Jampi Susah, Budi Utama, 1918, #1226

JudulCitra
Terakhir diubah: 19-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Jampi Susah

Mratelakakên apêsing manungsa nandhang susah ingkang ngantos ngrisakakên manah, mawi sêkar macapat. Anggitanipun Radèn Pujaarja ing Surakarta.

Kawêdalakên dening Mas Sastra Utama, ing Kartasura Taun 1918. Kaêcap ing kantor pangêcapan N.V. Budi Utama, ing Surakarta, Taun 1918.

--- [0] ---

Sêrat Jampi Susah

Mratelakakên apêsing manungsa nandhang susah ingkang ngantos ngrisakakên manah, mawi sêkar macapat. Anggitanipun Radèn Pujaarja ing Surakarta

Kawêdalakên dening Mas Sastra Utama, ing Kartasura Taun 1918. Kaêcap ing kantor pangêcapan N.V. Budi Utama, ing Surakarta, taun 1918.

--- [0] ---

Sêrat ingkang botên wontên tăndha astanipun kados ing ngandhap punika botên sah kawontênanipun.
[Grafik]
Ingkang ngêdalakên S. HOETOMO.

--- [1] ---

Sêrat Jampi Susah

1. Dhandhanggula

1. kaga trêsna sêkaring palupi | bantêring tyas paripaksa ngarang | tumuntên dadya sêdyane | dera sumêngkèng kayun | ning sujanma kang mudha pingging | mastuti ring sêdyarja | sasmitaning kawruh | traju kang măngka panimbang | upamanya têpa palupining dhiri | tataning kamartanan ||

2. mamrih têntrêm tumanêm ing ati | ingkang arsa ginupitèng kata | karya sirnaning wirage | tarima marang pandum | sumawana sarèhing budi | rêrantaman kang arda | sêsumuking kayun | rarasing rèh kawidadan | karsèng Sukma kang ginusthi siyang ratri | baboning kasunyatan ||

3. lir mangkana pêpuntoning kapti | têmah karya usada turida | kang tumindak sadinane | ing rèh jalma sawêgung | anom tuwa jalu pawèstri | ingkang sami kataman | prihatin ing kalbu | ywa kongsi kadawa-dawa | tanpa karya ngaurip anandhang kingkin | luhung amangun suka ||

4. paran dènnya angruwat prihatin | mangkya padha dipun sinaua | ulah prana sapantêse | samăngsa sira iku | sru kataman susah ing ati | aywa kongsi dinawa | lêburên dèn gupuh | kadi ta sira kapraptan | susahing tyas jalaran roganing [ro...]

--- 2 ---

[...ganing] dhiri | enggal usadanana ||

5. dening budi pakarti pribadi | lara iku aja dipun uja | kongsi samarine dhewe | mangkono iku luput | yêkti kudu mawa usadi | sanadyan pirang warsa | lamun durung mantun | aywa sah budidayanta | ngêndi bae dununge usada jati | kang bisa maluyakna ||

6. nadyan kongsi tumêka ing miskin | labêt dènnya marsudi usada | yèn tinimbang sapêrlune | tan dadi apa iku | janji bagaswarasing dhiri | awit nadyan sugiha | tur dadi tumênggung | lamun tansah nandhang roga | tanpa karya uripira anèng bumi | mung dadi sêsawangan ||

7. lan ngakèhkên prabeyaning urip | jêr wus kurang kasênênganira | wong nandhang roga jatine | kapitunan kang muput | tan ngamungkên badan pribadi | tuhu tular-tumular | susahirèng kalbu | mring batih sajroning wisma | sanak kadang mitra myang tăngga têpalih | kabèh kaduman susah ||

8. tuna bau suku miwah picis | ngèthèrakên wajibing wong kathah | ora karuan petunge | marma lamun kinalbu | lamun lara wus madal jampi | ora kêna tinamban | tan antuk pitulung | amrih ludhanging ngakathah | wong kang lara luwih bêcik nuli mati | cuthêl banjur tan kocap ||

9. ingkang lumrah sakathahing waris |

--- 3 ---

tansah owêl-owêlên ing manah | maksih kèlingan trisnane | ingkang mangkono luput | tan pinikir tumêkèng budi | nadyan eman trisnaa | nanging ora mantun | tur tan darbe kasênêngan | pêrlu apa wong lara dèn ênggik-ênggik | muwuhi ngêrêsing tyas ||

10. parandene sakathahing waris | mêksa maksih kogêlên ing driya | kang lara pinrih warase | mau ingsun wis tutur | aywa kêmba ngudi usadi | nanging lamun wus tita | ihtiyare jamu | paran gone budidaya | ora liwat mung rinêksa ingkang sakit | aja bangêt ginagas ||

11. rèhne ora nyumurupi pêsthi | apa waras apa ta palastra | marmane dipun sumendhe | dèn eklas lamun lampus | dipun sokur yèn bisa mari | iku ingkang dèn ajap | ing siyang lan dalu | dimèn tan muwuhi susah | kapitunan susah anjaga wong sakit | susah ngudi waluya ||

12. dadi rangkêp susahe wong iki | dhingin susah rumêksa kang lara | winuwuhan susah manèh | ngudi waluyanipun | kang têtela wus datan mari | tur susahe wuwuhan | tanpa guna iku | tan karya warasing roga | mung nelakkên gone ora darbe budi | sarta tan darbe eklas ||

13. yèn pinikir kakekating urip | apa wurung tumêkèng [tumê...]

--- 4 ---

[...kèng] antaka | êmbuh ta lawas enggale | ngaurip mêsthi lampus | mung kumambang karsaning Widi | apa lampus taruna | apa lampus sêpuh | bênêr wajibing ngagêsang | lamun kêna lara dipun ihtiyari | dimèn dadi waluya ||

14. rèhning kabèh ihtiyaring jalmi | ora kêna lamun dèn têtêpna | kang têtêp amung kodrate | pêrlu apa dèn ulur | iku kêna kinarya mirit | marang waris kang waras | aja mèlu-mèlu | anglalu luru sangsara | saranane mung narima jroning ati | ing mêngko arêp apa ||

15. iya amung kudu ngati-ati | barang tingkah dipun ngarah-arah | aja kaladuk karêpe | supaya ora tuwuh | lêlara kang nusahkên ati | wong urip anèng dunya | iku kang dèn luru | mung bungah lawan kapenak | ora luru lara lan susahing ati | lah kono rasakêna ||

2. Asmaradana

1. kasmaran sung wasita di | samăngsa anandhang susah | kang saka kêmlaratane | kurang nyandhang kurang madhang | miwah tan darbe arta | aywa banjur anjêjaluk | yogya nglakonana brata ||

2. têgêse iku sêsirih | nglêluria jalma kuna | padha nahanake ngêlèh | ambuwang kumpul pameran [pa...]

--- 5 ---

[...meran] | ambuwang loba murka | buwang maksiyating kalbu | ingkang marang karoyalan ||

3. balik dèn bangêt marsudi | tumandang anambut karya | iya sagawe-gawene | kang kalawan panarima | saolahe kaskaya | aja kanggo jibar-jibur | gêmènana kalumpukna ||

4. nanging dèn mêsu ing batin | aja ngrasakake sira | sabarang kang tanpa gawe | muhung bantêra barata | kalawan nambut karya | lamun santosa ing kalbu | yêkti adoh sambekala ||

5. têgêse mungkul ing kardi | ngudi pakolèhing karya | janji ora salah wèngwèng | mung eling purwaning susah | ing kono yêkti ana | pitulungirèng Hyang Agung | nêmbadaning[1] sêdyanira ||

6. antuk sarana kinardi | panulaking kêmlaratan | nyampêti kabutuhane | warêg nyandhang warêg madhang | kang sarta sêsrawungan | marang salamaking batur | tur tansah anggembol arta ||

7. wit saking nêmêning kardi | sarta bantêring barata | kanthi sêtyatuhu tyase | tan pisan mèngèng ing cipta | têrkadhang iku wignya | narik kabêgjan kang agung | kinasihan ing sasama ||

8. ginugu tiniru yêkti | sinungga sinungan urmat | wit saking têmên ciptane | gone sudhing nandhang susah | manggiha suka bungah | yèn wus mangkono sirèku |

--- 6 ---

saya angati-atia ||

9. malah dèn amanting[2] ragi | sarta anjêmbarna cipta | kang supaya lêstarine | kaskayanira ing karya | ingkang wus andarbala | arahên dèn têkèng kalbu | aja kongsi sira nandhang ||

10. bali kacingkrangan maning | yèn wus ora kêkurangan | apa isih susah bae | kaya-kaya ora susah | yèn sira isih susah | tăndha tan ngèlingi iku | ing wulang panglêbur susah ||

11. kang wus pinikir prayogi | sanadyan sira elinga | tan linakon sapêrlune | watêke wong kasampêtan | kang dèn èsthi tan liya | mung kasusu arsa ngundhuh | woh kang durung kongsi tuwa ||

12. apa ta enak binukti | sayêktine ora enak | tan kadi matêng nèng wite | tur tandurane priyăngga | anggung dèn upakara | yèn nutug pangulahipun | yêkti ambiyêt wohira ||

13. yèku panglêburing sêdhih | nanging aja pinarusa | kang sabar sarta kang sarèh | karana sabaring driya | drajat kang luwih mulya | yèn santosa dangu-dangu | susahira yêkti sirna ||

14. mangan mung saka sathithik | janji tan karya sangsara | nyandhang samurwate bae | janji rêsik lan pasaja | iku aran narima | kaya-kaya sapandhuwur | tan kongsi nandhang braminta ||

15. yèn tan bisa anglakoni | lir

--- 7 ---

warah kang wus sinorah | tan kêlar anahan luwe | lah ing mêngko arêp apa | lunga isin tan nyandhang | kang sarta tan darbe sangu | aparsa turu kewala ||

16. sangsaya tan antuk kasil | tuna tumraping kadunyan | mung supêna pakolèhe | sarta nglèrènake raga | sapa kang angsung pangan | marang wong kang dhêmên turu | malah kèh kang ora rêna ||

17. tanpa guna dènnya urip | ora kalap ingakathah | utawa awake dhewe | bathine mung lêsu lupa | wong lumuh marang karya | ora wurung tekadipun | nêmpuh mung nêdya mêminta ||

18. rèpèh darajating jalmi | kang mangkono tindakira | nanging ta kapriye manèh | wong ora kuwat barata | miwah mlincur ing karya | yêkti wus bubuhanipun | dadi kêdhung kasusahan ||

19. wit tan tumêmêning ati | lah apa bêcik culika | nyingkiri darajat rèpèh | malah muput nisthanira | yèn nêmpuh kadurakan | ora sirna saya wuwuh | susahira anèng dunya ||

20. kongsi tumêka ing akir | ora bisa ilang-ilang | krakêt nèng atine dhewe | rumasa yèn barang ala | tansah ngandhut sumêlang | saking rupak budinipun | wong kang nglakoni culika ||

21. sanadyan antuka picis | kang asli gone culika | ora bungah panganggone [pa...]

--- 8 ---

[...nganggone] | mangana yêkti tan enak | nyandhanga ora lêga | kang awit dudu kakipun | kaskaya wêtuning karya ||

22. kang kalawan bênêr bêcik | kaya lumrahe wong kathah | gone padha nyambut gawe | dagang tani dadi kriya | guru juru suwita | buruh miwah dadi dhukun | mangkono lumrahing karya ||

23. yèn amung dèn olak-alik | dènnya mikir kêmlaratan | amrih nyampêti butuhe | apa utang anyênyêlang | apa ta budidaya | mring mitra sanak sadulur | nandukake dora cara ||

24. awad-awad api-api | ulas-ulas reka-reka | samudana sasamane | saya muwuhi duraka | wong ngumbar dora cara | tur durung karuwan iku | pakolèh ingkang sinêdya ||

25. marmane padha dèn eling | dènnya mrih tambaning susah | kang saking kêmlaratane | tan liya amung barata | lawan nêmêning karya | kanthi panrimaning kalbu | iku panglêburing susah ||

3. Sinom

1. wong taruna lamun susah | saka datan antuk kardi | sira nuli angipatna | aja darbèni pamilih | lire aja ngajèni | pituwasing pakaryanmu | kaya ta sabênira | duk sira tumandang kardi | sadinane olèh bayaran [bayar...]

--- 9 ---

[...an] sareyal ||

2. aja nêtêpakên sira | samono bayaring kardi | sira amung mituruta | kewala tibaning aji | saiki lagi aji | sapuluh sèn paminipun | ing dalêm sadinanya | lakonana bae bêcik | aja pisan-pisan nganggo kabicara ||

3. wong nambut karya sadina | mung olèh rongpuluh bribil | apa sêdhêng yèn pinangan | tan cukup butuhing urip | o anggèr sira lali | purwane susah atimu | marga tan antuk karya | kang sinambut sabên ari | ing wêkasan mêngko sira darbe petang ||

4. bênêre ora mangkana | manuta tibaning aji | yèn bêcik pakaryanira | kalawan wêkêling budi | suwe-suwe sayêkti | mundhak dhewe ajinipun | krana sakèhing karya | kabèh wus anggawa aji | upamane wong kang dadi juru basa ||

5. măngka gone nambut karya | sadina antuk satali | kang mangkono apa iya | lêstari kongsi salami | mungguh tumraping budi | kaya-kaya ora patut | kosok-baline ana | wong nyambut gawe ambathik | yèn duwea pamêtu limang rupiyah ||

6. ing dalêm sadinanira | panggaweyane wong siji | mungguhing akal kang lumrah | apa ta bisa lêstari | awit ora ngèmpêri | iba ta mêthuthukipun [mêthu...]

--- 10 ---

[...thukipun] | baya sugih dadakan | kaskayane wong ambathik | kang mangkono tan lungguh mungguhing akal ||

7. marmane dèn mantêp padha | kang marang tibaning aji | upama ingkang mangkana | tan kalakyan antuk kardi | prayoga salin pikir | ngèngèr bae dangi[3] batur | nanging uga ngipatna | aja darbèni pamilih | amung kudu bêcik kalakuanira ||

8. wit bêciking kalakuan | nênarik ananing kardi | kang sinambut sabên dina | lire kalakuan bêcik | pêthêl têmêning ati | mring pangrèh sarwa miturut | dudu wong wignyèng karya | dudu wong lantiping budi | ingkang aran bêcike wong anyuwita ||

9. nadyan tan tumandang karya | wong kang klakuane bêcik | akèh kang nguluri pangan | wit lagi sêpi ing kardi | nanging mokal sayêkti | wong bêcik pambêkanipun | kongsi kasêpèn karya | tan gêlêm tumandang kardi | ingkang tamtu têmên tumindaking karya ||

10. jêr sakèhing panggawean | butuh marang kang nandangi | dadi yèn gêlêm tumandang | sayêktine ora sêpi | panggaweyan ing bumi | tan karuwan cacahipun | măngka ta witing susah | marga ora antuk kardi | sajatine tan mangkono ananira ||

11. lamun sakèhing manungsa | rumasa apêsing dhiri | tan ngaku nganggêp kuwasa | marang awake pribadi [priba...]

--- 11 ---

[...di] | yêkti Kang Mahasuci | angsung gampang marganipun | wêtuning sandhang pangan | kang saka uruping kardi | yèn mangkono apa isih susah sira ||

12. yêkti sirna susahira | janji pèpèt ing pamikir | lah ta wis aja sumêlang | mung manut tekad pribadi | lamun nganggoa isin | dumèh rèmèh karyanipun | sudhing nglakoni bêrah | kudu milih dadi mantri | wit wong buruh dèn anggêp nisthaning karya ||

13. mantri utama ing karya | sarwa alus ing pambudi | dhuh anggèr ora mangkana | aja kaliru ing tampi | nistha utamèng kardi | tan mangkono dunungipun | sanadyan wong bêbêrah | kang suci têmên ing ati | iku ora ingaran pakarti nistha ||

14. malah utama ing sêdya | sanadyan dadia mantri | lamun rusuh tindakira | doyan mring pakarti sisip | iku nisthaning mantri | adoh mring utamèng kalbu | dadi mêngko si bêrah | pikire ngungkuli mantri | lah ta priye pilih êndi mungguh sira ||

15. mêngko nuli winangsulan | mêksa pilih dadi mantri | nanging kang budi utama | nastiti tindaking kardi | suci tan karêm sisip | yêkti angungkuli buruh | tur buruh kang balasak | bênêr ingkang amangsuli | malah luwih bêcik pilih dadi jendral ||

16. kalamun padha kaconggah | wus sarwa wicaksèng [wi...]

--- 12 ---

[...caksèng] budi | yèn ana lowongan jendral | balik ing samêngko sêpi | kasusu sêlak bukti | kang adhakan amung buruh | gêlis antuk kaskaya | tan rêkasa ulah pikir | apa mêksa ngêntèni lowongan jendral ||

17. ora wurung sida bêrah | ingkang gampang dèn lakoni | mangkono panulak susah | hara arêp apa maning | kalamun maksih isin | ora mêntala bêburuh | iku sulayèng sêdya | kang dadi witing prihatin | saka gone ora olèh panggaweyan ||

18. kang ana wêtuning pangan | ing samêngko salin gêndhing | tan susah bab panggaweyan | mung susah prakara isin | lah iku nyulayani | dudu kang dadi pêrlumu | pêrlune wong agêsang | nambut karya lan ambukti | anggèr aja kêmêncitên ing pangarah ||

19. ingkang gampang lakonana | kalawan slamêting budi | yèn panggah sayêkti munggah | bisa anggayuh kang inggil | manut tibaning aji | ajining darajatipun | awit drajating dunya | iku bisa owah gingsir | tinêtêpkên lawan pinocoting pangkat ||

20. ora pêrlu sira susah | ana mlarat dadi sugih | sugih atêmah malarat | kang gêdhe tumibèng cilik | kang asor cilik-cilik | satêmah andadi luhur | kang mangkono tan liya [li...]

--- 13 ---

[...ya] | saka pigunaning kardi | lan bêciking kalakuan kang anggawa ||

21. sasat tan butuh ing karya | kang sarta susahing ati | lamun sakèhing manungsa | ngèlingi piwulang iki | kanthi dipun lakoni | kalawan tekading kalbu | yêkti panglêbur susah | ing rèh pangudining kardi | pan ing dunya gumantung anèng manungsa ||

4. Kinanthi

1. kanthia sabaring kalbu | samăngsa nandhang prihatin | susah ora darbe omah | tan ana ingkang dèn goni | ngrêrêpake badanira | wit saking apêsing dhiri ||

2. aja pisan anênutuh | batih myang badan pribadi | ing lupute tindakira | kongsi ngilangakên panti | dadia kaca bênggala | lêlakon kang wus kawuri ||

3. yèn nganti tutuh-tinutuh | mundhak amuwuhi sêdhih | mring batihira sadaya | utawa badan pribadi | wong kang ora darbe wisma | iku wis susah ngluwihi ||

4. genea têka tinutuh | winuwuhan susah malih | tur ta iku susahira | tan ana gawene yêkti | tan wignya ngadêgkên wisma | kang kinarya soning dhiri ||

5. marmane lamun sirèku | mêngku andarbèni batih | bêcik dèn saekapraya | mrih aywa bèncènging pikir | manggona

--- 14 ---

omah pasewan | kang kinira anyukupi ||

6. kinarya rêrêping turu | darapon tan kongkah-kongkih | ing têtêpe dunungira | miwah sumèlèhing pikir | kang supaya ora karya | pakewuh tindaking urip ||

7. lêlungan sapurugipun | luru pakolèhing kardi | kang minăngka buktinira | miwah pasewaning panti | ing sawanci-wancinira | ana ingkang dèn ulihi ||

8. yèku wisma kang jinujug | ing siyang kalawan ratri | sanadyan badan priyăngga | lire ora mêngku batih | bêcik aja ngulandara | kudu têtêp apêpanti ||

9. pan akèh paedahipun | wong maton kang dèn dunungi | manawa pinuju lara | karuwan gone niliki | sarta lamun ana karya | dhayoh kang nêdya nêmoni ||

10. anggawa prakara pêrlu | kang dadi kasiling urip | gampang gone pêpanggihan | sokur bisa angurmati | myang nyawisi panginêpan | dhayoh ingkang sami prapti ||

11. yèn mangkono ananipun | sayêkti wis mari sêdhih | sasat isih duwe omah | miranti kaya kang uwis | kacèke mung omah sewan | ana bedane sathithik ||

12. panguwasa dènnya mêngku | lawan omahe pribadi | sakarêp-karêp katêkan | nanging yèn mirit kang uwis | malah iku kabênêran [kabênêr...]

--- 15 ---

[...an] | tan bisa andhendhal malih ||

13. utawa nyalini wangun | sarta nganggo andandani | borong kang duwe pasewan | sira kari angênggoni | nanging aja bungah-bungah | dupèh wis bisa ngênggoni ||

14. ngèlingana sewanipun | kudu bayar sabên sasi | kang wis dadi janjinira | lamun ora anêtêpi | ora wurung iku bakal | nuwuhake susah malih ||

15. têmahan dadi tinundhung | kêpêksa angalih panti | luru pasewan lènira | apa iya nganggo sêdhih | wis bênêre kang mangkana | manggon tanpa amajêgi ||

16. yèn sira angalih dunung | salin pasewaning panti | ya mangkono tindakira | marmane bali pinikir | lamun sira ora bisa | manggon ing sewan nêtêpi ||

17. lir janji kang wus sinanggup | wit lagi apêsing dhiri | bayar manèh yèn bisaa | kang pinangan sabên ari | mung plêk-plêkan kadhang kurang | kang saking wêtuning kardi ||

18. dadi ing mêngko sirèku | ora bisa nglaksanani | manggon nèng omah pasewan | tuwuh susahira malih | wit saking tan lumrah jalma | kang padha urip nèng nagri ||

19. lah ora mangkono iku | lamun sira angèlingi | marang apêse manungsa | kang lagi kaèsi-èsi | wong kang ora duwe omah | iku

--- 16 ---

mung prakara cilik ||

20. gêdhe êndi lan dèn laut | munggahe prakara pati | apadene pêpêrangan | nuju dahuruning bumi | manungsa bisa kalakyan | mangkono ananing urip ||

21. jêjêre mung anèng kalbu | kang mantêp eling mring bêcik | bêcike wong anèng dunya | kudu condhong lan sasami | nanging condhong iku aja | mung lamis ana ing lathi ||

22. kudu têrus trisnanipun | tumancêp ing lair batin | marma ora sapiraa | gonira tan darbe panti | janji eling antêpira | marang kalakuan bêcik ||

23. ing mêngko samarganipun | ana ingkang minangkani | awit uripmu nèng dunya | pan ora amung pribadi | sayêkti kancan lan jalma | tan kêna lamun winilis ||

24. iku kang wênang tinêmpuh | têmonana salah siji | sokur yèn darbe gayutan | sanak sadulur pribadi | kang kinira darbe wisma | yèn kêna dipun pondhoki ||

25. lamun sira wis katêmu | têpunga rêmbug kang bêcik | dèn kongsi suka karênan | gonira aminangkani | sira nuli pasajaa | yèn tan ana kang dèn goni ||

26. kinarya rêrêping turu | lawan batihira sami | samono iku manawa | sira maksih mêngku batih | dene yèn badan priyăngga | kaya-kaya banjur gampil ||

--- 17 ---

27. dènnya mitulungi dunung | kang bakal sira ênggoni | nanging sira dèn rumasa | kêpèpèt apêsing dhiri | lan nelakna karupakan | marang kang sira têmbungi ||

28. manawa runtuh sihipun | wêlas wit sira tangisi | ewadene lamun mêksa | tan kalakyan antuk panti | sabab sarupaning jalma | kang padha amêngku panti ||

29. ora wong sawiji amung | kudu sarujuk lan batih | yèn condhong sida kalakyan | lamun tan condhong ing galih | sayêkti ora kalakyan | gonirarsa mondhok panti ||

5. Mijil

1. larasing tyas durung anocogi | lawan sadhengah wong | apa pêrlu sira susahake | dhewe-dhewe gilutaning jalmi | sayêkti tan sami | lêlageyanipun ||

2. nanging apa tan ana sawiji | kang condhong-cinondhong | rèhning jagad samene jêmbare | yêkti ana kang jumbuh ing ati | gêlêm dèn pondhoki | anunggal sawangun ||

3. dadi kari gumantung nèng ati | gonira ngupados | wong kang nunggal lan sira larase | nadyan suwe antuke sayêkti | kudu atabêri | gonira angruruh ||

4. lamun sêlak tan bisa nglakoni | dènira tan manggon | kang gumathok nèng ngêndi prênahe | sira nuli nekadna ing ati | manggona ing masjid |

--- 18 ---

utawa ing tajug ||

5. lan masrahna badan mring kang wajib | rumêksa ing kono | mratelakna ingkang sabênêre | apêsing kawula tanpa panti | yêkti pra agami | rila sung pitulung ||

6. dadi ora pêrlu susah ati | wong tan darbe wangon | walak-walak mung ana tekade | awit kabèh manungsa ing bumi | kang karèh narpati | mêsthi manggonipun ||

7. ora kaya Gusti Allah yêkti | tan arah tan ênggon | nanging jagad kaèbêkan kabèh | saking angsung sumrambahing urip | marang rèh sakalir | tan kêna cinatur ||

8. rinasakna wosing sorah iki | jalma yêkti manggon | apa mondhok mring mitra karuhe | apa manggon nèng pasewan panti | apa anèng masjid | apa anèng tajug ||

9. nanging mêngko sira kudu ngêrti | wong kang luru pondhok | dèn araha condhong sakarone | lanang wadon kang rujuk ing ati | kalakon sayêkti | sira adêdunung ||

10. dene lamun nèng pasewan panti | aja nganti linyok | nêtêpana bayar pasewane | sabên apa kang wus dadi janji | ora bakal bali | sira adêdunung ||

11. wêkas ingsun sira dipun eling | sajêrone manggon | prihatina marsudi budine | kang supaya bisa nyaranani | karya wisma malih | kadi kang kapungkur ||

--- 19 ---

12. marga luwih bêcik dèn pondhoki | tinimbang lan mondhok | ewadene sasat padha bae | tumrap marang susahing pamikir | ugêre mung bêcik | kalakuanipun ||

13. wong kang mêngku ing wisma pribadi | yèn budine awon | tan mathuk lan tăngga têparone | nyulayani tataning ngaurip | sarwa andhèwèki | tan sumêdya rukun ||

14. lan kancane kang padha nèng bumi | ora bisa awor | wit tan lumrah lawan jalma akèh | ora rêna lamun dèn dhayohi | ambêsiwit milih | mung amara tamu ||

15. yèn mangkono sapa ingkang sudi | amarani dhayoh | omah gêdhe tan ana gawene | amung kanggo sawangan pribadi | dadi tanpa kardi | dènnya darbe wangun ||

16. têmah tuwuh susahirèng ati | kang ambêk mangkono | ora kanggo srawunganing akèh | nadyan mondhok yèn budine bêcik | lan kang dèn pondhoki | cundhuk lawan mathuk ||

17. ora pisan sulaya ing batin | pan sarwa rumojong | nglungguhake gone dadi gawe | manut lawan miturut sakalir | kang wus têtêp dadi | tatacaranipun ||

18. malah ingkang darbe wisma angling | marang ingkang mondhok | sampun mawi pakèwêd ing tyase | kaanggêpa wismanya pribadi |

--- 20 ---

kula lan pun adhi | wus sasat sadulur ||

19. miwah lamun manggihi têtami | sampun walangatos | bilih wontên ing kêkirangane | anganggea piranti ing ngriki | sampun ngantos mawi | nuwuhkên pakewuh ||

20. lah mangkono kaananing jalmi | kang wus padha condhong | bab kadunyan mèh pinadha bae | ugêre mung kalakuan bêcik | iku anjalari | rukun sapandhuwur ||

21. yèn manungsa wus sawiji budi | condhong sadhengah wong | ora pêrlu pijêr nusahake | gone ora andarbèni panti | yèn tuhu mangèsthi | yêkti antuk dunung ||

22. dadi aja bangêt pinrihatin | yèn tan darbe wangon | ambudia pakolèhing gawe | kang kalawan kalakuan bêcik | susah tanpa kardi | samono wus rampung ||

6. Mêgatruh

1. lir mêgatruh samăngsa jalma puniku | susah sulaya lan rabi | lire kumpul ora gathuk | pisah tan mathuk ing ati | jalaran dudu mangkono ||

2. kang kinarêpake dènnya susah iku | kudu nurut salah siji | jêbul tan turut-tinurut | ing kono dèn ngati-ati | iku gawating lêlakon ||

3. luwih rungsit ora kêna grusa-grusu |

--- 21 ---

akèh wong kang susah ati | nanging kuwurirèng kalbu | ora kaya wong kang lagi | susah sulaya lan bojo ||

4. ingkang tanpa dèn wijèni drêdahipun | dadakan tuwuh ing pikir | kudu mangkene karêpku | batihe anyulayani | marmane dèn ngatos-atos ||

5. awit bojo wus sabadan têgêsipun | măngka bakal bèncèng pikir | kang ora nunggal saukur | mula bangêt angluwihi | pakewuh kang ora ilok ||

6. lamun batih isih kêna dipun êjum | têgêse tinata malih | tinêrangake kang urus | bênêr luputing pradondi | kang bênêr padha linakon ||

7. ingkang luput angakoni luputipun | ing kono sirêpên nuli | pasulayanira mau | ngalèndhèh salah sawiji | dimèn sarèh rada alon ||

8. dene lamun wus ora kêna dèn êjum | lire tan jumbuh ing ati | tan cocog kaananipun | tan nganggo panrimèng batin | ngêncêngi tekad kemawon ||

9. sakarone mung andarung drênging kalbu | nganggo karepe pribadi | ing kono muring-muringmu | banjur sirnakna tumuli | salin salaga ing lagon ||

10. ulat manis têmbung aris patrap alus | aja pisan-pisan kengis | gêla cuwaning atimu | kang tumuju [tumu...]

--- 22 ---

[...ju] marang batih | supaya gègèring wangon ||

11. bisa têntrêm dadi ora gawe gugur | pikire kang anèng panti | samăngsa wis rada lipur | sinorah kang sarèh ririh | ruruhên bisane golong ||

12. aja kêndhat dènira mrih rukunipun | rukun iku dudu adil | mung ngarah panrimanipun | anggêre tumiba bêcik | yèn mêksa ora kalakon ||

13. têgêse wis ora kêna dipun urus | tan kêna dipun dandani | bêcik pêgatana rampung | tan karya ribêding pikir | karana cêngkahing bojo ||

14. nelakake dudu jodho têgêsipun | nanging wong pêgatan yêkti | tan gampang eklasing kalbu | tansah kèlingan ingkang wis | kabêcikaning sakloron ||

15. lan kacandhêt dening dhêmên warnanipun | utawa wêlas ing galih | mring wujude yèn wus sêpuh | ala lupute samangkin | kêsilêp tan katon nyongol ||

16. ya marmane mèh ora kêpikir iku | yèn purwane angisruhi | wus ora kêna dèn urus | kang mangkono mung muwuhi | gawe duraka kemawon ||

17. yèn wus gathuk kalakon sadhela thukul | ing pasulayane malih | jêr wus tau ora rujuk | kongsi darêdah pradondi | cipta sanalika pêdhot ||

18. winih nganggo [ngang...]

--- 23 ---

[...go] karêpe dhewe ginugu | iku wus ora nêtêpi | kang aran turut-tinurut | kêlare padha nglakoni | wusana sakèhing waton ||

19. lan sakèhing pitutur wis padha lêbur | tan ana kangge samênir | dadi wis tan bisa rukun | mulane kang luwih bêcik | luwung pêgatan kemawon ||

20. kang supaya nuli sirna susahipun | dene yèn wus asêsiwi | gumrayah kongsi pêputu | ya cikbèn aja pinikir | padhanên tininggal layon ||

21. dening bapa biyunge bocah puniku | Gusti Allah ora guling | datan kasamaran tamtu | kabèh sagunging kumêlip | rinêksa dening Hyang Manon ||

22. angèl bangêt wong jêjodhon condhongipun | tan kêna sinăngga miring | kudu ngarah amrih runtut | dene ingkang anjalari | sulayane wong jêjodhon ||

23. ana pitung prakara ingkang kasêbut | bèncèng lan sèdhènging pikir | kaping pindho gêmpalipun | pakurmataning akrami | kaping têlu cinariyos ||

24. sudaning kaskaya nipkahirèng kakung | kaping pat arêbut inggil | darajating èstri jalu | kaping lima kang winarni | tan rêmên rupane awon [a...]

--- 24 ---

[...won] ||

25. kaping nênêm tan cocog ing adatipun | lan kalakuane ugi | dene ta kang kaping pitu | kèthèr pangrêksaning krami | iku jugaring jêjodhon ||

26. yèn nêtêpi sampurnaning krama tuhu | mèh tan ana kang nglakoni | lakirabi sababipun | rèwèl karonehan pikir | marma amung gêndhon rukon ||

27. miwah gotong royong kang padha cakipun | pêrlu nangkarake wiji | pawèstri kalawan jalu | aja pinikir kêpati | kongsi mêcahakên raos ||

28. bab pisahe wong gèsèh lan bojo iku | tan pêrlu ginawe sêdhih | karana kungkulan tuhu | lan sêdhihe kumpul rabi | kang sajêge apadudon ||

7. Pangkur

1. kapungkur rênaning driya | yèn manungsa katêkan susah ati | kêna prakara ing kukum | kabèh nalare bubrah | marga saking mungsuh nagararsa padu | bètèh anèng pangadilan | nora kêna ginagampil ||

2. aja banjur tanpa ngrasa | ngèlingana yèn ananing prakawis | têlung warna kathahipun | ingkang sapisan saka | panggawene dhewe amijèni luput | kapindhone iku saka | kaliru tindakirèki [tindaki...]

--- 25 ---

[...rèki] ||

3. tan ngira dadi prakara | katêlune tan liya iku saking | pamaekanirèng satru | sira ora rumasa | kaluputan wêkasan kêna ing tuju | dinakwa agawe dosa | têmahan nusahkên ati ||

4. rèhning sira nandhang susah | panimbange rampungana tumuli | dene manawa sirèku | ngrampungi nora wignya | dipun enggal sarayakna wong kang baut | labda marang pangadilan | sabab kang sira susahi ||

5. wêdi manawa siniksa | saupama wong kang nandhang prakawis | bakal tan kêna ing kukum | sayêkti ora susah | mungguh gone ngrampungi prakara iku | mangkene dèn piyarsakna | prakara ing bab sawiji ||

6. kang mijèni kaluputan | lamun kongsi kêna siksaning adil | tan pêrlu susah ing kalbu | marga wus tinêmaha | susah iku tan ambatalakên kukum | mung wuwuh kalara-lara | rampunge yèn dèn lakoni ||

7. yèn mingkuh saka ing siksa | iku ora bênêr lan ora bêcik | marga sahing dosa iku | tan liya saking siksa | kajaba yèn olèh pangapura iku | sayêkti dosane sirna | dadi oncat saking ngadil ||

8. marma yèn bisa bêsilat | ngingêr têmbung ngikal paduning adil | sayêkti tan kênèng kukum | nanging pilih manungsa | prakara [pra...]

--- 26 ---

[...kara] kang katon karampunganipun | pêrlu apa sinusahan | mundhak ngakèhakên pikir ||

9. malah kang luwih prayoga | lamun sira pancèn dosa sayêkti | darbea gêla pikirmu | kalamun ana dosa | datan kongsi kasauran dening kukum | iku nêtêpakên sira | sumurup marang ing adil ||

10. kapindho prakara ingkang | klèru saking tindakira pribadi | iku uga ora pêrlu | bangêt ginawe susah | ing samăngsa ana siksane puniku | anggêpên pèngêt lan wulang | nanging prakara kadyèki ||

11. sayêktine isih kêna | dèn uruskên lawan pratelan titi | lamun têmên ora luput | sarta ora sulaya | cocog karo ing titi pariksanipun | bisa luput saking siksa | lawan wêwênanging adil ||

12. upama klèruning tindak | iku banjur tinêtêpakên sisip | dastun mung kêna sirèku | dhêndha tan dadi apa | kang mangkono idhêp-idhêp tuku kawruh | nuli ana kang anyêntak | ah wong ora anglakoni ||

13. lan ora kelangan reyal | mêsthi gampang manawa amung muni | pan ora kêlêtan susur | balik kang nandhang susah | priye mêngko aku iki lamun kokum | tumêkaning pangadilan | rasaning tyas kêtir-kêtir ||

14. tan tau kêna

--- 27 ---

prakara | lagi pisan pinênging susah ati | kapriye gone anglêbur | kang nyêntak winangsulan | iya bênêr saking durung bisa muput | pamikire mring prakara | mulane katon kuwatir ||

15. marang wosing karampungan | witning lamun ora darbe sirèki | panganggêp lir kang kasêbut | mantêp kalawan tekad | malah ora sumèlèh rasaning kalbu | tur tan wuwuh kawruhira | kang marang tindaking adil ||

16. kaping têlune prakara | pamaeka saking pikir kang drêngki | waspadakna dèn agupuh | purwane pamaeka | rong prakara sapisan saking kaburu | marang ing rèh kamelikan | kasêngitan kaping kalih ||

17. tanduk iku karo pisan | wiji saking kalakuan tan bêcik | lah ta iku dèn aemut | sambekalèng ngagêsang | anèng dunya dipun wiweka ing kalbu | tan kêna lamun sêmbrana | nganggo karêpe pribadi ||

18. nuli ana kang anjawab | têka anèh dene wong padha urip | ora kêna sak siripun | kudu manut ing liyan | adat cara apa kapenak ing kalbu | wong urip ora mardika | jawab mau tak wangsuli ||

19. angèl anggayuh mardika | janji isih kawêngku ing narpati | tan kêna sakayun-kayun | lamun dadi pandhita | iku bisa mardikèng rat têgêsipun |

--- 28 ---

tan baku kanggo ing praja | mung ulah puja sêmèdi ||

20. marma tan susah sumêlang | wis mangkono kaananing ngaurip | wong anèng dunya puniku | kêna ing sambekala | upamakna kacilakan kang tumimbul | mangsane ora karuwan | manungsa tan nyumurupi ||

21. mangkono uga kabêgjan | tan karuwan mangsane lamun prapti | dadi uwis ora pêrlu | iku ginawe susah | kacilakan wis ana sauranipun | yèku tibaning kabêgjan | marma tan susah pinikir ||

22. prakara sing pamaeka | lamun bisa tangkisên dimèn balik | kêna mring kang karya dudu | kalawan dakwanira | tumrap wong kang nyikara marang sirèku | dadi andakwa-dinakwa | darapon kawêlèh sisip ||

23. pamasanging panyikara | dene lamun tan kodal gonmu nangkis | yêkti tumiba ing kukum | sira anglakonana | marga siksa kang kongsi tumiba iku | satêmêne wiji saka | pakartinira pribadi ||

8. Pocung

1. kang pinocung pratingkahing kang kaduwung | wit kurang wiweka | lan kurang prayitnèng budi | kurang bêcik kurang anoraganira ||

2. wos-wosipun tan sabar mênêping kalbu | iku watakira | kêrêp kataman ing sêdhih | kênèng sambekala dènira nèng dunya ||

3. marmanipun dèn emut marang [ma...]

--- 29 ---

[...rang] pitutur | tataraning jalma | tinêtêr saka ing budi | ala bêcik bênêr luput susah bungah ||

4. pintêr busuk sugih lan malaratipun | enak lan kapenak | tarlèn pakarti pribadi | ugêre mung dumunung nèng kalakuan ||

5. iya iku kang nuntun ala lan ayu | pêrlu apa susah | karana ananing bumi | kabèh iku dadi bubuhaning jalma ||

6. luwih pêrlu agawe sênênging kalbu | myang warasing badan | iku kang wajib binudi | dimèn dadi dêdalaning karaharjan ||

7. sawusipun mangkono kang măngka guru | ambalèni ing bab | kang susah kênèng prakawis | lamun ora tumama paekanira ||

8. măngka banjur tan nêdya malês sirèku | marang kang maeka | gawe kasusahan gênti | malah iku kalakuan kang prayoga ||

9. suka sokur sinunga awas lan emut | saking lumuhira | tan dhêmên marang prakawis | sajatine iku kang karya mardika ||

10. kalamun wus cêtha ing kaananipun | rampunging prakara | kang saking paekan drêngki | kaya kang wus kapratelakkên ing ngarsa ||

11. luwar kokum amung rong prakara iku | luwar dhasar nyata | ora mijèni prakawis | lamun kokum wis bêgjane linakonan ||

12. bab puniku tan pêrlu susah

--- 30 ---

ing kalbu | marga wus katingal | karampunganing prakawis | dèn awaki apa aminta saraya ||

13. nanging kudu duwe tekad ora mingkuh | jamaking ngagêsang | basuki lawan bilai | luwung êndi ing benjang nêmahi pêjah ||

14. tutur ingsun kêna jinawab ing têmbung | mring kang nandhang susah | rasane pikirku isih | mêlang-mêlang sumêlang yèn ora ludhang ||

15. iya lamun bisa nangkis ora kokum | balik yèn tan bisa | nangkis ubêding prakawis | mêsthi bakal kênèng siksa têmah susah ||

16. priye iku ingsun wangsuli jawabmu | bênêr nèk tan bisa | sira kokum susah ati | nanging ênèk bisa ing panangkisira ||

17. yêktinipun sira dadi ora kokum | sarta ora susah | priye arêp apa maning | têmbung ênèk têgêse durung karuwan ||

18. ora pêrlu mikir têmbung ênèk iku | marga ênèkira | tak sauri ênèk mami | rak uwis sah manawa olèh manawa ||

19. mung anggantung kasusahan bae iku | kang luwih kapenak | ora nganggo dèn dokoki | nèk manawa amung amuwuhi susah ||

20. pancènipun aja tinanêm nèng kalbu | lah pêrlune apa | susah nganggo dèn wuwuhi | jêr manungsa wis kakèhên nandhang susah ||

21. dadi angur

--- 31 ---

sênêng bae kang lêstantun | nuli winangsulan | lho iku rak mung ginampil | tumrap ingkang muni bae ya kapenak ||

22. balik aku kapriye budidayaku | jêr ora kaconggah | ngipatake susah sêdhih | ingkang tansah tumèmplèk ana ing manah ||

23. têmbung iku tak wangsuli manèh kulup | lah marmane sira | sinau santosèng budi | angipatna marang sagung kasusahan ||

24. yèn tan purun lah kapan kalakonipun | witning kadiparan | susah kang tumèmplèk ngati | têka ora cinukil sinalin bungah ||

25. apa banjur binarung jinurung ing kung | rak sangsaya susah | malah krakêt lir pinatri | susahira tansah tumanêm ing manah ||

26. kang kadyèku sayêktine bangêt luput | kang bênêr mung tekad | kanggo mancasi sakalir | lair batin rampung dening kanyataan ||

27. ing mêngko wus têtela wêwatonipun | sahing pamicara | kang mèpèt lambaran budi | yêkti lêbur sakathahing kasusahan ||

28. thok thêlipun jêbul mung ana ing lugu | lêgawaning manah | kang marang ambêk utami | tumama mring kaslamêtaning ngagêsang ||

9. Gambuh

1. anggambuhna panêmu | lamun sira kênèng

--- 32 ---

susah kalbu | ingkang saking kacuwan rasaning ati | tan kasêmbadaning kayun | iku gawating lêlakon ||

2. tan kêna grusa-grusu | kudu sarèh panyaringing kalbu | aywa banjur binutêngan dèn pancasi | yèn tan kalakon karêpku | luwih bêcik angur layon ||

3. iku aja kasusu | gawe tekad kang kaworan nêpsu | yèn katliwêng têmah kaduwung ing wuri | kudu nganggo tinalusur | tinimbang lawan binobot ||

4. lamun kongsi kalèru | kang ginati dudu mèmpêripun | bisa uga anguwurake pamikir | yèn kuwur pamikiripun | têmah rusak kang lêlakon ||

5. kisruh saliring tanduk | tan tumiba laku ingkang jujur | daya-daya dudu dalan dèn wêtoni | nadyan kablasuk tinêmpuh | anggêre nuli kalakon ||

6. kang dadi sêdyanipun | ora ketang sangsaraning laku | kapitunan barana kalawan picis | malah lara praptèng lampus | tan pisan lamun rinaos ||

7. ingkang mangkono luput | tan ngèlingi tuladan ingkang wus | jalma priya kasmaran marang pawèstri | kadi duk lêlakonipun | Burisrawa sutèng katong ||

8. bangêt dènira gandrung | marang Wara Sumbadra sang ayu | rina wêngi ngolang-aling tanpa guling | saking kacuwaning kalbu | tan linanggat ing kalangon [ka...]

--- 33 ---

[...langon] ||

9. nanging pêksa andarung | drênging driya Burisrawa nêmpuh | amisesa marang dyah Banoncinawi | anèng wana duk kapêthuk | pinotha arsa pinondhong ||

10. sang dyah oncat lumayu | Burisrawa anglud ing sapurug | panarkane wanodya amung pribadi | tan wrin kang umiring pungkur | pulunanira sang sinom ||

11. ingkang sudibyèng pupuh | Radyan Ăntasena lan rinipun | Gathutkaca satriya ing Pringgadani | sakalihan duk andulu | pratingkah ingkang mangkono ||

12. tandya tumandang magut | Burisrawa winisesa purun | kinalihan kinarya onclanging jurit | angganira rêmak rêmpu | binanting satêngah layon ||

13. remanya madhul-madhul | dhasar ala dhapure jalêbut | wastranira sami sêbit rontang-ranting | sirna kasatriyanipun | tan sipat atmajèng katong ||

14. saksana tinalikung | Burisrawa binănda amringkus | gya binêkta maring Ngamarta nagari | dadya tontonan jalma gung | wirang isin kang linakon ||

15. ana manèh winuwus | jaman Menak lêpiyan ing dangu | wong wanita kedanan mring priya pêkik | Kalajohar sang rêtna yu | nêdya sèdhèng ing kalangon ||

16. marang atmajanipun | Bagendhambyah kang tuhu binagus | yèku Radèn Maryunani kang wêwangi | Kalajohar [Ka...]

--- 34 ---

[...lajohar] langkung gandrung | kêpati sêdyaning batos ||

17. dènnya mrih pinulang yun | raosing tyas wus tan kêna surud | sang kusuma tarlèn mung ngèsthi sarêsmi | lawan wau sang binagus | pinasthi kudu kalakon ||

18. têmah cinidrèng laku | Maryunani nir graitèng kalbu | sampun praptèng puranira sang rêtnadi | sinarèkkên ing tilam rum | radèn kapita ing batos ||

19. datan nyana saglugut | dene sampun wontên tilam santun | lawan Dèwi Kalajohar sami guling | pinithing rakêt sang ayu | minta pinurwèng kalangon ||

20. nanging rahadyan lumuh | tan nuruti karsanya sang ayu | dumèh sang dyah puniku kalêrês bibi | lawan garwanya sang bagus | kang mangkono ora ilok ||

21. karana tindak rusuh | Sang Dyah Kalajohar tyasnya rêmpu | duk miyarsa pangandikanya sang pêkik | nanging tan kêna sinayut | dènira amrih karongron ||

22. samana sang binagus | mêksa têguh tan kengguh tinangguh | sang rêtna yu mung tansah sinăngga krami | dupi wus tita satuhu | Maryunani karya linyok ||

23. datan nuruti kayun | mung sêmaya angecani têmbung | datan têtêp kasanggêmannya sang pêkik | ing ngriku tyasnya sang ayu | gumrêbêg kadya dèn obong ||

24. luwung aja andulu | manas ati

--- 35 ---

wong bagus tan tulus | Kalajohar dahat dènnya wirang isin | anuju sawiji dalu | sare kêpati sang anom ||

25. pinagas jangganipun | Radèn Maryunani sampun lampus | kapiyarsa gègèr wong ing Pusêrbumi | Kalajohar gya tinubruk | katur wong agung linayon ||

26. lah iku wujudipun | wong kataman kacuwaning kalbu | ora nganggo binobot lawan binudi | marma mêngko wêkas ingsun | aja kasusu mangkono ||

27. yèn kinira tan mathuk | ora pêrlu sinusahkên iku | luru manèh kang laras condhonging pikir | yèn mangkono sira tamtu | tan kongsi nandhang prihatos ||

28. kaya samono cukup | kanggo tămba kacuwaning kalbu | yèn tinimbang karo sangsaraning ati | ora mulih nalaripun | wis bêcik aja linakon ||

29. prihatin karya bingung | cikbèn apa kang mangkono iku | mung nuruti napsu pakartining iblis | apa kurang donya iku | kang karya bungah linakon ||

30. itih panitrèng kidung | Sênèn Kliwon tanggal kaping têlu | wulan Rêjêb warsa Be kang sangkala di | ngèsthi catur wiku luhung |[4] mêmuja arjèng lêlakon ||

31. sastra kang wus kasêbut | nadyan kau tataning pangapus | malah dadi pêpiridan kang pramati | yèn patitis patrapipun | karya suka sakyèhning wong ||

--- [0] ---

Isining sêrat

... kaca

1. Susah saking sêsakit ... 1-4
2. Susah saking kêmlaratan ... 4-8
3. Susah saking botên angsal pandamêlan ... 8-13
4. Susah saking botên gadhah griya ingkang dipun ênggèni ... 13-20
5. Susah saking sulaya kalihan bojo ... 20-24
6. Susah saking kenging prakawis ... 24-31
7. Susah saking kacuwaning manah gandrung ... 31-35

 


nêmbadani. (kembali)
ambanting. (kembali)
dadi. (kembali)
Tanggal: Sênèn Kliwon têlu (3) Rêjêb Be: ngèsthi catur wiku luhung (AJ 1848). Tanggal Masehi: Senin 15 April 1918. (kembali)