Wasitadi, Sitti Sjamsijah, 1939, #1657

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Regi f 0,45

Wasitadi

Sinawung sêkar macapat. Amêjangakên ngilmi ma'ripat sarta tokhid dalah ngakaid sèkêt, punapadene khikmah sarta kawigatosanipun rukun Islam. Anggitanipun: Ingkang Sinandi

1e Druk. 1870 — 1939. Ingkang ngêdalakên: Electr. Drukk. & Boekhandel

Ab. Sitti Sjamsijah

Uitg. Hidajat & Taçawoef Islam en Poestaka Soerakarta. SOLO-JAVA. 1870 — 1939.

--- [0] ---

Băndha dănya iku anjaluk rêksa ing manusa, nanging ngilmu malah angrêksa ing manusa.

Makatên ungêlipun satunggaling warah. Amila panjênêngan sadaya, sampun ngantos rêmên simpên băndha ingkang lajêng angiwakakên ngilmu ingkang piguna tumraping dănya akirat. Tumrap ngilmu, punika ing Electr. drukkerij & Boekh. Ab. Sitti Sjamsijah, Gandekan kiwa Solo sampun nyadhiyani cêkap, sawênèhipun kados ing ngandhap punika, wragading pangintun 10% nipun rêgining buku an gêtekên tambah f 0,20 rêmburs tambah f 0,50.

1. Ngajaibul Kulub: anggêlarakên kaelokaning manah, amêngku kawruh kasampurnan, kasukman, pilosuf, tasawuf lan kasucianing batos, ingkang samak èdèn rêgi f 4,50 tipis rêgi f 3,50 dening M. Ng. Ihsanuddin.

2. Ngalamul Insan: anggêlarakên kawontênaning alamipun manungsa, wiwit ngalam arwah, dănya, barjah, engga dumuginipun ingkang pinanggih benjing alam akirat, rêgi f 0,50 (dening N. Musa, mubalig Islam).

3. Andhaning Para Ahli Kasutapan: mitêrangakên tundha-tundhaning martabatipun para ingkang nêdya kumawula ing Pangeran, rêgi f 0,40 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

4. Riyadlatun Nusuf: anggêlarakên kasutapan miwah lampahing manah, parlu sangêt kagilut ing para ingkang sami rêmên ulah batos, rêgi f 2,00, samak èdèn f 3.- tumrap Riyadlatun Nusuf ingkang ringkêsan f 0,60 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

5. Afatul Lisan: amarsitakakên kawontênaning păncabayanipun pangucap, ingkang sagêd anuwuhakên bêbaya dhatêng sarira pribadi lan bêbrayaning gêsang. Parlu sangêt kaudanèn ing sadhengah tiyang, rêgi f, 0,65 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

6. Babating Ngilmu Tasawup lan Tarikatul Auliyak. Sintên ingkang sumêdya kapengin nyumêrêpi babading ngilmu tasawuf ingkang ngantos angundurakên dhatêng gêrakan Islam, lan nêdya ngambah margining para wali ingkang modèrn, marlokna kagungan sêrat punika, rêgi f 0,80 (dening M.S. Basari & R. Ng. Adi Wiyata)

7. Dzamul Ghodhob, amarsitakakên lampahing manah ingkang gandhèng kalihan pamuring dalah păncabayanipun, rêgi f 0,65 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

8. Dzamul Dunya, anggêlarakên păncabayaning miwah piguna lan munpangatipun, walak-walak panganggenipun, rêgi f 0.65 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

9. Dzamul Jahi Wariyak, amarsitakakên cinacading kawibawan, kasinggihan, utawi pangkat, tuwin cinacading riya, sêsongaran lan unggul-unggulan, rêgi f 0,85 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

--- [0] ---

Regi f 0,45

Wasitadi

Sinawung sêkar macapat. Amêjangakên ngilmi ma'ripat sarta tokhid dalah ngakaid sèkêt, punapadene khikmah sarta kawigatosanipun rukun Islam. Anggitanipun: Ingkang Sinandi

1e Druk. 1870 — 1939. Ingkang ngêdalakên: Electr. Drukk. & Boekhandel

Ab. Sitti Sjamsijah

Uitg. Hidajat & Taçawoef Islam en Poestaka Soerakarta. SOLO-JAVA. 1870 — 1939.

--- 1 ---

----------

Kaananing Manungsa Sawuse Mati

Bismillaahirrahmaanirrahiim[1]

Serat Wasitadi

1. Dhandhanggula

1. pindha rêsi rasèng sru mrih manis | dêrênging tyas dènira yun mêdhar | wasitadi ngarah yune | myang sêdyarsa berat dur | ojokaning iblis kang jail | ring janma kang atela | asring tindak digung | tan anggugu wiyatarja | jêr anggêpnya yayah bênêra pribadi | datan èngêt takanya ||

2. taka iku pan atêgês pati | patining wong yêkti aprabeda | lan patining sato kabèh | patining sato iku | yèn wis dadya lêbu nulya wis | rampung prakaranira | tanpa tuwas tuhu | nadyan ngayani manusa | kadidene rajakaya yèn wus mati | pan amung dadya lêmah ||

3. nadyan uga sato ing wanadri | kang arudra ing sabên rinanya | ngrurah mêmongsa karyane | tarkadhang mangsah ngawud | ngêrah janma ingkang lumaris | nèng madyèng wanapringga | nging ta iku mau | mungguhing Hyang Mahanasa | tan kagolong dosa kang dèn gêgantungi | pidana nèng akirat ||

4. jêr patine uga mung nêmahi | dadya lêmah ludhês prakaranya | datan ana wêwalêse | balik manusa iku | yèn wus mati nèng akhirati | bakal kinisab ing Hyang | sagung amalipun | lire kinisab pinriksa | paran dènnya ngamal ing nalika urip | tangat apa maksiyat ||

5. lire tangat anêtêpi [a...]

--- 2 ---

[...nêtêpi] bêkti | sagung tindak anêtêpi prentah | cocog kalawan syara'e | dene maksiyat iku | nrak pêpacuh kang amlarati | lir karêm ma lêlima | madat madon minum | mangani main botohan | kanggonira nyilakani marang dhiri | bangkit nglèpèti brayat ||

6. de liyane ma lima ngapusi | dhêmên mitnah lan ambêg niaya | ngrudapêksa lan angrangkèd | ngrèmèhkên myang anyatur | lan samaning tindak tan yukti | kang masthi ginantungan | pidanèng Hyang Agung | tanapi sasar ing tekad | ing jroning tyas blêkêthêkan kêbak musyrik | nyakuthokkên ing Allah ||

7. lah ta wong kang mangkono kang urip | kasidane apa bakal padha | lan kang bêkti Pangerane | myang kèh ngamale bagus | lir adhangan têtulung bêcik | tyase ambêk wêlasan | susila ing laku | lan ngadil aparamarta | dhêmên danadriyah marang para fakir | lan marang pakumpulan ||

8. lamun ngakal kang waras lan wêning | yêkti nganggêp lamun nora padha | jêr kalamun padha bae | apa gunane idhup | darbe idhêp kang bênêr bêcik | bok uwis nyara kewan | kewala rak cukup | lan lamun sinung kawasa | bok atindak arda angkara ing ati | anindhês mring kang ina ||

9. gampang lamun | têmbe wusnya mati | atumimbal lair marang donya | yèku bali urip manèh | nulya baguskên laku | karbèn dadya sampurna jati | o kok enak anggêpnya | linca-linci idhup | apa ta wong kang mangkana | nora ngrêti lamun sagung para nabi | sugênge mung sapisan ||

10. tanna swiji bae kang ngakoni | yèn sugênge anèng ngalam donya | bola-bali tumimbale | lan para nabi rasul | uga nora nana kang mangsit | yèn uripe pra

--- 3 ---

janma | iku wongsal-wangsul | kang bênêr iku mung pisan | nanging ana urip ing sawuse mati | yèku benjang ri bangas ||

11. ari bangas tangi saking pati | de klakone iku ari bangas | wusnya ngalam kyamat kabèh | binrastha ing Hyang Agung | jêr wus têkèng wêwatêsnèki | yèn sira yun uninga | kabar kyamat iku | myang têkane ari bangas | lah macaa wêcane Allah pribadi | nèng kitab suci Kuran ||

12. yèn lugune Kuran nora ngrêti | cukup sira ngrêtèni kang Jawan | kang uga wus winêtokke | katam têlung puluh juz | yêkti sira nulya mêruhi | wêca-wêcane Allah | kang mrênca gonipun | anèng sawêtara surat | kadidene nèng surat Kyamat lan maning | Mutafifin Mursalat ||

13. lah apa ta benjang kang pinanggih | pra manungsa wusnya ari bangas | yèku yun kinisab kabèh | sagunge ngamalipun | dening Allah Kang Maha Agung | parlu yun tinuhonan | lan walês kang urus | dosa pinidanèng krama | bêkti yêkti pinradana nèng suwargi | kadwi samya langgêngnya ||

14. marma urip mung sapisan iki | sira padha akumawulaa | marang Hyang Kang Amurbèngrèh | ruruhna sakèh laku | dèn araha bisa nêtêpi | ing khukumirèng syara' | kang mardi rèh hayu | khukuming syara' pinerang | dadya pitung warna ingkang dhingin wajib | kapindho aran sunat ||

15. katri kharam makruh ping patnèki | kalimane ingaran wênang | nêm sah batal kapitune | de karam wajib iku | sagung tindak kang dèn gantungi | ganjaran ing akirat | tumrap kang amèstu | kang nora siniksèng nraka | de kang aran sunat saka kang nglakoni | ginantungan ganjaran ||

16. nanging lamun nora anglakoni | nora pinidana nèng naraka |

--- 4 ---

de kharam iku têrange | cêcêgahe Hyang Agung | sapa ingkang nêrak nglakoni | pinidana ing nraka | ananging kalamun | nyingkiri panggawe kharam | ginantungan ganjaran anèng suwargi | wus mangkono ngadilnya ||

17. dene makruh iku anglakoni | nadyan nora siniksa naraka | nging sinêngit Hyang Murbèngrèh | nging kang nyingkiri iku | ginantungan ganjaran swargi | dene kang aran wênang | kêna-kêna iku | kang nglakoni lan kang ora | padhadene tan ana wêwalêsnèki | anane nèng klanggêngan ||

18. de kang aran sah utawa sahih | sagung ngamal kang cocog dalilnya | kang patang prakara kèhe | Kuran Khadis Jêng Rasul | Ijma' Kiyas salah sawiji | Ijma' mufakatira | pra ngulama mashur | Kiyas mirid Khadis Kuran | de kang samya katêtêpan anglakoni | yèku para mukalaf ||

19. de mukalaf lire kang pinardi | anglakoni sagung khukum syara' | yèku janma kang ngumure | wus têkèng baligh tuhu | lan kang nora bisu myang tuli | lan nora lara owah | gingsir ngakalipun | tanapi nora alasan | lan manèhe wus kêtêkanan mubaligh | kang ngajak marang Islam ||

20. de tumrape wong ing tanah Jawi | khukumira kalêbu mukalaf | jêr wus Islam agamane | lan duk ing supitipun | wus sinahdat bonge kang nyupit | marma kabèh kewala | băngsa kita iku | wajib mèstu khukum syara' | de kang aran tindak wajib lir kang dadi | pikukuhe agama ||

21. pikukuhe agama winarni | Islam iman tokhid lan ma'rifat | papat awigati kabèh | lire ma'rifat iku | mangrêtèni sifat Hyang Widhi | kang wajib lan kang mokal | mungguhing Hyang Agung | kang wajib rongpuluh sifat |

--- 5 ---

lan kang mokal uga rongpuluh kèhnèki | lan swiji sipat wênang ||

22. iku sipat patangpuluh siji | kalumpuke apan nuli dadya | kalimah tokhid arane | dene ta iman iku | wruha yèku pangandêl ati | ring ghaib kang winêca | nèng Kuran kang luhung | lir pracaya marang Allah | Malekatnya lan kitabe ingkang suci | Rasule myang ri kyamat ||

23. de ma'rifat iku mangrêtèni | sipat wajib mokal lawan wênang | tumrap Allah lan Rasule | sipat wajib Hyang Agung | iku apan rongpuluh warni | mokal uga dwidasa | swiji wênangipun | de kang tumrap Rasuling Hyang | wajib papat mokal papat wênang swiji | gunggung sèkêt kumpulnya ||

24. dene amrih bisa dèn ngrêtèni | binundhêlan anèng sajroning tyas | sayogya rada jinèrèng | wijang-wijange iku | sifat ingkang sèkêt ngakaid | kang dhingin yogya mijang | sifate Hyang Agung | ingkang patangpuluh juga | sayogyane gatèkna lan tyas kang wêning | mrih gambuh sajroning tyas ||

2. Gambuh

1. sipate Hyang Kang Agung | ingkang dhingin yèku aran Wujud | lire Wujud Allah iku ana yêkti | kang nitahkên para mahluk | kang katon myang nora katon ||

2. mokale Allah iku | yèn ta lamun nora sipat wujud | jêr wujuding mahluk wus dadi tandhaning | wujude kang gawe mahluk | lah iku ingkang gumathok ||

3. kadi anane prau | ingkang layar anèng samodra gung | nuduhakên anane kang ngêmudhèni | lan kang gawe prau mau | lah iku pindhan kang cocog ||

4. de yèn durung anggambuh | dèn anggagas kaanane mahluk | tanêm tuwuh puspita kang mănca warni | bumi ardi samodra gung | kartika kang anjrah abyor ||

--- 6 ---

5. srêngenge lan sitèngsu | hawa angin mega lan kêkuwung | kang angawêng nèng ngawiyat milangoni | sapa kang nitahkên iku | lamun nora Gusti Alloh ||

6. apa ta ngalam iku | kang lakune tata lan aruntut | nora nana kang mangrèh lan ingkang kardi | kabèh wiwit duk rumuhun | ya wus dumadi mangkono ||

7. o yèn mangkono luput | ngalam miwah isine sawêgung | iku kabèh klêbu golongan khawadis | kang maune nora wujud | de wujude saka Alloh ||

8. marmane Allah iku | mokal yèn ta lamun nora wujud | dene sifat Wujud uga dèn arani | sifat Nafsiyah ranipun | băngsa sarira kang artos ||

9. dadya Nafsiyah iku | băngsa dzat kang ana sipatipun | de wujude Allah Kidam lire dhingin | kang tanpa kawitan tuhu | murwani sagung dumados ||

10. dadya anane iku | măngka pantogane sakèh mahluk | miwah dadi sababe sagung dumadi | kang rêrante ananipun | pantoge muhung mring Alloh ||

11. marmane Allah iku | mokal yèn ta kadhinginan mahluk | jêr sakèhing mahluk asifat khawadis | lan wujude Allah iku | uga wajib sifat Bakok ||

12. lire langgêng atêrus | kang sugênge tanpa seda tuhu | dadi nora kêna owah lawan gingsir | jêr sakèh mahluk sawêgung | tan bisa nyababi Alloh ||

13. marmane Allah iku | mokal lamun nora langgêng têrus | dadya uga Allah iku yêkti wajib | asifat Mukhalafatu | lilkhawadis[2] kang sayêktos ||

14. dene mokale iku | kalamun ta padha lawan mahluk | Allah uga Kiyamuhu [Kiya...]

--- 7 ---

[...muhu] bi nafsihi | jumnêng lan pribadinipun | tur jumnênge dahat elok ||

15. lire jumnênge iku | sarirane Allah nora butuh | kang jumnêngkên tanapi kang dèn jumnêngi | mokal yèn jumênêngipun | dèn jumnêngkên liya Alloh ||

16. jumnênge Allah iku | dadi nora kadi adêgipun | meja kursi kang dèn dêgakên undhagi | kang adêge nganggo butuh | kang dèn dêgi anèng ngisor ||

17. lan kang dèn dêgi iku | upamane jobin uga butuh | marang lêmah kang anèng sangisornèki | dene bumi uga butuh | murih nora bisa runtoh ||

18. mangkono iku têrus | engga marang Allah pantogipun | balik Allah jumnênge pratela yêkti | tan kadi mangkono iku | lah muga sira mangrêtos ||

19. lan manèh Allah iku | wajib sifat Wahdaniyah tuhu | Wahdaniyah têgêse sarwa sawiji | sawiji tumrap dzatipun | lan sifat afngale Alloh ||

20. sawijine dzatipun | yèku dzate nora loro têlu | lan swijine tan ana perangannèki | pêputra ya nora tuhu | lah iku swijine Alloh ||

21. de afngalullah iku | sawijine yèku duk Hyang Agung | karsa damêl mahluk amung dèn ijèni | kinancanan nora butuh | ijène mrantasi yêktos ||

22. jêr lamun Allah iku | damêl mahluk mung cinipta cukup | klawan kalam sabda pangandikanèki | yèku lawan sabdane Kun | anaa ana sayêktos ||

23. dene sipat Hyang Agung | Kidam Bakok lan Mukhalafatu | lilkhawadis Kiyamuhu bi nafsihi | Wahdaniyah limanipun | dadya bêbètènging Alloh ||

24. yèku kang nulak tuhu | marang sagung sipat liyanipun |

--- 8 ---

| ingkang nora pantês tumrap ing Hyang Widhi | sipat kang mangkono iku | Salbiyah têmbunge Ngarob ||

25. dene lamun kinumpul | sipat Nafsiyah Salbiyah iku | manjing sipat Istighnak artine sugih | yèku ingkang nora butuh | ring barang line[3] Alloh ||

26. dadya têrange iku | pan wujude Allah nora butuh | marang liyan kang mujudkên dzatirèki | kang dhingini wujudipun | uga tan ana sayêktos ||

27. sarta manèh kang nglampus | kang nyamèni lan jumnêngkên iku | tanapine kang nyêkuthoni dzatnèki | kabèh-kabèh iku mau | nora nana mungguh Alloh ||

28. mangkya kaya wus cukup | ing têrange yèn Allah tan butuh | marang liyan saking dening Mahasugih | lah rasakna kabèh iku | ywa nganti nora mangrêtos ||

29. wose dzatullah iku | dzat kang agung tan kêna dinumuk | dèn pêperang iya uga ora kêni | mlêtik cuwil nora tuhu | tanapi tan ngalap ênggon ||

30. marmane Allah iku | dzate têtêp Alayu Kalafu | nora kêna kinaya ngapa sayêkti | sapa tan landhêp tyasipun | tan bisa asmarèng batos ||

3. Asmaradana

1. samêngko yogya miwiti | mijang ring sipating Allah | sipat Mangani arane | kang anggusthi rèhing sipat | ingkang pitung prakara | Kudrat Iradat lan Ngilmu | Khayat Sama' Basar Kalam ||

2. Kudrat Kuwasa kang arti | lire Allah sipat kwasa | mokal yèn apês anane | tandhane yèn Allah Kwasa | wujude iki ngalam | kang anane dahat runtut | anggawokkên marang akal ||

3. tuhu angebat-ebati | sipat Kuwasaning Allah | kang molahkên ngalam kabèh | bawana miwah kartika | makitêr nèng falaknya |

--- 9 ---

datan ana lèrènipun | ajêg trus tan bêbêntusan ||

4. myang tumitahing pra janmi | nadyan ta mayuta-yuta | agèsèh kabèh rupane | siji kewala tan ana | ingkang padha rupanya | lan kabèh ginawe patut | nadyan tumitahe cacad ||

5. cêkake sapa mêruhi | marang kahananing ngalam | kang anane dahat elok | myang isine kang maneka | yêkti bisa makrifat | ring kwasane Hyang Kang Agung | srana landhêping pangrasa ||

6. samêngko ingkang winarni | Allah Iradat sipatnya | Iradat Karsa têgêse | mokale lamun kapêksa | dene pratandhanira | lamun Allah Karsa iku | dènnya wus nitahkên ngalam ||

7. lan anane para janmi | kang mawarna lêlakonnya | tuhu karsèng Allah kabèh | Allah upama ki dhalang | para manusa wayang | ana kang kinarya bagus | ana kang kinarya ala ||

8. ana mukmin ana kapir | tangat tanapi maksiyat | sugih miskin sêsamane | amung ta cilakèng janma | kang tumitah sapisan | uripe nêtêpi kupur | kapir tan iman ing Allah ||

9. tanapi tinitah miskin | yèn sugih asring daluya | nungsang sarik sênêngane | milih kupur lan maksiyat | kang dadya cêgahing Hyang | nampik iman lan pituduh | kang dèn parentahkên Allah ||

10. o paranbaya wong kuwi | benjang anèng kalanggêngan | nêmu cilaka sajêge | dhuh Allah Ingkang Kuwasa | lan ingkang sipat karsa | mugi-mugi awak ulun | Tuwan karsakkên abagya ||

11. bagya dănya bagya ngakir | ing dănya rêmên ngibadah | jinêmbarkên rijêkine | kathah èngête ing Tuwan | myang kasaenan amba | ingkang dhumatêng ing umum | dhuh Allah siha ing amba ||

12. kêlantur kêdhik kêtarik | dening langipe [langi...]

--- 10 ---

[...pe] kang nitra | sru èngêt marang sipate | Allah Kang Kwasa lan Karsa | têmah klair donganya | dhuh-dhuh muga donga iku | barkatana pra miyarsa ||

13. dene mungguh mêmpannèki | sipat Kudrat lan Iradat | iku pantês mujudake | barang kang ayun tumitah | miwah kang bakal sirna | kabèh saka dayanipun | Kudrat Iradating Allah ||

14. kadi ta ananing janmi | urip miwah patinira | yêkti dèn kwasani kabèh | lan kinarsan dening Allah | wong urip mung sadarma | lan mati bakal kabubuh | mangkono iku pasthinya ||

15. marmane tumrap wong mukmin | sabên ari yèn sêmbahyang | tansah ngaturkên unjuke | kawula umadhêp ing dzat | kang nitahkên akasa | myang bumi kanthi kayungyun | mèstuti angèstupada ||

16. saha kawula puniki | tuhu sanèn[4] golongannya | tiyang ingkang sami mangro | dhumatêng ing sêsêmbahan | tuhu sêmbah kawula | bêkti pêjah gêsang ulun | kadarbe pangraning ngalam ||

17. mangkya gantya mijang maring | sipat Ngilmu mungguh Allah | lire Allah wajib darbe | sipat Ngilmu kang têgêsnya | ngudanèni sabarang | mokale yèn Allah iku | lamun bodho ing sabarang ||

18. dene ngilmune Hyang Widhi | sagung barang kang tumitah | dèn ngilmoni sakabèhe | tan ana barang titahnya | kang dadine mung lahan | tan ana pigunanipun | myang tan ana parlunira ||

19. tumitahe ngalam iki | barang siji lan wênèhnya | butuh sêsambungan kabèh | pantog-pantoging sambungan | butuh marang ing Allah | kang sipat Mangani pitu | iku nora kêna ora ||

20. de tumraping para janmi | kang tan wruh gunaning barang | kang gumlar nèng ngalam kiye | iku tan lyan darunanya | saking kurang ngrêtinya | marang ing sagunging ngilmu | kang maksih piningid [piningi...]

--- 11 ---

[...d] ing Hyang ||

21. kadi ta duk para janmi | durung wruh gunaning hawa | listrik kang nganakke blêdhèg | yêkti wong mung nganggêp ala | jêr amung karya samar | yèn nyambêr wong têmah lampus | nêrak wisma dadya brastha ||

22. nging dupi wong wus mêruhi | lan bangkit mikute pisan | angalap marang dayane | pratela yèn gunanira | dahat agung sanyata | mèh sakèh pakaryan agung | migunakkên dayanira ||

23. kaya ta listrik ing pabrik | dayane ebat kaliwat | bangkit ngangkat kang lwih abot | lamun kinarya dêdamar | padhange lir rahina | lah iku swênèhing ngilmu | kang wus kababar ing Allah ||

24. mangkya gantya mijang maring | sipat Khayatirèng Allah | Khayat pan Urip têgêse | mokal Allah sipat seda | dene pratandhanira | lamun Allah Khayat iku | dènnya asipat tri ngarsa ||

25. lirira mokal sayêkti | lamun Allah sipat Kudrat | Iradat muwah ngilmune | iku têka sipat seda | yèn seda sayêktinya | Allah tan asipat Ngilmu | Iradat tanapi Kudrat ||

26. dene Khayate Hyang Widhi | tan kadi uriping janma | kang butuh ana nyawane | balik Khayatirèng Allah | sugêng datanpa nyawa | tur sugênge Allah iku | nora nganggo seda-seda ||

27. pan mangkono uga yêkti | sipat Sama' Basar Kalam | Allah tuhu midhangête | mirsa tanapi ngandika | mokal kalamun Allah | tuli wuta lawan bisu | tan sampurna sipatira ||

28. Sama' Basare Hyang Widhi | tanapi sipate Kalam | tanpa talingan mirênge | tanpa paningal mirsanya | lan pangandikanira | uga nora ngagêm tutuk | kadidene pra manusa ||

29. Sama' Basare Hyang Widhi | tanapi sipate Kalam | iku apan [a...]

--- 12 ---

[...pan] têrus kabèh | tanpa angaso sakêdhap | wiwit duk mulanira | engga ing satêrusipun | ajali abadi rannya ||

30. sipat kang têtêlu iki | sayêkti uga amêmpan | marang sagung titah kabèh | lire pamyarsane Allah | miyarsa sagung swara | kang alirih lan kang sêru | myang sagung gunêming janma ||

31. pra kawula kang bêbisik | nalika lagya sêmbahyang | uga kapiyarsa kabèh | mangkono uga pra janma | kang samya nyatur liyan | uga piniyarsa tuhu | ing panjênêngane Allah ||

32. de paningale Hyang Widhi | iku mirsa ing sabarang | agung alit sakabèhe | nadyan sêmut nèng pêtêngan | Allah mirsa kewala | Allah uga mirsa tuhu | wong kang bêkti lan kang maksyat ||

33. nadyan maksiyate nyêpi | tan tinon ing liyan janma | nging Allah masthi mirsane | marma wajib pra kawula | kang wus makripat ing Hyang | tansah ngrêksaa ing wuwus | lan ragane ywa maksiyat ||

34. de Kalamirèng Hyang Widhi | iku tanpa nganggo swara | lan tanpa kuruf jatine | kadadyane sagung titah | dumadi lan sirnanya | kalawan Kalam Hyang Agung | apa sasabdane dadya ||

35. Sama' Basare Hyang Widhi | tanapi sipat Kalamnya | iku pan sawiji kabèh | nora nganggo wêwilangan | sawiji wus sampura | nora kaya manungsèku | tumindak mawa ambalan ||

36. yèn nuju myat lan miyarsi | wuwuse wong kang nèng ngarsa | yêkti tan uning rupane | myang miyarsa ing lingira | wong kang anèng pungkurnya | mangkono satêrusipun | kang butuh marang ambalan ||

37. dadya yèn karêp tumuli | myat lan myarsakkên lingira | janma kang anèng pungkure | tandya nilar kang nèng ngarsa | tanggap apasang karna | lan myat wong kang anèng pungkur | kang ngajak awawansabda ||

--- 13 ---

38. pae lan Sama' Hyang Widhi | tanapi Basar Kalamnya | pan amung sawiji bae | nora anganggo wilangan | kang mawali trapira | kadi myate Allah iku | bablas tan bisa kalingan ||

39. myat kawula kang nèng jawi | uga myat kang nèng jro wisma | nadyan tinutup korine | lah mangkono dunungira | swijining sipat Sama' | Basar lan Kalam Hyang Agung | kang tan nganggo ngraras driya ||

4. Mijil

1. wus palastha kang sipat Mangani | winijang suraos | pan ing mangkya gantya mêdharake | sipat Maknawiyah pitung warni | Maknawiyah arti | têtêpirèng wujud ||

2. sipat Maknawiyah lan Mangani | mapan gandhèng yêktos | kadi sipat Kadiran agandhèng | lawan sipat Kudrating Hyang Widhi | mangkonèku masthi | nora bisa luput ||

3. dene sipat Kadiran kang arti | yèku kang kuwaos | mokal Allah kang apês anane | Allah uga Muridan sayêkti | muridan lirnèki | kang Akarsa tuhu ||

4. mokal lamun Allah sipatnèki | kapêksa ing pakon | Allah uga Ngaliman sipate | pan têgêse ingkang ngudanèni | mokal yèn ta nganti | kang abodho iku ||

5. Allah uga Khayat sipatnèki | kang sugêng sajatos | mokal lamun kang seda anane | Allah uga Samingan sayêkti | lire kang miyarsi | mokal kang tan ngrungu ||

6. Allah uga Basiron kang masthi | de lire Basiron | yèku ingkang mirsa ing sagunge | mokal lamun kang wuta tan uning | ring sawiji-wiji | kang asipat makhluk ||

7. sipat Mutakaliman kang kèri | dene ingkang artos | Allah ingkang Ngandika anane | mokal lamun kang bisu tan angling | lah iku wijanging | Maknawiyah pitu ||

8. marma mangkya wus têrang sayêkti | sipat warna roro | iku têtêp [têtê...]

--- 14 ---

[...p] agandhèng anane | Maknawiyah nyêthakkên maknawi | sakarone iku |[5] Iptikor ranipun ||

9. yèku ingkang masthi dèn butuhi | ing makhluke Alloh | nanging nora butuh ing liyane | jêr dzatullah iku Mahasugih | têmbunge Ngarabi | Istighnak ranipun ||

10. mangkya gantya mijang sipat Jaiz | wêwênanging Alloh | Allah iku pan wênang yêktine | panggawene marang sagung mumkin | nadyan tan akardi | uga wênang tuhu ||

11. dadya mungguh ananirèng langit | lan bumi kang katon | tanapine sagung makhluk kabèh | datan wajib mungguhing Hyang Widhi | pi'lukulli mumkin | utawa tarkuhu ||

12. gawe lawan tinggal gawe mumkin | wênang mungguh Alloh | lire mumkin kang wênang anane | nadyan solan-salining pra Nabi | dutaning Hyang Widhi | uga wênang iku ||

13. tanapine tuprape[6] salining | syarengate Alloh | iku uga pan wênang yêktine | lir syarengating Taoret salin | syarengating Injil | gya srengat Kuran gung ||

14. nging rèhira tumrape ing mangkin | kaparênging Alloh | tan nyalini sarengat liyane | Kangjêng Nabi Mukhamad kang sidik | iku têtêp dadi | Nabi kang panutup ||

15. lan kitabe Kuran têtêp dadi | panutan sagung wong | marma sapa kang tan age-age | ngimanakên tanapi mèstuti | wong iku sayêkti | têtêp dadya kupur ||

16. nadyan iku wong ngimankên maring | ananirèng Alloh | uga têtêp akapir ênase | manèh dèn wruh wênange Hyang Widhi | nitahkên pra janmi | uga wênang iku ||

17. paring waras miwah paring sugih | ring sawênèhing wong | Allah uga pan wênang yêktine | tanapine paring mukmin kamil | uga wênang yêkti | nora wajib tuhu ||

18. manèh Allah uga nora wajib | anglastarèkkên wong | lir kang mukmin [mu...]

--- 15 ---

[...kmin] têtêp nèng imane | lan kang Islam anèng Islamnèki | pan mangkono yêkti | wênange Hyang Agung ||

19. marma tumrap sagunge wong mukmin | kang ma'rifatulloh | kang wus wêruh yèn Hyang Kang Murbèng rèh | pan mangkono sipat wênangnèki | yêkti sangsaya jrih | ring wisesanipun ||

20. yèku ajrih kalamun anganti | imane cinopot | dhèdhèl saking ing jroning atine | murudira mring kasidan jati | dadya anêmahi | mati lawan kupur ||

21. yèn mangkono sayêktine dadi | ala wêkasing don | aran syu'ulkhatimah têmbunge | dhuh-dhuh Allah Hyang Kang Mahaasih | mugi Tuwan Gusti | ngasihi ing ulun ||

22. nglastarèkkên iman ulun Gusti | dumugining layon | atêtêpa tan ngantos kadhèdhèl | dhud-dhuh Gusti mugi amêlasi | ring ulun kang dla'if | ngabulkên panyuwun ||

23. lah mangkono trange sipat Jaiz | wêwênange Alloh | muga-muga pra sudara kabèh | bangkit ngalap ring pituduh jati | saking sipat Jaiz | wênange Hyang Agung ||

24. yèku nuli ing tyas darbe ajrih | ring pamurbèng Alloh | têmahane tansah adhêdhepe | gêgeyongan marang ing Hyang Widhi | umadhêp ing tokhid | dahad dènnya kukuh ||

25. mangkya kaya wus têrang sayêkti | wêwênange Alloh | kang jlèntrèhnya bangêt anêtêpke | kapangrane Allah Mahalêwih | muga dèn ngrêtèni | lan cinakup kalbu ||

26. de kumpule sipat ingkang wajib | lan mokale Alloh | tanapine sipat wêwênange | iku apan dadi klimah tokhid | kang minăngka dzikir | pra mukmin sawêgung ||

27. nafi isbat têmbunge Ngarabi | dene ingkang artos | nafi iku bangêt angorakke | ing anane Pangeran sajati [sa...]

--- 16 ---

[...jati] | de isbat kang arti | nêtêpakên tuhu ||

28. yèku nêtêpakên ing ananing | Pangeran sajatos | ingkang Asma Allah Kang Murbèng rèh | La Ilaha iku ingkang nafi | de Ilalloh-nèki | dadya isbatipun ||

29. wus palastha pamijange maring | ma'rifat ing Alloh | muga iki wêjangan kang jlèntrèh | têtêp dadya pituduh sajati | ma'rifat ing Gusti | Allah Kang Mahagung ||

30. jêr ma'rifat dadya pikukuhing | agama kang kukoh | lan ma'rifat ring Hyang Kang Murbèng rèh | iku dadya wajib ingkang dhingin | tumraping aurip | kang nêdya tan mungkur ||

5. Pangkur

1. sapa tan mungkur mring Allah | myang wus nyakup ring wêjangan ing ngarsi | têtêp wus ma'rifat tuhu | ring Hyang Kang Murbèng titah | kari wajib angrêksa ing tokhidipun | mrih ywa rusak ma'rifatnya | dening rêrêgêding syirik ||

2. krana tokhid iku uga | dadya baku pikukuh kang sajati | tumrap agamèng Hyang Agung | sapa rusak tokhidnya | sayêktine tumibèng syirik tyasipun | lan sapa syirik tyasira | têtêp najis tyasirèki ||

3. de tokhid iku artinya | nyawijèkkên Pangeran kang sajati | yèku Hyang Kang Mahaagung | Allah kang murbèng titah | kang Kuwasa lan Sampurna sipatipun | lan Mahasuci sanyata | saking sipat kang tan yukti ||

4. de syirik iku artinya | mangro maring sêsêmbahan sajati | lir nêmbah mring brahalèku | gambar lan kayu palang | lan anganggêp saliyane Allah iku | ana kang bisa wèh bagya | lan ana ingkang mlarati ||

5. mangkono lir anggêpira | swênèh janma kang bodho ngilmu tokhid | angganggêp yèn kubur iku | pan kêna sinuwunan | apa ingkang dadya kabutuhanipun | lan jimat bisa wèh bagya | petung bêcik anylamêti ||

6. panganggêp

--- 17 ---

ingkang mangkana | nyata syirik klêbu cêgah Hyang Widhi | yèn sira sêdyarsa hayu | ing kalanggênganira | ngêdohana syirik kang klêbu dosa gung | lan ywa nyênyuwun mring barang | kang nyata sipate mati ||

7. yèn sira mamrih lantaran | amuriha ingkang dèn karilani | kang tan ana bahyanipun | marang taokhidira | yèn gonira murih lêlantaran iku | ring barang kang sipat pêjah | gampang tumiba ing syirik ||

8. sirik sayogya dohana | sapa syirik yêkti Pangeranèki | pating tlècèk dunungipun | dhanyang pêri prayangan | cikal bakal smarabumi lan lyanipun | bisa dadi pangranira | kang asring dèn sêsuwuni ||

9. wong kang syirik marang Allah | nora darbè bêbundhêlan jro ati | lan tekad ingkang linuhung | pae lan wong kang iman | bundhêlane tokhid lan tekad kang luhung | kang tuhu gung dayanira | bandêl lan ngandêlkên ati ||

10. lan yèn wus muntu ing tekad | wong kang tokhid mung madhêp mring Hyang Widhi | tan ajrih tumêkèng lampus | băndha miwah nyawanya | dèn êcongkên măngka labuh ing Hyang Agung | lamun agamaning Allah | ngantya dèn êsorkên janmi ||

11. wong kang tokhide mangkana | nadyan kasor nèng madyaning ajurit | kapupu nêmahi lampus | nging wêwangsiting Allah | anèng Kuran nyêbut wong iku tan lampus | namung urip sajatinya | nèng ngarsèng Pangerannèki ||

12. dadya wong kang tokhid ing Hyang | iku nyata wong kang mênang sajati | nadyan kasor lairipun | nging sajatine mênang | bangkit jarah swarganing Allah kang luhung | lah ta iku pigunanya | darbè bêbundhêlan tokhid ||

13. wus palastha pamijangnya | ngilmu tokhid kang dahat awigati | mangkya sêdya mijang têrus | ngakakid ingkang sanga | wajib mokal lan wênange [wênang...]

--- 18 ---

[...e] para Rasul | wajibe pan ana papat | mokal papat wênang swiji ||

14. sipat wajib kang kapisan | Rasuling Hyang iku asipat Sidik | Sidik atêmên liripun | mokale lamun dora | sagung warah lan sabdane para Rasul | nadyan kang mêca akirat | nora dora ananèki ||

15. têkane pra Rasuling Hyang | mring manusa dèn utus ing Hyang Widhi | mrih ngancam pra manungsèku | kang kapir marang Allah | lan tan mèstu ring prentah cêgah Hyang Agung | kalawan siksa naraka | kang langgêng datanpa uwis ||

16. lan angêbang wong kang iman | myang mèstuti ring dhawuhing Hyang Widhi | klawan ganjaran swarga gung | de wajib kapindhonya | para Rasul sipat Amanat satuhu | lire pinracayèng Allah | mokal cidra ing pakarti ||

17. jêr Allah uwus mitaya | milih Rasul sayêkti tan nyidrani | yèn cidra dènnya kautus | yêkti wus rinampungan | pinidana tanpa dèn srantèkkên tuhu | de sipat kang katêlunya | yèku aran sipat Tabligh ||

18. Tabligh nêkakkên lirira | pan mokale yèn ta angumpêt nganti | kautuse para Rasul | mapan amung sadarma | sagung dhawuh tanna kang dèn umpêt iku | tinêkakkên pra manungsa | datan ana kang acicir ||

19. ping pate sifat Fatanah | lire limpad micara mring agami | mokal yèn pra Rasul iku | bodho kaananira | nora wasis micara agama luhung | yèn nêkakkên dhawuhing Hyang | mring manusa bisa nlisir ||

20. mapan srana sipat papat | ingkang wajib lan papat mokalnèki | dadya sampurna satuhu | sipate Rasulullah | nora nguciwani dènnira kautus | ring sagung para manusa | miwah ring sagung para jin ||

21. marma sing sapa wus faham | yèn pra Rasul sipate lir

--- 19 ---

ing ngarsi | yogya sumarah agupuh | anut saparentahnya | parentahing Rasul parentah Hyang Agung | lan tindake Rasuling Hyang | tuhu panutan kang bêcik ||

22. nèng jro Kuran wus winêdhar | Rasulullah iku panutan bêcik | tumrap manungsa sawêgung | kang ngarêp-arêp marang | rahmating Hyang anèng kalanggêngan besuk | lah iku nasirèng Allah | kang angutus para Nabi ||

23. pan ing mangkya gantya mijang | sipat wênang tumrap Rasulullahi | yèku yèn pra Rasul iku | apan wênang kataman | ngaral Basariyah wênange pra manus | lir wênang kataman gêrah | wênang tumêka ing lalis ||

24. anane wênang mangkana | jêr pra Rasul iku uga pra janmi | tan kêna pra Rasul iku | dèn anggêp sêsêmbahan | sinakuthokakên lan Allah Hyang Agung | lan inganggêp putrèng Allah | uga tan kêna sayêkti ||

25. jêr panganggêp kang mangkana | iku têtêp lêluwihan sayêkti | tumibèng syirik satuhu | sapa syirik mring Allah | nasing Kuran kharam malbèng swarga luhung | yon[7] nora tobat mring Allah | duk nalika maksih urip ||

26. wus palastha pamijangnya | sipat ingkang tumrap Rasulullahi | wajib papat mokal catur | lan wênange sajuga | pan kumpule lan sipat Allah Kang Agung | kang patang puluh sajuga | ganêp sèkêt nora luwih ||

27. mangkya yèn sira wus faham | marang sèkêt ngakaid kasbut ngarsi | lan wus angandêl satuhu | yèn Allah lan Rasulnya | têmên yakin sipate lir kang tinutur | klawan mantêp jroning driya | nganti tumêkaning lalis ||

28. têmên yèn sira wus iman | anêtêpi pikukuhing agami | wajib sira dèn agupuh | amaca ing syahadat | kang adadya tandhaning Islam kang baku | yèku rukun kang sapisan [sa...]

--- 20 ---

[...pisan] | saking rukun limang warni ||

29. asyhadualla ilaha | ilalahu yèku syahadat tokhid | kaping dwi syahadat Rasul | yèku Asyhaduanna | Mukhammadan ngabduhu warasuluhu | de mungguh lire syahadat | iku ngakoni nêksèni ||

30. yèn tan ana sêsêmbahan | ingkang wajib sinêmbah lan sajati | kajaba Allah Hyang Agung | lan anêksèni uga | yèn Jêng Nabi Mukhamad iku satuhu | kawula lan dutèng Allah | ingkang angêmban agami ||

31. agama anggon manusa | jalu èstri mlarat tanapi sugih | pra sudra tumêkèng ratu | kang bodho lan ka[8] limpad | anom tuwa sanadyan durung pènsiun | kabèh nora kêna tinggal | sarengat agama suci ||

32. apa ta lire sarengat | lire yèku pranataning agami | kang mêngku tatanan luhung | tumrap pangêmbat praja | pangadilan myang undhang lan khukum-khukum | măngka pranatan manusa | jro urip tumêkèng lalis ||

33. kadi ta tatanan nikah | myang amaris băndha tinggalan mayit | lakune adol tinuku | myang tataning têtanggan | sarawungan lan tataning magut pupuh | miwah tataning ngibadah | kumawula ing Hyang Widhi ||

34. tumrap lair lan batinnya | tanapine dănya akiratnèki | kabèh tinata aruntut | tan ana cacadira | jêr kang karya pranatan Allah Kang Agung | kang Wicaksana sipatnya | yêkti tan anguciwani ||

35. dosa bangêt yèn ta ngantya | ana janma kumasura ngingkari | nyelaki syarengat iku | dening anggêping tyasnya | asapele tan ana wigatinipun | syarengat ngilmu kang andhap | nora wajib dèn lakoni ||

36. wong kang mangkono anggêpnya | tuhu bodho marang agama suci |

--- 21 ---

paran katêmahanipun | wong kang bodho agama | yèku kinawulakkên ing hawa napsu | wong kang mangkono sipatnya | nora mardika ing ati ||

37. jêr atine wus kadayan | ngilmu kang tan dèn parêngkên Hyang Widhi | tumrape lamun rinasuk | wit ngilmu kang mangkana | iku amung ngêdohkên agama tuhu | têmah pamawasing ngakal | mring syarengat nungsang syarik ||

38. kang măngka syarengat Islam | kabèh mêngku piguna kang sajati | tumrape ingkang angrasuk | syarengat apan têrang | mêngku watês-watês tindak kang tan jujur | kang anut ijajil laknat | lan hawa napsu kang jail ||

39. mapan mangkono nyatanya | syarengating agama Islam suci | yêkti abakah satuhu | lan ojokaning setan | miwah hawa napsu kang wêgahan iku | mring sagung laku utama | lan tindak kang bêcik-bêcik ||

40. dene maca ing syahadat | iku uga atêgês anyaguhi | mèstuti dhawuh Hyang Agung | lan dhawuh utusannya | kang ginêlar nèng syarengat kang linuhung | apêpakêm kitab Kuran | kang wajib lamun kinanthi ||

6. Kinanthi

1. samêngko gantya anutur | rukuning Islam kaping dwi | yèku salat limang wêkdal | Dluhur Ngasar miwah Magrib | Ngisak Subuh kalimanya | kabèh khukumira wajib ||

2. dhawuhe Allah Kang Agung | nèng jroning Kuran wus mangsit | lan ora nitahkên ingwang | ing jin miwah para janmi | nging murih samya ngibadah | marang Panjênêngan Mami ||

3. lah ta iku ingkang parlu | Allah nitahkên pra janmi | murih samya angibadah | aywa têka kita iki | nora sudi angibadah | marang Hyang Kang Mahasuci ||

4. yèn kita tan sudi iku | yêkti malah kita iki | nuli aran kumawula | hawa napsu kang

--- 22 ---

tan yukti | kang watêke awêgahan | abot tumindak ing bêcik ||

5. Allah ingkang Mahaagung | ning Kuran uga wus mangsit | sira harak uwis miyat | wong kang ngalap hawanèki | tinurut măngka pangrannya | lah iku sabda kang suci ||

6. sumarmane sira iku | amrih nora tansah dadi | kawulaning hawanira | yogya enggala nêtêpi | ring laku-lakuning syara' | ingkang sunat lan kang wajib ||

7. salat limang wêktu iku | bakuning salat kang wajib | salat liyanya mung sunat | kèhira mawarni-warni | kabèh sayogya gurokna | mring kyai lan dèn lakoni ||

8. maguru salat ywa rikuh | lan ywa isin anglakoni | jêr iku pakarti mulya | lan laku ingkang pinuji | bangêt dudu bênêrira | yèn salat rikuh lan isin ||

9. nadyan ta awakirèku | tinggal mungkar durung bangkit | nging ywa nganti tinggal salat | isya Allah mêngko dadi | mari kamungkaranira | jêr salat iku barkahi ||

10. Allah Ingkang Mahaagung | nèng jroning Kuran wus mangsit | sanyata kalamun salat | iku bangkit nyêgah saking | panggawe dosa lan mungkar | lah iku pituduh jati ||

11. panggawe salat satuhu | dadya panancanging ati | bêkti lan èngêt ing Allah | marma sapa anglakoni | salat manêmbah ing Allah | yêkti ing tyas kêrêp eling ||

12. lan nora dupèh wong iku | kèh elinge ing Hyang Widhi | nging yèn tan sudi ngibadah | sayêktine nora bêcik | elinge tan tinarima | jêr tan dadya pangastuti ||

13. ing Khadise Kangjêng Rasul | wus mangsit lawan wigati | kalamun panggawe salat | iku dadi kawitaning | ngamal ingkang dipun kisab | dening [de...]

--- 23 ---

[...ning] Hyang nèng jaman akir ||

14. lamun ngamal salat iku | bisa tinrimèng Hyang Widhi | panggawe liya-liyanya | uga tinarima nuli | marma ambagusna salat | lan ngilmu myang ihlas ati ||

15. salat manêmbah Hyang Agung | mung kudu ihlas ing ati | krana mèstuti ing prentah | lan amrih kalilannèki | mrih benjang anèng akirat | antuk rahmating Hyang Widhi ||

16. de yèn karêp sugih iku | dalane mung nambut kardi | manggaota lan adagang | srêgêp gêmi ngati-ati | myang ngrêti lakuning pasar | bêcike lambaran batin ||

17. yèku lamun wanci dalu | nalikane ayun guling | nglakonana salat kajat | kang ajêg nora wis-uwis | saengga nganti kêtêkan | gonira kapengin sugih ||

18. yèn têmên kajatirèku | Insya Allah sira nuli | pinaringan kasugihan | jêr Allah wus aprajangji | anèng jroning kitab Kuran | lamun bakal nyêmbadani ||

19. pan mangkene dhawuhipun | nalika kawula Mami | tanya ing sira Mukhammad | saking Sun wangsulana glis | Ingsun iki dzat kang cêdhak | ngabulkên donganing janmi ||

20. nalikane samya nyuwun | marang Panjênêngan Mami | marmane sira nyuwuna | lan ngimanêna ing Mami | murih sira iku samya | antuk pituduh sajati ||

21. mung kewala sira iku | aywa kurang ing panampi | ngira lamun wus andonga | yêkti gya dèn sêmbadani | apa sapanyuwunira | lah iku nora sayêkti ||

22. balik kang masthi kinabul | iku dongane wong kang jrih | lire jrih bêkti ing Allah | mèstu prentah cêgahnèki | Allah nora pisan karsa | angobralakên peparing ||

--- 24 ---

23. mangkene dhawuh Hyang Agung | kang kasbut nèng Kuran suci | tuhu kang tinămpa Allah | iku ngamale wong kang jrih | marmane sira wêdia | ring Allah Kang Mahasuci ||

24. wêdi marang ing Hyang Agung | sarta têmên amèstuti | ing prentah lan cêgahira | iku tuhu anjalari | kabêgyaning pra manusa | ing dănya tumêkèng akir ||

25. de samêngko parlu nutur | salat liyanya kang wajib | yèku salat ari Jumngah | tumindak anèng ing masjid | sadurunge salat Jumngah | dèn anani khutbah dhingin ||

26. yèku pitutur kang luhur | saking sawijining khatib | mêdharkên sorah mawarna | yèn parlu bab ekonomi | ngajokkên kadănyanira | sagunge para muslimin ||

27. nadyan jroning khutbah iku | ngrêmbug babing ekonomi | mrih bêcik dănya akirat | yèn tan bakah lan agami | yêkti tan ran ngrêmbug dănya | iku khutbahe ki khêtib ||

28. malah yèn wong Islam mundur | tumrabing ekonomine | lamun khutbah ari Jumngah | parlu bangêt kyai khatib | khutbah bab pangupajiwa | mrih ajuning budi sugih ||

29. jêr khutbah ri Jumngah iku | dununge pra kyai katib | ngajokakên umat Islam | bab dănya akiratnèki | yèn parlu andhidhik tekad | ngobarkên sêmangatnèki ||

30. de syarate khutbah iku | ingkang dhingin kudu suci | saking khadas sakarănya | khadas agung khadas alit | ping dwi ngadêg lan katrinya | lungguh antarèng khutbah dwi ||

31. de rukune khutbah iku | maca syahadat kang dhingin | kang kaping dwi awasiyat | maca ayat kang kaping tri | kaping pate maca slawat | lima donga ring Hyang Widhi ||

32. yèn kêtib wus khutbah iku | sagunge para muslimin |

--- 25 ---

ingkang samya Jumungahan | nuli ngadêg salat sami | bêbarêngan makmum imam | jèjèr lan sab tharik-tharik ||

33. jroning samya makmum iku | tan ana kang ngrumangsani | swênèhing wong lan swênèhnya | ngaku luhur drajatnèki | kabèh rumasa kawula | nèng ngarsèng Gusti sawiji ||

34. barêng anêmbah Hyang Agung | kalawan konjêm ing ati | saengga tumêkèng salam | muji yuning pra muslimin | kang iku pujining salam | măngka isyarah sayêkti ||

35. yèn asase Islam iku | nêdya mêmayu pra janmi | marmane para wong Islam | yogya samya anuhoni | maksud pêpujining salam | tumandang mrih yuning janmi ||

36. srana nindakakên laku | sosial mring para janmi | yèku ngamal kabêcikan | kang tumrap ing liyan janmi | lir ngêdêgakên madrasah | langgar masjid rumah miskin ||

37. srana ngamal mangkonèku | bangkit kinawruhan yêkti | yèn asas agama Islam | sosio lan demokrasi | marma sapa nyeda Islam | yêkti mêgat imannèki ||

7. Mêgatruh

1. pan ing mangkya sayogya nuli anutur | rukuning Islam kaping tri | zakat kang pranatanipun | uga dadya tăndha yêkti | yèn Islam iku sosio ||

2. iya iku bêciking bêbrayan idhup | ngayomi pra fakir miskin | êndi kêkurangan butuh | ing pranatan wus nyalangi | mrih kang sugih wajib asok ||

3. pranataning zakat kang uwus tinamtu | miturut dhawuhing Khadis | tiba saprapatangpuluh | saking sagung bandhanèki | mas picis kang wus sanisob ||

4. nadyan picis kêrtas kang ginêbung-gêbung | uga kudu dèn zakati | dene lamun rijki iku | sagung kang nguwati urip | anènge nagara kono ||

5. kadidene pari gaplèk lawan jagung | tumrape ing

--- 26 ---

tanah Jawi | pêpadhane sagu gandum | tumrap liyan tanah Jawi | lan kurma ing tanah Ngarob ||

6. de zakate kalamun rijki iku |[9] sabên panèn wêtunèki | yèn nisob watêse cukup | iku kudu dèn zakati | takokna ngulama kang khos ||

7. dene sato yèku kewan kang kalêbu | rajakayane wong bumi | lir kêbo sapi myang wêdhus | zakate tanyakna ugi | mring ngulama ngalim kang khos ||

8. jêr nèng kene jinlèntrèhkên kurang prêlu | trange nèng luguning Khadis | wajib gya gurokna iku | yèn sira dadi wong sugih | wus mangsane kudu asok ||

9. de mangsane asok yèn uwus sataun | iku tumrap lamun picis | sabên satus rupyah iku | zakate kudu saringgit | binage marang wolung wong ||

10. ingkang kasbut nèng Kuran wong wolu iku | fakir miskin sarta ngamil | yèku kang karyane dundum | mualap wong kang sinuprih | têtêp Islame tan mangro ||

11. sarta manèh zakat kudu kanggo nêbus | saka pangawulan janmi | mrih enggal mardikanipun | saking bandaranirèki | kang ngawulakkên iku wong ||

12. manèh zakat kudu dèn wèhkên gharimun | wong kang darbe utang picis | krana panggawe kang bagus | lir angrayat anak rabi | lan tulung bêcik marang wong ||

13. manèh ingkang kudu tămpa zakat iku | sabililah ibnu sabil | kang ran sabililah iku | bea ngajokkên agami | lir tabligh marang sakèh wong ||

14. ngadêgakên madrasah tanapinipun | langgar masjid rumah miskin | dene ibnu sabil iku | wong-wong kang lêlungan têbih | kêntekan sangu ing kanthong ||

15. utawane kêna dèn wèhakên iku | sêtidhifon kang mragadi | sêtidhèn madrasah luhur [lu...]

--- 27 ---

[...hur] | ingkang samya muslim-muslim | lah iku têtêp sosio ||

16. lah ta iku wajibe kalamun dundum | zakat lan pitrah kang wajib | winêtokkên sabên taun | yèn pitrah nuju riyadin | êntèke sasi Ramêlon ||

17. wiwit surup srêngenge tumêkanipun | surupe srêngenge maning | sayogyane pitrah iku | winèhkên wong sadurunging | salat riaya lan pra wong ||

18. de pamrihe supaya ing esuk iku | tan ana wong fakir miskin | kang nora riaya iku | ngrasakkên bukti wancyenjing | sadurung salat ing Alloh ||

19. de kang samya kuwajiban pitrah iku | wong kang ing riyadin fitir | darbe turahan satuhu | kang binukti ing saari | pitrahe patang mud uwos ||

20. upamane sabrayating omah iku | cacah sirah pitung iji | nuju dina pitrah iku | darbe turahan rijêki | cukup dèn anggo wong roro ||

21. yèn mangkono ingkang dèn pitrahi iku | apan iya amung wong dwi | liyane tan wajib iku | sabalike yèn duwe dwi | kang lima khak antuk pitroh ||

22. amung poma yèn pitrah ywa cara nêmpur | mring kaum kang mung wong swiji | kaum uga kêna iku | winehan pitrah yèn fakir | nging mung sacukuping fitroh ||

23. kêna uga dadi ngamil kaum iku | malah kaum yogya dadi | ngamil kang andundum iku | dadi olèhe tan kêdhik | jêr bisantuk saprawolon ||

24. pan samêngko sayogya gantya anutur | rukun Islam kapatnèki | puwasa Ramêlan iku | ingkang kudu dèn lakoni | wong Islam lanang lan wadon ||

25. jangji uwus baligh wajib pasa iku | miturut dhawuh Hyang Widhi | kang nèng jro Kuran kang luhung | mangkene dhawuh

--- 28 ---

Hyang Widhi | kang tan kêna dèn bangkang wong ||

26. wus dèn wajibkên tumrap sira sadarum | puwasa lir pasanèki | wong-wong sadurungirèku | murih sira samya ajrih | bêkti marang Gusti Alloh ||

27. dadya pasa iku pancèn anggonipun | wong kang ngimankên agami | nadyan wong kuna rumuhun | uga pasa asêsirih | ngestokkên dhawuhing Alloh ||

28. puwasane malah lwih abot satuhu | tinimbang puwasanèki | wong Islam samangkya iku | pasa biyèn yèn wus bukti | trus pasa manèh ngrêkaos ||

29. beda lawan pasa kang samangkya iku | wajibe mung kudu nyirik | cêgah dhahar lawan nginum | tanapi akaron rêsmi | wiwit fajar enjing yêktos ||

30. yèku fajar sidik antar èng jam catur | tumêkèng suruping rawi | lagya kêna mangan nginum | tumêkèng akiring ratri | kêna saur nora abot ||

31. marma pasa samêngko iki satuhu | kamurahaning Hyang Widhi | sapa nora pasa iku | yèn nuju Ramlan kang sasi | têtêp wangkot marang Alloh ||

32. nora bisa kêrilan marang Hyang Agung | pra Malekat lan pra mukmin | uga tan rila tyasipun | yèn sumurup bangsanèki | kang tan pasa sasi Ramlon ||

33. kèh kewala băngsa kita Jawa iku | ngaku Islam sêngit kapir | nanging tindake ajêbul | yèn mring srengat Islam sêngit | lir tan sudi pasa Ramlon ||

34. yèn kantoran wayah rina kèh kang udut | nora nganggo rikuh isin | yèn dadya panggêdhe jêbul | malah limun kang dèn dhêpi | tăndha yèn tan pasa Ramlon ||

35. yèn mangkono lah êndi wujuding suwur | wong Jawa dhêmên sêsirih | dhuh-dhuh para bangsaningsun | bok samya dèn idhêp bêcik | atekad [ate...]

--- 29 ---

[...kad] utama yêktos ||

36. lamun nuju Ramêlan pasa satuhu | ora-orane yèn lalis | yèn dèn niyati satuhu | yêkti angglèntèr tan nganti | rasa luwe lawan ngorong ||

37. jêr barkate niyat iku dahat agung | marma niyata kang sidik | ngestokkên dhawuh Hyang Agung | kang wus nèng Kuran tinulis | têtêping pasa Ramêlon ||

38. dene lamun anglakoni pasa iku | wajib mêruhana maring | wajibe wong pasa iku | niyat anèng wanci ratri | ngestokkên dhawuhe Alloh ||

39. kadwi nyêgah kang batalkên pasa iku | lirma[10] amutah lan maning | lêbuning barang mring wadhuk | lan marang bolongan dhiri | kang têrus marang ing jêro ||

40. karonlulut kèl nifas lan manèhipun | wêtuning hyang kamajati | murtad uga batal iku | kabèh rêksanên dibêcik | ywa ngibadah tanpa kawroh ||

41. de sunate pasa lêlima kèhipun | enggal buka surup rawi | utamane buka iku | mangan woh kang rasa lêgi | kurma gêdhang jêruk kêprok ||

42. yèn tan ana woh-wohan kang lêgi iku | nginuma banyu kang rêsik | dèn tindakna kabèh mau | sadurung sêmbahyang magrib | mrih khusuk nêmbahe Alloh ||

43. dene sunat kang ping dwi ngakirkên saur | kèh maca Kuran kaping tri | ping pat iktikap kang khusuk | lima ywa ngucap tan yukti | lir nyatur karême wong nom ||

8. Sinom

1. mangkya parlu winursita | kênane wong tan nglakoni | puwasa sasi Ramêlan | iku yèn wus pikun yêkti | lan nuju sukêr sakit | tan waras tumêkèng lampus | nging iku wajib pidyah | sadakah mring pêkir miskin | sabên ari sadina sakati bêras ||

2. lunga adoh rong inêpan | kang lungane krana bêcik | lara kang linarang pasa | dening dhoktêr

--- 30 ---

kang wèh jampi | iku uga akêni | nora puwasa rumuhun | mung iku kudu kadhla | nyauri salowongnèki | nèng lyan ari saliyane sasi Ramlan ||

3. kalêbu para wanita | kang lagya anggarapsari | kang kharam nglakoni pasa | uga wajib anyauri | amung ta yèn nyauri | kudu nèng jroning satahun | tan kêna kêtêkanan | pasa sasi Ramlan maning | kang pamrihe ywa ngantyakèh utang pasa ||

4. manèh kang kêna tan pasa | yèku wong anambut kardi | kang awrat nèng pamêlikan | arêng watu ing jro bumi | lan masnis lokomotip | kang trus anglakokkên sêpur | swênèh kaol ngulama | nora susah angadlani | mung dhèwèke kudu wajib bayar pidyah ||

5. lan tumrap para wanita | ingkang lagya anggarbini | tanapi nêsêpi wêka | iku yèn tan ngwatirkên mring | rogane ponang dhiri | kêna datan pasa iku | nora susah akadla | nanging pidyah bêras masthi | mring wong miskin saari sakati bêras ||

6. lan kalamun saking wêlas | mêsakakên marang siwi | ingkang lagya sinêsêpan | lan angandhut jro garbini | kêna tan pasa ugi | nanging kudu kadla iku | lan nganggo bayar pidyah | mangkono anggêring fakih | de yèn khadis cukup fidyah tanpa kadla ||

7. dene kang wajib kifarat | măngka dhêndhaning Hyang Widhi | tur kang dhingin wajib kadla | iku wong kang karon rêsmi | nèng rining Ramlan sasi | kifarate wus kaurut | mardikakkên kawula | yèn nora kuwasa kêni | srana pasa rong sasi atêtêrusan ||

8. tur nora kêna agothang | yèn gothang ngawiti maning | tan kapetung kang linakyan | kalamun pasa rong sasi | tan kuwasa nglakoni | wajib sidkah bras swidak mud | mring pra wong kêkurangan | tuhu dahat [da...]

--- 31 ---

[...hat] awrat yêkti | marma ywa nrak kang anjalari kifarat ||

9. de pangkat-pangkating pasa | iku ana têlung warni | sajuga ran puwasa ngam | anggêre kudu nêtêpi | pranatan kasbut fakih | kadi kang uwus tinutur | ping dwi pasa khos rannya | yèku pasaning pra janmi | ingkang dadya ewone wong pêpilihan ||

10. pasa khos gêr-anggêrira | kajaba nêtêpi fakih | nyêgah syahwat nginum mangan | lan syahwating karon rêsmi | kudu anyêgah ugi | syahwating păncadriyèku | miwah anggotanira | saking dosa agung alit | kabèh aywa nganti linakon jro pasa ||

11. dene pangkat kaping trinya | khawasil khawas rannèki | kang mangkono pasanira | pilihane wong pinilih | yèku para kinasih | pra wali Nabi lan Rasul | kang jroning ulah pasa | mung mêlêng eling Hyang Widhi | têtêp bisa tarkumasi wallah jro tyas ||

12. marma yèn kita tan bisa | nêtêpi pasa pangkat tri | sayogya anêtêpana | puwasa pangkat kang kadwi | ywa trima mung nêtêpi | puwasane wong ngam iku | ingkang pinindhanira | mung ngalih wancining bukti | rina nyêgah dupi ratri ngumbar mangan ||

13. dene rahsaning puwasa | myang sarat pasaning ati | ingkang băngsa kabatinan | iku pan ana nêm warni | kang sajuga winarni | kudu anglêrêmkên kalbu | myang amêpêr gagasan | kang marang tindak tan yukti | lan kêtungkul anglirwakkên ing dikrillah ||

14. ping dwi angrêksa ing ucap | saking goroh nyatur janmi | du-adu tumbak cucukan | padudon sêsamanèki | ping tri rumêksa maring | pangrungu saking kêtungkul | ngrungokkên swara lahan | lan swara kang syarak nyirik | jêr nywara lan ngrungokkên mangkono dosa ||

15. ping catur kudu rumêksa | saranduning badannèki | saka sawarnaning tindak |

--- 32 ---

kang ing anggêr syarak nyirik | lan ngrêksa ywa abukti | rijêki kang kharam iku | jêr tan ana artinya | pasa kang duk bukanèki | bukti rijki ingkang nyata nora khalal ||

16. lan bukti barang kang subhat | khalal kharame nyamari | jêr wong pasa kang abuka | rijêki kang lir ing ngarsi | pêpindhane lir kadi | angganing wong ngênthu-ênthu | marlok-marlokkên karya | pandhêmèn wisma jro siti | kuciwane tan ana pigunanira ||

17. dening wonge nuli ngrusak | nagara kang dèn dunungi | ing iku pandhêmèn wisma | de kang kasbut dhawuh Khadis | nora kurang pra janmi | kang pasane iku amung | antuk luwe lan ngêlak | kang mangkono pasanèki | wong kang pasa abukti rijki kang kharam ||

18. utawa kang wong puwasa | tansah ambudi rijêki | kang khalal lamun pinangan | nging dhèwèke tansah criwis | nyatur samane janmi | tanapi pasane iku | tan ngrêksa pisan-pisan | marang saranduning dhiri | saking laku lan tindak ingkang maksiyat ||

19. ping lima nalika buka | tan ngatogkên ing pambukti | nadyan bukti rijki khalal | jêr janma ingkang abukti | kang nganti angêbaki | lan karya laraning wadhuk | iku binêndon Allah | marma yèn pasa pra janmi | linarangan bukti nganti satuwuknya ||

20. awit kalamun mangkana | tanpa piguna sayêkti | utawane masthi nora | bisa kasil pasanèki | jêr maksude kang jati | pasa iku kang lwih parlu | misesa marang setan | lan mêpêr napsunirèki | aywa nganti umbaran lir sabênira ||

21. nadyan syarak aparentah | anjêmbarakên rijêki | anèng jroning sasi pasa | nging kanggoa anak rabi | karbèn sênêng jro ati | anggonira pasa iku | de sira wong kang priya | dèn ta anjêmbarkên rijki | kinaryaa

--- 33 ---

nyênyênggring ing napsunira ||

22. dimèn napsune tan arda | têmah tobat nulya kêni | kinarya marêk ing Allah | kalawan khusuk ing ati | tan gorèh sru kapengin | rijki kang mawarna iku | yèn pasane mangkana | sayêkti dahat pinuji | dening sarya mujahadah lan riyadlat ||

23. coba samya rinasakna | yèn bukane ngêtor bukti | rak malah nglêlêmu hawa | lan nguwatkên ardanèki | kang mangkono sayêkti | tan beda lir angganipun | tanêman kang kacêngklak | gya rinabuk dèn sirami | namtokakên tuwuhe dadya ngrêmbaka ||

24. de lamun syahwating hawa | saya kuwat ardanèki | wus masthi gampang kewala | setan gonira anglindhih | lan malèncèngkên saking | garis kabênêran iku | marma ana pocapan | sapa kêtuwukên bukti | saka buka pasa setane jogedan ||

25. pocapan manèh liyannya | sapa wonge angêbaki | wadhuke saking panganan | tan ana kang pinakolih | kajaba ngêdohkên mring | martabat saking Hyang Agung | tanapine akarya | pêpêt lan buntuning margi | lumaksana marang pangkat kaluhuran ||

26. dene ta sayogyanira | yèn buka ngarah abukti | tuwuke amung mêjana | lan wusnya bukti dèn aglis | ngarêp-aparêpa[11] maring | rahmating Allah Kang Agung | nrima puwasanira | aywa nganti dèn bêndoni | bok jro pasa tan bisa mucung jroning tyas ||

9. Pocung

1. pan ing mangkya pasa kang sunat tinutur | ana kang taunan | kang anane sabên warsi | kadi pasa Sawal nêm ari cacahnya ||

2. utamane dènnya anglakoni iku | ing tanggal dwi Sawal | nganti tumêkèng nêm ari | tanggal wolu lagya ariyaya Sawal ||

3. ping dwi pasa sasi Dulhijah [Dulhi...]

--- 34 ---

[...jah] winuwus | ran pasa ri Ngarfah | myang ri Tarwiyah kang kadwi | de tanggale yèku tanggal wolu sanga ||

4. ping tri pasa nèng sasi Sura winuwus | ing ari Tasunga | lan Ngasura anujwari | tanggal sanga myang sadasane Mukharam ||

5. ping pat pasa nèng sasi Rêjêp ping têlu | rine sakarêpnya | ugêr ganêp têlung ari | kêna uga rinangkêp Sênèn Kêmisan ||

6. kaping lima wusnya sasi Sakban iku | ngêkèh-kèhkên pasa | awit Gusti Kangjêng Nabi | uga ngêkèh-kèhkên pasa sasi Sakban ||

7. kang kasêbut Khadise Jêng Nabi Rasul | amarah yèn pasa | sangisore pasa wajib | iku pasa anèng ing sasi Mukharam ||

8. marga sasi Mukharam kawitan taun | kang măngka tumindak | ing bêcik kawitan warsi | iku parlu binudi para manungsa ||

9. pamrihira bisa ambarkati tuhu | ring sagunging tindak | kang bêcik dimèn lastari | parlu krana murih tindak kang sampurna ||

10. swiji Khadis ana manèh ingkang dhawuh | wusnya Nisfu Sakban | sira kabèh aywa nganti | pasa gathuk karo pasa sasi Ramlan ||

11. kang wulane wusnya Nispu Sakban iku | yèn kita puwasa | ywa dèn têrusakên nganti | engga sambung lan pasa ing sasi Ramlan ||

12. kajaba yèn puwasa lir sabênipun | lir ngadatkên pasa | sabên ari Sênèn Kêmis | yèn mangkono iku tan dadi cêcêgah ||

13. ana manèh pasa sasèn aranipun | yèku kang tumindak | sabên têngahaning sasi | anèng tanggal têtulas patblas limalas ||

14. manèh ingkang tumindak wêkasan tèngsu | yèku sabên tanggal | pitulikur lawan malih | wolulikur sangalikur sabên căndra ||

15. ana manèh pasa minggon aranipun | yèku kang tumindak | sabên ari Sênèn Kêmis | lan Jumungah yèn [yè...]

--- 35 ---

[...n] têrusane Kêmisan ||

16. lawan manèh kang luwih utama iku | pasa Dawut rannya | tumindake dèn êlêti | gèk puwasa lan manèh gèk nora pasa ||

17. dene pasa kang dèn cêgah syarak iku | yèku yèn pasanya | milih ri Jumngah lan maning | nêndya pasa wusnya ari Nisfu Sakban ||

18. luwih-luwih yèn nuju ari Syak iku | sangalikur Sakban | iku kharam kang sinirik | nora kêna dèn anggo nglakoni pasa ||

19. manèh uga kharam puwasa anuju | ariaya Pitrah | lan ari riaya Khaji | lan ri tasrik tri wusnya riaya Kurban ||

20. yèku tanggal sawêlas lan rolasipun | myang têlulas Bêsar | iku samya nora kêni | pinasanan ing sadhengah umat Islam ||

21. de sababe gone ingaramkên iku | wit karsaning Allah | ri ari mau pinasthi | kinaryaa suka-suka mangan eca ||

22. lan mangsane sadakah tanapinipun | amaragat kurban | dadya saupamanèki | apuwasa lir nampik kamurahan Hyang ||

23. de kang aran Lailatul Kadar iku | ratri kang minulya | nèng jroning Ramêlan sasi | yèku măngsa turuning wahyu Al-Kuran ||

24. tanggalira tan gumathok kang tinutur | ancêr-ancêrira | satêngah sasi kang akir | kang wilangan ganjil tuduhe ngulama ||

25. mung kewala Lailatul Kadar iku | sinêbut nèng Kuran | iku sawijining wêngi | utamane luwih saka sèwu căndra ||

26. dadya lamun sira ngamal ring Hyang Agung | salat lan iktikaf | nuju Lailatul Kadri | ganjarane lir ngibadah sèwu căndra ||

27. kang mangkono iku mungguhing Hyang Agung | saking dènnya arsa | ngêkèhkên ganjarannèki | pra kawula kang tumimbul tangatira ||

10. Maskumambang

1. kaya uwus nyukupi [nyuku...]

--- 36 ---

[...pi] iki wêwangsit | kang nutur bab pasa | măngka bêktining wong mukmin | ring Hyang kang asipat Êsa ||

2. poma sira para anak putu sami | dèn padha ngèstokna | iki syaraking Hyang Widhi | kang dosa gung lamun ninggal ||

3. o gèr sira pracayaa kang sayêkti | yèn mèstuti syarak | yêkti ing dêlahan benjing | beda lan kang murang syarak ||

4. akèh uwong kang jro urip tan mraduli | mring dhawuhing syarak | rumasane wus nyukupi | yèn wus nora nyêrikkên lyan ||

5. kang mangkono iku luput kang sayêkti | dene kok mung nrima | anggêr tan nyêrikkên janmi | wus nora parlu ngibadah ||

6. o, o, saupama nora gawe sêrik | nging uga ngibadah | harak malah saya bêcik | bok coba ta ginagasa ||

7. lamun pancèn têmên-têmên sênêng bêcik | bok iya angarah | bêcik kang mungguh Hyang Widhi | ywa mung bêcike priyăngga ||

8. mula warah ingsun mring nak putu sami | sira aywa ngantya | kabujuk hawanirèki | kang watêke bangkang syarak ||

9. syahdat salat zakat pasa lawan khaji | iku rukun Islam | lêlima bangêt wigati | èstokna lan sabênêrnya ||

10. dene khaji iku anggone nglakoni | yèn wus saratira | nyukupi tan nguciwani | kanggo sangu lan tinggalan ||

11. apadene tan ana bêbayèng margi | lir begal lan pêrang | ingkang bangkit angalangi | lakuning khaji lan ngumrah ||

12. datan kêna khajine sarya ngêdoli | barang darbèkira | yèn kewan lir kêbo sapi | kinarya sangu payonnya ||

13. kèh kewala băngsa kita ingkang khaji | ngêdoli kewannya | sangune kurang nyukupi | anèng Mêkahe kênlekan ||[12]

14. arsa mulih wus tan anduwèni picis [pici...]

--- 37 ---

[...s] | apêse kêsrakat | uripe nèng tanah suci | dadi gawening nagara ||

15. ulihira nêmahi dadi wong miskin | têmah papariman | ngusutkên agama suci | nisthane nyangking agama ||

16. kamulane dhuh-dhuh băngsa kita Jawi | lamun angibadah | khaji maring tanah suci | cukupna sêsangunira ||

17. lan tumrape ing jaman samangko iki | yèn sira yun lunga | khaji marang tanah suci | anungganga kapal Islam ||

18. kang bakal dèn anakkên kita wong Muslim | kang tansah angreka | murih duwe kapal khaji | srana andhil bêbathonan ||

19. Iku aran N V Skipart Maskapèi | Indhonesiyah Jokya[13] (N.V. Scheepsvaart Maatschappy Indonesia, Djokja) | kang samêngko lagyambudi | ngêdol andhil propagandhah ||

20. saandhile iku amung dèn rêgani | tri bêlah rupiyah | para wong kang tuku andhil | yèn khaji kapale lahan ||

21. de yèn nora kêna liniyakkên maring | sanak karuhira | klawan nuku tikètnèki | kurange saka tri bêlah ||

22. lamun ana bathine ing têmbe wuri | bisantuk panduman | tur wus jênêng bantu yêkti | pambudi mring kapal Islam ||

23. kang khukume ananira iku wajib | jêr lamun wong Islam | tan darbe kapal pribadi | têtêp kasandhangan dosa ||

24. mula sapa kang wus sarate nyukupi | dèn age tukua | iku andhil kapal khaji | srantèkna sakasilira ||

25. yèn wus cukup pra muslimin kang nukoni | lamun kasêmbadan | yun tuku kapal pribadi | yèn nora mung nêdya nyewa ||

26. lan yèn nganti klakon ngadani pribadi | lakuning ngibadah | uga bakal dèn tuntuni | nalika khaji lan ngumrah ||

27. tur nèng jroning kapal bakal dèn [dè...]

--- 38 ---

[...n] ajari | kawruh bab agama | lan yèn salat sabên wanci | tansah pinardi jamangah ||

28. lan sajroning kalap uga dèn wènèhi | restoran mirasa | cukup wong kang samya khaji | mung sangu picis kewala ||

29. nora susah rèbyèg sangu kang mawarni | kabutuhan lungan | wus samya dèn sadhiyani | nora bakal kêkurangan ||

30. tur sakèhing jamangah samya jinagi | kasarasanira | dening dhoktêre pribadi | tumêkèng saulihira ||

31. lan manèhe anane ing tanah suci | iku pra jamangah | yêkti bakal dèn ajèni | dening wong lan Sultan Hejaz ||

32. syèh-syèh kana uga ngajèni sayêkti | tan siniya-siya | lan ingêngkos lir sing uwis | bêtèke gunge jamangah ||

33. sumarmane hèh ta băngsa kita Jawi | dèn enggal cawisa | yèn wus sangune nyukupi | ywa nganti mundur sajangkah ||

11. Durma

1. nanging poma khajinira sarantèkna | bisane sira sami | nunggang kapal kita | kang yun akarya rêja | tumrape ngibadah khaji | kang tuhu arsa | mulyakkên pra muslimin ||

2. sajatine bab anane kapal kita | iku dahat agampil | yèn kita wus insyap | gêlêm rukun sanyata | lan gêlêm tinata sami | tan karêp nunggang | kapale lyan wong muslim ||

3. jêr kang uwis beyane anunggang kapal | yèku tukoning tikit | marang kongsi kapal | têlu bêlah rupiyah | iku bathine tan kêdhik | luwih dwi bêlah | saka wong khaji siji ||

4. mirid sorah saka Kyai Khaji Sujak | kang dadi pramugari | iku En Pe Skipart | Mèi Indhonesyah Jokya[14] (N.V. Scheepsvaart My. Indonesia, Djokja) | khaji kang samya wis-uwis | pêpetungannya | yèn nèng kapal kongsi [kong...]

--- 39 ---

[...si] tri ||

5. mung dèn anggêp kadya barang ingkang pêjah | kang gêdhene tan luwih | wolulas pradasan | mètêr kubuk petungnya | beyane mring nagri Wlandi | mung limang rupyah | yèn mring Jedah mung sringgit ||

6. dadi mênyang mulih mring Jedah beyanya | limang rupyah tan luwih | lawan sing layaran | rongpuluh ri sak nyangan | mulih rongpuluh ri ugi | rangsume mangan | karotêngah saari ||

7. dadi gungung rangsum mangan swidak rupyah | wragad administrasi | lan kasarasannya | myang dhoktêr kang anjaga | limang rupiyah tan luwih | gunggunging beya | mung pitung puluh rispis ||

8. kanggo prêsèn marang sèh agèning kapal | kang golèkkên wong khaji | mung sapuluh rupyah | dadi gunggung kumpulnya | kongsine kapal abathi | pitulas dinar | saka wong khaji siji ||

9. iku durung bathine saka beceran | rangsum kang tan majaji | sak ri karotêngah | mung majaji satêngah | kalêbu wedang lan warih | dadi bathinya | maksih tridasa maning ||

10. dadi jane bathi rongatusan rupyah | saka wong khaji siji | măngka yèn sakapal | ngêmot uwong sèwonan | dadi sabên kapal swiji | bathine ana | rongatus ewu rispis ||

11. pan bêbathèn samono iku wus kêna | dèn go tuku pribadi | kapal gêdhe brêgas | kapal Pasakirs rannya | klêbu sêtirman lan masnis | dalah matrusnya | kanggo blănja sawarsi ||

12. dadi jane mangkono yèn umat Islam | kang khaji sabên warsi | kêna dipun tata | lan mangrêti têmênan | gêlêm rukun lan tan sudi | binujuk marang | agèn kapal kang julig ||

13. yèku lamun khaji gya tuku andhilnya | N V Skipart Maskapèi | Indhonesiyah Jogya |[15] yêkti tan dangu nulya [nu...]

--- 40 ---

[...lya] | wong Islam ing tanah Jawi | wus duwe kapal | Pasakirs kang abêcik ||

14. sabên uwong khaji sèwu cacahira | bisantuk kapal siji | yèn kang khaji ana | sapuluh èwu jiwa | bisa duwe kapal khaji | sapuluh kèhnya | kapale kari milih ||

15. apa tuku marang pabrik tanah Dhitslan | Jêpan tanapi Inggris | wus masthi abungah | igênar pabrik kapal | dene kêrêp dèn tukoni | kapal kang brêgas | dening kita wong Jawi ||

16. petung ingkang mangkono pan amung grêban | măngka kapal Pasakir | iku bisa ngêwrat | karotêngah ewonan | para wong kang padha khaji | dadi bathinya | satus ewonan maning ||

17. tur yèn kita khaji nunggang kapal kita | iku lwih dèn ajèni | dening liyan băngsa | dene yèn iku kapal | nora kanggo lunga khaji | kanggo layaran | sakarêp kita dadi ||

18. kanggo layar ana ing sagara Jawa | lan laut kang ngubêngi | Indhonesyah raya | apa angêmot barang | apa ngêmot para janmi | padha kênanya | kari nariki bathi ||

19. tur mangkono iku bakal enggal bisa | gawe rêja sayêkti | mring laku ngibadah | khaji marang ing Mêkah | lan rêjane tanah Jawi | myang Indhonesyah | tumêkèng tanah suci ||

20. jêr yèn uwus duwe kapal pêpuluhan | tan parlu tuku maning | dhuwite kinarya | gawe gêdhong lan gudhang | nèng Surabaya Samawis | Batawi Plembang | Padhang Medhan lan Acih ||

21. malah lamun wus duwe kapal puluhan | waragate wong khaji | kanggo nunggang kapal | bisa kinarya murah | upamane mung sapalih | utawa kurang | kongsi kita wus bathi ||

22. dene lamun benjang prabeyane kapal | kalamun lunga khaji | pan wus saya murah | wong kang samya ngibadah |

--- 41 ---

khaji marang tanah suci | sangsaya rêja | saka ing tanah Jawi ||

23. lah mangkono iku wujuding piguna | lamun lungane khaji | bisa bêbarêngan | rukun gêlêm tinata | kalawan organisasi | yêkti agampang | duwe kapal pribadi ||

24. nanging lamun khajine nora tatanan | kadi kang uwis-uwis | yêkti salawasnya | wong Islam mung cilaka | sinawiyah tanpa uwis | lir wong kontrakan | ginawa mênyang Dhèli ||

25. anèng kapal têtêp lir barang kang pêjah | awor lan gêrèh trasi | gandane tan eca | mangane sabên dina | mung sêga lan êndhog asin | lan kala-kala | winehan iwak daging ||

26. nanging lamun nunggang kapale pribadya | pangane sabên ari | kinarya lwih eca | bisa pista ajêgan | mangan bêstik sabên ari | tur sabên dina | bisa asalin mêni ||

27. sakurange kêna tuku ing restoran | nèng jro kapal pribadi | klawan bisa nglaras | radhio sri nèng kapal | Srikaton trus Gambirsawit | lan Pangkur Barang | sarta Ladrang Sririjki ||

28. dene lamun nuju ari malêm Jumngah | nyêtèl kutbah ing masjid | sorahe ngulama | Surakarta Diningrat | mangkonèku têmbe wuri | yèn kita bisa | nganakkên kapal khaji ||

29. titi uwus wasitadi kang wasita | amarah ngilmu tokhid | têkèng rukun Islam | dalah sagung khikmahnya | mugi bisa anjalari | kabukaning tyas | ring sanggya pra muslimin ||

30. tinêngêran anuju ari Jumungah | tanggal lima ing sasi | Sura Je warsanya | angkaning warsanira | sayogya dèn sangkalani | kombuling pudya | angèsthi ing sawiji |[16]|

Tamat

Sêrat Wasitadi punika Insya Allah badhe kasambêt Sêrat Wasitanung

--- [42] ---

10. Dzamul Kibri wal Ngujub, amarsitakakên cinacading watak kibir, kumaluhur, tuwin ngujub (ngakên kawasa), rêgi f0,80 (dening M. Ng. Ihsanuddin)

11. Pasalatan Jawi, anêdahakên patrapipun ajar sêmbahyang, katêrangakên mawi gambar 8 iji, donga-donganipun dipun têgêsi, mawi pinurwanan khikmah pigunanipun rukun Islam, rêgi f 0,20, (dening S. Adi Winatan)

12. Tafsir Kuran Jawèn, pandam lan pandoming dumadi, tafsiripun panjang sakalangkung amarêmakên, saengga sintên tiyangipun maos punika saèstu lajêng yakin dhatêng kawigatosanipun kitab suci Kuran, rêgi I, II, kasamak kandêl à f 3.- samak tipis à f 2,50, ingkang III rêgi f 1,50 (dening Ab Siti Syamsiyah)

13. Kuran Jawèn, Kuranipun mawi sastra Ngarab, sisih-sisihan kalihan jawinipun ingkang sami sastra Jawi, juz 1 t/m 30, sajuz rêgi f 0,60 sabên 5 juz kabindhêl sae f 3,- tambah bindhêlan f 0,50

14. Khadis Jawèn, amarsitakakên dhawuh, saha sabda pangandika miwah wêjangan punapadene tindakipun Kangjêng Nabi Mukhammad, S. Ng. W, I rêgi f 1,- II f 0.20 III f 0,80 (dening Kyai Mas Ngabèhi Mukhamad Amin)

15. Ngilmu Taohid, anggêlarakên kawruh makripat lan gêgêbêngan iman nêm prakawis, katranganipun mawi ulur-uluraning dalil ngakli (ngakal) lan nakli Kuran lan Khadis, jilid I rêgi f 0,45 II f 0,35 III, IV f 0,80 dening Samsu Adi Wiyatan (Radèn Ngabèi Adiwiyata)

Sampoen ambabar. Boekoe basa Melajoe, aksara Latin:

Islam igama Intenasional jan kekal ... I f 0,50 II ... f 0,70
Sendjata Pengandjoer dan Pimpinan Islam ... f 1,75
Rahasia Bijbel f 1,- Siratoelmoechtar ... f 1,-
Economie f 0,50 'Adjaiboelèoeloeb I ... f 0,50
Pedoman dan dendidikan Al-Èoerän I II ... à f 0,50
Nasehat (choetbah Djoem'ah) I II ... à f 0,45
Pesalatan Indonesia ... f 0,13

Lain-lainnja mintalah catalous & prijscorant gratis I

Njanjadhang welingan:
Electr. Drukk.. Ab. SITTI SJAMSIJAH Solo.

 


Ditulis dengan kaligrafi berhuruf Arab. (kembali)
§ Beda lan sarupaning barang kang anyar utawa titah kabèh. (kembali)
Kurang satu suku kata: ring barang liyane Alloh. (kembali)
sanès. (kembali)
Guru lagu seharusnya 6i: sakarone iki. (kembali)
tumrape. (kembali)
yèn. (kembali)
kang. (kembali)
Kurang satu suku kata: de zakate kalamun rijêki iku. (kembali)
10 lirwa. (kembali)
11 Lebih satu sukun kata: ngarêp-arêpa maring. (kembali)
12 kêntekan. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: Indhonesyah Jokya. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: Mi Indhonesyah Jokya. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: Indhonesyah Jogya. (kembali)
16 Tanggal: Jumungah lima (5) Sura Je: kombuling pudya angèsthi ing sawiji (AJ 1870). Tanggal Masehi: Jumat 24 Pebruari 1939. (kembali)