Atmapramana, Atmasasmita, #1635

JudulCitra

Buku

Atmapramana

(Urubing agêsang salêbêting badan)

Karanganipun Mas Atmasasmita

Jilid I.

Cap-capan ingkang kapisan, Kawêdalakên dening Astralogis Birao, Akwarius

(Astrologisch Bureau "Aquarius") Directeur: T.P. KWEE BANGKONG 14 SEMARANG

48º55'14"

--- [0] ---

Buku

Atmapramana

(Urubing agêsang salêbêting badan)

Karanganipun Mas Atmasasmita

Jilid I.

Cap-capan ingkang kapisan, Kawêdalakên dening Astralogis Birao, Akwarius (Astrologisch Bureau "Aquarius") Directeur: T.P. KWEE BANGKONG 14 SEMARANG

48º55'14"

--- [3] ---

Bêbuka

Nuwun ingkang sarêng punika, kula nyaosi pirsa dhatêng para maos, sadèrèng utawi sasampunipun matur sangêt gunging panuwun kula, awit kula botên mangrêtos dhatêng lampah-lampahing paramabasa tuwin paramasastra, punapa malih dhatêng kawi-kawi, ingkang punika bilih wontên kithaling tatêmbungan saha lêpating aksara, mugi para maos sampun kirang pangapuntên, pramila kula ngarang buku punika, botên sanès namung saking adrênging manah ingkang lantaran kangge angupados têdha, ing sarèhning lantaraning têdha wau botên angêmungakên margi satunggal tuwin kalih kemawon, dados kula sangkani saking wêdaling cipta angarang buku.

Wondene buku punika kula namèkakên Atmapramana. Atma = gêsang. Pramana [Prama ...]

--- [4] ---

[... na] "= urub salêbêting badan, dados têrangipun, urubing agêsang ingkang dumunung wontên salêbêting badan, wondene maksudipun anyuraosakên bab ngèlmi kasampurnan utawi ngèlmi kabatosan, ingkang punika bilih para maos karsa anggalih dhatêng suraosing buku punika, luwung namung kangge pangarêm-arêming panggalih, utawi kangge garan bilih badhe angupados ngèlmi sanès-sanèsipun, pramila makatên, ingkang supados para maos sampun ngantos kalorop anggêguru ngèlmi kasampurnan dhatêng tiyang ingkang dèrèng pana lêrês (waspada lêrês), môngka saking pamanggih kula, ing agêsang punika tansah karakêtan dening èngêt tuwin supe.

Ing wasana atur kula wau mugi-mugi kinabulna dhatêng para maos.

Pangarang

--- 5 ---

Bab Alam

Ingkang rumiyin kula anêrangakên punapa kawontênanipun bab alam, inggih punika kados ingkang kasbut ing ngandhap.

1. Alam Mêlèk, 2. Alam Tilêm, 3. Alam Pêjah.

Wondene mênggah kawontênanipun alam têtiga wau, alaming manungsa ingkang dipun lampahi ing dalêm gêsang dumugi pêjah, môngka alam wau kawastanan: Triloka. Têgêsipun alam têtiga, ing mangke kula têrangakên kados ing ngandhap punika.

1. Alam Mêlèk, inggih punika alam Datollah, anêrangakên bilih punika alaming badan lair (raga).

Têgêsipun bilih para manungsa (makhluk) angagêm [a ...]

--- 6 ---

[... ngagêm] alam punika wau, pirantosipun ugi angagêm lair (wadhag) kados ta: ngandika, amirsani, amirêngakên, anggônda, lumampah tuwin sanès-sanèsipun, punika kêdah angagêm badan wadhag, inggih punika lesan, karna, tingal, grana, suku saha sanès-sanèsipun.

2. Alam Tilêm, inggih punika alam Sipatollah, anêrangakên bilih punika alaming jiwa (batin), têgêsipun, bilih para manungsa (makhluk) angagêm alam punika wau, pirantosipun ugi angagêm batos, kados ta: angandika, amirsani, amirêngakên, anggônda, lumampah tuwin sanès-sanèsipun, punika kêdah angagêm batos, têrangipun bilih manungsa sawêg pinuju tilêm, ingkang katingal wontên ing salêbêting alam Sipatollah, sami kemawon [kema ...]

--- 7 ---

[... won] mênggah kawontênanipun kalihan alam Datollah (mêlèk) saupami, manungsa bilih pinuju tilêm lajêng supêna, amirsani rêdi-rêdi, griya, tuwin sanès-sanèsipun, môngka raganipun punika botên tumut asolahbawa, kajawi namung katingal ngalumpruk wontên ing patilêman, ananging sanadyan raganipun botên kesah saking panggenan ing salêbêtipun supêna pangraos kadosdene botên tilêm, utawi malih ing salêbêting supêna, môngka angandikan kalayan sanèsipun , lumampah dhatêng ing wana, ing ngriku raga botên anglampahi utawi osik punapa-punapa, pramila alaming tilêm kawastanan alam batin. Tandhanipun, bilih manungsa pinuju ngimpi angêlokakên pandung, môngka badhe angangge pirantos alam raga (lair), sampun tamtu botên sagêt cêtha, [cê ...]

--- 8 ---

[... tha,] amargi sanès bangsanipun (sanès golonganipun), môngka kawontênanipun salêbêting tilêm, badhe angangge pirantos lair, pramila botên sagêd babarpisan.

3. Alam Pêjah, dipun wastani alam Abngalollah, inggih punika alaming suksma.

Wondene alaming suksma wau kalampahanipun bilih manungsa ingkang sampun pêjah, ananging mênggah kawontênanipun botên beda kalayan alam Datollah tuwin alam Sipatollah, ing mangke alam pêjah punika badhe kula têrangakên kados ing ngandhap punika.

Mênggah kawontênanipun alam tilêm utawi alam pêjah wau, miturut punapa kawontênanipun alam mêlèk. Tandhanipun, bilih manungsa dèrèng nate sumêrêp warninipun sima, sampun tamtu ing salêbêting supêna ugi

--- 9 ---

botên sumêrêp sima, makatên ing salajêngipun (wontênipun punika, katarik dening kawontênan utawi wontênipun thukul saking cipta), makatên ugi ing salêbêting pêjah botên beda.

Môngka salêrêsipun ing agêsang punika, botên sagêd kapanggih sanak-sadhèrèk utawi ahli waris ingkang sampun pêjah. Punapa sababipun botên sagêd pinanggih. Sababipun saking alam ingkang kapilah dados tigang golongan wau.

Upaminipun makatên. Rêmbulan, bumi, srêngenge.

Bilih sawêg pinuju wontên grahana rêmbulan, inggih punika sêsoroting bumi ingkang kenging sorotipun srêngenge, têmah anyorot dhatêng sêsoroting rêmbulan.

--- 10 ---

Dados sampun nyata sangêt bilih ing agêsang punika botên sagêd kapanggih kalihan ingkang sampun pêjah. Amargi ing agêsang punika taksih anglampahi alam Sipatollah (alam tilêm), môngka sajatosipun alam Sipatollah wau kangge amisahakên alam Datollah kalihan alam Abngalollah. Saupami botên wontên alam Sipatollah wau, sampun tamtu ing agêsang sagêd pinanggih kalihan sanak-sadhèrèk ingkang sampun pêjah, awit alam Sipatollah wau dados pasanggrahanipun alam Datollah kalihan alam Abngalollah, sami ugi kados katrangan grahana, saupami botên wontên bumi, sampun tamtu botên wontên grahana, makatên ugi alaming manungsa tansah sorot-sinorot kemawon.

--- 11 ---

Wondene swaranipun manungsa punika ugi tigang golongan, gêsanging manungsa punika ugi tigang golongan, kalakuanipun manungsa punika inggih tigang rupi, môngka sadaya wau badhe kula têrangakên ingkang langkung cêtha, sampun ngantos adamêl bingunging para maos, inggih punika kados ingkang kula pratelakakên ing ngandhap punika.

[Grafik]

Cêthanipun

No. 1 Saking alam Datollah, inggih punika, swara muni,

No. 1 Saking alam Sipatollah, inggih punika swara mênêng,

--- 12 ---

No. 1 Saking alam Abngalollah, inggih punika, swara mekrat.

No. 2 Saking alam Datollah, inggih punika urip

No. 2 Saking alam Sipatollah, inggih punika Kang Agawe Urip

No. 2 Saking alam Abngalollah, inggih punika kadadeane urip

No. 3 Saking alam Datollah, inggih punika lila

No. 3 Saking alam Sipatollah, inggih punika lali

No. 3 Saking alam Abngalollah, inggih punika langgêng

Wondene ôngka-ôngka punika miturut golonganipun piyambak-piyambak, kados ta: ôngka 1 salêbêting alam Datollah, kakêmpalakên [kakêmpalakê ...]

--- 13 ---

[... n] kalihan ôngka 1. salêbêting alam Sipatollah, tuwin kakêmpalkên[1] ôngka 1 salêbêting alam Abngalollah, makatên ing salajêngipun miturut katrangan gambar. Dados satunggal-tunggaling golongan kados ing ngandhap punika.

Golongan ingkang kaping 1

1. Swara muni, 2. Swara mênêng, 3. Swara mekrat.

Sapunika kula anêrangakên wijang-wijanganipun ing satunggal-tunggaling golongan, kados ing ngandhap punika.

1. Alam Datollah, punika gadhah kuwajiban 3 prakawis, inggih punika miturut angkanipun alam Datollah.

1. Swara muni,

2. Urip

--- 14 ---

3. Lila

2. Alam Sipatollah, punika gadhah kuwajiban 3 prakawis, inggih punika miturut angkanipun alam Sipatollah,

1. Swara mênêng, 2. Kang Agawe Urip, 3. Lali.

3. Alam Abngalollah, punika gadhah kuwajiban 3 prakawis, inggih punika miturut angkanipun alam Abngalollah

1. Swara mekrat, 2. Kadadeane urip 3. Langgêng

Wondene ingkang punika ugi badhe kula têrangakên ing satunggal-tunggal murih cêthanipun (wijang) kados ing ngandhap punika.

--- 15 ---

Kuwajibanipun alam Datollah.

1. Swara muni. Dene swara bilih mungêl punika, wontên ing Abukahar, dunungipun ing pasuryan (rai), ungêlipun Allah Allah.

2. Urip. Wondene gêsanging manungsa punika wontên 3 prakawis, inggih punika, cahya, pramana, atma.

Cahya, têgêsipun sorot,

Pramana, têgêsipun urub (murup) salêbêting badan,

Atma, têgêsipun urip salêbêting badan.

3. Lila, wondene lila punika kalakuanipun manungsa ingkang klayan apsah.

Kuwajibanipun alam Sipatollah.

1. Swara mênêng. Wondene swara bilih kèndêl punika wontên Abujalal, dunungipun [dunungi ...]

--- 16 ---

[... pun] ing pusêr, ungêlipun, hu....[2]

2. Kang Agawe Urip. Wondene ingkang adamêl gêsang punika:

1. Êrah, 2 rahsa, 3 nyawa. Êrah punika dados kakiyatanipun balung, otot, daging, tuwin sanès-sanèsipun.

Rahsa punika dados kakiyatanipun wolung golongan, kados ingkang kula pratelakakên ing ngandhap punika.

1. Roh, 2. Napas, 3. Budi, 4. Iman, 5. Pangrasa, 6. Pamiyarsa

--- 17 ---

7. Paningal, 8. Pangambu

Nyawa punika dados kakiyatanipun angên-angên: tandhanipun: bilih manungsa ingkang kirang utawi sakêdhik angên-angênipun punika, nyawanipun anggèning nglimputi anggota kirang lêrês, môngka sajatosipun nyawa punika manggènipun botên wontên ing salêbêting badan utawi botên wontên ing sajawining badan, môngka tansah anglimputi kemawon, pramila bilih nyawa anggènipun anglimputi anggota (badan) kirang lêrês andadosakên kiranging tanaga utawi solahbawa, satêmah adamêl gumyuring angên-angên (risaking angên-angên)

--- 18 ---

Têrangipun kados gambar ing ngandhap punika.

[Grafik]

Êrah: punika gêsangipun saking nyawa.

Rahsa: punika gêsangipun saking êrah.

Nyawa: punika gêsangipun saking rahsa.

Têrangipun,

--- 19 ---

Manawi lampah-lampahing êrah wau kirang lêrês, andadosakên kêndhonipun lampahing rahsa, môngka rahsa lampahipun kirang lêrês, andadosakên risaking lampahipun nyawa, ing wasana botên sagêd adamêl kiyating lampahipun êrah.

Ing sarèhning risak lampah-lampahing nyawa wau, satêmah adamêl risaking angên-angên, tandhanipun: bilih manungsa pinuju anandhang sakit, sampun tamtu angên-angênipun risak utawi bingung, amargi katarik saking lampahing êrah tuwin rahsa wau.

3. Lali. Wondene manungsa punika anggènipun anggadhahi supe, jalaran kenging daya panggèndènging alam Sipatollah. Tandhanipun, bilih manungsa sawêg pinuju mêlèk, môngka gadhah panyuwunan dhumatêng Pangeran [Pange ...]

--- 20 ---

[... ran] (Gusti Allah), ing wêkdal salêbêting gadhah panyuwun wau ugi taksih kaèngêtan, ananging bilih sampun tilêm, punapa ingkang dados panyuwunanipun, botên èngêt babarpisan, inggih punika supe, môngka sajatosipun, èngêt kalihan supe wau botên sagêd pisah, makatên ugi botên sagêd kêmpal.

Kuwajibanipun alam Abngalollah. 1. Swara Mekrat, inggih punika wontên ing Abujamal dunungipun ing utêg, inggih punika pakêmpalaning rasa jati wontên ing ngriku dunungipun.

Wondene swara ingkang kathah-kathah mêdal saking lesan punika, bilih kaanggêp swaranipun piyambak, kadariyah (kupur) bilih kaanggêp pangandikanipun Gusti Allah, kêjabariyah [kêjabari ...]

--- 21 ---

[... yah] (kapir), môngka sirnaning kêkalihipun wau, sanès kawula tuwin sanès Gusti.

Wondene têmbung kupur punika, têgêsipun manungsa ingkang andhaku dening badanipun piyambak, inggih punika manungsa ingkang mangeran ana (mangeran wujud).

Ing môngka bilih manungsa tansah mangeran wujud, kenging kaupamèkakên kadosdene amandêng srêngenge, manawi sawêg dipun pandêng sorotipun bêntèr saha gilar-gilar, ananging lami-lami sorot wau lajêng ical, môngka icaling sorot satêmah andadosakên pêtênging paningal, inggih punika sami ugi kalihan manungsa ingkang andhaku dening badanipun piyambak (mangeran ana = mangeran wujud) satêmah andadosakên pêtênging panggalih, saha kisruhing pamanggih.

--- 22 ---

Wondene têmbung kapir punika, manungsa ingkang anêmbah dhatêng sanès golongan, inggih punika (mangeran suwung), môngka bilih manungsa tansah mangeran suwung kemawon, kados upaminipun amirêngakên swaraning loncèng saking tatêbihan, nalika swaraning loncèng wau botên katrajang swara sanèsipun, sampun tamtu swaraning loncèng wau cêtha utawi wijang, ananging bilih katrajang swara sanèsipun, môngka swaraning loncèng dados lamat-lamat utawi kirang cêtha, satêmah andadosakên risaking pamirêngan, inggih punika botên beda kalihan manungsa ingkang nêmbah dhatêng sanès golongan (mangeran suwung) andadosakên karisakan ing salêbêting batos, satêmah adamêl kirang pana (ganggam).

Ing salêrêsipun kêkalihing swara wau, bilih

--- 23 ---

kaanggêp satêmah andadosakên bingung utawi pêtênging panggalih, bilih botên kaanggêp satêmah andadosakên risak utawi kirang pana salêbêting batos, sasampunipun makatên, swara wau sampun ngantos botên kaanggêp, utawi sampun ngantos kaanggêp, inggih punika ingkang dipun wastani sampurnaning batin, môngka sasirnaning kêkalihipun wau sanès kawula tuwin sanès Gusti.

2. Kadadeaning urip, inggih punika saking: swasana (hawa) tuwin hawa napsu.

Wondene swasana tuwin hawa napsu wau ugi kula têrang-têrangakên ngantos gamblang, amurih sagêd wijang, sampun ngantos adamêl kodhênging para maos.

Wiyosipun bilih para maos sampun nate anggêgulang ing ngèlmi kasampurnan, tamtu

--- 24 ---

sampun sagêd tampi, môngka têrangipun makatên, swasana, inggih punika ingkang sagêd adamêl gêsang, môngka têmbung swasana punika têgêsipun makatên.

Ingkang sapisan swa, punika atêgês kumpul, sana punika atêgês panggenan, inggih punika panggenan pakêmpalaning hawa, kados ta: hawa asrêp, hawa bêntèr, hawa kêkês, hawa sumuk, wondene hawa asrêp, asal saking toya, hawa bêntèr asal saking latu, hawa kêkês asal saking angin, hawa sumuk asal saking bumi.

Ingkang kaping kalih, swa punika atêgês napas

--- 25 ---

utawi umur.

sana, punika atêgês panggenan, dados têrangipun panggenaning napas utawi umur.

Pramila sampun cêtha, bilih kadadeaning urip. Punika asal saking swasana wau. Hawa napsu, inggih punika hawa napsunipun bapa tuwin ibu, têrangipun kados ing ngandhap punika.

Dadosipun manungsa ingkang lantaran saking ibu rama punika, botên sanès namung saking hawa napsu, tandhanipun manungsa anggadhahi anak ingkang mêdal saking guwa garbanipun ibu, ingkang asal saking bapa, môngka ing wêkdal punika, bapa tuwin ibu botên niyat adamêl, anamung nuruti hawa napsunipun.

3. Langgêng, inggih punika atêgês têtêp, wondene [wo ...]

--- 26 ---

[... ndene] têmbung langgêng punika sadaya kadadosan utawi kalakuan ingkang sampun sagêd gumolong (gumêlêng).

Môngka sajatosipun, botên ing akerat kemawon ingkang wontên langgêng, sanadyan ing dunya ugi wontên langgêng. Têrangipun, sadaya manungsa ing ngalam dunya punika gadhah pikajêngan kalih prakawis, inggih punika ingkang sapisan, wajibing manungsa. Kaping kalih, manungsa dipun wajibakên. Wondene wajibing manungsa punika ing salêbêtipun gêsang tamtu badhe pêjah. Manungsa dipun wajibakên ihtiyar samukawis ingkangsagêd adamêl pangabêktining gêsang, utawi gadhah panyuwun dhatêng Gusti Allah. Môngka têmbung kêkalih wau bilih sampun sagêd anyampurnakakên inggih punika ingkang dipun wastani langgêng ing ngalam donya.

--- 27 ---

Wondene sapunika kula prêlu anêrangakên têgêsipun roh, napas, budi, iman, pangrasa, pamiarsa, paningal, panggônda, kados ing ngandhap punika wijangipun.

1. Roh, inggih punika manggènipun wontên ing utêg, tandhanipun, bilih manungsa ing sadèrèngipun lair wontên ing dunya, taksih wontên ing guwa garbanipun biyung, ingkang dados rumiyin utêg, ing môngka utêg punika anggadhahi pikajêng ingkang sarwa alus, têgêsipun pikajênganing roh ingkang sawêg dhumawah wontên ing guwa garbanipun biyung, môngka biyung wau lajêng kenging dayanipun roh inggih punika kêdah nêdha ingkang sarwa sêgêr, pramila ing wêkdal punika biyung lajêng kenging dipun wastani, idham-idham kaworan.

Môngka lêrêsipun, bilih roh punika

--- 28 ---

wontên ing salêbêting jasat manungsa kalêbêt pêrlu piyambak, utawi ingkang kwasa piyambak, têgêsipun ingkang sapisan, sadèrèngipun roh tumurun ing guwa garbanipun ibu, môngka adamêl gogroging pirantos ing badan sakojur, upaminipun, bilih priya kagungan karsa dhatêng wanodya, sampun tamtu sadaya kawontênan lajêng ical, inggih punika botên sanès namung kenging dayanipun roh wau.

Kaping kalih, ing wêkdal roh badhe tumurun dhatêng guwa garbaning biyung, sampun tamtu badan sakojur karaos mrinding, pramila sampun têrang sangêt bilih roh punika wontên ing salêbêting badan manungsa luhur piyambak, môngka sajatosipun roh punika asal saking sari-sarining badan sakojur, inggih punika daging, kulit, êrah, saha sanès-sanèsipun sasampunipun [sasampuni ...]

--- 29 ---

[... pun] sari-sari kados ingkang kasbut ing nginggil wau gumolong kêmpal dados satunggal, môngka lajêng katumusan kakiyatanipun utêg, ing wasana lajêng katarik manggèn wontên ing têngah-têngahing utêg, tandhanipun bilih tiyang ingkang sakit ewah punika, sampun tamtu pamanggihipun gumyur utêgipun buthêg saha rohipun pêcah, têmahan andadosakên kêndhoning kêkiyatanipun hawa napsu dakar, napas, punika dumunung wontên ing têngah-têngahing jantung, pramila napas punika dados kakiyataning lampahing êrah, tandhanipun, bilih lampahing napas kirang têtêp, sampun tamtu lampahing êrah ugi kirang têtêp, satêmah andadosakên sakiting raga, samantên ugi asring adamêl gumyuring èngêtan, jalaran kirang kêkiyatan.

--- 30 ---

Budi, punika dumunung wontên ing sanubari, tandhanipun, bilih manungsa sampun thukul pamanggihipun ingkang klayan jujur, sampun tamtu gadhah kasabaran, amargi jujur punika minôngka dhasaring pamanggih, ugi kenging dipun wastani budiman, ing môngka salêrêsipun sabar punika dumunung wontên ing sanubari.

Iman, punika dumunung wontên ing pulung ati, tandhanipun, bilih manungsa gadhah sêdya tindak ingkang botên jujur, sampun tamtu anggadhahi kwatir (sumêlang) amargi kwatir wau dumunung wontên ing pulung ati.

Pangrasa, punika dumunung wontên ing wadhuk, tandhanipun, bilih manungsa kathah anggènipun nanêdha tuwin angunjuk, satêmah adamêl kathahing tilêm, ing môngka manungsa bilih kêkathahên anggènipun tilêm punika, andadosakên [andadosa ...]

--- 31 ---

[... kên] kakiranganipun pangraos, pramila pangraos punika dumunung wontên ing wadhuk.

Pamiarsa (pangrungu) punika dumunung wontên ing talingan, tandhanipun, manungsa bilih amirêngakên têmbung utawi swara ingkang botên pantês, adamêl sisahing èngêtan. Kosokwangsulipun bilih manungsa amirêngakên têmbung utawi swara ingkang pantês dipun mirêngakên, sampun tamtu adamêl bingah amargi bingah tuwin sisahipun punika ing salêrêsipun dumunung wontên ing talingan, inggih kenging ugi mêdaling bingah tuwin sisah saking sanès panggenan, ananging paugêran saking talingan.

Paningal, punika dumunung wontên ing tingal, tandhanipun, bilih manungsa aningali sadaya kawontênan ingkang botên sae, utawi kawontênan ingkang elok, satêmah andadosakên [a ...]

--- 32 ---

[... ndadosakên] judhêging èngêtan, kosokwangsulipun, bilih manungsa aningali sadaya kawontênan utawi wujud ingkang sae, satêmah andadosakên sênêng, amargi judhêging èngêtan utawi sênênging èngêtan wau dumunung wontên ing tingal.

Pangambu, punika dumunung wontên ing grana (irung), tandhanipun, bilih manungsa anggônda ingkang botên eca gandanipun, satêmah adamêl pêtênging èngêtan, kosokwangsulipun, bilih manungsa anggônda ingkang eca gandanipun, satêmah adamêl pajaring èngêtan, amargi pêtêng tuwin pajaring èngêtan wau dumunung wontên ing grana, pramila ugi kenging dipun sêbat wicaksana.

--- 33 ---

Bab Sêmèdi

Ingkang rumiyin kula têrangakên bab lampah-lampahing sêmèdi, ing môngka sajatosipun sêmèdi punika wontên rupi-rupi, inggih punika lair, kacampuran batin, tuwin batin kacampuran lair, wontên ingkang namung lair kemawon, tuwin wontên ingkang namung batin kemawon, tuwin sanès-sanèsipun.

Wondene wolung prakawis wau kabage dados kalih golongan, inggih punika anêrangakên cara-caranipun tiyang badhe adamêl sampurna bab ngèlmu (utawi cara-caranipun sêmèdi), inggih punika:

Ingkang sapisan, roh, napas, budi, panggônda, ingkang kaping kalih iman, pangrasa, pamiarsa, paningal.

--- 34 ---

Cêthanipun kados ing ngandhap punika

Golongan ingkang sapisan.

[Grafik]

Ingkang nomêr I. lair kacampuran batin.

Ingkang nomêr II. batin kacampuran lair

--- 35 ---

Golongan ingkang kaping kalih

[Grafik]

Ingkang nomêr I angêmungakên batos kemawon.

Ingkang nomêr II angêmungakên lair kemawon.

Ingkang rumiyin saking roh, inggih punika utêg, lajêng kaandhapakên dhatêng ing napas, sarêng sampun sawatawis dangunipun, napas dipun têntrêmakên, utawi dipun sarèhakên, môngka lajêng tumanduk ing salêbêting budi, ananging [a ...]

--- 36 ---

[... nanging] budi supados kadamêl bêning rumiyin, sasampunipun makatên lajêng kakèndêlakên wontên ing panggônda, ananging panggônda kêdah kadamêl pana rumiyin, têgêsipun sampun ngantos anggônda ingkang sanès golongan, awit samubarang ingkang taksih kenging kagônda dening grana, inggih punika anelakakên taksih paesan, utawi ingkang taksih kenging ewah gingsir. Sasampunipun panggônda kadamêl sampurna, môngka lajêng kawangsulna dhatêng utêg malih. Wondene cara-caranipun tiyang adamêl sêmèdi punika, miturut kados ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin saking Roh (utêg) inggih punika èngêtan, môngka èngêtan kêdah katata rumiyin, sampun ngantos katrocoban sanès èngêtan, kados ta: Tiyang ingkang [ing ...]

--- 37 ---

[... kang] sawêg pinuju sêmèdi, kêdah amikir ingkang langkung sampurna punapa ingkang dados pikajênganipun ing salêbêting sêmèdi, ing môngka bilih èngêtan botên kadamêl sampurna rumiyin, sajatosipun kathah rêncananing èngêtan ingkang anggodha, pramila ing sadèrèngipun sêmèdi, rêncananing èngêtan kêdah kasampurnakakên rumiyin, ing ngriku sawêg anglampahakên dhatêng napas.

Ing nalika napas sawêg pinuju kagarap, môngka lampahipun sampun kadamêl ngangsur (kêncêng), utawi sampun ngantos kêndho, sajatosipun kêndho kêncênging napas punika, satêmah adamêl risaking budi. Wondene cêthanipun makatên, prayogi napas kadamêl sarèh, mlêbêt mêdalipun ingkang sagêd timbang sampun ngantos pradondi, ing sasampunipun napas kadamêl [kadamê ...]

--- 38 ---

[... l] sampurna, ing ngriku sawêg kenging kalêbêtakên ing salêbêting budi.

Ing nalika budi sawêg pinuju kagarap, prayogi kadamêl alus rumiyin, têgêsipun lêgawa, sampun ngantos kenging katrocoban budi kasar, inggih punika, angkara, murka, tuwin sanès-sanèsipun, sasampunipun anyampurnakakên budi ingkang kasar wau, lajêng adamêl budi ingkang alus, têgêsipun budi kêdah kadamêl têguh, inggih punika dumunung wontên ing lêgawa, sabar, trima. Sasampunipun makatên, sawêg kenging katêrusakên dhatêng ing panggônda.

Ing nalika panggônda sawêg pinuju kagarap, kêdah kadamêl têguh rumiyin, inggih punika sampun ngantos katrocoban panggônda sanès, awit bilih taksih kenging katrocoban [katro ...]

--- 39 ---

[... coban] sanès panggônda, satêmah adamêl rèmèhing èngêtan.

Sasampunipun panggônda kadamêl sampurna, môngka lajêng kakêmpalakên dhatêng èngêtan malih, inggih punika utêg.

Sintên ingkang sampun sagêd adamêl kados ingkang kasbut nginggil, inggih punika dipun wastani kamanungsan batin katrocoban lair.

Ingkang kaping kalih saking iman, môngka iman kadamêl têtêp rumiyin, sampun ngantos kenging kabedhung dening kawontênan sanès, amargi bilih taksih kenging kabedhung dening kawontênan sanès, satêmah andadosakên kirang pêpêging (cêkaping) pangraos, sagêd ugi dados ebah, inggih punika ebahing èngêtan (gumyur), ananging bilih iman sampun sagêd têtêp, môngka enggal kalajêngna dhatêng pangrasa.

--- 40 ---

Ing nalika pangraos pinuju kagarap, prayogi kadamêl pêpêg rumiyin, sampun ngantos kenging katrocoban ing pangraos sanès. Môngka bilih taksih kenging panggodhaning pangraos sanès, satêmah adamêl kiranging panêmu, tuwin sagêd andadosakên risaking pamiarsa, ananging bilih pangraos sampun kadamêl sampurna, ing ngriku kalajêngna dhatêng ing pamiarsa.

Ing nalika pamiarsa pinuju kagarap, kêdah kadamêl bêning (êning) rumiyin, sampun ngantos katrocoban mirêng swara sanèsipun, ing môngka bilih pamiarsa taksih kenging rêncananing swara sanès, satêmah andadosakên pêtênging paningal utawi sagêd andadosakên bingunging èngêtan, ananging bilih pamiarsa sampun kadamêl bêning, utawi sampun sagêd anyampurnakakên [a ...]

--- 41 ---

[... nyampurnakakên] panggodhaning swara sanès, ing ngriku sawêg kenging kalajêngakên dhatêng paningal.

Ing nalika paningal punika nuju kagarap, prayogi kadamêl pana rumuyin, utawi kadamêl mligi, sampun ngantos katrocoban pamandêngan sanès, ing môngka bilih paningal taksih kenging godhaning pamandêngan sanès, satêmah adamêl kirang têtêping pamanggih lair batin, utawi sagêd adamêl karisakaning iman, ananging bilih paningal sampun sagêd anyampurnakakên pamandêngan sanès (sampun sagêd waspada) môngka lajêng kenging kakêmpalakên dhatêng iman malih. Sintên ingkang sampun sagêd adamêl kados ingkang kasbut ing nginggil, inggih punika kenging kawastanan kamanungsan lair katrocoban batin.

Ingkang rumiyin saking roh (utêg) inggih

--- 42 ---

punika èngêtan, ing môngka èngêtan wau kêdah katata rumiyin sagêdipun jênjêm, sampun ngantos kenging katrocoban dening sanès èngêtan, sasampunipun kajênjêmakên lajêng kaandhapna dhatêng napas, ananging napas kêdah kadamêl mulya, ing ngriku sawêg kenging kaandhapakên dhatêng budi, ananging napas wau kêdah kadamêl mulya rumiyin, inggih punika lampah-lampahing napas kêdah katimbang mlêbêt utawi mêdalipun, sasampunipun napas wau kadamêl mulya, ing ngriku sawêg kenging kaandhapakên dhatêng, ananging budi kêdah kadamêl sukci rumiyin, sampun ngantos katrocoban budi ingkang langkung rêgêd, sasampunipun budi kadamêl sukci, ing ngriku kenging kalajêngakên dhatêng ing panggônda, ananging panggônda kêdah kadamêl têguh rumiyin, sampun ngantos kenging katrocoban sanèsing gêgandan, bilih panggônda taksih anggônda dhatêng sanès gêgandan, sampun tamtu andadosakên [andado ...]

--- 43 ---

[... sakên] kirang têtêping èngêtan, bilih panggônda sampun kadamêl têguh, môngka lajêng kenging kawangsulakên dhatêng utêg malih.

Sintên ingkang sampun sagêd adamêl kados ingkang kasbut ing ngriku panggenaning kamanungsan batin katrocoban lair.

Ingkang kaping kalih, saking iman, ing nalika iman pinuju sawêg kagarap kêdah kadamêl pangwasa rumiyin, inggih punika iman kêdah kadamêl têntrêm rumiyin, sampun ngantos katrocoban sanès golongan, ingkang punika bilih taksih kenging katrocoban ing sanès golongan, satêmah andadosakên kirang kwasaning batin, sasampunipun iman kadamêl kwasa, môngka lajêng kenging katêrusakên dhatêng ing pangrasa, ananging pangrasa kêdah kadamêl pêpêg rumiyin, sasampuning pangrasa kapêpêgakên,

--- 44 ---

môngka kenging kalajêngakên dhatêng ing pamiarsa, ing nalika pamiarsa pinuju kagarap, kêdah kadamêl bêning rumiyin, sampun ngantos amirêngakên swaraning asanès, manawi taksih amirêngakên swaraning asanès, satêmah andadosakên pêtênging èngêtan utawi sagêd adamêl kirang sampurna, sasampuning pamiarsa katata sae, lajêng kenging katêrusakên dhatêng ing paningal, ananging paningal kêdah kadamêl pana rumiyin, sampun ngantos amirsani ingkang sanès golongan, awit bilih taksih amirsani ingkang sanès golongan, satêmah andadosakên judhêging èngêtan, tuwin sagêd adamêl kirang pana (waspada), sasampunipun makatên, môngka lajêng kawangsulakên malih dhatêng iman.

Sintên ingkang sampun sagêd angêmpalakên kados [ka ...]

--- 45 ---

[... dos] ingkang kasbut ing nginggil, ing ngriku panggenanipun kamanungsan lair katrocoban batin.

Golongan ingkang kaping kalih.

Ingkang sapisan. Ingkang rumiyin saking utêg (roh), inggih punika èngêtan, môngka èngêtan kêdah kadamêl sampurna rumiyin kados ingkang sampun kasêbat wontên ing golongan sapisan, sasampuning èngêtan sampurna, lajêng kaandhapakên dhatêng napas, môngka napas kêdah kadamêl mulya rumiyin, lajêng katêrusakên ing budi, môngka budi kêdah kadamêl suci rumiyin, lajêng katêrusakên dhatêng iman, môngka iman kêdah kadamêl kwasa rumiyin, bilih iman sampun kadamêl kwasa ing dalêm lair batos, môngka lajêng kakêmpalakên dhatêng roh malih.

Sintên ingkang sampun sagêd angêmpalakên [angêmpalakê ...]

--- 46 ---

[... n] kados ingkang kasêbat ing nginggil, inggih punika dununging kamanungsan batos.

Ingkang kaping kalih. Ingkang rumiyin saking pangraos, ananging pangraos wau kêdah kadamêl pêpêg rumiyin, sasampunipun pangraos pêpêg, lajêng katêrusakên dhatêng ing pamiarsa, môngka pamiarsa kêdah kadamêl bêning rumiyin, bilih pamiarsa sampun kadamêl bêning, lajêng katêrusakên dhatêng ing paningal, môngka paningal kêdah kadamêl waspada rumiyin, bilih sampun waspada ing paningalipun, lajêng katêrusakên dhatêng ing panggônda, ing wêkdal panggônda pinuju kagarap, kêdah kadamêl têguh rumiyin, sampun ngantos anggônda ingkang sanès golongan, sasampuning panggônda kadamêl têguh, môngka lajêng kakêmpalakên dhatêng ing pangraos malih.

--- 47 ---

Sintên ingkang sampun sagêd angêmpalakên kados ingkang sampun kasêbat, inggih punika dununging kamanungsan lair.

Wondene kêkalihing golongan wau, ingkang kawastanan sêmèdi angagêm pôncadriya, utawi angêningakên pôncadriya.

Sasampunipun golongan wau kula damêl cêtha utawi pilah, ing salêrêsipun manungsa punika piyambak-piyambak ingkang dados pikajêngipun, utawi ingkang dados sêdyanipun, botên sagêd cocog, makatên ugi ing ngagêsang sampun ngantos angoncatakên bab ilmu kabatosan, awit bilih botên anggalih dhatêng ilmu kabatosan wau, kenging kawastanan ing salêbêting gêsang tansah tuna, môngka tatêmbungan tuna punika wau, botên tuna bab prakawis arta, ananging tuna [tu ...]

--- 48 ---

[... na] jalaran kirang pêpêging pamanggih, bilih aningali pangandikaning Gusti Allah ingkang kasêbat wontên ing Kuran saha kitab suci tuwin sanès-sanèsipun, manungsa kêdah adamêl kasampurnan ing salêbêting gêsang ngantos dumugi ing akirat, ing môngka sampurnaning agêsang utawi ing akirat punika, sangking pamanggih kula botên sanès anamung anggalih dhatêng bab ilmu kabatosan.

Ing môngka salêrêsipun angupados ngèlmi punika pancèn botên gampil, awit ngèlmi punika wau kadadosanipun wontên ing lêlampahan utawi kalakuan ingkang kanthi sucining panggalih, môngka sucining panggalih wau namung lampah lila, trima, lêgawa. Bilih sampun sagêd anglampahi kados ingkang sampun kula têrangakên wau, ambokmanawi

--- 49 ---

kemawon sagêd angsal ngèlmi kasampurnan, pramila ngèlmi punika botên gampil ngupadosanipun, lantaran saking angèl ngupadosanipun ngèlmu wau, andadosakên botên sabên tiyang sagêd angangkah sagêdipun anggadhahi ngèlmi kasampurnan, ingkang punika para maos kula aturi animbang, punapa lêrês punapa botên.

Wondene kula pêrlu anêrangakên mênggah kêmpaling golongan-golongan ingkang sampun kula têrangakên ing nginggil, ing môngka kêmpaling sêmèdi dados satunggal golongan punika makatên.

--- 50 ---

[Grafik]

Têrangipun

1. Roh, inggih punika atêgês Hyang Mahaluhur. Môngka pangwasanipun adamêl luhuring pamanggih.

2. Napas, inggih punika atêgês Hyang Mahamulya. Môngka pangwasanipun adamêl kamulyaning badan.

--- 51 ---

3. Budi, inggih punika atêgês Hyang Mahasukci. Môngka pangwasanipun adamêl kasucian sadaya kalakuan.

4. Iman, inggih punika atêgês Hyang Mahakwasa. Môngka pangwasanipun adamêl kwasa: lair batos.

5. Pangrasa, inggih punika atêgês Hyang Maha-Agung. Môngka pangwasanipun adamêl pêpêging sadaya pamanggih.

6. Pamiarsa, inggih punika atêgês Hyang Mahawasesa. Môngka pangwasanipun adamêl wasesaning pamanggih lair batos.

7. Paningal, inggih punika atêgês Hyang Mahamurba.

--- 52 ---

Môngka pangwasanipun adamêl purbaning sadaya wujud.

8. Panggônda, inggih punika atêgês Hyang Manon. Inggih punika ingkang kawastanan sipat Ngaliman, têgêsipun sadèrènging kasumêrêpan, môngka sampun sumêrêp.

Ingkang rumiyin saking roh, utawi anyêbut Hyang Mahaluhur, sasampunipun anyêbut lajêng angapilakên upacaranipun kados ing ngandhap punika.

Ingsun dat Kang Mahaluhur, ora ana kaluhuraning panêmu kajaba dat Ingsun pribadi.

Sasampunipun amasang upacara, môngka kêdah tansah amikir (anggalih) ingkang langkung inggil, [inggi ...]

--- 53 ---

[... l,] sampun ngantos anggalih ingkang rèmèh-rèmèh, bilih sampun angluhurakên pamanggih makatên, èngêtan lajêng kadamêl jênjêm (têntrêm), ing ngriku dunungipun kaluhuraning kawula, môngka sasampunipun rumaos kaluhuran, dening badanipun piyambak, lajêng anglimputana dhatêng ing panggônda, saha kanthi anyêbat Hyang Manon, ing ngriku lajêng anglimputi lampahing napas, tuwin anyêbat Hyang Mahamulya, ananging panggônda tuwin napas kêdah katata rumiyin, sampun ngantos kenging godha rêncana, môngka lajêng kalèrègakên dhatêng ing pangraos, ing ngriku ajêjuluk Hyang Maha-Agung, sasampunipun makatên lajêng amasang upacara kados ing ngandhap punika.

Ingsun dat Kang Maha-Agung, ora ana pêpêging panêmu kajaba dat Ingsun pribadi.

--- 54 ---

Sasampunipun amasang upacara, môngka kêdah tansah angraos ingkang langkung sampurna, sampun ngantos angwontênakên ingkang botên wontên, bilih sampun makatên, pangraos kêdah katata, inggih punika kêdah kadamêl têtêp, sasampunipun makatên, ing ngriku ducungipun[3] pêpêging pangraos, sarêng sampun pêpêg pangraosipun dening badanipun piyambak, môngka lajêng kalèrègakên dhatêng ing budi, ing ngriku jumênêng Hyang Mahasukci, sasampunipun makatên lajêng amasang upacara kados ing ngandhap punika.

Ingsun dat Kang Mahasukci, ora ana sukcining panêmu kajaba dat Ingsun pribadi.

Sasampunipun amasang upacara, môngka kêdah tansah angraos ingkang langkung sukci, sampun [sa ...]

--- 55 ---

[... mpun] ngantos angwontênakên kalakuan ingkang kirang suci, inggih punika kalakuan angkara, murka, tuwin sasaminipun, bilih sampun makatên, budi kêdah kadamêl têguh, ing ngriku dunungipun sucining budi, sarêng sampun suci budinipun dening badanipun piyambak, môngka lajêng kalèrègakên dhatêng ing iman, sasampunipun makatên, ing ngriku jumênêng Hyang Mahakwasa, môngka lajêng amasang upacara kados ing ngandhap punika.

Ingsun dat Kang Mahakwasa, ora ana pangwasaning panêmu kajaba dat Ingsun pribadi.

Sasampunipun amasang upacara, môngka kêdah ngraos ingkang langkung kwasa, sampun ngantos amikir ingkang kirang kwasa, bilih sampun makatên, prayogi anglimputi lampahing

--- 56 ---

napas, katata ingkang sarèh, panjing wêdaling napas kêdah katimbang ingkang lêpas, sasampunipun makatên, ing ngriku dunungipun pangwasaning lair saha batos, sarêng sampun kwasa imanipun dening badanipun piyambak, môngka lajêng kalèrègakên dhatêng pamiarsa, sasampunipun makatên, ing ngriku jumênêng Hyang Mahawasesa, môngka lajêng amasang upacara kados ing ngandhap punika.

Ingsun dat Kang Mahawasesa, ora ana wasesaning panêmu kajaba dat Ingsun pribadi.

Sasampunipun amasang upacara, môngka kêdah tansah rumaos bilih dados titah (kawula), sampun ngantos angakêni utawi andhaku dening badanipun piyambak, bilih sampun makatên, pamiarsa kêdah kadamêl têtêp [têtê ...]

--- 57 ---

[... p] (twajuh), sampun ngantos amirêngakên swaraning sanès golongan, bilih taksih kenging trocobaning swara ingkang sanès golongan, satêmah adamêl judhêging pamirêng, wasana sagêd adamêl pêtênging pamanggih lair saha batos. Bilih pamiarsa sampun karakit kados ingkang kasbut ing nginggil, ing ngriku dunungipun wasesaning panêmu lair batos.

Sarêng sampun rumaos bilih wasesaning lair batos dening badanipun piyambak, môngka lajêng kalèrègakên dhatêng ing paningal, ing ngriku jumênêngipun Hyang Mahamurba, môngka lajêng amasang upacara kados ing ngandhap punika.

Ingsun dat Kang Mahamurba, ora ana purbaning panêmu kajaba dat Ingsun pribadi.

Sasampunipun amasang upacara, môngka kêdah [kê ...]

--- 58 ---

[... dah] tansah rumaos bilih dados Pangeran (Gusti), sampun ngantos botên angakêni dening badanipun piyambak, ananging ing wêkdal punika kêdah anglimputi ing panggônda, inggih punika sampun anggônda ingkang sanès golongan, bilih panggônda taksih kenging trocobanipun sanès golongan, satêmah adamêl risaking èngêtan, wasana sagêd andadosakên risaking pamanggih lair batos.

Sarêng sampun panggônda karakit kados ingkang kasêbat ing nginggil, môngka lajêng angrakit paningal, sampun ngantos aningali ingkang sanès golongan, bilih taksih kenging katrocoban ing rêrupèn sanès, satêmah adamêl pêtênging èngêtan, wasana sagêd adamêl [a ...]

--- 59 ---

[... damêl] kirang pana (kirang waspada), ing pamanggih lair batos.

Sarêng sampun paningal karakit kados ingkang kasêbat ing nginggil, ing ngriku dunungipun purbaning pamanggih lair batos, sasampunipun angakêni purbaning lair batos dening badanipun piyambak, nuntên kawangsulna dhatêng ing roh malih, inggih punika mantuk mula-mulanipun, têtêp jumênêng Hyang Mahaluhur, inggih punika ingkang adamêl sampurna samukawis kawontênan (adamêl sampurna samukawis ing dalêm sêmèdi) inggih punika kenging katêmbungakên amiwiti amungkasi.

Wondene ingkang sampun kula têrangakên ing nginggil punika, cara-caranipun tiyang sêmèdi, amêpêti hawa jasat, inggih punika: (ngêningake [(ngêning ...]

--- 60 ---

[... ake] pôncadriya, nutupi babahan hawa sanga).

Têgêsipun, pônca atêgês gangsal, driya atêgês angên-angên, dados angêmpalakên angên-angên gangsal (pikir lima digulung dadi sawiji).

Wondene têmbung nutupi babahan hawa sanga punika makatên,

nutupi, atêgês anyumpêt, babahan hawa, atêgês margining hawa badan, sasanga atêgês sanga, dados anyumpêt margining hawa badan sangang iji,

--- 61 ---

inggih punika:

netra... 2

karna... 2

grana... 2

tutuk... 1

silit... 1

margi sêne... 1

gunggung... 9

Ananging para maos sampun kalintu ing panampi, bilih tatêmbungan anyumpêt punika, têgêsipun botên dipun buntêti kadosdene anyumpêli gêndul makatên, inggih punika anyumpêt kados ingkang sampun kula têrangakên ing nginggil wau.

Môngka ing salêrêsipun sintên ingkang sampun kagungan bab ngèlmu kabatosan, sagêd animbang [ani ...]

--- 62 ---

[... mbang] bab cara-caranipun tiyang sêmèdi, kadosdene ingkang sampun kula têrangakên ing nginggil.

Wondene bab sêmèdi punika botên angêmungakên pirantos batos kemawon, ananging sadèrèngipun anglampahakên sêmèdi kados ingkang sampun kula têrangakên ing nginggil, prayogi angagêma patrap sêmèdi lair, inggih punika badan kêdah kadamêl rêsik rumiyin, môngka rêsiking badan punika botên sanès namung lantaran saking toya, sasampuning badan kadamêl rêsik, ing ngriku lajêng amatrapna kadospundi mênggah cara-caranipun tiyang sêmèdi, bilih botên kanthi patraping sêmèdi lair, môngka sêmèdinipun taksih kirang sampurna, wondene patraping sêmèdi lair wau kados ingkang kasêbat ing ngandhap punika.

--- 63 ---

Badan katilêmna malumah wontên ing panggenan sêmèdi, lajêng katataa ingkang lêrês, inggih punika kêdah kaujurakên, suku kaslonjorna, pupu têngên karapêtna pupu kiwa, dhêngkul karapêtna sami dhêngkul, têlapakan têngên saha kiwa kaadêgna, jêmpol suku karapêtna sami jêmpol suku, bilih suku kalih wau sampun katata sae, lajêng anata kadospundi pratingkahing asta, inggih punika: lêngên (bau) ingkang têngên karapêtna kalihan iga têngên, môngka lajêng katêkuka dhatêng ing sanginggiling dhadha, èpèk-èpèk lajêng kakurêpna ing têngah-têngahing dhadha, jêmpol saha drijinipun asta karapêtna, sampun ngantos gunggang, sasampunipun asta têngên karakit lêrês, anuntên angrakit asta kiwa, inggih punika patrapipun kadosdene asta têngên, ananging èpèk-èpèk [èpè ...]

--- 64 ---

[... k-èpèk] ingkang kiwa kêdah katumpangakên wontên ing sanginggiling èpèk-èpèk ingkang têngên. Sasampunipun asta karakit lêrês, anuntên mandêng pucaking grana kasipata angsal têngah-têngahing pusêr, saha lajêng kasipata angsal pucuking jêmpol suku.

Sarêng sampun makatên lajêng anggadhahana pangraos amasrahakên jiwa dhatêng Pangeran, sampun ngantos angakêni dening badanipun piyambak, môngka jiwa ingkang saking Pangeran (titipan asal saking Pangeran) 8 prakawis inggih punika:

1. roh, 2. napas, 3. budi, 4. iman, 5. pangraos,

--- 65 ---

6, pamiarsa, 7, paningal, 8, panggonda.

Sasampunipun pasrah 8 prakawis dhatêng ing Pangeran, môngka lajêng anggadhahana pangraos bilih katitipan dening bapa biyung, sampun ngantos angakêni dening badanipun piyambak, môngka titipan ingkang saking bapa biyung kula pratelakakên kados ing ngandhap punika.

Asal saking bapa 4 prakawis:

1. êrah, 2. daging, 3. kulit, 4. utêg,

Asal saking biyung 4 prakawis:

1. balung, 2. sungsum,

--- 66 ---

3. otot, 4. lêbêtan (jêroan),

saha anggadhahana pangraos pasrah dhatêng bumi, gêni, angin, banyu, sampun ngantos angakêni dening badanipun piyambak, môngka asal saking 4 prakawis punika kados makatên.

Asal saking bumi, dados daging, kulit, balung, sungsum, otot, saha sanès-sanèsipun.

Asal saking latu, dados êrah.

Asal saking angin, dados napas (swasana), hawa.

Asal saking toya, dados rahsa, inggih punika êrah ingkang bêning.

--- 67 ---

Môngka sadaya gunggungipun wau 20 prakawis. Têrangipun,

asal saking Pangeran... 8 prakawis,

asal saking bapa... 4 prakawis,

asal saking biyung... 4 prakawis,

asal saking bumi... 1 prakawis (inggih punika 5 prakawis kaikêt dados satunggal),

asal saking latu... 1 prakawis, inggih punika êrah ingkang kasar (abrit),

asal saking angin... 1 prakawis inggih punika napas.

--- 68 ---

asal saking toya... 1 prakawis, inggih punika êrah ingkang alus (rahsa)

dados gunggung... 20 prakawis.

Wondene kalih dasa prakawis punika prayogi kadamêl sampurna, sampun ngantos angakêni dening badanipun piyambak, bilih 20 prakawis punika sampun sagêd sampurna, ing ngriku sawêg amatrapakên tata rakitipun sêmèdi batos.

Ing môngka salêrêsipun sêmèdi punika, kêdah lair batos, bilih sêmèdi punika botên kapatrapakên lair batos, inggih punika kenging kawastanan botên dados ing sêmèdinipun. Upami: bilih kula aningali lampahing sêpur saha sanès-sanèsipun mêsin ingkang

--- 69 ---

mawi lampah sarana latu, inggih punika botên sanès kêkiyatanipun saking kukus, ingkang asal saking toya dipun obori, samantên ugi bilih botên wontên dhasaripun inggih botên sagêd kalampahan, pramila pirantosing sêpur wau kenging kula upamèkakên lair (dhasar), wondene kukusipun wau kula upamèkakên batos, pramila makatên awit kêkiyatanipun wau kêdah sarana lair batos, makatên ugi ing dalêm sêmèdi, bilih botên sarana lair batos, kirang sampurna sêmèdinipun.

Ingkang punika mugi-mugi para maos karsa manggalih dhatêng lêlampahaning ngèlmi kabatosan, ananging sampun angugêmi satunggal kemawon, awit bilih namung angugêmi (angêngkoki) satunggal kemawon, saèstunipun kenging

--- 70 ---

kaupamèkakên taksih kirang pana (waspada) amargi dèrèng sagêd animbang, ing môngka salêrêsipun antênging manah punika saking têtimbangan, saupami têtimbanganipun dèrèng sagêd angêplêki, sampun tamtu ing salêbêting panggalih taksih gênjot kemawon.

--- 71 ---

Kêkancingan.

Nuwun, kula anyaosi pirsa dhatêng para maos, mugi sampun andadosakên ing panggalih, ing sarèhning buku Atmapramana, namung kula damêl samantên kemawon, awit kula angge jilidan, inggih punika jilid I ngantos dumugi jilid III, pramila kula damêl makatên ingkang supados para maos sagêd pilah anggènipun angraosakên, ingkang punika bilih para maos sampun kagungan panggalih rêmên dhatêng buku punika, prayogi kalajêngna mundhut buku Atmapramana jilid I ngantos jilid III, dados botên cuwa salêbêting panggalih, ing wasana sampun kirang pangapuntên.

Pangarang.

--- I ---

Isinipun buku punika

Bab alam (triloka)... kaca 5

Bab swara, urip, fikiran... kaca 11

Kuwajibanipun alam Abukahar... kaca 15

Swara muni, urip, lila... kaca 15

Kuwajibanipun alam Abujalal... kaca 15

Swara mênêng, kang agawe urip, lali... kaca 15

Kuwajibanipun alam Abujamal... kaca 20

Swara mekrad... kaca 20

Kadadèaning urip langgêng... kaca 25

Dunungipun roh... kaca 27

Dunungipun napas... kaca 29

Dunungipun budi... kaca 30

Dunungipun iman... kaca 30

Dunungipun pangrasa... kaca 30

Dunungipun pamiarsa... kaca 31

Dunungipun paningal... kaca 31

--- II ---

Dunungipun panggônda... kaca 32

Bab sêmèdi... kaca 33

Têrangipun sêmèdi, golongan kapisan... kaca 34

Têrangipun sêmèdi, golongan kaping kalih... kaca 35

Têgêsipun (dunungipun)... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Mahaluhur... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Mahamulya... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Mahasukci... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Mahakwasa... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Maha-Agung... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Mahawasesa... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Mahamurba... kaca 50-51-52

Têgêsipun Hyang Manon... kaca 50-51-52

Upacaranipun Hyang Mahaluhur... kaca 52

Upacaranipun Hyang Maha-Agung... kaca 53

--- III ---

Upacaranipun Hyang Mahasukci... kaca 54

Upacaranipun Hyang Mahakwasa... kaca 55

Upacaranipun Hyang Mahawasesa... kaca 56

Upacaranipun Hyang Mahamurba... kaca 57

Ngêningake pôncadriya nutupi babahan hawa sanga... kaca 59-60

Asal saking Pangeran 8 prakawis... kaca 64

Asal saking bapa 4 prakawis... kaca 65

Asal saking biyung 4 prakawis... kaca 65

Asal saking bumi, gêni, angin, banyu, 4 prakawis... kaca 66

Kêkancingan... kaca 71


kakêmpalakên. (kembali)
kakêmpalakên.
§ Swara panjang. (kembali)
§ Swara panjang.
dunungipun. (kembali)
dunungipun.