Anggêre Ing Nèdêrlan Indiya, Maijer, 1891, #193


Layang Anggêre ing Nèdêrlan Indiya

1. Anggêr wêwatoning khukum.

2. Pranatan Bab kawujudane kang nyêkêl panguwasa anindakake babênêran.

3. Pranatan Bab panyêkêling polisi lan bab laku-lakuning babênêran utawa bab anjaluk paukumaning wong.

4. Sêtatsêblat taun 1884 Katrangan.

Dhumatêng ingkang maos sêrat punika.

Sarêng wontên pawartos yèn kangjêng guprêmèn sumêdya ngadêgakên Pamulangan Jêksa, kula lajêng gadhah èngêtan angwêdalakên buku makatên punika, ingkang kenging kaangge dening murid-murid pamulangan ngriku.

Wusana kalêrêsan Tuwan G.C.T. van Dhorêp èn Ko ing Samarang, ugi gadhah èngêtan angwêdalakên malih buku: Layang Anggêre ing Nèdêrlan Indiya, ingkang sampun kadamêl dening Tuwan Likardhi, rumiyin asistèn rêsidhèn, ing mangke sampun tilar dunya.

Kaniyatanipun Tuwan G.C.T. van Dhorêp èn Ko makatên wau akanthi pitakèn dhatêng kula, punapa kula purun mariksa utawi ngewahi buku punika, kalayan nurut aturan enggal ingkang sampun kaundhangakên sasampuning buku wau kawêdalakên.

--- [0] ---

Awit anglampahi rêmbagipun Tuwan G.C.T. van Dhorêp èn Ko wau, kula sampun angewahi buku damêlanipun Tuwan Likardhi punika, ananging namung ing pundi ingkang prêlu kemawon. Lêrês ta buku damêlanipun Tuwan Likardhi, punika botên kenging kabasakakên prêtalanipun cocog, lêrês kalayan ungêlipun cara Wlandènipun anggêr-anggêr ingkang kalêbêt ing ngriku, ananging sabab saking:

1. Pikajênganing anggêr-anggêr punika ing salêbêtipun buku wau sampun kanyatakakên ngantos têtela, tuwin:

2. Sampun kathah têtiyang ingkang kulina ngangge buku punika, sarta kulina amaos pitêmbunganipun makatên:

Mila saking punika ing pundi ingkang botên prêlu kaewahan, kula lêstantunakên punapa kawontênanipun.

Anamung anggêr: Rechterlijke Organisatie kula jangkêpi kalihan bab-babipun, ingkang botên kamot ing buku damêlanipun Tuwan Likardhi, inggih punika bab: 117 dumugi 205, sabab saking timbangan kula mênggah punika sadaya prêlu ugi kasumêrêpan dening ingkang ngangge buku punika.

Kajawi saking punika ing sawingkingipun satunggil-tunggiling

--- [0] ---

bab, kula sukani katrangan babipun anggêr sanès ingkang kalêbêt ing buku punika ugi, utawi sêtatsêblad saha bibladipun, supados ingkang ngangge buku punika, manawi kêrsa: gampil anggènipun anocogakên bab punika kalihan aturan ingkang sampun kaundhangakên utawi kaprentahakên salêbêting anggêr sanès warni utawi prentah ingkang kalimrah kathah.

Saking katrangan punika ingkang kasêbut: R.O ngrêtosipun: Rechterlijke Organisatie inggih punika: pranatan bab kawujudane kang nyêkêl panguwasa anindakake babênêran. Ingkang kasêbut: I.R. ngrêtosipun: Inlandsch Reglement inggih punika: pranatan bab panyêkêling polisi lan bab laku-lakuning babênêran utawa bab anjalukake paukumaning wong. Saha ôngka-ôngka ingkang kapasang ing sawikingipun angkaning babipun. Dene sêratan: Stbl saha Bijbl ngrêtosipun: Staatsblad, saha Bijblad.

Ing wêkasan kula mêsthi matur: banyak trima kasih, dhatêng saudara kula Tuwan Mr. F.G.A. REITZ. Presidhèn landrad ing Bogor, ingkang sampun anulung dhatêng kula anêrangakên satunggil-tunggiling bab ingkang karêmbag ing ngriki.

Bogor, 23 Dhesèmbêr 1890.

L.Th. MAIJER

--- [0] ---

[...]

---

--- 1] ---

Layang Anggêr Wêwatone Khukum ing Nèdêrlan Indiya.

(Algemeene bepalingen van wetgeving.)

Bab 1.

Sarupaning layang anggêr, kang dhinawuhake dening kangjêng raja, utawa dening kangjêng tuwan guphrênur jendral, kang awit saka ing asmane kangjêng raja mau, iku tumibane ana ing Nèdêrlan Indiya, ing samôngsa wus kalumrahake ing ngakèh, anêtêpi adat kang kasêbut ing layang pranatan cêcêkêlaning parentah gêdhe, amasthi santosa kaya khukum. (Stbl. 1854, No. 55.)

Bab 2.

Khukum iku mung tumrap marang samubarang kang bakal kalakon, ora ambatalake kuwating khukum lawas, kang wus kaêtrapake marang samubarang kang wus kapungkur.

--- 2 ---

Bab 3.

Ing salawase durung kapasthi kawijang-wijang sajroning khukum, mungguh khukuming kawula, lan khukume kang padha alaku dagang, iku kanggo ingatase kang dudu wong Nèdêrlan Indiya, lan wong ing Nèdêrlan Indiya.

Bab 4.

Mungguhing khukum, kang diarani wong ing Nèdêrlan Indiya iku, sarupaning wong Nèdêrlan, kang padha omah ing Nèdêrlan Indiya, lan wong kang wutah gêtihe ing pulo-pulo, kang kabawah ing Nèdêrlan Indiya, apadene sarupaning wong sadhengaha bangsane, kang wus kalilan dening kangjêng guphrêmèn omah ana ing Nèdêrlan Indiya. (Stbl. 1888, No. 141-Bijbl. No. 4140.)

Anadene patrap laku-lakune anglilani marang wong, omah ana ing Nèdêrlan Indiya, kalêbu wong Nèdêrlan, iku kapranata ana ing khukum seje. (Stbl. 1872 No. 38, -1873, No. 167.)

Bab 5.

Kang diarani wong nênêka kikuiku, kang dudu wong Nèdêrlan [Nèdêrla...]

--- 3 ---

[...n] Indiya, kang kajaba saka ing wong Nèdêrlan, lan wong kang wus katêtêpake ing khukum Nèderlan, kaewokake wong Nèdêrlan. (Stbl. 1850, No. 44, 1872 No. 11.)

Bab 6.

Kang diarani wong Nèdêrlan Indiya iku, iki rupane, wong Walônda sapêpadhane, wong Jawa sapêpadhane.

Bab 7.

Mungguh pêpadhane wong Walônda mau, ing ngisor iki pratelane.

1. Sarupaning wong kang agama Ngisa, kalêbu wong Jawa sapêpadhane, kang agama Ngisa.

2. Sarupaning wong, ing ngêndi-êndia asline, kang ora kasêbut ing bab ngisor iki.

Bab 8.

Dene kang ginawe padha karo wong Jawa, iki rupane, wong Arab, wong Koja, wong Cina, lan liyane kang agama Islam, utawa kapir.

--- 4 ---

Bab 9.

Anadene khukuming kawula lan khukume kang padha alaku dagang, khukum kang kalaku, utawa kang bakal kalakokake ana ing Nèdêrlan Indiya, iku kanggo tumrap marang sarupaning wong Walônda sapêpadhane, kang omah ing Nèdêrlan Indiya.

Bab 10.

Mungguh tumrape marang wong Jawa sapêpadhane, kang wus manjing ing agama Ngisa, kabèh utawa ing sawatara, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral yèn anggalih prêlu wênang amerang, anjabakake saka ingkang kasêbut ing bab ping 9 mau, dene pamerang utawa ênggone anjabakake iku, ora ing salawase.

Bab 11.

Ingatase wong Jawa sapêpadhane mungguh khukuming agama lan adat watone dhewe-dhewe iku isih kukuh, sarta kaêtrapake dening priyayi Jawa kang nyêkêl bêbênêran, samono iku yèn khukuming agama lan adat watone mau ora anyulayani karo kalumrahane [kalu...]

--- 5 ---

[...mrahane] kang aran patut lan bênêr, kajaba yèn wong Jawa sapêpadhane mau wus narima mêtu saka ing karêpe dhewe, manut marang anggêring Walônda, ingatase khukuming kawula, lan khukume kang padha alaku dagang, utawa yèn wong Jawa sapêpadhane iku têtêp kawêngku marang anggêr mau. (Stbl. 1861, No. 38,-1864, No. 142,- 1885, No. 185,- Bijbl. 2039.)

Bab 12.

Anadene priyayi Walônda kang anyêkêl bêbênêran, yèn angrampungi prakarane priyayi Jawa, kang pancèn munggah marang bêbênêrane, apadene yèn angrampungi parapadu, kang wus kapancasan dening bêbênêran Jawa, durung andadèkake panarimane kang anggugat utawa kang ginugat, kaluhurake manèh marang bêbênêrane priyayi Walônda mau, iku yèn anibakake bêbênêran, awatona khukuming agama lan adat watoning wong Jawa iku mau.

Mungguh pangadilan Walônda, lan para residhèn, apadene para panggêdhe liyane, yèn angêtrapaangêtrapake bêbênêran ing bab parapadu, padha awatona layang anggêring Walônda, ananging yèn wong Jawa sapêpadhane ginugat [ginu...]

--- 6 ---

[...gat] ing prakara parapadu, munggah marang pangadilan Walônda, môngka wong Jawa sapêpadhane mau têtêpe katêkêm marang anggêring Walônda ora kasêbut ing khukum, utawa pamanute marang anggêr ora mêtu saka ing pirukune dhewe, iku priyayi Walônda kang nyêkêl bêbênêran mau ing sapakolèhe iya kudu mirit khukuming agama, lan adat waton kang wus kasêbut ing dhuwur mau, samono iku yèn kasêbut ing anggêr prakarane kêna utawa masthi karampungan dening pangadilan Walônda.

Bab 13.

Mungguh atur panarima manut marang anggêring Walônda, kasêbut ana ing bab ping 11, ngarêp mau, iku sadurunge dadi prakara munggah marang bêbênêran, katunggalna muni ana ing layang pêpadon utawa prajangjeyane, sadhengaha kang dadi pêpadon utawa prajangjeyan, tuwin munia ing layang seje ginawe ing notaris, utawa ana ing layang rêrukunan dhewe.

Anadene layang kang ginawe mêtu saka ing rêrukunan dhewe, bab panarima manut marang anggêring Walônda mau, amurih kênane diunggahake marang bêbênêran, kudu nganggo pratelaning notaris kamot ing tulis, muni

--- 7 ---

yèn notarise wus sumurup marang wonge kang anandhani tangan, sarta yèn layang prajangjeyane wus kaunèkake lan kasurupake artine, apadene notaris anaksèni ênggone anandhani tangan.

Bab 14.

Mungguh êtraping sumpah, kang kapundhut mêtu saka ing khukum, sanajan anaa sajroning bêbênêran utawa ing sajabaning bêbênêran, iku manuta khukuming agama lan adating bôngsa sawiji-wiji.

Yèn pratingkahe nyumpah ora ngamungake warna siji bae, môngka mungguhing khukuming agama lan ing adat mau padha kaanggêp êsah, iku kang nyêkêl bêbênêran wênang amilih salah sawiji kang bakal diêtrapake, samono iku mung sumpah kang kapundhut dening priyayi kang nyêkêl bêbênêran, pancèn munggah marang pangadilan. (I.R. 420)

Bab 15.

Kajaba saka ing pambeda, kang wus katamtokake ingatase wong Jawa sapêpadhane mau, mungguh kang aran adat iku ora kaanggêp kukuh, yèn ora kawênangake dening khukum.

--- 8 ---

Bab 16.

Mungguh kang katamtokake sajroning khukum, bab wêwênanging wong lan kênane anindakake barang panggawene, ingatase wong Nèdêrlan Indiya, sanajan anaa ing tanah liyan sajabaning Nèdêrlan Indiya, ora bisa mêtu saka ing khukum Nèdêrlan Indiya iku mau.

Bab 17.

Ing bab omah, lan sarupaning barang kang ora kêna diusung, iku samubarang prakara lan laku-lakune amasthi manut marang anggêring nagara, utawa tanah, panggonane omah, lan barang kang ora kêna diusung mau.

Bab 18.

Mungguh dhapur ukaraning layang, kang wus kaparentahake minôngka lêpihane sawiji-wijining panggawe, iku yèn katur marang kang nyêkêl bêbênêran, pamikire ing ukara awatona khukuming nagara, utawa tanah, panggonane anindakake panggawe mau. (Stbl. 1872 No. 207).

Anadene ênggone angêtrapake kang kasêbut ing bab ping: 17 mau, lan bab ping 18, iki,

--- 9 ---

aja sêpi ing pamikir mungguh bedane wong Jawa sapêpadhane lan wong Walônda, kang wus katamtokake muni ing khukum.

Bab 19.

Sarupaning layang, kang ginawe dening notaris, utawa dening kang nyêkêl lêlakoning notaris, singa-singaa kang duwe panjaluk anggawèkake, utawa kang ginawèkake, iku mungguh dhapuring ukara anêtêpana kang kasêbut ing khukume kang ngasta pangawasa ing Nèdêrlan. (J.R.168).

Bab 20.

Priyayi kang padha nyêkêl bêbênêran, yèn angêtrapake adil, awatona khukum. Kajaba saka ingkang kasêbut ing bab ping 11, ngarêp mau, kang padha nyêkêl bêbênêran ora wênang pisan-pisan amaoni khukum.

Bab 21.

Sarupaning priyayi kang padha nyêkêl bêbênêran, yèn amancasi prakara, kang munggah marang bêbênêrane dhewe-dhewe, ora kalilan agawe layang karampungan kadhapur [ka...]

--- 10 ---

[...dhapur] kaya layang aturan utawa layang pranatan sapêpadhane.

Bab 22.

Saupama priyayi kang anyêkêl bêbênêran mopo anibakake adil, asamudana ing khukume sêpi, pêtêng utawa kurang, priyayi kang mopo anibakake adil iku wênang kasêrêg utawa kagugat.

Bab 23.

Sarupaning panggawe utawa prajangjeyan, ora kêna anyirnakake kuwating khukum, ing bab tataning nagara, lan tata kramaning wong.

Bab 24.

Mungguh kalilane wong dadi tukon lan mujangan, iku ing Nèdêrlan Indiya mung kaya kang wus katamtokake utawa bakal katamtokake kamot ing layang dening kangjêng tuwan guphrênur jendral, kang kalawan parêng ing karsane kangjêng raja. (Stbl 1825, No. 44-1859, No. 46).

Wong tukon wênang ginawe saksi ing prakara parapadu, lan ing prakara kang ginantungan ing paukuman.

Dene ora wênange ginawe saksi, lan pranatane mungguh iku, bakal katamtokake ana ing layang

--- 11 ---

bab laku-lakuning bêbênêran ingatase parapadu, lan ingatase wong anjaluk paukuman. (I R. 149 265, 267).

Mungguh pangrêmbuging wêwênang lan wajibing wong tukon apadene mujangan, iku awatona khukum kang wus katamtokake.

Bab 25.

Mungguh anggêr ukum-ukumaning kadurjanan lan panêraking wêwalêr, apadene pranatan kapolisèn, iku kanggo tumrap marang sarupaning wong kang ana ing Nèdêrlan Indiya. (Bijbl. No. 701).

Anadene ênggone angêtrapake kang kasêbut ing bab ping 25, iki, nganggoa mikir bedane wong Walônda lan wong Jawa sapêpadhane, kang wus katamtokake ing khukum.

Êtraping paukuman marang wong Jawa sapêpadhane mau awatona khukume wong Jawa, samono iku yèn anglakoni kadurjanan utawa nêrak wêwalêr, kang ora kawêngku marang anggêr ukum-ukumaning Walônda.

Bab 26.

Sarupaning wong ora kêna kasêrêg kajaluk paukumane, [paukuma...]

--- 12 ---

[...ne,] utawa kapatrapan paukuman, yèn ora ngagonganggo katindakake salaku-lakuning sêrêgan. Lan yèn prakarane ora kêna kasêrêgake anêtêpi kang wus kasêbut ing khukum.

Bab 27.

Kang wênang anyêrêg uwong lan anjaluk paukumane, mung para priyayi kang wus kalilan kasêbut ing khukum. (R.O. 54, 62,- I. R. 1, 81.)

Bab 28.

Kajaba saka ing laku-laku kang wus katamtokake sajroning khukum, saupama ana wong anglakoni kadurjanan, kongsi andadèkake pitunaning wong, iku panyêrêge amêtokake têtêmpuhing pitunan mau kudu dipinta, manut laku-lakuning gugat parapadu, ora kêna katunggalake kamot ing layang sêrêging kadurjanan.

Bab 29.

Salawase prakara kadurjanan iku isih gumantung, gugat anjaluk têtêmpuhing pitunan mau ora kêna

--- 13 ---

dipancasi dening kang nyêkêl bêbênêran prakara parapadu, ananging kang nyêkêl bêbênêran mau wênang anindakake pranatan saka ing panjaluke kang anandhang pitunan ingatase sabarang darbèke kang anglakoni kadurjanan mau, amurih ilining pitunane kang anggugat anjaluk têtêmpuh samôngsa prakara kadurjanan mau wus karampungan, samono iku ênggone anindakake pranatan mau anêtêpana kang kasêbut ing khukum.

Bab 30.

Saupama ana wong anglakoni kadurjanan, môngka kang anyandhang bilai awit saka ing kadurjanan mau wus anarima, marang bilaine, ora anjaluk bênêr, panarimane iku iya uga dadi, ananging ora bisa ngandhêg utawa nyarantèkake panyêrêge marang kadurjanan iku mau, samono iku aliya saka ing prakara kang wus katamtokake sajroning khukum.

Bab 31.

Uwuking gugat anjaluk paukumaning wong. Ing ngisor iki pratelane.

--- 14 ---

1. yèn kang ginugat mati.

2. yèn wus kadaluwarsa ora kêna kagugat.

Mungguh pranatane manèh bab prakara kang kasêbut wêkasan iku, bakal katamtokake ana ing anggêr laku-lakune wong anjaluk paukuman. (I.R. 399, 404).

Bab 32.

Manawa wong Nèdêrlan Indiya ana ing paran sajabane ing Nèdêrlan Indiya, môngka anglakoni kadurjanan, utawa dadi panunggalane wong kang anglakoni kadurjanan, kang andadèkake rêrusuh utawa anggêmpal tata têntrêming nagara, kasêbut ing anggêr ukum-ukuman, apadene anglakoni kadurjanan, kasêbut ing khukum, bab uwang kang wus ginawe payu ana ing Nèdêrlan Indiya, utawa aniru gawe tuwin angowahi uwang kartas sapêpadhane, apadene nêmaa amayokake uwang kartas tiron, utawa owah-owahan, sarta aniru utawa angowahi êcap, kartas sègêl, utawa têtêngêr êcap liyane, kang kaanggo ing parentah, iku bakal kapatrapan paukuman anêtêpi anggêr ukum-ukumane ing Nèdêrlan Indiya, sanajan [sa...]

--- 15 ---

[...najan] kadurjanan kang linakon ana ing paran mau, ing khukume ing kono ginantungan paukuman luwih abot utawa luwih ènthèng, apadene ora ginantungan paukuman, iya uga têtêp ing katrape.

Mungguh kang kasêbut ing dhuwur iku iya kanggo tumrap marang kang dudu wong ing Nèdêrlan Indiya, môngka anglakoni kadurjanan, utawa dadi panunggalane wong kang anglakoni kadurjanan kaya kang kasêbut mau, sarta kacêkêl ana ing Nèdêrlan Indiya, utawa kaladèkake kang awit saka pamundhuting parentah.

Bab 33.

Mangkono uga wong kang kacêkêl ana ing Nèdêrlan Indiya, utawa linadèkake saka pamundhuting parentah, iku bakal kapatrapan paukuman anêtêpi anggêr ukum-ukumane ing Nèdêrlan Indiya, pratelane ing ngisor iki:

1. kaya ta wong Nèdêrlan Indiya, ana ing paran sajabane ing Nèdêrlan Indiya, anglakoni kadurjanan, utawa dadi panunggalane wong kang nglakoni kadurjanan marang wong kang kabawah ing Nèdêrlan Indiya.

--- 16 ---

2. wong Nèdêrlan Indiya, ana ing paran sajabane ing Nèdêrlan Indiya, anglakoni kadurjanan, utawa dadi panunggalane wong anglakoni kadurjanan marang sapa-sapaa, iki rupane, rajapati, ngobong omah, maling nganggo ambabah, utawa nganggo panganiaya, amawa gêgaman. Utawa kanthi kônca luwih saka ing wong loro, apadene akanthi nalar kang ngêbot-êboti prakarane, lan agawe sarta amayokake layang wisêl tiron, tuwin layang wisêl owah-owahan, layang wisêle ing Nèdêrlan Indiya, utawa sajabane ing Nèdêrlan Indiya. Mangkono uga kosokwangsule, kaya ta wong sapa-sapaa, ana sajabane ing Nèdêrlan Indiya, môngka anglakoni kadurjanan, utawa dadi panunggalane wong kang nglakoni kadurjanan marang wong kang kabawah ing Nèdêrlan Indiya, rupaning kadurjanan kaya kang wus kapratelakake iku mau. (Stbl. 1884, No. 215,-Bijbl. No. 2535.)

Bab 34.

Anadene wong kang padha ginugat anglakoni kadurjanan kasêbut ing bab ping 33, lan 33 a, saka [sa...]

--- 17 ---

[...ka] ing sêtatsêblat taun 1884, ôngka 215, yèn wus kapatrapan paukuman, utawa kabênêr linuputake ing paukuman marang bêbênêran sajabaning Nèdêrlan Indiya, kamot ana ing layang karampungan, amasthi ora kêna kasêrêg utawa kapatrapan paukuman manèh.

Bab 35.

Sarupaning wong ora kêna dikunjara, yèn ora atas saka dhawuhing parentah, kang wus kaparingan wênang kasêbut ing anggêr laku-lakune wong anjaluk paukuman, sarta yèn ora anêtêpi anggêr iku mau.

Bab 36.

Anadene kang kasêbut ing bab ping 26, lan bab ping: 35, ngarêp mau, isih anêtêpake pangawasane kangjêng tuwan guphrênur jendral, wênange amasesa uwong, sarta andhawuhake pranatan pangati-atining ahli nagara, amurih sirnaning sumêlang marang wong iku, yèn ana prêlune anêtêpi pangawasa kang wus kaparingake lan kang bakal pinaringake dening kangjêng raja.

--- 18 ---

Pungkasaning Anggêr.

Bab 37.

Manawa kangjêng tuwan guphrênur jendral anggalih ana prêlune, wênang angowahi utawa ambubrah pranata khukume kangjêng raja, samono iku nganggo nyuwun idine kangjêng raja mau, kajaba saka ing owah-owahan utawa pambubrahing khukum kang pancèn nuswus kawênangake.

Mungguh pranatan khukum mau, yèn wus katamtokake dening kangjêng tuwan guphrênur jendral, ananging isih gumantung marang idine kangjêng raja, tumibane ing Nèdêrlan Indiya amasthi kukuh kaya khukum. Yèn pranatan khukum mau kasuwak, kudu kalumrahake ing ngakèh, kaya kang kasêbut ing bab ping 1, ngarêp mau.

__________

---

--- 19] ---

Iki Layang Pranatan Bab Kawujudane kang Anyêkêl Pangawasa Anindakake Bêbênêran ing Nèdêrlan Indiya.

(reglement op de rechterlijke organisatie)

Prakara Kang Kapisan.

Bab 1

Kang kadunungan pangawasa anyêkêl bêbênêran ana ing Nèdêrlan Indiya, ing ngisor iki pratelane:

1. Bêbênêran dhistrik. (R.O. 77.)

2. Bêbênêran kabupatèn. (R.O.81)

3. Landrat. (R.O.89.)

4. Bêbênêran midêr. (R.O.99.)

5. Rad van Yustisi, (R.O.117.)

6. Bêbênêran luhur. (R.O.151.)

Aliya saka ingkang wus kasêbut ing dhuwur mau, ora ana kang anindakake bêbênêran manèh, kajaba mung priyayi kang anyêkêl bêbenêran ingatase para prajurit, lan bêbênêran kang dadi bubuhane para residhèn sapêpadhane [sa...]

--- 20 ---

[...pêpadhane] kang anyêkêl pangawasaning nagara, kasêbut ana ing layang pranatan iki.

Mungguh pamranata laku-lakuning bêbênêran, kang tumindak ana ing bawah Surakarta lan bawah Ngayogyakarta, iku kabèh ora owah, isih lulus kukuhe, kajaba yèn ing têmbe kapranata manèh. (Stbl. 1833, No. 39, 61,-1847, No. 30, -1848, No.9, -1860, No.21,-1866, No.133,-1874, No.60, 209 en 211,-1876, No.74 en 140,-1880, No.18,-1883, No. 148,-1885, No.95,-1888, No.138,-1890, No.76.)

Dene ênggon bêbênêran kang dumunung ana ing nagara sajabane ing tanah Jawa lan Madura, iku mungguh aran lan kawujudane ing saiki, isih kalastarèkake dhisik. (R.O.145,-Stbl. 1874, No.33 en 94b,-1878, No.14,-1879, No.65, -1888, No.32 en 55,-1881, No .82,-1884 No. 131,-1886, No.146.)

Bab 2.

Kang kabubuhan angawruhi lan angrampungi sarupaning parapadu bab raja darbe, utawa bab wajib wêwênang kang awit saka ing raja darbe, bab potang, utawa bab wajib wêwênanging kawula, apadene angêtrapake sarupaning paukuman kang mêtu saka ing khukum, iku mung priyayi kang anyêkêl pangawasaning bêbênêran, anêtêpana peranging [pe...]

--- 21 ---

[...ranging] bawah lan wêwênange tuwin patrape dhewe-dhewe, kaya kang wus kasêbut ing layang pranatan iki.

Sarupaning prakara, kang kagawa dening nalare, utawa kasêbut ing khukum, kabênêr dadi bubuhane para priyayi kang nyêkêl pangawasaning nagara, iku isih lastari dadi bubuhane para priyayi mau.

Sarupaning sulaya ing bab wêwênange kang nyêkêl bêbênêran karo para priyayi kang nyêkêl pangawasaning nagara, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral kang angrampungi, awaton layang pranatan, kang têmbe bakal dhinawuhake dening kangjêng raja. (Stbl. 1849, No.61.)

Bab 3.

Mungguh parapadu kang alêlawanan padha wong Jawa utawa lêlawanan padha wong kang kaewokake wong Jawa ananging tunggal bôngsa, môngka ing khukume agamane utawa ing adat watone kuna kabênêr dadi bubuhane kaum utawa panggêdhene, iku isih lastari dadi bubuhane kaum lan panggêdhe mau. (Stbl. 1820, No.22,-1835, No.58,-1867, No.114.)

Saupama kang gugat-ginugat durung anarima marang karampunganing kaum utawa panggêdhene mau, kaum tuwin panggêdhe [panggê...]

--- 22 ---

[...dhe] iku ora wênang anindhakake kang wus dadi karampungane, dene tumindaking karampungan mau kudu sarana pangawasaning bêbênêran kang wus dadi adat, samono iku yèn bêbênêran Jawa kang dhuwur dhewe wus angarani kêna katindakake.

Saupama ana sumêlange utawa sulayane mungguhing pangadilan kang pancèn duwe bubuhan angrampungi prakara kang kasêbut ing bab ping 3 iki, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral kang bakal angrampungi kang dadi sumêlang utawa sulaya mau. (Stbl. 1882, No.152, 153, Bijbl. 31, 444 1132, 1835, 2556, 2649, 3045, 3103.)

Bab 4.

Para ratu, para pangeran, para bupati, utawa para wong Jawa bôngsa gêdhe liyane, tuwin santanane, apadene priyayi Jawa lurah dhistrik, utawa priyayi Jawa gêdhe liyane, ora kêna ginugat ing bab parapadu, tuwin dijaluk paukumane, yèn ora wus kalilan dening kangjêng tuwan guphrênur jendral, samono iku yèn sajrone ing tanah Jawa lan Madura, dene yèn ing nagara sajabane ing tanah Jawa lan Madura, kudu nganggo olèh wêwênange priyayi Walônda kang

--- 23 ---

anyêkêl pangawasa gêdhe dhewe ing nagara, ananging kang kasêbut iku mau kabèh ora ambatalake anggêre kangjêng tuwan guphrênur jendral, kang wus dhinawuhake, utawa kang têmbe bakal dhinawuhake, bab wong anyuwun idi anggugat priyayi Jawa cilik.

Priyayi Walônda kang nyêkêl pangawasa gêdhe dhewe mau, saupama ora nglilani ing panggugate, enggal angunjukana uninga marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, mungguhing panggalih gumantung ana ing kangjêng tuwan guphrênur jendral, luluse ora kalilan utawa kalilan anggugat.

Yèn ambênêri prakarane priyayi Jawa kang kasêbut ing dhuwur mau, sanajan priyayi iku mung dhewe, utawa ana panunggalane, lawange ênggon bêbênêran amasthi kainêb. (R.O.131, 179,-IR. 419,-Stbl. 1867, No.10,-1869, No.27 en 101,-1873, No. 142,-1874, No.94a,-1882, No.19 en 20,-Bijbl. 96, 151, 415, 479, 947, 1626, 2088.)

Bab 5.

Saupama ora kalilan anggugat marang priyayi Jawa kaya kang muni ing bab ping 4 mau, panyêrêge marang wong liyane kang kaèmbèt ing prakrane, kêna uga [u...]

--- 24 ---

[...ga] kalakokake, kajaba yèn kangjêng tuwan guphrênur jendral kang amasthi diunjuki uninga dening fiskal ing bab bakal panyêrêge iku, ora anglilani ing panyêrêge, samono iku nganggo anggalih laku-lakune kang kasêbut ing khukum. (R.O.56.)

Bab 6.

Saupama ana wong padha bêbarêngan gugat-ginugat ing prakara parapadu, utawa ing prakara kadurjanan, kang nunggal saprakara, môngka kagawa dening gêdhe ciliking bangsane utawa kalungguhane, ana kang pancèn munggah marang bêbênêran kang dhuwur, ana kang pancèn munggah marang bêbênêran kang èndhèk ing pangkate, anêtêpi pranatan bab undha-usuking ênggon bêbênêran, iku wong kang padha gugat-ginugat mau kabèh amasthi kaunggahake marang bêbênêran kang dhuwur dhewe ing pangkate.

Bab 7.

Yèn wong Jawa, lan bôngsa liyane kang agama Islam, sarta omah ana ing bawahe Nèdêrlan Indiya, apadene wong Cina, kagugat ing parapadu utawa ing bab laku kadurjanan, sadhengaha kang dadi prakara, kaunggahake [ka...]

--- 25 ---

[...unggahake] marang bêbênêran kang wus dadi pêpancène, môngka kang padha ginugat iku ingatase prakarane ora kabênêr kawêngku marang khukuming Walônda, utawa ora duwe atur mêtu saka ing karêpe dhewe, yèn narima manut marang khukuming Walônda, iku kang nyêkêl bêbênêran utawa presidhène, amataha wong kang milu seba ing panggonane bakal ambêbênêri, yèn prakarane wong Islam, amataha kaume siji, yèn prakarane wong Cina, amataha lêlurahe siji utawa loro, sêpining lêlurah, amèka wong siji utawa loro kang prayoga lan tunggal bangsane, dene prêlune wong kang pinatah mau, mung kapundhut kang dadi pamikire ing bab khukuming agama utawa liyane, apadene adat watone ingatase prakara kang ginugatake, supaya pamancasing prakara iku mirita khukuming agama lan adat waton mau.(R.O.8,41.-Stbl. 1858, No. 15,-1867, No.10,-1884, No. 143,-Bijbl. 57, 569, 1894.)

Anadene atur pamikire wong kang dipatah milu seba iku mau, kudu kapacak ana ing layang pemutan utawa layang pratelan nalikane paseban ambêbênêri prakara. (R O. 63,- I. R. 190, 314.)

--- 26 ---

Ing sajroning layang karampungane kudu muni, yèn wong kang dipatah milu seba mau wus padha kapundhut rêmbuge. (R O.8, 41,131,-I.R 188, 312, 382.)

Bab 8.

Kaum lan lêlurah utawa wong liyane, kang kapatah milu seba ing pangadilan, kasêbut ing bab ping 7 mau, iku sadurunge milu seba, angaturna supata marang kang nyêkêl bêbênêran, kaya kang muni ing ngisongisor iki. (Bijbl. 420, 1894.-Stbl. 1848, No. 15,-1867, No.168.)

Kawula aprajangji saha supaos, badhe tumêmên sarta sêtya tuhu anglampahi padamêlan, ingkang kabêbahakên dhumatêng kawula. Sawarnining pandangu ingkang badhe kadhawahakên dhumatêng kawula, badhe kawula wangsuli kalayan têmên-têmên sarta ing sasumêrêp kawula, kawrat ing sêrat utawi ijêman, punapadene kawula badhe botên baukapine angaturakên ingkang kasêbut ing khukum, utawi ingkang dados adat kina, sarta kawula badhe botên angaturakên samukawis ingkang botên tètès akalihan khukum utawi adat wau. Manawi kapundhut pamanah kawula dhumatêng ingkang ngasta lêlêrêsan, amasthi kawula aturakên ing sayêktosipun,

--- 27 ---

saha kalayan têmên-têmên, punapadene kawula botên anampèni tuwin badhe botên anampèni pawèwèh utawi pisungsunging tiyang, ingkang amurih panalisir kawula saking kayêktosan sarta katêmênan.

Mungguh supata kang kasêbut ing dhuwur mau ora kêna kaêtrapake marang wadananing pangulu tuwin pangulu, kang wus padha nyandhang sumpah, awit karone ora sêpi milu seba yèn panuju ambêbênêri lan angrêmbug prakara ana ing bêbênêrane wong Jawa. (R.O.92, 101, 114-Bijbl.569)

Bab 9.

Para priyayi kang nyêkêl bêbênêran ora kalilan dagang, tuwin bathon dagang karo wong liyane, lan ora kalilan bathon anyêkêl pak, utawa sêsanggan liyane kagungane kangjêng guphrêmèn, tuwin bathon agawe prajangjeyan karo kangjêng guphrêmèn ing bab pamulasaraning lêmah, sanajan ênggone nyêkêl pak utawa sêsanggan tuwin agawe prajangjeyan mau angawaki dhewe, utawa lantaran wong liya, iya ora kalilan. Karodene ora kalilan milu-milu utawa ananggung ing bab sêsanggan lan pak utawa prajangjeyan iku [i...]

--- 28 ---

[...ku] mau. Lan manèh ora kalilan ngiras anglakoni pagaweyaning advokat, prokurur, notaris, utawa solisitur, tuwin ora kalilan ngiras anglakoni pagaweyaning priyayi balanjan, utawa kang duwe pamêtu liyane. Karodene manèh ora kalilan dadi wakil utawa kawasane tuwin êmbaning wong, kang aliya saka ing akrabe kang cêdhak, kalêbu kang têmên utawa katut saka ing salaki rabi, iki rupane: kaki buyut, nini buyut, kaki, nini, bapa, biyung, sadulur, anak, putu, buyut, paman, bibi, uwa, kaponakan, kang padha kaprênah anak, maratuwa, ipe, mantu, kajaba yèn ana sababe kang prêlu kalilan dening kangjêng tuwan guphrênur jendral. (Stbl. 1833, No.56,-1842, No. 18,-1857, No.90,-1874, No.106,-1878 No.40.)

Yèn ana atur panyuwune bêbênêran luhur, kangjêng tuwan guphrênur jendral wênang gawe wakil advokat, prokurur, utawa notaris marang priyayi subsêtitut ghrivir, ananging ênggone amakili lêlakon têlung prakara iku angêmungna sajroning panggonan dumununging ênggon bêbênêran, kang ambawahake marang subsêtitut ghrivir mau.

--- 29 ---

Mungguh wêwalêr kang kasêbut ing bab ping 9, iki, ora tumrap marang para priyayi kang dadi kancane ing bêbênêran Jawa, apadene ora tumrap marang priyayi kang nyêkêl bêbênêran ana sajabaning tanah Jawa lan Madura, samono iku yèn priyayi mau ora balanjan, utawa mung kaparingan pangan ing dalêm sataun ora luwih saka ing 1200 rupiyah. (R.O.10.)

Bab 10.

Para priyayi kang nyêkêl bêbênêran kêna ngiras dadi priyayi duwe bubuhan angawruhi pamulangane kangjêng guphrêmèn lan dadi kancane sarupane ing pasamuan yasane kangjêng guphrêmèn, utawa gêgaweyaning wong liya, samono iku mung kêna dadi kônca kang pancèn ora balanjan.

Dene yèn isih sumêlang ing pamikir, mungguh priyayi kang nyêkêl bêbenêran iku kêna lan orane dadi kancaning pasamuan mau, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral kang bakal angrampungi. (R.O.9.)

Bab 11.

Kaki buyut, kaki, bapa, sadulur, anak, putu,

--- 30 ---

paman, uwa, kaponakan, kang kaprênah anak, kabèh iku sanajan akrab têmên utawa katut saka ing salaki rabi, padha ora kêna barêng dadi kancaning bêbênêran luhur, tuwin dadi priyayi nyêkêl bêbênêran, apadene dadi prokurur jendral utawa fiskal, utawa ghrivir, yèn tunggal saênggon bêbênêran, kajaba yèn wus kalilan dening kangjêng tuwan guphrênur jendral. (R.O.35)

Manawa ênggone manjing dadi kulit daging sauwise dadi priyayi, kang manjing dadi kulit daging iku ora kêna anglastarèkake lêlakone, yèn ora kalilan dening kangjêng tuwan guphrênur jendral.

Mungguh priyayi subsêtitut ghrivir ora milu kalêbu ing pranatan kang kasêbut ing bab ping 11, iki. (R.O.12.)

Bab 12.

Karo dening manèh pranatan kang kasêbut ing bab ping 11 mau, ora tumrap marang sarupaning priyayi Jawa kang nyêkêl bêbênêran ing Nèdêrlan Indiya kabèh, lan ora tumrap marang priyayi Walônda kang nyêkêl bêbênêran ana ing bawah sajabaning tanah Jawa lan Madura, ananging yèn ana kang nyuwunake kapriyayèn, lan yèn aagawe [a...]

--- 31 ---

[...agawe] priyayi iku mau, ing sapakolèhe aja sêpi ing pamikir marang kang kasêbut ing bab ping 11 mau.

Bab 13.

Para presidhèn, lan kancane, tuwin prokurur jendral. Para fiskal, para ghrivir, lan para subsêtitut ghrivir, sadurunge anglakoni kang dadi wajibing pagaweyane, iku padha asupataa, utawa aprajangjia, manut sapratingkah tataning agamane dhewe-dhewe, dene supata utawa prajangjine mangkene, yèn padha aprajangji satya tuhu marang kangjêng raja, lan marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, kang minôngka sarirane kangjêng raja mau. Yèn ênggone dadi priyayi iku ora nganggo awèh utawa jangji, sarta ora bakal awèh utawa jagji barang-barang marang sawijining wong sapa-sapaa, mêtu saka ing awake dhewe utawa lantaran wong liyane, sadhengaha kang ginawe samudananing pawèwèh tuwin jangji mau, yèn ing salawas-lawase bakal ora anampani pawèwèh utawi pisungsunging wong, kang wus dikawruhi utawa kinira duwe prakara, utawa bakal duwe prakara, kang kêna dadi gêgarapane. Yèn ênggone [êng...]

--- 32 ---

[...gone] anglakoni pagaweyane bakal anganggo ati rêsik sarta têmên-têmên, lan ora baukapine, apadene ora nganggo mawang wong, lan ing sajrone nglakoni pagaweyane bakal anganggo kalakuan bêcik, sarta budi rêsik lan têmên-têmên, kaya kang wus dadi patut tuwin wajibing para priyayi kang nyêkêl bêbênêran. (R.O. 14-Stbl. 1819, No. 21,-1848, No.41,-1857, No.7,-1864, No.92.)

Sumpah mangkono iku ora tumrap marang priyayi Jawa kang anyêkêl bêbênêran.

Bab 14.

Supata utawa prajangjine para priyayi mau yèn kang padha ana ing Bêtawi, kaatura marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, utawa marang priyayi liyane, êndi kang kakarsakake dening kangjêng tuwan guphrênur jendral, dene priyayi kang ana ing nagara liyane, supata utawa prajangjine kaatura marang priyayi Walônda kang nyêkêl pangawasa gêdhe dhewe ing nagara, kang masthi dadi panggonane omah kang sinumpah. (Bijbl. No.810, 1706.)

Dene supata utawa prajangjine para priyayi subsêtitut ghrivir, kaatura marang presidhène dhewe-dhewe [dhewe-dhe...]

--- 33 ---

[...we] yèn panuju paseban ambêbênêri prakara kang katon ing ngakèh. (R.O 13,-Stbl.1870, No. 43.)

Bab 15.

Kangjêng raja kang agawe presidhèning bêbênêran luhur.

Dene priyayi kang padha nyêkêl bêbênêran liyane, Walôndaa, Jawaa, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral kang anggawe, samono iku yèn pangangkate priyayi mau ora wus kinawasakake marang liyane, kang padha nyêkêl pangawasaning nagara. (R.O.16, 64, 108,-Stbl.1849, No.41,-1851, No. 33,-1865, No. 76,-1867, No. 168, 1875, No.278,-1881, No. 117,-1882, No.320,-1887, No.88,-Bijbl. 89, 93, 2331, 2323, 2356, 2423, 3176.)

Bab 16.

Wong kadadèkake priyayi nyêkêl bêbênêran ana ing Nèdêrlan Indiya, iku ora tartamtu nyêkêl bêbênêran bae salawase.

Kangjêng tuwan guphrênur jendral yèn anggalih prêlu ingatase pagaweyaning nagara, wênang angingsêr kalungguhane priyayi Walônda kang nyêkêl bêbênêran, kakarsakake anyêkêl pangawasa liyane. (R.O.15,-Bijbl. No.3176.)

--- 34 ---

Bab 17.

Saupama ana priyayi kang nyêkêl bêbênêran kapatrapan paukuman kunjara, awit dening anglakoni kadurjanan, utawa kinunjara amarga dening utange, iku yèn ana atur panyuwune bêbênêran luhur, utawa yèn wus karêmbug karo bêbênêran luhur mau, kangjêng tuwan guphênur jendral wênang anggantung kalungguhane, utawa angundur priyayi wau.

Mangkono manèh sarupaning priyayi kang nyêkêl bêbênêran, yèn ala kalakuane, atinggal tatakrama, utawa bangêt ing lêledane, kêna kagantung kalungguhane, utawa kaundur.

Saupama kalakon kagantung kalungguhane, môngka ana prêlune, kangjêng tuwan guphrênur jendral kang bakal gawe wakil marang liyane, amakili lêlakone kang ginatung kalungguhane mau. (Stbl. 1868, No. 52,-Bijbl. No. 3131, 3176.)

Bab 18.

Pranatan kang kasêbut ing wêkasane bab ping 16, lan kang kasêbut ing bab ping 17 mau, ing bab wêwênange kangjêng tuwan guphrênur jendral angundur priyayi kang nyêkêl [nyê...]

--- 35 ---

[...kêl] bêbênêran, iku ora kalêbu kang dadi presidhèning bêbênêran luhur, manawa kangjêng tuwan guphrênur jendral kagungan panggalih prêlu kaundure presidhèning bêbênêran luhur, awit dening sabab salah sawiji kang kasêbut ing bab ping 17 mau, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral darbea unjuk marang kangjêng raja, anyuwun undure, nganggo angunjukake sarupaning layang kang anggêpok prakarane, apadene layang atur wangsulane kang kasuwun undure, samono iku kangjêng tuwan guphrênur jendral anawakna dhisik marang kang kasuwun undure iku mau sakèhe kang dadi tarka utawa gugat.

Ing sadurunge ana dhawuhe kangjêng raja bab presidhèn kang kasuwun undure mau, kangjêng tuwan guphrênur jendral wênang anggantung kalungguhane, lan amaringi kang pancèn dadi pangane, aran wahghèl, apadene agawe wakil marang liyane kang anyêkêl lêlakone.

Saupama presidhèn kang kasuwun undure mau duwe karêp lumaku marang Nèdêrlan, sumêdya angunjukake atur wangsulane dhewe, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral anglilanana, sarta amaringana balônja, kaya kang wus dadi anggêre balanjaning priyayi kang pamit marang Nèdêrlan, [Nèdêr...]

--- 36 ---

[...lan,] apadene kalilana lêlaku tanpa ambayar wragat ing dalan.

Bab 19.

Saupama ana dhawuh angunjara marang sawijining priyayi kang nyêkêl bêbênêran, dhawuh iku amasthi banjur andadèkake suwaking kalungguhane priyayi kang kinunjara mau. (R.O.17.)

Bab 20.

Saupama ana sawijining priyayi kang anyêkêl bêbênêran kabênêr katrap ing paukuman badan, utawa paukuman kang mêmirang, iku kaundura tumuli saka ing kalungguhane.

Bab 21.

Para priyayi Walônda kang nyêkêl bêbênêran padha omaha sajroning limang pal dohe saka ing panggonane pasamuan ing nalikane angrêmbug prakara.

Sêmono uga, yèn ana prêlune, kanjêng tuwan guphrênur jendral wajib aparing palilah marang priyayi mau, manggon sajabaning watêse kang wis ditamtokake.

--- 37 ---

Anadene omahe para priyayi nyêkêl bêbênêran midêr lan ghrivire, dumununga ana sajroning bawahe, êndi kang bakal kaprênahake dening kangjêng tuwan guphrênur jendral. (R.O.99,-Stbl. 1848, No.15,-1851, No.22-1859, No.28,-1889, No.239,-Bijbl. No. 1713.)

Bab 22.

Para priyayi kang nyêkêl bêbênêran ora kêna tinggal panggonane omah luwih saka ing têlung dina têlung bêngi lawase, sanajan panuju ing môngsa libur iya ora kêna, yèn ora wus kalilan, dene para priyayi nyêkêl bêbênêran midêr lan ghrivire, ora kêna tinggal bawahe luwih saka ing têlung dina têlung bêngi, sanajan panuju ing môngsa libur iya ora kêna, yèn ora wus kalilan. (Stbl.1849, No. 7,-1853, No.47,-1861, No.15,-1864, No.27.)

Yèn priyayi nyêkel bêbênêran kang omah ing tanah Jawa utawa ing Madura nêdya lêlungan, padha anyuwuna lilah marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, dene yèn ênggone bakal lêlungan iku lawase ora luwih saka ing patbêlas dina, panyuwune lilah kaya kang kasêbut ing ngisor iki. (Stbl. 1875, No.149,-1881, No. 174,-1885, No.70,-Bijbl. No. 4074, 4152.)

--- 38 ---

Yèn para presidhèning rad van yustisi lan para priyayi nyêkêl bêbênêran midêr panyuwune lilah marang presidhèning bêbênêran luhur.

Yèn para vise presidhèn, kancane, para ghrivir, lan para subsêtitut ghrivire sarupaning ênggon bêbênêran, panyuwune lilah marang presidhène dhewe-dhewe.

Yèn para priyayi fiskal Walônda, panyuwune lilah marang prokurur jendral.

Anadene para priyayi nyêkêl bêbênêran kang ana sajabaning tanah Jawa lan Madura, iku panyuwune lilah marang para guphrênur, para residhèn, utawa marang liyane, kang nyêkêl pangawasa gêdhe dhewe ing nagara. (Bijbl No. 574.)

Presidhèning bêbênêran luhur, lan prokurur jendrale, ora kêna tinggal panggonane omah luwih saka ing têlung dina têlung bêngi lawase, yèn ora wus kalilan dening kangjêng tuwan guphrênur jendral.

Sanajan para priyayi kang padha nyêkêl bêbênêran kalilan atinggal panggonane omah tanpa pamit, yèn lawase mung têlung dina têlung bêngi, môngka ana kang lêlungan samono lawase, sarta lungane iku angowakake [angowaka...]

--- 39 ---

[...ke] pagaweyan ing bab bêbênêran, kongsi andadèkake pituna, priyayi kang lêlungan mau amasthi kajibah. (R.O.23,-Stbl.1839, No.7.)

Bab 23.

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 22 mau, ora tumrap marang priyayi kang nyêkêl bêbênêran sajabane ing tanah Jawa lan Madura, lan ora tumrap marang para priyayi Jawa kang nyêkêl bêbênêran, samono iku yèn priyayi rong prakara mau ora balanjan, sumurup ênggone kabubuhan nyêkêl bêbênêran, utawa ing sabab liyane, ananging para priyayi mau yèn nêdya lêlungan, amasthi kudu prasabên kang talad marang presidhène dhewe-dhewe. (Stbl.1872, No.91.)

Bab 24.

Mungguh libure para priyayi kang nyêkêl pangadilan ing bêbênêran luhur, lan ing rad van yustisi, ing sabên taun ajêg, iki pratelane: 1. Ing dina Saptu wêkasan sadurunge ari Bêsar, tutug ing sasi Januari ing pêndhake dina Sênèn, pangitunge pêndhak iku saka ing dina Sênèn kang wiwitan sajroning sasi Januari mau.

--- 40 ---

2. Ing dina Saptu wiwitane sasi Juli, tutug ing sasi Agustus ing pêndhake dina Sênèn, pangitunging pêndhak iku saka ing dina Sênèn kang wiwitan sajroning sasi Agustus mau. 3. Yèn panuju dina gêdhe kang aran paskhên, lan pingsêtrên, tutug ing dina Rêbone.

Bab 25.

Salawase libur, kancaning rad van yustisi isiha ana kang tumindak ing gawe, apêse wong têtêlu, supaya angrampungana prakara, kang prêlu dirampungi tumuli, utawa angrampungana pagaweyaning para komisaris, kang ora kêna disarèhake.

Kancaning bêbênêran luhur yèn pamit lêlungan, ora kêna barêng kongsi luwih saka ing wong loro, sanajan panuju ing môngsa libur, iya ora kêna.

Yèn anggarap prakara kang ginantungan paukuman, ora nganggo ngitung libur.

Bab 26.

Pasebane para priyayi kang nyêkêl bêbênêran anaa sajroning karajan, êndi kang dadi bawahe dhewe-dhewe.

--- 41 ---

Saupama ana prêlune anggarap lan angrampungi sawijining prakara, kangjêng tuwan guphrênur jendral wênang andhawuhake parentah ngalih paseban marang bêbênêran luhur, utawa marang priyayi kang nyêkêl bêbênêran liyane, ana ing panggonan seje kang kalêbu bawahe, ênggone paring wêwênang ngalih paseban mau yèn ana atur panyuwune bêbênêran luhur, sarta yèn wus karêmbug karo bêbênêran luhur iku. (R.O.90, 108,-Stbl. 1863 No.29.)

Bab 27.

Ing sa-Nèdêrlan Indiya kabèh yèn andhawuhake bêbênêran, nganggoa nyêbutake awit saking kang asma kangjêng raja. (I.R.421.)

Bab 28.

Layang karampungane bêbênêran luhur aran arès. (R.O.158.)

Bêbênêran luhur, lan para priyayi kang nyêkêl bêbênêran liyane, yèn amancasi prakara kamot ana ing layang arès utawa ing layang karampungan, môngka cacahing kanthine amancasi prakara iku kurang, ora anêtêpi kang kasêbut ing layang pranatan iki, layange [la...]

--- 42 ---

[...yange] arès utawa karampungan mau amasthi tanpa dadi.

Mungguh cacahing kanthi amancasi prakara, sabên-sabên yèn katamtokake ing khukum, iku kalêbu kang dadi presidhèn, utawa sêsulihing presidhèn. (R.O.92, 101,121,154, 161,-Stbl. 1874, No.101.)

Bab 29.

Pamariksa lan panggaraping sarupaning parapadu, tuwin prakara kang ginantungan paukuman, ana ing pasebane para priyayi kang nyêkêl bêbênêran, amasthi kudu katon ing ngakèh, kajaba yèn ing khukume ana kang kabedakake, utawa yèn ana prêluning sabab, kang nyêkêl bêbênêran andhawuhake parentah, ênggone ambêbênêri prakara ing paseban mau kabèh utawa ing sawatara nganggo nginêb lawang, dene sabab kang prêlu iku kasêbutna ana ing layang pratela utawa pemutane ing nalika padha ana ing paseban. (R.O.63.)

Para priyayi kang nyêkêl bêbênêran, yèn andhawuhake arès lan karampungan, amasthi kudu katon ing ngakèh, kajaba yèn prakara kadurjanan, kang wus pancas, ananging kaunggahake marang bêbênêran dhuwur, awit [a...]

--- 43 ---

[...wit] kasêbut ing khukum, yèn karampungane iku kudu kaêsahake dening bêbênêran dhuwur mau, iku yèn anibakake bêbênêrane ora susah katon ing ngakèh, mangkono uga yèn angrampungi atur panjaluking wong kamot ing layang kang kalaku wus kalumrahan. (R.O. 31,-I.R.183, 309.)

Bab 30.

Ing sarupaning layang arès lan layang karampungan kudu anyêbutake nalar-nalaring prakara, kang ginawe landhêsan tibaning karampungan, dene yèn prakara kang ginantungan paukuman, aliya saka ing nalaring prakara mau, kudu anyêbutake dosane.

Ing layang arès lan layang karampungan, kang awaton khukum, kudu anyêbutake khukum mau. (R.O. 31,-Bijbl. No.2698.)

Bab 13. 31

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 29, lan ing bab ping 30 mau, amasthi kaestokake, yèn ora kaestokake, layang karampungane amasthi tanpa dadi, ananging pranatan kang kasêbut ing bab ping 30,

--- 44 ---

mau, ora prêlu tumrape marang bêbênêran Jawa, kang presidhène dudu wong Walônda. (Bijbl. No.1006.)

Bab 32.

Yèn ana karsane kangjêng tuwan guphrênur jendral, utawa priyayi liyane, kang têrang saka ing dhawuhe kangjêng tuwan guphrênur jendral, amundhut lapuran pamikir lan pirêmbug marang sarupaning priyayi kang nyêkêl bêbênêran, iku priyayi kang nyêkêl bêbênêran mau wajib angaturake. (R.O.43, 157,-Stbl.1833, No.53.)

Dene yèn prakara kang kapundhut lapuran pamikir tuwin pirêmbuge mau wus katur marang parentah nyêkêl bêbênêran, kang kapundhutan lapuran pamikir lan pirêmbug mau, supaya dirampungana, utawa kinira bakal katur, parentah kang nyêkêl bêbênêran mau kalilan mung ngaturake lapurane bae.

Bab 33.

Sarupaning bêbênêran sarta sarupaning priyayi kang nyêkêl bêbênêran, wajib padha tulung tinulung anindakake unining layang panjaluke kang padha nyêkêl bêbênêran, kang

--- 45 ---

amurih tumindaking adil, samono iku nganggo amikir laku-lakune kang kasêbut ing khukum. (I.R.146)

Bab 34.

Ing samubarang prakara, yèn kang kasêbut ing khukum kancaning bêbênêran luhur utawa kancaning rad van yustisi prêlu ginawe komisaris, utawa raportur, môngka ing khukume ora muni têtelane kang wajib agawe, iku presidhène kang agawea.

Kajaba saka ing iku, para presidhèn wênang agawe raportur, sabên yèn kinira ana prêlune. (R.O.35)

Bab 35.

Sarupaning kancane para priyayi kang nyêkêl bêbênêran ora kêna ginawe komisaris utawa raportur ing sawijining prakara kang dibombong utawa maune uwis dibombong ing advokat utawa prokurur, yèn advokat utawa prokurur iku mambu akrabe cêdhak, kalêbu kang têmên utawa katut saka ing salaki rabi, iki rupane: kaki, bapa, sadulur, anak, putu, paman, uwa, kaponakan kang kaprênah anak. (R.O.34)

--- 46 ---

Bab 36.

Mungguh para priyayi kang nyêkêl bêbênêran wênange katampik milu ngrêmbug prakara marang wong gugat-ginugat, utawa wênange mopo milu mikir bêbênêran, iku bakal katamtokake kasêbut ing khukum bab laku-lakuning parapadu, lan laku-lakune wong anjaluk paukuman. (R.O.44,-I.R. 414.)

Bab 37.

Priyayi kang nyêkêl bêbênêran, yèn duwe garapan prakara, utawa angira yèn sawijining prakara bakal dadi garapane, iku ora kalilan amratikêli utawa mitulungi marang kang gugat-ginugat, utawa marang advokat tuwin prokurure kang gugat-ginugat, sanajan amratikêli dhewe, utawa lantaran wong liya, iya ora kalilan. (I.R.127.)

Prokurur jendral, para fiskal, para ghrivir, lan para subsêtitut ghrivir, iya padha kalêbu ing pêpacuh kang kasêbut ing dhuwur mau, ingatase samubarang prakara, êndi kang dadi bubuhane dhewe-dhewe.

--- 47 ---

Bab 38.

Para priyayi kancane kang nyêkêl bêbênêran, yèn kabubuhan angarap sawijining pagaweyan, iku dèn bisa angrigên marang panggaraping pagaweyan mau, aja kongsi angandhêg-andhêgi utawa angrêrandhati rampunging prakara, kang padha gumantung ana ing bêbênêran.

Bab 39.

Yèn angrêmbug sawijining prakara ana ing ênggon bêbênêran, kang dadi presidhèn nganggoa nyamantakake prakara iku marang sawiji-wijining priyayi gêgolongane, wiwit saka ing komisaris utawa raporture, anuli marang kônca-kancane kabèh wiwit saka kang ênom dhewe kalungguhane, mandhuwur tumêka kang tuwa dhewe, samôngsa uwis disamantani kabèh, wêkasane presidhène anglairake kang dadi pamikire. Sarupane kang dadi kancaning priyayi nyêkêl bêbênêran, yèn disamantani prakara, wajib padha amratelakake kang dadi pamikire dhewe-dhewe, lan watone kang tinêmu ing pikir. (R.O.34)

Saupama kancaning priyayi nyêkêl bêbênêran ana kang lunga [lu...]

--- 48 ---

[...nga] salah sawiji, iku ora kalilan nyambat padha kancane angaturake pamikire, lan ora kalilan ngaturake pamikire kamot ing layang, kajaba mung yèn kang panuju lunga mau dadi komisaris utawa raportur, môngka ana pêpalangane prêlu ora bisa seba milu ngrêmbug prakara, kang iku pamikir utawa lapurane kang kamot ing layang, iya uga kêna kawaca, ananging ora kêna kalêbu ing itung dadi panunggalan golonging rêmbug, kang minongka wêwaton pancasaning prakara.

Bab 40

Mungguh agawe karampunganing prakara, awatona pamikire kang padha dadi kônca anggarap bêbênêran, êndi kang akèh golonganing pamikir, iku kang masthi dadi watoning karampungan, yèn drêdah ing pamikir, môngka kang drêdah iku padha kèhe, iku uga dadi watoning karampungan, ing ngisor iki pratelane.

1. Yèn ing prakara parapadu, kang pancèn munggah marang bêbênêrane, iku dadi waton mênange kang ginugat.

2. Yèn ing prakara parapadu kang wus rinampungan, durung andadèkake panarimane salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, kaluhurake manèh marang [ma...]

--- 49 ---

[...rang] bêbênêran, utawa ing prakara, kang ora kalilan kaluhurake manèh, mung kang duwe prakara kalilan duwe panjaluk angêsahake utawa ambatalake karampungane, iku dadi waton têtêping karampungan, kang durung andadèkake panarimane kang anggugat utawa kang ginugat mau.

3. Yèn ing prakara kadurjanan, dadi waton mênange kang ginugat.

Bab 41.

Para priyayi kang nyêkêl bêbênêran wajib padha ngêkêr rêmbug kang linairake ana sajroning gêdhong pagunêman, ingatase prakara kang padha gumantung. (R.O.40, 42, 51.)

Mungguh wong kang kapatah milu seba ing ênggon bêbênêran, kang prêlune mung kapundhut pamikire, iku iya padha kalêbu ing pranatan kang kasêbut mau, yèn wong kang kapundhut pamikire mau kêna milu seba ing nalika anggunêm lan amikir prakara, kaya kang kasêbut ing khukum bab laku-lakuning parapadu, lan laku-lakune wong anjaluk paukuman. (R.O.7.)

Bab 42.

Aliya saka kang wus kaparentahake kasêbut ing khukum [khu,...]

--- 50 ---

[...kum,] para priyayi kang nyêkêl bêbênêran, ora kalilan akon nulisi ana ing layang pemutaning pasamuan kang dadi pamikire ing sarupaning prakara, jumurung utawa malange marang kang bakal dadi karampungane, ananging padha wênang anglairake kamot ing layang ana ing pasamuan, supaya diunggahna marang ghrivir ana ing êbuk liyane kang isi wadi. (R.O.41)

Bab 43.

Sarupaning layang arès apadene layang karampunganing prakara kang ginantungan paukuman, amasthi kudu nganggo ditandhani tangan marang sakèhing priyayi gêgolongane kang nyêkêl bêbênêran, kang wus padha seba angrêmbug prakara mau, lan katandhanan tangan marang ghrivire. (I.R.312)

Dene layang karampunganing prakara liyane, lan layang kêkancingan, tuwin layang pemutan apadene layang pratelane ing paseban nalika ambêbênêri prakara, iku katandhanana tangan dening presidhèn, utawa dening kancane kang dadi sêsulihe, sarta dening ghrivir, anadene layang-layang pagaweyaning nagara, layang lapuran, layang kang amot pirêmbug sapêpadhane, kang mêtu [mê...]

--- 51 ---

[...tu] saka ing bêbênêran, iku padha katandhanana tangan dening presidhèn, utawa dening kancane kang dadi sêsulihe, sarta dening ghrivir, dene olèhe nandhani tangan ghrivir iku, nganggoa muni têrang saka dhawuhing bêbênêran. (R.O.32, 63,-Bijbl.1006.)

Bab 44.

Aliya saka kang katamtokake sajroning khukum, kancaning para priyayi kang nyêkêl bêbênêran ora ana sawiji kang kêna mopo angawruhi utawa mopo milu ngrêmbug sawijining prakara, apadene ora kêna jinabakake yèn angawruhi utawa angrêmbug sawijining prakara, mangkono manèh prokurur jendral lan fiskal, ora kêna mopo anglakoni pagaweyan kang wus dadi bubuhane, lan ora kêna jinabakake ing bab pagaweyane mau. (R.O.36, 55,-I.R.414)

Bab 45.

Para priyayi kang nyêkêl bêbênêran padha anamtokna anggêring dina pasebane yèn ambêbênêri prakara, lan dina pasamuane. Kajabane saka ing dina paseban kang wus anggêr, para priyayi kang nyêkêl bêbênêran amasthi padha

--- 52 ---

seba lan apasamuan mrunggan, mungguh kêrêpe ora winangênan, anggêr ana prêlune bae. Anadene dina lan wayahing pasebane kang wus anggêr yèn ambênêri prakara, iku nganggoa kalumrahake ana ing layang, katèmplèkake ana ing gêdhong panggonane papriksa, sarta kalumrahna ana ing layang korane kangjêng guphrêmèn, samono iku mung pasebane priyayi Walônda kang nyêkêl bêbênêran. (I.R 93,109.)

Saupama dina lan wayahing paseban mau nêdya diowahi, iku antara rong sasi sadurunge tumindak, kalumrahna kaya kang kasêbut mau. (R.O.91.)

Bab 46.

Para presidhène sarupaning ênggon bêbênêran padha wajib amurih tataning paseban yèn panuju ambêbênêri prakara, lan tatane ing pasamuan, apadene wajib anuntun marang samubarang pamikir. Lan manèh para presidhèn mau kang andhawuhake sarupaning karampungan. (I.R.171, 183, 254, 262, 309, 412.)

Para presidhèn mau wênang andhawuhake parentah marang kônca-kancane, kapurih sebaa kabèh ana ing pasamuan, kajaba yèn ana sawijining prakara, kang panggarape [pangga...]

--- 53 ---

[...rape] nganggo kawangênan sajroning khukum bab kèh sathithiking kancane mau. (R.O.28,-Stbl. 1874, No. 101.)

Bab 47.

Para presidhèn kang anata urute panggaraping prakara, sarta padha amuriha, êndi prakara kang prêlu tumuli ing panggarape, luwih manèh yèn prakara kang ginantungan paukuman, iku dèn rampungana dhisik. Karodene para presidhèn mau padha muriha enggale tibaning adil marang sawiji-wijining wong.

Bab 48.

Ing sarupaning prakara, kang layang-layange masthi kinirimake marang kantore ghrivir, utawa sinimpên ana ing kono, kaya kang kasêbut ing khukum, iku yèn ana prêlune presidhène kang amangêni lawase, kênane layang-layang mau kapariksa marang priyayi kang nyêkêl bêbênêran luhur, apadene marang prokurur jendral, tuwin marang fiskal, lan marang para advokat utawa para prokurur. (R.O.66.)

Bab 49.

Sarupaning layang kiriman, lan layang-layang liyane, kang

--- 54 ---

katur marang bêbênêran, iku presidhène kang anampanana, sarta ambukaka, lan ing pasamuan kang wiwitan banjur diwêruhna utawa diwèhna marang priyayi gêgolongane nyêkêl bêbênêran, utawa marang kang dadi komisaris ing prakara iku. (R.O.33, 50, 157.)

Bab 50.

Sarupaning layang aturan muni panyuwun, kang katur marang bêbênêran, iku kajujugna dening kang duwe atur panyuwun utawa dening wakile marang presidhèn, utawa marang kantore ghrivir, saka ing kantor iku enggal kaaturna marang presidhène.

Bab 51.

Saupama para priyayi kang nyêkêl bêbênêran, tuwin ghrivir, apadene subsêtitut ghrivir, ana kang ala kalakuane, atinggal wajibing lêlakone, utawa angêdhagake pagaweyane, iku para presidhène dhewe-dhewe wênang amituturi, awit kagawa dening wajibing lêlakone, apadene yèn ana ature prokurur jendral utawa fiskal marang presidhèn mau, ing bab alaning kalakuan, tuwin paninggaling wajib, [wa...]

--- 55 ---

[...jib,] lan êdhaging pagaweyan mau, presidhène iya uga wênang amituturi. (R.O.51.)

Presidhèning bêbênêran luhur wênang amituturi marang para presidhèning rad van yustisi, lan marang para priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, yèn ana kang duwe laku kaya kang kasêbut ing dhuwur mau. (Stbl. 1878, No.3.)

Dene prokurur jendraling bêbênêran luhur wênang mituturi marang para priyayi fiskal, yèn ana kang duwe laku kaya kang wus kasêbut ing dhuwur mau. (R.O.54.)

Bab 52.

Para presidhène sarupaning ênggon bêbênêran wajib angulat-ulatake kalakuane para ghrivir, lan para subsêtitut ghrivir, apadene wênang awèh parentah marang ghrivir, tuwin marang subsêtitut ghrivir, lan marang priyayi liyane kang dadi kalèrèhane, ing bab pangêjuming pagaweyane dhewe-dhewe, êndi kang kinira prêlu. (R.O.63,-Stbl. 1834, No.27.)

Bab 53.

Para presidhèning bêbênêran Walônda yèn panuju lunga, utawa panuju ana pêpalangane, tuwin yèn kalungguhane [kalungguh...]

--- 56 ---

[...ane] panuju lowong, iku vise presidhène kang nyulihana lêlakone, sêpine ing vise presidhèn mau, kancane salah sawiji kang tuwa dhewe kalungguhane kang anyulihana, samono iku kang kajaba yèn kangjêng tuwan guphrênur jendral anggalih prêlu andhawuhake parentah liyane bab kang anyulihi pagaweyaning presidhèn mau, kaya ta: andhawuhake pranata bab tumindake pagaweyaning presidhèn, utawa gawe presidhèn liyane, kajaba saka kang pancèn kaangkat dhewe dening kangjêng raja. (R.O.15,-I.R. 191,-Stbl. 1849, No. 41,-1851, No. 33,-1865, No.76.)

priyayi presidhèn yèn duwe vise presidhèn, wênang ambubuhi pagaweyane ing sawatara marang vise presidhèn iku, mungguh lawase tuwin kêrêpe ênggone ambubuhi pagaweyan, apa kang dadi parênge presidhèn mau.

Karodene manèh yèn ana prêlune, presidhèn mau wênang parentah marang vise presidhène, kapurih seba minôngka panunggalaning kônca, kajaba saka mangkono vise presidhèn mau sabên-sabên wênang dadi kônca. (O.R.46.)

Presidhèning bêbênêran luhur, yèn ora ana pêpalangane [pêpa...]

--- 57 ---

[...langane] kang prêlu, amasthi kudu anjênêngi dhewe sarupaning prakara kang jujuge pancèn munggah marang bêbênêrane. (R.O. 162, 165.)

Bab 54.

Mungguh kang duwe bubuhan marang pagaweyaning fiskal ana ing ênggon bêbênêran Walônda, ing ngisor ihiiki pratelane. (R.O.37, 55, 60, 62, 108, 165.)

1. Yèn ing bêbênêran luhur, prokurur jendral, utawa priyayi subsêtitut, aran advokat jendral, iku kang minôngka sêsulihe. (R.O.22, 51, 153, 180,-Stbl.1874, No.101.)

2. Yèn ing rad van yustisi, para fiskaling rad van yustisi, utawa para priyayi subsêtitut fiskal, iku kang minôngka sêsulihe, samono iku yèn fiskaling rad van yustisi duwe kônca subsêtitut fiskal. (R.O. 61, 119,-Stbl. 1860, No.21.)

Bab 55.

Prokurur jendral lan para fiskal padha kabubuhan angawruhi lastarining kalakon kang kasêbut ing khukum, lan kang kasêbut ing layang kêkancingane kangjêng guphrêmèn, apadene anyêrêg sarupaning laku kadurjanan, lan laku

--- 58 ---

anêrak sarupaning wêwalêr, sarta kabubuhan akon angêtrapake sarupaning paukuman, kang muni ing layang karampungan, prokurur jendral lan para fiskal mau kudu kapariksa ature ing prakara, kang wus katamtokake sajroning khukum. (R. O. 44, 56, 66, 70, 144, 168, 170, 179, 182,-Stbl. 1832, No.61,-1848, No.11,-1854, No.40,-1870, No. 64.-1879, No. 331)

Bab 56.

Prokurur jendral lan para fiskal wajib padha anglakoni parentahe kangjêng tuwan guphrênur jendral, utawa parentahe priyayi liyane, kang têrang saka ing dhawuhe kangjêng tuwan guphrênur jendral, ing bab samubarang kang dadi bubuhane lêlakone. (R.O.5, 55, 57, 179,-Stbl. 1874, No. 149,-Bijbl. No. 2808.)

Karo dening manèh, prokurur jendral lan para fiskal mau, yèn ana karsane kangjêng tuwan guphrênur jendral, tuwin karsaning bêbênêran kang dadi gêgêlêngane, amundhut lapuran, pamikir lan pirêmbuge, wajib enggal padha anyaosake. (R.O.32.)

Bab 57.

Kajaba saka kang kasêbut ing wiwitane bab ping: 56,

--- 59 ---

mau, prokurur jendral lan para fiskal wajib anglakokake sarupaning gugat kang ditampani, ing bab laku kadurjanan, lan laku anêrak parentah, kajaba saka iku amasthi nindakake wajibing kalungguhane, kang masthi linakonan yèn ana lêlandhêsane. (R.O. 62, 179.)

Bab 58.

Mungguh sarupaning parapadu kang manggêpokan khasiling nagara, prokurur jendral utawa para fiskal wajib anggagahi ing sabênêr-bênêre marang khasiling nagara iku, ananging ênggone anggagahi mau ora kêna yèn amêpêtana marang sawiji-wijining wong munggah marang bêbênêran kang wus dadi papancène dhewe-dhewe. (R.O.56,-Stbl.1874, No. 149 en 150,-1875, No. 223,-Bijbl. No. 3065.)

Bab 59.

Para fiskal ora anduwèni panduman utawa bubuhan marang sarupaning amal kang kabêskup ing parentah, utawa marang dhêndhan, aliya saka ing panduman utawa bubuhan kang wus katamtokake sajroning khukum, lan kang kawênangake kasêbut ing layang karampungan, apadene kang mêtu saka ing prajangjeyan, kang ginawe nganggo kajênêngan [kajê...]

--- 60 ---

[...nêngan] marang kang nyêkel bêbênêran. Para fiskal mau ora kalilan pisan-pisan agawe prajangjeyan kaya kang wus kasêbut mau, yèn ora wus kawênangake marang priyayi kang nyêkêl pangawasaning nagara, lan aja anglilani marang kalèrèhane agawe prajangjeyan iku mau, yèn ora wus kawênangake. Yèn anêrak pêpacuh iki amasthi kaundur saka ing kalungguhane, aliya saka ing iku, yèn ana lêlandhêsane, kang anêrak pêpacuh mau amasthi kasêrêg, kajaluk paukumane. (R.O.56, 62,-Stbl.1842, No.10 en 39.)

Prokurur jendral lan advokat jendral ora anduwèni panduman utawa bubuhan marang sarupaning amal kang kabêskup ing parentah, utawa marang dhêndhan. (Stbl. 1876. No.210,-1878, No.40.)

Bab 60.

Prokurur jendral lan para fiskal ora kêna milu ana sajroning gêdhong pagunêman, yèn para priyayi kang nyêkêl bêbênêran panuju lagi ana ing kono amikir sawijining prakara.

Ananging sabên paseban, yèn panuju ambêbênêri prakara, sanajan kang katon ing ngakèh, utawa kang dèn [dè...]

--- 61 ---

[...n] inêb lawange, prokurur jendral utawa fiskal kalilan milu seba, dene yèn kang nyêkêl bêbênêran anggarap prakara, kang kudu nganggo mariksani aturing prokurur jendral utawa fiskal, kaya kang wus kasêbut ing khukum, utawa prokurur jendral tuwin fiskal kang dadi lêlawanane, awit kagawa dening wajibing lêlakone, iku prokurur jendral utawa fiskal mau ora kêna ora masthi milu seba. (R.O. 55, 58, 62,-Stbl. 1864. No.52.)

Prokurur jendral lan para fiskal wênang agawe wakil marang subsêtitute, kapurih anindakake sabarang pagaweyan ing sajroning paseban, yèn panuju ambêbênêri prakara. (R.O. 54.)

Bab 61.

Saupama prokurur jendral utawa fiskal panuju lunga utawa ana pêpalangane, apadene yèn kalungguhane panuju lowong, iku subsêtitute dhewe-dhewe kang anyulihana pagaweyane, dene yèn subsêtitut mau panuju lunga utawa ana pêpalangane, tuwin yèn kalungguhane lowong, pagaweyane dèn sulihana marang kancaning bêbênêran luhur, utawa [u...]

--- 62 ---

[...tawa] marang kancaning rad van yustisi salah sawiji. Mungguh kang agawe sêsulih iku iya presidhène ing bêbênêran luhur, utawa presidhèning rad van yustisi, êndi kang dadi gêgêlêngane dhewe-dhewe. (R.O.54,-Stbl.1848, No. 11,-1849, No. 41,-1853, No. 91,-1874, No.102.)

Sabên yèn agawe sêsulih marang kancaning bêbênêran luhur anglakoni pagaweyaning prokurur jendral, presidhèning bêbênêran luhur amasthi enggal angunjuki uninga marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, ananging sanajan presidhèning bêbênêran luhur wus agawe sêsulih mau, kangjêng tuwan guphrênur jendral wênang agawe sêsulih liyane, êndi kang ginalih prayoga. (Bijbl. No.505.)

Bab 62.

Yèn ing pangadilan Jawa, kang anglakoni pagaweyaning fiskal iku priyayi jêksa. (R.O.114-I.R. 55,-Stbl.1867, No. 125,-1884, No. 143.)

Mungguh pranatan kang tumrap marang priyayi fiskaling pangadilan Walônda, kanggone tumrap marang jêksa mung kang kêna kapirit kacondhongake karo layang cêcêkêlane dhewe-dhewe, lan karo kabawahe marang para residhèn,

--- 63 ---

dene kabawahe marang para residhèn katêtêpake ana ing layang iki. (R.O.54-Stbl.1868, No. 52,-1877, No. 250,-1890, No.164.)

Saupama fiskaling pangadilan Jawa panuju lunga, utawa ana papangkalane, apadene yèn kalungguhane lowong, iku pagaweyane dèn sulihana marang fiskal Jawa sosorane tumuli. (Bijbl. No. 511.)

Yèn sosoran mau lunga, utawa ana papangkalane, apadene yèn kalungguhane lowong, presidhène agawea wakil marang kancane siji, kang anglakonana pagaweyaning fiskal. (Stbl. 1852, No. 8,-Bijbl. No. 750, 1031, 2345.)

Bab 63.

Para ghrivir utawa subsêtitut ghrivir kang dadi sêsulihe, yèn ghrivir mau sêpi, kapalangan utawa kalungguhane lowong, apadene sarupaning priyayi, kang wus têrang kapatah anglakoni pagaweyaning ghrivir, iku yèn panuju ing dina paseban bakal ambêbênêri prakara, lan yèn nuju ing dina pasamuan, amasthi padha milu seba marang gêgêlêngane dhewe-dhewe, lan padha amèmutana kang têrang sarupaning prakara kang ginarap ana

--- 64 ---

ing paseban mau. (R.O.7, 43, 64, 92, 102, 120, 153,-I.R. 190, 314,-Stbl. 1851, No. 27,-1860, No.21,-1885, No. 73,-1886, No. 199,-Bijbl. No.2864.)

Para ghrivir mau wajib amitulungi ing pagaweyane para priyayi nyêkêl bêbênêran, kang dadi gêgêlêngane, kang binubuhan anggarap sawijining prakara, sarta padha wajib angèstokake parentahing presidhène dhewe-dhewe, kaya kang wus kasêbut ing bab ping 52, ngarêp mau.

Bab 64.

Saupama ana prêlune, sarta ana aturing ghrivir, para priyayi nyêkêl bêbênêran wênang agawe subsêtitut ghrivir mrunggan, ananging pangane ora kaparingan saka ing kangjêng guphrêmèn, mungguh subsêtitut ghrivir mau yèn wus kasumpah, kaya kang wus katamtokake, banjur katapakna ing gawe. (R.O. 13,-Stbl. 1873, No. 236.)

Mungguh agawe subsêtitut ghrivir mau anganggoa nyuwun idine kangjêng tuwan guphrênur jendral, adalana bêbênêran luhur. (R.O.15,-Bijbl. No. 1486, 1579, 2171, 2350, 2697, 3213.)

Bab 65.

Para ghrivire sarupaning pangadilan padha wajib ngêbuki

--- 65 ---

sarupaning parapadu, kang ginarap ana ing paseban yèn panuju ambêbênêri prakara, utawa kang dèn rampungi ana ing pasamuan, sawiji-wijining prakara kang diunggahake ana ing buk utawa layang cathêtane nganggoa diangkani, sarta sakèhe kang kalakon ing prakara iku kasêbutna ing buk utawa ing cathêtan mau. (I.R.127, 194, 198.)

Mungguh prakara kang ginantungan paukuman iya nganggoa kapemutan kaya kang wus kasêbut mau. (I.R. 423.)

Bab 66.

Sakèhing layang-layange prakara kang ginantungan paukuman, kang masthi kinirimake marang kantore ghrivir, utawa sinimpên ana ing kono, kaya kang wus katamtokake sajroning khukum, iku yèn wus padha katampan marang ghrivir, ing sajroning patlikur êjam ghrivir mau wajib awèh wêruh marang prokurur jendral, utawa marang fiskal. (I.R.317d.)

Bab 67.

Amung para kancaning priyayi nyêkêl bêbênêran, lan prokurur jendral, utawa para fiskal kang wênang anjaluk sarupaning layang-layang kang amot prakara, kang kasimpên ana [a...]

--- 66 ---

[...na] ing kantoring ghrivir, kapurih ngirimake marang omahe, samono iku nganggoa awèh layang papag, sarupaning lêpiyan layang lan êbuk, tuwin layang-layang liyane, kang pancèn dadi sêsimpênaning pangadilan, apadene sarupane kang dadi nyina, iku ora kêna kajaluk mêtu saka ing kantore ghrivir, kênane yèn bakal kapariksa dening priyayi kang nyêkêl bêbênêran, manawa padha ana ing paseban utawa ing pasamuan karo para priyayi gêgolongane, ora kêna kajaluk mêtu yèn bakal kapariksa dhewe marang kancane kang nyêkêl bêbênêran, utawa priyayi liyane kang dadi gêgêlêngane, samono iku aliya saka ing nalar kang wus katamtokake sajroning khukum.

Anadene wênang lan wajibe para ghrivir awèh têturunan lan cêcublikaning sarupaning layang kang amot prakara, tuwin têturunan lan cêcublikaning layang karampungan, iku bakal katamtokake sajroning khukum, bab laku-lakuning parapadu, lan prakara kadurjanan. (R.O.142, I.R.197, 422, 424.)

Bab 68.

Para ghrivir kabubuhan anampani uwang, kang minôngka [mi...]

--- 67 ---

[...nôngka] prabeyane sarupaning prakara mêtu saka ing wong gugat-ginugat, kang salah sawijinine durung narima marang karampunganing prakarane, sumêdya kaluhurake manèh. (Stbl. 1872, No. 13.)

Dene patrape para ghrivir angêsokake uwang iku mau bakal katamtokake ana ing layang anggêr seje. (Stbl. 1872, No.13.)

Bab 69.

Sarupaning lêpiyan layang, apadene sarupaning layang tuwin êbuk liyane kabèh, kang dadi sêsimpênaning pangadilan, sarta uwang apamanèh layang kang anduwèni aji prasasat uwang, utawa barang liyane, kang tinitipake pinasrahake utawa sinimpên ana ing kantor ghrivir, iku yèn ana tiwase, amasthi ghrivir kang kajibah. (R.O.66, 141,-I.R.422,-Stbl. 1834, No.27.)

Bab 70.

Sarupaning layang karampungan, kang muni patrapan dhêndha, utawa ambayar wragading prakara, kang pancèn dadi kagungane kangjêng guphrêmèn, ing samôngsa wus kadhawuhake têtêpe ing patrapan mau, iku para ghrivir banjur anganakana [anga...]

--- 68 ---

[...nakana] layang karampungane, anakane kakirimna marang prokurur jendral utawa marang fiskal, kang dadi gêgêlêngane. (R.O.55.)

Bab 71.

Para ghrivir lan para subsêtitut ghrivir padha anarimaa angêmungake olèh khasil kang wus kalilan kasêbut ing khukum, saupama ana kang anjaluk utawa anampani luwih saka kang wus kawênangake, wênang kagantung kalungguhane utawa kaundur, kaya kang kasêbut ing bab ping 17, ngarêp mau, kajaba saka ing iku, yèn ana lêlandhêsane, amasthi kasêrêg, kajaluk paukumane. (R.O.52,72,-Stbl.1819, No.20,-1833, No.56,-1851, No.27,-1872, No.61,-1874, No.206,-1878, No.177,-1885, No.73,-1886, No. 199,-Bijbl. No.2864, 4123.)

Bab 72.

Saupama ana wong duwe prakara, wus kalilan angunggahake marang bêbênêran, ora nganggo ambayar gragading prakara, iku para ghrivir lan para subsêtitut ghrivir ora kêna anjaluki wragad marang wong iku mau, sumurup kangelane, kalilane anjaluk wragading

--- 69 ---

prakara mung marang lawanane, yèn katêtêpake kalah, lan kabênêr ambayar wragading prakara. (I.R.233)

Bab 73.

Para priyayi ghrivir wênang agawe carik, kang anggarap pagaweyan ana ing kantore, samono iku yèn wus andadèkake parênging presidhène. Dene carik mau kêna kapocot ing sakarêpe priyayi ghrivir.

Saupama ana panjaluke presidhèn marang ghrivir, kapurih amocot carike, lan agawe gêgêntine, iku priyayi ghrivir amasthi ngestokake. (R.O.74,-Stbl. 1851, No. 48.)

Bab 74.

Para cariking ghrivir wajib padha asimpên wadi, sarta padha angaturna sumpah marang presidhène, samono iku yèn presidhène angira prêlu sinumpah.

Para cariking ghrivir mau, ora kalilan anampani pawèwèh utawa pisungsunging wong, kang duwe gawe ana ing kantore ghrivir, sadhengaha kang ginawe samudananing pawèwèh lan pisungsung mau, sanajan sumurupa

--- 70 ---

enggale ênggone awèh têturunaning layang, utawa sumurup liyane, iya ora kalilan, yèn anêrak wêwalêr iki, amasthi kapocot tumuli. (R.O.73.)

Bab 75.

Grivir kajibah anyôngga dhêndha lan prabeya utawa angrupakake ili sarta têtêmpuh, kang jalaran saka ing sêmbrana lêleda lan ora nastitine carik gêgaweyane, ananging ghrivir iku wênang anjaluk balining dhêndha sapanunggalane kang kasêbut iku mau marang carike. (R.O.69, 73.)

Bab 76.

Mungguh patrap laku-laku lan waktu lumadi tuwin rampunging barang prakara, kang mungguh marang sarupaning bêbênêran, sanajan prakara kang pancèn dadi bubuhane dhewe-dhewe, utawa prakara kang wus rinampungan, durung andadèkake panarimane salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, kaulurake manèh marang pangadilan, apadene prakara, kang ora kalilan kaulurake manèh, mung kang duwe prakara kalilan duwe panjaluk angêsahake utawa ambatalake karampungane, tuwin [tuwi...]

--- 71 ---

[...n] bab anindakake unining layang arès, lan layang karampungan, iku kabèh bakal kapranata kasêbut ing khukum bab laku-lakuning parapadu, lan prakara kang ginantungan paukuman.

Prakara kang kapindho.

Bab Pangadilan Jawa ing Tanah Jawa lan Madura, lan Bab Pangawasane Para Residhèn ing Tanah Jawa lan Madura ing Bab Bêbênêran.

Bêbageyan kang kapisan.

Bab Bêbênêran Dhistrik, lan Bêbênêran Kabupatèn.

1. Bab bêbênêran dhistrik.

Bab 77.

Ing sawiji-wijining dhistrik ing tanah Jawa lan Madura ana bêbênêran. Aran bêbênêran dhistrik, kajaba yèn kangjêng tuwan guphrênur jendral anggalih prêlu, dhistrik loro utawa luwih, kabawahake marang pangadilan siji. (I.R.93,-Stbl. 1883, No.135,-Bijbl.638, 2368.)

Bab 78.

Mungguh kawujudane kang aggarap ana ing bêbênêran dhistrik [dhi...]

--- 72 ---

[...strik] iki rupane: 1. lêlurahing dhistrik, minôngka priyayi nyêkêl bêbênêran, akanthi sosoran lurah, minôngka kônca urun rêmbug, dene kèh sathithiking kônca mau, apa kang dadi pamrayoga lan pamilihing residhèn, ing samôngsa wus têpung rêmbug karo bupatine. (R.O.86,88,-I.R.98.)

Bab 79

Bêbênêran dhistrik mau kabubuhan angrampungi sarupaning parapadu kang alêlawanan padha wong Jawa, utawa gugat parapadu kang marang wong Jawa, yèn kang ginugatake prakara uwang utawa rêrêgan sangisoring rongpuluh rupiyah, ananging yèn kang anggugat utawa kang ginugat durung narima marang karampungane, kang ora narima iku wênang angulurake prakarane marang bêbênêran kabupatèn. (R.O.6, 84, 87, 108,-I.R.100.)

Bab 80.

Bêbênêran dhistrik mau kabubuhan angrampungi prakara kang lêlawanan padha wong Jawa, utawa gugat kang marang wong Jawa, bab pisuh-pinisuh, lan bab sarupaning pangarubiru ing pangucap, êndi kang têtêp luput, bêbênêran dhistrik wênang

--- 73 ---

amatrapi dhêndha kèh-kèhe têlung rupiyah ananging ora wênang amatrapi paukuman kunjara, utawa ngunjara uwong, kang amarga dening utange, dene kang anggugat utawa kang ginugat ing prakara iku mau, yèn salah sawiji durung narima marang karampungane, ora kêna ngulurake manah prakarane. (R.O.6, 87, 95,-I.R.107.)

2. Bab bêbênêran kabupatèn.

Bab 81.

Ing sawiji-wijining kabupatèn ing tanah Jawa lan Madura ana babênêran, aran bêbênêran kabupatèn. (I.R 109,-Stbl. 1867, No. 58 en 146, Stbl.1871, No.45, Stbl.1883, No.135,-Bijbl.636,-2368.)

Bab 82.

Mungguh kawujudane kang anggarap ana ing bêbênêran kabupatèn, iki rupane, bupati siji, minôngka priyayi nyêkêl bêbênêran, sêpine ing bupati, utawa yèn ana pêpalangane, tuwin kalungguhane lowong, dèn sulihana marang pêpatihing kabupatèn, dene kèh sathithiking priyayi Jawa, kang dadi kancane urun rêmbug,

--- 74 ---

residhèn kang bakal amasthi, nganggo mirit adating wong Jawa. Karodene manèh akanthi pangulu siji, utawa kaum siji, lan jaksa siji, kaum mau kang dadi sêsulihing pangulu. (R.O.86,-88, I.R.118,-Stbl. 1870, No. 123,-Stbl.1871, No.45.)

Bab 83.

Prakara kang pancèn munggah marang bêbênêran kabupatèn ing ngisor iki rupane:

1. Sarupaning gugat parapadu, kang lêlawanan padha wong Jawa, utawa gugat parapadu kang marang wong Jawa, yèn kang ginugatake prakara uwang utawa rêrêgan, kang ora kurang saka ing rongpuluh rupiyah, lan ora luwih saka ing sèkêt rupiyah. (R.O.108.)

2. Sarupaning gugat kang marang wong Jawa, bab anatoni khewan, bab agawe rusaking karêtêg, omah pajagan, pagêr sapêpadhane, utawa bab lêledaning wong ênggone rumêksa ambêciki karêtêg, omah pajagan, pagêr sapêpadhane, lêlurung, dêdalan, ilèn-ilèn banyu, lan kali, bab wong ngumbar khewan utawa asu, kongsi andadèkake pituna tuwin tiwasing liyan, bab wong nglowongake pajagan, lan angêdhagake [a...]

--- 75 ---

[...ngêdhagake] utawa sêmbrana marang wajibing pagaweyan liyane, bab colong, kang kalêbu rèmèh-rèmèh, lan bab wong kêkêrêngan, apadene panêraking wêwalêr sapêpadhane kang kalêbu prakara cilik, kang ora dadi bubuhane bêbênêran liyane. (R.O.85, 95, I.R. 334.)

Dene paukumane kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, ing ngisor iki pratelane.

1. Kadhêndha, kang ora luwih saka ing sapuluh rupiyah. (I.R.117)

2. Kakunjara, enggale sadina, lawase nêm dina.

Mungguh paukuman rong prakara mau ora kêna binarêng. Dene yèn kang anggugat utawa kang ginugat durung narima marang karampunganing bêbênêran kabupatèn, kang ora narima iku wênang angulurake prakarane marang landrat.

Bab 84.

Karo dening manèh bêbênêran kabupatèn mau kabubuhan amancasi sarupaning prakara, kang wus dirampungi dening bêbênêran dhistrik, ananging ora andadèkake panarimane salah sawiji kang anggugat utawa kang

--- 76 ---

ginugat, sarta pancèn kêna kaulurake, dene prakara iku ing samôngsa wus dipancasi marang bêbênêran kabupatèn mau, ora kêna kaulurake manèh marang bêbênêran liyane. (R.O.79,-I.R.113.)

Bab 85.

Bêbênêran kabupatèn ora kalilan ngawruhi utawa ngrampungi sarupaning prakara bab wong anêrak anggêring pak, lan sêsanggan pajêg. (R.O.94.)

Pungkasaning pranatan ing bêbageyan kapisan.

Bab 86.

Sarupaning prakara kang dadi bubuhane bêbênêran dhistrik, lan bêbênêran kabupatèn, iku rampunga dening lurah dhistrike tuwin dening bupatine dhewe. Lurah dhistrik utawa bupati mau kang nimbang dhewe têtêp kalah mênange utawa bênêr lupute kang gugat-ginugat, ora susah sumendhe marang pamikire ing kancane, kang padha milu anggarap bêbênêran. (R.O.78,-82, I.R.98, 118.)

Bab 87.

Prakara kang kasêbut ing bab ping 79, 80, lan bab [ba...]

--- 77 ---

[...b] ping 83, ngarêp mau, ora kalêbu gugating Walônda sapêpadhane kang marang wong Jawa. Gugat iku pancèn dadi bubuhaning landrat. (R.O.95)

Bab 88.

Ing ngêndi panggonan kang ora ana lurahe dhistrik, sarupaning prakara kang pancèn dadi bubuhane bêbênêran dhistrik, iku dadi bubuhane bêbênêran kabupatèn, dene yèn saking sêpining bupati, ing panggonan kono ora ana bêbêbêran kabupatèn, utawa ora kêna kaadêgan bêbênêran kabupatèn, prakara iku mau dadi bubuhaning landrat.

Sarupaning prakara kang pancèn dadi bubuhane bêbênêran kabupatèn, môngka ing panggonan kono ora ana utawa ora kêna kaadêgan bêbênêran kabupatèn, iku iya dadi bubuhaning landrat.

Yèn ing Paresidhenan Bêtawi, sarupaning prakara kang ginantungan paukuman, kang pancèn dadi bubuhane bêbênêran dhistrik, lan bêbênêran kabupatèn, iku padha kapemutan ana ing layang, sarta karampungan dening residhèn, kaya kang kasêbut ing bab ping 110.

Ing samôngsa prakara kang kasêbut ing dhuwur iku mau uwis [u...]

--- 78 ---

[...wis] dipancasi marang landrat, apadene marang residhèn ing Bêtawi, tan trimane kang anggugat utawa kang ginugat, amasthi ora kêna kaulurake marang bêbênêran liyane. (R.O.97,-I.R.368.)

Bêbageyan Kapindho.

Bab Landrat.

Bab 89.

Ing karajane sarupaning paresidhenan, lan ing panggonan liyane, êndi kang dadi karsane kangjêng tuwan guphrênur jendral, bakal kadunungan ênggon bêbênêran siji, aran landrat, (I.R.123.-Stbl.1867, No.2, 1876, No. 140, 1885, No.95, 1888, No.138, 1890, No.76.)

Bab 90.

Manawa ana prêlune bangêt, para residhèn wênang angêlih pasamuaning landrat ana sajabaning panggonan kang didunungi. (R.O.26.)

Bab 91.

Pasebane landrat ambêbênêri prakara ing sajroning [sajro...]

--- 79 ---

[...ning] pitung dina sapisan, kapasthia dinane, ananging sanajan luwih saka sapisan ing sajroning pitung dina, samôngsa ana prêlune iya kêna. (R.O.45.)

Bab 92.

Mungguh kèh sathithiking kawujudane kang anggarap ana ing landrat, iki rupane: 1. residhèn, kang minôngka presidhène, akanthi para bupati, utawa priyayi Jawa gêdhe liyane, êndi kang kinarsakake marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, iku minôngka kancane, apadene akanthi ghrivir siji, yèn ing landrat iku pancèn ora ana ghrivire, akanthi sèkrètarising residhèn, utawa priyayi Walônda liyane, êndi kang dadi pamilihing residhèn, dene yèn dumunung ing landrat iku ana ing panggonan sajabaning karajan, kaya kang wus muni ing bab ping 89 mau, kang dadi presidhène asistèn residhèn, kancane iya kaya kang wus kasêbut mau. (R.O.113,-Stbl.1862, No.79 en 107,-1867, No.115,-1872, No.5 en 61,-1873, No.3, 8, 87 en 131,-1874, No.94e en 206,-Bijbl. No. 93, 359, 1486, 1951, 2171, 2356, 2423, 2697, 4037, 4123.)

Kangjêng tuwan guphrênur jendral wênang amatah asistèn residhèn [re...]

--- 80 ---

[...sidhèn] dadi presidhèning landrat, sanajan dadi panggêdhening landrat ing panggonan kang ana residhène iya wênang, ananging saupama ana prêlune, residhène wênang anggêdhèni ana ing landrat kang dumunung ing bawahe. (Stbl. 1869, No.47,-1871, No. 129,-1872, No.115, 1873, No.115 en 187,-1874, No.123,-1875, No.10 en 238,-1876, No.218,-1877, No.208,-1878, No. 4170 en 326,-1879, No.191,-1880 No.144,-1887, No.72,-1888, No.31 en 56,-1889,-No.74 en 93.-Bijbl No. 359, 2086, 2865, 3068, 3133, 3302 en 3330.)

Êsahing pasamuan landrat ambêbênêri prakara, yèn presidhène ana, akanthi bupati loro, utawi priyayi Jawa liyane, lan akanthi wadananing pangulu, utawa kaum, kang dadi sêsulihing wadananing pangulu, minôngka kônca urun rêmbug, tuwin akanthi wadananing jêksa, utawa jêksa, apadene akanthi ghrivir, utawa priyayi Walônda liyane, kang anyulihi lêlakoning ghrivir. (R.O.28 en 114.-I.R.55, 188, 312,-Stbl.1873, No.147a. 1880, No.113, 1881, No.90, 1882, No.92.)

Bab 93.

Yèn residhèn panuju lunga, utawa ana pêpalangane [pêpalanga...]

--- 81 ---

[...ne] tuwin kalungguhane lowong, iku asistèn residhène anyulihana dadi presidhèning landrat, dene yèn asistèn residhèn iku panuju lunga, utawa ana pêpalangane, tuwin kalungguhane lowong, sèkrètarise nyulihana dadi presidhèning landrat. (Stbl.1867, No.114.)

Saupama ing sawijining paresidhenan ora ana priyayine Walônda, kang kabênêr anyulihi residhèn dadi presidhèning landrat, kaya kang wus kasêbut ing dhuwur mau, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral kang bakal matah priyayi liyane, anyulihi dadi presidhèning landrat, (R.O.112.-I.R.240,-Stbl.1848, No.15,-1876, No.225.)

Bab 94.

Landrat kang dadi bêbênêrane wong Jawa, lan pêpadhaning wong Jawa, ing prakara kang lumrah kalakon sadina-dina, apadene yèn wong Jawa sapêpadhane iku ginugat ing wong Walônda sapêpadhane, iya dadi bêbênêraning landrat, samono iku ora kalêbu priyayi Jawa kang kasêbut ing bab ping 4, kaya ta: para ratu, para pageran, para bupati, utawa para wong Jawa bôngsa gêdhe liyane, tuwin santanane, apadene priyayi [pri...]

--- 82 ---

[...yayi] Jawa lurah dhistrik, utawa priyayi Jawa gêdhe liyane, iku kabèh dadi bubuhane rad van yustisi. (R.O.6, 87, 95, 108, 124, Stbl. 1867, No.10, fats. 2 en 3.)

Bab 95.

Prakara kang pancên munggah marang bêbênêraning landrat ing ngisor iki pratelane. (R.O. 87, 94, 128.)

1. Sarupaning prakara, yèn kang ginugatake ora trang rêgane 50 rupiyah utawa kurang saka 50 rupiyah, (Stbl.1887, No.153.) ananging ora kalêbu gugat para padu yèn wong Jawa sapêpadhane kang lêlawanan ing prakara iku, kabèh wus kasêbut ing khukum kawêngku marang anggêring Walônda, utawa narima mêtu saka ing karêpe dhewe manut marang anggêre Walônda, apadene ora kalêbu prakara parapadu ing bab barang kang binahak dening prau kapal pêrange kangjêng guphrêmèn, utawa prau kapale wong liya, kang wus kalilan ambahak dening kangjêng guphrêmèn, tuwin parapadune kang padha ambahak, bab barang bahakan mau, karo dening manèh ora kalêbu prakara parapadu bab barang kang tinêmu ing sagara, utawa ana ing gêgisik, iku kabèh dadi bubuhaning rad van yustisi. (R.O.96 en 172,-I.R.123.)

--- 83 ---

2. Sarupaning laku kadurjanan, ananging ora kalêbu kang kasêbut ing bab ping 105, lan kang dadi bubuhane rad van yustisi, kaya ta: 1. bab wong ambajag, sadhengaha bangsane kang ambajag iku, 2. sarupaning kadurjanan ing bab bahakaning prau kapal 3. prakara wong anêrak anggêr bab wong dagang wong tukon. (R.O.97,-I.R.241,-Stbl. 1872, No.21,-Bijbl.No. 2495.)

3. Bab wong nêrak pranataning kapolisèn, lan pranatane kang nyêkêl pangawasaning nagara, apadene sarupaning khukum, ananging ora kalêbu kang kasêbut ing bab ping 80, 83, lan bab ping 110, dene pranatan kang kasêbut ing bab ping 88, isih kukuh. (R.O. 96 en 172-I.R.337.)

4. Bab gugating wong Walônda sapêpadhane, yèn mungguha wong Jawa sapêpadhane kang anggugat, pancèn dadi bubuhane bêbênêran dhistrik, lan bêbênêran kabupatèn. (R.O.87, 96.)

5. Sarupaning gugat kang marang pêpadhaning wong Jawa, yèn mungguha wong Jawa kang ginugat, prakarane pancèn dadi bubuhane bêbênêran dhistrik, utawa bêbênêran kabupatèn. (R.O.79, 83, 96)

--- 84 ---

Bab 96.

Dene karampunganing landrat ing prakara kang kasêbut ing ngisor iki, yèn durung andadèkake panarimane kang anggugat, utawa kang ginugat, kêna kaulurake manèh. (R.O. 127.)

1. Prakara kang kasêbut ing bab ping 95, ôngka 1, yèn kang ginugatake ora trang rêgane 500 rupiyah utawa kurang saka 500 rupiyah. (Stbl, 1887 No. 153,-R.O. 128,-I.R.192.)

2. Prakara kang kasêbut ing bab ping 95, ôngka 3, yèn kèh-kèhing dhêndhane kang ginantungake marang panêraking parentah luwih saka ing 500 rupiyah, utawa yèn kabênêr katrap ing paukuman luwih abot liyane, tuwin kabêskup barange, kanthi dhêndha utawa ora. (I.R.343, 345)

Karampunganing landrat ing prakara kang kasêbut ing bab ping 95, ôngka 4, lan ôngka 5, yèn durung andadèkake panarimane kang anggugat utawa kang ginugat, ora kêna kaulurake manèh. (R.O.88)

Bab 97.

Sarupaning layang karampungane landrat, kang muni patrapan [patra...]

--- 85 ---

[...pan] paukuman amasthi kêna kaêsahake marang bêbênêran luhur, samono iku ora kalêbu prakara kang kasêbut ing bab ping 88, lan bab ping 95, ôngka 3,4,5 lan ing bab ping 98, tuwin prakara kang têmbe bakal katamtokake ing layang anggêr. (R.O.169,-Stbl. 1871, No.39, 1872, No. 131,-Bijbl. No.2628.)

Mungguh layang karampunganing landrat, kang muni angluputake ing paukuman, êndi kang pancèn kêna kaêsahake marang bêbênêran luhur, iku bakal katamtokake ana ing anggêr ukum-ukuman. (I.R.310. 316.)

Bab 98.

Karodene manèh bêbênêran landrat mau kabubuhan amancasi sarupaning prakara, kang wus dirampungi marang bêbênêran kabupatèn, ananging ora andadèkake panarimane salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, sarta pancèn kêna kaulurake, dene prakara iku ing samôngsa wus dipancasi marang landrat, ora kêna kaulurake manèh marang bêbênêran liyane. (R.O.83, 97,-I.R. 123, 334.)

--- 86 ---

Bêbageyan Katêlu.

Bêbênêran Midêr.

Bab 99.

Kawujudaning bêbênêran midêr iku iki rupane, priyayi Walônda siji kang minôngka presidhène, akanthi priyayi Jawa kang dêdunung ana ing sawiji-wijining paresidhenan, minôngka kancane, dene pasebane presidhène bêbênêran midêr mau nalika ambêbênêri prakara, nganggo kaanggêran ing mangsane, sarta akanthi ghrivir siji. (R.O. 21, 102,-I. R. 373,-Stbl. 1867, No.2,-1871, No. 71,-1873, No. 157,-1879, No.106. )

Kèhing priyayi nyêkêl bêbênêran midêr ing tanah Jawa lan Madura loro (ing Batawi lan Sêmarang), dene wêwêngkon bawahe sawiji-wijining priyayi nyêkêl bêbênêran midêr mau, bakal kapasthi dening kangjêng tuwan guphrênur jendral. (Stbl. 1848, No.15,-1851, No.22,-1859, No. 28,-1862, No.89,-1879, No. 299,-1890, No. 47.)

Bab 100.

Mungguh kancane kang anggarap ana ing sawiji-wijining bêbênêran midêr, iku kangjêng tuwan guphrênur jendral kang bakal ngangkat, amilih priyayi Jawa kang gêdhe dhewe kalungguhane, [kalungguh...]

--- 87 ---

[...ane,] lan kang bisa dhewe, dene kèh sathithiking kônca mau, yèn wus karêmbug karo bêbênêran luhur, kapasthi ing cacahe, sapira kang ginalih anyukupi. (R.O.113,

-Stbl.1882, No. 286,-Bijbl. 3917 en 4037.)

Bab 101.

Êsahing paseban yèn ambêbênêri prakara, iki anggêre, kang kajaba saka ing priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, kèhing kônca kang ana ing paseban kudu papat, sarta wadananing pangulu, utawa kaum, kang dadi sêsulihing wadananing pangulu, minôngka kônca kang urun rêmbug, apadene wadananing jêksa, utawa jêksa, lan ghrivir. (R.O. 28 en 114.)

Bab 102.

Kang dadi priyayi nyêkêl bêbênêran midêr kudu wong kang wus gênêp umur 25 taun, ghrivire kang wus gênêp umur 23 taun, karo iku kudu wong Nèdêrlan, utawa kang wus kaewokake wong Nèdêrlan, kaya kang wus kasêbut ing khukum Nèdêrlan, lan manèh kudu wong wus êsah kasêbut putus marang bêbênêran. (R.O.120 en 153)

--- 88 ---

Bab 103.

Yèn priyayi nyêkêl bêbênêran midêr panuju lunga, utawa ana pêpalangane, tuwin kalungguhane panuju lowong, kangjêng tuwan guphrênur jendral kang bakal gawe sêsulihe. (Stbl. 1876, No.225.)

Yèn ghrivire panuju lunga, utawa ana pêpalangane, tuwin kalungguhane lowong, priyayi nyêkêl bêbênêran midêr arêp tumêka marang sawijining paresidhenan, bakal ambêbênêri prakara, priyayi nyêkêl bêbênêran midêr iku awèha layang marang residhèn, kang bawahe bakal ditêkani, anjaluk sêsulihing ghrivir, anuli residhèn kang amatah sawijining priyayi, anyulihi pagaweyaning ghrivir mau. (Stbl. 1879, No. 106,-Bijbl. No.395.)

Bab 104.

Priyayi nyêkêl bêbênêran midêr apêse ing sajroning rong sasi sapisan masthi ambêbênêri prakara ana ing sawiji-wijining paresidhenan kang dadi wêwêngkone, utawa luwih saka sapisan ing sajroning rong sasi mau yèn ana prêlune. Mungguh pasebane ana ing panggonan kang prayoga, êndi kang bakal dadi pamrênahe residhèn. (R.O.26, 45,-Stbl. 1848, No. 15.)

--- 89 ---

Bab 105.

Bubuhane priyayi nyêkêl bêbênêran midêr amancasi prakarane wong Jawa sapêpadhane, kang katarka anglakoni kadurjanan, kaya kang kasêbut ing ngisor iki. (R.O.6, 95 en 106,-I.R.373,-Stbl.1867, No. 10.)

1. Rajapati, kang kalawan dèn têmaha, nyolong uwong, ngobong omah, aniru tuwin angowahi uwang, utawa anyuda bobote, iya iku uwang kang wus ginawe payu ana ing Nèdêrlan Indiya, tuwin nêmaha amayokake uwang tiron, uwang owah-owahan, utawa kang dèn suda bobote, aniru utawa ngowahi uwang kartas sapêpadhane, kang wus ginawe payu ing parentah gêdhe, utawa nêmaha amayokake uwang kêrtas tiron tuwin owah-owahan, cidra ing nagara, agawe dahuru, maling kang mawa golongan utawa gêgaman, tuwin kang nandukake roda wasesa, apadene sarupane kadurjanan, kang ginantungan paukuman pati, utawa kang mrasasati paukuman pati.

2. Wong mampang anandukake wasesa lan anangani marang sarupaning priyayi nyêkêl pangawasaning nagara,

--- 90 ---

kongsi angwutahake gêtih, utawa anatoni.

3. Ngrenah marang darbèking wong, lan nyahak pangawasa, kang linakonan dening priyayi Jawa sangisoring lurah dhistrik, anadene prakara kang ora dadi bubuhane priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, iki rupane: 1. bab wong ambajag, sadhengaha bangsane kang ambajag iku, 2. sarupaning kadurjanan ing bab pambahaking prau kapal. 3 prakara wong anêrak anggêr bab wong dagang wong tukon. 4. bab wong anggugat priyayi Jawa, kang kasêbut ing bab ping 4.

Bab 106.

Sarupaning layang karampunganing priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, kang muni patrapan paukuman, amasthi kêna kaêsahake marang bêbênêran luhur. (Stbl. 1872, No. 131)

Mungguh layang karampunganing priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, kang muni angluputake paukuman, êndi kang pancèn kêna kaêsahake marang bêbênêran luhur, iku bakal katamtokake ana ing anggêr bab laku-lakune wong anjaluk paukuman. (R.O. 169,-I.R 385,-Stbl. 1871, No.39.)

--- 91 ---

Bab 107.

Priayayi nyêkêl bêbênêran midêr isih lastari kabubuhan angawasani ngawruhi pagaweyaning notaris, sarta amariksani kunjara, apadene liyane, kang pancèn utawa bakal dadi bubuhane, kasêbut ana ing layang pranatan. (Stbl. 1834, No. 27,-1843, No. 10,-1863, No.170,-Bijbl. No. 283.)

Anadene priyayi nyêkêl bêbênêran midêr kang kawajiban ing gawe kasêbut ing bab iki ana ing Surakarta lan Ngayogyakarta, iku bakal katamtokake dening kangjêng tuwan guphrênur jendral. (Stbl. 1848, No.15.)

Bêbageyan Kaping Pat.

Bab Pangawasaning Residhèn Nyêkêl Bêbênêran.

Bab 108.

Para residhèn ing tanah Jawa lan Madura kabubuhan angrampungi prakara, akanthi sèkrètarise, utawa priyayi liyane, êndi kang pinatah marang residhène, minôngka ghrivir, dene prakara kang pancèn munggah [mung...]

--- 92 ---

[...gah] marang bêbênêrane, ing ngisor iki rupane. (R.O.109, 112, 150-Stbl. 1866, No. 162, 1869, No.47, 1871, No.129,-1872, No.115,-1873, No.147a, 153 en 187,-1874, No.123,-1875, No. 10 en 247,- 1876, No. 218 en 298,-1877, No. 208,-1878, No. 4, 170 en 326,-1879, No. 128, 191, 196 en 343,-1880, No. 113 en 144,-1881, No.90,-1882, No.92,-1886, No.185,-1888, No.31 en 56,-1889, No.74.)

1. Gugate wong Jawa sapêpadhane marang Walônda sapêpadhane, kang magêpokan kawujudaning wong, lan dandanan, yèn kang ginugatake ora luwih saka ing uwang utawa rêrêgan 200 rupiyah, apadene sarupaning gugat parapadu panunggalane iku mau, yèn lêlawanane wong Jawa sapêpadhane, kasêbut ing khukum kawêngku marang anggêring Walônda, utawa narima mêtu saka ing karêpe dhewe manut marang anggêring Walônda. (R.O.124,-I.R.238.)

2. Sarupaning gugat marang Walônda sapêpadhane, bab anêrak pranataning kapolisèn, lan pranatane kang nyêkêl pangawasanig nagara, apadene sarupaning khukum, samono iku yèn panêrake mau ora ginantungan paukuman luwih abot, utawa paukuman liyane, mung kinunjara lawase wolung dina, [di...]

--- 93 ---

[...na,] utawa kadhêndha 100 rupiyah, nganggo kabêskup raja darbèke utawa ora. (R.O.130, 165-Stbl.1867, No.10.)

Prakara kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, yèn Walônda sapêpadhane kang ginugat bêbarêngan lan wong Jawa sapêpadhane, iya uga dadi bubuhaning residhèn. (R.O.6.)

Dene pasebane para residhèn ênggone angrampungi prakara kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, anaa ing karajaning paresidhenane, kajaba yèn andadèkake parêng karsane kangjêng tuwan guphrênur jendral, kalilan anggarap ana ing paseban liyane. (Bijbl. No. 2141.)

Mungguh kang anglakoni pagaweyaning fiskal ana ing bêbênêrane residhèn, iku residhène kang amataha marang priyayi Walônda siji. (Stbl. 1866, No. 162)

Bab 109.

Karampungane para residhèn ing prakara kang kasêbut ing bab ping 108 mau, kang kêna kaulurake marang bêbênêraning rad van yustisi, yèn durung andadèkake panarimane kang anggugat utawa kang ginugat, ing ngisor iki pratelane. (R.O. 127, 150.)

--- 94 ---

1. Prakara parapadu, kang gugate luwih saka ing 50 rupiyah.

2. Prakara wong anêrak samubarang parentah, kang ginantungan dhêndha luwih saka ing 25 rupiyah, utawa ginantungan paukuman kang luwih abot liyane, tuwin kabêskup barange, kanthi dhêndha utawa ora.

Dene karampungane para residhèn ing prakara kang ora kalêbu ing wêwijangan iku mau, yèn durung andadèkake panarimane kang anggugat utawa kang ginugat, ora kêna kaulurake manèh.

Bab 110.

Mungguh sêrêg marang wong Jawa sapêpadhane, ing bab anêrak pranataning kapolisèn, lan pranatane kang anyêkêl pangawasaning nagara, kang ora ginantungan paukuman luwih abot, mung ginantungan dhêndha 25 rupiyah, apadene prakara kang adate ing saiki karampungan mung muni ana ing layang, aran polisi rol, iku kabèh amasthi cinathêtan marang wadananing jêksa ana ing layang mau, sarta kaaturake marang residhèn ing dina kang wus katamtokake, supaya dirampungana. Dene karampungane [ka...]

--- 95 ---

[...rampungane] residhèn ing prakara iku mau, yèn durung andadèkake panarimane kang sinêrêg, ora kêna kaulurake manèh. (R.O.88, 95.-I.R. 84, 109 en 368.-Stbl. 1836, No. 19,-1865, No. 94,-1872, No.85, 111,-1874, No.33, 251,-1876, No.74, 298,-1884, No.1, 67.-Bijbl. No.1612, 1687, 1792.)

Bab 111.

Para residhèn wajib amèmuti sarupaning paukuman, kang diêtrapake ing prakara kang kasêbut ing bab ping 110 mau.

Ing samôngsa-mangsane bêbênêran luhur wênang amundhut mariksani layang pemutaning residhèn mau. (I.R.88, 370.)

Bab 112.

Mungguh anyulihi residhèn dadi panggêdhening bêbênêran, laku-lakune padha uga karo kang wus katamtokake ingatase para presidhèning landrat, kasêbut ing bab ping 93 ngarêp mau. (I.R.240.-Stbl. 1865, No.94,-1884, No.1.)

Pêpungkasaning Pranatan ing Prakara Kapindho.

Bab 113.

Kancaning bêbênêran landrat, lan kancane bêbênêran midêr, [mi...]

--- 96 ---

[...dêr,] ing sadurunge tumapaking gawe, iku padha angaturna sumpah marang residhèn, unèn-unène kaya ing ngisor iki. (R.O.92, 100.-Stbl.1842, No. 15,-1871, No. 140,-182, No.286.)

Kawula aprajangji saha supaos, badhe botên anampèni pawèwèh utawi pisungsunging tiyang, ingkang kasêrêg utawi darbe prakawis ing landrat, utawi ing lêlêrêsan midêr, anggèn kawula kakarsakakên dados kancaning landrat, utawi kancaning lêlêrêsan midêr, badhe anglampahi padamêlan kawula ingkang kalayan tabêri, sarta ing sasagêd sumêrêp kawula, botên mawi nalisir saking wajib kawula, ingkang amargi katarik dening sarju utawi êsaking manah, punapadene katarik dening pamitran utawi sêsatron, tuwin katarik dening sih utawi gêthing, sarta yèn kawula anglêrêsi prakawis, ing salami-laminipun kawula badhe ngangge budi rêsik sarta têmên-têmên, anêtêpi ingkang sampun dados pantês sarta wajibing priyantun nyêpêng lêlêrêsan.

Bab 114.

Para wadananing pangulu, para pangulu, para wadananing jêksa, lan para jêksa, ing sadurunge tumapaking gawe, [ga...]

--- 97 ---

[...we,] iya padha nganggoa kasumpah marang residhèn. (R.O.62, 82, 92, 101.-Stbl. 1871, No.140.)

Unèn-unène sumpahe para wadananing pangulu, lan para pangulu, kayaa kang kasêbut ing bab ping 8.

Anadene sumpahe para wadananing jêksa, lan para jêksa, ing ngisor iki unèn-unène.

Kawula prajangji saha supaos, padamêlan ingkang kapitajêngakên dhatêng kawula badhe kawula lampahi kalayan tabêri saha têmên-têmên, punapadene kawula badhe botên baukapine, tuwin botên amawang tiyang, ing salami-laminipun kawula badhe botên anampèni pawèwèh utawi pisungsunging tiyang, ingkang kawula sumêrêpi utawi kawula kintên gadhah prakawis, tuwin badhe gadhah prakawis, ingkang badhe dados gêgarapan kawula, kalih dening malih anggèn kawula anglampahi ing sadamêl-damêl kawula sadaya, badhe anêtêpi ingkang kasêbut ing khukum, sarta anêtêpi parentah ingkang dhumawah dhatêng kawula, utawi ingkang kasêbut wontên ing cêcêpêngan kawula sêrat.

Bab 115.

Mungguh panunggalaning wajibe para priyayi nyêkêl bêbênêran, [bêbênêr...]

--- 98 ---

[...an, lan kancane utawa kalèrèhane, kang kasêbut ing prakara kapindho iki, iku bakal katamtokake ana ing khukum bab laku-lakuning parapadu, lan bab gugat kadurjanan.

Bab 116.

Sakèhe kang kasêbut ing prakara kapindho iki, isih anglastarèkake kang kasêbut ing ngisor iki.

1. Wêwênanging para residhèn, lan para asistèn residhèn, amatrapi paukuman marang wong tukon, yèn anglakoni kaluputan kaya ingkang muni ing layang pranatan bab wong tukon, anadene paukumane wus katamtokake ana ing layang pranatan mau.

2. Wêwênange kangjêng tuwan guphrênur jendral, anglastarèkake pangawasane utawa amaringi pangawasa marang para panggêdhening wong Koja, wong Arab, wong Cina, sapêpadhane wong sabrang, kang padha dêdunung utawa kalilan dêdunung ana ing Nèdêrlan Indiya, amatrapi dhêndha lan paukuman ènthèng marang kalèrèhane dhewe-dhewe.

__________

--- [99] ---

Perangan kang Katêlu.

Mungguh Pêngadilan Rad Pan Justisi ing Tanah Jawa.

Bab 117.

Ing Batawi, Sêmarang lan ing Surabaya padha ana pêngadilan kang dijênêngke rad pan justisi.

Bab 118.

Wêngkone rad pan justisi iku wus katamtokake kaya ing ngisor iki:

a. Mungguh rad pan justisi ing Batawi amêngku paresidhenan: Batawi, Bantên, Krawang, Priyangan, Cirebon, pulo Borneo, Bangka, lan Sumatra, (aliyane perangane perangan kang kagolong wêngkone rad pan justisi ing Padhang) lan paresidhenan Riyo, (Stbl. 1858, No.101a 1866, No.5, 1872, No.207, 1873, No. 181, 1880, No. 33, 1881, No.81.)

b. Mungguh rad pan justisi ing Sêmarang amêngku paresidhenan: Sêmarang, Têgal, Pakalongan, Banyumas,

--- 100 ---

Bagêlèn, Kêdhu, Jukja, Sala, Jêpara, Madiun, lan Rêmbang, (Stbl.1866, No.144.)

c. Mungguh rad pan justisi ing Surabaya amêngku paresidhenan: Surabaya, Madura, Kêdhiri, Pasuruan, prabalingga, Basuki, lan ing Têrnate. (Stbl. 1863, No. 142,-1880, No, 54.)

Bab 119.

Rad pan justisi ing tanah Jawa awujud:

a. ing Batawi: Siji presidhèn, Siji pisê presidhèn, Nênêm lid, Siji ofisir pan justisi, Siji subsêtitut, ofisir pan justisi, Siji ghrivir, lan Têlu subsêtitut ghrivir ... (Stbl.1867, No,46.)

b Ing Sêmarang: Siji presidhèn, Siji pisê presidhèn, Lima lid, Siji ofisir pan justisi ... Stbl. 1890, No.54.

--- 101 ---

Siji subsêtitut ofisir pan justisi, Siji ghrivir, lan Siji subsêtitut ghrivir ... Stbl. 1890, No.54.

c. Ing Surabaya: Siji presidhèn, Papat lid, Siji ofisir, Siji subsêtitut ofisir, siji ghrivir, lan siji subsêtitut ghrivir ... Stbl. 1861, No.46.

Bab 120.

Presidhèn lan ofisire mêsthi kang wus umur sathithike 28 taun, lid-lid, subsêtitut, ofisir, lan ghrivir, sathithike umur 25 taun, lan subsêtitut ghrivir, sathithike umur 23 taun.

Kabèh iku mêsthi wong Walônda utawa wong kang miturut ukum Walônda kaanggêp anduwèni pawênang wong Walônda, sarta mêsthi kang pintêr atasing prakara ukum. (R.O.102, 153)

Bab 121.

Rad pan justisi ora kêna kumpul lan mriksa sarta mutus [mutu...]

--- 102 ---

[...s] prakara, yèn ora ana lide sathithike wong têlu. (R.O.28, 122,-Stbl. 1873, No. 126a,-1874 No. 138,-1882, No.29,-1890, No.55.)

Bab 122.

Ghrivir rad van justisi mêsthi mèlu linggih dadi lid. Yèn anane lid-lid iku kurang saka pramêsthiane kêna kanggo anindakake panggaweyane rad iku. (R.O. 155.-Stbl. 1873, No. 126.a.)

Bab 123.

Rad pan Justisi mêsthi kumpulan sabên sakminggu sathithike kaping pindho, utawa luwih, yèn prêlu kanggo panggaweyane sarta kanggo ngrampungke prakara. (R.O.26, 45.)

Bab 124.

Saliyane saka prakara kang miturut bab 108, kasiji, lan 150, saka rèhlêmèn iki, utawa manèh miturut ing bab 27, saka Stbl.1874, No. 33, bab 20, saka Stbl. 1878, No. 14, bab 20, saka Stbl. 1879, No.65, lan bab 19, saka: Stbl. 1880, No.55, wus kabubuhake marang residhèn utawa liya

--- 103 ---

kapala nagara, utawa manèh ing sajro prakara kang kasêbut ing sajroning bab 159, rad pan justisi iku banjur kêna mriksa. (R.O. 6. 125.)

1e Sakabèhe prakara sipil kang kadadèkake karo andakwa marang wong bôngsa kulit putih sapêpadhane. (Stbl. 1867, No.10.)

2e. Sakabèhe prakara sipil kang kadadèkake klawan andakwa marang bôngsa wong pribumi (anak negri) sapêpadhane, yèn kang dinakwa iku wus kagolong ukum bôngsa kulit putih, iya iku marga saka ukum iku utawa saka sabab miturut karêpe dhewe. (R.O.95,-Stbl. 1855, No. 79,-1877, No.140)

Bab 125.

Rad pan justisi banjur mriksa, iya iku klawan ora amawang bangsane kang prakaran. (R.O. 95, 126.)

1e. Sakèhing prakara atas prakara anggrakan utawa rêbutan, kang kacêkêl dening prau pêrang nagara utawa dening prau partikêlir kang kaanggo mangkono sarta wus diparingi layang palilah, kanggo anglakokake anggrakan utawa rêbutan iku. Utawa manèh ing prakara, kasulayan kang mêtu saka sabab [saba...]

--- 104 ---

[...b] iku marang kang anglakoni siji lan liyane. (R.O.129.-Stbl.1877, No. 242.)

2e. Sakèhing prakara atase bab barang têmon, ing têngah utawa ing pinggir sagara.

Bab 126.

Mungguh putusane rad pan justisi sajroning prakara kang kasêbut sajroning bab loro ing ngarêp iki, kêna jaluk tatimbangan luwih dhuwur marang pêngadilan uhgêrèh sêkov. Yèn ora têrang rêgane kang kagugat iku: f 500.- utawa kurang saka: f 500.- kèhe. (Stbl.1887, No.153.-R.O.163.)

Yèn pêngajine kang kagugat kurang saka samono, rad pan justisi mau amutus kaya pêngadilan kang luhur dhewe.

Bab 127.

Rad pan justisi mriksa sajro kuwajibane pêngadilan kang luhur dhewe. (R.O.171)

1e. Sakèhing prakara atas kasulayan kawajibane hakim utawa pêngadilan kang luwih asor, siji lan liyane.

2e. Sakèhing layang karampungan kang kêna kajaluk dipriksa

--- 105 ---

manèh dening rad pan justisi. (R.O.96, 109, 145-I.R 192, 239, 254, 345,-Stbl. 1858, No. 101a, 1864, No. 117, 1872, No.207, 1874, No.33, 1878, No.14, 1879, No.65, 1880, No.55.)

3e. Sakèhing prakara sipil, kang kêna digawèkke manèh marang timbangane hakim utawa pêngadilan kang luwih dhuwur, yèn kang prakaran wus ngakoni ora gêlêm nganggo kawajibane iku. (R.O.126.)

Katamtuan kang kasêbut ing bab 3, iki ora kaanggo tumrap prakara kang ora kêna kaputus kalawan dirêmbug utawa klawan timbangane wong kang anjaluk dadi panêngah.

Bab 128.

Uwong kang prakaran, sarta kang sabênêre mêsthi sowan luwih dhisik ing ngarsa landrad utawa liya pêngadilan kang kapadhakke karo pêngadilan iku, kêna banjur anggawa prakarane ing ngarsa rad pan justiti, yèn dhèwèke ngakoni ambuwang kawajibane jaluk timbangane pêngadilan kang luwih luhur saka landrad mau, sajro prakara mangkono rad pan justisi mriksa lan amutus prakarane jêro kawajibane pêngadilan kang luhur dhewe. (R.O. 69, 171)

--- 106 ---

Bab 129.

Sajro prakara kriminil. Rad pan justisi banjur mriksa. (R.O.6.-Stbl. 1872, No.130.)

1e. Sakèhing prakara kriminil kang wus katindakake dening wong bôngsa kulit putih sapêpadhane, iya iku saliyane saka kang kasêbut dalêm bab 165, saka rèhlêmèn iki. (Stbl.1867, No. 10, 1872, No. 21, lan 207.)

2e. Kalawan ora amawang bangsane. (R.O.95, 105.-Stbl.1856, No.74.)

a. Prakara bajagan ing sagara. (Stbl.1829, No. 54, 1835, No.39,-1876, No. 279,-1877, No.180.)

b Sakèhing prakara kriminil kang mêtu saka prakara barang anggrakan utawa rampasan. Kang kasêbut ing dalêm bab 125. (Stbl.1877, No. 242 lan 284,-1883, No.64.)

c. Sakèhing prakara pêlanggaran atas bab dagangan wong (batur tukon).

Prentah kang wus diundhangke jro pranatan panjaluke ukuman, anamtokake uga babe, yèn layang putusan kang ditibakake dalêm prakara mangkono kêna kagawakke marang owahan lan papriksan anyar,

--- 107 ---

dening pêngadilan uhgêrèh sêkov. (R.O.163, 169,-Stbl. 1872, No.207,-1879, No.281,-Bijbl. No.446, 2495, 2628.)

Bab 130.

Saliyane saka prakara kang miturut bab 108, ôngka 2, saka rèhlêmèn iki, bab 27, saka Stbl. 1874, No. 33 bab 20, saka Stbl. 1878, No. 14, bab 20, saka Stbl. 1879, No.65, lan bab 19, saka Stbl. 1880, No.55, dijibahake marang residhèn utawa liya kapala nagara. Rad pan justisi mriksa uga sakabèhe prakara pêlanggaran polisi lan prentah kang diwêtokake kanggo panggonan dhewe-dhewe, utawa pêlanggaran parentah umum kang wus dilakokake dening uwong bôngsa kulit putih sapêpadhane. (Stbl.1867, No.10.)

Karampungan kang katibakke sajro prakara mangkono kêna kagawa marang timbangane pêngadilan uhgêrèh sêkov. Yèn dhêndhane luwih dhuwur, sing kêna katibakake atas pêlanggaran iku, kèhe luwih saka limang atus rispis. Utawa yèn atas pêlanggaran iku kasèlèh ukuman seje kang luwih abot. Utawa ukuman rampasan barang-barange, iya iku kanthi [ka...]

--- 108 ---

[...nthi] utawa ora kanthi didhêndha babarpisan. (R.O. 163, 171.)

Bab 131.

Sakèhing prakara sipil utawa liya gugatan atas prakara kriminil utawa pêlanggaran. Kang diajokke kalawan andakwa marang wong kang kasêbut ing sajro bab 4, mêsthi banjur kagawa ing ngarsa rad pan justisi, kang wênang mriksa lan mutus. (Bijbl. No. 26, 151, 479, 1374, 1626, 2088.)

Sadurunge mutus prakara mangkene rad pan justisi mêsthi jaluk timbangane pangulu gêdhe, iya iku kalawan miturut bab 7, saka rèhlêmèn iki, lan uga mêsthi angrungu timbangane loro kêpala bôngsa wong pribumi, kang dalêm siji-sijine prakara iku diparingi wêruh dening kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral. (R.O.94, 105.-Stbl. 1867, No.10.)

Bab 132.

Rad pan justisi anyêkêl pangwasa panjagan atas wiskamêr lan sakabèhing prakara walenan, kang ana ing dalêm wawêngkone.

--- 109 ---

Bab 133.

Lêlakon kang mêsthi diturut dening wiskamêr kanggo kênane andadèkake utawa anindakake prakara, kalawan ora ambayar wragad, sanajan sajro kawajibane andakwa utawa yèn kadakwa, utawa manèh kapriye mêsthine jaluk idin. Kanggo prakaran mangkono, iku kabèh kapacak sajro pranatan atas bab anindakake prakara gugatan sipil. (I.R. 236.)

Bab 134.

Rad pan justisi, iya iku sawuse kapriksa bênêr, ananging ing jaba kadhudhukan pêngadilan, lan manawa ana panjaluke kulawargane wong iku, rad pan justisi wênang mrentahke supaya wong kang edan utawa kang sabab saka kalakuhan kurang bêcik, dadi ora bisa anjaga awake dhewe utawa kêna dadi ala tumrap wong seje, kalêbokna ing omah edan, utawa ing liya panggonan sing dicawisake, lan kaandhêg ing kono salawase durung têtela yèn durung mari bênêr. (Stbl. 1864, No. 52.)

Panjalukan mangkono ora manggêpok panjalukan [panjalu...]

--- 110 ---

[...kan] kanggo andèlèh wong sangisor prentah wali, prentah walenan iku manawa durung diwêtokake lan ana prêlune, kêna dijaluk barêng-barêng idin kanggo nglêbokake uwong iku ing sajroning omah kang kacawisake kanggo wong mangkono, utawa uga ing têmbene, iya iku kalawan miturut parentah kalumrah ngakèh kang wus diundhangke atas prakara iki. (R.O.135, 137.-I.R. 230.-Stbl. 1868, No. 72, 1871, No. 78.)

Bab 135.

Putusan kang rinêmbug sajroning bab ing ngarêp iki, ora kêna ditibakake kanggo luwih lawas saka sataun. Ananging sabên taun, kalawan miturut panjaluke kaya sing dirêmbug dalêm bab ing ngarêp iki, lan sawuse kapriksa manèh iku wangênan sabên-sabên kêna kadawakake manèh nganti sataun lawase. (R.O.137.)

Bab 136.

Putusan rad pan justisi dalêm prakara kang kasêbut sajroning rong bab ing ngarêp iki, kêna bacut katindakake, ananging uga kêna kagawaa marang timbangane pêngadilan [pênga...]

--- 111 ---

[...dilan] uhgêrèh sêkov, kang mutus prakara iku kalawan ora anindakake pangadonan manèh. (R.O.138.)

Bab 137.

Yèn sawijining wong kang miturut bab 134, lan 135, wus kaanggrak, wus bêcik utawa wus anyatakake tôndha kabêcikan. Kang andadèkake kurang prêlune kaandhêg luwih lawas. Môngka rad pan justisi kang wus anibakake layang putusane biyèn sawuse mariksa prakarane manèh lan sawuse amiyarsa ofisir pan justisi, iya iku sajaba palinggihan rad. Kêna mrentahke luware wong iku yèn anjaluk dhewe utawa dening sanak sadulure. (Stbl. 1864, No. 52.)

Ofisir pan justisi ing sajroning pangkate uga wênang jaluk luware wong mangkono. (R.O.55.)

Putusan kang anulak panjaluk mangkono, kêna kagawaa marang timbangane pêngadilan kang luwih luhur.

Bab 138.

Aturan kang karêmbugake sajroning patang bab ing ngarêp iki [i...]

--- 112 ---

[...ki] amung kaanggo tumrap bôngsa kulit putih sapêpadhane.

Atasing wong bôngsa pribumi sapêpadhane, kang edan. Sakèhing pêngaturan utawa parentah kang wus diwêtokke mêsthi bacut katindakke. (I.R. 230,-Stbl. 1833, No. 72,-1868, No. 72,-Bijbl. No. 775, 1072.)

Bab 139.

Mungguh campurane rad pan justisi ing sajroning prakara gadheyan ipotik utawa liya kawajiban barang, utawa manèh atas prakara pangganti kawajiban, ègêndhom, iku kaatur ing parentah umum atas pawênang wong pribumi.

Bab 140.

Prakara pajagane rad pan justisi atas notaris kang ana ing dalêm wawêngkone, utawa sakèhing layang-layang, registêr utawa liya dhaptar kang kacêkêl dening notaris iku, utawa manèh pajagan pakunjaran kang ana ing dalêm wawêngkone rad mau, kaatur kalawan parentah dhewe-dhewe.

--- 113 ---

Bab 141.

Yèn ana notaris mati, utawa kacopot, lan manggon dununge iku ing sajroning paresidhenan. Ing ngêndi ana rad pan justisi uga, pramula layang-layang lan registêr utawa dhaptare kabèh mêsthi digawa nyang kantore ghriviring rad iku, supaya disimpên ing kono. (R.O.142.)

Manawa notaris ing liya panggonan mati utawa dicopot. Layang-layang lan registêr utawa dhaptar mau mêsthi kasimpên ing kator paresidhenan.

Kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, anamtokake sapira lawase layang-layang lan registêr utawa dhaptar iku kêna kasimpên ing kantor paresidhenan. Sakdurunge kagawa nyang kantore ghriviring rad pan justisi kang duwe cêkêlan. (Stbl. 1868, No. 8, 1882, No. 25.)

Bab 142.

Ghrivir rad pan justisi lan sekrêtaris paresidhenan mêsthi anyimpên layang-layang lan registêr utawa dhaptar iku, sakarone wajib lan mêsthi angidini supaya layang-layang iku dipriksa utawa manèh kêna lan mêsthi awèh turunan: grosê, utawa turunan lan pêthikan. iya [i...]

--- 114 ---

[...ya] iku klawan miturut aturan kang wus utawa kang bakal diundhangake kanggo notaris-notaris. (R.O.162)

Bab 143.

Duplikate registêr: burgêrlikê sêtan. Kakirim ing kantore ghriviring rad pan justisi, supaya kasimpên ing kono dadi pajagane ghrivir mau, kang wênang awèh turunan pêthikan saka layang-layang iku kaya priyayi: burgêrlikê sêtan, dhewe, (R.O.67.)

Bab 144.

Ofisir rad pan justisi mêsthi anyêkêl kalawan têmên-têmên lan bêcik. Registêr utawa dhaptar:

1e. Saka sakèhing prakara kang wus ditindakke dhewe, iya iku klawan ditêrangke prakarane, uwonge kang katarik sajroning prakara iku, apa sing ginawe atas bab prakara iku, dening sapa, lan kapriye prakara iku kapancasan.

2e. Saka sakèhing wong kang kaandhêg sajroning kunjara kang kawêngku rad pan justisi, iya iku kanthi ditêrangke prakarane lan miturut parentahe sapa wus anganggrak wong iku. (Stbl. 1874, No. 28.)

--- 115 ---

Saka registêr-registêr iku sabên têlung sasi sapisan. Utawa sapira kêrêpe prokurur jendral jaluk, mêsthi dikirimi turunan sing rêsik lan ganêp. (R.O. 182,-I.R. 91,-Stbl. 1832, No. 61,-Bijbl. 2240.)

N.B. Perangan kang kapat saka rèhlêmèn iki, iya iku saka ing bab 145, kongsi bab 150, angrêmbug prakara lakune ukum cêkêlaning nagara Walônda sarta sajabane tanah Jawa lan Madura. Dadi tumrap priyayi Jawa ora ana prêlune, yèn dirêmbuga ing sajroning buku iki.

__________

Bab kang Kalima.

Anyatakake Marang Prêkumpulan Pangadilan, kang Gêdhe, Ingatase Tanah Indiya Nedêrlan.

Bab 151.

Wondene kumpulan pangadilan, kang gêdhe iku panggonane dumunung ana ing Batawi, sarta pangwasane anyukupi marang kabèh tanah Indiya Nèdêrlan.

Bab 152.

Dene kang diarani pangadilan, kang gêdhe iku, mangkene kawujudane. (Stbl. 1874, No. 101.)

--- 116 ---

Siji: kang dadi pagêdhene pradata, presidhèn.

Siji: kang dadi wakile pagêdhene pradata.

Lima: kang dadi ratsir.

Siji: kang dadi prokurur jendral.

Siji: kang dadi advokat jendral.

Siji: kang dadi ghrivir, lan

Siji: kang dadi wakile ghrivir.

Bab 153.

Wondene pagêdhene pradata lan prokurur jendral iku, umure ora kêna kurang saka têlung puluh taun, lan kang dadi ratsir iku kabèh, umure ora kêna kurang saka wolu likur taun. Kang dadi advokat jendral lan ghrivir iku umure ora kêna kurang saka salawe taun. Dene kang dadi wakil ghrivir iku, umure ora kêna kurang saka têlu likur taun, lan manèh pangkat-pangkat iku kabèh, amêsthi kacêkêl dening wong bôngsa Walônda, utawa wong kang kapadhakake karo bôngsa Walônda, kayadene unine undhang-undhang Walônda, sarta manèh kang kêna didadèkake lid pangadilan. Awit sinaune ing ngèlmu ukum, (R.O.102, 120.)

--- 117 ---

Bab 154.

Mungguh prêkumpulan kang gêdhe mau, dhèwèke ora kêna linggih apadene mancasi anibakake barang putusan, yèn sathithik-thithike lid kurang saka wong lima. (Stbl. 1874, No.101.)

Dene marang prakara kaya kang tumrap ing bab 159, ing ngisor iki, mula kêna prêkumpulan kang gêdhe iku anibakake putusan akanthi lid mung wong lima, ananging kang tumrap marang prakara kaya kang kasêbut ing bab 165, ing ngisor iki kudu karo lid wong nênêm. (R.O. 28, 155)

Bab 155.

Manawa kakurangan lid bakal kanggo anindakake panggawehan mau, ghriviring prêkumpulan mau kang dadi sêsulih linggih dadi lid. (R.O. 122.)

Bab 156.

Môngka prêkumpulan, kang gêdhe iku katêtêpake, ing dalêm pitung dina sathithike linggih utawa kumpulan ping pindho, mangkono uga sabên-sabên ana

--- 118 ---

prêlu bakal anyampurnakake pagawehan ukum, iya kudu banjur linggih (kumpulan). (R.O. 26, 45)

Bab 157.

Wondene prêkumpulan prakara kiye, sajroning pangkate kagawe pangadilan. Kang gêdhe dhewe, awit dhèwèke kang kapatah anjaga sakabèhing ukum kang ditindakake sajrone tanah Indiya Nèdêrlan kabèh, sarta istiyare supaya makolèhi ing ngêndi-êndi ukum kalawan sapatute dhewe-dhewe lan enggal.

Lan manèh prêkumpulan prakara kang gêdhe iku prêlu kudu anjaga akanthi titi, mungguh kêlakuan lan pagawèhane kêpala bêbênêran sarta khakim, bab prêkara kiye prêkumpulan prakara kang gêdhe iku kêna anyatakake samubarang apa, lan angelingake marang kêpala bêbênêran, lan khakim. Manawa amigunani dadi sampurnane panggawehane, nadyan kalawan layang kang dingalamati marang kêpala utawa khakim, dhewe-dhewe, utawa kalawan layang kang dingalamati marang sakabèhe bae.

--- 119 ---

Dene manèh wajib, prêkumpulan prakara kang gêdhe mau jaluka warta lan rêmbug marang kêpala sivil, utawa marang pagêdhene paprangan, apadene marang prokurur jendral, lan marang priyayi liya-liyane kang jaga undhang-undhang, sarta kêna dijaluka supaya warta lan rêmbuge mau kabarêngna karo layang-layange kang pêrlu kapriksa uga.

Ewadene pêngaturan ing bab 32, bageyan kaping loro, uga kagêpok marang prakara iki.

Bab 158.

Wondene sakabèhe layang putusane (arrest.) prêkumpulan prakara kang gêdhe iku, nadyan bab prakara kang binuka wiwit-wiwitane, utawa bab prakara apèl. Prakara revisi lan prakara kasasi, iku kabèh ora kêna dilawan, kang mangkono mau dijabakake bab kang kasêbut ing bab 159, 160, lan bab 161, ing ngisor iki, karo manèh kajabakake laku liya-liyane kang wus dinyatakake ana ing undhang-undhang tumrap prakara ukuman bab sivil.

--- 120 ---

Bab 159.

Iki pratelane prakara sivil kang dibubuhake marang prêkumpulan prakara kang gêdhe mau, sarta kang kapriksa dhewe awit saka kawit wiwite, kaya ta:

Sapisan, kabèh prakara, manawa kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral kang kalêbêt ing dakwa (kang kêna prakara).

Kang kapindho, kabèh prakara, manawa guphrêmèn tanah Indiya Nèdêrlan kang kasangkut ing dakwa, ananging kajabakake utawa liya prakara pajêg lan prakara pak.

Marang sajroning iku uga, môngka prakara sabên-sabêne, kalastarèkake binuka dening hakim kayadene adat kalakon.

Bab 160.

Wondene layang pêpancasaning prêkumpulan prakara kang gêdhe mau, kang krana unine bab 159, iku, sarta ditibakake marang ingatase prakara kang kapriksa dhewe awit wiwitan. Layange pêpancasan mau ora kêna dipadu manèh, yèn lungguhe prakara padha karo prakara kang kêna kapancasi dening rad pan justisi, kalawan kang ora kêna dilawan mau.

--- 121 ---

Tumrap bab putusane prakara kang kêna dipadoni, yèn prakara mau mula-mulane kapriksa marang rad pan justisi, pramula layang pêpancasaning pêngadilan luhur mau ngatase prakara mangkono iku, kêna diowahake marang pêngadilan luhur iku uga, samono iku yèn prakara mau ora kêna ditarik ing pangadilan rad gêdhe ing nagara Walônda. (R.O.126.)

Tumraping prakara kang kêna ditarik ing ngarêpe pangadilan rad gêdhe ing nagara Walônda, pêgadilan luhur kang dumunung ana ing Batawi mau, sajroning prakara mangkene kiye iya kêna akon nindakake layang karampungane prakara bab kuwe, bêcik kanthi tanggungan utawa ora. (R.O.158,-Stbl. 1851, No. 4, 1872, No. 12, 1887, No.153.)

Bab 161.

Manawa pêngadilan luhur kang dumunung ing Batawi iku, angatasake prakara kaya unine bab 160, ing dhuwur, môngka mêsthi dhèwèke kudu mufakatan karo pangulu wong sangang iji kèhe. (R.O. 28.)

Bisane olèh hakim samono kèhe iku, mula kudu ana linggih: kabèh lid-liding pêngadilan [pêngadila...]

--- 122 ---

[...n] kono, sarta pagêdhene pisan, sarta manèh diundang uga nyang prêkumpulan iku kêpala rad van justisi, kang dumunung ing Batawi, sarta lide, wong sapira kang sakirane nganti cukup. Lan kang kawijang-wijang pangkate, awit saka kang tuwa têkan marang kang anom, mangkono laku lungguhe. (R.O.155.)

Bab 162.

Iki prakara kang kaslêsihake ukume sarta kapriksa dhewe awit wiwitane dening pêngadilan luhur ing Batawi mau, sarta ukum karampungane ora kêna dilawan manèh, kaya ta prakara:

1. Salêsihane para kêpala nagara padha karo kêpala nagara, yèn padha kabawah ing rad van justisi seje utawa dhewe-dhewe. (R.O.127.)

2. Salêsihane rad van justisi padha karo rad van justisi.

3. Salêsihane ranrad van justisi karo kêpala kang pangkate ing sangisore rad van justisi.

4. Marang bab hakim sipil karo hakime wong paprangan. Kaliyakake marang slêsihane pêngadilan luhur iku karo pêngadilan luhur ing paprangan. Wondene [Wonde...]

--- 123 ---

[...ne] ingatase slêsihane pêngadilan luhur loro mau, panjênêgane kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral kang amutusi.

Bab 163.

Iki prakara kang diatasake marang pêngadilan luhur iku, kaya ta:

1. Putusan kang ditibakake dening rad van justisi, marang kabèh talatahe tanah Indiya Nèdêrlan. Kang pancèn kêna diatasake (apèl). (R.O. 126, 127, 129, 130, 150, 164,-Stbl. 1824, No.31a, 1825, No.39, 1874, No. 94b, 1877, No.149.)

2. Putusan kanthi pirukunan. Kang awit wiwite ditrapake marang ing pulo Jawa lan Madura, lan marang wawêngkon kang kasêbut ana bageyan sapisan saka ing bab 149. (Stbl.1874,-No.33, 94b,-1878, No.14,-1879, No.65,-1880, No.32, 55,-1881, No.82,-1884, No. 131,-1886, No.146.)

Bab 164.

Môngka kabèh prakara sivil kang kêna diatasake marang pêngadilan luhur mau, babarpisan kêna binuka dening pêngadilan luhur dhewe, kang iku manawa sakarone (kang padha [pa...]

--- 124 ---

[...dha] prakaran) anjaluk kaya mangkono, mula kapancasi dening pêngadilan luhur kono prakarane mau, ananging karampungane ora kena kapadonan manèh. (R.O. 163,-Stbl. 1874, No. 33, 94b.)

Bab 165.

Wondene para priyayi kang kacetha ing ngisor iki, manawa dhèwèke anglakoni pagaweyan kang kakênakake ukuman kriminil. Utawa anglakoni pagaweyan anglancangi prentah, iku pêngadilan luhur kang mutusi prakarane, kaya ta: (R.O.6, 129, 166, 168,-Stbl. 1878, No.3.)

1. Kêpala wakiling rad tanah Indiya Nèdêrlan, sarta lid-lide kabèh.

2. Sekrêtaris jendral, sekrêtaris guphrêmèn, lan sekrêtaris rad tanah Indiya Nèdêrlan.

3. Kêpala pêngadilan luhur kang dumunung ing Batawi, kêpala pêngadilan luhur tumraping paprangan, lan kabèh lid-lide, lan prokurur jendral, ghrivir lan wakil ghriviring pêngadilan luhur mau sakloron.

4. Kabèh dhirèktur kang ngêpalani bageyan paprentahan, kang dumunung ana ing Batawi.

--- 125 ---

5. Kêpala sarta kabèh lid-lide rèkênkamêr.

6. Kabèh guphrênur lan residhèn.

7. Kabèh kêpala rad van justisi, lan wakil kêpala rad van justisi, lan kabèh lid-lide, lan fiskale, lan wakiling fiskal.

8. Kabèh rad sambang.

9. Kabèh kêpala (presidhèn) landrad, lan kepala-kêpala liyane, ananging sakabèhe priyayi-priyayi kang dadi pagêdhene kêpala, sabab lakuning paprentahan panggaweyan iku, ora kalêbu etungan.

Sêmono uga, kabèh kêpala rad van justisi lan lid-lide, utawa fiskale lan wakil-wakil fiskal, lan manèh rad sambang, apadene presidhèn landrad lan kêpala liya-liyane, ing wawêngkon sajabane tanah Jawa lan Madura, manawa kêsalahan kang kagêlêng pagaweyan anglancangi prentah, sanajan kang jênêng kapriye uga gone nglakokke pagawe mangkono, iku pamriksane kajibahake marang hakim kang wajib angukumi prakara kuwe, kaya adat kang wus kalakon. Dene ghrivir lan wakil ghriviring pangadilan luhur iku utawa pangadilan luhur tumrap [tu...]

--- 126 ---

[...mrap] wong paprangan. Apamanèh priyayi-priyayi kang kasêbut ing ôngka 2, ongka 4, ôngka 6, ôngka 7, ôngka 8, lan ôngka 9, ing dhuwur, yèn pagaweyane anglancangi paprentahan, ukumane didhêndha dhuwit, kèhe ora luwih saka satus rispis, utawa kaukum kunjara suwe-suwene wolung dina lawase, sakarone karo nganggo rêrayahan barang apa-apa, utawa ora nganggo rêrayahan, samono iku uga kalêbu gêlêngan ukume hakim kang adat angukumi prakara magkono uga. (R.O. 108, 130.)

Bab 166.

Mungguh sakabèhe priyayi-priyayi kang kasêbut ing bab 165, ing dhuwur iki, nalikane isih ana sajroning pagaweyane, ora kêna diêtrapi parentah anyêkêl marang dhèwèke, yèn prakarane durung diunjukake dening prokurur jendral, kunjuk ing panjênêngane kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, anyuwun palilah supaya kêna nindakake panuntuning ukum katindakake marang priyayi kang kasalahan iku akanthi ora awèh katledhoran pagaweyan guphrêmèn. Anadene kajabakake

--- 127 ---

aturan iki, yèn priyayi mau katêmu nalika sêdhênge ananindakake pagaweyan kang awèh ukuman iku, mula kêna dhèwèke banjur kaanggrak dhisik. (R.O.167.)

Bab 167.

Manawa wus têka warta saka ing kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, sarta wus paring palilah ing saprêlune, prakara mau banjur katêrusake papriksane, dene yèn sabab ora têka warta iku, môngka wus kaliwat saka wolu likur dina karo nalikane angunjuki uninga prakara iku marang ngarsane kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral. Iku iya uga banjur kabanjurake kapriksa prakarane.

Bab 168.

Dene manawa priyayi-priyayi kang kasêbut ing bab 165, ing dhuwur iki, anglakoni pagaweyan kang kakênakake ukuman kriminil, nalika dhèwèke isih mêngku pangkat kalungguhane, iya ora kêna diturut lakuning anggêr kang tumrap marang dhèwèke, aliya yèn wus olèh idi saka kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur

--- 128 ---

jendral. Ing sajroning mangkono wau sawaktu durung olèh idi, uga kawajibake prokurur jendral anitik-nitik utawa kongkonan apitakon samubarang apa kang bakal bisa nêrangake sapatute prakara iku, kalawan atas kuwasane dhewe. (R.O. 179.)

Bab 169.

Wondene karana unine bab 91, lan bab 106, bab 129, bab 146, utawa bab 147, ingatase prakara iki, pêngadilan luhur kêna angowahi sakabèhe karampungan prakara ukuman. Iya iku karampungan kang katibakake dening rad van justisi, lan dening rad sambang, utawa dening landrad, utawa dening kêpala nagara ing liya-liyane. (I.R. 316,-Stbl. 1872, No.207,-1874, No.33, 94b.-1878, No.14,-1879, No.65,-1880, No.55,-1884, No.131,-1886, No. 146,-Bijbl. No. 2628.)

Bab 170

.

Tumrape marang kabèh prakara kang kasêbut ing bab 171, lan bab 172, ing ngisor iki, pêngadilan luhur iku kêna anampani uwuke, samono [samo...]

--- 129 ---

[...no] uga karo disrasèhake sabanjure marang aturan undhang-undhang kang wêkasan.

Êtrap pambukake prakara uwuk iku, kêna kajaluk dening sapa kang lêlawanan. Utawa dening prokurur jendral kalawan kuwasane dhewe, ananging mungguh prakara panjaluke prokurur jendral iku mung arêp angrêsikake tumindake ukum bae, lan manèh yèn wus kaliwat katamtuane kang diwèhake marang kang lêlawanan iku kanggo bukak kabadharan, utawa manèh layang putusan kang katibakake kanggo badharake kang krana jinaluk dening prokurur jendral mau, ora kêna ngantia gawe barang kapitunan marang kang padha kalawanan iku. (R.O.54,-I.R.192, 352, 358.)

Bab 171.

Yèn kalawan jinaluk badhare, mungguh pangadilan luhur mau kêna amurungake pagaweyan utawa karampungane rad van justisi kang ora olèh disamantakake atase prakara ukuman. Lan atase slêsihane kêpala utawa hakim padha karo pêpadhane kêpala utawa hakim, kang mula-mula padha binukak marang rad van justisi, samono uga kang karana sabab kasêbut [kasêbu...]

--- 130 ---

[...t] ing ngisor iki, kaya ta: (R.O.124, 127, 145, 170, 172,-I.R. 192, 352, 402,-Stbl. 1872, No. 207,-1874, No. 94b.)

1. Amarga ora ngestokake anggêr-anggêr kang wajib tinurut, karana mangkono kang wajib kawurungke. (R.O.28, 31, 174,-I.R. 198, 353.)

2. Amarga salah ngênakake anggêring undhang-undhang, utawa sabab anyacat marang anggêr-anggêr mau. (R.O. 173,-IR.353.)

3. Amarga anglakahianglangkahi (dan di tempat lain). kuwasane saka ing tindake ukum.

4. Amarga angukum kang dudu kuwasane, (anyahak pangwasa ukuman), (R.O.175.)

Bab 172.

Wondene aturan iku mau kêna uga kakênakke marang karampungan landrad, kang ora olèh kasamantakake kang tumiba atas prakara sipil, utawa prakara ukuman. Marang kang awit wiwite pinriksa dhewe, iya iku prakara kang kasêbut ing bab 95, ingatase iki, ôngka kang katêlu. (R.O.170,-I.R. 198, 352,-Stbl. 1874 No. 33, 94b,-1878, No.14,-1879, No. 65,-1880, No.32, 55,-1881, No. 82,-1884, No.131,-1886, No.146.)

--- 131 ---

Bab 173.

Manawa ana karampungan, kang diwurungke sabab salah utawa kliru pangêpèke aturan undhang-undhang, utawa sabab anyacat aggêr-anggêr mau, utawa anglakahi pangwasa iku, kang mangkono wau dening pangadilan luhur kaslêsihake lajêring prakara mau, yèn prakara sipil kaslêsihake marang layang putusan kang ambatalake karampungan kang dibadharake iku uga.

Mungguh prakara bab ukuman, pêngadilan luhur kêna amrentahake: ing layang putusan kang ambatalake karampungan kang dibadharake iku, supaya kapriksa wiwitane tumindak kang ambêciki panêmuning pêngadilan iku sarta masisan wiwit mulane kang dadèkke kaènthèngan, utawa angêbotake ukuman kang katibakake mau kanthi adil lan sakmurwate. Prakara kang mangkono iku môngka lajêr prakarane iya kaputusan manèh karo layang putusan kang kapindho. (R.O.171, 175.)

Bab 174.

Yèn ana putusan kang amurungke jalaran ora anutut aturan kang prêlu tinurut, môngka dening pangadilan [pangadila...]

--- 132 ---

[...n] luhur mau uga kapurih mriksa manèh prakarane, amiwiti saka ing layang karampungan sing sapisan kang anganakake aturan sing ora tinurut iku. (R.O. 171, 175.)

Wondene papriksan iku kêna katindakake mangkene:

1. Ing pêngadilan luhur kono, marang prakara iku banjur kapancasan prakarane.

2. Marang kêpala kang maune angukumi prakara kuwe uga, utawa marang kêpala liya sing pangkate kasamakake karo kêpala kang mau-maune angukumi prakara iku, samono uga yèn sawuse êntèk prêlune.

Bab 175.

Yèn ana karampungan amurungake jalaran hakim kang anibakake dhèwèke ora kawajiban tumrap prakara iku, môngka dening pangadilan luhur uga banjur kapasrahake marang hakim sing kabênêr prakara iku.

Wondene aturan iki, utawa aturan ing bab: 173, lan 174, ing dhuwur iki, ora pisan kagêpokan marang prakara kawurunganing karampungan bakal kanggo angrêsikake ukum bae, klawan panjaluke [panja...]

--- 133 ---

[...luke] prokurur jendral akanthi kuawasane dhewe mau. (R.O.170.)

Bab 176.

Mungguh panjaluking pambadharing karampungan ora kêna dirujuki, yèn ana marga liya kang kêna tinurut kanggo amadoni karampungan iku. (R.O.96, 103, 126, 130, 171.)

Bab 177.

Yèn rad van justisi utawa priyayi bôngsa Eropah, sing anindakake ukum kalawan pangwasa kang bang-bang lume kapasrahake dhèwèke, yèn dhèwèke ora gêlêm angukumi barang prakara sipil, utawa prakara iku kaêndhe-êndhe kang kongsi ora samajade, ing mêngko pangadilan luhur sing angukumi sakabèhe prakara kang kaya mangkono iku, kaewokake prakara kang pinadonan sing dicaosake ing ngarsane, ananging saupama prakara mau ing mula bukane kapriksa dhewe, iku karampungan sarta ora kêna pinadonan luwih dawa manèh. (R.O. 157.)

Bab 178.

Anadene prakara pajagan pangadilan luhur iku, bab [ba...]

--- 134 ---

[...b] pangkat notaris, utawa sakabèhe bab pakunjaran kang ana sorsorane, iku kabèh bakal diatur klawan aturane dhewe. (R.O. 107,-Stbl. 1847, No.28,-1867, No. 114,-1871, No.78.)

Bab 179.

Mungguh ana prakara aduan têka marang pêngadilan luhur iku saka ing wong sing duwe prakara, utawa pangadilan luhur iku olèh warta saka ing marga liya, yèn ana prakara kang magêpok ukuman kriminil, utawa prakara anrajang prentah kang ora angèdèkake marang kamurwatan mungguh tindake ukum. Kang iku pangadilan luhur wajib dhèwèke angatag prokurur jendral supaya awèh carita atas prakara iku, sarta kêna kongkonan nindakake barang kang pantês tumrap prakara mau, yèn ana sabab kang angwajibke kaya mangkono, samono uga yèn ora ana layang saka ing kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, surasa aparing prentah anyêgah nindakake prakara iku, lan manèh karo dilêmpiri aturan ing bab 4, ing atase iki. (R.O.56, 182)

Wondene kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral [jendra...]

--- 135 ---

[...l] ora kêna panjênêngane paring dhawuh kang mangkono iku, lan manèh ora kêna panjênêngane ora krêsa paring idi kang kasêbut ing bab 168, ing dhuwur iki, yèn durung andangu rêmbuge rad tanah Indiya Nèdêrlan dhisik.

Dene yèn kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, ora rujuk kalawan rêmbuge rad tanah Indiya Nèdêrlan. Iku sababe banjur tinulis dening kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, sabanjure kaunjukake ing saandhap sampeyan dalêm kangjêng sri maha raja, mungguh layang mau, dadi tumrap kanggo pangrêksane kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, mungguh prakara iku. (R.O.5,-Bijbl. No.2806.)

Bab 180.

Mungguh prokurur jendral iku, iya kang dadi kêpala polisi ing sak wawêngkon tanah Indiya Nèdêrlan kabèh, lan sajroning dhèwèke dadi kapala iku môngka dhèwèke wajib angupaya supaya kabèh aturan undhang-undhang kanggo bab kapulisèn iku katindakake klawan tumuli sarta kêncênge.

Ewoning prakara mau, mulane kabèh priyayi

--- 136 ---

bôngsa wong Eropah kang anjaga undhang-undhang, kaya ta: piskal lan sapanunggalane, dumunung ana sorsorane prokurur jendral, samono uga kanthi kapacak aturan ing bab 56, ing atase iki. (R.O.54, 181,-Bijbl.No.804)

Bab 181.

Wondening prokurur jendral iku, kawajibake awèh aturan marang kabèh priyayi bôngsa paprentahan kang nindakake kapolisèn. Mungguh prakara polisi, iya iku aturan kang bêcik ing panêmune prokurur jendral iku ananitika kabèh pagaweyan kang manggêpok ukuman kriminil. Utawa pagaweyan anglancangi prentah, lan budidayaa ing saolèh-olèhe supaya pagaweyan kang mangkono iku aja kongsi ana wong kang nindakake, lan manèh pamiyara mungguh santosane nagara. Yèn ana mufakatan mungguh prakara nindakke aturan kang mêtu saka prokurur jendral iku, utawa mungguh prakara nyamantakake pangwasane gone awèh aturan iku, kang mangkono mau banjur kagawaa katur ngarsane pangadilan luhur, môngka dening pêngadilan luhur iku, kaunjukake sarta klawan [kla...]

--- 137 ---

[...wan] rêmbuge katur kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral. Supaya kaputusan dening kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral. (R.O. 180,-Bijbl. No. 804.)

Kaewokake sajroning kono uga, prokurur jendral ora kêna mrentahake karo pangwasane dhewe, iya iku paprentahan kang manggêpok marang paprentahane wong pribumi, utawa marang adat wong pribumi (nagara) ing laku aturan kampunge, aliya kaunjukake dhisik katur ing kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, amung kangjêng tuwan kang wicaksana sing wênang ngêtokake prentah prakara iku. (Bijbl. No. 804.)

Bab 182.

Wondene prokurur jendral mau, kawajiban angopèni pira-pira dhaptar (buku registêr) kaya kang kasêbut ing bab 144, ing atase iki. (I.R.91)

Môngka wênang pangadilan luhur iku amacaa dhaptar mau sabên-sabên ing sakarêpe, mangkono uga turunan dhaptar kang kinirimake marang prokurur jendral karana unine bab 144, iku. (R.O. 179.)

Bab 183.

Mungguh prakara layang publikasi, têgêse: layang awèh [a...]

--- 138 ---

[...wèh] wêruh, utawa layang ordhonansi, têgêse: layang prentah, sabên-sabên ana layang kang mangkono iku sing diwêtokake karo panjênêngane komisaris saka pêngadilan luhur kono, iku kudu katulisa dening ghriviring pêngadilan luhur mau kanyataan sarta tôndha tangane katulis ing sisih ngisore layang iku, yèn layang mau kawêtokake ing tindak kang mangkono.

Bab 184.

Manawa ana advokad utawa prokurur kang dumunung ing Batawi, tinggal dunya, kudu sanalika iku uga ghriviring pêngadilan luhur banjur lunga mênyang omahe advokad utawa prokurur sing mati mau, utawa mênyang kantore, prêlu anômpa kawakilan mungguh saka ing sakabèhe layang-layang kang manggêpok marang kabèh prakara sing lagi katindakake utawa wus katindakake marang laku ukum. Pramula layang-layang iku kudu kadhaptaran dening ghrivir mau. (R.O.141.)

Ing wusana layang-layang iku uga kagawaa dening ghrivir nyang kantore dhewe, banjur kapasrahêna marang wong kang

--- 139 ---

anduwèni pawênang atas layang-layang iku, samono uga yèn wus kaidinan dening pêngadilan luhur kono.

Tumraping prakara yèn ana advokad utawa prokururing rad van justisi kang mati, ananging dumunung ing sawijining panggonan sajabaning Batawi, iku kabèh pagaweyan kang kasêbut uga kagarapa dening ghriviring rad van justisi kang amêngku pangwasa mêngkoni panggonan tilas dununge advokad utawa prokurur kang mati mau. Ing prakara iku, kang awèh idi pamasrahe layang-layang mau marang wong kang anduwèni pawênang atas layang-layang iku, iya iku rad van justisi kono uga sing awèh idi. (R.O. 188.)

Perangan kang Kanênêm.

Mungguh Advokad lan Prokurur.

Bab 185.

Advokad uga dadi prokurur, pangkat iki lan panggaweyane diatur ing sajroning pranatan bab prakara sipil lan kriminil.

Bab 186.

Kang dudu alim kang faham marang ukum ora kêna dadi advokad. Ananging kêna dadi prokurur.

--- 140 ---

Kang mangkono, sadurunge kêna dipurdrah ing kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, mêsthi kapriksa dhisik kapintêrane atas prakara ukum kang tumindak, lan atas laku-lakune ukum iku.

Eksamên iku ginawe ing ngarsane loro komisaris. Lid saka pêngadilan, ing ngarêpan ngêndi prokurur iku jaluk anglakokke panggaweyane, mungguh prosès pêrbale eksamên mau mêsthi dikanthèkke turunane kang ditandhani dening sing wajib, marang layang purdrahe.

Bab 187.

Advokad lan prokurur, sadurunge nindakke panggaweyane mêsthi asumpah (ajanji) ing ngarsa presidhène pêngadilan. Ing ngêndi dhèwèke jaluk magawe, iya iku sajroning prêkumpulan pêngadilan iku kang kagiyarake môngka sumpahe kaya ing ngisor iki:

Kula prasêtya yèn kula badhe lêrês asêtya dhatêng ing kangjêng sri maha raja sarta dhatêng kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral sangking tanah Indiya Nèdêrlan, inggih punika wakilipun kangjêng sri maha raja. Saha kula badhe angurmati (angaosi) sakathahipun prêkêmpalan [prêkêmpa...]

--- 141 ---

[...lan] pêngadilan, kadospundi mêsthinipun sarta pantês. Ingkang tumrap pikantuk kula pangkat punika, kula botên suka utawi janji, utawi botên badhe suka utawi janji punapa-punapa kaliyan nindakakên pyambak, utawi kanthi tulunganipun tiyang sanès, kadospundi ugi, dhatêng sintên-sintêna ugi. Saha malih ing mangke kula botên badhe ngrêmbagakên utawi nglawanakên prakawis. Ingkang sangking pandugi kula pyambak botên kenging kaajêng lêrêsipun wontên ngarsa ukum.

Bab 188.

Advokad lan prokurur kang magawe ing ngarsa pêngadilan uhgêrèh sêkov, mêsthi omah sajroning têlung pal dohe, lan kang magawe ing ngarsa pêngadilan liya, sajroning limang pal dohe saka gêdhong ing ngêndi pêngadilan iku lungguh kumpulan.

Bab 189.

Advokad lan prokurur sing magawe ing ngarsa pêngadilan rad van justisi amung kêna nindakke panggaweyane sangarsane rad iku bae.

--- 142 ---

Advokad lan prokurur kang magawe ing ngarsa pêngadilan uhgêrèh sêkov, uga kêna anindakke panggaweyane ing ngarsa pêngadilan rad van justisi ing Batawi, yèn agarap sajroning prakara sipil. Lan ing ngarsa sakabèhing pêngadilan liyaning tanah Jawa, yèn agarap prakara kriminil.

Bab 190.

Manawa advokad lan prokurur kang magawe ing ngarsa pêngadilan salah siji, diduduhke dening pêngadilan iku kanggo nulung marang wong kang wus olèh idi prakaran kalawan ora bayar wragad, advokad lan prokurur mau ora kêna angetung wragad apa-apa.

Uga advokad lan prokurur iku kang mêsthi anglawanake prakarane wong kang kadakwa sajro prakara kriminil. Klawan ora kêna angetung wragad apa-apa, yèn kaprentah dening pêngadilan ing ngêndi dhèwèke nyambut gawe.

Sajrone prakara mangkono dhèwèke ora kêna mukir utawa mopo, yèn ora ana sabab kang katimbang pantês dening presidhène pêngadilan iku. (R.O. 142,-Stbl. 1866, No. 103b.)

--- 143 ---

Bab 191.

Pangetunge kauntungan lan wragad liyane, advokad lan prokurur mau mêsthi miturut tarip kang wus utawa bakal ditamtokke. (R.O. 192,-Stbl. 1851, No.27,-1873, No. 92.)

Bab 192.

Pêngadilan ing ngêndi kang ngarêp ana advokad lan prokurur nyambut gawe, mêsthi anjaga klakuane sajro kawajibane nindakke panggaweyan iku.

Manawa advokad lan prokurur mau ngêndhokke prakarane wong: kang kaprêcayakke marang dhèwèke, utawa anledhorke panggawene seje rupa, lan yèn dhèwèke kurang ngajèni marang pêngadilan ing ngêndi gone nyambut gawe, utawa manèh manawa ngêtokake têmbung kurang taklim marang ukum utawa marang prentah kang kalumrah ngakèh, pramula pêngadilan iku wênang anyrêngêni dhèwèke, lan yèn prêlu uga wênang anglèrènake dhèwèke saka panggaweyane iku, ananging kanggo ora luwih suwe saka têlung sasi lawase, utawa angukum kalawan dhêndha kèh-kèhe 200 rispis. Tumrap wong malarat, iya iku kanthi kaukum babarpisan,

--- 144 ---

ambayar wragad lan kapitunane wong kang prakarane dikèthèrake iku.

Manawa bab kakèthèran iku kaping-kaping ditindakke utawa ana kasalahane luwih gêdhe manèh, môngka pêngadilan uhgêrèh sêkov, bèn saka karêpe dhewe utawa saka panjaluke rad van justisi, nglêbokke purdrah katur kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, kanggo anyopot advokad lan prokurur kang mangkono, iya iku aliya saka kawajibane kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral pyambak. Kanggo anyopot, sanajan uga durung jinaluk dening pêngadilan mau. (R.O. 187, 203,-Stbl. 1851, No.27.)

Perangan kang Kaping Pitu.

Mungguh Dhurwardhêr

Bab 193.

Dhuwardhêr, nadyan kang kajênêngke bètên gêwonê, nadyan kang: gêwonê, kaetung punggawa kang umum.

Gêwonê dhurwardhêr, katitipake dening kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, sarta kang wajib angunjukke kèhing dhurwardhêre ing sawiji-wijining pêngadilan. (R.O.197)

--- 145 ---

Dhuwardhêre pêngadilan uhmilitèr gêrèh sêkov (pêngadilan bôngsa prajurit kang gêdhe dhewe) uga kêna didadèkke dhuwardhêring pêngadilan uhgêrèh sêkov. Lan dhurwardêring pêngadilan iki uga kêna didadèkke ing uhmilitèr gêrèh sêkov. (Stbl. 1819, No.80)

Bètên gêwun dhurwardhêr, katêtêpake dening kêpala paresidhenan. Iya iku klawan animbang prêlune sajro paresidhenane. (R.O.194, 203,-Bijbl. No. 3556.)

Bab 194.

Gêwonê dhurwardhêr, sadurunge nindakke panggaweyane mêsthi asumpah (ajanji) ing ngarsa presidhene pêngadilan, ing ngêndi dhèwèke magawe, iya iku sajroning prêkumpulan kang kagiyarake, kaya ing ngisor iki sumpahe:

Kula prasêtya yèn kula badhe lêrês saha sêtya dhatêng ing kangjêng sri maha raja saha dhatêng kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral, inggih punika wakilipun kangjêng sri maha raja, ingkang tumrap pikantuk kula padamêlan punika, kula botên suka utawi janji, saha botên badhe suka utawi janji punapa-punapa dhatêng sintên-sintêna ugi. Saha kula anindakakên kawajiban kula klayan miturut salêbêting [sa...]

--- 146 ---

[...lêbêting] samudayaning prakawis punapa ingkang sampun kaprentah, ing sadaya sitan utawi sanès padamêlan ingkang manggêpok pangkat kula saha kaprentah utawi katêdha dhatêng kula, mangke kula tindakakên kalihan salêrês-lêrêsipun saha srêgêp. Lan malih ing salêbêtipun kawajiban kula, mangke kula nindakakên padamêlan kula kanthi têmên-têmên saha manah suci, utawi malih kalihan samudayaning kaurmatan dhatêng pêngadilan ingkang wontên. (R.O. 197)

Sumpah ing dhuwur iki mêsthi tinrapake uga marang bètên gêwun dhurwardhêr, ananging ana ngarsane kêpala paresidhenan, kang mêsthi amartakke pangangkat lan panyumpahe marang rad van justisi kang duwe bageyan. (R.O.193.)

Bab 195.

Gêwonê dhurwardhêr mêsthi omah dalêm têlung pal dohe saka gêdhong prêkumpulane pêngadilan, ing ngêndi dhèwèke nyambut gawe. Panggonan kalungguhane bètên gêwun dhurwardhêr diduduhake dhewe sajroning bêslit angkatane.

Bab 196.

Gêwonê dhurwardhêr iku mêsthi anjaga marang wayah lungguhe [lungguh...]

--- 147 ---

[...e] pêngadilan, lan anjaga panggaweyane pêngadilan iku ing sajro gêdhonge, utawa yèn ana kumpulan kumisèn apa-apa kang prêlu, sajro pangkate iku dhèwèke mêsthi nindakke prentah kang kawènèhke dhèwèke dening pêngadilan iku.

Bab 197.

Manawa gêwun dhurwardhêr iku ora ana, môngka pêngadilan wajib anêtêpke wakile, kang ditêtêpke dadi wakil iku ora kêna nindakake kawajibane yèn durung asumpah kaya priye kang kapacak ing sajroning bab 194.

Pangangkate wakil iku mêsthi banjur diwartakke marang pêngadilan uhgêrèh sêkov, supaya olèh dijalukke idine kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral.

Lapur lan idi iku ora prêlu, yèn pangkate wakil dhurwardhêr iku mung kanggo nyulihi dhurwardhêr kang kalerehan saka panggaweyane, kanggo sawataraa tempo bae, utawa ora bisa nyambut gawe saka sabab kawarilan lara. (R.O.193.)

--- 148 ---

Bab 198.

Sakabèhing dhurwardhêr sajro wêngkone pêngadilan ing ngêndi gone nyabut gawe, wajib anindakna sarupaning parentah utawa undhang-undhang kang mêtu saka pêngadilan iku, sarupaning pêpadonan lan pambêskuban, sanajan kagêpok sajroning prakara kang isih dilakokke utawa ora. Sakèhing pambêskuban lan pawewehan wêruh sajro prakara sipil utawa kriminil lan sapêpadhane kang prêlu kanggo anindakna prentah umum. Karampungan pêngadilan sapêpadhane, nadyan sajro prakara sipil utawa sajro prakara kriminil.

Yèn anindakke pasitan (pambêskuban) mangkono, salawase: turunan saka layang sitane mêsthi ditinggalke marang kang katêkan. (R.O.204.)

Bab 199.

Siji-sijining dhurwardhêr klawan tanggungane dhewe mêsthi awèh tulungane, yèn jinaluk kanggo ambêskub sajro paresidhenan ing ngêndi dhèwèke omah.

Bab 200.

Dhurwardhêr iku mêsthi miturut tarip kang wus utawa bakal ginawe, [gina...]

--- 149 ---

[...we,] yèn angetung kauntungan lan wragad liyane, ing ngisor layang-layange sitan sapêpadhane, salawase: mêsthi disêbut kèh-kèhing wragade, yèn ora: wragad iku ora kalêbu sajro etungan wragade prakarane, lan ora susah dibayar.

Sadurunge nindakke panggawehane ambêskub, dhurwardhêr kêna jaluk pursêkot (bayaran ngarêp) wragade luwih dhisik. (R.O. 202, 204,-Stbl. 1851, No. 27 lan 57.)

Bab 201.

Sajroning prakara kang dhèwèke diprentah dening pêngadilan utawa sing kasêbut ing sajro ukum. Dhurwardhêr mêsthi nindakke panggaweyane kalawan ora kêna ngetung kauntungan. Ananging dhèwèke uga ora prêlu angwêtokake wragad dhededhewe. (R.O. 203.)

Bab 202.

Dhurwardhêr iku mêsthi anyêkêl registêr utawa dhaptar cathêtan. Layang sitane mêsthi ditulis kalawan têrang lan cêtha, yèn ora: dhèwèke ora kêna tômpa bayarane.

--- 150 ---

Bab 203.

Prentah kang kaêmot ing sajroning bab 192, uga kaanggo tumrap dhurwardhêr, ananging klawan ditamtokke manèh yèn panglêpase bètên gêwun dhurwardhêr mêsthi diprentahke dening kêpala paresidhenan miturut panjaluke pêngadilan uhgêrèh sêkov. (R.O. 193, 199, Stbl. 1851, No. 27.)

Bab 204.

Atas dhurwardhêring pêngadilan bôngsa wong pribumi utawa kang magawe sangisor prentahe residhèn utawa liya kêpala nagara, ana aturane dhewe. (I.R. 428,-Stbl. 1872, No.61.)

Bab 205.

Kawajibane punggawa cilik utawa upas kang nindakke prentah ukum, kanggo kêna anindakke panggaweyan pambêskub mangkono, dipacak ing sajroning pranatan bab lakune prakara sipil utawa bab anjalukke ukume uwong. (I.R. 428.)

Tamat.

---

--- 151] ---

Iki Layang Pranatan Bab Panyêkêling Polisi, lan Bab Laku-lakuning Bêbênêran ing Prakara Parapadu, Apadene Bab Laku-lakune Panjaluk Paukumaning Wong, Ingatase Wong Jawa Sapêpadhane, ing Tanah Jawa lan Madura. (Bijbl. No. 57)

(Inlandsch Reglement.)

Prakara Kaping Pisan.

Bab Panyêkêling Polisi, lan Bab Pangupayaning Laku Kadurjanan, tuwin Panêraking Parentah ing Samubarang Prakara.

Bab 1.

Kang kabubuhan anyêkêl polisi, lan angupaya lakuning kadurjanan, tuwin panêraking parentah ingatase wong Jawa sapêpadhane, iku para priyayi kang wus kawijang-wijang ana ing layang pranatan iki, katandur ana

--- 152 ---

ing tanah sapira kang dadi bawah wêwêngkone dhewe-dhewe, ing ngisor iki pratelane. (I.R. 2.)

1. Para lurah desa, lan lurah kampung, sarta sarupaning sosoran priyayi polisi Jawa, sadhengaha arane, kalêbu priyayi polisi kang katandur ana ing bumi desa partikêlir. (I.R.7,-Stbl. 1836, No. 19,-1880, No.50,-1889, No. 268.)

2. Para lurah dhistrik, lan para priyayi kang pinaringake dadi kanthine. (I.R.36,-Stbl.1865, No.84.)

3. Para lurah jêksa, lan para jêksa. (R.O.62,-I.R.55, 63,-Stbl.1865, No.84,-1886, No.79,-1887, No. 189, 190.)

4. Para bupati, para sosoran bupati, iya iku para rôngga, lan para patih. (I.R.65, 71,-Stbl 1884, No. 42,-1886, No.67.)

5. Para residhèn, para asistèn residhèn, lan para priyayi liyane kabèh, kang bakal kaparingan wêwênang. (I.R. 75,-Stbl.1867, No.114,-1865, No.84,-1874, No. 201,-1876, No. 136 en 262,-1880, No.164,-1881, No.192,-1885, No, 184,-Bijbl. No.810, 2165, 2547.)

--- 153 ---

6. Sarupaning priyayi, lan sarupaning wong liyane, ing sajroning prakara, kang kapracayakake marang rumêksane, kasêbut ing khukum. (Stbl. 1842, No. 31, -1853, No. 86,-1865, No.84,-1871, No. 166,-1874, No. 110 en 201,-1876, No. 136 en 262,-1872, No.112,-1880, No. 164,-1881, No. 192, 1882, No. 115,-1885, No.113.-Bijbl. No. 2297, 2512, 2922.)

Bab 2.

Karo dening manèh, kang kabubuhan anyêkêl polisi ana ing wêwêngkone dhewe-dhewe, iki rupane, para panggêdhening wong Koja, wong Arab, wong Cina, lan pêpadhane bôngsa sabrang liyane, apadene para lurah sêkaut, para sêkaut, para ondêr sêkaut, lan para kapala kampung, iku kabèh yèn angupaya lakuning kadurjanan lan panêraking parentah, padha manuta unining layang cêcêkêlane para lurah desa, lan para lurah dhistrik, kang kasêbut ing layang pranatan iki, sapira kang kêna tumrap marang ing lêlakone, sarta padha angestokna marang layang cêcêkêlane dhewe, layang cêcêkêlan kang wus ana, utawa kang bakal ginawe ing têmbe. [tê...]

--- 154 ---

[...mbe.] (R.O. 116,-I.R.7, 36,-Stbl. 1865, No. 84,-Bijbl. No. 4017.)

Bab 3.

Sawiji-wijining priyayi liyane, yèn sajrone anindakake pagaweyane tômpa aturan bab kadurjanan, wajib awèh wêruh tumuli marang priyayi kang winênangake nyêkêl polisi. (I.R.1,-Stbl. 1880, No.164, Bijbl. 2165, 2547.)

Bab 4.

Yèn ana wong anglakoni kadurjanan utawa anêrak parentah konangan ing sanalika, iku sarupaning wong wênang anyêkêl marang kang kêna ing panggrayangan, sarta banjur angladèkake marang priyayi kang kabubuhan anyêkêl polisi. (I.R.6, 12, 76,-Bijbl. No.2922.)

Yèn kadurjanane utawa panêraking parentah konangan sanalika, priyayi kang nyêkêl polisi mau wajib anganggrak wonge, apadene wajib enggal anindakake samubarang kang kêna anêrangake prakarane. (I.R.1,15,16,44, 76,-Stbl.1880, No.164.)

Bab 5.

Kang diarani kadurjanan konangan sanalika iku,

--- 155 ---

yèn kawruhan kalane anglakoni, utawa sawuse anglakoni kawruhan tumuli, utawa yèn ana wong sawuse nglakoni kadurjanan tumuli kaburu ing ngakèh, utawa kanggonan barang, gêgaman, piranti utawa liyane, kang anyatakake yèn durjana, utawa dadi panunggalaning durjana. (I.R.4-Bijbl.2922.)

Bab 6.

Sarupaning wong, yèn ngawruhi ana wong ngarah gawe rêrusuh anggêmpalake têntrêming nagara, utawa ngarah pati, apadene ngarah darbening wong, wajib awèh wêruh marang priyayi polisi kang cêdhak ing kono.

Prakara Kaping Pindho.

Bab Lurah Desa, lan Sarupaning Sosoran Priyayi Polisi.

Bab 7.

Para lurah desa padha kabubuhan arumêksa, amurih têntrêm lan karta tuwin tatane ing sajroning desane, sarta [sar...]

--- 156 ---

[...ta] kaulat-ulatake lan kabawah marang lurah dhistrik. (I.R. 9, 14, 16, 33, 36.)

Bab 8.

Para lurah desa sabên pitung dina sapisan nganggo kapasthi dinane wajib seba ing lurah dhistrike, sarta yèn bisa awèha lapuran marang lurah dhistrik mau, bab kang kalakon ing sajroning pitung dina kang wus kapungkur, samono iku aliya saka ing prakara, kang amasthi kalapurake sadurunging kalakon pitung dina mau, kaya kang kasêbut ing layang pranatan ing prakara kaping 2 iki, lapure mau yèn bisa kamota ing layang, yèn ora bisa, alapura ijoan bae.

Yèn ana pêpalangane kang prêlu, para lurah desa kêna agawe sêsulih marang sosorane, sêpining sosoran agawea sêsulih marang wong liyane kang prayoga.

Yèn ana sababe kang andadèkke bangêt rakasaning pasebane lurah desa sabên pitung dina sapisan, para lurah dhistrik kawênangake dening residhèn, kêna amurih sebane para lurah desa mau mung sabên patbêlas dina

--- di...]

--- 157 ---

[...na] utawa sabên sasi sapisan. (I.R. 7,10,13,17,21,23,27,33,52,295)

Bab 9.

Para lurah desa wajib têmên-têmên anglakoni dhawuhing parentah gêdhe, (I.R. 7, 37, 65, 75, 102.)

Bab 10.

Para lurah desa ing sabisa-bisane amêmalangana yèn ana wong gêgolongan lumaku mubêng-mubêng, luwih manèh ing wayah bêngi, kang anggawa gêgaman liyane kang wus dadi adat, utawa luwih saka ing adat, sarta ora têtela ing sêdyane kang wênang linakonan, ing samôngsa ana laku mangkono, padha awèha wêruh marang dhistrik. (I.R.2, 7, 12, 33.)

Bab 11.

Para lurah desa amataha wong jaga ing wayah bêngi ana ing desane, sarta wong desane kabèh, êndi kang prayoga, diparentahana jaga gêgiliran.

Para lurah desa bangêt kawalêran, ora kêna angluputake ing jaga marang wong, yèn ora ana sababe prêlu. (I.R. 7, 12, 39.)

--- 158 ---

Bab 12.

Gawene wong jaga mau anganggrak sarupaning wong, kang anggawa utawa nglakokake barang nyalawadi, anggiring kêbo utawa khewan liyane, yèn ora bisa anggênahake nyatane duwèke, utawa ana sabab liyane, kang agawe kira-kira, yèn wong mau wus anglakoni utawa nêdya anglakoni panggawe, kang ginantungan ing paukuman, banjur diladèkna marang lurah desa.

(I.R. 11, 13, 16, 33, 39, 76,-Stbl. 1830. No.22,-1839, No.18,-1863, No. 84,-1875, No.226,-Bijbl. No. 1276, 1709.)

Bab 13.

Ing sajrone sadina sawêngi lurah desa amasrahna wong kang dianggrak mau marang lurah dhistrik, sabarange kang tinêmu kabèh, kajaba manawa panêmune wus têtela têrang, ora ana sababe pisan-pisan, kang andadèkake panggrayangan, marang wong kang dianggrak iku.

Yèn wong kang diaggrak mau linuwaran, lurah desa enggal awèha wêruh marang lurah dhistrik, nganggo amratelakake nalar-nalare pisan, yèn bisa kamota [ka...]

--- 159 ---

[...mota] ing layang, yèn ora bisa ijoan bae.

Aliya saka ing nalar siji kasêbut ing dhuwur iku para lurah desa ora wênang pisan-pisan angluwari wong kang dianggrak, mêtu saka ing pangawasane dhewe. (I.R.7, 12, 16, 33, 44, 51.)

Bab 14.

Para lurah desa amasthi nampani atur lan gugat bab kadurjanan tuwin panêraking parentah.

Para lurah desa yèn anampani lapuran bab panggawe kang ginantungan ing paukuman, utawa sumurupe marang panggawe kang kaya mangkono asarana dêdalan seje, masthi atiti pariksa kalawan têmên-têmên, supaya bisaa anêrangake nalare, sarta anggênahake durjanane, karo dening manèh para lurah desa padha wajib tulung-tinulung.

Sarupaning laku kadurjanan lan panêraking parentah, kang linapurake marang lurah desa, iku lurah desa enggal anglapurna marang lurah dhistrik, sarta amratelakna pisan kang wus linakonan ing prakara iku. (I.R.1,3,6,8,17,21,33,40.)

Bab 15.

Sarupaning gêgaman, piranti utawa liyane, kang wus ginawe

--- gi...]

--- 160 ---

[...nawe] anglakoni kadurjanan, apadene barang kang cinolong, tuwin samubarang, kang pakolèhe utawa anane saka ing kadurjanan utawa saka ing panêraking parentah, utawa saka ing sabab liyane kêna dadi cihna, iku amasthi padha digantung dening para lurah desa, sarta dipasrahake marang lurah dhistrik. (I.R. 2, 272, 307,-Stbl. 1865, No.84,-1887, No. 189. en 190.)

Bab 16.

Aliya saka kang kasêbut ing bab ping 12 mau, para lurah desa ora wênang pisan-pisan anganggrak wong, mêtu saka ing pangawasane dhewe, kajaba mung wong kang nglakoni kadurjanan konangan sanalika, utawa wong kang katarka anglakoni panggawe ala, andadèkake sumêlang manawa oncat, ora kêna kasêrêg ing parentah.

Para lurah desa sabên yèn anyêkêl wong kang kêna ing tarka, ing sajroning sadina sawêngi sawuse kaanggrak, amasthi akon angladèkake wong kang cinêkêl iku marang lurah dhistrik, sasaksine, tuwin samubarang kang kêna dadi tandhaning panggawe kang linakonan. (I.R. 5, 13, 33, 44, 51, 76,-Bijbl. No.1276, 1709.)

--- 161 ---

Bab 17.

Yèn ana bangke tinêmu, môngka sababing patine ora karuwan utawa anyalawadi, lurah desa kang anduwèni bawah enggal lumakua marang panggonaning bangke mau, sawuse amariksani ing kawujudaning bangke, tumulia kongkonana awèh wêruh kang dadi panêmune marang lurah dhistrik, sarta aparentaha rumêksa marang bangke mau, kongsi ing satêkane lurah dhistrik, supaya aja ana kang owah, kayaa ing nalika lagi tinêmune, ananging samono iku ora kalêbu kang katamtokake ing bab ping 19.

Saupama bangke kang tinêmu mau ora karuwan wonge, lurah desa kang anduwèni bawah enggal akona awèh wêruh marang para lurah desa kang cêdhak-cêdhak ing kono, bab katêmuning bangke, sarta amratelakna cirine. (I.R.8, 14, 18, 21, 33, 41.)

Bab 18.

Sasuwene lurah dhistrik utawa priyayi sêsulihe durung têka, lurah desa ing sapakolèhe atiti pariksaa ana ing panggonaning bangke, lan ing panggonan [pang...]

--- 162 ---

[...gonan] liyane, êndi kang kinira prayoga, amurih têrange nalar-nalaring prakara, karo dening manèh, lurah desa mau ora ngêmungake nyêkêl sarupaning barang, kang kêna ginawe anêrangake yêktining prakara, ananging yèn ana wong kang kêna ing panggrayangan amatèni, iku dicêkêla, sarta dikona angrêksa kongsi ing satêkane lurah dhistrik, dene pangrêksane iku dipuriha, aja kongsi bisa rêrêmbugan utawa kêkêthikan karo padha kancane, utawa karo wong liya.

Lurah desa banjur amariksanana marang wong kang padha dicêkêl mau, ditakonana apa ana ing panggonaning prakara, lan dosa utawa sabiyantune ing kadurjanan. Saupama ing panggonan kono ana saksine, iku ditêmokna karo kang kêna panggrayangan mau, wêruh lan orane marang wong iku, dene yèn wong kang cinêkêl mau angarani ana ing panggonan liya, dudu ing panggonaning prakara, utawa angarani yèn barang nyalawadi kang tinêmu ana ing dhèwèke padhang ing pakolèhe, lurah desa ing sabisa-bisa enggal atiti pariksaa marang yêktining atur iku.

Yèn wong kang kêna ing panggrayangan kabèh utawa ing sawatara ora kêna kacêkêl, lurah desa mau enggal awèha [a...]

--- 163 ---

[...wèha] wêruh marang kancane para lurah desa kang cêdhak-cêdhak ing kono, amratelakna sakèhing nalar, kang kêna ginawe ular-ular ing pangupayaning durjana. (I.R.14)

Ing samôngsa lurah dhistrik utawa priyayi sêsulihe wus têka ing panggonaning prakara, lurah desa mau angèstokna ing saparentahe. (I.R. 2, 7, 16, 21, 41, 43, 76.)

Bab 19.

Saupama ana sumêlange, yèn wong kang wujud bangke mau durung mati, amasthi padha ambudia isarat sarta angrêtènana ing saprayoga lan patute, amurih têtulung marang bangke iku, dene yèn bisa, padha enggal anjaluka pitulung marang dhoktêr. (I.R.2, 17, 42.)

Bab 20.

Yèn ana wong kèli utawa kêlêm, masthi enggal diêntas, dene manawa ana pratandhane yèn durung mati, pamulasarane iya kayaa kang wus kasêbut ing dhuwur mau.

Dene ênggone ambudi isarat sarta angrêtèni marang wong kang isih ana pratandhaning urip, sanajan lurah

--- 164 ---

desa utawa priyayi polisi liyane durung tumêka ing panggonaning prakara, amasthi ditindakake tumuli. (I.R.19.)

Bab 21.

Yèn ana rajapati, tuwin ana wong kataton bangêt, wong ngobong omah, kècu, begal, maling kang angganggo ambabah, apadene sarupaning kadurjanan liyane, kang atinggal tilas, lurah desa wajib lumaku marang panggonaning prakara, sarta enggal awèh wêruh marang lurah dhsitrik.

Yèn ana kadurjanan kaya kang kasêbut iku mau laku-lakune iya kayaa kang wus katamtokake ana ing bab 18. (I.R. 2, 17, 41.)

Bab 22.

Karo dening manèh yèn ana omah kobong, kang dudu saking panggawene wong ala, lurah desa enggal awèha wêruh marang lurah dhistrik.

Anggêr ana omah kobong, lurah desa amasthi ambudi sarupaning isarat amurih sirêping gêni. (I.R.8, 33.)

--- 165 ---

Bab 23.

Para lurah desa padha awas angulat-ulatna, aja kongsi ana wong desa awèh panginêpan ing wayah bêngi marang wong sèjèn desa, yèn ora wus têrang kalilan marang lurah desa mau.

Yèn kawruhan ana kang awèh panginêpan marang wong sèjèn desa, ora têrang kalilan marang lurah desa, iku lurah desa enggal awèha wêruh marang lurah dhistrik. (I.R. 2, 8, 29, 33.)

Bab 24.

Yèn ana wong lêlaku, duwe pitêmbung titip barange marang lurah desa, iku lurah desa wajib anampani, sarta kajibah marang barang kang tinitipake mau.

Bab 25.

Para lurah desa padha angêmên-êmêna amurih têntrêm lan rukune wong desa bawahe, sarta anyirnakake sakèhing wêwinih, kang andadèkake sulaya lan padu.

Prakara rèmèh-rèmèh, ing bab khasiling wong desa,

--- 166 ---

iku ing sakêna-kênane dipirukuna dening lurah desa, aja nganggo ilon-ilonên, sarta atêpunga rêmbug karo kamituwane ing desa. (I.R. 7, 26, 35, 134)

Bab 26.

Yèn kang padha duwe prakara ora kêna dipirukun, utawa yèn prakarane kalêbu ing wêwilangan gêdhe, pancèn kêna katrap ing paukuman, utawa kawêtokake têtêmpuhe, lurah desa akona kang padha duwe prakara seba marang lurah dhistrik. (I.R. 25)

Bab 27.

Para lurah desa agawea êbuk siji utawa luwih, pancèn ginawe amèmuti kang têrang jênêng lan pangupajiwane sarupaning wong desa, kang kalêbu dadi bawahe, yèn bisa umure kapratelakna pisan, karo dening manèh amemutana ing êbuk mau suda undhaking wong desane, kang amarga dening ana kang lair, salaki rabi, mati, lunga, sarta dening sabab liyane.

Para lurah desa ing sabên dina kang wus kapasthi dadi pasebane awèha pêpêthikane êbuk mau marang lurah dhistrik [dhistri...]

--- 167 ---

[...k] bab kang kalakon wiwit ing dina pasebane kang wêkasan. (I.R.8, 28, 53.)

Bab 28.

Saupama panggêdhene desa ora bisa nyêkêl layang pemutan iku, panggêdhene desa mau kudu amurih kalakone dening kauming desa utawa carik. (I.R. 27, 53,-Stbl. 1870, No. 165.)

Bab 29.

Para lurah desa ora wênang anglilani marang wong, adêdunung ana ing desa bawahe, yèn ora wus kalilan dening lurah dhistrik, kajaba yèn ana wong loro ing desa kono kang kalêbu sugih dhewe, padha angarani bêcik marang wong kang nêdya dêdunung mau, lan ora amutawatiri.

Wong kang wus kalilan adêdunung mau kapratelakna ana ing êbuk, kang wus kasêbut ing bab ping 27, (I.R. 23, 31, 36.)

Bab 30.

Para lurah dhistrik padha arumêksaa, aja kongsi ana sawijining wong omah sajabaning wêwêngkon desa, kang ora kalawan wêwênange, dene para lurah dhistrk mau [ma...]

--- 168 ---

[...u] ora kêna awèh wêwênang marang wong omah ana sajabaning wêwêngkon desa, yèn durung amariksani ature lurah desa, kang bawahe nêdya diomahi.

Saupama saking kèhe wong dêdunung ana sajabaning wêwêngkon desa, nganti dadi padhukuhan, môngka kinira ana faidah utawa prêlune, padhukuhan iku kagêlêngake marang bawah sawiji, lurah dhistrik sawuse amariksani ature lurah desa kang bawahe kadunungan ing padhukuhan, awèha layang aturan marang bupatine, ing bab panggêlênging padhukuhan mau, Bupati banjur angirimna layang aturan iku marang residhèn, nganggo amratelakake kang dadi pamikire. (I.R. 31, 36, 54, 67,-Stbl. 1867, No. 114,-1874, No.79.)

Bab 31.

Saupama amarga saking kaananing panggonan utawa amarga saking sabab liyane, pranatan kang kasêbut ing bab ping 29, lan bab ping 30, ing dhuwur mau, ora kêna linakonan, residhèn awèha pamrayoga kang patut, ing bab panyêkêling polisi, supaya aja kôngsi andadèkake pituna, kang awit dening parencaning wong omah-omah.

--- 169 ---

Bab 32

Dene mungguh anglilani ana ing desa sarta dêdunung ana ing kono marang wong Cina, wong Arab sapêpadhane, kang pancèn dudu ewone wong ing pulo Jawa, iku manuta pranatan kang wus ana, utawa kang bakal ginawe ing têmbe.

Pranatan iku mau iya kanggo ingatase wong Jawa sapêpadhane, ing bab dumununge ana ing bumi desa partikêlir. (Stbl. 1866, No. 57,-1871, No. 130 en 145,-1874, No. 112,133,179, en 180,-1875, No.69,-1876, No. 161 en 183,-1878, No. 151, 264,-1880, No. 94,-1881, No. 12 en 140,-1882, No. 112,-1886, No. 184, 190, 202 en 231,-1890, No.166.)

Bab 33.

Yèn sajroning dhistrik katanduran priyayi polisi, môngka priyayi polisi iku ana sangisoring lurah dhistrik, ananging ana sadhuwuring lurah desa, iku sarupaning parentahe lurah dhistrik marang lurah desa, alantarana priyayi polisi mau, mangkono uga sarupaning lapuran lan liyane kang masthi kinirimake marang lurah dhistrik, kasêbut ing layang pranatan sajroning prakara iki, [i...]

--- 170 ---

[...ki,] iya alantarana priyayi polisi mau. (I.R.7)

Samono iku para lurah desa ora owah ing wajibe seba dhewe marang lurah dhistrik, kaya kang kasêbut ing bab ping 8. (I.R.7,9,13,18,21,27,29.)

Bab 34.

Para lurah desa kajibah marang sarupaning pituna jalaran saka ing panggawe, kang wus bênêre amasthi pinalangan, kagawa dening wajibing lêlakone, samono iku yèn kawasa amalangi. (I.R. 7, 38.)

Bab 35.

Para lurah desa padha atêpunga rêmbug karo kamituwane ing desa, ing bab sarupaning prakara, kang prêlu rinêmbug kagawa dening tata adating wong Jawa.

_________

Prakara Kaping Têlu.

Bab Para Lurah Dhistrik, lan Para Priyayi kang Pinaringake Dadi Kanthine. (I.R.1,2.)

Bab 36.

Para lurah dhistrik padha kabubuhan anindakake [anindaka...]

--- 171 ---

[...ke] polisi kang bênêr ana ing bawahe, apadene kajibah marang laku-lakuning polisi iku, sarta kaulat-ulatake lan kabawah marang bupati.

Karo dening manèh para lurah dhistrik padha têmên-têmên angèstokna sarta anglakonana parentahing residhèn, utawa asistèn residhèn, parentah kang mêtu saka ing residhèn utawa asistèn residhèn dhewe utawa kang mêtu lantaran bupati. (I.R. 7, 29, 46, 52, 65, 203a.-Stbl. 1867, No. 114, -1874, No.93.)

Bab 37.

Mungguh amurih lastarining polisi, para lurah dhistrik wajib awèh pratikêl sarta parentah kang têrang lan gêmêt marang para lurah desa lan lurah polisi liyane, kang padha ana ing bawahe, apadene anyurupake kang têrang lan tansah angelingake ing wajibe, kasêbut ana ing layang pranatan iki. (I.R. 7, 9, 33.)

Bab 38.

Para lurah dhistrik ing sabisa-bisa kêrêp apêpariksaa marang bawahe kabèh, supaya wêruha, apa priyayi sosorane, luwih manèh para lurah desa padha

--- 172 ---

têmên-têmên angalakoni wajibe. Saupama ana kang lêleda marang wajibe, iku dèn pituturana, dene yèn lêledane kalêbu marang prakara prêlu, dèn lapurna marang bupati. (I.R.54,-Stbl. 1867. No. 114)

Bab 39.

Para lurah dhistrik amuriha bênêring prênah adêging pajagan turut dalan, lan patute panduming jaga, apadene ajêge tumapake kang padha jaga, mungguh iku kabèh manuta pratikêling bupati marang para lurah dhistrik mau, kang atas saka ing parentahe residhèn, dene yèn ing bawahe asistèn residhèn, iku kudu atas saka ing parentahe asistèn residhèn.

Dene laku-lakuning pajagan iku, tuwin laku-lakuning panganggrak, manuta pranatan kang kasêbut ing bab ping 12 ngarêp mau. (I.R. 36, 65, 74.)

Bab 40.

Para lurah dhistrik padha tumêmêna atiti pariksa marang sarupaning kadurjanan lan panêraking parentah kang dikawruhi, sarta anggolèkana durjanane. Samubarang kang kêna anêrangake [a...]

--- 173 ---

[...nêrangake] prakarane dipratelakna marang bupati kamot ing layang. (I.R. 1,3,6,8,14, 33, 41, 52, 54.)

Bab 41.

Lurah dhistrik ing samôngsa tômpa lapuran bab kadurjanan, kang atinggal tilas, enggal lumakua marang panggonane anglakoni kadurjanan mau, yèn ana pêpalangane prêlu, priyayi sosorane tumuli kang lumakua, sarta agawe layang sapanêmuning papriksan, kinirimna marang bupati.

Dene laku-lakuning papriksan, para lurah dhistrik padha manuta kang kasêbut ing prakara kaping pindho ngarêp mau, êndi kang kêna tumrap marang dhèwèke. (I.R. 17, 21, 42, 52, 54, 245, 295.)

Bab 42.

Lurah dhistrik ing samôngsa tômpa lapuran, ana bangke tinêmu, utawa srilara, kang ora karuwan sababing patine, utawa anyalawadi, enggal lumakua marang panggonaning bangke mau, akanthi lurah desa loro minôngka saksi, sarta yèn bisa akanthia dhoktêr siji, supaya amariksanana kang titi marang bangke mau, yèn ana pêpalangane prêlu, priyayi sosorane [so...]

--- 174 ---

[...sorane] tumuli kang lumakua. Papriksane kamota ing layang, sarta ditandhanana tangan karo saksine, munia kawujudaning bangke, tatune, lan tabêt liyane kang katon, apadene sakèhing nalar, kang bisa anêrangake sababing patine. Layang papriksan mau ing sabisa-bisa enggal kinirimna marang bupati, akanthi layang aturan katêrangane lurah desa kang duwe bawah, utawa katêrangan saka ing panggonan liyane, nganggo ditandhanana tangan dening lurah dhistrik, apadene akanthi samubarang kang dadi nyina, samono iku yèn ana kang kêna dadi nyina.

Yèn pamariksane mau akanthi dhoktêr, dhoktêr iku agawea layang pamariksane bangke, nganggo ditandhanana tangan, ananging aja nunggal sapapan karo layang-layang kang wus kasêbut mau, dene layang pamariksaning dhoktêr iku lan layang aturane lurah desa padha kakirimna marang bupati. (I.R. 2, 17, 21, 41, 52, 54, 245, 295,-Bijbl. No. 1701.)

Bab 43.

Yèn ing nalika amariksani bangke wus têrang ana wong kang kêna ing tarka amatèni, lurah dhistrik enggal [engga...]

--- 175 ---

[...l] anyêkêla wong kang kêna ing tarka iku, banjur kinirimna marang bupati, barêng lan layang-layang kang kasêbut ing bab ping 42 mau. (I.R. 18, 44, 48, 50, 54, 76,-Bijbl. No. 1276, 1706.)

Bab 44.

Aliya saka ing nalar kasêbut ing bab ping 43 mau, sarta aliya saka ing durjana kang konangan sanalika, apadene aliya saka ingkang kasêbut ing bab ping 45, para lurah dhistrik ora wênang anyêkêl wong saka ing pangawasane dhewe, ananging kudu awèh layang lapuran kang têrang tumuli marang bupati, akanthi layang papriksan lan layang liyane, kang anggêpok prakarane, sarta anjaluk parentah marang bupati. (I.R. 5, 46, 52, 54, 67, 76.)

Bab 45.

Saupama ana wong anglakoni kadurjanan, môngka andadèkake sumêlang, yèn kang katarka anglakoni kadurjanan, utawa dadi panunggalane ora cinêkêl bokmanawa minggat, iku para lurah dhistrik wênang anyêkel wong iku, sarta akon angirid marang bupati, para lurah dhistrik ênggone anindakake wêwênang iki, kudu akanthi pangati-ati. (I.R. 44, 48, 54, 76.)

--- 176 ---

Bab 46.

Para lurah dhistrik ing samôngsa tômpa parentah kamot ing layang saka ing dhêdhuwurane, dipuriha nyêkêl wong, amasthi enggal anglakoni. (I.R. 36, 50, 54, 76,-Stbl. 1880, No. 164.)

Bab 47.

Mungguh anyêkêl wong para lurah dhistrik kêna anjaluk pitulung marang para lurah desa, tuwin yèn ana prêlune anjaluk pitulung marang wong ing desa, kang sajroning wêwêngkoning utawa cêdhak ing kono bakal kalakon panyêkêle marang wong mau. (I.R. 9, 43.)

Bab 48.

Para lurah dhistrik sabên-sabên yèn anyêkêl wong agawea layang aturan, sarta amemutana jênêng lan omahe wong, kang padha kêna dadi saksi ing prakarane wong kang cinêkêl, apadene aturane kang prêlu-prêlu.

Layang aturan lan pemutan mau kinirimna marang bupati, barêng lan lêlarane, akanthi layang aturan kang tinampanan, sarta layang aturan liyane, apadene samubarang [samuba...]

--- 177 ---

[...rang] kang kêna dadi nyinaning kadurjanan, kaya ta barang kang cinolong, binegal utawa kinècu, gêgaman sapêpadhane, samono iku yèn maune durung padha kinirimake.

Yèn ana prêlune ingatase pangadilan, para lurah dhistrik anyebakna marang bupati saksi-saksine kang wus dipariksa, barêng lan lêlarane.

Para saksi kang kinirimake bakal kaparingan prabeyaning lakune lan anane ing pondhokan, kaya kang wus katamtokake utawa bakal katamtokake kamot ing layang tarif. (I.R. 43, 49, 54, 68, 258, 272, 307, 431,-Stbl. 1867, No. 80,-1884, No. 143,-1885, No. 190)

Bab 49.

Yèn anglakokake lêlaran saka ing dhistrik, kang ora têpung watês karo dhistrik panggonane omahing bupati, lêlaran mau kapasrahna marang lurahing dhistrik kang cêdhak ing kono, supaya dibanjurna marang bupati, lakune katundha-tundha, kongsi tumêka ing karajaning kabupatèn. (I.R. 43, 45, 48.)

Bab 50.

Lurah dhistrik ora wênang angandhêg sawijining lêlaran, [lêlara...]

--- 178 ---

[...n,] ora nganggo kinirimake, kongsi luwih saking têlung dina têlung bêngi, kajaba mung yèn lêlaran iku lara, utawa amarga ora kêna dilakokake. (I.R. 43, 45, 48,- Stbl. 1860, No. 84.)

Bab 51.

Para lurah dhistrik ora wênang pisan-pisan angluwari lêlaran saka ing pangawasane dhewe, ananging duwea panjaluk marang bupati, amratelakna sababe bakal linuwaran, nganggo angirimake lêlarane pisan. (I.R. 13, 16, 54.)

Bab 52.

Para lurah dhistrik sabên patbêlas dina sapisan nganggo kapasthi dinane wajib seba ing bupatine, supaya anampanana parentahe, sarta anglapurna samubarang kang kalakon ing sajroning patbêlas dina kang wus kapungkur, ing bab panyêkêling polisi, samono iku aliya saka ingkang masthi kalapurake sadurunge kalakon patbêlas dina mau, kaya kang kasêbut ing layang pranatan sajroning prakara iki.

Saupama saking dohing dhistrik, ajêging pasebaning lurahe [lu...]

--- 179 ---

[...rahe] agawe bangêt ing rakasane, bupati wênang anglilani marang lurah dhistrik mau angirimake lapurane pêndhak patbêlas dina kamot ing layang, samono iku yèn wus têrang saka ing residhèn, lan andadèkake parênge. (I.R. 8, 36, 41, 48, 54, 67, 122,-Stbl. 1867, No. 114,-1879, No. 317.)

Bab 53.

Para lurah dhistrik padha dèn tabêri anglumpukake layang aturan, kang katampan saka ing lurah desa, kasêbut ing bab ping 27 lan bab ping 28, bab kaananing wong desa, layang aturan iku ing sabên-sabên patining taun kagêlênga dadi layang pratela siji ing sadhistrike, sarta ing sajroning têlung sasi kakirimna marang bupati, pangitunging têlung sasi iku saka ing wiwitane taun anyar, (I.R. 29, 54, 69.)

Bab 54.

Ing ngêndi panggonan kang ora ana bupatine utawa sosoran bupati, iku para lurah dhistrik miji kabawah marang residhèn utawa marang asistèn residhèn, dene pranatan kang kasêbut ing ngarêp mau, bab para bupati,

--- 180 ---

iku kanggo tumrap marang residhèn lan marang asistèn residhèn. (I.R.73,-Stbl. 1867, No. 45,-1870, No. 123,-1871, No. 45.)

_________

Prakara Kaping Pat.

Bab Para Lurah Jêksa, lan Para Jêksa. (I.R.1)

Bab 55.

Ing sawiji-wijining kabupatèn, tuwin ing sawiji-wijining landrat ing panggonan kang ora ana kabupatène, bakal katanduran jêksa siji. (Bijbl. No. 18, 1031.)

Yèn priyayi mau omah ana ing karajaning residhèn, aran lurah jêksa, yèn omah ana ing panggonan liyane, aran jêksa. (Stbl.1861, No.29.)

Para lurah jêksa lan para jêksa kêna kawenehan kanthi, iku wênang dadi awak-awaking lurah jêksa lan jêksa mau anglakoni sagawe-gawene.

Yèn ing sajabaing karajan ing saiki wus ana priyayi kang aran lurah jêksa, iku kêna anglastarèkake aran mangkono, ananging aran iku ora angowahake wêwênang lan wajibing lêlakone, dadi wêwênang

--- 181 ---

lan wajibing lêlakone têtêp isih padha karo para jêksa liyane. (R.O.62,-I.R.56)

Bab 56.

Para lurah jêksa padha macung kabawah marang para residhèn, sarta anampani parentahe ing bab anindakake pagaweyaning lêlakone. (Bijbl. No. 3974.)

Ing ngêndi-êndi panggonan kang katanduran asistèn residhèn polisi, para lurah jêksa iya kabawah marang asistèn residhèn polisi iku. (R.O. 62,-I.R. 75, 78, 83, 87.)

Bab 57.

Para jêksa padha kabawah marang para bupati, sarta wajib anglakoni parentahe, parentah kang mêtu saka ing bupati dhewe utawa kang saka ing dhawuhe residhèn, ananging kabawahe marang bupati mau isih anêtêpake luwih dhuwure pangawasaning residhèn. (I.R.65.)

Bab 58.

Yèn ana wong ginugat linadèkake marang karajaning residhèn, lakune kaya lêlaran, ing sajroning sadina sawêngi lurah jêksa amariksanana prakarane,

--- 182 ---

kamot ing layang, kang iku ing samôngsa ana lêlaran têka, bupati awèha wêruh tumuli marang lurah jêksa, supaya dipariksanana, sarta sarupaning layang kang anggêpok prakaraning lêlaran iku kapasrahna marang lurah jêksa mau. (I.R. 48, 61, 68, 79, 245,-Bijbl. No. 2017, 3168,-Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 59.

Ing nalika amariksani mau, lurah jêksa atakona marang lêlarane, apa duwe saksi, kang bisa angluwarake awake saka ing tarka, sarta kajaluk dipariksanana, yèn duwe, kapratelakna jênênge.

Patakon mangkono iku lan wangsulaning lêlaran, dipemutana dening lurah jêksa ana ing layang pratela. (Bijbl. No. 4145.)

Aturing saksi-saksi, kang kairid barêng lan lêlaran, iya tumuli dipariksanana sarta kapacaka ing layang dening lurah jêksa. (I.R. 48, 245, 249, 258.)

Yèn aturing lêlaran, nalika kalakoning kadurjanan, dhèwèke ana ing panggonan seje, utawa angarani, yèn barang nyalawadi kang tinêmu ana ing dhèwèke padhang ing pakolèhe, iku banjur dikona amratelakake [a...]

--- 183 ---

[...mratelakake] saksine, kang bisa anêtêpake ature, anuli dititi pariksaa yêktining atur iku. (I.R. 48, 61, 68, 79, 245, 249, 258,-Bijbl. No. 2017.)

Bab 60.

Sawise kapariksa, kaya kang kasêbut ing bab ping 59 mau, layang-layang papriksane kawènèhna marang residhèn, anuli lêlarane kaladèkna marang residhèn iku ing dina pasamuane kang wiwitan, kasêbut ing bab ping 80. (I.R. 245,-Bijbl.No. 1356.)

Bab 61.

Para jêksa kang omah ana ing karajan bawah ing asistèn residhèn, yèn anampani wong ginugat kang kacêkêl, utawa kang linadèkake kaya lakuning lêlaran, iku banjur padha amariksanana prakarane, kaya kang wus katamtokake ing bab ping 58, lan bab ping 59, ingatase para lurah jêksa.

Anuli layang-layange kang ditampani saka ing bupati, apadene layang-layang papriksane, padha diwènèhna marang asistèn residhèn, supaya ditindakna kaya kang kasêbut ing bab ping 80. (I.R. 62, 68, 74.)

--- 184 ---

Bab 62.

Para jêksa kang ora omah ana ing karajaning residhèn, utawa ora omah ana ing karajan bawahing asistèn residhèn, wajib padha mènèhake tumuli marang bupati sarupaning layang kang kasêbut ana ing adêg-adêg wêkasane bab ping 61, supaya banjur dikirimna kaya kang wus katamtokake ana ing adêg-adêg wêkasane bab ping 68.

Bab 63.

Para jêksa kawênangake sarta wajib analitik sarupaning kadurjanan lan panêraking parentah, kang kalakon sajroning panggonan kang dèn omahi, samono iku ora angowahake wajibing para priyayi polisi liyane analitik sarupaning kadurjanan lan panêraking parentah.

Aliya saka ing iku, yèn ana parentahing bupati, para jêksa wajib atiti pariksa prakara marang sajabaning panggonan kang dèn omahi. (I.R. 1, 55,-Bijbl. No.715.)

Bab 64.

Para lurah jêksa lan para jêksa sabên-sabên angawruhana [anga...]

--- 185 ---

[...wruhana] sakèhing kunjara, kang ana sajroning wêwêngkon panggonane omah, sarta padha amuriha bêciking pangunjarane lan panganggêpe marang sarupaning lêlaran.

Para lurah jêksa lan para jêksa padha agawea êbuking lêlaran kang têrang, sarta ing sabên-sabên dina amemutana tumuli ana ing êbuk iku sarupaning wong, kang linêbokake ing kunjara, kapratelakna kang awèh parentah kunjara, lan sababe kinunjara.

Mangkono uga padha amemutana ana ing êbuk mau sarupaning lêlaran kang linuwaran, utawa kang kinirimake marang panggonan liya, kapratelakna priyayine kang awèh parentah angluwari utawa angirimake.

Samubarang kang kalakon ing atase lêlaran, para lurah jêksa lan jêksa ing sabên-sabên dina awèha wêruh marang bupati, mangkono uga yèn ana ing karajaning residhèn, awèha wêruh marang residhèn, sarta yèn ana ing panggonan bawahing asistèn residhèn, awèha wêruh marang asistèn residhèn. (I.R. 56, 70, 90, 212,-Stbl. 1871, No. 78,-1884, No. 117,-1885, No. 117,-1890, No.117.)

_________

--- 186 ---

Prakara Kaping lima.

Bab Para Bupati, Para Sosoraning Bupati, Iya Iku Para Rôngga, lan Para Patih. (I.R.1.)

Bab 65.

RaraPara bupati padha kabawah marang residhèn, sarta kabubuhan rumêksa marang lastarining polisi ing kabupatène, apadene angulat-ulatake para lurah dhistrik, lan priyayi sosoran liyane. (Stbl.1867, No. 58,-1870. No. 123.-1871, No. 45.)

Mulane para bupati padha amariksanana kang têrang, apa bêcik tumindaking polisi ing kabupatène, sarta para priyayi kalèrèhane apa padha anglakoni wajibe kabèh. (I.R. 36, 57, 71, 74, 75,-Stbl.1867, No.114.)

Bab 66.

Sarupaning layang aturan panjaluk, lan layang gugat, kang diwènèhake marang para bupati, iku para bupati anampanana.

Sakèhing gugate wong cilik, ing bab panganggêping lurah polisi, kang ora bênêr, utawa kang sawênang-wênang, [sawênang-wê...]

--- 187 ---

[...nang,] kaladèkna marang para bupati, iku kang amariksani, luwih manèh para bupati dèn pêthêl ing rumêksane, aja kongsi pisan ana wong dipurih ing pangakune asarana winisesa. (I.R.109, 301.)

Ing sarupaning prakara mawa-mawa gêdhe cilike para bupati enggal anindakna samubarang kang prêlu linakonan, utawa duwea pamrayoga marang residhèn, lan samubarang prakara dilapurna kang têrang marang residhèn mau. (I.R. 73,-Stbl.1867. No. 114.)

Bab 67.

Para bupati anampani sakèhing lapuran lan aturan saka ing para lurah dhistrik, sarta aja kongsi randhat angirimake marang residhèn, samono iku ora ngowahake kang katamtokake ana ing bab ngisor iki.

Yèn ana nalar kaya kang kasêbut ing bab ping 44, para bupati enggal awèha parentah saprayogane marang para lurah dhistrik, dene yèn prakara prêlu, sadurunge awèh parentah anjaluka pratikêle residhèn. (I.R. 36, 39, 44, 48, 52, 74, 78.)

--- 188 ---

Bab 68.

Yèn ana sawijining lêlaran têka ing karajaning residhèn, utawa ing karajan bawahing asistèn residhèn, bupati enggal awèha wêruh marang lurah jêksa, utawa marang jêksa, ngiras angirimake sarupaning layang, kang anggêpok prakarane, supaya kênaa kaanggo ing nalikane amariksani, kaya kang kasêbut ing bab ping 58.

Para bupati kang ora omah ana ing karajaning residhèn, utawa ora omah ing karajan bawahing asistèn residhèn, manawa anampani lêlaran, wajib angirimake tumuli marang residhèn, karo sarupaning layang, kang anggêpok prakarane, akanthi pilapuran sarta pirêmbuge kamot ing layang, tuwin akanthi layang papriksaning jêksa, dene yèn kabupatène dumunung ana ing panggonan bawahing asistèn residhèn, pangiriming lêlaran mau marang asistèn residhèn. (I.R. 48, 58, 61, 67, 74, 245.)

Bab 69.

Para bupati yèn anampani layang pratela saka ing lurah dhistrik, kaya kang kasêbut ing bab ping 53, iku [i...]

--- 189 ---

[...ku] dikirimna marang residhèn, yèn ana prêlune akanthia pamikire. (I.R.73, 99.)

Bab 70.

Para bupati angawruhana sarupaning kunjara, kang ana ing kabupatène, sarta wajib asring-asring amariksani, apa kang dadi panêmune dilapurna marang residhèn. (I.R. 64, 73, 90,-Stbl.1871, No. 78,-1884, No. 117,-1885, No. 117.)

Bab 71

Wajib wêwênang lan pangawasane para sosoran bupati, iya iku para rôngga, padha karo para bupati. (I.R. 65, 73.)

Bab 72

Para patihing bupati kang minôngka awak-awaking para bupati ing samubarang gawe-gawene sajroning kabupatène, sarta wajib amikul sarupaning pagaweyan, kang binubuhake dening para bupati, mungguh pamikuling pagaweyan iku awit saka namaning bupati. (I.R.75,-Stbl. 1870, No.123.)

Bab 73

Ing ngêndi panggonan kang ora ana bupati utawa sosoran [so...]

--- 190 ---

[...soran] bupatine, sakèhing wajib kang dumunung ing para bupati, kasêbut ing bab ngarêp mau kabèh, padha dilakonana marang residhèn, utawa marang asistèn residhèn, sapira kang kêna tumrap marang residhèn utawa marang asistèn residhèn iku. (I.R. 54, 65.)

Bab 74

Ing sajrone apdhèlinge dhewe-dhewe para asistèn residhèn, iku kang padha minôngka awak-awaking residhèn, anglakoni pranatan kang kasêbut ing sajroning prakara kaping lima iki, ananging samono iku ora angowahake padhaning kabawahe para bupati ing sawiji-wijining paresidhenan marang residhène. (Stbl. 1867, No.114.)

_________

Prakara Kaping Nêm.

Bab Para Residhèn, lan Para Asistèn Residhèn. (I.R.1.)

Bab 75

Residhèn kang dadi panggedhening polisi ing sajroning paresidhenane, [pa...]

--- 191 ---

[...residhenane,] sarta wênang anjaluk pitulunging prajurit, amurih lastari tumindaking polisi.

Ing bab kapolisèn para residhèn padha wajib tulung-tinulung sarta bantu-binantu. (I.R. 54, 56, 65, 77, 90,-Stbl. 1868, No.114.)

Bab 76

Sapa-sapaa ora wênang cinêkêl, yèn ora ana parentahing residhèn kamot ing layang, utawa parentahing asistên residhèn, kang awit saka namaning residhèn, kajaba mung ing nalar kasêbut ing layang pranatan iki, kang muni aparing wêwênang marang liyane, kalilane anganggrak wong. (I.R. 4, 12, 16, 18, 21, 44, 77,-Stbl. 1876, No.286,-Bijbl. No. 3277.)

Bab 77

Yèn ana panjaluking prokurur jendral, utawa panjaluke fiskaling sawijining rad van yustisi, tuwin panjaluking residhèn liyane, kang padha kamot ing layang, marang para residhèn, kapuriha nyêkêl wong kang kasêbutake kêna ing tarka, ana ing bawahe, iku para residhèn mau wajib akon anyêkêl, ananging kang duwe panjaluk anyêkêl kajibah marang prakarane wong kang kacêkêl [ka...]

--- 192 ---

[...cêkêl] iku. (R.O.181,-I.R.75,-Stbl. 1867, No.114,-1876, No. 298.)

Bab 78.

Para residhèn ing samôngsa anampani layang lapurane para lurah dhistrik apadene layang panunggalane, kang kinirimake dening para bupati, kasêbut ing bab ping 67, iku tumuli dipariksanana, sarta sawuse anari kang dadi pamikiring bupati, tuwin amariksani aturing lurah jêksa, banjur agawea karampungan ing sapanêmuning prakara.

Saupama prakarane prêlu katiti pariksa manèh, residhèn amasrahna layang-layang mau marang lurah jêksa, supaya katiti pariksaa, utawa marang priyayi liyane, êndi kang kinira prayoga binubuhan atiti pariksa. (I.R. 55, 79, 89, 245,-Stbl. 1880, No. 164.)

Bab 79

Saupama saka ing layang lapuran lan layang aturan sapanunggalane, kang kasêbut ing bab ping 78 mau utawa saka ing layang-layang kalane katiti pariksa manèh, residhèn anêmu lêlandhêsaning panggrayangan marang sawijining wong, anyukupi têtelane yèn iku [i...]

--- 193 ---

[...ku] anglakoni panggawe, kang kêna katrap ing paukuman kunjara, utawa ing paukuman kang luwih abot, kêna katindakake marang bêbênêran, iku residhèn wênang awèh parentah nyêkêl sarta ngirimake wong kang kêna ing panggrayagan mau, sawuse kacêkêl, laku-lakune kaya kang wus katamtokake ing bab ping 58, lan bab ping 59. Dene yèn wus rampung ing pamariksane kasêbut ing bab rong prakara iku, laku-lakune kabèh manuta pranatan, kang muni ing bab ngisor iki.

Manawa kagalih ora ana prêlune anyêkêl wong kang kêna panggrayangan mau, residhèn amarentah wong iku kadhawuhana ngadhêp ing dina pamêsthine residhèn, dene manawa ing dina mau wonge ora ngadhêp, residhèn kêna adhawuh wonge kaladèkna ing ngarsane. (I.R. 80, 89, 245,-Stbl. 1876, No. 25.)

Bab 80.

Sabên pitung dina sapisan, utawa luwih sôngka sapisan, nganggo kapêsthi dinane, para residhèn akon angladèkake ing ngarsane wong kunjaran kang kacêkêl wêkasan ana ing karajan, utawa kang kakirimake wêkasan marang karajan, apadene wong kang kocap ing

--- 194 ---

padane pungkasan bab ping 79, ing dhuwur iki sarta banjur didangu ana ngarêpane jaksa lan para saksi manawa mèlu ngadhêp, iya kadangua pisan. (I.R. 48, 58, 60, 84, 89, 431,-Stbl. 1876, No. 25 en 296,-Bijbl. No. 1356, 2017.)

Bab 81

Manawa residhèn anduwèni pamikir, yèn lêlandhêsane wus anyukupi, ginawe gêgaran ing panyêrêge marang wong ginugat kang dipariksani ature mau, iku residhèn anindakna kaya kang katamtokake ing bab têlung prakara ngisor iki. (I.R. 88,-Stbl. 1876, No. 298,-1885, No.81,-Bijbl. No.1276.)

Bab 82

Yèn manut panimbangane, prakara iku wus rampung pamriksane sarta prêlu kaunggahake marang ngarsa rad sambang utawa landrat, iku kudu enggal angirimake sawarnaning layang-layang papriksan marang presidhèning rad kang nyêkêl panguwasa angrampungi prakara iku. (I.R.81, 87, 374,-Stbl. 1876, No.298,-1885, No. 81.)

Bab 83

Ingatase prakara kaya kang kasêbut ing bab

--- 195 ---

82, iku, residhèn aparinga dhawuh, kang kadakwa manawa wus kaanggrak kudu dikunjara dhisik ing sajroning pakunjaran. Utawa kang kaanggrak ing sajroning pakunjaran, samono iku yèn prakara panggawene kêna diêtrapi paukuman ing salah sijine kang kasêbut ing bab 5, ôngka 1, têkan ôngka 4, ing layang kaadilan paukumaning wong Jawa.

Yèn prakara panggawene kêna diêtrapi paukuman pagaweyan jiyad tanpa rante lawase luwih saka rong taun. Mangkono uga yèn prakara nyanyolong, ngapus-apusi, nêrak piandêl, anatoni, lêlawanan, pangancam-ancam, idêran utawa ngêngêmis. Apadene prakara panêrak kang kêna diêtrapi paukuman liyane dhêndha lan rayahan kang uga pagaweyan jiyad tanpa rante, iku residhèn kuwasa aparing dhawuh yèn wong kang dinakwa kudu manggon ana ing sajroning pakunjaran, utawa kaanggrak ing sajroning pakunjaran. Liya-liyane prakara kabèh, kadhawuhan angluwari klawan enggal wong kang kadakwa, manawa iku kaanggrak ing sajroning pakunjaran. (R.O. 95, I.R. 4, 12, 16, 18, 43, 58, 68, 76, 81, 87, 89, 242, 337.)

--- 196 ---

Bab 84

Manawa sawuse andangu marang wong kang kêna panggrayangan sarta saksine kaya kang kasêbut ing bab ping 80, residhèn duwe panêmu ana nalar kang anyukupi minôngka anyêrêg wong kang kêna panggrayangan mau, môngka prakarane pancèn kudu dibênêri dhewe kaya kang kasêbut ing bab ping 110, ing layang pranatan bab kawujudane kang nyêkêl panguwasa anindakake bêbênêran ing tanah Indiya Nèdêrlan, utawa pancèn dadi bubuhane bêbênêran kabupatèn utawa bêbênêran dhistrik, iku yèn ana prêlune residhèn kêna adhawuh prakarane kapriksaa sapisan manèh. (I.R. 87,-Stbl. 1876, No. 25.)

Manawa panêmune residhèn, papriksane prakarane wus anyukupi rêsike, môngka prakarane pancèn kudu dibênêri dhewe residhèn akon banjur angunggahake prakara mau ana ing rêgistêr kang kasêbut ing bab ping 369, sarta banjur anindakake kaya kang kasêbut ing prakara ping 13, ing layang pranatan iki, dene manawa prakarane pancèn dadi bubuhane bêbênêran kabupatèn utawa bêbênêran dhistrik, bêbênêran kang duwe bubuhan, didhawuhi angawruhi lan angrampungi [angra...]

--- 197 ---

[...mpungi] prakara mau. (R. O. 80, 83, 85, 88, 95,-I.R.76, 81, 87, 93, 109, 368,-Stbl. 1876, No. 298.)

Sawuse karampunganing prakara sadhengaha, yèn prakarane ora kêna kapriksa ing ngarsane pangadilan hakim ing dina iku uga, manawa wong kang dinakwa kaanggrak ing sajroning pakunjaran, sanalika iku uga kudu diluwari klawan parentah bakal pangadhêpe ing pangadilan hakim ing salah sawijining dina kang wus katamtokake utawa kang bakal katamtokake ing têmbe. (Stbl. 1885, No.81.)

(*)§ Bab 85 sampun kaundur kalayan sêtatsêblat taun 1876, ôngka 25.

Bab 86

Manawa panêmune residhèn, gugate marang kang ginugat kurang têrange yèn kasêrêga marang bêbênêran, utawa ora bênêr gugate, sawijining panggawe, kang ora kêna sinêrêg marang bêbênêran, ginugatake kadurjanan, utawa panêraking parentah, wong kang ginugat mau banjur diluwarana ing sanalika. (I.R.88,-Stbl. 1876, No. 298.)

Bab 87

Manawa residhèn sadurunge anibakake karampunganing [kara...]

--- 198 ---

[...mpunganing] prakara-prakara kang kasêbut ing bab 82, 84, utawa 86, ing pranatan rèhlêmèn iki, môngka anggalih prêlu yèn prakara iku priksa kang luwih têrang, rèsinresidhèn nuli aparing dhawuh marang kapala jaksa utawa punggawa polisi liyane amriksaa manèh sarta anamtokake dinane, yèn wong kang kadakwa kaladèkake ing ngarsane. (I.R. 88,-Stbl. 1876, No. 298,-1880, No. 164,-1885, No. 81.)

Bab 88.

Sarupane karampunganing residhèn, kang tinibakake anêtêpi bab kang wus padha kasêbut ing dhuwur mau, iku nganggoa kapemutan kang têrang ana ing êbuk, kang pancèn ginawe pemutaning prakara kaya mangkono. (R.O. 111,-I.R.81, 89,-Stbl. 1876, No. 298.)

Bab 89

Ing sajrone apdhèlinge dhewe-dhewe para asistèn residhèn, sarta kang dadi awak-awaking residhèn, padha kabubuhan sarta kawênangake marang pagaweyan tuwin lêlakon, kang kabubuhake marang residhèn, kasêbut ing bab ping 78, lan ing bab [ba...]

--- 199 ---

[...b] saurute, têrange mangkene, para asistèn residhèn mau ora angrampungi prakara dhewe, sawuse rêmbugan karo bupati, agaweya layang pamrayoga marang residhèn, amratelakna kang dadi pamikiring bupati mau, akanthi sarupaning layang kang anggêpok prakarane, supaya dirampungana marang residhèn.

Ananging para asistèn residhèn, kang amêngku apdhèling dhewe, sarta kang padha dumunung ana sajroning karajane residhèn, kabubuhan anyêkêl polisi, iku padha kêna kinawasakake dening rêsidhèn, angrampungi prakara kang kasêbut ing ngarêp mau awit saking namaning residhèn, luwih manèh angrampungi prakara mung muni ana ing layang polisi rol, êndi kang pancèn kêna rinampungan ana ing layang iku, ananging aja sah ing wajibe, sabên ing môngsa kang katamtokake, sarta apêse sasasi sapisan, angirimna êbuking karampungane marang residhèn, yèn ana prêlune akanthia layang lapurane bab prakara mau. (I.R.88, 372,-Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 90

Residhèn kang angawasani sakèhing kunjara sajroning

--- 200 ---

bawahe, sarta wajib sabên sasi amariksani dhewe kunjara kang ana sajroning karajan, supaya wêruha marang kaananing sakèhing lêlaran, sarta panganggêpe marang lêlaran iku, karo dening manèh, residhèn amariksanana êbuking lêlaran, mungguh bênêr lan orane panggarape ing êbuk iku. (Bijbl. No. 2488, 2499, 3277, 4149.)

Mungguh kunjara kang padha dumunung ana ing kabupatèn liyane, iya masthi dipariksani ing sabên sasi, êtrape kaya kang wus kasêbut ing dhuwur mau, dene kang mariksani residhèn dhewe, utawa asistèn residhèn, utawa priyayi Walônda liyane, êndi kang bakal tinuduh dening residhèn, awit namaning residhèn. (I.R.64, 70, 91,-Stbl. 1867, No.114,-1871, No. 78,-1876, No. 298.)

Bab 91

Ing sabên pungkasaning têlung sasi sapisan residhèn angirimna marang prokurur jendral layang pratelane sakèhing wong, kang padha kinunjara sajroning karajan, lan ing panggonan liyane, kang kalêbu ing bawahe, tuwin kang maune wus kinunjara ana ing kono sajroning têlung sasi mau, kapratelakna sababe, lan titi mangsane nalika [na...]

--- 201 ---

[...lika] kinunjara, tuwin nalika linuwaran saka ing kunjara, utawa kinirimake marang panggonan liyane. (R.O.144, 182-I.R.90,-Stbl. 1876, No. 298,-Bijbl.1992)

Bab 92

Mungguh amèmuti ana ing êbuk wong kang padha katrapan anggarap gawe nganggo karante utawa ora, kang panggonane anglakoni paukumane wus kaprênahake dening kangjêng guphrêmèn ana ing bawahe para residhèn, apadene mungguh kang masthi diyêktèni ing bab iku mau, para residhèn padha manuta pranatan kang wus ana, utawa kang bakal ginawe ing têmbe. (I.R. 324,-Stbl. 1847, No.28,-1871, No. 78,-1876, No. 298.)

_________

Prakara Kaping Pitu

Bab Bêbênêran Dhistrik, (R.O.77.)

Bab 93

Pasebane sarupaning bêbênêran dhistrik ing sabên pitung dina sapisan, nganggo katamtokake dinane, gawene angrampungi prakara, kang dadi bubuhane, kasêbut [ka...]

--- 202 ---

[...sêbut] ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran. (R.O. 79,88,-I.R.108.)

Bab 94

Saupama ana wong angladèkake gugat parapadu marang bêbênêran dhistrik, kaya kang kasêbut ing layang pranatan mau, ing bab ping 79, môngka kang ginugat ora têka, iku sakarone, kang anggugat lan kang ginugat padha diparentahana têka lan saksi-saksine ing dina paseban ngarêpe manèh, dene parentah marang kang ginugat mêtua saka ing batur polisi.

Yèn ing dina paseban mau kang anggugat ora têka, prakarane bakal ginawe ebra, ananging kang anggugat wênang angladèkake manèh gugate.

Yèn kang ginugat wus kaundang kaya adat, môngka ora têka, sarta ora têtela ana pêpalangane prêlu, kang anggugat bakal tinêtêpake mênang, dene yèn têtela ora bênêr gugate, gugate bakal tinulak. (I.R.96, 111, 131, 428.)

Bab 95.

Manawa karone kang anggugat lan kang ginugat têka, iku [i...]

--- 203 ---

[...ku] padha dipariksanana ature, yèn padha anggawa saksi, iya dipariksanana saksine, sawise mangkono, lurah dhistrik banjur anibakna bêbênêran. (R.O. 86, 88,-I.R. 96, 97, 98, 99, 107, 134, 431.)

Bab 96

Mungguh pranatan kang kasêbut ing bab ping 94 lan bab ping 95 mau, iya kanggo tumrap marang gugat bab pêpisuh, lan arubiru ing pangucap liyane, kang dadi bubuhane bêbênêran dhistrik, têrange mangkene, yèn kang ginugat têtêp kaluputan ing panggawe kang ginugatake, bakal kapatrapan dhêndha, anêtêpi layang pranatan kang wus kasêbut mau, ing bab ping 80, ananging yèn ora kayêktèn ing kaluputane, kang ginugat bakal linuputake saka ing patrapan.

Sakèhing dhêndha patrapane bêbênêran dhistrik dadi kagungane kangjêng guphrêmèn, lan bakal kaêsokake ing kantore kangjêng guphrêmèn. (R.O. 80,-I.R. 84, 97, 98, 99, 107, 117, 332, 398, 410.)

Bab 97

Mungguhing prakara parapadu, lan ing prakara kang ginantungan paukuman, iku dibodhokake marang pamikiring [pami...]

--- 204 ---

[...kiring] lurah dhistrik, amariksani aturing saksi, nganggo sinumpah lan orane. (I.R. 118, 151, 256.)

Bab 98

Lurah dhistrik ing sadurunge anibakake bêbênêran ing prakara parapadu, utawa ing prakara kang ginantungan paukuman, anaria kang dadi pamikiring para lurah, kang kinanthèkake dadi kancane urun rêmbug, lan pamikiring kaum, kang omah ana ing karajaning dhistrik. (R.O.78, 86,-I.R 101,118.)

Bab 99

Sakèhing karampungane bêbênêran dhistrik kapemutana kang têrang ana ing êbuk, kang pancèn ginawe pemutaning karampungan, sabên patbêlas dina lurah dhistrik angirimna marang bupati têturunan karampunganing prakara kang ginarap sajroning patbêlas dina iku, bupati banjur angirimna marang residhèn, yèn ana prêlune akanthia pamikire, dene yèn ing panggonan bawah asistèn residhèn, pangirime marang asistèn residhèn. (I.R 52, 69, 119, 190, 314.)

Bab 100.

Sing sapa arêp angulurake prakarane ing bab parapadu, [parapa...]

--- 205 ---

[...du,] kang wus dirampungi dening bêbênêran dhistrik, sarta pancèn kêna kaluhurake, iku ing sajroning pitung dina sawuse tibaning karampungan apratelaa marang bupati, bupati bakal amèmuti, utawa akon amèmuti.

Yèn wus kaliwat saka ing pitung dina mau, ora kêna angulurake prakara manèh, sarta karampunganing bênênêran dhistrik kêna katindakake. (R.O. 79, 84, 88,-I. R. 95, 102, 113, 120.)

Bab 101.

Samôngsa bupati wus awèh wêruh marang lurah dhisrik, yèn ana wong nêdya ngulurake prakarane, lurah dhistrik ing sajrone pitung dina sawuse diwènèhi wêruh mau amratelakna nalaring prakara kamot ing layang marang bupati, sarta kang dadi karampungane, tuwin amratelakna kang wus dadi pamikiring kônca-kancane urun rêmbug, lan pamikiring kaum. (I.R. 98, 121)

Bab 102

Mungguh anindakake sakèhing karampungane bêbênêran dhistrik ing prakara parapadu, kang ora kaulurake [kaulur...]

--- 206 ---

[...ake] manèh, utawa kang kaulurake, sarta wus katêtêpake kabèh, utawa ing sawatara, iku lurah dhistrik ambubuhna marang lurah desa, utawa marang priyayi sosorane liyane. (I.R.100, 103, 122, 203a, 428.)

Bab 103

Lurah desa utawa sawiji-wijining priyayi liyane, kang binubuhan anindakake karampungan mau, iku angubayanana dhisik marang kang tinêtêpake kalah, dipuriha anglakoni unining karampungan ing sajroning pitung dina.

Yèn wus kaliwat saka ing pitung dina mau unining karampungan ora kalakon, lurah dhistrik banjur awèha parentah, anggantung barang dandanane kang tinêtêpake kalah, winataraa sacukupe ginawe gadhèn tumindaking karampungan, kajaba yèn ana sababe, môngka lurah dhistrik anyarantèkake ing sawatara kalakoning karampungan mau. (I.R.102, 104, 122, 203a, 430.)

Bab 104

Mungguh panggantunging barang dening priyayi kang binubuhan anindakake karampungan mau, nganggoa kasaksèn [kasaksè...]

--- 207 ---

[...n] ing wong loro, yèn bisa padhaa anane karo kang tinêtêpake kalah. Priyayi iku wajib amurwat rêganing barang kang ginantung saka ing siji-siji. (I.R. 103, 105, 122, 203a.)

Bab 105

Yèn antara rong dina sawuse panggantunging barang unining karampungan durung kalakon, barang kang ginantung mau dilelanga dening priyayi kang kabubuhan anindakake karampungan, sêsampêting uwang pikalah, kaêdola marang kang akèh dhewe panganyange, nganggo kasaksèn ing wong loro, panukune kêncèng, dene yèn panganyanging wong kurang saka ing pamurwating barang, barang iku dipasrahna marang wong potang kang karampungane katindakake, kaanggêpna sapamurwate.

Wong kang tinêtêpake kalah wênang angrigênake urut-urute pangêdoling barang kang ginantung.

Barang kang ora susah diêdol, kapasrahna manèh marang wong kang tinêtêpake kalah. (I.R. 103, 122, 203a.)

Bab 106

Mungguh panggantunging barang mau ora kêna yèn kongsia

--- 208 ---

anggêpok rajakaya, tuwin piranti, kang prêlu kanggo ing pangupajiwane wong kang tinêtêpake kalah. (I.R.122, 203a.)

Bab 107.

Bêbênêran dhistrik ora wênang amatrapi paukuman kunjara, utawa angunjara uwong, kang amarga dening utange.

Saupama ana wong kapatrapan dhêndha, kaya kang kasêbut ing bab ping 96, môngka ora gêlêm utawa ora bisa ngrupakake, lurah dhistrik awèha wêruh marang bupati. Samôngsa bupati wus anyidikake, yèn kang kapatrapan dhêndha wus kaparentahan ngrupakake dhêndhane tanpa wasana, patrapan dhêndha iku bakal liniru ing paukuman kunjara dening bupati mau, lawase ora kêna luwih saka ing têlung dina. (R.O.80,-I.R.117, 329.)

Bab 108.

Tibaning adil saka ing bêbênêran dhistrik tanpa prabeya. (I.R.122)

_________

--- 209 ---

Prakara Kaping Wolu.

Bab Bêbênêran Kabupatèn. (R.O.81,-Bijbl. No. 636, 2368.)

Bab 109

Pasebane sarupaning bêbênêran kabupatèn apêse ing sabên pitung dina sapisan, ana ing karajane sawiji-wijining kabupatèn, nganggo katamtokake dinane, gawene angrampungi prakara, kang dadi bubuhane, kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 83, lan bab ping 84.

Ananging samono iku ora kalêbu prakara kang salawase amasthi bakal karampungan dening para residhèn muni ing layang polisi rol, kaya kang wus kasêbut ing layang pranatan mau, ing bab ping 110, sanajan prakara iku kalêbu ing wêwilangane bab ping 83 mau, iya uga dadi bubuhane residhèn. (R.O.81, 88,-I.R. 65, 85, 118.)

Bab 110

Sarupaning gugat parapadu kaladèkna marang bupati kamot ing layang, yèn kang duwe gugat ora bisa nulis, [nu...]

--- 210 ---

[...lis,] bupati amèmutana, utawa akona mèmuti gugate.

Bupati angirimna têturunaning layang gugat utawa têturunaning pemutan marang kang ginugat, kalilana amangsuli sajroning pitung dina. (I.R.128.)

Samôngsa wangsulane kang ginugat wus katampan, utawa wus kaliwat saka ing wêwangên pitung dina mau, bupati anamtokna dinane bakal lumadining prakara marang bêbênêran kabupatèn, sarta akona nêkakake wonge kang anggugat lan kang ginugat, sebaa ing dina kang katamtokake, apadene saksine, kang kapratelakake dening kang anggugat lan kang ginugat, kamot ing layang gugat utawa ing wangsulane, tuwin kang kapratelakake ijoan.(I.R.94, 112, 126,-Bijbl. No.157.)

Bab 111

Yèn kang anggugat ora têka, prakarane bakal ginawe ebra, ananging kang anggugat wênang angladèkake manèh prakarane. (I.R. 94. 131.)

Yèn kang ginugat wus kaundang kaya adat, môngka ora têka ing dina kang wus katamtokake, sarta ora

--- 211 ---

têtela ana pêpalangane prêlu, kang anggugat bakal tinêtêpake mênang, dene yèn têtela ora bênêr gugate, gugate bakal tinulak. (I.R. 94, 118, 132.)

Bab 112

Yèn kang anggugat lan kang ginugat têka ing dina kang wus katamtokake, layang gugat lan wangsulane diwacaa, samono iku yèn ana wangsulane kamot ing layang, sawuse diwaca, kang anggugat lan kang ginugat mau sasaksine dipariksanana ature, nuli anibakna bêbênêran. (I.R.95, 110, 118, 135.)

Bab 113.

Yèn ana prakara parapadu, kang wus dirampungi marang bêbênêran dhistrik, durung andadèkake panarimane salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, kaulurake manèh linadèkake marang bupati, bupati akona awèh wêruh marang kang anggugat lan ginugat, mungguh dinane ênggone bakal anggarap prakarane ana ing bêbênêran kabupatèn.

Yèn kang anggugat lan kang ginugat têka ing dina kang wus katamtokake, layang karampungane bêbênêran dhistrik kawacaa, [ka...]

--- 212 ---

[...wacaa,] anuli katiti pariksaa, êndi kang bisa anêrangake prakarane, sawise mangkono banjur anibakna bêbênêran.

Bupati awèha wêruh utawa akona awèh wêruh kamot ing layang marang lurah dhistrik, mungguh kang dadi bêbênêrane mau. (R.O.84,-I.R.100, 118.)

Bab 114

Yèn ing prakara kang ginantungan paukuman, kang ginugat lan saksi kaundanga dening lurah jêksa utawa dening jêksa, kapuriha têka ing dina kang katamtokake dening bupati ênggone bakal ambênêri. Ing dina iku kang ginugat lan saksi dipariksanana ature, ing bab panggawe kang ginugatake, apadene sakèhing nalar kang bisa angêbotake awake utawa angluwarake saka ing tarka. (R.O. 83, 85,-I.R 84, 115, 410, 431.)

Bab 115

Yèn kang ginugat katêtêpake kaluputan anglakoni panggawe kang ginugatake, iku bakal kapatrapan dhêndha utawa kinunjara, kaya kang kasêbut ing layang pranatan [pra...]

--- 213 ---

[...natan] bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 83. (I.R. 114, 116.)

Bab 116

Yèn kaluputane ora kayêktèn, kang ginugat mau kaluputake saka ing patrapan. (I.R. 115, 398.)

Bab 117

Yèn amatrapi dhêndha marang sawijining wong, ing sajroning layang karampungane katamtokna paukumane kunjara pisan, kang minôngka lêliruning dhêndhan, manawa kang kapatrapan ora angrupakake, dene paukuman kunjara iku lawase ora kêna luwih saka ing nêm dina.

Mungguh kang katamtokake ing wêkasane bab ping 96, iku iya tumrap marang dhêndha, patrapane bêbênêran kabupatèn. (R.O. 83,-I.R. 329.)

Bab 118

Sarupaning prakara, kang dadi bubuhaning bupati, sanajan kang jujuge pancèn munggah marang bêbênêrane, utawa kang

--- 214 ---

kaulurake marang bêbênêrane, rampunga dening bupatine dhewe, samono iku yèn wus anari kang dadi pamikiring lurah jêksa, utawa jêksa, tuwin pangulu, utawa kaum, kang dadi sêsulihing pangulu, apadene priyayi kônca-kancane urun rêmbug, kang padha milu seba ana ing bêbênêran kabupatèn.

Mungguh pranatan kang kasêbut ing bab ping 97, iku iya tumrap marang para bupati. (R.O.82, 86,-I.R.111, 119, 151, 256.)

Bab 119

Sakèhe kang ginarap ana ing bêbênêran kabupatèn, apadene kang wus dadi pamikiring jêksa, pangulu, lan para priyayi kônca urun rêmbug, tuwin bêbênêran kang wus tinibakake, iku kabèh dipemutana kang têrang ana ing êbuk, sabên pitung dina sapisan pêpêthikaning êbuk iku ing bab prakara kang ginarap sajroning pitung dina mau, kinirimna marang presidhèning landrat.

Dene kang mèmuti iku mau kabèh, ing nalika paseban ambêbênêri prakara, priyayi urun rêmbug ing salah sawiji, êndi kang tinuduh marang bupati. (I.R.99, 118, 190, 314.)

--- 215 ---

Bab 120

Yèn ana wong duwe prakara, kang jujuge pancèn marang bêbênêran kabupatèn, sawuse dirampungi, môngka durung andadèkake panarimane salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, nêdya diulurake manèh, kang durung narima ing sajroning sapuluh dina sawuse tinibanan bêbênêran apratelaa marang presidhèning landrat, pratelane iku bakal dipemuti. (R.O.83,-I.R.100, 112, 121, 123, 334.)

Bab 121

Samôngsa presidhèning landrat wus awèh wêruh marang bupati, yèn ana wong nêdya ngulurake prakarane, bupati ing sajroning pitung dina sawuse diwènèhi wêruh mau angirimna marang presidhèning landrat layang karampungan kang durung andadèkake panarima, utawa têturunane, sarta yèn ana, akanthia layang-layang, kang anggêpok prakarane.

Yèn wus kaliwat saka ing wêwangên sapuluh dina, kasêbut ing bab ping 120 mau, ora kêna angulurake prakara maneh, sarta karampungane bêbênêran kabupatèn kêna katindakake. (I.R.101, 120, 124, 335, 430.)

--- 216 ---

Bab 122

Mungguh pranatan kang kasêbut ing bab ping 102, 103, 104, 105, 106, lan 108, iku iya padha tumrap marang bupati, bedane mung mangkene, mungguh anindakake karampungan, bupati ambubuhna marang lurah dhistrik, lurah dhistrik iku kêna animbalake marang lurah polisi kalèrèhane, ananging wajib awèh wêruh marang bupati kadadeyane ênggone anindakake karampungan mau. (I.R. 52, 125, 336.)

_________

Prakara Kaping Sanga.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran ing Prakara Parapadu, kang Dadi Bubuhaning Landrat.

Bêbageyan kang Kapisan, (I.R.239)

Bab Panggaraping Prakara Ana ing Paseban Nalika Ambêbênêri.

Bab 123

Yèn ana prakara parapadu bakal kaulurake munggah marang landrat, presidhèning landrat sawuse dipratelani, [dipra...]

--- 217 ---

[...telani,] kaya kang kasêbut ing bab ping 120, akona awèh wêruh marang kang anggugat lan kang ginugat, mungguh dinane bakal lumadining prakara marang landrat, sarta nganggoa parentah angladèkake ing dina iku saksi-saksine, kang dipuriha mariksani manèh dening kang anggugat utawa kang ginugat. (R.O.83, 98,-I.R.110, 112, 428,-Bijbl. No.157.)

Bab 124

Samôngsa wus tumêka ing dina kang katamtokake lumadining prakara mau, landrat amariksanana manèh prakarane.

Yèn bakal lêkas amariksani prakara mau, layang karampungane bêbênêran kabupatèn kawacaa, dene yèn ana panunggalane ing layang, kang wus linadèkake marang bêbênêran mau, iku iya diwacaa, anuli saksi-saksine dipariksanana ature, kaya kang wus katamtokake ing bab ping 142, saurute, apadene sarupaning tôndha, kang wus linadèkake maune, tuwin kang anyar, iku padha pinikira. (I.R. 121, 431.)

Sawuse mangkono, landrat nuli anibakna bêbênêran, [bêbê...]

--- 218 ---

[...nêran,] nganggo anitènana kang katamtokake ing bab ping 164, lan bab ping 183, ing adêg-adêg kang wiwitan, sarta manuta pranatan kang kasêbut ing bab ping 188, lan bab ping 190. (I.R.121, 123.)

Bab 125

Ing sajroning pitung dina sawuse anibakake bêbênêran, presidhèning landrat awèha wêruh marang bupati mungguh kang dadi karampunganing prakara kang diulurake mau, sarana angirimi têturunaning layang karampungane.

Mungguh tumindake layang karampungan iku, iya kayaa kang wus katamtokake bab tumindaking layang karampungane bêbênêran kabupatèn. (I.R.113, 122)

Bab 126.

Sarupaning gugat parapadu, kang pancèn jujuge munggah marang landrat, iku padha kamota ing layang, katandhanana tangan dening kang anggugat, utawa dening wakile, kasêbut ing bab ping 130, sarta kaladèkna marang presidhèning landrat, kang ambawahake panggonane

--- 219 ---

omah kang ginugat, utawa panggonane kang didunungi nalika ginugat, iku yèn ora têtela têtêpe kang diomahi. (I.R. 110.)

Saupama kang ginugat luwih saking wong siji, kang ora omah nunggal ana ing bawahe landrat sawiji, layange gugat diladèkna marang presidhèning landrat, kang ambawahake panggonane omah salah sawijine kang ginugat, apa sakarêpe anggugat.

Dene yèn ana layange kang ginugat, muni duwe pamilih marang panggonan sawiji, kang minôngka omahe, kang anggugat yèn gêlêm kêna angladèkake gugate marang presidhèning landrat, kang bawahe pinilih minôngka panggonane omahe kang ginugat. (R.O.95,-I.R.136, 234,-Bijbl. No. 3371.)

Bab 127

Saupama kang anggugat ora bisa nulis, tuwin ora bisa anandhani tangan, kêna angladèkake gugate mung ijoan bae marang presidhèning landrat, iku kang amèmuti, utawa akon amèmuti. (I.R.110, 190, 200, 204, 206, 234,-Bijbl. No.157.)

--- 220 ---

Bab 128

Layang gugat kang linadèkake, utawa pemutaning gugat, ing samôngsa wus kaunggahake ing êbuk dening ghrivir, nuli kinirimake dening presidhèn marang kang ginugat, nganggoa diubayani amangsuli sajroning dina kang katamtokake. (I.R. 110,-Bijbl. No. 157.)

Mungguh wêwangêning ubaya diprayogaa lan adoh cêdhaking panggonane omah kang ginugat, ananging ora kêna kurang saka ing pitung dina. (I.R. 126, 423, 428, 430.)

Bab 129

Samôngsa wangsulane kang ginugat wus katampan, utawa wus kaliwat saka ing wêwangêning ubaya, presidhèn amasthia dinane bakal lumadining prakara marang landrat, sarta akona awèh wêruh marang kang anggugat lan kang ginugat, nganggoa diparentahi, anggawa saksi-saksine, kang dipurih mariksani dening kang anggugat utawa kang ginugat, tuwin sarupaning tôndha kamot ing layang, kang nêdya ginawe gêgaran. (R.O. 29,-92,-I.R. 128, 131, 142, 234, 428,-Bijbl. No. 157.)

Bab 130

Wong kang anggugat utawa kang ginugat yèn gêlêm kêna agawe [a...]

--- 221 ---

[...gawe] wakil, kang amitulungi utawa dadi awak-awake, ananging nganggoa awèh layang pangawasa marang wakile, dene yèn kang gawe wakil milu seba, ora susah awèh layang pangawasa. (I.R. 126, 131, 243, 418,-Bijbl. No. 3371.)

Bab 131

Yèn kang anggugat wus kaundang, môngka ora têka ing landrat ing dina kang wus katamtokake, utawa ora awèh wakil, gugate bakal ginawe ebra, sarta kang anggugat kapatrapan ambayar prabeyaning prakara, ananging wênang angladèkake gugate manèh. (I.R. 94, 111, 129, 133, 185.)

Bab 132

Yèn kang ginugat wus kaundang kaya adat, môngka ora têka ing dina kang katamtokake, utawa ora awèh wakil, kang anggugat katêtêpake mênang, kajaba yèn panêmuning landrat gugate ora bênêr. (I.R. 94, 111, 129.)

Manawa kang anggugat katêtêpake mênang, presidhèn awèha parentah marang sawijining priyayi kang duwe bubuhan, anyurupake karampunganing landrat marang kang kalah.

--- 222 ---

Mungguh anyurupake layang karampungan mau, lan dinane nalika anyurupake, kapemutana dening ghriviring landrat ana sangisoring layang karampungan. (I.R 133, 183, 192, 310, 428.)

Bab 133

Saupama salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat ora têka, utawa ora awèh wakil, kaya kang kasêbut ing bab ping 131, lan bab ping 132, sadurunge anibakake bêbênêran, landrat kêna awèh parentah, angundang manèh marang salah sawiji kang ora têka mau, dipuriha têka ing dina pasebane manèh, kang bakal katamtokake dening presidhène, sarta kasurupake marang salah sawiji kang têka, nalika ambêbênêri prakara. Landrat malah wajib awèh parentah ngundang, manawa têtela utawa kêna kaanggêp, yèn ora têkane ing salah sawiji mau ana pêpalangane prêlu. (I.R.189, 339.)

Bab 134

Yèn kang anggugat lan kang ginugat têka ing dina kang wus katamtokake, landrat amuriha mirukun ing karo-karone, [karo-...]

--- 223 ---

[...karone,] pamurih mirukun iku mêtua saka ing presidhèn.

Manawa kêna dipirukun, pirukune dipacaka ing layang tumuli ana ing paseban kono, munia yèn kang anggugat lan kang ginugat padha kabênêr angèstokake kang wus dadi pirukun, dene layang pirukun mau santosane lan êtrape anindakake padha karo layang karampungan kang lumrah.

Dene prakara kang wus rampung kamot ing karampungan kaya mangkono iku ora kêna diulurake manèh.

Saupama ing pamurih amirukun marang kang anggugat lan kang ginugat mau, prêlu nganggo sarana juru basa, iku laku-lakune manuta pranatan kang kasêbut ing bab ngisor iki. (I.R. 135, 199, 235,-Bijbl. No. 157.)

Bab 135

Yèn kang anggugat lan kang ginugat wus padha têka, ananging ora kêna dipirukun, iku disêbutna ing layang pratela kalane ambênêri prakara, anuli layang-layang kang linadèkake dening kang anggugat lan kang ginugat padha diwacaa, dene manawa salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat ora sumurup ing basa kang muni ing layang [la...]

--- 224 ---

[...yang] mau, presidhèn anuduha juru basa, kang anjuru basakake unining layang ing basane wong kang ora sumurup mau. (I.R. 95, 112, 140, 190.)

Anuli mariksanana ature kang anggugat lan kang ginugat, yèn ana prêlune pamariksane iya asaranaa juru basa. (I.R. 138, 190.)

Juru basa mau angaturna sumpah marang presidhèn, yèn bakal têmên-têmên ênggone anjuru basakake sawijining basa pangêlihe marang basa liyane, kajaba yèn ênggone dadi juru basaning landrat wus anyandhang sumpah.

Mungguh kang kasêbut ing adêg-adêge ping têlu ing bab ping 158, kanggo tumrap marang para juru basa. (I.R. 129, 140, 275,-Stbl. 1858, No. 15,-1866, No. 108-1884, No. 143.)

Bab 136

Yèn kang ginugat kaundang dening sawijining landrat, môngka bênêre ora pancèn munggah marang bêbênêrane landrat iku, kaya kang kasêbut ing bab ping 126, kang ginugat mau kêna aduwe panjaluk, supaya priyayi kang nyêkêl bêbênêran tutura, yèn ora wênang ambênêri prakarane, ananging panjaluk iku kudu tumuli, ing

--- 225 ---

nalikane lêkas ambêbênêri prakara ing paseban kang wiwitan, dene sadurunge duwe panjaluk mangkono, môngka wus angladèkake liyane, kang minôngka wangsulaning gugat, panjaluke mau bakal ora pinikir. (I.R.139, 193.)

Bab 137.

Saupama prakara kang pinadu pancèn dudu bubuhaning landrat, sanajan panggaraping prakara ana ing paseban lagia apa, kang ginugat kêna duwe panjaluk, supaya priyayi kang nyêkêl bêbênêran tutura, yèn ora wênang ambênêri prakarane, malah priyayi kang nyêkêl bêbênêran awit kagawa dening lêlakone wajib tutur mangkono. (I.R. 139, 193.)

Bab 138

Yèn ora ana kang madoni ing bab ora wênange priyayi bêkêl bêbênêran, utawa ana kang madoni, ananging pinikir ora bênêr, sawuse amariksani ature kang anggugat lan kang ginugat, landrat tumuli atiti pariksaa kang têmên-têmên lan aja nganggo baukapine marang bênêring gugat, lan marang bênêr yêktine wangsulaning gugat. (I.R. 135, 159.)

--- 226 ---

Bab 139

Saupama kang ginugat ora narima prakarane kagarap ana ing bêbênêran, kaya ta, manawa duwe atur angarani, yèn prakarane wus pancas kamot ing layang karampungan, kang ora kêna diowahi, utawa angarani wus rukun karo kang anggugat ingatase prakara mau, utawa angarani, yèn prakarane isih ginarap marang bêbênêran liyane, sapêpadhane kang mangkono, atur iku kudu binarêng karo wangsulaning gugat, banjur tinibanana bêbênêran barêng lan rampunganing gugat. Landrat ora wênang anibakake bêbênêran dhisik marang atur iku mau, kajaba manawa kang anggugat ngarani, yèn priyayi nyêkêl bêbênêran ora wênang anggarap prakarane, iku ature kang anggugat mau masthi tinibanan bêbênêran dhisik. (I.R. 136.)

Bab 140

Wong kang anggugat lan kang ginugat kêna duwe panjaluk pariksa-pinariksanan layang tandhaning lêlawanane, mulane layang tôndha katêrangan iku kudu dipasrahake dhisik marang priyayi nyêkêl bêbênêran.(I.R. 129, 135.)

--- 227 ---

Bab 141

Saupama salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat amadoni bab yêktining layang tandhaning lêlawanane kang wus linadèkake, anuli dititi pariksaa dhisik mungguh yêkti utawa gêgaweyane ing layang tôndha mau, nganggo anitènana kang katamtokake ing bab ping 158, yèn uwis ing pamariksane, landrat bakal angrampungi sapanêmuning prakara, mungguh layang kang dipadoni mau kêna lan orane dianggêp dadi tôndha pamêlèhing prakara kang ginarap.

Saupama nalikane katiti pariksa mungguh yêkti utawa gêgaweyane ing layang mau, andadèkake kira-kira marang wong kang isih urip, yèn wong iku anglakoni panggawe goroh, landrat angirimna layang-layange marang priyayi kang duwe bubuhan nyêkêl bêbênêran ing prakara kang ginantungan ing paukuman, supaya dipariksaa.

Dene prakarane kang gumatung ana ing landrat mênêng, anganti sauwise ana karampungane priyayi nyêkêl bêbênêran ing prakara kang ginatungan ing paukuman.

--- 228 ---

Bab 242

Manawa kang anggugat duwe atur nêdya anyatakake bênêring gugate kalawan saksi, utawa kang ginugat duwe atur nêdya anyatakake yêktining wangsulane kalawan saksi, ananging awit dening pamoponing saksi, utawa awit dening sabab liyane, ora bisa anggawa saksine, kaya kang katamtokake ing bab ping 129, landrat bakal anamtokake dina paseban manèh, ênggone bakal amariksani aturing saksi, sarta aparentaha marang priyayi kang duwe bubuhan, angundang saksi-saksi, kang padha ora gêlêm têka ing paseban nalika ambêbênêri prakara, saka ing karepe dhewe, dipuriha têka ing dina paseban mau.

Mangkono uga etrape pangundanging saksi, kang pamariksane mêtu saking parentahing landrat, amarga kagawa dening lêlakone. (I.R 124, 143, 419, 428, 431,-Bijbl. No. 2921.)

Bab 143

Yèn saksi kang kaundang mau ora têka ing dina kang

--- 229 ---

wus katamtokake, landrat bakal amatrapi ambayar wragad, kang wus winêtokake tanpa gawe, sarta amatrapi dhêndha, ora luwih saka ing salawe rupiyah.

Saksi mau bakal kaundang manèh, wragading lakune disônggaa dhewe. (I.R. 124, 145, 153, 250, 253.)

Bab 144

Manawa saksi kang kaundang manèh mau mêksa ora têka, bakal kapatrapan manèh ambayar wragad, kang wus winêtokake tanpa gawe, sarta kapatrapan dhêndha, ora luwih saka ing sèkêt rupiyah, tuwin anêmpuhi pitunane kang anggugat utawa kang ginugat, kang jalaran saka ing ora têkane.

Presidhèn anuli kêna awèh parentah, amurih keriding saksi kang ora têka mau marang landrat mêtu saking pangawasaning nagara, supaya anglakonana wajibe. (I.R. 124, 145, 153, 251, 254,-Stbl, 1818, No.36.)

Bab 145

Manawa saksi kang ora têka mau nyatakake, yèn ora bisane têka kaundang iku awit kapalangan [kapalang...]

--- 230 ---

[...an] ing sabab prêlu, sawuse amratelakake ature, landrat bakal angluputake saka ing patrapan mau. (I.R. 124, 143.)

Bab 146

Sapa-sapaa ora kêna kajiyat seba marang landrat, dipurih dadi saksi ing prakara parapadu, yèn panggonane omah utawa dêdunung ora kalêbu ing bawahe landrat mau.

Yèn ana saksi, kang panggonane omah utawa dêdunung ora kalêbu bawahing landrat, kaya kang wus kasêbut mau, diundang môngka ora têka, iku ora kêna dipatrapi, ananging presidhèning landrat duwea pitêmbung kamot ing layang marang residhèn, kang ambawahake omah utawa padunungane saksi mau, amariksanana ature nganggo sinumpah, layang pratelane kinirimna tumuli marang landrat.

Pitêmbung marang residhèn mau kêna kalaksanan tumuli, ora susah angundang saksine dhisik.

Layang pratelane mau kawacaa ana ing paseban yèn ambêbênêri prakara. (I.R. 124,143.)

--- 231 ---

Bab 147

Samôngsa saksi-saksine wus padha têka ing dina kang katamtokake, banjur diundanga lumêbu saka ing siji-siji.

Presidhèn atakona jênênge, pangupajiwane, ngumure, lan omahe, utawa padunungane, tuwin apa mambu darahe kang anggugat lan kang ginugat, utawa ing salah sawijine, utawa dadi kadang katut saka ing salakirabi, lan prênah apa, karo dening manèh apa dadi bature kang anggugat utawa kang ginugat, batur buruhan, utawa batur kang anggarap gawe sajroning omah. (I.R. 256)

Presidhèn anuli takona marang kang anggugat lan kang ginugat, manawa duwe atur panampik marang sawijining wong. (I.R. 124, 129, 142, 148.)

Bab 148

Kang ora wênang ginawe saksi ing ngisor iki pratelane.

1. Bapakne kang anggugat utawa kang ginugat, êmbokne, kakine, ninèkne, bapa biyungne kuwalon, [kuwa...]

--- 232 ---

[...lon,] maratuwane, kaki nini maratuwa, tuwin kaki nini kuwalon, saurute mandhuwur, anake, putune, saurute mangisor, mantune, anak kuwalone, putu mantu, putu kuwalon saurute mangisor, apadene ipene.

2. Somahe salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, sanajan wus pêpêgatan.

3. Bocah kang ora kêna dipasthèkake uwise ngumur limalas taun.

4. Wong edan, sanajan angot-angotan cat eling cat ora.

Ananging landrat wênang amariksani aturing bocah, utawa wong edan, kang angot angotan cat eling cat ora mau, ora nganggo kasumpah, ananging ature mung kêna minôngka katêranganing prakara bae. (I.R. 151, 265, 269.)

Bab 149

Saksi kang kasêbut ing ngisor iki yèn tinampik dening kang anggugat lan kang ginugat, ora bakal kapariksa ature. (I.R. 152)

1. Sadulure, tuwin ipene kang anggugat utawa [u...]

--- 233 ---

[...tawa] kang ginugat. Apadene paman, bibi, uwa, anaking sadulur, kaponakan anaking paman uwa utawa bibi, utawa katut saka ing salakirabi. (I.R. 150.)

2. Maratuwane somahe kang anggugat utawa kang ginugat, bapa biyunge kuwalon, kaki nini maratuwa, kaki nini kuwalon, saurute mandhuwur, mantuning somah mau, putu mantune, putu kuwalone, saurute magisor, ipene, pamanane, bibèkne, uwake, kang katut saka ing salakirabi, tuwin mantuning pamanane, mantuning bibèkne, apadene matuning uwakne.

3. Wong kang kinira dadi ahli warise salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, tuwin wong kang tômpa pawèwèhe, apadene lêskar tuwin bature. (I.R 267.)

4. Wong kang anduwèni misil utawa bakal anandhang pituna awit dening prakara kang ginarap ing bêbênêran.

5. Wong kang wus kapatrapan paukuman mêmirang.

Bab 150

Wong kang kêna mopo dadi saksi ing ngisor iki pratelane. (I.R. 150, 265.)

--- 234 ---

1. Sadulure salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, tuwin ipene. (I.R. 149.)

2. Bapa biyunge somahe salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, kakine, ninèkne, saurute mandhuwur, anake, putune, saurute mangisor, apadene sadulure.

3. Sarupaning wong, kang amarga dening pangkate, tuwin dening pangupajiwa utawa kalungguhane kang êsah, wajib asimpên wadi, samono iku angêmungna prakara, kang winêruhake ing dhèwèke, pinuriha ngêkêr, amarga kagawa dening lêlakone. (I.R. 268.)

Mungguh bênêre angarani wajib asimpên wadi, iku binodhokake marang pamikiring landrat. (I.R. 153.)

Bab 151

Saupama kang anggugat lan kang ginugat ora duwe atur panampik marang sawijining wong, tuwin ora ana wong kang mopo dadi saksi, utawa ana kang duwe atur panampik utawa pamopo, môngka panampik tuwin pamopone iku diarani ora bênêr, saksine sadurunge pinariksa ature sinumpaha dhisik, panyumpahe [pa...]

--- 235 ---

[...nyumpahe] manuta tataning agamane dhewe-dhewe. (I.R. 97, 118.)

Bab 152

Manawa ana saksi têka ing paseban nalika ambêbênêri prakara, môngka mopo sinumpah utawa pinariksa ature, yèn ana panjaluke kang duwe saksi, presidhèn kêna awèh parentah, angunjara marang saksi iku, nganti gêlême anglakoni wajibe, wragade sinônggaa marang kang duwe saksi, samono iku ora kalêbu saksi kang kasêbut ing bab ping 149, lan bab ping 150. (I.R. 151, 252.)

Bab 153

Yèn saksi kang kaundang bôngsa Walônda sapêpadhane, presidhèning landrat dhewe kang anibakake patrapan, kasêbut ing bab ping 143, lan ing adêg-adêge wiwitan ing bab ping 144, tuwin kang awèh parentah, kasêbut ing adêg-adêge kapindho ing bab ping 144, apadene kang amancasi nalar kasêbut ing adêg-adêge wêkasan ing bab ping 150, ora nganggo bêbantuning para priyayi Jawa, kang padha dadi kancane. (I.R. 254, 268.)

--- 236 ---

Bab 154

Manawa kang anggugat lan kang ginugat duwe karêp amurih takon marang saksi-saksine, sarupane kang bakal tinakokake kapratelakna marang priyayi nyêkêl bêbênêran.

Yèn landrat duwe pamikir, patakon mau ana kang ora ana pakolèhe marang prakarane, iku bakal ora katibakake marang para saksi.

Priyayi nyêkêl bêbênêran kêna takon saka ing karêpe dhewe marang para saksi, samubarang kang kinira ana faidahe bisaa madhangake yêktining prakara. (I.R. 95, 112, 129, 155, 175, 259.)

Bab 155

Mungguh kang katamtokake ing bab ping 275, lan bab ping 276, ingatase saksi ing prakara kang ginantungan ing paukuman, iku iya tumrap marang para saksi kang kasêbut ing dhuwur mau. (I.R. 154.)

Bab 41156

Ghriviring landrat kang bakal amèmuti ing layang pratela nalikane paseban sakèhing aturing saksi,

--- 237 ---

kang padhang kapariksa kalane ana ing paseban ambêbênêri prakara. (I.R. 154, 190, 314.)

Bab 157

Saupama ana prêlu utawa faidahe, presidhèn kêna amatah kumisaris siji utawa loro saka ing pasamuwane, akanthi ghrivir, anyidikake lan atiti pariksa marang panggonan, samubarang kang kêna andadèkake katêranganing priyayi nyêkêl bêbênêran.

Mungguh anyidikake lan atiti pariksa mau, tuwin kang dadi panêmune, kaêmotna ing layang pratela utawa ing layang aturan dening ghrivir, nganggo katandhanana tangan dening kumisaris sarta dening ghrivir. (I.R. 193,-R.O. 63.)

Bab 158

Manawa landrat anduwèni pamikir, yèn prakarane kêna katêrangake asarana katiti pariksa utawa kasidikake dening wong kang undhagi ing prakara, iku landrat kêna amatah marang wong undhagi mau, kang awit saking panjaluke salah sawiji, kang anggugat utawa [u...]

--- 238 ---

[...tawa] kang ginugat, utawa awit saking karêpe landrat dhewe. (I.R.193)

Sawuse amatah, anuli namtokna dina paseban bakal lumadining lapurane wong kang undhagi mau, kamot ing layang utawa ijoan, sarta panyumpahe.

Wong undhagi kang pinatah mau ora kêna kalêbu wong kang ora wênang dadi saksi pinariksa ature, utawa saksi kang kêna tinampik. (I.R, 135, 148)

Yèn pangrasane landrat sulaya karo pamikiring wong kang undhagi mau, landrat ora pisan wajib anuruti kang dadi pamikir iku. (I.R. 141,-Stbl. 1858, No. 15,-1866, No. 108,-1884, No. 143,-1885, No. 190.)

Bab 159

Saupama bênêring gugat utawa bênêring wangsulan gugat ora yêktèn kabèh, ananging ora sêpi pisan saka ing tôndha, sarta wus ora kêna kanyatakake manèh dening tôndha liyane, landrat kagawa dening wajibe ing lêlakone kêna angêtrapake sumpah marang salah sawiji, kang anggugat utawa kang ginugat, sumpah kang minôngka dadi karampunganing prakara, utawa ginawe anamtokake uwong bakal pamênange.

--- 239 ---

Yèn sumpah mau ginawe anamtokake uwang bakal pamênang, landrat amasthia kèh-kèhing uwang, sapira kênane kapracaya sumpahe kang anggugat. (I.R. 138, 161, 166, 181, 420.)

Bab 160

Karodene manèh, sanajan ora ana sawijining tôndha kang linadèkake, kang bisa anyatakake bênêring gugat, lan bênêring wangsulan gugat, salah sawijine kang prakaranan iya kêna anjaluk sumpahe lêlawanane, supaya dadia waton karampunganing prakara, ananging sumpah iku angêmungna panggawe, kang linakonan dening kang jinaluk sumpahe, kang bakal ginawe waton karampunganing prakara.

Dene yèn panggawe iku panggawening karone kang anggugat lan kang ginugat, sarta kang jinaluk sumpahe mau ora nampani, iku kêna mêrdud, anjaluk sumpahe lêlawanane.

Sing sapa dijaluk sumpahe ora anampani, utawa ora mêrdud anjaluk sumpahe lêlawanane, utawa sing sapa ajaluk sumpah dimêrdudi, binalèkake sumpahe, môngka ora anampani

--- 240 ---

sumpah mêrdudan. Iku amasthi tinêtêpake kalah. (I.R.161, 166, 181.)

Bab 161

Mungguh sumpah kang pinundhut dening priyayi nyêkêl bêbênêran, utawa jinaluk dening salah sawiji kang prakaranan marang lêlawanane, apadene sumpah mêrdudan, iku kudu sinôngga dhewe, kajaba yèn ana sababe prêlu landrat anglilani marang salah sawiji kang prakaranan, akon sumpah marang wakile, ananging makilake sumpah iku ora kêna, yèn ora kamot ing layang kang êsah, ing layang iku munia sumpahe kang têrang sarta kang gêmêt. (I.R. 159, 162, 168.)

Bab 162

Tibaning sumpah marang sapa-sapaa amasthi kudu ana ing pasebaning landrat nalika ambêbênêri prakara, kajaba manawa ana pêpalangane prêlu, ora kêna sinumpah ana ing paseban mau, iku presidhèning landrat kêna angawasakake marang sawijining kancane, akanthi ghrivir, amundhut sumpah ana ing omahe salah sawiji kang prakaranan kang panuju kapalangan, ghrivir agawea layang pratela ing bab panyumpah iku. (I.R.420.)

--- 241 ---

Ora wênang anyumpah wong, yèn ora padha anane karo lêlawanane prakaranan, utawa yèn lêlawanane iku ora wus kaundang kaya adat. (R.O. 63,-I.R. 161, 139.)

Bab 163

Lamun sawijining prakara ora bisa rampung ing dina paseban wiwitan kang wus katamtokake ing panggarape, banjuring pamariksa lan panggarape kasarèhna kongsi ing dina pasebane manèh, ananging ênggone nyarèhake iku ing sakêna-kênane aja lawas-lawas, sabanjure iya mangkono.

Ênggone anyarèhake mau kadhawuhna ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, padha anane karo kang anggugat lan kang ginugat. Dene ingatase kang anggugat lan kang ginugat, dhawuh iku minôngka pangundang.

Saupama salah sawiji kang anggugat utawa kang ginugat têka ing dina paseban kang wiwitan, môngka ing dina pasebane manèh ora têka, sarta dina pasebane kasarèhake manèh, presidhèning landrat akona awèh wêruh marang kang ora têka mau, mungguh dinane bakal [ba...]

--- 242 ---

[...kal] ambanjurake pamariksa lan panggaraping prakara.

Dina paseban ora wênang sinarèhake, kang awit dening panjaluke kang anggugat utawa kang ginugat, utawa awit dening karêping landrat kagawa dening wajibing lêlakone, kajaba mung yèn ana prêlune bangêt. (I.R. 250.)

Bab 164

Yèn prakarane ing sakêna-kênane wus ginawe têrang ana ing dina paseban wiwitan, utawa ana ing dina pasebane manèh, landrat akona mêtu marang kang anggugat lan kang ginugat, tuwin marang para saksi, apadene marang kang padha anonton, banjur atakona kang dadi pamikiring lurah jêksa, utawa jêksa, tuwin wadananing pangulu, pangulu, utawa kaum, utawa marang Cina kang urun rêmbug, samono iku yèn nganggo ngundang Cina pinurih têka ing paseban nalika ambêbênêri prakara.

Dene pangrêmbuging prakara, lan agawe karampungane, manuta kang wus katamtokake ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake

--- 243 ---

bêbênêran, ing bab ping 39, lan bab ping 40. (R.O. 7, 41, 92,-I.R. 124, 182, 190, 239.)

_________

Bêbageyan Kaping Pindho. (I.R. 239.)

Bab Tôndha

Bab 165

Ingatase tôndha, lan ingatase anganggêp tuwin anampik tôndha, ing prakara parapadu, iku landrat anitènana ugêr kang kasêbut ing ngisor iki.

Bab 166

Sing sapa angarani duwe wajib marang samubarang, utawa amratelakake samubarang, kang ginawe nyatakake wajibe, utawa amadoni wajibing liyan marang samubarang, iku kudu angaturake tandhane kang dipratelakake mau.

Bab 167

Dene kang kalêbu dadi tôndha ing ngisor iki pratelane.

--- 244 ---

Tôndha layang. (I.R. 168,-Stbl. 1867, No. 29.)

Saksi. (I.R. 173)

Panggrayangan. (I.R. 177.)

Pangaku. (I.R. 178.)

Sumpah. (I.R. 159, 181, 420.)

Ingatase tôndha kabèh iku mau, landrat anitènana kang kasêbut ing bab ngisor iki. (I.R. 285)

Bab 168

Layang kang êsah, iya iku layang kang ginawe dening priyayi kang wus winênangake, iku anyukupi dadi tôndha ing antarane wong kang agawe, tuwin ing antarane ahli warise, sapêpadhane kang olèh khak, yêktine kang kasêbut lan kaprasabênake sajroning layang mau, ananging mungguh kang kaprasabênake iku, têtêpe dadi tôndha, mung yèn manggêpokan pangarêping prakara kang kasêbut ing layang mau. (I.R. 172, 294.)

Bab 169

Sarupaning êbuke para sudagar, kang têrtib panggarape, iku dadi tôndha ingatase marang wong kang ora nyudagar, yêktining rupane lan kèhe kang tinuku

--- 245 ---

kasêbut ing êbuk mau, samono iku manawa kayêktèn saka ing tôndha liyane, yèn sudagare wus tau adol barang kaya mangkono marang wong mau, pangêdole kapotangake, sarta yèn sudagare sumpah, têmên-têmêning gugate.

Saupama sudagare wus mati, ahli warise amasthi duwe atur akanthi sumpah, sumpahe, yèn padha têmên-têmên pracaya marang yêktining utang, lan durunge kasauran.

Ananging mungguh sarupaning êbuke para sudagar, kang ora têrtib panggarape, iku kêna dadi tôndha ingatase marang sudagare. (I.R. 172, 294,-Stbl. 1872, No. 21)

Bab 170

Manawa panggawene ora diselaki kabèh, utawa ananing panggawe iku lumrah kayêktèn, sarupaning êbuke para sudagar yèn kinurêban ing sumpah, utawa yèn sudagare mati, iku dadi tôndha ing antarane para sudagar ing bab prakara ênggone laku dagang, yêktine ing dina nalika anglakoni panggawe, lan angladèkake dagangan, apadene yêktine ing rupane, [rupa...]

--- 246 ---

[...ne,] kèhe lan rêganing barang, samono iku lêlawanane wênang ngaturake tôndha pamêlèh. (I.R. 172, 294,-Stbl. 1855, No.79.)

(*)§ Bab 171 tuwin 172, sampun kaundur, botên kangge malih, kêlayan sêtatsêblat 1867 nomêr 29.

Bab 173.

Aturing saksi siji, kang sêpi saka ing tôndha liyane, iku ora kêna kaanggêp dening bêbênêran. (I.R. 174, 190.)

Bab 174.

Saupama wong akèh duwe atur pasaksi dhewe-dhewe, ing bab panggawe seje-seje, môngka têpunge anyatakake sawijining panggawe, iku kabodhokake marang pamikiring priyayi nyêkêl bêbênêran, ênggone nganggêp kukuhing atur pasaksi dhewe-dhewe mau mirit saka ing nalar-nalare. (I.R. 173, 290.)

Bab 175.

Sawiji-wijining atur pasaksi kudu anggênahake margane sumurup.

Kira-kira utawa duga-duga ora kêna dadi pasaksi. (I.R. 291)

--- 247 ---

Bab 176

Mungguh amikir ajining pasaksi, priyayi nyêkêl bêbênêran kudu anitèni rujuking ature para saksi, lan rujuking pasaksi karo tôndha liyane kang wus disurupi ingatase prakara kang ginarap lan pinariksa, tuwin yèn ana sababe, kang andadèkake owah aturing saksi, apadene kalakuane para saksi, adat lan bangsane, sarta anitènana samubarang, kang andadèkake kandêl tipising pasaksine. (I.R. 292.)

Bab 177.

Sarupaning panggrayangan, kang ora kasêbut ing khukum, kênane pinikir dening priyayi nyêkêl bêbênêran, yèn amancasi sawijining prakara, mung yèn prêlu, titi, masthi, lan rujuk karo panunggalaning panggrayangan. (I.R.284.)

Bab 178

Pangaku kang katur ing priyayi nyêkêl bêbênêran, iku anyukupi dadi tôndha ingatase marang wong kang duwe pangaku, katur dhewe utawa sarana wakil. (I.R. 180, 297.)

--- 248 ---

Bab 179

Mungguh pangaku ijoan, kang katur ana sajabaning bêbênêran, iku kabodhokake marang pamikir lan pangati-atining priyayi nyêkêl bêbenêran, ênggone anganggêp ing kukuhe.

Bab 180

Sawiji-wijining pangaku amasthi kaanggêp kabèh, priyayi nyêkêl bêbênêran ora wênang anganggêp pangaku mau mung ing sawatara, lan anampik ing sawatara, kang andadèkake pitunane kang utang, kajaba yèn pangakune wong kang utang katrocoban ing atur panggawe, kang kayêktèn goroh, amurih luware. (I.R. 178.)

Bab 181

Yèn wong wus sumpah sajroning prakara, kang marga saking panjaluke lêlawanane, utawa wus anyôngga sumpah mêrdudan, utawa wus sumpah saking pamundhuting priyayi nyêkêl bêbênêran, iku ora wênang pinundhutan tôndha liyane, kang ginawe anyatakake têmêne kang wus sinôngga ing sumpah. (I.R. 159.)

________

--- 249 ---

Bêbageyan Kaping Têlu. (I.R. 239.)

Bab Pangrêmbuging Prakara, lan Bab Karampungan ing Prakara Parapadu, kang Dadi Bubuhane Landrat. (R.O. 39, 41.)

Bab 182

Priyayi nyêkêl bêbênêran yèn angrêmbug prakara kudu angisèni dhewe watoning karampungan, kang ora diaturake dening kang anggugat utawa kang ginugat.

Priyayi nyêkêl bêbênêran wajib anibakake bêbênêran marang sakèhe kang dadi gugat.

Priyayi nyêkêl bêbênêran kapacuhan, ora kêna anibakake bêbênêran ingatase prakara, luwih saka ing gugate. (I.R. 164, 188.)

Bab 183

Samôngsa priyayi nyêkêl bêbênêran wus agawe karampungan, nganggo nitèni pranatan kang wus padha kasêbut ing ngarêp mau, wong kang anggugat lan kang ginugat padha kaundanga lumêbu manèh, anuli karampungane tinibakna [tiniba...]

--- 250 ---

[...kna] dening presidhène, nganggo katon ing ngakèh.

Yèn kang anggugat lan kang ginugat, utawa ing salah sawijine ora ana ing paseban nalika anibakake bêbênêran, unining karampungan bakal kasurupake marang kang ora seba mau dening priyayi kang duwe bubuhan, awit saking parentahing presidhèn. (Bijbl. No. 157.)

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 132, ing adêg-adêge kang wêkasan, iku kanggo tumrap marang bab anyurupake unining karampungan mau. (R.O. 29, 40,-I. R. 124, 164, 188, 190, 192, 195, 309, 428.)

Bab 184

Saupama wong kang anggugat utawa kang ginugat durung anarima marang karampunganing prakarane, môngka kaulurake manèh, utawa anyuwun bataling karampungan, landrat wênang awèh parentah anindakake dhisik karampungan kang durung andadèkake panarima mau, dene wênange landrat awèh parentah anindakake karampungane, iki anggêre: 1. Yèn ana layang kang êsah, 2. Yèn ana layang, kaya kang kasêbut ing bab ping 171, 3. Yèn salah sawiji kang prakaranan ing ngarêp wus kabênêr kalah, sarta karampungane

--- 251 ---

wus têtêp, 4. Yèn mênangake gugat, pamurihe mung saantara bae, 5. Yèn prakara kang pinadu iku bab wajib anduwèni melik.

Ananging yèn kang durung narima marang karampunganing prakarane mau kabênêr kinunjara, iku karampungane ora wênang ditindakake dhisik. (I.R. 168, 185, 193, 206,-Stbl. 1867, No. 29.)

Bab 185

Sing sapa kinalahake prakarane kasêbut ing layang karampungan, iku kabênêr ambayar wragading prakara, kajaba yèn ing antarane wong sêsomahan, ing antarane sanak sadulur kang tunggal pancêr, ing antarane maratuwa, saurute mandhuwur, lan anak mantu, putu mantu saurute mangisor, tuwin ipe, apadene yèn kang anggugat lan kang ginugat padha kinalahake prakarane ing sawatara, iku kêna kaêdum ing pambayare wragad mau.

Yèn anibakake karampungan, kang tumindake mung ing saantara bae, tuwin karampungan liyane, sadurunge ana karampungan pamungkas, iku mungguh amancasi bab wragading prakara kêna kasarèhake kongsi

--- 252 ---

ananing karampungan pamungkas. (I.R. 184, 186, 188, 193, 233, 417.)

Bab 186

Kalilane amatrapi marang wong ambayar wragading prakara, mung kaya kang kasêbut ing ngisor iki. (I.R. 145, 418.)

1. Wragading kartas sègêl, kang ginawe nulis karampungane.

2. Wragad marang priyayi, kang duwe bubuhan ngundang, awèh wêruh lan pagaweyan liyane. (I.R. 428.)

3. Wragad marang ghrivir, utawa marang priyayi liyane, sumurup ênggone anindakake karampungan.

Mungguh pangamèking wragad iku kabèh manuta layang pranatane kangjêng tuwan guphrênur jendral kang wus ana, utawa kang bakal ginawe. (I.R. 418,-Stbl. 1817, No. 50,-1870, No. 128,-1872, No. 61.)

Bab 187

Kèh sathithiking wragading prakara, kang kabênêr mêtu saka ing salah sawijine kang prakaranan, iku kasêbutna ing sajroning layang karampungan.

--- 253 ---

Mangkono manèh kèh sathithiking wragad, têtêmpuhing pitunan, tuwin uyahan, kang kabênêr kabayar dening salah sawijine kang prakaranan marang lêlawanane, iku iya kasêbutna ing sajroning layang karampungan. (I.R. 185.)

Bab 188.

Ing sarupaning layang karampungan kudu muni kang dadi gugat, kapratelakna rêringkêsan bae, ananging kang têrang, apadene kudu muni kang dadi wangsulaning gugat, tuwin watoning karampungan, sarta kudu muni yèn kônca kang padha urun rêmbug wus kapariksa ature, lan karampunganing landrat marang pangarêping prakara, tuwin bab wragading prakara, apadene kudu muni ana lan orane ing paseban wong kang prakaranan, nalika anibakake bêbênêran. Ing sarupaning layang karampungan, kang awaton khukum, kudu anyêbutake khukume. (R.O. 7, 30,- I.R. 164, 182, 187, 312.)

Sarupaning layang karampungan amasthi katandhanan tangan dening presidhèn lan ghrivir. (R.O. 43,- I.R. 124, 132, 183, 189, 191, 426.)

Bab 189

Sarupaning karampungan, aliya saka ing karampungan pamungkas, [pa...]

--- 254 ---

[...mungkas,] iku ora bakal kapacak ana ing papan dhewe-dhewe, mung kapemutana bae ana ing layang pratela nalika paseban ambêbênêri prakara, ananging yèn tinibakake iya ana ing paseban, kaya karampungan pamungkas mau.

Wong kang prakaranan kêna anjaluk têturunan êsah saka ing pemutaning karampungan mau, nganggo ambayar prabeyane. (I.R. 188, 196, 426.)

Bab 190

Ghrivir bakal amacak sawiji-wijining prakara ana ing layang pratela dhewe-dhewe, aliya saka kang kalakon sajroning paseban nalika ambêbênêri prakara, ing layang pratela mau kudu anyêbutake pirêmbuge wadananing pangulu, utawa kônca liyane, kang padha urun rêmbug. Ing layang pratela mau ora kêna anyêbutake, yèn karampungane awaton kônca kang akèh golonganing pamikir, utawa awaton mufakating pamikiring kônca.

Layang pratela mau bakal katandhanan tangan dening presidhèn lan ghrivir. (R.O. 7, 29, 40, 43, 63,- I.R. 124, 135, 156, 164, 188, 191, 195, 314.)

--- 255 ---

Bab 191

Yèn presidhèn ana pêpalangane, ora bisa anandhani layang karampungan utawa layang pratela nalika paseban ambêbênêri prakara, kônca sosorane tumuli, kang milu anggarap prakarane, iku kang anandhanana tangan.

Saupama ghrivir ana pêpalangane, ora bisa anandhani tangan, iku kasêbutna ana ing layang karampungane, utawa ing layang pratela nalika paseban ambêbênêri prakara. (R.O. 53,-I.R. 188, 190, 314.)

_________

Bêbageyan kang Kaping Pat. (I.R. 239.)

Bab Angulurake Prakara kang Wus Rinampungan, Durung Andadèkake Panarimane Salah Sawijinine kang Prakaranan, lan Bab Anjaluk Ambatalake Karampunganing Prakara, ing Prakara Parapadu, kang Dadi Bubuhane Landrat.

Bab 192

Mungguh prakara kang wus rinampungan dening landrat, sarta kang wênang kaulurake manèh, iku kang nêdya ngulurake,

--- 256 ---

amratelakna marang ghriviring landrat, ing sajroning patbêlas dina sawuse tibaning bêbênêran, dene yèn nalika tibaning bêbênêran iku kang nêdya ngulurake prakarane ora panuju ana ing paseban, pangitunging patbêlas dina mau sawuse disurupake kang dadi karampungane, kaya kang kasêbut ing bab ping 132, utawa ing bab ping 183, dene ênggone amratelakake nêdya ngulurake prakara mau, kêna asarana wakil, kang kacêkêlan layang kang êsah. (Bijbl. No. 3371.)

Yèn kang nêdya ngulurake prakara ora omah sajroning paresidhenan panggonan pasebaning landrat, ênggone amratelakake yèn nêdya ngulurake prakarane mau kawangênan sajroning têlung puluh dina.

Yèn wus kaliwat ing wêwangên rong prakara mau, pratelane nêdya angulurake prakara bakal ora katampan. (R.O. 96,-I.R. 193, 198, 215, 430.)

Bab 193

Karampungan lan kêkancingan, kang murih mung bakal anata pangggaraping prakara, utawa kang muni parentahing landrat [landra...]

--- 257 ---

[...t] amundhut tôndha, utawa andhawuhake titi pariksa ing panggonan, utawa titi pariksa liyane, ing sadurunge anibakake bêbênêrane pangarêping prakara, apadene bêbênêran kang tumindake mung saantara, iku ora kêna kaulurake manèh, yèn ora ing sajroning wêwangên mau, sarta barêng karo karampungan pamungkas. (I.R. 345.)

Karampungan kang muni landrat ora wênang ambêbênêri sawijining prakara, iku ewoning karampungan pamungkas. (I.R. 136, 157, 184, 198, 215.)

Bab 194

Manawa ana wong amratelakake, yèn nêdya angulurake prakarane, iku dipemutana dening ghrivir ana ing êbuk, kang pancèn ginawe amèmuti prakara kang bakal kaulurake.

Ghrivir tumuli amataha priyayi siji kang pancèn duwe bubuhan, awèh wêruh marang lalawanane kang nêdya ngulurake prakara, ênggone amèmuti bab uluring prakara, lêlawanan iku anyêkêlana layang pratôndha marang ghrivir, muni yèn wus kasurupake dening priyayi mau. (I.R.192, 198, 215, 346, 423, 428.)

--- 258 ---

Bab 195

Anuli sarupaning layang kang anggêpok prakarane, tuwin layang liyane lan layang susulan, kang kasêbut ing ngisor iki, sarta layang pratela nalikane paseban, apadene têturunan kang êsah saking layang karampungan, lan têturunaning pemutan kalane awèh wêruh marang lêlawanane kang nêdya ngulurake prakara, samono iku yèn nganggo diwènèhi wêruh, ing sajroning têlung puluh dina sawuse amratelakake yèn nêdya ngulurake prakara, kinirimna dening ghriviring landrat marang rad van yustisi, kang ambawahake landrate. (I.R. 183, 190, 427.)

Ing sajroning têlung puluh dina mau kang anggugat utawa kang ginugat kêna angladèkake layang lan layang susulan marang ghrivir, êndi kang kinira prayoga, samono iku yèn kang anggugat lan kang ginugat wus padha wêwalêsan awèh têturunaning layang-layang mau, alantaran priyayi kang pancèn dadi kongkonaning bêbênêran, dene mungguh wêwalêsan awèh têturunan iku, lêlawanan mau anyêkêlana layang pratôndha marang ghrivir, supaya kênaa diaturake barêng lan sarupaning layang

--- 259 ---

bab pamariksa lan panggaraping prakara. (I.R. 196, 428.)

Mungguh ênggone angrampungi prakarane ora susah katindakake kaya patrap laku-lakune ambêbênêri prakara, angêmungna waton layang-layange bae. (I.R. 198, 215, 348.)

Bab 196

Sanajan wus kaliwat ing wêwangên têlung puluh dina, kasêbut ing bab ping 195 mau, kang anggugat lan kang ginugat wênang angladèkake layang, lan layang susulan, akanthi layang pratôndha, kang muni yèn layang-layang mau wus kasurupake marang lêlawanane, kaya kang katamtokake ing bab ping 195 mau, katur marang kantore ghriviring rad van yustisi, ananging samono iku ora kêna angrandhatake rampunging prakara. (I.R. 198, 215.)

Bab 197

Samôngsa presidhèning landrat wus anampani layang karampungane rad van yustisi ing prakara kang diulurake manèh, banjur akona awèh wêruh marang kang anggugat lan kang ginugat, yèn layang karampungan mau wus katampan,

--- 260 ---

sarta padha kêna angawruhi unine, apadene kêna anjaluk têturunane ana ing kantore ghrivirig landrat, nganggo ambayar pratelane. (R.O. 67,-I.R. 198, 215, 351.)

Bab 198

Mungguh anjaluk ambatalake layang karampunganing landrat ing prakara parapadu, kang ora kêna kaulurake manèh, iku patrape lan wêwangêning dina iya kaya wong nêdya angulurake prakara, kasêbut ing bab ping 192, bedane mung mangkene, wong kang nêdya anjaluk ambatalake layang karampungan kudu anggantungi uwang rongatus rupiyah dhisik marang kantore ghriviring landrat, minôngka dhêndhane, yèn panjaluke ambatalake mau katulak.

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 193, 194, 195, 196, lan bab ping 197, iku kanggo tumrap marang kang nêdya anjaluk ambatalake karampungan, bedane mung mangkene, pangiriming layang-layang kang kasêbut ing adêg-adêge wiwitan bab ping 195, iku marang bêbênêran luhur, sarta lumadining layang susulan, kasêbut ing bab ping 195, lan bab ping 196, angêmungna [a...]

--- 261 ---

[...ngêmungna] layang, kang têtela yèn maune wus linadèkake marang landrat, awit ênggone anyatakake watoning panjaluke ambatalake layang karampungan, ora wênang asarana liyane, angêmungna sarana layang-layang, kang wus katur marang bêbênêran, kang anibakake karampungan, durung andadèkake panarimane, utawa asarana layang karampungane. (R.O. 69, 172,-I.R. 239, 352, 359.)

Bêbageyan kang Kaping Lima. (I.R. 239.)

Bab Anindakake Layang Karampungan, ing Prakara Parapadu, kang Dadi Bubuhane Landrat.

Bab 199

Sarupaning layang karampunganing landrat ing prakara kang jujuge pancèn munggah marang bêbênêrane, tuwin sarupaning layang karampungan, kang tinibakake ing karampungane landrat, kang durung andadèkake panarimane salah sawiji, kang anggugat utautawa kang ginugat, wus kaulurake manèh, utawa jinaluk batale, iku sabên-sabên amasthi tinindakake dening priyayi nyêkêl [nyêkê...]

--- 262 ---

[...l] bêbênêran, kang anibakake adiling prakara, kang jujuge pancèn munggah marang bêbênêrane. (I.R. 197.)

Bab 200

Saupama kang kabênêr kalah mopo utawa lêleda anglakoni unining layang karampungan, môngka wong kang mênang duwe panjaluk ijoan utawa kamot ing layang marang presidhèning landrat, iku presidhène angundanga marang wong kang kabênêr kalah mau, sarta diubayanana anglakoni unining karampungan sajroning pitung dina, dene yèn prakara kang ora kêna sinarèhake, dipurih anglakoni ing sajroning wêwangên kurang saka ing pitung dina. (I.R. 103, 122, 134, 201, 203a, 221, 328,-Bijbl. No. 157.)

Bab 201

Manawa wus kaliwat saka ing wêwangên wong kang kabênêr kalah ora anglakoni unining karampungan, presidhène awèha parentah kamot ing layang, marang priyayi kang pancèn dadi kongkonaning bêbênêran, akanthi ghriviring landrat, utawa priyayi Walônda liyane, êndi kang tinuduh dening presidhèn, anggantung lan anulisi barang dandanane, winataraa sacukupe

--- 263 ---

ginawe gadhèn tumindaking karampungan. (I.R. 202, 204, 428,-Stbl. 1853, No. 70.)

Priyayi kang pinarentahan mau banjur angusungana barang kang ginantung mau marang ênggon pasimpênan, kang bakal pinarnahake dening parentah, dene barang dandanan iku kabèh utawa ing sawatara iya kêna dipasrahake dipurih anyimpêna marang wong kang ginantung barang dandanane, yèn ora andadèkake pitunane wong kang potang.

(I.R. 103, 200, 203, 204, 221, 328, 428,-Bijbl. No. 157.)

Bab 202

Yèn antara pitung dina sawuse ginantung, unining karampungan durung kalakon, barang dandanan kang ginantung mau banjur dilinglang asarana priyayi kapala linglang, utawa priyayi liyane, êndi kang bakal winênangake, kaêdol marang kang akèh dhewe panganyange, nganggo jangji kaya kang wus dadi adat, ananging sadurunge kalinglang, kabayawarakake dhisik, kaya adate ing panggonan kono. (I.R. 105, 122, 203a, 221, 328.)

Bab 203

Saupama barang dandanane ora anyukupi, presidhèn [pre...]

--- 264 ---

[...sidhèn] bakal awèh parentah kamot ing layang, anggantung omahe kang utang, tuwin barang panunggalane kang ora kêna diusung, ing sacukupe, patrape anggantung kaya panggantunging barang dandanan, kang wus katamtokake ing bab ping 201, sarta yèn wus kabayawarakake ping pindho, nganggo êlêt apêse têlung puluh dina, omah lan panunggalane kang ora kêna diusung mau bakal kaêdol, patrape kaya kang wus katamtokake ing bab ping 202.

Mungguh pangêdoling omah, lan panunggalane kang ora kêna diusung, aliya saka ing kabayawarakake mau, nganggoa kalumrahake ana ing layang korane ing panggonan bakal pangêdole, dene yèn ing panggonan kono ora ana layang koran, kalumrahna ana ing panggonan kang cêdhak ing kono.

Ananging yèn omah lan panunggalane kang ora kêna diusung kang ginantung mau têtela kurang saka ing pangaji sèwu rupiyah, ora susah kalumrahake kaya kang wus kasêbut ing dhuwur iku. (I.R. 203a, 206, 221, 328.)

Bab 203a

Kanggo tumindake karampungan, kang klawan wus ditibakake [ditiba...]

--- 265 ---

[...kake] ukuman ambayar dhuwit, kang ora luwih saka 50 rispis kèhe, aliya saka wragade kêlahan. Mula apa sing wus kapacak ing sajroning bab 200, 201 lan 202, saka sêtatsêblat taun 1889 ôngka 69, ora kêna tinurut. (Stbl. 1879, No. 317.)

Panganggrake sajroning prakara mangkono mêsthi katindakake miturut bab 102, 103, 104, 105, lan 106, ananging klawan beda iki, presidhèn landrad amrentahake iku marang kapala dhistrik, utawa kapala liya kang pangkate padha karo kapala dhistrik, utawa kang nindakake pangkat iku. SanggêrAnggêr kapala mau, kêna masrahake pagaweyan iki marang priyayi liya kang dadi sorsorane, waton dhèwèke ngaturi lapur kanthi layang utawa kanthi sowan dhewe marang presidhèn landrad mau, kapriye rampunge pagaweyan ambêskub iku. (I.R. 36.)

Bab 204

Saupama kang utang mampang marang tumindaking karampungan, ing bab panggantunging barang dandanane, lan panggantunging omahe, tuwin panunggalane kang ora kêna diusung, [diu...]

--- 266 ---

[...sung,] iku amratelakna pamampange marang presidhèning landrat kamot ing layang, utawa ijoan, yèn pratelane mau ijoan, presidhèn bakal amèmuti, utawa akon amèmuti.

Prakarane anuli kaunggahake dening presidhèn marang pasamuwaning landrat kang wiwitan, supaya landrat angrampungana, samono iku sawuse amariksani utawa angundang marang kang anggugat lan kang ginugat, kaya adat.

Pamampang mau ora bisa yèn angandhêg-andhêgana lêkase utawa banjure tumindaking karampungan, kajaba yèn ana parentahing presidhèn anyarèhake, kongsi ana karampunganing landrat. (I.R. 126, 130, 201, 203, 205, 221,-Bijbl. No. 157.)

Bab 205

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 204 mau, iya kanggo tumrap marang wong liya, kang mampang marang tumindaking karampungan, angaku yèn raja darbèk kang ginantung iku duwèke.

Mungguh pranatan bab wong angulurake prakara, lan anjaluk bataling karampungan, iku kanggo tumrap marang sarupaning [sa...]

--- 267 ---

[...rupaning] karampungan, kang tinibakake awaton kang kasêbut ing bab ping 205 iki, lan ing bab ping 204. (I.R. 192.)

Bab 206

Saupama ora ana raja darbèke pisan-pisan, utawa raja darbèke ora anyukupi minôngka gadhèn tumindaking karampungan, awit saking panjaluke kang mênang, kamot ing layang utawa ijoan, presidhèning landrat bakal awèh parentah kamot ing layang marang priyayi kang pancèn dadi kongkonaning bêbênêran, angunjara marang kang utang.

Mungguh lawasing kênane angunjara marang wong kang utang, kasêbutna ing layang parentah mau, dene wangêning lawase kênane kinunjara, ing ngisor iki pratelane. (I.R. 107, 184, 203, 207, 211, 214, 217, 219, 221, 239, 329, 428,-Stbl. 1874, No. 94, 1875, No. 249,-Bijbl. No. 157, 3686.)

Bab 207

Yèn kabênêr ngrupakake uwang watês satus rupiyah, pangunjarane nêm sasi.

Yèn kabênêr angrupakake uwang luwih saka ing satus [satu...]

--- 268 ---

[...s] rupiyah, kongsi watês têlung atus rupiyah, pangunjarane sataun.

Yèn kabênêr angrupakake uwang luwih saka ing têlung atus rupiyah, kongsi watês limang atus rupiyah, pangunjarane rong taun.

Yèn kabênêr angrupakake uwang luwih saka ing limang atus rupiyah, pangunjarane têlung taun.

Mungguh pangitunging uwang kang kabênêr rinupakake mau, ora kalêbu prabeyaning prakara. (I.R. 186, 206, 216, 219, 239.)

Bab 208

Priyayi nyêkêl bêbênêran ora wênang anglilani marang anak saturune, yèn duwe panjaluk angunjara marang bapa biyungne, kaki ninèkne saurute mandhuwur, tuwin bapa biyungne maratuwa, bapa biyungne kuwalon, kaki nini maratuwa, kaki nini kuwalon saurute mandhuwur. (I.R.206, 210, 215, 328, 330.)

Bab 209

Wong kang utang ora kêna kacêkêl ana ing panggonan kang kasêbut ing ngisor iki. (I.R. 210, 215, 239, 330.)

--- 269 ---

1. Ana ing greja utawa masjid tuwin langgar sapêpadhane, ing sasuwene kanggo ginawe sêmbahyang.

2. Ana ing panggonan kang ginawe pasebaning para priyayi nyêkêl pangawasa, sasuwene padha paseban.

Bab 210

Manawa wong kang utang mampang marang bakal pangunjarane, angarani yèn ora bênêr, sarta anjaluk bêbênêran tumuli, iku awèha layang marang presidhèning landrat, kang aparentah akon ngunjara, utawa yèn kang utang mau, amilih disebakake marang presidhèning landrat, iya diirida, presidhèning ladrat samôngsa anampani atur mangkono, kamot ing layang, utawa sarana disebani, tumuli angrampungana, apa kang utang iku kinunjara dhisik utawa ora, kongsi ana kang dadi bêbênêraning landrat.

Pranatan kang kasêbut ing adêg-adêge ping pat, ping nêm lan ping pitu ing bab ping 215, kanggo turap marang kang kasêbut ing dhuwur iku.

Yèn atur pamampange kang utang mau kamot ing layang, iku kêna dirêksa bae, supaya aja minggat,

--- 270 ---

anganti ana kang dadi parentahing presidhèn. (I.R. 184, 206, 208, 221.)

Bab 211

Yèn kang utang ora mampang, utawa yèn pamampange tinulak, iku tumuli dilêbokna ing kunjara, kang cêdhak dhewe karo panggonane omah, (I.R. 210.)

Bab 212

Priyayi kang anindakake pangunjara ora wênang anglêbokake ing kunjara marang wong kang utang, yèn durung uwis anuduhake layang parentah marang lurah jêksa, utawa marang jêksa kang muni dhawuh ngunjara, lurah jêksa utawa jêksa banjur amèmuti ana ing êbuk, kang kasêbut ing bab ping 64.

Kang rumêksa kunjara ing sajrone sadina sawêngi awèha wêruh marang ghriviring landrat, ing bab pangunjarane. (I.R. 206, 219, 239,-Stbl. 1871, No. 78.)

Bab 213

Mungguh ingone kang kinunjara disônggaa marang wong, kang duwe panjaluk angunjara, sarta kudu binayar dhisik marang kang rumêksa kunjara, saitunge kanggone diingokake [dii...]

--- 271 ---

[...ngokake] sajroning têlung puluh dina, sabanjure iya mangkono pambayare, dene kèh sathithiking ingon, manuta layang pranatane kangjêng tuwan guphrênur jendral, layang pranatan kang wus ana, utawa kang bakal ginawe ing têmbe. (Stbl. 1875, No. 127,-1877, No. 141.)

Yèn kang potang ora anêtêpi wajibe, ambayar ingon sadurunge têlung puluh sijine dina, kang awit saka ing panjaluke kang utang, utawa panjaluke kang rumêksa kunjara, presidhèning landrat tumuli awèh parentah angluwari kang kinunjara.

Parentah angluwari saka ing kunjara mau katindakna dening lurah jêksa, utawa jêksa, sarta priyayi salah sawiji iku kang amèmuti ana ing êbuk, kasêbut ing bab ping 64.

Mungguh anindakake parentah angluwari wong saka ing kunjara, sabab dening kaya kang wus kasêbut mau, lan dening sabab liyane, iku kang rumêksa kunjara ing sajrone sadina sawêngi awèha wêruh marang ghriviring landrat. (I.R. 214, 215, 219,-Stbl. 1871, No. 78.)

Bab 214

Wong utang kang kinunjara têrus ing khukum, iku amasthi [ama...]

--- 272 ---

[...sthi] luwar dening sabab kang kasêbut ing ngisor iki. (I.R. 239,-Stbl. 1874, No. 94.)

1. Yèn wus andadèkake panarimane kang potang, kang akon angunjara, dene panarima iku kêna muni ana ing layang kang êsah, utawa kêna kapratelakake ijoan marang ghriviring landrat, ghrivir iku amemutana ana ing êbuk, kasêbut ing bab ping 219. (I.R. 206.)

2. Yèn wus ambayar utawa anggantungi uwang ana ing kantore ghriviring landrat, sumurupa nyaure marang kang akon angunjara, sabungahane, apadene wragading prakara, wragading pangunjarane, tuwin wragading ingon, kang wus winêtokake. (I.R. 186, 213, 331.)

Bab 215

Saupama wong kang utang ora mampang kaya kang kasêbut ing bab ping 210, iku iya uga isih lêstari wêwênange, kênane anjaluk sirnaning patrapane kinunjara marang landrat, yèn angarani pangunjarane ora bênêr, sulaya karo kang katamtokake ing bab ping 208 lan bab ping 209, utawa amarga dening sabab liyane. (I.R. 206.)

--- 273 ---

Olèhe anjaluk sirnaning patrapane kinunjara mau kamota ing layang, katur marang presidhèning ladrat, alantaran kang rumêksa kunjara.

Yèn kang utang ora bisa nulis, wênang anduwea atur ijoan marang presidhèn, presidhèn iku bakal amèmuti, utawa akon amèmuti. (I.R.126.)

Prakarane anuli kaunggahake dening presidhèn marang pasamuaning landrat kang wiwitan, landrat angrampungana ing saprayoga panêmune, dene yèn ana prêlune, sadurunge angrampungi, amariksanana marang kang utang lan kang potang, kang akon angunjara. (I.R. 210.)

Mangkono uga patrape, manawa wong kang utang angira ana sababe kang bênêr, duwe atur anjaluk luware saka ing kunjara, kajaba ing saka sabab, kang kasêbut ing bab ping 213, awit iku dadi karampungane presidhèn dhewe.

Ing sakèhe kang kasêbut ing dhuwur mau, karampungane landrat, yèn ora andadèkake panarimane kang anggugat utawa kang ginugat, kêna kaulurake manèh, ananging iya uga kêna katindakake dhisik. (I.R. 184, 210.)

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 192, 193,

--- 274 ---

194, 195, 196, lan bab ping 197, kanggo tumrap marang panguluring prakara iku mau. (I.R. 210.)

Bab 216

Wong utang, kang wus disirnakake patrapane kinunjara, utawa kang wus linuwaran saka ing kunjara, amarga ingone ora binayar dhisik, ora kêna kinunjara manèh ing bab utange kang nunggal prakara iku, yèn ora apêse wus antara pitung dina sawise luwar.

Yèn ênggone linuwaran saka ing kunjara amarga saking ingone ora kabayar dhisik, wong kang potang ora wênang anjaluk akon ngunjara manèh, yèn ora wus ambayar uwang dhisik, sumurup ingone têlung sasi.

Sadhengah-dhengaha nalare linuwaran saka ing kunjara, sapiraa lawase ênggone wus anglakoni kinunjara bakal kaitung dadi paniciling wangên pangunjara, kang wus kalilan kawijang-wijang ing ngarêp mau. (I.R. 207, 213.)

Bab 217

Sing sapa oncat saka ing kunjara, kêna tumuli kinunjara [kinu...]

--- 275 ---

[...njara] manèh, mung waton parentah pangunjarane kang dhisik, aliya saka ing iku kabênêr angilèni pituna lan prabeya, kang amarga dening oncate. (I.R. 206.)

Bab 218

Sanajan kang utang wus kinunjara, ingatase rajadarbèke iya uga isih kajibah marang utange, kang dadi jalaran kalilane kinunjara. (I.R. 206, 331.)

Bab 219

Para ghriviring sarupaning landrat padha gawea êbuk bab wong kang kinujara, ginawe mèmuti kaya kang kasêbut ing ngisor iki. (I.R. 214.)

1. Parentahe presidhèning landrat angunjara uwong, muni titi mangsane nalikane awèh parentah, jênênge, pangupajiwane, lan omahing wong kang kinunjara, sarta lawase kênane kinunjara. (I.R. 206.)

2. Dinane ing nalika angunjara marang kang utang.

3. Dinane nalika linuwaran saka ing kunjara.

Bab 220

Presidhèning landrat apêse ing sajrone sasasi sapisan amariksani êbuk mau, sarta aja kurang ing titine, [ti...]

--- 276 ---

[...tine,] sawiji-wijining wong kang kinunjara, yèn wus tutug ing wangêne, banjur diluwarana tumuli. (I.R. 207, 219,-Stbl. 1874, No. 94.)

Bab 221

Mungguh têturunan kang êsah saking layang pratôndha gadhe, lan layang pratôndha utang, kang ginawe dening notaris ana sajroning Nèdêrlan Indiya, kang ing dhuwure nganggo muni awit saking kang asma kangjêng raja, iku santosane padha karo layang karampungan, sarta pranatan kang kasêbut ing bab ping 200, saurute, kanggo tumrap marang layang pratôndha gadhe, lan layang pratôndha utang mau, têrange mangkene, layang pratôndha rong prakara mau tumindake ora kêna andadèkake pangunjaraning wong, dene pangunjarane marang wong kang utang, wênange mung yèn wus anampani layang karampungan.

________

Bêbageyan Kaping Nêm.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran ing Sawatara Kapinta, ing Prakara Parapadu, kang Dadi Bubuhane Landrat.

Bab 222

Saupama ana wong kang kabênêr anglakoni pagaweyan,

--- 277 ---

môngka ora linakonan sajroning wangên kang wus katamtokake dening priyayi nyêkêl bêbênêran, lêlawanane wong iku kang kabênêr mênang kêna duwe panjaluk marang landrat kamot ing layang utawa ijoan, adalan presidhène, prêlu kalakoning pagaweyan mau, kamurwata ing uwang kèh sathithike, kaya kang kapratelakake dening kang duwe panjaluk dhewe, yèn panjaluke mau mung ijoan, amasthi kapemutan. (I.R. 126.)

Prakarane kaunggahna dening presidhèn marang pasamuaning landrat, sawuse kang kabênêr anglakoni pagaweyan mau kapariksa, utawa kaundang, ing sapanêmuning prakara landrat anulak panjaluke, utawa amurwat ing uwang, sumurup pagaweyan kang wus kaparentahake ing kalakone, ananging ora linakonan, anêtêpi sapratelane kang duwe panjaluk, utawa kamurwat kurang saking samono, anuli landrat anêtêpna ing pambayare marang wong kang kabênêr anglakoni pagaweyan mau. (I.R. 224.)

Bab 223

Saupama ana wong utang, durung katiban layang karampungan, utawa wus katiban layang karampungan, ananging durung

--- 278 ---

kêna katindakake, môngka ana wêwatoning kira-kira yèn nêdya nyamarake utawa nyingkirake rajadarbèke, amrih angoncati panyauring utange, wong kang potang yèn duwe panjaluk marang presidhèning landrat kamot ing layang, presidhèn iku kêna awèh parentah anggantung rajadarbèke wong kang utang mau, supaya aja andadèkake pitunane kang potang, kang potang banjur diparentahana têka ing pasebaning landrat kang wiwitan, supaya angladèkna sarta anyatakna gugate.

Wong kang utang iya kaundanga, awit saking parentahing presidhèn, kapuriha têka ing dina paseban mau.

Yèn wus tumêka ing dina paseban kang katamtokake, pamariksa lan panggaraping prakara iya kaya kang wus dadi adat. Mênawa gugate mênang, panggantunging rajadarbèk lastari, yèn katulak, landrat bakal awèh parentah murungake panggantunge. (I.R. 131.)

Wurunge panggantunging rajadarbèk mau kêna kajaluk, yèn kang duwe awèh têtanggungan, utawa liyane kang kêna dadi pikukuh. (I.R. 224.)

Bab 224

Mungguh pranatan bab wong ngulurake prakara, lan anjaluk [anja...]

--- 279 ---

[...luk] bataling karampungan, iku kanggo tumrap marang sarupaning karampungane landrat, kang tinibakake awaton kang kasêbut ing bab ping 222, lan bab ping 223.

Karampungan kang kasêbut ing bab rong prakara iku, katindakake kaya kang wus dadi adat. (I.R. 192, 198, 200.)

Bab 225

Manawa ana wong wus ngakil balèg, saking busuke ora bisa rumêksa marang awake lan angrêtèni rajadarbèke, sawiji-wijining wong kang kalêbu sanak sadulure wênang duwe panjaluk agawe êmban wong siji, kang angêmong marang wong busuk mau, lan angrêtèni rajadarbèke, sêpine ing sanak sadulur, lurah jêksa kang duwea panjaluk, dene yèn ing panggonan bawahing asistèn residhèn, jêksa kang duwea panjaluk. (I.R. 226, 230.)

Bab 226

Panjaluk mau marang presidhèning landrat, iku kang bakal akon ngundang wong kang duwe panjaluk, lan saksi-saksine kang dipratelakake, tuwin wong kang dijalukake [dija...

--- 280 ---

[...lukake] êmban, kapuriha têka ing landrat ing dina paseban kang katamtokake. (I.R. 225.)

Bab 227

Yèn wus tumêka ing dina kang katamtokake, wong kang padha kaundang mau banjur kapariksanana ature, dene saksi-saksine kasumpaha dhisik.

Yèn panjaluke kalilan, landrat agawea êmban, kang kinira prayoga bisa ngêmong wong busuk mau, lan angrêtèni rajadarbèke. (I.R. 232.)

Bab 228

Sasirnaning sabab, kang andadèkake panjaluk gawe êmban mau, landrat kêna anyuwak pangawasaning wong kang dadi êmban.

Dene laku-lakune anjaluk nyuwak pangawasaning êmban, sarta pamariksane ingatase prakara iku, tuwin ênggone angrampungi, iya kaya kang wus kasêbut ing ngarêp mau.(I.R. 225, 232.)

Bab 229.

Samarine pangawasaning wong kang dadi êmban, amarga dening [de...]

--- 281 ---

[...ning] kasuwak, utawa dening sabab liyane, wong kang dadi êmban wajib awèh katêrangane ing itunge lan anggênahake ing bab panyêkêle pangawasa marang rajadarbèk, marang wong kang anduwèni khak.

Bab 230.

Saupama ana wong duwe lara owah, utawa anglantur ala kalakuane lan bandhol, andadèkake sumêlang yèn kaumbar, utawa manawa ambêbayani marang liyane, yèn ana panjaluking sanak sadulure, utawa panjaluking lurah jêksa, utawa jêksa, landrat wênang akon anyimpên wong iku ana ing gêdhong, kang pancèn ginawe pasimpênane wong kaya mangkono, tuwin ana ing omah pasakitan, utawa ana ing panggonan liyane kang prayoga, amurih bêciking tata, utawa anyirnakake sakèhing bilai, samono iku yèn wus têrang ing pamariksane, dene panyimpêne mau ing salawase isih owah, utawa ora ana tandhane marèni, (R.O. 134.)

Mungguh panjaluk kang kasêbut ing dhuwur iku kêna kaaturake, sanajan wonge kawêngku ing êmban utawa ora, saupama kang mau durung kawenehan êmban, môngka [mông...]

--- 282 ---

[...ka] ana sababe kang anyukupi, êmban iku kêna kajaluk barêng lan panjaluk anggêdhong mau, utawa kêna kari, lakune kaya kang wus katamtokake ing ngarêp mau. (R.O. 138,-I.R. 225, 232,-Stbl. 1833, No. 72,-1868, No. 72, 1871, No. 78,-Bijbl. No. 775, 1072, 2143.)

Bab 231

Manawa ana wong ilang, utawa atinggal bale omahe, ora nganggo tinggal wêwêkas ing bab rumêksane marang rajadarbèke, iku sawiji-wijining priyayi polisi wajib awèh wêruh tumuli marang presidhèning landrat, sarta sawiji-wijining wong kang anduwèni wajib, wênang awèh wêruh marang presidhèning landrat, presidhèn sanalika lumakua marang omahe wong kang ilang utawa kang lunga mau, akanthi wonge kang awèh wêruh, sarta amuriha aja kongsi ana barange kang kêna cicir, asarana diêcapi, utawa pranata liyane kang prayoga.

Mungguh pangêcap utawa pamranatane iku kasêbutna ing layang pratela, sarta kaladèkna dening presidhèn ing dina pasebaning landrat kang wiwitan. Saupama wus têrang, yèn rajadarbèk mau prêlu dirêtèni, bêbênêran landrat [landra...]

--- 283 ---

[...t] bakal amasrahake marang budhêlmistêr, utawa marang priyayi liyane kang duwe wêwênang, utawa kang bakal kaparingan wêwênang, supaya dikawasanana, dene ênggone amasrahake mau mung ing saantara bae.

Saupama kasêbut ing layang pranatan, yèn rajadarbèk iku ora kêna dirêtèni dening budhêlmistêr, utawa dening priyayi liyane mau, anuli ditindakna ing saprayogane, kang kinira bisa andadèkake luwih ing kauntungane wong kang duwe wajib.

Yèn ana pêpalangane presidhèn, pagaweyan kang kasêbut ing bab iki, ing adêg-adêge kang wiwitan, kêna linakonan dening ghriviring landrat, utawa dening priyayi liyane, êndi kang bakal kinawasakake dening presidhèn. Dene ghriviring landrat, utawa priyayi kang kinawasake iku, sawuse anglakoni pagaweyan mau, ing sajrone sadina sawêngi awèha layang pratelane marang presidhèn. (I.R. 232.)

Bab 232.

Sakèhing karampungane landrat, kang tinibakake awaton pranatan kasêbut ing bab ping 227,

--- 284 ---

228, 230, lan bab ping 231, kêna kaulurake manèh marang rad van yustisi. (R.O. 136.)

________

Bêbageyan Kaping Pitu.

Bab Anglilani Uwong Angunggahake Prakara Parapadu Marang Bêbênêran Landrat, Ora Nganggo Ambayar Wragading Prakara.

Bab 233

Wong anggugat utawa ginugat, kang nêdya munggah marang bêbênêran, ananging ora bisa ambayar wragading prakara, iku bakal kêna kalilan angunggahake prakarane marang bêbênêran, tanpa ambayar wragad pisan-pisan. (R.O. 72,-I.R. 185.)

Bab 234

Yèn kang anggugat nêdya duwe panjaluk, kalilane angunggahake prakarane tanpa ambayar wragad, iku duwea atur ing nalikane angladèkake gugate kamot ing layang, utawa ijoan, kaya kang kasêbut ing bab ping 126 lan bab ping 127.

--- 285 ---

Yèn kang ginugat kang nêdya duwe panjaluk mau, iku duwea atur ing nalikane angladèkake wangsulane, kasêbut ing bab ping 129.

Panjaluke kang anggugat utawa kang ginugat kudu nganggo kanthi layang pratandhaning lurah polisi panggonane omah kang padha duwe panjaluk, kang anelakake ing kamiskinane, munia pratelaning lurah polisi mau, yèn wus kapariksa, sarta têtela têrang ing kamiskinane kang padha duwe panjaluk. (I.R. 236.)

Bab 235

Ing nalika kang anggugat lan kang ginugat wus tumêka ing landrat, sadurunge lêkas anggarap lan amariksani prakarane, landrat bakal anamtokake dhisik, mungguh kalilan lan orane angunggahake prakara tanpa ambayar wragad.

Lêlawanane kêna mampang marang kalilaning panjaluk munggah marang bêbênêran tanpa ambayar wragading prakara, sarana anelakake dhisik, yèn gugate utawa wangsulane gugat kang duwe panjaluk ora bênêr pisan, utawa anelakake, yèn kang duwe panjaluk iku bisa ambayar wragading prakara.

--- 286 ---

Landrat dhewe kêna anulak panjaluking wong munggah marang bêbênêran tanpa ambayar wragad, yèn têtela gugate utawa wangsulane gugat ora bênêr pisan, utawa yèn kang duwe panjaluk bisa ambayar wragading prakara. (I.R. 134, 237.)

Bab 236

Para wiskamêr lan para budhêlkamêr iya kêna munggah marang bêbênêran tanpa ambayar wragading prakara, ora susah awèh layang pratôndha kamiskinan, dadia anggugat utawa ginugat, yèn barang têtinggalaning wong kang diêmbat prakarane, utawa barange wong, kang diawak-awaki, nalika anjaluk bênêr, ora anyukupi, yèn winêtokake murwatane bakal wragading prakara.

Para wiskamêr lan para budhêlkamêr ing nalikane anjaluk ngunggahake prakara tanpa ambayar wragad, awèha layang pratêla rêringkêsan marang priyayi nyêkêl bêbênêran, bab kèh sathithike barang têtinggalaning wong, kang diêmbat prakarane, utawa kèh sathithike baranging wong, kang diawak-awaki mau. (R.O. 133,-Stbl. 1822, No. 19,-1830, No.48.)

--- 287 ---

Bab 237

Sakèhe karampunganing landrat, bab anglilani wong ngunggahake prakara marang bêbênêran, tanpa ambayar wragading prakara, ora kêna kaulurake manèh.

_________

Prakara Kaping Sapuluh.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran ing Pangadilaning Residhèn, kang Anibakake Bêbênêran Dhewe ing Prakara Parapadu. (Stbl. 1871, No. 129.)

Bab 238

Pasebane para residhèn ing sajrone patbêlas dina sapisan, utawa yèn ana prêlune sabên pitung dina sapisan, nganggo kapasthi dinane, gawene anggarap sarta ambêbênêri prakara kang dadi bubuhane, kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 108 ing ôngka 1. (Stbl. 1866, No. 162,-1869, No. 47,-1871, No. 129,-1872, No.113,-1873, No. 147, 157, 187,-1874, No. 12, 33, 94b,-1875, No. 107, 238,-1876, No. 218,-1877, No. 208,-1878, No. 4, 170, 326,-1879, No. 128, 191, 196, 343,-1880, No. 144,-1881, No. 82,-1882, No. 92,-Bijbl. No. 2141.)

--- 288 ---

Bab 239

Mungguh pranatan kang kasêbut ing prakara kaping sanga, ing bêbageyan kang kapisan, kapindho, kaping têlu, kaping pat, lan bêbageyan kaping lima, iku iya padha kanggo tumrap marang pamariksa lan panggaraping prakara ing bêbênêraning residhèn, samono iku kajaba saka kang kasêbut ing ngisor iki (I.R. 123, 165, 182, 192, 199.)

1. Residhèn kawênangake sarta kawajibake anglakoni samubarang, kang kasêbut ing bêbageyan limang prakara mau, kang wus kawênangake sarta kawajibake marang presidhèning landrat.

2. Ingatase kang kasêbut ing bab ping 162, residhèn kêna amatah sosorane priyayi Walônda siji, kang amundhut sumpah, sarta agawe layang pratela.

3. Residhèn ênggone angrampungi prakara ora nganggo dibiyantoni ing lurah jêksa, utawa priyayi fiskal liyane, sarta ora nganggo rêmbugan karo kônca kang urun rêmbug. (I.R. 164.)

4. Pranatan bab anjaluk ambatalake karampungan, [karampunga...]

--- 289 ---

[...n,] iku ora kanggo tumrap marang bêbênêraning residhèn. (I.R. 198.)

5. Residhèn ora kêna awèh parentah angunjara wong utang kang wus kabênêr kalah, kajaba mung ing nalar kang kasêbut ing layang pranatan bab laku-lakune wong anjaluk bênêr ing prakara parapadu, cêcêkêlane rad van yustisi ing tanah Jawa, lan marang bêbênêran luhur ing Nèdêrlan Indiya, ing bab ping 580, 581 lan ing bab ping 583, sarta nganggo anitèni kang katamtokake ing layang pranatan iku mau, ing bab ping 586, ing adêg-adêge kang kapindho, lan ing bab ping 591, ing ôngka kang katêlu, tuwin ing bab ping 595, ing ôngka têlu, kapat, lan kalima. (I.R. 206, 209, 214.)

6. Yèn ing landrat ora ana priyayine kori Walônda, kang anindakake pangunjara marang wong Walônda sapêpadhane, iku residhèn anuduhake marang priyayi Walônda liyane. (I.R. 206, 212,-Bijbl. No. 157.)

Bab 240

Ing nalar kang kasêbut ing layang pranatan mau, ing bab ping 35, residhèn kêna tinampik dening wong kang anggugat [angguga ...]

--- 290 ---

[...t] utawa kang ginugat, panampike kamot ing layang, nganggo katandhanan tangan dening kang anampik, utawa dening wakile.

Residhèn yèn tinampik aja ambanjurake panggaraping prakara, ananging tumuli angirimna layang panampik lan pirêmbuge kamot ing layang marang rad van yustisi, iku kang bakal angrampungi bênêr lan orane ing panampike, awaton kêkancinganing fiskal. (Stbl. 1864, No. 52.)

Ananging residhèn ora susah angirimake layang mau yèn narima tinampik, sarta amikir prayoga ambubuhake marang asistèn residhène ing panggonan kono, angrampungi prakarane, utawa ambubuhake marng sekrêtarising residhèn, yèn asistèn residhèn mau panuju lunga, kapalangan, utawa kalungguhane panuju lowang.

Saupama panampik mau kaanggêp, laku-lakune manuta kaya kang katamtokake ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 93. (R.O. 112,-I.R. 414,-Stbl. 1876, No. 225.)

________

--- 291 ---

Prakara Kaping Sawêlas.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran kang Munggah Marang Landrat ing Prakara Kadurjanan.

Perangan Ôngka Siji. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab Anamtokake Angrampungi Prakara ing Pangadilan.

Bab 240a. Presidhèn kang anamtokake ngrampungi prakara ing pangadilan.

Presidhèn kudu animbang kang titi ing sakèhe kang kamot sajroning layang-layang kang kinirimake marang dhèwèke, manut bab 82. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 240b. Manawa presidhèn animbang yèn prakara ora prêlu dirampungi dening pangadilane, nanging kalêbu golongane karampungan pangadilan rol polisi, utawa pangadilan rad kabupatèn, utawa rad dhistrik, klawan layang prentah kang têrang dhèwèke kudu namtokake pangadilan ngêndi kang prêlu ngrampungi prakara iku, lan dhèwèke kudu angirimake bali sakèhing layang-layang marang residhèn kang manut sasêbutaning bab 84, mêngko anindakake prakara karampungan iku.

--- 292 ---

Hakim kang tinamtokake, masthi manut parentahing presidhèn. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 240c. manawa presidhèn duwe panimbangan ing prakara dudu golonganing pangadilane, nanging kalêbu golongan rad sambang utawa landrat liyane, apadene milu golongan pangadilan bôngsa Eropah, kalawan layange prentah kang têrang dhèwèke kudu angirimake sakèhing layang-layang marang presidhèning pangadilaning wong Jawa, utawa piskaling pangadilan bôngsa Eropah kang katimbang wênang angrampungi prakara iku. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 240d. Manawa presidhèn duwe panimbangan ing prakara kang masthi kapriksa ing ngarsaning pangadilane, kudu pinikir apa isih ana mulabukane kang prêlu kapriksa kang luwih têrang sadurunge katamtokake karampunganing pangadilan.

Manawa duwe panimbangan prêlu amriksa bab aturane para saksi kang dêdunung ana ing liyaning panggonan, utawa bab liya-liyane, iku kudu martakake marang priyayi kang duwe rerehan lan anamtokake sawiji-wijining prakara kang dijaluk priksane manèh.

Priyayi iku wajib amriksa utawa akon mriksa

--- 293 ---

klawan enggal, anuli layange prosès pêrbal papriksan kudu enggal kakirimake marang presidhèn.

Pranataning bab iki uga mêsthi tinurut dening presidhèning pangadilane wong Jawa, kang ing atase bab 240c. Katamtokake angrampungi prakara. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 240e. Yèn presidhèn animbang ora prêlu amriksa luwih têrang utawa papriksan kang kasêbut ing bab kang dhisik kêna kaanggêp wus rampung, tumuli presidhèn anamtokake karampungan kalawan parentah kang têrang, ananging kudu mikir kang kasêbut iki:

Manawa animbang wujuding papriksan dudu prakara piala utawa panêrak, apadene ora ana sababe kang prêlu anglulusake pandakwa, iku ing layange parentah kudu disêbutake katêrangane, sarta amrentahake angluwari klawan enggal wong kang dinakwa iku, saupama kang dinakwa kaanggrak ing sajroning pakunjaran kang pancèn ora mêsthine manggon ana ing pakunjaran bab prakara liyane.

Manawa animbang ana prêlune anglulusake pandakwa prakara piala, presidhèn amrentahake klawan anêrangake mulabukane prakara iku bakal kaunggahake [kaunggaha...]

--- 294 ---

[...ke] ing ngarsaning pangadilan landrat sarta anamtokake dinaning papriksan ing pangadilan, tumuli amrentahake marang jaksa amrih animbalana sakèhing saksi lantaran kapala–kapala dhistrik, ing dina iku supaya angadhêpa, lan wong kang dinakwa kadhawuhan mungguh kang kasêbut ing sajroning layang prentah pangadilan. Yèn wong kang dinakwa ora kaanggrak ing sajroning pakunjaran, uga kudu mratelakake marang kapala dhistrik supaya kadhawuhana angadhêp ing pangadilan ing dina kang wus katamtokake. Olèhe anamtokake dina, presidhèn kudu mikir: ing sajroning pirang dina para saksi lan wong kang dinakwa bisane ngadhêp manawa kang kadakwa ora kaanggrak ing sajroning pakunjaran.

Manawa animbang ana prêlune anglulusake andakwa prakara panêrak, presidhèn amrentahake klawan anêrangake mulabukane prakara kang bakal diunggahake ing ngarsaning pangadilan landrat sarta anampakake sawarnaning layang-layang ing tangane jaksa, kang masthi banjur miturut kaya kang kasêbut ing bab 337 lan 338, ing pranatan rèhlêmèn iki.

Yèn kang kadakwa ana ing sajroning pakunjaran, môngka

--- 295 ---

prakarane ora anjalari prêlu panganggrake wong iku ana ing sajroning pakunjaran, manut bab 83, presidhèn banjur amrentahake angluwari wong iku klawan enggal, yèn anamtokake papriksan ing pangadilan lan yèn wong iku ora mêsthi lulus kaanggrak ing sajroning pakunjaran bab prakara liya.

Yèn kang kadakwa ora dikunjara ing sajroning pakunjaran, nanging presidhèn anamtokake wong iku masthi kapriksa ing ngarsaning pangadilan bab prakara kang kasêbut ing perangan 1 bab 83, iku presidhèn masthi amrentahake supaya enggal kaanggrak sarta dikunjara ing sajroning pakunjaran. (Stbl. 1885 No. 81.)

Bab 240f. Layang-layang prentahe presidhèn manut bab 240b lan bab 240e perangan 2, kudu akirim turunane siji marang pangadilan luhur.

Pangadilan luhur wajib ing atasing prêlune pangadilan amaoni marang presidhèn bab layang-layange prentah, lan uga kasêbut ing bab 240e perangan 2, manut prentahing prokurur jendral ambatalake prentahe presidhèn, amrentahake: saiki uga amriksa ing ngarsaning pangadilan prakarane wong kang

--- 296 ---

kadakwa, iya iku klawan prentah utawa tanpa prentah anganggrak lan kinunjara ing sajroning pakunjaran bab prakara kang kêna katindakake klawan kunjara sajroning pakunjaran. (Stbl. 1885 No. 81.)

________

Bêbageyan kang Kapindho. (Stbl. 1885, No. 81)

Bab Papriksan Ana ing Paseban, Nalika Ambabênêri Prakara. (I.R. 341, 382.)

Bab 241.

Sawiji-wijining landrat kang bênêre duwe bubuhan wênang ngawruhi prakara kadurjanan, kang kalakon sajroning bawah wêwêngkone.

Saupama ana wong ginugat ing prakara kadurjanan, môngka omah, dêdunung utawa kacêkêl ana ing bawahe landrat liyane kang bawahe ginawe anglakoni kadurjanan, iku landrat kang ambawahake omah padunungane utawa panggonan kacêkêle, kênane ngawruhi prakarane mung yèn omahing saksi kang bakal kaundang akèh kang cêdhak lan karajane.

--- 297 ---

Manawa wong kang ginugat anglakoni kadurjanan luwih saking saprakara ana ing bawahing landrat seje-seje, iku para landrat mau padha kawênangake angawruhi sarupaning kadurjanan kang linakonan, ananging yèn ana lakuning landrat angawruhi prakara kadurjanan bêbarêngan mangkono, kang kabubuhan angrampungi prakarane mung landrat siji, iya iku kang ambawahake panggonane kacêkêl kang ginugat, utawa yèn durung kacêkêl, êndi kang ambawahake panggonane omah, utawa panggonane dêdunung. (R.O. 127, 162,-I.R. 83, 305, 376.)

Bab 242

Sawuse landrat atata ing dina kang wus katamtokake dening presidhèn manut bab: 240e wong kang kadakwa katimbalan ngadhêp, utawa yèn ana ing sajroning pakunjaran kairid ngadhêp ora klawan kabônda, nanging karêksa kang prayoga.

Yèn kang kadakwa ora nana ing sajroning pakunjaran. Môngka sawuse katimbalan ora sowan ing ngarsaning pangadilan, presidhèn banjur parentah anganggrak wong iku ing sajroning pakunjaran, sarta papriksaning prakarane [prakara...]

--- 298 ---

[...ne] kaundurake ing dina buri kang tinamtokake.

Manawa sawijining prakara ana wonge kang kadakwa luwih saka siji, môngka sakèhing wong kang kadakwa ora kalumpuk angadhêp. Sanajan kurang siji utawa luwih, uga wiwit kapriksa sarampunge ingatase wong-wong kang kadakwa kang wus angadhêp. Sawuse iku presidhèn mrentahake nyêkêl lan angunjara ing sajroning pakunjaran wong-wong kang kadakwa kang ing nalika iku ora ngadhêp. Amrih kêna dirampungi prakarane ing dina liyane kang bakal katamtokake. (R.O. 29,-I.R. 262,-Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 243

Sawiji-wijining wong ginugat wênang amèk wong siji, pinurih amitulungi nyalathokake wangsulan gugat ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara. (I.R. 130, 259, 280, 282, 418.)

Bab 244.

Presidhèn atakona marang wong kang ginugat jênênge, ngumure, wutah gêtihe, omahe, lan pangupajiwane, sarta dipuriha anitèni marang samubarang kang bakal rinungokake. (I.R. 247, 259, 261, 275, 314,)

--- 299 ---

Bab 245

Presidhèn banjur aparentaha marang lurah jêksa, angunèkake layang-layang pratela, lan layang lapuran, tuwin liyane kang anggêpok prakarane, kajaba mung layang aturaning saksi kang ora kaunèkake. (I.R. 41, 58, 68, 78, 249, 277, 295, 314, 342.-Bijbl. 1006.)

Bab 246

Lurah jêksa nuli angaturake layang papriksan, banjur angunèkake layange gugat, anyêbutna sakèhing nalar sadurunge anglakoni panggawe, tuwin kang ambarêngi utawa kang nusuli ing panggawe, samono iku yèn bisa andadèkake ènthèng utawa aboting dosane kang ginugat. (I.R. 60, 273, 282, 314, 342,-Bijbl. No. 1006.-2115.)

Bab 247

Presidhèn bakal anyurupake kang têrang unining layang gugat marang kang ginugat, sarta atakona, apa wus têrang ing surupe, lan apa kang dadi wangsulane, (I.R. 244, 261, 279, 314.-Bijbl. No. 1006.)

--- 300 ---

Bab 248

Presidhèn nuli amariksanana, apa saksi-saksi kang kaundang wus ana ing paseban kabèh, sarta awèha parentah, supaya saksi-saksi mau sadurunge dipariksani ature, aja kongsi cêcaturan karo kancane ing bab prakarane wong kang ginugat. (I.R. 83, 250, 264, 277, 431.)

Bab 249

Saupama ana saksi, sawuse ing ngarêp kapariksa ature môngka mati, utawa ora bisa têka ing paseban nalika ambêbênêri prakara, amarga ana pêpalangane prêlu, utawa ora kaundang, awit dening kadohan omahe, utawa padunungane, iku layang aturane kawacaa. (Stbl. 1886, No. 213.)

Manawa aturing saksi kang kamot ing layang mau wus kasumpah, iku ginawe padha karo atur ijoan kang nganggo kasumpah, yèn ora mangkono, landrat kêna amikir ing saprayoga panêmune, nganggoa anitèni kang katamtokake ing bab ping 293. (I.R. 59, 245, 314, 419.)

--- 301 ---

Bab 250

Yèn saksi-saksi kang padha kaundang ora têka kabèh, môngka landrat anduwèni pamikir, prêlu ananing saksi kang ora têka, amurih gênêping papriksan, iku presidhèn wênang nyarèhake panggaraping prakara, kongsi ing dina paseban ngarêpe manèh, ananging unduring pasebane ing sakêna-kênane aja adoh-adoh, samono iku yèn durung lêkas amariksani saksine kang ana. Presidhèn anuli awèha parentah, ngundang manèh marang saksi kang ora têka, sebaa ing dina paseban ngarêpe manèh mau. (I.R.248, 420,-Bijbl. 1793.)

Bab 251

Lamun saksi kang ora têka amuwus kaundang kaya adat, môngka presidhèn duwe lêlandhêsan kang anyukupi, yèn ora têkane ing saksi iku têtela saking ora gêlême, presidhèn kêna awèh parentah, angladèkake saksi kang ora têka mau marang landrat, ing dina pasebane manèh, kang wus katamtokake bakal panggaraping prakara. (I.R. 254,-Stbl. 1818, No. 36.)

--- 302 ---

Bab 252

Manawa sawijining saksi ora ana sababe kang bênêr mopo sinumpah, utawa ngaturake pasaksine, presidhèn kêna anyarèhake panggaraping prakara kongsi ing dina pasebane manèh, ananging lawase nyarèhake ora kêna luwih saka ing patbêlas dina.

Presidhèn bakal awèh parentah angunjara tumuli saksi kang kaya mangkono iku, sarta angladèkake manèh marang landrat, ing dina pasebane manèh (I.R. 152, 254, 265, 268.)

Bab 253

Yèn panggaraping prakara ora kasarèhake, utawa yèn kasarèhake, môngka saksi mau ngukuhi ing mopone, landrat kêna amatrapi paukuman kunjara marang saksi iku, amarga dening pamopone, lawase ora kêna luwih sataun. (Bijbl. No. 1793.)

Unèn-unène bab ping 316, saurute padha tumrap ingatase layang karampungan iki. (I.R. 252, 254,-Stbl. 1874, No. 131.)

--- 303 ---

Bab 254

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 251, 252, lan bab ping 253, iku ora tumrap marang saksi wong Walônda sapêpadhane, kang ora têka, utawa mopo.

Dene mungguh saksi wong Walônda sapêpadhane mau, laku-lakune kayaa kang katamtokake ing layang pranatan bab anjaluk paukumaning wong, cêcêkêlane rad van yustisi ing tanah Jawa lan bêbênêran luhur, ing bab ping 134, 135, lan bab ping 136, têrange mangkene: mungguh pangawasa bêbênêran, kang pinaringake marang rad van yustisi, kasêbut ing bab têlung prakara iku, tinindakna dening presidhèning landrat dhewe, ora susah nganggo bêbantuning para kancane, utawa pamradulining fiskal, apadene bab pamampang, kang wus kawênangake ana ing layang pranatan mau, kasêbut ing wêkasane bab ping 135, iku liniru ing wêwênang angulurake prakara marang rad van yustisi, samono iku yèn patrapane dhêndha luwih saka ing salawe rupiyah. (R.O. 108, 127,-I.R. 255, 346.)

--- 304 ---

Yèn nalar kang kasêbut ing bab ping 253, tumrap marang saksi wong Walônda sapêpadhane kang kaundang, presidhèning landrat akona amèmuti marang ghrivir ana ing layang pratelan nalika ambêbênêri prakara, ing bab pamopone, sarta angirimna tumuli pêpêthikaning layang pratela iku marang fiskaling rad van yustisi, kang ambawahake panggonane landrat mau, supaya wonge kang mopo disêrêga. (I.R. 254, 274.)

Bab 256

Lêbuning saksi-saksi marang paseban kaundanga saka ing siji-siji, urut-uruting pangundange apa kang dadi pamrayoganing presidhèn.

Presidhèn atakona marang saksi-saksi jênênge, ngumure, pangupajiwane, lan omahe, apa wus padha sumurup marang wong kang ginugat sadurunge anglakoni panggawe, kang ginugatake marang bêbênêran, apa mambu darahe kang ginugat, utawa dadi kadang katut saka ing salakirabi, lan prênah apa, tuwin apa dadi bature kang ginugat.

--- 305 ---

Sawuse mangkono, anuli saksi mau padha kasumpah, manut satataning agamane dhewe-dhewe, sumpahe, yèn bakal matur satêmêne kabèh, sarta ora bakal ngaturake liyane kang têmên, sawuse kasumpah, anuli ngaturake pasaksine.

Sakèhing saksi ora nyukupi yèn angukuhana pasaksine kang wus katur ing ngarêp, kudu amratelakake manèh samubarang kang dèn sumurupi. (I.R. 97, 118, 151, 248, 275, 289, 291, 314, 420-Bijbl. No. 3591.)

Bab 257

Ing samôngsa wus lêkas amariksani saksi ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, panggarap lan pamariksaning prakara binanjurna, aja nganggo kandhêg-kandhêg, samono iku kajaba saking kang katamtokake kasêbut ing bab ping 273, lan bab ping 274.

Ananging presidhèn wênang angênêngake panggarap lan pamariksaning prakara, amurih aso, lan angasokake wong liya. (I.R. 242, 250, 281, 420.)

Bab 258

Saupama ana sawijining saksi, pasaksine ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara sulaya karo ature [a...]

--- 306 ---

[...ture] kang dhisik, presidhèn angelingna marang saksi mangkono iku, sarta anjaluka katêrangane ing bab atur sulaya iku.

Bab sulayaning atur mau kapemutana ana ing layang pratela. (I.R. 48, 59, 274, 314.)

Bab 259

Sabên yèn saksi siji wus angaturake pasaksine, presidhèn atakona marang wong kang ginugat, manawa ana kang dadi atur wangsulane.

Saksi yèn angaturake pasaksine ora wênang diregoni.

Ananging sawuse saksi angaturake pasaksine, wong kang ginugat wênang atakon marang saksi alantaran presidhèn, sarta amratelakake atur cêcawad marang saksi, lan marang pasaksine, samubarang kang kinira prayoga ginawe wangsulan gugat.

Yèn wong kang ginugat nganggo dipitulungi ing wong, wong kang anulungi iku iya uga wênang têtakon lan mratelakake atur cêcawad kaya kang ginugat mau. (I.R. 243.)

Presidhèn kêna anjaluk sarupaning katêrangan marang saksi

--- 307 ---

lan marang wong kang ginugat, êndi kang kinira prêlu bisa anuduhake yêktining prakara. (I.R. 261, 263, 270, 279, 314, 412.)

Bab 260

Sasuwene anggarap lan amariksani prakara, ora wênang angêmpakake patakon cêngkolongan marang wong kang ginugat utawa marang saksi, apadene priyayi nyêkêl bêbênêran ora wênang ngopèni samubarang kang dadi wangsulane marang patakon cêngkolongan mau.

Sarupaning patakon kang awaton sawijining panggawe, kang ora diakoni dening wong ginugat, utawa ora dipratelakake dening saksi, ananging dianggêp kaya wus ditakoni, utawa dipratelakake, iku iya ewoning patakon cêngkolongan. (I.R. 259, 263, 279.)

Bab 261

Manawa kang ginugat ora amangsuli kang dadi patakon, utawa mopo amangsuli, presidhèn anyurupna marang wajibe amangsuli, anuli akona ambanjurake panggaraping prakara. (I.R. 244, 247, 259, 263, 272, 279.)

--- 308 ---

Bab 262

Yèn kang ginugat angrusuhi tataning paseban nalika ambabênêri prakara, amarga saking sarupaning pratingkahe, presidhèn amituturana murih mênênge, manawa pitutur iku ora migunani, presidhèn akona ngundurake wong mau saka ing gêdhong panggonan papriksa, anuli panggaraping prakara dibanjurna, sarta anibakna bêbênêran, kang ginugat kaanggêpa kaya ana ing kono, aliya saka ing iku, wong kang ginugat mau wênang sinêrêg ing bêbênêran, manawa kongsi anglakoni panggawe kadurjanan ana ing paseban nalika ambêbêri prakara. (I.R. 310, 412.)

Bab 263

Kônca-kancaning landrat, tuwin lurah jêksa, apadene wadananing pangulu, iya padha wênang takon marang saksi lan marang wong kang ginugat, êndi kang kinira prêlu bisa anuduhake yêktining prakara, ananging padha nêranga marang presidhèn, kênane têtakon.

Ananging presidhèn wênang nulak patakon mau, yèn kinira ora patut utawa saru.

--- 309 ---

Karo dening manèh presidhèn iya kêna nampik ature wong kang ginugat, yèn duwe panjaluk murih takon marang saksi. (I.R. 258, 260, 315, 412.)

Bab 264

Sawiji-wijining saksi yèn wus angaturake pasaksine, padha anaa ing paseban nalika ambêbênêri prakara bae, kajaba yèn dililani mêtu dening presidhèn.

Dene yèn lurah jêksa, utawa wong kang ginugat duwe panjaluk, saksine kapurih anaa ing paseban nalika ambêbênêri prakara bae, presidhèn bakal ora anglilani marang wêtuning saksi mau.

Ing nalika paseban ambêbênêri prakara, sarupaning saksi ora wênang cêcaturan karo padha kancane, (I.R. 248, 256, 270.)

Bab 265

Kang kasêbut ing ngisor iki ora wênang ginawe saksi, sarta wênang mopo dadi saksi, samono iku kajaba kang katamtokake ing bab ping 266 (I.R.148, 150, 289.)

--- 310 ---

1. Bapakne kang ginugat, utawa bapakne panunggalane kang ginugat, êmbokne, kakine, ninèkne, saurute mandhuwur, anake, putune, saurute mangisor, maratuwane, bapa biyungne kuwalon, kaki nini maratuwa, kaki nini kuwalon, saurute mandhuwur, mantune, anak kuwalone, putu mantune, putu kuwalone, saurute mangisor, apadene ipene.

2. Sadulure kang ginugat, utawa sadulure panunggalane kang ginugat, ipene, apadene pamane, bibèkne, kalêbu katut saka ing salakirabi, tuwin anaking sadulur. (Bijbl. No. 1006.)

3. Somahe wong kang ginugat, utawa somahe panunggalane kang ginugat, sanajan wus pêpêgatan.

4. Lêskare kang ginugat, utawa lêskare panunggalane kang ginugat, kang wus kamardikakake. (I.R. 267.)

Bab 266

Yèn lurah jêksa lan wong kang ginugat padha angrujuki, wong kang padha kasêbut ing bab ping 265 mau, kêna

--- 311 ---

jinaluk pasaksine, samono iku yèn padha gêlêm.

Ananging sanajan lurah jêksa lan wong kang ginugat ora ngrujuki, landrat wênang anampani katêrangane prakara saking wong iku mau, ora nganggo sumpah. (I.R. 267, 293, 314.)

Bab 267

Lêskare wong ginugat, kang kaundang dadi saksi, dipurih anaksèni kang bakal angêbotake utawa angluwarake bêndarane, iku ora kêna kapariksa ature, kajaba mung yèn lurah jêksa lan kang ginugat angrujuki, utawa yèn lurah jêksa lan wong kang ginugat mau ora nyondhongi, iya kêna kapariksa ature, yèn landrat sawuse angrêmbug, awèh parentah amariksani ature lêskar mau.

Mungguh kang katamtokake ana ing adêg-adêg wêkasane bab ping 266, iku tumrap marang pasaksine ing lêskar mau. (I.R. 265, 289, 293, 314.)

Bab 268

Sarupaning wong, kang amarga dening pangkate, tuwin dening [de...]

--- 312 ---

[...ning] pangupajiwa utawa kalungguhane kang êsah, wajib asimpên wadi, iku kêna mopo angaturake pasaksine, samono iku angêmungna prakara kang winêruhake ing dhèwèke, pinurih angêkêr, amarga ginawa dening lêlakone.

Mungguh bênêre ing pamopone, iku binodhokake marang pamikiring landrat, dene saksi kang kaundang pinurih angaturake pasaksine mau yèn wong Walônda sapêpadhane, binodhokake marang pamikiring presidhèn. (I.R. 150)

Bab 269

Wong kang kasêbut ing ngisor iki kêna kapariksa ature, mung murih katêranganing prakara, ora nganggo sumpah. (I.R. 289, 293, 314.)

1. Bocah, kang ora kêna dipasthèkake uwise ngumur limalas taun. (I.R. 148.)

2. Wong edan, sanajan angot-angotan cat eling cat ora. (I.R. 148.)

3. Wong kang wus kapatrapan paukuman mêmirang. (I.R. 149, 289.)

--- 313 ---

Bab 270

Samôngsa sakèhing saksi wus padha angaturake pasaksine, wong kang ginugat wênang duwe panjaluk, angundurake saksi, singa kang diarani, sarta angirid lumêbu manèh wong siji utawa luwih kang diundurake mau, supaya kapariksanana ature, kapariksanan pinisah, utawa padha anane karo panunggalane.

Lurah jêksa iya wênang duwe panjaluk mangkono. (I.R. 315.)

Presidhèn dhewe iya kêna awèh parentah mangkono. (I.R. 259, 264, 314.)

Bab 271

Ing nalika amariksani ature saksi siji, utawa ing sawise, presidhèn kêna akon ngundurake wong kang ginugat, siji utawa luwih, sarta amariksani marang saksi mau dhewe, ing bab nalaring prakara ing sawatarane, ananging sawise mangkono, aja ambanjurake ing pamariksane, yèn durung anyurupake dhisik marang sawiji-wijining wong kang ginugat, bab kang kalakon [kalako...]

--- 314 ---

[...n] sasuwene padha kaundurake mau. (I.R. 262, 279.)

Bab 272

Ing nalikane saksi padha ngaturake pasaksine, utawa ing sawise, presidhèn akona anuduhake marang wong kang ginugat, sarupaning barang kang kêna dadi pamêlèh, sarta ditakonana, apa ngakoni barang iku.

Yèn ana prêlune presidhèn iya akona anuduhake barang mau marang para saksi. (I.R. 15, 48, 259, 261, 291, 307, 342.)

Bab 273

Yèn ana pasaksi utawa tôndha-tôndha liyane anyatakake nalar, kang ora kapratelakake dening lurah jêksa, kalane angladèkake gugate marang wong kang ginugat, môngka kasêbut ing khukum nalar iku kêna andadèkake aboting paukumane, presidhèn angosikna marang wong kang ginugat, sarta awèha dalan supaya mêtua ature, mungguh iku bakal kasêbutake ana ing layang pratelaning paseban nalika ambêbênêri prakara. (Bijbl. No. 1006.)

Yèn presidhèn ora awèh dalan supaya mêtua [mêtu...]

--- 315 ---

[...a] ature, utawa ora kasêbut ing layang pratela, landrat ora wênang amikir nalar kang angêbot-êboti kasêbut ing dhuwur mau.

Saupama nalar mau kalêbu prêlu, presidhèn kêna nyarèhake panggaraping prakara, supaya akona ngundang saksi-saksi manèh, utawa angupayaa tôndha-tôndha liyane. (I.R. 246, 250, 252, 257, 284, 312, 314.)

Bab 274

Manawa ature sawijining saksi ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara kêna ing kira-kira yèn goroh, presidhèn amituturana têmênanan marang saksi iku, kapuriha matur ing sanyatane, sarta anyurupna paukumane yèn angantêpi ing atur goroh, yèn saksi iku angukuhi ing ature kang kinira goroh mau, presidhèn kêna awèh parentah angunjara dhisik marang saksi mangkono iku, sarta anggarap prakara anêtêpi kang kasêbut ing khukum.

Yèn ana laku kang kaya mangkono iku, ghrivir enggal agawea layang pratela, nganggo katandhanan tangan dening presidhèn lan dening ghrivir, anyêbutna aturing [a...]

--- 316 ---

[...turing] saksi mau, sarta anelakna watone, kang agawe kira-kira yèn ature goroh.

Saupama ana prêlune ingatase prakarane, presidhèn kêna anyarèhake panggaraping prakara, kongsi sarampunging pamariksaning saksi mau.

Yèn kang duwe atur kinira goroh iku wong Walônda sapêpadhane, layang pratela mau kinirimna kaya kang wus katamtokake muni ing bab ping 255. (I.R. 257.)

Bab 275

Yèn kang ginugat utawa sawijining saksi ora sumurup ing basa pamariksaning prakara, presidhèn amataha juru basa siji, nganggo kasumpah, yèn bakal têmên-têmên ênggone anjurubasakake sawijining basa pangêlihe marang basa liyane, kajaba yèn ênggone dadi juru basaning landrat wus anyandhang sumpah.

Sing sapa ora kêna dadi saksi ing sajroning prakara iku, ora wênang ginawe juru basa. (R.O. 9,-I.R. 135, 155, 244, 256, 265, 269, 276, 278,-Stbl. 1819,-No.79,-1837, No. 59,-1851, No. 58,-1857, No. 42,-1858, No. 15,-1859, No. 69,-1861, No. 72,-1863, No. 39,-1866, No. 107,-1882, No. 35,-Bijbl. No. 376, 657, 1721, 1997, 3758.)

--- 317 ---

Bab 276

Manawa kang ginugat budhêg lan bisu, sarta ora bisa nulis, presidhèn amataha wong kang anjurubasani, kang prayoga dhewe wêruh ing saratènane kang ginugat, ananging wong kang pinatah anjurubasani mau kudu kang wus tumêka ing wêwilanganing umur, kênane angaturake pasaksi.

Mangkono uga lakune, yèn sawijining saksi budhêg lan bisu, sarta ora bisa nulis.

Yèn wong kang budhêg lan bisu mau bisa nulis, presidhèn akona macak ing layang sakèhing patakon, kang bakal tinibakake marang wong iku, utawa sakèhing wêwaonan, kang bakal tinawakake, anuli diulungna marang wong ginugat utawa saksi kang budhêg lan bisu mau, nganggo diparentahana amangsuli kamot ing layang, yèn uwis, iku kabèh nuli diwacaa.

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 276, iki, iya kanggo tumrap marang wong, kang budhêg utawa bisu ing saantara bae. (I.R. 155.)

Bab 277

Ing sajrone amariksani prakara, presidhèn iya [i...]

--- 318 ---

[...ya] kêna akon ngundang wong liyane, kajaba saka ing saksi kang wus kaundang, sarta iya kêna aparentah kapurih têkaa tumuli ing paseban nalika ambêbênêri prakara, apadene mariksani ature wong iku nganggo kasumpah. Karo dening manèh, yèn ana atur katêrangane wong kang ginugat utawa atur katêrangane ing saksi-saksi ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, presidhèn iya uga kêna akon angladèkake layang-layang liyane, supaya amuriha luwih têranging prakara.

Layang-layang iku mau padha kawacaa, (I.R. 83, 245, 248, 256, 314, 431.)

Bab 278

Saupama ana nalaring kadurjanan kêna katêrangake dening para undhagi ing prakara, mungguh nyataning kalakone kadurjanan mau lan orane, iku para undhagi ing prakara kang bakal kaundang sawuse padha kasumpah angaturna kang dadi pamikire dhewe-dhewe, ananging kapisah-pisaha, dene sumpahe, yèn bakal angaturake pamikire ing satêmên-têmêne, lan ing sasumurupe.

--- 319 ---

Mungguh kang kasêbut ing adêg-adêge kapindho ing bab ping 275, iku iya kanggo tumrap marang para undhagi ing prakara mau. (I.R. 17, 42, 158, 296,-Stbl.1858, No. 15,-1866, No. 108, Bijbl. No. 3031.)

Bab 279

Sawuse sakèhing saksi dipariksani ature, presidhèn nuli amariksanana marang wong kang ginugat, sarta anyurupna nalar kang angêboti awake, amarga dening papriksan. Manawa ana manèh kang ginugat anunggal prakara, urut-urute pamariksaning presidhèn marang kang padha ginugat iku, apa ing saprayoganing pamikire.

Yèn presidhèn amikir prêlu, sajrone amariksani sawijining saksi, wênang amariksani marang wong kang ginugat.

Karo dening manèh, yèn ana manèh kang ginugat, presidhèn kêna akon angundurake saka ing paseban siji utawa luwih, supaya amariksanana ature wong siji, sasuwene panunggalane kaundurake. (I.R. 256, 259, 261, 271, 279, 197.)

--- 320 ---

Bab 280

Sawuse kapariksa, wong kang ginugat, kapuriha amangsuli kang dadi gugat, dene yèn kang ginugat nganggo dipitulungi ing wong, iku iya dipuriha amangsuli kang dadi gugat.

Wong kang amitulungi iku ing nalika angaturake wangsulan gugat, wajib aja lali ing kataklimane marang priyayi nyêkêl bêbênêran. Yèn kongsi lali ing kataklimane, presidhèn angelingna, samôngsa angambali gawe pratingkah kang ora taklim, presidhèn aparentah akon mênêng, karo dening manèh wong mau kêna kapatrapan paukuman dening priyayi nyêkêl bêbênêran kang pancèn duwe bubuhan, yèn ana lêlandhêsane. (R.O. 192,-I.R. 243, 412.)

Bab 281

Samôngsa kang kasêbut ing dhuwur iku kabèh wus rampung ing panggarape presidhèn ambubarna papriksane. Wong kang padha ginugat, lan saksi-saksine, tuwin wong kang padha nonton, padha kaundurna saka ing paseban, landrat banjur angrêmbug prakarane.

--- 321 ---

Yèn pangrêmbuge ora rampung ing sadina iku uga, utawa presidhèn anduwèni pamikir, yèn prakarane ora kêna rinampungan ing sanalika, kêna anyarèhake banjure pangrêmbug lan pamancasing prakara kongsi ing dina pasebane ngarêp tumuli.

Olèhe anyarèhake pangrêmbug lan pamancasing prakara iku kadhawuhna tumuli ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara katon ing ngakèh. (R.O. 41, 67,-I.R. 257, 282.)

_______

Bêbageyan Katêlu. (Stbl. 1885,-No. 81)

Bab Pangrêmbuging Prakara, Bab Tôndha, lan Karampungan, ing Prakara Kadurjanan. Kang Dadi Bubuhaning Landrat. (I.R. 341, 382.)

Bab 282

Landrat bakal angrêmbug kang dadi panarkane marang wong kang ginugat, sarta kang dadi panêmune ing papriksan ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, jêjêre kang rinêmbug ing ngisor iki pratelane. (I.R. 246, 273, 281, 410.)

1. Panggawe apa kang wus kayêktèn dening papriksan.

--- 322 ---

2. Apa wus kayêktèn yèn kang ginugat dosa anglakoni panggawe iku. (I.R. 283, 288, 303, 312.)

3. Yèn dosa dadine anglakoni kadurjanan apa. (I.R. 304.)

4. Apa paukumane wong kang ginugat. (I.R. 305, 312.)

Lurah jêksa lan wadananing pangulu kang bakal anglairake pamikire dhisik. (R.O. 7, 92,-I.R. 312, 315.)

Anuli prakarane disamantakake marang para kancaning landrat, dene mungguh golonging rêmbug, manuta kang wus katamtokake ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 39 lan bab ping 40. (R.O. 41, I.R. 314.)

Bab 283

Ingatase tôndha, landrat anitènana pranatan kang kasêbut ing bab ping 284, tutuge ing bab ping 302. (I.R. 165, 282.)

Bab 284

Sarupaning wong ora kêna kapatrapan paukuman, kajaba yèn priyayi nyêkêl bêbênêran têtela ing sumurupe [su...]

--- 323 ---

[...murupe] dening tôndha kang êsah ing khukume, yèn nyata ana panggawe kang linakonan, kang pancèn kêna kapatrapan ing paukuman. Sarta yèn kang ginugat dosa dening nglakoni panggawe iku.

Yèn mung waton kira-kira, utawa waton tôndha kurang, ora kêna amatrapi paukuman marang sawiji-wijining wong. (I.R. 177, 286, 288.)

Bab 285

Mungguh tôndha êsahing khukume, mung ing ngisor iki kang kaanggêp. (I.R. 167, 283.)

1. Pasaksi. (I.R. 289, 301)

2. Tôndha layang. (I.R. 294, 301.)

3. Pangaku. (I.R. 297, 301.)

4. Pituduh. (I.R. 300.)

Bab 286

Tôndha iku mau kabèh, sanajan ing salah sawiji, utawa ngumpul dadi sawiji, kêna andadèkake katêranganing bêbênêran, samono iku yèn tètès karo pranatan kang kasêbut ing ngisor iki. (I.R. 283, 288.)

--- 324 ---

Bab 287

Sarupaning tôndha kêna batal dening tôndha pamêlèh, (I.R. 283, 286.)

Bab 288

Sarupaning tôndha ora kukuh ginawe waton amatrapi paukuman marang wong kang ginugat, samôngsa priyayi nyêkêl bêbênêran ora têtela ing sumurupe, yèn wong kang ginugat nyata anglakoni panggawe kang ginugatake, kang pancèn kêna katrap ing paukuman, utawa dadi panunggalan anglakoni panggawe mau. (I.R. 284, 286.)

Bab 289

Sakèhing wong wênang angaturake pasaksi ing prakara kang ginantungan ing paukuman, yèn wong iku dudu kang wus jinabakake kasêbut ing bab ping 265, 267, lan bab ping 269.

Sawiji-wijining pasaksi kudu tinêtêpan kalawan sumpah, sarta êtraping kature kudu kaya kang kasêbut ing layang pranatan iki. (I.R. 151, 249, 256, 286, 293, 419.)

--- 325 ---

Bab 290

Pasaksine saksi mung siji ora kêna dadi tôndha êsahing khukume, yèn ora kinukuhake dening tôndha liyane.

Ananging pasaksi ing bab panggawe seje-seje kêna dadi tôndha êsahing khukume, yèn condhong lan têpunging nalare bisa anyatakake sawijining panggawe kang tamtu.

Mungguhing pamikire iku mau kabodhokake marang pangati-atining priyayi nyêkêl bêbênêran, (I. R. 173, 286.)

Bab 291

Sawiji-wijining pasaksi kudu anyatakake panggawe, kang rinungu, dinêlêng, utawa tinêmu dening saksi, sarta kudu nganggo mratelakake sababing wêruhe.

Panyana utawa kira-kira, iku dudu pasaksi. (I.R. 175, 286.)

Bab 292

Mungguh amikir kiyating pasaksi, priyayi nyêkêl bêbênêran prêlu kudu anitèni cècèging ature para saksi,

--- 326 ---

lan cècèging pasaksine karo tôndha liyane kang wus disumurupi ingatase prakara kang ginarap lan pinariksa, apadene manawa ana sababe, kang andadèkake owah aturing saksi, tuwin kalakuane, adat lan bangsane kang padha dadi saksi, sarta anitènana kabèh kang kêna andadèkake luwih utawa kurang kandêling pasaksine. (I.R. 176, 286, 288, 302.)

Bab 293

Saksi kang ora nganggo rinêsikan kalawan sumpah, sarta kang sêpi saka ing tôndha liyane, sanajan cècèga, ora kêna dadi tôndha.

Ananging pasaksi kang ora nganggo rinêsikan kalawan sumpah kêna ginawe gêgênêping tôndha-tôndha liyane, kang êsah ing khukume, yèn cècèg karo tôndha iku. (I.R. 249, 266, 269, 286, 289.)

Bab 294

Mungguh pranatan ing bab kuwating tôndha tumrap ana ing tôndha layang, kang ginawe dening priyayi kang lumaku ing gawe, lan kang ginawe rêrukunan dhewe, ing bab prakara parapadu, iku iya kudu dititèni ingatase

--- 327 ---

tôndha ing bab prakara kang ginantungan paukuman. (I.R. 168, 286,-Stbl. 1867, No. 29.)

Bab 295

Layang aturan, layang pratela, lan layang panunggalane, kang ginawe dening priyayi kang lumaku ing gawe, êsahe minôngka tôndha layang, kudu muni yèn layang iku wus kinurêban ing sumpah, kang wus sinandhang nalikane dadi priyayi, dene yèn ora anyandhang sumpah, layang-layang mau sawuse ginawe rinêsikan kalawan sumpah. (I.R. 245, 286, 342,-Stbl. 1871, No. 74,-1875, No. 216,-1882 No. 240,-1885, No. 70en 184-1886, No.67,-Bijbl. No. 315, 1006)

Bab 296

Lapurane wong kang undhagi ing prakara, kang pinatah ing parentah, pinurih angaturake pamikir lan panêmune ing bab wijang-wijang, utawa kaananing prakara, iku mung kêna minôngka katêranganing para priyayi nyêkêl bêbênêran.

Priyayi nyêkêl bêbênêran ora pisan wajib miturut kang dadi pamikire wong kang undhagi ing prakara mau, yèn pamikir iku sulaya karo panêmune. (I.R. 42, 278, 284, 286, 288.)

--- 328 ---

Bab 297

Manawa ana wong ginugat duwe atur pangaku marang priyayi nyêkêl bêbênêran, yèn wus anglakoni panggawe kang ginugatake, kang pancèn kêna katrap ing paukuman, akanthi lapuran kang tamtu lan titi ing bab nalar-nalaring prakara, kang uga wus têtela saka ing aturane wong kang anyandhang panggawe, utawa saka ing tôndha-tôndha liyane, kang cècèg karo ature, pangaku mau kêna dadi tôndha têtêping dosane. (I.R. 178, 268, 298, 300.)

Bab 298

Yèn amung pangaku marang dosa bae, ora kayêktèn pisan-pisan saka ing nalar-nalar nalika ing pamariksa lan panggaraping prakara, pangakune iku ora anyukupi dadi tôndha êsahing khukum. (I.R. 284, 286, 288, 297.)

Bab 299

Saupama ana wong wus ngaku ing dosane marang bêbênêran, môngka banjur dimukiri, pamukire iku ora bisa agawe sirnaning pangakune, kajaba yèn pamukire [pamukir...]

--- 329 ---

[...e] mau ana sababe, kang patut dianggêp. (I.R. 297.)

Bab 300

Kang diarani pituduh iku, panggawe lan samubarang kang kalakon utawa nalar-nalar, kang kawujudane lan cècège karo lakuning kadurjanan, têtela anuduhake, yèn ana kang nglakoni kadurjanan, lan gênah kang nglakoni. (I.R. 285, 288, 302.)

Bab 301

Mungguh kawujudaning pituduh mau kênane kanyatakake mung dening kang kasêbut ing ngisor iki.

1. Dening saksi. (I.R. 285, 289, 293.)

2. Dening tôndha layang. (I.R. 285, 294.)

3. Dening pamariksa utawa pamawasing priyayi nyêkêl bêbênêran, kang dèn awaki dhewe.

4. Dening pangakune dhewe wong kang ginugat, sanajan pangakune iku ora ana sajroning bêbênêran. (I.R. 66, 285.)

Bab 302

Mungguh amikir kuwating sawiji-wijining pituduh, iku kabodhokake [ka...]

--- 330 ---

[...bodhokake] marang kawicaksananing priyayi nyêkêl bêbênêran, yèn amariksani ing bab tôndha mau, anganggoa lêkas kang luwih prayitna lan nastiti. (I.R. 286, 288, 292, 300.)

Bab 303

Yèn panêmuning landrat dosane wong kang ginugat ora kayêktèn, wong ginugat iku banjur linuputna ing paukuman, yèn ana ing kunjara landrat awèha parentah angluwari tumuli, kajaba yèn ana sabab liyane kang prêlu isihe kinunjara. (I.R. 282, 286, 307, 316, 320, 358, 398, 417,-Bijbl. No. 1006.)

Bab 304

Saupama landrat anduwèni pamikir, yèn panggawe kang ginugatake marang bêbênêran, iya uga kayêktèn, ananging ora nganakake kadurjanan, utawa panêraking parentah, landrat angluwarna wong ginugat mau saka sakèhing panyêrêging bêbênêran, ingatase prakara iku, yèn kang ginugat iku ana ing kunjara, landrat aparentaha nyimpên ana ing kunjara bae, kongsi sarampunging prakarane, kang sarana kaêsahake, [kaê...]

--- 331 ---

[...sahake,] utawa nganti saliwate wêwangên kênane anyuwun unggahe prakarane mênyang ing pangadilan luhur. (I.R. 282, 307, 310, 317, 317 c, 320, 354, 417.)

Bab 305

Manawa landrat anduwèni pamikir, yèn wong kang ginugat dosa, iku kapatrapan ing sapaukumaning panggawene, sanajan kayêktèn saka ing pamariksane ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, yèn panggawe mau mung anganakake panêraking parentah iya kapatrapan ing paukuman. (I.R. 308, 337, 341, 355,-R.O. 110.)

Saupama wong kang ginugat katêtêpake dosa anglakoni panggawe luwih saking saprakara, kang pancèn kêna katrap ing paukuman, iku tibaning paukuman angêmungna kang ginantungake marang panggawe salah sawiji, êndi kang abot dhewe.

Ananging pranatan iku ora tumrap marang patrapan dhêndha, lan marang barang kang kabêskup ing parentah. (I.R. 282, 307.)

Bab 306

Saupama têtela, yèn wong kang ginugat sawuse

--- 332 ---

anglakoni panggawe kang ginugatake marang bêbênêran, maune wus kabênêr katrap ing paukuman, amarga dening nglakoni kadurjanan utawa panêraking parentah liyane, iku landrat ênggone amatrapi paukuman, anitènana ing paukuman, kang maune wus kabênêr katrap marang wong ginugat mau.

Dene mungguh anitèni paukuman mau, kang wus kaêtrapake ing maune, têrange mangkene: paukumane landrat yèn kinumpulake karo paukuman kang maune wus kabênêr kaêtrapake, ora kêna luwih abot, angungkuli paukuman kang ginantungake marang kadurjanane utawa panêraking parentah kang gêdhe dhewe.

Pranatan iku iya uga ora tumrap marang patrapan dhêndha lan marang barang kang kabêskup ing parentah. (I.R. 282, 305, 307, 325, 383.)

Bab 307

Sajroning prakara kang kasêbut ing dhuwur landrat marentahake supaya barang-barang bainat sajroning 8 dina sawuse dadi santosa kanggo anindakake karampungan, anuli kabalèkake marang wong kang kasêbut ing sajroning layang putusan kono utawa kang wus ngaturake [nga...]

--- 333 ---

[...turake] barang mau marang landrad, utawa marang sapaa kacêkêling barang iku, iya iku yèn landrad ora mutus nyatakake yèn barang kang tinêmu dening wong mau barang malingan, sajroning prakara mangkono landrad kêna parentah supaya barang iku kabalèkake marang kang duwe lan kelangan, mangkono mau yèn kang duwe utawa sing wajib iku ora uwis jaluk anggrakane barang iku marang ghrivir, ing sajroning wêwangên kang katamtokake.

Sajroning prakara mangkene iki, prakara mêsthi katindakake kaya kang kapacak ing dalêm rèhlêmèn prakara sipil.

Bab 308

Saupama ing nalika pamariksane ana ing paseban ambêbênêri prakara, têtela saka ing nalar kang angêbot-êboti marang wong kang ginugat, yèn landrat ora wênang angrampungi prakarane, landrat angunggahna prakara iku marang bêbênêran midêr, sarta awèha parentah, angisihake kang ginugat ana ing kunjara, dene yèn isih umbaran, dikona anyimpên ana ing kunjara, kajaba yèn dhèwèke kadakwa prakara kang manut [manu...]

--- 334 ---

[...t] bab 83, ora prêlu nganggo kaanggrak ing sajroning pakunjaran. (R.O. 105,-I.R. 273, 384,-Stbl. 1885, No. 81.)

Bab 309

Presidhèn kang bakal andhawuhake karampungan katon ing ngakèh, padha anane lan kônca-kancane, kang wus padha milu anggarap prakarane, tuwin padha anane lan lurah jêksa, apadene wadananing pangulu. (R.O. 7, 29, 46, 92,-I.R. 310, 312, 315.)

Bab 310

Wonge kang ginugat, yèn ana ing kunjara, kaladèkna marang paseban nalika ambêbênêri prakara, nganggoa karêksa, supaya sumurupa marang dhawuhing karampungan. Yèn ora bisa tumêka ing paseban, ghrivir kang bakal anyurupake karampungane ana ing kunjara, nuli amratelakna ana sangisoring layang karampungan ênggone anyurupake iku. (I.R. 242.)

Yèn kang dinakwa kapatrapan paukuman, utawa kang kaluwaran saka sakèhing panyêrêging bêbênêran. Kang dinakwa mau bakal kasurupake yèn dhèwèke ing sajroning salikur dina wênang anyuwun unggahing prakarane mênyang

--- 335 ---

ing pangadilan luhur, dene yèn kang dinakwa kapatrapan paukuman, kapemutana ana ing layang prosès perbale pasamuaning pangadilan. Sarta yèn kang dinakwa mau kaluwaran saka sakèhing panyêrêging babênêran, ghrivir amemutana ana ing layang karampungane. (I.R. 304, 309, 314, 317-Stbl. 1872, No. 131-Bijbl. No. 2631, 2698.)

Yèn wong kang kadakwa tômpa paukuman, môngka dhèwèke ora ana ing sajroning pakunjaran, ing sajrone layang ponis masthi kaprentahake anyêkêl marang wong iku, kajaba yèn dhèwèke kaukum pagaweyan jiyad tanpa parentah lan lawase ora luwih saka nêm sasi. (Stbl. 1885, No. 81.)

Prentah anyêkêl iku banjur bae katindakake ing sawuse layang ponis kawaca.

Bab 311

Ing layang karampungan kêna katamtokake, yèn paukuman sêkhavot kang wus dhinawuhake, bakal kaêtrapake ana ing panggonane anglakoni kadurjanan, utawa cêdhake ing kono. (I.R. 323, 403.)

--- 336 ---

Bab 312

Layang karampungan kudu muni kang kasêbut ing ngisor iki. (I.R. 188-421.)

1. Jênênge kang ginugat, lan kira-kiraning umure, wutah gêtihe, omahe, utawa padunungane, lan pangupajiwane. (I.R. 244.)

2. Karampunganing landrat marang dosa lan orane kang ginugat, anyêbutna sababe, kang andadèkake karampungan, lan nalar-nalare, kang andadèkake ènthèng utawa aboting paukuman. (R.O. 31-I.R. 282.)

3. Pungkasane pamikiring lurah jêksa, sarta munia, yèn wadananing pangulu wus kapundhut rêmbuge. (R.O. 92-I.R. 282, 314.)

4. Paukumane marang kang tinêtêpake dosa, munia khukume kang ginawe waton, samono iku yèn karampungane awaton khukum kang tamtu. (R.O. 31-I.R. 282.)

5. Karampungane bab wragading prakara, lan bab ambalèkake barang kang wus padha dadi nyina. (I.R. 307, 417-Stbl. 1889, No. 149.)

6. Dinane ing nalika andhawuhake karampungan,

--- 337 ---

lan jênênge para priyayi nyêkêl bêbênêran, kang wus padha milu anggarap karampungane, manawa ana kang ora bisa anjênêngi dhawuhing karampungan, utawa anandhani layang karampungane, iku nganggoa kapratelakake sababe. (R.O. 28, 43-I.R. 188, 309, 313, 317.)

Saupama kang ginugat nunggal saprakara luwih dening wong siji, layang karampungane ginawea dhewe-dhewe. (I.R. 313.)

Bab 313

Layang karampungane amasthi tinulis ing têmbung Walônda, lan ing têmbunge wong tanah ing kono. (Bijbl. No. 408, 657, 2138, 2670, 2820.)

Yèn kang kadakwa anyuwun môngka dhèwèke kaparingan salinaning layang karampungan utawa layang putusane rêpisine karampungan mau, katulis têmbung Malayu, utawa yèn dhèwèke ora ngêrti, katulis ing têmbunge bangsane dhewe. (I.R. 310, 319-Stbl. 1819, No. 79-1837, No. 59-1851, No. 58-1857, No. 42-1874, No. 174.)

Ênggone anandhani tangan layang karampungan mau, kasèp-kasèpe [ka...]

--- 338 ---

[...sèp-kasèpe] ing sajroning pitung dina sawuse dhinawuhake. (R.O. 43-I.R. 312, 426, 430)

Bab 314

Ghrivir bakal amèmuti ana ing layang pratela samubarang kang kalakon ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara.

Aliya saka ing iku, lan aliya saka kang kasêbut ing bab ping 258 lan bab ping 273, layang pratela mau kudu anyêbutake kawujudaning landrat, jênênge kang ginugat. Kira-kiraning umure, pangupajiwane, wutah gêtihe, omahe utawa padunungane, tarkane, sarta anyêbutna kang têrang wangsulane marang patakon, kang muni ing bab ping 247, apadene kang dadi atur têtangkise ing sajroning papriksan, utawa yèn ngaku, apa kang dadi atur paolane, lan anyêbutna panyumpahing saksi-saksi, jênênge, ngumure, pangupajiwane, omah utawa padunungane, tuwin jênêng umur pangupajiwa omah utawa padunungane wong, kang padha kapariksa kapundhut katêrangane, apadene aturan lan pratela ijoan, kang katur ana [a...]

--- 339 ---

[...na] ing paseban nalika ambênêri prakara, anyêbutna pamacaning layang-layang, pamikiring lurah jêksa, pirêmbuging wadananing pangulu, lan kadadeyaning pangrêmbug. (I.R. 245, 247, 249, 256, 266, 279, 282, 312, 315, 419.)

Layang pratela mau bakal katandhanan tangan dening presidhèn, lan dening ghrivir.

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 191, iku tumrap ing bab nandhani tangan layang pratela mau. (R.O. 7, 29, 43, 63, 92-I.R. 190, 255, 310, 317d-Bijbl. No. 1006, 1894, 359.)

Bab 315

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 314, sarta kang kasêbut ing bab liyane sajroning prakara iki, ingatasing lurah jêksa lan wadananing pangulu, iku iya tumrap marang para jêksa lan para pangulu, tuwin para santri utawa wong kang padha urun rêmbug liyane, kang padha milu seba ing panggonane landrat ambêbênêri prakara, kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 7. (I.R. 344.)

________

--- 340 ---

Bêbageyan Kaping Papat. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab Angêsahake Layang Karampungan, ing Prakara Kadurjanan, kang Dadi Bubuhane Landrat. (I.R. 394.)

Bab 316

Sarupaning layang karampungane landrat kang pamungkas, amasthi nganggo kaêsahake marang bêbênêran luhur, kajaba layang karampungan kang muni angluputake saka ing paukuman marang wong kang dinakwa amarga dosane ora kayêktèn, iku ora susah kaêsahake. (R.O. 97, 169-I.R. 303-Stbl. 1871, No. 39-1872, No. 131,-Bijbl. No. 2086.)

Bab 317.

Yèn kang dinakwa andarbèni panyuwun supayane prakarane kaêsahna ana ing babênêran luhur kang dinakwa mau ing sajroning salikur dina lawas-lawase wiwit dina wêtune layang karampungan, kudu angaturake kang dadi panuwune iku, linakonan dhewe utawa lantaran kang kinuwasakake, [kinuwa...]

--- 341 ---

[...sakake,] marang ghriviring landrat kang andhawuhake karampungan mau.

Mungguh paturan iku mau bakal katulis tanpa wragad, ana ing layang pemutan kang pancèn kanggo ginawe anulisi sakèhing paturan, sarta katandhan dening ghrivir lan kang andarbeni paturan. Dene yèn kang duwe paturan mau ora bisa nulis, ghrivir kudu anyêbutake sarta amratelakake nalare ana ing layang pemutan iku. (I.R. 312, 317b, 318, 423, 430-Stbl. 1872, No. 131.)

Bab 317a

Yèn kang dinakwa kasimpên ana ing kunjara ghrivir utawa manawa ghrivir mau sarta kang kabênêr sasulihe ora ana ing panggonan kono sawijining priyayi kang pinatah dening kang nyêkêl pangawasa ing nagara kono wajib anêkani kang dinakwa sarta apitakon, dhèwèke apa ora anduwèni panyuwun supayane prakarane kaêsahna ana ing pangadilan luhur, patrap mêngkono iku salikur dina saka wêtuning tuwin dhawuhing karampungan utawa manawa kang dinakwa anduwèni panuwun têkane ghrivir tuwin kang pinatah mau. (I.R. 310, 312, 430.)

--- 342 ---

Bab kang dilakoni ghrivir utawa sasulihe sarta bab atur wangsulane kang dinakwa bakal tumuli kagawèkake layang sarta katandhan dening ghrivir utawa sasulihe lan kang dinakwa manawa wong iku bisa anulis.

Layang iki bakal kalêbokake ana ing layang pemutan, dening ghrivir sarta banjur katunggalake karo sakèhing layang praboting prakara iku. (I.R. 317d, 427-Stbl. 1872, No. 131-Bijbl. No. 2698.)

Bab 317b

Priyayine opênbar ministèri ingatasing pangadilan kang andhawuhake layange karampungan, uga wênang andarbèni paturan kaya kang kasêbut ing bab ping 317. (Bijbl. No. 2628.)

Ada-adane ôngka loro ing bab ping 317, mau uga tumrap ingatasing paturan iki.

Priyayining opênbar ministèri wajib tumuli akon awèh wêruh kang dadi paturane mau marang kang dinakwa. (I.R. 318, 428-Stbl. 1872, No. 131.)

Bab 317c

Yèn wêwangên kang katamtokake mau wus kaliwat,

--- 343 ---

ora ana kang duwèni paturan anyuwun êsahing prakarane marang pangadilan luhur layang karampungan kang wus dhinawuhake mau bakal kaanggêp yèn wus kaandhêman, lan wis ora kêna kaowahan.

Sabanjure ghrivir kudu anglêbokake ana ing sakèhing layang praboting prakara iku sawijning layang nganggo tinandhan dening dhèwèke kang amratelakake manawa wangên salikur dina mau wus kaliwat tanpa ana nalare. (I.R. 317, 317d, 320, 327, 408, 427-Bijbl. 3276, 3277-Stbl. 1872, No. 131.)

Bab 317d

Ing sajroning wêwangên wolu likur dina kaetung wiwit wêtune layang karampungan, barêng karo lumadine sakèhing layang praboting prakarane layang prosès perbaling pasamuane pangadilan sarta turunane layang paturan anyuwun êsahing prakara mau utawa layang kang kasêbut ing ada-adane pungkasan ing bab ping 317a, para ghrivir ing landrat kudu anyaosake marang pangadilan luhur babone sakèhing layang karampungan kang kasuwunake êsahe marang bêbênêran iku, dene ênggone [êng...]

--- 344 ---

[...gone] anyaosake mau alantaran residhèn. (I.R. 314, 317, 427, 430-Stbl. 1854, No. 39-1872, No. 131 en, 175-Bijbl. No. 1894, 3276.)

Bab 318

Ing sajroning wêwangên patbêlas dina yèn kang anyaosake layang paturan mau kang dinakwa kaetung wiwit dina titi mangsane layang paturan iku, sarta yèn kang anyaosake layang paturan mau priyayining opênbar ministèri kaetung wiwit dina nalika anyumurupake kang dadi karêpe marang kang dinakwa. (I.R. 315, 317, 317b. 430-Stbl. 1872, No. 131.)

Bab 319

Ing samôngsa layang arès ingatase karampungan wus katampan marang landrat alantaran residhèn, presidhèn anyurupna marang wong kang ginugat, utawa akon anyurupna dening ghriviring landrat, yèn wus kasurupake, kapemutana ing layang karampungane. (I.R. 313, 320, 395-Stbl. 1872, No. 175.)

--- 345 ---

Bêbageyan Kalima. (Stbl. 1885, No. 81.)

Bab Anindakake Layang Karampungan, ing Prakara Kadurjanan, kang Dadi Bubuhane Landrat. (I.R. 341, 367, 382.)

Bab 320

Tumindaking layang karampungan mêtu saka ing residhèn, utawa saka dhawuhe residhèn. Dene ênggone anindakake ing samôngsa layang karampungan iku wis ora kêna kaowahan utawa sawuse layang karampungan pamungkas iku kasurupake marang wong kang dinakwa nganggo anitènana pranatan kang kasêbut ing bab ngisor iki. (I.R. 317c, 319, 321, 324, 394-Stbl. 1847, No. 28-1872, No. 131-Bijbl. No. 129, 2641, 3276, 3277.)

Yèn ing layang karampungan utawa karampungan pamungkas muni parentah angluwari wong kang kinunjara parentah iku kudu kaèstokake sanalika, kajaba yèn ana sabab liyane wong kang dinakwa kudu lêstari kasimpên ing kunjara. (I.R. 303-Stbl. 1872, No. 131)

Bab 321

Layang karampungan kang muni amatrapi salah sijining paukuman, [pau...]

--- 346 ---

[...kuman,] kang ginantungake ana ing ôngka sapisan tumêkane ôngka papat ing bab ping 5, ing layang anggêr bab paukuman ingatase para wong Jawa sapêpadhane ora kêna tinindakake sajroning patbêlas dina sawuse layang karampungan mau têtêp ora kaunggahake marang pangadilan liyane utawa sawuse layang karampungan iku kasurupake marang wong kang dinakwa kaya kang kasêbut ing bab ping 319. (Stbl. 1851, No. 29-1872, No. 131.)

Mangkono uga tumindaking layang arès, kang muni patrapan paukuman liyane, kang marang kadurjanan, ananging samono iku amung yèn wong kang kabênêr katrap duwe panjaluk anyarèhake. (I.R. 320, 322-StdlStbl.. 1872, No. 131-Bijbl. No. 2565.)

Bab 322

Ing sajrone wêwangên patbêlas dina kang wus kasêbut ing dhuwur mau, wong kang kabênêr katrap kêna angaturake utawa akon ngaturake layang marang ghriviring landrat, muni anyuwun pangapura, ananging ora nganggo katingkêm. Ghrivir amemutana dina kature, ngiras ana ing layang mau, banjur angirimna tumuli marang residhèn.

--- 347 ---

Katuring layang anjaluk pangapura mau, anyumênèkake tumindaking layang karampungan. (Stbl. 1851, No. 29.)

Residhèn angirimna layang mau marang bêbênêran luhur, akanthia pirêmbuge, apadene layang kang anggêpok prakarane. Bêbênêran luhur sawuse amariksani ature prokurur jendral, nuli ambanjurake layang mau katur marang kangjêng tuwan guphrênur jendral, akanthi pamikir lan pirêmbuge, kasumanggakake kang dadi kêkancingane. (I.R. 397, 423-Bijbl. No. 968, 1260, 1331, 2565, 3074, 3361.)

Bab 323

Mungguh paukuman sêkhavot lan paukuman gitik kalawan panjalin, kang kabênêr tumiba marang kadurjanan, iku kaêtrapna ana ing panggonan omahing landrat, kang anibakake karampungan, nganggo kajênêngan ing residhèn. Utawa ing priyayi liyane, êndi kang tinuduh dening residhèn, samono iku kajaba kang katamtokake muni ing bab ping 311. (Stbl. 1866, No. 15.)

Priyayi kang anjênêngi nalika ngêtrapake paukuman mau amratelakna ana sangisoring layang arès, sarta [sar...]

--- 348 ---

[...ta] ditandhanana tangan, yèn paukumane wus kaêtrapake ing sabênêre, nganggo amratelakna dinane nalika angêtrapake. (Stbl. 1872, No. 131.)

Bab 324

Ukuman kinirim nyang panggonan pambuwangan, utawa ukuman nyambut gawe paksa nganggo utawa ora kalung rante ora kêna katindakake, yèn gêgêbêngane prakara kang mêsthi, kangjêng tuwan kang wicaksana guphrênur jendral durung namtokake panggonane, ing êndi mêsthine binuwang.

Bab 325

Saupama ana wong, kang maune wus kabênêr katrap ing paukuman kunjara, utawa ing paukuman kang luwih abot. Môngka ing sadurunge anglakoni paukuman kasêbut ing layang karampungan kang dhisik, kabênêr katrap manèh ing paukuman kaya mangkono mau, iku mungguh angêtrapake paukumane manuta pranatan kang kasêbut ing ngisor iki, samono iku, yèn ing nalika bakal angêtrapake, paukumane kang dhisik durung kadaluawarsa. (I.R. 408.)

--- 349 ---

Aliya saka kang kasêbut ing bab ping 306, yèn sajroning layang karampungan kang tibane sarênti, padha muni patrapan paukuman sakhavot, utawa paukuman gitik kalawan panjalin, iku ênggone angêtrapake marang wong kang kabênêr katrap mung paukuman salah sawiji bae, êndi kang abot dhewe, utawa yèn paukumane padha abote, iya salah sawiji bae kang diêtrapake, dene kang liya sirna. (Stbl. 1866. No.15.)

Anadene paukuman liyane, yèn sarênti, môngka durung dilakoni, iku amasthi kaêtrapake kabèh, wiwit saka kang abot dhewe. (I.R. 305.)

Bab 326

Mungguh angitung wangêning paukuman, kang ginawe anggêr, sabên sadina patlikur êjam, sabên sasasi têlung puluh dina. (Bijbl. No. 3277)

Bab 327

Mungguh panjinge wangêning paukuman ingatase wong kang wus kabênêr katrap, kang ana ing kunjara, wiwite ngitung ing dina nalika têtêping patrapan, kang muni ing karampungan, [karampung...]

--- 350 ---

[...an,] dene yèn ora ana ing kunjara, wiwite ngitung ing dina nalika anindakake karampungan. (I.R. 317c, 320-Stbl. 1853, No. 95.)

Bab 328

Sakèhing layang karampungan, kang muni patrapan dhêndha uwang lan ambayar wragad, kêna katindakake kawêtokake saking rajadarbèking wong kang kabênêr katrap, laku-lakune padha uga lan anindakake karampungan ing prakara parapadu. (I.R. 201, 331, 333, 415.)

Bab 329

Priyayi nyêkêl bêbênêran anamtokna sajroning layang karampungan, kang muni patrapan dhêndha uwang, mungguh lawase kênane angunjara wong kang kabênêr katrap, yèn ora angrupakake dhêndhane.

Anadene kênane angunjara utawa angêtrapake ing gawe tanpa karante marang wong kang ora bisa utawa ora gêlêm angrumpakake dhêndhan, lawase awatona kèh sathithiking dhêndhan kang durung rupa, yèn kang durung rupa rongatus rupiyah, lawas-lawase sasasi,

--- 351 ---

ananging sanajan dhêndhan kang durung rupa mau luwih saka ing rongatus rupiyah sapandhuwur, lawase ora kêna luwih saka ing têlung taun. (I.R. 107, 117, 206, 317—Stbl. 1858 No. 17,-1874 No. 251.)

Dene ênggone angunjara utawa ngêtrapake ing gawe marang wong mau, anaa ing panggonane andhawuhake patrapan, samono iku kajaba laku-laku liyane, kang wus katamtokake utawa bakal katamtokake ana ing layang pranatan, ing bab angunjara utawa angêtrapake ing gawe marang wong. (Stbl. 1883 No. 280-Bijbl. No. 2328.)

Bab 330

Mungguh angêtrapake pangunjara lan angêtrapake ing gawe marang wong, ing prakara kang ginantungan paukuman, padha uga karo kang wus katamtokake ing bab pangunjara ing prakara parapadu. (I.R. 209, 428.)

Bab 331

Yèn wong kabênêr katrap wus angrupakake uwang dhêndhane, lan wragade angêtrapake pangunjara utawa angêtrapake gawe, amasthi diluwari.

--- 352 ---

Ananging sanajan pangunjara utawa gawe iku wus kaêtrapake, patrapane uwang dhêndhan wênang kawêtokake saking rajadarbèke wong kang wus kabênêr katrap, rajadarbèk kang têmbe bakal kaduwe ing dhèwèke, samono iku anitènana pranatan bab kadaluwarsaning paukuman. (I.R. 214, 218, 328, 404.)

Bab 332

Barang kang kabêskup, lan patrapan uwang dhêndhan, apadene wragading prakara, iku dadi kagungane kangjêng guphrêmèn, kajaba manawa kaanggêran seje kasêbut ing layang pranatan liyane. (R.O. 192-Stblt. 1887 No. 106.)

Dene panduman uwang dhêndhan utawa barang bêskupan, kang dadi bubuhane para priyayi utawa wong liyane, ing samôngsa dhêndhan lan barang bêskupan iku wus katur kangjêng guphrêmèn, banjur pandumane kaparingake marang priyayi utawa wong liyane mau, kaya kang wus katamtokake ana ing layang pranatan. (R.O. 59-I.R.417-Stbl. 1833 No. 56,-1835,-No. 38,-1837 No. 34,-1842 No. 10, 38, 47,-1853 No. 73, -1858 No. 17,-1870 No. 136,-1874 No. 106,-1876 No. 51, 210,-1878 No. 40,-1882 No. 240, 282,-1890 No. 149,-Bijbl. No. 1083, 2702.)

--- 353 ---

Bab 333

Sarupaning wong, kang bêbarêngan ginugat marang bêbênêran, ing bab panggawe kang nunggal saprakara, môngka padha katêtêpake dosa, iku sawiji-wijine kêna kajibahake nyôngga wragade kabèh, têrange, yèn ana salah sawiji kang ora ngrupakake bubuhane wragad mau, iku rinupakna dening panunggalane. (I.R. 328, 400.)

________

Prakara Kaping Rolas.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran ing Prakara Panêraking Parentah, kang Dadi Bubuhane Para Landrat.

Bêbageyan kang Kapisan.

Bab Papriksan Ana ing Paseban Nalika Ambêbênêri Prakara, lan Bab Pangrêmbuging Prakara, Apadene Bab Karampungan.

Bab 334

Yèn karampungane bêbênêran kabupatèn ing prakara

--- 354 ---

kang ginantungan paukuman, durung andadèkake panarimane kang ginugat, kaulurake munggah marang landrat, lurah jêksa angundanga marang kang ginugat, kapuriha têka ing dina paseban, kang katamtokake dening presidhèning landrat, apadene saksi-saksine, samono iku yèn ana prêlune, amariksani manèh marang saksi-saksi mau.

Karo dening manèh kêna angundang saksi anyar. (R.O. 83-I.R. 120, 344.)

Bab 335

Tumêkane ing dina paseban kang katamtokake mau, landrat amariksanana manèh prakarane.

Ghrivir angunèkna karampungane bêbênêran kabupatèn, tuwin layang-layang ing bab panggarap lan pamariksaning prakarane, apa ing saanane. (I.R. 121, 124.)

Anadene laku-lakune ing pamariksa lan pangrêmbuge tuwin ênggone angrampungi prakarane, manuta pranatan kang kasêbut ing prakara kaping rolas iki. (I.R. 337, 341, 410)

Bab 336

Sajroning pitung dina, sawuse landrat anibakake [anibaka...]

--- 355 ---

[...ke] bêbênêran, presidhène awèha wêruh marang bupati kang dadi karampungane ing prakara kang kaulurake mau, sarana angirimake têturunaning layang karampungane. (I.R. 122, 430.)

Bab 337

Yèn prakara kang kaulurake mau bab panêraking parentah, kaya kang kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 95, lurah jêksa sadurunge nyêrêg kang ginugat, duwea panjaluk marang presidhèning landrat, anamtokake dinane bakal panggaraping prakara ana ing paseban, lan amatês lawasing longkange saking bakal tibaning sêrêgan marang wong kang ginugat, tumêka ing sebane marang bêbênêran. (I.R. 344, 430.)

Mungguh anamtokake dina bakal panggaraping prakara, lan amatês lawasing antarane saking tibaning sêrêgan marang wong kang ginugat, tumêka ing sebane marang bêbênêran, presidhèn angudakaraa adoh cêdhaking omahe utawa padunungane kang ginugat, tuwin omahing saksi-saksi kang bakal kaundang, saka ing karajaning landrat. (I.R. 83.)

--- 356 ---

Bab 338

Samôngsa presidhèn wus anamtokake dina bakal pasebane ambêbênêri prakara, lurah jêksa amêtokna layang parentah sêrêgan, munia pratelane panêraking parentah, tuwin dina lan wayahe bakal sebane kang ginugat marang landrat.

Priyayi kori angulungna têturunane layang parentah sêrêgan mau marang kang ginugat, utawa kapasrahna marang omahe, utawa marang padunungane, ênggone ngulungake utawa amasrahake iku kasêbutna ana sangisoring babone layang parentah sêrêgan, sawuse mangkono, baboning layang parentah sêrêgan mau kabalèkna manèh marang lurah jêksa. (I.R. 337, 344, 428.)

Bab 339

Yèn kang ginugat ora têka ing dina paseban kang wus katamtokake, landrat atiti pariksaa, apa kang ginugat wus kasêrêg kaya adat apa ora.

Saupama ora kasêrêg kaya adat, presidhèn awèha parentah anyêrêg kaya adat, kapurih têkaa

--- 357 ---

ing dina paseban kang bakal katamtokake dening presidhèn mau.

Manawa kang ginugat wus kaundang kaya adat, môngka ora têka, landrat banjur amariksanana lan angrampungana prakarane. (I.R. 350.)

Samôngsa landrat anibakake patrapan, presidhène awèha parentah, angulungake marang wong kang ginugat, utawa amasrahake ing omahe, têturunaning layang karampungan, kang tumiba ing nalika anglèse. (I.R. 132, 351.)

Karampungan kang tumiba marang wong ginugat anglès mau kênane kapopo dening kang kabênêr katrap, mung sarana kaulurake manèh, samono iku yèn karampungane kêna kaulurake, dene yèn ora kêna kaulurake, kênane kapopo mung sarana kajaluk batale. (R.O. 96, 172,-I.R. 343, 345, 352.)

Bab 340

Kang ginugat kêna agawe wakil wong siji, kamot ing layang ginawe dening notaris, utawa dening ghriviring landrat, kapurih têka ing paseban nalika ambêbênêri [ambêbê...]

--- 358 ---

[...nêri] prakara, kajaba yèn landrat awèh parentah marang kang ginugat, kapurih têka dhewe.

Sanajan kang ginugat têka dhewe ing paseban nalika ambêbênêri prakara, iya uga kêna anggawa wong siji, kang mitulungi atur panangkis. (I.R. 349.)

Bab 341

Mungguh laku-lakuning papriksan ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, lan pangrêmbuge, tuwin karampungane, apadene tibaning bêbênêran, manuta kang katamtokake ing prakara kaping sawêlas, pranatane kang kasêbut ing kono kabèh, dalasan bab anindakake karampungan, iku padha kaênuta, sapira kang kêna tumrap marang prakara bab panêraking kaparentah. (I.R. 241, 282, 320, 367, 410.)

Bab 342

Mungguh pamariksa lan panggaraping prakara, tatane kayaa kang kasêbut ing ngisor iki.

Layang-layange pratela, lan layang-layang palapurane yèn ana, ing saanane padha kawacaa dening lurah jêksa, [jê...]

--- 359 ---

[...ksa,] sarta lurah jêksa amratelakna prakara lan panjaluke. (I.R. 245, 249, 344, 419.)

Saksi-saksine kapariksanana ature, kang angêbotake prakarane kang ginugat, utawa kang angluwarake saka ing panggugat. (I.R. 250, 256.)

Sakèhe kang dadi nyina, utawa kang andadèkake luwar saka ing paukuman, katuduhna marang para saksi, lan marang kang ginugat. (I.R. 272.)

Yèn kang ginugat ana, kapariksaa ature, sarta kapuriha amratelakake utawa akon mratelakake atur panangkise. (I.R. 247, 279.)

Sawuse mangkono banjur rinêmbug, sarta nuli tinibakake karampungane. (I.R. 281, 309)

Bab 343

Yèn ing prakara kang ora kêna kaulurake marang rad van yustisi, kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 96 ôngka 2, landrat kêna anamtokake sajroning layang karampungan, yèn ingatase uwang dhêndhan, sanajan kajaluka batale, karampungane [kara...]

--- 360 ---

[...mpungane] wênang katindakake dhisik. (I.R. 339, 367.)

Bab 344

Mungguh kang katamtokake sajroning prakara iki, ing bab lurah jêksa, iku iya tumrap marang para jêksa, kang padha milu seba ana ing landrat. (I.R. 315.)

_______

Bêbageyan Kaping Pindho.

Bab Angulurake Prakara Panêraking Parentah, kang Dadi Bubuhane Landrat.

Bab 345

Sarupaning karampungan, kang dudu karampungan pamungkas, kênane kaulurake mung barêng lan pangarêping prakara.

Bab 346

Ingatase prakara, kang kêna kaulurake marang rad van yustisi, môngka lurah jêksa utawa wong kang ginugat nêdya angulurake, iku lawase ing sajroning

--- 361 ---

têlung Ngahad sawuse tibaning bêbênêran, awèha layang aturan marang ghriviring landrat, kang anibakake karampungane, yèn ora mangkono amasthi ebra. Ghrivir amemutana layang aturan mau ana ing êbuk, kang pancèn ginawe pemutaning prakara kang kaulurake. (R.O. 95,-I.R. 312, 359.)

Fiskaling rad van yustisi, kang ambawahake panggonan tibaning karampungan, iya kêna angulurake prakara ing sajroning wangên kang wus kasêbut ing dhuwur mau. (I.R. 430,-Bijbl No. 1295)

Amurih fiskaling rad van yustisi kêna ngulurake prakara, sawuse layang karampungan katandhanan tangan, ghriviring landrat awèha têturunan kang êsah saking layang karampungan iku marang fiskal mau, ghrivir anuruna layang panjaluking fiskal ana ing êbuk, iku minôngka pemutane panguluring prakara. (I.R. 313, 426,-Bijbl. No. 588.)

Wong kang ginugat yèn nêdya ngulurake prakarane, kêna akon mèmuti dhewe marang ghivir, utawa awakil wong siji, kamot ing layang kang êsah. (I.R. 359.)

Salawase panguluring prakara isih gumantung, tumindaking karampungan kandhêg. (I.R. 339, 430.)

--- 362 ---

Bab 347.

Ing sajrone patbêlas dina sawuse amèmuti panguluring prakara, ghriviring landrat angirimna sakèhing layang bab pamariksa lan panggaraping prakara, akanthi layang pratela nalikane paseban ambêbênêri prakara, lan têturunaning layang karampungan, tuwin têturunaning layang panguluring prakara marang kantore ghriviring rad van yustisi. (R.O. 66,-I.R. 427,-Bijbl. No. 1272.)

Bab 348

Ing sajroning wangên kasêbut ing bab ping 347 mau, wong kang ngulurake prakara kêna angaturna layang marang rad van yustisi amratelakake sababe angulurake prakara.

Layang mau amasthi katandhanan tangan dening kang ngulurake prakara, sarta bakal katunggalake karo layang-layang liyane, sarta kêna kapariksa dening lêlawanane, dene lêlawanane iku wênang angaturake wangsulan layang, ananging katuring wangsulan layang iku ora wênang angrandhatake rampunging prakara.

Layang kang kaaturake dening kang ngulurake prakara,

--- 363 ---

utawa dening lêlawanane, yèn ora katandhanan tangan dhewe, kêna katandhanan tangan dening prokururing rad van yustisi. (I.R. 318, 361.)

Bab 349

wong kang ginugat, sawuse katiban layang sêrêgane fiskaling rad van yustisi, kapurih tumêka ing pasebaning rad van yustisi nalika ambêbênêri prakara, kêna tumêka dhewe, utawa wakil marang prokurur, kamot ing layang ginawe dening notaris, utawa dening ghriviring landrat, utawa dening ghriviring rad yustisi.

Karo dening manèh wong kang ginugat mau, sanajan tumêkaa dhewe ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, kêna akon mitulungi marang prokurur. (I.R. 340.)

Bab 350

Yèn wong kang ginugat wus kaundang kaya adat, môngka ora tumêka ing paseban nalika ambêbênêri prakara, utawa ora awèh wakil, bêbênêran banjur anêtêpake anglèse, sarta banjur amariksani lan angrampungi prakarane.

--- 364 ---

Sawuse angulurake prakara, môngka wong kang ginugat kabêner katrap, ing nalika anglèse, kênane mopo marang karampungane mung sarana anjaluk kabatalake. (I.R. 339, 349, 359.)

Bab 351

Pangiriming sarupaning layang karampungan, kang tumiba ing prakara kang kaulurake, marang priyayi bêkêl bêbênêran, kang anibakake bêbênêran dhisik, adalana residhèn. Presidhèning landrat sawuse anampani layang karampungan mau, anindakna kaya kang katamtokake ing bab ping 197.

Dene sarupaning karampungan, ingatase prakara kang kaulurake, yèn tumiba marang wong anglès, presidhèning ladrat awèha parentah angulungake têturunaning karampungan marang kang anglès mau, utawa masrahake marang omahe, utawa marang padunungane. (I.R. 319, 339, 350, 359, 365, 428.)

_________

Bêbageyan Kaping Pitu.

Bab Anjaluk Bataling Karampungan, ing Prakara Panêraking [Pa ...]

--- 365 ---

[...nêraking] Parentah, kang Dadi Bubuhane Landrat.

Bab 352

Sarupaning karampungane landrat kang pamungkas, ing prakara panêraking parentah, kang jujuge pancèn munggah marang bêbênêrane, kang ora kêna kaulurake marang rad van yustisi, apadene sarupaning karampunganing rad van yustisi, kang tumiba ing prakara panêraking parentah, kang kaulurake marang bêbênêrane, iku yèn kalêbu ing nalar kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 171, kêna kajaluk batale munggah marang bêbênêran luhur, nganggo anitènana pranatan kang katamtokake ing ngisor iki kabèh. (R.O. 95, 127, 172, 176,-I.R. 198, 339, 359, 362.)

Bab 353

Saupama wong ginugat kabênêr katrap, môngka sajroning pamariksa lan panggaraping prakarane, utawa sajroning layang karampungane, ana laku-lakune kang tinêrak utawa tininggal, kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake

--- 366 ---

bêbênêran ginawe tanpa dadi, panêrak utawa paninggaling laku-laku mau yèn ana panjaluke wong kang kabênêr katrap, utawa panjaluking fiskaling ênggon bêbênêran kang anibakake karampungan, kêna dadi gêgaran bataling karampungan, lan sakèhe kang lumadi sadurunge tibaning karampungan, wiwit kaitung saka ing laku-laku kang wiwitan tanpa dadi.

Mangkono uga yèn kaliru ênggone ngêtrapake khukum, utawa yèn anêrak khukum, apadene yèn nyahak pangawasaning bêbênêran, tuwin yèn prakarane ora kalêbu ing wêwênange, iku iya kêna dadi gêgaran bataling karampungan. (I.R. 352-R.O. 28, 31, 173.)

Bab 354

Saupama wong kang ginugat linuwarake saking pamburuning bêbênêran, amarga panggawe kang ginugatake dudu kadurjanan dudu panêraking parentah, ananging ênggone angluwarake mau ora bênêr, iku fiskaling ênggon bêbênêran kang anibakake karampungan, kêna anjaluk bataling karampungane. (I.R. 304, 356.)

--- 367 ---

Bab 355

Yèn kang dadi gêgaran bataling karampungan mau awit dening paukuman marang panggawe kang linakon seje karo kang ginantungake kasêbut ing khukum, iku bataling karampungan kêna kajaluk dening fiskaling ênggon bêbênêran kang anibakake karampungan, utawa dening wong kang kabênêr katrap. (I.R. 305, 356.)

Bab 356

Yèn ana nalar kang kasêbut ing bab ping 354 lan bab ping 355, môngka panggaraping prakarane ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara ora anêtêpi laku-lakune kang wus dadi adat, iku wong kang ginugat kêna anjaluk bataling karampungan ing sanalika, ora susah akon amèmuti ênggone nêdya anjaluk bataling karampungane mau. (I.R. 359.)

Bab 357

Saupama paukuman kang kabênêr kaêtrapake marang panggawe kang linakonan, anêtêpi karo kang kasêbut ing khukum, ingatase panggawe iku, wong kang

--- 368 ---

kabênêr katrap, utawa fiskaling ênggon bêbênêran, kang anibakake karampungan, ora kêna anjaluk bataling karampungan, agêgaran kaluputaning priyayi nyêkêl bêbênêran, ênggone anyêbutake khukume. (I.R. 355.)

Bab 358

Saupama wong kang ginugat linuputake ing paukuman wus êsah lan khukume, amarga dening dosane ora kayêktèn, ananging ana lupute ing laku-lakuning bêbênêran sapêpadhane, iku bataling karampungan mung kêna kajaluk dening prokurur jendraling bêbênêran luhur, amurih lastari têtêping khukum, dadi ora agawe pitunaning wong kang wus linuputake ing paukuman mau. (R.O. 170, 175-I.R. 303, 398.)

Bab 359

Wong kang nêdya anjaluk bataling karampungan amemutana panjaluke iku, lungse-lungsene ing têlung dinane sawuse tibaning karampungan, dene ênggone mèmuti mau ana ing kantore ghriviring ênggon bêbênêran, kang anibakake karampungan sarta tanpa [ta...]

--- 369 ---

[...npa] prabeya, pemutane nganggoa katandhanan tangan dening wong kang anjaluk bataling karampungan, sarta dening ghrivir.

Dene yèn karampungan kang tumiba marang wong ginugat anglès, môngka nêdya kajaluk batale dening wong kang kabênêr katrap, ênggone mèmuti panjaluke iku kalakona sajroning patbêlas dina sawuse têturunaning layang karampungan kaulungake marang kang anglès mau, utawa kapasrahake marang omahe, utawa marang padunungane. (I.R. 350.)

Wong kang kabênêr katrap utawa kalah kêna wakil marang sawijining wong, kapurih mèmuti panjaluke ambatalake karampungan, ênggone awèh pangawasa marang wakil iku kamota ing layang kang êsah. (I.R. 346.)

Saupama wong kang duwe panjaluk ambatalake karampungan ora bisa anandhani tangan, iku ghrivir amratelakna ing pemutane. (I.R. 198, 346, 350, 361, 367, 430.)

Bab 360.

Yèn fiskal kang anjaluk bataling karampungan, turunaning pemutan amasthi kaulungake marang lêlawanane,

--- 370 ---

utawa kapasrahake marang omahe, utawa marang padunungane. (I.R. 359, 362.)

Bab 361

Wong kang kabênêr katrap ing nalika amèmuti mau, utawa sajroning sapuluh dinane manèh, kêna ngaturake utawa akon ngaturake layang dening prokurur marang kantore ghriviring ênggon bêbênêran, kang anibakake karampungan, munia sababe ênggone anjaluk bataling karampungan.

Ghrivir awèha layang pratôndha marang wong kang anjaluk bataling karampungan mau, muni yèn wus anampani layange. (I.R. 318, 348, 359, 362, 430.)

Bab 362

Yèn fiskal anjaluk bataling karampungan, wajib angaturake layang, muni sababe anjaluk bataling karampungan, patrape anjaluk lan wêwangêning dina kayaa kang wus kasêbut ing bab ping 361 mau.

Saupama kainan, ora ngaturake layang kang muni sabab mau, môngka lêlawanane duwe panjaluk angebrakake, iku panjaluking fiskal ing bab bataling

--- 371 ---

karampungan mau ebra, kajaba yèn bêbênêran luhur parêng anginahi manèh ing sawêtara marang fiskal, ênggone ngaturake layang mau. (I.R. 363.)

Bab 363

Saupama wong kang kabênêr katrap wus angaturake layang kang kasêbut ing bab ping 361, ing sajroning sapuluh dina sawuse kalakon wêwangên kang kasêbut ing bab ping 361 mau fiskal kêna ngaturake layang panglawan.

Yèn fiskal wus angaturake layang, kaya kang kasêbukkasêbut ing bab ping 362 mau, wong kang ginugat iya wênang ngaturake layang panglawan. (I.R. 362, 364, 430.)

Bab 364

Sajroning têlung dina sawuse kaliwat wêwangênaning dina katuring layang, ghrivir angirimna marang ghriviring bêbênêran luhur sarupaning layang bab pamariksa lan panggaraping prakara, tuwin layang pratela nalika paseban ambêbênêri prakara, anadene layang-layang kang wus kaaturake dening kang prakaranan, sarta têturunaning karampungan [karampunga...]

--- 372 ---

[...n] kang êsah, kabèh iku kaprincia kaya kamot ing layang, panggawening layang pamrinci iku tanpa prabeya. (I.R. 361, 427, 430.)

Bab 365

Pangiriming layang arès ingatase karampungane sawiji-wijining landrat marang presidhèning landrat iku, adalana residhèn. (I.R. 319, 351.)

Bab 366

Sarupaning layang arès pambatal bakal katurun ana ing êbuking ênggon bêbênêran, kang karampungane binatalake dening bêbênêran luhur, mungguh panurune iku kasêbutna ana ing pinggiring babon layang karampungan kang binatalake. (R.O. 55.)

________

Bêbageyan kang Kaping Pat.

Bab Anindakake Layang Karampungan, ing Prakara Panêraking Parentah, kang Dadi Bubuhane Landrat.

Bab 367

Salawase durung kaliwat wêwangêning dina memutake

--- 373 ---

bab anjaluk bataling karampungan, utawa yèn anjaluk bataling karampungan, bêbênêran luhur durung gawe karampungan pamungkas, sarupaning karampungan ing prakara panêraking parentah, kang ora kêna kaluhurake manèh, iku ora kêna katindakake, samono iku kajaba ing bab patrapan dhêndha, manawa sajroning karampungan nganggo katamtokake, sanajan karampungane kajaluka batale, iya uga kêna katindakake dhisik. (I.R. 320, 343, 352, 359.)

Wasana pranatan kang kasêbut ing prakara kaping sawêlas, ing bab anindakake karampungan ing prakara kang ginantungan paukuman, iku iya amasthi diênut, yèn anindakake karampungan ing prakara panêraking parentah, sapira kang kêna tumrap marang tumindake. (I.R. 341.)

________

Prakara Kaping Têlulas.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran Bubuhaning Residhèn, ing Prakara kang Rinampungan Muni Ana Ing Layang Polisi Rol.

Bab 368

Para residhèn ing sakêna-kênane sajroning pitung dina

--- 374 ---

pindho, nganggo kapasthi dinane, bakal anggarap sarta angrampungi prakara, kang dadi bubuhane, kasêbut ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake bêbênêran, ing bab ping 110, mungguh residhèn ing Bêtawi, kajaba saka ing iku, bubuhane anggarap lan angrampungi prakara, kasêbut ing layang pranatan mau, ing bab ping 88. (R.O. 95,-I.R. 84, 89,-Stbl. 1836, No. 19,-1865, No. 94,-1874, No. 33 en 251,-1876, No. 74 en 298,-Bijbl. No. 1612, 1792, 1902, 2165)

Bab 369

Prakara iku mau kabèh katulisana dening lurah jêksa ana ing êbuk, kang wus lumrah kasêbut ingaran polisi rol.

Ênggone anulisi munia jênênge kang ginugat, kira-kiraning umure, pangupajiwane, omahe, utawa padunungane, tuwin panêraking parentah kang ginugatake, apadene jênênging saksi-saksi kang wus kapariksanan ature, pangupajiwane, lan omahe, tuwin ature rêringkêsan bae. (R.O. 110,-I.R. 84, 370,-Stbl. 1876, No. 298.)

--- 375 ---

Bab 370

Yèn ana prêlune residhèn amariksanana saksi-saksi kang wus dipariksani ature, utawa saksi-saksine kang anyar, nganggo sumpah utawa ora, ananging wong kang ginugat amasthi dipariksani ature, sawuse mangkono, residhèn banjur anibakake bêbênêran ing sapanêmuning prakara. (I.R. 97, 118.)

Aturing saksi-saksi, lan pangakune utawa pamukire kang ginugat, padha kapemutana ana ing êbuk.

Yèn kang ginugat katêtêpake dosa, residhèn amatrapana paukuman kang urup karo dosane, ananging ênggone matrapi paukuman iku aja kongsi nyahak wêwênang, kang wus pinaringake kasêbut ing anggêr ukum-ukuman. (Stbl. 1872, No. 111,-1876, No. 298.)

Karampungane residhèn kapemutana ana ing polisi rol, sarta nganggo katandhanan tangan dening residhèn. (R.O. 110, I.R. 84, 369, 410.)

Bab 371

Putusan iku mêsthi banjur katindakake, yèn ukumane dhêndha, lan kang didakwa iku mêsthi kaanggrak awit saka iku, dhèwèke mula ora kêna kalêbokake [kalêbo...]

--- 376 ---

[...kake] ing kunjara luwih lawas saka 6 dina suwene.

Bab 372

Dene pranatan kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, tumrape marang nalar muni ing bab ping 89, iku kaênuta dening para asistèn residhèn, lan dening para jêksa. (I.R. 315, 344.)

________

Prakara Kaping Patbêlas.

Bab Laku-lakuning Bêbênêran Bubuhane Bêbênêran Midêr. (R.O. 99, 113,-Stbl. 1879, No. 106, 141 en 299.)

Bab 373

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 241, prakara wêwênanging para landrat, iku iya kanggo tumrap marang sakèhing bêbênêran midêr. (I.R. 82.)

Bab 374

Presidhèn rad sambang kang anamtokake prakara kapriksa lan karampungan dening pangadilan.

--- 377 ---

Mungguh iku prêlu manut pranatan kasêbut ing sajroning perangan kapisan ing pangkat kang sawêlas bab karampunganing presidhèn landrad anamtokake priksaning prakara. (Stbl. 1885, No. 81.)

NB. Bab 375 dumugi 379, sampun kabucal kalayan sêtatsêblat taun 1885, ôngka 81.

Bab 380.

Priyayi nyêkêl bêbênêran midêr sadurunge tumêka ing sawijining paresidhenan, awèha wêruh kang talad marang residhèn mungguh urut-urute ênggone bakal ngrampungi prakara, supaya residhèn bisaa anêkakake saksi-saksine ing dina kang wus katamtokake, sarta supaya saksi-saksi iku aja kongsi kaandhêg tanpa gawe. (I.R. 83, 242.)

Bab 381

Aliya saka ing prakara, kang wus winêruhake dhisik dening residhèn, bêbênêran midêr iya uga bakal angrampungi prakara, kang lumadi ing sasuwene paseban, samono [sa...]

--- 378 ---

[...mono] iku yèn saksi-saksine, tuwin tôndha-tandhane bisa lumadi ora kasèp. (I.R. 374)

Bab 382

Mungguh pamariksaning prakara anaa ing paseban, pangrêmbuge, pamancase, sarta tibaning bêbênêran, tuwin tumindaking karampungan, iku kabèh laku-lakune kayaa kang katamtokake ing prakara ping sawêlas, sakèhing pranatan kang kasêbut ing prakara iku amasthi kaênuta kabèh, samono iku kajaba kang kasêbut ing bab ngisor iki. (I.R. 241, 282, 320, 410.)

Bab 383

Yèn ing nalar kasêbut ing bab ping 306, wong kang ginugat ginantungan paukuman pati, awit dening kadurjanan kang ginugatake ing wêkasan, paukuman pati iku iya uga bakal tinibakake ora nganggo ngitung paukuman kang maune wus kasandhang.

Bab 384

Saupama ing nalika kapariksa ana ing paseban têtela, yèn panggawe kang ginugatake pancèn dadi bubuhane [bu...]

--- 379 ---

[...buhane] landrat, bêbênêran midêr ora bakal akon marakake prakarane marang landrat, ananging dirampungana dhewe. (I.R. 308, 376, 378.)

Bab 385

Sakèhing karampungane bêbênêran midêr, kang muni angluputake saka ing paukuman, iya masthi kaêsahake marang bêbênêran luhur, dene wong ginugat kang linuputake saka ing paukuman, isiha kasimpên ing kunjara dhisik. (Stbl. 1871 No. 40.)

NB. Bab 386 dumugi 393, sampun kabucal kalayan sêtatsêblad taun 1871 ôngka 40.

Bab 394

Yèn paukuman pati kadhawuhake ana ing layang karampungan, môngka pasakitane utawa priyayine opênbar ministèri ora anyuwun unggahe karampungane mênyang ing pangadilan liyane, bêbênêran midêr tumuli kudu angaturake layang karampungan iku karo sakèhing layang prabote prakara mau, utawa sajroning wolu likur dina wiwit dina wêtune layang karampungan iku marang pangadilan luhur, kang banjur anyaosake [anyaosa...]

--- 380 ---

[...ke] sakèhing layang mau nganggo kêkanthenan pirêmbuge bab tumindaking layang karampungan mau, marang kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral. (Bijbl. No. 129)

Aliya saka iku unèn-unène bagiyan kaping têlu sasêbutan ôngka 11, tumrap ingatasing layang karampungane pangadilan midêr, samono iku nganggo katamtokake manawa pangiriming layang bakal mêtu saka priyayi kang nyêkêl bêbênêran midêr ora susah lantaran residhèn. (Stbl. 1872, No. 175, Bijbl. No. 3401.)

Mangkono uga pangiriming layang karampungan pamungkas marang priyayi kang nyêkêl bêbênêran midêr, ora susah lantaran residhèn. (I.R. 317, 351, 365,-Stbl. 1872, No. 131)

Bab 395

Kang nyêkêl bêbênêran midêr kudu angirimake sakèhing layang karampungan kang wus ora kaunggahake ing pangadilan liyane, utawa kang wus kaêsahake ing bêbênêran luhur karo layange karampungan pamungkas sawuse kalilan panindake utawa kapratelakake panggonane ênggone pasakitan kudu anglakoni paukuman, marang residhèn kang ambawahake nagara panggonane angrampungi prakara iku, supaya unine tumuli [tumu...]

--- 381 ---

[...li] kasurupna marang kang dinakwa sarta banjur kadhawuhna anindakake. (I.R. 320, 334, 394,-Stbl. 1872, No.131.)

Bab 396

Sawusing karampungan katindakake, layang karampungane lan layang arès kinirimake bali dening residhèn marang priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, priyayi nyêkêl bêbênêran midêr iku amuriha rumate layang karampungan lan layange arès mau karo layang-layang panunggalane, tunggala karo layang-layang liyane kang dadi sêsimpênane bêbênêran midêr. (I.R. 320, 323, 395.)

Bab 397

Mungguh aturing layang anyuwun pangapura, kasêbut ing bab ping 322, laku-lakune manuta kaya kang wus katamtokake ing bab iku mau, têrange mangkene, residhèn angirimake tumuli layang mau marang priyayi nyêkêl bêbênêran midêr, priyayi nyêkêl bêbênêran midêr iku kang ngirimake marang bêbênêran luhur, akanthi layang panunggalane, lan akanthi pirêmbuge. (Bijbl. No. 596, 968.)

_________

--- 382 ---

Prakara Kaping Limalas.

Bab Uwuk Mênêng lan Sirnaning Panyêrêg, Tuwin Paukuman.

Bab 398

Sing sapa wus kaluputake saka ing paukuman, ora kêna kagugat manèh marang parentah, ing bab panggawe kang nunggal prakara. (I.R. 96, 116, 303, 316, 358.)

Bab 399

Sakèhing gugat anjaluk paukumaning wong iku uwuk utawa mênêng, yèn panggugate kalarangan dening kangjêng tuwan guphrênur jendral, kaya kang kasêbut ing layang pranatan cêcêkêlane parentahe gêdhe, ing bab ping 52.

Mangkono uga yèn durjanane mati sadurunge ginugat, utawa mati ing sajrone lagi kapariksa lan kagarap prakarane, iku iya uwuk gugate. (I.R. 400,-Bijbl. No. 1331.)

Bab 400

Ananging pranatan kang kasêbut ing bab ping 399, ingadêg-adêge [ing...]

--- 383 ---

[...adêg-adêge] kapindho iku ana bedane tumrape marang wong kang kapatrapan dhêndha, utawa kabêskup rajadarbèke, ing prakara panêraking parentah bab pamêtu lan pamajêge kagungane kangjêng guphrêmèn.

Wêtuning dhêndhan lan rajadarbèk kang kabêskup bakal kapundhut saka ing ahli warise utawa awak-awake wong kang mati, pamundhute nganggo kaunggahake marang priyayi nyêkêl bêbênêran prakara parapadu.

Mungguh panggaraping prakara amêtokake dhêndhan lan rajadarbèk kang kabêskup mau, tuwin tibaning bêbênêran, apadene tumindaking karampungan, padha uga karo laku-lakuning prakara parapadu, kang wus dadi adat. (I.R. 126, 182, 199.)

Bab 401

Saupama durjanane mati sawuse paukumane têtêp, sakèhing dhêndhan lan rajadarbèk bêskupan, tuwin wragading prakara, kang kabênêr mêtu saka ing durjana kang mati mau, sadhengaha kadurjanane, utawa panêraking parentah, iku bakal kawêtokake saka ing ahli warise utawa awak-awake. (I.R. 320, 328, 367, 400.)

--- 384 ---

Bab 402

Manawa ana sawijining wong, sawuse anglakoni panggawe, kang pancèn kêna kagugatake kajaluk paukumane, banjur edan, sarta edane wus kaanggêp dening priyayi nyêkêl bêbênêran, kang duwe bubuhan marang prakarane, iku panggugate anjaluk paukumane kasarantèkake kongsi ing sawarase kang ginugat, samono iku aliya saka wêtuning dhêndhan lan rajadarbèk bêskupan, kasêbut ing bab ping 400, yèn wong kang ginugat ana kang ngêmbani, dhêndhan lan rajadarbèk bêskupan mau kêna kapundhut saka ing êmbane, kaya kang kasêbut ing bab ping 400 mau, dene yèn ora ana kang ngêmbani, wêtune saka ing wong kang tinuduh dening priyayi nyêkêl bêbênêran dadi awak-awake kang edan mau. (I.R. 225,-Bijbl. No. 1072)

Bab 403

Ora kêna angêtrapake paukuman sêkhavot marang wong, kang edan sawuse katrap, samono iku yèn edane wus kaanggêp dening priyayi nyêkêl bêbênêran, kang anibakake paukumane.

--- 385 ---

Mangkono uga ora kêna angêtrapake paukuman sêkhavot marang wong wadon kang lagi mêtêng.

Dene angêtrapake paukuman sêkhavot marang wong edan mau, kasarantèkna kongsi ing sawarase, yèn marang wong wadon kang lagi mêtêng, kasarantèkna kongsi salairing wêtêngane.

Mungguh kang katamtokake bab wong edan kang kasêbut ing dhuwur mau, iya kalêbu êtraping paukuman gitik kalawan panjalin. (Stbl. 1866 No. 15.)

Bab 404

Sakèhing gugat sarta anjaluk paukumaning wong, ing prakara kadurjanan utawa panêraking parentah, iku kadaluwarsa yèn wus kaliwat ing wêwangên, kasêbut ing bab ping 406, saurute ing sajroning prakara iki. (I.R. 409.)

Bab 405.

Wiwite angitung panjinging kadaluwarsa iku ing nalika anglakoni kadurjanan utawa panêraking parentah, utawa yèn ginugat, wiwit ngitung kalane bêbênêran wus anindakake pagaweyane kang wêkasan ing jro prakara iku.

--- 386 ---

Ananging kadaluwarsaning kadurjanan bab doracara ing têtulisan, utawa niru uwang, iku wiwite angitung panjinge, ing nalika kanggone têtulisan doracara utawa uwang tiron mau. (I.R. 404, 409, 411.)

Bab 406

Kadaluwarsaning sakèhing gugat ing bab panêraking parentah, iku yèn wus kaliwat têlung taun, samono iku aliya saka ing panêraking pranatan lan parentah kapolisèn.

Kadaluwarsane ing gugat bab anêrak pranatan lan parentah kapolisèn mau yèn wus kaliwat sataun.

(R.O. 95, 108, 110, 150-I.R. 404, 409.)

Bab 407

Kadaluwarsane sakèhing gugat bab kadurjanan, kang ginantungan paukuman pati, iku yèn wus kaliwat rongpuluh taun, yèn gugat bab kadurjanan, kang ginantungan paukuman amrasasati paukuman pati, kadaluwarsane yèn wus kaliwat limalas taun, dene gugat bab kadurjanan liyane iku, kadaluwarsane yèn wus kaliwat sapuluh taun. (I.R. 404, 409, 411.)

--- 387 ---

Bab 408

Kadaluwarsaning paukuman kang muni ing layang karampungan, iku yèn wus kaliwat tikêl lan wêwilanganing taun, kang katamtokake ing bab kadaluwarsaning gugat, dene pangitunging tikêlan mau wiwit ing dina nalika paukumane têtêp. (I.R. 404, 409, 411.)

Bab 409

Pranatan kang kasêbut ing bab ping 404 saurute, ora tumrap marang kadaluwarsaning kadurjanan utawa panêraking parentah, kang wus katamtokake ana ing khukum liyane. (Stbl. 1856, No. 74.)

Bab 410

Prokurur jendral, lan para fiskal, apadene para priyayi nyêkêl bêbênêran, amasthi padha anitèni dhewe marang wêwangêning kadaluwarsa, sanajan wong kang ginugat ora duwe atur ing bab kadaluwarsa iku. (I.R. 404.)

Bab 411

Mungguh pangitunging kadaluwarsa, kang wus manjing sadurunging kanggone [kang...]

--- 388 ---

[...gone] layang pranatan iki, manuta khukum lawas.

Ewadene yèn wêwangêning kadaluwarsa kasêbut ing layang pranatan iki luwih cêndhak, iku pangitunging kadaluwarsa manuta layang pranatan iki.

_________

Prakara Kaping Nêmbêlas.

Pranatan Trocoban.

Bab 412

Para presidhèning ênggon bêbênêran padha kabubuhan anuntun marang papriksan ana ing paseban nalika ambêbênêri prakara, lan anuntun marang lakuning rêmbug.

Karodene padha kabubuhan amurih tatane ing paseban nalika ambênêri prakara, samubarang parentahing para presidhèn, kang amurih tatane ing paseban mau, amasthi têmên-têmên linakonan tumuli. (R.O. 46,-I.R. 242, 244, 248, 256, 259. 263, 274, 279, 413.)

Bab 413

Sasuwene paseban ambêbênêri prakara, saupama ana wong angrusuhi sidhêming paseban, utawa awèh pasêmon angrujuki lan orane, utawa saparipolahe [sa...]

--- 389 ---

[...paripolahe] agawe gumêdêr utawa obahing wong, môngka dielikake sapisan ora mênêng, iku bakal kaundurake saka ing paseban awit saking parentahe presidhèn, dene yèn wong mau kongsi anglakoni panggawe, kang ginantungan paukuman, amasthi kasêrêg ing bêbênêran. (I.R. 412.)

Bab 414

Sarupaning priyayi nyêkêl bêbênêran ora kalilan amariksani lan anggarap prakara, yèn anduwèni misil utawa anandhang pituna awit dening prakara kang ginarap ing bêbênêran, utawa yèn somahe kalêbu ing prakara iku, utawa wong tuwane, bapa biyungne kuwalon, kakine, ninèkne, kaki nini maratuwa, kaki nini kuwalon, saurute mandhuwur, anake, anak kuwalone, putune, putu mantune, putu kuwalone, saurute mangisor, maratuwane saurute mandhuwur, mantune saurute mangisor, sadulure, lan ipene, sadulur lan ipening wong tuwane, sadulur lan ipening kakine, saduluring kaki maratuwane, tuwin saduluring nini maratuwane, anaking [a...]

--- 390 ---

[...naking] sadulure somahe, anaking ipene, putuning sadulure sasomahe, lan putuning ipene, nak-sanake sasomahe, lan nak-sanaking somahe.

Saupama ana sawijining priyayi nyêkêl bêbênêran, kalêbu ing nalar kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, iku wajib mopo dhewe milu ngawruhi prakarane, ora susah wong kang duwe prakara kongsi anduwèni panjaluk.

Manawa ana sumêlange utawa sulayane ing bab kêna lan orane ngawruhi prakara mau, iku bêbênêran kang ngrampungi, ing samôngsa wus dirampungi, ora kêna pisan diulurake manèh. (R.O. 36.-I.R.240.)

Bab 415

Saupama ana wong anêrak parentah, kang ora ginantungan paukuman luwih abot, mung ginantungan ing dhêndha bae, nganggo kabêskup rajadarbèke utawa ora, wong iku kêna amurungake panyêrêging bêbênêran, asarana asok sakèhe wragading prakara, lan asok patrapane dhêndha kabèh mêtu saka ing karêpe dhewe, dene yèn panêraking parentah mau gêgantungan [gê...]

[891 ---

[...gantungan] bakal kabêskup rajadarbèke, ênggone amurungake panyêrêging bêbênêran asarana layang ginawe ing notaris, utawa ginawe ing kantor ghrivir, muni wus narima marang pambêskuping rajadarbèke.

Mungguh uwang dhêndhan, ora kêna kaêsokake marang priyayi kang winênangake nampani, yèn ora ana layang pangawasane residhèn, dene wong kang ginugat mènèhna layang pêthuking priyayi kang winênangake nampani uwang dhêndhan marang residhèn sajroning wêwangên kang bakal katamtokake ing layang pangawasane residhèn mau.

Pranatan kang kasêbut ing sajroning bab ping 415 iki, ora angowahake wêwênanging wong agawe prajangjeyan, ing bab prakara kang wus kalilan ing khukum. (Stbl. 1832 No. 12,-1878 No. 169, 1880 No. 208 1882 No. 240,-Bijbl. No. 29, 853, 2827.)

Bab 416

Saupama wong Jawa sapêpadhane duwe karêp akon angrampungi sulayane marang wong singa kang pinilih, iku ênggone anindakake manuta pranatan bab laku-lakuning bêbênêran Walônda.

--- 392 ---

Bab 417

Sawiji-wijining wong, kang kabênêr katrap ing paukuman, amasthi iya kabênêr ambayar wragading prakara, amung yèn ana wong kaluputake saka ing paukuman, utawa kaluputake saking panyêrêging bêbênêran, iku wragading prakara kasôngga dening kangjêng guphrêmèn. (I.R. 185, 303, 312, 333, 431,-Stbl. 1873 No. 234.-1884 No. 142,-1885 No. 190,-Bijbl. No. 24, 376, 657, 2446, 2630)

Bab 418

Mungguh amêtokake wragading prakara, iku ora kêna kalêbu prabeya lan ili, kang marang prokurur lan advokat, marang wong kang mratikêli utawa kang angêmbat prakara lan marang wakil, ananging prabeya sapanunggalane iku mêtua dhewe saka ing wong kang anjaluk tulung utawa akon angawak-awaki marang prokurur sapanunggalane mau. (I.R. 130, 186, 243, 340)

Bab 419

Para ratu, para pangeran, para bupati, utawa wong Jawa bôngsa gêdhe liyane, ora kêna kaundang dadi

--- 393 ---

saksi marang ngarêping priyayi nyêkêl bêbênêran, yèn ora wus kaparingan wênang dening kangjêng tuwan guphrênur jendral.

Idin mau uga prêlu kanggo narik ing ngarsa hakim utawa pangadilan marang bojo lan kaluwargane wadon, kongsi turunan kapindho, saka sakabèhe kang kasêbut sajroning perangan ing ngarêp iki.

Yèn idin iku ora karilakake, apa kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh sawuse kajaluk mangkono, amêsthi nômpa katêkan jaksa karo ghrivir lan pangulu, mênyang omahe, supaya olèh pangrungu lan anulisi aturane.

Apa kang kapacak ing sajroning bab 249, saka rèhlêmèn iki, atase prakara pamacane utawa kasantosane aturan kang katulisi mangkono iku, uga kaêtrapake ing sajroning prakara mangkene.

Bab 420

Saupama priyayi nyêkêl bêbênêran awèh parentah, anyumpah saksi-saksi wong Jawa sapêpadhane, kang bakal [ba...]

--- 394 ---

[...kal] dipariksani ing prakara parapadu, utawa ing prakara kang ginantungan paukuman, panyumpahe ana ing masjid, utawa ana ing panggonan liyane kang kaanggêp suci, kaya kang kawênangake kasêbut ing anggêr wêwatone khukum ing Nèdêrlan Indiya, ing bab ping 14, ing adêg-adêge kang kapindho, iku panggarape marang prakarane kasarantèkna kongsi ing dina pasebane manèh, kang bakal tinamtokake.

Yèn priyayi nyêkêl bêbênêran awèh parentah kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, amataha kancane salah sawiji, minôngka jêjênêng, kang angawruhi panyumpahe, akanthi ghrivir, sawusing panyumpahe, jêjênêng mau alapura kamot ing layang. (I.R. 151, 159, 162, 256, 289.)

Bab 421

Sarupaning layang arès, lan layang karampungan, apadene layang parentahe priyayi nyêkêl bêbênêran, ing bab prakara kang ginantungan paukuman, iku ing dhuwure nganggoa muni awit saking kang asma kangjêng raja. (R.O. 27.)

--- 395 ---

Bab 422

Sakèhing layang karampungan, amasthi tansah kasimpên bae, nunggal layang-layang sêsimpênaning ênggon bêbênêran, sarta ora kêna kaêlih saka ing kono, kajaba mung yèn ana nalar lan laku-laku kang wus kasêbut ing khukum. (R.O.67, 69,-I.R. 121, 317d, 394.)

Bab 423

Para ghrivir wajib angêbuki sarupaning prakara, kang ginantungan paukuman, sarta kang ginarap ana ing ênggon bêbênêran, kang dadi gêgêlêngane dhewe-dhewe.

Dene kang diêbuki, jênênge wong kang ginugat, kadurjanane, utawa panêraking parentah, kang ginugatake, lan dinane lumadining prakara, tuwin dinane tibaning karampungan, unining karampungan kasêbutna pisan, ing sabisa-bisa karingkês bae.

Para ghriviring landrat padha wajib angêbuki sarupaning prakara parapadu, êtrape kaya kang wus kasêbut mau.

Manawa ana wong ginugat kaparingan pangapura ing dosane, utawa kaparingan sudaning paukumane, iku

--- 396 ---

amasthi kapemutan ana ing êbuking prakara, kang ginantungan paukuman. (R.O. 65.)

Bab 424

Turunan utawa pêpêthikaning layang karampungan, kang tumiba ing prakara kang ginantungan paukuman, ora kêna kawênèhake marang wong, kang ora lêlawanan sajroning prakara, yèn ora winênangake dening presidhèning ênggon bêbênêran, kang anibakake karampungane, dene kalilane anjaluk turunan utawa pêpêthikaning layang karampungan mau, yèn anyatakake prêlune turunan utawa pêpêthikan iku ingatase marang kang duwe panjaluk. (R.O. 67-I.R. 425.)

Bab 425

Wong kang ginugat ing prakara kadurjanan utawa ing bab panêraking parentah, wênang amèk utawa akon amèk turunane sarupaning layang kang anggêpok prakarane, êndi kang kinira prêlu dadi têtangkise, ananging prabeyaning panurune disônggaa dhewe. (I.R. 314, 424, 426.)

--- 397 ---

Bab 426

Para ghrivir yèn awèh turunan utawa pêpêthikaning layang karampungan, kang durung ditandhani tangan, iku kêna kagantung kalungguhane, utawa kaundur saka ing lêlakone, aliya saka ing iku, yèn ana lêlandhêsane kêna kasêrêg ing bêbênêran, ing bab doracarane. (R.O. 17, 67-I.R. 188, 191, 313, 424.)

Bab 427

Para ghrivir yèn kainan, ora anglakoni têmên-têmen pranatan kang kasêbut ing bab ping 195, 317a, 317d, 347, lan ing bab ping 364, iku sapisan-sapisane kapatrapan dhêndha10 rupiyah.

Sing sapa anrajanang aturan kang kapacak sajroning perangan kapindho saka ing bab 317 c, kaukum kalawan dhêndha limang rispis.

Bab 428

Mungguh kang wênang lan wajib anibakake sêrêgan, tuwin awèh wêruh marang wong kang kagêpok ing prakara, apadene anglakoni gawening bêbênêran sapêpadhane, [sapêpadha...]

--- 398 ---

[...ne,] kalêbu anindakake parentah lan karampunganing priyayi nyêkêl bêbênêran, iku para kori lan kongkonaning bêbênêran, tuwin batur-bature kang nyêkêl pangawasa ing nagara.

Sêpining kori, kongkonan tuwin batur-bature kang nyêkêl pangawasa ing nagara, presidhèning ênggon bêbênêran, kang ambawahake panggonan kang bakal diparani, anuduha wong siji kang prayoga lan pitaya. (R.O. 193, 204, 205,-I.R. 186, 429-Stbl. 1872 No. 61.)

Bab 429

Para korining landrat ing Bêtawi, ing Sêmarang lan ing Surabaya, yèn wus anibakake sêrêgan, sapêpadhane, iku padha lapura kamot ing layang, dene korining landrat liyane tuwin sarupaning wong, gêgêlênganing pangadilan Jawa, kang kabubuhan anibakake sêrêgan sapêpadahane, yèn wus anglakoni pagaweyan mau, iku yèn ora bisa lapur kamot ing layang kêna lapur ijoan bae marang priyayi nyêkêl bêbênêran, utawa marang priayayi liyane, kang masthi dilapuri, priyayi nyêkêl bêbênêran lan liyane mau amemutana utawa [u...]

--- 399 ---

[...tawa] akona mèmuti palapure iku. (R.O. 198, 204,-I.R. 338, 428.)

Bab 430

Mungguh pangitunging ubaya, kang wus katamtokake ing layang pranatan iki, iku panjinge ora kalêbu dina wiwit tibaning ubaya mau.

Bab 431

Sakèhing saksi kang kaundang sarta wus padha têka, kapurih anaksèni ing prakara parapadu, tuwin prakara kang ginantungan paukuman, ana ing paseban utawa sajabaning paseban, iku padha kabênêr olèh ili, sumurup wragading lakune lan pamondhoke, kaya kang katamtokake ing layang tarif, kang wus ana utawa kang bakal ginawe. (Stbl. 1885 No. 190.)

Para priyayi nyêkêl bêbênêran, lan para priyayi bêbênêran polisi, padha anyurupna marang saksi-saksi kang tumêka ing ngarêpane, mungguh kèh sathithiking ili, kang kabênêr dadi bubuhaning saksi. (I.R. 48, 83, 114, 142, 256, 277-Stbl. 1873 No. 234,-1884, No. 142 en 143, 1887, No. 109.)

--- 400 ---

Bab 432

Mungguh lakuning bêbênêran ing ênggon bêbênêran Jawa, manuta kang kasêbut ing pranatan iki, aja kongsi luwih, utawa seje.

Ananging yèn têtela bangêt prêlune, kangjêng tuwan guphrênur jendral isih kagungan wêwênang agawe pranatan liyane manèh ingatase laku-lakuning bêbênêran ing prakara parapadu, kang akèh iribe karo pranatan bab wong anjaluk bênêr marang ênggon bêbênêran Walônda, kanggo landrat ing Bêtawi, ing Sêmarang, lan ing Surabaya, utawa kanggo marang landrat liyane, êndi kang ginalih prêlu, samono iku yèn kangjêng tuwan guphrênur jendral wus têpang rêmbug karo bêbênêran luhur.

Bab 433

Saupama bêbênêran luhur anduwèni pamikir prêlu, anindakake papriksan marang sawiji-wijining paresidhenan, amurih sumurupe marang ajêging tumindake lan têmên-têmêning kalakone kang katamtokake ing layang pranatan iki, iku angunjukana atur pamrayoga kamot ing layang marang kangjêng tuwan guphrênur jendral.

(R.O. 157.)

__________

[

--- 401] ---

Awit ingkang Asma Sri Maharaja.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guphrênur General ing Indiya Nèdêrlan, Sawuse Amiyarsakake Pirêmbuge Rad Indiya Nèdêrlan, Aparing Wêruh Marang Sarupaning Wong. (Stbl. 1884 No. 143.)

Sarèhning anggalih prêlu anamtokake pêpacak anyar minôngka amranata tatêmpuhe wong bôngsa Jawa sapêpadhane, kang seba ana ngarsane panggêdhe Walônda utawa Jawa anyêkêl bêbênêran, minôngka dadi saksi ingatase prakara kang ginantungan paukuman, utawa minôngka angaturake katêrangan manut unine bab ping 68, ing layang pranatan bab laku-lakune anjaluk paukumane wong, apadene kang kapundhutan gawene dadi juru basa dadi undhagi utawa anyumpah wong.

Mulane sawuse anitèni unine bab ping 55, 63, 81, 144, lan bab liya-liyane ing layang pranatan bab anjaluk paukumaning wong ing ngarsane pangadilan rad van justisi ing tanah Jawa, sarta ing ngarsane pangadilan luhur ing Indiya Nèdêrlan. Unine bab ping 341,

--- 402 ---

ing layang pranatan bab panyêkêling polisi, bab laku-lakuning bêbênêran ing prakara parapadu, lan bab laku-lakune anjaluk paukumaning wong Jawa sapêpadhane ing tanah Jawa lan Madura, apadene pêpacak kang magêpokan nunggal prakara mau kamot ing layang pranatan warna-warna minôngka anata laku-lakuning bêbênêran ana ing tanah wawêngkone nagara Nèdêrlan, sajabaning tanah Jawa lan Madura, sarta unine bab ping 20, 29, 31 lan 33, ing layang pranatan bab panyêkêling paprentahane tanah Indiya Nèdêrlan, kagungan karsa kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

I. Anyuwak layang undhang-undhang katitèn ping 10 Mèi 1851, (Sêtatbêlad ôngka 23), layang undhang-undhang katitèn ping 17 Sèptèmbêr 1857, (Sêtatbêlad ôngka 84), layang undhang-undhang katitèn ping 1 Fèbruari 1858, (sêtatbêlad ôngka 15), sapira kang manggêpokan prakara kang ginantungan paukuman, layang undhang-undhang katitèn ping 8 Novèmbêr 1866, ping 12 Juni 1874 lan ping 6 Oktobêr 1876, (sêtatbêlad ôngka 120, 157

--- 403 ---

lan 261), sarta layang kêkancingan katitèn ping 26 Fèbruari 1865 ôngka 14, (Sêtatbêlad ôngka 18), lan ping 20 Juli 1867 ôngka 4, (sêtatbêlad ongka 96), apadene anamtokake kaya kang kasêbut ing ngisor iki minôngka pranataning tatêmpuhe wong bôngsa Jawa sapêpadhane, kang padha seba ana ngarsane panggêdhe Walônda utawa Jawa anyêkêl bêbênêran, minôngka dadi saksi ingatase prakara kang ginantungan paukuman, utawa minôngka angaturake katêrangan manut unine bab ping 63, ing layang pranatan bab laku-lakune anjaluk paukumane wong, apadene kang kapundhutan gawene dadi juru basa, dadi undhagi, utawa anyumpah wong.

Bab 1

Wong bôngsa Jawa sapêpadhane, kang awit sôngka parentahe priyayi kang kawênangake andhawuhake parentah mau, seba ana ngarsane panggêdhe anyêkêl bêbênêran ingatase prakara kang ginantungan paukuman, (kajaba pangadilan kadhistrikan lan pangadilan kabupatèn ing

--- 404 ---

tanah Jawa lan Madura) awit prêlu bakal kapariksa dadi saksi utawa kudu angaturake katêrangan manut unine bab ping 63, ing layang pranatan bab laku-lakune anjaluk paukumaning wong, môngka omahe utawa panggonan dununge tutug panggonane bêbênêran kang mundhut sebane, luwih sôngka wolung pal dohe, iku yèn ana panuwune bakal padha kaparingan tatêmpuhing wragad lungane lan baline sarta wragading pondhokane.

Tatêmpuh mau uga kaparingake marang para saksi kang wajib anampani wragading lakune lan pondhokane awit sôngka unining padane ping 4 bab ping 48, ing layang pranatan bab panyêkêling polisi lan laku-lakuning bêbênêran ing prakara parapadu apadene bab laku-lakune anjaluk paukumane wong ingatase wong Jawa sapêpadhane ing tanah Jawa lan Madura, sarta pêpacak kang manggêpokan nunggal prakara mau kamot ing layang pranatan warna-warna minôngka anata laku-lakuning bêbênêran ana tanah wawêngkone nagara Nèdêrlan sajabaning tanah Jawa lan Madura.

Anjaba sôngka nalar kang kasêbut ing pada ping 2, ing dhuwur [dhu...]

--- 405 ---

[...wur] iki wong kang padha ngadhêp marang para priyayi polisi prêlu kapariksa utawa kapundhutan katêrangan, minôngka bêbukaning papriksan. Iku padha ora wajib nampani tatêmpuh.

Saupama saksi luwih sôngka wong siji padha anunggang nunggal sakareta sapanunggalane piranti lêlungan, kang ora kêna ditunggangi ing ngakèh kaya kareta gêni kareta tram utawa prau kapal sapêpadhane, iku mung saksi ing salah sijine bae kang kêna anyadhong tatêmpuhing wragading lungane lan baline saksi kabèh kang nunggang nunggal sakareta sapanunggalane mau.

Bab 2

Yèn lakuning saksi mêtu ing dharatan utawa mêtu ing kali anunggang kareta utawa prau kang dudu kareta gêni utawa prau gêni, môngka dohing omahe utawa dununge saksi mau tutug panggonan sebane luwih sôngka wolung pal, iku ingatase lakune saluwihe sôngka wolung pal mau kaparingan tatêmpuh wragading lakune ing dalêm sapale limang sèn. Dene yèn angambah sagara utawa manawa nunggang kareta gêni sapêpadhane, iku saksine kaparingan tatêmpuhing prabeyane [pra...]

--- 406 ---

[...beyane] prau kapal utawa kareta gêni sapêpadhane manut kêlas kang pancèn dadi gêgawaning pangkate utawa kalungguhane, panggêdhening paprentahane panggonan omahe utawa dununge saksi iku kang nimbang kêlase.

Yèn ana prêlune, panggêdhening paprentahane panggonan mau animbanga uga lakuning wong kang kapundhut sebane ing ngarsane panggêdhe anyêkêl bêbênêran, sapira kang kudu mêtu ing dharatan sarta sapira kang kudu mêtu ing lautan utawa ing kali, apadene lakune mau apa ing sakabihe utawa kang sabagiyan kudu nunggang kareta gêni utawa prau kapal gêni.

Panimbange mau dicathêtana dhewe utawa panggêdhening dhistrik didhawuhana nyathêti ana ing layang tarikan kang dhidhawuhake marang saksi kang kapundhut sebane, utawa ana ing layang kitir kang dicêkêlake marang saksi mau nalika angkate.

Bab 3

Mungguh tatêmpuhe wragading pondhokan iku ing dalêm sadinane sathithik-sathithike têlung puluh sèn,

--- 407 ---

kèh-kèhe sèkêt sèn, mawa-mawa pangkate lan kalungguhane saksi apadene mawa-mawa murah larange pasewaning pondhokan ana ing panggonan kang kudu dijujugi, tatêmpuh mau kapetung ingatase sakèhing dina ênggone saksine kudu nginêp ana ing panggonan liyane kang dèn omahi utawa dèn dunungi, awit kapundhut sebane, samono iku kajaba manawa dohing lakune kurang sôngka kang dadi watêsan, môngka lakune ora kandhêg awit sôngka sabab kang dudu karêpe dhewe, dene watêsane dohing lakune ing sadina-sadinane, yèn nunggang kareta gêni sathithik-sathithike 100 kilomatêr utawa 67 pal, yèn nunggang kareta tram mêtu ing ril, sanajana kalakokake sarana jaran utawa sarana pratikêl seje, sathithik-sathithike 35 pal, yèn mêtu ing dharatan sarana pratikel sejene kareta gêni utawa kareta tram, sathithik-sathithike15 pal.

Yèn lakune mêtu ing kali, utawa salong nganggo nunggang kareta gêni salong nganggo nunggang liyane, iku panggedhene paprentahaning panggonan, kang diambah saksi

--- 408 ---

mau kang kabênêr nimbang sapantêse sapira kang bisa dilakoni ing dalêm sadinane, dene panimbange mau dicathêtana ana ing layang kang kasêbut ing bab ping 2.

Mangkono uga panggêdhene paprentahaning panggonan utawa panggêdhening dhistrik diomahi utawa didunungi saksi mau kudu anyathêti ana ing layang kang kasêbut ing bab ping 2, saksine kang nyêkêl layang mau mawa-mawa pangkate lan pangupajiwane patute kudu kaparingan sapira ing dalêm sadina-sadinane minôngka tatêmpuhing wragade pondhokan.

Yèn awit sôngka panimbange panggêdhe anyêkêl bêbênêran, kang kabênêr anamtokake tatêmpuh mau, lungane sawijining saksi bisa tulak ing dalêm sadina tan nganggo rêkasa, saksi mau amung kaparingan saparoning tatêmpuhe wragading pondhokan kang kasêbut ing dhuwur iki.

Yèn lakune saksi nunggang prau kapal gêni utawa prau kapal layar, iku ingatasing dinane ênggone kudu nginêp ana ing prau kapal kono, saksi mau ora kaparingan tatêmpuhing wragade pondhokan. Kajaba yèn ingone disôngga dhewe.

--- 409 ---

Bab 4

Pangetunge dohing sawijining panggonan sôngka liyaning panggonan, kawatonake layang pratelan kang wis kapêsthi dening parentah ingaranan avsêtan weisêr, sarta ngêndi kang ora ana pratelan layang mangkono, kang ginawe waton, dohe kang kalêbokake ana ing layang kang kasêbut ing bab ping 2, dening panggêdhene paprentahaning panggonan kang diambah saksi mau, utawa dening panggedhene dhistrik kang ambawahake panggonan omahe utawa dununge saksi mau.

Bab 5

Saupama kèhing tatêmpuh kang kabênêr kaparingake marang sawijining saksi ora kudu katamtokake kamot ing layang karampungan. Tatêmpuh mau kamurwat dening panggêdhe anyêkêl bêbênêran, kang disebani saksi mau awit sôngka panarike parentah kang wênang anarik, samono iku nganggo anitèni cathêtan kang kamot ana ing layang kitir utawa layang liya-liyane kasêbut ing bab ping 2 mau, kang dadi cacêkêlane saksi mau.

--- 410 ---

Dene saupama kang nyêkêl bêbênêran mau wujud pakumpulan, iku panggêdhene pakumpulan mau kang amurwat tatêmpuhing saksi.

Panggêdhe nyêkêl bêbênêran kang amurwat tatêmpuhing saksi, anyurupna marang saksi mau, kèhing tatêmpuh kang kabênêr ditampani, sarta arumêksaa tatêmpuh mau sabisa-bisane kabayarna tumuli marang saksine sôngka dhuwit kang kasêbut ing bab ping 6, ing ngisor iki, dene manawa saksine wus nampani êmpinganing tatêmpuhe awaton unine bab ping 8, ing ngisor iki, sapira ênggone ngêmping kacowoka sôngka gunggunganing tatêmpuh kang kabênêr ditampani.

Saupama pambayare tatêmpuhing saksi ora bisa kalakon sanalika, iku sawuse lumadi layang pamurwating tatêmpuhe, banjur kadhawuhake pambayare dening priyayi kang wênang angêtokake layang ordhonansi utawa layang mandhat marang gêdhong arta kagungane kangjêng guphrêmèn.

Manawa panggêdhe kang amurwat kèhing tatêmpuhing saksi, anyulayani pêpacake layang pranatan iki utawa kaliru ênggone anindakake pranatan iki, nganti

--- 411 ---

sawijining saksi kabayaran tatêmpuh luwih sôngka kang pancèn kabênêr ditampani, iku sapira luwihe kajibahake marang panggêdhe kang amurwat mau, ananging panggêdhe mau kêna anjaluk baline marang saksi kang nampani luwih sôngka kang pancèn dadi wajibe.

Saupama awit sôngka sabab kang ora lumrah pambayaring tatêmpuh kang akèh dhewe kasêbut ing layang pranatan iki, bakal ora timbang karo wragade kang kaêtokake dening sawijining saksi, môngka panggêdhe anyêkêl bêbênêran kang kabubuhan amurwat tatêmpuhe anduwèni atur pamrayoga lantaran dhirèktur van justisi, iku kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphrênur general kêna aparing wawênang marang panggêdhe mau, anyulayani pranatan iki.

Bab 6

Têrang sôngka dhirèktur van justisi, para griviring bêbênêran, sarta para priyayi kang kawênangake angadili prakara dhewekan, apamanèh para liding rad van justisi kang kapatah dadi rèhtêr komisaris, lan para priyayi Jawa kang nglakoni pagaweyaning jaksa, iku padha kêna katitipan dhuwit ing sacukupe, kanggo ambayari tatêmpuh [tatê...]

--- 412 ---

[...mpuh] marang saksi tumuli sawise saksi mau angaturake sasurupane lan kamurwata tatêmpuhe, malah yèn ana prêlune bangêt, priyayi mau padha kêna kaparingan titipan dhuwit mau sadurunge ana lilahe dhirèktur van justisi, anggêre banjur kasuwunake idine dhirèktur mau.

Panggêdhe nyêkêl bêbênêran kang disebani saksi, iku ing sabisa-bisane kudu agulat-ulatake, sawiji-wijining saksi anampani ganêp tatêmpuh kang kabênêr dadi wajibe.

Sawise kabayar tatêmpuhe, panggêdhene bêbênêran mau kudu amratelakake ana ing layang parincining tatêmpuhe, yèn tatêmpuh kang kasêbut sapungkuring jênênge sawiji-wijining saksi wis kalakon kabayarake.

Mungguh patrape anglapurake tumanjane dhuwit titipan kang kasêbut ing dhuwur iki kudu anêtêpi unine bab ping 49, ing layang anggêr ingaranan komtabilitèit wèt.

Bab 7

Saksi tarikane wong kang kêna dakwa dhewe, kêna anjaluk [a...]

--- 413 ---

[...njaluk] tatêmpuhe marang wong kang kêna dakwa mau manawa katêtêpake ambayar wragading prakarane.

Manawa ana sulayane saksi mau karo wong kang kêna dakwa, bab kèhing tatêmpuhe, iku awit sôngka panuwuning salah sijine, êndi kang anduwèni atur dhisik, kèhing tatêmpuhe saksi mau kamurwat dening priyayi kang kasêbut ing bab ping 5, manut kang katamtokake ing bab ping 1, 2, 3, lan 4, sarta layang pamurwating tatêmpuh mau kakanthenan layang paretah kang kuwate padha lan layang karampungan, sarta babone banjur kêna katindakake.

Saupama wong kang kêna dakwa kaluwaran sôngka sêrêgan, môngka pangadilan anamtokake tatêmpuhing saksi tarikane kang kêna dakwa mau kudu kabayar dening kangjêng guphrêmèn, ing sakabihe utawa kang sabagiyan, tampane tatêmpuh saksi mau padha patrape kaya saksi kang kasêbut ing bab ping 1, ing layang pranatan iki.

Bab 8

Manawa katimbang prêlu saksi kêna kaparingan êmpinganing bakal tampane tatêmpuh ana ing panggonan angkate, [angka...]

--- 414 ---

[...te,] kang amaringi êmpingan mau, priyayi kang wênang angêtokake layang ordhonansi utawa layang mandhat marang gêdhong arta kagungane kangjêng guphrêmèn, dene kèhe ora kêna luwih sôngka patang paralimaning duga-dugane gunggunganing bakal tampane tatêmpuh, utawa yèn lakune saksi bakal luwih sôngka sasasi lawase, kèhing êmpingane ora kêna luwih sôngka patang paralimaning duga-dugane gunggungane bakal tampane tatêmpuh sajroning sasi kang kapisan.

Kèhing êmpingan satiti mangsane lan angkane layang mandhat kudu kapratelakake ana ing layang kang kasêbut ing bab ping 2 sarta ing waktu ambayar ganêping tatêmpuh mau, sapira petunging êmpingane banjur kacêngklonga sôngka gunggunganing tatêmpuhe, dene priyayi kang maringi êmpingan iku tumuli awèha wêruh marang panggêdhe kang kabubuhan murwat tatêmpuhe, bab ênggone amaringi êmpingan mau.

Bab 9

Para ratu lan priyayi agung Jawa kang ora kêna katarik minôngka dadi saksi yèn durung ana lilahe kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphrênur general, iku tampane [ta...]

--- 415 ---

[...mpane] tatêmpuh padha patrape kayadene saksi bôngsa Eropah.

Ingatase para panggêdhe lan priyayi Jawa liya-liyane, apamanèh ingatase para panggedhene bôngsa pêpadhane bôngsa Jawa, lan ingatase wong agung kang bangsane kapadhakake bôngsa Jawa, panggêdhening paprentahane panggonan kang dèn omahi panggêdhe priyayi utawa wong agung mau kang anamtokake kèhing bakal tampane tatêmpuh, mawa-mawa pangkate lan kalungguhane, ananging kèhing tatêmpuh mau ora kêna luwih songka kang katamtokake ana ing padane kapisan bab iki.

Bab 10

Para pangulu Jawa lan wong pêpadhane bôngsa Jawa, kang kabubuhan anyumpah wong iku sapisan-sapisane anyumpah wong, olèh bayaran sarupiyah, ananging tampane bayaran mau ing dalêm sadina-sadinane ora kêna luwih sôngka têlung rupiyah.

Bab 11

Wong undhagi lan juru basa padha kaparingan tatêmpuh

--- 416 ---

ora kurang sôngka sarupiyah lan ora luwih sôngka têlung rupiyah ing dalêm sawiji-wijining pasamuwane pangadilan ingatase sawiji-wijining prakara kang kapundhut gawene.

Mungguh kèhing tatêmpuh iki kapranata manut kalungguhane lan pangkate wong undhagi utawa juru basa, dene kang kudu animbang iya panggêdhe nyêkêl bêbênêran, kang kabubuhan amurwat tatêmpuh mau.

Bab 12

Mungguh pranatane lan kênane anampani tatêmpuhing wragad lakune lan pondhokane wong kang kasêbut ing bab ping 10 lan 11, ing dhuwur iki padha karo kang wis katamtokake ing layang pranatan iki ingatase para saksi.

Mungguh pamurwate lan pambayare tatêmpuh mau uga padha patrape kayadene kang wis katamtokake ingatase para saksi.

Bab 13

Ingatasing pagaweyan kang kasêbut ing bab ping 10 lan 11, iku kangjêng guphrêmèn bakal ora ambayar

--- 417 ---

tatêmpuh marang wong kang padha kaparingan balônja ajêg sôngka kangjêng guphrêmèn. Mung manawa ênggone kapundhutan gawene kudu ninggal panggonan dununge nganti luwih sôngka wolung pal dohe, iku kêna anyuwun tatêmpuhing wragad lakune lan pondhokane anêtêpi pêpacake layang pranatan iku.

Bab 14

Layang pranatan iki uga tumrap marang wong lan priyayi Jawa bôngsa militèr kang padha kaparingan tatêmpuh wragading lakune, sarta pondhokane yèn lêlungan anglakoni ayahane nagara. Wong Jawa bôngsa militèr kang padha ora olèh tatêmpuh wragading lakune lan pondhokane manawa lêlungan anglakoni ayahane nagara, iku tatêmpuhe yèn katarik dadi saksi ingatasing prakara kang ginantungan paukuman, wis kapranata dhewe kamot ing layang pranatan seje.

Bab 15

Mungguh kang kaaranan pal ana ing layang undhang-undhang iki dohe 1507 elo Nèdêrlan.

--- 418 ---

Bab 16.

Layang pranatan iki ora tumrap marang wong kunjaran, ora beda kang durung karampungan prakarane utawa kang wis kapatrapan paukuman.

__________

--- [I] ---

Ing ngisor iki pratelane kang kasêbut ing sawiji-wijining prakara sajroning layang anggêr iki.

Kasêbut ing kaca ôngka:

Layang anggêr wêwatone khukum ing Nèdêrlan Indiya. ... 1

Layang pranatan bab kawujudane kang nyêkêl panguwasa anindakake bêbênêran. ... 20

Prakara kaping sapisan.

Pranatan kang dadi waton. ... 1

Prakara kang kapindho.

Bab pangadilan Jawa ing tanah Jawa lan Madura, lan bab panguwasane residhèn ing tanah Jawa lan Madura ing bab bêbênêran. ... 71

Bêbageyan kang kapisan.

Bab bêbênêran dhistrik, lan bêbênêran kabupatèn

1. Bab bêbênêran dhistrik. ... 71

2. Bab bêbênêran Kabupatèn. ... 73

--- II ---

Pungkasaning pranatan ing bêbageyan kapisan, ... 76

Bêbageyan kapindho.

Bab landrat. ... 78

Bêbageyan katêlu.

Bab bêbênêran midêr. ... 86

Bêbageyan kaping pat.

Bab pangawasaning residhèn nyêkêl bêbênêran. ... 91

Pêpungkasaning pranatan ing prakara kapindho. ... 95

Perangan kang katêlu

Mungguh pêngadilan rad pan justisi ing tanah Jawa. ... 99

Bab kang kalima.

Anyatakake marang prêkumpulan pangadilan kang gêdhe, ingatase tanah Indiya Nèdêrlan. ... 115

Perangan kang kanênêm.

Mungguh advokad lan prokurur. ... 139

Perangan kang kapitu.

Mungguh dhurwardhêr. ... 144

--- III ---

Layang pranatan bab panyêkêling polisi lan bab laku-lakuning bêbênêran ing prakara parapadu lan panjaluk paukumaning wong.

Prakara kang sapisan, bab panyêkêling polisi, lan bab pangupayaning laku kadurjanan, tuwin panêraking parentahing samubarang prakara. ... 151

Prakara kaping pindho. Bab lurah desa, lan sarupaning sosoran priyayi polisi. ... 155

Prakara kaping têlu. Bab para lurah dhistrik, lan para priyayi kang pinaringake dadi kanthine. ... 170

Prakara kaping pat. Bab para lurah jêksa, lan para jêksa. ... 180

Prakara kaping lima. Bab para bupati, para sosoraning bupati, iya iku para rôngga, lan para patih. ... 186

Prakara kaping nêm. Bab para residhèn, lan para asistèn residhèn. ... 190

Prakara kaping pitu. Bab bêbênêran dhistrik. ... 201

Prakara kaping wolu. Bab bêbênêran kabupatèn. ... 209

--- IV ---

Prakara kaping sanga. Bab laku-lakuning bêbênêran ing prakara parapadu, kang dadi bubuhaning landrat. ... 216

Bêbageyan kang kapisan. Bab panggaraping prakara ana ing paseban nalika ambêbênêri. ... 224

Bêbageyan kaping pindho. Bab tôndha. ... 243

Bêbageyan kaping têlu. Bab pangrêmbuging prakara, lan bab karampungan, ing prakara parapadu, kang dadi bubuhane landrat. ... 249

Bêbageyan kaping pat, bab angulurake prakara kang wus rinampungan, durung andadèkake panarimane salah sawiji kang prakaranan, lan bab anjaluk ambatalake karampunganing prakara, ing prakara parapadu, kang dadi bubuhane landrat. ... 255

Bêbageyan kaping lima. Bab anindakake layang karampungan, ing prakara parapadu, kang dadi bubuhane landrat. ... 261

Bêbageyan kaping nêm. Bab laku-lakuning bêbênêran ing sawatara kapinta, ing prakara parapadu,

--- V ---

kang dadi bubuhane landrat. ... 276

Bêbageyan kaping pitu. Bab anglilani uwong, angunggahake prakara parapadu, marang bêbênêran landrat, ora nganggo ambayar wragading prakara. ... 284

Prakara kaping sapuluh. Bab laku-lakuning bêbênêran ing pangadilaning residhèn, kang anibakake bêbênêran dhewe ing prakara parapadu. ... 287

Prakara kaping sawêlas. Bab laku-lakuning bêbênêran kang munggah marang landrat ing prakara kadurjanan.

Perangan ôngka siji, bab anamtokake angrampungi prakara ing pangadilan. ... 291

Bêbageyan kang kapindho. Bab papriksan ana ing paseban, nalika ambêbênêri prakara. 296.

Bêbageyan katêlu. Bab pangrêmbuging prakara, bab tôndha, lan karampungan, ing prakara kadurjanan, kang dadi bubuhaning landrat. ... 321

Bêbageyan kaping papat. Bab angêsahake layang karampungan, ing prakara kadurjanan,

--- VI ---

kang dadi bubuhane landrat. ... 340

Bêbageyan kaping lima. Bab anindakake layang karampungan, ing prakara kadurjanan, kang dadi bubuhane landrat. ... 345

Prakara kaping rolas. Bab laku-lakuning bêbênêran ing prakara panêraking parentah, kang dadi bubuhane para landrat. ... 353

Bêbageyan kang kapisan. Bab papriksan ana ing paseban nalika ambêbêneri prakara, lan bab pangrêmbuging prakara, apadene bab karampungan. ... 353

Bêbageyan kaping pindho. Bab angulurake prakara panêraking parentah, kang dadi bubuhane landrat. ... 360.

Bêbageyan kaping têlu. Bab anjaluk bataling karampungan, ing prakara panêraking parentah, kang dadi bubuhane landrat. ... 364

Bêbageyan kaping pat. Bab anindakake layang karampungan, ing prakara panêraking parentah, [pa...]

--- VII ---

[...rentah,] kang dadi bubuhane landrat. ... 372

Prakara kaping têlulas. Bab laku-lakuning bêbênêran bubuhaning residhèn, ing prakara kang rinampungan muni ana ing layang polisi rol. ... 373.

Prakara kaping patbêlas. Bab laku-lakune bêbênêran midêran bubuhane bêbênêran midêr. ... 376

Prakara kaping limalas. Bab uwuk mênêng lan sirnaning panyêrêg, tuwin paukuman. ... 382

Prakara kaping nêm bêlas. Pranatan trocoban. ... 388

Sêtatsêblat taun 1884 ôngka 143. ... 401

_________

--- VIII ---

Murad sarta têrangipun têmbung Wêlandi tuwin têmbung Jawi ing sawatawis, kasêbut ing sêrat anggêr ing ngajêng punika.

Advokat: tiyang putus ing khukum, ingkang ambombong sarta anarungi prakawisipun tiyang sanès, minggah ing lêlêrêsan.

Advokad jendral: fiskal ingkang kakanthèkakên dhatêng prokurur jendraling lêlêrêsan luhur ing Batawi, sarta dados sêsulihipun, padamêlanipun sami kalihan subsêtitut upsiring rad van yustisi, kaot agêng kalênggahanipun advokat jendral.

Upsir: têmbung punika anggadhahi têgês kêkalih, 1. Lurahing prajurit, 2. Fiskaling rad van yustisi.

Nèdêrlan Indiya: inggih punika tanah Jawi, Sumatra, Borneo, Makasar, satalatahipun pulo-pulo, ingkang kabawah dhatêng kangjêng guphrêmèn Nèdêrlan.

--- IX ---

Notaris: priyatun ingkang kaabdèkakên ing kangjêng guphrêmèn, wajibipun damêl sêrat prajangjeyan, sêrat pratôndha nyambut, sêrat prajangjeyan nikah, sêrat wasiyat sapanunggilanipun, sêrat makatên punika manawi kadamêl ing notaris, saha ukaranipun manut ing adat waton, katuripun dhatêng lêlêrêsan kaanggêp êsah.

Rad van yustisi: wastanipun ênggèn lêlêrêsan Wêlandi ing sapunika kathahipun namung wolu, 1. Ing Bêtawi, 2. Ing Sêmawis, 3. Ing Surapringga (Surabaya), 4. ing Ambon, 5. Ing Makasar, 6. Ing Padhang, 7. Ing Bandhah, 8. Ing Têrnate.

Raportur: priyantun ingkang kapiji aniti pariksa satunggiling prakawis, sarta ngaturakên ingkang dados pamanggihipun.

Koran: sêrat cap-capan ingkang kamot wartos.

--- X ---

Komisaris: tiyang ingkang kapitajêng anindakakên parentah prêlu, utawi nglampahi ayahan ing prakawis prêlu, kados ta: aniti pariksa mênggah kawontênanipun ing pasitèn, utawi nalar-nalaring prakawis.

Tarif: sêrat pemutanipun ing barang, katartamtokakên ing rêginipun, utawi bab kathah kêdhikipun pamupuning banggi, punapadene amratelakakên prabeya tuwin têdhanipun tiyang lêlampah, sapanunggilanipun sadaya.

Sêkaut.: Wêlandi ingkang nyêpêng polisi, mênggah wijanging kalênggahan, wontên lurah sêkaut, wontên sêkaut, inggih punika sosoranipun lurah sêkaut, wontên ondêr sêkaut, inggih punika sêkaut alit.

Sêkhavot: Panggungan tanpa payon, pancèn panggenan ngukum tiyang, kados ta: kaêtrapakên ing paukuman kisas, utawi kawirangkên ing kathah sapanunggilanipun.

--- XI ---

Solisitur: tiyang ingkang damêlipun andamêlakên sêrat aturan panyuwun, utawi sêrat sanèsipun, ing prakawise tiyang sanès, mawi pikantuk bayaran.

Sajabaning bêbênêran: têgêsipun ingkang botên kalampahan salêbêting pangadilan.

Subsêtitut: sêsulih.

Subsêstitut upsir: sêsulihing upsir, utawi priyantun ingkang kakanthèkakên dhatêng upsir.

Subsêtitut ghrivir: sêsulihing ghrivir, utawi priyantun ingkang kakanthèkakên dhatêng ghrivir.

Visêl: sêrat ingkang mungêl akèn ambayar arta dhatêng satunggiling tiyang, ingkang dipun kèn ambayar wontên ing sanès nagari, kados ta: pun Jaya ing Bêtawi nyambut yatra dhatêng pun Drana ing Surapringga, kathahipun sèwu, môngka pun Drana nyambut yatra satus dhatêng pun Krama, pun Drana wau anyêpêngi sêrat wisêl dhatêng pun Krama, mungêl yèn pun Jaya kapurih ambayar yatra dhatêng pun Krama, kathahipun satus, sumêrêp paniciling sambutan sèwu wau, mawi

--- XII ---

katamtokakên môngsa pambayaripun, utawi mawi kapasthi ing sanalika sêrat wisêl wau kaulungakên.

Landrat: wastanipun ing lêlêrêsan Jawi, ingkang dados presidhènipun residhèn, utawi priyantun Wêlandi sanèsipun, ingkang nyulihi residhèn.

Prokurur: tiyang ingkang ambombong prakawisipun tiyang sanès minggah dhatêng lêlêrêsan utawi dados wakilipun angêmbat prakawis wau.

Prokurur jendral: fiskalipun lêlêrêsan luhur ing Bêtawi. Ngiras dados pangagêngipun para fiskaling Nèdêrlan Indiya.

Presidhèn: pangagênging lêlêrêsan, utawi pangagênging pasamuan.

Paskên: dintên ingkang kamulyakakên dening tiyang agami Ngisa, minôngka pangèngêt-èngêt wungunipun Kangjêng Nabi Ngisa saking seda, dhawahipun ing dintên Ngahad ing wulan Marêt utawi April ing sabên-sabên taun.

--- XIII ---

Fiskal: priyantun ingkang dados awak-awakipun kangjêng guphrêmèn salêbêting lêlêrêsan, sarta ingkang kabêbahan amurih kalampahanipun anggêr tuwin khukum ngadiling nagari, punapadene ingkang anggugatakên sawarnining kadurjanan, supados kapatrapana paukuman, mênggah pangkat kalênggahaning fiskal punika, prokurur jendral, advokat jendral, upsiring yustisi, subsêtitut upsir, fiskaling landrat, lurah jêksa, jêksa.

Vise presidhèn: sêsulihing presidhèn, utawi sosoran presidhèn.

Polisi: pranata rumêksaning nagari, amurih tata sarta têntrêm.

Polisi rol: wastaning sêrat, pancèn kadamêl amèmuti sawarnining lampah panêraking pranatan polisi.

Pingsêtrên: dintên ingkang kamulyakakên dening tiyang agami Ngisa, êlêt 48 dintên sasampuning paskhên, minôngka pangèngêt-èngêt [pangèngêt-è...]

--- XIV ---

[...ngêt] nalika para sakhabatipun Kangjêng Nabi Ngisa kaparingan sawabipun Rohul Kudus.

Dhistrik: pasitèn ingkang kabawah dhatêng kabupatèn.

Jawa: mènggahing khukum ingkang dipun wastani tiyang Jawi punika, sawarnining bôngsa, ingkang sampun kina-kumina dêdunung wontên ing pulo Jawi, ing Madura, ing Sumatra, ing Lingga, ing Borneo, ing Makasar, ing Ambon. Ing timur sabawahipun, ingkang kalêbêt dados laladanipun ing Nèdêrlan Indiya, mila tiyang Wêlandi, tiyang Arab, tiyang Koja, tiyang Kêling, sarta pranakan, botên kalêbêt nama tiyang Jawi, amargi bôngsa punika utawi lêluhuripun dèrèng lami anggènipun sami dhatêng saking sabrang, ananging tiyang Bugis, tiyang Makasar sasaminipun, sanajan botên wontên ing tanah Jawi, inggih ugi kasêbut ing nama tiyang Jawi, awit nagarinipun kalêbêt dados [da...]

--- XV ---

[...dos] laladanipun ing Nèdêrlan Indiya, wondening ing khukum ingkang dipun wastani sasaminipun tiyang Jawi, punika sawarnining tiyang ingkang agami Islam, utawi agami sanèsipun, aliya saking ingkang agami Ngisa, utawi Yahudi, mila tiyang Arab, tiyang Koja, tiyang Cina, tuwin tiyang Kêling, sanajan salugu dede tiyang Jawi, inggih ugi kawastanan saminipun tiyang Jawi.

Ghrivir: carik agêng ing pangadilan.

Budhêlkamêr: ingkang ngawasani barang têtilaranipun tiyang Cina, tuwin tiyang agami Islam, ingkang pêjah botên mawi tilar sêrat wasiyat, punapadene angawasani gêdhong pancèn panggenanipun tiyang Cina, sarta tiyang Jawi sasaminipun, ingkang malarat utawi sakit ewah.

Budhêlmistêr: sami kalihan budhêlkamêr mau.

Bumi desa partikêlir: siti dhusun ingkang kapulasara utawi katanêman ing tiyang, ingkang botên lumampah ing damêl, pikantukipun siti

--- XVI ---

wau sarana saking tumbas, utawi saking maosi, kosok wangsulipun siti guphrêmèn, inggih punika siti ingkang kaêrèhakên dhatêng priyantun abdinipun kangjêng guphrêmèn, paosing siti dados kagunganipun kangjêng guphrêmèn.

Bêbênêran luhur: lêlêrêsan Wêlandi ing Bêtawi, dados pangagêngipun sawarnining ênggèn lêlêrêsan ing Nèdêrlan Indiya sadaya, ing têmbung Wêlandi nama uhghêrèh sêhof.

Bêbênêran midêr: pangadilan priyantun nyêpêng lêlêrêsan midêr, ingkang anglêrêsi wontên ing bawahipun piyambak-piyambak, ing têmbung Wêlandi winastan rèhbang van omgang, wondening priyantun nyêpêng lêlêrêsan midêr wau ing têmbung Wêlandi omghandhê rèhtêr.

___________