Sapanyana, I Ing Cyang, 1922, #1594

JudulCitra
Terakhir diubah: 19-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SERAT SOPONJONO

Sêrat Sapanyana

Anggitanipun I Ing Cyang ing Blitar, Băngsa Tyonghwa ingkang mardika saha rêmên dhatêng sêrat-sêrat Jawi tuwin dhatêng raos Jawi.

Kaanggit ing taun Jawi Alip 1851. Wêlandi 1921, Tyonghwa 2471 Taun Rêpublik Tyongha X

(HAK PENGARANG DIPERLINDOENGI STB. TAOEN 1912.[1] No. 600) TERTJITAK JANG PERTAMA

--- [2] ---

SERAT SOPONJONO

Sêrat Sapanyana

Anggitanipun I Ing Cyang ing Blitar, Băngsa Tyonghwa ingkang mardika saha rêmên dhatêng sêrat-sêrat Jawi tuwin dhatêng raos Jawi.

Kaanggit ing taun Jawi Alip 1851. Wêlandi 1921, Tyonghwa 2471, Taun Rêpublik Tyongha X

(HAK PENGARANG DIPERLINDOENGI STB. TAOEN 1921. No. 600) TERTJITAK JANG PERTAMA

--- 3 ---

Sêrat Sapanyana anyariyosakên sawarnining pamanggih ingkang utami ingkang cundhuk kalihan raosipun. Dene têmbung Sapanyana sampun têmbung jarwa, nanging raosipun dados têmbung miring, awit têmbung Sapanyana kenging kagandhèng kalihan têmbung wontên, utawi têmbung botên wontên, kalêbêt têmbung sênêng, murih têrangipun ingkang dipun wastani sênêng punika nalar ingkang tanpa waton, liripun sênêng kenging dipun lampahi manut pikajênging sêdya, ugi kenging dipun cêgah, dene gadhahanipun piyambak, têgêsipun dede bêtahing sanès.

Yèn têmbung Sapanyana kaperang dados kalih sagêd dados têmbung Kawi, dene têgêsipun: sapa, sumpah, utawi walêr, nyana: budi utawi kintên, amila Sêrat Sapanyana kenging ugi dipun jarwani wêwalêring budi, utawi: budi dipun walêri, punika mandar saya cundhuk kalihan suraosipun sêrat wau, awit Sêrat Sapanyana ugi kalêbêt pranataning batin saha pranataning lair, amila para maos kêdah prayitna dhatêng wados-wadosing têmbung ingkang sampun kapacak salêbêting sêrat punika, mênawi wontên tiyang ingkang dèrèng dungkap sampun kasêsa nyeda, awit wadosing sêrat pancèn botên gampil dipun sumêrêpi.

--- 4 ---

Dene panganggit kula sêrat wau kula jarag botên mawi kula sêmantakakên dhatêng para sagêd, supados botên kêtanggêlan sadaya kalêpatan namung wontên ing kula piyambak, lan malih sasumêrêp kula dèrèng wontên băngsa Tyonghwa ingkang karsa nganggit sêrat sêrat Jawi ingkang mêdal saking kasagêdanipun piyambak, amila kula ingkang jajal-jajal damêl anggitan. Sêjatosipun kathah băngsa Tyonghwa pranakan wêdalan tanah Jawi ingkang tikêl-tikêl kêsagêdanipun ngungkuli kêsagêdan kula, kados ta swargi Tuwan Tan Ciyuk San Tan Tjioek San pêngarang Sêrat Almênak pirma H. Buning Ngayugyakarta, swargi Tuwan Cwa Cu Kwan Tjoa Tjoe Kwan rêdhaktur sêrat kabar Ikpo ing Surakarta, swargi Tuwan Li Hwi Lam Lie Hwie Lam pêbantu sêrat kabar Jawi Kandha, sêsinglonipun ing sêrat kabar Netrakêncana, tuwin Bandar Ngalim, sami ing Surakarta, Tuwan Ji Siyan Ling Tjhie Sian Ling rumiyin rêdhaktur sêrat kabar Taman Pawarta ing Surakarta, Tuwan Lim Giyogce aliyas Babah Sala ing Surakarta, punika sadaya sami priyantun sagêd dhatêng sêrat-sêrat Jawi, kapara taksih kathah ingkang kula dèrèng têrang.

Yèn ing pasisir saking pamirêng kula ing Kêdhiri Tuwan Kwik

--- 5 ---

Syong Hong Siyang Kwee Siong Hong Sia ing Malang Tuwan Gwi Hok Cong Gwie Hok Tjong punika kabaripun sami sagêd dhatêng sêrat-sêrat Jawi saha raos Jawi.

Dene panganggit kula sêrat wau têmbung dalah kasusastranipun têmtu kemawon kathah ingkang kirang saha lêpat, saking pamanggih kula botên dados punapa, awit kula pancèn botên angsal pangajaran sarta sanès băngsa Jawi, amila sadaya kalêpatan inggih botên kula selaki, namung saking panyuwun kula para maos ingkang agung paring pangaksama sadaya kalêpatan wau.

--- [6] ---

[Halaman kosong]

--- 7 ---

1. Sinom

1. isènipun ngalam donya | ingkang wontên warni-warni | cilik gêdhe wus gumêlar | Yang Widi kang asung takdir | wis mangkono sayêkti | mèngêti dumadinipun | babating ngarcapada | linuri-luri sakalir | tarlèn namung kinarya tăndha sanyata ||

2. sêkar sinom lagya mêkar | nyarêngi mangsane atis | karaos trusing wardaya | warata ing sanubari | dadya gêgaran yêkti | pabukane sipat ingsun | sipat pirang prakara | wus datan kêna winilis | kaanane ngalam donya pancèn nyata ||

3. nyata iku gamblang-gamblang | nanging arang kang udani | kajaba jalma utama | kang tamat marang wêwadi | wêwadi kang piningit | kêkêrane Hyang Maha Gung | sapa bisa uninga | wadine Hyang Maha Suci | iya iku kang aran antuk nugraha ||

4. apa têgêse nugraha | ganjaran kang sipat wêning | wêning sugci têgêsira | sugci iku barang rêsik | datan kaworan drêngki | bêcike amung salugu | lire dudu pulasan | bêbasane jaman iki | ngaku trisna ujare lamis kewala ||

5. yèn mangkono kênèng sibat | iku si wong tanpa pikir | pikire mung anèng ngarsa | ing wuri tan dèn jagani | sandhungane wong urip | nêlècèk sapurug-purug | iku dudu guyonan | waton sipating dumadi | dèn patitis yèn dhêmên mamrih

--- 8 ---

utama ||

6. yèn arsa laku utama | tamatna ingkang sayêkti | tuntunane Kang Kuwasa | apa kang kok rasa kaki | kalamun wus ngêplêki | iku nyata aranipun | lire nyata wus padha | dhasar lêgi dèn kênyami | dèn samara sayêkti katon ngalela ||

7. tandhane wus tămpa bêrkah | kanggonan wahyuning gaib | nora pilih sok janmaa | kang kinasih mring Hyang Widi | tan kêna dèn lêlantih | miwah dèn wulang ing guru | guru upamanira | mung kinarya ngungkal kudhi | nora ana guru kang madhangkên nala ||

8. ana guru kang sanyata | nyatane nora kaèksi | sipate tan lunga-lunga | nanging nora ngêtarani | ngêndi dununge kaki | dumukên kang kongsi nutul | yèn sira bisa wikan | bakal wêruh mring Hyang Widi | guru tama pituduhe dhasar nyata ||

9. akèh kang padha kumêthak | tan ngandêl marang Hyang Widi | caturan anggêre mangap | pangrasane tanpa rugi | mung waton bisa muni | iku aran janma suwung | wung-wang isine sawang | sinawang saya ngrêgêti | poma kaki micara aja sêmbrana ||

10. Gusti Allah pancèn ana | ngêndi gonmu wus sumandhing | têmêne maksih kalingan | kang ngalingi godhong pari | sapa bisa mapari | aling-alinge kang nutup | pasthi katon têrwaca | nanging sira tan udani | pan samono kaelokaning Pangeran ||

--- 9 ---

11. nanging kang durung waspada | yèn ngrasakke têmbung iki | kinira têmbung dolanan | tan wruh jatine sayêkti | dudu ngèlmu Teyosopi |[2] dudu piwulanging guru | mêtu sing pangawikan | wikanira saking Gusti | kang ingaran wus antuk wahyu dyatmika ||[3]

12. wus ana bêbasanira | Allah kawula lan Gusti | coba iku bedakêna | arane têlung prakawis | yèn sira wus mangrêti | nora tuna ing uripmu | tan susah mrana-mrana | golèk guru kang nuturi | kang ingaran wus bisa wor ing Pangeran ||

13. yèn sira arsa uninga | pamoring kawula Gusti | lamun sira jêjagongan | rasakna ingkang sayêkti | yèn sira wus udani | tăndha wus antuk rahayu | ganjarane Hyang Suksma | lumintu ing sabên ari | janma iku sapa têmên tinêmênan ||

14. akèh kang ngidhêp ing Allah | Allah panggonane ngêndi | dina-dina dèn upaya | tan ana kang wikan siji | ngalor ngidul asêpi | ngetan ngulon tan katêmu | têmune anèng jurang | rangu-rangu malah kolik | nora wêruh Gusti Allah angêdhangkrang ||

15. dhuh kaki aja sêmbrana | gêguyon lan ngèlmu gaip | gaip kêkêraning Suksma | malati yèn nora waris | malah sok bilaèni | kadi wong mêndêm kacubung | aluwung kang mêndêma | gampang bangêt dèn tambani | mêndêm ngèlmu tangèh dadia dêdanan|| [dê ...]

--- 10 ---

[... danan||] 16. pra winasis padha ngucap | jaman edan dèn arani | lugune pancèn mangkana | ki pujăngga kang kalêmpit | metani kurang titi | age-age dènnya muwus | wus kasèp kadiparan | angèl lamun dèn balèni | prayogane ngakua luputmu padha ||

17. dhasarira kurang pana | obah-osiking sakalir | lire apa saya cêtha | thak-thukmu kurang ngèmpêri | riwute saya wêning | nêniwasi yèn kabanjur | mêsakake kang ngalap | bakal kaliru sayêkti | titènana ujarku yèn kongsi cidra ||

18. dhasare wong anom padha | lumuh ngaku bodho sami | bisane mung kaya ampas | kinira rasane lêgi | tan wruh rasane pait | têrus jaba jêronipun | sapa kang bakal dilat | rasa paid dèn kurêbi | datan wikan rasane dadi bayangan ||

19. bayangane wong sêjagad | yèn ngilo sajroning carmin | kang ala katingal ala | kang bagus katingal sigit | iku wus mralambangi | yèn wong bodho pancèn cubluk | nora kêna dèn samar | pancèn bodho ngaku wasis | sastra kara wolak-walik nora beda ||

20. bedane janma utama | gampang yèn nampani wangsit | tămpa padha sanalika | panrimane tur pratitis | lan nora madal-sumbi | sawatgata tatas rampung | tur cêtha gamblang-gamblang |

--- 11 ---

nora nganggo ika-iki | pratandhane wus pana wêdaling cipta ||

2. Asmaradana[4]

1. kang tan darbe cipta lantip | yèn tămpa sasmitèng Allah | bingung liwung pikirane | dene sok kumênthus padha | yèn ana pasamuan | lumuh asor kudu unggul | gul-agule bisa dowa ||

2. wani mati dèn arani | tiwas katara yèn kurang | kurang sabarang nyatane | tur durung wruh ing rasa |[5] rasa ingkang sanyata | kayaparan têgêsipun | kang ingaran rasa sanyata ||[6]

3. rasa iku warna katri | arang kang mangêrti padha | sawiji-wiji bedane | kang sapisan rasaning dad | ping pindho rasa sipat | kaping têlu rasa tuhu | tuhu arang kang kanggonan ||

4. kongsi jambul kaki-kaki | ngupaya tuhuning rasa | durung mêsthi yèn antuke | mulane aja sêmbrana | gêguyon ngèlmu tuwa | kurang titi kurang emut | yèn luput dadi rubeda ||

5. luwih bêcik anglêluri | pranatan kanggoning jaman | kapriye padha rekane | wajibe wong ngupa boga | ywa kongsi katilapan | marang sasamaning manus | supaya aji gêsangnya ||

6. awit wong urip puniki | yèn tilar têlung prakara | rècèh tan kajèn yêktine | sapisan sugih reyal |[7] ping pindho panguwasa | gênêpe kang kaping têlung | yèn [yè ...]

--- 12 ---

[... n] wong wis katrimèng lampah ||

7. bonggan kang samya marsudi | padha golèk ngèlmu tuwa | tuwas rêkasa lakune | tur bakale tanpa guna | mung mumbul dadi mega | suwe-suwe dadi mêndhung | tan wurung tibèng bantala ||

8. apa sira kaki maksih | kaconggah ngayoni sira | gêgulang ngèlmu angèle | ngèlmu iku warna-warna | yèn dipun jarwakêna | kadipundi têgêsipun | coba kaki rungokêna ||

9. jarwane ing ngisor iki | sun wêdharke ingkang cêtha | supaya wruh sakabèhe | kang angèl lawan kang gampang | pantês padha tinimbang | kang bênêr lawan kang luput | dadi bisa kira-kira

Pêcahanipun têmbung ngèlmu yèn dipun sêrat mawi têmbung tamtu kirang luwês ukaranipun, tur abingungakên ingkang kirang mangêrtos, amila kula pêksa mawi gancaran saha mawi waton jarwa suta kados ing ngandhap punika. Dene kirang marêmipun para maos gadhahan kula namung nyuwun pangaksama.

Dene têmbung:

Ngèlmu saking jarwa suta: angèl yèn durung katêmu

Ngèlmu saking jarwa suta: angèle yèn wis katêmu

Ngèlmu saking jarwa suta: angèle yèn ngadu sêmu

Ngèlmu saking jarwa suta: ngêngèl-ngèl panêmu

Ngèlmu saking jarwa suta: ngèlu-èlu

Ngèlmu saking jarwa suta: săngka angèl kongsi ngêlu.

--- 13 ---

Punapa ingkang dipun wastani angèl, sampun têmtu tiyang ingkang dèrèng sagêd samukawis, punika limrahipun ingkang dipun wastani angèl.

Ananging botên makatên, sarèhning ngèlmu wau ngupadosipun pancèn angèl, dene botên wontên tiyang sade, kêdah prêwita pribadi, amila pamêdharipun kiyai guru inggih dhapur ngêngèl-êngèl, awit tiyang ingkang dèrèng manggih ngèlmu ingkang saking angsal-angsalipun piyambak, dipun pitêdahana botên dipun gugu tur malah ngrêrècèhi, malah-malah dipun anggêp iku rak panêmune wong edan.

Amila sadaya tiyang ingkang sampun pana ing ngèlmi botên pisan-pisan purun adumuk ingkang dados wêwadosipun Hyang Maha Sukci. Punapa tiyang gêmblung purun ngrècèhakên gadhahanipun piyambak ingkang padosipun kalangkung angèl. (Samantên gawatipun tiyang pados ngèlmi).

Amila kapanggihipun ngèlmi sami sarana têlatèn, sêtiti, ngati-ati, lantip, waspada ambêk darma.

Sumăngga punapa para ingkang sami brăngta ing ngèlmi maksih sami kaconggah nglampahi pados ngèlmi tur dèrèng mêsthi angsal yèn pancèn botên kasinungan wahyu, cobi ta dipun lampahana [lampah ...]

--- 14 ---

[... ana] mangke rak tanpa damêl. Ingkang kathah tiyang sinau ing ngèlmi yèn rêmbagan bab ngèlmi lajêng èngkèl-èngkèlan (lumuh asor kudu unggul) punika bêjane Si Paman Dhoplang, punika tăndha dèrèng angsal.

3. Pocung

1. wus kapungkur babate kang ngèlmi luhung | luwung anggurita | angkarane janma sami | dimèn cêtha kêna kinarya darsana ||

2. darapon mung murih wijang-wijangipun | kinarya panglimbang | tuladan ala lan bêcik | wus wajibe wong tuwa crita kang nyata ||

3. tutur iku warna-warna têgêsipun | tan kêna sêmbrana | yèn luput ambêbayani | nêniwasi dadya wisaning agêsang ||

4. sangkanipun ala bêcik gènnya thukul | mung sing lêlampahan | apa kang cinipta sami | sêja ala sayêkti thukule ala ||

5. dene lamun marang bêcik sêdyanipun | ing wuri antuknya | sayêkti manggih basuki | iku nyata coba kaki titènana ||

6. yèn yun wêruh pralambangnya kang kadulu | upama tanduran | manungsa nyêbar punapi | nyêbar gaga sayêkti thukule gaga ||

7. dene lamun nandur uwiting kacubung | kang thukul badhenya | tan liya kacubung sami | pan mangkono iku kaki pêpindhannya ||

8. mung puniku kinarya watoning laku | sathithik kewala | murih gampang dèn lakoni | tur sanyata

--- 15 ---

nora bingungake karsa ||

4. Dhandhanggula

1. saya lêgi rasa ngisor iki | yèn ginigit lir kadya sarkara | lamun kolu anglêr bae | yèn klêbu balung sungsum | marang jasad rumasuk yêkti | iku upamanira | yèn mungguhing aku | manungsa yèn wus mupakat | barang kalir apa kang sinêja sami | sasat wong lara waras ||

2. coba kaki bênêr ingkang pundi | wong ngaurip kang dèn pêrlu apa | anèng ngalam donya kene | akèh kang padha klèru | kang dèn ăngka nora ngèmpêri | pêrwita mrana-mrana | jarene mêguru | ngèlmu tuwa yèn palastra | dina benjing lamun tumêkaning lalis | bisa munggah suwarga ||

3. pama mêsthi wong mêguru kaki | lamun benjang tumêkèng palastra | munggah sawarga yitmane | saiba enakipun | lamun kêna tinêbas ngaji | dak kira wong sajagad | jur padha mêguru | hèh kaki padha elinga | lamun sira iku umate Hyang Widi | aja kurang narima ||

4. Gusti Allah iku langkung sêkti | langkung adil samubarangira | aja sira salah gawe | arsa mintêri laku | pêparinge Hyang Maha Sukci | mundhak malah duraka | kaki ing uripmu | jasatmu kang sira gawa | nora dosa milu lara sabên ari | mung anut karêpira ||

5. lamun udur prakarane pati | nadyan silih nora dèn gurokna | pati iku datan [data ...]

--- 16 ---

[... n] wande | awit wus mêsthinipun | yèn wus tuwa bakal ngêmasi | ya gene dadak padha | kakehan panêmu | mrana-mrene golèk warta | ngupa guru kang mangêrti ngèlmu pati | tiwas kêlara-lara ||

6. gugu ujar kang nora ngèmpêri | sasat sringat kang nora ngupakat | dèn antêpa sapatine | kapriye prasanipun | janma ingkang pikire sami | sasat kewan alasan | dadra dènnya kumprung | aluwung kang sipat kewan | wus jaragan nora duwe ika-iki | balik jênêng manungsa ||

7. yèn mangkono tan kêna pinilih | mung kacèke dèn arani janma | yèn pikire padha bae | tandange wus kadulu | kang kacêtha ing dhuwur iki | coba padha mukira | apa bedanipun | pradene sok ngaku bisa | lugu klèru dèn rungkêpi praptèng pati | isin mundur têgêsnya ||

5. Pangkur

1. pangkur buntuting carita | tatarane kang kanggo wong ngaurip | bonggan kang tan arsa gilut | lugune tur ya lumrah | jaman iki tumêkane jaman besuk | kang pêrlu ngupaya pangan | lan pratikêl golèk dhuwit ||

2. awit wong nèng ngalam donya | donya iku têgêse êmas picis | yèn tan ngidak donyanipun | sasat nora nèng donya | padha bae karo wong tumêkèng lampus | iku kaki rasakêna | kang kongsi karasèng ati ||

--- 17 ---

3. mulane sabisa-bisa | ihtiyara kang kongsi olèh asil | nanging kang mujur lakumu | aja kaworan cidra | cidra iku suwe-suwe nêkêk gulu | yèn tan ngandêl titènana | rasane wong cidra kaki ||

4. nanging poma aja pisan | ngêlakoni panggawe kang tan bêcik | yaiku upamanipun | dhêdhêr barang kang ala | lamun thukul tan wurung uwohe besuk | nandur ala thukul ala | apa sira doyan bugti

Sarèhning sampun têlas anggèn kula damêl têtimbangan kanggenipun tiyang ngagêsang dumugi ing jaman akir, punika gumantung wontên kêparêngipun ingkang badhe nglampahi, kula tiyang mardika sagêd kula namung cariyos sagaduging pamanggih kula, dados nama sampun ngêplêki kalihan têmbung kula: Sapanyana.

Ing ngandhap kula gêntos nyariyosakên bab lêrês lêpating pitutur ingkang sampun mratah tiyang sajagad, dene pitutur wau sakathahing tiyang sagêd, pituturipun sasat tan prabeda, amila kula gêlaripun pindhah supados sami dipun sumêrêpi tur kenging katimbang punapa salêrêsipun, kula ingkang nguncèki kulitipun, sampun kêtanggêlan anggèn kula dhapur mardika, kados ingkang kawêca ing sêkar sinom ngandhap punika.

Sinom

1. wolak-walik sastra kara | pinadu tan uwis-uwis [u ...]

--- 18 ---

[... wis-uwis] | pituture wong sêjagad | sabên-sabên mituturi | amung pitutur bêcik | pradene[8] nora dèn turut | tăndha kurang sampurna | kumênthus mêksa nuturi | durung pana gumagah amulang putra ||

2. coba ulun arsa wikan | apa watonmu kang yêkti | yèn bêcik iku sampurna | sampurnane săngka ngêndi | yêktine durung uning | watonmu mung tiru-tiru | tiwas padha kangelan | gawe waton nora bêcik | yèn bêcika măngsa nora dèn turuta ||

3. yèn sira angantêpana | lamun bêcik iku adi | dadi sira wus pranyata | amukir marang Hyang Widi | sira arsa nyelaki | tandurane Hyang Maha Gung | kabèh isining jagad | Gusti Allah kang nanduri | dene sira kumênthus yun ngilangana ||

4. tandurane Gustinira | ala tanapi kang bêcik | kabèh kang gumlar ing jagad | saane wus pinanci | nora kêna dèn longi | ala bêcik dipun tuntun | mung rekane manungsa | barang kodrat dèn owahi | bonggan sira wong lêgan golèk momongan ||

5. lamun sira arsa wikan | karsane Hyang Maha Sukci | ala bêcik wus kinarya | dhasar kaparênging Gusti | yèn Gusti datan apti | sak nalika wus ginulung | tan nganakkên kang ala | pasthi sanalika bêcik | pirangèle [pirangè ...]

--- 19 ---

[... le] yèn dadi karsaning Allah ||

6. samangkya wus katon nyata | anane ing donya iki | atas karsaning Pangeran | mulane aja kumaki | age-age nuturi | watonmu mung tiru-tiru | kok anggêp wus sampurna | tiwas angisin-isini | luwih bêcik uripmu padha narima ||

7. elinga yèn sira titah | dèn paringi bisa urip | apa padha walês sira | marang kang kuwasa sami | jêbul arêp ngayoni | kang karya pati uripmu | dudu padon têmênan | si gêmblung ujare sami | saya dadra rêmbuge kang murang krama ||

8. yèn sira kasiku benjang | aja mêsgul anglakoni | sokur maksih dadi janma | yèn dèn titisake gênjik | pakanamu mung têki | rina wêngi saba ngêndhut | arêp tobat tan bisa | arêp gugat mênyang ngêndi | tangisana wis kasèp măngsa balia ||

9. samangkya wus gamblang-gamblang | anane ing donya iki | sabarang tan kabênêran | ewuh-aya ing pabudi |[9] dadya wus mratandhani | urip iku sipat luput | ala bêcik tan beda | lamun milih ingkang ngêndi | angèl timên wolak-walik sastra kara ||

10. rungokna sapisan êngkas | ana paribasan maning | cacahe limang prakara | kadya ing ngisor puniki | luwih elok sayêkti [sa ...]

--- 20 ---

[... yêkti] | nanging kang durung sumurup | lugune pancèn nyata | tatane uga ngêplêki | kodratolah asal mula-mulanira ||

11. wong dana kêlara-lara | wong tulung kêpênthung mêsthi | wong eman bakal kapiran | wong tutur kojur sayêkti | wong mardika kang mêsthi | tan tuk rahmating Hyang Agung | punika saya cêtha | gamblang-gamblang wus sayêkti | yèn wong urip sipat luput uripira ||

12. dadya pêrlu amêrdika | mardika ananing dhiri | dhiri kita kang sun trêsna | rina wêngi kang sumandhing | ngong gawa dadi kanthi | dak trêsnani kongsi besuk | nora mung lêlamisan | têmên nyata trusing ati | Gusti Allah wus bênêrke nora salah ||

13. ulun iki dadya titah | nora pêrlu anuturi | tulung aku nora bisa | dêdana uga tan bangkit | ngeman uga dak sirik | mung mêrdika sênêng ingsun | rêmbugku pirang-pirang | dudu dhapur mituturi | kăndha blaka kaanane ngalam donya ||

14. nyaring kaanan kang nyata | kang sampun dipun idaki | dadya nora tuna dungkap | benjing tanapi samangkin | kang ngalingi kalingling | gumawang sapurug-purug | tan ana kang kalingan | jagad agung jagad alit | wus warata kinêmat sampun kaasta ||

15. dadya jumênêng priyăngga | angganya wus tan kaèksi | têbih cêlak [cê ...]

--- 21 ---

[... lak] tan katingal | benjing tanapi samangkin | wus sami tan kawarni | bali alame asuwung | wungwang sipating alam | angêlangut tanpa têpi | titi pana wus têlas ingkang carita

Tamat.

I ING TJIANG, BLITAR

--- [0] ---

[2 halaman Iklan]

 


1921. (kembali)
Lebih satu suku kata: dudu ngèlmu Tyosopi. (kembali)
§ Wahyuning batos. (kembali)
§ dèn padha kasmaran sira. (kembali)
Kurang satu suku kata: tur durung wêruh ing rasa. (kembali)
Lebih satu suku kata: kang aran rasa sanyata. (kembali)
Kurang satu suku kata: sapisan asugih reyal. (kembali)
prandene. (kembali)
pambudi. (kembali)