Pranatan Pulisi Tumrap Băngsa Jawi ing Indiya Nèdêrlan, H. Buning, 1913, #1509

JudulCitra

Algemeen Politie Reglement voor de Inlanders in Nederlandsch-Indie.

Pranatan Pulisi Tumrap Băngsa Jawi ing Indiya Nèdêrlan.

Bab 1.

Bakal kapatrapan dhêndha ora kurang saka sarupiyah lan ora luwih saka limalas rupiyah, yèn anêrak pêpacak ing ngisor iki.

Kaya ta:

Bab Wong Ngalih Ênggone Omah-omah.

Ăngka 1, sapa kang ngalih ênggone omah-omah saka ing kampung marang liyane panggonan, măngka ora lapur marang lurahing kampung kang tininggal mau.

Bab Wong Omah-omah.

Ăngka 2, sapa kang wus ngalih marang kampung liyane, măngka kainan nganti sadina sawêngi, ora anglapurake marang [ma...]

--- 2 ---

[...rang] lurahing kampung kang diênggoni, ora amratelakake jênêng lan panggaotane, apamanèh araning panggonan kang tilas diênggoni ing ngarêp mau.

Katêrangan Ăngka 1 lan 2.

Obahing wong sajroning wêwêngkone nagara, kudu kauningan ing pulisi, samono uga bab wong alih-alihan saka bale omahe.

Pêpadhane pêpacak iki uga kasêbut ing bab ping 40, ing layang pranatane pulisi ing Surabaya kang isih tumindak, utawa manèh kasêbut ing layang undhang-undhange ufbalyu ing Batawi katitèn tanggal ping 18 April 1820, kapacak ing layang kabar ingaran Jawa Kuran.

--- 3 ---

Mungguh pêpacak iki uga irib-iriban surasane bab 29 lan 30, saka layang pranatan sarta pêpacak bab prakara iku kang isih tumindak ing sawatara panggonan ing sajroning tanah Jawa lan Madura.

Bab palapuran wong katêkan utawa dèn inêpi marang wong saka panggonan liyane.

Ăngka 3, sapa kang katêkan utawa inginêpan marang wong saka panggonan liyane, iku kudu banjur alapur marang lurahing kampung, sarta amratelakna jênênge lan panggaotane utawa sakane wong kang nêkani nginêp mau, dene manawa wo[1] kang nginêp mau wus mulih iku kalapurna manèh uga kaya ing nalika têkane, măngka kainan nganti sadina sawêngi wong kang kainêpan mau ora lapur, bakal kapatrapan dhêndha kaya kang katamtokake ing layang pranatan iki.

--- 4 ---

Katêrangan Ăngka 3.

Wêwatone panimbanging pêpacak iki padha karo kang kasêbut ing ăngka 1 lan 2, ing dhuwur mau.

Mungguh layang pranatane pulisi ing Surabaya bab ping 39, uga amratelakake panunggalane pêpacak iki.

Bab Amêpêti Dalan Gêdhe.

Ăngka 4, sapa kang êmêpêti dalan gêdhe sarana băndha utawa jugrugan omah, kang măngka ora kapêksa lan durung kalilan dening kang anyêkêl pangawasa nagara, apamanèh adhêdhasar samubarang dagangan, utawa tarekah liyane, dene wong kang wus kalilan amêpêti dalan gêdhe iku măngka kainan ing wayah wêngi ora amasang diyan, supaya dadi têtêngêr panggonan kang dèn pêpêti mau sarta kawruhan ing ngakèh.

--- 5 ---

Aliya saka paukuman dhêndha mau, pulisi wênang akon anyingkirake sabarang kang angalangi dalan, apamanèh amasang diyan ana ing dalan kang kaprênah panggonan kang dipêpêti mau, samono iku mungguh sakèhing wragad, kudu kabayar dening wong kang kaluputan.

Katêrangan Ăngka 4.

Mungguh maksude pêpacak iki bab pamêpête dalan gêdhe sawatara ora nganti suwe, iku ora kalêbu wêwalêre pranatan iki, kaya ta: wong angumbal bata utawa gamping, miwah angusung gêbingan lan balabag, măngka grobage kaandhêgake ana ing dalan gêdhe kang kaambah ing ngakèh, sasuwene angudhunake lan angusung momotane kang kasêbut ing dhuwur mau sarta kagawa malêbu ing omah, utawa kosokbaline [koso...]

--- 6 ---

[...kbaline] sasuwene angusung băndha utawa abrak omah lan jugrugan bata saka ing omah kamomotake ing grobag kang kaandhêgake ana ing dalan mau.

Bab Angalang-Alangi Utawa Makewuh Papan ingkang Kaambah Ing Prau Sapanunggalane.

Ăngka 5, sapa kang angalang-alangi papan kang kaambah ing prau utawa kaluputan ênggone anglakokake lan anancang prau, utawa gèthèk sapanunggalane, ana ing kali lan sêsudhètane kang amakewuhi marang lakuning prau utawa liyane.

Katêrangan Ăngka 5.

Ora amung dalan gêdhe, uga kali lan sêsudhètane kang dadi sêsrawungane lakuning prau kang maedahi ing ngakèh, iku kudu [ku...]

--- 7 ---

[...du] karêksa ing saprayogane, mula pulisi kuwajiban angrêksa aja nganti ana pakewuhe lakuning prau.

Bab Angunèkake Bêdhil, utawa Nyulêt Mrêcon Sapanunggalane.

Ăngka 6, sapa kang durung kalilan dening kang anyêkêl pangawasa nagara, anyulêt mrêcon utawa angunèkake bêdhil sapanunggalane, ana ing panggonan kaprênah sacêdhaking omah kang dèn ênggoni uwong, ana ing dalan gêdhe ka[2] kaambah ing ngakèh, kajaba yèn kanggo ananggulangi ing sangsara utawa yèn ana pakewuh lan kanggo ananggulangi badane dhewe.

Katêrangan Ăngka 6.

Wêwalêr iki kalêbu pêrlu amurih têntrêming

--- 8 ---

ngakèh, aja nganti ana bêncana gêni utawa ana wong kang kasangsaran.

Mungguh pêpadhane pêpacak iki uga kasêbut ing bab ping 16, aksara: a, ing layang pranatan cêcêkêlane ufbalyu ing Batawi, kalumrahake ing layang sêtatbêlad 1828, ăngka 6, lan ing bab ping 13, ing layang pranatane pulisi ing Surabaya, kapacak ing layang sêtatbêlad 1829, ăngka 8.

Bab Pagawean Galidhig, Amikul Abêburuh utawa Kuli.

Ăngka 7, sapa kang anglakoni pagawean galidhig, kuli mikul aburuh utawa kinongkon, awani-wani ora ambalèkake piranti kang ginadhuhake, [ginadhuh...]

--- 9 ---

[...ake,] apamanèh barang kang kagawa utawa kausung mau ora kapasrahake marang kang duwe utawa kang kabênêr anampani.

Katêrangan Ăngka 7.

Bab prakara iki wus asring dadi sêrêgan awit saka sêmbrana lan lenane para wong mikul abêburuh utawa kuli sapêpadhane.

Durung lawas ing Batawi ana kuli sawatara aburuh mikul pêthi banjur katinggal ana ing dalan saantarane pomahan kang diênggoni wong, patrap kang mêngkono iku yèn têtela kajarak, măngka ginantungan paukuman samurwate, iku bakal amarakake marang pangati-atine para

--- 10 ---

wong kang bêburuh, apamanèh anyingkirake lakuning kadursilan.

Bab Lakune Wong Wadon Somahan kang Ora Patut.

Ăngka 8, wong wadon somahan kang lakune nyalawadi srawungan lan wong lanang liya, apamanèh wani-wani lunga saka ing omahe nganti sawêngi utawa luwih, măngka durung olèh lilahe kang lanang, samono iku kajaba manawa pratingkahe wong wadon mau ora kalêbu ing kaluputan anêrak wêwalêr ing tatacara kang ginantungan paukuman liyane.

Mungguh kaluputan bab prakara iku, bakal ginalih dening pangadilan, yèn ana panyêrêge kang darbe bojo.

Ăngka 9, wong lanang kang nêmaha sêsrawungan lan wong wadon somahan, kang lakune nyalawadi, utawa [u...]

--- 11 ---

[...tawa] kandhêg kampiran lan dèn inêpi wong wadon somahan, măngka ora olèh palilah saka lakine, sarta ora ana nalare kang kêna dianggêp, samono iku kajaba manawa pratingkahe wong lanang mau ora nêrak wêwalêr ing tatacara kang ginantungan paukuman liyane.

Mungguh kaluputan bab prakara iku bakal ginalih dening pangadilan. Yèn ana panggugate mêrtu[3] saka kang duwe rabi.

Katêrangan Ăngka 8 lan 9.

Sakèhing prakara kasêbut ing dhuwur iki sabên-sabên karampungan ana ing pulisi rol, kang ginugat kadakwa bab prakara bedhangan.

Sawatara panggêdhene paprentahan nagara amrayogakake tumindake paukuman [pauku...]

--- 12 ---

[...man] bab kalakuan kang nyulayani susilaning palakrama, sanadyan pratingkahe bedhangan ora têtela utawa ora linakonan pisan, ananging pratingkahe wong wadon somahan kang anyamari mangkono iku anukulake jalaran pamaido marang katêmênan lan kaantêpaning guru laki, wong wadon kang ginugatake lan sêsrawungane wong lanang kudu kapatrapan paukuman anyambutgawe katon ing ngakèh, iku amrih dadi panarimahe lakine wong wadon mau, supaya aja nganti anandukake patrap bêbênêre dhewe kang minăngka dadi pamalêse.

Bab Ambuwang Sabarang kang Atos-atos lan Sarupaning Rêrêgêd.

--- 13 ---

Ăngka 10, sapa kang ambuwang watu utawa sabarang kang atos-atos, lan sarupaning rêrêgêd, awit saka kurang pangati-atine nganti angênani wong.

Katêrangan Ăngka 10.

Bab prakara kasêbut ing dhuwur iki amung kêna kapatrapan paukuman ènthèng, yèn têtela awit saka kurang pangati-atine.

Samono uga yèn pratingkah iku dimaha, sanadyan ora kanthi pangangkah anatoni, ananging mêtu saka gêgêthingan utawa panastèn kasuprih amung dadia sêriking ati lan kawirangan.

Dene yèn patrap pambuwange kalayan dimaha iku ginantungan paukuman luwih kaya [ka...]

--- 14 ---

[...ya] kang kasêbut ing bab ping 3 ăngka 7, ing layang iki.

Kajaba iku yèn nganti anglarani wong utawa anatoni, bêbênêr pulisi awênang amatrapi paukuman kang abot dhewe kaya kang kasêbut ing bab ping 230, ing layang anggêr bab paukumane wong băngsa Jawa sapêpadhane, awit tumanduking pratingkah mangkono iku sarana anglarani, têmahane nganggo tinggal labêting tatu.

Bab Ambuwang Barang kang Atos-atos, lan Rêrêgêd Ana ing Dalan Gêdhe kang Kaambah ing Ngakèh ing Sumur Miwah ing Kali.

Ăngka 11, wong kang ambuwang sabarang kang atos-atos, rabuk rêrêgêd lan ujud liyane kang mambu bangêr [ba...]

--- 15 ---

[...ngêr] bacin, kang bisa dadi jalaraning lêlara, ana satêngahe utawa urute dalan gêdhe kang kaambah ing ngakèh, ing ngarêpane utawa cakêt lan sajroning pomahan, apamanèh ana ing sumur kalèn, kali lan sêsudhètane, ing prênah kang diênggoni wong utawa saantarane panggonan mau.

Katêrangan Ăngka 11.

Tarekah kang kasêbut ing dhuwur iki kajaba anyamari marang tata têntrêming ngakèh utawa salawase lan ing ngêndi-êndi bisa nukulake jalarane lêlara, mula kudu dadi pangrêksane pulisi.

Mungguh pêpadhane pêpacak iki uga kapratelakake ing bab ping 16, aksara b, ing layang pranatan cêcêkêlane ufbalyu ing

--- 16 ---

Batawi, sarta ing bab ping 19 lan 43, aksara c, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya.

Pranatan bab pambuwange rêrêgêd iku kapasrahake marang kang nyêkêl pangawasa nagara.

Bab Pangrêksaning Kewan Ana ing Dalan Gêdhe.

Ăngka 12, wong kang anglakokake kewan, kaya ta: kêbo sapi jaran tunggangan rakitan utawa momotan, angambah ing dalan gêdhe kang măngka lena ênggone gêrêgake kewane mau lan kurang pangrêksane, yèn nganti malêbu ing pomahan kang pinagêran utawa diênggoni wong.

Pulisi wênang anyêkêl lan angandhêg kewan mau, mungguh waragad miwah ingone iku kang darbe kewan kajibah ambayar.

--- 17 ---

Paprentahan pulisi wênang anyêkêl lan angandhêg kewan mau dene yèn wus kalakon ing patbêlas dina sawuse kalumrahake, miturut padatane ing panggonan, măngka nganti patbêlas dina ora ana kang ngaku andarbèni, kewan mau banjur diêdol katon ing ngakêh, dene sapira pêpayune kewan mau, bakal kacêngklong sumurup ingone utawa têtêmpuhane waragad liyane, mungguh sakarine dhuwit banjur karumatan ing kantor uwang, sarta sajroning têlung taun isih kêna kasuwun dening kang darbe wajib.

Katêrangan Ăngka 12.

Sakèhe sêrêgan bab kapitunan jalaran saka kewan ucul. Iku ing sajroning tanah Jawa lan Madura kang wajib angadili bêbênêran kabupatèn.

--- 18 ---

Bab kewan ucul utawa dèn lakokake ana ing dalan gêdhe ora nganggo dirêksa lan kurang pangati-atine kang nglakokake, nganti malêbu angambah ing pomahan kang pinagêran utawa kang diênggoni wong, iku kalêbu dadi gêgolongane pranataning pulisi, awit amurih tata kartaning ngakèh lan tuluse wong andarbe pomahan.

Mungguh pêpadhane pêpacak iki uga kapratelakake ing bab 16, aksara g, ing layang pranatan cêcêkêlane ufbalyu ing Batawi, sarta ing bab ping 21, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya.

--- 19 ---

Bab Wong Angambah Palêmahane Wong Liya.

Ăngka 13, sapa kang malêbu utawa ngambah palêmahane wong liya, măngka palêmahan mau dudu gêgadhuhane, utawa ora dipajêgi lan manèh wong mau ora dadi kuwasane kang darbe palêmahan, lan ora ana nalare liya kang dadi wênange angambah palêmahan iku utawa paperangane kang pinagêran utawa tinanduran.

Ăngka 14, wong kang anglakokake kewane kaya ta: kêbo sapi jaran tunggangan rakitan utawa momotan, angambah palêmahane wong liya kang tinanduran, sarta sadurunge kaundhuh wêtuning tanduran mau apamanèh durung olèh palilahe kang duwe palêmahan.

--- 20 ---

Katêrangan Ăngka 13 lan 14.

Bab lêlakon kang kasêbut ing dhuwur mau mula nganggo ginantungan paukuman, awit asring dadi jalarane wong cilik padha têtukaran asring nganti kabranan têrkadhang kasangsaran tumêka ing pati.

Mungguh patraping paukuman bab panêraking wêwalêr ăngka 14 iku, yèn têtanduran wus kaundhuh pamêtune ananging isih ana ing sawah. Dene yèn tanduran durung kaundhuh, iku paukumane kasêbut ing bab ping 2, ăngka 21, ing layang pranatan iki.

Bab Anganiaya Kewan.

Ăngka 15, sapa kang nganti kawruhan ing ngakèh măngka nandukake patrap anganiaya jaran, kêbo, sapi [sa...]

--- 21 ---

[...pi] utawa liyane rajakaya lan asu sapanunggalane kewan kang kulina marang wong.

Katêrangan Ăngka 15.

Ing tanah Eropah panganiayane kewan uga kalêbu dadi larangane pulisi.

Mungguh panganiayaning kewan iku uga kalêbu patrap kang siya, iya iku yèn ana kewan kamomotan luwih saka mêsthi banjur kapêksa sarana digêbugi ora nganggo koma-koma.

Bab prakara kang kasêbut ing ăngka 6, 7, 8, 9, lan 11, ing ngarêp mau yèn ana nalar liyane patraping dhêndha, iku kêna disalini paukuman kunjara kawangênan sadina lawase nganti nêm dina.

--- 22 ---

Katêrangan.

Sarèhne sakèhing prakara kang kasêbut ing bab 1, ing dhuwur iki asring katitik ora saka kalenan ananging têtela kamaha, utawa kang bisa dadi jalaran anyumêlangi marang tata lan têntrêming ngakèh, măngka patrapan dhêndha bab prakara iku ginalih durung nyukupi, mulane bêbênêran kawênang anyalini paukuman kunjara.

__________

--- 23 ---

Bab 2.

Bakal kadhêndha ora kurang saka nêmbêlas rupiyah lan ora luwih saka salawe rupiyah, yèn ana kang anêrak pêpacak ing ngisor iki, kaya ta:

Bab Wong Mopo Atandang Tulung lan Anglakoni Kawajibane Lamun Nuju Ana Sangsara.

Ăngka 1, sapa kang kawajiban awit saka unining anggêr utawa kadhawuhan dening parentah amopo tandang tulung lamun ana wong kang anjaluk tulung, ing waktu ana banjir sarta liyane sangsara, rêrusuh, prau kapal kasangsaran, utawa bêncana gêni apamanèh yèn ana wong kêkecon kajarah-rayah, yèn ana dursila konangan ing sanalika, ana pambêngoke [pambêngo...]

--- 24 ---

[...ke] wong ngakèh anjaluk tulung, apamanèh ing waktu pangadilan anindakake paukuman.

Patraping dhêndha iki bab laku durjana kang konangan sanalika. Iku ora tumrap marang wong kang padha kasêbut ing bab kaping 68, ing layang anggêr kang anamtokake kukuming wong Jawa sapêpadhane.

Katêrangan Ăngka 1.

Sawonga wajib amrih tata têntrêming nagara, sabyantu sarana ambayar prabeya utawa (ing samăngsa ana pêrang) labuh wutahing gêtih, dene yèn măngsa têntrêm sapa kang mopo tumandang tulung iku kapatrapan paukuman kaya kang wus katartamtokake.

Samono uga sababe nagara utawa bawah-bawahane asring anêmahi rêribêd [rêri...]

--- 25 ---

[...bêd] gêdhe, kang wus kawijang-wijangake ing bab prakara iku, mulane kang iku sawonga iya kajibah anglakoni kuwajibane lan tumandang ing gawe.

Pêpadhane pêpacak iki uga kasêbut ing bab ping 16, aksara e, ing layang cêcêkêlane ufbalyu ing Batawi, sarta ing bab ping 23, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya, apamanèh ing bab ping 47, ing layang anggêr bab paukumane băngsa Jawa, kajaba iku sawonga kang sumurup utawa anêksèni pangangkah kang bakal angrusakake tata arja lan kartaning nagara, apamanèh pangarah marang patining wong utawa pangarah marang rajakaya, iku ka[4] wajib anglapurake [a...]

--- 26 ---

[...nglapurake] marang priyayi opênbar ministêri.

Bab Wong kang Ora Angèstokake Parentahing Pulisi.

Ăngka 2, yèn nuju ana pasamuan, pangarakan utawa karamean liyane, măngka ana wong kang ora angèstokake parentah utawa pituduhing pulisi kang amurih aja na sangsara lan dalan gêdhe aja nganti kapêpêtan.

Dene yèn ana kang bangkang pulisi wênang anindakake pratikêl kalawan rodapêksa amurih kalakone kang dadi parentahe mau.

Katêrangan Ăngka 2.

Pêpacak iki minăngka anggênêpi kêkurangane unèn-unèning layang pranatan.

Ing kutha gêdhe tanah Indiya Nèdêrlan,

--- 27 ---

asring ana lêlakon para Walănda ora maèlu marang parentahing pulisi băngsa Jawa, ing samêngko pêpacak iki bakal andunungi wawênang marang pulisi amrih kêncênge parentahe kang asring kanthi pakewuh sarta bisane lêstari ênggone anglakoni kawajibane.

Bab Agawe Mrêcon Sapanunggalane.

Ăngka 3, sapa agawe mrêcon sapanunggalane, kang durung olèh palilah saka kang nyêkêl pangawasa nagara kamot ing layang, dene kang wus kalilan agawe mrêcon sapanunggalane mau, măngka ênggone agawe ana sajabaning panggonan kang wus tinuduhake dening kang anyêkêl pangawasa nagara.

Mrêcon sapanunggalane mau bakal kaanggrak katur ing parentah.

--- 28 ---

Katêrangan Ăngka 3.

Paprentahan pulisi kang wajib anindakake pratikêl kang bisa anulak sangsara lan kasusahane wong ing nagara jalaran mêtu saka panggaotan kang amutawatiri.

Miturut bab kaping 1 lan 2, ing layang kêkancingan katitèn tanggal kaping 3 Pèbruari 1836, ăngka 11 (sêtatsêblad ăngka 10) gêgilutan lan unine undhang-undhang katitimangsan kaping 29 Marêt 1886, (sêtatsêblad ăngka 29) ing nalika tumindake pêpacaking pulisi, wus kawalêran nganggo ginantungan paukuman, bab angadêgake pabrik, utawa panggonan panggawening mrêcon, yèn durung olèh

--- 29 ---

palilahe kang nyêkêl pangawasa nagara.

Ing layang pranataning pulisi ing Surabaya, bab 14, uga amalêri panggawening mrêcon ana sajabane panggonan, aliya gêdhong pagêr bata kang wus tinuduhake.

Pêpacak kang migunani mangkono iku, awit saka panyuwake wêwalêran iku saka layang pranatan pulisi ing Surabaya, mulane katumrapake ing layang iki.

Mungguh adêge pabrik, gêdhong pangrimatan lan pangadole mrêcon sapanunggalane, iku miturut unine pêpacak bab kaping 2 bagian II, saka layang undhang-undhang, katitimangsan kaping 2 Pèbruari 1884 (sêtatsêblad ăngka 8).

--- 30 ---

Bab Agawe Sandawa (Obat).

Ăngka 4, sapa kang agawe sandawa tanpa palilahe kang nyêkêl pangawasa nagara.

Sakèhing sandawa iku bakal kaanggrak katur ing parentah.

Katêrangan Ăngka 4.

Ing layang undhang-undhang katitimangsan ping 12 Dhesèmbêr taun 1827, sêtatsêblad ăngka 116, sarupaning wong Jawa lan Cina kalarangan gawe sandawa (obat) nganggo ginantungan paukuman kunjara lan kapatrapake ing panggawean paksa nganggo karante tanpa bayaran, lawase kawangênan sataun tutug limang taun. Mungguh wêwalêr

--- 31 ---

iki ora tumrap marang băngsa Arab lan băngsa sabrang liyane.

Layang pranatan pulisi ing Surabaya angambali pêpacak iki kasêbut ing bab ping 14, katumrapake marang wong Jawa sapadhane nganggo kagantungan paukuman kaya kang wus katamtokake ing anggêr. Ewadene wêwalêr iki saprene ora manggêpok băngsa Walănda, sarèhning pêpacak iku amakolèhi kang mêsthi ora nganggo mawang wonge lan kudu katumrapake marang băngsa Walănda, mulane wêwalêr mau ing saiki wus tinamtokake ing layang pranatan uga katumrapake marang băngsa Walănda.

Nalika taun 1827, bab panêrake

--- 32 ---

pêpacak iki wus ginantungan paukuman abot, sarta tumindake kalêstarèkake kaya kang kasêbut ing layang pranataning pulisi ing Surabaya, dene kang andadèkake prêlune jalaran saka rêrusuh ing tanah Indiya ing kala samono.

Mungguhing măngsa têntrêm, bab gawene sandawa, tanpa palilah iku kalarangan amrih tata têntrêming ngakèh, ananging samono iku wêwalêr iki amung kalêbu ing panguwasane paprentahan pulisi, anjaba yèn ana nalare kang angêmu mutawatir utawa anyalawadi kang kêna kaanggêp dadi kaluputan nganggo ginantungan paukuman abot. Mula yèn ora ana nalare

--- 33 ---

kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, panêrake pêpacak iku kêna kapatrapan paukuman ènthèng kaya kang kasêbut ing layang pranatan iki.

Amung bab agawe sandawa, kang ginantungan patrapan, kaya kang kasêbut ing layang iki, ananging ora tumrap marang wong kang kanggonan sandawa, mula mangkono awit bab panêrake wêwalêr iku wus kapranata ana ing undhang-undhang katitimangsan kaping 4 Pèbruari 1830 (sêtatsêblad ăngka 11) sarta ing layang pêpacak katitimangsan kaping 14 Juli 1855 (sêtatsêblad ăngka 48) kang tumindaking wêwalêr iku, agilutan karo pêpacak kang tumrap bab panandhon utawa pangrimate [pa...]

--- 34 ---

[...ngrimate] sandawa ana ing gudhang, kagungane kangjêng guprêmèn (sêtatsêblad 1857, ăngka 64-1858, ăngka 63-1861, ăngka 116-1864, ăngka 66-1866, ăngka 96-1870, ăngka 183) maune ora parlu kawijangake manèh ana ing layang pranatane pulisi.

Wus antara lawas sawuse katêtêpake pranatan pulisi, ing layang undhang-undhang katitimangsan kaping 2 Pèbruari 1884 (sêtatsêblad ăngka 8) anggantungi paukuman, bab angadêgake gêdhong, kanggo agawe sandawa, pangrumatan lan pangêdole sandawa, tanpa palilah saka kang nyêkêl panguwasa nagara, ewasamono [ewasamo...]

--- 35 ---

[...no] ora anyudakake unining pêpacak, bab panggawene sandawa, durung kaidèn dening kang nyêkêl panguwasa nagara.

Bab Rajadarbe Sabarang kang Mutawatiri, awit Gampang Pambalêdhose.

Ăngka 5, manawa ana wong andarbèni, sêkibkatun nitroglisêrin lan piritê sapanunggalane kang gampang ing pambalêdhose, măngka ora lapur marang pulisi, apamanèh kang darbe mau ora angèstokake marang parentahing pulisi, kang amurih aja nganti ana sangsara.

Aliya saka paukuman kang wus katamtokake ing dhuwur mau, pulisi uga wênang angrumati utawa anyingkirake kang parimpên, sabarang kang kaanggrak iku.

--- 36 ---

Dene sakèhing waragad kudu kabayar dening wong kang anêrak pêpacak iki.

Katêrangan Ăngka 5.

Pêpacak iki ginalih parlu, sawuse akèh mawujud kang mutawatiri lan gampang pambalêdhose, kawruhan saka pambudidaya, sarta banjur digawe dêdagangan. Ing saprene ing Indiya Nèdêrlan durung ana pranatan bab pangrumate sabarang mau kang anyirnakake ing sumêlang.

Mungguh lênga petruliyum iku ora kalêbu pêpadhane sabarang kang gampang pambalêdhose, apamanèh pranatan pangrumate wus kapacak ing layang undhang-undhang katitimangsan ping 7 Nopèmbêr 1871, sêtatsêblad [sêtatsêbla...]

--- 37 ---

[...d] ăngka 166 nganggo owah-owahan ing saprayogane.

Bab panggawene sabarang kang kasêbut ing dhuwur mau tanpa palilah, iku ora ana pêpacake kang ginantungan paukuman. Amarga pandarbene sabarang kang gampang pambalêdhose ora ketung kèh sathithike wus ginantungan paukuman, anjaba iku ing Indiya Nèdêrlan, ora ana sing gawe sabarang mau. Sapa sing gawe iku kang mêsthi kaanggêp andarbèni, utawa samăngsa wus rampung panggawene ora nganggo ngaturi uninga marang pulisi, lan ora angèstokake pratikêl utawa pituduhe, iku wus kêna kapatrapan paukuman.

--- 38 ---

Kajaba iku, sawuse layang pranatan pulisi, katêtêpake, lan sawuse ana katrangan iki, ana layang undhang-undhang, katitimangsan kaping 2 Pèbruari 1884 (sêtatsêblad ăngka 8) kadhawuhake, kang angêmot pêpacak bab adêge gêdhong, kanggo gawe sabarang kang mutawatiri, utawa tumindake gawean bakal nyumêlangi lan dadi karibêdan, mulane ora ana gêdhong sapêpadhane bakal kaadêgake, kang kanggo gawe pangrumate utawa pangêdole barang kang kasêbut ing dhuwur mau, manawa durung olèh palilahe kang nyêkêl panguwasa nagara.

Bab Wong Nyalamur Nganggo Sandhangan Liya Panganggone.

--- 39 ---

Ăngka 6, sapa kang anyalamur manganggo sandhangan kang dudu anggon-anggone, kajaba yèn ana karamean pista lan ana ing pasamuan anganggo topèng utawa sandhangan kang aèng utawa anèh.

Katêrangan Ăngka 6.

Sanadyan wong amanganggo sandhangan kang aèng utawa anèh, iku patrap kang ora nyumêlangi, ananging tansah dadi pangrêksane pulisi, lamun yèn tulus ênggone manganggo mau bisa anyamarake tatacaraning băngsa, mula salawase dadi laranganing nagara, kaya ta kang kasêbut ing bab ping 26, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya.

Amanganggo sandhangan kang dudu panganggone iku durung kêna diarani panyalamur: yèn [yè...]

--- 40 ---

[...n] ora kacihna kaluputane kaya kang kasêbut ing bab ping 191, ing layang anggêr paukumane băngsa Jawa, iya iku wong lanang manganggo sandhangane wong wadon utawa kosokwalike, sarta ênggone manganggo mau anyamarake marang asal-usule.

Bab Karamean Pista sarta Pasamuan Sapanunggalane.

Ăngka 7, sapa kang durung olèh palilahe kang nyêkêl pangawasa nagara, agawe pista utawa angadêgake gawe nganggo karamean, ana ing panggonan kang kaambah ing ngakèh kaya ta: balapan anunggang jaran, nayuban ananggap angklung lan barongan, topèng wayang sapanunggalane sarta angarak manganggo

--- 41 ---

topèng utawa sandhangan kang aèng utawa anèh.

Aliya saka paukuman kang wus katamtokake ing dhuwur mau, pulisi uga wênang ambubarake pasamuan pista utawa karamean mau.

Katêrangan Ăngka 7.

Amurih tata kartaning nagara ginalih parlu, yèn pulisi amêruhi dhingin apa kang bakal linakonan kang amurugake wong padha ngalumpuk ana panggonan kang diambah ing ngakèh, mulane kang mangkono iku kudu dadi pangrêksane pulisi, lamun tumindake pranatan iki.

Mungguh pêpadhane pêpacak iki wus kasêbut ing bab ping 41, ing layang pranatan bab kabudayan bumi mardika (partikulir) kaprênah sakulone [saku...]

--- 42 ---

[...lone] kali Cimanok, kapacak ing layang sêtatsêblad taun 1836 ăngka 19, utawa ing layang pranatane sawatara paresidhenan ing tanah Jawa.

Bab Wong kang Anyuwara Sora lan Gumêdêr Abêngok-Bêngok utawa Angunèkake Sabarang kang Agawe Kagèting Liya.

Ăngka 8, sapa anyuwara sora lan gumêdêr abêngok-bêngok utawa angunèkake sabarang kang anggidhuhi ana ing dalan gêdhe lan ana ing panggonan kang cêdhaking greja (masjid) ing waktu ibadah utawa lagi anglakoni agama lan sacêdhake omah pangadilan. Ing nalika anindakake papriksan, utawa andhawuhake karampungan.

--- 43 ---

Katêrangan Ăngka 8.

Ing layang pranatan cêcêkêlane ufbalyu ing Batawi bab ping 16, aksara: k, lan ing layang pranataning pulisi ing Surabaya kasêbut ing bab ping 43, aksara h, wus anggantungi paukuman marang wong anyuwara sora gumêdêr abêngok-bêngok ing wayah bêngi ana ing dalan gêdhe kang kaambah ing ngakèh, utawa ing wayah awan sacêdhake greja mêsjid utawa panggonan liyane kang kanggo ibadah.

Ing samêngko kajaba greja lan mêsjid, uga angucapake omah pangadilan, utawa sapêpadhane, samono iku lamun ênggone gumêdêr ana ing panggonan kang kasêbut [kasêbu...]

--- 44 ---

[...t] ing dhuwur mau nalikane wêktu ibadah utawa ana prakara kang dèn pariksani utawa lagi andhawuhake ing karampungan.

Ing sakawit unine pêpacak iki amratelakake mangkene, sapa kang nyuwara sêru lan gumêdêr abêngok-bêngok, ing wayah awan. Iku kêna kapatrapan paukuman, ananging saka dhawuhe kangjêng parentah gêdhe kaowahan ora nganggo anamtokake wayahe, awit lakune agama iku kêna tumindak ing wayah sasuruping srêngenge, mula pranatan iki ing wêkasane uga anggantungi paukuman marang wong kang anyuwara sêru lan gumêdêr abêngok-bêngok ing wayah wêngi, samono iku yèn ora ana kaluputan [kalu...]

--- 45 ---

[...putan] liyane kaya kang kasêbut ing layang pranatan iki bab ping 3 ăngka 5.

Bab Angabotohan.

Ăngka 9, sapa durung kalilan dening parentah, măngka ngadêgake ngabotohan utawa milu ngabotohan ana ing ratan utawa dalan gêdhe, ing ara-ara lan panggonan liya-liyane kang kaambah ing ngakèh.

Sakèhing dhuwit utawa sabarang kanggo totohan kang tinêmu ana ing kalangan, apamanèh pirantining ngabotohan iku bakal kaanggrak kabèh katur ing parentah.

Katêrangan Ăngka 9.

Kajaba ing Batawi, ing Samarang lan ing Surabaya, băngsa Jawa ora kalarangan dolanan kêrtu utawa liyane ana sajrone

--- 46 ---

omahe dhewe, kajaba dolanan Cina kang kaaranan polantopo utawa ngabotohan Cina liyane, iku kudu anêtêpi unine bab ping 10, ing layang prajanjian bab pamajêge dolanan polantopo, utawa ngabotohan Cina liyane ing Batawi, ing Samarang lan ing Surabaya, kapacak ing layang sêtatsêblad taun 1849, ăngka 25, aksara: k, utawa manèh pêpacake layang sêtatsêblad taun 1851, ăngka 25, lan unine bab ping 48, ing layang pranatan bab wong andarbèni bumi kabudayan kaprênah sakulone kali Cimanok, kasêbut ing layang sêtatsêlad taun 1836, ăngka 19.

--- 47 ---

Sanadyan mangkono isih ana sing nyipta yèn wong Jawa ênggone dolanan kêrtu sapêpadhane ana sajrone omahe dhewe iku uga kalêbu larangan nganggo ginantungan paukuman, awit dolanan kalayan dhuwit utawa barang, iku amurugake marang kapitunan, saka kapitunan marang kêkurangan. Ing wêkasane amurugake marang laku kadursilan. Yèn ta mangkono pangudine pulisi ingatase prakara iki kalêbu kaduk, apamanèh sing mêsthi ora bisa langgêng linakonan, kajaba iku pulisi ora bisa ngulatake sabarang lêlakon sajroning omah kang minêp, mungguh tumindake pranatan kaya mangkono bakal [baka...]

--- 48 ---

[...l] anuwuhake jalaran marang laku kang ora utama, bab ênggone pulisi anêlik sarta dumrojog malêbu ing omah kang dèn ênggoni uwong, kajaba yèn ana panêrake pêpacak kang tumrap bab pamajêge ngabotohan polantopo sapêpadhane, kang iku pulisi muhung kudu angrêksa, supaya aja nganti ana wong ngabotohan ana ing panggonan kang kaambah ing ngakèh kaya kang kasêbut ing bab ping 30, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya.

Pêpacak ing dhuwur iki ora tumrap marang wong kang ngadêgake omah ngabotohan, utawa agawe lan amranata lotêrèi awit prakara iku wus ginantungan paukuman [pa...]

--- 49 ---

[...ukuman] maligi kasêbut ing layang anggêr bab ping 338, lan kapratelake ing layang undhang-undhang katitimangsan ping 7 Juli 1868, sêtatsêblad ăngka 80.

Utawa manèh amriksanana layang pranatan bab angadêgake losêmèn (omah pamondhokan) lan pangêdole inuman utawa liyane omah kang kêna katêkan sok wonga, ing tanah Jawa lan Madura, kasêbut ing sêtatsêblad 1853, ăngka 28, utawa ing layang katrangane bab kaping 338, ing anggêr khukhum tumraping băngsa Jawa.

Bab angadêgake kalangan ngadu jago, utawa ngadu jangkrik.

Ăngka 10, manawa durung kalilan ing parentah, angadêgake kalangan jago lan ngadu jangkrik, ana ing ratan [ra...]

--- 50 ---

[...tan] utawa ing dalan gêdhe lan ing panggonan liyane kang kaambah ing ngakèh.

Dene jago lan jangkrik mau padha kaanggrak katur ing parentah sarta banjur dipatèni kabèh.

Katêrangan Ăngka 10.

Wiwit ing jaman kuna băngsa Jawa iku padha karênan angadu jago lan jangkrik kalawan totohan, apamanèh paprentahan wus lawas andhawuhake pranatan kêncêng amurih sirnaning ngabotohan mau, awit bisa andadèkake kamlaratan utawa sangsara liyane, mungguh pranatan iku kapacak ing layang sêtatsêblad taun 1817 ăngka 8, lan saprene tansah katindakake kaya kang kasêbut ing layang pranataning pulisi ing

--- 51 ---

Surabaya bab ping 29, lan ing bab ping 48, ing layang pranatan bab wong andarbèni kabudayan bumi kaprênah sakulone kali Cimanok.

Mungguh pangudine paprentahan bab prakara iki saantara uga kalêbu kaduk. Awit ênggone anglarangi wong angadu jago lan jangkrik ana sajêroning cêpuri lan omahe dhewe pêpadhane kaya wong dolanan kêrtu ana ing sajroning omah, mula kang iku uga ora kalêbu dadi pangrêksane paprentahan. Amalangi wo ngabotohan ana sajêroning omah, kajaba yèn ênggone ngabotohan mau bisa dadi jalaran angrusakake tata têntrêming nagara.

--- 52 ---

Bab Omah Suwung.

Ăngka 11, kang andarbèni utawa anguwasani omah gudhang kandhang, lan gêdhogan, apamanèh prau kanggo among dagang, kang padha disuwungake, măngka ora dijagani lan kurang pangrêksane, yèn nganti kalakon, omah gudhang kandhang gêdhogan utawa prau iku, dadi pandhêlikane wong ngulandara lan kere pêkir mêskin utawa wong ala sapêpadhane.

Katêrangan Ăngka 11.

Pranatan mangkene lagi saiki katindakake ing tanah Indiya Nèdêrlan, amurih tata têntrêming ngakèh. Dene dhawuhing pêpacak ing têmbe kang bisa amuwuhi marang tata têntrêm, iku ginalih parlu.

--- 53 ---

Bab Wong Adol Inuman Kêras.

Ăngka 12, sapa kang adol sarupaning inuman kêras, luwih saka têlung kan takêran Nèdêrlan, kajaba ana ing losêmèn, ing kopihèis, ing panggonan pangêdoling inuman mau kang wus kalilan dening kang anyêkêl pangawasa nagara, apamanèh pangêdole mau anêrak kang dadi pêpacake bab prajangjian amajêgi pangêdoling inuman kêras.

Ăngka 13, sapa kang adol utawa wèwèh inuman kêras, ana ing sajabaning kantin, marang para militèr sor-sorane upsir kalêbu wadya dharatan, utawa marang anak rayate miwah marang bature, iku kapatrapan ukuman dhêndha kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, kajaba yèn pangêdole utawa pawèwèhe mau ora kêna pêpatrapan miturut prajangjean [prajangje...]

--- 54 ---

[...an] bab pamajêge pangêdoling inuman kêras.

Ăngka 14, sapa kang adol utawa wèwèh inuman marang wong kang têtela wus mêndêm.

Katêrangan Ăngka 12, 13, lan 14.

Pranatan iki dadi gêgêntine unèn-unène undhang-undhang katitimangsan ping 19 April 1853, kapacak ing layang sêtatsêblad ăngka 30.

Kapacak ăngka 14, ing layang pranatan iki kalêbu parlu amurih tata kartaning nagara, supaya aja nganti ana wong kang wus mêndêm, alêlawanan wong liya nganti bisa olèh inuman manèh, kang dadi jalaran wuwuhing êndême.

--- 55 ---

Bab Anguculake Asu Galak lan Sato Kewan kang Mutawatiri.

Ăngka 15, sapa kang nguculake asu utawa sato kewan kang mutawatiri.

Asu lan sato kewan mau kêna kapundhut ing parentah sarta banjur dipatèni.

Katêrangan ăngka 15.

Pêpadhane pêpacak iki kasêbut ing bab ping 22, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya, kang ngêmot pêpacak, bab anguculake asu galak.

Bab anguculake sato kang mutawatiri uga wis ginantungan paukuman ing bab ping 16 aksara: g, ing layang pranatan cêcêkêlane [cêcêkê...]

--- 56 ---

[...lane] ufbalyu ing Batawi, mungguh kang kasêbutake sato kewan kang mutawatiri iku, dêduga golongane sato alasan. Kaya kang kapratelakake ana pêpacak ing ngisor iki, anamung kewan kang sakawit kulina marang wong ing wasana tambuh jalarane dadi galak lan amutawatiri.

Bab Angingu Sato Alasan kang Amutawatiri.

Ăngka 16, sapa kang ngingu sato alasan kang amutawatiri, ora lapur marang kang nyêkêl pangawasa nagara, lan ora ngèstokake dhawuhing parentah, sato mau kêna kapundhut sarta banjur dipatèni.

Katêrangan Ăngka 15.[5]

Ing bingèn wong angingu sato alasan kang

--- 57 ---

amutawatiri ing Indiya Nèdêrlan, ora kêna ing patrapan, mula akèh wong kang padha angingu sato alasan kaya ta: macan, lan ula kang mandi, ora nganti kauningan ing pulisi.

Mungguh têtuladane wus ana têka wong angingu sato alasan, kang dadi mutawatiri marang tênjêming[6] ngakèh.

Dene pêpacak iki amung bisa arumêksa bab prakara iku, awit wus ana lêlakon kang anyamarake marang tata kartaning nagara.

Ing tanah Eropah uga pulisi kudu anguningani lan rumêksa, manawa ana wong angingu sato alasan.

--- 58 ---

Pangrêksane pulisi bab prakara iki amung amanggêpok gagolongane sato alasan kang amutawatiri, mula pranatan iki yèn tinindakake, pulisi ora muhung animbang, kewan iku kaewonake sato alasan, ananging apa iya ora mutawatiri.

Bab Pangêdole Panganan lan Inuman Camboran utawa kang Wus Ora Enak.

Ăngka 17, wong kang andhasarake lan adol panganan sarta inuman kang camboran utawa kang wus ora enak.

Sakèhe panganan lan inuman mau bakal dianggrak utawa banjur kabuwang.

Sanadyan wong kang adol mau ora kapatrapan [kapatrapa...]

--- 59 ---

[...n] dhêndha, ananging parentah wênang andhawuhake angrusak utawa ambuwang pêpanganan lan inuman iku.

Katêrangan Ăngka 17.

Ing layang pranatan kang dhinawuhake nalika ing taun 1872, ana pêpacake kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Sapa kang andhasarake lan adol panganan sarta inuman camboran, utawa kang wus ora enak. Sakèhing panganan lan inuman bakal kaanggrak banjur kabuwang, sanadyan kang adol ora nganti kapatrapan paukuman, ewasamono sawuse panganan lan inuman kaanggrak banjur kêna kabuwang.

Mungguh katêrangane kaya ing ngisor iki.

--- 60 ---

Ing layang anggêr paukumane băngsa Jawa bab ping 235, anggantungi paukuman marang wong kang agawe panganan lan inuman kang pancèn arêp diêdol, nganggo dimomori sabarang kang andadèkake jalaran laraning wong, apamanèh marang wong kang adol, angulakake lan kang wèwèh utawa kang arêp adol, sarupane panganan lan inuman kaya mangkono mau.

Tumindake paukuman kang kasêbut ing layang anggêr ing dhuwur iki manawa wus têtela yèn kang adol panganan lan inuman mau pancèn sumurup yèn kang nganggo momoran kang bisa andadèkake laraning wong.

Wondene pranatan pulisi iki anggantungi [angga...]

--- 61 ---

[...ntungi] dhêndha marang wong kang adol utawa andhasarake panganan lan inuman camboran kang bisa andadèkake laraning wong, sanadyana ora sumurup yèn dodolane mau nganggo dicambori.

Uga samono pranatan iki anggantungi paukuman marang wong kang amomori panganan lan inuman, sanadyan camborane ora andadèkake laraning wong.

Patraping dhêndha utawa paukuman kêna tinêtêpake, lamun wus ana katrangane saka wong kang ahli bab prakara iku yèn panganan lan inuman mau têtela camboran.

Ing layang pranatan cêcêkêlane ufbalyu ing

--- 62 ---

Batawi bab ping 16, aksara: d, lan ing layang pranataning pulisi ing Surabaya bab ping 43, aksara: e, uga anggantungi paukuman bab angêdol lan andhasarake panganan lan inuman camboran utawa kang wus ora enak. Dene layang pranataning pulisi ing Surabaya anamtokake, bab pamariksane panganan lan inuman camboran kang bisa dadi jalaraning lêlara, iku kabubuhake marang dhoktêr.

Pranatan ing dhuwur iki cocog lan unine layang undhang-undhang katitimangsan ping 24 Mèi 1869, sêtatsêblad ăngka 48.

--- 63 ---

Bab Amratakake lan Adol Layang Cap-capan utawa Sabarang kang Kalêbu Saru.

Ăngka 18, wong kang adol amradinake sarta anggêlarake layang cap-capan, gambaran utawa golèk sarta rêcan sapêpadhane kang kalêbu saru.

Sakèhing layang lan gambaran utawa golèk sarta rêcan sapanunggalane mau sawuse kaanggrak banjur karusak kabèh.

Katêrangan Ăngka 18.

Pêpadhane pêpacak iki kasêbut ing layang pranatan cêcêkêlane ufbalyu ing Batawi bab ping 16 aksara: d, lan ing layang pranataning pulisi ing Surabaya bab ping 43, aksara: d, kang amung angocapake layang lan gambaran. Ananging saiki kang adol [ado...]

--- 64 ---

[...l] utawa andhasarake golèk utawa rêcan sapanunggalane kang saru, iku uga kêna ing paukuman.

Bab Wong kang Lena utawa Sêmbrana Ênggone Rumêksa marang Bocah lan Wong Edan.

Ăngka 19, sapa kang bangêt lenane arumêksa marang bocah lan wong edan utawa kang owah êdate, măngka ênggone rumêksa mau wus dadi sêsanggupane utawa kawajiban awit saka dhawuhing parentah.

Katêrangan Ăngka 19.

Tumindake pranatan iki ing tanah Indiya Nèdêrlan lagi saiki sabab ginalih parlu saya manèh tumrape marang băngsa Jawa kang kalêbu bangêt lena ênggone angrêksa marang [ma...]

--- 65 ---

[...rang] bocah lan wong edan utawa kang owah êdate, kang măngka wus kapitayakake ing pangrêksane.

Layang anggêr ing praja Pangkrik, kang winastan: kudhêpenal, uga ana pêpacaking pulisi, kang anggantungi paukuman, bab pangrêksane para bocah utawa wong edan, mungguh patrapane padha karo wong kang nguculake sato galak utawa kang amutawatiri.

Bab Angambah Palêmahane Wong Liya, kang Tinanduran Pari, utawa Têtanêman Liyane.

Ăngka 20, sapa kang wani-wani malêbu utawa ngambah palêmahane wong liya, măngka palêmahan mau ora ginadhuhake utawa ora dipajêgi, lan manèh

--- 66 ---

wong mau ora dadi kuwasane anglakokake prakara lan ora ana nalare liyane kang dadi wênange angambah palêmahan iku kang tinanduran pari utawa tanêman liyane kang durung kaundhuh kasile.

Ăngka 21, wong kang anglakokake kewan kaya ta: kêbo sapi jaran tunggangan rakitan utawa momotan, angambah palêmahane wong liya kang tinanduran, sarta durung kaundhuh pamêtuning têtanduran mau, apamanèh kang durung olèh palilahe kang duwe palêmahan iku.

Katêrangan Ăngka 20 lan 21.

Undhake paukuman ing dhuwur mau luwih saka bab 1 ăngka 13 lan 14, ing layang pranatan iki.

Mungguh wêwatone wong kang ora kawênang

--- 67 ---

angambah utawa angumbar kewan ana ing palêmahan kang ana tandurane pari utawa liyane tanêman. Sarta nganggo ginantungan dhêndha luwih saka kang kasêbut ing bab 1 ăngka 13 lan 14, ing layang pranatan iki, sabab bisa gawe pitunane kang duwe jalaran saka karusakan sarta sudaning pamêtune têtanêman mau.

Bab Lumêbu ing Omah Sapêpadhane Darbèke Wong Liya.

Ăngka 22, sapa kang wani-wani lumêbu ing omahe wong liya, ing gudhang, ing gêdhogan, ing kandhang, lan ing prau kanggo among dagang, măngka ora awèh wêruh utawa tanpa lilahe kang darbe sarta kang kinuwasakake, utawa kang angênggoni omah

--- 68 ---

lan sapanunggalane mau, apamanèh lakune wong iku ora kawênang, kaya kang katamtokake ing layang anggêr.

Katêrangan Ăngka 22.

Bab prakara iki kabênêr dadi kuwajibane paprentahan. Arumêksa lan angadili marang wong kang ora kaduga omahe kaambah ing liya kang ora kawênang. Samono uga wêwalêr iki kapacak ana ing layang pranataning pulisi ing Surabaya bab ping 27, dene yèn lêbune ing pomahan mau angangkah pariman. Măngka tan olèh palilahe kang duwe, iku paukumane manut kang kasêbut bab ping 205, ing layang anggêr kukume wong Jawa.

--- 69 ---

Bab Angalang-alangi Panggledhahing Omah.

Ăngka 23, sapa kang angalang-alangi marang prayayi kang wus kawênangake anindakake papriksan lumêbu ing sadhengaha toko, ing gudhang lan panggonan liyane, ing prau apamanèh ing omah lan gêdhong sapanunggalane, samono iku isih kêna patrapan kang wus katamtokake samasa ênggone angalang-alangi marang parentah mau akanthi patrap anglawan.

Katêrangan Ăngka 23.

Bab prakara anglawan marang paprentahan, iku wis ginantungan paukuman kaya kang kasêbut ing bab ping 146, ing layang anggêr bab kukume wong Jawa, mungguh wong kang angalang-alangi tumindake parentah bab lumêbu lan panggledhahing omah kaya kang wus tinamtokake, [tinamtoka...]

--- 70 ---

[...ke,] iku kêna diarani wiwiting panglawan, sanadyan durung tumanduk, mula paprentahan pulisi kudu amranata, aja nganti ana lêlakon kang kaya mangkono.

Awit kang iku ing layang undhang-undhang katitimangsan ping 20 Agustus 1865, sêtatsêblad ăngka 84, wus katamtokake pranatan lan kukume bab prakara lumêbu lan pangglêdhahing omah, supaya bisa olèh katêrangane panêraking pêpacak bab asil sarta pajêge nagara, mungguh layang undhang-undhang mau isih katulusake ing tumindake sanadyan wus ana pranatan iki, samono uga isih kalêbu prêlu amranata kaya ing dhuwur mau, aja nganti priyayi kang

--- 71 ---

kawênang lumêbu anggledhah omah lan atiti pariksa ing balabag anêmahi pakewuh, awit saka pamriksan kang kaya mangkono iku asring olèh titike wong kang anêrak pêpacaking nagara.

Bab Wong kang Angandhêgake Prau Sapêpadhane Ana ing Saantarane Pomahaning Wong Liya.

Ăngka 24, sapa kang wani-wani awit ing wayah jam nêm sore tumêkane jam nêm esuk, angandhêgake utawa nancang prau gèthèk tembo sapêpadhane, ana saantaraning pomahan utawa omah kang diênggoni wong, ing grogolan panggonan panancangan praune wong liya, apamanèh nganti anginêp ana ing kono, măngka durung olèh palilahe saka kang nguwasani utawa kang andarbèni panggonan [pang...]

--- 72 ---

[...gonan] iku.

Dene yèn ana prêlune iku pulisi wênang anindakake parentah kalayan rodapaksa amambêngi marang pratingkahe wong kang anêrak pêpacak iki.

Katêrangan Ăngka 24.

Patrap kang kasêbut ing dhuwur mau asring amurugake marang pangangkahing laku kadursilan sapêpadhane, mula ginalih amutawatiri sarta ginantungan paukuman.

Bab Angusung Barang ing Wayah Bêngi.

Ăngka 25, sapa kang angusung barange wong liya ing wayah bêngi, măngka tanpa anggawa layang sorogane kang angirimake barang mau, utawa ora anggawa layang sorogan saka panggêdhene panggonan ing kono, kang pinaringake tanpa waragad.

--- 73 ---

Sakèhing barang bakal kaandhêg dening pulisi ing sasuwene nganti ana katêrangane bab pangusunge barang mau.

Katêrangan Ăngka 25.

Bab pangusunge barang lan anglakokake kêbo sapi utawa liyane kewan ing wayah bêngi kaya kang wus kalakon, iku prasasat kapasrahake ing pandugane para wong patrol ing padesan. Apa iya wong iku anggawa barang lan kewan mau saka ênggone nyolong utawa arêp dicolong.

Mungguh panduga-dugane para wong patrol mau, ora kêna kagawe wêwaton karampunganing prakara iki.

Bab panggawane kêbo sapi lan liyane

--- 74 ---

kewan, iku wus kapranata ing layang undhang-undhang katitimangsan ping 21 Juli 1863, ăngka 84.

Mungguh pranatan lawas bab pangusunge barang ing samêngko wus ora tumindak, awit surasane pêpacak iki.

Dene unine pêpacak iku ing sakawit kaya mangkene, sapa kang angusung barang ing wayah bêngi, măngka tanpa anggawa layang sorogan saka panggêdhene panggonan ing kono kang pinaringake tanpa wragad, iku kaanggêp ora pakolèh nalare, yèn wong angusung barange dhewe kanthi layang sorogan mau, mula ing saiki katamtokake pangusunge barang ing liya

--- 75 ---

iku kang kudu nganggo layang sorogan. Apamanèh saka panimbang sing mêsthi akèh pakewuhe, manawa ing sabên-sabên kudu anyuwun layang sorogan marang panggêdhening panggonan. Mula ing samêngko wus kaduga anyukupi, yèn pangusunge barang iku kanthi layang sorogane kang ngirimake, awit kang iku ing pêpacak iki katamtokake yèn pangusunge barang mau kalilan nganggo layang sorogane kang ngirimake.

Bab Wong Masang Borang Sapanunggalane.

Ăngka 26, sapa kang durung kalilan dening pulisi, amasang borang lan luwêngan utawa liyane wisaya, kaya ta: kala jirêt sapanunggalane kang pancèn kanggo nyêkêl utawa amatèni sato alasan, kapasangake [kapasang...]

--- 76 ---

[...ake] ana ing panggonan kang diênggoni utawa asring kaambah ing wong măngka andadèkake mutawatiring ngakèh.

Sakèhing piranti mau bakal kaanggrak, sarta katur ing parentah.

Katêrangan Ăngka 26.

Pranatan iku kalêbu bangêt parlune, awit wus kalakon akèh wong kang kataton utawa tiwas tumêka pati, jalaran kêna ing borang sapanunggalane kasêbut ing dhuwur mau, kang kapasang kalayan kurang pangati-atine.

Ing paresidhenan Palembang ana wong kang amasang wisaya sato alasan, sarana bêdhil kapasang ana sapinggiring dalan, nganggo ditalèni [di...]

--- 77 ---

[...talèni] sêntile, sarta taline kapênthang ana ing dalan kono, dene pakolèhe tali mau, yèn katrajang ing sato, bêdhil banjur muni angênani sato iku, ing têmahan tali tinrajang ing wong dadi lan patine kêna ing mimis.

Bab Wong Ngèngèr lan Abêburuh Pagawean.

Ăngka 27, wong angèngèr utawa abêburuh nyambutgawe kang nganggo wangênan lawase kaya kang wus kalumrahan, utawa wêwangêne ora tartamtokake[7] ananging kaetung sasèn, măngka ing sajroning wêwangên kang wus kalumrahan mau, utawa sadurunge pundhating sasi aninggal gawene utawa mopo anggarap pagaweane tanpa nalar kang kêna dianggêp, lan ora antuk palilahe kang dingèngèri utawa kang amburuhi, [ambu...]

--- 78 ---

[...ruhi,] wong kang mopo iku isih kabênêr anglakoni kuwajibane, lan bakal kapatrapan paukuman, yèn ana nalare kaluputan liya-liyane manèh.

Katêrangan Ăngka 27.

Saka ing panimbang prayoga bangêt, anamtokake paukumane sawonga ngèngèr kang ora angèstokake kawajibane, sarta kaurusake nganggo wêwaton kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, yèn ta ora mangkono sing mêsthi dadi pitunane kang dingèngèri, awit wong Jawa kang lumaku gawe angèngèr iku ing adat anandhang kakurangan, sarta ênggone nyambutgawe sabên jaluk êmpingan.

--- 79 ---

Pêpacak ăngka 27, ing dhuwur mau, iku anurut unine bab ping 39, ing layang pranatane pulisi ing Surabaya kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Sapa kang ngèngèr utawa aburuh nyambutgawe nganggo kawangênan lawase utawa ora katartamtokake, ananging kaetung ing sasèn, sarta anampani êmpingan, măngka ing sajroning wêwangên utawa sadurunge pundhating sasi aninggal gaweane tanpa nalar kang prêlu, iku kang bênêr anglakoni kuwajibane, kajaba iku bakal kaukum, yèn ana nalare kaluputan liyane.

Ing pêpacak ăngka 27, ing layang pranatan [pranata...]

--- 80 ---

[...n] iki ora pisan angocapake bab êmpingan. Awit bokmanawa dèn kira amung wong kang ngèngèr utawa abêburuh nganggo anampani êmpingan, măngka kalakon aninggal gaweane utawa mopo angrampungake, apamanèh ora ambalèkake dhuwit êmpingan mau, iku kang bisa dadi nalaring prakara kang kêna kapatrapan paukuman, sarta ing wêkasan kang dingèngèri sabên kudu amènèhi êmpingan, amurih gumathoke kang ngèngèr, kajaba iku wong kang ngèngèr mau sanadyan nganggo anampani êmpingan, ora mêsthi rumasa kaya dadi mojangane kang dingèngèri.

--- 81 ---

Pêpacak ing dhuwur mau anyêbutake nalar kang kêna kaanggêp. Iya iku lirune unèn-unène pêpacak pulisi ing Surabaya kang angocapake: nalar kang parlu, awit yèn tulus kapratelakna, nalar kang parlu, iku angèl ing pamijange, sarta paprentahan ora anamtokake nalar apa kang parlu kênane wong aninggal panggaweane sajroning wêwangênan kang dadi sêsanggupane, mungguh panêmune, nalar kang kêna kaanggêp. Iku mêtu saka panimbange bêbênêran dhewe. Lan manèh ginalih parlu saburine unèn-unène pranataning pulisi ing Surabaya kaya ta: sapa aninggal gaweane sajroning wêwangênan, kasusulan, tanpa palilahe kang dingèngèri, samono iku anyingkirake nalar kênane ing paukuman ênggone aninggal gaweane mau.

--- 82 ---

Ing wusana bab wêwangêne pangengeran, iku ora katartamtokake lawase, amung kasêbutake kaya kang wus kalumrahan, mula unèn-unène pêpacaking pulisi ing Surabaya kaya ta: sajroning wêwangên kang katartamtokake, iku sinalinan, sajroning wêwangên kang wus kalumrahan, awit yèn anamtokake wêwangênan nganti lawas, iku bisa dadi nalar kang makewuh marang wong kang ngèngèr, dene yèn mopo nyambutgawe tanpa nalar kang kêna kaanggêp iku kêna ing paukuman pêpadhane kaya wong aninggal gaweane.

Mungguh patraping dhêndha ingatasing prakara kang kasêbut ing ăngka: 1. 3. 4. 5. 9. 10. 12. 13. 14. 17. 18. 22. 23. lan 27. kang iku manawa ana nalare uga kêna sinalinan paukuman anyambutgawe pêksan, olèh [o...]

--- 83 ---

[...lèh] pangan ananging tanpa bayaran, lawase ora kurang saka pitung dina ora luwih saka rolas dina.

Katêrangan.

Mungguh wênange bêbênêran amatrapake dhêndha dhuwit, utawa paukuman kunjara apamanèh paukuman anyambutgawe katon ing ngakèh, iku wêwatone kaya kang kasêbut ing katêrangan wêkasane bab 1, ing layang iki.

__________

Bab 3.

Bakal kadhêndha ora kurang saka nêmlikur rupiyah lan ora luwih saka sawidak rupiyah.

Kaya ta:

Bab Anyuruhi Wong, Amrih Padha Kaklumpukan.

--- 84 ---

Ăngka 1, sapa kang anyuruhi utawa anglumpukake wong amrih angrêmbug sabarang kang sinêdya, ing sadurunge kaparingan layang palilah saka panggêdhening panggonan.

Yèn para priyayi kang anyuruhi paklumpukaning wong ing sajroning pagawean, utawa para lid ing sawijining pakumpulan kang wus kaidèn utawa pinarêngake ing parentah, iku ora kalêbu ing pêpacak iki.

Katêrangan Ăngka 1.

Ing layang pranatan paprentahan ing Indiya Nèdêrlan, bab ping 111, amacaki sawiyaha pakumpulan lan kang magêpok solahbawaning nagara, sarta kang mutawatiri marang ing tata karta, sarta anamtokake yèn paprentahan kawênang anindakake pratikêl ing saprayogane manut nalar panêrake [panêra...]

--- 85 ---

[...ke] pêpacak mau, wêwalêr iku ora nganggo paukuman. Mula sadhengah pakumpulan sanadyan kalarangan sarta kêna kabubarake kalayan rodapaksa, ananging para wong kang padha milu kakumpulan mau, ora kêna kapatrapan ukum, salawase durung ana pêpacak bab prakara iku kang nganggo agantungi[8] paukuman.

Ing layang pranatan mau ora pisan anggênahake pakumpulan apa kang bisa angrusakake tata kartaning nagara.

Mungguh pratikêl bab ambubarake pakumpulan mau kaya kang kasêbut ing dhuwur iki uga ora kapranata, ananging saka ing panimbang pratikêl kang nganggo pangrodapaksa mau

--- 86 ---

ora aprayogakake,[9] mula kagalih parlu anindakake pratikêl kang amakolèhi, tur masthi kalakon sarta gampang ing tumindake ora usah anandukake rodapaksa.

Nalika layang pranatan iki bakal kadhawuhake kagalih prayoga amranata pêpacak bab pakumpulan kang kasêbut ing dhuwur mau.

Sarèhning angèl amijangake pakumpulan apa kang magêpokan solahbawaning nagara, utawa kang mutawatiri marang ing tata karta, mula ing samêngko bab prakara iku kasarahake ing karampungane saka panêmuning panimbange bêbênêran. Sarta katamtokake yèn ana wong arêp anyuruhi

--- 87 ---

kakumpulan bab sadhengaha prakara kudu anyuwun palilahe kang nyêkêl paprentahan kang ambawahake sarta kamot ing layang.

Surasane pêpacak iki amagêpokan unèn-unène layang pranatan paprentahan ing Indiya Nèdêrlan, bab ping 111, ing dhuwur mau, mungguh kang kalêbu wêwalêran, dudu pangulêm-ulêman kang nganggo anyêbutake jênênging wong siji-sijine, kang kapurih têka ing karamean, ananging amalêri pangundange wong ngakèh, kapurih ngalumpuk ing sapanggonan. Sarta ngalamate anyêbutake, kaya ta: marang sakèhing Cina, sarupaning priyayi, utawa marang sakèhing sudagar, [suda...]

--- 88 ---

[...gar,] kapurih padha anglumpuk ana ing sapanggonan, sanadyana ora anjarwakake pangangkahe kakumpulan mau, yèn ora nganggo kauningan sarta kalilan dening kang nyêkêl paprentahan nagara.

Ing layang kêkancingane kangjêng guprêmèn katitèn ping 18 Oktobêr 1838, ăngka 2, sêtatsêblad ăngka 39, wus andhawuhake pêpadhane pêpacak iki, kajaba para priyayi Walănda utawa Jawa kang anindakake panggaweane ora ana kang kawênang ambyawarakake layang kang surasane angundang utawa amurih nglumpukake wong ing sadhengaha parlune, yèn ora nganggo palilahe kang nyêkêl pangawasa [pangawa...]

--- 89 ---

[...sa] ing nagara, mungguh panêrake pêpacak iki kêna patrapan dhêndha satus rupiyah, dene yèn ana nalar liyane manèh iku kaêsrahake marang panimbange bêbênêran kang kawênang angundhakake dhêndha mau nganti limang atus rupiyah.

Apamanèh lêlakon kang kasêbut ing ngisor iki kêna kaanggêp kang andadèkake nalar dhawuhing pêpacak mau.

Ing wêkasane taun 1837, para bandar Cina kang anyăngga pajêging prabeya pasar lan apyun ing paresidhenan Kêdhu sajroning taun 1838, padha ambyawarakake layang ing têmbung Cina, mungguh surasane amurih têka lan ngalumpuke para Cina kang saguh anêbas pamajêging [pa...]

--- 90 ---

[...majêging] prabeya pasar lan apyun mau, ing sawijining dina kang tinamtokake para Cina kang padha ngalumpuk ing panggonan kono kèhe luwih saka: 150, ing sabanjure pajêging kaasilan iku katawakake lan kaborongake marang Cina êndi kang wani anglarangi.

Kangjêng tuwan residhèn ing Kêdhu sawuse anguningani pratingkah kaya kang kasêbut ing dhuwur mau anyuwun katêrangan dhumatêng kangjêng guprêmèn bab prakara iku, apa para bandar mau kajaba bayar prabeya bab pamborongan mau marang kantor lelang ora kawajib kaukum. Sarta angaturi pisan anindakna pranatan kang bisa amalangi lêlakon kaya ing

--- 91 ---

dhuwur mau tanpa kauningan sarta sadurunge olèh palilahe kang nyêkêl pangawasa ing nagara.

Kangjêng guprêmèn anggalih bab prakara iku ora kêna ing paukuman, sadurunge ana pranatan kang tumindak, ananging kalêbu parlu anglarangi pratingkah kaya ing dhuwur mau, sarta banjur andhawuhake pêpacak kamot ing layang kêkancingan katitimangsan kaping 15 Oktobêr 1838 ăngka 2.

Bab Pakumpulan utawa Ubyang-ubyangan,[10] Angrêmbug Prakara kang Magêpokan Solahbawaning Nagara.

Ăngka 2, wong kang padha milu kakumpulan angrêmbug [angrêmbu...]

--- 92 ---

[...g] prakara kang magêpokan solahbawaning nagara, utawa nganti amutawatiri têntrêming ngakèh.

Kang dèn arani kalêbu prakara kang magêpokan solahbawaning nagara, iku rêrêmbugan kang angowah-owahi kaananing paprentahan ing kadhistrikan, utawa ing kabupatèn, lan bab pagaweane para prayayi kang kabubuhan anyêkêl paprentahan, apamanèh ubyang-ubyung padha sowan marang para panggêdhe kang nyêkêl panguwasa ing nagara, utawa kang ambawahake ing panggonan, mungguh ênggone sowan iku padha anglairake kang dadi panyuwune nganggo patrap kang murang tata.

Katêrangan Ăngka 2.

Pakumpulan kaya kang kasêbut ing dhuwur iku kang mêsthi angêmu pangangkah ambubrahake

--- 93 ---

tumindaking paprentahan, lan anukulake nalar kang basa angrusakake kajênjêmaning nagara, utawa dadi jalarane rêrusuh.

Sarèhning wus kêrêp kalakon akèh wong kang aninggal cara lan tata padha ubyang-ubyung sowan marang panggêdhening panggonan utawa kang nyêkêl panguwasa nagara amrasajakake kang dadi karêpe kang iku uga bisa dadi jalarane karusakaning tata têntrêm. Mula para wong kang kaanggêp dadi pangarêpe padha kacêkêlan kapatrapan paukuman, samono iku amurih aja nganti ana ambal-ambalaning lêlakon kang kaya mangkono, dene wong kang padha kèlu ubyang-ubyung amung kadhawuhan [ka...]

--- 94 ---

[...dhawuhan] angaturake panyuwune utawa kang dadi sêdyane lantaran lurahe utawa kamot ing layang katur marang panggêdhening panggonan.

Mungguh patraping paukuman marang wong kang kaanggêp dadi pangarêpe mau, iku ora kasêbut ing layang pranatan. Mula pêpacak iki ing samêngko dadi wêwatoning paukuman.

Bab Ambadali Parentah.

Ăngka 3, sapa kang padha milu kalumpukan rêrêmbugan, kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, apamanèh kakumpulan asidhêman, sawuse kadhawuhan ing parentah kapurih padha bubar utawa mulih marang omahe dhewe-dhewe, [dhe...]

--- 95 ---

[...we-dhewe,] măngka ora angèstokake dhawuh mau.

Katêrangan Ăngka 3.

Dhawuhing parentah amurih bubaring wong kang padha kalumpukan kaya kang kasêbut ing dhuwur, iku kudu kaèstokake ing sanalika, awit dhawuh kang kaya mangkono iku angangkah tata karta lan têntrêming nagara, lan manèh tumindake pranatan iki anyantosani dhawuhing parentah mau.

Sapa kang milu kalumpukan kang wus dadi laranganing nagara, kaya kang kasêbut ing ăngka 2, ing dhuwur mau, măngka ora nglêksanani dhawuhing parentah kang amurih bubare lan ulihe wong mau, iku kaanggêp kêna kaluputan [kalupu...]

--- 96 ---

[...tan] rong prakara, kaya kang kasêbut ing pêpacak iki lan ing ăngka 2, ing dhuwur mau.

Bab Wong kang Andaleya Ora Anglapurake Laku Piala Marang Pangarahing Pati utawa Rajadarbèking Liya.

Ăngka 4, sapa kang anêksèni lan angrungu laku piala bab pangarahing pati utawa rajadarbèking wong liya, măngka ora tumuli lapur marang pulisi ing panggonan kono.

Pêpacak iki ora tumrap marang sarupaning wong kang kasêbut ing bab kaping 68, ing agêr[11] paukumane wong băngsa Jawa sapêpadhane.

Katêrangan Ăngka 4.

Ing layang anggêr bab kukume băngsa Jawa wus kapratelakake, wong kang anêksèni lan angrungu laku piala bab pangrusake [pangrusa...]

--- 97 ---

[...ke] tata têntrêming nagara, utawa bab pangarahing pati utawa barang darbèke wong liya, iku wajib anglapurake ing sanalika marang kang ngasta paprentahan nagara.

Mungguh layang anggêr iku mung anggantungi paukuman marang wong kang kainan ora anglapurake laku piala kang angrusake tata karta lan têntrêming nagara, ananging bab ênggone kainan ora nglapurake laku piala marang pati utawa rajadarbèke wong, iku ora ana patrapane paukuman. Ing samêngko anane pêpacak kang kaya mangkene iki nalar wus ginalih parlu, awit wong Jawa akèh kang ora anêtêpi pêpacak mau, mula [mu...]

--- 98 ---

[...la] akèh laku piala nganti ora kawêruhan dening pulisi.

Bab Tabuhan kang Ambarêbêgi lan Anggêgidhuhi.

Ăngka 5, sapa kang anênabuh unèn-unèn kang barêbêgi marang tăngga têparo ing wayah awan utawa bêngi, apamanèh nyuwara sora utawa agawe solah kang anggidhuhi marang tăngga têparone mau.

Katêrangan Ăngka 5.

Katêrangane pêpacak iki kaya kang kasêbut ing bab ping 2 ăngka 8, ing layang pranatan iki.

Bab Wong Anginêp Ana ing Omahe Wong Liya.

Ăngka 6, sapa kang wani-wani anginêp ana ing omahing gudhang lan ing gêdhogan lan kandhang darbèke wong liya, măngka ora awèh wêruh lan durung olèh

--- 99 ---

palilahe kang andarbèni utawa kang nguwasani omah sapanunggalane mau.

Katêrangan Ăngka 6.

Pêpadhane pêpacak iki wus kocap ana ing pada kapindho bab ping 27, ing layang pranataning pulisi ing Surabaya.

Bab Wong kang Anêmaha Ambêbalang Sarana Watu utawa Ambuwang Rêrêgêd.

Ăngka 7, sapa kang anêmaha ambêbalang sarana watu utawa sabarang kang atos-atos, apamanèh ambuwang rêrêgêd, măngka nganti angênani marang wong.

Katêrangan Ăngka 7.

Katêrangane pêpacak iki padha kaya kang kasêbut ing bab ping 1, ăngka 10, ing layang pranatan iki, ing kono kapratelakake [kaprate...]

--- 100 ---

[...lakake] nalar kang saka kurang pangati-ati utawa sêmbrana, dene layang pêpacak iki angarani pratingkah kang têmaha, samono iku yèn ênggone ambêbalang ora nganti anatoni wong utawa dadi lan cacade, dene yèn kalakon nganti tatu, patraping paukuman kaya kang kasêbut ing bab ping 230, ing layang anggêr bab kukume wong băngsa Jawa.

Bab Angoyahake Asu utawa Kewan Liyane.

Ăngka 8, sapa kang ngoyahake asu utawa liyaning kewan, marang ing wong lan jaran kang tinunggangan, utawa jaran kang rinakit ing kareta sapanunggalane, sanadyan [sa...]

--- 101 ---

[...nadyan] ora nganti agawe sangsara utawa kapitunaning wong kang ingoyahake mau.

Katêrangan Ăngka 8.

Pêpacak iki nganggo ginantungan paukuman, awit saka pangoyahe asu utawa kewan liyane iku bisa agawe cilakaning wong.

Bab Angrusakake Barang Darbèke Wong Liya.

Ăngka 9, sapa kang nêmaha agawe rusak barange wong liya, samono iku kajaba prakara kang kasêbut awit ing bab kaping 357, tumêkane ing bab kaping 385, ing layang anggêr paukumane wong Jawa sapêpadhane.

Katêrangan Ăngka 9.

Pêpacak iki padha karo kang kasêbut ing

--- 102 ---

bab ping 479, ăngka 1, ing layang anggêr Walănda.

Bab Rusaking Barang saka Patrape Wong Edan.

Ăngka 10, yèn ana wong edan angrusakake barang darbèke wong liya, ingkang awit saka lenane wong kang kabubuhan rumêksa marang wong edan mau.

Katêrangan Ăngka 10.

Pêpacak iki ngêmu rasa padha kaya kang kasêbut ing ăngka 9, ing dhuwur mau, bedane pêpacak iki amung saka nalar bab kalenan ênggone rumêksa wong edan iku, dene liyane amratelakake tarekah kang katêmaha.

Paukuman kang kasêbut ing wêwalêr ing dhuwur mau [ma...]

--- 103 ---

[...u] katimbang karo kang kasêbut ing pêpacake bab ping 2, ăngka 19, ing layang pranatan iki têtela manawa nalar saka sêmbrana, măngka nganti andadèkake kapitunaning wong liya, patraping paukuman luwih abot. Awit saka panimbang, sapa kang kabubuhan arumêksa wong edan, iku kudu tumêmên ing pangrêksane, saya manèh yèn rêrêksane wong mau bangêt ênggone anandhang lara edan.

Bab Angrusakake Barange Wong Liya Awit saka Kurang Pangati-ati.

Ăngka 11, sapa kang anganggo gêgaman, măngka sêmbrana kurang pangati-atine nganti agawe rusak barang darbèke wong liya.

--- 104 ---

Katêrangan Ăngka 11.

Bab angunèkake bêdhil sapanunggalane ana ing dalan kang kaambah ing ngakèh, utawa ana ing saantarane omah kang diênggoni wong, iku wus ginantungan paukuman kamot ing bab ping 1, ăngka 6, ing layang pranatan iki, ananging durung ana pêpacak kang nganggo ginantungan paukuman marang wong kang anganggo gêgaman bêdhil utawa liyane, măngka nganti angrusakake rajadarbèke wong liya, mula awit saka tumindake pêpacak iki, pratingkah kang kaya mangkono iku kêna ing paukuman.

Mungguh kang kaaranan rajadarbèke wong kocap ing pêpacak iki, utawa kasêbut ing dhuwur mau, apadene kang kapratelakake [kaprate...]

--- 105 ---

[...lakake] ing ngisor kene, iku sadhengaha barang kang kêna utawa liyane kang ora kêna kaingsêr saka ing panggonane.

Bab agawe karusakan, jalaran saka kainan andandani omah sapanunggalane.

Ăngka 12, manawa ana wong darbe omah sapanunggalane, măngka wus kawak utawa rusak, ora didandani utawa kabênakake, măngka nganti agawe rusak barang darbèke wong liya, apamanèh wong angalang-alangi dalan, agawe luwangan ing têngah lurung, ing dalan gêdhe ing ara-ara, utawa panggonan liyane kang kaambah ing ngakèh, măngka ora angèstokake kang dadi pêpacak. Lan ora amasang têtêngêr ana ing panggonan mau, supaya katon ing ngakèh.

Mungguh patrap kang mangkono iku, supaya aja nganti kaambalan, [ka...]

--- 106 ---

[...ambalan,] pulisi wênang andhawuhake pêpacak, dene yèn ora tumuli dilakoni, pulisi kang bakal anindakake dhewe, dene sapira waragade kudu kabayar dening wong kang kainan mau.

Katêrangan Ăngka 12.

Tumindake pêpacak iki amuwuhi kêkuranganing wêwalêran kang pancèn parlu.

Sanadyan bab pranatane omah kawak utawa kang wus rusak kaya kang kasêbut ing bab ping 37, ing layang cêcêkêlane roi mistêr ing Batawi kamot ing layang sêtatsêblad 1825, ăngka 7, iku durung anyukupi, apamanèh pranatan mau amung tumrap ing sawatara paresidhenan.

Mungguh unèn-unène pada kapindho ing pêpacak mau, iku susulan enggal,

--- 107 ---

sarta kalêbu parlu bangêt bab prakara iki.

Bab Amêmêca utawa Amêdharake Sabarang kang Durung Kalakon.

Ăngka 13, manawa ana wong kang angupajiwa sarana amêmêca sabarang kang durung kalakon, utawa anjarwani wahananing impèn.

Sabarang pirantine kang ginawe angupajiwa mangkono iku bakal kaanggrak sarta banjur karusak kabèh.

Bab Jimat Sapanunggalane.

Ăngka 14, sapa kang wani-wani amratakake jimat rajah sapêpadhane, apamanèh nganggo anuturake yèn jimat sapanunggalane mau nganggo sinungan kasiyat kang luwih kawasa.

Sakèhing jimat sapanunggalane bakal kaanggrak sarta karusak kabèh.

--- 108 ---

Katêrangan Ăngka 13 lan 14.

Sapa kang nitèni amêsthi sumurup paedahe wêwalêr iki, awit akèh wong Jawa anêmahi sangsara amarga saka gugontuhone, lan saka jalaran iku padha kêna kaicuk-icuk anglakoni pratingkah kang amutawatiri marang tata karta lan têntrêming nagara.

Awit saka akèhing lêlakon kaya ing dhuwur mau wus asring ginalih parlu tumindake pêpacak iki nganggo kapatrapan paukuman. Ora angamungake adol utawa amratakake jimat sapêpadhane uga wong kang angupajiwa saka ênggone ambatang wahananing impèn, lan amêmêca utawa amêdharake sabarang kang

--- 109 ---

durung kinaruh, ing saiki kêna paukuman.

Bab prakara kang kasêbut ing ăngka 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7, 8, 9, 13 lan 14, iku patraping dhêndha yèn ana nalare liyane uga kêna sinalin patrapan nyambutgawe pêksan, nganggo olèh pangan, tanpa bayaran, lawase kawangênan têlulas dina tumêkane rongpuluh dina.

Katêrangan.

Bab salining paukuman, iku padha kaya kang kapratelakake ing katêrangan wêkasane bab ping 1, ing layang iki.

Bab Ping 4.

Yèn ana wong kang anêrak pêpacak ing dhuwur iki măngka ing dalêm sataun kaambalan, iku paukumane kêna kaundhakake, kaya ta:

--- 110 ---

Bab panêraking pêpacak kang kasêbut ing bab kaping 1, kadhêndha kèhe ora kurang saka salawe rupiyah utawa kinunjara kawangênan lawase wolung dina.

Bab panêraking pêpacak kang kasêbut ing bab kaping 2, kadhêndha, kèhe sawidak rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambutgawe paksan, lawase wolulas dina.

Bab panêraking pêpacak kang kasêbut ing bab kaping 3, kadhêndha, kèhe ora kurang saka satus rupiyah utawa kapatrapan paukuman nyambutgawe paksan, nganggo olèh pangan, tanpa bayaran, lawase kawangênan têlung puluh dina.

Katêrangan Bab Ping 4.

Panêraking pranatan pulisi kang nganti kaambalan, iku ora kêna kaanggêp kaya nalare kang tinêmu ing prakara laku piala kang uga [u...]

--- 111 ---

[...ga] kaambalan manèh, awit beda lungguhing prakara, mula karampungane kasarahake ing panêmu lan panimbange bêbênêran, ênggone anindakake paukuman utawa dhêndha, uga kaya kang kasêbut ing katêrangan wêkasane bab ping 1, 2, lan 3.

Bab Ping 5.

Bab petungane wêwangêning paukuman, iku ing dalêm sadina-dinane katamtokake patlikur jam.

Katêrangan Bab Ping 5.

Etungan wêwangêning paukuman iku kalêbu parlu, awit bab ping 326, ing layang pranatan bab paukumane wong Jawa mung angocapake layang karampungan kang dhinawuhake dening pangadilan landrad lan pangadilan sambang.

--- 112 ---

Bab Ping 6.

Mungguh patrapan dhêndha iku ing salawase uga dadi kauntunganing nagara.

Katêrangan Bab Ping 6.

Mungguh pêpacak bab patrapane dhêndha dhuwit iku uga wus kasêbut ing bab ping 332, ing layang pranatan paukumane wong Jawa, ananging amung tumrap ing prakara kang karampungan dening pangadilan landrad lan pangadilan sambang.

Ing layang pranataning pulisi ing Surabaya bab ping 44, uga ana pêpacak bab patrapan dhêndha nganggo amandumi marang wong kang angladèkake prakarane, ananging ing samêngko pranatan kaya mangkono mau ora prayoga awit anane prakara bisa mêtu saka kamelikan, anjaba iku ora kêna kalêstarèkake [kalê...]

--- 113 ---

[...starèkake] dadi wêwatoning paukuman, sabab bêbênêran wênang angrampungi prakara nganggo patrapan dhêndha utawa liyane paukuman.

Bab Ping 7.

Sakèhing dhuwit dhêndhan mau kudu kabayar ing sajroning wolung dina sawuse bêbênêr andhawuhake ana ing pangadilan, dene manawa wong kapatrapan dhêndha iku ora sowan ing pangadilan, nalika karampungan prakarane, iku pambayaring dhêndha sawuse kapundhut.

Yèn ana wong ora bisa utawa mopo ambayar dhuwit dhêndha ing sawuse andungkap wêwangênane iku bakal sinalinan paukuman kunjara utawa kapatrapan anyambutgawe paksan tanpa karante, mungguh lawase ora luwih saka kang wus ginantungake ing

--- 114 ---

kaluputan bab panêraking pêpacak ing dhuwur mau.

Dene wêwangêne paukuman kunjara utawa anyambutgawe paksan, kang minăngka lirune patrapane dhêndha, iku bakal katamtokake ana ing pangadilan, nalika rampunging prakara.

Katêrangan Bab Ping 7.

Bab ping 7, ing layang pranatan kang anêrangake wêwênange para panggêdhe kang nyêkêl panguwasane nagara, sarta kapacak ing layang sêtatsêblad 1858, ăngka 17, wus anamtokake, yèn dhuwit dhêndhan iku kudu kabayar ing dalêm sasasi sawuse kadhawuhake, ananging yèn wong Jawa sing kapatrapan dhêndha pambayare amung kawangênan 8 dina.

Ing layang pranatan paukumane wong Jawa anamtokake sapa kang kadhêndha măngka

--- 115 ---

ora bisa mujudake dhuwit dhêndhan mau kalakon nganti sinalinan paukuman kunjara utawa nyambutgawe paksan tanpa karante, iku yèn wus anglakoni paukumane, ora susah ambayar patrapane dhêndha mau.

Bab ping 7, ing layang pranatan kang anêrangake wêwênange kang nyêkêl pangawasane nagara, uga anamtokake lawase paukuman badan kang minăngka dadi lirune dhêndha iku, ora kêna luwih saka 8 dina, ananging ing samêngko ora kêna digawe wêwaton, awit wêwangêne paukuman mau kang dadi lirune dhêndha prayoga animbangana paukuman susulan kaya kang tinamtokake, ing wêkasane sawiji-wijining bab, kang

--- 116 ---

kêna kapatrapake dening bêbênêran, samăngsa ana nalare.

Mungguh karêpe paukuman susulan kaya kang kasêbut ing wêkasane bab ping 1, 2, lan 3, iku uga dadi liruning paukumane wong sing ora bisa ambayar dhêndha, samono uga paukuman mau kêna kapatrapake bab prakara kang ora nganggo ginantungan paukuman liyane kang minăngka liruning dhêndha.

Patrapan dhêndha iku kêna sinalinan paukuman kunjara utawa nyambutgawe paksan tanpa karante, ananging ora kêna kapatrapan paukuman nyambutgawe katon ing ngakèh, supaya amadhanana unine bab ping 329, ing layang pranatan paukumane wong Jawa.

Paukuman nyambutgawe paksan tanpa karante [kara...]

--- 117 ---

[...nte] ora kêna pisan lawase luwih saka 30 dina, kaya kang katamtokake ing wêkasane bab ping 4, ing layang pranatan iki, mula ora beda lan wêwangêne paukuman anyambutgawe katon ing ngakèh.

Bab Ping 8.

Sarupaning barang ingkang kaanggrak, awit saka prakara kang kasêbut ing layang pranatan iki kajaba barang kang masthi karusak utawa ginawe aja nganti kêna kanggo manèh, iku dadi kauntungane nagara.

Katêrangan Bab Ping 8.

Pêpadhane katêrangan kaya kang kasêbut bab ping 6, ing dhuwur iki.

Bedaning pranatan.

Bab mligi, kaluputan kang linakonan ing sadurunge ana pranatan iki, dhawuhing karampungan manut kang

--- 118 ---

wus ginantungake ing waktu kalakone kaluputan mau, ananging manawa paukuman kang katamtokake ing pranatan iki luwih ènthèng iya iku kang kaêtrapake.

Pranatan iki ing salawase wus kaanggêp dadi wêwaton sarta katamtokake ing layang anggêr bab paukumane băngsa Walănda lan Jawa.

Kapacak ing layang undhang-undhange kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphrênur jendral ing Indiya Nèdêrlan, katitimangsan kaping: 15 Juni taun 1872, sêtatsêblad ăngka 111.

__________

Pêpacak Wuwuhane Pranatan Pulisi.

(Bakal kadhêndha utawa kapatrapan paukuman)

Sapa kang ora kawênang, apamanèh kalawan laku sandi awèh barang lan liyane kang mawa aji marang pasakitan, apamanèh anampani sarupaning barang iku saka pasakitan.


wong (dan di tempat lain) (kembali)
wong (dan di tempat lain)
kang (dan di tempat lain) (kembali)
kang (dan di tempat lain)
mêtu (kembali)
mêtu
kang (kembali)
kang
16 (kembali)
16
jênjêming (kembali)
jênjêming
katartamtokake (kembali)
katartamtokake
anggantungi (kembali)
anggantungi
kaprayogakake (kembali)
kaprayogakake
10 Ubyang-ubyungan (kembali)
Ubyang-ubyungan
11 anggêr (kembali)
anggêr