Pangèsthining Manungsa, Angabèi IV, c. 1900, #1337

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Ingkang Dados Pangèsthining Manungsa[1]

--- [0] ---

Ingkang dados pangèsthining manungsa, kathahipun pitung prakawis, kados ing ngandhap punika

1. Kasuran, têgêsipun kawantêran, pamrihipun kineringan, wiwitipun saking kasêktèn, kalampahanipun saking cêgah bukti, kadadosanipun saking santosa, ingkang dados sambekalanipun, yèn anjêjadha, anganiaya.

2. Kagunan, têgêsipun kasagêdan, pamrihipun kinèdhêpan, wiwitipun saking puruita, kalampahan saking cêgah nendra, kadadosanipun saking tabêri, sambekalanipun, yèn rêsah sungkanan.

--- 339 ---

3. Kabêgyan,[2] têgêsipun kasugihan, pamrihipun kinalulutan, witipun saking gaota, kadadosanipun saking gêmi nastiti, sarta ngatos-atos, sambekalanipun yèn lèrwèh sarta ngumpêt.

4. Kabrayan, têgêsipun sugih putra wayah, pamrihipun kopèn kinamulèn, witipun saking sih, kalampahanipun saking bisu, kadadosanipun saking măntra lan sarana, sambekalanipun yèn parasêngitan sumêlangan.

5. Kasinggihan, têgêsipun kaluhuran, pamrihipun kajèn kinurmatan, witipun saking tapa lan têtèki, kalampahanipun [kalampaha...]

--- 340 ---

[...nipun] saking pujabrata lan ngabêkti, kadadosanipun anoraga, sambekalanipun yèn [...]ba[3] angkara murka.

6. Kayuswan, têgêsipun panjang yuswanipun, pamrihipun kinandêlan, witipun saking budi, kalampahanipun saking sêtya tuhu, sambekalanipun yèn dora lawan cidra.

7. Kawidagdyan, têgêsipun kayuwanan, pamrihipun kinupaman, witipun saking sukci, kalampahanipun saking cêgah minum tuwi[...]king[4] utami palamarta, sambekalanipun yèn nistha lan su[...][5] duka.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
kabêgjan. (kembali)
Tertutup kertas jilidan, diusulkan: tiba. (kembali)
tuwin saking. (kembali)
suka. (kembali)