Anggêr Ukumane Wong Jawa sapadhane ing Tanah Indiya Nèdhêrlan, Buning, 1883, #276

JudulCitra
Terakhir diubah: 21-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Layang Anggêr Ukumane Wong Kang Kagolong Băngsa Jawa Sapanunggalane ing Tanah Indiya Nèdêrlan.

__________

Kaêcap ing Ngayugyakarta dening Tuwan H. Buning, 1883

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

Layang Anggêr Ukumane Wong Jawa Sapadhane ing Tanah Indiya Nèdhêrlan.

Layang kang kapisan.

Bab kadurjanan, panêrak, lan ukuman.

Pangkat I.

Bab kadurjanan, utawa panêrak tuwin panyoba kang ginantungan paukuman.

Bab 1, têgêse panêrak iku yèn anglakoni kang dadi wêwalêr, utawa anêrak kang dadi pranata nagara lan pêpacake pulisi, sarta layang anggêr ingatase pamajêging pangasilan nagara. Măngka lêlakon kaya iku, yèn amung ginantungan paukuman nyambutgawe pêksan tanpa rante utawa tanpa bayaran sarta kadhêndha, kapatrapake barêng utawa salah sawijine tuwin kabêskup barange utawa ora.

--- 2 ---

Anadene yèn kang kapatrapan ukuman dhêndha ora bisa bayar, amêsthi kakunjara, ananging ukuman iku ora anyudani ukuman liyane.

Bab 2, têgêse kadurjanan iku yèn anglakoni kang dadi larangan utawa anêrak wêwaton pranata kang ginantungan paukuman măngka ora kalêbu paukumaning panêrak parentah.

Bab 3, saupama ana lêlakon kang katăndha angawiti kadurjanan, kang ginantungan ukuman angluwihi nyambutgawe pêksan tanpa rante, măngka kaandhêg panyobane mau liya awit saka karêpe kang anglakoni, iku bakal kapatrapan paukuman sor-sorane ukuman kang tumrap yèn wus sida anglakoni kadurjanane, kajabane kang kasêbut ing adêg-adêg pungkasane bab iki.

Pêpacak kang kasêbut ing dhuwur mau, ora tumraping ukuman dhêndha utawa kang bakal kawuwuhake, sarèhne paukuman iku kapatrapake marang kang nyoba padha kaya marang kang anglakoni kadurjanan.

--- 3 ---

Manawa kadurjanane ginantungan paukuman nyambutgawe pêksan nganggo karante kaya kang kasêbut ing bab ping 5 ăngka 4. Iku panyobane kaukum nyambutgawe pêksan tanpa rante lawase sataun tumêka limang taun.

Bab 4, panyobaning panêrak pranata utawa pêpacaking pulisi, ora kaukum.

Kang anyoba anêrak liyaning wêwalêr utawa anyoba anglakoni liyaning kadurjanan kang kapratelakake ing bab 1, măngka paukumane ora ngungkuli nyambutgawe pêksan tanpa rante, iku manawa panyobane rujug kalawan adêg-adêg 1 bab ping 3 amêsthi ginantungan paukuman manawa kapatrapan kaya kang wus ditêmtokake.

Samono iku paukumane padha kaya wus anglakoni kadurjanane, kajaba yèn ana pranata liyane, dene yèn prakarane ginantungan paukuman nyambutgawe pêksan tanpa rante, ukumane kasuda sapratêlon.

--- 4 ---

Pangkat II.

Bab wujuding ukuman.

Bab 5, ukuman kang ginantungake ing kadurjanan utawa ing panêrak, warnane kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

Ăngka 1: Ukum pati.

Ăngka 2: Ukuman nyambutgawe pêksan nganggo rante lawase 5 taun tumêka 20 taun.

Ăngka 3: Ukuman nyambutgawe pêksan nganggo rante lawase 5 taun tumêka 15 taun.

Ăngka 4: Ukuman nyambutgawe pêksan nganggo rante lawase 5 taun tumêka 10 taun.

Ăngka 5: Ukuman nyambutgawe pêksan tanpa rante ora ngungkuli saka ing 5 taun. Kajaba yèn ana pêpacak kang angwênangake angluwihi wêwangên 5 taun mau.

Ăngka 6: Ukuman nyambutgawe ana ing yêyasaning nagara, mawa pangan tanpa bayaran, lawase ora luwih saka 3 sasi.

--- 5 ---

Ăngka 7: Ukuman kunjara ora luwih saka 8 dina.

Ăngka 8: Ukuman dhêndha.

Bab 6, aliya ukuman kang kasêbut mau, ana ukuman manèh kang kêna kawuwuhake barêng patrapane karo ukuman kang kasêbut ing bab 5, kaya ta:

Ăngka 1: Kasuwak wawênangan utawa kuwajibane, lawase saka 5 taun tumêka 10 taun, samono iku mawa nyawang pêpacak bab lawase wêwangên mau.

Ăngka 2: Kabêskup barang piranti kang diênggo laku durjana utawa anêrak. Utawa barang kang anane jalaran anglakoni kadurjanan lan anêrak. Samono uga barang piranti kang wus diênggo agawe piala, mangkono iku yèn barang piranti tela[1] darbèke kang kapatrapan paukuman.

Bab 7, aliya saka kang wus kapratelakake ing ăngka 2 bab kaping 6 barang piranti kang diênggo utawa kang kabakalake nglakoni kadurjanan. Kêna karusakake [karu...]

--- 6 ---

[...sakake] nganti ora kêna diênggo manèh, sanadyan durjanane kaluputake saka paukuman. Mangkono iku kudu kapratelakake ing layang parampungan.

Bab 8, manawa ukuman nyambutgawe pêksan mawa rante utawa tanpa rante kudu kapatrapake marang priyayi kang pangkate utawa asline gêdhe, kaya kang kasêbut ing layang kêkancingane Kangjêng Sri Maharaja katitimangsan ping 5 Nofèmbêr 1866, ăngka 73 sêtatsêblad Indiya Nèdhêrlan taun 1867, ăngka 10, ukuman mau sinalin kalungakake marang sawênèhing panggonan pambuwangan.

Manawa ukuman iki minăngka lirune ukuman pagawean pêksan mawa rante, pangadilan kuwajiban amratelakake ing layang parampungan.

Anadene yèn ukumane kang tumrap marang wong cilik amung nyambutgawe ing yêyasaning nagara mawa pangan tanpa bayaran. Trape marang priyayi kang gêdhe pangkate utawa asline, diliru ukuman kunjara padha lawase.

--- 7 ---

Bab 9, samubarang kadurjanan kang ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan mawa rante, iku yèn kang bakal kaukum, wong wadon ukumane nyambutgawe pêksan tanpa rante.

Anadene yèn ana lêlakon kaya mangkono, pangadilan kajibah amratelakake yèn ukuman iku minăngka lirune ukuman nyambutgawe pêksan mawa rante.

Bab 10, sing sapa kang kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa rante ora luwih saka sataun lawase, mangkono uga kang kaukum nyambutgawe ing yêyasaning nagara mawa pangan tanpa bayaran. Kang iku padha anglakoni ukumane ing panggonane andhawuhake ukumane mau.

Bab 11, yèn ana kang duwe kaluputan, măngka kaluputan mau ginantungan ukuman kunjara luwih saka 8 dina, tumrape marang wong Jawa sapêpadhane, diliru nyambutgawe ing yêyasaning nagara mawa pangan tanpa bayaran. Anadene yèn ukumane dikunjara

--- 8 ---

luwih saka 3 wulan. Ukuman mau diliru karo nyambutgawe pêksan tanpa rante.

__________

Pangkat III.

Bab paperangane ukuman.

Bab 12, ukuman pati kang anindakake iya martalulut utawa lagojo, ana ing panggungan gantungan, sarana anjirêt gulune kang kaukum mawa tali, măngka tali mau cinanthèl ing gantungan. Wusana blabag ênggone ngadêg kang kaukum mau kaanjlogake.

Bab 13, ukuman pati mau, ora pisan-pisan kalilan katindakake ing dina Akhad. Utawa dinane riyaya wong agama Surani utawa dinane riyaya băngsa Jawa sapanunggalane.

Bab 14, jisime kang kaukum mau, manawa kasuwun dening kadang sanake iya kaparingake, ananging pamêtake ora kalilan nganggo pakurmatan utawa rêrênggan.

--- 9 ---

Bab 15, sapa kang kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan utawa kakunjara, kajibah padha nyambutgawe. Pranatan iki ora tumindak yèn kang kaukum prayayi utawa băngsa asli gêdhe, kaya kang wus kasêbut ing bab ping 5.

Anadene pangêrèh utawa pranata dunung ing panggonane kang kapatrapan ukuman kunjara tuwin nyambutgawe pêksan. Apamanèh pratikêle anindakake ukuman mau tuwin ukuman nyambutgawe mawa pangan tanpa bayaran ana ing yêyasaning nagara, iku bakal kadhawuhake pranatane dhewe kamot ing layang undhang-undhang, mawa nganggo animbang abot ènthènge sawiyah-wiyahing ukuman.

Bab 16, sapa-sapa kang wus karampungake ukumane, măngka bakal kapatrapan salah sawijining ukuman kang kasêbut ing ăngka 1 tumêka ăngka 4 bab 5, iku yèn katampik ora kêna dadi sêksi mawa nganggo kudhung supata ana ing pangadilan kang angrampungi prakara padu, dene yèn ing bab durjanan wus kapêsthèkake [kapêsthèka...]

--- 10 ---

[...ke] ora pisan-pisan katampan dadi sêksi utawa kumisi mawa nganggo kudhung supata, samono uga ora kalilan anêksèni panggawening layang êsah, iya ora wênang dadi pangêmong kutawa[2] ngrumêksani darbèking aliya, lan manèh ora kêna dadi saradhadhu, utawa saradhadhu mardika tuwin panunggalaning pasamuan kang pancèn nganggo gaman.

Bab 17, sapa kang anglakoni ukuman nyambutgawe pêksan mawa rante, iya iku salawase anglakoni ukumane, kasirnakake dening parentah angêrèh rajakaya darbèke dhewe.

Yèn ana nalare, parentah kang ambawahake panggonan kang diomahi pungkasan dening kang anglakoni ukuman mau, iku kang macaki wong liya amrih ngêrèh rajakaya darbèke wong kang kaukum mau kayadene pangêrèhe wong kang dadi momongane, samono iku sarana mêtu saka panuwune kang kaukum, utawa liyaning wong kang mèlu duwe pakolèh, utawa awit saka panuwune jêksa nagara kono.

--- 11 ---

Yèn bab pangêmonge kang kaukum mau kudu anurut pranata kang kamot ing layang anggêr burghêleik wèt buk. Kang anitèni pangêmong mau iya wis kamêr.

Bab 18, yèn kang kaukum wus sah anglakoni ukumane, kang kapacak ngêrèh rajakaya darbèke lêstari nyèlèhake pangêmonge, sarta tumuli ngladhèkake petungan marang kang kaêmong mau.

Bab 19, sapa kang kaukum nyambutgawe pêksan mawa rante, ora kalilan pinaringan dhuwit utawa panganan mêtu saka panggaotane dhewe, salawase nglakoni ukumane, kajaba yèn ana pralilane awit saka ing layang undhang-undhang kang kasêbut ing bab 15.

Bab 20, pêpacak kang kapratelakake ing bab 16, 17, lan 18, uga tumrap marang priyayi kang gêdhe pangkat utawa asline, măngka paukumane dibuwang minăngka lêlirune ukuman nyambutgawe pêksan mawa rante, kaya kang kasêbut ing bab ping 8.

Pêpacak têlung bab mau, tuwin kang kasêbut ing bab ping 19 uga tumrap marang wong wadon kang pancèn kapatrapan ukuman [u...]

--- 12 ---

[...kuman] nyambutgawe pêksan mawa rante, măngka diukum nyambutgawe pêksan tanpa rante awit unine bab ping 9.

Bab 21, sapa kang kaukum kalungakake marang pambuwangan, iku kakirimake marang sawênèh panggonan sajroning gulungan Indiya Nèdhêrlan. Dene kang nêmtokake panggonan mau, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupranur Jendral. Wragade kang kaukum kajibah ambayar.

Bab 22, kuwajiban utawa wawênangan kang cuwake kêna didhawuhake ing parentah, manut kaya unine ăngka 1 bab ping 6 ing dhuwur mau, utawa manut wêwaton liyane. Anane kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

1. Anglakoni sakèhing pagawean nagara.

2. Angêmban utawa angêmong lan angêrèh anak, rajadarbèke wong liya.

3. Angêmban utawa angêmong lan angêrèh anak lan rajadarbèke dhewe.

4. Dadi sêksi kudhung supata ingatase parapadu, yèn katampik.

--- 13 ---

5. Wawênange amilih panggêdhe ing desa utawa nagara.

Manawa ora ana katamtuan liyane, pangadilan wênang anyuwak wajib lan wawênang mau kabèh utawa amung sawatara bae, utawa ora kasuwak pisan.

Wiwite panyuwawakma[3] ing dina nalika parampungan katindakake.

Bab 23, pamupune dhêndha utawa wragade pangadilan, kalêstarèkake kayadene pêpacake layang anggêr bab pranatane paukuman.

Manawa ukuman dhêndha kadhawuhake bêbarêngan kalawan ukuman bêskup mawa ambalèkake barang utawa anglironi, măngka rajakaya darbèke kang kaukum ora anyukupi, kang kapêrlokake dhisik, nglironi lan ambalèkake pituna.

Bab 24, yèn layang parampungan prakara kadurjanan wus kadhawuhake sarta ukumane kang anglakoni durjana wus katêtêpake, parentah nagara ambyawarakake

--- 14 ---

na[4] ing pungkasan.

Mungguh cara-carane Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral ingkang nêmtokake.

__________

Pangkat IV.

Bab angambali nglakoni kadurjanan.

Bab 25, sapa-sapa kang wus tau kêna ukuman pati liniru ing ukuman liyane, utawa wus kaukun[5] nyambutgawe pêksan mawa utawa tanpa rante luwih saka sataun. Măngka kaladèkake ing pangadilan awit anglakoni kadurjanan manèh, iku ukumane kang dhisik amêsthi dadi nalar angabotake ukumane kang kari, marmane pangadilan kang ngêtrapi ukuman kajibah nitèni nalar kang mangkono iku.

Anadene yèn pinuju ana nalar iku, pangadilan kuwajibake muwuhi saparatêlon saka wêwangênaning ukuman nyambutgawe pêksan kang abot dhewe.

Bab 26, pêpacak kang kamot ing bab ping 25 mau, [ma...]

--- 15 ---

[...u,] uga tumrap marang kang dinakwa wus tau diukum dening pangadilan militèr, kaya ta:

Ăngka 1: Yèn kapatrapan salah sawijining ukuman kang kasêbut ing adêg-adêg kapisan bab ping 25, kang katêmtokake ing layang anggêr paukumane liyaning băngsa militèr, măngka kaluputane ginolong laku durjana.

Ăngka 2: Yèn kapatrapan paukuman kang kapacak ing anggêr militèr, măngka yèn kajibah ing pangadilan liyaning militèr, ginantungan ukum pati utawa ukuman nyambutgawe pêksan mawa rante.

Ăngka 3: Yèn kapatrapan ukuman militèr, ukuman grobag cèlèng, kaêrès utawa kakunjara luwih saka sataun. Măngka yèn kajibah ing liyaning pangadilan militèr, ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa rante ora luwih saka 5 taun.

__________

--- 16 ---

Pangkat V.

Bab sabiyantu.

Bab 27, sapa-sapa kang ambiyantoni laku kadurjanan utawa panêrak, iku kapatrapan ukuman padha karo ukumane kang anglakoni, kajaba yèn ana nalar kang angluputake ing ukuman.

Pêpacak iki tuwin liyane kang wus kapratelakake ing pangkat V iki, ora tumrap marang panêrak pranata utawa pêpacak pulisi.

Bab 28, anadene kang bakal kaukum jalaran kaanggêp ambiyantoni laku durjana utawa panêrak, iya iku kang kasêbut ing ngisor iki, kaya ta.

Ăngka 1: Sing sapa kang angatag murih anglakoni durjana utawa panêrak, sarana awèwèh, utawa nyaguhi, utawa angancam-ancam, utawa amêksa, utawa ananduk akal tuwin rekah[6] kang ala, utawa sarana awèh katrangan kang bisa dadi jalaran anglakoni

--- 17 ---

piala.

Ăngka 2: Sing sapa kang angrupakake gêgaman: piranti utawa barang liyane, măngka wus sumurup manawa barang utawa gaman mau bakal kanggo anglakoni kadurjanan utawa panêrak.

Ăngka 3: Sing sapa kang maha amitulungi utawa angrewangi lêlaku durjana utawa panêrak, utawa kang ngreka pratikêl supaya gampang bisane anglakoni kadurjanan tuwin panêrak, aliya ukuman kang ginantungake marang kaluputan angrewangi utawa mitulungi kalumpukan kang nêdya angrusuhi têntrêming pranatan sak jêrone utawa ing jabane laladan tanah Indiya Nèdêrlan, samono iku sanadyan pamurihe ora kongsi kalakon.

Ăngka 4: Sing sapa kang ngojok-ojoki murih anglakoni kadurjanan utawa panêrak, sarana pitêmbung ingèdhèng marang wong akèh

--- 18 ---

kang padha kêkumpulan, utawa sarana layang tulisan kang dudu cithakan sarta katèmplèkake ingèdhèng, tuwin kang kaêdol utawa kawratakake ing ngakèh.

Pêpacak wêkasan iki uga tumrap yèn pangojok-ojok mau amung nglairake panyoba kadurjanan utawa panêrak, kang ginantung ukuman. Anadene yèn pangojok-ojok mau, ora pisan-pisan linakonan. Iya iku kang kaluputan kapatrapan ukuman dhêndha saka sèkêt tumêka satus rupiyah. Samono iku yèn ana nalare kang angabotake prakarane, kang luput mau kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa rante, lawase nêm dina tumêka nêm sasi.

Bab 29, sing sapa kang sumurup pratingkahe wong ala, anglakoni ngècu utawa ngroda paksa, angrusaki

--- 19 ---

têntrêming tanah Indiya Nèdêrlan, utawa têntrême nagara, utawa angroda paksa marang uwong utawa rajadarbèke, măngka mantêb amondhoki, andhêlikake wong ala mau, sarta anyadhiyakake panggonan pakumpulane uwong ala mau. Iya iku kaukum kaya sabiyantune wong ala mau.

Bab 30, samono uga kapatrapan ukuman kaya sabiyantune wong ala, sing sapa kang maha ngumpêtake utawa tuku barang cacolongan, utawa barang kang ora tinêkakake marang dununge, utawa barang kang pakolèhe sarana anglakoni kadurjanan utawa panêrak.

Bab 31, ewasamono ukuman pati utawa nyambutgawe pêksan mawa karante, lawase 5 taun tumêka 20 taun. Ora wênang kapatrapake marang kang duwe kaluputan kaya kang kasêbut ing bab 30 mau, kajaba yèn ana tăndha katrangane manawa kang ngumpêtake utawa tuku barang cacolongan mau, saknalikane anglakoni pratingkahe wus sumurup nalaring [nalar...]

--- 20 ---

[...ing] pakolèhe barang mau.

Yèn ora ana tăndha katrangan iku, kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante, lawase 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 32, sing sapa kang ngêlêdake pamondhokan, utawa omah lusmèn, manawa kapondhokan uwong lawase luwih saka sadina sawêngi, măngka jênênge, pagaweane, omahe kang mondhok mau ora kamotake ing layang pèngêtan (rêgistêr), kang pancèn kudu ana awit saka dhawuhe panggêdhe nagara. Malah kang mondhok mau saksuwene ana ing omah pondhokan anglakoni kadurjanan utawa panêrak, iya kang ngêlêdake pondhokan iku kajibah ambalèkake barang kang ilang sarta anêmpuhi pitunane tuwin ambayar wragading prakara, marang kang nyandhang pituna jalaran kadurjanan utawa panêrak kang mondhok mau. Kajaba saka iku uga kapatrapan kuwajibane uwong kang kajibah angrumati barang kang katitipake kaya kang kasêbut ing pêpacak ing anggêr parapadu.

__________

--- 21 ---

Pangkat VI.

Bab lêlakon kang ora kaangêp kaluputan, sarta kang kêna diapura lan kang angènthèngake prakara.

Bab 33, sing sapa kang anglakoni kadurjanan utawa panêrak, măngka nalikane anglakoni pinuju lara owah kaelingane, utawa anglakoni jalaran kapêksa sarana wasesa, iya iku ora kaanggêp kaluputan.

Bab 34, ora ana laku kadurjanan utawa panêrak kang kêna diapura utawa kasuda ukumane, yèn ora ana sababe wujuding prakara wênang diapura utawa diènthèngake ukumane.

Bab 35, yèn kang kadakwa luput durung umur nêm bêlas takaun[7], măngka têtela anggone nglakoni kaluputan tpa[8] pamikir, kang dinakwa mau ora kapatrapake ukuman. Ananging mawa anduga-duga yogane dibalèkake marang wong tuwane utawa akhrabe, utawa dilêbokake ing omah panggonane [panggona...]

--- 22 ---

[...ne] amulasara bocah kang arêp ing piala. Lawase sawatara taun amiturut unine layang pirampungan. Ananging ora kêna luwih saka tutuge ing umur rong puluh taun.

Bab 36, manawa kang kadakwa mau katimbang yêkti nglakoni piala mawa pamikir, amêsthi kapatrapan ukuman, dene ukumane kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Yèn kaluputane ginantungan ukuman kang kasêbut ing bab 5 ăngka 1 lan 2. Iya iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante lawase 10 taun tumêka 20 taun.

Manawa kaluputane ginantungan ukuman kang kasêbut ing bab 5 ăngka 3 lan 4. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante, lawase saparatêlon tumêka saparoning ukuman kang kapratelakake ing bab 5 ăngka 3 lan 4 mau.

Yèn kaluputane ginantungan ukuman nyambutgawe [nyambu...]

--- 23 ---

[...tgawe] pêksan tanpa karante utawa dhêndha, iku pangadilan wênang anyuda ukuman mau saprayogane, anggêr bae kurang saka saparoning ukuman kang pancèn kapatrapake yèn kang kaluputan umure wus 16 taun.

Bab 37, yèn saupama kang dinakwa mau pantês kasuda ukumane awit isih kurang umure, utawa karana ênggone nglakoni kaluputan mau jalaran kapaksa utawa kaprentah, utawa awit wêdine marang kang mêksa utawa marentah, sarta yèn awit kabusuk ing liya tuwin cupêting budine, măngka kaluputane mau ora kapati gêdhe utawa kang dinakwa mau ambalèkake pituna saka karêpe dhewe, utawa yèn ana nalar kang awênangake anyudani paukumane, iya iku diliru mawa ukuman kang kasêbut ing ngisor iki. Kaya ta:

Ukuman kang kasêbut ing bab 5 ăngka 1, sinalin ukuman nyambutgawe pêksan tanpa [ta...]

--- 24 ---

[...npa] karante ora kurang saka 2 taun.

Ukuman kang kasêbut ing bab 5 ăngka 2, sinalin ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante, ora kurang saka 1 taun.

Ukuman kang kasêbut ing bab 5 ăngka 3, sinalin ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante, ora kurang saka 3 sasi.

Manawa ana sababe kang wênangake ngèdhèngi ukuman kang kasêbut mau, utawa ana sabab liyane, ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante, utawa kunjara, utawa nyambutgawe pêksan ing yêyasaning nagara, utawa ukuman dhêndha, iku pangadilan kawênangake anyuda saprayoga. Malah atasing kadurjanan utawa panêrak kang ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante utawa kunjara bêbarêngan kalawan ukuman dhêndha, ukuman mau wênang kapatrapake salah sawijine bae.

__________

Pêpacak wêkasan.

Bab 38, pêpacak kang kamot ing layang kang kapisan [kapisa...]

--- 25 ---

[...n] iki, uga tumraping kadurjanan lan panêrak kang ukumane kapratelakake ing layang anggêr liyane, kajaba yèn wus ana pêpacak liya kamot layang anggêr iki, utawa kamot ing waton pranata liyane.

__________

Layang kang kapindho.

Bab sawiji-wijining kadurjanan tuwin panêrak.

Pangkat I.

Bab kadurjanan lan anêrak pranataning nagara.

Perangan I.

Bab kadurjanan angrusak têntrême tanah Indiya Nèdêrlan.

Bagean I.

Bab kadurjanan angrusaki têntrême tanah Indiya Nèdêrlan, kadi ting jaba.

Bab 39, singa uwong băngsa Jawa sapanunggalane, kang anglawan parentah tanah Indiya Nèdêrlan [Nèdêrla...]

--- 26 ---

[...n] sarana gêgaman. Iya iku kapatrapan ukuman pati.

Bab 40, singa wong kang angajak utawa rêrêmbugan kalawan panguwasa liya, utawa para ratu kang ora kabawahakên tanah Indiya dêrlan[9] utawa kalawan kang dadi pitayane panguwasa tuwin ratu mau, amurih lêlawanan utawa pêrangan karo parentah tanah Indiya Nèdêrlan, utawa amujudake pirantining papêrangan marang mungsuh, iya iku kapatrapan ukuman pati. Samono iku sanadyan ênggone ngajak utawa rêmbugan durung nganti andadèkake lêlawanan.

Bab 41, mangkono uga singa wong kang sakait utawa rêmbugan karo mungsuh, amurih anggampangi têkane mungsuh ing tanah Indiya Nèdêrlan, utawa amurih amasrahake kutha, bètèng, pajagane bala prajurit, palabuhane prau kapal, gudhang, panggonan pangrawat prabot papêrangan, prau kapal, tuwin prau liya kagungane kangjêng parentah, utawa yèn amurih têtulung pêrange si mungsuh sarana

--- 27 ---

amujudake wadyabala, parewang, arta brana, pangan, gêgaman, lan pirantine pêrangan, utawa yèn amurih mitulungi si mungsuh bisa banjurake ênggone pêrangan karo parentah Indiya Nèdêrlan utawa karo wadyabalane, sarana ambujuki para panggêdhe upsir, saradhadhu, prajurit matrus utawa liyane kang ngabdi ing kangjêng parentah, nganti ngapêsake têmêning sêtya tuhune, utawa yèn amurih piala sarana anandukake pratingkah liyane. Iya iku kapatrapan ukuman pati.

Bab 42, yèn têtêpunge karo kang dadi mungsuh mau, ora awit saka niyat anglakoni piala kaya kang kasêbut ing bab 41 mau, ananging dadi jalaran amartakake marang si mungsuh bab kaanane utawa tatane tanah Indiya Nèdêrlan, utawa kaanane lan tataning băngsa mitra kang sabiyantu marang parentah Indiya mau. Iku kang tatêpungan mau kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Aliya saka ukuman kang luwih abote

--- 28 ---

yèn ênggone martani mau awit dadi têlik.

Bab 43, ukuman kang kasêbut ing bab 40 lan 41 tumrape marang kang anglakoni kaluputan kang kapratelakake ing bab loro mau padha bae, ora beda apa luput marang parentah Indiya Nèdêrlan, apa luput marang băngsa kang dadi mitra lan sabiyantune tanah Indiya mau amêrangi mungsuh iku.

Bab 44, singa wong kang ora kabawah pangadilan militèr, măngka angicuk-icuk marang kănca militèr utawa saradhadhu, dipurih miruda supaya ngawula dadi prajurit ing wadyabalaning băngsa liya, utawa kang maha amitulungi mirudane mau. Iya iku kaukum nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 45, kapatrapan ukuman dhêndha satus rupiyah tumêka 500 rupiyah, utawa ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 1 taun. Singa wong kang liya kang kasêbut ing bab 44 mau tuwin ora kabawah pangadilan militèr, măngka mawa nganggo sadhengahing pratikêl angicuk-icuk kănca wadyabala [wadya...]

--- 29 ---

[...bala] parentah Indiya Nèdêrlan supaya miruda, utawa kang maha nyarati mirudane mau, utawa kang maha andhêlikake tuwin mondhoki kang miruda mau, utawa kang angrewangi kănca militèr nganti bisa minggat saka sawênèhing barisan tuwin tumuli ngawula ing saliyane, mawa nganggo jênêng salinan utawa rêrekan. Apamanèh yèn sarana nganggo akal ala liyane.

Bab 46, kapatrapan ukuman pati singa wong prayayi utawa pitayaning parentah, utawa wong liyane, kang martakake marang mungsuh utawa liyane băngsa kang ora kabawahakên parentah Indiya Nèdêrlan, utawa marang pitayane băngsa mau, wadining rêmbug utawa wadining samubarang kang sumêdya ditindakake ing parentah, măngka barang wadi mau kapitayakake awit saka lungguh utawa pagaweane prayayi, utawa pitayane parentah mau, utawa wong liya mau.

Bab 47, yèn prayayi utawa pitayaning parentah [pare...]

--- 30 ---

[...ntah] lan uwong liyane, kabubuhake angêrèh sawênèhing pagawean, utawa jalaran pagawean mau kapitaya angrumati gambar utawa polane papan bètèng, utawa panggonan praboting pêrang utawa gambaring palabuhan prau, măngka amasrahake gambar utawa polaning papan mau marang mungsuh utawa pitayaning mungsuh mau, iya iku kapatrapan ukuman pati.

Dene yèn pamasrahe mau marang băngsa liya kang ora kabawah parentah Indiya Nèdêrlan, utawa marang băngsa kang dudu mungsuhe utawa dadi mitrane, utawa marang pitayane băngsa kang kasêbut mau, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 48, dene yèn liyaning uwong olèhe gambar utawa polaning papan mau sarana ngapusi utawa anjiyati, măngka kinulungake marang mungsuh utawa marang băngsa kang ora kabawah prentah Indiya Nèdêrlan, utawa marang pitayane băngsa mau,

--- 31 ---

iku kapatrapan ukuman kayadene prayayi saliyane kang kasêbut ing bab 47, samono iku mawa nganggo bedane kaya kang kapratelakake ing bab mau iku.

Yèn pakolèhe mau tanpa mawa pratikêl ala, kang amasrahake kinukum nyambutgawe pêksan tanpa karante 5 taun tumêka 15 taun manawa kaluputane kagolong ing adêg-adêg 1, bab 47, dene yèn kagolong ing adêg-adêg 2 uga bab 47 iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 5 taun.

Bab 49, singa wong kang andhêlikake utawa akon andhêlikaki[10] têlik, utawa saradhadhu mungsuh kang kinongkon anjajah panggonan. Măngka wêruh yèn lakune pancèn nêlik utawa anjajah, iku kapatrapan ukuman pati.

Bab 50, sing sapa kang anduwèni patrap mungsuh tanpa suka lilahe parentah, nganti anjalarake panantang pêrang marang tanah Indiya Nèdêrlan, marang băngsa Nèdêrlan [Nèdêrla...]

--- 32 ---

[...n] utawa Indiya Nèdêrlan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Dene yèn solah mau anganti anglêstarèkake papêrangan, ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 51, singa wong kang tanpa idining parentah anduwèni pratingkah kang kaanggêp analarake pratikêl kang bisa andadèkake pamalês, marang băngsa Nèdêrlan utawa băngsa Indiya Nèdêrlan. Tumêka saka băngsa kang ora kabawah parentah tanah Indiya Nèdêrlan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

__________

Bagean II.

Bab kadurjanan kang angrusakake têntrêm sajêroning tanah Indiya Nèdêrlan.

Bab 52, singa wong kang laku piala guyuban, kang sumêdya anêrajang utawa angrusaki, utawa angowahi [angowah...]

--- 33 ---

[...i] parentah nagara, apadene amirantèni gêgaman amurih nglawan panguwasa ing tanah Indiya Nèdêrlan. Iku kapatrapan ukuman pati.

Bab 53, singa wong kang laku piala kang sumêdya amulai pêrang bêdhah nagara, sarana amirantèni gêgaman lan sarana angrusaki utawa matèni tuwin anjarah-rayah ing sadhengahing panggonan. Iku uga kapatrapan ukuman pati.

Bab 54, singa wong kang angingu utawa akon ngingu bala, tuwin kang ngalumpukake utawa akon ngalumpuk saradhadhu, lan kang mirantèni gêgaman utawa praboting pêrangan, tanpa dhawuh utawa pralilahe panguwasa nagara măngka anêdya kaya kang kasêbut ing bab 52, lan bab 53, iku iya uga kapatrapan ukuman pati.

Bab 55, têgêse anêrajang iku, yèn pratingkahe wus kalakon utawa yèn wus ana pratikêle, manawa bisa anandukake kadurjanan kang kapratelakake ing bab 52 lan bab 53 mau, samono [sa...]

--- 34 ---

[...mono] iku sanadyan kadurjanan mau durung nganti kalakon babar pisan.

Bab 56, têgêse gêgunêm angrusaki tata nagara, yèn rêmbuge wong loro utawa luwih wus matêng, sanadyan durung ana pratikêle anêrajang kaya kang kasêbut ing bab 55 mau.

Bab 57, anadene yèn gêgunêman mau ora kungsi[11] kadadiyan, amung ana kang duwe pirêmbug bae utawa ana kang ngajak anglakoni piala kaya kang kasêbut ing bab 52 mau, măngka rêmbuge tinampik. Iku kang ngajak rêmbugan mau kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 58, kapatrapan ukuman pati, singa wong kang tanpa kuwajiban utawa tanpa nalar kang êsah anindhihi wadyabala dharatan, utawa dadi panggêdhening kapal pêrang tuwihn[12] bètèng utawa pajaganing paprangan lan palabuhan utawa kutha. Samono uga kang nêrak dhawuhe parentah mêksa anindhihi wadyabala papêrangan, [papê...]

--- 35 ---

[...rangan,] utawa kang wus dhinawuh, mêksa ora ambubarake utawa ngundurake wadyabalane.

Bab 59, kapatrapan ukuman pati singa wong kang ngobong utawa angrusaki gêdhong, gudhang, gêdhong pangrawat prabot pêrangan, prau kapal utawa liyaning prabot kagungane nagara, sarana ambalêdhosake sandawa kang kapêndhêm.

Bab 60, singa wong kang dadi têtindhih utawa panggêdhening wadyabala kraman, măngka sumêdya ngrêbut bumi utawa rajakayane nagara, utawa kutha, utawa bètèng, pajagan, gudhang prabot pêrang, palabuhan, prau kapal utawa prau liya kagungane nagara, utawa kang sumêdya angrampas rayah lan angêdumi kagungane nagara, utawa yèn anglawan tuwin anêmpuh panguwasa nagara kang angalang-alangi kadurjanan kang kasêbut mau, iya iku kapatrapan ukuman pati.

Samono uga kapatrapan ukuman pati, singa wong kang ngêrèh kalumpukan kraman mau, utawa kang ngalumpukake utawa kang ngakon ngalumpuki tuwin mraboti

--- 36 ---

[...boti] bala kraman mau, lan manèh kang maha angrupaki gêgaman, praboting pêrang lan piranti kang kinanggo anglakoni kadurjanan mau, iya uga kang angrupakake pangane, apadene kang anglakoni sadhengahing pratikêl nganti bisa rêrujugan kalawan têtindhih utawa panggêdhening bala kraman mau.

Bab 61, saupama ana kadurjanan kang kasêbut ing bab 52 lan lab[13] 53, linakonan sarana krompolan. Sakèhing durjana kang nunggal krompolan mau lan padha kacêkêl ana ing panggonane anandukake rêrusuh, iku tanpa mawang lungguh utawa pangkate kabèh kapatrapan ukuman pati.

Mangkono uga kapatrapan ukuman pati singa wong kang nyolahake rêrusuh mau utawa kang milu nyăngga panggawean, utawa kang amrentahi krompolman[14] mau. Samono iku sanadyan uwonge ora kacêkêl ing panggonane ananduki rêrusuh.

Bab 62, kajaba yèn krompolan rêrusuh mau [ma...]

--- 37 ---

[...u] sumêdya utawa anandukake sawênèhing kadurjanan, kaya kang kasêbut ing bab 52 lan 53, singa wong kang milu dadi bala krompolan mau ananging ora kabubuhan lungguh utawa ora amrentahi, măngka kacandhak ana ing panggonane anglakoni kadurjanan. Iya iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Tab[15] 63, singa wong kang sumurup sêdyane utawa lakare krompolan mau, măngka tanpa kapêksa wani amondhoki tuwin andhêlikake wong ala mau, utawa mapanake panggonan krumpulan. Iya iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 64, singa wong kang milu dadi bala kraman mau ananging ora duwe lungguh utawa ora ngêrèh kănca balane, măngka murungake kadurjanane awit kaelingake dene panggêdhening nagara utawa pênggêdhening prajurit, utawa amurungake saka karêpe dhewe, iku ora katrapan pukumane[16]

--- 38 ---

uwong ngraman. Yèn kacandhak utawa kacêkêl ing panggonan aliya papane anandukake rêrusuh mau, samono iku yèn ora bonggal[17] lan ora gawa gêgaman.

Ewadene kang cinandhak kaya mangkono mau, amung kapatrapan ukumane kadurjanan utawa piala liya kang pancèn linakonan dhewe.

Bab 65, têgêse gêgaman utawa sanjata kaya kaanggêp ing layang anggêr iki, iya iku samubarang prabot piranti landhêp kang bisa anatoni, tuwin kang landhêp lancip pucuke utawa kang warna pênthung kang pancèn kanggo amutung utawa malêpêsake bêbalung utawa ngabuhake awaking uwong.

Prabot piranti mau, yèn pancèn kalêbu sandhangan padinan, utawa manèh kang warna lading, pangot apadene gunting tuwin panjalin lugas, iku ora kaanggêp gêgaman kajaba yèn kanggo matèni, natoni, utawa anggitik uwong.

Bab 66, singa wong kang angojok-ojoki

--- 39 ---

anglakoni kadurjanan kang kasêbut i[18] bagean iki, măngka amiturut unine bab 28 ăngka 4, dianggêp ambingyantoni[19] marang kadurjanan mau, iku yèn kadurjanane ora kongsi dadi, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

__________

Bagean III.

Bab anglapurake tuwin anyidhêm kadurjanan kang angrusaki tata têntrême tanah Indiya Nèdêrlan, saka ing jaba utawa sajroning laladane.

Bab 67, singa wong kang sumurup ana pangguyub piala utawa kadurjanan kang sumêdya angrusaki tata têntrême tanah Indiya Nèdêrlan, măngka ing dalêm sadina sawêngi sawuse ngawruhi ora lapur ing parentah, utawa marang kang anyêkêl panguwasa nagara, utawa marang pulisi bab nalar mulane piala mau, iku sarèhne amung anyidhêm utawa ora nglapur kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka [tumê...]

--- 40 ---

[...ka] 5 taun, lan ukuman dhêndha 250 rupiyah tumêka 1.000 rupiyah. Samono iku sanadyan ora kaluputan ambiyantoni, utawa ora amrayogakake malah amênging utawa angalang-alangi pangguyub piala mau.

Bab 68, pêpacak kang kasêbut ing bab 67 mau ora tumrap marang kang kapratelakake ing ngisor iki:

Ăngka 1: Bapa biyung, kaki nini sapandhuwure, anak putu saurute mangisor, maratuwa, bapa biyung kuwalon, kaki nini maratuwa, kaki nini kuwalon sapandhuwure, mantu, anak kuwalon, putu mantu, putu kuwalone kang dinakwa angguyubi piala mau.

Ăngka 2: Sadulur lanang wadon, ipe lanang wadon, apadene paman bibi, uwa tuwin kang katut saka ing salakirabi, lan manèh anaking sadulur.

--- 41 ---

Ăngka 3: Somah sanadyan wus pêpêgatan.

Ăngka 4: Lêskar kang wus kamardikakake.

Ăngka 5: Kang awit saka pangkat lungguhe utawa pagaweane êsah kawajibake nyimpên wadi. Samono iku amung yèn têtela ênggone anyidhêm kawruhane jalaran saka kuwajibane anyimpên wadi awit saka lungguhe utawa pangkate tuwin pagaweane.

Bab 69, ukuman kang ginantung marang kang kaluputan angguyub piala kang sumêdya angrusaki têntrême tanah Indiya Nèdêrlan, ora kapatrapan marang singa sapa kang dadi balane utawa ambiyantoni krompolan durjana mau yèn lapur ing parentah utawa pulisi sadurunge kancane anandukake utawa nyoba piala mau, lan sadurunge parentah amiwiti panggugat marang kang padha kaluputan. Apamanèh yèn pilapuran mau sawuse ana panggugat măngka kang lapur analarake, durjana mau utawa sabiyantune bisa kacandhak utawa

--- 42 ---

kacêkêl.

__________

Perangan II.

Bab kadurjanan tuwin panêrak marang tataning nagara.

Bagean I.

Bab kadurjanan ingatase anindaki wawênang amilih.

Bab 70, manawa kang padha wênang anindakake amilih, măngka kapalang dening krompolan piala sarana dianiaya, utawa kaancam-ancam. Kang kaluputan mangkono mau, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante, sakurang-kurange 6 sasi, sakèh-kèhe 2 taun, tuwin kasuwak wawênange amilih lawase 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 71, saupama kadurjanan kang kasêbut ing dhuwur mau linakon sarana pangangkah kang wus karêmbugan dhisik, amurih bisane kalakon ing desa sawiji utawa luwih, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante [kara...]

--- 43 ---

[...nte] 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 72, singa wong kang kabubuh anyathêti pêpilihaning ngakèh, măngka anggone nyathêti mawa lêliru jênênge kang kapilih, utawa angowahi jênênge kang wus kapilih, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun, sarta kasuwak wawênange kaya kang kasêbut ing bab 22 lawase 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 73, singa wong kang ora kabubuh pagawean anyathêti pêpilihan mau, măngka anglakoni kaluputan kaya kang kasêbut ing bab 72 iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, sarta kasuwak wawênange amilih lawase 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 74, singa wong desa utawa kampungan kang nalikane pêpilihan lurah, wani atuku utawa angadol wawênange amilih lurah, iku tanpa praduli sapira rêgane kapatrapan ukuman kasuwak wawênange kaya kang kasêbut ing bab 22 lawase 5 taun tumêka

--- 44 ---

10 taun.

Aliya saka iku kang adol utawa tuku mau kapatrapan ukuman dhêdha,[20] kèhe tikêl kang wus kabayar utawa kang wus kawènèhake.

__________

Bagean II.

Lêlakon kang nêmpuh marang wawênang.

Bab 75, yèn prayayi parentah nagara utawa sosorane tuwin bau pulisi, anduwèni pratingkah asiya marang sawênèhing uwong, anganti ngarubiru wawênanging awake, utawa wawênange amilih, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun, mawa kadhêndha tan ora. Anadene yèn kadhêndha kèhe 10 rupiyah tumêka 500 rupiyah lan kasuk wawênange kaya kang kasêbut ing bab 22.

Panyobane kaluputan mau uga kapatrapan ukuman.

Ewasamono manawa prayayi sasosorane mau, bisa anelakake yèn lêlakone jalaran [jalara...]

--- 45 ---

[...n] parentah lêluhure ing atas prakara pancèn dadi wawênange, măngka kang anglakoni kuwajibake anindakake parentah mau, iku kang kaluputan ora kapatrapan ukuman. Ukumane kapatrapake marang prayayi luhur kang amarentahi.

Bab 76, saupama kang kaluputan kajibah anglironi pitunan marang kang kaniaya, iku tatane nganggo nyawang uwonge sarta pratikêle lan pitunane. Samono iku têmpuhane, sanadyan sapa uga wonge kang nandhang pituna mau, ora kêna kurang saka 3 rupiyah ing dalêm sadinane.

Bab 77, yèn prayayi nagara mopo utawa kèthèr angèstokake pêpacak nagara, kang murih anelakake yèn ana wong kaanggrak tanpa êsah ana ing kunjara utawa liyaning panggonan, utawa yèn prayayi mau ora bisa anelakake yèn wus lapur marang luhure, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun, mawa kadhêndha tan ora, yèn kadhêndha kèhe 10

--- 46 ---

rupiyah tumêka 500 rupiyah, apadene manèh kasuwak wawênange sarta kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22 sarta kajibah nglironi pitunan kaya kang kasêbut ing bab 76 mau.

Bab 78, kapatrapan ukuman nyambutgawe paksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, lan kadhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah, singa juru kunci kunjara kang ngunjara uwong tanpa dhawuhe parentah kang wênang andhawuhi, utawa tanpa ana layang parampunganing pangadilan, utawa yèn dhawuh tuwin karampungan mau ora diunggahake ing cacêkêlane layang pemutan. Samono iku aliya yèn juru kunci mau kawênangake angunjara sarana ngêntèni dhawuh utawa layang karampungan mau.

Mangkono uga ukumane juru kunci kunjara, kang sanadyan panjaluke kang wiwênangake dening anggêr mogok anuduhake kunjaran. Samono iku tanpa ana cêgahe jêksa utawa upsir van yustisi lan hakim.

--- 47 ---

Anadene juru kunci kang mêksa mopo anuduhake layange pemutan mara[21] kang wajib amriksani layang mau, iku uga kapatrapan ukuman kang kasêbut ing dhuwur mau.

Ukuman kang kasêbut ing dhuwur mau uga kawênangake dipatrap marang sadhengah wong, kang sawuse anyimpên uwong kang dikunjara dening kang nyêkêl panguwasa ing nagara, kaya kapratelakake ing bab 86 layang anggêr pranatan cacêkêlane parentah ing Indiya Nèdêrlan. Măngka ora lapur tumuli marang upsir van yustisi pangadilan Walănda kang ambawahake panggonan pangunjaran mau.

Bab 79, para prayayi parentah nagara kang angunjara utawa akon ngunjara uwong, ing panggonan liya saka kang kapasthèkake dening parentah gêdhe, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun nganggo kadhêndha tan ora, yèn kapatrapan ukuman dhêndha, dhêndhane 10 rupiyah tumêka 500 rupiyah. Lan manèh kasuwak wawênange sarta [sar...]

--- 48 ---

[...ta] kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Panyobane kaluputan mau uga kapatrapan ukuman.

__________

Bagean III.

Bab balelaning prayayi parentah nagara.

Bab 80, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 sasi tumêka 6 sasi, kalawan wênang kasuwak anggone nglakoni sakèhing pagawean nagara lawase ora luwih saka 10 taun. Singa wong kang padha rêrêmbugan angarah anyulayani wêwatoning pranatan nagara, patrap mangkono iku padha uga apa rinêmbug dening kêkumpulan uwong bae, utawa kêkumpulan kang ana jênênge dhewe sarta kang padha kapitaya binubuh panguwasa sawatara, apa pirêmbuge mau sarana kongkonan utawa sêsulih bae.

Bab 81, saupama jalaran salah sawijining pratikêl kasêbut ing bab 80 mau, ana kang rêmbug patrap nganti ora bisa anindakake waton pranata utawa [u...]

--- 49 ---

[...tawa] dhawuhe parentah gêdhe, iku kang padha kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Yèn rêmbugan mau linakon dening prayayi parentah nagara karo prayayi prajuritan utawa wadanane, iya iku kang dadi panggêdhene utawa kang angojok-ojoki, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Dene liyane kang padha milu kaluputan, iku kaukum nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 82, kang saupama wujude utawa kadadeyane rêmbugan mau angrusaki têntrêming sajêrone tanah Indiya Nèdêrlan. Iku kang kaluputan kapatrapan ukuman pati.

Bab 83, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante lan mawa kadhêndha tan ora, dene yèn kadhêndha kèhe 10 rupiyah tumêka 500 rupiyah, sarta kasuwak wawênange tuwin kuwajibane kaya kang kasêbut [kasê...]

--- 50 ---

[...but] ing bab 22 singa prayayi nagara kang padha rêrêmbugan anyèlèhake pagaweane, yèn wujude utawa kadadeyane supaya anglèrènake utawa angandhêgake lakuning pangadilan utawa liyaning pagawean nagara.

__________

Bagean IV.

Bab anyatak panguwasa dening prayayi warana utawa prayayi pangadilan.

Bab 84, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante lan mawa kadhêndha tan ora, dene yèn kadhêndha kèhe 10 rupiyah tumêka 500 rupiyah, tuwin kasuwak wawênang, lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22:

1. Prayayi hakim utawa pangadilan, prayayi jêksa lan prayayi pulisi kang anyatak panguwasane, sarana amacak waton pranata kaya kang kapratelakake ing bab 31 saka layang anggêr pranatan pangêrèhe [pangê...]

--- 51 ---

[...rèhe] tanah Indiya Nèdêrlan. Sarana agawe pranata kang ngamot pêpacak kang pancène kudu katêtêpake ana ing layang undhang-undhang. Utawa sarana angandhêgake utawa angênêngake tumindake dhawuh undhang-undhang, tuwin sarana ngrêmbug apa dhawuh kaya mau kêna ditindakake.

2. Prayayi hakim utawa pangadilan, prayayi jêksa lan kang dadi pitulunge kang anyatak panguwasane, sarana milu angrampungi utawa nglakoni prakara kang pancèn dadi bubuhane prayayi parentah nagara. Sarana agawe pranatan ingatase prakara mau. Utawa sarana anyêgah tumindaking dhawuhe parentah gêdhe utawa prayayi warana.

Bab 85, kapatrapan ukuman dhêndha 8 rupiyah tumêka 75 rupiyah para prayayi pangadilan. Yèn wus ana dhawuh saka parentah warana kapurih ambalèkake [ambalè...]

--- 52 ---

[...kake] prakara kang kaladhèkake ing pangadilane, măngka wani angrampungi prakara mau tanpa ngêntèni dhawuhe panguwasa pandhuwur pisan.

__________

Pêpacak wêkasan ing pangkat iki.

Bab 86, sakèhing kaluputan kang kasêbut ing pangkat iki sarta ginantungan ukuman kasuwak wawênang tuwin kuwajiban kaya kang kapratelakake ing bab 22 iya iku panyuwake wawênang anglakoni sakèhing pagawean nagara, amung ora kuwajibake yèn prayayi pangadilan angêtrapake pêpacak kang kasêbut ing bab 37.

__________

Perangan III.

Bab kadurjanan lan panêrak têntrême nagara.

Bagean I.

Bab amblênthoni.

--- 53 ---

Adêg-adêg I.

Bab dhuwit gopok.

Bab 87, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun. Singa wong kang niru gawe, amalsu, anyuda rêgane, nacad utawa angrusaki dhuwit êmas utawa salaka kang payu ing tanah Nèdêrlan utawa ing tanah Indiya Nèdêrlan. Apadene kang maha amayokake, anawakake utawa ngalêbokake ing tanah Indiya Nèdêrlan dhuwit kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau.

Pêpacak kang kasêbut ing bab 37 ora tumraping kadurjanan aniru utawa akon niru gawe dhuwit êmas tuwin dhuwit salaka kang payu ing tanah Nèdêrlan utawa tanah Indiya Nèdêrlan. Manawa kadurjanan mau linakon dening wadanane panyithak utawa liyane kang kabubuhan pagawean angêrèh panyithake dhuwit nagara, samono uga yèn kang kaluputan [kaluputa...]

--- 54 ---

[...n] ambêburuh ing panyithak mau.

Bab 88, sing sapa kang niru gawe, amalsu, anyuda rêgane, anacad utawa angrusaki dhuwit têmbaga kang payu ing tanah Nèdêrlan utawa tanah Indiya Nèdêrlan. Utawa kang maha milu amayokake uta[22] anawakake tuwin ngalêbokake ing tanah Indiya Nèdêrlan. Dhuwit kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksa mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 89, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Singa wong kang ana ing Indiya Nèdêrlan măngka niru gawe, amalsu, anyuda rêgane tuwin anacad utawa angrusak dhuwit tanah mănca. Apadene kang maha milu amayokake, anawakake tuwin ngalêbokake ing tanah Indiya Nèdêrlan, dhuwit mănca kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

Bab 90, ukuman kang kapratelakake ing bab, [ba...]

--- 55 ---

[...b,] têlu ing dhuwur mau, ora kapatrapakake marang uwong kang anampani dhuwit têtiron, dhuwit gopok, dhuwit kang kasuda rêgane utawa kang cinacad tuwin karusak. Măngka katămpa kinira bêcik bênêr banjur kanggo ambayar utawa kalakokake manèh.

Ewasamono kang nganggo dhuwit kaya kang kapratelakake mau, măngka wus sumurup yèn dhuwit mau dudu dhuwit bêcik utawa tulèn. Iku kapatrapan ukuman dhêndha sathithike tikêl kaping têlu sakèhe katikêl kaping nêm rêgane kaya unining cape dhuwit kang dipayokake utawa kabayarake mau.

Anadene kèhe dhêndha mau ora kêna kurang saka 8 rupiyah.

Bab 91, singa wong kang wêruh ana panggonan agawe utawa angrawat dhuwit êmas, salaka, utawa têmbaga kang payu ing tanah Nèdêrlan utawa ing tanah Indiya Nèdêrlan, ananging tiron, gopok, kasuda rêgane, kacacad utawa karusakake. Măngka ing dalêm sadina sawêngi ora anglapurake [anglapura...]

--- 56 ---

[...ke] kawruhane marang parentah nagara utawa marang pulisi, iku amung bae sabab ora nglapurake kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 2 taun. Samono iku sanadyan uwong mau ora pisan kaluputan ambiyantoni.

Pêpacak iki ora katumindakake ingatase kang padha kasêbut ing bab 68.

Bab 92, singa wong kang kaluputan kadurjanan kaya kang sêbut[23] ing bab 87 lan 88 iku ora kapatrapan ukuman yèn anglapurake marang parentah kang kuwajibake bab kaanane kadurjanan tuwin bab kang anglakoni, sadurunge kadurjanan mau kalakon utawa sadurunge kadurjanan mau kaunggahake ing pangadilan. Samono uga yèn panggugate prakara mau wus kaawitake, măngka panglapur mau andadèkake jalaran nganti durjana liyane bisa kacêkêl.

Adêg-adêg II.

Bab aniru gawe cap, dhuwit kêrtas, layang pratăndha [pra...]

--- 57 ---

[...tăndha] utang nagara, cap pratăndha lèlère êmas lan salaka utawa cap pratandhane daluwang, cap pratandhane takêran ukuran timbangan. Lan ciri liyane kang kaparentahake ing nagara.

Bab 93, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan, mawa karante 5 taun tumêka 20 taun.

Singa wong kang niru gawe cape parentahing tanah Nèdêrlan utawa tanah Indiya Nèdêrlan, utawa kang anganggo cap tiron mau.

Singa wong kang niru gawe utawa gawe palsu layang pratăndha utang kang kalakokake mêtu saka kantor uwang nagara mawa cape kantor mau. Utawa dhuwit kêrtas kang kalakokake dening kantor bang kang wus kalilan sarana wêwatoning pranata.

Apadene singa wong kang maha nganggo utawa ngalêbokake ing tanah Indiya Nèdêrlan. Sawênèhing layang pratăndha utang tuwin dhuwit kêrtas tiron utawa palsu kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

--- 58 ---

Pêpacak kang kamot ing bab 37 ora tumrap marang kadurjanan mau. Anadene pêpacak kang kapratelakake ing bab 91 lan 92 iku kapatrapake marang kadurjanan kang kasêbut ing bab iki.

Bab 94, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Singa wong kang gawe tironing cape parentah utawa kang ngowahi cap mau, tuwin cap parentah kang kanggo anêngêri alas, lan cap pratăndha lèlère barang êmas lan salaka.

Singa wong kang maha anganggo layang tiron utawa layang kang wus kaowahake. Utawa layang pratăndha utang nagara, cap sègêl, cap pratăndha nêngêri alas tuwin cap pratăndha lèlère barang êmas salaka kang tiron utawa kaowahake.

Bab 95, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun:

Singa wong kang mawa amurang bênêr andaku kagungane parentah cap sègêl, cap kanggo têngêr alas utawa

--- 59 ---

paleleran kang padha tulèn lan pancèn kanggo kaya kang kasêbut ing bab 94, măngka awani nganggo cap mau nganti mitunani beyane lan paedahe tanah Indiya Nèdêrlan.

Anadene singa wong kang angêtrapake, angganthètake utawa angalèhake pratandhane cap marang panggonan liya saka lagi kaêtrap sakawite, iku mungguh bab kudune kaukum padha bae kalawan ukumane kang kapatrapake marang kang anglakoni kadurjanan, anjupuk, utawa anganggo cap layang kang kasêbut ing dhuwur iki.

Bab 96, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Singa wong kang aniru gawe tăndha teladan kang pancèn tumraping barang dagangan awit saka dhawuhe parentah nagara.

Singa wong kang maha anganggo cap tiron mau.

Singa wong kang niru gawe utawa nganggo cap utawa pratăndha teladan, kang pancèn kanggo ing prayayi nagara. [naga...]

--- 60 ---

[...ra.] Utawa kang niru gawe lan nganggo cap utawa tăndha teladan duwèke kantor bang patiklir[24] utawa kêkumpulane wong dagang.

Cap utawa tandhane bang partiklir utawa kêkumpulane wong dagang kang diaku wus êsah, iya iku kang polane wus kaaturake marang pakumpulan kang kaaran kamêr van kup andhêlane ivarhèit, tuwin marang kantoring rat van yustisi kang ambawahake bang utawa kêkumpulan dagang mau, dening kang duwe utawa awit saka panjaluke kang duwe dening kang kapitaya. Samono iku kang supaya pola mau karumatana.

Anadene yèn bang tuwin pakumpulan dagang mau ora dumunung ing tanah Indiya Nèdêrlan. Polane cap mau kaaturake marang kamêr van kup andhêlane ivêrhèit sarta kantoring rat van yustisi ing Batawi.

Samono iku yèn anggone ngaturake pola mau mawa diundhangake ana ing layange pawarta nagara sarta salah sawijining layang pawarta liyane ing kono utawa ing panggonane bang tuwin pakumpulan [pakumpu...]

--- 61 ---

[...lan] mau.

Bab 97, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 taun tumêka 5 taun, lan kasuwak wawênang tuwin kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Singa wong kang amurang bênêr andaku sarupaning cap kasêbut ing bab 96, măngka wani anglakoni nganggo cap mau nganti amitunani beya lan paedahe tanah Indiya Nèdêrlan, utawa prayayi nagara lan bang partiklir tuwin kêkumpulan dagang.

Anadene panyuwake wawênang anglakoni sakèhing pagawean nagara, amung ora kuwajibake yèn prayayi pangadilan angêtrapake pêpacak kang kasêbut ing bab 37.

Adêg-adêg III.

Bab pamblênthoning layang êsah, utawa sarupaning layang prakara dagangan tuwin prakara bang.

--- 62 ---

Bab 98, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun. Singa wong prayayi kang ing salagine anglakoni pagawean nagara măngka amblêntoni[25] sarana:

Agawe tăndha tangan palsu utawa têtiron.

Angowahi layang êsah, layang tulisan liyane utawa tăndha tangan.

Anyalini jênêng utawa parabaning uwong.

Amuwuhi utawa anyêlani ijoane layang pemutan utawa layang êsah, sawuse padha karampungake tuwin katandhan.

Bab 99, mangkono uga ukumane para prayayi nagara kang salagi anindakake kuwajibane anganggit layang êsah, angowahake mawa anyidra wujude lan nalare sarana ngamotake prajangjean seje karo kang kaaturake mawa layang utawa ijoane kang akon gawe layang mau. Utawa sarana anyêktèni prakara dora lan anêtêpake prakara kang patut utawa pancèn ora kêna dianggêp.

--- 63 ---

Bab 100, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun singa wong liyane, kang anylênthoni[26] iya iku angowahi layang êsah, utawa sarupaning layang dagangan tuwin layang bang:

Sarana aniru utawa angowahi layang utawa tăndha tangane.

Sarana angreka prajangji, wêwêkas, kasaguhan utawa panguwal, utawa sarana anyambungake pratikêl mau.

Sarana amuwuhake utawa angowahi pacak, prajangji, paturan tuwin prakara, kang surasane pancèn kudu kamot ing layang mau, tuwin kang kudu katara ing layang iku.

Bab 101, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Singa sapa kang maha utawa wus sumurup anganggo layang palsu kaya kang kasêbut ing adêg-adêg iki.

Bab 102, pêpacak kang kasêbut ing dhuwur mau ora [o...]

--- 64 ---

[...ra] katindakake marang kaluputan angowahi layang pas kang kanggo lêlungan, utawa layang parentah lêlungan. Awit prakara iku katata ing adêg-adêg V.

__________

Adêg-adêg IV.

Bab angowahi layang kang ginawe tanpa pitulunge parentah.

Bab 103, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Singa wong kang angowahi layang kaya kang kasêbut ing dhuwur iki sarana ngêtrapake salah sawiji solah kaya kang kapratelakake ing bab 100.

Mangkono uga padha bae ukumane, singa wong kang maha anganggo layang kaya kang kasêbut mau.

Bab 105, pêpacak rong bab mau ora tumrap marang pangowahe layang pratăndha amratelakake kaanane uwong utawa prakara, awit kaamot ing adêg-adêg V ing ngisor iki.

--- 65 ---

Adêg-adêg V.

Bab angowahi layang pas, layang prentah lêlungan, tuwin layang pratăndha pratelan.

Bab 106, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun. Singa wong kang agawe layang pas owahan utawa kang angowahi layang pas tulèn. Apadene yèn maha anganggo layang pas owahan utawa kang diowahake.

Bab 107, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 1 taun. Singa wong kang nyuwun layang pas anganggo jênêng rêrekan, utawa kang amitulungi sarana anêksèni nganti olèh layang pas mau mawa nganggo jênêng rêrekan.

Kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara 6 dina tumêka 1 sasi, singa wong kang ngêlêtake umah pondhokan utawa lusmèn. Măngka maha ngunggahake ing layang pemutan utawa rêgistêr kang kudu [ku...]

--- 66 ---

[...du] ana ing kono awit saka dhawuhe parentah, jênênge kang padha mondhok mawa jênêng owahan utawa rêrekan.

Bab 108, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 6 sasi, singa prayayi nagara kang awèh layang pas marang uwong kang durung diwanuhi, măngka ora mawa kanyatakake jênêng tuwin pangupajiwane kang jaluk layang mau dening wong laro kang wus diwanuhi marang prayayi mau.

Anadene yèn prayayi nagara mau, wus sumurup manawa kang jaluk layang pas anganggo jênêng owahan utawa rêrekan. Măngka nguwèhi layang pas mau anganggo jênêng owahan. Iya iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 109, singa wong kang agawe parentah lêlungan dora, utawa kang ngowahi layang parentah kang tulèn, utawa kang nganggo layang parentah kang kaowahake lan kang ora tulèn. Iku kapatrapan ukuman [uku...]

--- 67 ---

[...man] mawa nyawang kaluputane kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Yèn layang parentah lêlungan owahan mau amung bae kanggo ngapusi rumêksani parentah nagara, iku ukumane anyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 5 taun.

Yèn layang mau andadèkake jalaran nganti nagara kêna ambayar wragade lêlungan marang kang nyêkêl utawa nganggo layang iku, măngka ing sabênêre ora wajib anampani apamanèh yèn anggone nampani wragad mau luwih saka ing sabênêre. Iku yèn pambayar rong prakara mau kurang saka sèkêt rupiyah, ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Yèn kang nganggo utawa nyêkêl layang mau, anampani dhuwit laku kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau, kèhe luwih saka sèkêt rupiyah, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

--- 68 ---

Bab 110, ukuman kang kasêbut ing bab 109 mau mawa beda-bedane, uga kapatrapake marang singa wong, kang sarana ngaturake jênêng owahan anyuwun layang lêlungan mau ing parentah nagara.

Bab 111, yèn sanalikane angawèh layang prentah lêlungan mau, prayayi parentah wus sumurup manawa kang jaluk nganggo jênêng owahan. Iku kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Yèn nalare kaya kang kapratelakake ing pada kang kapisan ing bab 109, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Yèn nalare kaya kang kasêbut ing pada kang kapindho ing bab 109, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Anadene yèn nalare kaya kang kamot ing pada kaping têlu ing bab 109, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

--- 69 ---

Bab 112, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Singa wong kang supaya bisa ngluwari awake dhewe utawa wong liya saka pagawean nagara agawe layang pratăndha kang amratelakake duwe lêlara utawa cacad, sarana nganggo jênênge dhukun, dhoktêr utawa juru nambani tatu.

Bab 113, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 5 taun. Para dhukun utawa dhoktêr tuwin juru nambani tatu, kang sabab nêdya amitulungi marang sawênèhing uwong, agawe layang anêksèni mawa dora lêlaran utawa cacading uwong nganti uwong mau bisa nêmu jalaran luwar saka ing pagawean nagara.

Anadene yèn dhukun mau ênggone awèh layang iku jalaran pangrimuk sarana pawèwèh utawa sêsaguhan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Dene ukumane kang angrimuk padha uga karo kang dirimuk [diri...]

--- 70 ---

[...muk] mau.

Bab 114, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun. Singa wong kang agawe layang pratăndha anganggo jênênge prayayi nagara, bab kalakuan bêcik, bab kamusakatan utawa bab ing liyane, amurih lumunturing sihe parentah utawa sihe uwong aliya, supaya uwong mau kaparingan pagawean, kapitayan utawa pitulungan.

Mangkono uga ukumane singa wong:

1. Kang angowahake layang kaya kang kasêbut mau, supaya bisa kanggo marang uwong seje karo kang kaparingan.

2. Kang maha anganggo layang owahan utawa kang diowahake kaya kang kapratelakake mau.

Bab 115, singa wong kang amblênthoni sarana sarupaning layang pratăndha panêksèn liyane, nganti bisa amitunani marang nagara utawa wong liyane, iku mawa [ma...]

--- 71 ---

[...wa] animbang nalare kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing adêg-adêg III lan II, saka bagean iki.

Anadene sarupaning layang kitir utawa layang sorogan kaya kang kasêbut ing layang undhang-undhang kang katitimangsan tanggal ping 21 wulan Juli taun 1863 sêtasblat[27] ăngka 84 sapanunggalane, iku padha kagolong layang pratăndha anêksèni samubarang prakara utawa lakuning uwong.

__________

Pêpacak wêkasaning bagean iki.

Bab 116, sawarnaning kadurjanan amblêntho kang ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante, utawa ingatase lêlakon kaya kang kasêbut ing bab 109, pada kang katêlu, bab 112 pada kang kapindho lan bab 113 pada kapindho. Iku yèn andhawuhi ukuman iku kawuwuhana ukuman dhêndha, ora luwih saka saprapating pangasilan kang ora êsah, sarta kang dadi pakolèhe utawa pangudine uwong kang anglakoni [a...]

--- 72 ---

[...nglakoni] kadurjanan mau sakancane sabiyantu tuwin kang maha anganggo layang mau iku. Samono iku dhêndha mau ora kêna kurang saka sèkêt rupiyah.

__________

Bagean II.

Bab kadurjanan lan panêrak kang linakon dening prayayi parentah ing salagi anandukake pagawean nagara.

Adêg-adêg I.

Bab prayayi parentah kang kabubuh utawa ngrumati samubarang ing nagara măngka anyalingkuhake barang mau.

Bab 117, singa prayayi kang pancèn anampani utawa kang kapatah anampani samubarang, singa prayayi parentah kang dadi juru pangrumat barang utawa singa prayayi kang duwe etung sêsurupan. Yèn anyalingkuhake utawa ora nêkakake marang dununge sarupaning barang kang warna dhuwit utawa layang kang ana ajine, utawa layang êsah lan amal liyane, kagungane nagara utawa duwèke liya, măngka barang mau ana ing tangane [tang...]

--- 73 ---

[...ane] awit dadi rêrumatane, iku yèn barang mau pangajine têlung èwu rupiyah sapandhuwure, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 118, mangkono uga ukuman kang kapatrapake marang kang kaluputan. Ora mêrduli pangajine barang utawa dhuwit kang disalingkuhake utawa kang ora katêkakake ing dununge, yèn kèhe padha lan utawa luwih saka sapratêloning kang ditampani utawa kang dirumati babarpisan. Utawa yèn kèhe padha lan pênanggungane manawa ênggone nampani tuwin ngrawati kalêbu pagawean nganggo tanggungan. Utawa yèn kèhe padha lan sapratêloning panămpa sasèn kang ora pêdhot-pêdhot tuwin ora nganggo tanggungan.

Bab 119, anadene yan[28] pangajine barang utawa dhuwit kang disalingkuhake utawa ora katêkakake ing dununge kurang saka têlung èwu rupiyah, malah prakarane ora kagolong ing pratikêle bab [ba...]

--- 74 ---

[...b] 118, iku ukumane kang kaluputan nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Lan wuwuh-wuwuh kasuwak sak umur uripe wawênange anglakoni pagawean nagara.

Pêpacak kang kari mau ora kuwajibake yèn prayayi pangadilan angêtrapake kang kamot ing bab 37.

Bab 120, yèn pangadilan andhawuhake ukuman kaya kang kasêt[29] ing bab 117, 118 lan 119, iku kalawan ngêtrapake ukuman dhêndha, kèh-kèhe saprapat sathithik-thithike sapararolasan saka pangadilane kang ora êsah.

Bab 121, singa prayayi nagara kang awit saka pagaweane angrawati utawa ditampani layang êsah sapanunggalane, măngka maha angrusak, anyingid utawa anyalingkuhake tuwin ora nêkakake layang-layang mau marang dununge, iya iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

--- 75 ---

Anadene ukuman kang kasêbut mau uga kapatrapake marang singa wong liyane, kang kawisudha dening parentah utawa prayayi parentah, măngka kaluputan kaya kang kasêbut ing padane bab iki ing dhuwur mau.

__________

Adêg-adêg II.

Bab angêtokake pangasilan kang ora êsah utawa kalilan ing parentah.

Bab 122, singa prayayi parentah utawa singa wong kang jalaran pagaweane padha dadi rerehane, kang anglakoni piala mupu utawa nampani, utawa ngakon mupu lan nampani pajêg bumi, pajêg prabeya sapanunggalane, utawa dhuwit lan pangasilan liyane minăngka ganjaran utawa balănja, măngka padha sumurup lèn[30] pancèn ora kudu kabayar tuwin ora kêna dijaluk. Iku kapatrapan ukuman kaya kang kapratelake ing ngisor iki.

Yèn prayayi parentah ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 5 taun tumêka 10 taun.

--- 76 ---

Yèn uwong kang dadi karerehane ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Kajaba saka iku kang padha kaluputan mau kaukum dhêndha, sathithike sapararolas, kèh-kèhe saprapat ing kauntungane kang ora êsah mau.

Samono uga kaluputan piala angêtokake pangasilan kang ora êsah, kapatrapan ukuman amiturut kang kapratelakake ing dhuwur mau:

Ping 1: Para prayayi kang, padha anyulayani pranatan, andhaku, anganggo utawa angêkoki sarana murang bênêr lêmah narawita utawa duwèke sawijang-wijanging uwong Jawa sapanunggalane. Utawa tanpa mêrduli pawadan apa bae kang ngaku-aku wawênang ingatase bumi mau, nganti andadèkake pitunane kang andarbèni sabênêre.

Ping 2: Para prayayi parentah tuwin kang dadi karerehane yèn tanpa mêrduli sapa kang olèh paedahe anjaluk gawene uwong utawa jaluk lêladhèn, [lêladhè...]

--- 77 ---

[...n,] kang ora kalêbu utawa ora kalilan ing wêwatoning pranata.

_________

Adêg-adêg III.

Bab prayayi parentah kang milu-milu nglakoni prakara utawa lumêksanan dagang, kang ora kêna karujukake karo kalungguhane.

Bab 123, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun lan kadhêndha sathithike sapararolas, kèh-kèhe saprapat ing pakolèhing pangasilan ora êsah, apadene saumur uripe kasuk wawênange anglakoni pagawean nagara, singa prayayi parentah utawa kile[31] parentah kang mawa laku prasaja, utawa sarana papawadan tuwin sarana lantarane uwong liya, milu-milu olèh panduman ing prajanjean karo parentah nagara, atasing têtêbasan utawa anggaota amrih olèh bathi utawa kauntungan. Samono iku [i...]

--- 78 ---

[...ku] sanalikane angêrèh utawa angawasi tumindake prajanjean mau.

Panyuwak wawênang mau ora kuwajibake yèn prayayi pangadilan angêtrapake kang kamot ing bab 37.

__________

Adêg-adêg IV.

Bab ngruba.

Bab 124, kapatrasan[32] ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 taun tumêka 5 taun. Apadene kasuwak wawênange lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22, tuwin dhêndha kèhe tikêl ing pangajine kang wus disaguhake utawa wus ditampani, ananging ora kêna kurang saka satus rupiyah. Singa prayayi pangadilan, singa prayayi parentah utawa kang dadi karerehane, kang nampani panawa utawa kasaguhan. Pawèwèh utawa pisungsung, supaya anglakoni kuwajibaning pagaweane kang pancèn ora usah nganggo

--- 79 ---

kabayar, samono iku sanadyan pagaweane mau êsah.

Panyuwak wawênange anglakoni pagawean nagara ora kuwajibake yèn prayayi pangadilan angêtrapi kang kamot ing bab 37.

Pêpacak kang kamot ing bab iki uga tumrap marang prayayi lan kang dadi karerehane mau, kang têmah anampani pawèwèh, sêsaguhan, utawa pisungsung, mopo utawa ora nglakoni pagawean kuwajibane.

Bab 125, yèn prayayi utawa karerehane mau nampani rêruba, supaya anglakoni kadurjanan kang ginantungan ukuman luwih abot saka kang kasêbut ing bab 124, iya ukuman kang luwih abote mau kapatrapake marang kang kaluputan.

Bab 126, singa sapa kang nganiaya, angancam utawa amêksa sawênèhing prayayi kaya kang kasêbut ing bab 124, utawa singa sapa kang ngrêruba prayayi mau sarana panyaguh, pawèwèh utawa pisungsung, supaya olèh [o...]

--- 80 ---

[...lèh] pawarta bêcik, utawa layang pratelan kang ora yêkti ijoane, layang sêtat, layang pratăndha, layang pamurwat, utawa supaya olèh pangkat, kalungguhan, utawa makolèhake anggaota lan pangasilan liyane, utawa amrih olèh pitulung apa bae jalaran pagawean lungguh utawa pangkate prayayi mau. Iku ukumane padha bae kalawan ukumane kang ginantungake marang prayayi kang nampani pangruba.

Panyobaning kadurjanan mau uga ginantungan ukuman. Ananging yèn ora nganti ana utawa andadèkake gunane, iku amung kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 6 sasi tuwin dhêndha sèkêt rupiyah tumêka karobêlah rupiyah.

Bab 127, pawèwèh kang kanggo ngruba iku salawase ora kêna kabalèkake marang kang ngruba, mangkono uga ora pisan kêna dilironi rêgane. Pawèwèh mau kabêskup sarta kapaedahake marang sawênèhing pakumpulan kang pancèn rumatan sidhêkah, [sidhê...]

--- 81 ---

[...kah,] samono iku mawa mituruti dhawuhe prayayi kang ngadili prakara mau.

Bab 128, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, tuwin dhêndha kaya kang kasêbut ing bab 124, singa prayayi pangadilan kang amariksani prakara kadurjanan kang ginantungan ukuman luwih abot saka nyambutgawe pêksan tanpa karante, măngka anampani pangrêruba supaya angènthèngake utawa angaboti prakarane kang dinakwa.

Bab 129, yèn prayayi pangadilan mau angêtrapi ukuman marang kang kaluputan, angluwihi abote saka kang kapêsthèkake ing bab 128 mau, măngka mangkono jalaran wus anampaning[33] pangruba, iya iku ukumane abot kang kaluputan kaêtrapake marang prayayi pangadilan kang diruba mau.

Bab 130, singa prayayi pangadilan utawa prayayi parentah kang amariksani prakara, măngka awit saka sihe, duwe prakara marang kang anglairake panimbang angiloni [a...]

--- 82 ---

[...ngiloni] kang dinakwa, utawa awit saka sêngite anglairake panimbang angluputi marang kang duwe prakara, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun, tuwin kadhêndha tan ora, yèn kadhêndha, dhêndhane 10 rupiyah tumêka 500 rupiyah, sarta manèh kasuwak wawênange kaya kang kasêbut ing bab 22.

Anadene panyuwak wawênange anglakoni sarupaning pagawean nagara, iku amung ora kuwajiban yèn prayayi pangadilan angêtrapake kang kamot ing bab 37.

__________

Adêg-adêg V.

Bab anyahak panguwasa.

Bab 131, singa prayayi pangadilan, singa prayayi jêksa, singa prayayi pulisi, utawa singa prayayi warentah[34] nagara, kang anglêboni sawiyahing omahe uwong tanpa ngajèni kang kapacak ing wêwaton [wêwato...]

--- 83 ---

[...n] pranata, iku kapatrapan ukuman dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

Bab 132, kapatrapan ukuman dhêndha 100 rupiyah tumêka 250 rupiyah, tuwin kasuwak wawênange anglakoni pagawean nagara 5 taun sakurang-kurange 20 taun sakèh-kèhe, singa prayayi pangadilan, singa pasamuan pangadilan, singa prayayi parentah nagara, kang apa bae awadane, dadia jalaran sidhêm utawa samar ing pêpacake anggêr, mopo angadili prakara sanadyan wus ana kang jaluk kabênêran. Utawa prayayi kang sanadyan dhawuh utawa pangèngêt saka ing dhêdhuwurane mantêp ênggone mopo ngadili.

Bab 133, singa prayayi parentah nagara utawa kang dadi karerehane, singa prayayi kang madanani panguwasa nagara sasosorane, kang sanalikane utawa sêdhênge anglakoni pagaweane, măngka tanpa nalar êsah anindakake laku roda marang sapa-sapaa. Iku kapatrapan ukuman mawa nyawang ambêk utawa aboting pangroda kang linakonan, tuwin [tu...]

--- 84 ---

[...win] manut pêpacak kang kapratelakake ing bab 141.

Bab 134, singa prayayi nagara utawa singa sapa kang anglakoni pagawean êpos layang, măngka ora nglulusake lakuning layang utawa ambuka layang kang padha kapitayakake ing êpos, utawa kang anggampangake solah mau. Iku kapatrapan ukuman dhêndha 8 rupiyah tumêka 150 rupiyah, tuwin kasuwak wawênange anglakoni sakèhing pagawean nagara.

Bab 135, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, samono iku tanpa anyawang pangkate, singa prayayi parentah nagara kang andhawuhi panguwasa nagara, utawa akon andhawuhake panguwasa mau, amalangi pamupuning prabeya kang êsah, utawa tumindake layang dhawuhe pangadilan utawa liyaning dhawuhe parentah kang êsah.

Bab 136, yèn pamundhut utawa dhawuh mau nganti tumêka gunane, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

--- 85 ---

Bab 137, singa prayayi kang anglakoni kadurjanan kaya kang kasêbut ing bab 135 lan 136, iku sanadyan anindakake salah mau awit saka parentahing prayayi dhêdhuwurane, ora uga kaluputake saka ing ukuman mau, kajaba yèn parentah iku pancèn prakara kang kagolong wawênange dhêdhuwurane, tuwin kang anglakoni mau wajib angèstokake. Yèn iya mangkono kang kapatrapan ukuman mau iya dhêdhuwurane kang amarentah mau.

Bab 138, yèn têmahane dhawuhing prayayi kang kasêbut ing bab 135 lan 136, ana lêlakon kadurjanan kang ginantungan ukuman luwih abot saka kang kapratelakake ing bab loro mau, ukuman kang luwih abot iku kapatrapake marang prayayi kang andhawuhake parentah mau.

Adêg-adêg VI.

Bab anindakake panguwasa sadurunge kawênang, utawa sawuse kasuwak wawênange.

--- 86 ---

Bab 139, singa prayayi nagara kang anindakake pagaweane sadurunge nyăngga supata, iku kêna ditarik i pangadilan tuwin kapatrapan ukuman dhêndha 8 rupiyah tumêka 75 rupiyah.

Bab 140, singa prayayi nagara kang wus sumurup lantaran dhawuhing parentah, yèn anggone kapacak anglakoni pagawean nagara dilèrèhake, dipocot, dilorod, apadene pagaweane kagantungake, utawa singa prayayi kang pinilih tuwin kapacak anyuluri. Măngka sawuse digêntèni mêksa anglêstarèkake nglakoni pagaweane mau, iku kêna katarik ing pangadilan sarta kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, kadhêndha 50 rupiyah tumêka 250 rupiyah, sarta kasuwak wawênange anglakoni sarupaning pagawean nagara. Mangkono iku kajaba ukuman luwih abot kang kapratelakake ing bab 58 sarta kagantungake marang upsir băngsa militêr lan tatindhihe.

__________

--- 87 ---

Pêpacak wêkasaning bagean iki.

Bab 141, aliya saka kang wus kapacak ingatase ukuman kadurjanan utawa panêrak, kang dilakoni ing prayayi nagara, iku singa prayayi kang milu-milu anglakoni kadurjanan utawa panêrak mau, măngka kuwajiban angalang-alangi utawa rumêksa aja kongsi linakonan. Iku kapatrapan ukuman kaya kawijang ing ngisor iki:

Yèn milu anglakoni kadurjanan utawa panêrak kang ginantungan ukuman ora luwih abot saka nyambutgawe pêksan tanpa karante, iku kang abot dhewe kang kapatrapake.

Yèn prayayi mau kaluputan anglakoni liyaning kadurjanan ukumane kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Yèn kaluputane pancèn ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5

--- 88 ---

taun.

Nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Yèn kaluputane pancèn ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Nyambutgawe pêksan mapa[35] karante 5 taun tumêka 20 taun. Yèn kaluputane ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Liyaning kadurjanan kang kasêbut ing dhuwur mau, ukumane ora diundhaki.

__________

Bagean III.

Bab angarubiru pranata nagara dening para imam, pandhita, guru agama, sapanunggalane, sasêdhênge anindakake pagaweane.

Bab panimbang kang ora mrayogakake tindaking panguwasa, bab panacad, bab pangojok-ojok [pangojo...]

--- 89 ---

[...k-ojok] marang panguwasa parentah, sasêdhênge khutbah utawa salagine amulang marang ing ngakèh.

Bab 142, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 2 taun, singa imam sapanunggalane guru agama, kang salagi anglakoni pagaweane khutbah utawa amulang marang ing ngakèh, amaoni utawa nacadi kangjêng parentah gêdhe, utawa amaoni sarta nacadi sawênèhing tindake panguwasa nagara.

Bab 143, manawa khutbah utawa pamulang mau angamoti pratikêl amrih amurang sarak marang wêwaton pranata utawa liyaning tindake panguwasa nagara, apadene yèn pamurihe supaya andadèkake sêsatroning uwong bumi mawa nawandhang[36] rêrusuh utawa nganti padha nyandhak gêgaman. Iku ukumane imam sapanunggalane guru agama kang kaluputan mau, iya nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 3 taun. Anadene yèn pamurangsarake nganti kalêstarèn ananging [a...]

--- 90 ---

[...nanging] ora kongsi andadèkake rêrusuh utawa pangraman. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 144, yèn pangojok-ojok mau kongsi andadèkake rêrusuh utawa balela ngraman, măngka kang padha kaluputan padha ginantungan ukuman luwih abot saka nyambutgawe pêksan tanpa karante, ukuman kang abot mau uga kapatrapake marang imam utawa sapanunggalane guru agama kang kaluputan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

_________

Agean[37] IV.

Bab anglawan, amurangsarak, tuwin liyaning bab kuciwan marang panguwasa nagara.

Badêg-adêg[38] I.

Bab pambangkang.

Bab 145, têgêse pambangkang iku yèn anêrak utawa anglawan, prayayi kang nglakoni kuwajibane, [kuwajiba...]

--- 91 ---

[...ne,] prayayi panguwasa nagara, prayayi kang kapatah amupu prabeya lan pangasilan, tuwin bêbaune, prayayi bandar, prayayi kang angrumati sawênèhing barang utawa layang êsah, prayayi panguwasa utawa prayayi parentah nagara gêdhe cilik sak sosorane kang anglakokake dhawuhing pranata utawa parentah tuwin layang dhawuhe panguwasa nagara, tuwin prayayi sapanunggalane kang anindakake parentah utawa layang parampungane pangadilan. Singa wong kang kaluputan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau kaukum kaya kang kapratèkake[39] ing bab tut buri iki.

Bab 146, yèn pambangkang mau linakonan luwih saka wong rong puluh kang nyikêp gêgaman, ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 tumêka 15 taun, dene yèn ora mawa anyikêp gêgaman ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 147, yèn pambangkang mau linakon dening kalumpukane uwong têlu tumêka rong puluh sarwa nyikêp [nyi...]

--- 92 ---

[...kêp] gêgaman, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Dene yèn ora mawa anyikêp gêgaman ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun.

Bab 148, yèn pambangkang mau linakon dening wong siji utawa loro sarwa anyikêp gêgaman, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun. Dene yèn ora mawa gêgaman, ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 dina tumêka 6 sasi.

Bab 149, yèn pambangkang mau linakon dening pakumpulaning uwong akèh, bab 64 tumrap marang kang milu-milu ambangkang ananging tanpa duwe pangkat utawa panguwasa amrentah ing pakumpulan mau, măngka sanalikane dielingake ing parentah banjur ora anyidakake pambangkange. Samono uga yèn padha kacêkêl ana ing panggonan liya saka panggonane ambangkang, ora ngambili pambangkange utawa ora mawa nyikêp gêgaman.

--- 93 ---

Bab 150, têgêse kêkumpulan uwong laku durjana mawa nyikêp gêgaman iku, yèn kang kumpulan mau luwih saka wong loro sarta katon padha gawa utawa nganggo gêgaman.

Bab 151, singa wong kang nganggo gêgaman ora dikatokake, măngka milu kêkumpulan laku durjana kang dianggêp tanpa nyikêp gêgaman. Iku padha kapatrapan ukuman kayadene milu laku durjana mawa nyikêp gêgaman.

Bab 152, singa wong kang nglakoni kadurjanan sasêdhênge utawa sanalikane ambangkang, iku kapatrapan ukuman kang ginantungan ing kadurjanane, yèn ta ukumaning kadurjanan luwih abot saka ukuman kang ginantung ing pambangkange.

Bab 153, manawa pangojok-ojoking kadurjanan ambangkang kudu kaanggêp kaya milu-milu utawa kaya ambiyantoni bae, kayadene kang kasêbut ing bab 28 ăngka 4, iku yèn pambangkange ora nganti kalakon ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante [kara...]

--- 94 ---

[...nte] 6 dina tumêka 1 taun.

Bab 154, ing sakèhing prakara pambangkang kang ginantungan ukuman ora luwih abot saka ukuman nyatgawe[40] pêksan tanpa karante, iku kang padha kaluputan wênang kapatrapan ukuman dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

Bab 155, kang kapacak awit bab 145 ing dhuwur mau tumêka bab 154 uga tumrap marang uwong kang padha numpang prau dagang, măngka ambalela utawa ambangkang marang juragane. Mangkono uga tumrap marang kănca pambêlah prau iku kang padha ambangkang marang dhêdhuwurane.

Ingatase kănca pambêlah, juraganing prau tuwin kang diarani dhêdhuwuran mau kaanggêp padha kaya prayayi nindakake wêwaton pranata.

Bab 156, kapatrapan ukuman kayadene ukumane pakumpulan uwong ambangkang, sarupaning kalumpukan uwong kang nyikêp gêgaman utawa kang ora nyikêp gêgaman. Yèn lakune anganggo ngroda pêksa utawa angancam-ancam marang parentah nagara, marang prayayi

--- 95 ---

pulisi sak sosoran utawa parewange, tuwin marang panguwasa nagara. Dene parincine kalumpukan mau kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

1. Para tukang utawa buruh kang padha nyambutgawe ana ing panggonan pagawean utawa pabrik yêyasan nagara sapanunggalane.

2. Uwong kamlaratan kang padha dikukup ing sawênèhing panggonan kang dirumati mêtu saka sidhêkah.

3. Uwong kang kakunjara awit katêrka duwe kaluputan, utawa kadakwa kaluputan utawa kang wus kapatrapan ukuman.

__________

Adêg-adêg II.

Bab amirangake utawa ngroda pêksa marang parentah utawa panguwasa nagara.

Bab 157, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 2 taun. Singa wong kang mirangake prayayi parentah utawa pangadilan, [pangadila...]

--- 96 ---

n, salagi tuwin sasêdhênge anindakake pagaweane, sarana pitêmbung kang amrih anyamah utawa agawe nisthane.

Anadene yèn anggone amirangi salagi ana ing pasamuane pangadilan. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 158, yèn anggone amirangi prayayi mau sasêdhênge utawa salagine anindakake pagaweane, sarana solah tingkahing awak kang ora pantês utawa sarana pangancam. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 6 sasi.

Anadene yèn pamirang mau linakon sasêdhênge utawa salagine prayayi mau ana ing pasamuan pangadilan, ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 2 taun.

Bab 159, kapatrapan ukuman dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah, singa wong kang amirangi sarana pitêmbung, sarana solah tingkahing awak kang ora pantês, utawa sarana pangancam, marang sarupaning sosoran [sosora...]

--- 97 ---

[...n] prayayi, marang wakile panguwasa nagara, marang sosorane pulisi utawa marang parewange, sanalikane utawa sasêdhênge anglakoni pagaweane.

Bab 160, manawa kang kawirangake jêjuluk têtindhih panguwasa nagara, ukumane kang kaluputan nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 1 sasi.

Bab 161, ingatase lêlakon kaya kang kasêbut ing bab 157, 158, tuwin 160, singa wong kang kaluputan mau, kajaba saka ukuman kang ginantungake ing kaluputane, kêna diukum angundurake utawa ambatalake pitêmbunge kang amirangi mau, samono iku ana ing ngarsane pasamuan pangadilan kang têka dhisik dhewe, utawa kamot ing layang. Dene tumindake pangêtrap ukumane kaetung awit ing dina anggone ngundurake utawa ambatali pitêmbunge pamirang mau.

Bab 162, ingatase lêlakon kaya kang kasêbut ing bab 159, kajaba saka ukumane dhêndha, kang

--- 98 ---

kaluputan uga kêna kaukum angundurake utawa ambatalake pitêmbunge kang amirangi. Anadene yèn ora tumuli linakonan utawa mopo kêna kapêksa sarana kapatrapan ukuman kunjara.

Bab 163, singa wong sanadyan ora nyikêp gêgaman utawa sanadyan ora nganti natoni, anangan utawa anggitik prayayi parentah salagi utawa sasêdhênge anindakake pagaweane, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Anadene yèn kaluputan mau linakon sêdhênge utawa sanalikane prayayi mau ana ing pasamuan pangadilan, iku kang kaluputan kaukum nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 taun tumêka 5 taun, tuwin kasuwak wawênang lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Panyuwaking wawênange anglakoni sarupaning pagawean nagara, amung ora kuwajiban kaêtrapake yèn prayayi pangadilan anrapake pêpacak kang kasêbut ing bab 37.

--- 99 ---

Bab 164, yèn pratingkah agal kang kasêbut ing bab 163 mau, kalakon marang sarusaning[41]sosoran prayayi, marang wakile panguwasa nagara, marang sosorane pulisi utawa marang parewange, sanalikane padha anglakoni pagaweane, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 6 sasi.

Bab 165, manawa pratingkah agal kang kasêbut ing bab 163 lan 164 mau, nganti angwutahake gêtih, anatoni, utawa andadèkake lara, yèn kalakon marang prayayi parentah kang kasêbut ing bab 163, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Anadene yèn linakon marang prayayi sasosorane kaya kang kasêbut ing bab 164, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Yèn pratingkah agal mau nganti andadèkake patine kang nandhang sangsara ing sajêroning patang puluh dina, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman pati.

--- 100 ---

Panyobane anglakoni pratingkah agal kaya kang kasêbut ing bab iki marang prayayi kaya kang kapratelakake ing bab 164, iku ginantungan ukuman.

Bab 166, yèn pratingkah agal mau linakon sarana anjarag utawa sarana panglorop, iku sanadyan ora nganti angwutahake gêtih, ora nganti anatoni, utawa ora nganti andadèkake lêlaran, ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 167, anadene yèn tatu mau angatarakake pangangkah patining kang nandhang sangsara, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman pati.

__________

Adêg-adêg III.

Bab pamopo anglakoni gawe kang sah utawa dadi wajibe.

Bab 168, sarupaning têtindhih utawa wadana panguwasa nagara sak sosorane kabèh, kang mogok [mogo...]

--- 101 ---

[...k] utawa mopo anindakake panjaluk tuwin dhawuh kang êsah mêtu saka ing parentah nagara, sarana lumuh amrentahi karerehane anindakake pamundhut utawa dhawuh mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 1 sasi tumêka 3 sasi.

Bab 169, singa wong kang kapundhut dadi sêksi măngka katimbalan ora seba, sarta anduwèni pratingkah sêngadi utawa aturan samudana nganti aja kapriksa, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 2 sasi, samono iku aliya saka ukumane kang pancèn kaêtrapake marang sêksi kang tinimbalan ora padha seba.

__________

Adêg-adêg IV.

Bab pamiruda utawa inggating pasakitan saka ing kunjara, lan bab andhêlikake durjana.

Bab 170, yèn ana pasakitan minggat, kang padha

--- 102 ---

katrapan ukuman iya iku, juru kunci utawa kang jaga kori, têtindhihing panguwasa nagara sak sosorane kang kapatah ngatêrake pasakitan utawa ngrumêksa pajagan, sêpire, tuwin saliyaning uwong kang padha kapatah ngatêrake, anggawa, utawa angumêksa[42] pasakitan. Dene ukumane kaya kang pratelakake[43] ing ngisor iki.

Bab 171, yèn kang minggatinakwa[44] ing kadurjanan kang ginantungan ukuman kabuwang mawana[45] linakon ing băngsa Aeropah, utawa ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante manawa linakon ing băngsa Jawa sapanunggalane, utawa yèn kang minggat mau dinakwa kaluputan panêrak, sarta yèn kang minggat dadi bandhangan mungsuh pêrang, iya iku manawa inggate sarana lenane kang kapatah ngrumêksa utawa ngatêrake, kang kapatah mau kaukum nyambutgawe pêksan ing yêyasaning nagara mawa pangan tanpa bayaran, 6 dina tumêka 2 sasi.

Anadene yèn inggate durjana mau jalaran ngajani, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 6

--- 103 ---

sasi tumêka 2 taun.

Sing sapa kang ora kapatah ngrumêksa utawa ngatêrake pasakitan mau, măngka anjalarake utawa anggampangake inggating pasakitan mau, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 dina tumêka 3 sasi.

Bab 172, yèn kang padha minggat mau, utawa salah sawijine dinakwa utawa wus kaukum jalaran anglakoni kadurjanan, kang ginantungan ukuman tuhois utawa nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Utawa ukuman tuhois sadhengah nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun lumêka[46] 15 taun. Iku manawa inggate durjana sarana lenane kang kapatah angrumêksa utawa ngatêrake, ukumane kang kapatah mau nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 sasi tumêka 6 sasi. Dene manawa inggate durjana mau jalaran ngajani, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Singa wong kang ora kapatah ngrumêksa utawa ngatêrake [ngatêra...]

--- 104 ---

[...ke] pasakitan mau, măngka anjalarake utawa anggampangake inggating pasakitan mau, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 2 taun.

Bab 173, yèn kang minggat mau utawa salah sawijine dinakwa ing kadurjanan kang ginantungan ukuman pati utawa sosorane, utawa yèn wus kapatrapan salah sawijining ukuman mau. Iku manawa inggate durjana mau sarana lenane kang kapatah ngrumêksa utawa ngatêrake, ukumane kang kapatah mau nyambutgawe pêksan 1 taun tumêka 2 taun. Dene manawa inggate durjana mau jalaran ngajani, iku ukumane nyambutgawe pêksan 5 taun tumêka 15 taun.

Singa wong kang ora kapatah angrumêksa utawa ngatêrake pasakitan mau, măngka anjalarake utawa anggampangake inggating pasakitan mau, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun.

Bab 174, manawa inggate utawa anggone

--- 105 ---

nyoba minggat sarana amêksa, utawa sarana ambebol[47] utawa ambabah, kang anggampangi solahe kang minggat mau sarana amitulungi awèh pirantine, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 2 taun. Samono iku yèn kaluputane kang minggat kaya kang kasêbut ing bab 171.

Yèn kaluputane kang minggat kaya kang kasêbut ing bab 172, iku kang mitulungi kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Anadene yèn kang minggat kaluputan kala[48] kang kasêbut ing bab 173, iku kang amitulungi ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 175, manawa kang anjalarake utawa anggampangi inggating pasakitan mau, bisane nanduki lakone sarana angruba kang rumêksa utawa kang dadi juru kunci, utawa sarana pitêpung culika karo kang rumêksa utawa juru kunci mau. Iku ukumane ingatase [ingata...]

--- 106 ---

[...se] sakèhing prakara kang kasêbut ing ngarêp mau, padha kaya ukumane kang ngrumêksa utawa kang dadi juru kunci.

Bab 176, yèn inggate pasakitan kang sarana ambobol utawa ambabah tuwin amêksa mau, kagampangake jalaran kaolèhake gêgaman, iku kang ngrumêksa utawa kang ngatêrake, yèn mèlu ambiyantoni kaluputan mau, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun. Anadene kang liyane kaukum nyambatgawe[49] pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 177, sakèhing uwong kang padha mitulungi inggating pasakitan, iku padha kajibah nêmpuhi pituna, wragad tuwin anakan dhuwite singa sapa kang kuwajiban anampani bayaran saka kang minggat iku.

Bab 178, singa wong pasakitan kang minggat sarana ambabah, sarana ambobol, utawa sarana amêksa, iku awiting kaluputan iki bae kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi [sa...]

--- 107 ---

[...si] tumêka 1 taun. Dene ukuman mau tumuli linakonan sapundhat utawa sawuse nglakoni ukuman kaluputane kang dadi jalaran uwong minggat iku kakunjara, utawa tumuli ing sanalikane kang minggat mau kaluwarake saka prakara kang anjalarake pangunjarane mau. Samono iku tanpa anyudani ukumane luwih abot kang ginantungake marang kadurjanan liyane linakon sanalikane ambabah utawa ambobol utawa amêksa mau.

Sing sapa kang anyoba kadurjanan kang kasêbut ing wuwur[50] mau, iku uga kapatrapan ukuman.

Bab 179, sakèhing ukuman kang kasêbut ing adêg-adêg iki sarta ginantungake marang kang rumêksa utawa ngatêr pasakitan, iku padha ora nganti katindakake yèn padha minggat kacêkêl utawa kabalèkake ing dalêm patang sasi saka inggate, sarta yèn kang minggat mau ora kacêkêl awit anglakoni liyaning kadurjanan utawa panêrak.

Bab 180, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan [pê...]

--- 108 ---

[...ksan] tanpa karante 3 sasi tumêka 2 taun. Singa wong kang andhêliki utawa akon andhêlikake sawiyahing uwong, kang wus dèn surupi yèn anglakoni kadurjanan kang ginantungan ukuman pati, ukuman nyurung groban[51] cèlèng, ukuman tuhois, utawa ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante.

Pêpacak iki ora tumrap marang bojone wong kang anglakoni kadurjanan mau, samono iku sanadyan wus kapêgat. Mangkono uga ora tumrap marang sanak kadange saurute mandhuwur utawa saurute mangisor, apadene ora tuprap[52] marang sadulure lanang wadon kabèh.

__________

Adêg-adêg V.

Bab angrusak utawa amêcahi cap tăndha panutup ing sawênèh barang, lan anjupuk lalang[53] saka ing parawataning nagara.

Bab 181, manawa awit saka dhawuhe parentah, utawa awit saka dhawuhe pangadilan tuwin awit [a...]

--- 109 ---

[...wit] ijoane layang parampungan pangadilan. Ana panggonan utawa barang sadhengah kang katutup mawa tăndha êcap, măngka cap mau karusak utawa kapêcah. Iku kang binubuh angrumêksa, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 dina tumêka 6 sasi, yèn pangrusak utawa pamêcah mau jalaran lenane kang rumêksa.

Bab 182, manawa pangrusak utawa mêcahing[54] tăndha cap mau linakon marang barang utawa layange singa wong, kang dinakwa anglakoni kadurjanan kang ginantungan salah sawijining ukuman kaya kang kasêbut ing ăngka 1, 2 lan 3 bab ping 5 ing layang anggêr iki tuwin ing layang anggêr ukumane băngsa Aeropah. Utawa yèn linakonan marang barang utawa layange singa wong kang wus kaukum jalaran anglakoni kadurjanan kaya kang kasêbut mau. Iku kang rumêksa kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, yèn pangrusak mau jalaran lenane kang rumêksa.

Bab 183, singa wong kang nêmaha amêcah tăndha cap [ca...]

--- 110 ---

[...p] utawa angrewangi pamêcahe cap, kang tumrap ing layang utawa barang kaya kang kasêbut ing bab 182 mau, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Anadene yèn kang rumêksa kang kaluputan. Iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 184, ingatase prakara angrusak utawa amêcahi liyaning tăndha êcap, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun. Dene yèn kang rumêksa kang kaluputan iku kaukum nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 185, ukumane kadurjanan panyolong utawa amaling kang linakon abarêng amêcahi tăndha êcap, iku padha bae kaya ukumane uwong amaling nganggo ambabah.

Bab 186, yèn kang kaumpêtake, utawa kang kasirnakake, utawa kang kacolong, warna layang kang

--- 111 ---

kagolong ing papriksan prakara kadurjanan, utawa layang liyane, utawa warna layang pemutan iya iku rêgistêr, utawa layang êsah, tuwin warna barang kang ana ing kantoring pangadilan tuwin kalumpukake ing kantor nagara utawa liyaning panggonan parawatan, utawa kang katampakake marang kang kuwajiban angrawati. Ingku[55] yèn nganti kadadeyan sarana lenane kang kabubuh angrumêksani, ukumane kang kaluputan nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 1 taun, lan dhêndha 20 rupiyah tumêka 150 rupiyah.

Bab 187, kapatrapan ukupman[56] nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, sing sapa kang kaluputan angumpêtake, utawa anyirnakake, utawa nyolong layang utawa barang kaya kang kasêbut ing bab 186.

Anadene yèn kang kaluputan mau, kang kabubuh angrumêksa, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 188, yèn anggone mêcah tăndha cap,

--- 112 ---

utawa anggone ngumpêtake, anyirnakake, anyolong mau sarana ngroda pêksa marang uwong sapa-sapaa, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Samono iku ewasaka ukuman kang luwih abot, sarta ginantungake marang kaluputane jalaran rupaning pangroda pêksa utawa kadurjanan kang kalakon.

__________

Adêg-adêg VI.

Bab pangrusaking tăndha utawa têtêngêr pangeling-eling.

Bab 189, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 2 taun lan kadhêndha 50 rupiyah tumêka 250 rupiyah, singa wong kang angrusaki, anyirnakake, angrubuhake utawa nacadi sarupaning têtêngêr kaya kang kasêbut i dhuwur mau, utawa sarupaning rêca sapanunggalane, kang amaedahi ing ngakèh utawa kang dadi rêrêngganing nagara, utawa kang kaya saawit [saa...]

--- 113 ---

[...wit] dhawuh utawa sarana lila karsane panguwasa nagara.

__________

Adêg-adêg VII.

Bab panyahak pangkat jênêng utawa kalungguhan.

Bab 190, singa wong kang tanpa wawênang măngka mèlu-mèlu ngopèni prentahe prayayi panguwasa, prayayi nagara utawa prayayi militèr utawa prajurit. Anadene singa wong kang mèlu anglakoni pagaweane prayayi mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Anadene yèn katara lakune mau nêdya anggorohi utawa ambodhoni, iku kapatrapan ukumane kadurjanan mau.

Bab 191, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, singa wong kang wani anganggo katon ing ngakèh busanane prayayi nagara utawa prayayi prajuritan. Utawa kang wani nganggo tăndha kaurmatan kang dudu wênange. Apadene [Apade...]

--- 114 ---

[...ne] kang wani nganggo pangkat jênêng kang ora pinaringan saka ing parentah, tuwin nganggo têtêngêr pangkat kalungguhan utawa upacara, kang amung kuwajibake marang prayayi kang lungguh utawa pangkate luwih dhuwur saka lungguh utawa pangkate kang kaluputan.

__________

Adêg-adêg VIII.

Bab pangarubiruning uwong salagine anglakoni wajibing agamane.

Bab 192, singa wong kang ambêk angroda utawa angancam marang uwong liyane, nganti amêksa utawa angalang-alangi anggone nglakoni utawa mèlu anglakoni kuwajiban agamane, utawa nganti amêksa utawa ngalang-alangi anggone padha riyayan, utawa nganti amêksa utawa angalangi anggone padha liburan. Samono iku kongsi padha angêngakake utawa anutupi panggonane nyambutgawe, panggonane andhasari dodolane, utawa panggonane angrawati [angra...]

--- 115 ---

[...wati] barange dagangan. Iku yèn kaluputane amung samono bae, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 2 sasi.

Bab 193, singa wong kang angarubiru, angandhêg utawa angalangi tataning agama, sarana angrusuhi sanalika kang padha kutbah ana ing garejane uwong kang angabêkti Kangjêng Nabi Isa, utawa ing masjid utawa ing kalênthèng sapanunggalane panggonan. Iku kang padha kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi.

Bab 194, sing sapa kang anyawiyahi sarana pangucap utawa sarana pratingkahing awake, marang samubarang wujuding agama utawa kang pancèn kanggo anglakoni wajibing agama, apadene marang para ulama, imam, pandhita, sapanunggalane, sasêdhênge anglakoni kuwajibane. Iku padha kapatrapan ukuman nyambutgawe

--- 116 ---

pêksan tanpa karante 15 dina tumêka 6 sasi, lan kadhêndha 8 rupiyah tumêka 250 rupiyah.

Bab 195, singa wong kang anggitik marang imam, pangulu, pandhita sapanunggalane, ing sasêdhênge anindaki pagawean kuwajiban agamane, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 taun tumêka 5 taun. Sarta kasuwak wawênang lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Dene panyuwak wawênange anglakoni sarupaning pagawean nagara, amung ora kuwajibake yèn prayayi pangadilan ngêtrapake pêpacak kang kasêbut ing bab 37.

Bab 196, pêpacak kang kamot ing bab iki ora tumrap yèn anggone gawe rêrusuh, anyawiyahi utawa anggitik, anjalarake ngaboti ukumane kang kaluputan.

__________

--- 117 ---

Bagean V.

Bab kêkumpulane durjana, bab nguladara lan bab papriman.

Adêg-adêg I.

Bab kêkumpulane durjana.

Bab 197, sarupaning kêkumpulan durjana kang tumanduk marang uwong utawa rajadarbèke, iku diarani kadurjanan angrusuhi têntrême nagara.

Bab 198, wujud kadurjanan mau, yèn wus ana atrap ngalumpukake kănca, utawa yèn wus ana pitêpunge kănca karo kănca, utawa wus ana pitêpung karo kang dadi panggêdhe lan têtindhihe, apamanèh yèn wus ana prajangjian bab pangetung utawa pambagining pakolèhe anglakoni kadurjanan.

Bab 199, yèn kadurjanan mau iku ora barêngan utawa kajujul ing liyaning kadurjanan, uwong kang tata utawa ngêrèh pakumpulan mau, utawa wong kang

--- 118 ---

dadi panggêdhene pakumpulan mau, tuwin sosorane, iya iku padha kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 200, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, liyaning uwong kang kabubuh nyăngga pagawean ing pakumpulan mau, utawa kang maha mirantèni gêgaman, bêkakasing pêrang, utawa kang angrupakake prabot kanggo anglakoni kadurjanan, tuwin manèh kang padha mondhoki, andhêliki utawa mapanake panggonan kanggo kumpulane durjana mau, ora beda apa marang kabèhe apa marang sawatarane.

__________

Adêg-adêg II.

Bab anguladara lan papriman.

Bab 201, anguladara iku iya kalêbu kaluputan durjana.

--- 119 ---

Bab 202, kang diarani wong nguladara iku, sing sapa kang ora duwe panggonan pomahan kang ajêg, kang ora duwe sarat panguripan, utawa kang ora tau nyambutgawe lan ora duwe pangupajiwa.

Bab 203, singa wong kang katêtêpake kaluputan anguladara, iku yèn amung kaluputan nguladara bae, kaukum nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 6 sasi.

Bab 204, singa wong kang isih kuwawa nyambutgawe, măngka anglumrahake lumaku ngêmis utawa priman, iku kapatrapan uman[57] nyambutgawe pêksan ing yêyasaning nagara mawa pangan tanpa bayaran 1 sasi tumêka 3 sasi.

Yèn uwong mau kacêkêl ing sajaba rangkaning panggonane omah-omah, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun.

Bab 205, ukuman kang kasêbut ing wêkasane bab 204 mau, uga kapatrapake marang sakèhing [sakèh...]

--- 120 ---

[...ing] kere utawa wong kang priman. Dadi ya ora kuwawa nyambutgawe, yèn anggone priman mau kalawan angancam-ancam, utawa yèn tanpa idine kang duwe omah tuwin kang padha manggon ing kono, malêbu ing sadhengahing omah utawa sajêroning wêngkone pomahan. Apadene yèn anggone priman padha sêngadi nandhang lara lan cacad utawa yèn anggone priman mau nganggo kêkumpulan. Kajaba yèn anggone bêbarêngan mau wujude lakirabi, bapak biyung karo anake kang isih bocah, utawa wong picak karo kang nuntun.

Bab 206, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, singa wong nguladara utawa priman kang kacêkêl lagi anyalamur utawa katêmu anggawa gaman. Dadi ya gamane mau ora ditamakake tuwin ora ginawe ngancam-ancami, apadene manèh singa wong nguladara utawa priman kang lagine kacêkêl, katêmu gawa kikir, ganthol [ga...]

--- 121 ---

[...nthol] utawa piranti liyane kang kêna kanggo anglakoni maling utawa panunggalane kadurjanan, utawa kang kêna kanggo anyarati akal kongsi bisa malêbu ing omah-omah.

Bab 207, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, singa wong nguladara utawa priman kang tinêmu kanggonan barang luwih saka 50 rupiyah rêgane, măngka ora bisa nêrangake pinangkane barang mau.

Bab 208, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, singa wong nguladara utawa priman kang anduwèni tanduk angroda pêksa marang uwong. Samono iku ora nglêpasi ukuman luwih abot yèn wujud patrape pangroda pêksa mau anjalarake ngêtrapi ukuman kang luwih abot.

Bab 209, sakèhing ukuman kang ginantungake marang kadurjanan angganggo layang pratăndha, utawa layang pas, [pa...]

--- 122 ---

[...s,] utawa layang dhawuh lêlungan kang padha kaowahake, iku yèn tumrap marang wong nguladara utawa priman, kang abot dhewe kang kapatrapake.

__________

Bagean VI.

Bab pangojok-ojok anglakoni kadurjanan ana ing pakumpulan kang wus kaidèn ing parentah nagara.

Bab 210, yèn sajroning pakumpulan kang wus kaidèn ing kangjêng parentah, ana kang ngojok-ojok anglakoni kadurjanan sarana pitutur, sarana pamulang, sarana panguwuh, sarana adêdonga, ora apbedani[58] têmbunge băngsa apa kang kanggo, apamanèh yèn angojok-ojok sarana angunèkake layang, sarana nèmplèk utawa sarana wratakake layang-layang tulisan. Iku kang padha dadi têtuwane, utawa kang padha ngêrèh tuwin amrentahi pakumpulan mau, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa

--- 123 ---

karante 3 sasi tumêka 2 taun lan kadhêndha 50 rupiyah tumêka 150 rupiyah. Samono iku aliya saka ukumane luwih abot kang ginantungake marang uwong kang anglakoni dhewe kadurjanan angojok-ojok mau, kang kaluputan mangkono ora kêna pisan kapatrapan ukuman kang luwih ènthènge saka ukumane kang kapatrapake marang têtuwane utawa marang kang ngêrèh lan amrentahi pakumpulan mau.

__________

Pangkat II.

Bab kadurjanan utawa panêraking parentah kang kalakon marang sawiyah-wiyahing uwong.

Perangan I.

Bab kadurjanan utawa panêraking parentah kang kalakon marang sadhengahing uwong.

Bagean I.

Bab rajapati lan kadurjanan liyane kang angapêsi umuring uwong, tuwin pangancam-ancam kang ngarah patine.

--- 124 ---

Adêg-adêg I.

Bab matèni uwong, rajapati, matèni bapak, maèni[59] anak, lan angracun uwong.

Bab 211, têgêse matèni uwong iku, yèn anggone ngapêsi umur utawa uripe sarana jaragan.

Bab 212, yèn anggone ngapêsi mau mawa nêmaha, utawa kapikir dhisik tuwin mawa nyalamur utawa andingkiki, iku têgêse rajapati.

Bab 213, têgêse nêmaha kapikir dhisik mau iku, yèn sadurunge nglakoni kadurjanan, kang anglakoni wus aniyat nêdya nêmpuh aniaya sawênèhing uwong kang kudu katêmu utawa kapapag. Samono iku sanadyan niyate mau kagantung ing nalar utawa prajangjian liyane.

Bab 214, têgêse nyalamur utawa andingkiki iku, yèn angadhang sawêtara utawa nganti suwe, têkaning [tê...]

--- 125 ---

[...kaning] sawênèhing uwong ing sawiyah utawa sakèhe panggonan, mawa sêdya arêp matèni utawa anganiaya wong iku.

Bab 215, têgêse matèni bapak iku, yèn matèni bapa utawa biyunge dhewe, utawa sakèhing sanak kang kapêrnahing urutan mandhuwur bapa biyunge dhewe mau.

Bab 216, kang diarani matèni anak mau, iku yèn matèni bayi.

Bab 217, angracun iku yèn angangkah patining uwong, sarana samubarang wujud kang dayane bisa andadèkake patine tumuli utawa ing sawatara lawase. Sameno[60] iku padha bae apa kang dadi pratikêle anrapake utawa ngalêbokake maujud mau, lan padha bae apa kadadeyane.

Bab 218, kapatrapan ukuman pati, singa wong kang kaluputan matèni uwong kaya kang kasêbut ing bab 212, utawa kang matèni bapak lan kang kaluputan ngracun. [ngra...]

--- 126 ---

[...cun.]

Bab 219, singa wong wadon kang ora laki, iku yèn anêmbèni sapisan matèni anake bayi, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun. Bab 37 ora tumrap ingatase prakara iki.

Yèn nalare matèni bayi aliya saka kang kasêbut ing dhuwur mau, kang kaluputan kapatrapan ukuman pati.

Bab 220, sing sapa kang supaya bisa anglakoni kadurjanan, amilarani utawa anganiaya marang uwong, iku padha kapatrapan ukumane uwong kang dosa pati.

Bab 221, kajaba kang kasêbut ing ngisor iki, ukumane sing matèni uwong tanpa kasêdya disik,[61] nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun.

Yèn anggone matèni uwong mau, sadurunge

--- 127 ---

utawa salagine utawa sawuse anglakoni kadurjanan lan panêrak, amurih bisane anglakoni, utawa anggampangi lan aja nganti konangan anggone nglakoni kadurjanan mau. Iku kapatrapan ukuman pati.

Yèn anggone matèni mau, ora amurih bisane nglakoni, ora amurih anggampangi, utawa ora amurih aja nganti konangan anggone nglakoni kadurjanan mau, iku kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing adêg-adêg kapisan ing bab iki. Ananging bab 37, ora tumrap ingatase prakara iki.

__________

Adêg-adêg II.

Bab pangancam-ancam.

Bab 222, singa wong kang angancam-ancam arêp matèni, arêp angracun, utawa arêp anêmpuh gawe piala liyane, kang ginantungan ukuman kaya kang

--- 128 ---

kasêbut ing bab 5, ăngka 1, 2 lan 3, măngka pangancam-ancam mau kamot ing layang mawa nganggo utawa ora nganggo tăndha tangane. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Yèn pangancam-ancam mau mawa nganggo pêpacak anyèlèhake dhuwit ing sawênèhing panggonan kang tinuduhake, utawa nganggo jiyat anêtêpi prajanjian liyane.

Bab 223, yèn pangancam-ancam mau ora nganggo pêpacak utawa prentah, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, tuwin kadhêndha 50 rupiyah tumêka 300 rupiyah.

Bab 224, yèn anggone angancam-ancam mawa nganggo amêmacaki prentah utawa prajangjian, amung kalawan ijoan bae. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, tuwin kadhêndha 12 rupiyah tumêka 150 rupiya.[62]

__________

--- 129 ---

Bagean II.

Bab raja tatu lan panggêbuk kang têmaha, tuwin liyaning kadurjanan kang têmaha.

Bab 225, sing sapa kang anatoni utawa gêbug marang uwong, nganti andadèkake larane utawa nganti kang nandhang sangsara ra bisa angawaki pagaweane, lawase luwih saka 20 dina, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 226, yèn kadurjanan kang kapratelakake ing bab 225 mau, linakon mawa sêdya lan kapikir dhisik utawa mawa andingkiki. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 227, yèn anggone natoni utawa gêbug mau, ora nganti andadèkake larane utawa ora nganti kang nandhang sangsara ora bisa angawaki pagaweane luwih saka 20 dina [...]

--- 130 ---

trapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 2 taun. Tuwin kadhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

Yèn patrape kadurjanan mawa sêdya utawa kapikir dhisik tuwin mawa andingkiki, iku ukumane kang kaluputan, nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Tuwin kadhêndha 25 rupiyah tumêka 250 rupiyah.

Bab 228, ingatase lêlakon kang kapratelakake ing bab têlu ing ngarêp mau, yèn tumanduk marang bapa biyunge utawa kaki ninine dhewe, iku kaanggêp angaboti kaluputane tuwin andadèkake jalaran kang patut ditimbang yèn prayayi pangadilan andhadhuhake[63] ukumane.

Ingatase lêlakon mangkono, prayayi pangadilan kawênangake angundhaki ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante tan ora, kalawan saparatêlon [...] abot dhewe.

[...] kadurjanan kang kapratelakake [kapratelaka...]

--- 131 ---

[...ke] ing bab 225, 226 lan 227, sarta kang kamot ing bagean II, ing ngarêp iki, yèn tumanduke sarana kêkumpulan ambalela, ambangkang utawa angrayah. Iku kang kaluputan iya kang dadi panggêdhene, utawa kang amolahi kêkumpulan mau iku. Dene kabèh iku kaukum kaya kaluputan dhewe sarta kapatrapan ukumane kang anglakoni dhewe.

Bab 230, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi, lan kadhêndha kèhe 100 rupiyah. Sing sapa kang anggêbug uwong măngka kang ginêbug ora pisan nandhang lara, utawa ora pisan ora bisa angawaki pagaweane, tuwin ora pisan tatu utawa tatune amung sapele bae.

Bab 231, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun, sing sapa kang duraka angêbiri uwong.

Yèn sajêrone 40 dina sapungkure anglakoni duraka mau, kang kabiri mau mati, iku kang kaluputan ngêbiri [ngê...]

--- 132 ---

[...biri] kapatrapan ukuman pati.

Bab 232, sing sapa kang anglunturake wêtêngane wong wadon sarana pêpanganan, ombèn-ombèn, jamu, utawa amêksa tuwin sarana nganggo isarat liyane, iku ora beda apa kalakon mawa suka lilahe wong wadon mau tan ora, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Ukuman mau iku uga kapatrapake marang wong wadon kang anglunturake dhewe wêtêngane, utawa anjurungi panganggone isarat kang diwènèhi, samono iku yèn nyata andadèkake klurone.

Para dhukun utawa dhoktêr, tukang adol utawa ngracik tămba, kang padha nuduhake utawa akon mangan utawa ngumbe isarat kang kasêbut ing dhuwur mau, iku yèn nyata andadèkake klurone wong wadon mau, padha kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 233, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan [pê...]

--- 133 ---

[...ksan] tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, lan kadhêndha 200 rupiyah tumêka 500 rupiyah, sing sapa kang ngêmori utawa akon ngêmori prusibiru utawa taining kuningan lan têmbaga, utawa prusiputih sapanunggalane băngsa angracun. Karo roti, panganan, ombèn-ombèn utawa sarupaning racikane kang pancèn bakal kaadol utawa kaêdum.

Bab 234, padha bae karo kang kasêbut mau, ukumane singa wong kang wus sumurup ana panganan, roti, ombèn-ombèn utawa racikane kang pancèn bakal kaêdol utawa kaêdum, kamoran karo băngsa racun kaya kapratelakake ing bab 233, măngka wani ngêdol, nawakake tuwin angêdum, utawa wani anyoba ngêdol, nawa tuwin ngêdum barang mau.

Mangkono uga padha bae ukumane singa wong, kang wus surup yèn barang mau kanggo anglakoni kadurjanan. Măngka wani adol utawa ngolèhake barang iku.

--- 134 ---

Bab 235, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 dina tumêka 2 taun lan kadhêndha 8 rupiyah tumêka 250 rupiyah, singa wong kang ngêmori utawa akon ngêmori barang kang bisa nglarani uwong, karo roti, panganan, ombèn-ombèn utawa racikane kang pancèn bakal kaêdol utawa kaêdum. Lan manèh singa wong kang wus sumurup patrape momoran mau, măngka wani ngêdol, nawakake utawa ngêdum, utawa anyoba pangêdole, panawane utawa pangêdume barang mau.

Bab 236, sakèhing ukuman kang kapratelake ing têlung bab ing dhuwur mau, iku salawase bêbarêngan karo dhawuh ambêskup tuwin anyirnakake, rotine, utawa panganan lan ombèn-ombèn saracikan bakale, kang padha kamoran racun utawa barang kang anglarani uwong.

__________

Bagean III.

Bab amatèni, natoni, lan gêbugi uwong ta-

--- 135 ---

npa têmaha. Bab kadurjanan kang kêna diapura lan lêlakon kang ora wênangake pangapuraning kadurjanan. Bab amatèni, natoni utawa gêbugi uwong tanpa pamalêsing ukuman.

Adêg-adêg I.

Bab amatèni, natoni, lan gêbugti[64] uwong tanpa têmaha.

Bab 237, sing sapa kang matèni utawa anjalarake patining uwong, awit saka kurang wasise, kidhunge, kurang prayitnane, kurang satitine, awit saka ledane utawa lali anglakoni wêwaton pranata tuwin pêpacake lan pranatane pulisi. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 2 taun, lan kadhêndha 25 rupiyah tumêka 300 rupiyah.

Bab 238, yèn anggone kurang wasis, kidhung, kurang prayitna, kurang satiti, leda utawa lali anglakoni [angla...]

--- 136 ---

[...koni] wêwaton utawa pêpacak pranata mau, amung anjalarake tatu utawa gêgêbugan bae, iku ukumane nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 2 sasi.

Yèn anggone kagêbug mau ora analarake pisan-pisan lêlara, utawa nganti ora bisa angawaki pagaweane, lan ora ana pisan-pisan tatune utawa amung sapele bae. Iku ukumane kang kaluputan amung kakunjara sasuwe-suwene 3 dina, utawa kadhêndha sakèhe 25 rupiyah.

__________

Adêg-adêg II.

Bab kadurjanan kang kêna diapura lan lêlakon kang ora wênangake pangapuraning kadurjanan.

Bab 239, sing sapa kang matèni, anatoni utawa gêbugi uwong, iku kêna ingapura, yèn anggone duwe laku kaya mangkono mau jalaran kagêbug bangêt dhisika utawa jalaran karo pêksan.

--- 137 ---

Bab 240, samono uga kaluputan kang kasêbut ing bab 239, kêna diapura yèn linakon ing wayah padhang rina, utawa yèn linakon sumêdya anyêgahi pènèke dursila, utawa angalangi dursila ngrusaki kancing utawa ambabah pagêr bata lan gêbyog omah, utawa angalangi dursila ambabah ambêdhah lêlawangan omah kang kaênggon ing uwong, apadene panggonan kang diênggoni tuwin ewone kang kasêbut mau kabèh.

Bab 241, kadurjanan duraka amatèni uwong tuwane, iku ora pisan-pisan kêna diapura.

Bab 242, sing sapa kang salakirabi măngka salah sawiji matèni bojone, iku ora kêna diapura, kajaba yèn kang matèni sanalikane kaluputan kuwatir pê diapêsi dhisik.

Ananging ingatase prakara bêbedhangan kaya kang kamot ing bab 254, iku kêna diapura yèn kang lanang kang amatèni rabine, utawa parewang rabine, sanalikane konangan anggone bêbedhangan.

--- 138 ---

Bab 243, kadurjanan angêbiri uwong iku kêna diapura, yèn kang dikêbiri mau analarake sarana cidra rêsmi kalawan pêksa.

Bab 244, yèn wus kanyatakake ana nalar kang ngènthèngake laku durjanan. Iku ukumane kasuda mawa beda-bedane kaya kapratelakake ing ngisor iki:

Mungguh kadurjanan kang ginantungan salah sawijining ukuman kang kasêbut ing bab 5 ăngka 1, 2 lan 3. Iku ukuman mau liniru ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun.

Ingatase kadurjanan kang ginantungan ukuman kaya kang kasêbut ing bab 5 ăngka 4, iku ukumane liniru ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun.

Anadene mungguh liyane iku, ukumane liniru nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 dina tumêka 6 sasi.

__________

--- 139 ---

Adêg-adêg III.

Bab kadurjanan matèni, natoni, gêbugi uwong, kang ora kapatrapan ukuman.

Bab 245, kang matèni, natoni, utawa gêbugi uwong, awit saka dhawuhing wêwaton pranata, utawa awit kaprentah dening panguwasa nagara, iku ora kaukum.

Bab 246, kang matèni, natoni utawa gêbugi uwong, iku uga ora ana ukumane, yèn sanalikane nandukake lêlakon mangkono mau, sarana kajiyat anulak bilaining awake dhewe utawa bilaine wong aliya.

Bab 247, kang kagolong ing nalar kajiyat utawa kapêksa anulak bilai, iku ana rong bab, kaya ta:

Ăngka 1: Yèn anggone matèni, natoni utawa gêbugi ing wayah bêngi, salagi anyêgahi pènèking dursila, utawa salagi ngalang-alangi [ngalang-a...]

--- 140 ---

[...langi] dursila angrusaki kancing utawa ambabah pagêr bata lan gêbyog omah, utawa ngalang-alangi dursila ambabah ambêdhah lêlawangan omah kang kaênggon ing uwong, apadene panggonan liyane kang diênggoni tuwin ewone kang kasêbut mau kabèh.

Ăngka 2: Yèn anane lêlakon mangkono mau, sumêdya nulak bilaine dhewe marang dursila maling utawa kècu sapanunggalane, kang duwe patrap angroda pêksa.

__________

Bagean IV.

Bab angrusak tata.

Bab 248, singa wong kang kaluputan rêrêsmèn katon ing ngakèh, iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara pawa[65] pangan tanpa bayarn[66] 6 dina tumêka 3 sasi.

Bab 249, singa wong kang kaluputan ngramuhi wong wadon, [wa...]

--- 141 ---

[...don,] utawa anêkani karêpan cidra rêsmi angrusak tata liyane marang wong lanang ta[67] wadon, măngka kalakon utawa kacoba kalawan pêksa, iku kapatranpan[68] ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 250, yèn kadurjanan mau kalakon ing bocah kang durung umur 15 taun, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 251, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun, yèn kang kaluputan mau duwe panguwasa amarentahi marang kang kapêksa. Utawa yèn kang ngramuhi utawa mêksa mau dadi gurune utawa bature kang kapêksa. Utawa yèn kang kaluputan mau pangkat prayayi nagara utawa pangkat imam pangulu utawa guru agama sapanunggalane. Utawa yèn kang kaluputan tanpa beda sapaa, sanalikane nindakake kadurjanane tinulung ing liyaning uwong.

--- 142 ---

Bab 252, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, lan kadhêndha 25 rupiyah tumêka 250 rupiyah. Singa wong kang angrusak tata kautaman, sarana ngungkadake, mitulungi utawa anggampangake jinah pamblunate bocah lanang wadon. Măngka bocah mau yèn băngsa Aeropah durung umur 21 taun, utawa yèn băngsa Jawa sapêpadhane durung umur 18 taun.

Anadene yèn kang kaluputan mau bapa biyunge bocah iku, utawa êmbane, utawa liyaning uwong kang kabubuh amulati bocah mau. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, lan kadhêndha 150 rupiyah tumêka 250 rupiyah.

Bab 253, singa wong kang kaluputan anglakoni kadurjanan kang kapratelakake ing pada kapisan bab 252, iku kapêsthèkake ora kêna dadi pangêmong utawa êmban lawase 2 taun tumêka 5 taun. Dene kang kasêbut ing pada kapindho bab mau uga, iku

--- 143 ---

ora kana[69] dadi pangêmong utawa êmban 10 taun tumêka 20 taun.

Yèn kang kaluputan mau bapa biyunge bocah, iku aliya ukumane kang kasêbut ing dhuwur mau, kasuwak wawênange utawa asile kang kawênangake jalaran wêwatoning anggêr, adat utawa cara, ingatasing awak lan rajadarbèke anake mau.

Bab 254, singa wong wadon kang duwe bojo, măngka kaluputan bêbedhangan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sisa.[70]

Lakine wong wadon mau kêna ngalangi patrape ukuman iku, sarana jupuk balik rabine saka karêpe dhewe.

Dene bab panggugate bêbedhangan iku, amung kêna katindakake yèn kang dilarani atine kang anggugat.

Bab 255, bedhangane wong wadon mau, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara [naga...]

--- 144 ---

[...ra] mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi.

Kajaba yèn konangan sanalikane padha bedhangan, kang kêna kaanggêp dadi kanyataane pambedhange wong lanang mau, iku kang arupa layang kiriman utawa tulisan liyane kang tinulis dening kang dinakwa mau.

Bab 256, singa wong lanang kang ingatase prakara sêlaki sêrabi kabawahake pranata băngsa Aeropah, kaya kang kamot ing layang I pangkat IV anggêre băngsa mau, măngka nyangkul sêlir nunggal omah karo bojone. Iku yèn kagugat dening rabine tuwin tinêmu kaluputan, kapatrapan ukuman dhêndha 50 rupiyah tumêka 1.000 rupiyah.

Bab 257, singa wong kang sêlaki sêrabi, tuwin ingatase prakara sêlaki sêrabi iku, padha kabawahake pranata băngsa Aeropah kaya kang kasêbut ing bab 256, măngka ngamèk bojo manèh sadurunge bojone kang dhisik mati utawa kapêgat. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

--- 145 ---

Dene prayayi nagara kang ningkahake utawa ngawinake wong mau, măngka sumurup yèn uwong iku isih duwe bojo. Iku uga kapatrapan ukuman kang kasêbut ing pada ing dhuwur iki.

__________

Bagean V.

Bab anganggrak utawa angunjara uwong tanpa manut anggêr.

Bab 258, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Sing sapa kang nganggrak, ngunjara utawa ngrawiti uwong tanpa parentahe panguwasa kang êsah, utawa yèn ora angêjaba nalar kang kasêbut ing wêwaton pranata.

Padha bae uga ukumane singa wong, kang mapani panggonan minăngka angunjara utawa ngrawati uwong mau.

Bab 259, yèn pangunjarane utawa pangrawate wong mau, nglangkahi lawase 1 sasi. Iku ukumane [u...]

--- 146 ---

[...kumane] nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun.

Bab 260, ukumane kang kaluputan mau kasuda, amung kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Yèn kang kaanggrak, kakunjara utawa karawat mau, kaêculake ing sajroning 10 dina sapungkuring pangandhêge, sarta sadurunge kang kaluputan digugat.

Bab 261, kapatrapan ukuman pati, sing sapa kang kaluputan kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

Ăngka 1: Yèn panganggrak mau mawa nganggo busanan liya saka wajibe, utawa nganggo silih jênêng, utawa mawa nganggo rêrekan tămpa dhawuh saka ing panguwasa nagara.

Ăngka 2: Yèn uwong kang kaanggrak, kakunjara utawa karawat mau, dèn ancam-ancami bakal dipatèni utawa pinilara.

__________

--- 147 ---

Bagean VI.

Bab kadurjanan kang sêdyane angalangi utawa anyirnakake pratăndha kaananing bocah, tuwin kang sêdya mutawatiri uripe bocah. Apadene bab anginggatake uwong kang durung diwasa, utawa anêrak pranata ingatase pamêndhêming jisim.

Adêg-adêg I.

Bab kadurjanan kang tumanduk marang bocah.

Bab 262, sing sapa kang kaluputan nginggatake, ngumpêtake utawa angilangake bocah, anadene kang ngijoli bocah tuwin kang anyalubukake anak marang wong wadon kang ora manak, samudanane kaya wong wadon mau manak. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Mangkono uga ukumane singa wong, kang kapitaya [kapita...]

--- 148 ---

[...ya] angêmong bocah, măngka mopo ambalèkake marang kang wajib jaluk baline bocah mau.

Bab 263, yèn ana wong wadon băngsa Aeropah manak, măngka kang ana ing kono utawa sumurup ora nglapurake marang kantore prayayi băngsa Aeropah, kang kuwasa ing kono utawa cêdhak panggonane manak mau. Iku kaluputan anêrak pranata kang kamot ing layang règlêmèn burghêrlèi kêntan. Iya iku pranatane băngsa mau kawin, manak utawa mati. Anadene kang katêrak bab 39 ing layang mau. Mungguh waktune nglapur kamot ing bab 37 lan 38 layang iku uga. Dadi ora kêna lat utawa kalalèn.

Kang iku sing sapa kang kaluputan iya kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi.

Bab 264, padha uga ukumane kang kapatrapake marang singa wong, kang nêmu bayi kang katara aslining băngsa Aeropah, măngka ora nêtêpi pêpacak kang kamot [ka...]

--- 149 ---

[...mot] ing bab 43, layang règlêmèn kang kasêbut ing bab 263 ing dhuwur iki.

Bab 265, singa wong kang ambuwang bocah kang durung umur 7 taun, ana ing sawênèhing panggonan sêpi anuli katinggalake lan singa wong kang akon ambuwang utawa aninggalake bocah kaya mau, sarta pawêkase linakonan. Iku amung jalaran kaluputan iki, padha kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun tuwin dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

Bab 266, yèn kang kaluputan kaya kang kasêbut ing bab 265 mau, dadi pamomong, êmban, utawa gurune bocah mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, lan dhêndha 25 rupiyah tumêka 200 rupiyah.

Bab 267, yèn jalaran pratingkah kang ginantungan ukuman kaya kasêbut ing bab 265 lan 266, bocah kang kabuwang iku katêmu cacad utawa ina ing badane. Iku kang ambuwang lan ninggal bocah mau, kaanggêp [ka...]

--- 150 ---

[...anggêp] lan kaukum kayadene maha natoni bocah iku. Anadene yèn pratikêl mau andadèkake patine si bocah, solah tingkahe kang kaluputan kaanggêp lan kaukum kayadene matèni uwong.

Bab 268, singa wong kang ambuwang bocah kang durung umur 7 taun ana ing panggonan kang ora sêpi, anuli ditinggalake. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 1 taun, tuwin dhêndha 8 rupiyah tumêka 50 rupiyah.

Bab 269, yèn kadurjanan kang kasêbut ing bab 268 mau, linakon dening pamomong, êmban utawa gurune bocah mau. Iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, tuwin dhêndha 12 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

__________

Adêg-adêg II.

Bab anginggatake uwong kang durung diwasa.

--- 151 ---

Bab 270, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Sing sapa kang sarana cidra utawa pêksa nginggatake utawa gawa lunga utawa nglungakake uwong kang durung diwasa, saka ing panggonan kang kadunungake dening kang anguwasani utawa ngêrèh uwong kang durung diwasa mau.

Ukuman kang kasêbut ing dhuwur mau uga kapatrapake marang singa wong, kang akon anglakoni pratingkah kang kapratelakake ing dhuwur iki.

Bab 271, yèn kang kaingggatake utawa kagawa lunga utawa kalungakake mau, bocah wadon kang umure durung ana 16 taun. Iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 272, yèn bocah wadon kang umure durung ana 16 taun mau, mrayogakake inggate, utawa mèlu saka karêpe dhewe karo kang ngiwat. Iku uwong lanang kang ngiwat mau kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun, [ta...]

--- 152 ---

[...un,] yèn umure wus ana 21 taun utawa luwih.

Yèn kang ngiwat mau umure durung ana 21 taun, iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Kadurjanan mau amung kêna kasêrêg, yèn ana panggugat saka wong tuwane utawa pamomonge bocah wadon mau.

__________

Adêg-adêg III.

Bab panêrak ingatase pamêndhêming jisim.

Bab 273, yèn ana pêpacak ora kalilan mêndhêm jisim sadurunge olèh idi, măngka ana kang akon mêndhêm uwong mati tanpa idi mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran, 6 dina tumêka 2 sasi, kajaba panyarêge[71] kadurjanan kang kinira linakon dening kang kaluputan kaya kang kasêbut ing bab iki.

--- 153 ---

Padha uga karo kang kasêbut ing dhuwur mau ukumane singa wong, kang tanpa beda pratingkahe anêrak wêwaton pranata, pêpacak utawa pranata pamêndhêming wong mati, yèn durung tumêka wayahe mêndhêm.

Bab 274, singa sapa kang nasabi utawa ngumpêtake jisime uwong, kang dipatèni utawa mati jalaran saka kagêbug utawa nandhang tatu. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, kajaba ukuman kang luwih abot yèn mèlu anglakoni kadurjanan matèni utawa mèlu anjalarake patining wong mau.

Bab 275, singa wong kang nacadi utawa angrusaki kubur, makam sapanunggalane, utawa pakuburan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 1 taun, lan dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah, ewa saka ukumane kadurjanan utawa panêrak kang linakon bêbarêngan kaluputane mau.

__________

--- 154 ---

Bagean VII.

Bab pêsêksian goroh, pangala-ala, pamirang, pangawiyah lan sapanunggalane, apadene bab pamiyaking wadi.

Adêg-adêg I.

Bab pêsêksian goroh.

Bab 276, singa wong sêksi kang kaluputan têmaha goroh ing aturane, amrih angaboti utawa angènthèngi marang uwong kang dinakwa prakara kadurjanan. Măngka kadurjanan mau ginantungan ukuman luwih abot saka ukuman kunjara, sarta linakon ing băngsa Aeropah. Utawa ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante, sarta linakon ing ewone băngsa liya. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Yèn ta jalaran gorohe si sêksi mau, kang kadakwa kapatrapan ukuman luwih abot saka kang kasêbut [kasê...]

--- 155 ---

[...but] mau. Sêksi kang kaluputan têmaha goroh iku, ukumane padha bae karo ukumane kang kadakwa.

Bab 277, singa wong sêksi kang kaluputan goroh ing aturane, amrih angaboti utawa angènthèngi marang uwong kang dinakwa prakara panêrak utawa prakara kadurjanan. Măngka kadurjanan mau ginantungan ukuman ora luwih abot saka ukuman kunjara, sarta linakon ing băngsa Aeropah, utawa ginantungan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante, sarta linakon ing ewone băngsa liya. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 278, singa wong sêksi kang kaluputan têmaha goroh ing aturane, ingatase prakara parapadu. Iku kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing bab 277.

Bab 279, yèn sêksi kang kasêbut ing bab 277 lan 278. Anggone goroh mau awit nampani dhuwit, utawa ganjaran utawa kasaguhan. [kasaguha...]

--- 156 ---

[...n.] Iku ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Ewasamono, sakèhing barang kang wus ditampani ing sêksi mau iku kabêskup ing parentah.

Bab 280, singa wong kang kaluputan angruba sêksi, iku kapatrapan ukuman kaya kang kapratelakake ing ngisor iki, kaya ta:

Nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Yèn pêsêksian goroh mau ginantungan ukuman tuhois utawa nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun. Yèn pêsêksian goroh mau ginantungan ukuman tuhois utawa nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Ukuman pati, yèn pêsêksian goroh mau ginantungan ukuman tuhois utawa

--- 157 ---

nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun, utawa yèn ginantungan ukuman pati.

Bab 281, singa wong kang kapundhut supatane, utawa kang kadhawuh anyupata, ingatase prakara padu măngka goroh ing sumpahe. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun, sarta kadhêndha tan ora, yèn kadhêndha dhêndhane 10 rupiyah tumêka 500 rupiyah, tuwin kasuwak wawênang lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Dene panyuwak wawênange anglakoni sakèhing pagawean nagara, amung ora kuwajiban yèn prayayi pangadilan ngêtrapake kang kasêbut ing bab 37.

__________

Adêg-adêg II.

Bab pangala-ala, pamirang, pangawiyah sapanunggalane.

Bab 282, kaanggêp kaluputan pidosan pangala-ala. [panga...]

--- 158 ---

[...la-ala.] Sing sapa kang mawa duwe karêp anyawiyah-wiyah têmaha, anarka singa wonge nanduk pratingkah, kang saupama nyata bisa andadèkake jalaran panyêrêge kang katarka mau, awit kadakwa kadurjanan utawa panêrak kang ginantungan ukuman, luwih abot saka ukuman kunjara 8 dina lan dhêndha 100 rupiyah, bêbarêngan utawa dhewe-dhewe, tuwin kabêskup barang-barange tan ora. Apadene yèn ta nyata panarka mau, uwong kang katarka nganti bisa nêmahi panyêri utawa gêthinge sakèhing uwong kang tunggal dêdunung ing panggonane. Samono iku yèn panarka mau linakonan, sarana kapratelakake ing panggonan utawa pakumpulan kang katêkan sakèh utawa sok uwonge. Utawa yèn kalakon sarana sarupaning layang êsah. Utawa yèn kalakon sarana layang kang dudu layang cap-capan sarta kamisuwurake, awit ditèmplèkake, ditontonake, ditawakake, diêdol utawa diwratakake ing ngakèh.

Pêpacak ing dhuwur iki ora tumrap marang lêlakon, [lêlako...]

--- 159 ---

[...n,] kang pamêdhare ing ngakèh wus pancèn kawênangake ing wêwaton pranata. Mangkono uga ora tumrap marang uwonge kang anarka awit saka lungguhe, utawa awit saka kuwajibane, rèhne kudu amêdharake utawa anyêgah lêlakon ala.

Bab 283, kaanggêp goroh sakèhing panarka, kang yêktine ora kêna pitudhuhake tăndha katrangane. Dadine kang kaluputan anarka mau ora kêna ngrêsikake badane, sarana panuwun amrih yêktining panarkane mau kagawea têrang.

Mangkono uga kang anarka mau ora kêna nyuwun maklume pangadilan, sarana paturan yèn lêlakon kang katarka mau pancèn wus kawêdharake ing ngakèh. Utawa sarana paturan yèn panarka kang kasêrêg iku, olèhe awit nurun layang măncanagarane utawa layang cap-capan liyane.

Bab 284, manawa panarka mau tinêmu nyata, kang anarka iku lêpas saka ing ukuman.

Anadene kang kaaran pratăndha katêrangan kang êsah, [ê...]

--- 160 ---

[...sah,] iku amung kang mêtu saka karampungan pangadilan utawa layang êsah liyane.

Bab 285, manawa kang angala-ala mau ora bisa ngaturake tăndha katêrangan kang êsah, iku kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

Ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun lan dhêndha 100 rupiyah tumêka 2000 rupiyah, yèn lêlakon kang katarka mau ginantungan salah sawijining ukuman kang kasêbut ing ăngka 1, 2 lan 3 bab 5 ing layang anggêr iki utawa layang anggêr ukumane băngsa Aeropah.

Ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 6 sasi, yèn sakèhing patrape aliya saka kang kasêbut ing pada ing dhuwur iki.

Bab 286, yèn lêlakon kang katarka iku ana ukumane, măngka kang anarka kang nglapurake lêlakon mau. Iku sasuwene panggugat lêlakon mau isih kapriksa ing pangadilan. Panyêrêge utawa karampungan prakarane [pra...]

--- 161 ---

[...karane] kang anarka disumênèkake.

Bab 287, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 1 taun. Singa wong kang ngaturi layang panggugat kang angala-ala marang uwong katur ing upsir ing yustisi utawa jêksa, utawa katur ing prayayi parentah utawa prayayi pangadilan pulisi.

Bab 288, ing sakèhing lêlakon angala-ala, kang angala-ala mau, kênaa patrapan ukuman kasuwak wawênang lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Bab 289, kaanggêp kaluputan pidosan pamirang, sing sapa kang mawa duwe karêp anyawiyah-wiyah têmaha, anarka singa wonge anduwèni ina pinêsthi.

Yèn anggone amirangake mau, ana ing panggonan utawa pakumpulan kang katêkan sakèh utawa sok uwong. Utawa kamot ing layang kang dudu layang cap-capan sarta kang kamisuwurake, awit ditèmplèkake, ditontonake, ditawakake,

--- 162 ---

diêdol utawa diwratakake ing ngakèh. Iku singa wong kang kaluputan. Kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran, lawas-lawase 1 sasi.

Bab 290, ingatase liyaning patrap pangawiyah, kang ora kawratakake ing ngakèh sarana layang cap-capan, utawa kang ora kaciri abot bêbarêngan karo kaciri mêdharake ing ngakèh, utawa kang ora andadèkake jalaraning panantang. Iku kang kaluputan kapatrapan ukuman kadhêndha, sathithike 1 rupiyah sakèh-kèhe 3 rupiyah.

Bab 291, kajaba kang kapatrap ing bab 292 lan 293 ing ngisor iki, sakèhing lêlakon kang kasêbut ing bab 282, 289 lan 290, ing dhuwur mau, ora kêna disêrêg tanpa panuwune uwong kang diala-alani, utawa kang diwirangi lan diwiyah-wiyahi.

Bab 292, pêpacak ing bab 282, tumêka bab 289 mau, uga padha tumrap marang singa wong kang angala-ala utawa mirangake marang pangwasa nagara, utawa marang pasamuan [pa...]

--- 163 ---

[...samuan] kang êsah, dadi ya ora anyêthani singa wonga. Lan ora abedani apa pangyasa lan pasamuan mau ana ing nagara Walănda, utawa ana ing bawahe karaton nagara Walănda ora beda ngêndi-êndia.

Bab 293, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun. Singa wong kang duwe cipta anglanggar kamulyan utawa pangyasane sri nata kangjêng maharaja, tuwin wawênange putra garwa santana dalêm sri nata kangjêng maharaja, apadene yèn angala-ala utawa anyawiyah-wiyah panjênêngane sang nata, sarana pratikêl ampuh mawa kawêdharake ananging ora kamot ing layang cap-capan.

Yèn kaluputan angala-ala utawa anyawiyah-wiyah garwa putra santana dalêm sang narapati, ananging ora kamot ing layang cap-capan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun.

Ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 3 taun, uga kapatrapake marang singa wong

--- 164 ---

kang anglanggar kamulyan utawa pangyasane sêsulihe sang narapati ing tanah Indiya Nèdêrlan. Apadene lan angala-ala utawa angawiyah-wiyah sêsulih mau.

Ingatase panyêrêg ing prakara kang kapratelakake ing bab iki, ora pisan-pisan kalilan aniti mariksa marang tăndha katêrangan. Utawa marang yêktine prakara kang analarake panggugate kang kaluputan mau.

Bab 294, singa wong kang wani anglanggar kêkuwatane wêwaton pranata, sarana pratikêl ampuh mawa kawêdharake, ananging ora kamot ing layang cap-capan. Utawa singa wong kang angatag amrih murang sarak marang wêwaton mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 3 taun.

Bab 295, kadaluwarsane, iya iku matine, panyêrêging prakara kang kasêbut ing bab 292, 293 lan 294, sarta ginantungan ukuman. Iya iku yèn anggone nglakoni kaluputan wus kaliwat sataun.

--- 165 ---

Kadaluwarsane mau kasumênèkake sarana singa layang sêrêgan saka ing pangadilan.

Anadene atasing kaluputan mau, kadaluwarsane anindakake ukuman kang kamot ing layang karampungan. Iku yèn awit saka ing dinane layang karampungan mau katêtêpake, wus kapungkur 10 taun.

Sasuwene têka ing pangadilan isih ana papriksan kaya kang kasêbut ing bab 286 mau, iku kadaluwarsane panyêrêg prakara angala-ala uga isih lulus kagantung.

__________

Adêg-adêg III.

Bab amêdhar wadi.

Bab 296, para dhukun lanang wadon, para tukang nambani tatu, para tukang êdol utawa ngracik jamu, utawa liyaning uwong, kang jalaran pangkate utawa pangupajiwane kapitayan wêwadi, măngka kajaba lêlakon kang êsah utawa dadi wajibe, amêdharake wêwadi [wêwa...]

--- 166 ---

[...di] mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 6 sasi, lan dhêndha 50 rupiyah tumêka 250 rupiyah.

__________

Perangan II.

Bab kadurjanan lan panêrak marang jaradarbe.[72]

Bagean I.

Bab kadurjanan amaling.

Bab 297, kaluputan kadurjanan amaling, singa wong kang anjupuk barang kang dudu duwèke, sarana laku culika.

Bab 298, yèn uwong sêlaki sêrabi, măngka kang lanang jupuk barange kang wadon utawa kang wadon jupuk barange kang lanang. Yèn uwong dhudha utawa wong răndha jupuk barang duwèke bojone kang wus mati. Yèn anak utawa urute mangisor anjupuk barang duwèke bapa, biyunge saurute mandhuwur. Yèn bapa [ba...]

--- 167 ---

[...pa] biyung saurute mandhuwur anjupuk barang duwèke anak saurute mangisor. Utawa yèn sanak kadang pêripèn saurute mandhuwur utawa mangisor kang jupuk barang mau. Iku amung kêna anjalarake tatêmpuhan arlironi[73] sarana prakara parapadu.

Anadene liyaning uwong kang angupêtake[74] barang cêcolongan mau, sarta barang mau kanggo anyarati kauntungane. Iku kaukum kayadene maling.

Bab 299, kapatrapan ukuman pati, singa wong kang kaluputan amaling linakon akanthi nalar kang angaboti prakarane, sarta kamot ing limang pada ing ngisor iki, kaya ta:

1. Manawa pamalinge linakon ing wayah bêngi.

2. Yèn pamalinge linakon uwong loro utawa luwih.

3. Yèn sakèhe kang padha kaluputan utawa salah sawijine, anyikêp gêgaman kang katokake tan ora.

4. Yèn anggone nglakoni kadurjanane mau

--- 168 ---

sarana ambabah, tamènèk[75] utawa ambandrèk omah, sênthong utawa panggonan liyane kang pancèn diênggoni utawa kasêdhiyakake ing uwong, utawa kang pancèn ewone omah sapanunggalane. Utawa yèn anglakoni kadurjanane mau sarana nganggo pangkate prayayi parentah nagara utawa upsir, utawa sarana busanan cara prayayi utawa upsir mau, utawa sarana sêngadi anglakoni prentahe panguwasa nagara utawa panguwasa kaprajuritan lan mêlitèr.

5. Yèn anggone anglakoni kadurjanane mau sarana angroda pêksa, utawa pangancam-ancam bakal angêmak gêgamane.

Bab 300, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun. Singa wong kang kaluputan amaling linakon akanthi salah sawijining nalar kang kasêbut ing ngisor iki, kaya ta:

1. Yèn kadurjanane mau linakon sarwa angroda [angro...]

--- 169 ---

[...da] pêksa, lan nganggo rong patrap saka kang kasêbut ing pada 1, 2, 3 lan 4, bab 299 mau.

2. Yèn ta pamalinge linakon namung anganggo pangroda pêksa bae, sarta yèn pangroda pêksa mau amung nandhani kataton utawa karêmpuh.

3. Yèn pamaling mau linakon ing ratan kang kaambah ing ngakèh, sarta mawa angroda pêksa utawa pangancam-ancam.

Bab 301, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Singa wong kang kaluputan amaling linakon akanthi salah sawijining nalar kang kapratelakake ing ngisor iki, kaya ta:

1. Yèn pamalinge linakon sarana ambabah kadi ing jaba, ambabah ing jêro, pamènèk, utawa ambandrèk omah, utawa sênthong, lan panggonan liyane ing omah kang pancèn diênggoni [di...]

--- 170 ---

[...ênggoni] ing uwong utawa kasêdhiyakake ing uwong, lan yèn linakon ing ewone omah sapanunggalane. Apadene yèn kalakon sarana nganggo pangkate prayayi parentah nagara utawa upsir, utawa sarana busanan cara prayayi utawa upsir mau, utawa sarana sêngadi nglakoni parentahe panguwasa nagara utawa panguwasa prajuritan lan militèr.

2. Yèn pamalinge linakon sarana angroda pêksa tanpa anatoni utawa angrêmpuhi, utawa ora kanthi nalar liyane kang ngaboti.

3. Yèn pamaling mau linakon lan pêpangroda[76] pêksa, ananging akanthi têlung bab kang angaboti kaluputane sarta kasêbut ing ngisor iki, kaya ta:

a. Yèn pamalinge linakon ing wayah bêngi.

b. Yèn pamalinge linakon dening uwong loro utawa luwih.

--- 171 ---

c. Yèn kang kaluputan utawa salah sawijine anyikêp gêgaman kang katon tan ora.

Bab 302, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Singa wong kang kaluputan amaling linakon akanthi salah sawijining bab kang kapratelakake ing ngisor iki, kaya ta:

1. Yèn pamaling mau linakon ing wayah bêngi, utawa linakon ing wong loro utawa luwih, ing panggonan kang kaênggon ing uwong utawa kasadhiyakake minăngka panggonaning uwong.

2. Yèn kang kaluputan utawa salah sawijine anyikêp gêgaman kang katon tan ora, samono iku sanadyan panggonane nglakoni pamaling mau, ora kaênggonan utawa kasadhiyakake ing uwong, malah sanadyana pamalinge linakon i wayah rina utawa linakon ing wong siji bae.

3. Yèn pamaling mau linakon ing uwong kang ngêlêtake [ngê...]

--- 172 ---

[...lêtake] pondhokan utawa lusmèn, utawa umbal baburuh ngusungi barang, juragan prau, utawa bature, atasing barang kang kapitayakake jalaran pangupajiwane.

4. Yèn amaling utawa nyolong saka ing pangonan, jaran, khewan momotan, khewan tarikan, khewan tunggangan, utawa rajakaya gêdhe cilik liyane.

5. Yèn pamalinge linakonan sarana anggawa lunga utawa nyirnakake têtêngêr ing watêse pomahan utawa sabêt sapon.

Bab 303, yèn juragan prau utawa umbal buruh ngusungi barang, utawa batur lan buruhe salagine kapitaya pangusunge barang mau, măngka padha ngowahi ombèn-ombèn anggur sapanunggalane tuwin barang dagangan liyane. Utawa yèn anggone ngowahi nganggo kawujudan kang nglarani. Iku kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing bab 302 mau.

Yèn kawujudan kang diêmor mau ora nganti nglarani utawa [u...]

--- 173 ---

[...tawa] ngrusaki, ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 1 taun, lan dhêndha 8 rupiyah tumêka 50 rupiyah.

Bab 304, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, sarta kasuwak wawênang lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22. Singa wong kang kaluputan amaling sarana ambabah utawa amènèk utawa ambandrèk ing panggonan kang ora kagolong diênggoni uwong, utawa kagolong panunggalane.

Panyobaning kadurjanan mau uga kapatrapan ukuman.

Bab 305, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun, tuwin kasuwak wawênange kaya kang kasêbut ing bab 22. Singa wong kang kaluputan amaling sarana nganggo salah sawijining pratikêl kang kasêbut ing ngisor iki, kaya ta:

1. Yèn pamalinge linakon ing ratan kang kaambah ing ngakèh, tanpa sarana angroda pêksa

--- 174 ---

utawa pangancam-ancam.

2. Yèn pamaling mau linakon ing wayah bêngi, linakon ing uwong luwih saka siji, ana ing panggonan kang ora kaanggêp omah kang kagonan[77] uwong, utawa panunggalane omah.

3. Yèn malinge mau panakawan utawa bature kang cinolong, utawa yèn kang dimalingi dudu bêndarane ananging ana ing omahe bêndarane utawa ana ing omahe kang diparani utawa dipondhoki bêndarane. Utawa yèn kang maling mau nyambutgawe dadi buruh, pangrewang utawa murid ana ing omahe utawa panggonane nyambutgawe, utawa warunge lan gudhange bêndarane. Anadene manèh yèn kang maling mau wus lumrah nyambutgawe ing omah kang kamalingan mau.

4. Yèn pamaling mau linakon ing omah pamondhokan dening sawênèhing uwong kang kapondhokake [kapo...]

--- 175 ---

[...ndhokake] i kono.

Yèn kang kacolong mau ora anglangkahi rêga 25 rupiyah, utawa kang kaluputan durung tau kapatrapan ukuman jalaran anglakoni pamaling, utawa patrap kaya kang kasêbut ing adêg-adêg I lan II bagean III perangan iki. Iku kang padha kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 1 sasi tumêka 3 sasi.

Panyobaning kaluputan mau kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing adêg-adêg pungkasan mau.

Bab 306, kang kaanggêp omah kanggonan ing uwong, iku sarupaning gêdhong, omah, gubug dadi ya kang ora ana talêse apadene sarupaning pêpanggonan kang sadhiyakake kanggo omahing uwong, sanadyan ora diênggoni.

Kang diarani utawa dipadhakake karo omah kang diênggoni uwong, iku kabèh kang dadi ewone, kaya ta: palataran, pêgalangan, panggonan agawe prau, lumbung, gêdhogan, gudhang, gêdhong [gê...]

--- 176 ---

[...dhong] utawa lotèng parawatan barang, lan liyane kang nunggal pagêr, samono iku ora beda gunane utawa kanggone, lan manèh ora ambedani yèn anunggal sapagêr malah padha duwe panginêb dhewe.

Bab 307, kang kaanggêp panggonan kang minêb utawa ora kêna kaambah ing ngakèh iku, sarupaning papan kang kaubêngan jagang, kalèn, pancak suji, anjang-anjang, gêbyog utawa blabag, pagêr jaro, pagêr kayu urip, utawa dhadhah, pagêr bata. Samono iku ora beda dhuwure, jêrone, kawake utawa rusake sêsiwiran utawa inêb-inêban mau, lan sanadyan ora ana lawange kang kêna diinêb utawa kakancing, utawa yèn ana lawange măngka blabage ora rapêt lan lawang mau salawase mênga bae.

Bab 308, kandhang kang ora padha tumancêp apadene panggonan pinagêran. Kang pancèn kanggo ngandhang utawa ngalumpukake rajakaya, iku ora ambedani sarate, uga kaitung panggonan minêb utawa

--- 177 ---

ora kêna kaambah ing ngakèh. Anadene yèn kandhang utawa panggonan mau, ngrakêti gubug utawa pangauban liyane kang ora tumanjêp ing lêmah, iku kaanggêp dadi panunggalane omah kang diênggoni uwong.

Bab 309, têgêse ambabah iku, yèn ta ngowahake, kêmpalake,[78] ngrusakake, ambubrahake, utawa ngilangake, pagêr bata, payon, lotèng parawatan barang, lawang, cêndhela, kunci utawa gêmbok, utawa liyaning piranti lan isarat kang kanggo angalang-alangi utawa nutupi, apadene sarupaning panyigêd dalan liyane ora beda rupane utawa wujude.

Bab 310, kang diarani ambabah iku ana rong warna, kang siji yèn ambabah kadi ing jaba omah, liyane yèn ambabah ing jêroning omah.

Bab 311, têgêse ambabah kadi ing jaba iku, yèn pambabahe minăngka olèh dalan bisa malêbu ing omah, ing palataran, ing pagalangan, ing panggonan kang kasiwêran, utawa kang dadi ewone [ewo...]

--- 178 ---

[...ne] kang kasêbut mau. Apadene yèn pinangkane bisa ta olèh dalan malêbu ing sabageaning omah utawa panggonan kang diênggoni uwong.

Bab 312, têgêse pambabah ing jêro iku, yèn sawuse malêbu ing panggonan kang kasêbut ing bab 311 mau, si dursila angrusak, ambandrèk, ambubrah utawa ambêcat lawang kang ana ing jêro omah, utawa kêkancingan liyane, utawa lêmari, bênèt lan prabot liyane kang kinancing.

Kang padha kaitung pambabah ing jêrone omah iku, yèn angêpèk pêthi, dhunak, buntêl lan kang tinalèn utawa binuntêl ing jarit, utawa liyaning prabot kêkancing kang ana isine. Samono iku sanadyan pambubrahe mau ora linakon ing panggonane barang mau.

Bab 313, têgêse pamènèk malêbu ing sawênèhing panggonan. Iku sarupaning tarekah pènèk minăngka bisa malêbu ing omah, gêdhong, palataran, pagalangan, sapanunggalane, utawa ing patamanan [pata...]

--- 179 ---

[...manan] lan sakèhing panggonan kang pancèn ora kêna kaambah ing ngakèh. Samono iku sarana mènèk pagêr bata, lawang, payon, èmpèr utawa panutup liyane.

Anadene yèn malêbune si dursila sarana anggangsir utawa bolongan kang pancèn dudu dalaning uwong, iku kaitung padha karo amènèk mau.

Bab 314, kang diarani kunci pambandrèk, utawa sosi, sogok utawa sorog pambandrèk. Iku sarupaning isarat piranti kang bengkong pucuke, kang bengkong, kang nyanthuk, kang kêncêng, utawa kang warna kunci tiron, kunci owah-owahan, tuwin kunci kang pancèn ora tau kanggo dening kang dêduwe, kang nyewa, kang ngêlêt pamondhokan utawa kang mondhok, kanggo ambukak kancingan, gêmbok sapanunggalane.

Bab 315, singa wong kang niru utawa ngowahake kunci iya iku sorog. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka [tu...]

--- 180 ---

[...mêka] 2 taun, lan dhêndha 12 rupiyah tumêka 75 rupiyah.

Yèn kang kaluputan mau tukang gawe kunci utawa sorog, ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Pêpacak iki ora pisan-pisan anyêkake wawênang ngêtrapi ukuman, marang kang dadi sabiyantu ingatas prakara mau, samono iku yèn ana nalare.

Bab 316, singa wong kang amaksa utawa angroda, anjiyat utawa amisesa, amurih panăndha tangan utawa pamasrahe layang kang lumrah, layang êsah, layang kang nêtêpi sawênèhing prakara. Măngka layang kang kasêbut mau ngamot prajangji, karampungan utawa pangluwaring prajangji, iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 317, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 5 taun, lan kasuwak [ka...]

--- 181 ---

[...suwak] wawênange lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22. Singa wong kang nglakoni kadurjanan pamaling kang ora kasêbut ing bagean iki, utawa kang nglakoni kadurjanan nayab, amblurut, ngutil, nyêbrot, ambêdhog, anyêlêr sapanunggalane.

Yèn rêgane barang kang kacolong ora luwih saka 25 rupiyah, măngka kang kaluputan durung tau kapatrapan ukuman jalaran amaling, utawa prakara kang kapratelakake ing adêg-adêge I lan II saka bagean têlu perangan iki, lan kang kamot ing bab 350. Iku kang padha kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 8 dina tumêka 3 sasi.

Panyobane kadurjanan utawa panêrak iki, ginantungan ukuman kaya kang kasêbut ing pada ing ngarêp mau.

__________

Bagean II.

Bab kadurjanan linakon ing uwong sudagar salagine laku dagange bobrok (bangkrut) kadurnan [kadur...]

--- 182 ---

[...nan][79] linakon ing uwong kang wus ora kuwawa andayani kuwajiban pangupajiwane. Kadurjanan linakon ing uwong kasêbut ing ngarêp mau, salagi diulurake mangsane ambayar utange.

Bab 318, kaluputan sarta kaukum jalaran pasaja bobrok laku dagange, singa wong sudagar kang awit saka karampungane pangadilan wus katêtêpake bobrok laku dagange, măngka tinêmu duwe patrap salah sawiji utawa luwih saka iku, ingatase prakara kang kasêbut ing ngisor iki, kaya ta:

1. Yèn anggone ngêtokake dhuwit kanggo ing awake dhewe, utawa kanggo ing patrap panguripe, kaanggêp kaladuk tinimbang karo pangkate, karo bangsane, karo adate bangsane, tuwin karo bandhane utawa pangasilkane.[80]

2. Yèn anggone nêmahi pituna utawa karugian, kabèh utawa sawatara akèh jalaran saka anggone dhêmên utawa kêtagihan [kêtagih...]

--- 183 ---

[...an] ing botohan, jalaran totohan, utawa jalaran lêlakon anyoba tuwin anekadan atasing prakara kang kauntungane gumantung saka kapanujon.

3. Yèn wus sumurup manawa bandhane utawa rajadarbèke, durung nyandhak saparoning utange. Măngka nyambut dhuwit akèh saka wong liya, utawa nglakoni among dagang kang gêdhe modhale.

4. Yèn anduwèni barang dagangan kang durung dibayar, anggone tuku kalawan utang. Măngka sajrone nêm sasi sadurunge bobrok (bangkrut) barang mau diêdol rêga murah kurang saka rêgane pasaran utawa rêga kang lumrah.

5. Yèn anglakokake, anampani, angliyêrake utawa anandhani layang wèsêl iya iku layang ligêr utawa layang pamatah ambayar, ukawa[81] panunggalane layang kang ana ajine sarta lumrah kalakokake ing kănca dagang. Măngka kèhing

--- 184 ---

dhuwit kang kamot ing layang mau, luwih saka tikêling rêgane barang-barang kang digawe gaota.

6. Yèn dadi bêlantik, măngka kaluputan anêrak pêpacak kang kasêbut ing adêg-adêg kang kaping pindho bab 65, ing layang anggêr among dagang utawa wètbuk van kup andhêl.

Bab 319, ukumane singa wong sudagar kang pasaja bobrok (bangkrut) nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 5 taun.

Bab 320, kaluputan sarta kaukum jalaran bobrok (bangkrut) kalawan culika, singa wong sudagar kang awit saka karampungane pangadilan wus katêtêpake bobrok laku dagange, măngka tinêmu duwe patrap salah sawiji utawa luwih saka iku, ingatase prakara kang kasêbut ing sangang bab ing ngisor iki. Kaya ta:

1. Yèn angrêreka wragad utawa pituna kang satêmêne ora kabayar utawa ora kasandhang, ana ing layange buku dagang, utawa ing layange [layang...]-

--- 185 ---

[...e] têtimbangan kèhing utange utawa kèhe amotangake, utawa ing layang-layang liyane.

2. Yèn anyalingkuhake utawa ngumpêtake dhuwit, sarupaning layang kang ana ajine, sarupaning pratăndha utang, sarupaning barang dagangan, utawa liyane barang amal. Samono iku amrih aja ana kang bisa kacandhak marang kang padha motangake.

3. Yèn amawad ngêdol barange amal utawa kang warna bumi, omah sapanunggalane, utawa yèn amawad amotangake dhuwit utawa awèwèhi rajadarbèke.

4. Yèn amawad duwe utang, sarana agawe layang pratăndha utang kang goroh sarta makolèhi ing liya. Utawa yèn tanpa nalare tuwin tanpa anampani dhuwit utawa barange, angaku mawa pratikêl culika utang nganggo pratăndha layang êsah utawa layang gaweane

--- 186 ---

dhewe.

5. Yèn tuku amrih paedahe dhewe, utawa yèn anak bojone katukokake barang amal utawa kang warna bumi, omah sapanunggalane, panukune mau nganggo jênênge wong liya.

6. Yèn anglakokake layang ligêr iya iku wèsêl, layang pamatah ambayar utawa panunggalane kang kêna kaliyêrake. Măngka kang kadunung ambayar mau ora kasêdhiyakake dhuwite, lan manèh yèn sanadyan ana dhuwite ora nyukupi kanggo ambayari layang mau.

7. Yèn kapitaya ngêrèh utawa kanggonan barange uwong liya, măngka barang mau kaêdol utawa kagadhe, utawa kaliyêrake merang[82] ing liya tanpa kawênangake dening kang duwe. Anadene pakolèhe dhuwit diênggo dhewe utawa ora bisa andunungake parane.

8. Yèn kapitayan ngrumati dhuwit utawa kang ajine

--- 187 ---

kaya dhuwit. Măngka dhuwit mau diênggo dhewe utawa yèn ora bisa andunungake dadiane.

9. Yèn ambalithuk marang kang padha motangake sarana ora ngingu buku dagang, utawa sarana buku kang ora kagarap kaya kang kapasthi. Utawa yèn buku dagang mau kacacad tulisane, utawa kaowahake utawa karusakake, nganti ora bisa nêrangake barang lan bandhane kaya kang sanyata. Utawa manèh yèn angilangake, anyirnakake utawa anyingêdake mawa sêdya piala, buke kabèh utawa sawatarane bae.

Bab 321, ukumane kang kaluputan bobrok laku dagange (bangkrut) kalawan patrap culika iku, nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun. Layange karampungan kang nêtêpake ukumane, kajaba kalumrahake kaya kang kasêbut ing bab 24, papêthikane kudu kaundhangake ing

--- 188 ---

layang pawarta kang mêtu saka parentah.

Bab 322, ewasaka kang wus kapacak ing layang pranata atase kaluputan sabiyantu, katêtêpake sabiyantu utawa sakait marang sudagar kang bobrok laku dagange mawa nganggo pratikêl culika, sarta kapatrapan ukuman padha karo kang kapatrapake marang kang bobrok laku dagange mau. Sing sapa kang wus sumurup prakarane sudagar mau, măngka angrewangi anyalingkuhake utawa anyamarake barange amal utawa barange kang warna omah sapanunggalane. Utawa angrewangi amawadake pangêdol goroh, pamotang lan pawèwèh kang goroh. Anadene manèh yèn wus sumurup prakarane, măngka gêlêm diakon ngaku amotangake marang kang bobrok laku dagange mau, sarana layang pratăndha kang pancèn goroh. Samono iku amurih amakolèhi kang bobrok laku dagange sarta mitunani kang padha motangake.

Bab 323, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan [pê...]

--- 189 ---

[...ksan] tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun. Singa wong kang wus katêtêpake sarana lalang[83] karampungan pangadilan. Yèn ora kuwawa andayani kuwajiban pangupajiwane. Măngka tinêmu duwe patrap salah sawiji utawa luwih saka iku, ingatase prakara kang kasêbut ing bab 320 pada 2, 3, 4, 5, 7, lan 8.

Pêpacak kang kasêbut ing bab 322, uga tumrap ingatase kang kaluputan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau.

Bab 324, wênang kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 6 sasi. Singa wong sudagar kang wus katêtêpake bobrok lakune dagang sarana layang karampungan pangadilan. Măngka tinêmu duwe patrap kaya kang kasêbut ing bab salah sawiji utawa luwih saka kang kasêbut ing ngisor iki. Kaya ta:

1. Yèn ora ana paturane ing kantore pangadilan. Kaya kang kapacak ing bab 750 saka layang anggêr atase wong among dagang (wètbuk van kup andhêl).

--- 190 ---

2. Yèn paturane atasing bêbatone,[84] utawa atasing kongsine, ora mituruti pêpacake pada kapat saka bab 750 mau.

3. Yèn tanpa sêdya ala, ora duwe buk dagang utawa yèn buke kurang bênêr, nganti susah anyatakake sêbarang duwèke.

Bab 325, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 14 dina tumêka 3 sasi. Singa wong sudagar kang wus katêtêpan sarana karampungan pangadilan bobrok laku dagange, singa wong liya kang wus katêtêpan sarana karampungan pangadilan yèn ora kuwawa andayani kuwajiban pangupajiwane. Măngka padha kuwajibake ing parentah utawa anggêr amrih angaturake katêrangan atasing prakarane, malah katimbalan mopo ora sowan ing ngarsane prayayi pangadilan tanpa nalar kang êsah, utawa yèn sowana măngka maha ora gêlêm ngaturake katrangan kang pinundhut utawa kang kuwajibake.

--- 191 ---

Bab 326, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 5 taun. Singa wong kang anuwun pangulur mangsaning pambayar utange, măngka duwe cipta ala angaturake cathêtan, pratelan kang kagarap kurang satiti, utawa kang duwe cipta ala anyulayani kang kamot ing bab 903 lan 904, ing layang anggêr atase among dagang (wètbuk van kup andhêl).

Bab 327, sakèhing ukuman kang ginantungake ing bagean iki, atasing ora ngingu buku dagang utawa yèn angingu buku mau kurang saka kang sabênêre. Iku ora padha kapatrapake yèn sawuse kapriksa ing prayayi pangadilan, ana katrangane yèn anggone lali, kurang satiti utawa kurang gênah mau, jalaran saka kurang wasise.

__________

Bagean III.

Bab ngakali, ngapusi, sapanunggalane apus-apus.

--- 192 ---

Adêg-adêg I.

Bab ngakali lan ngapusi.

Bab 328, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 5 taun, lan dhêndha 100 rupiyah tumêka 5.000 rupiyah, tuwin kasuwak wawênange lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22. Sing sapa kang mawa sêdya ala ngakali rajadarbene uwong liya, ora beda apa ngarah kabèhe apa sawatarane. Samono iku sarana anjaluk marang kang diakali supaya kawènèhna dhuwite, utawa layang kang ajine padha kaya dhuwit. Ukawa[85] liyaning barang. Apadene supaya kawènèhna prajangjian tuwin layang pêthuk utawa pangluwar saka prajangjian. Mangkono mau iku mawa nganggo jênêng utawa pangkat goroh utawa rêrekan, utawa nganggo akal ngakon ngandêl i sawênèhing pagawean utawa sawabing panguwasa, kasugihan utawa gampang olèh utang. Utawa nganggo ngungkadake pêngarêp-arêpe utawa sumêlange

--- 193 ---

ingatasing kadadeyane prakara, kang gumantung ing kêtuju utawa kêmokalan. Apadene manèh mawa nganggo paeka ambalithuk liyane.

Yèn pakolèhe ngakali mau rêgane ora luwih saka 25 rupiyah, măngka kang kaluputan durung tau kaukum jalaran amaling, utawa lêlakon kaya kang kasêbut ing adêg-adêg iki, tuwin ing adêg-adêg II ngisor iki, lan kang kamot ing bab 350. Iku kang padha kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 8 dina tumêka 3 sasi.

Anadene yèn pratikêle ambalithuk mau, kaciri ngowahi layang tulisan utawa kadurjanan liyane, kang kapacak ginantungan ukuman luwih abot saka kang kasêbut ing bab iki. Ukuman kang luwih abot mau kang kapatrapake marang kang kaluputan.

Bab 329, kaluputan angapusi tuwin kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun tuwin kadhêndha 200 rupiyah tumêka 2.000

--- 194 ---

rupiyah.

1. Singa wong kang ngêdol utawa anggadhèkake bumi, omah sapanunggalane kaya duwèke dhewe, măngka pancèn sumurup yèn dudu duwèke.

2. Kang anduwèni cipta ala angêdol utawa anggadhèkake rajadarbe, nganggo amratelakake yèn rajadarbe mau durung ginadhe, măngka satêmêne isih ana ing gadhèn. Utawa yèn ênggone anêrangake patraping gadhèn kang durung tinêbus mau, nganggo pratela goroh atas kèhing dhuwite utawa prajangjiane.

__________

Adêg-adêg II.

Bab anyahak kapracayan.

Bab 330, singa wong kang sarana angarah butuhing kasêngsêman, cupêting budi utawa hawa nêpsune uwong kang durung diwasa, amurih uwong mau nandhani tangan ing layang [la...]

--- 195 ---

[...yang] prajanjian, layang pêthuk utawa layang pangluwar saka utang dhuwit utawa nyilih barang amal. Ora beda patrape kang tinanduk utawa panyamure anggêr andadèkake kapitunaning uwong kang durung diwasa mau. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 sasi tumêka 2 taun, lan kadhêndha sakèh-kèhe saprapating pitunane uwong kang durung diwasa mau, lan ora kurang saka 12 rupiyah. Tuwin kasuwak wawênange lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22.

Bab 331, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun, dhêndha 100 rupiyah tumêka 5.000 rupiyah, lan kasuwak wawênange lan kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22. Singa wong kang cidra ing kapracayan sarana anampani daluwang kang ora tinulis apa-apa, amung amot tăndha tangane sawênèhing uwong, sarta sumurup bakal kanggone. Măngka mawa cipta ambalithuk ing dhuwure tăndha tangan mau, dèn tulisi prajangjian, utawa pêthuk,

--- 196 ---

utawa pangluwaring prajangjian, kang bakal andadèkake pitunane kang nandhani tangan mau.

Yèn ênggone anampani daluwang kang katăndha tangan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, ora kasurupake bakal kanggone, măngka kanggo anandukake laku kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau. Iku ukumane kang kaluputan padha karo ukumane uwong kang ngowahi tulisan.

Bab 332, singa wong kang anduwèni cipta ala amitunani ing saliya sarana nêmaha anyingêdake utawa ngilangake ajine, utawa angêdol utawa nganggo amrih paedahe dhewe. Sarupaning layang lumrah, layang kang ana ajine dhuwit, dhuwit, barang dagangan, layang pêthuk, layang prajangjian, layang pangluwaring prajangjian, utawa liyaning barang amal. Măngka layang, barang, utawa dhuwit mau amung kapasrahake ing tangane awit kasewa, utawa supaya karumatana, utawa awit saka dikuwasakake, utawa awit kagadhuhake, utawa minăngka pananggungan, utawa

--- 197 ---

kanggo petungan karo pagawean kang mawa utawa tanpa bayaran. Sarta ênggone nampani layang utawa barang mau nganggo kapacak wajib ambalèkake utawa kapacak bab panganggone. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 5 taun. Samono iku yèn kaluputan mau ora kaciri amaling utawa cidra ing sêtyane nglakoni pagawean nagara, utawa yèn ora ginantungan ukuman luwih abot awit nalar liyane.

Anadene yèn rêgane kang disingidake utawa kang diilangake ajine, utawa kang diêdol utawa kanggo amrih paedahe dhewe, ora luwih saka 25 rupiyah. Lan kang kaluputan durung tau kaukum jalaran amaling utawa lêlakon kang kasêbut ing adêg-adêg iki utawa ing bab 331 lan 350. Iku kang kaluputan kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 8 dina tumêka 3 sasi.

Bab 333, singa wong kang wus angaturake layang

--- 198 ---

gugate, utawa layang liyane, utawa layang pemutan, marang pangadilan. Măngka sarana murang bênêr jupuk bali utawa anyingêdake layang-layang mau tanpa beda pratikêle. Iku kapatrapan ukuman dhêndha 12 rupiyah tumêka 150 rupiyah.

Ukuman iku kang ngêtrapake iya pangadilan kang kabubuhan anggarap prakarane mau.

__________

Adêg-adêg III.

Bab tuku, gadhe, katitipan, utawa nampani barang kang kagolong sandhangan, prabot piranti, utawa gêgamane băngsa militèr utawa saradhadhu, tanpa beda pratikêle.

Bab 334, singa wong kang ora kabawah ing pangadilan militèr utawa saradhadhu, măngka tanpa sêdya nglêstarèkake inggating militèr, kaluputan, tuku, anggadhe, katitipan, utawa ora beda pratikêle anampani barang sandhangan militèr, gêgamane, [gêgama...]

--- 199 ---

[...ne,] utawa barang liya kang kagolong prabot piranti utawa tandhane militèr, tanpa bisa anuduhake utawa ora wanuh karo kang ngêdol, anggadhèkake, nitipake, utawa ora beda pratikêle awèh barang mau. Iku kapatrapan ukuman dhêndha 50 rupiyah tumêka 500 rupiyah, utawa nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 1 taun.

Bab 335, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 7 dina tumêka 1 sasi. Singa wong kang ora kabawah ing pangadilan militèr, sarta ora sêdya anglêstarèkake inggating militèr, tuwin kajaba pratikêl kang kasêbut ing bab 334 mau, măngka kaluputan, tuku, anggadhe, katitipan, utawa tanpa beda pratikêle nampani saka wong militèr lautan utawa dharatan sorsorane pangkating upsir, barang kang kagolong sandhangan prabot piranti utawa gêgamane militèr. Samono iku yèn anggone nampani [na...]

--- 200 ---

[...mpani] barang mau, ora jalaran barang iku bakal didandani utawa dirêsiki.

Pêpacak ing bab iki ora tumrap marang uwong, yèn pakolèh barang mau sarana tuku salagi barange kaêdol awit dhawuhe panguwasa nagara, utawa yèn ênggone tuku nganggo layang pralilah saka upsir panindhihe militèr mau, utawa pralilahe kang kinuwasakake. Ananging kudu anêrangake atasing salah sawijining bab mau.

Bab 336, barang kang kasêbut ing pada kapisan ing bab 335, sarta kang kanggo butamal ing pangadilan. Iku kapasrahake marang pangyasa militèr yèn kang kanggonan barang mau kapatrapan ukuman.

Bab 337, yèn kaluputan mau kaambalan iku ukuman kang abot dhewe, kaya kang kasêbut ing bab 335, kêna kaundhakake nganti tikêl.

__________

Adêg-adêg IV.

Bab panêrak pranata atase omah bêbotohan, [bêbo...]

--- 201 ---

[...tohan,] atasing lotrèi, utawa atasing pêgadhean.

Bab 338, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 sasi tumêka 6 sasi, lan dhêndha 50 rupiyah tumêka 3.000 rupiyah, tuwin kasuwak wawênange utawa kuwajibane kaya kang kasêbut ing bab 22. Singa wong kang tanpa kawênangake măngka ambangunake omah botohan, lan suka lilah sok uwonga malêbu dolan ing kono. Samono iku ora beda apa pratingkahe mau mêtu saka kêkarêpe dhewe, apa mêtu saka kapirêmbuge kang padha mèlu utawa ngathon, utawa kang padha bratoni.

Padha bae ukumane kang padha kaluputan ambangunake utawa gawe lotrèi, utawa kang padha ngêrèh lotrèi mau sawakil utawa mata pitayane.

Ewadene saka iku sakèhing dhuwit utawa barang kang tinêmu ing pabotohan mau, utawa tinêmu

--- 202 ---

kapasangake ing lotrèi, iku karampas kabèh. Mangkono uga sakèhing barang, piranti, isarat, pêkakas, kang kanggo utawa kasadhiyakake kanggo bêbotohan utawa lotrèi, dalasan barang amal kang kanggo ing kono utawa kang kanggo rêrênggan panggonan mau, iku uga kabêskup kabèh.

Bab 339, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 15 dina tumêka 3 wulan. Singa wong kang tanpa lilah kang êsah ambanguni utawa bukak omah gadhean. Iya iku panggonan kang wujude amotangi dhuwit mawa cêcêkêlan barang.

__________

Adêg-adêg V.

Bab amakewuhi utawa ngalang-alangi uwong nganyang.

Bab 340, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 15 dina tumêka 3 sasi. Sing sapa kang amakewuhi utawa

--- [203 ---

ngalang-alangi, sarana lakon jaragan, pangroda, utawa pangancam-ancam. Karêpe wong anganyang utawa nêbas, bakuwane, gadhuhane, utawa panyewane sakèh utawa sarupaning barang, sarupaning laku panggaota, lêladèn, pagawean, utawa sêsanggan liyane. Samono iku salagi barang utawa prakara mau ditawakake, lan ora beda apa patrape kalakon sadurunge apa salagine nganyang utawa nêbas.

Ukuman kang kasêbut ing dhuwur mau, uga kapatrapake marang sing sapa kang ngundurake wong kang nganyang, sarana pawèwèh utawa sêsaguhan.

__________

Adêg-adêg VI.

Bab panêrak pêpacak, atasing pabrik, atasing among dagang, lan atasing kawignyan.

Bab 341, kapatrapan ukuman dhêndha 100 tumêka 1.500 rupiyah, lan kabêskup barange kang andadèkake

--- 204 ---

prakara, bêbarêngan utawa dhewe. Singa wong kang anêrak wêwatoning pranata bab wawêtone pabrik-pabrik ing tanah Indiya Nèdêrlan. Măngka pranata mau amurih nanggung bêcike, ganêping takêran utawa ukurane, lan watêke gêgaweane pabrik-pabrik mau.

Bab 342, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 1 sasi. Sing sapa kang padha amburuhake pagaweane, măngka padha têtêpungan rêmbug amurih mêksa panyudaning buruhane kang padha bêburuh. Mangkono iku mawa anyingkiri kang bênêr lan kang patut. Sarta lakune mau nganti kacoba utawa kawiti.

Bab 343, yèn uwong kang padha bêburuh padha têtêpungan rêmbug, amurih bêbarêngan anglèrènake pagawean. Utawa amênging ana uwong nyambutgawe ing pabrik utawa anggon liya, utawa anyêgahi buruh liyane padha mrono, utawa mênging wong buruh mau têka lunga tah kari ing kono sadurunge

--- 205 ---

utawa salêbaring wayahe kang kapasthèkake. Lan manèh yèn wrata amurih pangandhêg panyêgahe pagawean utawa angundhakake buruhane. Iku yèn lêlakon mangkono mau nganti kacoba utawa kaawitake, sing sapa kang padha kaluputan padha kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 1 sasi tumêka 3 sasi.

Anadene kang dadi pangarêpe utawa kang ngojok-ojoki, iku padha kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Bab 344, kapatrapan ukuman kang kasêbut ing bab 343, kabeda kaya kapratelakake ing bab mau iku. Singa wong buruh kang nêmbungake utawa ngucapake dhêndha, larangan, panyêgah, panundhung kang diarani pangipat-ipat utawa pangêsot, utawa apa bae arane, marang kang ngêrèh pabrik, marang kang ngêrèh panêbas pagawean, utawa marang kancane buruh.

Bab 345, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 2 taun, lan dhêndha [dhê...]

--- 206 ---

[...ndha] 25 rupiyah tumêka 150 rupiyah. Singa wong kang akon ngalih mênyang ing amănca, marang pangêrèhe, utawa sosorane, utawa turuhe[86] pabrik sapanunggalane, samono iku kang sumêdya mitunakake panggaotane tanah Indiya Nèdêrlan.

Bab 346, singa wong kang ngêrèh utawa dadi sor-sorane, utawa bêburuhing sawênèhing pabrik. Măngka amêdharakê wêwadining pabrik anggone nyambutgawe, marang uwong băngsa liya utawa marang uwong tanah Indiya Nèdêrlan kang dêdunung ing amănca. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, lan dhêndha 250 tumêka 10000 rupiyah.

Yèn wêwadi mau kawêdharake marang uwong tanah Indiya Nèdêrlan kang dêdunung ing tanah Indiya Nèdêrlan. Iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 2 taun, lan dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

Bab 347, kapatrapan ukuman nyambutgawe tanpa [ta...]

--- 207 ---

[...npa] karante 1 sasi tumaka 1 taun, lan dhêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah tan ora. Singa wong kang têmaha amratakake kabar goroh utawa rêrekan, utawa anandukake liyaning pratikêl ala, amurih angundhakake utawa anyudani rêgane barang, rêgane barang dagangan, utawa rêgane layang kang ana ajine dhuwit, ora beda tanah asale, utawa rêgane layang pratăndha utange nagara êndi-êndia.

Bab 348, padha bae ukumane kang kaluputan totohan. Bab mundhak utawa miringe rêgane layang pratăndha utange nagara.

Bab 349, kang kaagêp[87] totohan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, iku sarupaning prajangjian angêdol, amasrah layang pratăndha utang nagara măngka kang ngêdol iku ora nêrangake, yèn nalikane prajangjian layang pratăndha utang mau wus ana ing tangane, utawa kudu ana ing tanganing mangsane layang mau kapêsthèkake kapasrahna marang kang tuku.

--- 208 ---

Bab 350, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 3 sasi tumêka 5 taun, lan dhêndha 100 tumêka 2000 rupiyah. Singa wong kang têmaha adol utawa ngijolake utawa anggadhèkake salaka kang kaawadake mas, pêlikan kang sathithik rêgane kang kaawadake êmas utawa salaka, pêlikan kang kamoran babarpisan utawa sawatara kang kaawadake tulèn, mutyara gawean kang kaawadake tulèn. Wau utawa barang panunggalane kang ora ana rêgane akèh, kang kaawadake sêsotya utawa barang kang akèh rêgane.

Anadene yèn pakolèhe sarana patrap ala mau, ora luwih saka 25 rupiyah. Utawa kang kaluputan durung tau kaukum jalaran anglakoni maling lan pratikêl kaya kang kasêbut ing bab iki, ing adêg-adêg I lan II saka bagean ping têlu, perangan kapindho pangkat ping II, layang kapindho ing anggêr iki. Iku ukumane kang kaluputan nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 8 dina

--- 209 ---

tumêka 3 sasi.

Sakèhing barang kang kanggo nglakoni kadurjanan mau, yèn isih duwèke kang kaluputan sarta wus kabêskup, iku karampas kabèh.

Bab 351, yèn uwong tuku adol lakune adol tinuku, anganggo ukuran, takêran, utawa timbangan liya kang wus tinamtokake ing wêwaton pranata. Iku kang tuku mau ora pisan-pisan kawênang anggugat marang kang adol. Ingatase ambodhoni jalaran nganggo takêran, ukuran, utawa timbangan larangan. Samono iku tanpa nguciwani panarike ing ukum iya jalaran ngapusi mau, iya jalaran nganggo takêran, ukuran, utawa timbangan kang kalarangan.

Yèn ta laku ngapusi, ukumane kang kaluputan iya iku kang kasêbut ing bab 350.

__________

--- 210 ---

Adêg-adêg VII.

Bab kadurjanan linakon dening uwong kang nyăngga lêladèn.

Bab 352, singa wong kang kapatah anglakoni pagawean, angêrèh sadhengahing barang utawa pagawean, utawa nyăngga lêladèn, marang wadyabala dharatan utawa lautan. Ora beda apa linakon dhewe apa awit ngawaki bêbathon utawa kongsi utawa kumpulan liyane, măngka tanpa jalarane kajiyat utawa kawasesa, angèthèrake pagawean kang dadi sêsanggan utawa sanggêmane. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, lan dhêndha kèh-kèhe saprapating pituna kang ginawe, sathithike 250 rupiyah. Samono iku ora nguciwani ukuman kang luwih abot yèn bêbaluh karo mungsuh.

Bab 353, yèn pangèthère mau jalaran saka gawene kang dadi wakile kang nyanggêmi lêladèn.

--- 211 ---

Iku wakil utawa pitayane mau kapatrapan ukuman kang kasêbut ing dhuwur mau.

Yèn kang nyăngga lêladèn sarta wakile utawa pitayane, sakarone mèlu nglakoni kadurjanan mau, iku ukumane iya uga padha bae karo kang kasêbut ing ngarêp mau.

Bab 354, yèn kang amitulungi marang kang ngèthèrake sêsanggêman lêladèn mau, lungguhe prayayi nagara, utawa wakile parentah, utawa yèn kang kaluputan mangkono pacakane utawa kabalănja ing parentah. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun. Samono iku ora anguciwani ukuman kang luwih abot. Yèn bêbaluh karo mungsuh.

Bab 355, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 sasi tumêka 5 taun, lan dhêndha kèhe saprapating pituna kang ginawe, sathithike 50 rupiyah. Sing sapa kang kaluputan angèthèrake lêladèn utawa pagawean, sarana ledane, utawa

--- 212 ---

sarana pangapus atasing rupa warna, watak, utawa cacahing pagawean lan lêladèn mau. Samono iku sanadyan ora nganti ngandhêgake lakuning pagawean.

Bab 356, ingatase sakèhing lêlakon prakara kang kasêbut ing adêg-adêg iki, ora ana panyêrêge yèn ora ginugat ing parenta.[88]

__________

Bagean IV.

Bab lakon ambubrahi, anglêburi, angajuri, angrêmuki barang, bab angrusaki utawa gawe cacading samubarang.

Bab 357, sing sapa kang nêmaha angobong omah, prau kapal, prau liyane, gudhang, pêgalangan, alas, kayu liyane utawa tanêm tuwuh, ora beda apa warna isih ijoan, apa warna wus kaundhuh utawa kaêni, ora beda apa kayune wus katumpuk utawa wus kabongkok, lan ora beda apa [a...]

--- 213 ---

[...pa] undhuh-undhuhan utawa panèn mau wus katumpuk utawa kalumbung tan ora, apadene singa wong kang angobong bêbakal kang gampang murube, măngka kasèlèhake mawa pratikêl kang anggampangake mramane marang kang kasêbut ing pada ing ngarêp mau. Iku kapatrapan ukuman pati, yèn kêna kagraita lakune angobong mau, bisa ambêbayani uriping uwong.

Yèn baya pati mau ora kêna kagraita, ukumane kang kaluputan nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 20 taun.

Ingatase lêlakon mangkono, bab 37 ora tumrap.

Bab 358, singa wong kang ngrusaki gêdhong, omah sapanunggalane, utawa prau kapal lan prau liyane, sarana ambalêdhosake landhakan. Iku mawa beda-bedane kaya kang kasêbut ing bab 357, kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing kono.

Bab 359, singa wong kang angancam-ancam ngobong omah utawa bakon liyane, kapatrapan ukuman [u...]

--- 214 ---

[...kuman] kang ginantung marang kang kaluputan matèni uwong, samono iku mawa beda-bedane kaya kasêbut ing bab 222, 223, lan 224.

Bab 360, sing sapa kang tanpa beda pratikêle têmaha angrusaki utawa angrubuhake omah, gêdhong, krêtêg, tanggul, ratan yêyasan, utawa yêyasan liyane, măngka kasurup yèn padha duwèke wong aliya, lan ora kabeda apa karusak karubuhake babarpisan apa mung sawatara. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun, lan kadhêndha kèh-kèhe saprapating pituna kang ginawe, sathithike 50 rupiyah.

Yèn jalaran pratingkahe mau nganti ana uwong mati, kang kaluputan kapatrapan ukuman pati. Anadene yèn nganti natoni uwong, ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun.

Bab 361, singa wong kang duwe laku wani mapali yêyasan kang kagarap awit saka dhawuhe parentah, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara [na...]

--- 215 ---

[...gara] mawa pangan tanpa bayaran 8 dina tumêka 2 taun, lan dhêndha kèh-kèhe saprapating pitunane kang ginawe, sathithike 8 rupiyah.

Sing sapa kang analarake kaluputan mau, kaya kang kasêbut ing bab 28, ăngka 1, 2, 3, lan 4, iku kapatrapan ukuman mau kang abot dhewe.

Bab 362, sing sapa kang ngobong utawa nyirnakake layang pemutan rêgistêr, lêpiyan utawa babone sakèhing layang êsah, layang pratăndha anduwèni wênang, layang ibêr, layang ligêr, layang among dagang utawa laku bang, kang ngamot prajangjian, utawa rampungan, utawa pangluwar saka ing prajangjian. Iku padha kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut ing ngisor iki. Kaya ta:

Yèn kang kaobong utawa kasirnakake mau, layang êsah, layang among dagang utawa layang laku bang. Ukumane nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Yèn liyane saka iku, ukumane kang kaluputan [kalupu...]

--- 216 ---

[...tan] nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, lan dhêndha 50 rupiyah tumêka 150 rupiyah.

Bab 363, sing sapa kang anjarah rayah utawa angrusaki samubarang panganane utawa liyaning barang amal. Măngka linakon sarana pangroda pêksa katon ing ngakèh, utawa linakon ing păntha utawa kêkumpulan. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 15 taun, lan dhêndha 100 rupiyah tumêka 2500 rupiyah.

Bab 364, singa wong kang mèlu anglakoni pangroda paksa mau, măngka bisa anêrangake yèn lakune jalaran pangojok-ojok utawa kabujuk. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante 5 taun tumêka 10 taun.

Bab 365, yèn anjarah rayah utawa ngrusaki barang warna pari, bêras, gandum, sapanunggalane, utawa glêpung lan kang kawe[89] saka glêpung, utawa roti, anggur saliyane ombèn-ombèn. Iku kang dadi

--- 217 ---

panindhihe krumpulan utawa păntha, lan kang angojok-ojok utawa amurihake kadurjanan mau, kapatrapam ukuman kang abot dhewe sarta kasêbut ing bab 363.

Bab 366, singa wong kang têmaha angrusaki barang dagangan, utawa sarupaning bakal, sarana babu kang mandi utawa sarana wujud liyane. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 2 taun, lan dhêndha kèh-kèhe samrapating[90] pituna kang ginawe, sathithike 8 rupiyah.

Yèn kang kaluputan mau bêburuhing pabrik utawa rowange wong among dagang, iku ukumane nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, tanpa anguciwani ukuman dhêndha mau.

Bab 367, singa wong kang angrusaki tanêm tuwuh salagi măngsa kuning, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun.

Yèn angrusaki utawa nacadi tanêm tuwuh salagine ngijo utawa kamulahake. Kang kaluputan kapatrapan [kapatra...]

--- 218 ---

[...pan] ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran, lawase 1 sasi. Lan kajibah andandani utawa nêmpuhi kang karusakake.

Bab 368, singa wong kang nêgor uwit siji utawa luwih, măngka sumurup yèn duwèke wong liya. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 6 dina tumêka 6 sasi ing dalêm sauwit, samono iku gunggunge ukuman mau ora kêna luwih saka 5 taun.

Bab 369, kapatrapan ukuman kaya kang kasêbut mau, singa wong kang nacadi, ambacoki utawa anglokopi babakane uwit nganti jalarake patine si uwit.

Bab 370, yèn angrusaki cangkokan kang wus dadi, iku ukumane dalêm sacangkokane, nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 dina tumêka 2 sasi, samono iku gunggunge ukuman mau ora kêna luwih saka 2 taun.

Bab 371, yèn lakune kang kaluputan kaya kang kasêbut [ka...]

--- 219 ---

[...sêbut] ing bab 368 lan 369, kaêtrapake marang uwit-uwit tinandur ing alun-alun, ratan, dalan gêdhe, dalan cilik kang kaambah ing ngakèh. Iku ukumane saènthèng-ènthènge 20 dina. Anadene yèn kaya kasêbut ing bab 370, lakune tumrap marang cangkokan uwit kang katandur kaya mau iku, saènthèng-ènthènge ukumane 10 dina.

Bab 372, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 2 sasi. Singa wong kang ngêni pari sapanunggalane, utawa ambabad kang dadi pakane kewan. Măngka wus sumurup yèn duwèke wong liya.

Bab 373, ukumane wong kang ngêni pari sapanunggalane mau sadurunge măngsa kuning, iku nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 20 dina tumêka 3 sasi.

Bab 374, ingatase lêlakon kaya kang kasêbut ing bab 367 tumêka 373, yèn anggone anglakoni kaluputan mau, jalaran sêngite marang prayayi [pra...]

--- 220 ---

[...yayi] nagara bab anglakoni pagaweane, utawa yèn ênggone nglakoni kaluputan mau ing wayah bêngi. Iku kang kaluputan kapatrapan ukuman kang abot dhewe, saka ukuman kang padha kasêbut ing bab mau.

Bab 375, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 sasi tumêka 1 taun. Singa wong kang kaluputan angrêmukake utawa ngrusakake piranti têtanèn, utawa kandhang, utawa liyaning panggonan kang pinagêr, utawa gubuge tuwin pondhoke kang jaga ing kono.

Bab 376, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 1 taun tumêka 5 taun. Singa wong kang ngracuni jaran, utawa liyaning khewan tunggangan, momotan utawa tarikan, kêbo sapi sapanunggalane, wêdhus gibas wêdhus Jawa, babi, utawa iwak kang ana ing bêlumbangan, pangaron utawa pangingon liyane.

Bab 377, ingatase lêlakon kaya kang kasêbut [kasê...]

--- 221 ---

[...but] ing bab 367 pada 1, bab 368, 369, 370, 375 lan 376. Kang kaluputan kapatrapan ukuman dhêndha, kèh-kèhe saprapating pituna kang ginawe, sathithike 8 rupiyah.

Bab 378, singa wong kang tanpa nalar prêlu amatèni salah sawijining khewan kang kasêbut ing bab ngarêp mau, iku kapatrapan ukuman kaya kasêbut ing ngisor iki, kaya ta:

Yèn ênggone matèni ana ing omah gêdhong, panggonan kang pinagêr utawa kajagang saewone, utawa ing bumi darbèke, pasewane, gadhuhane, utawa pajêgane kang duwe khewan kang dipatèni mau. Iku ukumane nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 1 sasi tumêka 3 sasi.

Yèn ênggone matèni mau ana ing panggonan kang dadi duwèke, pasewane, gadhuhane utawa pajêgane kang kaluputan. Iku ukumane nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa

--- 222 ---

pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 1 sasi.

Yèn ênggone matèni ana ing panggonan liyane manèh. Iku ukumane nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 42 dina.

Ukuman kang abot dhewe kang kapatrapake, yèn kaluputane mau nganggo angrusaki wujud kang kanggo nutupi panggonan mau.

Bab 379, singa wong kang tanpa nalar prêlu amatèni khewan ingon-ingon kang jinis asu, kucing ayam sapanunggalane, ana ing panggonan kang dadi darbèke, pasewane, gadhuhane, utawa pajêgane, kang duwe khewan kang dipatèni mau. Iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi.

Yèn ênggone matèni nganggo ngrusaki wujud kang kanggo nutupi panggonan mau, iku ukuman kang abot dhewe kang kapatrapake.

Bab 380, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan [pê...]

--- 223 ---

[...ksan] ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi. Singa wong kang angurugi jagang utawa kalèn, ora beda apa babarpisan apa mung sawatara bae, kang angrusaki wujud kanggo nutupi panggonan, ora beda rupane, kang ngêthoki, ambabadi, utawa ambêdholi dhadhah utawa pagêr liyane, kang angêlihake utawa anjupuk têtêngêring watês, uwit kang tinandur minăngka têtêngêring watêse pomahan.

Bab 381, singa wong kang duwe utawa majêgi gilingan, utawa wong liyane kang nglakokake gilingan lan wênang anganggo bêndungan. Măngka ngêlêbake dalan utawa bakone wong liya, awit angunggahi dhuwure si bêndungan, nganti banyune ngliwati panjajage kang wus tinamtokake ing parentah. Iku kapatrapan ukuman dhêndha, kèh-kèhe saprapating pituna kang ginawe, sathithike 25 rupiyah.

Yèn lêlakon mau nganti angrusaki utawa andadèkake rusaking prakara kang kasêbut mau, iku ukumane

--- 224 ---

nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 1 sasi.

Bab 382, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 1 sasi salawas-lawase, sing sapa kang kaluputan analarake barang rajadarbèke wong liya kobong. Jalaran saka awake, tuwin lenane dandani utawa angrêsiki pawon, torong kukus, busalèn, omah lan panggon nyambutgawe. Utawa jalaran pangobonge sawah utawa têgalan. Kang adohe kurang saka 100 elo saka omah, ara-ara, alas, kayu, kitri taun, têtanduran, pagêr, lumbung, mêrang, dami, pakaning rajakaya, utawa panggonan angrawati maudud liyane kang gampang kobonge.

Utawa jalaran gêni utawa diyan kang kagawa, kacangking, utawa kasèlèhake ing ngêndi-êndia tanpa nganggo ati-ati. Utawa jalaran lêleda sêmbrana anyumêd kêmbang gêni utawa mêrcon.

Bab 383, singa wong kang angingu utawa kanggonan [kanggona...]

--- 225 ---

[...n] khewan. Kang kinira nandhang lêlara kang nulari. Măngka ora tumuli lapur ing panggêdhene parentahing panggonane khewan mau. Utawa sanadyan durung anampani dhawuh atasing panglapure mau, khewane ora dikandhangi. Iku kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara mawa pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 2 sasi.

Bab 384, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 sasi tumêka 6 sasi, lan dhêndha 50 rupiyah tumêka 250 rupiyah. Singa wong kang duwe khewan lara tumular sarta wus kapênging ing parentah, măngka mêksa ngamorake khewane lara karo khewan liyane.

Bab 385, yèn jalaran pangumpule khewan mau, khewan kang isih waras nganti katularan. Iku singa wong kang duwe laku anêrak dhawuhe parentah, kapatrapan ukuman nyambutgawe pêksan tanpa karante 2 taun tumêka 5 taun, lan dhêndha 50 rupiyah tumêka 250 rupiyah.

--- 226 ---

Samono iku tanpa nguciwani tumindake wêwaton pranata lan pêpacak ingatase khewan lara, utawa patrape ukuman kang ginantungake ing pranata utawa pêpacak mau iku.

__________

Pêpacak wêkasan pangkat iki.

Bab 386, yèn kadurjanan utawa panêrak, kang kasêbut ing pangkat iki, sarta ginantungan ukuman ora luwih abot saka nyambutgawe pêksan tanpa karante, iku yèn linakon dening prayayi pulisi sasor-soran tuwin karerehane. Iku ukumane sakurang-kurange 1 sasi.

__________

Pêpacak pungkasane layang anggêr iki.

Bab 387, sanalikane layang anggêr iki katindake, pangwasane anggêr Jawa, anggêr Jawa Lănda kuna, utawa anggêr Rum, iku padha kasuwak.

--- 227 ---

Bab 388, ingatase prakara kang ora kapratelakake pranatane ing layang anggêr iki, ananging ana wêwatone pranata utawa pêpacak utawa prentahe dhewe, utawa manèh yèn ana pranatane êsah liyane tuwin katêtêpake sarana layang kêkancingan, măngka ora kasuwak ana ing bab 387. Iku sakèhing pangadilan padha lêstari anindakake kang kamot ing wêwaton pranata, pranata, pêpacak, prentah, utawa layang kêkancingan mau.

Bab 389, pêpacak kang kamot ing layang anggêr iki, ora tumrap marang kadurjanan utawa panêrak, linakon ing uwong kang kabawah ing pangadilan militèr, awit wus kapacak ing pranatan liyane.

Bab 390, yèn ingatase lêlakon kang wus kapacak ing wêwaton pranata utawa prantan liya, kang isih tumindak utawa kalêstarèkake tumindake ing bab 388. Măngka ana kadurjanan kang ginantungan ukuman kang ora kasêbut ing bab 5 lan 6. Iku prayayi pangadilan ngêtrapana salah sawijining ukuman kang kasêbut [ka...]

--- 228 ---

[...sêbut] ing rong bab mau, sarta kang ngèmpêri ukumane kang ginantungake awit saka pêpacak utawa pranatan kang kasêbut ing dhuwur mau.

Bab 391, yèn kang kamot ing layang wêwaton pranata, pêpacak, pranatan utawa prentah, kang sanalikane layang anggêr iki katindakake, isih tumindak utawa kalêstarèkake tumindake. Analarake panyêrêg utawa pangukuming kadurjanan, kang ginantungan ukumaning badan utawa kang mirangake. Iku ing samăngsa-mangsane ngêtrapake pêpacak mau, ukuman kang kasêbut ing bab 5, ăngka 1, 2, 3, lan 4, kaanggêp ukumaning badan utawa amirangake.

Bab 392, kang kagolong dadi prayayi nagara ing layang anggêr iki, iku sakèhing prayayi Jawa sapanunggalane, kang kaêsahake nguwasani ngêrèh băngsa Jawa sapanunggalane.

__________

Pranata panyaline pêpacak lawas sarana kang anyar.

--- 229 ---

Bab 1, ingatase kadurjanan lan panêrak kang linakon sadurunge layang anggêr paukuman iki katindakake, iku padha kapatrapan ukuman kaya carane salagine nglakoni kaluputan mau.

Yèn ukuman kang ginantung ing layang anggêr iki luwih ènthènge, iya iku kang kaêtrapake.

Yèn kaluputan kadurjanan lan panêrak, linakon sadurunge layang anggêr iki katindakake. Măngka awit saka unine layang anggêr mau, utawa unine pranatan kang kalêstarèkake ing bab 388 layang anggêr iki, ora padha ginantungan ukuman. Iku iya uga ora kapatrapan ukuman.

Bab 2, ing salawase durung ana piranti kanggo matrapake ukuman pati, kaya kang kasêbut ing bab 12 layang anggêr iki. Lakune matrapi ukuman pati iya carane kaya salagine anindakake layang anggêr iki.

Bab 3, sadurunge ana dhawuh undhang-undhang kaya kang kasêbut ing bab 15 layang anggêr ukuman, wong kang kapatrapan [ka...]

--- 230 ---

[...patrapan] ukuman nyambutgawe pêksan mawa karante utawa tanpa karante, utawa nyambutgawe pêksan ing yêyasan nagara. Iku ênggone nglakoni ukuman mau, manut carane kang wus kalakon.

Anadene mungguh panggonane anglakoni gawene, iku sadurunge anindakake ukumane, dhirèktur ing yustisi kang nuduhake. Samono iku awit saka pamundhute pangadilan uhghêrèh of. Sarta akanthi ngirimake layange prakara utawa layang kêputusane pangadilan mau, lan manèh yèn ukuman mau ora kudu kalakon ing panggonane paukuman kaya kang kasêbut ing bab 10 layang anggêr iki.

Kang padha wus kaukum mangkono mau, saolèh-olèhe kudu kapisah, lan ora pisan kêna ditunggalake karo kang kapatrapan ukuman kunjara.

Bab 4, sadurunge ana pranata kaya kang kasêbut ing bab 3 mau, yèn ana prêlune, kaya ta: uwonge wus bangêt tuwane, duwe lêlara, utawa cacad ina, măngka uwong mau kapatrapan ukuman [ukuma...]

--- 231 ---

[...n] nyambutgawe pêksan mawa karante, sarta katêtêpake nganggo diêmbani. Iku pangadilan băngsa Jawa utawa Walănda kang andhawuhake ukuman utawa pangêmban mau, sarta kang lungguh ing panggonane kang ngêmban. Yèn ana panjaluke kang ngêmban utawa kang kaukum mau. Pangadilan mau kawênangake anglilani marang kang kuwasa ing panggonane kang dèn êmbani mau, supaya nampani dhuwit babarpisan utawa cicilan. Minăngka panjurunge kang kaukum mau sasuwene nglakoni ukumane.

Yèn panjaluk mau têka saka kang kaukum, sadurunge dililani kudu mundhuti timbange jêksa lan wong kang ngêmbani.

Bab 5, sadurunge ana omah minăngka pamulasara kang kasêbut ing bab 35 layang anggêr paukuman. Pêsakitan nonoman kang dinakwa duwe laku kaya kang kapratelakake ing bab mau, iku katuduhake panggonan liya kang kagalih pantês ing kangjêng tuwan kang wicaksana guprênur jendral.

Bab 6, ingatase kaluputan kang linakon [linako...]

--- 232 ---

n sarana layang kang kaêcap. Iku sakèhing pêpacak kang tumindak saiki, kalêstarèkake nganti ana pranatan manèh.

__________

--- [1] ---

Ing ngandhap punika pratelan isènipun sêrat anggêr.

Layang kang kapisan.

Bab kadurjanan, panêrak, lan ukuman.

... Kaca

Pangkat I, bab kadurjanan, utawa panêrak tuwin panyoba kang ginantungan paukuman. ... 1

Pangkat II, bab wujuding ukuman. ... 4

Pangkat III, bab paperangane ukuman. ... 8

Pangkat IV, bab angambali nglakoni kadurjanan. ... 14

Pangkat V, bab sabiyantu. ... 16

Pangkat VI, bab lêlakon kang ora kaanggêp kaluputan, sarta kang kêna diapura lan kang ngènthèngake prakara. ... 21

Pêpacak wêkasan. ... 24

Layang kang kapindho. ... 25

--- 2 ---

Bab sawiji-wijining kadurjanan tuwin panêrak. ... 25

Pangkat I, bab kadurjanan lan anêrak pranataning nagara. ... 25

Perangan I, bab kadurjanan angrusak têntrême tanah Indiya Nèdêrlan. ... 25

Bagean I, bab kadurjanan angrusaki têntrême tanah Indiya Nèdêrlan, kadi ting jaba. ... 25

Bagean II, bab kadurjanan kang angrusakake têntrêm sajroning tanah Indiya Nèdêrlan. ... 32

Bagean III, bab anglapurake tuwin anyidhêm kadurjanan kang angrusaki tata têntrême tanah Indiya Nèdêrlan, saka ing jaba utawa sajroning laladane. ... 39

Perangan II, bab kadurjanan tuwin panêrak marang tataning nagara. ... 42

--- 3 ---

Bagean I, bab kadurjanan ingatase anindaki wawênang amilih. ... 42

Bagean II, lêlakon kang nêmpuh marang wawênang. ... 44

Bagean III, bab balelaning prayayi parentah nagara. ... 48

Bagean IV, bab anyatak panguwasa dening prayayi warana utawa prayayi pangadilan. ... 50

Pêpacak wêkasa[91] ing pangkat iki. ... 52

Perangan III, bab kadurjanan lan panêrak têntrême nagara. ... 52

Bagean I, bab amblênthoni. ... 52

Adêg-adêg I, bab dhuwit gopok. ... 53

Adêg-adêg II, bab aniru gawe cap, dhuwit kêrtas, layang pratăndha utang nagara, cap pratăndha lèlère êmas lan salaka utawa cap [ca...]

--- 4 ---

[...p] pratăndhane[92] daluwang, cap pratăndhane takêran ukuran timbangan. Lan ciri liyane kang kaparentahake ing nagara. ... 56

Adêg-adêg III, bab pamblênthoning layang êsah, utawa sarupaning layang prakara dagangan tuwin prakara bang. ... 61

Adêg-adêg IV, bab angowahi layang kang ginawe tanpa pitulunge parentah. ... 64

Adêg-adêg V, bab angowahi layang pas, layang prentah lêlungan, tuwin layang pratăndha pratelan. ... 65

Pêpacak wêkasaning bagean iki. ... 71

Bagean II, bab kadurjanan lan panêrak kang linakon dening prayayi parentahing salagi anandukake pagawean [pa...]

--- 5 ---

[...gawean] nagara. ... 72

Adêg-adêg I, bab prayayi parentah kang kabubuh utawa ngrumati samubaranging nagara măngka anyalingkuhake barang mau. ... 72

Adêg-adêg II, bab angêtokake pangasilan kang ora êsah utawa kalilan ing parentah. ... 75

Adêg-adêg III, bab prayayi parentah kang milu-milu nglakoni prakara utawa lumêksanan dagang, kang ora kêna karujukake karo kalungguhane. ... 77

Adêg-adêg IV, bab ngruba. ... 78

Adêg-adêg V, bab anyahak panguwasa. ... 82

Adêg-adêg VI, bab anindakake panguwasa sadurunge kawênang, utawa sawuse kasuwak wawênange. ... 85

--- 6 ---

Pêpacak wêkasaning bagean iki. ... 87

Bagean III, bab angarubiru pranata nagara dening para imam, pandhita, guru agama, sapanunggalane, sasêdhênge anindakake pagaweane. ... 88

Bab panimbang kang ora mrayogakake tindaking panguwasa, bab panacad, bab pangojok-ojok marang panguwasa parentah, sasêdhênge kutbah utawa salagine amulang marang ing ngakèh. ... 88

Bagean IV, bab anglawan, amurang sarak, tuwin liyaning bab kuciwan marang panguwasa nagara. ... 90

Adêg-adêg I, bab pambangkang. ... 90

Adêg-adêg II, bab amirangake utawa ngroda pêksa marang parentah utawa panguwasa nagara. ... 95

Adêg-adêg III, bab pamopo anglakoni [anglako...]

--- 7 ---

[...ni] gawe kang sah utawa dadi wajibe. ... 100

Adêg-adêg IV, bab pamiruda utawa inggating pasakitan saka ing kunjara, lan bab andhêlikake durjana. ... 101

Adêg-adêg V, bab angrusak utawa amêcahi cap tăndha panutup ing sawênèh barang, lan anjupuk layang saka ing parawataning nagara. ... 108

Adêg-adêg VI, bab pangrusaking tăndha utawa têtêngêr pangeling-eling. ... 112

Adêg-adêg VII, bab panyahak pangkat jênêng utawa kalungguhan. ... 113

Adêg-adêg VIII, bab pangarubiruning uwong salagine anglakoni wajibing agamane. ... 114

--- 8 ---

Bagean V, bab kêkumpulane durjana, bab nguladara lan bab papriman. ... 117

Adêg-adêg I, bab kêkumpulane durjana. ... 117

Adêg-adêg II, bab anguladara lan papriman. ... 118

Bagean VI, bab pangojok-ojok anglakoni kadurjanan ana ing pakumpulan kang wus kaidèn ing parentah nagara. ... 122

Pangkat II, bab kadurjanan utawa panêraking parentah kang kalakon marang sawiyah-wiyahing uwong. ... 123

Perangan I, bab kadurjanan utawa panêrak ing parentah kang kalakon marang sawiyah-wiyahing uwong. ... 123

Bagean I, bab rajapati lan kadurjanan liyane kang angapêsi umuring uwong, tuwin pangancam-ancam kang

--- 9 ---

ngarah patine. ... 123

Adêg-adêg I, bab matèni uwong, rajapati, matèni bapak, matèni anak, lan angracun uwong. ... 124

Adêg-adêg II, bab pangancam-ancam. ... 127

Bagean II, bab rajatatu lan panggêbuk kang têmaha, tuwin liyaning kadurjanan kang têmaha. ... 129

Bagean III, bab amatèni, natoni, lan gêbugi uwong tanpa têmaha, bab kadurjanan kang kêna diapura lan lêlakon kang ora wênangake pangapuraning kadurjanan, bab amatèni, natoni utawa gêbugi uwong tanpa pamalêsing ukuman. ... 134

Adêg-adêg I, bab amatèni, natoni,

--- 10 ---

lan gêbugi uwong tanpa têmaha. ... 135

Adêg-adêg II, bab kadurjanan kang kêna diapura lan lêlakon kang ora wênangake pangapuraning kadurjanan. ... 136

Adêg-adêg III, bab kadurjanan matèni, natoni, gêbugi uwong, kang ora kapatrapan ukuman. ... 139

Bagean IV, bab angrusak tata. ... 140

Bagean V, bab anganggrak utawa angunjara uwong tanpa manut anggêr. ... 145

Bagean VI, bab kadurjanan kang sêdyane angalangi utawa anyirnakake pratăndha kaananing bocah, tuwin kang nêdya mutawatiri uripe bocah. Apadene bab anginggatake [anginggata...]

--- 11 ---

[...ke] uwong kang durung diwasa, utawa anêrak pranata ingatase pamêndhêming jisim. ... 147

Adêg-adêg I, bab kadurjanan kang tumanduk marang bocah. ... 147

Adêg-adêg II, bab anginggatake uwong kang durung diwasa. ... 150

Adêg-adêg III, bab panêrak ingatase pamêndhêming jisim. ... 152

Bagean VII, bab pêsêksian goroh, pangala-ala, pamirang, pangawiyah lan sapanunggalane, apadene bab pamiyaking wadi. ... 154

Adêg-adêg I, bab pêsêksian goroh. ... 154

Adêg-adêg II, bab pangala-ala, pamirang pangawiyah sapanunggalane. ... 157

Adêg-adêg III, bab amêdhar wadi. ... 165

--- 12 ---

Perangan II, bab kadurjanan lan panêrak marang rajadarbe. ... 166

Bagean I, bab kadurjanan amaling. ... 166

Bagean II, bab kadurjanan linakon ing uwong sudagar salagine laku dagange bobrok (bangkrut) kadurjanan linakon ing uwong kang wus ora kuwawa andayani kuwajiban pangupajiwane. Kadurjanan linakon ing uwong kasêbut ing ngarêp mau, salagi diulurake mangsane ambayar utange. ... 181

Bagean III, bab ngakali, ngapusi, sapanunggalane apus-apus. ... 191

Adêg-adêg I, bab ngakali lan ngapusi. ... 192

Adêg-adêg II, bab anyahak kapracayan. ... 194

--- 13 ---

Adêg-adêg III, bab tuku, gadhe, katitipan, utawa nampani barang kang kagolong sandhangan, prabot piranti, utawa gêgamane băngsa militèr utawa saradhadhu, tanpa beda pratikêle. ... 198

Adêg-adêg IV, bab panêrak pranata atase omah bêbotohan, atasing lotrèi, utawa atasing pêgadhean. ... 200

Adêg-adêg V, bab amakewuhi utawa ngalang-alangi uwong nganyang. ... 202

Adêg-adêg VI, bab panêrak pêpacak, atasing pabrik, atasing among dagang, lan atasing kawignyan. ... 203

--- 14 ---

Adêg-adêg VII, bab kadurjanan linakon dening uwong kang nyăngga lêladèn. ... 210

Bagean IV, bab lêlakon ambubrahi, anglêburi, angajuri, angrêmuki barang, bab angrusaki utawa gawe cacading samubarang. ... 212

Pêpacak wêkasan pangkat iki. ... 226

Pêpacak pungkasane layang anggêr iki. ... 226

Pranata panyaline pêpacak lawas sarana kang anyar. ... 228

__________

--- [0] ---

SELPERSDRUKKERIJ - H.BUNING – JOKJA di kantor-capan-buku tersebut di atas ini, dengen berdagang segala rupa-rupa pekakas kantor, buku-buku dan lain rupa barang-barang, sudah cap buku jawa dan melayu seperti:

1. Buku obat dan Katuronggo kuda, iya itu menerangken cacad atawa baiknya kuda, kentara dari bulu atawa tandanya bernama Mathie, atawa uiyeng-uiyengan bagaimana caritanya orang dulu kala, arga franco di pos ... f 2,50.

2. Sêrat Katurăngga Kapal, babonipun mawi sêkar, yasan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 3, rêgi 2 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos.

Medicijnen boek voor zieke-en kenteekenen van goede en slechte paarden, prijs franco per post ... f 2,50.

3. Buku masak-masakan rupa-rupa, mengunjuken bagimana bikinnya makanan cara blanda, makanan cara jawa, koweeh koweeh cara blanda, koweeh koweeh cara jawa, manisan, stroop likeur dan lain minuman, asinan, acar en sosijs besar, kecil rupa-rupa, lebih dari 600 warna, arga franco di post f 4,-

4. Sêrat Wêwulang Olah-olah, babonipun sangking sêrat Wêlandi rêgi 4 rupiyah.

Kookboek voor Europeesche en Inlandshe spijzen, Rijsttafel gebakken enz. enz. prijs franco per post ... f 4,-

5. Buku Obat-obat voor orang tuwa dan anak-anak, tertinggalanya, nyonya E. VAN GENT, geb. DE TELLE, isinya itu buku obat-obat, 335 warna obat sakitnya orang tuwa dan 144

--- [0] ---

warna obat sakitnya anak-anak, arga franco di post f 5,-

6. Sêrat Parimbon Jampi Jawi, kangge tiyang sêpuh tuwin para lare, tatilaranipun swargi nyonyah pan Gèn. Rêgi 3 rupiyah, prangko ing pos.

Javaansche geneesmiddelen voor volwassen personen en kinderen, nagelaten door wijlen MEVROUW VAN GENT, geb, DE TELLE, prijs franco per post. ... f 3,-

7. Sêrat Cariyosipun Pêrang ing Nagari Nèdêrlan, kala ing taun 1815, rêgi 3 rupiyah, prangko ing pos.

Geschiedenis van Napoleon I, prijs franco per post f 3,-

8. Serat peritungan arie dan bulan, mulai taun 1800 sampe taun 1900, arganya franco per post ... f 1,70

Honderdjarige almanak loopende van het jaar 1800 tot en met 1900, prijs franco per post ... f 1,70

9. Sêrat Pragiwa, mawi sêkar, kajarwakakên dening Radèn Mas Sasradiwirya, rêgi 2 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos.

Pragiwo, eenwaijangverhaal in dichtmaat, prijs fr per post f 2,50.

10. Sêrat Danaasmara, mawi sêkar, rêgi 2 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos.

Dhono Asmoro, een waijangverhaal in dichtmaat, prijs franco per post ... f 2,50.

11. Layang pranatan pulisi kang anamtokake paukumane wong Jawa, sapêpadhane ing tanah Indiya Nèdêrlan, rêgi 75 sèn, prangko ing pos.

--- [0] ---

Policie reglement, prijs franco per post ... f 0,75.

12. Layang anggêr ukumane sarupaning kang kagolong băngsa Jawa sapanunggalane ing tanah Indiya Nèdêrlan, rêgi 2 rupiyah 50 sèn, prangko ing pos.

Wetboek voor Inlanders in het Javaanssh, prijs fr per post f 2,50.

Lain dari di atas juga bole dapet beli tersebut di bawah ini:

Riwayat dengen segala prihal dari pada Kancil dengen gambaran 12 warna bahasa malayu ... f 3,50.

Sêrat Dongèng Kancil Têmbung Jarwa ... f 3,-

Sêrat Cariyos ingkang Anggumujêngakên ... f 2,50,-

Sêrat Sang Rêtna ing Minggar ... f 1,50,-

Franco post segala buku naik arganya f 0,25

Buku gade dan surat gade lebih murah darie lain tempat boleh dapet pada H. Buning, - Jokja.

--- [0] ---

H, BUNING – JOKJA BARU TRIMA darie Fabriknya tuwan BECKER & BUDDINGH. PEKAKAS TUKANG CENKAL SEPERTIE:

Satu bekakas waterpas No. 1 compleet buatan paling baru sendiri pake membuatan ampat pesagi aken pembalikan, boussole dengan 3 stel serta pake petie dan tiga kaki, arga f 350.

Satu pasang tiang aken menarok tanda voor waterpas bole di kasie naek dan turun suda di tarook tanda dengen pembaca sendirie, arga f 70.

Satu rante besi pengukuran (gagalvaniseerd) panjang 20 elo dengen 11 pena besi, arga f 35.

Satu boussole voor tukang ukoor pake petie mahorie serta astronomische kijker dengen pake kaiyu cagak, arga f 140.

Satu smalkalder Prismaboussole, tengahnya cirkel 7 duim pake perak dengen jaroomnya jalan betool dan model baru, pake bus biyar boleh tarook kakie sarta petienya arga f 75,-

Satu smalkalder Hellingmeter buat ukoor tanah pepereng dan gunung, juga buatan paling baru dengen petie, arganya f 75,-

--- [0] ---

SUNAPAN nyang aloos dan bagus darie Fabriknya tuwan GILLE TRIPELS di Luik boleh dapet pada tuwan H. BUNING - jokja SEPERTIE:

Satu sunapan loop duwa (pengantenan) centraal vuur (isie blakang) loopnya pake bebunga dengen nyang kanan dalemnya bliembiengan kaliber no. 450 en nyang kirie dalemnya licin saja kaliber No. 20 dengen bekakasnya jangkep pake petie mahoni, arga f 400.

Satu sunapan loop duwa (pengantenan) isie blakang loopnya pake bebunga buatan rangkep paling baru bole pake patroon centraal dan jugak bole pake patroon Lefwuchet dengen bekakasnya jankep pake peti dibunkoos kain ramie arga f 300,-

Satu sunapan loop duwa jugak dengen loopnya pake bebunga (centraal vuur) kaliber No. 16 dengen bekakas en pake petie dibunkoos kain ramie, arga f 250.

Satu sunapan loop duwa jangkep (centraal vuur) kaliber No. 16 loopnya pake bebunga jangkep en pake petie di bunkoos kain ramie arga f 275.

Patroon dengen propnya bole jugak dapet brapa suka dengen arga pantes.

__________

SENDOK DAN GARPU DARI PERAK CRISTOFLE.

Satu setellan isinya 12 sendok besaar dan garpu serta 12 sendok kecil dan garpu, arganya f 130,-

--- [0] ---

Rupa-rupa pekakas bikin kaart dan lain teekenan, sepertie passerdoos, dubbele palm, verfdoos, drie hoek dan lain-lain boleh dapet murah.

Boleh dapet pada H. BUNING -Jokja Aerlojie darie Amerikaansche Waltham adanya.

Paling bagus, aerlojie mas remontoir darie Waltham arganya nyang satu f 350,- dan 300 serta f 250,-

Tida darie Waltham boleh dapet nyang satu f 200.- dan f 150.-

Itu aerlojie darie Amerikaansche Waltham kompagnie lebih baik dan bagus darie lain-lain aerlojie seperti buatan Ingrisch dan Switser, sebab tida darie pekakasnya saja nyang lebieh aloos dan lebieh baik, juga darie dia punya veer nyang panjangnya 22 dim Ingrisch, tida bisa putoos sebab terlalu kuwat dan lemes sekalie bolehnya bikin.

Samuanya itu aerlojie dari Waltham die tangung baiknya darie compagnienya.

 


têtela. (kembali)
utawa. (kembali)
panyuwak mau. (kembali)
ana. (kembali)
kaukum. (kembali)
trekah. (kembali)
taun. (kembali)
tanpa. (kembali)
Nèdêrlan. (kembali)
10 andhêlikake. (kembali)
11 kongsi. (kembali)
12 tuwin. (kembali)
13 bab. (kembali)
14 krompolan. (kembali)
15 Bab. (kembali)
16 paukumane. (kembali)
17 băngga. (kembali)
18 ing (dan di tempat lain). (kembali)
19 ambiyantoni. (kembali)
20 dhêndha. (kembali)
21 marang. (kembali)
22 utawa. (kembali)
23 kasêbut. (kembali)
24 partiklir. (kembali)
25 amblênthoni. (kembali)
26 amblênthoni. (kembali)
27 sêtatblad. (kembali)
28 yèn. (kembali)
29 kasêbut. (kembali)
30 yèn. (kembali)
31 wakile. (kembali)
32 kapatrapan. (kembali)
33 anampani. (kembali)
34 parentah. (kembali)
35 mawa. (kembali)
36 nandhang. (kembali)
37 Bagean. (kembali)
38 Adêg-adêg. (kembali)
39 kapratelakake. (kembali)
40 nyambutgawe. (kembali)
41 sarupaning. (kembali)
42 angrumêksa. (kembali)
43 kapratelakake. (kembali)
44 minggat dinakwa. (kembali)
45 manawa. (kembali)
46 tumêka. (kembali)
47 ambobol. (kembali)
48 kaya. (kembali)
49 nyambutgawe. (kembali)
50 dhuwur. (kembali)
51 grobag. (kembali)
52 tumrap. (kembali)
53 layang (dan di tempat lain). (kembali)
54 pamêcahing. (kembali)
55 Iku. (kembali)
56 ukuman. (kembali)
57 ukuman. (kembali)
58 ambedani. (kembali)
59 matèni. (kembali)
60 Samono. (kembali)
61 dhisik. (kembali)
62 rupiyah. (kembali)
63 andhawuhake. (kembali)
64 gêbugi. (kembali)
65 mawa. (kembali)
66 bayaran. (kembali)
67 utawa. (kembali)
68 kapatrapan. (kembali)
69 kêna. (kembali)
70 sasi. (kembali)
71 panyêrêge. (kembali)
72 rajadarbe. (kembali)
73 anglironi. (kembali)
74 angumpêtake. (kembali)
75 pamènèk. (kembali)
76 pangroda. (kembali)
77 kanggonan. (kembali)
78 gêmpalake. (kembali)
79 kadurjanan. (kembali)
80 pangasilane. (kembali)
81 utawa (dan di tempat lain). (kembali)
82 marang. (kembali)
83 layang. (kembali)
84 bêbanthone. (kembali)
85 Utawa. (kembali)
86 buruhe. (kembali)
87 kaanggêp. (kembali)
88 parentah. (kembali)
89 kagawe. (kembali)
90 saprapating. (kembali)
91 wêkasan. (kembali)
92 pratandhane (dan di tempat lain). (kembali)