Talirasa, Tanaya, 1926, #265

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Tali Rasa

Mratelakakên sababipun manungsa sagêd gêsang sarta mawi pêjah, punapadene sagêdipun tumindak gêsang wontên ing donya. Supados dadosa gêgaraning pamarsudi, tumrap ngudi wêwahing sêsêrêpan ingkang makantuki ing agêsang.

Katêrangakên mawi pintên-pintên gambaran

1e DRUK SOLO. BOEKHANDEL M TANOJO. 1926

--- 1 ---

Sêrat Tali Rasa

Mratelakakên sababipun manungsa sagêd gêsang sarta mawi pêjah, punapadene sagêdipun tumindak gêsang wontên ing donya. Supados dadosa gêgaraning pamarsudi, tumrap ngudi wêwahing sêsêrêpan ingkang makantuki ing agêsang.

Katêrangakên mawi pintên-pintên gambaran

1e DRUK SOLO. BOEKHANDEL M TANOJO. 1926

--- 2 ---

[...]

--- 3 ---

Purwaka

Wiyosipun, pangikêt kula sêrat Tali Rasa, punika botên pisan-pisan gadhah sêdya ngengisakên sêsêrêpan ingkang amrih dipun gumunana tuwin kaalêmbana. Sarèhning prakawis punika dereng wontên ingkang karsa nêrangakên ing basa Jawi. Dados kula cumanthaka sasagêd-sagêd damêl sêrat punika, supados dadosa jalaraning pamarsudi, tumrap ngudi wêwahing sêsêrêpan ingkang makantuki ing agêsang.

Pangajêng-ajêng kula supados ingkang sami kasdu maos sêrat punika, mugi karsaa anyantosakakên pangrêksanipun dhatêng kasarasaning sarira, sarana pangatos-atos tumindaking karsa. Salajêngipun mugi sagêda anuntuni têntrêming panggalih, lulus wilujêng ing donya ing dêlahan, botên wontên kara-kara.

--- 4 ---

Botên langkung sapintên tuna dungkaping pamanggih kula, kasapua ing tyas paramarta.

Ing Surakarta Adiningrat, sinangkalan:

Nêmbah tata ngèsthi Sukma[1]

--- 5 ---

Wêdharipun sêrat Tali Rasa

Tali, têgêsipun : paningsêt.

Rasa, têgêsipun: raosing bidi.

Dados: tali rasa, suraosipun: pangikêting budi. Wêdharipun kados ing ngandhap punika.

Sêsorah

Kula kêdah mêdharakên sotaning manah, sagaduking pamanggih minăngka sêsorah, prayogi sami marsudi sêsêrêpan saking raosing pamikir, supados amêmungu dhatêng inggahing pamanggih, sarana pitakèn sarta kajawab piyambak makatên.

Sabab punapa manungsa sagêd gêsang.

Sabab wontên ingkang rumakêt ing raga, utawi nglimputi ing badan wadhag, jawi lêbêt kèbêkan dening gêsang.

Punapa gêsang nate botên wontên.

Gêsang botên nate botên wontên, sajêgipun [sajêgipu ...]

--- 6 ---

[... n] tansah wontên kemawon. Wiwit gêsang taksih murni ngantos dados badan alus sapriki taksih rumaga, punika dados wiji sakathahing kawontênan ingkang tumitah ing jagad sadaya.

Sabab punapa manungsa mawi pêjah.

Sabab warananipun risak sampun botên kenging kaangge tumindak.

Warananipun gêsang punika warni punapa.

Warni raga, inggih punika saranduning badan wadhag.

Sabab punapa manungsa sagêd nindakakên gêsangipun.

Sabab kasinungan tali wadening Pangeran.

Êlo, Pangeran punika sintên.

Pangeran punika inggih gêsang.

Punapa inggih gêsang ingkang nglimputi manungsa punika wau.

Botên namung nglimputi manungsa kemawon, gêsangipun Pangeran anglimputi sajagad, sakathahing

--- 7 ---

sato tuwin têtuwuhan sami kalimputan dening gêsang.

Tali Jiwa

Manungsa ingkang sampun landhêp tanggap panggraita, sarta ingkang sampun minggah pamanggihipun, lajêng sagêd ngraosakên tumrap tumindaking agêsang, sami-sami nyanggi pandamêlan botên kados pandamêlanipun kajêng, inggih punika karêp, awratipun botên kintên-kintên, kathahipun botên kenging kacacahakên, rungsitipun botên wontên ingkang nyamèni. Mila tumindaking kajêng manawi ngantos nalisir sagêd nuwuhakên rubeda ingkang ambêbayani, kados ta: cêngkah pamanggih kalihan kêkajênganing liyan ingkang ngantos sangêt. Punika dados sambekalaning agêsang ingkang agêng, têmah anjalari botên têntrêm dhatêng manah. kosokwangsulipun manawi prênah tumindakipun, sagêd nuwuhakên kamulyan ingkang linangkung, kados ta: runtut sarta laras kalihan kêkajênganing liyan ingkang ngantos sangêt. [sa ...]

--- 8 ---

[... ngêt.] Sarta malih tumindaking kajêng punika mawi karigên ingkang mumpuni. Jêr kajêng punika ingkang dados pangajênging lampah. Saranduning badan sadaya botên sagêd tumindak bilih botên katuntun dening kêkajêngan. Dene tumindaking kajêng jalaran kapraban saking kuwasaning gêsang.

Tiyang mungêl: gêdhe-gêdhening kawruh ing donya iki ora kaya ngèlmu kodrat, têgêse: kuwasa, Jawane: daya yêkti. Bisa nuwuhake samubarang, anane kaanan ing donya iki kabèh jalaran saka daya yêkti.

Sayêktosipun punika taksih kungkulan ngèlmi iradat, têgêsipun: karsa, inggih punika kêkajêngan, Jawinipun: daya pakarti. sagêd masesa samubarang, dalah kawruh daya yêkti inggih katut kawasesa dening daya pakarti, inggih punika kenging kangge paugêraning pakarti. Katêranganipun kados ing ngandhap punika.

--- 9 ---

Salêbêting gêsang wontên manah, salêbêting manah wontên kêkajêngan. Lampahing kajêng kalangkungan dening rikat, anyrambahi salêkêring badan, sarana ngambah ing tali rasa minăngka pikêkahing karsa, rikatipun ngungkuli tikêl-matikêl tinimbang kalihan rikating kilat thathit. Sarta kajêng punika prigêl sangêt, sabên kumênyat sanalika dados, kados ta: mêntas mêrêm lajêng mêlèk, lajêng kukur-kukur, lajêng linggih, lajêng mungêl, lajêng nyêrat, makatên sapiturutipun, mobah-mosik, muna-muni, sadaya punika saking pakèning kajêng, ebahing kajêng saking pakèning raos ingkang kasandhang manungsa, tumindaking raos awit kapraban dening gêsang.

Mênggah prabaning gêsang ingkang mrabani ing raos, sumarambah ing budi tuwin badan sadaya, punika winastan tali jiwa. Wondene tali jiwa wau peranganipun wontên têtiga.

1. Tali rasa, pancêripun dumunung ing raos

--- 10 ---

sumarambah ing budi tuwin badan sadaya, minăngka panyambating raos kalihan budi, tuwin raos kalihan badan. Mila badan tuwin budi sami kadunungan raos.

2. Tali swara, dumunung wontên salêbêting gondhang, sambêt kalihan tali rasa.

3. Tali tanaga, dumunung wontên saranduning badan sambêt kalihan tali rasa.

Katêranganipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

--- 11 ---

[Grafik]

--- 12 ---

Tali Rasa

Tali rasa punika dumunung wontên saranduning sarira, utawi salêkêring badan sadaya sami kadunungan tali rasa, kangge nyambêt sakathahing kêkajêngan ingkang dumugi ing:

1. Badan, mila sagêd ngraosakên pagêpokan.

2. Grana, mila sagêd ngambêt gêgandan.

3. Tutuk, mila sagêd nganyam têtêdhan.

4. Talingan, mila sagêd mirêngakên swara.

5. Mripat, mila sagêd ningali wêwarnèn.

Sadaya punika winastan păncadriya, pănca, têgêsipun: gangsal. Driya, têgêsipun: manah. Inggih punika ingkang dados palawanganing raos. Tali rasa punika sagêdipun tumindak jalaran kambah lampahing kêkajêngan, sanadyan wontênipun păncadriya kapêksa nanggapi sadhengah ingkang tumanduk, upaminipun, sacêlaking

--- 13 ---

[Grafik]

manungsa wontên gêgandan ingkang andulêk, păncadriya ingkang saking grana kapêksa nangggapi pangambêt. Nanging manawi botên katanggapan dening kêkajêngan, pangambêtipun inggih botên sagêd tumănja. Êmpanipun păncadriya gumantung wontên ing kêkajêngan, mênggah pramanananipun paningal, anglèngipun pamirêng, landhêpipun panggănda, manjingipun pangênyam, kraosipun pagêpokan, tuwin mandhêsipun pamikir, sadaya punika saking rosaning kêkajêngan, păncadriya bêbasan namung darma tumindak, têrangipun malih makatên:

Mirid prakawis gêgandan ingkang andulêk wau, mila punika katanggapan ing pangambêt, amargi ing wêkdal wontên gêgandan ingkang andulêk, manungsa nuju botên gadhah pamikir ingkang langkung gêtêr, gêgandan wau tamtu botên kambêt, jalaran botên kambêt kalihan pamikir. Upami: manungsa manggih

--- 15 ---

pakèwêd ingkang anggêgirisi, kados ta: badhe mangalèr kalangan bênawi nuju bêna agêng, badhe mangidul kalangan marginipun sungil tur rungsit, jurang pèrèng curi anjulêk sangêt, badhe mangilèn kalangan wontên sima ngêlèh lêngkèt-lêngkèt saking kilèn, badhe mangetan kalangan wontên têtiyang ngamuk ambêkta pêdhang ligan saking wetan. Ing wêkdal makatên pikiripun manungsa sangêt gêtêripun. Amung ambudi oncatipun saking pakèwêd ingkang kinintên badhe ambêbayani. Sanadyan ing ngriku wontên gêgandan ingkang langkung dening andulêk, saèstu botên sagêd kambêt, amargi botên sambêt kalihan raosing kêkajêngan, têgêsipun: botên kapikir. dados têtela tumindakipun păncadriya bakunipun wontên ing kêkajêngan, ewadene bilih tali rasa punika karisak, sapintên rosaning kêkajêngan inggih botên sagêd tumindak, amargi risak sarananipun, kados ta: jompo, budhêg, [budhê ...]

--- 16 ---

[... g,] bisu sasaminipun, makatên tăndha yêktinipun bilih tali rasa punika sambêt kalihan kêkajêngan. Mila badan budi kêdah timbang sami sarasipun , bilih salah satunggal wontên ingkang ewah, tamtu botên jangkêp tumindaking agêsang.

Tali Swara

Tali swara punika dumunung wontên salêbêting gondhang, kangge nyambêt lampahing kêkajêngan ingkang mêdharakên raosing manah, supados katanggapan dening pamirêng, inggih punika swara ingkang tumrap ing manungsa. Tuwuhing swara saking tumêmpuking barang kêkalih, tăndha yêktinipun kacacaka nothok meja, ing ngriku lajêng tuwuh swara ingkang kamirêng, thok, samantên wau bilih botên tuli. Sarêng lampahing kêkajêngan anggêpok tali swara ingkang dumunung wontên ing gondhang wau, inggih punika tuking raras, lajêng ngêdalakên swara warni-warni, sora lirih, agêng alit, panjang cêlak, miturut punapa [pu ...]

--- 17 ---

[... napa] saulahing kêkajêngan. dene swara punika peranganipun wontên têtiga: 1. swara, 2. uni, sabawa. Mênggah katêrangan sarta beda-bedanipun kawijangakên kados ing ngandhap punika:

1. Swara, punika mêmirêngan ingkang tanpa suraos, kados ta: swaraning sato, têtuwuhan, tuwin barang liyanipun, upami:

Swaraning kombang ambrêngêngêng, tumrap lênggahing basa botên kenging katêmbungakên :unining kombang.

Swaraning pang sêmpal gumropak. botên kenging unining pang sêmpal.

Swaraning angin gumrubug botên kenging unining angin.

Swaraning Dasamuka (wayang) kêmèng, kurang sêrêng. Botên kenging unining Dasamuka kêmèng. Awit kêmèng punika botên mawi suraos.

Swarane erak, batên unine erak. [e ...]

--- 18 ---

[... rak.] Ewadene wontên ingkang nyêbal saking wêwaton, kados ta: krungu swaraning wong dhèhèm, nanging andhêhèmi, punika ambêkta suraos.

2. Uni, punika mêmirêngan ingkang mawa suraos, kados ta:

Ungêlipun găngsa ingkang mawi gêndhing sarana katabuh, botên kenging swaraning găngsa. Utawi gamêlane swarakna, kêdah gamêlane unèkna.

Ungêling kênthongan sarana kathuthuk kangge têngara, botên kenging swaraning kênthongan. Utawi kênthongane wis nyuwara, kênthongane wis muni.

Ungêlipun sêrat sarana kawaca, botên kenging swaraning layang. Utawi layange nywara, kêdah layange muni. Ewadene pêksan, [pêks ...]

--- 19 ---

[... an,] wontên ingkang nyêbutakên: swaraning layang kabar. Ingkang lêrês unining layang kabar.

Unining wangsit, sarana ginraita, botên kenging swaraning wangsit, utawi wangsitipun nyuwara, kêdah mungêl ing wangsit.

Unining ati, sarana panggagas, botên kenging swaraning gagasan.

Mênggah ungêling sêrat, ungêling wangsit, tuwin ungêling gagasaan wau, sanadyan langkung dening alus ugi tumêmpuking wujud kêkalih, inggih punika paguting raos sami raos, ingkang sampun dhumawah ing prakawis ngriku. Bab punika ragi nyamut-nyamut anggènipun nyundhukakên kalihan nalar, nanging manawi ngèmuti raos punika inggih araning barang, tumrap nalaring manungsa ingkang sampun buntas inggih ajêng. Awit raos punika barang ingkang langkung dening alus, tamtu

--- 20 ---

sagêd mungêl sarana têtêmpukan. Wontên bêbasan: kagêpok ing raos:, punika nelakakên bilih raos punika inggih sagêd mungêl, nanging ungêlipun alus sangêt, sawarni suraos, saèstu botên kamirêng ing talingan, ingkang sagêd mirêngakên namung tuking talingan, inggih punika raos ingkang katanggapan dening budi. Dene swaraning tali pêdhot, dhêl, punika ugi têmpuking hawa kalihan hawa, suwaunipun kalêtan ing tali, sarêng pisahipun tali ngêgèt, têmpukipun hawa inggih sangêt andadosakên tuwuhing swara, dhêl, makatên malih têmpuking barang ingkang sami têmpukipun. Tur têmpukipun alon sangêt, sanadyan punika nywara sanadyan botên kapirêng, makatên sasaminipun.

--- 21 ---

3. Sabawa, punika mêmirêngan ingkang saking solah, kados ta: lunga galêgês, têka bêdhêngus: tanpa sabawa. botên kenging katêmbungakên: tanpa swara utawi tanpa uni. Makatên malih bêbasanipun: Ora krungu sabawane walang talisik, dados ingkang kamirêngakên punika solahipun walang, dene swaranipun, ewadene tumrap ingkang dèrèng mudhêng dhatêng lênggahing basa, punika kêdah kawêngku. awit ingkang ngikêt sêrat punika, inggih botên mêsthi lêrês panganggenipun dhatêng basa.

Tali Tanaga

Tali tanaga, sumrambah wontên sêrating sarira, otot balung kulit daging. Punika ingkang murugakên manungsa sagêd molah, kados ta: kêdhèp, linggih, lumampah, lembehan, kêplok, sapiturutipun, [sa ...]

--- 22 ---

[... piturutipun,] punika saking wisesaning tali tanaga, nanging manawi botên kambah lampahing kêkajêngan, sadaya wau inggih botên sagêd ebah piyambak. Kajawi ebahing napas, punika saking purbaning Pangeran, dene wisesaning kajêng, kêkajêngan namung sagêd nyarèhakên utawi nêsêgakên sawatawis, botên kuwasa ngewahi ingkang dados mêsthinipun, makatên ugi tiyang wahing ingkang dumadakan, liripun, ingkang botên sarana kaangkah, kados ta: grana dipun kilèni, dipun sênggruk, sasaminipun. Sanadyan kêkajêngan kalangkung dening dêrêng, manawi tali tanaganipun ewah utawi risak, kêkajêngan inggih botên sagêd nyêmbadani ingkang dados sêdyanipun, kados ta: tangan jimpe, suku lempoh, bayu nglokro, sasaminipun, punika murugakên pêpês dhatêng kêkajêngan, suprandene kêkajêngan taksih ambudi pulih ing karisakan, mila mugi kauningana, kêkiyataning badan bo-

--- 23 ---

[Grafik]

--- 24 ---

tên kaconggah kangge nututi bandhanging kêkajêngan, kêkajêngan punika samăngsa kauja pambandhangipun saèstu ngrisakakên sarira. Dene ingkang minăngka pamêkakipun botên liya amung pamikir. Samubarang kêkajêngan ingkang kanthi wêninging pamikir, kados-kados botên dumugi ing karisakan.

Samangke sampun têtela sangêt, bilih kêkajêngan punika ingkang misesa tumindaking sarira, nanging tumindakipun botên mêsthi kalêrêsan, têrkadhang malah kalêpatan, jalaran nuruti karêmênanipun, măngka karêmênan punika botên tamtu damêl wilujênging agêsang, sarèhning sadaya manungsa sami nglampahi ingkang dados karêmênanipun, mênggahing pamikir inggih jumurung, nanging sampun ngantos tilar dugi tuwin pamrayogi, supados botên damêl karisakaning agêsang.

Sampun têlas andharanipun prakawis kawruh tali jiwa. Sarèhning mratelakakên bab kêkajêngan, prayogi nêrangakên malih wijanging kajêng kalihan pamikir, [pa ...]

--- 25 ---

[... mikir,] punapadene sambêtipun badan kalihan budi, dalah paniti roganipun, supados nyêthakakên ing panampi, katêranganipun kados ing ngandhap punika.

Wijanging Kajêng kalihan Pamikir

Lairipun manungsa wontên ing donya, punika sampun jangkêp upakartining agêsang, katitik nalika bayi lair saking guwa garbaning biyung, lajêng nangis cumêngèr tuwin molah kumroncal, punika nelakakên sampun gadhah kajêng, panangis saha pamolahipun wau sumêdya ngipatakên sêsakit ingkang sinandhang, inggih punika ngraosakên botên sakeca anggènipun lair wontên ing donya, namung saranduning badan sadaya taksih anèm saha ringkih sangêt, dèrèng gadhah kêkiyatan utawi dèrèng kuwagang nyêmbadani ingkang dados sêdyanipun, dangu-dangu saranduning badan saya diwasa, kêkajêngan tansah tumindak, kalampahan manungsa sagêd nindakakên gêsangipun [gê ...]

--- 26 ---

[... sangipun] sarana kêkajêngan kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng.

Mênggah jangkêpipun upakartining gêsang punika, 1. jiwa utawi gêsang, 2. cahya utawi napas, 3. rasa, 4. budi utawi manah, 5. raga. Nanging taksih anèm sadaya, dangu-dangu inggih dados sêpuh, namung gêsang ingkang botên anèm botên sêpuh, langgêng sajêgipun tanpa ewah gingsir. Ebahing manah winastan: Kajêng, panimbanging kajêng winastan: pamikir, jêmbaring pamikir winastan budi, mêlênging pambudi winastan: cipta. Punika ingkang kawawa ambuntasakên sêsêrêpan dumugi wicaksana.

Wijanging kêkajêngan kalihan pamikir upaminipun makatên: Aku arêp botohan. Manawi nuruti karêmênanipun kajêng inggih lajêng botohan, sampun botên ngèngêti sayah arip, kawon tuwin mênang, namung waton botohan. Sarêng mawi pamikir lajêng kandhêg rumiyin, panimbanging pami-

--- 27 ---

[Grafik]

--- 28 ---

kir, kajawi nimbang sayah arip, kawon tuwin mênangipun, ugi mawi nênimbang bilih sisah tuwin badhe pon-ponanipun, kadospundi. Mila sanadyan tumindaka kasukan inggih botên tilar dugi prayogi. Upaminipun malih kados ing ngandhap punika.

Kathah-kathahing tiyang bilih gadhah kajêng ingkang dêrêng tamtu dipun dhatêngi, botên ketang kadospundi-kadospundi, janji kêkajêngan wau dêrêng inggih lajêng dipun laksanani. Nanging tiyang ingkang sampun jêmbar pamikiripun botên makatên. sakathahing kêkajêngan punika kêdah katimbang utawi kasaring ingkang ngantos bêning, ing ngriku sawêg katêtêpakên utawi dipun lampahi. Mênggah bêninging panyaring kêdah kapikir apêsipun rambah kaping sanga, upaminipun kêkajêngan ingkang dados rubeda, kados ta: kapengin prawan ayu ingkang tanpa kuciwa, punika kêdah karaosakên badhe kadadosanipun:

1. Prawan kae ayu, sarta tanpa kuciwa, kira-kira [kira- ...]

--- 29 ---

[... kira] yèn tak arah akèh kênane, awit rupaku bagus, isih nom, dhasar sugih dhuwit, apa manèh aku anak priyayi, yèn wong tuwane tak têmbungi kang adhakan iya banjur gumrègèl. Nanging wong ngarah prawan ayu kang tanpa kuciwa iku apa ora gêdhe ragade. Wis mêsthi bae mangkono, patut-patute aku kudu ngayomi marang wong tuwane lan sanak sadulure. E lah gêdhe bangêt rêgane prawan ayu kang tanpa kuciwa kuwi.

2. Ewadene saka dêrênging karêpku, sanadyan akèh ragade ora dadi apa, sabab aku bakal olèh prawan ayu kang tanpa kuciwa. Mêsthi kudu tak sêmbadani.

3. Gonku bakal nyêmbadani karêpku iki andadèkake kêmlaratan apa ora. Yèn mung sapisan bae gonku bakal ngayomi kaya-kaya [kaya- ...]

--- 30 ---

[... kaya] isih kuwat, nanging yèn salawase aku tansah ngêtokake ragad bae apa kuwat. Tak sambunga kawat kae iya sida bêdhat. Ah rada ora kapenak.

4. Ewasamono kudu tak rêmbug karo wong tuwane, yèn dhasar panjaluke ora gawe kabotanku, sarta narima kang padha kuwat dilakoni, iya bakal tak angkat.

5. Măngka panjaluke wong tuwane abot bangêt, sarta pêthukan sandhangan mênyang prawan ayu kang tanpa kuciwa mau iya akèh tur kudu pèni, iku bisa dadi karusakanku. Yèn aku mundur bakal ora olèh prawan ayu kang tanpa kuciwa, atiku cuwa bangêt.

6. Saiki aku kari milih, pilih rusak apa pilih cuwa. Yèn cuwa ora rusak, yèn [yè ...]

--- 31 ---

[... n] rusak ora cuwa. Lah kapriye, bingung pikirku.

7. Ewadene mindêng pamikir bisa nêmokake pancasan kang pakewuh. Kang wus kasêbut mau dudu tandhingan, milih rusak karo cuwa ora kapenak kabèh, geneya aku têka milih barang kang ora kapenak. Yèn aku miliha salah sijine, dadi aku kalêbu dudu wong kang ulah pikir, sabab aku milih barang ora cuwa kang anggawa cacad rusak, utawa milih barang ora rusak kang anggawa cacad cuwa. Dadi têgêse, kang tak karêpake iku barang cacad kabèh.

8. Geneya gonku ana ing jagad winênangake nampik amilih, têka milih barang kang mawa cacad, apa ora luput. Mêsthi lupute.

9. Têtêping karêpku, kudu nglakoni samubarang kang ora andadèkake kêmlaratan sakabèhe. [sa ...]

--- 32 ---

[... kabèhe.] Kaya-kaya panyaring iki ing kono wis bisa bêning. Wose anggêr aku kaconggah ngêrèh karêpku dhewe: bagus. Makatên kêkajêngan ingkang mawi pamikir.

Prakawis wijanging kajêng kalihan pamikir, punika botên patos rêkaos anggènipun nêrangakên, amargi pancèn nunggil tuk dumunung wontên ing manah, dados runtuta inggih layak kemawon. Sarêng sambêtipun badan kalihan budi, punika ragi bongga panampinipun, utawi rêkaos anggènipun nêrangakên, jalaran barang wadhag sambêt kalihan barang alus, kadospundi pêthanipun. Ewadene mêksa kenging katêrangakên gamblangipun, kados ing ngandhap punika.

Sambêtipun Badan kalihan Budi

Badan punika barang wadhag, budi punika barang alus. Nanging kêdah ngèngêti ingkang minăngka panggandhèngipun, inggih punika raos. awit badan [bada ...]

--- 33 ---

[... n] budi sami kalimputan dening raos, sêksinipun makatên: rasaning awakku ora kapenak, rasaning atiku sêdhih. Dados sabên badan botên sakeca raosipun lajêng bablas dumugi ing budi, sabab raos punika amung satunggal anglimputi sadaya, ing ngriku budi lajêng ngudi sirnaning raos ingkang botên sakeca wau, sarasing badan andadosakên sarasing manah.

Badan punika gunggunganipun kasinunganipun raos têtiga: 1 luwe, 2. arip, 3. sayah. Makatên ugi manah gunggunganipun inggih kasinungan raos têtiga, 1. bingah, 2. sisah, 3. kêsêl. Bingahing manah bilih kalêgan, sisahipun bilih kacuwan, măngka kasêmbadaning sêdya wau samăngsa badanipun kasarasan, manawi badanipun sakit saèstu anuntuni sisahing manah. Mila manah lajêng gadhah kajêng ambudi sirnaning panyakit, supados botên nuwuhakên kasisahan, awit sarasing badan andadosakên [anda ...]

--- 34 ---

[... dosakên] bingahing manah.

Ugi wontên tiyang saras badanipun ingkang manahipun sisah, kados ta: tiyang lêma thipluk-thipluk kataman prakawis ingkang gawat, sampun tamtu sisah manahipun, nanging punika namung dumunung karêmênaning kêkajêngan ingkang botên jujur, botên kanthi pamikir ingkang wêning, mila ingkang nandhang sakit inggih namung manahipun, badan botên tumut ngraosakên sakit, ananging manawi sisah wau ngantos anggarês sangêt sarta botên kêndhat, dangu-dangu ugi sagêd andadosakên kêraning badan, têmah sakit sakalih-kalihipun, manahipun sisah badanipun risak, awit botên timbang badan tuwin budinipun, andadosakên salencaning tindak, kajênging manah badhe rêrikatan, jêbul badanipun cape, angalentroh, sarêng badanipun saras, manahipun sampun kêsêl. Mila ingkang langkung prayogi ngangkah saras badan budinipun, punika ingkang sagêd sêsarêngan êmpanipun. Manawi badan [ba ...]

--- 35 ---

[... dan] tansah sakitên, măngka manah andaleya botên ambudi sarasipun, punapa sagêd nuwuhakên kabingahan. Ingkang limrah malah sisah. Lah makatên tăndha yêktinipun bilih badan punika sambêt kalihan budi. Mila pêrlu sangêt ngagêsang kêdah botên kêndhat ambudi kasarasaning badan, saha mikir êmpaning kêkajêngan ingkang andadosakên wilujêngipun.

Paniti Roga

Sêdya punika dados panuntuning lampah, sadintên-dintên manungsa tumindak mituruti sêdyanipun, ngantos kasupèn botên mikir tumindaking sêdya wau saking punapa. Inggih punika saking kasarasaning badan. Awit badan punika sagêd kenging sêsakit. Bilih badanipun sakit, sêdyanipun badhe botên kasêmbadan.

Mila sabên tangi garegah manungsa prayogi nitipariksa dhatêng badanipun piyambak, dèrèng tumindaking [tumindak ...]

--- 36 ---

[... ing] damêl bilih badan dèrèng saras lêrês.

Awit tumindakipun badan botên saras punika kirang prayogi. Malah manawi sampun rigên sagêd mitulungi nitipariksa dhatêng anak bojo tuwin liyanipun. Dene panitinipun, pundi ingkang kirang saras, punapa badanipun kraos lêsah, punapa pamirêngipun kraos umyung kirang têrang, punapa paningalipun pêtêng kirang padhang, punapa panêdhanipun kraos kirang doyan, tuwin sanès-sanèsipun. Punika bilih taksih kuciwa lajêng kabudidaya sarasipun, sarana nyarèhakên sêdya liyanipun, ngamungakên mikir sarasing badan rumiyin, punapa jêjampi punapa kadospundi rekanipun. Nanging adatipun tiyang ingkang sampun katatalan, makatên punika rêkaos kalampahanipun, amargi sakit sakêdhik botên kadamêl raos, badanipun lajêng kaplatêrakên tumindak mituruti sêdyanipun. Têrkadhang sakitipun saya sangêt, wêkasan badanipun lajêng andhoko, [a ...]

--- 37 ---

[... ndhoko,] dados damêl. Punika lêpatipun pamikir.

Badan tansah kaupakara kasarasanipun, punapa manah botên sagêd kenging sêsakit. Ugi kenging. Inggih punika manah ingkang kuwar, bingung, utawi pêcah pamikiripun. Punika kaewokakên dados panyakiting manah, dene ingkang jêjêr dados panyakiting manah, inggih punika: ewah tuwin kangungrungan. Dene sarasing manah manawi bêning saha mungkul pamikiripun, ugêripun wontên èngêt, dados tiyang kasupèn punika kalêbêt sakiting manah. Mila wontên damêlipun sangêt sadintên-dintên manungsa mikir dhatêng kasarasaning badan tuwin budi. Sarana karaosakên piyambak ingkang ngantos patitis.

Cêkakipun : 1. Ingkang nama sakiting manah, bilih botên suci pamikiripun , rabukipun sênêng. 2. Sakiting badan, bilih raosipun kirang dhangan, rabukipun [ra ...]

--- 38 ---

[... bukipun] miraos ing têtêdhan tuwin sakecaning patrap. Dene sênênging manah, miraos ing têtêdhan, tuwin sakecaning patrap, punika gumantung wontên ing larasipun manungsa piyambak-piyambak, inggih punika kacondhongan.

Manawi nitik suraos punika, manungsa botên butuh ingkang aèng-aèng, butuhipun namung laras, awit manawi manungsa dèrèng angsal kacondhongan utawi laras, botên sagêd ambabar barang-barang ingkang nyênêngakên. Dene sarasing badan lan budi anjalari kasêmbadaning sêdya, ing ngriku badhe ambabar kabingahan ingkang tanpa upami. o.

Titi

o

--- 39 ---

Sêrat ingkang migunani tumraping agêsang.

Hidayat Jati

Têgêsipun: pituduh ingkang sajati, utawi: anêdahakên dunungipun dzating Pangeran Ingkang Sajati.

Ambuka wiridan ingkang dados wijining wêwêjanganipun saraosing ngèlmi kasampurnan.

Nêrangakên: Zamaning sipat (kaananipun ing donya), miwah zamaning dzat ing dêlahan (kahananipun ing akherat) katêrangakên mawi gambaran.

Babon têmbung pangikêtipun sang misuwur ing jagad: Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga dalêm ing Surakarta Adiningrat. Nalika ing taun 1791, sinangkalan: iku Rănggawarsita niyata, janma trus kaswarèng jagad.

1 buku rêgi f 2,- prangko ing pos f 0,20.

SOLO BOEKHANDEL M TANOJO

--- 40 ---

Pêrlu karaos, sêrat: Wedha Tanaya

Migunani sangêt tumrap nêrahakên wiji putra.

Sêrat Wedha Tanaya wau, mratelakakên paugêraning palakrama, pamilihipun, utaminipun tuwin subasitaning salulut ngantos pèni sangêt, dumugi sarampungipun botên madal sumbi.

Ing sadangunipun dèrèng wontên ingkang mêdharakên bab punika kados sêrat Wedha Tanaya. Isinipun kathah, ngêwrat prasapa, pêpali, ila-ila, wêwalêr, tuwin sêsangkêripun para linangkung ing kina. Punapadene mêdharakên alusing bêbudèn ingkang mêngku kawingitan, inggih punika cipta sasmitaning pawèstri dhumatêng sarana kasmêkan. Sarèhning sadaya wau sampun limrah linampahan ing ngakathah, dados sêrat Wedha Tanaya, inggih pantês kagêm wêwaton kakung putri, botên ngantos anguciwani.

1 buku rêgi f 1.- prangko ing pos f 0.15.

SOLO BOEKHANDEL M TANOJO

 


Tanggal: nêmbah tata ngèsthi Sukma (AJ 1852). Tahun AJ 1852 jatuh antara tanggal Masehi: 4 September 1921 sampai dengan 24 Agustus 1922. (kembali)