Sastra Gendhing, Sutji Rahajoe, 1936, #825
1. | Sastra Gendhing, Sutji Rahajoe, 1936, #825. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang. |
2. | Sastra Gendhing, Sutji Rahajoe, 1936, #825. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Regi F 5,25
Serat Sastra Gending
Iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Soeltan Agoeng Anjakra Koesoema
Ingkang angadaton wontên ing nagari Karta Mataram
Ingkang Ngêdalakên Pakêmpalan
Sutji Rahajoe
Ing Poerwokêrta
Lair Taoen 1936
Cap-Capan Ingkang I
De Boer, Poerwokêrto 50482
--- [0] ---
[iklan]
Serat Sastra Gending
Iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Soeltan Agoeng Anyakra Koesoema
Ingkang angadaton wontên ing nagari Karta Mataram
Ingkang Ngêdalakên Pakêmpalan
Sutji Rahajoe
Ing Poerwokêrta
Lair Taoen 1936
Cap-Capan Ingkang I
De Boer, Poerwokêrto 50482
--- [1] ---
1. Sinom
1. Sri Nata Dipèng rat Jawa | Jêng Sultan Agung Matawis | kang ngadhaton nagri Karta | ing jaman saolah mulki | ngrat Jawa nyakra wati | Sabrang Pasisir sumuyut | amirul mukminina | Sayidin Panata Gami | mahambara sinukmèng basa ambara ||
2. Jinunjung kadigbyanira | ing jaman amir rokhimin | tuhu ratu pinandhita | kamantyan kalifah suci | kasub tinêngèng bumi | malikal waliyul lahu | rinilan gêng mangonah | iku kang nruskên sastra di | ngantya nêbda marang trah wuri prasapa ||
3. Yêkti tan ing ngaku[1] darah | yèn tan wignya têmbang kawi | jêr kamot sandining sastra | akathah lohating tulis | kang dhihin basa kawi | tata trap silaning[2] wuwus | tumrap ing niti praja | kasusilan trusing ngèlmi | lawan kawi kang tumrap sandining sastra ||
4. Kayata caraka basa | dasa nama kerata di | bêbasan amangku rasa | rasa karêp marang pamrih | myat tuduh pinangkèngwit | kaya ngran kawi puniku | KA karêping panêdya | WI lêpasing pangèsti |[3] munggèng sastra karêp lêpasing kerata ||
5. Tumrap sandining sasmita | karêp lêpasing sêmèdi | ngèsthi kabèh ing papunggal | linang sukma sarira nir | pranata wus lir jati | marma sugêng trah Matarum | dèn putus olah raras | sasmita sandining kawi | yêkti anggèr satriya mangulah sastra ||
--- 2 ---
6. Wus dene kang sastra Arab | yogya trang lungi ding[4] kawi | wilêt lukitaning lafal | kirkat myang pasekat tarki | bya jalal isim fingil | miwah ing saliyanipun | jêr wêwacaning lafal | dadi mikraji wong arif | gêng bêbaya lafal salin maknanira ||
7. Tan pae rarasing jawa | rênggan wiramaning gêndhing | kinarya ngimpuni basa | mêmanise dèn rêksani | lamun bubrah kang gêndhing | sastra ngalih raosipun | kang tumrap ing pradangga | swara pinatut ngrêsêpi | manrus kongas ruming langên kalênglêngan ||
8. Kalêngkanirèng swarèndah[5] | sarancak pinêta[6] ngèsthi | kèsthi rêjasing wirama | tuduh pamudyaning dasih | mring Hywang[7] ingkang asung sih | sih muji kaananipun | tan lyan kang janma ngaja | kang pinudyèng swara jati | nyamlêng ingkang gêndhing kaananing tunggal ||
9. Pramila yèn gêndhing bubrah | gugur sêmbahe mring Widhi | batal wisesaning salad | tanpa gawe olah gêndhing | dene ngran têmbang gêndhing | trusirèng swara linuhung | pamuji asmaning Dad | swara saking osik jati | osik mulya wêntaring cipta surasa ||
10. Surasèng ngèskining[8] kayat | kayat ingkang basa kadim | pramila wong olah têmbang | sêdene pradangga gêndhing | dèn yitna tanduk manis | wirama wilêtirèng rum | myang nyamlêngirèng raras | swara nrus pinrêsing ngèsthi | lamun bubrah tar mot pamuji iradat ||
--- 3 ---
11. Marma sagung trah Mataram | kinèn wignya têmbang kawi | jêr wajib ugêring gêsang | ngawruhi titining ngèlmi | kang tumrap ing prajadi | têmbang kawi asalipun | tan lyan titising sastra | paugêraning dumadi | nora ana kang liyan tuduhing sastra ||
2. Asmaradana
1. Gêng branta mangoswèng gêndhing | kang satêngah rêrêbutan | kang ahli gêndhing padudon | lawan ingkang ahli sastra | arêbut kaluhuran | iku wong tuna ing ngelmu[9] | tan ana gêlêm kasoran ||
2. Yêkti kêkandhangan kibir | rêbut luhur ing kagunan | dadya luput ing karone | sêjatine wong ngagêsang | apa ingkang binisan | iku kang kinarya luhur | têmah êndi kang mufakat ||
3. Luhuring sastra myang gêndhing | takokna kang wus ngulama | trusing lan dalil khadise | kang ngrani gêndhing luhurnya | pinèt saking ckakekat[10] | ing ngakal mèting tumuwuh | ananing Hyang saking ngakal ||
4. Wite osikirèng ngèlmi | gêndhing akal ingkang marna | myang swarèng gong sacêngklinge | tan kahanan wujudira | muhung kapyarsèng karna | uga trus suwarèng luhung | lafal Allah kang toyibah ||
--- 4 ---
5. Mangrèh nrus swarèng dumadi | lan runtutirèng wirama | tuduh ing katunggalane | de sastra ing ngaran[11] andhap | rèh kawêngku ing akal | lan kawayang warnanipun | sastra kang gumêlaring papan |[12]|
6. Tanbuh kang yakin ing ngèsti | dene wong kang ahli sastra | ing ngaran luhur sastrane | layak yèn mangsi lan kêrtas | pantês ngran luhur ngakal | nging sastra suraosipun | luhur sêjatining sastra ||
7. Padha lair pan wus kèri | gamêlan pan dadi bandha | amot ing praja karyane | tulis praboting nagara | lumaku sabên dina | myang nigas pradata khukum | sênajan ta kanthi akal ||
8. Dudu akal trusing gêndhing | akal lungiding susastra | akaling gêndhing yêktine | babaring jatine sastra | kênyataning aksara | sawiji alif kang tuduh | mêngku gaibul huwiyah ||
9. Dad muntlak[13] dipun arani | myang latakyun ing ngaranan[14] | durung kaanan salire | mêksih wang-uwung kewala | iku jatining sastra | ananing gêndhing saèstu | dupi alif wus kanyatan ||
10. Kêtandhaning roh ilafi | nggoning akal karijiyah | iku wit ngakal arane | dènira wit wruh dad mutlak | saking kono kang marga | iku kawruhana sagung | êndi ingkang luhur andhap ||
11. Dad lawan sifat upami | sayêkti dhingin Dadira | dupi wus ana sifate | mula jamah kêhanannya[15] | awal myang akhirira | kang sifat tansah kawêngku | marang Dad kajatènira ||
--- 5 ---
12. Rasa pêngrasa upami | yêkti dhingin rasanira | pêngrasa tingkah anane | kang cipta kêlawan ripta | sayêkti dhingin cipta | kang ripta panggêndhingipun | kang nêmbah lan kang sinêmbah ||
13. Èstu dhingin kang pinuji | kaananing kang manêmbah | saking kodrating Suksmane | apan kinarya lantaran | saèstuning panêmbah | wisesèng Dad mrih rahayu | amuji mring dhèwèkira ||
14. Upamane wong nggarbini | rare sajroning wêtêngan | yèn durung prapta laire | durung kababaring akal | mêksih gaib sadaya | tanbuh èstri tanbuh jalu | kawêngku asaling sastra ||
3. Dhandhanggula
1. Artatining wong tan wrining gaib | sapa kang wruh tan lyan Hywang Wisesa | dupi lair ing gaibe | kênyatan ananipun | kadya sangkêp ran akyan sangit | jalu èstri wus nyata | parêng gêndhing barung | laillaha myang illollah | kang swara trus mentarnya jatining alif | karsèng tangising jabang ||
2. Gêndhingira mung mobah lan nangis | dupi agêng akalnya binabar | kuwajiban sakalire | pênggawe kang mrih ayu | krahayoning pêrtamèng urip | urip praptèng antaka | sangkan paranipun | lah ta kaki kawruhana | tan lyan awit sarengat pêrnatèng bumi | tumimbang glaring jagad ||
--- 6 ---
3. Minggah tarekat pangwruh ing ngèsthi | nginjên-injên trusing kasampurnan | khakekat wus nunggalake | makrifat trusing pangwruh | jalma ingkang ngluhurakên gêndhing |[16] pangèsthining jro tekad | cangkring tuwuh blêndhung | têgêse anak lan bapa | dhingin anak bapa ginawe ing siwi | yèn lamun mangkonoa ||
4. Sayêktine jagad tan dumadi | sabab khadim kadhinginan anyar | kasungsang nyimpang dadine | nadyan kang ngrani luhur | gêndhing têmah tan dadi bayi | pêsthi têtêp kewala | nèng ngiski kayatun | lafal wa ana bur hana | wujud dullah amma khudusul ngalami | tuhya gumlaring jagad ||
5. Pêrtandhane wujuding Hyang Widi | tuduh kinèn muji kang akarya | de sastra alif jatine | kadya gêgêring punglu | tanpa pucuk tan ngarsa wuri | tan gatra tan satmata | tan arah gon dunung | nora akhir nora awal | datan mêsthi doh pêrak kabèh nrambahi | nging wajib ananira ||
6. Dene khakekat asaling gêndhing | wus kanyatan èsmuning Pangeran | munggèn[17] pêngrasa tuduhe | lir rasaning kumumu | kang pêngarsa anêrtandhani | tuhu tunggal pinangka | jinatèn puniku | paworing rasa-pêngrasa | pilih kang wruh ana ing nganakkên[18] yêkti | awimbuh-kawimbuhan ||
7. Amuji tan pêgat kang pinuji | yèn ta aja urip anèng dunya | tambuh yèn luhur gêndhinge | rèh tan ana winuwus | lawan mêksih kauban
--- 7 ---
langit | kasangga ing bantala | mijil saking babu | dadining sahwating bapa | yêkti têtêp luhur kajatining alif | lawan jatining akal ||
8. Upamane jalu lawan èstri | lamun sahwat jroning mata pada | pranata ingkang tandhane | tuhya tuhuning kawruh | ing pawore anyar lan kadim | Dad lawan sifatira | sastra gêndhingipun | kang rasa lawan pêngrasa | èstri-priya pawornya pinurba êning | atêtêp-tinêtêpan ||
9. Mujalamah loro-loro tunggil | tunggal rasa-rasèng kawisesan | nging lamun dadi tuwuhe | pan wajib priyanipun | kadya akal kapurbèng alif | lir warna jro paèsan[19] | ing upaminipun | kang ngilo jatine sastra | kang wayangan gêndhing sirnanirèng cêrmin | manjing jatining sastra ||
4. Pangkur
1. Kawuri pangèsthining byat | tuduhirèng sastra kalawan gêndhing | sukur lamun samya rujuk | mufakat ing ngakathah | sastra Arab Jawa luhur asalipun | gêndhing wit purbaning akal | kadya kang wus kocap ngarsi ||
2. Nadyan sastra kalih dasa | wit saèstu tuduh karêping puji | puji asaling tumuwuh | mirid sing akhadiyat | ponang HA NA CA RA KA pituduhipun | dene kang DA TA SA WA LA | kagêntyaning kang pamuji ||
--- 8 ---
3. Wahdad jati kang rinasan | ponang PA DHA JA YA NYA angyêktèni | kang tuduh lan kang tinuduh | sami santosanira | kahanannya wakadiyat pambilipun | dene kang MA GA BA THA NGA | wus kênyatan jatining sir ||
4. Kêtandhaning Manikmaya | wus kahana arahing kawruh yêkti | iku wus akhiring tuduh | Manik tejèng ngamaya | kumpuling byat ngalam arwah pambilipun | iku wite ana akal | akhiring Hyang maha Manik ||
5. Awaling Hyang Manikmaya | Gaib datan kêna winarnèng tulis | tan arah gon tanpa dunung | tan pêsthi akhir awal | manrambahi manukmèng rasa pandulu | tajêm lir mandaya rêtna | awêning trus tanpa têpi ||
6. Iku têlênging paningal | surasane kang sastra kalih dèsi | lan mirid sipat rong puluh | liding isim jallalah | ponang akal durung mantra ananipun | kêbabaring gêndhing akal | Manikmaya wus kangèlmi ||
7. Kawêdhar cipta pangrasa | Hyang Nurcahya Nurasa wus kawingking | kamantyaning Sang Hyang Wisnu | Bathara Caturboja | winahyèng Dad guru ratuning tumuwuh | awaling Hyang Manikmaya | tumyèng Hyang Kaneka rêsi ||
--- 9 ---
8. Sêpuh minăngka taruna | kang taruna minangka anyêpuhi | pracihna samaring pangwruh | kaananing Wisesa | pinêrsid sing Dad kênyatan Sang Hyang Wisnu | winênang kamot nugraha | mangrèh arjaning dumadi ||
9. Dewa watak nawa sanga | wus kênyatan gumlaring bumi langit | iku kawruhana sagung | êndi kang luhur andhap | upamane papan lawan tulisipun | kênyataning kang panêmbah | kêlawan ingkang pamuji ||
10. Papan moting kawisesan | Manikmaya purbaning papan wêning | tulising mangsi Hyang Guru | sastra upama papan | gêndhing akal upama mangsi wus dhawuh | yèn dhingina mangsinira | ngêndi nggone tibèng tulis ||
11. Sayêkti dhingin kang papan | nging kang nêbut papan saking ing tulis | lan malih upamanipun | dhalang kêlawan wayang | dhalang sastra wayang anak jatinipun | yêkti dhingin dhalangira | amurba solahing ringgit ||
12. Tuhu risang pinandhita | kêkasihe Sang Hyang Wisesa jati | winênang andum nugrahyu | mayu rahayuning rat | yèn mbêk krodha triwikrama warna diyu | jlêg lir angganing saptarga | gênjot bumi gonjang-ganjing ||
--- 10 ---
13. Orêg rug kambah kabrêbah | lir Bathara Kalarsa nglêbur bumi | Sri Krêsna datan kadulu | sirna manungsanira | kaprabawèng triwikramanya Hyang Wisnu | anging datan sabên dina | dènnyambêg triwikramangrik ||
14. Sayêktine nganggo mangsa | yèn manggunga wikramanira dadi | èstu Krêsna tan winuwus | tan anèng marca-pada | lan têmahe kang jagad brastha linêbur | dening kridhaning Jawata | tan pedah gumlaring bumi ||
15. Hyang Wisnu nuksmèng Sri Krêsna | pinrih mulya gumlaring bumi langit | mayu rahayuning tuwuh | anjaga jêjêging rat | Prabu Krêsna sapa ngrèh[20] nuksmèng ngaluhur | luhur wisesèng panyipta | cipta nrus waspadèng gaib ||
5. Durma
1. Durmaning kang ngluhurakên gêndhing akal | pangèsthinirèng tokhid | Hyang Wisnu lan Krêsna | muhung Wisnu kewala | Sri Krêsna datan praduli | nadyan luhura | kang jagad tan ing ngèsthi ||
2. Yèn mêksiha nyipta karo-karonira | yêkti guguring tokhid | têmah tundha bema | anane Dad Wisesa | sungsun-sungsun kalih-kalih | lan siya-siya | mring kaanan sayêkti ||
--- 11 ---
3. Saking dening wit samar kaananing Hyang | rêmpit sulit binudi | gaib wus tan kêna | lamun kinarya ngapa | elok tan kêna pinikir | wênanging gêsang | ngrêjasèng nugra Widi ||
4. Wadi wêdakanirèng mulyaning deya | dene wong kang ngarani | luhur sastranira | tangèh lamun nyiptaa | sungsun-sungsun kalih-kalih | nora mêngkana | pangèsthinirèng tokhid ||
5. Ana iku marganira saking ora | ora sing angyêktèni | rasèng ana ora | mantêp Dading Wisesa | iku jatining sastradi | tan lawan-lawan | tan sungsung kalih-kalih ||
6. Dene ing ran mbalèni mêntahkên lampah | iku mokal sayêkti | tan mangkono lirnya | rèh musthinirèng ana | mot Suksmèng gumlaring bumi | tinrusing puja | murjajèng dhiri wêning ||
7. Ya winênang wujudira rum-ruming rat | trusing ngakal kalingling | languting kalêngkan | nalika liding tulad | lukita lungiding ngèlmi | lêng-lênging alam | nglela langkung kalingling ||
8. Mula ngèlmi mulêt patraping saringat | mong arjaning dumadi | dadya trus rumasa | tinuduh mring utama | tumamèng cipta pamuji | lamun mêksiha | salah panranging ngèsthi ||
--- 12 ---
9. Satêmahe Sri Krêsna durung trus mulya | ngran Prabu Harimurti | sarira Bathara | tan kewran salirira | kasambaganing pamusthi | rèh ngariloka | madya pada kadêling ||
10. Pan wus dene pra Nabi kang mursalina | tuwin kang para Wali | myang para Suhada | pra Himan kang minulya | kang raliyalahi nganhi | kang tuk nugraha | tan seda sabên hari ||
11. Yèn sedaha[21] pra nabi salawasira | tan kocap anèng bumi | nadyan kang triloka | sayêkti tan dumadya | dènira mangsah sêmèdi | pan kala-kala | têkdir myang aprang sabil ||
12. Ing ngadina tan pêgat ngrakêti Sukma | tan kewran liring pamrih | pangèsthining cipta | kaya lafal kang kocap | fakayun fida raèni | murading makna | urip nèng desa kalih ||
13. Desa lair desa batin wus kawawas | pangingkêting pamusti | rêjasèng sucipta | trus kayating wisesa | sarambut datan salisir | lah kawruhana | sagung kang rêbut pikir ||
14. Eling-eling kang samya mangudi nalar | aywa nganti nêmahi | kadrojoging tekad | tuduh ugêring gêsang | sayêkti ambêbayani | pan luwih gawat | wat gatèng[22] tranging urip ||
--- 13 ---
15. Lawan aja asring padudoning[23] karsa | iku siriking ngèlmi | yèn durung kaduga | luhung mèndêl kewala | nanging tamsilna dèn titi | marang Ulama | myang pra Sujanèng budi ||
16. Aja nganggo ing manah isin watir was | ywa dumèh yèn wus wasis | tan dadi nisthanya | minta patyèng Ulama | malah tumibèng Ulami | yèn wus mufakat | tiga sêkawan Ngalim ||
17. Salah siji jatining gêndhing myang sastra | êndi ingkang ngrah inggil | iku titènana | aja was kaya-kaya | tăndha wus rinilan Widi | kontung bêbaya | asab lêlabuh ngalim ||
6. Kinanthi
1. Kinanthi kanthinirèng kung | kalêngkan astuning puji | pamuji nrussing[24] nugraha | sigra lukitaning tokhid | mung lailla haillollah | kalimah ingkang tabiyi[25] ||
2. Muktamat pra Ngalim jamhur | dhirèng têbyating pamusthi | kang dhikir dêdaturira | catur babaganing murid | sagung makhluking Hyang Sukma | tan padha drajading urip ||
3. Dhingin muktadi ranipun | pindho murid muntawasid | tri murid kamil mukhamad | ing dêdaburira sami | kang muktadi sèsthining byat | maksih gêng mamanging tokhid ||
--- 14 ---
4. Barang panranging krahayun | kalinganing wutawatir | kabar yakin ngèlmunira | sih arah pracayèng ngèsthi | tyas alim gaib kang iman | ama nating[26] dalil khadis ||
5. Ngibadah sêmbahing èstu | dhikire ing ran muktadi | kang lailla haillollah | dêdaburirèng pamuji | lailloha tan na Pangran | illollah amung Hyang Widi ||
6. Pana jasad alam nasud | makam paran dèn wastani | iku wong ahlul sarengat | murid ingkang kaping kalih | mutawasid drajadira | iku wus bêrsihing ati ||
7. Saking muta watiripun[27] | tuwajuh araning ati | ngenal yakin ngèlmu nira[28] | kang iman khalir linuwih | sêmbahing ran ngudu karyah | ponang dhikir mukta wasit[29] ||
8. Laillaha illollahu | dêdaburira pangèsthi | tan lyan sung sih amung Allah | alam malakut nêtêpi | makam zamak pana sipat | iku wong tarekat yêkti ||
9. Kang murid kamil winuwus | murid ingkang luwih bêrsih | saking kuwatirèng manah | amung mandêng ing Suksmadi | mungkur dumadining titah | dhikire ing ran muktadi ||
--- 15 ---
10. Laillaha illolahu | dêdaburira jro ati | tan lyan maujud muallah | pana panguswèng silarji | anane lawan subkhana | mênêng molah winoring sih ||
11. Bangsa kasbiyat wus mungkur | panane mring Dad kang suci | makamnya zamingul zamak | iku wong khakekat yêkti | murid kaping caturira | kang ing ran kamil mukamil ||
12. Iku kang wus luwih suhud | kandrêm Dade Maha Suci | ati robani ing ngaran | kang ngèlmu ak malul yakin | kamil mukamil kang iman | kapênuhan gêng nugra sih ||
13. Ing sasolah munanipun | tinarima manjing puji | sêdene wêdharing lesan | laillaha illollahi | myang hu hu miwah i ha ha | a a a a i i i i ||
14. A a i i u u u u | nadyan ngucap barang bering | yêkti dadi dhikirira | jêr wis mula jamah ing sir | lir praga têmpur samudra | jumbuh wantah lawan asin ||
15. Deya purna tan winuwus | anrus ing kahanan jati | dhikire panahul pana | makam baka dèn arani | kang alam lahut minulya | iku wong makripat yêkti ||
--- 16 ---
7. Mêgatruh
1. Mêgat cipta sumêdya pamlêngirèng kung | prandene wong jaman mangkin | gumampang mangrèh krahayun | durung paja dèn lakoni | ngaku wus limpat ingkang woh ||
2. Tur khakiki ing sasolah bawanipun | yêktine lagya birahi | nular gunême wong luhung | lumaku ing ngaran bangkit | kang satêngah apadudon ||
3. Rèh murade dhikir pandênge pangèstu | wênèh mangèsthi lan napi | lyan ngranilah rêjasèng kung | iku udur tanpa kardi | kandhangan têkabur kang wong ||
4. Krana rêbut luhur pamusthining kawruh | kajarah ing nêpsu drêngki | dahwèn wong manrang puja kung | kalêngkaning nugraha di | suda sihira Hyang Manon ||
5. Yêkti sami lêrês sami lêpatipun | kang magèsthi[30] ing lanapi | napèkkên kirdaning ngèstu | èstu kang suwung nglimputi | pulêd Dadira Suksma non ||
6. Nadyan iku yèn slisir napi isbat kung | sayêkti ambêbayani | tan trus mulyaning nugra yu | krahayon langgênging urip | urip kanikmating ngêndon ||
--- 17 ---
7. De kang ngrani lafalah wêkasing ngèlmu | kang lafal Allah pinêsih | alif witing panukma nrus | lan tuduh sukcining Nabi | Adam lan mukmin purna wor ||
8. Ponang Ehe wêkas-wêkasing pangawruh | panukmane Dad kang khadim | napi isbat wus ginêlung | pamlênging nugraha ling ling | kolêngkanirèng Suksmo[31] non ||
9. Yèn ta muhung isbat kandhangan sêkutu | yèn namung napi kalingling | linang byat sidaning ngèstu | têmah nglangut tanpa dadi | kandangan munapèk kang wong ||
8. Pocung
1. Bapak pucung paran dadining tumuwuh | kang samya bèr nalar | tan wus sliringaning budi | uga saking kodrat rohmating Pangeran ||
2. Pamayange makluk insanku kuluhus | asnapun kulakal | sêjati-jatine ngèlmi | awit dening rêmpit gaibing Pangeran ||
3. Datan kêna kinira-kira ing pasmun | liwat saking gawat | watgata gati nirèng ning | nora kêna sinrang lan cipta kaworan ||
--- 18 ---
4. Ing luhamah[32] kadrêngkèn arêbut kawruh | amêmurung lampah | yogyaning wong olah ngèlmi | kudu sukur ing sakalir suka rêna ||
5. Ing witira ywa wigih ngunjara nêpsu | amanjing sarira | dèn trang pamusthinig tokhid | kang waspada rêncana nukmèng tyas harja ||
6. Luwih samar godhaning eblis pawor kung | kongkaling kalêngkan | ngaku luhur ngaku wêgig | gêng takabur wênèh mlaku ginuronan ||
7. Nayakèng rat Jêng Rasul Nabi panutup | marma punyaning rat | sabab Nabiyil umiyi | ponang lokat Nabi langkung bodhonira ||
8. Jêr sak pangrèh lumembak purbèng Suksma Gung | tan mantra dabyarkat | gung umat yogyamangirib | yèn wus jêmur ing rasa ingkang sinêdya ||
9. Dipun wingit rêmpit anyêngkêr pamuwus | ngobahakên iman | yèn mêdhar karya rêbut ngling | tanpa tuwas kang wus mêsthi kalong longan ||
10. Tinokil kitab madatul makanu |[33] sasmita rinasa | winuryan ruming pangèsthi | ngentha-entha ing têmah walahu alam ||
1 | ingaku. (kembali) |
2 | trapsilaning. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: WI lêpasing ing pangèsthi. (kembali) |
4 | lungiding. (kembali) |
5 | swarendah. (kembali) |
6 | pinèta. (kembali) |
7 | Hyang (dan di tempat lain). (kembali) |
8 | ngèsthining. (kembali) |
9 | ngèlmu. (kembali) |
10 | khakekat. (kembali) |
11 | ingaran (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: sastra kang gumlaring papan. (kembali) |
13 | mutlak. (kembali) |
14 | ingaranan. (kembali) |
15 | kahanannya. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: jalma ingkang ngluhurkên gêndhing. (kembali) |
17 | mung gèn. (kembali) |
18 | inganakkên. (kembali) |
19 | paesan. (kembali) |
20 | sapangrèh. (kembali) |
21 | sedaa. (kembali) |
22 | watgatèng. (kembali) |
23 | padudon ing. (kembali) |
24 | nrusing. (kembali) |
25 | tayibi. (kembali) |
26 | amanating. (kembali) |
27 | mutawatiripun. (kembali) |
28 | ngèlmunira. (kembali) |
29 | muktawasit. (kembali) |
30 | mangèsthi. (kembali) |
31 | Suksma. (kembali) |
32 | luamah. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: Tinokil ing kitab madatul makanu. (kembali) |