Sanasunu, Mandrasastra, 1928, #1152
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sonosoenoe
Sêrat Sanasunu
Anggitanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura II.
Pujăngga karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, jaman jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV akir, saha jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI.
Kapatêdhan nama Radèn Tumênggung Sastranagara.
Babon saking R. Wiramandaka.
Kawêdalakên dening Mandrasastra, sami ing Surakarta. Cap-capan ingkang kaping kalih, kawêdalakên saha kasade dening: Toko Buku S.M. Diwarna. Ing Kutha Gêdhe - sarta - Ngayugyakarta. 2e Druk 1928.
DRUKKERIJ PERSATOEAN MOEHAMMADIJAH DJOKJA
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
Sêrat Sanasunu
Anggitanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura II.
Pujăngga karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, jaman jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV akir, saha jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI.
Kapatêdhan nama Radèn Tumênggung Sastranagara.
Babon saking R. Wiramandaka.
Kawêdalakên dening Mandrasastra, sami ing Surakarta. Cap-capan ingkang kaping kalih, kawêdalakên saha kasade dening: Toko Buku S.M. Diwarna. Ing Kutha Gêdhe - sarta - Ngayugyakarta. 2e Druk 1928.
PERS. MOEHAMMADIJAH DJOKJA.
--- 1 ---
Sanasunu
1. Dhandhanggula
1. awigênamastu namasidhi | sinidaha dera sang murwèng rat | kang anglimputi sarate | dene ulun mangayun | makirtya ring kanang palupi | lêpiyan kang supadya | dumadya wêwuruk | ing suta wayah priyawak | sinêngkalan sapta catur swarèng janmi |[1] janma nis kumadama ||
2. kumadama mêmêksa mêmardi | sanggyaning kang atmaja wus wêrda | widadaa sawadine | mardi mardayèng sadu | sadarganing darsanèng urip | ngarêp-arêpa arja | arja ring tumuwuh | tuwuh lar lèn sêkarira | ya marmanta mandaya madamèng wangsit | wasita winatara ||
3. watara ring tutur amartaning | martotama têmên tinumana | katamana ing tulatèn | tula-tula tumulun | têtelaa têmah katali- | tali kawinênangna | monang kang amangun | Yasadipura mangaran | wêktyaning ngling hèh sanggya nak putu mami | yèki lêksanakêna ||
4. muhung kinarya pangeling-eling | laku lêlakonirèng agêsang | sun karya rolas warnane | warna ingkang rumuhun | elinga [eling...]
--- 2 ---
[...a] yèn tinitah janmi | kapindho ingkang warna | elinga sutèngsun | yèn sinung sandhang lan pangan | warna ingkang kaping tri sira dèn eling | yèn kinon angupaya ||
5. ing wêtuning sandhang lan rijêki | akasaba saking tapak tangan | kaping sakawan warnane | parentahing Hyang Agung | kinon Islam manut jêng nabi | rasul nayakaning rat | warna ping limèku | busana lan pakarêman | warna kaping nênêm sira dèn aeling | lakuning pawongmitra ||
6. akêkancan sasamining janmi | dene warna ingkang kaping sapta | yèn abukti nèng wismane | yèn turu yèn lumaku | kesah saking wismanirèki | warna kang kaping astha | kurmat ing têtamu | kaping sanga ri kang warna | wêktuning ngling myang wêktuning barang rusti | salamining agêsang ||
7. warna kaping sadasa tinulis | yèn tinitah sira mring Hyang Suksma | gêdhe kalawan cilike | kaping sawêlasipun | dèn aeling titahing Widhi | sudaning kang darajat | gingsiring kang wahyu | apa ingkang dadya sabab | warna ingkang kaping rolas dipun eling | obah osiking jagad ||
8. jangkêp kalih wêlas ingkang warni | nahan warna kapisan kocapa | dèn aeling salamine | yèn tinitah sirèku | saking ora maring dumadi | dinadèkkên manungsa | mêtu saking ênur- | ira Jêng Nabi Mukhamad | katujune nora tinitah sirèki | dumadi sato
--- 3 ---
kewan ||
9. dèn agêdhe sukurirèng Widhi | aywa lupa sirèng sanalika | dèn rumêksa ing uripe | dèn madhêp ing Hyang Agung | dèn apasrah aywa saksêrik | manawa ana karsa | urip ta pinundhut | ngaurip wasana lena | tan tartamtu cêndhak dawaning aurip | aywa acipta dawa ||
10. aywa cipta cêkaking ngaupip |[2] yèku dudu ciptaning kawula | dawa cêndhak wus pêpancèn | mung ciptaa sutèngsun | mati ana sajroning urip | mangkono pan winênang | cipta kang saèstu | madhêp kumawulèng Suksma | tan sumêlang ananira saking Widhi | widagdèng cipta maya ||
11. gantya warna ingkang kaping kalih | linairkên sira anèng dunya | sinung sandhang lan pangane | yèku sira dèn emut | tuwa sandhang kalawan bukti | lairing kang manungsa | saking garbèng ibu | jabang tan banjur dinulang | sayêktine sandhang popok kang rumiyin | ya sandhang ya bok dunya ||
12. iya pangan iya bok rijêki | karo iku apan têtariman | saking Hyang kang amurbèng rèh | bok dunya bojo sêpuh | bok rijêki bojo taruni | dèn bisa momong sira | tariman ro iku | bok dunya garwanta tuwa | yèku ingkang milu urip milu mati | de garwanta taruna ||
13. bok rijêki iku apan dadi | kuwat panganti-anti ngagêsang | lire dèn bisa momonge | ayya na kongsi mutung |
--- 4 ---
yèn apurik tariman kalih | lungane luwih rikat | lir kilat sumêmprung | tan bisa nututi sira | rungsang-rungsang dhuh rusak badanirèki | nistha brăngta mangarang ||
14. rangu-rangu rongèh muring-muring | ringringane asalah graita | yèn sisip sisip-sêmbire | nir kamanungsanipun | sarupa lan kewan wanadri | anyandhak-nyandhak tuna | gayuh-gayuh luput | saking tan bêtah tinilar | ing garwa ro têmah ngrêbut dèn lakoni | ing garwaning wong liyan ||
15. ngutil mêthêt anyolong mêmaling | yèn konangan atombok umurnya | kaèsi-èsi patine | lir sato gumalundhung | marma kabèh dipun aeling | pamomonging tariman | dèn watarèng kayun | sihana ing sawatara | amung aywa karo kongsi lunga purik | yèn abangêt sihira ||
16. mring kêkasih tansah amangun sih | pêpasihan sumungku satata | mong wiraga karagane | nutug-nutugkên kayun | lali marang kang narimani | katungkul ambaruwah | sumungkêm sumungku | yèn mangkono nora kuwat | badanira apês ingkang sira panggih | tan bisa lumaksana ||
17. migêg-migêg kawarêgên kalih | yèn lumaku banjur kajungkelang | tiba galundhung jurange | kabêntus watu ajur | kojur tibèng nisthaning nisthip | papa tanpa pantaran | kapiran kapatuh | yèku ta aywa mangkana |
--- 5 ---
dèn asêdhêng aywa kabangêtên ing sih | mring rijêki lan dunya ||
18. nahan warna ingkang kaping katri | parentahing Hyang kinon ta sira | angupaya ing wêtune | sandhang panganirèku | akasaba mêtua saking | ing tapak tanganira | pan utamanipun | wêtuning karingêtira | nora kurang panggaweaning dunyèki | wêtuning sandhang pangan ||
19. wêwatêsaning ngupaya bukti | yèn wong lanang amikul ing salang | wong wadon gendhong sênike | barang upamanipun | gendhong mikul jalu lan èstri | yèn lagyapêsing badan | bedane kalamun | sinung kas dera Hyang Suksma | angupaya sandhang pangan têka gampil | yèn gampang dèn waspada ||
20. sangkaning arta yèn tan prayogi | aywa arsa sanadyan akathah | yèn durung sah aywa pinèt | sathithik yèn panuju | dèn pakolih amburu kasil | liring pakolih ingkang | sah têrang ing kukum | tuwin ta wêwêkas ingwang | yèn akasab mrih upajiwa ngaurip | aywa nganakkên arta ||
21. nora arus nadyan enggal sugih | ing wasana sira nêmu papa | kapapan nora warise | saking para lêluhur | kasab iku ingkang utami | among tani sêsawah | gaga anênandur | akèh warnaning akasab | lakonana dèn tabêri dèn nastiti | abot wong golèk pangan ||
22. aywa ngènthèngkên wong golèk bukti | pae sato
--- 6 ---
kewan tanpa ngakal | golèk pangan mung cangkême | mara banjur barakud | sukêt godhong kang dèn gayêmi | beda lawan manungsa | saking ngakal mêtu | yèn tan olih kang mangkana | kang mangkene yèn kang mangkene tan olih | kang mangkono antuka ||
23. lamun antuk angupaya kasil | nipun[3] agêng panarimanira | sukura ing Hyang nikmate | aywa dupèh sirantuk | amung kêdhik kasabirèki | pan iku pêparingan | nugraha Hyang Agung | pinaringan pira-pira | luhung êndi kang tan bisa olih kasil | kasabe pêpariman ||
24. yèku satêngah tan dèn paringi | rahmating Hyang pinunggêl ngamalnya | tan dinawakkên ngamale | kasabe wus pinulung | pan kêpalang-palang tan olih | labêt wahyu kinêbat | ngakale binawur | duk bocahe kurang ajar | tuwa-tuwa katula dhinadhung eblis | lapak tan amicara ||
25. lamun amicaraa sayêkti | nora bisa agaga sêsawah | dadia tukang lan pandhe | sayang sasaminipun | yèn tan bisa manjaka dhingin | abot enthang[4] pan kathah | pakaryaning manus | utawa yèn angawula | angapêdhak dèn pêthêl angiring-iring | sarta jujuring manah ||
26. marma eling-eling dèn pakeling | anak putu padha rumăngsaa | yèn kawula sru apêse | aywa dupèh tinunggu | bapa biyung misih ngaurip | angabdi ing narendra | sapatute [sa...]
--- 7 ---
[...patute] cukup | yèn mangkono ciptanira | budi rupak gopok tan micorèng ngèlmi | ngêgungakên taruna ||
2. Sinom
1. nahan kaping pat kawarna | sagung anak putu mami | kinon sirèku Islama | anut ing rèh Kangjêng Nabi | Mukhamad kang sinêlir | ing sarengat kangjêng rasul | aywa sira atilar | cêgah pakon dèn kaliling | sunat pêrlu wajib wênang lawan mokal ||
2. batal karam lawan kalal | musabiyat dèn kaèsthi | pikukuh Islam lêlima | iku aja lali-lali | utawa yèn nglakoni | ing rukun lêlima iku | lamun nora kuwasa | mring betollah munggah kaji | ingkang patang prakara bae ywa lupa ||
3. sarengat lakuning badan | tarekat lakuning ati | kakekat lakuning nyawa | makripat ing lakunèki | ing rasa dèn pakeling | kawruhana lakunipun | nanging aja atilar | ing sarengat lakunèki | yèn tilara nora kuwat badanira ||
4. pan iya măngsa bisaa | ngêplêki sarengat nabi | wa mangkana nora kêna | yèn kinarsakkên ing Widhi | dadya mukmin sajati | mung ta aywa kongsi kupur | kang dèn kupurkên sarak | aywa pasèk aywa musrik | rèhning langip mung bisaa ing maksiyat ||
5. yèn maksih tiba maksiyat | manawa-manawa kaki | katarima tobatira | ing rina kalawan wêngi | yèn wus tumibèng musrik | angèl pêpulihanipun [pêpuliha...]
--- 8 ---
[...nipun] | yèn nora katarima | tobatira ing Hyang Widhi | nora wurung katêmpuh ing păncabaya ||
6. sarengat iku wêwadhah | lawan iya tatakrami | marma tan kêna tinilar | wong atilar tatakrami | ênggoning laknat yêkti | lan ênggoning duraka gung | kêna ngarahan setan | tan wurung iku amanggih | ing bêbêndunira kangjêng rasulollah ||
7. bêbênduning rasulollah | ya bêbênduni[5] Hyang Widhi | ya Allah ya rasulollah | măngka tajali sayêkti | marma dipun pakeling | aywa maido sutèngsun | sawirasaning kitab | yèn tan bisa anglakoni | amung aywa mêmaoni anênacad ||
8. ana ta ingkang satêngah | anggêguyu wong ngabêkti | yèku panjanmaning setan | dhèwèke wus tan nglakoni | ana kang anglakoni | dadak sêmbrana gêguyu | kaya wong nginum arak | kang sêmbrana sarwi angling | nora karam-kèrèm arak yakti khalal ||
9. wong ingkang ngucap mangkana | olèh duraka ping kalih | dhingin ngalalakên arak | kapindho anginum awis | marma dèn ngati-ati | aywa sêmbrana ing wuwus | lan wêwalêr manira | aywa ngagêngakên awis | dhingin karam kapindhone tanpa guna ||
10. sapele amung kinarya | bêbengkrakan sukak ati | tan timbang lan durakanya | wus pasthi wong nginum awis | yèn awon êndêmnèki | mring
--- 9 ---
badan nora pikantuk | batine lunjak-lunjak | kaduga angêpêl bumi | ing wêweka subasitane wus ilang ||
11. yèn bêcik dême wong ika | ngalumpruk badanirèki | ginggang madhêpe mring Suksma | bawur tyase dadya lali | paran marganing bêcik | wong lali marang Hyang Agung | amêdhotakên ngamal | tuna nora olih bathi | siya-siya nganiaya badanira ||
12. êndêm iku kawruhana | limang prakara dèn eling | kang dhingin êndêm inuman | pan wus cinatur ing ngarsi | dadine nora bêcik | dene kaping kalihipun | êndême wong nonoman | tur abagus ingkang warni | ing busana iya nora kêkurangan ||
13. pangrasane nora nana | wong abagus malih-malih | mung dhèwèke kang jêlarat | mung dhèwèke kang jêlanthir | katungkul milang-miling | ngaliling sariranipun | Arjuna dèn lêlarak | Panji sinèrèt babarji | dêmang gêntêr dêmang patêr dadi lêmah ||
14. kang aran bagus pan iya | jêjêre kalih prakawis | kang dhingin bagusing rupa | ping kalih bagusing ati | nadyan rupane bêcik | lamun ala atinipun | yêkti dadi wong ala | rusuh sabarang pakarti | tyase arda andarung tanpa ukara ||
15. yèku dême wong taruna | rosa kuwat barang kardi | pandhuk ing sadaya-daya | tan ngarah-arah rih-irih | yèku karam sayêkti |
--- 10 ---
dene kaping tiganipun | êndêming kawiryawan | lire kamuktène luwih | rina wêngi angrasakkên ing kamuktyan ||
16. mangan enak turu enak | kamuktèn salin-sumalin | apanjang yèn winuwusa | murkaning wong olah mukti | kaping pat kang winarni | êndêm saking hawa napsu | napsune ngămbra-ămbra | tan kêna sisip sakêdhik | maring rabi maring batur mring wong liyan ||
17. tarocoh amara tangan | durung karuwan yèn sisip | napsune pinasang-pasang | tanpa marta tanpa titi | têtika durung ênting | kasusu sru masra-masru | dene kang kaping lima | êndêming suka-sukanting | barang suka kang angliwati saking kat ||
18. êndêm kang papat punika | sayêkti karame sami | lawan karame kang arak | bangêt lali mring Hyang Widhi | kalamun manungsa wis | kanggonan dêm lêlimèku | kagêm dadya satunggal | tan wurung anêmu nisthip | abèn-abèn katêkan bilai dunya ||
19. nora nganggo ing akirat | ing dunya bae pinanggih | dènnya sru karam-akaram | têgêsing karam dèn eling | pan iya aling-aling | kalingan tyase kalimput | têgêse ingkang kalal | sutèngsun aywa na lali | kalal iku pan kalêbu têgêsira ||
20. manjing barang kabêcikan | tyase suci nora lali | mring Hyang pan ora kalingan | kalamun bisa nglakoni | kawulaning [ka...]
--- 11 ---
[...wulaning] Hyang Widhi | sabarang karam tan ayun | sayêkti katarima | barang pandonganirèki | aywa kadi pangucaping wong kang liwar ||
21. linging wong ahlul kakekat | wêwulange gurunèki | tan ana karam subahat | kabèh-kabèh kalal ugi | iku wong kênèng pidhir | tan wurung kênèng bêbêndu | wus kadhadhung ing setan | dene laku kang sayêkti | kang abontos ing ngèlmu praptèng kakekat ||
22. sirna marang ing makripat | kang wus antuk sihing Widhi | karamaning yèn arêpa | ingkang kalal datan apti | yèn bisa anglakoni | sarta wahyuning Hyang Agung | kang mangkono pan dadya | martabating para wali | wali kutub kang rumêksèng pramudita ||
23. sabakdaning rasulollah | yèku kang minăngka dadi | cêcagaking langit dunya | sèwu kutub para wali | babo dene amêncit | yèn atelada kang iku | pan iya sèwu mokal | sarèhning kawula langip | amung aywa dadi rêrewengan setan ||
24. lawan aywa mangan madat | pêrètu iku tan bêcik | apa bêcike wong mangan | ing kukus tur angêndêmi | yèn wus nyakot sayêkti | dudu wong kang mangan apyun | apyun kang mangan janma | yèn wus dadi dlinding mati | nora nana wong nyêrèt umure dawa ||
25. iku kalêbu golongan | nganiaya badannèki | dhasare sarak cinêgah [c...]
--- 12 ---
[...inêgah] | ingkang karam êndêmnèki | barang kang angêndêmi | cinêgah ing sarakipun | panjang yèn winarnaa | nisthaning mangan cêkakik | pan wus padha kalampahan kasatmata ||
26. nanging ana kang mêmarah | kalaling apyun sakêdhik | yèn kinarya ing woworan | obat angêt iku ugi | marmane iku kenging | dènnya obat angêt iku | andhangankên sarira | kitab Sarah Bayan nênggih | kang ngalalkên kêdhik winor obat panas ||
27. lan malih wêwalêr ingwang | nak putu ywa anglakèni |[6] ing panggawe ngabotohan | kalêbu nisthaning urip | dhasaring saraknèki | kinaramakên satuhu | laire luwih nistha | dadya lip-alipannèki | wong durjana saking madat ngabotohan ||
28. walêr malih aywa ana | sagung anak putu mami | alul wuku tigang dasa | kang trusa padewannèki | pan iku nora bêcik | ing sarake dadi kupur | sasat ngroro Pangeran | yèn sira arsa udani | mring lakuning wuku dipun sawatara ||
29. satêngah saking kacaryan | ing wuku kluwihannèki | mèh wruh sadurung winarah | kadadianing bêbayi | ya salawase urip | bêgja lan cilakanipun | ing wuku wus dèn ênas | sidik tan ana kang sisip | kang mangkono sira padha mangêrtia ||
30. aywa banjur kagawokan | pan ana pralambangnèki | wêwangsalan sêmbung [sê...]
--- 13 ---
[...mbung] gilang | ing Palembang dipăngga lit | singa-singa sayêkti | yèn kagugu pan kadulu | aja si para dewa | ing wite tinitah luwih | iku maning yèn ora mikatonana ||
31. nadyan sela lawan wrêksa | lamun sira puji-puji | pinuja mantrèng dêdupa | binorehan wangi-wangi | sayêkti mikatoni | brêkating pangrasanipun | marma dèn eling sira | tarecetaning agami | yèn sira yun uninga ing ngèlmu kasab ||
32. kang winênang ing agama | nanging iku kaol langip | lamun kaol ingkang êkas | kinaramakên sayêkti | sagung ngèlmu laduni | palak palkiyah myang nujum | iku ngèlmu pambuka | sagung ingkang gaib-gaib | saking Ngarab tan lyan saking nabi duta ||
33. wêwalêr malih kocapa | sing wong tuwa nguni-uni | yèn kuwat mêmantu sira | nganggo gamêlan tan kêni | dhasar sarak sinirik | unining gamêlan iku | mung sawiji kewala | kang winalêrkên ing nguni | mung mêmantu aningkahkên sutanira ||
34. yèn têtakan têtingkêban | ingya[7] nora dèn walêri | gêgêdhèn nganggo gamêlan | wa mangkana sarèhnèki | kalumrahaning urip | wong dèn abdèkakên ngratu | kudu ta kalumrahan | narajang walêr sakêdhik | wakilana aywa êkak saking sira ||
35. ing unining kang gamêlan | dêdongaa ing Hyang Widhi | mugi ta winênangêna |
--- 14 ---
lan mintaa rilanèki | lêluhur nguni-uni | kang duwe wêwalêr iku | sira kirima donga | iku supayane kalis | pon-ponane adoha ing păncabaya ||
36. lêt sapasar nênêm dina | gamêlan durunging muni | dèn mêsu panêdhanira | ing wêngi gon kang asêpi | lamun kaparêng ugi | anaa sasmitanipun | katingal ing supêna | rèhning apês mêdal saking | ing supêna barang tingkah ingkang wulang ||
37. pae kang uwis mukmin kas | tuwin pra wali pra nabi | akèh kang sinungan ayat | saking swara kang dumêling | wa mangkono prandening | ana kang nyêrtani iku | ingkang para ambiya | wahyu ingkang saking ngimpi | Nabi Brahim lan Nabi Yusup ing kuna ||
38. nanging iku ta trêkadhang | amung iya anyitani | tan uwis dening supêna | ing wêngkoning Jabarail | dinuta ing Hyang Widhi | wah ya amaringkên wahyu | lamun ing jaman mangkya | sabakdaning kangjêng nabi | wus rinacut karsaning Hyang kang mangkana ||
39. sangsayardaning kang măngsa | mantun awas lawan eling | tan ana wahyu kang nyata | akèh wahyuning ibêlis | tan kêna dèn sèyuti | murka angkara tumanduk | durjana sangkin dadra | sujana sarjana kontit | katêtangi katalika saliring rat ||
40. rat karakêt tan antara | pêpantaraning abêcik | apan nora kêkurangan | kaoling para ngulami | myang sujana bèrbudi | para wicaksanèng [wicaksa...]
--- 15 ---
[...nèng] laku | jro kitab pira-pira | kang marah panggawe bêcik | miwah jroning srat wêwacan don asmara ||
3. Asmaradana
1. dèn kêrêp gêgulang ngèlmi | gêgurua pra ngulama | lawan dèn kêrêp têtakon | minta warahing sujana | sèn[8] bisa anoraga | aywa kumintêr kumingsun | nadyan silih wus abisa ||
2. api-apia tan bangkit | angarah wuruking liyan | manawa liya murade | kabêcikan lan kamulyan | awit saking tumitah | praptèng wasananing maut | kamulyaning sangkan paran ||
3. ywa pijêr ngiling-ilingi | ing kitab nora rinasa | wêwalêre arang kanggo | miwah yèn sira mêmaca | ing Surti Nitipraja | Sewaka sasaminipun | Wulangrèh Panitisastra ||
4. Asthabrata Rama Kawi | aja pijêr têtêmbangan | cêcengkokan tanpa gawe | wong anom ing jaman mangkya | arêmên cêcengkokan | mêlang-mêlung êluk wolu | ngalingi lêlandhêping tyas ||
5. tan na karyane sakêdhik | yèn wong alul cêcengkokan | anêsêkkên pamacane | amrih aywa kongsi kêmba | nanging aja katunan | kang winaca dèn aemut | cathêtên ing wardayanta ||
6. kunêng kaping catur warni | gantya warna kaping lima | ing busana wêwalêre | miwah ta ing pakarêman | dene ta kang busana | sinjang-sinjang dèn aemut | aywa nganggo bathik tambal ||
7. tambal suka duka nênggih [nêng...]
--- 16 ---
[...gih] | dene ta tambal kanoman | tambal miring sasukane | lan aywa anganggo sinjang | ing lurik tuluhsela | aywa nganggo sira sabuk | bathik iku winalêran ||
8. yèn tan duwe ijo kuning | wungu dadu kêkêmbangan | anganggoa putih bae | sinjang wulung nora kêna | yèn apês sariranta | jaran irêng aywa ngingu | lamun sira nora êkas ||
9. yèn sinung kuwat sirèki | sabuk cindhe kêkêlingan | amung aywa nganggo solok | limar gêdhog sakarsanta | liyaning kang larangan | sagung laranganing ratu | aywa wani nganggo sira ||
10. lawan aywa nganggo bathik | anggite wong jaman mangkya | anganggo baron sêkèndhèr | nganggo gambaring wong-wongan | yèku satêngah karam | myang rêrupaning nyawèku | iya iku padha karam ||
11. măngsa ta kuranga bathik | kang lung-lungan kang cêplokan | gêgodhongan sasamine | aywa sira kumawawa | atelad ingkang êkas | jênênging kawula iku | apês ajur bosok rusak ||
12. ngaral basariyah nênggih | kang sinandhangkên ing sira | lire pêpalanganing wong | owah gingsiring manungsa | pan amung jênênging Dat | iku kang wajibul wujud | langgêng nora kêna rusak ||
13. wêwalêr kang gêdhe malih | yèn nora kêlambèn sira | aywa kalung saptangane | tinalèkakên ing jăngga | tansah [ta...]
--- 17 ---
[...nsah] ginawe salat | sampirêna kewalèku | ing pundhak sakarsanira ||
14. ing kanan miwah ing kering | yèn anganggo-anggo sira | sawatara sasêdhênge | bêbêd myang ikêt-ikêtan | dèn nganggo masakala | aywa saban sore esuk | siyang nganggo jêjingkêngan ||
15. wong bêsus kapati-pati | watake sok malaratan | suda-suda rijêkine | sarta anênungkul ing tyas | kang mring kawicaksanan | bok rijêki gila dulu | wong jêlarat mêmeretan ||
16. rèhning anom sawatawis | bareya-bareyo aja | iku bangsat pênganggone | lan dèn nganggo masakala | lêlungan pasamuwan | jingkêngan sawatarèku | pêpênyon amêmondholan ||
17. lire kapusus katawis | iku bêsusing sujana | kang wus mangarti barang rèh | kagunane wus akathah | bisa nambung ambengkas | bisa amis dadi arum | arum sangsaya angambar ||
18. pêtêng dadya padhang bangkit | bêsuse tan têkèng manah | mung kinarya sasab bae | ngalingi kasujananta | wus ambêking sujana | apintêr ngaku balilu | saking wus ambêk sagara ||
19. yèn ngulama para mupti | bêsuse manut ing lapal | jayi napsaka unine | bil maksiyati têgêsnya | amaès-maèsana | ya ing sariranirèku | lawan panganggo maksiyat ||
20. amung bêsus [bê...]
--- 18 ---
[...sus] aling-aling | nora tumêka ing manah | yèn dinawakna murade | lapaling jayi napsaka | lan bil maksiyat ika | adawa lamun winuwus | cukup lakuning agêsang ||
21. marma anak putu mami | barang tingkah dèn waspada | dèn amikir pakolihe | aywa ngawag ruwag-ruwag | bêsus tanpa karana | dèn abêsus aja bêsus | dèn apintêr aja bisa ||
22. lire dèn abêsus kaki | dèn abêsus sawatara | tan kêbanjur tan kêlalèn | mung bêsuse wong rêsikan | anrus rêsiking manah | tumusing budi rahayu | kang aja bêsus lir sira ||
23. kang bêsus anrus ing batin | lali apêsing sarira | anarik marang tyas lonyok | anutupi lawang bêgja | ambuka lawang tuna | ngêdohkên sagung rahayuh |[9] mêrakkên sagung kiyanat ||
24. angêdohkên pangabêkti | amêrakkên ing maksiyat | ngêdohkên panarimane | amêrakkên ati murka | ngêdohkên ati sabar | mêrakkên kêrênging kalbu | lamun nora kasêmbadan ||
25. panjang winarna ing tulis | wong bêsus kainanira | gumantya kang winarnèng rèh | pakarêmaning agêsang | tunggal warna kalima | dèn aemut anak putu | aywa karêm marang dunya ||
26. liring karêm dunya kaki | lali panggawe ngakirat | rina wêngi esuk sore | mung mikir panggawe dunya | tan etung siya-siya |
--- 19 ---
arda kaardan sagunung | nora etung batal karam ||
27. kang gumrêmêt kang kumrincing | mas sêsotya nawa rêtna | myang arta-arta sakèhe | kang gumêbyar kang kumênyar | iku pan namung dadya | dum-duman aran dunyèku | têgêse amung golongan ||
28. golongan aran dunyèki | dening kakekating dunya | iya panggawe kang awon | adoh panggawe ngakirat | dunya iku naraka | akirat sawarga iku | lah ing kono rasakêna ||
29. dèn bisaa mêrdi picis | lire bisa mêrdi arta | dèn wêruh batal karame | kang sarèh wêtuning arta | yèn wus dadi kakira | ywa siranggo jibar-jibur | rêsikan aywa katara ||
30. ing Panitisastra angling | wong ambêbêg arta kathah | lir ambêbêg toya gêdhe | bêndungan datan sinungan | ilèn-ilèning toya | tan kinarya dêdanèku | nora nganggo jinakatan ||
31. kabêbêg katêmpuh banjir | dhadhal larut alorodan | gêgadhang bilai gêdhe | kang mangkono wus sanyata | nadyan gêdhe cilika | pira-pira ingkang uwus | kêlakon dadya ngibarat ||
32. ana ta ngibarat cilik | kewala kang ingsun karya | pangeling-eling lakune | kaum desa ing Cabean | Ki Nur Ngali namanya | wadat saking apêsipun | tanpa bojo tanpa rowang ||
33. wismane
--- 20 ---
kêbêk sêgaking | yèn olèh brêkat kondangan | jinalukan mring tanggane | kênthêng-kênthêng nora suka | lampu dèn pe dèn tarang | akêkêt kumêt kalangkung | jalukan ora wewehan ||
34. mênthêl sakêdhik pan sugih | saboboting kaum desa | mung kumêt tan lumrahing wong | anuju sawiji dina | wêktu Subuh pan arsa | mring sêndhang mèt toya wulu | pinênthung cêngêle pêjah ||
35. ilang kandhutane dhuwit | sêlawe anggris kathahnya | nèng usus-usus sabuke | iku nora pisah-pisah | dene kang anèng wisma | kang arupa dhuwit sampun | lan jêjarik binalenan ||
36. mring durjana wus barindhil | kang wau mênthung nèng sêndhang | mung kari sêga akinge | lah iku rupaning janma | ingkang karêm ing arta | nora ngandêl mring Hyang Agung | ngalor ngidul ngandhut reyal ||
37. pan ora anêdya kardi | ngamal ing sakwasanira | ing uripe nèng dunyane | mung ngêndêlkên ngibadahnya | pan wus wajibing gêsang | asêmbahyang limang waktu | beda ngamal kabêcikan ||
38. têgêse pan ngamal salih | kang katur marang Hyang Suksma | liyaning pangabêktine | gawe bêcik ing sasama | kang tan buru alêman | yèn amal amrih ginunggung | tan dadi kanthining gêsang ||
4. Kinanthi
1. sun cêndhak pitutur ingsun | ing lakuning amal salih | wus gumêlar anèng kitab |
--- 21 ---
lan pituturing ngulami | yèn durung mangêrti sira | takokêna kang utami ||
2. elingên iku pitutur | sagung anak putu mami | sanalika aywa lupa | ing lakuning wong aurip | aywa tiba pakarêman | ingkang anênarik sisip ||
3. ati-atinên dèn matuh | mêmatah karêp pribadi | dèn abangêt lomanira | dèn bangêt kumêtirèki | lire dèn abangêt loma | sêdyakna siyang lan ratri ||
4. kinuwasakna sirèku | wèwèh samining dumadi | kang tan lawan siya-siya | kang eklas tumêkèng batin | têgêse wèwèh kang eklas | sira nora duwe pamrih ||
5. wêwalês marang sirèku | lire dèn akumêt kaki | aywa ta buru alêman | wèwèh sak-sok tanpa kasil | lamun sira durung kuwat | nadhahi nêpsunirèki ||
6. liring anadhahi nêpsu | lamun karêp sira maksih | nyandhang bêcik mangan enak | aywa umbag kumalingking | nadyan ta wèwèha kathah | măngsa ta kuranga mami ||
7. apan ananing Hyang Agung | nora akon nênulungi | marang awaking wong liyan | lamun awake pribadi | durung luwih durung cêkap | aywa tiru Katin Tahyi ||
8. Katin Tahyi iku pan wus | tinitah janma linuwih | mèh satêngah aulia | tiningalan saking batin | mus[10] abontos barang tekad | kinarilan ing Hyang Widhi ||
--- 22 ---
9. ngrasaa apês sirèku | dipun anganggo mubadir | liring mubadir angeman | kamurahaning Hyang Widhi | kang pinaringkên ing sira | yèn tan ngimana sirèki ||
10. dadya sira kurang sukur | ing nikmatira pribadi | kaananing ujubriya | sanadyan pênggawe bêcik | yèn tan wruh kadadiannya | angawog kaworan eblis ||
11. sabarang ing tindak-tanduk | ing dêduga myang prayogi | wiwitana saking madya | yèn mantêp ing tyasirèki | ing supayane bisaa | mirib tindak kang utami ||
12. yèn utama lêkasipun | lamun tan mantêp sirèki | manawa iya manawa | kêpalang kêpaluh nuli | gumalundhung sira tiba | ing papa nistha pinanggih ||
13. yèn mantêp têtêp tinêmu | kautamaning ngaurip | nanging iku arang agal | gêgolonganing utami | kang akèh ing jaman mangkya | gêgolonganing wong nisthip ||
14. marma ywa nêdya sirèku | ing lêkas nistha kariyin | sira yèn tumindak nistha | ingkang nora kêdhah-kêdhih | yèn tumiba ing utama | pinasthi papa pinanggih ||
15. nistha rusak têmahipun | madya kêmbanging utami | utama kêmbanging mulya | dèn wruh sira siji-siji | nistha madya lan utama | kèh kaliru kang mastani ||
16. nistha ingaran madyèku | madya ingaran utami | saking kèh-kèhing kaardan | wimbuhing dunya nglimputi | iya sapa ingkang bisa |
--- 23 ---
nadhahi rosaning budi ||
17. kunêng malihe sirèku | aywa ta karêm ing èstri | yèn tan kabênêran padha | lawan karêm ing artèki | pangrusake ing sarira | bèn-abèn lêtêng artèki ||
18. yèn abênêr kiyasipun | aguna sarana sêkti | dadya panggèyèting swarga | arta kang lumaku sukci | yèn wong dahat karêm ing dyah | tan wun gêng păncabayèki ||
19. tan sun panjangkên pitutur | ring janma karêm pawèstri | aywa na kang salah tămpa | pan wus gumêlar sakalir | panjang yèn dèn ucapêna | bêgja kang bisa nglakoni ||
20. lan maninge anak putu | aywa na karêm sirèki | ing swara miwah ing rasa | liring karêm ing swarèki | gêlathik anèng jro pikat | narithik unine thik-thik ||
21. ana kancane angrungu | kasmaran swara dumêling | tumarancag tan wêweka | tan wruh kalêbu piranti | dene wong karêm ing rasa | kadyangganing wong mêmancing ||
22. mina kang anèng jro kêdhung | andulu mêmangsannèki | tan wêweka gya sinarap | tan wruh yèn kênèng piranti | sinêndhal tibèng dharatan | si mina têkèng bilai ||
23. marma dèn awas dèn emut | pikirên ingkang prayogi | barang tingkah aywa gita | yèn durung uningèng galih | liring gita aywa rikat | gati têmên têgêsnèki ||
24. ywa kagetan ywa kasusu | yèn durung wruh
--- 24 ---
têmênnèki | manawa kadi si mina | patine kêna ing pancing | durung wruh ing komandaka | mung lobane dèn turuti ||
25. lan aywa karêm sirèku | barang kalangênan adi | ing swara miwah ing rupa | kadya kang kocap rumiyin | yèn kabanjur mênèk kadya | Sastradiwăngsa pangukir ||
26. karêm ing pêksi brêkutut | rinungokkên sarwi ngukir | sêgêr sarirane sumyah | myarsakkên swara dumêling | mêmpêng mêmêt pangukirnya | ing landhehan tunggaksêmi ||
27. ing sawiji dina nuju | brêkutute nora muni | ingaban kinèn munia | mêksa mênêng nora muni | krodha sira Sastradăngsa | sinèlèhkên dènnya ngukir ||
28. cinandhak kurunganipun | pêksi rinogoh mring jawi | sarwi asru wuwusira | sabab apa sira pêksi | têka ora adol swara | pan ingsun ingkang ngingoni ||
29. pêksine dèn êlus-êlus | kalimpe marucut nuli | mibêr nanging ora kêbat | tinututan pêksi kenging | makanjar Sastradiwăngsa | paksi binanting babarji ||
30. sarwi sêsumbar kumruwuk | payo sirarsa ngayoni | ya iki Sastradiwăngsa | jinêjêgan ingkang pêksi | dèn ilês awor lan kisma | aja mêngkono wong urip ||
31. lah ing ngêndi ana manuk | ingkang bisa tata janmi | garêjêgan sinumbaran | labête wong kurang pikir |
--- 25 ---
iku wong karêm rupanya | si bêbawur pilastuti ||[11]
32. lan aja karêm sirèku | ing turăngga ora bêcik | lah iya ing ngêndi ana | pinênging karêm turanggi | dèn anganggo sawatara | rèhning lumrah wong angabdi ||
33. mung bisaa ukur-ukur | dèn gêguyu aywa isin | ora bisa nunggang jaran | ing pacak nora prayogi | ya narimaa kewala | pira-pira dèn waoni ||
34. wong akarêm turănggèku | rong prakara siriknèki | ngrêregoni wong ngawula | ing sakarat ngrêregoni | beda lan Rahadèn Sura- | nagara Radèn Tohpati ||
35. yèn ora karêm aluput | pan uwis pakaryannèki | tinuduh ing sang narendra | pan minăngka kasabnèki | nistha lamun tan bisaa | kalêbu wong tanpa kardi ||
36. karana ta ing tumuwuh | sêngsêma barang pakarti | kang minăngka kasabira | sêm lan karêm iku sami | yèn wong nêmên nambut karya | padha lan wong angabêkti ||
37. ya ing salat limang wêktu | sabarang kasabirèki | kitab Bustam kang amarah | kaya ta lamun sirèki | tinitah lumakyèng karya | sêngsêma gonira ngabdi ||
38. ywa sira watak malincur | dadya duraka ping kalih | dhingin marang gustinira | mring kancanira ping kalih | apa ta bêcike uga | wong balithuk maring gusti ||
39. gusti pan kalipah tuhu | sasat balithuk Hyang Widhi | lan balithuk [ba...]
--- 26 ---
[...lithuk] para kănca | wuwuh durakanirèki | kang utama potangêna | tabêri gawe mêmanis ||
5. Dhandhanggula
1. aywa karêm asobèng wanadri | aywa karêm asobèng samodra | kali-kali sasamine | akèh bêncananipun | pira-pira ngadat kang uwis | wong karêm las-alasan | ing wasananipun | asring amanggih tan arja | myang ing kali-kali akathah tan bêcik | dèn emut aywa lupa ||
2. lawan aywa karêm ing kasêktin | ngèlmu kanuragan kadigdayan | katêguhan sasamine | tan anguwisi iku | ngèlmu lair kakehan kibir | yèn katêrècèt dadya | singkir ngèlmu iku | dudu mangunah kêramat | lawan dudu mukjijat marma tan apti | kang wus utamèng cipta ||
3. kandêl-kumandêl marang Hyang Widhi | têtêg têguh ing tyas tan anêdya | kira-kira sasmitane | mung anêdya rahayu | kira-kira aywa na prapti | ajagang pasrah ing Hyang | baluwartinipun | kumandêl marang Hyang Suksma | inêb-inêbing pintu kuthanirèki | têtêp madhêp ing Suksma ||
4. wismanira jro pintu kuthèki | yèku panunggalira Hyang Suksma | kang minăngka bojanane | têtandhon jro kuthèku | pan panêmbahira Hyang Widhi | yèkang minăngka obat | mimis jro kuthèku | tanawut napi nakirah | yèn wus mantêp têtêp adhêp tanpa
--- 27 ---
kêlir | kinêpung kuthanira ||
5. de sêlamêt kang angêpung sami | sanjatane sinipatan rahman | pun sipat rakim mimise | tiba pating talêbuk | kamurahanira Hyang Widhi | lan sihira Hyang Suksma | mêtabar rahayu | rahayu ngayuh kamulyan | tan maluya laya têtêp kita linggih | mungsuhing bale baka ||
6. bakal bakuh akukuh tan kongkih | kaanane ing kana kinênan | kaonang-onang kanang rèh | sarèh sarekaning hyun | ing agnyana mănda sinandi | sining wong sadu dibya | kanthi sabar maklum | mula-mula tan tinilar | têtalêre tinatal tulèning budi | dumadi tan sangsara ||
7. karana pambancananing eblis | jroning kitab Kisangsul Ambiya | pinêncar anak putune | ngrêridhu ambêbawur | tan ngobêri manungsa urip | duk lair maring dunya | bineka binedhung | pamrihe sang bêlis laknat | akarana ring bêbayi aja kongsi | nadyan kongsia tuwa ||
8. bêlasara manut ing ibêlis | wurunga kuda bêlo sadaya | jro kitab Insan Kamile | kocap pakartinipun | dadya sangang dasa bab nênggih | lawan punjul sasanga | sang ibêlis wau | pan satus kirang satunggal | pangwasane anggodha ngrêncana janmi | mrih katarik mring sasar ||
9. dèn prayitna lawan dèn aeling | barang panggawe barang pangucap | miwah barang sakarêpe | setan amor
--- 28 ---
ring ngriku | nora kêna lamun winilis | pambêncananing setan | nênggih pêncaripun | angêbêki sabuwana | nadyan namaning Hyang Suksma ingkang adi | tiniru karya kala ||
10. marma kadya apa wong ngaurip | yèn kênaa lali jroning cipta | ya ing sanalika bae | saking panumbasipun | sumarambah amaratani | pakartinirèng setan | kang tugur mor nêpsu | angên-angên ingkang arda | loba murka maring sahwat maring bukti | maring pêpaès dunya ||
11. panjawiling setan kang mrih olih | yèn tinuruta olih sangsara | kasêrakat ing têmahe | kasêngsêm kapiayun | merang yèn mundura ing kapti | kadya kèrêm wong ika | ing wêwatakipun | mring pêpêtêng sabangsanya | netra wuta karnanira dadya tuli | tan wun tibèng naraka ||
12. nahan warna kaping nêm winarni | lamun sira mrih apawong-sanak | akêkancan sasamine | pikirên jroning kalbu | upamane sira ningali | panganan lan minuman | sira pan kapencut | pikirên jroning wardaya | iya dene karo iku manpangati | marang sariranira ||
13. lan tan ana wong kang nêdya sakit | pan mangkono ing apawong-sanak | ing kêkancan pamilihe | upama sira watuk | sru kapengin marang lêlêgi | nginum kelang katêkan | sakarêping napsu | luamah maring sangsara | ora wurung dadi mêngi mêngkrik-mêngkrik | tuna tan [ta...]
--- 29 ---
[...n] olih karya ||
14. ana satêngahing manungsèki | olih bilai saking kêkancan | myang saking pawong-sanake | iku sira dèn emut | singgahana saking bilai | aja apawong-sanak | lan wong tan rahayu | tan wun katularan sira | upamane wong lara wêtêng kapengin | rujak kêcut pinangan ||
15. iya nora wurung andalinding | bilaèni mring sariranira | nora ana mupangate | lawan aywa sirèku | pawongmitra wong tanpa budi | ya wong bodho tyas mudha | tan wun anênungkul | katularan bodho sira | pan wong bodho durung wruh ing ala bêcik | ing wêwadi tan wikan ||
16. lawan aywa pawong-sanak malih | lan wong ingkang tan bisa ing sastra | wong kang mangkana watêke | karêpe sok ambêrung | pangrasane bênêr sayêkti | kuranging pamicara | nadyan dhawul-dhawul | jalêbut sok tumindaka | ngiris-iris nyêbit ing atata titi | tangèh manggih raharja ||
17. lawan aywa pawong-sanak kaki | lan wong pasèk pan wong pasèk ika | nora wêdi ing siksane | ing Hyang kang Maha Agung | murang sarak angorak-arik | atekad calawênthah | lawan aywa ayun | lan wong drêngki pawong-sanak | sring karyala ing sasami tyase jail | dèn wruh sirèng têngêran ||
18. karana wong mukmin iku kaki | iya padha mukmin [mukmi...]
--- 30 ---
[...n] pêpaesan | dènnya ngapèk panêngrane | ala bêcik tinêmu | ing pracara dulunên dhingin | ping ro sêmu winawas | kaping tiganipun | katăndha ing tapsilanya | kaping pate ing tatakrama pinanggih | ping lima ing pirêmbag ||
19. yèku pănca wada nora gingsir | wong kang dhustha lan wong kamandaka | sujana myang bèr budine | akathah warnanipun | tyasing janma sawiji-wiji | ana kadya rêksasa | murka ambêk rusuh | ana kang ambêk dipăngga | kathah yèn winarna èmpêring kang janmi | waspadakna priyăngga ||
20. apawong-sanak sira ta kaki | lan wong kang bèr budi wicaksana | wruh ing ajar lan ijire | sarunging para putus | kulanana mintaa dhisik | nadyan sira wutahna | wêwadinirèku | sayêkti bisa rumêksa | lamun ana catur kang sikara budi | marang ing sariranta ||
21. bisa mangartèkkên marang bêcik | ing agêsang akathah wicara | kang dadya salang-surupe | iya ingkang andulu | ingkang dudu ngaranan yêkti | yèn kang wus wicaksana | wruh ing iya dudu | sumimpang ing doracara | yèn apawongmitra nêdya malês bêcik | wruh bêcik-binêcikan ||
22. lamun sira nuju darbe bêcik | gêdhe maklume wong wicaksana | lumayèng pangapurane | parah-parah yèn muwus | pamawase waskithèng titi | têtika tan tinilar | nalirah rinuruh | ruruh
--- 31 ---
amêmbing wicara | locananya liyêp tan angas ingaksi | ngaksama paramarta ||
23. lawan apawonga-mitra kaki | sujanma kang gêdhe ngamalira | iya ingkang ngamal salèh | kang anamur ing laku | kalakuan kang marang bêcik | yaiku janma ingkang | tan umbag tan sêngung | yèn têtulung tan katara | mring liyane aniyat sidhêkah pikir | tumamèng kautaman ||
24. yèn apawong-sanak sira kaki | akêkancan lan manungsa kathah | kulanana sasêdhênge | dèn prayitna ing kewuh | aywa dumèh ngagungkên sami | anggunggung marang sira | ngalêmbanèng wuwus | akèh tan tumêkèng manah | yèn wus antuk pitutur ingkang sayêkti | ing mangkya manawa na ||
25. karubêdanira ing ngaurip | nora pisan silih têtulunga | malah muwuhi ribêde | agawe arubiru | karya tăndha dènnya mrih kodhil | pawongmitra satêngah | têmah dadya satru | nanging yèn mangkono ana | sira myarsa aja niyat malês kaki | srahna maring Hyang Suksma ||
26. muga binalèkna marang bêcik | lawan aywa ngunêg-unêg sira | aywa ngowahi tatane | pamitranirèng dangu | dèn atêguh sira ing galih | aywa sira nênacad | ya dupèh wong iku | kang ngalani marang sira | yèn wadining wong liya kang angalani | sira pasrahna ing Hyang ||
27. tinutupan wêwadiningrèki |[12] dèn amantêp
--- 32 ---
sira pawongmitra | akêkancan sasamine | kawulaning Hyang Agung | yèn sira tan bisa sumingkir | tan amor ing akathah | ing kono sirèku | bêbisiking păncabaya- | ning wong kathah marma dèn abisa kaki | amomot mêngku misah ||
6. Mêgatruh
1. nahan warna kaping sapta kang winuwus | kalamun sira abukti | pribadi nèng wismanipun | nganggoa lakuning ngèlmi | manut jêng rasul kinaot ||
2. pêndhak têngah ari yèn dhahar jêng rasul | pan ing sadina sawêngi | mung sapisan dhaharipun | sarwi jegang yèn abukti | tumungkul tan amiraos ||
3. duk amuluk ing sêkul sarwi anêbut | ing asmanira Hyang Widhi | bismillah salajêngipun | mawi dunga pan utami | lajêng dhahare ing kono ||
4. yèn wus dhahar tumênga lajêng anginum | tigang cêgukan tan luwih | kang sacêgukan anêbut | alkamdulillahi rabil | ngalamin sukur ring Manon ||
5. ingkang kalih cêgukan dènira nêbut | subêkanallah ping kalih | maha sucèkkên Hyang Agung | dene yèn sira abukti | lan têtamu sabarang wong ||
6. anganggoa yudanagara mrih patut | asilaa ingkang bêcik | dèn mêpês sarwi tumungkul | aywa ta saduwa kaki | lawan aywa amiraos ||
7. mung nyarakna pasuguhira mring tamu | wusing mêngkono sirèki [si...]
--- 33 ---
[...rèki] | iya aywa muwus-muwus | mung yèn tamunira angling | ngajak asêlang wiraos ||
8. tandukana prihên sukane ing kalbu | akèha dènira bukti | dèn sumèh netyanirèku | sira aywa uwis dhingin | angèrènana ing kono ||
9. wus lakune sanadyan sira wus tuwuk | iridên dènira bukti | ngantènana ing têtamu | tuwin lamun sira bukti | lan janma kèh hya mêngkono ||
10. saênggone miwah sira yèn martamu | pan iya mêngkono ugi | aywa sêmbrana ing kalbu | mêmoyok sajroning galih | sêga iwak kurang kaot ||
11. dèn asêngkud kurmat paringan Hyang Agung | yèn sira nênacad batin | tan apik sêgane wuluh | myang iwake nora bêcik | kasiku sirèng Hyang Manon ||
12. dèn aemut duk Nabi Musa ngalurug | kaluwèn umate sami | nèng ara-ara duk bingung | andêdonga kangjêng nabi | minta sihira Hyang Manon ||
13. pinaringan saking ngawiyat tumurun | umate wus dèn jangjèni | yèn pinaringan sirèku | aywa nênacad sirèki | sagah sandika sakèh wong ||
14. nulya samya nadhah ngrasa nikmatipun | sawênèh ana kang angling | mung sawiji cacadipun | pêpak wak-iwakannèki | mung lalaban tan sumaos ||
15. durung tutug pamangane gya sumêmprung | rêrampadan wangsul malih | mring ngawiyat tan kadulu [ka...]
--- 34 ---
[...dulu] | yèku labaning wong pingging | sêmbrana nora rumaos ||
16. bok rijêki mutung nora bisa nusul | marma eling dèn pakeling | lamun abukti sirèku | anèng wisma dèn ladèni | mring rabinira dèn alon ||
17. aywa grusa-grusu amuluk ing sêkul | yèn tan kabênêran nênggih | barang kang dèn olah iku | kurang gurih kurang asin | têka panganên kemawon ||
18. mêngko yèn wus gonira bukti wus tuwuk | calathua dèn aririh | jangan iki kurang anu | miwah wak-iwakannèki | apa kurange ing kone |[13]|
19. besuk manèh doyanaku iwak anu | sapisan kewala uwis | kanggoa ing sajêgipun | yèn tan kabênêran malih | têka mênênga kemawon ||
20. nora bêcik wong mangan kamoran nêpsu | dhingin nir pan arannèki | mungguhing Hyang Maha Agung | ping ro suda wahnanèki | ping tri rijêkine kalong ||
21. aywa anggêgampang ing bukti tan arus | nora ta lamun pinikir | wong amangan apan iku | nora nana kêdhah-kêdhih | iku ta aja mangkono ||
22. wong amangan ugêr-ugêr dadi baku | yêkti panancanging urip | nanging dèn sawatarèku | iya aywa anjurungi | ing nêpsu luamah kang wong ||
23. yèn anjurungana ing luamah nêpsu | tan wun gêlis angêmasi | janma mati murka iku | sabarang-barang [sabarang-...]
--- 35 ---
[...barang] binukti | watake nêpsu katongton ||
24. amangana kewala têtămba lêsu | yèn bangêt lêsunirèki | ngêdhikkên ihtiyaripun | nora rosa angabêkti | kêdhik ngamale ponang wong ||
25. yèku madya sakêdhik sêdya ing kalbu | tapa salamining urip | akathah paedahipun | gampangkên saliring kapti | amadhangkên tyas sumrowong ||
26. aywa watak sêsarapan esuk-esuk | yèku mêmêtêngi ati | baliyur pakolihipun | tan apik sabarang pikir | ngaloproh areyah-reyoh ||
27. yèn akêncêng kudu druwêng gathak-gathuk | yèn kêndho muntir malintir | tan kêna kinarya baku | watêke wong warêg bukti | kudu turu anggêloso ||
28. barang karya yèn dèn lêlantèh amatuh | yèn wong angubungi buti |[14] sinuda landhêping kalbu | pak kêthul kang amarêki | mung băngsa badan kang condhong ||
29. pondhong pikul rosa kuwat garu mluku | lamun sutaning priyayi | priyayi sawanganipun | kudu nganggo băngsa ati | pikire ingkang mirantos ||
30. yèn nganggoa pikiring pikul jalêbut | lapak kuwarêgên bukti | pan dudu bubuhanipun | băngsa ati wruh ing pikir | bubuhanira wong anom ||
7. Sinom
1. tunggal warna kaping sapta | anyatakakên aguling | elinga lan kawruhana [kawruha...]
--- 36 ---
[...na] | ing sadina lan sawêngi | patlikur sangat nênggih | măngka turua sirèku | sawêngi lan sadina | sapratêlon sangat nênggih | dadya wolu sangat sawêngi sadina ||
2. sêmono yèn sira kuwat | agêng pahalanirèki | dadya kalêbu wong êkas | nora kêkathahên guling | jro kitab Insan Kamil | mungguhing Hyang Maha Agung | sabên ratri tumêdhak | lênggah mring langit dunyèki | sapratêloning wêngi kang akir ika ||
3. aywa sira salah tămpa | ing kitab amêmaoni | lah ta êndi ana Allah | maujud ngênggon sawiji | murade iku kaki | iya kang langit donyèku | ana ing sariranta | gambaring kang buwanèki | dating Suksma sumrambah mimbuhi ing rat ||
4. yèn nuju sapratigannya | ing wêngi-wêngi kang akir | satêngah ro pukul tiga | iku wêngi ingkang akir | yèn bisa sira kaki | tangia ing wêktu iku | nênêdhaa Pangeran | pangapuraning Hyang Widhi | ing sakèhe dosanira anèng dunya ||
5. myang wêktuning salat kajat | pan iya ing lingsir wêngi | wêngining malêm Jumungah | prapta wêngining kang akir | barang kajatirèki | yèn nêmên yêkti tinêmu | yèn sukci raganira | katrima tobatirèki | iya Allah tangala kang sipat rahmat ||
6. yèn turu ing wêngi sira | wêktu Subuh sira nuli | tangia asêsucia | aywa kabanjur [ka...]
--- 37 ---
[...banjur] yèn guling | srêngenge wus ainggil | maksih ngenak-enak turu | bêlubuh namanira | ngrandhatakên barang kapti | ngadohakên rahmat ngrupêkakên nalar ||
7. lamun turu ing raina | sauwising têngah ari | ing wêktu ngasar tangia | karana ta wong aguling | lamun kasorèn kongsi | jam pat jam lima nêm iku | yèn tangi tyase growah | sapratêlon sudanèki | muring-muring lir wong nginglung kanganglangan ||
8. aprasaksat wong kelangan | ngêdohkên nalar kang bêcik | nyêpakkên nalar kang ala | bawur sabarang pakarti | nyuda rahmating Widhi | dhanganing sabarang kayun | kalêbu wong pêpeka | kajabane sira kaki | kala-kala yèn nuju abangêt sayah ||
9. lan yèn bangêt arip sira | têngadur narajang kêdhik | rumêksa lungkrahing badan | yèn tan mangkana tan bêcik | lan yèn nendra ing wêngi | yèn mangalor ujuripun | miringa ngulon sira | madhêp ing keblat sayêkti | kadya ujuring wong mati nèng kaluwat ||
10. karana ta wong anendra | pan iku sanaking mati | manawa iya manawa | ana karsaning Hyang Widhi | mundhut ajalirèki | dèn apasrah ing Hyang Agung | aywa ta salah tămpa | sapa bêtah turu miring | madhêp keblat tan nganggo alih-alihan ||
11. tan mangkono ing pratingkah | mung angkatira aguling | miringa madhêp ing keblat [kebla...]
--- 38 ---
[...t] | yèn uwis suwe aguling | sapa wruh wong aguling | pan wus sasat janma lampus | yèn mangalor ujurnya | watak mintir kang rijêki | yèn mangetan watak mêdhotakên rahmat ||
12. ilang sihing pawong-sanak | yèn mangidul ulonnèki | dumadak rupak atinya | yèn mangulon ulonnèki | watake iku kaki | pan apanjang umuripun | lan aywa amrih sira | iya kapenak ing guling | sabilana tyas kang arda maring nendra ||
13. wataking wong cêgah nendra | kasinungan lêpas budi | wataking wong cêgah sêga | têguh pikantukirèki | wataking cêgah warih | tawa ing wisa wong iku | yèku yèn sira sêdya | mangkono pahalanèki | pan wong tapa tinêmu sabarang sêdya ||
14. wong guna lan wong digdaya | miwah wong dadi priyayi | padha awit saking tapa | barang pakarti kang luwih | saking tapa ingkang wit | kang sarta lan bêgjanipun | nadyan silih gunaa | sugiha dadi priyayi | yèn tan saking tapa pangluluning setan ||
15. gunaa gunaning setan | muktia muktining eblis | sêktia sêktining setan | watak sêkti saking eblis | sakêdhap angebati | tan lawas nuli ngalumpruk | jinêmparing ing cipta | ciptaning wong kang wus sidik | dene mukti kamuktèn kang saking setan ||
16. gawokakên sanalika | nutugkên kamuktèn adi |
--- 39 ---
tan lawas anuli rusak | pothar-pathir nguwir-uwir | yèn sujana bèr budi | ingkang mangkono tan ayun | pandhuk sadaya-daya | dadi gêguyoning pitik | tanggung-tanggung angur anggêbyur samodra ||
17. ywa kaya Sêtrapramukya | nguni duk dadi bupati | tumênggung ing Ngaksigănda | mung rong taun mocot nuli | tan kabdèkakên malih | ing jêngira sang aprabu | mubêng-mubêng karyanya | saba wismaning priyayi | jêjaruman golèk warta adol warta ||
18. tan wruh lamun dadi setan | ingkang mangkono pakarti | yèn budia kasujanan | ingkang mangkono tan apti | yèn tan kabdèkkên malih | myang tan katêngêran iku | ing lire katêngêran | maksih kaparingan bukti | lamun ora mangkono yêkti ngibadah ||
19. ana ing wisma kewala | anêtêpi pangabêkti | madhêp ing Hyang Kang Misesa | sukur anarimèng Widhi | tan bisa mangan ya wis | mati tan bukti gih sampun | trusna ing takdirollah | aywa nistha ing ngaurip | ing laire tan ngucêmakên nagara ||
20. dene wau wong aguna | aguna saka ing eblis | sabarang kang kapintêran | iya lamun saking eblis | dhêmên ngungkul-ungkuli | para bantah para padu | padudon rêbut basa | ngêgungkên kawignyannèki | mrih tinuta têkabur buru alêman ||
21. bandhane mung patang uwang | anyulap nganyang sêmbagi | kang
--- 40 ---
arêga limang reyal | sinungkên panganyangnèki | dhuwit dèn sêmayani | praptaning don ora antuk | ngupaya limang reyal | mubêng kalamun tinagih | lami-lami kawadaka yèn wong ala ||
22. mangkono ingkang upama | kapintêran saking eblis | pangrasane wus utama | olih wahyuning Hyang Widhi | tan wruh wahyuning eblis | nora tabêri gêguru | têtakon ing sujana | têtakon angrasa isin | kumandêl ing setan kurang anoraga ||
23. tunggal warna kaping sapta | anyatakkên yèn lumaris | yèn lumaku saking wisma | aja tanpa sêja kaki | karêpe maring ngêndi | ing kono pêlêngên kalbu | lamun wiwit lumampah | amacaa bismillahi | yèn tan ngucap aywa lali batinira ||
24. dèn kapara tumungkula | iya kalamun lumaris | rêksanên ta netranira | iya aja nêningali | lan aja nolah-nolih | lamun sira andêdulu | mandhêga lakunira | wong lumaku nolah-nolih | nêningali ajur tyase ting sarêmpal ||
25. lan ywa ngangên-angên sira | ing pikir kang ora bêcik | ing sajroning lakunira | muhung pasraha ing Widhi | yèn lali ing lumaris | apêse sira kasandhung | lamun ora mangkana | lakunira tan pakolih | praptèng paran tan kacukup sêdyanira ||
26. lamun sira anèng wisma | aywa ngadêg têngah kori | sarwi agandhulan [aga...]
--- 41 ---
[...ndhulan] lawang | iku sirikên tan bêcik | alane maratani | mring têtăngga rong panyêluk | watêk kêrêp kelangan | lan aywa amalang kêrik | anèng têngah lawang ngadohakên bêgja ||
27. yèn alungguh anèng wisma | aywa săngga-uwang kaki | tan bêcik watak sêdhihan | lawan aywa èdhèg sikil | tuman iku tan bêcik | ngilangkên jatmikèng kalbu | wong ngilangkên jatmika | nyuda adhêping Hyang Widhi | wong anyuda adhêpe maring Pangeran ||
28. sinuda kayuwanannya | wong nyuda yuwananèki | siya-siya maring badan | kabudayan datan dadi | kabèh iku dèn eling | wêwalêr kang ora patut | amatuh kapitayan | manungsa akêrêp lali | lêlewane kalawun-lawun kaluwak ||
8. Pocung
1. gantya wau wuwusên warna ping wolu | dèn akurmat sira | mring têtamu ingkang prapti | ingkang aran têtamu dipun waspada ||
2. anak putu kănca miwah têtanggamu | iku pan satêngah | iya tamu dudu tami | ora ewuh kurmatira pan wus ngadat ||
3. sêsuguhmu yèn ana suguhên iku | lamun ora ana | aja ngênakakên kaki | mung dèn bêcik kurmat lan pitêmbungira ||
4. aywa asung sungkawa tyasing têtamu | nanging iya aywa | kadurus ambêk sudarmi | mring têtamu wataranên sariranta ||
5. ywa katungkul kurmat bêcik ing têtamu |
--- 42 ---
myang ing pawongmitra | yèn sira lumakyèng kardi | ngrêregoni pakaryanirèng suwita ||
6. akèh tamu pawongmitra kang tan maklum | mung karêpe dhadhak | katêkan amrih pakolih | sayahing wong suwita nora dèn etang ||
7. marma dipun bisaa matarèng kayun | tinêmon lan ora | apa pantês durakani | ana pantês tan duraka yèn tinulak ||
8. nanging lamun ana asaling têtamu | saking katêbihan | măncapat lan liyan nagri | yèku pêrlokêna lawan kurmatana ||
9. sunggatamu ywa kurang mring tamu iku | yèn tan darbe sira | utang sêlanga tumuli | nadyan gadhèkake wêdhung lakonana ||
10. ingkang iku pan wus ngadat wus kalaku | sagunging wong Jawa | kang micara pra priyayi | nanging kêmba lamun ora winuwusa ||
11. supayèmut kinarya pangemut-emut | watake wong mudha | sugih lali tuna budi | andaleya sungkanan sok ngarah apa ||
12. basa iku iya ana kalanipun | pantês lawan ora | yèn nuju pantas[15] măngsèki | ngarah apa iku pêrlu yèn kanggoa ||
13. buru cukup wong ahli nas-nasing kalbu | yèn tan nganggo ngênas | kalorehan barang kardi | dèn antèni wong kaluwèn nora kêna ||
14. têgêsipun basa ngarah apa iku | pan atinggal sunat | pêrlu kewala ginati [gi...]
--- 43 ---
[...nati] | amrih gita gagat paguting pratingkah ||
15. yèn anuju wong gêdhe kang mara tamu | angungkuli sira | dèn bêcik kurmatirèki | pamapagmu kiranên lawan dêduga ||
16. yèn wus lungguh lungguhira dèn adêkung | tangan ngapurancang | têmbungira dèn aririh | dèn angarah-arah aywa sumambrana ||
17. konduripun ngatêrna kadya duk raruh |[16] ing pamapagira | lamun tamuan sirèki | pra ngulama myang janma kang luwih tuwa ||
18. tuwa kang wus wicaksana ambêk sadu | gungêna ing kurmat | kaya kang wus kocap dhingin | yèn tamuan wong tuwa kang tan micara ||
19. iya amung tuwa-tuwa umuripun | wataranên uga | kurmatira dèn nastiti | aywa sira padha lan para sujana ||
20. tuwa iku rong prakara aywa limut | ana tuwa ingkang | tuwa majaji makiki | tuwa majat mung tuwa umur kewala ||
21. tuwa ngumur kakikine anom tuhu | sanadyan anoma | yèn ngulama myang bèr budi | myang sujana kakikine iku tuwa ||
22. yèn têtamu sanak pêkir kang jêjaluk | enakana ing tyas | nuli wèhana tumuli | yèn tan duwe dèn amanis têmbungira ||
23. lilanipun jalukên dèn têkèng kalbu | pan samayanana | lamun duwe besuk maning | ing samăngsa-mangsane konên balia ||
24. dadinipun tan mêgatkên rahmatipun [rahmatipu...]
--- 44 ---
[...n] | rahmating Hyang Suksma | yèn rumăngsaa sirèki | darbèkira pribadi dadi wong angas ||
25. lan têkabur satêmah sira kasiku | siku kabatinan | iya dudu siku lair | padha uga lair lawan kabatinan ||
26. yèn sirèku tamuan kongkonanipun | sanak pawong-sanak | myang kănca miwah priyayi | myang wong gêdhe-gêdhe myang para bandara ||
27. dèn aemut ing caraka urmatipun | dutèku pan padha | lan kang anduta upami | duga-duga gêdhe ciliking caraka ||
28. dèn atanduk anggêpên sajroning kalbu | padha lan kang duta | lire mangkana ta kaki | dèn angati-ati dènira angucap ||
29. kang saèstu lir ngucap lawan kang ngutus | manawa ing mangkya | ature lan kang anuding | kêkurangan miwah gèsèhing wicara ||
30. sêlang-surup marma dèn awas dèn emut | ing wêwêkasira | sorana ing wuwus kêdhik | dimèn tyase rêsêp ing wêwêkasira ||
31. dèn angugung mring caraka aywa nêpsu | sanadyan dinuta | mring sira kang tan prayogi | duta darma nora milu paran-paran ||
32. yèn arêngu sira marang carakèku | bok wêwadul marang | kang angutus akèh kêdhik | karya rêngat amêcahkên pawongmitra ||
33. aywa umung amêmêkas mring dutèku | manawa akathah | pangrungune sêlang titih [ti...]
--- 45 ---
[...tih] | kanan kering yèn angucap kawruhana ||
34. aywa puguh sok anggêgampang ing wuwus | dèn waskithèng tingkah | dèn agêmi ing wêwadi | marang duta aywa kongsi kawadaka ||
35. manawèku duta kurang budinipun | lan wong watak dora | amuwuhi ing wêwêling | salin sambut tan bisa karya sarkara ||
9. Dhandhanggula
1. nahan kaping astha kang gumanti | warna kaping sanga kang pangucap | aywa sok mêtua bae | myang wêktuning kang rêmbug | rêrimbagan sabarang pikir | kang dhingin singgahana | pangucap têkabur | ujubriya lan sumungah | padha bae ana lawananirèki | lawan ngucap priyăngga ||
2. liring kibir gumêdhe ing dhiri | pangrasane ngungkuli ngakathah | sarwa kaduga barang rèh | sumugih gumunnèku | sapa sira lan sapa mami | êdak ladak kumêthak | kêthaha mring sanggup | gêdhèkakên kawibawan | salin-salin sumalin tingkahing mukti | mring rowa abirawa ||
3. liring riya lumaku tinut ing | dèn alêma samining tumitah | ing sabarang pratingkahe | datan simpên asamun | mèdhèng-mèdhèng mrih dèn tingali | ingkang tumingal samya | ngalêma ing kalbu | ingkang ujub têgêsira | pan malaku ginawokan barang kardi | tingkah rèh kalêwihan ||
4. ingkang sumungah têgêse singgih | lumaku rinungua ing liyan | ing sabarang pratingkahe | mrih entar [e...]
--- 46 ---
[...ntar] ngantarèku | maluyaa swara dumêling | myang kang swara èng polah | wipala pinulung | mring pêpasang karya sêmang | samangsane atiba têbane têbih | tambah akasub ing rat ||
5. wong kang asring-asring ngucap kibir | ujubriya sumungah adhangah | lah iya apa japane | tan nêmu abêbêndu | rênguning Hyang Kang Maha Suksci | yèn kabanjur kadawan | ambabar têkabur | ora tinututan tobat | ing Hyang Suksma supayane iku olih | ngapura sawatara ||
6. aywa mangkana sira ngaurip | ngarêp-arêpa rèh kautaman | katamana waluyane | lumayana ring ayu | ngayumana yumanèng janmi | janma pan sama-sama | sumimpanga mring dur | durniminta durtaning rat | dur laksana anir lêksanatèng aksi | ngaksama sêmuning rat ||
7. kaping kalih aywa sira angling | luwih ing kat awêngis sru angas | yèn tan lawan prayogane | pangucap wêngis iku | ngumbar nêpsu kaworan eblis | ping tri sira rêksaa | ing lesanirèku | saking pangucap druhaka | êndi lire pangucap kang durakani | ngrasani alaning lyan ||
8. alane dhewe nora udani | wong ngrasani alaning sasama | pan ginendhongan dosane | apa paedahipun | gendhong dosanira pribadi | buh kêlar êmbuh ora | dadak jaluk imbuh | kaping pat sira rêksaa |
--- 47 ---
lesanira angucap dora sakalir | tuman bok dadi watak ||
9. watak dora mêmêtêngi ati | nora kêna sira andêlêna | doranira pakolihe | wong pêtêng atinipun | upama jro wismanirèki | pêtêng kapatèn diyan | apa bêcikipun | sabarang kang sira alap | jroning wisma kagagapan nora odhil | dhadhal rijêkinira ||
10. mêsat darajatira sumingkir | ana kèri amung kêkrewekan | drajating wong ceremende | dudu dêrajat luhung | ing lair wus dèn orak-arik | dumadya calawênthah | sring mothah anguthuh | angathahakên paekan | angangkani ora ana pinangkaning | kaonang nir apraya ||
11. kaping lima rêksanên ta kaki | lesanira saking ing pangucap | anênacad ing liyane | amêmaoni wuwus | tan was-uwas pitayèng ati | wong maoni nênacad | yèn ta durung putus | tatas sandining dwi astha | aywa age anênacad mêmaoni | tan wun sira sinungan ||
12. ing pamêlèh dènira Hyang Widhi | kaping nême rêksanên lesanta | angucap kang tanpa gawe | gêguyon amêmisuh | acarita kang tanpa asil | kang adoh lan ngibarat | muwus tanpa usul | emanên kagunanira | ing pangucap yèn mungguh wong ahli ngèlmi | angêdohkên panêmbah ||
13. yèn wong ahlul alumakyèng kardi | tuna [tu...]
--- 48 ---
[...na] luhung micorèng pakaryan | supaya na paedahe | ping pitu aywa muwus | rêksanên ta lesanirèki | pangucap sêsêmbranan | wong sêmbranèng wuwus | ngilangakên kajatmikan | lan angrusak ing tapabratanirèki | yèn ilang jatmikanya ||
14. suda ajinira ing ngaurip | lamun rusak tapabratanira | cinupêt barang sêdyane | yèn cinupêt wong iku | ing sabarang sêdyanirèki | tininggal mring ki bêgja | ki cilaka maju | mrêpêki ing sariranta | dadya nora kêna ing pêpeka kaki | weya lena tan kêna ||
15. ki cilaka ing raina wêngi | anuguri ing sariranira | iya pira bêtahane | manungsèku satuhu | goning lali lena tan titi | yèn wis kalimpe sira | ki cilaka nêmpuh | rumasuk ing sariranta | nora kuwat sariranta anyabili | ing kono pirabara ||
16. anêmua basukining urip | marma kaki aywa sumambrana | ngaurip akèh ewuhe | gumantya ing pirêmbug | wêtuning ngling dènira gusthi | yèn sira rêrêmbugan | lan sanak sadulur | êndi kang kaprênah tuwa | iya aja sira wani andhingini | wêtuning pikirira ||
17. sumanggakna sêgalaning pikir | mangkya yèn wus kang tuwa kewuhan | anuduh marang kang anèm | kinon samya arêmbug | lah pikirên ingkang prayogi | yèn katêmu tyasira | aywa sira pugut | amantêsi [a...]
--- 49 ---
[...mantêsi] pikirira | iku malih sumanggakna dèn aririh | mring kadangira tuwa ||
18. yèn wus sarèh êndi kang pinilih | ngèstokêna mangayubagyaa | yèn wus patitis bênêre | sèndhèkna ing Hyang Agung | tumindake mau kang pikir | aywa ta kabêrangas | angas mamor nêpsu | ing kono pan pambegalan | angas nêpsu tinuntunan marang eblis | murungkên kabêcikan ||
19. bêcik iku nugrahaning Widhi | wus karyane nêpsu lawan setan | murungkên kabêcikane | kalangkung dening lêmbut | pangarahe risang ibêlis | mulêt ing nêpsunira | ing upamanipun | ana pikir wus prayoga | bênêr bêning tan atilar dalil kadis | ijêmak lawan kiyas ||
20. trus tatane ing yudanagari | suprandene wurung tan kalakyan | iya iku pambegale | tyas kerut têmah limut | angubungi nêpsu tan yukti | marma sabarang tindak | yèn uwis panuju | dèn enggal laksanakêna | yèn wus lumaksana aywa sira gipih | ing kono sabarêna ||
21. dadya bêning sira angèngèhi | mau pasrahira ing Hyang Suksma | kang supaya ing dadine | dadia iribipun | golongane kang wahyu jati | wahyu kapi kawuntat | yèn uwis katêmu | tumindak lan kadadian | pikirira wus nikmat sira lakoni | kono sira tobata [toba...]
--- 50 ---
[...ta] ||
22. ing Hyang Suksma lan sukura malih | de ta nandhang ing nikmat manpangat | pan mangkone pratikêle | yèku gonira nutup | lawang kutha katur ring Widhi | widagdèng padandanan | jro kutha barukut | lawan malih lamun sira | pirêmbugan lan wong liya kang ngungkuli | marang ing jênêngira ||
23. ing tuwane myang lungguhirèki | dèn prayitna sira kawruhana | pikir liyanta wêtune | apa ta iya iku | saking nêpsu myang saking eblis | apa ta saking Kawa | apa wêtunipun | iya saking Nabi Adam | apa mêtu saking malekat kang pikir | wawasên dèn waskitha ||
24. lamun saking nêpsu saking eblis | saking Kawa iku padha ala | angèl dadia bêcike | aywa ta sira anut | pikiring lyan kang ala katri | beda kalawan kadang | tuwa sugih maklum | pantês lamun linabuhan | pan wong liya yèn kapêngkok dadi mukir | tan makam ing kaarjan ||
25. beda kang wus sampurna ing budi | wicaksana aparamartèng rat | sanadyan silih nêpsune | saking ala têtêlu | Kawa nêpsu kalawan eblis | bisa dadèkkên arja | bêcike tinêmu | nanging ta kang boya-boya | jaman mangkya arang kang mangkana kaki | marma memut ywa lupa ||
26. lamun saking Adam lawan saking | malaekat wêtune kang rêmbag | karo pan padha bêcike | anuta [a...]
--- 51 ---
[...nuta] sirèng rêmbug | mau ing lyan dipun nastiti | wêtokna pikirira | kang bênêr panuju | dèn prapta sampekandaya | prajangjian abipraya sabayanting | têmah ing sama-sama ||
27. miwah lamun pikiran sirèki | pakumpulan lan janma akathah | ywa andhingini wuwuse | antinên ta sawêgung | siji-siji wêtuning pikir | aywa mêdhot wikalpa | aywa ngêndhak wuwus | aywa mancah pintêring lyan | wong pikiran ala bêcik yêkti mijil | bênêr luput gumêlar ||
28. kadyanggane iwak kang sumaji | rêrampadan sadaya sarwa na | pilihana saanane | iwak ingkang kadulu | êndi ingkang enak binukti | sambêlan lan lalaban | kang munggèng ing ngayun | ana ta iwak kang enak | kinyih-kinyih nanging bakal malarati | aywa kapencut sira ||
29. wataranên kang tan anglarani | iwak-iwak sambêl lan lalaban | gêgudhangan saanane | kadya upamanipun | gudhang êbung lan gudhang kunci | padha-padha kang gudhang | lamun gudhang êbung | enak nanging tan paedah | lamun gudhang kunci enak maedahi | angêt maring padharan ||
30. padha-padha sêga kang awarni | sêga liwêt lan kêbuli sêga | sanadyan padha enake | kari manpangatipun | yêkti pedah sêga kêbuli | anggi-anggi winoran | sanadyan kaladuk | pamangane tan ngapaa | pan mangkono nalirahe
--- 52 ---
ngamèk kasil | salsilahing wacana ||
31. aywa ngumpêt ing pikir tan mosik | liring ngumpêt yèn ing pasamuan | wus rêmbug saniskarane | yèn wus bubaran iku | mêtokakên pikir pribadi | kumèdhêp mrih tinuta | iku ora arus | duraka tan olih arja | lan maninge yèn sira tinari wikir |[17] marang ing gustinira ||
32. umatura sakawruhirèki | sapanêmunira dèn anêlas | nganti miwah ondhe-ondhe | yèku kajawinipun | iya saking karsaning gusti | yèn gustinira arsa | pikir ingkang nêmpuh | sanadyan tumibèng nistha | tumurunga milya anut anglabuhi | aywa mèngèng ing cipta ||
33. yèku dudu pasuwitan kaki | pan sayêktining wong asuwita | ingkang mangkono pikire | pikir suwitan iku | wêtune ta ngeman ing gusti | amung buru alêman | anjurung kumlungkung | dene kang tuhu suwita | sarananing driya kang dadya kuwatir | katur sumanggèng karsa ||
34. lamun sira amikir pribadi | liring pribadi nora kawêdal | iya marang ing liyane | muhunga mring Hyang Agung | miwah marang jêngira nabi | duta sumarahêna | lawan aywa limut | panêngêran kang lêlima | ingkang uwis iya kawuwusa wuri | warananing paningal ||
35. yèn wus dadi pikirira ngati | kang awêning wênang lumaksana | tumindak kalawan sarèh |
--- 53 ---
anênuju ing kayun | pamrih sêla-sêlaning kapti | myang ananing sasmita | ing Hyang lir pituduh | dèn kumambang ing wisesa | aywa ewuh tămpa wahananing wangsit | wasitaning taruna ||
10. Sinom
1. nêngêna warna ping sanga | kaping sadasa gumanti | hèh sanggyaning suta wayah | lamun tinitah sirèki | gêdhe kalawan cilik | ing tata aywa kaliru | aywa sira ngrêsula | yèn tinitah dadya cilik | bêkêl desa saguna satata gêna ||
2. satau kang kaping tiga | liring sagunaning tani | apa kang dadi busana | pêraboting among tani | garu waluku nênggih | arit pecok lawan pacul | myang wangkil pamatunan | wadung pêthèl lawan kudhi | kêbo sapi kabèh iku pêrlokêna ||
3. yèn pêpak dandananira | dadya sarêgêp sêsabin | anênandur sasaminya | aywa kêsèd dèn tabêri | rina kalawan wêngi | mikira gonmu nênandur | pala gumantung miwah | kasimpar kapêndhêm sami | yèn kamêton sagung têtanduranira ||
4. sira asebaa marang | yèn ana ingkang prayogi | turna mring bêndaranira | rumăngsaa brêkatnèki | yèn mungguh wong ngabêkti | yèku măngka sunatipun | pajêgira kang măngka | pêrluning wong angabêkti | yèn wus măngsa pajêg aywa apêpeka ||
5. aywa watak kathetheran | apa ingkang dadi jangji | ing patine takêr [ta...]
--- 54 ---
[...kêr] têdhan | miwah yèn ginawe urip | lamun urip ta kaki | yèn pinundhutan sirèku | iya ing takêr têdhan | aja sira mêmadoni | yèn tan kuwat luhung sumanggakna sawah ||
6. aja sêrik aja êsak | yèn kapundhut ponang sabin | yèn kongsia wawan-wawan | anglawan mogok ngukuhi | dadya dudu wong bêcik | wong ala bajingan gêndhu | ing têmbe iya dadya | têtampikaning priyayi | dadya nora wêlas ing sariranira ||
7. têgêse ingkang satata | satataning wong kang tani | wong kang dadya bêkêl desa | dèn barukut dèn tarêtip | sira gawea masjid | sandhingêna toyanipun | santrine pancènana | ing sawah sapantêsnèki | jakat pitrah srahêna ywa milu ngalap ||
8. lawan karyaa kêbayan | kang rosa kang aja nyêrit | lamun sira têtamuan | priyayi dèn rikat yêkti | pasugatanirèki | di bêcik rumêksanipun | marma parlu akarya | ing kabayan kang abêcik | supayane rumat barang karyanira ||
9. akaryaa pagêr jaba | kêlakah dhêdhapuran pring | aywa sok angrusak karang | nyarangkên padesan kaki | pagêr wismanirèki | sapatute dèn akukuh | ya manawa tamuan | kandhêg kampiran sirèki | ing sadina sawêngi wajib rumêksa ||
10. ing satau ya têgêsnya | ing wong pêpadesan ugi [u...]
--- 55 ---
[...gi] | apa adak[18] kang kalampah | măncapat măncalimèki | pêpagêrane sami | myang arahaning gêgunung | dèn lastari tumindak | ywa karya adat pribadi | yèn wus lumrahing wong măncapat lêlima ||
11. anggonên aywa anjêlag | lawan aja sira apti | ing kêmpakaning[19] durjana | pakaranganira kaki | angrèhakên wong cilik | prihên aja na laku dur | kawruhana lakunya | titikên dèn apratitis | yèn culika enggal sira tobatêna ||
12. yèn tan marèni karyanya | saksèkna măncapat nuli | tundhungên saking ing desa | aywa kongsi nglêlèpèti | marma dèn wanti-wanti | mrih bêcik lakuning batur | lan malih lamun sira | kuwat ngadêgakên masjid | jumungahe iku sira adêgêna ||
13. atagên sabên Jumungah | padha salata mring masjid | lamun akèh kang ngibadah | kêdhik kang panggawe juti | botohan nyêrèt sami | dèn bangêt walêrirèku | rong prakara iku ya | cêcaloning dadya maling | ing wong cilik mèh kêna dèn pasthèkêna ||
14. wite dadi kêmlaratan | banjure dadya mêmaling | kayangapa yèn kêmbaa | ênggonira angawruhi | pakartining wong cilik | myang kang dadi kasabipun | nêmêne anggaota | kang dadi wêtuning bukti | kang ngêdohkên maring ati kadurjanan ||
15. kalamun tinitah sira [si...]
--- 56 ---
[...ra] | angabdi jroning nagari | dèn tabêria sewaka | yèn durung pinaring sabin | aywa sira angincih | mrih balêndhunging kang wadhuk | pandhuk sadaya-daya | yèn ta durung potang kardi | tekadêna awisma nèng pasewakan ||
16. asorêna kulanira | mring sasaminira ngabdi | mètên wêwulange samya | kang bêcik anggonên ugi | karana wong angabdi | kadulu ing tindak-tanduk | dèn bisaa suwita | mring kang angrèhkên sirèki | lurah bêkêl miwah mring wadananira ||
17. aywa ing lair kewala | dèn têrup[20] tumêkèng batin | yèn nora têrusa ing tyas | mukir titahing Hyang Widhi | dèn kumandêl ing Widhi | Gusti iku pan satuhu | Gustining wong akathah | kinarya badaling Widhi | kang amêsthi adil paramartèng wadya ||
18. liring adil paramarta | bênêr angapurèng dasih | anglèbèri pamêngkunya | marma sagung wong andasih | satata dèn tabêri | mèt tyasing kănca dèn atul | sêdyakna apuranta | ingkang durung lan kang uwis | lamun ana kaluputane mring sira ||
19. besuk dadya sira potang | motangkên panggawe bêcik | winalês dera Hyang Suksma | lawan aywa sira amrih | pêpelesedan angling | sring anyatur alanipun | kănca ingkang sungkanan | sring towong pakaryannèki | aywa irèn ing karya anasabana ||
20. yèn kancanira amanggya |
--- 57 ---
iya dêdukaning gusti | milua angungun sira | sakêdhik dèn amrihatin | ingkang mangkono uwis | karuhan ing takdiripun | balik kang durung iya | durung karuhan sayêkti | anganggoa ing tekad têpa-salira ||
21. dadya ora ala sira | ing sama-samaning abdi | ya padha rêksa-rumêksa | ing lair tumêkèng batin | kănca iku sayêkti | pan wus prasasat sadulur | ingkang kaprênah tuwa | kurmatira dipun kadi | kurmat marang sanak wong tuwa priyăngga ||
22. dhasar tuwa dhasar dadya | lurah wadananirèki | iku wênang sinêmbaha | wajibing sinêmbah kaki | ingkang dhingin narpati | kapindhone bapa biyung | kaping tri maratuwa | maratuwa jalu èstri | ping sakawan guru pan wajib sinêmbah ||
23. kaping lima kadang tuwa | dene ingkang pra dipati | marmane wênang sinêmbah | dene wakiling narpati | sagunging para mantri | wênang nêmbah mring tumênggung | tumênggung wênang nêmbah | marang jênênging pêpatih | patih wênang nêmbah mring santanèng nata ||
24. para pandhita sinêmbah | saking guru dènnya ngirib | sadaya amawa pangkat | gêgolonganing ngabêkti | têrus saking ing dalil | pangandikaning Hyang Agung | kabèh padha nêmbaha | iya marang ing Hyang Widhi | lan nêmbaha marang utusaning Allah ||
25. lan nêmbaha sira padha | iya mring kang anduwèni | parentah saking ing sira | têgêse iku [i...]
--- 58 ---
[...ku] narpati | pêpatih pra dipati | yèku mirid saking ratu | wakil nyêkêl parentah | marma aywa sak ing galih | ing panêmbah têrus saking dalil pisan ||
26. yèn wus amriyayi sira | nganggoa kawan prakawis | bêbudèn aywa tinilar | kang dhingin budi priyayi | ping kalih budi santri | budi sudagar ping têlu | budi tani kaping pat | liring kang budi priyayi | tatakrama unggah-ungguh ing wicara ||
27. tan nganggo sawiyah-wiyah | busana sapantêsnèki | kapara murah ing boga | prawira wêweka titi | tanduk ngenaki ati | bisa mrih rèh sabayantu | nora wêdi kelangan | amiguna ing bèr budi | kabudayan ing tanduk parama cipta ||
28. budining santri winarna | kudu rêsik kudu suci | ngakèhkên karana Allah | sukuran pratingkahnèki | mangkona bae ya wis | mêngkono bae ya sukur | ngêdhikkên kalorehan | dene ta budining tani | têmên wêkêl abot ènthèng wus karyanya ||
29. irèn dahwèn nora watak | tan mêthingkrak tan mêthingkrik | mantêp têmên linabuhan | tingkah kang wus dèn lakoni | mêmbat mêntul tan bangkit | kamandaka nora putus | dene budi sudagar | petung sabarang pakarti | agêmi tur nastiti ngeman ing lampah ||
30. riningkês catur prakara | bêbudèn dadi sawiji | tatanira aja tilar | iya tataning priyayi | rêsikira [rêsiki...]
--- 59 ---
[...ra] dèn kadi | santri sukuran tyasipun | têmênira dèn kadya | iya têmêning wong tani | petungira dèn kadi petung sudagar ||
31. ngetunga sabarang karya | iya kang datanpa kasil | aywa tuna barang karya | yèn tuna sabarang kardi | tan wêlas sarirèki | kang mangkono yèn kabanjur | golongan nganiaya | marang awake pribadi | ing mêngkono ngrêsula akudhandhangan ||
11. Dhandhanggula
1. barang karya dèn waspadèng uwit | lan wêwêkas iku kang kinarya | anêngahi prayogane | kadya ta sirandulu | ing sêsotya nawa rêtna di | awit kapengin sira | ing tyas kudu-kudu | têngahana ing prayoga | wêkasane yèn tan kadugi ing rêgi | têmah karya malarat ||
2. yèku aywa nuruti saking wit | aywa kongsi tumêkèng wêkasan | tulakên tan prayogane | nadyan rêmên kalangkung | kang warna di tur rajapèni | pinrayogèng wêkasan | kalamun ta durung | sampe samipaning karsa | kasangsara anggêgawa wuwuh pingging | ginggangkên pasuwitan ||
3. wiwit iku akathah kang bêcik | sabarang kang saking karsanira | saking hawa panarike | nanging arang kang emut | wêkasane nora pinikir | ana kang wiwit ala | bêcik têmahipun | wit bêcik atêmah ala | awit nisthi[21] atêmah dadi utami | utama dadi nistha ||
4. awit bêcik wêkasan [wê...]
--- 60 ---
[...kasan] tan bêcik | karsa mirungga atilar ngadat | kang wus kalakon bêcike | saking pangrasanipun | amuwuhi ing dat kang bêcik | kasor kaworan arda | kudu wuwuh-wuwuh | yèn arda binanjurêna | wêkasane tan wurung ala pinanggih | balasak dadi rusak ||
5. wiwit nistha awêkasan bêcik | nguni jênêngira Sèh Malaya | saking ing ala purwane | mèt karya-karyanipun | ing sawiji dina marêngi | ingkang dèn ambil karya | nuju Jêng Sinuhun | ing Benang dadya waspada | yèn kang ngambil karya ing trah wong abêcik | pinurih rahayua ||
6. anut ing pangandikanirèki | Sunan Benang wau kang ambegal | dadya umanjing sabate | miturut ing satuduh | nadyan silih tumêkèng pati | lami-lami dumadya | kang mèt karya wau | sawusira jinatenan | sarta bantêr tapane tan uwis-uwis | dumadi aulia ||
7. anama Sèh Malaya linuwih | ya Sèh Malaya iku Suhunan | ing Kalijaga wastane | marmanta dèn aemut | yèn purwaning tingkah tan bêcik | tobata ing Hyang Suksma | sarta tapanipun | dèn sru tapa mati raga | kaya ana pangapuraning Hyang Widhi | pan Allah sipat rahman ||
8. anuruti panuwuning dasih | asih marang manungsa kang tobat | yèn dèrèng tutup lawange | lawange tobat iku | iya lamun [lamu...]
--- 61 ---
[...n] durung ngêmasi | pan masih kêna mênga | tobate umangsuk | kang satêngah ana ngucap | pangucape wong wis ala iya uwis | aja tanggung alanya ||
9. bêgja kana kang anêmu bêcik | bêgja kene kang anêmu arja | ingkang mangkono yêktine | pan wus kêna dhinadhung | ing arahanira sang eblis | kaworan nêpsu hawa | binawur linantur | mangah-mangah amrangangah | pangrasane isin mundura sanyari | ing sujanma utama ||
10. tan narima ing asor myang inggil | nora nana jênênging kawula | ingkang unggul salawase | amêsthi asor unggul | kalampahan jamaning urip | wit saking Nabi Adam | unggule tan banjur | nganggo asor ing têngahan | lajêng tobat analăngsa siyang ratri | subrata mati raga ||
11. lami-lami anulya antuk sih | pangapuranira Hyang Wisesa | pan mêngkono sabanjure | pra nabi para ratu | para wali myang para mukmin | yèn maksih muring kathah | maksih badhog sêkul | asor unggul kalampahan | awit luhur yèn atêngah andhapnèki | yèn narima sru tobat ||
12. winangsulkên marang luhur malih | kang satêngah abangêt ngrêsula | ngunêg-unêg ing driyane | ya talah Hyang Kang Agung | gawe titah kaya wak mami | bangêt têmên bineda | lan kae si anu | satêngah anèng ratunya | kang satêngah
--- 62 ---
lêlurah bêkêlirèki | satêngah wong tuwanya ||
13. kang dèn unêg-unêg jroning ati | malah ana satêngah kawêdal | murang-muring pangucape | nora wruh awakipun | pribadi kang akarya nisthip | myang kang akarya arja | kurang tapanipun | lan kurang panêdhanira | ring Hyang Suksma panêdhèku kudu mawi | ngrêsiki badanira ||
14. rêsike lan tobat ing Hyang Widhi | dapak-dapak ing mêngko katrimah | iya mau panêdhane | yèn wus motangkên wau | mring Hyang Suksma dene ing lair | yèn wus motangkên karya | marang ing ratumu | myang ing lurah bêkêlira | atabêri nyakubakên barang kardi | karya agal lan lêmbat ||
15. yèn wus antuk nugrahaning Widhi | kang amarga saking ratunira | awit saking sih mulane | ing kono dèn aemut | dèn anganggo boboting sabin | pira pamêtunira | anganggoa petung | gêmèni nugrahaning Hyang | lan gêmèni iya pêparinging gusti | supaya mrih panjanga ||
16. ciptanên sangunira angabdi | kacagaka sabarang pakaryan | busana mara sebane | sumêdyaa ing tuwuh | angurangi sajêge urip | aywa ngêgungkên raga | kêrêp jibar-jibur | ka[22] mangkono dadya watak | angèthèrkên gonira lumakwèng kardi | kadadak adol ladak ||
17. yèn tinitah sira dadi mantri | mapan ana adat kalampahan |
--- 63 ---
para mantri pakaryane | basa mantri liripun | linuwih ing tigang prakawis | nistha madya utama | ya pangiwanipun | Janaloka Ngendraloka | Guruloka tigang gon iku yèn mantri | sayêktine waskitha ||
18. Janaloka ya madyapadèki | gon manungsa ya ing Ngendraloka | Batharendra karatone | ing Guruloka iku | kadhatone Sang Hyang Pramèsthi | ing tri iku uninga | tatakramanipun | pakaryane ing manungsa | siji-siji kang ala lawan kang bêcik | nistha lawan utama ||
19. wruh ing Ngendraloka têgêsnèki | wruh tataning panêmbahing dewa | ingkang sawiji-wijine | barang ing lakunipun | Ngendraloka mantri udani | kaping tri Guruloka | mantri yêkti wêruh | sêmbah mring Hyang Girinata | salakune sapratingkah pan udani | dene panêngênira ||
20. wruh sarengat lan tarekatnèki | tri kakekat mantri pan waskitha | ing kono apan ênggone | nistha madyatamèku | tatakrama yudanagari | laku myang kasampurnan | wêkasing tumuwuh | lan malih waspadèng tindak | ing lakuning nabi wali lawan mukmin | ing pangkate katiga ||
21. lamun tinitah mantri bupati | pan bupati sipating narendra | ing praja wus bubuhane | bênêr kalawan luput | nistha madya lawan utami | lamun ana prakara |
--- 64 ---
kang tiba nisthèku | bupati mèh kawajiban | ngambêngana sukêr gampanging nagari | punggawa kang angrêmbat ||
22. nora gampang wong dadya bupati | lair batin ing bote katêmpah | asor ungguling prajane | aywa pijêr katungkul | kawibawan kasukan tuwin | jaga-jaga ing yitna | aywa enak turu | ingkang dhingin samêktaa | acêcadhang ing karsa sri narapati | ping kalih samêktaa ||
23. jaga yitna aliyan nagari | pikir lêpas amrih karaharjan | barang kang dadya sababe | ing wêweka dèn putus | tatasêna sandining wèsthi | yèn ana pasuwalan | ing rèh kang rinêmbug | aywa kongsi tibèng nistha | yèn wus rêmbug kêncêng sabayantu pikir | enggal laksananana ||
24. yèn arandhat ngêndhe-êndhe pikir | bok kasêlak meda manggih baya | nglênthar kapiran ngêthèthèr | tumpa-tumpa katumpuk | kawalêdan gunggunging pikir | jroning sumur upama | lawas tan tinawu | baladhêr walêd mèh kêbak | yèn dhinudhah rinêsikan angèl ugi | larahan wus akathah ||
25. ana êduk sujèn lawan bêling | angèl kangelan yèn pinarusa | manawa kêna ing sujèn | kathah drigamanipun | yèn tan lawan nugrahèng Widhi | kang ngêningkên istiyar | mung kang ngayun-ayun | wahyu kang saking Hyang Suksma | angèn tuduhing kêdhap kilat manawi | bisa nitih anumpang ||
26. nadyan silih [si...]
--- 65 ---
[...lih] bisaa anitih | ing prakara budhaling walêdan | maksih kaworan panggawe | awit mirungga iku | nora kadya kalaning nguni | upama bêras wutah | saking wadhahipun | winangsulkên kinukuban | arang ingkang mulih takêre ing nguni | ngungun angunandika ||
27. èngêt kaèngêtan duk ing nguni | paran marga muliha mangkana | saking paran pinangkane | yèn mangkono ing kalbu | antuk rêngatira Hyang Widhi | kuranging panarima | tindak wus kalantur | samonèku pira-pira | pirangbara ubaya osiking ati | atingkah kadya kuna ||
28. kina ana kinênan samangkin | mangkin arja yèn lêksanakêna | lumaksana saanane | surasa sabayantu | pra pratiwa tan gèsèh pikir | pakarananing dadya | gingganging pangangkuh | saking datan abipraya | prayanira tan nêlaya nguciwani | wênèh panjangkanira ||
29. yèn mangkono namaning bupati | tan angeman marang turasira | tan wurung kabere-bere | bêbarakan barikut | barang pikir dèn apatitis | yèn uwis abipraya | dèn panggah dèn bakuh | têkèng lena lakonana | tan prabeda jalaran ajalirèki | dadya mantêping tekad ||
30. mantêp iku busananing ngèlmi | ing agêsang apa kang sinêdya | yèn tan sarta lan ngèlmune | apa ta abêbruwun | amung amrih kamuktèn adi [a...]
--- 66 ---
[...di] | yèn namaning pratiwa | nistha tan mituhu | rèhing praja kang mulyendah | beda lawan nangkoda kang sugih-sugih | tan milu ngrêmbag praja ||
31. karya kamuktèn sakapti-kapti | sapantêse ya ingkang winênang | tan ana rinasakake | mung undhaking artèku | padagange dadining bathi | beda lan asuwita | dadya punggawa gung | yèn tan putus pamicara | kèh kapengin dadya punggawèng narpati | pakewuh tan rinasan ||
32. yèn tinitah ing mantri pêpatih | yèku warangkanira sang nata | sangsaya gêng pakewuhe | yèn tan sae kang kalbu | lawan ingkang dèn warangkani | dadya warăngka datan | umanjing ing dhuwung | dhuwung tan manjing warăngka | paran marga lamun gampanga pinurih | ngruruh rèh karaharjan ||
33. nadyan silih saeka-akapti | mantrimuka lan sang narèswara | yèn tan wicaksana mangrèh | sanggyaning pratiwa nung | lente kanang mantri lit-alit | tan wun sira kataman | ing nistha salugut | lêgêtaning janma kathah | kêthaha tyas sanityasa amatistis | panatasing tyas arda ||
34. ardaya mring pamicarèng nagri | nagaranjrah wêtuning pratingkah | ing kono pangadilane | bênêr kalawan luput | wus gumêlar tataning nagri | kang ala ya ing adat | tuwin ingkang anut | laku ingkang kuna-kuna | lan samangkya pinèt saking ing prayogi |
--- 67 ---
anggoning jaman mangkya ||
35. lamun mantri alit nora bangkit | angambila pangangge mangkana | mung pêpatih panganggone | sira ywa sêlang-surup | ngêndi ana mantri tan bangkit | anganggo kang mangkana | miwah pra tumênggung | sanadyan pratinggi desa | iya bisa ing prayoga andarbèni | nanging tan dadi guna ||
36. nora dadi lajêring kuthèki | inêb-inêbing lawang saya trang | dèn kongsi sipat bênêre | dènnya mrayogèng laku | yèn binubrah marang pêpatih | sayêkti kênèng bubrah | patih kang amêngku | barang parentahing nata | wujud tunglal[23] lan patih ya sri bupati | satru[24] munggèng rimbagan ||
37. yèn wus manjing warăngka ing kêris | lan kêris wus manjing ing warăngka | dumadya doh sangsayane | praja arja barukut | de warăngka kandêl nasabi | curiga datan măntra | mingis landhêpipun | dènnya kandêling warana | yèn mangkono yèku pêpatih utami | atêbih saking nistha ||
38. ing kukumah wilayah pan uwis | pinanci-panci ingkang bubuhan | pêpatih nganthuki bae | nanging aywa katungkul | andombani raina wêngi | wangêning pangkat-pangkat | ingangkat lan patut | kamituwa kapitayan | supayane aywa nalimpang awêngi | mèngêti aywa lupa ||
39. tan sun panjang wasitaning patih | nguni-uni pan sampun akathah | ing upama saanane |
--- 68 ---
pakartining amêngku | ing parentah kang tibèng sisip | ana kang tibèng madya | ana utamèku | kang utama iku tan lyan | bêbakune kang sampun kocap ing wingking | anggêp pangawaking rat ||
40. pira-pira titahing Hyang Widhi | mring manungsa saking kodrating Hyang | kang mijil saking ratune | saking sor dadi unggul | saking luhur asor dumadi | yèku dadya ngibarat | panyathêting kalbu | kang lunjak-lunjak ngalanjak | ngajak-ajak têmporat amalarati | tan etung kanthinira ||
12. Kinanthi
1. kaping sawêlas winuwus | waskithaa dèn nastiti | ing sudaning kang darajat | gingsiring wahyunirèki | tan lyan saking kamelikan | anênuntun maring lali ||
2. tan linawan rèh rahayu | kadya ta sira amelik | pangane wong cilik ingkang | sathithik gawene iklik | kang uwis wajib linakyan | sira kasaa[25] ngêlongi ||
3. tanpa karana pan amung | nuruti hawaning ati | yèku nyudakkên darajat | nora ta dumèh sathithik | wulu kalong binubudan | alêmbut datan katawis ||
4. anênuman hawa napsu | nênarik panggawe sisip | ngakèhkên panggawe wênang | momori panggawe wajib | yèn atiwas wajibira | sudaning darajat pasthi ||
5. sagung pakarti kadulu | kang sumimpang saking wajib | ngakèhkên mokal lan wênang | dhasar ya sasami-sami [sasami-...]
--- 69 ---
[...sami] | tan wun sudaning darajat | yèn bangêt wahyune gingsir ||
6. kadya ta sirarsa tuku | barang karêmênirèki | ing kuda miwah curiga | mas sêsotya sinjang adi | myang sabarang rêremehan | ingkang arêga sathithik ||
7. de wus sira nyang kêladuk | ing panganyangira dadi | mandhêg mangu karsanira | pan wurung sok-sokan picis | pangrasanirèku mênang | sira wurungakên nuli ||
8. pan akèh sababing wurung | kaduwung saka ing rêgi | kang mangkono iku dadya | darajatira ginêmpil | pêksanira ngeman arta | pan wus jamaking priyayi ||
9. yèn tuku rada kêladuk | sawatara yèn wus janji | yèn wurunga karya êsak | ing sama-samèng dumadi | emanên sudaning drajat | aywa kongsi gêmpil lirip ||
10. myang sira rêmên ing dhuwung | dhapur bêcik tangguh bêcik | kêpalange mung wasiyat | ewuh dènira ngakali | saking sruning rêmênira | kang duwe kapalang ajrih ||
11. dadya sinungkên kang dhuwung | karoban saking ing rêgi | kang mangkono pan pêpêksan | yèn wasiyat nora bêcik | tan awèt sira anggoa | têmah wahyunira gingsir ||
12. yèn wasiyat iku lamun | saking kang duwe pribadi | kang adol saking abêtah | yèn dhêmên tukunên ugi | salumrahe ing rêrêgan | utawa sira ngêrobi ||
13. lan jalukên wuwusipun [wuwusipu...]
--- 70 ---
[...n] | lilakna wasiyatnèki | mangkono iku kang êsah | têtêp panganggonirèki | wasiyat iku pan wênang | yèn kabutuh nora bukti ||
14. dèn êdol supayanipun | tulak kamlaratannèki | kang satêngah ana ngucap | lamun ingsun maksih urip | măngsa ingsun gadhèkêna | iya saking lambung mami ||
15. bênêr iku kang amuwus | lamun mantêp anêtêpi | yèn ora mantêp pan iya | dadya brahala sayêkti | kêris ingkang dèn Pangeran | pinindha wong tuwanèki ||
16. misih urip idhêpipun | lire kang mangkono kaki | abote wong nora nyandhang | lawan wong nora abukti | yèn tidha kurang ngèlmunya | kêna binedhung ing eblis ||
17. tyase tinarik ing kupur | mêtu akale tan bêcik | kêlantur dadi durjana | wasiyat ginawe maling | kêbak sunduke wong ika | konangan dènnya mêmaling ||
18. pinênthung gulune putung | gulinting mati babarji | wasiyate wus dèn alap | mring kang mênthung wau maling | tinitiran sawusira | mupakat binontot nuli ||
19. binucal bontotan pandung | kadya adating nagari | tobat anaa kang gugat | ya iku wong tuna budi | rupak nalar nir istiyar | tugêl bêt wahyu malêncing ||
20. wêsi dipun anggêp wahyu | yèn dèn dola iku nguni | dhuwit kinarya pawitan | pinangan têka sathithik |
--- 71 ---
panulak ati maksiyat | yèn akathah punang rêgi ||
21. kinarya prabeyanipun | yèn dhêmên lumakwèng kardi | pan kakekating wasiyat | iya dudu tumbak kêris | wuruk kang bêcik punika | wasiyat ingkang sajati ||
22. wasiyat lair puniku | tan bisa bêcikkên ati | puluh duwea wasiyat | Pajajaran tangguhnèki | gawean Siyung Wanara | yèn atine nora bêcik ||
23. sang ibêlis kang ambedhung | kadhungsangan pothar-pathir | iya wahyuning wong ika | wasiyat tan anglabêti | ing kuna sang rêsi putra | wasiyate angluwihi ||
24. pêparinging dewa agung | iya panah Cundhamanik | pangrusaking kala murka | Swatama ingkang darbèni | ginawa mêmaling marang | Pandhawa pakuwonnèki ||
25. cêndhake bae cinatur | Dewawarna kang nuruni | pinundhut saking Swatama | pinaringkên Pandhawèki | Swatama datan suwala | dinukan akêlip-kêlip ||
26. minta tobat tan tinurut | Sang Krêsna tan anglilani | sirna wahyune Swatama | tugêl bêt labête ngênthir | yèn panêngên tinêmaha | nguni Jêng Suhunan Giri ||
27. tan seba mring Majalangu | wong sa-Giri dèn ratoni | Sang Prabu ing Majalêngka | anuduh gêmpur ing Giri | pira-pira kang prawira | gêgaman gêng kang dhatêngi ||
28. praptèng Giri rèh gumuruh | dadya samya tur upaksi | maring sira Jêng
--- 72 ---
Suhunan | ing Giri eca nênulis | kang tinulis surat Islam | mêngsah gêng saya mangrampit ||
29. garwa putra jrit gumuruh | saksana Jêng Sunan Giri | kalamira kang binuwang | dadya kêris ngamuk nuli | jêng sunan eca alênggah | mung kalam ngamuk pribadi ||
30. pira-pira ingkang gêmpur | mati dening kalam kêris | kang kari giris lumajar | mulih marang Majapait | kalam munyêng wangsul nulya | ing ngarsa Jêng Sunan Giri ||
31. angandika jêng sinuhun | hèh kalam munyêng sirèki | salira têka ing kalam | balia mring kalam malih | ki kalam munyêng wus dadya | kalam panyêratan malih ||
32. yèku utama linuhung | wasiyat ati linuwih | aywa taha salah tămpa | nênacad kang karya tamsil | waliyullah kang kinarya | sapa bisa anglakoni ||
33. kang mangkono wong amugut | mêdhot wikalpa ing tamsil | sanadyan sikêp upama | wênang nganut ing pra wali | sapangkat-pangkate uga | măngsa ta tirua wali ||
34. kewala ngirib tiniru | ing tyas pakarti kang bêcik | olèha saparatusan | sapara kêthèning wali | kabèh wong ing tanah Jawa | kang Islam nut para wali ||
35. luhung êndi kangjêng rasul | wus sah parentah Hyang Widhi | dadya panutan sajagad | kang manut ing kangjêng nabi | marma ran nabi panutan | wênang tinut barang
--- 73 ---
kardi ||
36. gêdhe ndi lan kangjêng rasul | lawan ingkang para wali | ya marmèngsun kongsi panjang | anjêjèrèng ing pangirib | sapa ta kang gêguyua | dadya awak ingsun iki ||
37. wong kumrisik tanpa bayu | pan ora mangkono ugi | watak wong anom ing mangkya | akèh pintêr Rama Kawi | wong anom atine sura | bok kasusu mêmaoni ||
38. durung linimbang ginilut | sokur yèn uwis mangêrti | awak manira priyăngga | kang sun karya têpa nguni | duk nêdhêng maksih taruna | marajak sring mêmaoni ||
39. pangrasaning sun linuhung | ana ta pujăngga prapti | saking praja Ngaksigănda | sabên ari sun waoni | pinapasan ing aksara | myang basa parama Kawi ||
40. kari-kari ingsun dulu | dudu pujăngga sayêkti | lire ta dudu pujăngga | pawitan durung darbèni | maksih utang anyênyêlang | murad ngawur ting saluwir ||
41. dadya bangêt ngong angungun | ing mêngko wus tuwa mami | ladak ingsun duk taruna | yèn banjura tanpa kardi | nanging sanadyan ladaka | sathithik wus mratandhani ||
13. Dhandhanggula
1. amangsuli sêkar gulamilir | maksih pakarti kang dadya suda | ing darajat pangèthère | aywa karya sirèku | ing wisma gêng kang angluwihi | gêng luhure myang pelag | mêmêt ing pamatug | luwih boboting wangênan | kang mangkono wus pasthi tan kêna
--- 74 ---
gingsir | kèthère kang darajad ||
2. ing pangiwa panênênge sami | awit Nabi Adam kongsi prapta | ya ing jaman taun kiye | Alip kang sirah pitu | tênggak papat tusan saptèki | gêng alit tan abeda | tanah Ngarab dangu | para nata kang akarya | ing para di kang angirib suwarga di | tan ana kang widada ||
3. jaman pangiwa samono malih | para ratu kang arosa-rosa | danawa myang manungsane | kang angirib swarga gung | pira-pira prapta samangkin | wong alit-alit kathah | jro praja myang dhusun | kang wus kacihna katăndha | myang wong agung liyaning para narpati | wus kanas ngèlmu ngadat ||
4. apa japane yèn nora kêni | kang mangkono kèthèring darajat | ulun wani totohane | pêdhoting jangganingsun | sakarêpe dènnya bayari | yèn maksih langit dunya | lan bumi dunyèku | surya căndra myang kartika | kang mangkono wus pasthi ratuning pasthi | tan kêna gumingsira ||
5. tobat ingsun ing Hyang Maha Luwih | dene ulun lonyo ing pangucap | wani akarya pêpêsthèn | saking kakuning kalbu | amêmulang tan winigati | pribadi maring suta | wăngsa putu-putu | saking barkahing Hyang Suksma | ngalap saking ngèlmu ngadat nguni-uni | kiniyas dadya kêna ||
6. kang sawênèh ana ingkang angling | bêcik ambêciki pêpomahan | kang angluwihi baguse |
--- 75 ---
ingkang supaya antuk | ing pangalêm kalih prakawis | dhingin pangalêmira | sagung wong kang dulu | bêcik rêsik ngrêsêpi tyas | kaping kalih pakolih alêming gusti | ngatokkên brêkat nata ||
7. kang mêngkono ya bênêr dènnya ngling | nanging dipun nganggo sawatara | aja ngluwihi ing kate | dene pangalêm iku | mau ingkang kalih prakawis | tan pakolih ing badan | lair batinipun | muhung alêm bêbengkrakan | dene ngalêm kang pakolih lair batin | kang rumiyin dèn ucap ||
8. ya kang saking ing gustinirèki | lamun kabênêran karyanira | ing gusti dadi alême | iku alêm satuhu | anrus lair tumêkèng batin | nyêgêri badanira | sanadyan sirèku | duwe wisma byur paradan | lamun karyanira kèthèr miwah sisip | tan wun amanggih duka ||
9. dene alêm mêtu ingkang saking | wong akathah alêm bêbengkrakan | yèn kawêtu ganjêl ambèn | măngka kang ngalêm iku | amêrtamu maring sirèki | sira tan anyugata | ing saananipun | ngêlokro alême ilang | iya dènnya mulih pan kongsi angêlih | dene alêm kang nyata ||
10. nadyan wismanira tan linuwih | amung sêdhêng-sêdhêng sawatara | măngka kancanta pamane | kang padha amêrtamu | yèn amulih arang kang ngêlih | iku alêm utama | manpangat satuhu |
--- 76 ---
wisma mapan nora kêna | ginawa mring paseban seba ing gusti | myang kinarya ampilan ||
11. kathah lamun winarna ing tulis | ing pratingkah sudaning darajat | miwah ing wahyu gingsire | ing sami-saminipun | mamèt misil kang wus winarni | ing rèh katibèng nistha | yèn uga linantur | pinalangan nora kêna | kudu bêrot yaiku pratăndha dadi | gingsiring wahyunira ||
12. lawan iya sabarang pakarti | amidosa nganiaya ing lyan | dupèh tan kacihnèng ngakèh | mung sanak tuwa kawruh | pinalangan sru datan kêni | yaiku tăndha bêsat | gingsiring kang wahyu | pan wahyu iku nyawanya | lêwih rêsik yèn katon pan luwih bêning | mancorong kadya wulan ||
13. wahyu alit lir lintang awêning | yèn dèn ajak panggawe tan arja | sukêr agêdhe nêpsune | tinon abingus-bingus | yêkti minggat lumayu ngênthir | măngsa kuranga unggwan | ing pamencokipun | ngupaya kang bêning ing tyas | wicaksana tyas raharja sadu budi | iku bisa rumêksa ||
14. rumêksane ing wahyu sajati | dahat ewuh gampang yèn linakyan | ing lêlakyan panyêgahe | karsa awas lan emut | sanalika tan kêna lali | risang amurwèng tingkah | sumendhe sumaguh | agagah nora agahan | lêgawèng tyas sanityasa anastiti | mahambêk arjaning rat ||
15. sarat sarwi
--- 77 ---
rinakêktan[26] ing sih | dèn aêsah lan agamanira | angagêma praknyana rèh | sumarah ing Hyang Agung | ngêgungêna pudya sêmèdi | sumêdya apranawa | pranawa liripun | amadhangkên ing tyasira | anyudaa dhahar nendra iku kaki | pandhangiring darajat ||
16. winantu ing panarimèng ati | rinêsikan ing sastra Jawarab | bisa basa basukine | wruh lêlèjêming kukum | campure lan yudanagari | yèn wus rêsik mangkana | siramên ing kalbu | ati madhêp tan kumêdhap | akèh kêdhap tan dhinadhap mung ngadhêpi | idhêpe saking têdah ||
17. têdahing guru ingkang kaliling | langlangana ing tyas palamarta |[27] amartani pamintane | janma kang mindha punggung | asung boga ing pêkir miskin | kênanên ing wacana | ywa ngrasani wuwus | wawasên têkèng wasana | sasananing utama tinaki-taki | takêrên atinira ||
18. dèn abisa rumêksa magêri | maring wahyu lire dèn abisa | amung tyasira ugêre | karsa bakuh akukuh | aywa kênèng ginonjing eblis | maring lêson sungkanan | iku amêmurung | maring laku kabêcikan | laku bêcik dumdumaning wahyu jali | tuduh sihing Hyang Suksma ||
19. akèh lali lêlakoning dadi | saking tidha dhinêndhèng Hyang Suksma | samun sirna panêmêne | ing pakarti rahayu | kayungyune pakarti juti | juwêt [juwê...]
--- 78 ---
[...t] abawur sila | sêlaman salumun | sulaya anyêla-nyêla | lalawora angawur awira-wiri | warananira sirna ||
20. dhinêdhêring sarana mawarni | winursitèng manis-minanisan | ing manungsa kang anènès | lèjêming tyas pan ayun | ngina-ina mrih angênani | mring angên-angênira | ngeram-eram arum | lir pangungruming asmara | sumarmane mari-mari yèn wus kêni | kinênan kalatadha ||[28]
21. yèn tan kêna kênananing kering | mring pangiwa kang ngowahkên arja | yèn wus awas pamawase | tan was-was ing pamuwus | waskitha ring riwuning ati | watara anamara | amoring pandulu | dêdalane nora samar | ing sarana yèn mangkono anartibi | pêpagêring nugraha ||
22. nahan kaping rolas kang winarni | nyatakakên obah osiking rat | nalika masakalane | ing kalisêngarèku | myang ing kaliyoga ayun wrin | lamun anuju jaman | kalisêngarèku | kèh dalajat katingalan | kèh pawarta dora mosik ting kalêsik | sêg tan kêna tinulak ||
23. gara-gara rèh kagiri-giri | mègu pratala mangambak-ambak | anggraning kang arga gègrèg | warna-warna kadulu | cihna rêtu ingkang nagari | ing kono dèn prayitna | dèn rumăngsa ngaub | ing prajaning ratunira | tur ta sira winisudha sinung bukti | paran tan prihatina ||
24. nênêdhaa mring Hyang
--- 79 ---
Maha Suksci | dèn abantêr cêgah dhahar nendra | wurunga ing dêdukane | yèn kêna datan wurung | mung abêra têka sathithik | dêdukaning Pangeran | Kang Amaha Luhur | karana wajib sadaya | wong jro praja gêdhe cilik jalu èstri | padha andêdongaa ||
25. sidêkaha têtulaking nagri | ing sakajat kawruh ta priyăngga | yèn tan ana barikane | parentahing sang ulun | lamun ana parentah nuli | di kêbat lakonana | sarta dèn asêngkud | matuta panêdhanira | kang satêngahing janma ana kang angling | angêkèhakên tingkah ||
26. mundhak susah angrêrusak pikir | nadyan gègèr-gègère wong kathah | rêja-rêjane wong akèh | tur kang mangkono muwus | sêsêmbranan tan praptèng ati | nanging yèn kabanjura | kang mangkono wuwus | anêmpuh rusaking praja | pêpêrangan gègèr lir gabah tininting | dhèwèke pan kaponthal ||
27. kaleweran bakakrakan ngili | pothar-pathir nginthar kuthetheran | dharêdhêt êntèk tobate | tan angrasa wong iku | ngambah prajanira narpati | ngaub salaminira | upama wisma gung | ingauban wong akathah | payon rusak bocor apa enak-enik | tan mèlu amayua ||
28. ing sakuwasanta agêng alit | rumaganga mrih jêjêging praja | supaya ing waluyane | wong kathah kang angaub | dadya [da...]
--- 80 ---
[...dya] olih martabat bêcik | kalumrahaning janma | mau kang lungayu | dadya martabat bêbasat |[29] sukur gègèr lumayu bari angutil | tan wruh lamun kaponthal ||
29. aywa ana kang salah mangêrti | yèku ambêking janma kang rucah | nora kalêbu cacahe | tanpa gawe winuwus | nora kêna mangkono kaki | gêng alit dadya têpa | ing lêpiyanipun | ing sêtya lawan ngucira | sangsaraning kang carita kurang titi | lapak wong kurang warah ||
30. waranane sêbit rontang-ranting | rantas anaratas marang ing tyas | sarira pan wus ukure | saking tambuh-pitambuh | mung kaardan kang dèn idêri | andêdêr tan wruh kadar | kadar lingsêm ambyuk | ing jêjurang sirna gêmpang | anggêgampang nganggo karêpe pribadi | kang tan patut tan sastra ||
31. lamun ana obah liyan nagri | iku kaki sira di prayitna | kuna ana lêpiyane | ing Jakarta praja gung | purwaning prang kalawan sinis | lawas-lawas mangetan | banjure dahuru | bêdhah prajèng Kartasura | banjur sadayane praja pothar-pathir | wit tan rêmpêk ing karsa ||
32. wèng[30] agunge anênalayani | wong cilike mawur asarsaran | pating salêbar tan sarèh | pan uwis adatipun | wadya Jawa lir êram dami | kalawan tambak mêrang | katêmpuh ing banyu | bantêr gêdhe alorodan | dhadhal larut tan ana tolih [to...]
--- 81 ---
[...lih] ing Gusti | kadya sêsapu wudhar ||
33. panjang lamun winarna ing tulis | nguni-uni akathah kang obah | saking ing liyan prajane | tumular analêtuh | padha dipun prayitnèng wèsthi | dèn waskithèng pinăngka | paran purwanipun | kang dadya obahing liyan | supaya ywa analêtuh nênulari | dèn lêmbut nalarira ||
34. nalar kasap iku tan pakolih | yèn pakolih kaworan luamah | bawah pêdhang golongane | sanadyan pêdhang iku | lamun kasap kewala gêlis | punggêl pucuking pêdhang | yèn winoran lêmbut | awulêd pucuking pêdhang | lamun lêmbat kewala ponang prajurit | melot pêdhang tan têdhas ||
35. bedane lan bawah kasap kaki | yèn anganggo kasap kaputungan | têmah pêpêr ing kalame | wus kathah kang kadulu | ing palupi lêpiyannèki | duk Sang Narendra Krêsna | nuduh Bimasunu | panuduhe kurang lêmbat | wong wus campuh ing yuda akèh pêpati | anganggo kalamăngsa ||
36. kurang lêmbute Sang Bimasiwi | dadya kaputungan analăngsa | mung sajugèku lupute | wus jamaking prang pupuh | asor unggul kalakon sami | sapisan maring kasap | sapisan mring lêmbut | Sri Krêsna kaluputannya | duk patining Rêsi Druna dèn wekani | paekan kamandaka ||
37. ing wurine Swatama malêsi | andhustha mring pakuwon Pandhawa |
--- 82 ---
olih têtiga patine | lah iku dèn aemut | lêpiyan kang ing nguni-uni | aywa sok amacaa | sêru mêlang-mêlung | ing sastra Jawa myang Arab | rasakêna ing logate dipun prapti | murade dèn têtela ||
38. ana obah osik tunggal nagri | nguni nagara ing Ngaksigănda | duk nêdhêng jaman kartane | obah osik sakuthu | lajêng dadya pêcahing nagri | katula katalêtah | wong cilike sumyur | kang dadya wayang andadra | angêngkoki tan wruh kamulaning cilik | Trunajaya cilaka ||
39. ing wong cilik aywa anyêlaki | lamun ana obah osiking rat | mung dèn awas lan sarèhe | nêdhaa mring Hyang Agung | mrih wurunga ywa kongsi dadi | kadya ingkang wus ngucap | panêdha ing ngayun | ing têmahe yèn linakyan | dahurune wong cilik ingkang nglakoni | lakon kalisangara ||
40. wong agunge iya padha kontit | nanging lamun jaman kaliyoga | wong agung olèh kamuktèn | pan uwis lakunipun | ing adating nagari Jawi | marma ingkang tinitih |[31] wong cilik dèn wêruh | aywa kongsi kalarahan | dèn amantêp anut osiking nagari | aywa angraras driya ||
14. Mijil
1. lamun ana osik ting kalêsik | saking sawiyah wong | lire saking sawiyah uwonge | wong cilik tan jaman makam nênggih | sarta kincih-kincih [ki...]
--- 83 ---
[...ncih-kincih] | angaku yèn wêruh ||
2. nalika rêg-orêganing nagri | mêngkene mangkono | akèh-akèh rekaning wartane | rungokêna nanging ywa ginati | iku warta saking | bangsat mrih dahuru ||
3. anging aywa angêndhak sirangling | ing wong kang mangkono | prayoganên lawan watarane | sêsaurira bayaran angling | ing rèh dèn kaliling | aywa sêlang sambut ||
4. mung aywa sak ingkang angsung warti | sira dèn waspaos | ing wong-wongan ana panêgrane | iya ingkang wus kocap rumiyin | păncawalèng janmi | dora lan satuhu ||
5. jaman mangkya akathah kalêsik | sok dora angrandon | pira warta tan ana jêbule | nadyan wus mijil saking priyayi | prandene tan dadi | lire nora jêbul ||
6. lagya anitah mungguh Hyang Widhi | ing pawarta goroh | setan nginjên-injên pakaryane | akarya pawitan dèn wuwuhi | dèn anggit pinurih | dadia dahuru ||
7. yèn dahuru wong ala pakolih | akarya pirantos | ambêbangus wigêna tan sarèh | ngadhul-adhul dènira mrih olih | ngadhadha kinardi | pawitaning dhadhu ||
8. dhadhakane mindha mindhik-mindhik | mêndhak-mêndhak dhodhok | yèn wus antuk salah panyiptane | tan anyipta pakewuh pakering | dosa dèn sasabi | nuru kang sinuru [sinu...]
--- 84 ---
[...ru] ||
9. nadyan sinurang-surang ing wuri | anêrang wirangrong | nora rangu-rangu panggawene | wus anekad dèn tekadi dadi | arahaning eblis | amblês ambalusuk ||
10. yèn wus mangkono ananing janmi | dahat sru pakewoh | gone marèkake pratingkahe | atine wus kabuntêl ing gajih | tan kamlamar isih | pinurih sarêju ||
11. ajajuwêt alawanan angling | lan janma mangkono | ngiris-iris angaras gêgèrèt | aywa pangling ing panglimputing ngling | aywa ta kalilin | alingana alun ||
12. samunên ing netya ywa katawis | mawas dèn waspaos | pae kang wus pana lun-alune | nora êlan yèn sira kalilin | tan ana ngalangi | lumalanèng kayun ||
13. yuwanane kaanan ngênani | ing petung katongton | titènana têtika dèn êntèk | osiking rat angrakêti dadi | ilapat sayêkti | kadya ta ing dangu ||
14. samya rare alit ingkang angling | dêdolan ngacêmong | wuwus iku iya satêmêne | pinèting kira-kira pan saking | wong tuwa kang angling | rare kang anurut ||
15. lawas-lawas kalakon sayêkti | wuwus kang mangkono | yèku kalêbu obah osike | ing buwana wus amratandhani | yèn awas lan eling | barang rèh kadulu ||
16. kêdhap sasmita kang dèn ulati [ula...]
--- 85 ---
[...ti] | satata nrusing don | yèn tumêkèng wêkas pan tingale | wangsulêna tingalira nguni | pèngêt duk ing uwit | tinimbang lan tanduk ||
17. tanduk dadak sira sandikani | ing rèh wus waspaos | kèh karaos nguni sasmitane | tinitèn wus amăngsakalani | dèn angati-ati | tatanirèng laku ||
18. mapan ana têtirah-tirahning | ngantara rinaos | ing cihna kang yumana dadine | dora wêca aywa wancak-ati | dèn samun samining | sila susilayu ||
19. sayogyane awisma nagari | ngabdi ing sang katong | katongtona ing rat saosike | yèn wus dadi pandumirèng budi | sawiyah ing ati | kadya kang ing ngayun ||
20. ngayun-ayuna sihing Hyang Widhi | pamurung rèh keron | ana sêdya aywa tumêkane | ana têka aywa ana kapti | kodrating Hyang Widhi | kang akarya wurung ||
21. ing rèh kalisangara tan dadi | karsaning Hyang Manon | jaman kaliyoga lêlirune | asukura sèwu sukur kaki | sinêtya sêtyaring | tingkah aywa surud ||
22. saradaning jagad kèh kaèksi | tan kasatmatèng wong | ya wong ingkang tan nalurèkake | nalirah ing nalar datan apti | sênênganing urip | ngarêp-arêp laku ||
23. lêlakone kang ala sinarik | yèn arja rinojong | pan mêngkono laku kalumrahe | moh ing
--- 86 ---
ala akarêm mring bêcik | madya lakunèki | durung utamèku ||
24. abot lakuning janma utami | angèl yèn ginayoh | para pandhita wali lakune | tyasira wus pindha jalanidhi | tan akagyat osik | ing jagad kadulu ||
25. duluraning tyas ngakêni kapti | syuh brăngta Hyang Manon | raga pinrih sirna winorake | lan raganira Hyang Maha Suksci | wus tanpa saksêrik | doh saking sakuthu ||
26. wus akutha wêsi purasani | basane têkèng ros | rasika ring raras kang asarèh | sêsorah sumarah ing sakalir | saliring ngulami | kang kataman tuwuh ||
27. tuwuh aywa tan atuwas kaki | pamawasirèng don | dèn prayitna ingêring panggawe | sopanane sumepa sinami | sinamar-samar ring | sarananing wuwus ||
28. aywa ta was-uwas yèn wus angling | linglingên ing raos | raosêna sasana sênênge | sanalika ywa kongsi kasilip | pilih kasêlaning | polah kyèh tan arus ||
29. ngaras-arasa sarasan widik | tan dinadèn adon | ywa adan yèn wus tan kana-kene | dumununging sopana kang radin | rinadining kapti | ywa minge ring kayun ||
30. kayungyuna pangayun-ayuning | yuwana pangayom | angayêmi tyas mudha-mudhane | pindha pandhita sung wasita di | ring siswa saèsthi | isthane ambangun ||
31. bangun-mabanguna ring tyas titis [titi...]
--- 87 ---
[...s] | tatane wêwangson | wasanane êning pamangune | ninditaning tata nityasani | sasananing êning | sumêngka sumungku ||
32. sumêngkaning driya tan driyani | sasiki saênggon | unggyaning kang êrah rêjuning rèh | marawasa ya mamarta adi | ingkang sidi-sidi | wêwêraning kalbu ||
33. kalabaning loba kang ngalabi | labaning kalangon | ngalang-alanga lêlangênane | ing ilana ywa ngangên-angêni | ngungun monêng maring | rêringa rèh arum ||
34. rum-arum pangruruming ragi |[32] ragan-ragan angron | ngrêrakêti rikat pangrukête | yèn wus kagêm agêmên kang gêmi | gumun nibèng sari | sarira sari mur ||
35. aywa wahya wiyar angawêri | warana tan andon | anênungku nukar karanane | nênakêra karananing olih | ngulah angaluli | lukita kaluluh ||
36. tan apanjang wasitanira nis | rinugut pan anggop | panggagating gita wasanane | Surakarta wêdharing palupi | sêrat sun arani | pan Sasana Sunu ||
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
1 | Tanggal: sapta catur swarèng janmi (AJ 1747). Tahun AJ 1747 jatuh antara tahun Masehi: 21 Oktober 1819 sampai dengan 8 Oktober 1820. (kembali) |
2 | ngaurip. (kembali) |
3 | dipun. (kembali) |
4 | ènthèng. (kembali) |
5 | bêbênduning. (kembali) |
6 | anglakoni. (kembali) |
7 | iya. (kembali) |
8 | dèn. (kembali) |
9 | rahayu. (kembali) |
10 | wus. (kembali) |
11 | silastuti. (kembali) |
12 | wêwadinirèki. (kembali) |
13 | Biasanya guru lagu o: kono. (kembali) |
14 | bukti. (kembali) |
15 | pantês. (kembali) |
16 | rawuh. (kembali) |
17 | pikir. (kembali) |
18 | adat. (kembali) |
19 | klêmpakaning. (kembali) |
20 | têrus. (kembali) |
21 | nistha. (kembali) |
22 | kang. (kembali) |
23 | tunggal. (kembali) |
24 | satu. (kembali) |
25 | karsaa. (kembali) |
26 | rinakêtan. (kembali) |
27 | paramarta. (kembali) |
28 | kalatidha. (kembali) |
29 | bêbangsat. (kembali) |
30 | wong. (kembali) |
31 | Biasanya guru lagu a: tinitah. (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: rum-aruma pangruruming ragi. (kembali) |