Nitik Karaton Surakarta P.B. IX-X, Padmasusastra, 1932, #163

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie N. No...

NITIK KARATON

Sêrat Nitik Karaton Surakarta P.B. IX-X

2e DRUK

Ingkang nganggit Ngabèi Prajapustaka Surakarta.

Diterbitkên dan dijual oleh: Boekandhel TAN KHOEN SWIE – Kediri.

1932

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Sêrat Nitik Karaton Surakarta P.B. IX-X

2e DRUK

Ingkang nganggit Ngabèi Prajapustaka ing Surakarta.

Diterbitkên dan dijual oleh: Boekandhel TAN KHOEN SWIE Kediri.

1932

--- [2] ---

PENGARANG P.t.j.m. M.Ng. PRODJOPOESTOKO (ALMARHUM) di SURAKARTA

[Grafik]

Diperlindungi hak pengarang Stb.1912, No.600, fatsal 11.

Kitab yang sah ada tanda tangannya si penerbit sebagi di bawa ini:

[Tanda tangan]

--- [3] ---

VOORWOORD.

Anggèn kula ngimpun nitik karaton asma saurutipun para putra dalêm kakung putri punapadene nama saha urutipun nèm sêpuhing pangkatipun para priyantun dalêm, tuwin ingkang apêputra lan botên, punika botên gampil, amargi saking kathah tur mawi ubad-ubêding nèm sêpuhing kalênggahan, awis ingkang mangrêtos, buk pèngêtan ing carikan: sêpên, kula rumaos kawêkèn tansah kalinta-kalintu kemawon kalihan yêktinipun, awit saking pitulungan Dalêm Gusti Bandara Radèn Ayu Suryanagara putra Dalêm P.B.IX. dêdamêlan kula dipun lêrêsakên, saha gusti amrayogèkakên yèn cathêtan kula wau mênawi kula sagêd dipun dhawuhi nyêkarakên, supados gampil èngêtipun mênawi wontên ingkang badhe dipun sumêrêpi, sarta watêking sêkar botên sagêd ewah ing salami-laminipun, dhawuh wau inggih kula sandikani, nanging kula prasaja botên sagêd nyêkarakên sae, panggalih dalêm botên dados punapa namung anggêripun cumanthèl kemawon, kalampahan kula sêkarakên rampung kala ing dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 8 wulan Dulkangidah taun Je ăngka 1838, rêsikanipun kula unjukakên gusti, ngèngrèngipun taksih wontên ing kula, [ku...]

--- [4] ---

[...la,] sapunika kula wêdalakên supados sagêd kauningan ing ngakathah: ingkang karsa, pamanah kula botên namung tiyang agêng kemawon, sanadyan tiyang alit pêrlu ugi nyumêrêpi têdhaking aluhur, dados botên kidhung ngêcakakên têmbung ing salêrêsipun, tăndha yêktinipun wayah buyut dalêm P.B.IX. awis ingkang sumêrêp nama sarta kathahipun, awit ing carikan botên mèngêti wayah buyut dalêm ingkang botên angsal paring dalêm têdha, kados ta: wayah buyut dalêm ingkang pêncar wontên ing pasisir. Wusana kula anênuwun awoning sêsêkaran kula: mugi kaapuntên.

Sawal Jimakir 1842.

Ki Wirapustaka

--- 5 ---

1. Pangkur

1. lêwih kawibawanira | Jêng Iswara Ping Sanga ka[1] mandhiri | gung mangapus sêkar kidung | krêtarta wirotama | myang kaloka kajana priya satuhu | băndha bandhu sugih putra | pramèswarinya satunggil ||

2. Jêng Ratu Pakubuwana | listyèng warna sajagad andhèwèki | putranya sang ambêk sadu | Jêng Pangran Adijaya | kang kaping tri patutan sing kangjêng ratu | bandara putri ping astha | Surakarta wiku pati ||

3. mung patutan juga priya | listyèng warna sumorot anêlahi | pindha kartika mabangun | ginadhang madêg nata | marma lagi yuswa tri warsa jinunjung | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Anom Amêngkunagari ||

4. sudibya raja pinutra | ing Mataram wau jêng narèswari | puput panjênênganipun | dadakan tanpa roga | lir pinêcat wau sira sang aprabu | linglung lênglêng kalanglangan | linali saya kaliling ||

5. lipure mangapus gita | mêgap-mêgap de kapêgatan ing sih | mêmanisira kang surud | marma karsèng sri nata | anginggahkên garwa minăngka panglipur | ywa manggung tikbra angarang | Dyan Rarasati sinung sih ||

6. jinunjung saking ing ngandhap | sinêngkakkên ngaluhur dadya swami | anunggak sêmi sinêbut | Jêng Ratu Pakubana | yèku putranira dyan mayor ing dangu | Apanji Puspawinata | putranya sang sadu budi ||

7. Dyan Mênggung Sasrawijaya | kalang gowong [go...]

--- 6 ---

[...wong] narawrêksa bupati | putranya sang mantri ngayun | jêng radyan adipatya | kang sumare ing Imagiri misuwur | ping kalih Sasradiningrat | sira ingkang ngambil siwi ||

8. mring rama jêng narèswara | karsa dalêm malês ing dalêm batin | wit rama kinarya ayu | timur winimbasara | mangkya Radyan Rarasati ingkang nêmu | kanohan gêng tanpopama | putra winursitèng kawi ||

9. pambajêng Kangjêng Pangeran | Angabèi pantês antuk wêwangi | Jêng Gusti Pangeran Prabu | Wijaya krama angsal | putrinira jêng gusti kang kaping catur | dwijèngrat Mangkunagara | prênah sadhèrèk ming kalih ||

10. panênggak mijil wanodya | Radyan Ayu Suryadipura nami | kramantuk paman nak-dulur | putranira Jêng Pangran | Arya Suryadipura ari sang prabu | kaping nêm Pakubuwana | arinya jalu wêwangi ||

11. Jêng Pangran Arya Mataram | pinunjung sih dening ari narpati | pantês angagêm jêjuluk | Jêng Gusti Pangran Arya | Mataraming magala măngka gul-agul | kramantuk bibi misanan | putra Wirabrêtyapati ||

12. Jêng Pangran Purbanagara | mijil saking garwa iswara siwi | ping astha sang dwija prabu | Jêng Ratu Anggèr nama | ari malih Wiryadiningat Dyan Ayu | kramantuk paman misanan | anindya jro misesani ||

13. ondêr mayoring urdênas | myang pangrêmbe dhusun lênggahira ji | yèku Radyan Mas Tumênggung | Wiryadiningrat [Wiryadiningra...]

--- 7 ---

[...t] nama | putrotama anindyamantri ing dangu | Kangjêng Radyan Adipatya | Sasranagara suwargi ||

14. ri Jêng Pangran Natasuma | sira krama antuk kaprênah nini | wayah dalêm kaping catur | putra Jêng Priyêmbada | ari malih Adinagara Dyan Ayu | kramantuk paman nak-sanak | ri malih kakung wêwangi ||

15. Jêng Pangran Adikusuma | ari Radyan Ajêng Samsinah nami | ri malih wadu ranipun | Dyan Ajêng Suratiyah | dyah kêkalih nênggih sami datan tulus | sedane dèrèng diwasa | ri dyan ayu adipati ||

16. ping catur Sasradiningrat | kagarwa ing sira anindyamantri | amêngku bang-bang lum-alum | ruwêt rêntênging praja | kasrah kabèh tan ana ingkang barênjul | sinung tandhaning kotaman | upisir pan ordhê saking ||

17. oranyê nasao lawan | sri nugraha nugrahaning narpati | miwah opisir saking krun | ordhê ing Siyêm praja | putranya Jêng Sasranagara ing dangu | ari Radyan Mas Sutrêsna | durung diwasa ngêmasi ||

18. ri Jêng Pangran Nyakrasuma | ari malih Bratakusuma putri | kramantuk paman nak-dulur | ri Dyan Ajêng Kabibah | seda timur sumundhul ari Dyan Ayu | Purwadiningrat kramangsal | paman nak-sanak pribadi ||

19. bupati kaparak kanan | putranira ari ping nêm narpati | riya atmaja dyan ayu | ari malih wanodya | Dyah Suwiyah seda ari kang sumundhul [su...]

--- 8 ---

[...mundhul] | Jêng Pangeran Nyakraningrat | ri malih ingkang wêwangi ||

20. Dyan Ayu Suryanagara | krama antuk paman nak-sanak yêkti | bupati nayaka sèwu | putranira Jêng Pangran | Arya Suryakusuma ari sang prabu | kaping nêm Pakubuwana | ari Dyan Susanta lalis ||

21. ri Jêng Pangran Pakuningrat | ri Jêng Prabuningrat ridêr krun saking | ordhê ing Siyêm praja gung | mayor ajudan nata | krama sadulur nak-sanak putranipun | Dyan Ayu Cakradiningrat | tumuli arinya malih ||

22. Jêng Pangran Sumadiningrat | krama angsal kaponakan ming kalih | putri têtilaranipun | Jêng Pangran Adipatya | Arya Mangkunagara ping gangsalipun | ari Dyah Sudarmi nama | timur dènnya praptèng janji ||

23. ari Jêng Pangeran Arya | Purba Adiningrat ingkang wêwangi | kramantuk pulunan sampun | ngaping kalih putranya | Jêng Pangeran Arya Adiwijaya nung | ri Dyan Ayu Jayaningrat | antuk nak-sanak pribadi ||

24. bupati kaparak kiwa | Radyan Ayu Kusuma Bratasiwi | ari wanodya kramantuk | paman kaprênah misan | Dyan Mas Arya Prawiraningrat pinunjul | wruh sopanèng sangkan paran | pamoring kawula gusti ||

25. lir satu munggèng rimbagan | liring satu bata pinardèng kawi | rimbagan linggaranipun | lir bata nèng lingganan | yêkti jumbuh bata tan na bedanipun [be...]

--- 9 ---

[...danipun] | kang nganggit kapingin bisa | nanging babo tunèng budi ||

26. iyèku putranira sang | kalokèng rat kolonèl kêmêndhaning | wadyabala sang umulun | kang mijil saking garwa | Kangjêng Ratu Anggèr yèku putrinipun | wuragil sang sadu dibya | ping astha sri narapati ||

27. ari Dyan Ajêng Suimah | ari malih wadu dèrèng wêwangi | kalih sami tan lêstantun | rinya jalu pêparab | Jêng Pangeran Cakradiningrat kasumbung | manjing ajur-ajèr bisa | subrata gung mati ragi ||

28. malah nganti dadi karya | ingulatan mring ngêndi-êndi sêpi | akarya unang tyas prabu | orêg sapraja dahat | wus pinupus nyirnakkên sutrêsnèng sunu | jêng pangran nulya kinendhang | ngakên lawan ingkang bibi ||

29. Dyan Ayu Yudanagara | kang sumundhul yèku palihan aji | sinihan marang sang prabu | kramantuk prênah misan | putranira Jêng Adi Surya ing dangu | pangkat bupati galadhag | bujèng praja misesani ||

30. mangke malih winisudha | dadya abdi dalêm bupati bumi | namanira linêstantun | Arya Yudanagara | langkung marmanira wau sang aprabu | wrêsni sadhèrèk nak-sanak | sing ibu jêng sri bupati ||

31. kang sumundhul sri narendra | ping sadasa miyos sing pramèswari | Pakubuwana Jêng Ratu | putranira Jêng Pangran | Nara Arya Adiwijaya ing dangu | garwa Jêng Ratu Bandara | tanaya

--- 10 ---

Sang Wiprapati ||

32. ping astha Pakubuwana | garwa dalêm asmanya nunggak sêmi | Pakubuwana Jêng Ratu | putranira Jêng Pangran | Adipati Arya Mangkunagara nung | ping catur ing Surakarta | sing kakung kaprênah nini ||

33. sing putri bibi nak-sanak | ari malih Dyan Mas Sunata lalis | Dyah Danuningrat sumundhul | kramantuk prênah misan | putranira Arjadipura Dyan Mênggung | ri Jêng Pangran Cakraningrat | ri Dyah Bratajaya nami ||

34. kramantuk santanèng nata | Jêng Pangeran Suryamijaya siwi | Dyah Sutati arinipun | seda dèrèng diwasa | ari malih Padmawinata Dyan Ayu | kolonèl twèdhê komandhan | putra Wira Brêtyapati ||

35. Jêng Pangran Purbanagara | saking garwa kadi kawahyèng ngarsi | tinilar seda sang ayu | karsa dalêm pamasa | tinarimakakên mring Rêmbang Binangun | satatanirèng pangantyan | antuk Radyan Adipati ||

36. Arya Jaya Adiningrat | pahargyan gung orêg wong sanagari | dening dangu lagi mangguh | putrendra krama angsal | ing pasisir arinya ingkang sumundhul | Jêng Pangran Sumadilaga | krama nak-sanak mantêsi ||

37. Jêng Gusti Pangeran Arya | Natapraja iyèku kang sêsiwi | ari Sudarmadi surud | ari mijil wanodya | apêparab Căndranagara Dyan Ayu | kramantuk dulur nak-sanak | uga putranya

--- 11 ---

jêng gusti ||

38. Pangran Arya Natapraja | ri Dyan Ayu Jayadiningrat nami | krama ming kalih sadulur | Bupati Padniswara | tênayarya Jayadiningrat ing dangu | bupati kaparak kiwa | ri Dyan Dananjaya nami ||

39. nulya Menak Lalis nama | ari malih Dyan Mas Sunaya nami | tiga pisan seda timur | ri Jêng Mangkudiningrat | krama kaponakan ming kalih sadulur | putranya Kangjêng Pangeran | Arya Adiwijaya Di ||

40. ping catur ing Surakarta | owêl pêgat dening prakara gati | Jêng Adiningrat rinipun | manggung nandhang duhkita | ri Dyan Ayu Nataningrat krama antuk | prênah sadulur nak-sanak | putra arining narpati ||

41. Dyan Ayu Cakradiningrat | arinya Jêng Mlayakusuma nami | ari Dyan Mas Mulki surud | ri Jêng Săntakusuma | dadak măngsa sira seda kawlasayun | ri Dyan Mas Siwita seda | ri Dyan Mas Pêrmadi lalis ||

42. ari Jêng Prabu Mijaya | krama dulur nak-sanak ingkang siwi | Kusumabrata Dyan Ayu | pêgat sulayèng karsa | ri Dyan Ajêng Imamah sira tan tulus | ri Dyan Ayu Mangkusuma | kramantuk santanèng aji ||

43. iyèku Kangjêng Pangeran | Arya Dipakusuma ingkang siwi | ari malih kang sumundhul | Kangjêng Natadiningrat | ari malih Dyan Sutrana seda timur | ari Jêng Pangeran Arya | Prabu Winata wuragil ||

--- 12 ---

44. susilambêk paramarta | andhap asor mring kadang atur bêkti | gunggung putra sèkêt wolu | mangke sambunging kata | mèt lajêring karaton sajuga amung | nganthi kangjêng sri narendra | ping sadasa kang mandhiri ||

2. Kinanthi

1. jêjulukira sang prabu | misuwur pakuning bumi | Sinuhun Jêng Susuhunan | Pakubwana Senapati | ing Ngalaga Ngabdurrahman | Sayidin Panatagami ||

2. mandhiri kaping sapuluh | komandhuring ordhê saking | Nèdêrlansên leyo sarta | grut opisir ordhê saking | oranyê nasao sarta | grut krèising ordhê saking ||

3. Kamboja lan malihipun | grut krèising krun ordhê ing | praja gung nagari Siyam | tanapi grut opisiring | leyopol ordhê Bèlgi myang | ridêr twèdhê klase saking ||

4. indhê konêngên lêkêur | dhê pan pêrdhin stêni pan sin | mihgaèl bèiyêr Ditslan | tuwin bintang twèdhê klasi | mèt dhêstèr ordhê rudhêna | dhêlar pan prèisên nagri ||

5. malah malih sira antuk | pisungsung sing Cina nagri | ran bintang pan dhên twèdhê grad | dhèr twèdhê klasê pan dhêr ir | dhê pan dhê dhibêl lêndhêrag | gimsu siyang liyong posing ||

6. ing mangkayantuk atur-atur- | ira Jêng Hèrtoh ing Brinswik | wrêsninta Jêng Padniswara | Nèdêrlan komandhur saking | ordhê hèndrêk dhê leyonya | sêtêrên ing Brinswik nagri ||

--- 13 ---

7. saha generalên mayur- | ing wadyabala mahisi | nagari gung ing Nèdêrlan | akadhaton têlèng nagri | Surakarta Adiningrat | sêsotya pakuning bumi ||

8. wiyosan dalêm sang prabu | anujwari Kêmis Lêgi | salikur ingkang candrama | lèk Rêjêp ing taun Alip | satata trus sabdèng nata (=1795) |[2] lagi yuswa têlung warsi ||

9. sira wus jinunjung lungguh | Jêng Gusti Pangran dipati | Anom Amêngkunagara | sudibya rajaputra di | narendra têrah Mataram | ing Surakarta nagari ||

10. yuswantuk salawe taun | winiwaha ing sudarmi | jêng gusti amawi krama | antuk sadhèrèk ming kalih | putrinya sang sadu dibya | iswara Pangran Dipati ||

11. Mangkunagara ping catur | puput yuswa sri bupati | ping sanga Pakubuwana | jêng gusti nulya sumilih | karaton ing Surakarta | yuswa pitu likur warsi ||

12. Pakubwana ping sapuluh | kadi kang kawahyèng ngarsi | lèk rowêlas kang candrama | Ramêlan Je kang lumaris | paksa ngasta madyèng jagad (=1822) |[3] ing Surakarta nagari ||

13. putranira sang aprabu | mijil sing pangrêmbe swami | pambajêngira wanodya | Dyan Ajêng Kusniyah wusning | nambut silaning akrama | nugraha winisudhèng sih ||

14. dening rama sang aprabu | nama Kangjêng Ratu Alit | dadya têtungguling putra | krama nak-sanak pribadi | Jêng Pangran Arya

--- 14 ---

Mataram | putra pambajêng Jêng Gusti ||

15. Arya Mataram ing dangu | ri Dyan Ajêng Ăntawati | kramantuk Radèn Mas Arya | Prawiradiningrat nênggih | nayakaning gêdhong kiwa[4] | panggih nak-sanak pribadi ||

16. Dyah Purwadinigrat sunu | Bok Ayu Dalêm narpati | sundhulannya mijil priya | Anantasena wêwangi | diwasa sinung pêparab | Jêng Pangeran Angabèi ||

17. sarta ngagêm ridêring krun | ordhê ing Siyam nagari | mayor generalên stap[5] | ajudan sang misudhèng sih | jêng tuwan kang wicaksana | Guprênur Jendral Batawi ||

18. diwasanira kramantuk | nak-sanakira pribadi | Dyan Ajêng Maryati[6] nama | panggih amalang gambuhi | nanging babo tan kuciwa | pindha barliyan ingukir ||

19. putranira Radèn Ayu | Sasradiningrat Dipati | atut dènnya palakrama | karya yême kang umèksi | ari malih mijil priya | Dyan Mas Bimanyu mantêsi ||

20. diwasa sinung jêjuluk | dening kangjêng Sri bupati | Jêng Pangran Kusumayuda | srigak parigêl mantêsi | wus tan kalih lan kang rama | kasok sih jêng sri bupati ||

21. sinrahan karya kang pêrlu | pinangkat dadya adpisir | ri wusning sira diwasa | kramantuk putrinira ji | Jêng Sultan Mêngkubuwana | ping sapta ingkang mandhiri [ma...]

--- 15 ---

[...ndhiri] ||

22. Ngayogyakarta praja gung | ingkang mijil saking sori | jêng ratu anggèr pêparab | atut dènnya palakrami | ri malih jalu pêparab | Sayid Samun Sayid sami ||

23. diwasa jinunjung lungguh | Jêng Natapura mantêsi | ri Dyah Kusrahmani nama | tinarimakakên maring | Dyan Mênggung Jayanagara | bupati nayaka bumi[7] ||

24. putranya sang mantri ngayun | Kangjêng Radyan Adipati | Sasradiningrat kang wrêdha | mijil sing pangrêmbe swami | atut dènnya palakrama | ri jalu sinung wêwangi ||

25. Dyan Suptandar Blêndhungjagung | seda timur sang apêkik | ri jalu Dyan Mas Sudyanta | iya Dyan Mas Jenal Ngali | pinrêtêk dening sudarma | sinau basa Walandi ||

26. marang pawiyatan luhur | kang ingaran akadhêmi | Sêgrapên agêng Nèdhêrlan | praptèng mangkin durung uwis | sira wus sinung pêparab | Jêng Natabrata mantêsi ||

27. ari malih mijil jalu | pêparab Dyan Mas Sêtyajid | uga sinrahkên sogata | sinau têmbung Walandi | malah sumusul ing raka | marang nagari Walandi[8] ||

28. antuk kawruh kang kinayun | sugih buk lir bibliotik | santosa budi prasaja | sira wus sinung wêwangi | Jêng Pagran Adiwijaya | ri malih mijil pawèstri ||

29. dyah rêtna

--- 16 ---

puwasa punjul | ing warna lir Dèwi Ratih | antuk sihirèng sudarma | diwasa linamar maring | Jêng Gusti Pangeran Arya | Suryadilaga Dipati ||

30. dènnya palakrama rukun | wèh ascaryaning sudarmi | marma sira sang pamasa | tan pêgat anggung pêparing | ri malih Rêtna Patimah | lir apsari Dyah Warsiki ||

31. diwasanira kramantuk | nak-sanakira pribadi | Dyan Arya Suryadiningrat | bupati ing Imagiri[9] | putranya Kangjêng Pangeran | Natakusuma linuwih ||

32. ri malih ingkang sumundhul | Dyah Siti Katijah nami | listyèng warna lir Supraba | kramantuk nak-sanak malih | Nararya Purwanagara | nayaka gêdhe bupati ||

33. putranya sang mantri ngayun | Kangjêng Radyan Adipati | Sasradiningrat sing garwa | sira Radyan Ayu Pati | Bok Ayu Dalêm sri nata | atut dènnya palakrami[10] ||

34. de putra kang maksih timur | kakung putri amênuhi | rèhning dèrèng palakrama | mangkya pinunggêl ing kawi | ing têmbe sambunging kata | sinrahkên sang pramèng brangti ||

3. Asmaradana

1. mangsuli caritèng ngarsi | garwa myang ampeyan nata | ingurut lêlênggahane | myang putra kang tunggil rena | kinumpul mrih tan lupa | sira Kangjêng Sang Aprabu | Pakubuwana

--- 17 ---

ping sanga ||

2. ratu kêkasihing Widhi | sugih garwa lawan putra | băndha bandhu karatone | santosa jêjêg adilnya | ngêgungkên paramarta | jrih asih wadya sawêgung | muji raharjaning praja ||

3. baya nora antuk kalih | kadi wau sri narendra | amung sajuga garwane | Jêng Ratu Pakubuwana | ampeyan kang pangarsa | lêlima wayahing ratu | kalilan satata dhahar ||

4. lawan sang wara mahisi | anèng ngarsaning narendra | garwa pangrêmbe liyane | pinangkat bineda-beda | ywa karya êsaking tyas | pangkat bandara dyan ayu | kang maksih darah narendra ||

5. kang wus wrêdha lan antuk sih | pangkat dyan ayu kewala | kang maksih nèm pangkat radèn | tanpa petungan pamanya | tuhu ratu minulya | jêng ratu juga putra mung | Jêng Gusti Malikulkusna ||

6. lawan kang rama tan kalih | lir jampe[11] piyak sinigar | sêmu wanodya pacake | barleyaning Surakarta | timur dinama-dama | lagi yuswa têlung taun | ingangkat narendraputra ||

7. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amangkunagara | sudibya rajaputrane | narendra têrah Mataram | kaonang-onang ing rat | ing Surakarta praja gung | jiwaning wong sanagara ||

8. kinudang bakal sumilih | karatoning rama nata | sang natantuk coba gêdhe | Jêng Ratu Pakubuwana | murud tanpa karana | linglung [ling...]

--- 18 ---

[...lung] dadakan sang prabu | koncatan musthikèng pura ||

9. tan krama jêng sri bupati | karsa nginggahakên garwa | Dyan Rarasati namane | nunggak sêmi kang wus swarga | Jêng Ratu Pakubana | nanging sajumênêngipun | kang putra jêng sri pamasa ||

10. ping sadasa kang mandhiri | linungsur ing namanira | sinalinan ing patute | Kangjêng Ratu Madurêtna | duk Rarasati sira | wus patutan lan sang prabu | juga Radyan Mas Siwita ||

11. seda timur sang apêkik | Dyan Ayu Dewa Asmara | kêkalih wau putrane | Dyan Ajêng Sudinah nama | pantês Căndranagara | Dyan Sunaya seda timur | Dyan Ayu Asmara Wulan ||

12. tuna nora darbe siwi | Radyan Ayu Rogasmara | sajuga wau putrane | Dyan Mas Dananjaya seda | Dyan Ayu Wirasmara | sira nora darbe sunu | Dyan Ayu Rêtnakusuma ||

13. iya nora darbe siwi | Dewaningrum ro putranya | Dyan Mas Kanapi namane | Jêng Gusti Pangeran Arya | Mataram misuwurnya | Radyan Mas Rahmad rinipun | nama Jêng Adikusuma ||

14. Rêtna Diningrum putra tri | Dyan Ajêng Samsikin nama | wusira krama asmane | Dyan Ayu Suryadipura | ri Dyah Samsimah nama | Adinagara Dyan Ayu | ri Samsinah timur seda ||

15. Tejaningrum putra siki | Dyah Saparintên namanya | wibawa gung diwasane | radyan ayu adipatya | ping pat Sasradiningrat | Dyan Ayu [A...]

--- 19 ---

[...yu] Sumadiningrum | tuna nora darbe putra ||

16. Asmaraningrum sêsiwi | satunggal mijil wanodya | Sang Dyah Suwiyah namane | Dyan Ayu Bratakusuma | sorsorannya anama | Radyan Ayu Murtiningrum | akathah wau putranya ||

17. nênêm mijil kakung putri | Radyan Ajêng Rahmaniyah | Wiryadiningrat sêpuhe | ari Dyan Ajêng Kasanah | ri malih Dyan Sutrêsna | kalihira seda timur | ri Dyan Mas Rêspati nama ||

18. Jêng Nyakrakusuma pêkik | ari Dyan Ajêng Ruwiyah | seda duk timur arine | nama dyan mas sanityasa | yèku Jêng Nyakraningrat | Radyan Ayu Rêsminingrum | tuna datan darbe putra ||

19. Wimbaningrum putra kalih | putri Dyan Ajêng Kabibah | seda duk maksih timure | ri Dyan Ajêng Kamariyah | diwasanya anama | Suryanagara Dyan Ayu | Wrêdiningrum putra tiga ||

20. pêparab Dyan Mas Surati | pambajêngnya sri narendra | Jêng Bèi santun asmane | Jêng Gusti Prabu Wijaya | ari Dyan Mas Surata | diwasanira jêjuluk | Jêng Pangran Natakusuma ||

21. ri Dyah Umi Kaltum nami | Dyan Ayu Burwadiningrat[12] | Dyan Ayu Rantansarine | tuna nora darbe putra | Dayarêsmi pêputra | Dyan Susanta seda timur | karsa dalêm sri narendra ||

22. sira Radèn Dayarêsmi | kinarya wadu wanodya | nyi mas tumênggung arane | Sêcadipura minăngka | pituwa tuwanggana [tuwang...]

--- 20 ---

[...gana] | lapur pakaryèng kadhatun | mucung mring jêng sri narendra ||

4. Pocung

1. kang sumundhul Radyan Ayu Wignyaningrum | kalih putranira | Dyan Ajêng Suimah nami | seda durung nambut silaning akrama ||

2. arinipun Dyah Atikah Radyan Ayu | Arya Bratajaya | sumosor Dyan Ayu Pati | anindyèstri raning rat Mandayaprana ||

3. patutipun lan sang prabu nganti pitu | marma praptèng lina | sumare ing Imagiri | pambajêngnya sutendra Jêng Prabuningrat ||

4. kang panggulu Jayaningrat Radèn Ayu | Sutaji timurnya | ari Sunata wêwangi | seda timur ri Sutati seda prawan ||

5. ari jalu Sudarmaja ajêjuluk | Jêng Sumadilaga | ri Menak Lalis ngêmasi | ri Siswaji Jêng Pangran Prabu Mijaya ||

6. Radyan Ayu Wrêdaningrum tan sêsunu | radyan ayu sira | Pujaningrum putra siki | Dyan Satriya Jêng Pangran Cakradiningrat ||

7. sang binagus kinendhang lan bibi tumut | karêm alêlana | karya sumêlanging natri[13] | kalih pisan seda anèng tanah sabrang ||

8. Radyan Ayu Tejaningrum Widaningrum | Èsmuningrum miwah | Candraningrum tan sêsiwi | Radyan Ayu Pujakusuma putranya ||

9. kalih jalu sudarmaji ajêjuluk | Kangjêng Cakraningrat | ari Radyan Maswiyadi | ajêjuluk Jêng Pangran Mlayakusuma ||

--- 21 ---

10. Radyan Ayu Rêtna Diningrum sêsunu | sakawan kathahnya | Dyan Mas Arjuna wêwangi | Jêng Pangeran Adiningrat kawlasarsa ||

11. ri Dyah Siti Amamah seda duk timur | ri pamade seda | Dyan Mas Janaka wuragil | apêparab Jêng Pangran Natadiningrat ||

12. Widaningrum Rêtna Cindhaga sumundhul | sami tan pêputra | Dyan Ambarsirat sêsiwi | apanêngran Dyah Sudarmi seda prawan ||

13. tumaruntun Dyan Dayapurnama nusu | Dyan Mas Guntur nama | Jêng Sumadiningrat ari | Dyah Saptirin Dyan Ayu Yudanagara ||

14. kang waruju Sudarmadi namanipun | seda duk ing jaka | sumundhul Dyan Manik Lungit | putra kakung Dyan Slamêt Jêng Pakuningrat ||

15. malihipun Dyan Dayakusuma sunu | Dyan Ajêng Ruliyah | wusing krama awêwangi | amantêsi Dyan Ayu Jayadiningrat ||

16. kang winuwus Dyan Dayaningrat sêsunu | Dyah Suparti nama | ri wusing apalakrami | Radyan Ayu Nataningrat arinya Dyah ||

17. Jarahbanun Mangkukusuma Dyan Ayu | Dyan Rênggaasmara | miwah Radèn Joharmanik | kalihira sami nora apêputra ||

18. kang sumundhul Dayaasmara sêsunu | juga mijil priya | sinung Radyan Mas Abadi | yèku Kangjêng Pangeran Purbadiningrat ||

19. kang sumambung Dyan Dayasari sêsunu | Dyah Kabirin nama | Prawiraningrat mantêsi | garwa wiku tama [ta...]

--- 22 ---

[...ma] prajèng Surakarta ||

20. malihipun Dyan Pandhansari jêjuluk | mung putra satunggal | Dyan Mas Subakda wêwangi | Jêng Pangeran Ariya Mangkudiningrat ||

21. ngandhapipun Dyan Citrasari sêsunu | juga listyèng warna | yèku Dyan Ajêng Muryati | kramèng Rêmbang Dyan Ayu Jayadiningrat ||

22. Mayangsantun tuna datan asêsunu | wusing jênêngira | ping sadasa sri bupati | winisudha dadya Nyai Sêdhahmirah ||

23. sambêtipun Dyan Gantangsari sêsunu | Rêtna Siti Mulat | wusing krama awêwangi | luwih patut Radyan Ayu Danuningrat ||

24. arinipun Ibnu Mulki seda timur | Rondhonsari putra | nama Dyan Mas Rustamaji | Jêng Pangeran Săntasuma nganyut jiwa ||

25. Angronsantun Tunjungsari Wrahatsantun | myang Dyan Sarah Wulan | Găndawati Rêtnaningsih | Dyan Trêngganarêsmi myang Rêtna Supraba ||

26. dyah wêwolu sami datan asêsunu | mung kantun satunggal | pangrêmbe kang muragili | Radèn Gênawati kêkalih putranya ||

27. kang pambayun Dyan Sutrana seda timur | ri Dyan Narayana | wuragil jêng sri bupati | yèku Kangjêng Pangeran Prabu Winata ||

28. palêsta wus ri Anggara kaping wolu | wulan Dulkangidah | taun Je sangkalèng warsi | bramana tri angèsthi sri naranata (= 1838) |[14]|

--- I ---

INHOUD

Arya Mataram ... ăngka 3

Adinigrat ... ăngka 46

fr. Adinagar ... ăngka 6

Adikusuma ... ăngka 7

Adiwijaya (Sêtyajit) ... ăngka 68

Èsmuningrum ... ăngka 96

Asmaraningrum ... ăngka 83

Asmarawulan ... ăngka 75

fr. Alit (Kusniyah) ... ăngka 60

Imamah ... ăngka 54

Ambarsirat ... ăngka 102

Angronsari ... ăngka 116

fr. Nataningrat ... ăngka 47

Natakusuma ... ăngka 5

Natadiningrat ... ăngka 56

Natapura (Sayid Samun) ... ăngka 64

Natabrata (Sudyanta) ... ăngka 67

Candraningrum ... ăngka 97

fr. Căndranagara ... ăngka 40

--- II ---

Cakraningrat ... ăngka 34.

Cakradiningrat ... ăngka 29.

Citrasari ... ăngka 112.

Rantansari ... ăngka 88.

Rondhonsari ... ăngka 115.

Rarasati (Pakubuwana 2) ... ăngka 72.

Rêtnaningsih ... ăngka 121.

Rêtna Cindhaga ... ăngka 101.

Rêtna Kusuma ... ăngka 78.

Rêtna Diningrat ... ăngka 80.

Rêtna Diningrat ... ăngka 99.

Rêtna Supraba ... ăngka 123.

Rêsminingrum ... ăngka 85.

Rogasmara ... ăngka 76.

Rêngga Asmara ... ăngka 107.

Kusuma Diningrat ... ăngka 22.

Kusuma Dilaga ... ăngka 38.

Kusumayuda (Abimanyu) ... ăngka 63.

Kabibah ... ăngka 14.

Dananjaya ... ăngka 42.

--- III ---

fr. Danuningrat ... ăngka 33

Dewaasmara ... ăngka 74.

Dewaningrum ... ăngka 79.

Dayaasmara ... ăngka 109.

Dayaningrat ... ăngka 106.

Dayarêsmi ... ăngka 89.

Dayakusuma ... ăngka 105.

Dayasari ... ăngka 110.

Dayapurnama ... ăngka 103.

Tunjungsari ... ăngka 117.

Trangganarêsmi ... ăngka 122.

Tejaningrum ... ăngka 81.

Tejaningrum ... ăngka 94.

Suimah ... ăngka 27.

Sunata ... ăngka 32.

Săntakusuma ... ăngka 50.

Sunaya ... ăngka 44.

Sarah Wulan ... ăngka 119.

Suratiyah ... ăngka 9.

fr. Suryanagara ... ăngka 18.

--- IV ---

fr. Suryadiningrat (Patimah) ... ăngka 70.

fr. Suryadilaga (Rêtnapuwasa) ... ăngka 69.

fr. Suryadipura ... ăngka 2.

Sudarmiv ... ăngka 23.

Sudarmadi ... ăngka 39.

Sutrana ... ăngka 57.

Sutrêsna ... ăngka 11.

Sutati ... ăngka 36.

Susanta ... ăngka 19.

fr. Sasradiningrat ... ăngka 10.

Siwita ... ăngka 51.

Suwiyah ... ăngka 16.

Suptandar (Blêndhungjagung) ... ăngka 66.

Sêdhah Mirah zie Mayangsari ben ... ăngka 66

Sumadiningrum ... ăngka 82.

Samsinah ... ăngka 8.

Wrahatsari ... ăngka 118.

Wrêdaningrum ... ăngka 92.

Wrêdiningrum ... ăngka 87.

Wiraasmara ... ăngka 77.

--- V ---

fr. Wiryadiningrat ... ăngka 4.

Widaningrat ... ăngka 95.

Widaningra ... ăngka 100.

Wimbaningrum ... ăngka 86.

Wignyaningrum ... ăngka 90.

Pandhansari ... ăngka 111.

fr. Prawiradiningrat = Purwadiningrat ăngka 61.

fr. Prawiraningrat ... ăngka 26.

fr. Purwanagara (Katijah) ... ăngka 72.

fr. Purwadiningrat ... ăngka 14.

fr. Purwadiningrat (Ăntawati) ... ăngka 61.

Pêrmadi ... ăngka 52.

Pêrgiwati ... ăngka 69.

Purbadiningrat ... ăngka 24.

Prabuningrat ... ăngka 21.

Prabu winata ... ăngka 58.

Prabu Wijaya zie Ngabèi ben ... ăngka 58

Prabu Mijaya ... ăngka 53.

Pakuningrat ... ăngka 20.

Pakubuwana X ... ăngka 31 en 59.

--- VI ---

fr. Pakubuwana (1) ... ăngka 72.

fr. Pakubuwana (2) zie Rarasati ... ăngka 73.

fr. Padmawinata zie Jaya Adiningrat ben ... ăngka 73.

Putri dèrèng kaparingan nama ... ăngka 28.

Pujaningrum ... ăngka 93.

Pujakusuma ... ăngka 98.

Joharmanik ... ăngka 108.

fr. Jaya Adiningrat (Rêmbang) ... ăngka 37.

fr. Jayanagara (Kusrahmani) ... ăngka 65.

fr. Jayaningrat ... ăngka 25.

fr. Jayadiningrat ... ăngka 41.

fr. Yudanagara ... ăngka 30.

Nyakraningrat ... ăngka 17.

Nyakrakusuma ... ăngka 12.

Menak Lalis ... ăngka 43.

Manik lungit ... ăngka 104.

Mandayaprana ... ăngka 91.

Murtiningrum ... ăngka 84.

Mulki ... ăngka 49.

Mlayakusuma ... ăngka 48.

--- VII ---

Mayangsari= Sêdhahmirah ... ăngka 113.

Mangkunagara Kroon Prins= P.B.X ... ăngka 59.

fr. Mangkukusuma ... ăngka 55.

Mangkudiningrat ... ăngka 45.

Gênawati ... ăngka 124.

Găndawati ... ăngka 120.

Gantangsari ... ăngka 114.

Bratakusuma ... ăngka 13.

fr. Bratajaya ... ăngka 35.

Blêndhungjagung zie Suptandar ... ăngka 35

Ngabai[15] ... ăngka 1.

Ngabai Anantasena ... ăngka 62.

--- [0] ---

Sêrat-sêrat babaran enggal.

Jampi Gaib, g. piridan saking karanganipun Yogi Kangkara Krêsna, pandhita ing tanah Indhustan, rêgi f 0.50 prangko f 0.10.

Dewaruci, tg. Arya Sena maguru dhatêng Dhanghyang Durna kapurih ngupados toya gêsang, ingkang sampun mawi wêrdi, cap-capan ingkang kaping V. rinêngga gambar 4 iji, rêgi f 0.65 prangko f 0.13.

Buku Sêmbahyang, g. pasalatan Jawi ingkang langkung cêtha, botên kanthi pitêdahing liyan sagêd anglampah sêmbahyang gangsal wêkdal, mawi gambar 12 iji, rêgi f 0.60 prangko f 0.10.

Kawruh Sanggama, g. cap-capan ingkang kaping 3, nêrangakên ulahing asmaragama, mawi gambar, rêgi f 0.75 prangko f 0.13.

Primbon Jampi Jawi, g.racikan jampi jawi tumrap sêsakid warni-warni, ingkang sampun dipun nyatakakên kathah tulungipun, rêgi f 1.10 prangko f 0.20.

Swaraning Asêpi, g. pêthikan saking Sêrat Piwulang Kancana, anggêlarakên bab kawruh kasuksman, inggih kawruh gaib, dalan loro, wiwara pitu. Kajawèkakên dening Radèn Mas [Ma...

--- [0] ---

[...s] Partawiraya tuwin Radèn Mas Sumaatmaka sami ing Surakarta. Pêrlu sangêt kauningan para ulah kasuksman. Rêgi f 1.- prangko f 0.13.

Wulangrèh, t. punika buku Wulangrèh ingkang lugu, botên kaewahan, anggitan dalêm P.B.IV. rêgi f 0.50 prangko f 0.10.

Ugêring Palakrama, g. inggih punika paugêran amrih widadaning palakrama, ingkang sayogi dipun kawekani para priyantun kakung. Kawêwahan pirasat utawi katurangganing wanita. Rêgi f 0.50 prangko f 0.10.

Waratmaya jilid I, II, g. nêrangakên dat, sipat, asma, tuwin apngaling pangeran, sarana pitêdah ingkang mêlok. Punapadene bab tataraning kawruh kasampurnan, tuwin ugêranipun marsudi kawruh wau. Sajilidipun rêgi f 1.10 prangko f 0.20.

Wêwarah Samadi, g. inggih punika piwulang samadi ingkang têrang sarta gampil dipun lampahi, tuwin botên ambêbayani kasarasaning badan. Wiwit saking: ênêng, êning, ngantos dumugi: awas, eling. Rêgi f 1.50 prangko f 0.20.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


kang. (kembali)
Tanggal: Kêmis Lêgi salikur (21) Rêjêp (Rêjêb) Alip: satata trus sabdèng nata (AJ 1795). Tanggal Masehi: Kamis 29 November 1866. (kembali)
Tanggal: rowêlas (12) Ramêlan (Pasa) Je: paksa ngasta madyèng jagad (AJ 1822). Tanggal Masehi: 30 Maret 1893. (kembali)
§ Sasedanipun ingkang rama anggêntosi dados bupati kaparak têngên, nama nunggak sêmi Radèn Mas Arya Puwadiningrat. (kembali)
Kurang satu suku kata: mayor generalên sêtap. (kembali)
§ Punika sampun seda sumare Ngimagiri. (kembali)
§ Sapunika kaingsêr dados bupati gêdhong kiwa. (kembali)
§ Sapunika sampun kondur. (kembali)
§ Sapunika kaingsêr dados bupati ngajêng, kaingsêr malih dados bupati karaton. (kembali)
10 § Sapunika pêgat, sampun pêputra. (kembali)
11 jambe. (kembali)
12 Purwadiningrat. (kembali)
13 ati. (kembali)
14 Tanggal: Anggara (Slasa) wolu (8) Dulkangidah Je: bramana tri angèsthi sri naranata (AJ 1838). Tanggal Masehi: Rabu 2 Desember 1908. Perbedaan satu hari (Slasa versus Rabu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
15 Ngabèi (dan di tempat lain). (kembali)