Patih Rajasukapa, Angabèi IV, c. 1900, #1334

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Unjukipun Patih Rajasukapa[1]

--- [0] ---

Cariyosipun nalika Sang Hyang Cingkaradewa badhe jumênêng nata binathara wontên ing Gilingwêsi, kacaosan unjuk dening pêpatihipun, anama Kyai Patih Rajasukapa, kados ing ngandhap punika aturipun.

Pukulun,

1 Paduka kêdah asih ngabêkti ing jawata, têgêsipun anyirnakna pakartènipun păncadriya, ingkang dipun wastani păncadriya punika bangsanipun napsu, kados ta 1. cêngil, 2. ewan, 3. panastèn, 4. kêmèrèn, 5. dahwèn, 6. kumingsun, 7. sêngit, 8. cêkak, 9. rupak, 10. sêsamènipun băngsa kintên-kintên. Kêdah botên katandukakên ing budaya, mênggah pikangsalipun ingkang makatên punika wau, badhe binêktenan ing manungsa.

2 Paduka kêdah ajrih ing ratu, ingkang dipun wastani ratu punika atma, atma wau ratonipun ing badan, kalampahanipun tata, titi, têtêg, ngati-ati, anggènipun ngasta

--- 332 ---

pangadilan makatên wau, pikangsalipun badhe kaandêl ing akathah, wêkasanipun kaajrihan sêsamènipun tumitah.

3 Paduka kêdah angidhêp ing ibu rama, têgêsipun anucèni roh, kalampahanipun kalihan upakarti, ênêng, êning, awas, eling, angicalakên sakathahipun hawa napsu, angwontênakên murah lan asih, pikangsalipun ingkang mangkatên[2] wau, saèstu badhe kinèdhêpan ing sasamining tumitah.

4 Paduka kêdah mituhu anggêr ugêring guru, têgêsipun raos, kalampahanipun wanuh, wani, uninga, angicalakên pakartènipun pangraos, pikangsalipun ingkang mangkatên wau, badhe pinituhu dhatêng sasamining manungsa.

5 Paduka kêdah asih ing manungsa, supados kinasihan ing jawata, bilih narendra sampun angsal sihipun jawata, saèstu lajêng angsal pangkat dados nata binathara.

Dene kalampahanipun sadaya wau sami saking tapabrata, [tapa...]

--- 333 ---

[...brata,] utawi pujamăntra, ingkang dipun wastani tapabrata punika gangsal prakawis.

1 Angirangi dhahar, sarananipun anarimah, sanajan angirangi dhahar, manawi botên narimah sawontênipun, inggih gagar.

2 Anyuda sare, ingkang pinandêng èngêt, sanajan anyuda sare, manawi sinupe-supe, bêbasanipun inggih tanpa gawe, katranganipun anyuda sare wau makatên, manawi sampun baliyut, dipun ajaka ngupados luyut, supados botên luyut dhatêng pakartènipun baliyut.

3 Angawis-awisana sanggama, sarananipun rila, upakartènipun anyuda sanggama wau mangkatên, yèn kajêng sampun ngantos kalajêng, kaajaka ambujêng rahajêng.

4 Angampêta pangandika ingkang tanpa wasana, têgêsipun panggagas, inggih punika pangandika ingkang tanpa damêl, kalampahanipun saking santosa, sanajan botên ngandika yèn taksih amêngku karsa.

--- 334 ---

5 Nênêpi, têgêsipun amuriha papan ingkang samun, anyirnakna sănggarunggi, sănggarunggi punika kintên-kintênipun manah ingkang tanpa wêkasan, wasana ambêbawur paworing[3] kawula gusti. Sadaya wau manawi sampun kalampahan salêbêtipun satus dintên, saèstu badhe wontên sasmitaning jawata ingkang linangkung.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
makatên (dan di tempat lain). (kembali)
pamoring. (kembali)