Prajanjian Pakubuwana IV, Pakubuwana VI, Pakubuwana VII, Anonim, #1746

JudulCitra

[Prajanjian Pakubuwana IV, Pakubuwana VI, Pakubuwana VII][1]

--- [0] ---

... Kaca

Ing ngandhap punika isinipun ing sêrat buk.

1. Sêrat prajajean Kangjêng Guprêmèn Inggris kalihan Ingkang Sinuhun Pakubuwana ping 4. ... 1

2. Sêrat Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ping 6 bab pasrahipun siti măncanagari. ... 10

3. Sêrat Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ping 7 jangji saha supaos jumênêng nata. ... 12

4. Prajangjian siti măncanagari.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- 1 ---

1. Punika sêrat kotrakipun[2] Kangjêng Gupêrmèn Inggris. Sarèhning Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun kenging panggodhanipun tiyang ingkang sakalangkung saking awon. Angojok-ojoki amulang pirêmbag awon. Ngantos kenging apus, kalampahan sampun sasêratan. Saha apitêpang awon kalihan Ingkang Sinuhun Sultan ing Ngayogyakarta, niyatipun wau punika, sampun sakalangkung dening têrang, yèn ajêng adamêl rêrêsah panguwasanipun Kangjêng Gupêrmèn Inggris, ing pulo Jawi sarta prajurit Inggris wit saking dene punika, kalampahan sami kalêmpakan. Saha amêdalakên waragat balănja, ingkang sakalangkung dening kathah, inggih saking angêkahi tuwin anyêntosani, ing adilipun tuwin ing melikipun Kangjêng Tuwan Gupêrmèn Inggris. Ing salêrêsipun, sarta saking kapurunanipun. Prajurit Inggris, ngantos sultan adamêl kalêmpakan wau punika, anyirnakakên kuthanipun. Saha karatonipun karêbat prajurit Inggris, punapamalih ingkang sarira sultan inggih sampun kacêpêng, layan malih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun angakêni têmên-têmên, wit ingkang dados margi sasêratan wau punika, saha Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun amasrahakên têtiyang mulang piawon sadaya, angojok-kangjoki[3] punika, punapamalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun anyumanggakakên saking karsa, tuwin pangapuntênipun. Saha sih palimarmanipun Kangjêng Gupêrmèn Inggris. Saha Kangjêng Gupêmèn[4] Inggris ciptanipun ing salêbêting galih, sayêtosipun agadhahi pangowêl, dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun kayêktosan kasaenanipun, tuwin pawongsanakipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kang dhatêng Kangjêng Gupêrmèn Inggris. Sampun dados suka pirênaning galihipun Kangjêng

--- 2 ---

Guphrêmèn Inggris. Prakawis ingkang punika, karsanipun Kangjêng Guphrêmèn Inggris, amung anêdha waragat balanjaning pêrang, ingkang saprayogènipun. Saking ingkang wau kapêksa botên kenging botên. Anggènipun adamêl pirantosipun ing pêrang, kêdah anêtêpakên bêdhami, saha anêtêpakên kasênênganipun tuwin raharjaning nagari, ing têmbenipun malih Kangjêng Guphrêmèn Inggris, karsaa damêl sêrat prajajean, têtêpangan kalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, supados angdugèkna saha têtêpa kadi dening karsanipun Kangjêng Guphrêmèn Inggris wau punika.

Bab 1.

Inggih Kangjêng Kumpni Inggris, kalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing Surakarta, ing salamin-laminipun,[5] badhe bêdhami sarta pawongsanak ingkang botên pêdhot-pêdhot.

Bab 2.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm badhe tumuntên anglêpasakên sadaya, prajuritipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kang sami wontên ing mangke punika, amung kantuna prajurit sèwu, ingkang sami prajurit sinêlir, kalayan malih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm malih sanadyan ingkang Sinuhun piyambak tuwin para pangeran tuwin para kapala, kang sami wontên bawahipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Botên kenging yèn angadêgna, tuwin angingua prajurit liyanipun malih, yèn botên kalayan lilanipun ing Kangjêng Guphrêmèn Inggris. Naming Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, badhe tampi prajurit saking Kangjêng Guphrêmèn Inggris, sacukupipun ingkang prêlu kagalih Kangjêng Guprêmèn Inggris, angrêksa nagarinipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, tuwin ingkang salira.

--- 3 ---

Bab 3.

Sarèhning ing Kangjêng Guphrêmèn Inggris sampun anggalih ênggènipun adamêl wragad ing pêrang ing têmbe punika, sarta wit saking Guprêmèn Inggris, ingkang sampun angaubi dhatêng kang sarira Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Saha nagarènipun, punapamalih wit saking pangrêksanipun ing pulo Jawi sadaya, pramila Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan asanggêm têmên-têmên, pasitènipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing Kêdhu, ing Pacitan, ing Balora, ing Wirasaba, sabawahipun sadaya, pundi ingkang tumut bawah pasitèn wau punika, sami kasaosna Kangjêng Guprêmèn Inggris. Dados Kangjêng Guphrêmèn Inggris piyambak ingkang darbèni pêparentahan, sarta pangawasa ing pasitèn wau punika.

Bab 4.

Sarèhning Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun ayêktosi salêbêtipun ing galih, yèn saupamènipun kauntunganipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kacêpênga sarta karekaa ingkang sae kalayan wagêd ingkang nyêpêng, sampun tamtu pamiyosipun mindhak. Sawab dene punika, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asagêm[6] sakathahing badar-badar tuwin pêkên-pêkên, ingkang wontên pasitènipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika kasaosêna sadaya, ing astanipun ing Kangjêng Guphrêmèn Inggris. Botên kenging sawijining tiyang amunasika, kalihdene malih supados Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun kantos amanggih pitunan. Pramila Kangjêng Guprêmèn Inggris, kalayan suka pirênaning galih, apêparing yatra dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kathahipun 140.000 rispis, ing dalêm sataunipun. Kalayan malih Kangjêng Guphrêmèn Inggris, badhe adamêl rêrekan sarta ambaurêksa, [a...]

--- 4 ---

[...mbaurêksa,] supados putra santananipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun amanggih pitunan. Wit saking pêkên-pêkên kang sampun kasaosakên ing Kangjêng Guprêmèn Inggris, wau punika.

Bab 5.

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sampun asagêm saha miturut, sakarsanipun Kangjêng Guphrêmèn Inggris. Aprakawis sarang burung ingkang sami wontên nagarènipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika kasaosna sadaya, sawab Kangjêng Guphrêmèn Inggris piyambak ingkang agadhah melik. Saha Kangjêng Guprêmèn Inggris piyambak ingkang kenging wade cêmêngan. Ing pundi panggenan kang wontên salêbêting nagarènipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Punapa sakarsanipun Kangjêng Guprêmèn Inggris, êgènipun anêtêpakên prakawis wau punika.

Bab 6.

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm dhatêng Kangjêng Guphrêmèn Inggris, mênggah sakathahing kajêng jatos, ingkang wontên salêbêtipun nagarènipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika kasaosêna sadaya, ing salami-laminipun, amung Kangjêng Guprêmèn Inggris ingkang gadhahi melik, sarta ingkang nguwasani botên kenging amunasika dhatêng saliyanipun.

Bab 7.

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm ajêng adamêl rêrekan ingkang lêrês, ingkang têtêp ing pêparentahaning nagari, supados dadosa raharjanipun ing nagari, tuwin kasênênganipun, kalampahakên ingkang sae, pramila Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asagêm malih dhatêng amiturut sapamulangipun Kangjêng Guprêmèn Inggris.

--- 5 ---

Bab 8.

Mênggah sakathahing têtiyang ing liyanipun, ingkang sami gagriya ing nagarènipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Sanadyan jinis pundi-pundi, ingkang dede tiyang Jawi, punika asanggêm watêning bawah pêparentahanipun Kangjêng Guphrêmèn Inggris. Punika ingkang sinuhun kalayan malih bilih watên-watên abdinipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, adamêl dursila, dhatêng ing bawah pêparentahanipun Kangjêng Guphrêmèn Inggris. Punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm tumuntêna angadilana, ing prakawisipun botên mawi ilon-ilonên, sarta andadosakên suka lêga panggalihipun Kangjêng Guprêmèn Inggris. Residhènipun Kangjêng Guprêmèn Inggris, ing sakenging-kengingipun saupami prêlu, amêsthi piyambake tumut angrewangi saking prakawis punika, supados têmên-têmên amanggiha adil.

Bab 9.

Sampun tamtu bawah pêparentahaning nagarènipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sakathahipun kukum ingkang dipun lampahakên tiyang dursila, kados ta kukum ingkang kawêsiasat dhatêng têtiyang, kêthok tanganipun tuwin suku kapêrung kabungbungis, kapicis kaabên kalihan sima, punika ing têmbe malih kaicalakên pisan ing saèsthinipun, kukum ingkang makatên punika.

Bab 10.

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing têmbe malih botên susah mawi anglêbêtakên pamiyosan, ing nagarènipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang dhumatêng Kangjêng Guprêmèn ing băngsa pêthak. Ingkang labêt kalawan kapêksa, tuwin ingkang kabayar botên mêstani kalayan rêrêgènipun.

Bab 11.

--- 6 ---

Inggih Ingkang Sinuhun Kang[7] Susuhunan, asanggêm botên pisan-pisan, yèn kenginga piyambakipun adamêla rarekan. Ing salampah-lampahipun ing nagari, punapamalih ing saliyanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, inggih botên kenging ugi, kalayan malih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, botên kalilan adamêla kukum, tuwin parentahan ingkang nglangkungi, ingkang andadosakên ing katunanipun, tuwin amêmalangi dhatêng lêlampahan grami, kalêbêt pasitèn-pasitèn.

Bab 12.

Sakathahing laji-laji karêtêg-karêtêg, sarta margi-margi, kaweka damêl sarta karêksa dening priyayènipun kangjêng guphrêmèn, satunggil sarta Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang mêdalakên balaja[8] waragadipun sadaya.

Bab 13.

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm botên kenging anyaèni kitha ingkang lami punapamalih, yèn saega kenginga damêl kitha malih mangke wau punika.

Bab 14.

Bilih Kangjêng Guphrêmèn Inggris karsa mundhut, dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punapamalih ingkang warni tatêdhan. Punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm ingkang têmên-têmên tumuntên anyaosêna, kalayan sukaning galih atêtulung ing prakawis punika, Kangjêng Guprêmèn Inggris inggih badhe ambayar, ing saprayogènipun ing rêrêgèn samukawis, ingkang kasaosakên wau punika.

Bab 15.

--- 7 ---

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, angakêni yèn Kangjêng Guprêmèn Inggris punika ingkang andarbèni pangwasa, ingkang agêng piyambak ingatasipun pulo Jawi sêdaya, punapamalih Kangjêng Guprêmèn Inggris, ingkang adarbèni adil utawi melik, sarta ing samăngsa-măngsa angatingalakên pangwasanipun, tuwin kawicaksananipun, yèn saupami amêrlokakên ing nagari.

Bab 16.

Kangjêng tuwan agêng ingkang wicaksana litnan guphrênur jendral, sarta Rad Indiya, asuka uninga dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang prêlu karsa anêtêpakên parentah rêrekan samukawisipun. Ing pandamêlan ing salêbêtipun nagarènipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm badhe parentah anglêgsana, saking dening karsanipun Kangjêng Tuwan Litnan Guphrênur Jendral, saha Rad Indiya, ananging parentah ingkang sampun kalairakên wau punika, antawis kalih dasa dintên. Măngka botên anglêksanani Kangjêng Tuwan Litnan Guprênur Jendral, saha Rad Indiya, ingkang badhe damêl pangwasa piyambak. Anglêksanani saking dening parentah wau punika, botên akenging kasumene utawi kaalang-alangi tiyang.

Bab 17.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm ing samăngsa-măngsanipun, Kangjêng Guprêmèn Inggris prêlu anggalih asuka pemut sarta mêmulang dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, tuwin angindhakakên saking cêcêpênganipun. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mênggahing kukum punapamalih sakathahing prakawis saliyanipun. Ingkang dados kaindhakan sarta kautunganipun [kautung...]

--- 8 ---

[...anipun] Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta ingkang dados wilujêngipun abdi tuwin nagarènipun. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, dhatêng amiturut ingkang têmên-têmên.

Bab 18.

Pêpatih kratonipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika ing têmbe malih amêsthi Kangjêng Guprêmèn Inggris, ingkang anêtêpakên punapa ing sakrêsanipun, kalayan malih ing Kangjêng Guprêmèn Inggris, akenging macod pêpatih, kalihdene padamêlanipun pêpatih punika sakathahipun prakawis, ingkang kalampahakên amêsthi maksiha pitêpang rêmbag, rêrukon kalayan risidhènipun Kangjêng Guphrêmèn Inggris.

Bab 19.

Inggih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm batên purun arêmbagan kalihan tuwin sasêratan, sakathahing ratu nagari liyanipun, sanadyan dhatêng raja băngsa pêthak, utawi raja-raja ing nagari sabrang, sanadyan agami punapa-punapa, anglangkungi malih, dhatêng Ratu Jawi saliyanipun, tuwin wadana-wadana Jawi ingkang sami wontên bawah pêparentahanipun Kangjêng Guprêmèn Inggris.

Bab 20.

Bilih manawi pambagenipun bumi têngahan, ing nagari Jawi ing mangke punika, atawisipun Kangjêng Kumpni Inggris, kalayan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Mantawis, ing salah satugil[9] bilih wontên pakèwêdipun ing Matawis, sarta bilih botên dados kauntunganipun, panjênêngan têtiga wau punika, wit saking

--- 9 ---

pasitèn ingkang sami mocol, ingkang botên radin sarta ingkang sami marênca alit-alit. Pramila Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm dhatêng amiturut lalintunan ingkang pasitèn wau punika, batosipun supados sakathahipun ing tapêl watês. Punika adamêl kêncêng sarta ingkang sae, kalayan malih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, asanggêm dhatêng amiturut ing bageanipun piyambak-piyambak. Bilih manawi ing têmbe Kangjêng Sultan ing Matawis, adamêl rêrekan kalayan Kangjêng Guprêmèn Inggris, aprakawis dene lêlintunipun pasitèn-pasitèn wau punika.

Bab 21.

Sakathahing prajangjian ingkang sampun katêtêpakên, ing salêbêtipun sêrat kotrak,[10] ingkang sampun rumiyin sarta pundi ingkang botên kaicalakên. Ing salêbêting sêrat kotrak punika, sadaya punika inggih têksih têtêp ungêl-ungêlanipun.

Bab 22.

Sêrat kotrak punika amêsthi tumuntên kalêksanan, sarta kaidenan, dening kangjêng tuwan ingkang agêng kang wicaksana, kangjêng tuwan gurphrênadur jendral, ing pulo Jawa sabawahipun sadaya, Tomas Sêtêmporêt Raplês, awit naminipun Kangjêng Kumpni Inggris. Ing sasisihipun asmanipun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping sakawan. Kala ing dintên Sêtu tanggal kaping 1 wulan Agustus ing taun.

Pratăndha Ingkang Sinuhun Kajêng Susuhunan.

--- 10 ---

2. Punika tatadhakan[11] sêratipun Kangjêng Tuwan Komasaris Ridêr Mèrkus, kalih Kangjêng Tuwan Komasaris Ridêr Naus, katur Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping nêm.

Sasampuning kadya punika awiyosipun, kula sampun anampèni sêratipun putra kula, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Mênggah wiraosipun sêrat kula botên sumêrêb sadaya, amung sumêrêb satêngah kimawon, mila ing mangke sangêt panêdha kula dhumatêng putra kula, mugi-mugi kagaliha malih mênggah ingkang dados karsanipun kangjêng guphrêmèn. Kawangsulana ingkang tamtu, awit putra kula dèrèng mangsuli ingkang dados panêdha kula, saha dèrèng amratelakakên, mênggah pranatan sanèsipun, ingkang sagêd amitulungi ing kêkirangan, sarta sambutanipun putra santananipun, tuwin ingkang dados dhaharipun ing têmbe, ajawi pranatan ingkang sampun kula lairakên dhumatêng putra kula, mênggah karsanipun putra kula badhe maosakên siti dhusun ing Kadhiri sabrang wetan, dhumatêng Kangjêng Guprêmèn. Punika kula botên kadugi anampèni, awit margi siti dhusun punika paosipun para putra santananipun, botên sagêt mindhak ing pamêdalipun. Saha pasitèn ingkang têbih-têbih, kados ing Tomas ing Pagêlèn, sapanunggilanipun. Tanah ing măncanagari, botên sagêd mindhak ing karaharjanipun tuwin têntrêmipun. Ingkang sarta kangjêng guphrêmèn badhe botên pikantuk têtagêlan. Mênggah siti dhusun wau botên karêsahan malih, dhumatêng ing têtiyang awon, ingkang saupami prajuritipun kangjêng guphrêmèn, kathahipun kirang saking ing măngsa punika, amêsthi badhe andadosakên [andadosa...]

--- 11 ---

[...kên] pitunanipun putra kula, saputra santananipun sadaya, punapamalih andadosakên ing pitunanipun siti dhusun kagunganipun kangjêng guphrêmèn. Ingkang sami cêlak ing ngriku, ingkang saupami kula botên amitulungana kalayan pirêmbag amargi putra kula taksih timur, sarta botên anyêrêpêna mênggah prêlunipun wangsulan ingkang têrang, amêsthi botên pantês kasêbut bapa dhumatêng putra kula, mila kula angajêng-ajêng anampèni ingkang têrang wau ing dalêm tigang dintên. Awit kula sami ajrih anyarèhakên lami-lami, ing pakintun wangsulanipun putra kula wau, dhumatêng khajêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral. Mila panêdha kula dhumatêng putra kula, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mugi-mugi kawangsulana ingkang cêkak kimawon.

Bab kang kasêbut ing ngandhap punika.

1. Punapa putra kula parêng amasrahakên tanah ing Pagêlèn ing Toyamas, sarta sapanunggilanipun, tanah ing măncanagari, dhumatêng ing Kangjêng Guphrêmèn. Samantên punika kangjêng guprêmèn, ingkang angêrèhakên, awit ingkang nama putra kula, saha kangjêng guprêmèn badhe botên ananêm, bopati sanèsipun ajawi têtiyang ingkang angsalipun saking ngriku, utawi ingkang kalêrês gadhah wajib, saha kangjêng guprêmèn badhe anggalih, ingkang dados panêdhanipun putra kula, bab pangangkating bopati, punapadene anglilani sowanipun bupati dhumatêng Surakarta, saos pangabêkti dhumatêng putra kula, mênggah kathahipun ing bopati inggih katamtokakên. Kalihdene malih kangjêng guprêmèn aprajangji, mênggah sakathahipun ing pamêdalipun siti kang warni uwang, utawi sêsanggèn warni tiyang, ingkang konjuk dhumatêng putra kula, sarta dhumatêng ingkang putra santana, ing sadèrèngipun măngsa pêrang, katêtêpakên ing salami-laminipun. Wondening kula inggih prajangji awit ingkang nama kangjêng [kang...]

--- 12 ---

[...jêng] tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral. Putra kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kula lêpatakên ing wajibipun anyaèni loji ing Surakarta, ing Kalathèn ing Bayalali, punika saupami sami kadandosan wragadipun langkung saking 100.000 rupiyah, kalihdene malih kula sami aprajangji, amranata sakathahing sambutanipun putra kula, saputra santananipun sadaya, kalih putra kula mugi kapratelakna dhumatêng kula, anjawènipun pranatan ingkang sampun kula lairakên. Kadospundi mênggah prayogènipun, kalintunan pranatan sanès.

Sinêrat Surakarta kaping 26 wulan Mèi taun 1830.

__________

Ing ngandhap punika prajangjian Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, jumênêng dalêm.

3. Sarèhning kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, sampun amarêngi, awit ingkang nama kangjêng raja ingkang maha agung ing nagari Nèdêrlan, ingkang saèstu andarbèni tanah punika, angangkat sarta anjumênêngakên dhumatêng ing kula, dados susuhunan, anama Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, anaming kula mawi prajangji, sakathahing kawajibanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping nêm, kang sampun akèndêl, wontên sawarnènipun sêrat kotrak.

Sarèhning gèn kula anglampahi kalayan panrima pêparentahan kang kagêntosakên dhumatêng ing kula, mila gèn kula nêrangakên punapa saèsthining manah kula, ing sapunika kula saha priyayi agêng-agêng ing salêbêtipun ing karaton sami anandhani sarta supaos,

--- 13 ---

punapamalih kang ngêcapi kalih cap kula ing bab kang mungêl ing ngandhap punika.

1. Ingkang sapisan, kula matur sarta angakêni, yèn ênggèn kula agadhuh tanah-tanah ing Surakarta kados kang sampun kawêngku dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kang sampun kèndêl. Punika botên ênggèn kula tampi saking pangwasa kula piyambak, ananging saking sih sarta trêsnanipun kangjêng guphrêmèn dhumatêng ing kula.

2. Ingkang kaping kalih kula matur sarta angakêni, yèn tanah ingkang kasêbut ing nginggil wau amung kagadhuhakên dhumatêng ing kula, awit dening punika kangjêng guprêmèn adarbèni, pangwasa amundhut malih, gêgadhuhan kula wau saking ing kula, bilih kula botên anglêksanani prajangjian saha kawajiban kula, ingkang sampun katamtokakên ing dalêm sawarninipun sêrat kotrak. Ingkang sampun kadamêl utawi ingkang badhe kadamêl ing têmbenipun.

3. Ingkang kaping tiga kula aprajangji, ingkang saupami kakarsakakên, kula asanggêm anganyarakên sarta anêtêpakên sêrat. Prajangjian akalihan kangjêng guphrêmèn, punapamalih adamêl pranatan mênggah pangêrèhipun, utawi pranatanipun prakawis ing nagari, akalihan parak kangjêng tuwan kumisarisipun kangjêng guprêmèn. Pundi ingkang kalih prayogi ing măngsa punika, kang dadosakên karaharjaning nagari sarta nêtrêmakên.

5.[12] Ingkang kaping 5, kula aprajangji yèn kula badhe amratelakakên dhumatêng kangjêng tuwan risidhèn ngriki, mênggah sawarnining prakawis agêng, ingkang kula wuningani, sarta ingkang prêlu kawuningakakên dhumatêng kangjêng guprêmèn. Ingkang punika kula inggih pirêmbagan kalih kangjêng guprêmèn tuwin risidhèn, wau punapa ingkang sêdya kula lampahi, sarta badhe amiturut ing rêmbagipun. [rêmba...]

--- 14 ---

[...gipun.]

4. Ingkang kaping sakawan, kula prajangji ingkang têmên-têmên, badhe botên angewahi sakathahipun pêparentahan. Prakawis ing nagari punika kados ingkang sampun kalampahan, sarta kula badhe adêdahakên[13] saking dening têmên-têmên kula, saha rumakêt sarta panarima kula.

6. Ingkang kaping nêm, kula aprajangji, badhe anandhani sarta angacapi,[14] kalih para priyayi agêng, sêrat tatêdhakan titi, sasampunipun sêrat têtiga wau, katêtêpakên dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphrênur jendral. Kang satugil badhe kakintunakên dhumatêng kangjêng guphrêmèn ing Batawiah, kang satunggil dhatêng kangjêng tuwan risidhèn ngriki, wadening ingkang satunggil kula rawati piyambak.

Kala ping 14, wulan Juni taun 1830, utawi ping 21, wulan Bêsar taun 1751.

4. Punika ingkang sêrat prajangjean Kangjêng Tuwan Pitêr Mèrkus, ridêr saking bintang ing nagari Nèdêrlan, saha rat pan Indiya, sarta Kangjêng Tuwan Mistêr Hibrêt Gerar Naus, bintang saking nagari Nèdêrlan, kulnèl saha rèsèdhèn ing Surakarta, amargi samking[15] sampun kaparingan pangwasa, dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnan Jendral Johanis pan dhê Bos. Kumêndur saking bitang[16] agêng ing nagari Nèdêrlan. guprênur jendral ing nagari Nèdêrlan Indiya, akalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, ingkang kagadhuhan pasitèn-pasitèn ingkang kabawah ing nagari Surakarta.

Sarèhning sampun tatela, amargi saking sampun kathah luwangipun, [luwangi...]

--- 15 ---

[...pun,] saha amargi saking prakawis ingkang sampun kalampahan laminipun gangsal taun, sangêt kasusahanipun siti-siti bawahing nagari Surakarta, lan ing Ngayogyakarta, awit saking pêrang angrêrisaki, kang sanggêm rampung naming saking santosanipun dêdamêlipun. Kangjêng Guprêmèn Wêlandi, saha saking mêdalakên waragad kathah, kagunganipun Kang[17] Guphrêmèn. Yèn pangêrèhipun siti-siti, ingkang têbih saking nagari Surakarta, sangêt ing kêkiranganipun, angantos batên wontên anggèstukakên pangwasanipun ing ratu, sarta kathah ingkang botên lumados ing sêsanggènipun. Pangwasanipun ing ratu mèh ical, amung kantun namanipun kimawon. Têtiyang alit ingkang sae kasarahakên dhumatêng kapalanipun, botên pikantuk pangusèn sarta pangayoman, saha sabarang darbèkipun sami kapêndhêtan, dhumatêng têtiyang ingkang gadhah melik, saking gènipun badhe luwar saking ing panganiayanipun, ngantos kapêksa kathah sami anilar banjar pakaranganipun.

Sarèhning kadadosanipun prakawis makatên punika, botên liya, amung siti-siti punika, ing salamènipun amêsthi badhe kakirangan ing isaratipun kang kadamêl, anêntrêmakên ing rarêsah, utawi kadamêl amêpêti lampahing tiyang dursila, punapamalih amatrapi paukumanipun ingkang lêrês, sarta têtiyang dursila wau amanggih pitulungan, saking tiyang kang botên narimah, sarta ingkang kinaniaya, kang botên kaicalan punapa-punapa, amung angajêng-ajêng saking ewahing kawatênanipun, ing prakawis.

Amargi saking punika ing nagari Surakarta, wontên salêbêting rêribêt agêng, ing nalikanipun pêrang ingkang sampun kèndêl [kè...]

--- 16 ---

[...ndêl] punika, ingkang saupami nagari Surakarta, botên dipun ayomi ing pangwasanipun kangjêng guprêmèn, amêsthi manggih karisakan. Saha siti-siti ingkang têtrêm sarta karaharjan. Ingkang sami nungkul dhatêng kangjêng guphrêmèn, amêsthi karampêt dhatêng têtiyang dursila, wondening pambiratipun punika, ingkang saupami botên damêl pranatan sanèsipun ingkang santosa, asalaminipun kêdah anêksihakên dêdamêl, ingkang kathah ing wragadipun.

Ingkang dados kuwajibanipun ing kangjêng guphrêmèn, saha ingkang dados kuwajibanipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ambirat ing lampah ingkang nusahakên punika, sarta amurih ing sasagêd-sagêd. Ingkang sapisan angrêksa ing nagari Surakarta, supados sampun manggih karisakan, sarta katanggêl têtêping pikantuking pamêdal saha kauntunganipun, ingkang sampun dados wajib. Ingkang kaping kalih angrêksa kagunganipun ing kangjêng guphrêmèn, supados sampun ngantos amêdalakên waragad ingkang botên murwat malih.

Ing wusananipun, sarèhning amargi saking pitulungipun kangjêng guphrêmèn, kang santosa, nagari Surakarta têtêp botên ewah, ingkang punika lêrês sarta pantês. Yèn kangjêng guprêmèn ingkang mundhut ing bantonipun ing nagari Surakarta, supados sampun ngantos watên bilai dhatêngi malih, mila ing mangke aprajangji sarta anantokakên, kados kang kasêbut ing ngandhap punika.

Bab 1.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta badhe ngasta pangwasanipun, siti ingkang cêlak-cêlak, kados tanah ing Mataram, [Mata...]

--- 17 ---

[...ram,] Pajang Sokawati sarta Rêdikidul. Têtêp pangastanipun kados ingkang sampun kalampahan, botên mawi kangjêng guprêmèn tumut-tumuta, mênggahing panyêpêngipun ing pangwasa wau, ajawi amung kados ingkang sampun kalampahan, utawi kados ingkang sampun katamtokakên. Ing sêrat prajajean ingkang têksih têtêp punika.

Bab 2.

Mênggah siti-siti ingkang bawah nagari Surakarta, anjawi saking ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, punika ing Kangjêng Guprêmèn Walandi, ingkang badhe angasta pangwasanipun awit ingkang nama, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Wondening ing kangjêng guprêmèn badhe adamêl priyantun, Walandi ingkang kapitajêngan angêrèhakên, ing siti-siti wau pundi ingkang kagalih prayogi sarta amranata mênggah panyêpênging parentah saha pangadilan. Ingkang mêsthi katindakakên, punapamalih ingkang anampèni pamêdalipun siti-siti wau, sapintên ingkang kenging kawêdalakên.

Bab 3.

Kangjêng Guprêmèn Walandi ingkang kagungan pangwasa, adamêl bupati sarta kapala Jawi, wontên ing siti-siti ingkang kasêbut ing bab kaping 2 wau wondening mênggah pangakating bupati sarta kapala Jawi wau, badhe milih tiyang ingkang sampun kathah padamêlanipun sae, saha tiyang ingkang sampun prayogi, punapamalih tiyang ingkang kalêrês agadhahi wajib. Ing kalênggahan, Kangjêng Guprêmèn Walandi badhe agalih, ingkang dados aturipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Mênggah tiyang ingkang kaaturakên anglampahi ing palênggahan, sanajan kangjêng guphrêmèn [gu...]

--- 18 ---

[...phrêmèn] ingkang kagungan pangwasa adamêl bupati, inggih ugi ing sabên kalamăngsa garêbêg, wontên bupati ingkang katamtokakên ing kathah sowan dhumatêng ing Surakarta, anyaosakên ing pangabêkti, dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Bab 4.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan aprajangji têmên-têmên, badhe botên anindakakên ing pangwasa wontên ing siti-siti, ingkang kêrèh dhumatêng ing kangjêng guphrêmèn. Awit saking namanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta badhe botên andhawahakên parentah dhumatêng bupati, kêpala sarta dhatêng têtiyang alitipun, utawi utusana kang andhawahakên parentah, ajawi wontên panêdhanipun kangjêng guphrêmèn, ing punapamalih Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, botên badhe sasêratan kalihan para bupati sarta kapala wau, ajawi amung kang margi priyantunipun kangjêng guprêmèn, ingkang agêng piyambak sarta badhe botên anampèni sêrat lapuran tuwin panyuwunipun paran bupati saha kêpala wau, kajawi amung ingkang kaaturakên priyantunipun kangjêng guphrêmèn.

Bab 5.

Kangjêng Guprêmèn Walandi ananggêl dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta para pangeran Surakarta sêdaya, punapamalih dhumatêng para santana ingkang agêng-agêng, têtêping sapanginggilipun, pikantuking pamêdalipun siti-siti, ingkang kaêrèh dhumatêng Kangjêng Guphrêmèn Walandi, awit ingkang nama Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang kasêbut ing bab kaping 2 wau, kathahipun kados kala sadèrèngipun pêrang, wondening kathah kêdhikipun ing pamêdal, badhe kapratelakakên,

--- 19 ---

punapamalih ingkang nama bau suku sarta takêr têdhak ing sapanunggilanipun, utawi kauntungan sanèsipun. Punika sadaya badhe kaetang kadadosakên uwang ing sapantêsipun. Mênggah pamêdal ingkang kasêbut ing nginggil wau, bilih sampun kapratelakakên sapisan, badhe kaladosakên dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan dhumatêng para-para pangeran tuwin santana ingkang agêng-agêng, kabayar kaping sakawan ing dalêm sataun.

Bab 6.

Anjawi ingkang sampun kasêbut ing bab kaping 5 wau, kangjêng guphrêmèn asanggêm badhe adamêl pranatan, ingkang pantês sarta amitulungi, mênggah pambayare sêsambutanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta sêsambutanipun para pangeran, saha santana ingkang agêng-agêng, punapamalih para bupati, sarta sêsambutan tatêmpahing siti-siti dhusun kang sami kaparingakên kapajêgan kala rumiyin.

Bab 7.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing sapangigilipun badhe kalêpatakên andandosi laji-laji, anamung wajib anyaosi badha[18] beyanipun. Punika mawi kabayar dhumatêng kangjêng guprêmèn, ing sapantêsipun.

Bab 8.

Sarèhning Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang minăngka pangagêngipun putra santana saha abdi sadaya, panguwasanipun ingatase, putra santana abdinipun punika mèh botên mawi kawatês. Awit saking punika kadugi amriksani, angêrèh sarta amêpêti ing padamêlan utawi [u...]

--- 20 ---

[...tawi] lêlampahanipun. Ingkang punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan asanggêm, sintên-sintêna ingkang wontên bawah pêparentah Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kapurih amiturut mituhunipun, sarta bilih wontên ingkang purun-purun adamêl rêrêsah, angebahakên ing têtrêm, utawi mogok ing parentah, punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, badhe amatrapi kaukum, kaulungakên yèn kapundhut ing kangjêng guprêmèn. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kang kajibah ingatase sawarnining lêlampahanipun putra sêntananipun ing Surakarta.

Bab 9.

Sakathahing sêrat prajangjean ingkang wau-wau, ingkang botên kaewahan wontên ing sêrat punika, sami têksih ungêl-ungêlanipun sadaya.

Sampun têlas kadamêl katandhan sarta kaêcapan, wontên ing nagari Surakarta, dening para kajêng kumisaris, saha Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kala kaping 22 wulan Juni taun 1830.

__________

5. Punika sêrat prajangjean, bab ing tanah tatêmpah Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kadamêl ing Kangjêng Tuwan Yan Asak pan Sèpên Harên, kumisaris karaton ing nagari Surakarta, lan ing Ngayogyakarta, ingkang sampun kaparingan pangwasa dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral. Salêbêting rad kawrat watên[19] ing sêrat kêkancingan katitimangsan kaping 22 wulan Pèbrêari ingkang sampun kalampahan, ăngka 5 aprajangjean kalihan Ingkang

--- 21 ---

Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, ingkang kagadhuhan tanah-tanah ing nagari Surakarta Adiningrat.

Ingkang mungêl watên sêrat prajangjeanipun para kangjêng tuwan kumasaris kang mranata prakawis ing nagari kêkalih, akalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, katitimasan tanggal kaping 22 wulan Juni taun 1830, ing bab kaping 5, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta para pangeran. Punapamalih prayagung santana ing Surakarta, sami katêtêpakên angsal pamêdal, saking pasitèn ingkang kaasta dhumatêng kangjêng guprêmèn. Botên ewah kados sadèrèngipun wontên pêrang, angantos dumugi têlasing pêrang, wêkasan punika, têtêp kados ingkang kasêbut wotên ing sêrat prajangjean ing bab kaping 2, sampun kalampahan kangjêng guphrêmèn, anglampahakên utusan dhumatêng pasitèn sadaya, supados katitipariksaa mênggah papriksanipun sampun katandhing kalih sêrat pratelanipun ing pamêdal kang saking nagari Surakarta, pamêdalipun siti tanah ing măncanagari, ing bang wetan. Kala ingkang wau-wau inggih sampun rujuk kalih pariksanipun ing utusan wau, sarta botên wotên sulayanipun. Anaming mênggah pamêdalipun siti ing Pakêlèn kalih ing Nyumas, punika dèrèng têrang, mila kagalih prayagi adamêl sêrat prajangjean. Ing bab wau punika, anuntên sami pirêmbagan watên nagari Surakarta, wondening Kangjêng Kumisaris Baron pan Lawik, pan Sabên, akalihan Kangjêng Radèn [Radè...]

--- 22 ---

[...n] Adipati Sasradiningrat. Sarêng sampun sami karêmbag anuntên para kangjêng kumasaris, akintun sêrat dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Katitimasan tanggal kaping 7 wulan Pèbrêari ingkang sampun kalampahan. Amratelakakên kathahipun ing uwang tatêmpah, ingkang saking kangjêng guprêmèn. Sarta kathahipun ing pamêdal sadaya, kang saking kangjêng guprêmèn, ingkang katampèn dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Têtêp ing salami-laminipun, mênggah ingkang kasêbut ing sêrat wau sadaya, inggih sampun andandosakên parêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Kawrat watên ing sêrat kang katitimasan tanggal kaping 10 wulan Pèbrêari, wondening sêrat inggih sampun konjuk dhumatêng ing kangjêng guprênur jendral. Sarèhning kangjêng tuwan kumasaris sampun kaparingan pangwasa ing mangke mila adamêl sêrat prajangjean. Kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Bab 1.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, amratelakakên sampun amarêngi anampèni tatêmpah, pantês sarta anyêkapi, sumêrêp pamêdalipun siti dhusun sêdaya, ing sapunika kacêpêng kalihan kangjêng guprêmèn. Kasêbut wontên ing sêrat prajangjean, kang katitimasan tanggal kaping 22 wulan Juni taun ăngka 1830, wondening kathahipun ing tatêmpah wau, 334.282, tigang kêthi tigang lêksa kawan èwu kalih atus walung dasa kalih rupiyah, tatêmpah sumantên wau sumêrêp pamêdalipun ing siti kang sampun kapasrahakên dhumatêng kangjêng guprêmèn, [guprê...]

--- 23 ---

[...mèn,] sarta kang sami kapaosan dhumatêng Walandi, saha Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing sapunika ngantos salajêngipun pisan, sampun batên kagungan pamundhut malih, ingatasipun prakawis punika.

Bab 2.

Kangjêng guprêmèn asanggêm sabên taun badhe ambayar uwang dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Mêdal sabên wulan antawis tigang wulan. Sumêrêp tatêmpah ingkang kasêbut watên bab ping 1 ing nginggil wau, sarta yatra kang sumêrêp kalênggahipun kangjêng guprêmèn dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Kang sampun kasêbut ing sêrat prajajean ingkang rumiyin. Têmpahipun ing siti karadenan utawi ing kuwu, tuwin padhêkahan ing sawêntawis. Ingkang dadosakên prayogining tapêl watês, ing kabopatosan ing Dêmak kalih ing Grobogan, tanah ing Samarang ingkang sami kaasta ing kangjêng guprêmèn. Mênggah kathahipun ing uwang kasêbut ing ngandhap punika.

1. Ingkang sumêrêp tatêmpahing sawarnènipun pasitèn tanah măncanagari, bang wetan kalihan bang kilèn. Ingkang kasêbut wontên sêrat prajajean kang katitimasan tanggal kaping 22 wulan Juni taun 1830, ing bab kaping 2, kalêbêt pamêdalipun siti dhusun ingkang sami kapaosan dhumatêng Walandi, kathahipun sêdaya 334.282.

2. Ingkang sumêrêp tatêmpahing kori bandar, guwa susuh, kathahipun kala alamipun Kajêng Guprêmèn Inggris 100.000 ringgid utawi 306.000 rupiyah.

3. Ingkang sumêrêp tatêmpah pamêdalipun tanah ing jawi kori,

--- 24 ---

kang kaasta kangjêng guphrêmèn, kala ing taun 1824, kathahipun 100.000 rupiyah.

4. Ingkang sumêrêp pamêdalipun pêkên, kang kaasta kangjêng guprêmèn kala ing taun 1812, kathahipun 11.322, gunggung sadaya dados 754.987 rupiyah, pitung kêthi gangsal lêksa kawan èwu sangang atus walung dasa pitu rupiyah.

5. Ingkang sumêrêp tatêmpah siti dhusun karadenan 2.830 rupiyah, ingkang sumêrêp tatêmpahipun padhêkahan alid 553 rupiyah, ing Kuwu taksih mêdal sarêm satus dhacin, kathahipun 3.383 rupiyah. Wondening tatêmpah wiwitipun tumindak, ingkang sampun kasêbut ing bab 1 dumugènipun ing bab kaping 5, nginggil punika, ing tanggal kaping 15 wulan Agustus taun ingkang sampun kalampahan wingking punika.

Bab 3.

Mênggah pambayaripun kajêng guprêmèn ing uwang sadaya wau, ingkang saduman awarni uwang rupiyah pthak, ingkang tigang duman awarni uwang rupiyah têmbagi.

Bab 4.

Amargi saking pandamêlipun watês enggal, antawisipun pasitèn ingkang kabawah ing nagari Surakarta, wontên dhusunipun Kangjêng Pangeran Pakualam, ing tanah Pajang tumuta dados bawahipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta siti dhusunipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tanah Mataram. Wontên ingkang tumut dados bawahing nagari Ngayogyakarta, punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing sabên taun badhe ngintunakên uwang dhatêng ing kantor, kathah

--- 25 ---

1.500 ringgid, dados 3.825 rupiyah, anyêklong saking kagunganipun arta pamêdal, sumêrêp tatêmpah dhumatêng Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, icaling kagunganipun siti dhusun tanah ing Mataram. Ingkang sampun kasêbut wau punika.

Bab 5.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, badhe maringi siti sarta uwang, dhumatêng para pangeran akalihan putra santana, ingkang sampun kasêbut wotên ing sêrat padum kang sampun katur dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Kawrat wontên ing sêrat katitimangsan tanggal ping 20 wulan Mèi punika, saha ingkang sampun andadosakên parêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Ingkang sarta badhe maringi siti sarta uwang dhatêng pêpatihipun, ingkang nama Rahadèn Adipati Sasradiningrat, sakancanipun sadaya, punika ing wingking badhe kapranata.

Bab 6.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun amarêngakên kagunganipun uwang, kacowok sèwu rupiyah, kadamêl anyaèni margi-margi karêtêg-karêtêg. Uwang samantên punika, kangjêng radèn adipati anyawok. Sarèhning saking pranatanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, para pangeran sarta putra santana, ing mangke sami pikantuk ing pamêdal, kang anyêkapi, saha pêpatihipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sakancanipun sadaya badhe kaparingan pamêdal kang nyêkapi, punika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan anyagêmi, badhe murih kaicalakên sawarnining lampah ingkang botên prayogi, sarta panganiayanipun dhuma[20] têtiyang alid, [a...]

--- 26 ---

[...lid,] nagari ing Surakarta sadaya.

Bab 7.

Wondening amurih kalampahanipun prakawis, ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika sadaya, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sampun anyagahi, yèn kados kala panjênênganipun ingkêng rama Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, ingkang kasêbut sêrat prajajean kadamêl kala ing taun 1812, badhe amiturut pitêdahipun kangjêng tuwan risidhèn. Têrang karsanipun kangjêng guprêmèn, bab pranataning pêparentahanipun, ing pasitèn-pasitèn. Kalihdene malih prakawis ingkang migah dhumatêng pangadilan, jawi nagari Surakarta, punika kapranataa enggala rampung, supados ingkang sami prakawisan pikantuka adil. Ingkang lêrês sarta enggal, ing wusananipun amurih anindakakên, sabarang ingkang kenging andadosakên karaharjanipun, ing têtiyang alit ing nagari Surakarta sadaya.

Sampun têlas kadamêl ing nagari Surakarta tanggal ping 22 wulan Juni taun 1831, saha kaêcapan lan katandhan dening kangjêng tuwan kumisaris, kraton kêkalih Surakarta lan ing Ngayogyakarta.

Pratăndha Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, kumêndur saking bitang saleyo ing Nèdêrlan, ingkang angadhaton nagari Surakarta Adiningrat.

__________

6. Ing ngandhap punika supaosipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawêg dados pêpatih Surakarta,

--- 27 ---

kawula asupaos dêmi Allah, dêmi Rasulalah, anggèn kawula kaakat dados radèn adipati, botên anyukani arta utawi pasusung dhumatêng satunggiling tiyang, sarta inggih aprajangji botên badhe anyukani.

Kawula aprajangji badhe sêtya tuhu dhumatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang ginadhuhan karaton ing Surakarta, sarta dhumatêng kangjêng raja ing Nèdêrlan, ingkang saèstu ratunipun ing tanah Jawi, punapadene dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupênur jendral, minêstêr pan sêtat, ing Nèdêrlan Indiya, ingkang minăngka sariranipun kangjêng raja wau.

Ing sakawasa kawula badhe amurih têmên-têmêning kalampahanipun, sawarnining sêrat prajangjeanipun kangjêng tuwan wicaksana ing Nèdêrlan. Ingkang liyan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ing Surakarta sêrat prajangjean ingkang sampun watên utawi ingkang badhe dinamêl.

Kawula badhe tumêmên amurih lêstantunipun sakathahing prakawis, lampah-lampahipun karaton ing Surakarta, saha ing lampah samukawis. Ingkang kenging andadosakên kauntunganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta kauntunganipun kangjêng guprêmèn.

Sakathahipun têtiyang alit badhe kawula agêm, kalayan salêrês-lêrêsipun, botên mawi amikantukakên para mitra kawula, atawi adamêl karisakanipun satru kawula.

Kawula badhe tumêmên ing pangrêksa dhumatêng lastantun sarta têtêpipun tata têtrêmipun ing nagari, punapadene amurih enggaling rampung sawarnining prakawis, ingkang kalayan salêrêsipun.

--- 28 ---

Wasana kawula aprajangji anggèn kawula anyêpêng padamêlanipun radèn adipati, ing samubarang prakawis kawula badhe têpang rêmbag kalih kangjêng tuwan risidhèn ing Surakarta, ing salami-laminipun.

Atur kawula ing nginggil wau sadaya mêdal saking sêtyaning manah, wondening mênawi kawula botên anêtêpi prajangji kawula wau, utawi mênawi atur kawula botên têrus ing manah mugi kadhatêngêna babênduning Gusti Allah Tangala, sarta babênduning Kangjêng Rasulolah dhumatêng badan kawula, têmênipun mênawi kawula sampun supaos, kados ingkang kasêbut wau, sêrat punika kawula pratandhani sarta kawula capi.

Surakarta kaping 12 wulan Pèbrêari taun ăngka 1847.

Radèn Adipati Sasradiningrat. Titi.

__________

7. Punika ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, saking Kangjêng Tuwan Mistê Willêm Karêl Èmilê Baron dhê Hir, residhèn ing Surakarta, dhumatênga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping 7, kumêndur saking bintang leyo ing Nèdêrlan, ingkang angadhaton nagari Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, sarèhning ingkang pinanggih ing manah kula angakad para tumênggung ing dhusun-dhusun bawah karaton ing Surakarta, amurih prayogining kalampahanipun, pranatan enggal bab panyêpênging lêlêrêsan, sarta kapulisèn ing Surakarta, punapadene amurih karaharjaning kadadosanipun, saha sarèhning kula sampun atêpang rêmbag,

--- 29 ---

akalihan putra kula, mênggah prakawis punika wau, ingkang puni[21] kula sampun asring apirêmbagan kalihan Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang sami sabab panggenanipun dumunung para tumênggung wau, kaping 2, bab pamilihipun dhatêng tiyang, ingkang prayogi kaangkad dados tumênggung, kapitajêngan nyêpêng pandamêlan prêlu.

Sarêng kula sampun apirêmbagan kalihan radèn adipati, radèn adipati lajêng angaturi sêrat dhumatêng kula, katitimangsan kaping 31 wulan Mèi, ingkang sampun kapêngkêr, mênggah sêrat wau kula aturakên putra kula, asarêng kalihan sêrat punika, ijêmanipun ing sêrat, amratelakakên kathah kêdhiking tumênggung, sarta têtiyangipun ingkang kapilih, kamanah prayogi kadamêl tumênggung, mênggah ingkang mungêl ing sêrat pranatan inggal, kasêbut ing bab 13, sarta ing bab 14, kêdah putra kula angakat saha amêsthi kathahing tumênggung wau, mawi atêpang rêmbag kalihan kula, ananging sarèhning kirang sumêrêp kula, dhatêng para priyantun Jawi, ingkang prayogi kadamêl tumênggung, utawi botên, dados ingkang pinagih ing manah kula, kula sampun kenging pitajêng radèn adipati, amargi radèn adipati sampun saèstu sumêrêp dhatêng para priyantun ingkang sami kaaturakên dados tumênggung wau, kalihdene malih anggènipun ngaturakên para priyantun wau, amêsthi sampun kamanah têrang rumiyin.

Saking sêratipun radèn adipati wau, putra kula badhe sumêrêp, manawi pamanahipun radèn adipati prêlu, adamêl tumênggung nênêm. Kados ta, 1 ing Nglathèn, 1 ing Kartasura, 1 ing Bayalali, 1 ing Gagatan, 1 ing Tasokawati, 1 ing salêbêting nagari.

--- 30 ---

Mênggah kathah kêdhiking tumênggung, sarta panggenanipun, punapadene priyantunipun, ingkang kaaturakên dados tumênggung, kula sampun condhong ing pamanah kalihan radèn adipati, sarta botên wontên pakèwêding manah kula. Ingkang awit sêrat pranatan enggal, kasêbut ing bab kaping 14, balănja tuwan lênggahipun siti dhusun. Para tumênggung wau, sampun kapasthi dhatêng radèn adipati, punapadene radèn adipati amratelakakên kathah kêdhiking siti dhusun, ingkang kapulisènipun kabawah ing nagari Surakarta, sagêda katindakakên tumuntên.

Wondening sêrat aturan bab pangangkatipun tumênggung ing dhusun, ing sawêtawis dintên malih badhe kula kintunakên dhumatêng putra kula, asarêng kalihan sêrat punika kula angintunakên sêrat cap-capan kêkalih, badhe dados cêcêpênganipun para wadana, para rêdi saha para lêlurah dhusun, ing wusana badhe andadosakên rênaning manah kula, manawi kula midhangêt pangandikanipun putra kula, punapa putra kula taksih karsa amundhut panunggilanipun sêrat cap-capan wau, ingkang badhe kaparingakên dhumatêng santananipun putra kula, para pangèn ing sawêtawis.

Surakarta tanggal kaping 11 wulan Sèptèmbêr taun 1847.

8. Sêrat atur tabe kaurmatan ingkang kathah-kathah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, katur Kangjêng Tuwan Mistêr Baron dhê Hir, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula kakarsakakên mriyogi malih, ing kangjêng tuwan residhèn, bab kapulisèn ing dhusun 5, ing nagari 1, mênggah pratelanipun ing ngandhap punika.

Bab 1.

Tanah Pajang ing Nglathèn, Radèn Tumênggung Mangunnagara, kalênggahanipun [kalênggahanipu...]

--- 31 ---

[...n] wadana pamaosan kalihan galadhag ing Klathèn, dhatênga ing anakipun, kathahipun rêdi, kang kabawahakên 14, rèhipun kagungan dalêm siti parêdèn 7.000 karya, wah tampi rèh salèripun loji Klathèn 3.000 karya, wah kagungan dalêm siti kambêng 215 karya, gugung 10.215 karya, mênggah paring dalêm lênggah 50 karya, paring dalêm pananggalan sawulan 300.

Bab 2.

Tanah Pajang Kartasura, kaliwon rêdi Radèn Ngabèi Suradipraja, anama tumênggung pulisi, kathahipun abdi dalêm rêdi, kang kabawahakên 13, rèhipun kagungan dalêm siti parêdèn 5.526 karya, wah tampi lakungan Pajang salèripun loji Klathèn 2.474 karya, wah kagungan dalêm siti kambêng 246 karya, gugung 8.246 karya, mênggah paring dalêm siti lênggah 50 karya, paring dalêm pananggalan sawulan 300 rupiyah.

Bab 3.

Tanah ing Bayalali, kawêdalan kaliwon nagari, Radèn Ngabèi Sutanagara, anama tumênggung pulisi, kalênggahanipun kaliwon nagari dhatênga ing anakipun, abdi dalêm rêdi kang kabawahakên 10, rèhipun kagungan dalêm siti parêdèn 2.100 karya, wah lakunganipun Pajang lèr loji Klathèn 3.926 karya, wah kagungan dalêm siti kambêng 40 karya, gugung 6.066 karya, mênggah paring dalêm siti lênggah 50 karya, paring dalêm pananggalan sawulan 300 rupiyah.

Bab 4.

Tanah Gagatan, Radèn Ngabèi Cakradipura, anama tumênggung pulisi, griya ing Gagatan, kaliwonipun maosan têksiha gumantung, kathahipun abdi dalêm rêdi kang kabawahakên

--- 32 ---

8, rèhipun kagungan dalêm siti parêdèn 1.750 karya, wah tampi langkungan saking tanah Bayalali kang wêkas lèr 1.000 karya, wah kaunusakên saking tanah Sokawati kang wêkas kilèn 1.250 karya, gugung 4.000 karya, wontên kêdhikipun cacah ananging tanahipun wiyar, mênggah paring dalêm siti lênggah 50 karya, paring dalêm pananggalan sawulan 300 rupyah.

Bab 5.

Tanah Sukawati, kula wêdali saking nagari, Radèn Ngabèi Sasrasudira, anama tumênggung pulisi, wontên ing Sragèn, kalênggahanipun ing nagari dhatêng sadhèrèkipun, abdi dalêm rêdi ingkang kabawahakên 13, rèhipun kagungan dalêm siti parêdèn, sakantunipun ingkang kaunus dhatêng Gagatan 4.062 karya, wah tampi langkunganipun Pajang sakidulipun loji Klathèn 1.824 karya, wah tampi lakungan Pajang salèripun loji ing Klathèn, kang wêkas wetan 600 karya, wah kagungan dalêm siti kambêng 1.300 karya, gugung 7.724 karya.

Mênggah paring dalêm siti lêgah[22] 50 karya, paring dalêm pananggalan sawulan 300 rupiyah, wondene Radèn Răngga Kartawirya, ing Sukawinangun, namung lulusa nyanggi kuli barangipun kangjêng guprêmèn.

Bab 6.

Radèn Mas Cakrawijaya, anama tumênggung pulisi, wontên nagari pasowanipun, ing sabên dintên, wontên pandhapi waringin binatur, residhenan, anjagèni barang dhawah saking kantor, kalihan anampèni sêrat lapuran ingkang saking kapulisèn kabopatosan dhusun. Mênawi sêrat wau lapuran pantês katur ing kantor, inggih lajênga katurakên ing kantor, namung ngaturana [nga...]

--- 33 ---

[...turana] uninga dhumatêng kula, mênawi pantês katur ing kapatihan inggih kalajêngêna dhumatêng kula, amawia lapur ing kantor, mênggah paring dalêm siti lênggah 50 karya, paring dalêm yatra pananggalan sawulan 300 rupiyah.

Gugung abdi dalêm pulisi 6 aji[23] tiyang.

Gugung kalerehanipun abdi dalêm rêdi 58 iji tiyang, wah kagungan dalêm siti kambêng 2.040 karya.

Gugung kumpulipun sadaya tani kambêng 36.548 karya.

Gadhuhanipun kagungan dalêm siti lênggah 300 karya.

Paring dalêm yatra pananggalan sawulan 1.800 rupiyah.

Mênggah ingkang dados pamêdalipun ing rêdi ingkang wau, saking yatra krigaji, saking rèhipun siti dhusun, etang sajungipun sapasokan 2 rupiyah, kagungan dalêm siti rèh parêdèn wau 9.937 jung, etang wêdalipun ing yatra krigaji 18.274 rupiyahan, 12 wang sarèhning sapunika sampun kaparingan lênggah siti, kalihan kaparingan yatra pananggalan wau, mênggah yatra krigaji kapundhut lumêbêt ing nagari, konjuk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sumêrêp paos kagungan dalêm siti, ingkang kaparingakên lênggah, utawi paring dalêm yatra pananggalan wau, kalihan têdhanipun pêkir mêskin, utawi wragatipun sarèh ingkang botên gadhah waris. Kadosdene ingkang wau-wau, mênggah lumadosipun yatra grigaji[24] wau, mêdal saking kabopatosan ing nagari, utawi para bêndara ingkang sami gadhah gadhuhan lênggah siti dhusun. Lumados saking kantor, lajêngipun konjuk ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Ingkang punika kula sumong[25] pagalihipun kangjêng tuwan risidhèn.

--- 34 ---

Mênggah kathahipun rêdi sapunika kalulusakên, nanging tumênggung pulisi kêdah nglapurakên. Antawis kalih wulan, kang pantês kaangge utawi botên, kasumanggakna ing parentah.

Katur ing dintên Sênèn kaping 16 wulan Jumadilakir, ing taun Dal ăngka 1775.

9. Ingkang sêrat sarta ingkang tabe kathah-kathah, saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, kumêndur saking bintang leyo ing Nèdêrlan, ingkang angadhaton nagari Surakarta Adiningrat, dhumatêng ingkang bapa Kangjêng Tuwan Mistêr Wilêm Karêl Èwilê[26] Baron dhê Hir, residhèn ing Surakarta.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula suka wuninga dhumatêng bapa, manawi sampun lami kula pikantuk sêrêp, ing bab angèling wêdalipun yatra krigaji, saking siti dhusun lênggahipun para pangeran, sarta para radèn ayu, utawi para santana sanèsipun, bapa igih[27] botên kêkilapan. Yèn kathah anggèn kula ngêdalakên arta ing sabên wulan sumêrêp balanjanipun para pulisi, mila kula agalih prêlu, sagêdipun ajêg wêdaling kêrigaji wau, wondening amurih lastantun kalampahanipun karsa kula, panggalih kula prayogi anêdha pitulung dhumatêng bapa, dados bapa ingkang kula aturi kêrigaji wau, ing sabên kalamăngsa Mulut akalihan Siyam, anyowoka saking balanjanipun para pangeran, sarta para radèn ayu, tuwin para santana sanèsipun, ingkang mêdal saking kantor, ing dalêm sajungipun kalih rupiyah, sapintên etanging lênggahipun piyambak-piyambak.

Mênggah karsa kula ingkang kasêbut ing nginggil punika, sampun [sampu...]

--- 35 ---

[...n] kula dhawahakên dhumatêng kakang mas Pangeran Adipati Ngabèi, sarta kula karsakakên akên angradinakên, para pangeran, tuwin para radèn ayu, punapadene para santana sanèsipun sadaya, wondening yatra kêrigaji, saking siti dhusun lênggahipun para santana, ingkang botên tampi balănja saking kantor, punika kakang mas Pangeran Adipati Ngabèi, ingkang kula karsakakên mêdalakên.

Wasana kauningana dhumatêng bapa, mênawi kula sampun dhawah dhumatêng pêpatih kula, angaturakên sêrat dhumatêng bapa, pratelaning lênggahipun siti para pangeran, sarta para radèn ayu, tuwin para santana sanèsipun, supados kadamêl têturutan panyowoking balănja wau.

Wiyose kula aparing uninga dhatêng kakang mas, yèn sampun lami kula pikantuk sêrêp. Ing bab angèling wêdalipun yatra kêrigaji, saking siti dhusun lênggahipun para pangeran, sarta para radèn ayu, tuwin para santana sanèse, sarta kula anggalih prêlu sagêde ajêg ing wêdalipun. Mila kula sampun kagungan karsa anêdha pitulung dhatêng bapa Tuwan Residhèn Baron dhê Hir, ing salajênge ing sabên kalamăngsa Mulut kalihan Siyam. Kula purih anampèni yatra kêrigaji wau, lajêng kaaturna dhumatêng kula, anyowoka saking balanjanipun para pangeran, sarta para radèn ayu, tuwin para santana sanèse, ingkang mêdal saking kantor, ing dalêm sajungipun kalih rupiyah rispis. Sapintên etange lênggah siti dhusun piyambak-piyambak. Ingkang punika mugi kakang mas amradina, karsa kula makatên punika dhatêng para pangeran, sarta para radèn ayu, tuwin para santana sanèse sadaya. [sada...]

--- 36 ---

[...ya.] Kalihdene malih kakang mas, sumêrêpa, mênawi pêpatih kula sampun kula dhawahi, angaturakên sêrat dhatêng bapa tuwan residhèn. Pratelaning lênggahipun siti dhusun para pangeran, sarta para radèn ayu, tuwin para santana sanèse, supados kadamêla têturutan panyowoking kêrigaji, saking balănja wau.

10. Punika ingkang sêrat prajangjean Kangjêng Tuwan Minêstêr pan Sêtat Yohan Prèdhrik Walrapê Panès, ridêr saking Nèdêrlansê leyo, rad pan Indiya, kumisarisipun kangjêng guprêmèn, ingkang sampun kaparingan pangwasa, dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, ing Nèdêrlan Indiya, Yan Yakub Rokusèn, minêstêr pan sêtat ridêr grut krais saking Nèdrêlansê leyo, ridêr saking rodhèn adhêlar ing Pruwisên, ridêr saking ordhe leyopol ing Bèlgi, grut upsir saking prajurit kaurmat ing nagari Prangkrik, sarta grut dhinyitarising ordhe saking saidhêr kruwis ing Brasili, akalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, kumêndur saking bintang leyo ing Nèdêrlan, ingkang ginadhuhan siti ingkang kalêbêt dados bawahipun karaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

Sarèhning sampun langkung saking sadasa taun, lakung sakawan, tatela kauningan, manawi panyêpênging lêlêrêsan, sarta rumêksanipun nagari Surakarta, ingkang manut adat waton Jawi, sakalangkung saking kêkirangan, saha andadosakên botên anêtêpi ingkang dados pangajêng-ajêng, kawrat ing sêrat prajangjean, ingkang katitimangsan kaping 2, wulan [wula...]

--- 37 ---

[...n] Agustus taun 1812.

Kalihdene malih, sarèhning kadadosanipun awoning kawontênanipun wau, sakalangkung saking abêbayani, ingatasipun lastantuning kasênêngan sarta têtrêm, punapadene sangêt risaking tata ingkang prayogi, tuwin sirnaning wilujêng sarta karaharjanipun têtiyang alit. Malah asring ngantos botên amawang ingkang sampun lêrês dados wênang tuwin rajadarbèkipun.

Sarèhning ing mangke sami anggalih, badhe angicalakên lampah makatên punika, ingkang gêmpal pangwasanipun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, punika Kangjêng Guprêmèn Nèdrêlan tansah karsa anyantosani ing pangrêksanipun. Mila kangjêng guprêmèn wau kagungan karsa anggalih, ingkang sampun condhong akalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, awaton sêrat prajangjean kina, prêlu anyampêti ingkang dados kakirangan wau, sarta anindakakên ingkang prayogi, dados sami parêng ing galih adamêl pranatan kadosa kang kasêbut ing ngandhap punika.

Iki layang pranatan bab panyêkêling babênêran, sarta rumêksaning nagara karaton ing Surakarta.

Bab 1.

Mungguh pangwasa ing bab pangadilan, kang tumrap marang wong Jawa abdi karaton ing Surakarta, iku isih kaasta marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mulane layang karampungane pangadilan Jawa, têtêlu kang kasêbut ing ngisor iki, amêsthi nganggo kauningan sarta katêtêpake marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Bab 2.

--- 38 ---

Kang kapracaya angêtrapake babênêran, ana karaton nagara Surakarta, 1. kadipatèn, 2. ing surambi, 3. ing pradata, ing kajaba săngka ingkang katamtokake ing layang prajangjean iki, kasêbut ana ing bab kaping 23, lan bab kaping 24, anadene babênêran ing balemangu, isa iki kasuwak.

Bab 3.

Mungguh kèh sathithiking pangeran sarta wadana, kang angrêmbug prakara ana ing kadipatèn. Iku Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang bakal anamtokake, sarta anggalih prakara prayoga prêlune bab sarupane parapadu lêlawanan padha santana, apadene manawa santana ginugad ing wong cilik. Iku bubuhane kadipatèn, kang ambênêri, anadene prakara kang wus karampungan ana ing kadipatèn, kêna katangèkake akaulurake manèh ana ing pradata.

Bab 4.

Kang dadi panggêdhene ing surambi, mas pangulu, akanthi ngulama ing sawantara, dadia kancane ambênêri.

Anadene agawe pangulu lan kancane mau, sarta katamtokake kèh sathithiking kang angrêmbug prakara ana ing surambi, atas Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ingkang kagungan pangawasa.

Bab 5.

Kang dadi panggêdhe ing pradata radèn adipati, akanthi wadana nênêm. Apadene akanthi radèn tumênggung amongpraja, lan mas pangulu tapsir anom. Anadene wadana nênêm. Mau kang gawe Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Bab 6.

--- 39 ---

Bubuhane pradata, angrampungi sarupane prakara bab raja mal, rajadarbe, utang-apipotang, apadene amatrapi paukuman, marang sarupaning kadurjanan.

Bab 7.

Mungguh bab kadurjanan mau, ora kêna kalakokake prakarane, yèn radèn adipati durung angunjukake papriksane marang Ingkang Sinuhun Kajêng Susuhunan, ngago[28] katandhan ing tuwan residhèn.

Bab 8.

Sarupaning prakara kang marang pradata, gêdhe cilika yèn uwis rampung radèn adipati, angaturana layang karampungane marang tuwan residhèn, sajroning têlung dina.

Bab 9.

Sarupane karampungan kisas, ora kêna kaatrapake yèn durung ana dhawuh parênge kangjêng tuwan guprênur jendral.

Bab 10.

Nora kêna amratapi siya, apadene paukuman kang ngrusak sifat.

Bab 11.

Manawa ana wong kapatrapan ukuman buwang, iku kangjêng guprêmèn kang amrênahake panggonan bakal pambuwange.

Bab 12.

Pradata yèn angêtrapake babênêran, awatona layang agêr[29] gêdhe.

Bab 13.

Mungguh kèh sathithiking tumênggung, kang kapracaya nyêkêl parentahan ing desa, apadene pagonane omah iku,

--- 40 ---

ing buri bakal katamtokake, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, nganggo têpung karo tuwan risidhèn.

Bab 14.

Ingkang gawe tumênggung mau, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ngago têpung karo tuwan residhèn, tumênggung iku kajaba săngka ing gêgadhuhane lungguh bumi desa, bakal kaparingan balănja 300 rupiyah, sêsasi, mêtu ing uwang salêksa paringe Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, marang para wadana, anadene balănja mau bakal kabayar săngka ing kantor.

Bab 15.

Mungguh kuwajibane para tumênggung, sarta para priyayi gunung, apadene para panggêdhe desa, tuwin para priyayi Jawa liyane, sarta perange bawahe dhewe-dhewe, lan kabawahe marang radèn adipati, iku wus katamtokake marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kang kamot ana ing layang parentah, kang katêngêran ing aksara A, kang kanthèt karo layang prajangjean iki.

Bab 16.

Sarupaning gugad raja mal, rajadarbe, utang-apipotang kècu begal, maling, ngobong omah, raja pêpati lan liyane iku kabèh, apadene sarupane parapadu kang pancèn munggah ing surambi, amêsthi kalapurake marang panggêdhening desa, lan marang priyayi gunung, apadene panggêdhening desa lan prayayi gunung, ênggone anampani lapuraning gugat iku mau, ora kalilan anjaluk waragat apa-apa, sarta banjur anglapurna marang tumênggunge dhewe-dhewe, kang ambawahake kang anggugat, utawa pagonane anglakoni

--- 41 ---

kadurjanan.

Bab 17.

Para tumênggung mau yèn anampani lapuran bab kadurjanan, sarta bab wong anêrak parentah, kang kalêbu prakara prêlu, enggal awèha wêruh marang radèn adipati.

Mungguh prakara cilik, bab gugat-ginugat uwang, kang ora luwih săngka ing 50 rupiyah, lan bab wong anêrak parentah, kang kalêbu prakara cilik, tuwin bab wong kakêrêngan, tanpa gêgaman. Apadene bab ngabotohan, kang wus dadi laranganing nagara, sapanunggalane kang kalêbu prakara cilik, iku para tumênggung wênang amancasi dhewe, awatona layang parentah cêcêkêlane, dene prakara cilik kang nora kêna dipancasi dhewe, kang duwe prakara kapurih seba dhewe marang pradata, utawi marang surambi.

Manawa ana prakara kang bakal andadèkake rêrusuh, tuwin bakal andadèkake pitunane ing kangjêng guprêmèn, utawa marang băngsa Walănda, apadene gugad pamajêge pamêtune kangjêng guprêmèn, iku para tumênggung wajib egal[30] ngaturana uninga marang tuwan residhèn.

Bab 18.

Para tumênggung kawajiban rumêksa, amurih tata tatrêming[31] bawahe dhewe-dhewe, sarta padha kabawah marang radèn adipati.

Bab 19.

Radèn adipati kang dadi pagêdhene rumêksa, tata tatrêming nagara, kabawah marang tuwan risidhèn, ing samăngsa nampani lêlaran, wajib inggal andhawuhake parentah, anyimpên ana ing kunjara sajroning nagara.

Bab 20.

--- 42 ---

Sapa-sapa kang makewuh marang para tumênggung, ing sajroning pagawean, ing nagara, apadene amêmalangi, kang awit dening lêleda utawa sêmbrana marang parentahe, amasthi katimbalan lumêbu marang nagara, sarta kapatrapan paukuman, angirib săngka prakarane.

Dene yèn malangi mau băngsa Walănda, sarta makewuh sapêpadhane, ênggone katimbalan amêsthi nganggo pangawasa, utawa parentahe tuwan residhèn.

Bab 21.

Yèn tuwan residhèn anduwèni pamikir, ana sawijining tumênggung ing desa, ora anêtêpi ing wajibe, amasthi ngaturi wuninga marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, adalana radèn adipati, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kang bakal murih têtêpe, tumênggung mau anglakoni wajibe, dene yèn tumênggung iku kongsi gênêp pindho katur Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, agawe priyayi liyane kang gêntèni, lêlakone tumênggung mau, nganggo têrang lan têpang karo tuwan residhèn.

Bab 22.

Layang pranatan anyar iki isih anglastarèkake wajib lan sukême marang panggêdhe wong Jawa, marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Bab 23.

Manawa ana abdine Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, anglakoni kadurjanan, akanthi abdine kangjêng guprêmèn, iku bakal karampungan, dene risidhènsi rat, dene yèn akanthi băngsa Walănda, utawa Walănda pranakan, iku bakal karampungan, rat pan yustisi Samarang.

Saupama abdine Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, anglakoni kadurjanan,

--- [0][32] ---

ana ing bawahe kangjêng guprêmèn, iku bakal karampungan ana ing pangadilaning para risidhèn. Êndi kang ambawahake panggonane anglakoni kadurjanan. Dene wong Jawa abdine kajêng guprêmèn, yèn anglakoni kadurjanan ana bawahe Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, iku bakal karampungan ana ing pradata, mungguh wong Jawa abdine kangjêng guprêmèn, yèn anglakoni kadurjanan, ana ing bawah kamakunagaran, iku bakal karampungan ana ing babênêran ing Mangkunagaran. Saupama abdine Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, anglakoni kadurjanan, akanthi abdine Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, iku kabèh bakal karampungan kaunggahake marang pangadilan, kang kabawah ing tanah panggonane anglakoni kadurjanan.

Bab 24.

Sarupane abdine Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lan abdine Kajêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, yèn nêrak layang anggêr bab pamajêge pamêtu kajêng guprêmèn, iku isih lêstari karampungan ana ing risidhènsi rat.

Bab 25.

Radèn adipati kang ngawasani sarupaning kunjaran, sajroning nagara Surakarta, panggêdhene tuwan risidhèn.

Bab 26.

Mungguh ingoning lêlaran, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kang bakal amaringi ing salawas-lawase, sarana nganggo ana kang nyăngga, tuwan risidhèn kang bakal anginglang panyanggane iku.

Tuwan risidhèn kang kawogan wajib rumêksa, têtêp têmên-têmêne lêlakoning pranatan kang kasêbut layang iki, saupama

--- [0] ---

ana kang nalisir, wajib egal amurih lêstarine tinêtêpan, sarta ngaturana uninga marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, lan marang kangjêng guprêmèn.

Karodene manèh tuwan risidhèn, kang kabubuhan ngawruhi, têtêpe radèn adipati, lan para tumênggung, apadene priyayi Jawa sapangisor, padha têmên-têmên angèstokake tuwin anglakoni parentah, kang kasêbut ana ing layang cêcêkêlane, sarta têtêpe ênggone padha anglakoni wajibe ing kaluguhane dhewe-dhewe.

Sampun sah kadamêl wontên nagari Surakarta, kala kaping 5 wulan Juni taun 1847, sarta sampun katandhanan asta tuwin kaêcapan, dening kangjêng tuwan kumisaris, punapadene dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Ing dinta[33] Sêtu Wage kaping 21 Jumadilakir wuku Dukut, măngsa Sadha taun Dal, ăngka 1775.

1. Iki layang parentah cêcêkêlane para tumênggung.

Bab 1.

Para tumênggung iku abdine Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sarta kabawah marang radèn adipati, tuwan resèdhèn kang dadi panggêdhene.

Bab 2.

Para tumênggung kawogan wajib rumêksa, ing bawahe dhewe-dhewe, para tumênggung mau wajib rumêksa sarta ngawruhi têmên-têmêne, para gunung lan para panggêdhening desa, anglakoni saunining layang parentah cêcêkêlane dhewe-dhewe, dene yèn ana kang laleda, utawa sêmbrana marang wajibe, kongsi rambah wajib padha awèha wêruh marang radèn adipati.

--- 43 ---

Bab 3.

Para tumênggung yèn anampani lapuran bab kadurjanan, lan bab wong anêrak parentah, kang aliya săngka prakara cilik, sarta wênang dirampungi dhewe, kaya kang bakal kasêbut ing layang parentah iki, ing bab kaping 13 wajib egal awèha wêruh marang radèn adipati, kabarêngna karo wonge, kang nglakoni kaluputan, sanyina buktine pisan. Dene wong gugat-ginugat prakara cilik, yèn ora kêna dirampungi dhewe, marang pradata utawa marang surambi. Manawa ana prakara kang bakal andadèkake rêrusuh, tuwin bakal andadèkake pitunane kangjêng guprêmèn, iku para tumênggung wajib egal angaturi uninga marang tuwan risidhèn.

Bab 4.

Para gunung lan sarupaning panggêdhening desa kabèh, padha kabawah marang tumêgung,[34] sarta samubarang prakara ora kêna ngukurake tumênggung mau.

Bab 5.

Yèn ana layang lapuran, tuwin layang pratela sapanunggalane, utawa layang ibrê-ibrê, iku sakèhe panggêdhening desa, wajib angirimake marang tumênggunge, supaya yèn ana prêlune banjur kênaa dikirimake marang radèn adipati.

Bab 6.

Mungguh wajib kang dumunung ana ing para tumênggung, ing ngisor iki pratelane, para tumênggung wajib rumêksa bêciking dêdalan gêdhe lan karêtêg, lan bawahe dhewe-dhewe, sarta sarasane ing pamduming[35] panggarape wong cilik, marang dêdalan karêtêg mau.

Awit dening iku sawiji-wijining gunung, bakal kawènèhan [kawè...]

--- 44 ---

[...nèhan] bubuhan angawruhi pagarape dêdalan gêdhe, kamurwat kèh sathithiking wong, kang dadi panggarab bawahe, sarta katêmpuh barang bêcike bubuhane, kang bakal nganggo têtêngêr tulis ana balabag, kadokokake ing êpal ana ing dêdalan.

2. Para tumênggung kawogan angawruhi tundhan jagul sapanugalane,[36] kang ginawe agawa barang kagungane kangjêng guprêmèn, nganggo kabayar kaya kang wus katamtokake, sarta yèn ana prajurit lêlaku, wajib amurih kaopène pangan, lan pondhokane.

3. Para tumênggung wajib rumêksa, aja kongsi ana santri amratakake jimat, lan aja kongsi ana sawijining wong asêsilih aran pangeran, wali utawa liyane, kapurih olèhe kanthi akèh, anadene aja kongsi ana wong akèh kêkumpulan, tuwin lêlaku amawa gêgaman. Rêringkêsane para tumênggung mau wajib rumêksa, aja ana laku kang nyalawadi, bakal andadèkake rêrusuh, dene yèn ana laku kang kaya mangkono, enggal angaturana uninga marang tuwan residhèn, lan marang radèn adipati.

4. Para tumênggung ora kalilan anjaluk bayaran, marang wong cilik, kaya ta kang aran sahit wara, lan sahit tata utawa liyane iku, sumurub êgone[37] padha anglapurake, prakara bab kadurjanan, utawa bab wong anêrak parentah, apadene ora kalilan amatrapi dhêndha, karodene manèh, kajabane kang wus pancèn dadi sêsanggane wong cilik, marang kang duwe gêgadhuhan bumi desa, para tumênggung ora kalilan amundhuti marang wong cilik, sanajan rupa dhuwit rupa barang ora kalilan. Lan manèh para tumênggung padha dèn bêcik ing rumêksane, aja kongsi ana gunung sarta pagêdhening desa [de...]

--- 45 ---

[...sa] liyane, angrusak marang rajadarbèking wong cilik. Apadene anjuluki[38] bayaran, sumurup ênggone padha anglapurake prakara.

5. Saupama ana wong desa padha sulaya, iku dèn rêksaa aja kongsi dadi paprangan, prakarane kapasrahna marang gununge supaya dipariksaa.

6. Para tumênggung dèn bêcik rumêksane aja kongsi ana wong ngadêgake ngabotohan, kang kalilan amung ngadêgake pakêplèkaning bêbujang urud dalan gêdhe, cêdhak omahing gunung samono iku dèn rêksaa, aja kongsi ana wong desa milu kêplèk.

7. Para tumênggung aja sah rumêksane ing bawahe dhewe-dhewe, aja kongsi ana sawijining bandar amupu beya ana pasar-ingapasar, utawa sajabaning pasar, kang anyulayani karo parentahe kangjêng guprêmèn, ngamungêna kang kasêbut ana ing layang pamupuning beya.

Awid dening iku para tumênggung aja kongsi kainan, samăngpa[39] tămpa têturunaning layang pamupuning beya, saka ing tuwan residhèn, sarta katandhan marang tuwan residhèn, aja kongsi towong-towong katèmplèkake gon sawijining pasar, dene yèn ana bandar utawa sosorane amupu, beya luwih saka kang kasêbut ana ing layang mau, banjur ngaturana wuninga ing tuwan risidhèn. Kamot ing layang akanthi layang lapuraning saksi, supaya kang nêrak parentah mau, kênaa kaunggahake marang residhènsi rad.

Mungguh iku para tumênggung iya wajib awèh wêruh marang radèn adipati, kalawan ature rêrikêsan bae.

Bab 7.

Para tumênggung ora kêna amakewuh marang para pangeran, apadene marang priyayi gêdhe liyane, kang duwe gêgadhuhan bumi desa, [de...]

--- 46 ---

[...sa,] kang kalêbu ana bawahe, yèn amêmundhut sabarang kang wus dadi bênêre, utawa amèk gawene wong cilik, kaya kang wus dadi adat. Dene yèn ana mêmundhut, utawa amèk gawene wong cilik, kang dudu bênêre, para tumênggung awèha wêruh marang radèn adipati.

Bab 8.

Yèn para tumênggung anyêkêl uwong kang awit saka ing pangwasane dhewe, utawa awit olèh parentahing sajroning sadina sawêngi, wajib angladèkake marang radèn adipati, yèn bisa akanthia layang kang anelakake dosane, anadene nyina buktine, kaya ta barang kang cinolong, utawa kang dikècu tuwin gêgamane durjana sapanunggalane, sarta akanthia layang nalaring prakara karingkêsa bae, ngagoa mratelakake jênêng lan omahe lan sêksine, sarta kaaturan ing saksi kang prêlu-prêlu bae, saupama sajroning sadina sawêngi, mau layange durung pêpak, pangirime kêna sarênti, ananging lumadine dêdosan aja kongsi kandhêg, angêntèni pêpaking layang, dene yèn dêdosan iku kalêbu prakara, kaya kang kasêbut wêkasaning bab kaping 3. Para tumênggung iya ngago ngaturi wuninga ing tuwan risidhèn, bab êgone angladèkake dêdosan.

Bab 9.

Para tumênggung ora pisan-pisan wênang angluwari lêlaran, ing layang kang kasêbut ana ing bab ping 13.

Bab 10.

Yèn para tumênggung anampani lapuran srilara rajapati, kang amawa cihna kinaniaya, egal anglakokêna sosorane [sosor...]

--- 47 ---

[...ane] priyayi wong loro, utawa luwih kang atitipariksa marang jisim mau, papriksane kamota ing layang kang têrang, amratêlakake wujut katêmuning jisim. Alang ujure tatune sarta liyane kabèh, kang kinira bisa anêrangake ing sababing patine.

Bab 11.

Saupama ana sawijining wong, kang kêna ing panggrayangan amatèni jisim kang tinêmu mau, para tumênggung enggala nyêkêl wong kang kalêbu kira-kira mau, ananging manuta parentah kang wus kasêbut ing bab kaping 8 ing ngarêp mau.

Bab 12.

Yèn ana prakara gêdhe, kaya ta ngobong omah, kècu ambabah omah rajatatu sapêpadhane kang kinira prêlu, nganggo katitipariksa ing desa, para tumênggung tumuli lumakua panggonaning prakara, utawa anglakokake prakara utawa kokonan. Sapanêmuning papriksa angaturana uninga marang parentah, kaya kang kasêbut ing layang bab kaping 8, ing ngarêp mau, saupama prakara mau, kalakon kang ana ing kabopatèn liya, sapa kang tămpa lapuran dhisik, egal awèha wêruh marang kancane tumênggung kang duwe bawah, karodene manèh wajibe para tumênggung, yèn ana lakuning kadurjanan tuwin prakara, ing ngêndi-êndia pagonane amêsthi padha tulung-tinulung, anggolèki durjanane, sarta enggal padha ngaturana ing parentah, bab prakara iku lan bab kang wus dèn lakoni.

Bab 13.

Para tumênggung apêse ing sajroning pitung dina, sapisan angrampungi prakara cilik-cilik, an[40] panggonan kang katon ing

--- 48 ---

ngakèh akanthia kancane kaliwon utawa mantri, ka[41] ta gugad-ginugad bab uwang, kang ora luwih saka ing 50 rupiyah, bab wong anêrak parentah kang kalêbu rèmèh, bab wong arubiru kalawan ujar, bab wong kêkêrêngan tanpa gêgaman, bab wong ngabotohan kang wus dadi laranganing nagara sapêpadhane, kang nora kapatrapan paukuman abot mung kabêlok mung lawase nêm dina, mungguh angrampungi prakara iku mau, para tumênggung nganggoa amèmuti, sarta sabên pitung dina angirimna pêpêthikaning pèmutan, marang rahadèn adipati.

Bab 14.

Saupama ana lakuning kadurjanan, utawa bakal anyêkêl uwong ana ing bumi desa, kang dipajêgi marang Walănda, utawa marang Walănda pranakan. Iku lakune ora owah kaya kang wus kasêbut ing ngarêp mau, dene panggêdhene desa kang dipajêgi Walănda, amêsthi ngèstokake lan anglakoni dhawuhe parentah Jawa, ora susah nganggo ngatas dhisik anyadhong parentahe Walănda, kang amajêgi mung awèha wêruh bae yèn nampani parentah, sarta uwis dilakoni, saupama pagêdhening desa kang dipajêgi marang Walănda mau, ora ngèstukake parentah, iku amasthi kaundur săngka kalungguhane.

Bab 15.

Para tumênggung ora kalilan awèh layang pas marang sawiji wong, kang nêja lêlungan marang sajabaning bawahing Surakarta, ananging kang nêja lêlungan mau anjaluka layang mênyang kantor.

Bab 16.

Mungguh layang pranatan anyar iki, ora pisan angowahake [angowah...]

--- 49 ---

[...ake] wajib lan sukême, para tumênggung tuwin para pagêdhening desa liyane, marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

2. Iki layang cêcêkêlaning para gunung, utawa para panggêdhening tanah.

Bab 1.

Radèn adipati kang bakal gawe sarta amocot, para gunung, utawa para panggêdhening tanah, samono iku yèn wus têrang adadèkake parênging tuwan residhèn. Mungguh kèh sathithiking gunung sarta panggonane omah, ing buri bakal katamtokake marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, nganggo têpang rêmbag karo tuwan residhèn.

Bab 2.

Sarupaning gunung padha kabawah para tumênggung, dene panggonane omah ing sakêna-kênane, dêdunung ana satêngahe kabopatène, supaya yèn nampani parentah mau, enggal bisaa banjurake, marang kalerehane, sarta kalerehane iku, enggal bisaa tumêkaa marang panggêdhene.

Bab 3.

Para gunung kawogan rumêksa amrih tata têtrêming bawahe, sarta amurih samubarang kang bisa angundhakake atut rukuning wong cilik, kang kapracayake ana ing bawahe.

Bab 4.

Muguh[42] amurih atuting wong cilik, mau yèn ana wong kang parapadu, kalêbu prakara cilik, para gunung mung wênang angrampungi kalawan pirukun, kapasrahna marang tumênggunge kang

--- 50 ---

abawahake, supaya dirampungana.

Bab 5.

Para gunung aja sah ênggone angawruhi, marang kalakuane pagêdhening desa, kang kalêbu ing bawahe, sarta anitika têmên-têmêne, ênggone padha anglakoni, saunining layang parentah, cacêkêlane, saupama ana kang lêleda, utawa mogok ing parentah, kalapurna marang tumênggung kang ambawahake.

Bab 6.

Para gunung wajib anampani sarupane gugad, kaya ta sulaya bab raja mal, rajadarbe, utang-apipotang, bab salakirabi, talak waris wasiyat, bab angrusak rajadarbèking wong cilik, kècu, begal, maling, ngobong omah, rajatatu, rajapati, sapêpadhane, yèn uwis kapariksa têrang papriksane, kapasrahna marang tumênggung kang ambawahake wong anggugad, utawa êgone anglakoni kadurjanan.

Bab 7.

Para gunung ora wênang nyêkêl uwong, săngka ing pangwasane dhewe, aliya saka ing durjana, kang konangan ing sanalika, utawa manawa anduwèni panarka kêncêng marang sawijining wong, kinira anglakoni kadurjanan. Sumêlang yèn minggat, manawa sinarèhake panyêkêle, dene para gunung yèn anyêkêl uwong kaya kang kasêbut mau, ing sajroning sadina sawêngi wajib angladèkake marang tumênggunge.

Bab 8.

Para gunung ora wênang pisan-pisan, angluwari lêlaran,

--- 51 ---

sanajan ênggone anyêkêl dhewe, utawa ênggone anyêkêl pagêdhening desa, ananging yèn duwèni pangira ana sababe patut diluwari, kudu anêrang marang tumênggunge, sarta nyadhong kadangdi[43] karampungane.

Bab 9.

Para gunung yèn nampani lapuran bab wong anglakoni kadurjanan, samăngsa ana prêlune, lumakua marang panggonaning prakara, sarta amuriha samubarang kang bisa gawe têranging prakara, gampange dipariksaa, marang tumênggunge, nganggo ngirimake panêmune papriksan, akanthi nyina buktine, kaya ta barang kang cinolong, utawa kang dikècu, apadene gêgamaning durjana, panunggalane, lan durjanane kang kacêkêl ing sanalika utawa wonge kang kêna ing tarka.

Bab 10.

Para gunung yèn nampani srilara rajapati, kang amawa cina kinaniaya, sarta ora karuhan babing[44] patine, sarta kinira saka ing laku kadurjanan, egal padha lumakua marang panggonaning jisim, akanthia panggêdhening desa loro, banjur padha titia pariksa, mariksa jisim mau, papriksane kamota ing layang, amratelakna ingkang têrang, mungguh wujud katêmuning jisim, alang ujure tatune, sarta liyane kabèh, kang kinira bisa anêrangake sababing patine.

Bab 11.

Para gunung ora kalilan jaluk bayaran marang wong cilik, kaya ta kang aran sahit wara, sahit tata, utawa liyane iku, sumurub ênggone anglapurake prakara, lan ora [o...]

--- 52 ---

[...ra] kalilan anjaluk wragading prakara, apadene ora kalilan matrapi dhêndha, karodene manèh anjabane kang wus dadi sêsaganing wong cilik marang kang duwe gêgadhuhan bumi desa, para gunung ora kalilan, mundhuti marang wong cilik, sanajan rupaa barang ora kalilan. Lan manèh para gunung padha dèn bêcik rumêksane, aja kongsi ana panggêdhening desa angrusak marang wong cilik.

Bab 12.

Para gunung bangêt kaparentahan, aja sah rumêksane ing bawahe dhewe-dhewe, aja kongsi ana bandar amupu beya, ana pasar-ingapasar, utawa sajabaning pasar, kang nyulayani parentahe kangjêng guprêmèn. Ngamungna kang kasêbut ana pamupuning beya, yèn kainan ing rumêksane, amêsthi padha kaundur săngka ing kalungguhane.

Awit dene iku para gunung aja kongsi kainan, samăngsa tămpa têturunane layang, pamupuning beya săngka ing tumênggunge, ngago katandhan marang tuwan residhèn. Aja kongsi towong katèmplèkake sawijining pasar, dene yèn ana bandar utawa sosorane mupu beya luwih săngka ingkang kasêbut ing layang mau, banjur alapura marang tumênggunge, kamota ing layang akanthi aturaning saksi.

Bab 13.

Para gunung bangêt kaparentahan, dèn bêcik rumêksane aja kongsi ana wong adol apyun, pêtêng, kopi, sarang burung, utawa uyah kang ginawe ing sagara kidul. Apadene aja kongsi ana wong Jawa lan wong Cina, sapêpadhane, agawe utawa adol obat lan manèh aja kongsi ana [a...]

--- 53 ---

[...na] wong nayub kang tanpa sabab, aliya săngka ing mêmantu, tingkêp duwe anak lan têdhak.

Bab 14.

Para gunung padha dèn bangêt ing rumêksane, aja kongsi ana wong angadêgake ngabotohan, ana ing bawahe, kang kalilan amung kapala bujang, angadêgake pakêplèkan urut dalan gêdhe, cêdhak umahing gunung, samono iku karêksaa, aja kongsi ana wonge desa milu kêplèk.

Bab 15.

Para gunung kabubuhan ruksa[45] bêcike, karêtêg lan dêdalan gêdhe omah pos, omah pajagan, uwit-uwitan kang urut dalan, ilèn-ilèn banyu, lan panggaraping karêtêg, sarta dêdalan gêdhe ing bawahe, lumadine kang garap sarta galidhige, tuwin pangusunging kayu, panggawaning lêlaran, sarta asadhiyaa samubarang kang kaanggo ing gawe kang amawa pakurmatan. Apadene angiringake lakune para priyayi gêdhe.

Bab 16.

Sawiji-wijining gunung bakal kawènèhan bubuhan, angawruhi panggarape dêdalan gêdhe, kamurwat akèh sathithike wong kang dadi bawahe, sarta katêmpuh marang bêciking bubuhane, kang bakal ngago têtêngêr ing tulis ana ing balabag, kadokokake ana ing dalan gêdhe ing dêdalan.

Bab 17.

Para gunung lan kalerehane ora kalilan awèh layang pas marang sawiji wong kang nêja lêlungan marang sajabaning bawahing Surakarta, ananging kang nêja lêlungan mau jaluka layang pmarang[46] kantor.

Bab 18.

--- 54 ---

Mungguh layang pranatan anyar iki, ora pisan angowahake wajib lan sukême para panggêdhening tanah utawa gunung lan para panggêdhening desa, marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

3. Iki layang parentah cacêkêlane para panggêdhening desa.

Bab 1.

Iki panggêdhening desa kang aran dêmang panatus, panèkêt, panalawe, bêkêl. Iku padha kabawah marang gunung, utawa panggêdhening tanah, sarta wajib têmên-têmên anglakoni parentahe, yèn ora mangkono amêsthi bakal kapocot saka kalungguhane, dene para panggêdhene desa mau, yèn rumêksa dikaniaya marang gununge, wênang padha duwea atur dhewe, marang tumênggunge.

Bab 2.

Para panggêdhening desa wajib rumêksa amurih tata têtrêming desane, ing sakêna-kêna ing saubênge pomahane, ditandurana pring ori, utawa liyane kang prayoga minăngka pagrê, supaya ngadohake rêrusuh, sajabaning pagêr didêgana omah pajagan. Wong desa bawahe padha gênti-gênti dipataha jaga, ana ing kono rina wêngi, muguh jaga apadene anggarap panggaweane, nagara ora kêna tinêbas ing dhuwit, dene wong kang wus tuwa, wong mutihan lan priyayi iku luput ing jaga.

Bab 3.

Yèn ana wong liwat ing dêdalan, wayah bêngi sawise jam walu, măngka gêgawan panganggo gêgaman utawa solahbawane anyalawadi, iku wong pajagan wênang anyêkêl.

Ananging para panggêdhening desa, wajib enggal awèha wêruh marang gununge mungguh panyêkêle mau.

--- 55 ---

Bab 4.

Para panggêdhening desa wajib enggal anampani sarupaning gugad, kaya ta parapadu bab raja mal rajadarbe, utang-pipotang, bab salakirabi talak waris wasiyat, bab angrusak rajadarbèking wong cilik, kècu, begal, maling, ngobong omah, rajatatu rajapati, sapêpadhane banjur kalapurna marang tumênggunge.

Bab 5.

Mênawa ana priyayi lara rajatatu, utawa srilara rajapati, kang ora karuan sababe, ananging kinira amarga saka ing kadurjanan. Para panggêdhening desa anuli lumakua, marang panggêdhening kang tatu mau utawa kang mati, supaya amuriha kang tatu utawa kang mati iku aja kongsi owah, saka panggonane, anuli awèha wêruh marang gununge.

Bab 6.

Para panggêdhening desa yèn nampani lapuran utawa angrungu pawarta bab lakuning kadurjanan, apadene kalakuan kang nora prayoga, iku padha anitika supaya durjana katêmua, ing samăngsa durjanane wus gênah, nuli padha alapura kang têrang sanalaring prakara marang gununge.

Bab 7.

Para panggêdhening desa wajib rumêksa, amurih aja kongsi ana wong ala, sanajan santri utawa liyane amratakake jimat. Apadene anganggo jênênging pangeran, utawa wali, sumêja agawe rêrusuh, ananging para panggêdhening desa, aja nglarangi wong awèh jimat tuwin têtumbal, marang wong lara amurih warase, apadene yèn ana sawiji

--- 56 ---

wong, wus kawarta bisa anjapani wong lara kaya adating wong Jawa.

Bab 8.

Para panggêdhening desa ing sabisa-bisane, padha anglarangana wong tirakat, kang sumêja anglakoni panggawe ala, lan marang wong kalumpukan sarta mubêng-mubêng wayah wêngi, agawa wong akèh, mawa gêgaman. Yèn ana laku mangkono wajib enggal awèha wêruh marang gununge.

Bab 9.

Aliya saka ingkang kasêbut ing bab kaping 3, ing ngarêp mau marang panggêdhening desa, ora wênang anyêkêl uwong kang saka pangwasane dhewe, kajaba saka durjana konangan sanalika, uta[47] ana wong mêntas anglakoni kadurjanan. Ora antara suwe banjur katitik, iku wênang kacêkêla, tumuli diladèkna marang gununge, akanthi saksi anadene liyane, kang bisa anêrangake kadurjanane.

Bab 10.

Yèn ana wong jêlèh-jêlèh anjaluk tulung, upama ana titir rina wêngia, para panggêdhening desa enggal lumakua, marang panggonaning kang anjaluk tulung utawa titir mau, dene yèn ana kang nglakoni kadurjanan, durjanane enggal padha dikodhola, sanajan lumêbua ing desa bawah Surakarta, tuwin bawah ing Ngayogyakarta, utawa bawahe kangjêng guprêmèn. Iya dèn êsuka mênawa ana prêlune, anjaluka tulung marang wong bumi desa, kang cêdhak-cêdhak ing kono, wong desa wajib têtulung tumuli, yèn ora gêlêm têtulung, amêsthi kapatrapan paukuman.

Bab 11.

--- 57 ---

Para panggêdhening desa wajib padha ambudi, kang bisa anglastarèkake rukunan lan têntrêming wong desa ing bawahe, sarta anyirnakake sakèhing, adadèkake wêwinihing sulaya lan parapadu, apadene abantoni amurih aja kongsi ana paprangan ing desa, anadene prakara cilik, kang kêna dipurih rukun iku dirampungana kalawan sabênêre, lan ing sapatute, akanthia kaun[48] sarta kamituwaning desa, anadene prakara iku pancèn rampung dening dhêndha, têtêmpuh utawa paukuman, kang parapadu banjur amuriha anggawa prakarane marang gununge.

Bab 12.

Yèn ana wong lêlaku aduwe panêmbung, anitipake marang gêgawane marang panggêdhening desa, iku para panggêdhening desa wajib anampani, saupama mau ilang ana ing pasimpênane, para panggêdhening desa katêmpuh.

Bab 13.

Para panggêdhening desa ora kalilan amratapi dhêndha, apadene anjaluk samubarang kang kalêbu mirura,[49] sanajan kang aran pasangon tuwin sêsuguh, utawa liyane iku ora kalilan. Awid dening iku ora wênang ngêtokake, samubarang kang săngka ing wong cilik, ajaba amung pancèn dadi sêsagane marang kang duwe gêgadhuhan bumi desa, manawa panggêdhening desa mau anampani parentah, saka kang duwe gêgadhuhan bumi desa, kapurih mêmundhuti marang wong cilik, samubarang kang kalêbu ora patut, wajib enggal lapura marang gununge.

--- 58 ---

Bab 14.

Para panggêdhening desa wajib ora sah ing rumêksane, supaya aja ana sawijining bandar amupu beya, ing pasar-ngapasar, utawa sajabaning pasar kang anyulayangni[50] karo layang, pamupuning beya kangjêng guprêmèn, kang wus katandhan sarta katèmplèkake ana sawiji-wijining pasar, saupama ana kang mupu beya luwih saka kang kasêbut ana layang pamupuning beya, para panggêdhening desa enggal awèh wêruh marang gununge kang duwèni bawah, yèn ora anglakoni ing parentah iki, amêsthi kapocot saka ing kalungguhane.

Bab 15.

Sarupaning raja mal utawa rajadarbe kang wus lumrah diarani rayahan, iku pacuhan ora kêna dibêskub, ing wong liya dene raja mal utawa rajadarbèking uwong dêdosan. Luwih wong kang kêna ing tarka, aliya saka kang kalêbu ing nyina bukti, têtêp dadi meliking anak bojo, tuwin sanak sadulure.

Bab 16.

Para panggêdhening ing desa padha kadhawuhan rumêksa, aja kongsi ana pisan-pisan, wong angadêgake ing ngabotohan, sapêpadhane nanging padha panggêdhening desa, ora kêna amênging marang bujang, kêplèk ana ing pakêplekan, kang angadêgake urut dalan gêdhe omahing gunung, têrang saka ing parentah Jawa, amung dirêksaa bae, aja kongsi ana wong desa milu kêplèk ing kono.

Bab 17.

--- 59 ---

Para panggêdhening desa ora kêna anglilani wong nênêka dêdunung ana ing desane, yèn ora wus têrang kalilan karo gununge.

Bab.[51]

Mungguh layang pranatan anyar iki, ora pisan angowahake wajib lan sungkême marang para panggêdhening desa sapêpadhane lan marang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Titi.

11. Punika ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Tuwan Mistêr Wilêm Karêl Èmilê Baron dhê Hir, residhèn ing Surakarta, dhumatênga ingkang putra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 7, kumêndur saking bintang leyo ing Nèdêrlan. Ingkang ngadhaton nagari Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, asarêng sêrat punika, kula angintunakên dhumatêng putra kula. Ingkang punika panêdha kula mugi putra kula kagungana karsa, amêsthi dintên kapanggihipun Kangjêng Tuwan Kumisaris Panès kalihan putra kula wontên kadhaton, ingkang supados kula sagêda ngaturi uninga dhumatêng kangjêng tuwan kumisaris wau, wondene manawi putra kula kagungan karsa pirêmbaga kalihan kula, angajêng-ajêng karsanipun putra kula.

Surakarta ping 1 Mèi taun 1847.

Punika ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, Kangjêng Tuwan Mistêr Yohan Prèdhrik Walrapê Panès, ridêr saking Nèdêrlansê leyo, rad pan Indiya, kumisarisipun kangjêng guprêmèn, dhumatêng ingkang putra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman [Nga...]

--- 60 ---

[...bdurahman] Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, kumêndur saking bintang leyo ing Nèdrêlan, ingkang angadhaton nagari Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun suka uninga dhumatêng putra kula, yèn anggèn kula kakarsakakên dados kumasaris ing nagari Surakarta, kalihan ing Ngayogyakarta, prêlu adamêl pranatan bab panyêpênging lêlêrêsan, sarta rumêksanipun ing nagari, ing karaton nagari Surakarta.

Kala rumiyin kula sampun amratelakakên dhumatêng putra kula, ingkang dados sabab sarta prêlunipun. Mila kangjêng guprêmèn kagungan panggalih wajib anindakakên pranatan kalih prakawis wau.

Sakalangkung andadosakên suka pirênaning manah kula, amargi putra kula sampun sumêrêp sarta agalih prêlu anindakakên pranatan ingkang prayogi, bab rumêksaning nagari karatonipun putra kula, amargi saking sêpênipun pranatan ingkang mikantuki.

Kula sampun sumêrêp saking pangandikanipun putra kula, manawi pranatan wau punika, amurih prayogining kadadosanipun, prêlu kadamêl ing kangjêng guprêmèn. Amargi putra kula rumaos, manawi botên kanthi kangjêng guprêmèn, botên kadugi damêl pranatan bab rumaksaning nagari, ingkang sampun lami sêpênipun.

Kula sampun anyêrêpi, dhatêng sakathahing agêng, ingkang kaangge ing karatonipun putra kula, sarta bab lampah-lampahipun ing lêlêrêsan, punapadene bab rumêksanipun ing nagari.

Kula sampun adamêl sêrat pranatan, ing sakenging-kenging [sake...]

--- 61 ---

[...nging-kenging] mawi waton sêrat anggêr, ingkang kaangge wontên nagari Surakarta, mênggahing pamanah kula, sêrat pranatan wau prêlu katindakna ing karatonipun putra kula, amurih prayoginipun rumêksaning nagari, sarta lampahing lêlêrêsan, andadosakên sakeca punapadene karaharjaning têtiyang alit.

Sêrat pranatan dêdamêlan kula wau, sampun kula unjukakên dhumatêng ing kangjêng guprêmèn, ingkang andadosakên suka pirênaning manah kula, asuka uninga dhumatêng putra kula, kangjêng tuwan ingkang wicaksana minêstêr pan sêtat, guprênur jendral ing Nèdêrlan Indiya, aparing uninga dhumatêng kula, manawi sêrat pranatan wau, sampun andadosakên parêngipun kangjêng guprêmèn, sarta sampun katêtêpakên dados, kados ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat. Ingkang sarêng kalihan sêrat punika, saha kula kaparingan wawênang adamêl sêrat prajangjean akalihan putra kula, mungêl manawi putra kula akalihan kula, sami amarêngakên anggêr sarta pranatan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat wau sadaya.

Ing mangke sêrat pranatan wau sadaya, kula kintunakên dhumatêng putra kula kenging pitajêng dhumatêng kula sarèhning sêrat pranatan wau sampun katêtêpakên dhumatêng kangjêng guprêmèn. Manawi putra kula sampun amratelakakên, têtiyangipun ingkang prayogi, kapitajêngan anindakakên, amêsthi kadadosanipun anêtêpi karsanipun putra kula, ingkang sampun kapangandikakakên, amurih têtrêming nagari, sarta karaharjanipun têtiyang alit, punapadene sadaya angêkahakên ing sabiyantu [sabi...]

--- 62 ---

[...yantu] tuwin pamitranipun putra kula, akalihan ing kangjêng guprêmèn, ing salami-laminipun.

Kalihdene malih panêdha kula mugi putra kula amirêmbagan kalihan tuwan residhèn, kapêsthia dintênipun ingkang prayogi, anggènipun putra kula akalihan kula, badhe anêtêpakên sêrat prajangjean wau.

Wusana panêdha kula, mugi-mugi putra kula apitajênga ing sih trêsna kula dhumatêng putra kula, saha têmên-têmênipun ing pamuji kula, mugi-mugi Gusti Alah ingkang mêngku karaharjanipun para ratu, sarta têtiyang alit, aganjara wilujêng dhumatêng putra kula, sarta dhumatêng ingkang abdi sadaya.

Sinêrat kala kaping 28 April taun 1847.

12. Pèngêt layang ingsun parentah palkat pranata, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping pitu, kumêndur saka bintang leyo ing Nèdrêlan. Ingkang angadhaton nagari Surakarta Adiningrat, sarta bapa Kangjêng Tuwan Johan Prèdrik Theyodhore Mayor, ridêr saka Nèdêrlansê leyo, residhèn ing Surakarta, kang sarta bakal katur kaidèn ing panjênêngane eyang, kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, ingsun gadhuhakên marang kakang mas Pangeran Adipati Ngabèi.

Marmane ingsun gadhuhi palkat pranata, sarèhning kang mau sasedane rama Panêmbahan Buminata, panjênêngan ingsun agawe pranatan, lan bapa Tuwan Gerar Nuspalêk, ridrê kang amakili residhèn ing Surakarta, ananging panggalih ingsun, lan panggalihe bapa kangjêng tuwan residhèn mayor kurang têrang, awit akèh padha duwe laku rusuh papêrangan,

--- 63 ---

desa, dadi ing mêngko ingsun rucat, pranatan kang katitimangsan kaping 4 Otobêr[52] taun 1834.

Ingsun salini maning pranatan, kaya ing ngisor iki.

Bab 1.

Mungguh pagalih ingsun kalungguhane Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Kang mau diwakili rama Panêmbahan Buminata swarga, apadene mungguh pangêrèhe bumi desa, lêlungguhe rama Panêmbahan Buminata mau, sarèhning rama panêmbahan, ora anêdhakake putra, kang sarta ing nagara Surakarta, ora nana sawijining putra sêntananingsun pangeran kang mêtu săngka ngarêp. Kang iku karsaningsun mungguh kalungguhane Pangeran Adipati Anom mau, panjênêngan ingsun dhewe kang ngasta, dadi ingsun ora agawe wakiling Pangeran Adipati Anom.

Bab 2.

Mungguh yèn ana kalane laku gêdhe pakurmatan, kang jênêng laku-laku kaprabon, kang ingsun karsakake minăngka suluring Pangeran Adipati Anom, kakang êmas Pangeran Adipati Ngabèi, mênawa panuju gêrah iya santananingsun kang wajib tuwa dhewe, dene kalênggahane kangkang[53] mas Pangeran Adipati Ngabèi, ora owah lulusa amêdani[54] para putra sêntananingsun kakung putri kabèh.

Bab 3.

Sarupaning abdiningsun ing kadipatèn, bocah wêdana kaliwon panèwu mantri, lurah bêkêl jajar sapanunggalane, ora ingsun gadhuhake marang kakang mas Pangeran [Pangera...]

--- 64 ---

[...n] Adipati Ngabèi, miji ingsun asta dhewe, dene abdiningsun ing kabuminatan kabèh, iku ingsun gadhuhake marang kakang mas Pangeran Adipati Ngabèi, yèn ana ature êmban patih, kang jênêng prakara utawa saliyane prakara, adêdalana marang kakang mas Pangeran Adipati Ngabèi, kang nguningani sabarang gawene, lan kang ingsun wênangake angrampungi sabarang prakarane, dene mênawa Si Tumênggung Yasadipura, aduwe atur sabarang prakarane, konjuk ing panjênêngan ingsun, iku adêdalana marang bocah ingsun wadana kaliwon jêro, kayaa ing pêpadhane wadana jêro kang akèh-akèh, anganggoa lapur marang pêpatih ingsun Si Adipati Sasradiningrat, lan ing saiki kawulaningsun ing kadipatèn, miji ora milu nyăngga gawening nagara, mulih kaya kuna.

Bab 4.

Lamun ana bocah ingsun ing kadipatèn, bakal arêp amajêgake gêgadhuhane bumi desa, marang tuwan-tuwan Walănda, iku Si Tumênggung Yasadipura aduwea aturan panuwun angunjuki uninga marang panjênêngan ingsun. Adêdalana marang bocah ingsun wadana kaliwon jêro kaya ing ngarêp mau, mênawa ingsun uwis amarêngi iya banjur ingsun paringi êcap bae.

Bab 5.

Dene muguh bumi desa lêlungguh Pangeran Adipati Anom, kang jênêng pamajêgan, sarta luguhe abdiningsun kadipatèn. Gêgununge bumi desa karya 3.000, lan gêgununge bumi desa ing kabuminatan karya 1.000, apadene gêgununge bumi desa, gêgadhuhane putra sêntananingsun kakung putri kabèh, iku [i...]

--- 65 ---

[...ku] kakang êmas Pangeran Adipati Ngabèi, ora ingsun wênangakên amarentah, dene kang ingsun wênangakên amarentah, pêpatih ingsun Si Adipati Sasradiningrat. Angêrèhêna sabarang gaweningsun gunung aja owah iya kaya kang wus kalakon.

Bab 6.

Dene bumi desa pamajêgan lungguhe Pangeran Adipati Anom, kang misih dêmang babêkêl Jawa, ingsun dhewe kang ngasta parentah, kang wus padha kapajêgake marang tuwan-tuwan, bapa tuwan risidhèn kang ingsun pitayani parentah nguningani ing sabarang lêladène pajêg, bapa anyaosêna pajêg ing panjênêngan ingsun dhewe.

Bab 7.

Dene bumi desa lungguhe rama Panêmbahan Buminata, sakarine kang wus padha ana ing abdi kang jênêng pamajêgan, bêkêl Jawa, utawa kang wus dipajêgi tuwan-tuwan. Kang ingsun wênangakên anampani pajêge, kangmas Pangeran Adipati Ngabèi, konjuka ing panjênêngan ingsun.

Bab 8.

Lan maninge kangmas Pangeran Adipati Ngabèi, ora ingsun lilani yèn agawea priyayi ing kabuminatan miruga,[55] kang ingsun lilani agawea bocah ingsun mantri jêgsa nagara, lan jêgsa pratata, utawa jajênêng ing surambi kang prayoga, iku kang jaga angladèkake lan anampani, sabarang prakarane êmban pêpatihe putra sêntananingsun sapangisore kabèh, karo ingsun wênangakên, yèn agawea priyayi ing kabuminatan kang padha mati, ali warise anak putu kang padha agêntèni, kang jênêng mantri sapandhuwur, iku konjuka ing panjênêngan ingsun, kang jênêng lurah bêkêl jajar sapangisor, iku uwisa marang kangmas Pangeran Adipati Ngabèi, ora su[...][56]

--- [0] ---

[2 halaman kosong]


Judul tambahan Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Judul tambahan Yayasan Sastra Lestari.
kontrakipun (kembali)
kontrakipun
angojok-ojoki (kembali)
angojok-ojoki
Gupêrmèn (kembali)
Gupêrmèn
salami-laminipun (kembali)
salami-laminipun
asanggêm (dan di tempat lain) (kembali)
asanggêm (dan di tempat lain)
Kangjêng (kembali)
Kangjêng
balănja (kembali)
balănja
satunggil (dan di tempat lain) (kembali)
satunggil (dan di tempat lain)
10 kontrak (dan di tempat lain) (kembali)
kontrak (dan di tempat lain)
11 têtêdhakan (kembali)
têtêdhakan
12 Urutan terbalik. (kembali)
Urutan terbalik.
13 anêdahakên (kembali)
anêdahakên
14 angêcapi (kembali)
angêcapi
15 saking (kembali)
saking
16 bintang (kembali)
bintang
17 Kangjêng (kembali)
Kangjêng
18 badhe (kembali)
badhe
19 wontên (dan di tempat lain) (kembali)
wontên (dan di tempat lain)
20 dhumatêng (kembali)
dhumatêng
21 punika (kembali)
punika
22 lênggah (kembali)
lênggah
23 iji (kembali)
iji
24 krigaji (kembali)
krigaji
25 sumăngga (kembali)
sumăngga
26 Èmilê (kembali)
Èmilê
27 inggih (kembali)
inggih
28 nganggo (dan di tempat lain) (kembali)
nganggo (dan di tempat lain)
29 anggêr (kembali)
anggêr
30 enggal (dan di tempat lain) (kembali)
enggal (dan di tempat lain)
31 têntrêming (dan di tempat lain) (kembali)
têntrêming (dan di tempat lain)
32 Seharusnya halaman 43 dan seterusnya. (kembali)
Seharusnya halaman 43 dan seterusnya.
33 dintên (kembali)
dintên
34 tumênggung, (kembali)
tumênggung,
35 panduming (dan di tempat lain) (kembali)
panduming (dan di tempat lain)
36 sapanunggalane, (kembali)
sapanunggalane,
37 ênggone (dan di tempat lain) (kembali)
ênggone (dan di tempat lain)
38 anjaluki (kembali)
anjaluki
39 samăngsa (kembali)
samăngsa
40 ana (kembali)
ana
41 kaya (kembali)
kaya
42 mungguh (dan di tempat lain) (kembali)
mungguh (dan di tempat lain)
43 kang dadi (kembali)
kang dadi
44 sababing (kembali)
sababing
45 rumêksa (kembali)
rumêksa
46 marang (kembali)
marang
47 utawa (kembali)
utawa
48 kaum (kembali)
kaum
49 miruda (kembali)
miruda
50 anyulayani (kembali)
anyulayani
51 Bab 18. (kembali)
Bab 18.
52 Oktobêr (kembali)
Oktobêr
53 kakang (kembali)
kakang
54 amêdanani (kembali)
amêdanani
55 miruda (kembali)
miruda
56 Naskah tidak lengkap. (kembali)
Naskah tidak lengkap.