Mêrtadrêja kepada Roorda, 1862, #702

Judul
Sambungan
1. Mêrtadrêja kepada Roorda, 8 Pebruwari 1862, #702. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
» Mêrtadrêja kepada Roorda, 1862, #702. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 19-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Mêrtadrêja kepada Roorda, 1862, #702: Citra 1 dari 3

Sêrat saha ingkang tabe, kaurmatan, akathah-kathah saking kawula Raden Tumênggung Mêrtadirêja, Bupati ingkang tatêngga, ing kitha Purwakêrta, Karisidhenan[1] Toyamas mugi kaunjuk ing panjênêngan-dalêm, ingkang sudara kangjêng tuwan Tako Rordha, ingkang sampun sinung nugraha ing Gusti Allah, samudayaning kapênêdan ing dalêm dunya, saha pujangga agêng guruning basa Jawi, ingkang pinanggih ing nêgari Dhelêp, tanah Nedêrlan, mugi-mugi pinanjangêna ing yuswa, saha akasarasan ing salaminipun.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, mugi sampun pisan andadosakên panggalih-dalêm, saking kami purun kawula gumampil angaturi sêrat punika, ing panjênêngan dalêm, ingkang kalayan adamêl ridhuning panggalih, sarehning saking punggung kawula, dereng sumêrap ing pitêmbungan Kawi, ingkang prayogi, bilih amarêngakên, wontêna sih pitulung-dalêm, kawula nyuwun, mugi wontêna pitêdhan-dalêm, buku têmbung Kawi, klayan mawi têmbung Jawi, kenginga kawula damêl piturutan, ing sapêngajêngipun.

Mêrtadrêja kepada Roorda, 1862, #702: Citra 2 dari 3

Saking dening punika, mugi-mugi panjênêngan-dalêm, andhanganakên ing panggalih, saking atur panuwun kawula ing nginggil wau, kenginga kawula damêl pusaka ing salaminipun.

Anjawi saking punika, mênawi wontên sisip saruning atur pitêmbungan kawula, ingkang kawrat ing sêrat punika, aming mugi-mugi wontêna sih pangapuntên-dalêm.

Sinêrat ing Purwakêrta, tanggal kaping 8 Pebruwari 1862. Kawula ingkang saudara, ingkang anuwun sih.

[Tanda-tangan: Mêrtadrêja]

Mêrtadrêja kepada Roorda, 1862, #702: Citra 3 dari 3

Ngalamat sêrat, kalayan sakathah ing kahurmatan, mugi kunjuk ing panjênêngan-dalêm kangjêng tuwan, Tako Rordha, pujangga agêng saha guruning basa Jawi ingkang pilenggah ing nêgari, Dhelêp, tanah Nedêrlan.

 


Karesidhenan. (kembali)