng. (kembali)
21 yèn. (kembali)
22 Kurang empat suku kata: ngalamate sakarsanira dumugi. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: samya sigar nglamate apti. (kembali)
24 angling. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: tak gagas-gagas wong idhup. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: tan eling pisan-pisan. (kembali)
27 anggêr. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: karêm mangidhêp Hyang Suksma. (kembali)
29 Pangkur. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: kaluwak anom kang nami. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: sèlèhêna munggèng sipating Hyang Suksma. (kembali)
32 Tanggal: Akat (Ngahad) dwiwlas (12) Ramêlan (Pasa) Jimawal: guna tata ngèsthi Gusti (AJ 1853). Tanggal Masehi: 29 April 1923. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: linambang lir cecrekan. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: cêngêng yèn cinokot lêmut. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: lamun wontên sarèk sami trahing Adam. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: mêngko Hyang Kang Maha Suci. (kembali)
37 ambarkati. (kembali)
38 langgêng. (kembali)
39 Biasanya guru lagu i: puniki. (kembali)
40 nalika. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: tar nglampahi ingkang. (kembali)
42 Tanggal: caturwlas (14) Ramêlan (Pasa) Jimawal: guna tata ngèsthi aji (AJ 1853). Tanggal Masehi: 1 Mei 1923. (kembali)