Supit Dalêm Amêngkunagara V, Padmasusastra, 1899, #32

JudulCitra
Terakhir diubah: 28-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pakurmatan Supit Dalêm Kangjêng Gusti

--- [0] ---

Sêrat Pakurmatan Supit Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara V
Sudibya Rajaputra Narendra Mataram.

Kawêdalakên sarta kaêsahan kasusastranipun dening Ngabèi Wirapustaka abdi dalêm mantri Radya Pustaka ing Surakarta.

----------

Albert Rusche & Co.
SURAKARTA
1899.

--- [1] ---

[Grafik]
KANGJÊNG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM HAMÊNGKU NAGORO V. SUDIBIO ROJOPUTRO NARENDRO MATARAM, DI SURAKARTA.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Sinom

1. murwaka sêkar sri nata | nêtêsing kata kinapti | nupta samapta mangripta | agnyaning sang inastuti | satata pinarinci | wijanging kata jinujut | mojud dèn ajap pêncar | mancur pancêre tan cicir | ngoncèr ngronce cara caranging carita ||

2. mardi mardawaèng basa | sabisananing alêwih | lêluwang sadu sudibya | sang para paramèng kawi | kawilêt lukita di | ngilut miluta linulut | mulêt lumêkêt sida | sinidi sêdya dinadi | dining kanang kaonang-onang ing jana ||

3. anèng anunging manungsa | sang sudarsana ngayomi | winayang musthika maya | muyêk sangkayaning yakti | tinayuh sri dumadi | kinudang-kudang tarkadung | kadungkap kang rinaras | rêrasanirèng praja di | nagara gung Surakarta Adiningrat ||

4. ing măngsa nalikanira | panjênênganing narpati | Pakubuwana ping sanga | nugraha wahyu ngayomi | praptèng măngsa puniki | pan jumênêngira sampun | nênggih salikur warsa | lulus lêstari basuki | amêmayu rahayuning garwa putra ||

5. myang santana kawulendra | tan kurang kapara lêwih | kwèhning baksana busana | samya sumurup wong cilik | saprentahing nagari | nglakoni sawajibipun | rundha myang jaga marga | yèn dalu sarupaning ting | ting palêncar pinanjêr sawêngi pisan ||

6. tan karya sangsayèng

--- 4 ---

driya | padhang dhanganing lumaris | palarisan kinarakal | karikil uruging margi | pinggir kinalèn mili | ilining toya tan ruruh | ing lurung-lurung larang | larah baladhêring siti | ing satindak karisik rêsik adhahas ||

7. tan luluh gêlênging kisma | sanadyan mangsaning riris | ginarap pinardi yoga | kinirih kêmbonging warih | lamun ing măngsa katri | maruta kang nêmpuh lêbu | malêdug ambèr ambyar | linêban kinèn nyirami | dening para ing mong wisma pakampungan ||

8. binage bageanira | sabubuhannya pribadi | winaratan amèt toya | ginêmbor ambaning margi | mangkana ing salami | sêlaning karya tinamtu | têtêp kang manakawan | ngapêdhak miwah makathik | sarupaning janma kang nora ngawula ||

9. samya sêngkut ngupa jiwa | sakuwasane ing kardi | panggaotan warna-warna | sanajan manjak ngajoni | arang tan sudi kardi | mangkono lêgêtanipun | iya măngsa punika | ngrêmbaka arjaning nagri | amêpêki rupaning barang tinumbas ||

10. kwèh bangsaning bêbêlingan | lan sêsotya rajapèni | wêtoning praja mya liyan | guru-bakal guru-dadi | nakoda samya prapti | wêwade daganganipun | ginêlar ngandhar-andhar | ambukak toko rut margi | katrêm padha karasan tan arsa lunga ||

11. jênak samya omah-omah | saking gêgramèn lumaris | anjirap wong sêsadean | cangkêm karut turut margi | pinikul myang dèn indhit | wowohan lan kang kinukus | andhèr dhasar sor wrêksa | sabên seyub dèn [dè...]

--- 5 ---

[...n] ênggoni | nora bubruk pasthi payu tan atuna ||

12. jalu wanita kang dagang | kulak gêlis adol laris | tan ngêmungkên jroning praja | sanajan jaban nagari | mèh nora mrabedani | kathah ingkang samya marung | pangason wong lumampah | kang adoh parane sami | para nambutkaryèng tani têtanêman ||

13. lumrah desa ingadesa | tan ana bêra salupit | tulus kang tinandur samya | cêcukulan kang sinabin | gadhu walikan gagi | myang palakirna gumantung | kasimpar karowodan | tumuwuh tibaning wiji | slamêt kongsi angundhuh praptaning măngsa ||

14. andêmênakakên manah | bêbasane angêmohi | malantrah ing padhusunan | arang kang kênèng gêgêring | wong tani dhangan dhangir | omah sabin sabiyantu | nyangkut pacule tan wal | garu maluku ni-ani | gêntang ngintêr jalwèstri têgên ing karya ||

15. pratăndha ingkang mangkana | tuhu arjaning praja di | wit saking para ngawirya | panggêdhe sangêt marsudi | tata têntrêm pinurih | rinusak janma laku dur | dursila tyas kumêlap | silulup kasêlip-sêlip | sêlap-sêlap sasolahe kawadaka ||

16. kirdhaning pangendra jala | jinala saari ratri | têrang pasanging pangrêksa | satata tiniti-titi | titi katinatali | talitining pratiwa nut | suyut jrih asih dahat | mring risang anindya mantri | kang winênang tinitah matah parentah ||

17. mamrih wruh pakaryanira | pra priyayi amigati | pasebane winajiban | myang saos jagi nagari | têtêp mantêp nêtêpi |

--- 6 ---

sapakaryanira kang wus | pinasthi nora pêgat | pangastawanya ing gusti | risang karya sarkaraning kawibawan ||

2. Dhandhanggula

1. saking panjênênganing narpati | panatane ing wadya sêmbada | condhong lawan warangkane | nênggih sang nayaka nung | myang sadaya para bupati | samya mangayubagya | mawastu mawantu | mring tata karta raharja | kalêksanan karaton katon lêstari | dening sang amongpraja ||

2. kawaratan pranatan basuki | lumebar mring desa ingadesa | wong cilik salamêt tyase | risang para ngaluhur | golong gilig saeka kapti | mangkana ing alama | kapyarsa misuwur | pawarta ing sanagara | praptèng praja pasisir măncanagari | samya ngêgungkên pudya ||

3. ring paduka kangjêng sri bupati | ngayubagya lêstarining karsa | karsane marsudi ing rèh | rèhirarsa mêmangun | mangunboja wiwahaning sih | sawadu wandawadya | wau ta winuwus | wus mèh parêk ing pakaryan | tinartamtu karsane jêng sang siniwi | wiyos ingkang timbalan ||

4. marang sira Jêng Radyan Dipati | Sasranagara mantri wisesa | winawastu saèstune | ing tanggal kaping pitu | căndra Sura Anggara Kasih | mancad windu Kunthara | mongsad wuku Dukut | Alip sangkalaning warsa | sarupaning uwong pangèsthine sami = 1811 |[1] mênangi ing supitnya ||

5. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | nênggih Anom Amêngkunagara | sudibya rajaputrane | narendra ing Matarum | jroning praja sampun miranti | sudhiyan pakurmatan | tan kurang kinayun | mêpêki

--- 7 ---

mawarna-warna | barang adi-adi wêwêlingan saking | nagari ing Eropah ||

6. sadayanya sampun sami prapti | linêbêtkên marang purantara | wus tiniti tinatampèn | kang darbe wajib sinung | nambutkarya angrêrêsiki | wuwusên ri Salasa | tanggal ping tri likur | Bêsar Jimakir warsăngka | sèwu wolung atus sadasa miwiti | nayaka bêkêl pura ||

7. wadana galadhag kalang sami | angrarukti rêrêsik panggonan | nênarubi sêdayane | ênggon rêratêng ngukus | myang padusan rinakit-rakit | panggonan kang abela | pinasang winangun | ênggoning găngsa sakatyan | analêsi maligi sasanèng supit | sêngkut anambutkarya ||

8. jroning pura sampêt ing pangrukti | gêdhong-gêdhong satêpining natar | kori-kori sakwèhning hèk | paningrat sri dinulu | ing magangan myang srimanganti | ingêcèt tan abeda | seta linis biru | sarupa lir jumantara | katêrangan ing jaladara sumisih | kesisan samirana ||

9. andrawina sanasewaka ji | lan parasdya miwah prabayasa | maksih tan owah lir biyèn | lulus pulase wungu | mêngês-mêngês amardapèng jring | pêrada sumaringah | lir kêncana mancur | kasabêt prabaning surya | maya-maya sawiyah kaya sinangling | liniling sangsayendah ||

10. kiwa têngêning parasdya mawi | wuwuh pinaranan ginêbyog ram | dumunung paningrat kilèn | mangalèr ujuripun | sapupute ing kanan kering | ginardhe dhasar dhamas | biru cinorak lung | kalambu gubah [gu...]

--- 8 ---

[...bah] binêlah | kayu apu wêwiron pungkas winingkis | pinêkak pinusara ||

11. riyêp-riyêp sing mandrawa kèksi | panyeronging kalambu binêlah | lir lêlayu angêlèwèr | linciping dhuwur mancut | kadya braja sutikswa lungit | tinulya-tulya endah | pendah suwarga gung | gênggêng sanggyaning rêrênggan | sanggèn-ênggèn sinidikara mêmanis | nis saruning paningal ||

12. kawistara srining sarwa-sarwi | wêwilangan ing alama-lama | durung ta kadi samangke | jumênêngira prabu | kaping sanga pakuning bumi | nagara Surakarta | katongton linuhung | ginagas lir caritèng srat | Bratayuda nalika Sri Dwarawati | sipêng nagri Ngastina ||

13. ing rat Jawi tuhu tanpa sami | hèh sanadyan panggunggung punika | yèn jomblah lan parincine | baya tan tibèng luput | saupama maksa pinurik | sruning pangêla-êla | kewala sakayu- | ning sang aparing wancahan | baborèhne pun makirtya dumadyabdi | kudu yèn ngêgungêna ||

14. ya ta wau wus prapta ing ari | Rêbo Wage tanggal ping sapisan | sasi Sura Lip warsane | sèwune wolung atus | lan sawêlas ăngka lumaris | wanci surya lumarap | anuju jam catur | kagungan dalêm gamêlan | kyai kutha windu windusana sami | nèng bangsaling pradăngga ||

15. tan akandhêg munya rina wêngi | tinabuh niyaga kadipatyan | tan akêmba panabuhe | bêbuka nguyu-uyu | angayêmi swara ngrêrangin | angine kang amêncar- | akên sruning êkung | kongas mingis [mi...]

--- 9 ---

[...ngis] ngêsing raras | rarasing tyas suka wong sadalêm puri | para nambadèng karya ||

16. nata natani titi nastiti | tata satataning dhatulaya | kamantyan lêngêng rêsmine | pinantês-pantêsipun | sampun prapta ari Rêspati | sri nata siniwaka | mring pandhapa agung | para jêng pangeran sowan | myang kawula kadi sowan Sênèn Kêmis | wau ta sabibarnya ||

17. misih ajêg pra migatèng kardi | kongsi prapta ing dina Jumungah | saya kèh kang nambutgawe | ya ta samana sampun | nênggih prapta ri Saptu Paing | ing tanggal ping sakawan | nuju jam asthesuk | jroning pura wus samêkta | ing panata pinatah-patah miranti | siyaga rinarêngga ||

18. palataran rêsik gumarining | ngilak-ilak lir gisik samodra | sapêthêt tanna rêgêde | kêkayon ayom seyub | purantara raras rêspati | patut saistha cêtha | narênthêng ngênguwung | ngawêng mraba kaprabawan | bawane sang awibawa ambawani | jro pura tinatanan ||

19. langên găngsa kyai kadukmanis | manisrêngga manggon ing paningrat | lan sewaka kidul kilèn | binubuh kang anabuh | lan musikan sampun cumawis | manggon nèng palataran | sakiduling panggung | sampêt saliring sudhiyan | măngka mangke nênggih kinarya ngurmati | sang badhe sinupitan ||

20. wus awiwit sajêroning puri | para sowan sampun sami prapta | munggèng palataran andhèr | sapangkating alungguh | kawulendra myang santana ji | Jêng Pangran Suryatmaja | risang narpasunu | anênggih [a...]

--- 10 ---

[...nênggih] kangjêng pangeran | angabèi lan para pangeran tuwin | riya nginggil sadaya ||

21. amangagêm bêbasahan sami | ngliga sarira pisowanira | mungging têpining lojèn lèr | para santanèng prabu | lawan lurah urdênas munggwing | sor wrêksa palataran | sang warăngka prabu | kangjêng radèn adipatya | nênggih Sasranagara myang pra bupati | lan manggalèng prawira ||

22. Jêng Pangran Purbanagara tuwin | owrêstêh Arya Cakrawinata | myang pra mayor sadayane | nunggil pasowanipun | ing sapangkat ngundha-usuki | nèng plataran ngutara | susila mabukuh | kadya konjêm ing pratala | dene para kaliwon kaptin upisir | kadhèting pra prawira ||

23. ugi sowan nèng nataring puri | jirap atap ing sapangkat-pangkat | agêng ing pangagêmane | pra gusti radèn ayu | wus busana sadaya sami | kalawan para garwa- | ning pangeran sagung | Dyan Ayu Sasranagara | ginarubyug wadana kaliwon èstri | sadaya malbèng pura ||

24. marak marang ing sasana adi | badhe ngiring risang prabwatmaja | sinêngkêr mring dalêm gêdhe | lênggah linamak babut | nèng pandhapa sasana adi | putri samya sumewa | jêng gusti dibya nung | wus angrasuk busanendah | dining warna nyamping prangrusak kalithik | cêtha malinjon wijang ||

25. singsêt paningsêt mubêt tapsirih | rèh sanyari udhune tinundha | awungu dhasaring cindhe | acorak kupu tarung | nyamping nginggil linangkib sadim | dumêling pèk tumumpang | pêng irêng baludru | binalodir untu walang | milangêni [mi...]

--- 11 ---

[...langêni] katimang sinilih asih | mirah lawan sêsotya ||

26. lèrèp mêkak nyeronging pangasih | sisih karsèt tibèng cêthik kanan | naga taksaka binggêle | catur sêsupe tajug | sangsangan mas rante pinuntir | sindhêtan tibèng jaja | cundhuk srat palêngkung | ngongkong sisik pênyu sêkar | sêkar mompyor ting parêlik lir malathi | ukuping pajungutan ||

27. kiswa kinajuman srat panitis | tatas atap salêr tan salenca | licin numpa pangêluse | alus lurus sinarju | arja kadhal mènèk pinati | panêtêp sinasotya | sotya kwèhning cundhuk | mindha puspita tinata | têtalining wèni sinungan paniti | amrok kang sêkar goyang ||

28. inggahing ukêl ingkang manginggil | nguwêng ngawêng ngaluwêng mangiwa | narampad karna keringe | rumambat kang tinurut | palêngkunging sêrat tinitih | natrap pungkasing kiswa | sumalêmpit kinrul | tibèng athi-athi kanan | têtasikan mănda warata tan dêlpis | sumilak kang wadana ||

29. amradipta gumêlaring liring | lire kadya candrama nirmala | milangêni ing sarate | runtut imba sinêmbuh | imbuh mimba amangot wingit | lêlathi jring mardapa | mêngês sêmu wungu | liniga sariranira | wêwangkingan sinalorok sêsotya di | ladak warăngka ladrang ||

30. sinêlut ing jêjêr tunggak sêmi | sêmu mili gêbêgan gumilar | lir kaca kêna dèn angge | angilo kinclongipun | pangrasuking busana lêwih | pan sampun paripurna | mung ngêntosi dhawuh |

--- 12 ---

timbalan dalêm sang nata | dene para ingkang bela dhèrèk supit | santana myang kawula ||

31. winatara kalih atus luwih | sinêngkêr nèng sana di gyanira | putra dalêm sang pamase | kang sarêng supitipun | kangjêng gusti pangran dipati | yèku Dyan Mas Satriya | nulya arinipun | Dyan Mas Sudarmadi nama | nulya Dyan Mas Sudarmaja Sudarmaji | mangkana sri narendra ||

32. lênggah majêng mangetan sang aji | sangajênging kori prabayasa | lêlamak babut ginandhèng | dhêstharan sang aprabu | lênggah kering sang dayita ji | ing kanan sang umindra | gusti jêng ratyagung | lan Jêng Ratu Madurêtna | para putra-putri alênggah nèng wuri | ambanjêng urut wrêdha ||

33. sanggyaning kang para ruming puri | marak marêk marang sri narendra | samuwa pangagêmane | sarwendah kang rinasuk | myang gêgănda jêbat kasturi | tumirah rum mangambar | ambèr ing kadhatun | gănda sumamburat ngabrat | winatara tabuh sadasa wus muni | sri nata anyundaka ||

34. sakêmbaran wadana pawèstri | Nyai Tumênggung Sêcadipura | Nyi Sana myang rèh-rèhane | puniku kang ingutus | ya ta wau lampahnya prapti | sana di wus samêkta | ing sapraptanipun | andhawuhkên kang timbalan | mênawi wus rampung pambusanèng dhiri | jêng gusti atmajendra ||

35. lan sakawan kadangira sami | tinimbalan ing rama sri nata | nuwun sandika ature | nulya jumênêng sagung | kang angiring pra gusti putri | orêg kang atut wuntat | lir sulung angrubung | marani sunaring pandam | para êmban wanita samyanjajari | lumampah [luma...]

--- 13 ---

[...mpah] lon-alonan ||

36. sêsiyungan ngarsa kanan kering | winatara sawidak pra êmban | êmban-êmban cindhe kabèh | anulya kang ingutus | lurah kalih Sumêdhang tuwin | Sarilaya wurinya | dwi nyai tumênggung | nulya jêng ratu bêndara | lawan Kangjêng Ratu Timur kang nisihi | mangapit kering kana- ||

37. nira jêng gusti pangran dipati | dene sakawan kadang wêkendra | sadaya munggèng wingkinge | pra gusti radèn ayu | anggarubyug samya tut wuri | pra garwaning pangeran | sêntana sawêgung | myang wadana kaliwonnya | samyandhèrèk risang sinêngkêr ing puri | gumrudug pra wanita ||

38. sri kawuryan dènira lumaris | wong tumingal jêjêl yêl-uyêlan | rêbut ngarêp ing karêpe | rantaban kadya sêmut | amarani ing gula milir | lêr mêlar nêring driya | kayungyun angrubung | bungah mring sang winiwaha | wahanane tan petungan kyèhning janmi | umiyat kang lumampah ||

39. saking dalêm ing sasana adi | mangetan tan putus trus naratas | jalatundha sakidule | jajaran banjur laju | nêkuk ngidul nataring puri | pênêrirèng parasdya | lan sewaka prabu | wau ta risang lumampah | praptèng kori wiwara priya jêng gusti | andana ingurmatan ||

3. Asmaradana

1. unining salomprèt musik | lêlah gêndhing Babarlayar | lir muji sung karahayon | binarung pradăngga munya | nganyuting swara raras | iyêg iyaga sumaguh | panggah anabuh pradăngga ||

2. kapiyarsa saking puri | jumêngglèng sora swaranya | kagungan dalêm sakatèn [sakatè...]

--- 14 ---

[...n] | tinata ing siti bêntar | sawetaning witana | bangsal kinrobong winangun | ing cindhe cêndhani raras ||

3. unining găngsa sakati | kang gêndhing rambu binuka | cengkok têmbanging wirangrong | angrăngka wênanging bonang | tandhaning pasamuwan | wau ta sang narpasunu | wus angancik palataran ||

4. sadaya para sumiwi | ebah ing pilênggahira | samya anolèh mangilèn | tan lèn ingkang tiningalan | risang lagya lumampah | sinêngkêr ing suyasèng rum | prasamya ngênorkên raga ||

5. kadya sung pambagyastuti | sadaya kang masewaka | jêng gusti wau lampahe | praptèng sasana parasdya | plêg mêndhak mangastawa | ing rama jêng sang aprabu | umajêng lampah bocongan ||

6. pra êmban ingkang jajari | kandhêg têpining paningrat | samya mabukuh lungguhe | wanita kang sêdya miyat | kilèning andrawina | pipitan sêla gyanipun | pendah pêpanggunging wayang ||

7. orêg dhêdhêsêkan linggih | lambung modot gulu dawa | ngungak-ungak ting dangongok | kabèh wong sadalêm pura | datan beda ing driya | kudu amêndir pandulu | marang risang winiwaha ||

8. prapta ngarsaning narpati | nêkuk ngalèr mire ngiwa | apan maksih lampah bocong | miyos wingkinge sang nata | anyêlak sang umindra | lan pangapitira wau | tan pisah maksih tut wuntat ||

9. de kadang sakawan sami | alênggah nèng wurinira | kangjêng pramèswari katong | kang garubyug atut wuntat | para gusti wanita | minggah kang lênggah

--- 15 ---

ing dhuwur | jarambah prabasuyasa ||

10. tata sumiwèng narpati | para garwaning wadana | kaliwon nèng kajogane | pêpak pra kusumèng pura | panjrah lir puspita bra | byur ambabar marbuk arum | rum kentar ing samirana ||

11. nênangi kongas gănda mrik | maratani purantara | para sumewa kang andhèr | balabar ing palataran | pinaring pasugatan | wedang lumadi mangayun | pasihan sri mahadipa ||

12. tan pae jro suyasa di | paladèn dalêm sri nata | kasukan nèng dalêm gêdhe | tansah kangjêng padniswara | lan putri ari raka | tuwin pra jêng ratu ibu | sagung kusuma puraya ||

13. pêpêg nèng ngarsa narpati | samya andhèrèk kasukan | ngadi-adi busanane | kalangênan dalêm nata | ingkang sinarjwèng warna | busana sênên sumunu | sarwa-sarwi wus samêkta ||

14. anênggih badhaya srimpi | pêpilihaning wanita | nota mendah di warnane | sêmbada parigêl bêksa | ginêbyag rêrambahan | winong ing găngsa thinuthuk | isthane angêla-êla ||

15. lulut larase gumrining | abêning tumênggèng karna | sêdhêng tan mêndha sindhène | muluk wilête lêlamban | lumembak lêlumbungan | ing tawang sing doh karungu | rêrungon arum araras ||

16. rarasing badhaya srimpi | sarămpa ginantya-gantya | sêsêlingan lawan wirèng | wirangrong ingkang tumingal | mongol katarèng sila | solah kudu-kudu wêruh | wiragane kang ambêksa ||

17. malih winuwus jêng gusti | sinêngkêr sasananira [sasana...]

--- [16] ---

[...nira] | munggèng kamar gadhing manggèn | uga jroning prabayasa | mawarna cinawisan | busana kalangkung-langkung | pêpak sarupaning cita ||

18. sêmbagi prasman myang dhartis | ijo kuning seta rêkta | kulawu dadu biru nom | langking corak kêmbang tiba | tan pae băngsa sutra | binèri amunjung-munjung | sawitan nyamping rasukan ||

19. sinrêbedan mênthur putih | myang caosan srêbèd rema | pasuryanan apadene | brêsihan êmas sanglingan | miranti suri sêrat | panatasan lan pangêlus | tasik miwah parêmbugan ||

20. toya mawar găndanya mrik | konyoh nèng cupu kancana | lawêdan sari-sarine | sarananing paluluran | tansah sadina-dina | padupan pangobar ratus | mangkana sudhiyanira ||

21. sampe sampêt ing pangrukti | datan ana kaliwatan | têrus têrang pamirsane | mangun mêmantês mrayoga | ing prabayasa miwah | kabèh sajroning kadhatun | kang wênang ngampil parentah ||

22. Radèn Ayu Adipati | Mandayaprana punika | garwa narendra pangrêmbe | ngiras dadya anindyendah | iku kang kuwajiban | tampi pilapuranipun | sagunging para wanita ||

23. kang sami nambadèng kardi | kêdah têrang kauningan | mring radèn ayu patine | tuhu cukup cakêping tyas | bisa kamot karsendra | marma pinasrahan iku | dening jêng narpadayita ||

24. kabèh bot repoting puri | bang-bang alum-alum kasrah | ênggone mikir bêcike | sinungan ngampil wêwênang | minăngka

--- 17 ---

dadyêmbanan | sêsotyan nèng Kangjêng Ratu | Pakubuwana musthika ||

25. yèn priya kang mandhegani | kabèh sajêroning pura | kang minăngka landhêsane | dadya wadhahing parentah | sagunging panuwunan | miwah patêranganipun | pra priya kang nambutkarya ||

26. iya ingkang anglilani | Radèn Mas Tumênggung Wirya- | diningrat saondêr mayor | piniluta sinung wênang | nampani palapuran | myang ngudhar ribêding rêmbug | rinimbag gawe prayoga ||

27. mangsuli pra narpasiwi | kang samya bela pinarnah | nèng ngajênging kamar kilèn | ugi sami cinawisan | busana saprantinya | thèrèk pasareanipun | pan linajur urut wrêdha ||

28. tan wus winarnaèng tulis | pêpak sampêting busana | mangsuli para sumiwèng | samuwa wus wanci siyang | hyang surya manjêr nêngah | mangah mrabani sawêgung | gumawang saniskarèng rat ||

29. karatan ujwalèng rawi | mancorong pating pancurat | rêrêngganirèng kadhaton | ya ta priya kang sumewa | nalika kang pinatah | tugur ing jêng narpasunu | kabèh kalilan bubaran ||

30. brol mêdal saking jro puri | samya kondur sowang-sowang | parama siwakèng katong | amung Jêng Radyan Dipatya | Sasranagara lawan | nayaka para tumênggung | kaliwon praja myang desa ||

31. tan laju mundur mring panti | samya kandhêg ing paseban | byantu nèng alun-alun lor | mulur agolong bujana | ja na nênangi suka | suka pirênaning kayun | kayungyun mangun arsaya ||

32. lumayèng

--- 18 ---

driya nguryati | lêlangêning pra ngawirya | saking karsane jêng katong | marma datan walang driya | nèng alun-alun samya | nabuh găngsa ting carêngkung | wiwit ri Saptu gambuhan ||

4. Gambuh

1. cinrita pra tumênggung | ingkang samya makajangan sagung | kang ngagêngi nênggih Jêng Radyan Dipati | Sasranagara puniku | pêpatih dalêm sang katong ||

2. nayaka bawat wolu | jawi lêbêt ing saurutipun | bêkêl lêbêt bupati kaparak kering | anênggih pêparabipun | Radyan Mas Arya Kondhangjro ||

3. Jayadiningrat mungguh | misih santana dalêm sang prabu | bêkêl jawi bupati agêng kang nami | sira Rahadèn Tumênggung | Suryawinata kinaot ||

4. kaparak têngênipun | bupati jro Rahadèn Tumênggung | Purwadiningrat ingkang sinambat ing sih | gêdhong kiwa kang winuwus | apan uga bupati jro ||

5. mantu dalêm sang prabu | sarta kang pinaringan jêjuluk | Dyan Mas Arya Kartadipura lan malih | gêdhong têngên Dyan Tumênggung | Arjadipura bawat jro ||

6. jawi bupati sèwu | Arungbinang Radyan Mas Tumênggung | asisihan nênggih bupati panumping | sira Rahadyan Tumênggung | Prawiranagara kaot ||

7. myang Radyan Mas Tumênggung | Purwanagara kondhang praja gung | mangagêngi ing kantor bupati bumi | ulahing rèh praja putus | gagala gumulung golong ||

8. lawan pinundhut mantu | dening sira kangjêng sang aprabu | jangkêp wolu nayaka bawat bupati | anon-anon kang winuwus | pangrêmbene ondêr mayor [ma...]

--- 19 ---

[...yor] ||

9. Rahadèn Mas Tumênggung | Wiryadiningrat ugi pinundhut | mantu dening sira kangjêng sri bupati | anulya bupatinipun | mantri kadipatèn anom ||

10. anindya mantri mantu | Dyan Mas Arya Sujanapurèku | Dyan Tumênggung Wrêksanagara bupati | kambêng de wadananipun | gladhat nênggih maksih lowong ||

11. jaksa bupatinipun | Jaksanagara Radèn Tumênggung | nulya malih bupati bêkêl pulisi | Kartanagara Dyan Mênggung | waskitha kridhaning pandon ||

12. rumêksa jro praja gung | kitha Klathèn radyan mas tumênggung | kang misuwur Mangunkusuma pulisi | bupati majêganipun | yèku kang nyaoskên paos ||

13. nama Dyan Mas Tumênggung | Martanagara ing dhusun ngriku | kitha Kartasura bupati pulisi | anama Radèn Tumênggung | Dipadirja cinariyos ||

14. Sragèn pangagêngipun | bupati pulisi dyan tumênggung | angalela Wiryadipraja linuwih | gagatan Radèn Tumênggung | Bratadirja atur paos ||

15. ing kitha Ngampèl sinung | bupati pulisi dyan tumênggung | tuhu wasis Kartawadana wêwangi | ing Bayalali winuwus | bupati pulisi manggon ||

16. bisikannya Dyan Mênggung | Prawiradirja pangagêngipun | Pamajêgan dèrèng sinungan bupati | Sukarja pangagêngipun | minăngka bupati kliwon ||

17. nênggih jêjulukipun | Dyan Ngabèi Wiryakusumèku | sadayanya wau kang para bupati | kaliwon mantri panèwu | sapanêkarira golong ||

18. golonganipun kumpul | wadanane [wa...]

--- 20 ---

[...danane] dhewe-dhewe iku | kang sineba anèng makajangan sami | pan amung pangrêmbe iku | datan nèng alun-alun lor ||

19. nênggih pajanganipun | nèng magangan srimanganti kidul | nabuh găngsa datansah saari-ari | Bupati Magiri iku | tunggu pasarean katong ||

20. namane kang sinêbut | Nararya Prawirakusumèku | tugur nèng srimanganti malih mangsuli | lun-alun jro Masjid Agung | mas pangulu tapsir anom ||

21. katib ngulama kaum | sami kumpul makajangan ngriku | amêmuji wilujêngira sang aji | sami sapraja sinarju | jujur raharja rumojong ||

22. jumurung ing sakayun | kayumanan wiryaning kaprabun | timbun-timbun kawibawan angurmati | supite sang narpasunu | pangeran dipati anom ||

23. nămpaa nugraha gung | gunging karsa tulusa rahayu | aywa kongsi rèh sumirang murang niti | nêtês rinêksèng Hyang Luhur | kaluhuraning karaton ||

24. katongton sukanipun | para ingkang makajangan iku | jroning alun-alun lor tinata apik | pinagêr anaman apus | saguthêg winatês wêngkon ||

25. kori kinarang ing krun | saka sisih sawarna sinungsun | sunduk kêmbar jinajar rinuji-ruji | wijang sawujuding dhuwur | abundêr mungsêr lir wiron ||

26. pipining kori sinung | sênêng sunar pinandam yèn dalu | dêlêng dilah pandêlarira ngrong rakit | dene jro pajanganipun | lir mantu angundang dhayoh ||

27. paseban tinatarub | lurub jrambah ginêlar klasa lus | têpi têpung linampit [linampi...]

--- 21 ---

[...t] naman pênjalin | ing têngah sinungan bangku | agêng bundêre tan benjo ||

28. linamak sêpre bagus | barêgas pinggiring bangku têpung | anarithik thirik-thirik gêlas jinggring | bètêr sapanyê gur banyu | pêpak inuman ing êpot ||

29. salangan kancuh têlu | miwah hèr gêlèk kang isi banyu | banyu aès winadhahan pinggan bêling | ing têngah sêtrali dhudhuk | tan ngundhuk padhang sumorot ||

30. soroting dilah gantung | krun pandêlar ing pilar pinaku | kêncar-kêncar sinulêd kalane wêngi | ing pajangan yèn dinulu | dalu maraba byur obyor ||

31. mompyoring pandam murub | lir calèrèt cumalorot tarung | rêrujungan nèng tawang samya sêsiring | sorot ngujwalani lindhuk | mundhak dhanganing wong nonton ||

32. tinonton pagêripun | pakajangan saking doh kadulu | gênggêng gamêng lir prajurit pacakbaris | ing rananggana atêpung | marwasa dining palugon ||

33. wiwara kang sinung krun | kadyisthane bandera têtunggul | kyèhning janma ingkang samya nêningali | ing alun-alun lir alun | aluluh mili gumolong ||

34. saengga kadya mungsuh | ingkang kewran paraning palayu | wus kèbêkan kinêpung jinayèng jurit | gugup karungu jalêgur | têngara unining êgong ||

35. anggung sinenggol jênggung | kang pradăngga tinata tinabuh | ing niyaga agêndhingan solan-salin | sinêlan sapantêsipun | ing panabuh pelog slendro ||

36. swarane sora umyung |

--- 22 ---

sing kadohan tambuh kang rinungu | yèn pinaran blêng mlêbu pajangan siji | wijang cêtha ing panuthuk | tan saistha theyat-theyot ||

5. Pocung

1. datan ancung ing panabuh atut runtut | sapatuting raras | rarase anjapit ati | ati atis tatas katrêsan ing swara ||

2. swara arum rumarah marahi ruru | runtiking wardaya | sadaya lumayu ngênthir | thêr ambandhang kasandhung sindhèning tandhak ||

3. mandhak wuwuh tan ewuh kang samya rawuh | jawuh iya tanak | nunggoni talèdhèk ngêlik | ngaluk-aluk muluk wilête sêndhalan ||

4. lir kasandhung jêgagig galeyah ambruk | ngêbruki irama | rumambat kadhang ngèrèni | kalèwère tan ngalokor awilêtan ||

5. kabêh sagung pakajangan ngalun-alun | tan ana kang beda | naracak mangkono sami | mêminuman myang lêladèn sêsaosan ||

6. mamah-mumuh mêmêl lam-ulaman sêkul | dhaharan mawarna | kang kinukus kang pinêthil | pasugatan akèh pêpak rêrampadan ||

7. lumrah iku pasebaning pra tumênggung | anggung rinarêngga | rêgêng tinonton nglingsêmi | sêmuwane mawèh sênêng tyas kacaryan ||

8. marmanipun tan ana bosên kang dulu | jalu lan wanita | anom tuwa gêdhe cilik | linca-linci palêcut nèng pakajangan ||

9. mubra-mubru brêgasan panganggenipun | ya saduwèkira | tan ngêmungkên wong nagari | nadyan desa kang wisma doh samya prapta ||

10. sêja laju pakajangan [pakajang...]

--- 23 ---

[...an] kang jinujug | rina wêngi datan | kêndhat kang anêningali | suka tuku sêga iwak lan panganan ||

11. ambarubul wong dodolan kang pinikul | miwah ginendhongan | kang sinunggi kang ingindhit | angidêri dalidir adol idêran ||

12. nora kathung malah untung bathi gulung | saking kwèhning janma | kang nonton samya nglêboni | kabèh kambah sabên paseban sinaba ||

13. parlu ngrungu unining găngsa linulut | linut sinindhenan | ing swara rum-arum manis | raras buntas gêtas rênyah muluh rêmak ||

14. kang andulu têtakon mring rowangipun | paseban punika | kèh têmên para bupati | amrangangah gumêrah sami mong suka ||

15. napa niku lurugan bojananipun | sira kang tinanya | mangsuli puniku adhi | pakajangan pulisi milane kathah ||

16. pra tumênggung pidalêmane ing dhusun | pranatan nagara | pakajangan dadi siji | mor bêkêle bupati jroning nagara ||

17. manthuk-manthuk kang tinuturan sumaur | e layak ta kathah | dadi bupati pulisi | nora mungkur amor pakajanganira ||

6. Pangkur

1. maksih ingkang cinarita | pakajangan saya kèh wong kang prapti | anonton tontonanipun | sawêngi tan akêmba | angidêri sajrone ing alun-alun | ana kang samya rêrasan | kawêtu rasaning ati ||

2. botên ta kang sing ditata | èntên bangku niku mawarni-warni | pêpak winadhahan gêndul | wangunane inuman | rowangira sumaur anambung wuwus | iya iku [i...]

--- 24 ---

[...ku] kang minăngka | sugatan pajangan iki ||

3. kang inginum raning konyak | brèndhi pardhom raoyal lawan malih | larondhê lan konyak burung | anisèt anggur abang | anggur putih portuwin miskat soternus | anggur asêm lan madherah | mirêmut sapanyê êbir ||

4. sêtrup wuni sêtrup mawar | limunadhê tamarin mandhêl panil | salaromin lan gasiyus | banyu ès parongkolan | lan janèwêr apea ingadon iku | binètêran lung kapita | boneka lan arum ratig ||

5. sugata kabèh mangkana | kang kinandhan malongo pan durung wrin | dadi bangêt gone gumun | we tobat dene kathah | warna-warna inuman ingkang ginêndul | kang tinanya malih nabda | durung pira iku adhi ||

6. luwih manèh jroning pura | pasugatan dhaharan kang binukti | myang warnane kang inginum | pasthi ngluwihi ika | lawan iki pakajangan ngalun-alun | ya ta wau wus antara | titi sonya têngah wêngi ||

7. sakala tanpa sarănta | praptaning kang prahara mawa riris | păncawora sindhung-riwut | ruwêt mawut warata | talêthike jawah sumawur kalesus | mêsês ingkang bayu bajra | andhêdhêt ing awiyati ||

8. pêtêng datanpa trênggana | kalamukan ing mêndhung andhatêngi | kumilat-kilat ing pagyut | kumupak kang kupaka | gumaludhug galêdhêging kang galudhug | sangsaya drês aliwawar | sumawur kaworan riris ||

9. rumaras wit kadya sêmpal | kapêrapal sumiyut tibèng siti | lir tatas [tata...]

--- 25 ---

[...s] gêntyar tinutuh | kadrêsan drêsing barat | kadya gonjing kumocak ombaking alun | lir kêlun bantala molah | kumilat kang kilat thathit ||

10. jaladha ing antariksa | kamarutan kumantar kentar-kentir | gêntar wus tar karya siluk | sumilak anirmala | milangêni kumênyar prabaning susup | kawangwang tawang sumrawang | wangune sudama kèksi ||

11. sampun sampurna waluya | gara-gara ingkang anggêgirisi | lir minantran katrangan truh | katrêpan tyas tumanggap | pan ginagas-gagas gagasaning kalbu | praptaning kang păncawara | warata riris mor angin ||

12. bayèka prabawanira | kang kagungan karsa mêmangun ing sih | wiwaha bojana kumpul | ngurmati sang sudibya | sinupitan mangkono janma linuhung | ingkang winongwong Hyang Suksma | sabarang karsane prapti ||

13. lêstari datan nangsaya | malah-malah mawa prabawa wêrdi | iyèku kadadènipun | jêng ulun sri narendra | Pakubana kaping sanga tuhu lamun | kinasihan ing Pangeran | saking paramarta ngadil ||

14. satêngah ana rêrasan | angèlingi caritaning Matawis | jênêngan Jêng Sultan Agung | kagungan pawong mitra | băngsa alus nênggih Kangjêng Ratu Kidul | ngadhaton jroning samudra | mênawa isih lêstari ||

15. ênggone apawong mitra | lan sri nata nagri Surakarta di | dadi gara-gara iku | mênawa praptanira | Kangjêng Ratu Kidul ratuning lêlêmbut | martuwi mangayubagya | mring risang winiwahèng sih ||

16. mangkana panggagasira | ya ta wau [wa...]

--- 26 ---

[...u] wus wanci saput siti | rêpêt-rêpêt mèh mabangun | pêdhut angampak-ampak | mupruk kupêng kêmput satêpunging gunung | wening wrêstika tumilas | têlas maratani kitri ||

17. katrêpan witing mandera | wringin ngalun-alun lor dèn encoki | paksi glathik kuthilang kuk | garija kacêr prênjak | cocak cêlak jalak pênyu bêrkutut kung | samya umencok ing êpang | angêpung wohing waringin ||

18. wit tangi tan arsa lunga | kalumpukan kadya wiwahèng bukti | bojana sagolongipun | ngucap ngocèh cut-citan | singga guyup mangayubagya kayungyun | anggege nuli-nulia | prapta ri Anggara Kasih ||

19. sampun raina sêmu bang | hyang raditya mungup udayèng giri | gumriyêng kalingan lamuk | ngalêmêng manguwêngan | rêmêng-rêmêng ngrêgêmêng durung sawujud | lir rara kênya anendra | singêpe maksih nutupi ||

20. mung salêkêring wadana | katon rêmu-rêmu setèsmu kuning | kênèng warataning pupur | duk arsa mapan nendra | têtasikan garinge nora rinêmbug | rumêmbêt rêmbêting surya | maksih kadya dèn alingi ||

21. suwe-suwe kamarutan | mirut miris irawan kang ngalingi | ngalela katon sawujud | wijang hyang bagaskara | kawaratan sèsining kang buwana gung | kang siluk mêlok sumilak | kapraban ujwalèng rawi ||

22. sumilir samănda-mănda | samirana sumamar mara midit | angirid sarining arum | ingkang lagyanjrah mêgar | ragaina malathi kalak lan mênur | adhaliyah sumarsana |

--- 27 ---

marliyat tongkèng taluki ||

23. angsana lan nagapuspa | jănggamure rêjasa găndasuli | kêmuning kênanga tanjung | gambir gambira ngambar | anggrèk wulan wilasa sêkaring gadhung | myang kênikir kanigara | păncasuda pudhaksili ||

24. galingsên ing purtèl dangang | kacêpiring saruni măndhakaki | argula lan maradalu | warsiki pacartoya | larakêndhat prabusèt lan capakandul | tarate wora-wari bang | soka lan noja srigadhing ||

25. katub sarining puspita | mêgar lan kang lagya mèdêm myang kincip | cumipta lir kumacèlu | muga ta kaagêma | sangsangan sang sinupitan sang sri sunu | saliring kusumèng praja | ingingsêpa kang pinurih ||

26. kadya mangkana lirira | karya sênêng lun-alun ing pangèksi | ing têngah waringin kurung | kinarang sampun dadya | sinantunan pancak suji wêsi bagus | nênggih wêwêlingan enggal | pancak sujining sitinggil ||

27. iku uga sinalinan | wêsi sinung jêjênêng dèn cèt sami | seta sinêkadhèn biru | tan pae wringin kêmbar | pambabare nênggih nyarêngi puniku | nalikane pasamuan | ya ta wau kang winarni ||

28. wêngine tan cinarita | tanggal ping nêm ri Sênèn jroning puri | boya miyos sang aprabu | aparing marma marang | para garap kang nambadèng pakaryan gung | manggung sewaga sugata | tumaruna narambahi ||

7. Sinom

1. asri sumawur kawuryan | sauparêngganing puri | tarêtêp soring paningrat | nut bênêring saka wêsi | cinagak sinungan ting | lawan minăngka [minăng...]

--- 28 ---

[...ka] puniku | jêjênênging tuwuhan | wohing roda mala kuning | wus pinasang-pasang pisang sinangsangan ||

2. srakit cêngkir puyuh dênta | lan têbu hèrjuna kuning | tinonton saking mandrawa | kadya giri langênsari | sariraning rat Jawi | tuhu murwendah dinulu | lir purnama nirmala | malige sasanèng supit | wus pinasang sinung aran maderêngga ||

3. munggyèng madyaning plataran | wetan sanasewaka ji | tèmpèl têpining paningrat | sinipat adêge sami | lan têngahing pandhapi | gêgodhaging sakaguru | janggarang tiningalan | ungêling caritèng nguni | durung ana sasanèng supit kadyeka ||

4. pinasagi grênging wisma | dhapur mirit witana lit | tiga gajahe jinajar | sinaji kalih angapit | mirit ing kanan kering | kinarang kang têngah munggul | agênge winatara | tri asta mubêng pasagi | undha-usuk lan kang ngapit kering kanan ||

5. isthane ngardi sarêmbat | baturing made dwi kaki | kajog guthêking pathika | sinung hèk têpung malipir | pêgat kinarya manjing | catur wiwara pinlêngkung | têbêng kinara wistha | istha gêgêmpuring ringgit | rênggêt mukêt sinêkar matra kusuma ||

6. sumaringah mangah-mangah | mrangangah surêmira nis | nènès wênêsing prênisan | sumyaring parada kuning | sumênêng kaluwênging | lawang palangkahan langkung | lor kidul kulon wetan | sinung dhak-undhakan sami | tinawingan rinuji-ruji karêstal ||

7. binulêt sakyèhning saka | sêsikon umpak rinujit | sinaji sajak modangan | pêpagêr [pêpa...]

--- 29 ---

[...gêr] pinggir ingukir | mungkêr angêlung pakis | kikise ingêhèk bagus | megos kadyèng anjangan | lênjanging patra sumêmi | mulêt kêkêt tumali salin salaga ||

8. lênggang lungguh lunging lata | cinèplês pinulas wilis | lis-lisan sanggya pinrada | dadi jo têtêmon kuning | kanang kênèng pangèksi | mangaksama riyu-riyu | rênyêp lir pahyas ingkang | pangantyan sêsanti panggih | lungguh munggèng sangarêping pakobongan ||

9. priyane ambajong ulat | thikil panggagasing ati | angantak-antak driyarda | kumudu matgatèng gati | gitaning sanèng supit | sampêt payone winuwung | wuwunging made têngah | majupat tinitih dening | nagaraja angga pinarada mubyar ||

10. byur kadya mas sinanglingan | ing gigir mawa suwiwi | binabar mêkar kirab lar | lir tilar sami lar maring | ngambara ngawiyati | dadi sisik lir sinusuk | sêsêg ngalingkab mêngkab | analeram balêrêngi | murêrênging netra ngatirah lir mirah ||

11. kengis mringis ngisis jatha | cêtha pêthit ngrompol nginggil | ing wuwung payoning têngah | sinung mustaka lir masjid | sawujud katon asri | sarana bungkak pucak krun | punikèstha makutha- | ning Sri Mahraja Walandi | maderêngga sajroning pinriyêmbada ||

12. kinalambu dhasar dhamas | ginardhe kurdhèn trus wilis | ngathepyah gubah binêlah | sinêlah langse linungsi | lêlungsèn linastari | tinarung tinali wangsul | angsal linuding saka | sakèh pusara sarimbit | rumanbate[2] lir lung gadhung tumaruna ||

13. rinaras [ri...]

--- 30 ---

[...naras] pungkas tamparan | ngrêrompyoh mari sawuli | winilang pyaning payonan | rinupa ron rumambat wit | ngrawit sinawut sawit | cèt irêng pyan biru laut | lautan lir wiyat trang | têngah sinungan sêtrali | krun ginantung lir sudama wiji kapas ||

14. rata sajroning jarambah | kambah babut prangwadani | praptèng tundhaning undhakan | udhune sinênêng dening | barlin gilig sinangling | mojok pancadaning suku | sakanan keringira | gupala gung ngapit-apit | rêrakitan rêca cara prajurit Rab ||

15. busana sinungan kopyah | rêkta kinonceran langking | kinalambèn sadariyah | jo gêndul pinggir kinurcis | têpung mubêng matang dim | rangkêpan kotang tinumpuk | ing jro ijo taruna | lawan baju cêkak putih | bênting kuning ubêd tri nyangkêlit pêdhang ||

16. abang mangah lancingannya | cancing cècèg panji-panji | cêkak cinengkok kêspêran | garês kinaosan putih | pidaking pada kèksi | sinêpatu kamus jamus | asta sasisih nyăngga | ngarompol kruning sêtrali | katalika lir pendah angundha gada ||

17. baune ingkang satunggal | angrangkul pisang sawiji | têtuwuhan maderêngga | têkuking asta kaèksi | tumawing kadya nangkis | kêclaping braja lumaju | sami sêmuning rêca | rêricikan angrêngoni | ngunêg-unêg mring singa kang salah karya ||

18. saparsa manjing tinulak | kadya kêprus dèn tibani | kruning pandam kang dèn asta | tur godhèg wok kumbala bris | jangês kadi minangsi [mi...]

--- 31 ---

[...nangsi] | lir solah sarigak saguh | minggah ngasmarèng laga | lêga dir tan duwe wingwrin | tan watara sêmune santosèng yuda ||

19. tuhu murwendah sakathah | ing rênggan maderêngga di | kajaba kang wus winarna | ing paningrat dèn wêwahi | made katon rêspati | tinaratag sing winiru | saka sami paningrat | limasan wanguning panti | putih cète sinêkadhèn biru tuwa ||

20. tinon lir wisma topengan | yèku kang minăngka dadi | yub-eyubing maderêngga | supaya aywa karawi | ugi linangse sami | seta dhasaring kamardhug | pinêkak pinusara | sarana pungkas winingkis | megos ngayu apu katêmpuh pratipa ||

21. kumitir lir ngarsa-arsa | nuli kanggea ngaubi | risang arsa sinupitan | tan pae rêrênggan sami | kabèh sajroning puri | kayungyun angayun-ayun | baya ing benjang enjang | talanjang sidaning kardi | mendah-mendah sangsayendah maderêngga ||

22. karobongan wus pinasang | gon santana bela supit | anèng kadipatèn wetan | lan ênggoning para cilik | rinêngga sawatawis | sasanèng supit pan sampun | sampêt mawarna-warna | ing sarat-sarat sêsaji | lan palèmèk pêpak sadaya tinata ||

23. princining sajèn isarat | tan susah winarnèng tulis | saking kyèhning luwih adat | kutug padupan tan kari | kumêlun amulêki | kukuse kang mênyan madu | candhana ratus gănda | kongas mring grana nanduki | kadya ngingsêp ukêling dyah sinêkaran ||

24. ya ta

--- 32 ---

ingkang winursita | risang sinêngkêr ing puri | wanci sore pukul lima | têdhak mring panêpèn apti | siram dipun jamasi | para sêpuh radèn ayu | ngampil pirantinira | ingkang kajibah jamasi | Radèn Ayu Dipati Mandayaprana ||

25. iku tansah atut wuntat | awit rumiyin ngêmpèngi | nêsêpi jêng sang sudibya | marma nalika puniki | sinêngkêr kangjêng gusti | minăngka pamomongipun | nênggih pantaranira | putrane dyan ayu pati | seda timur nama Radèn Mas Sunata ||

26. malih ingkang datan pisah | inya dalêm kang sayêkti | sira Dyan Dayapurnama | garwa pangrêmbe narpati | yèku ingkang piniji | among mring sang narpasunu | inya dwi datan pisah | mawi êmban-êmban sami | cindhe abrit mandhala giri puspita ||

27. kang tansah malih tut wuntat | êmban ngarsa awêwangi | Dyan Ayu Amongsaputra | êmban-êmban cindhe abrit | tiga puniku sami | nalika sinêngkêripun | wontên ing dhatulaya | mèh datan bênggang sanyari | lawan kangjêng risang arsa sinupitan ||

28. nênggih sawusira siram | jêng gusti dipun jamasi | dening dyan ayu dipatya | munggèng jambaning panêpin | nuli angagêm nyamping | pasatan sêmbagi wungu | laju mring prabayasa | sajroning kamar pangantin | rema têlês nèng kono ingupakara ||

29. rinatus lan kinajuman | sawusnya dandos jêng gusti | pangagêman sasêngkêran | sarwi sawitan rêspati | angore rema langking | ngendrawila wilis alus | kathah angandhan-andhan | panjange pan kongsi [kong...]

--- 33 ---

[...si] prapti | soring bocong anugêl jêngku kang kiswa ||

30. sarta ngagêm srêbèd rema | lir karudhuk nanging putih | ing pinggir binênang renda | dene kang bela pra gusti | uga wus siram sami | kang rema sampun rinatus | myang busana sawitan | kêmbaran wastra sêmbagi | kapat pisan datan salenca ing warna ||

31. samana ing wancinira | wus tunggang wukir hyang rawi | lêmpêr sorote sumirat | mratani ima manipis | sumunar sêmu kuning | candhikayu riyu-riyu | hyang surya kaya rikat | umangsuk mring jalanidhi | ge-agea mabangun ambangbang wetan ||

32. kadyarsa manadukara | karantan arsa angsung sih | sêngsêm sirêming raditya | wus limêngan gya ginanti | pandam sinulêd sami | sêtrali dhudhuk myang gantung | pandêlar gilar-gilar | padhang tan nangsayèng ratri | nora măntra-măntra tinilar ing surya ||

33. mèh tan owah kadya rina | rinasa sajroning puri | parah pajaring panjuta | ya ta madyastha wus muni | têngara tambur suling | adat lêbête pra tungguk | sawegane saosan | wus manggon mring gone sami | pan mangkana nênggih jroning dhatulaya ||

34. kagungan dalêm pradăngga | gunturmadu kancilbêlik | pan sampun sami tinata | nèng paningrat kidul nênggih | sakilèn sewaka ji | wus miranti ingkang nabuh | niyaga kasêpuhan | malih pradăngga sarakit | nênggih kyai kadukmanis manisrêngga ||

35. tinata anèng paningrat | lor kulon sewaka aji | niyaga ing kadipatyan | pêpak ingkang nabuh [na...]

--- 34 ---

[...buh] sami | kinarya angurmati | muni tan kêndhat sadalu | prapta ing benjang enjang | wau ta ingkang winuni | para sowan lumêbêt mring jroning pura ||

36. Jêng Pangeran Suryatmaja | Jêng Pangeran Angabèi | para jêng pangran lan riya | sadayanira sumiwi | ngagêm basahan sami | rasukan sikêpan agung | samya munggèng paningrat | sawetan sewaka aji | lor kuloning paningrat pra panji riya ||

37. nênggih sang mantri wisesa | Kangjêng Radèn Adipati | Sasranagara sumewa | wadana kaliwon sami | anom pangulu tapsir | lan katib pradikanipun | ngulama pêpilihan | kandhêg anèng srimanganti | bangsal kilèn pêpak agêng busananya ||

38. de paseban ingkang wetan | manggalanirèng prajurit | Jêng Pangran Purbanagara | owrêstêh mayor opisir | kadhèt samya sumiwi | wau ta sang nayaka nung | nuwun lilahira sang | sri narendra wus nglilani | mijil saking srimanganti malbèng pura ||

8. Mijil

1. bodhol ingkang munggèng srimanganti | malêbêt kadhaton | tabah astha wau ing wancine | nulya laju jêng radyan dipati | lan sadaya sami | sumiwi sang prabu ||

2. praptèng pura jêng radyan dipati | minggah nunggil lunggoh | lan pra kangjêng pangeran sowane | pra bupati nayaka umiring | miwah juru kunci | lawan malihipun ||

3. Jêng Pangran Purbanagara kanthi | owrêstêh lan mayor | yèku sami sowan majêng ngilèn | nèng paningrat wetan sewaka ji | tataning sumiwi |

--- 35 ---

lênggah undha-usuk ||

4. papak rampak ing pilênggah apik | tan ana kang moncol | wijang jajar ambanjêng lajure | dene para kaliwon nagari | sadayèku nunggil | lan bupati dhusun ||

5. pamajêgan kalawan pulisi | de para kaliwon | dhusun sowan nèng plataran andhèr | kilèn têpung kadhèt kaptin upsir | sakilène malih | riya panji têpung ||

6. munggèng saloring paningrat sami | kang sumewa munggoh | mungguh yèn ta ngurmati pangantèn | yeka sowan amidadarèni | mangkana ta sami | kang anèng kadhatun ||

7. rasa-rasa lir tan arsa mulih | karasan tumonton | asrining kang puraya rêsmine | katêtangi sotaning tyas sami | sumungkêm mangjali | tajalining prabu ||

8. ambêbana tan pêgat mundhi sih | sihira Hyang Manon | naranata măngka jalarane | ingkang mandum kawiryan sanagri | kawaratan adil | sujanma sawêgung ||

9. marma pêrlu kalamun mêmuji | sih arjaning katong | dimèn kèsthi sri kuwajibane | matrap matah mancas mandum ing sih | tansah nata krami | mring kawulanipun ||

10. pan mangkono pamujining dasih | tan pêgat binatos | ya ta wau pra gusti putrine | garwèng pangran lan dyan ayu pati | miwah bupatyèstri | myang kaliwonipun ||

11. datan kari garwaning prajurit | upsir kaptin mayor | lan garwane owrêstêh kolonèl | sadayanya samya marak maring | prabayasa kang wis | miranti sadarum ||

12. pandam-pandam tanna mêlik-mêlik [mêlik-mê...]

--- 36 ---

[...lik] | sumilak sumorot | lir sudama panjrah kumênyare | nênggih para kangjêng ratu sami | myang jêng pramèswari | marêk raka prabu ||

13. panjênêngan dalêm sri bupati | tata lênggah ing jro | jroning prabayasa sangajênge | kamar gadhing ingadhêp pra putri | dhêrêk ruming puri | abusana luhung ||

14. lêlangên dalêm sri narapati | badhaya mirantos | ginêbyakkên sinêling sarimpèn | rinumpaka ing gêndhing swara ris | rinaras rêspati | pinatah kang patut ||

15. rêrakitaning badhaya srimpi | rampak kang ajumboh | jumbuh warna dêdêg pangadêge | kawiragan parigêl undhagi | wibaksa nguwisi | wasis nora kidhung ||

16. nêngna tayaning badhaya srimpi | mangsuli cariyos | saking srimanganti duk lêbête | kangjêng kyai mas pangulu tapsir | anom kang tut wuri | kalerehanipun ||

17. para katib pradikan ngulami | laju jujug ing jro | sinaroja masjid ing panêpèn | têpung kapang kupêng ing surambi | linggih turut pinggir | thirik-thirik gathuk ||

18. samya tilawat Kuran mêmuji | mujèkkên Hyang Manon | manontona kawulane kabèh | kabisakna guyub nayogyani | yogyane sakardi | dumadia ayu ||

19. aywa kongsi kasiku karsa ji | sêsaji cumadhong | condhong karsa kalawan gustine | tinitenan yèn bisa nyurupi | rupaning panggalih | lêgawèng sakayun ||

20. guyêng lumayan raharjèng puji | muji ing karaton | kang jumênêng lawan sadayane | garwa putra

--- 37 ---

santana wadyabdi | muga Hyang Mah Lêwih | nulusna rahayu ||

21. sinênêngna ing karsa basuki | sakèhing ponang wong | tan lyan saking măngka pamujine | kang kinêcap pinirsan ing latif | amung ya Ilahi | rabil ngalaminu ||

22. rahmat lawan salamêting widhi | ingatase manggon | Kangjêng Rasulullah kêkasihe | Hyang Wisesa winira duta di | nayakaning bumi | nuring rat dibya nung ||

23. măngka iku guru kang kakiki | sarasaning batos | kang atuduh mêncarkên kawruhe | marma pêrlu kalamun pinuji | nêja manukuning | winongnêng andunung ||

24. andunungkên ing karsa kang jrênih | jênak karahayon | nêngna kang ngamalkên ing Kurane | samya natas nutug ing sawêngi | ya ta amangsuli | ing pandhapa agung ||

25. ingkang samya masewakèng aji | wanci jam sapuloh | kinalilan bibar sadayane | ngaso samya lèrèhe anganti | kardi benjing enjing | ya ta samya mundur ||

26. wus bibaran mêdal saking puri | sadaya wus bodhol | tan winarna pra sowan undure | tilas palênggahan dèn rêsiki | mring kang darbe wajib | pakaryan sinambut ||

27. sadayanya nastiti ing kardi | barang mêntas kanggo | rinuktenan tuwin ingkang badhe | lumadi ing dintên benjing enjing | wus rinakit-rakit | kăntha-kanthinipun ||

9. Kinanthi

1. wau ta ingkang winuwus | parênging karsa narpati | putra mantu wresni wangsa | santana dalêm kang sami | kinarsan ngasta pangwasa | padamêlan amajibi ||

2. jroning pasamuanipun | supit [supi...]

--- 38 ---

[...t] dalêm kangjêng gusti | pinatah ingkang marentah | kang minăngka komisaris | sing kameja binojana | wiwit ri Salasa enjing ||

3. nata saprayoginipun | têtiga ingkang majibi | Jêng Pangran Arya Mataram | kanthi kalawan kang rayi | Jêng Pangran Purbadiningrat | myang pangeran santana ji ||

4. Adinagara kasêbut | dene ta ingkang mirsani | prayogining pandam-pandam | krun dhudhuk gantung sêtrali | pinrih maraba ngujwala | ywa balêrêt mêlik-mêlik ||

5. sajroning pandhapa agung | nênggih sanasewaka ji | ing parasdya andrawina | paningrat dipun taliti | lawan mirsani prayoga- | nira palênggahan kursi ||

6. myang rêrênggan kang winangun | kênap mèblês bangku main | babut ingkang ginêlaran | sadaya ingkang mrayogi | Kangjêng Pangeran Ariya | Natakusuma ngwasani ||

7. marentah panatanipun | lêlawanan kang kinanthi | nênggih bêndara Pangeran | Bratakusuma wêwangi | dene bêbauning karya | santana Radèn Mas Panji ||

8. Cakrawijaya puniku | sakalèrèhane sami | panakawaning santana | bêkêl panèwu tan kari | sèkrêtaris lawan jajar | pituwin panèwu mantri ||

9. urdênas nambadèng ngriku | anama Radèn Ngabèi | Atmawitana kalawan | Mas Atmawilapa kanthi | sakancanira sadaya | panèwu myang sèkrêtaris ||

10. jajar panakawanipun | kapilih puniku sami | malih ingkang winursita | kang pinatah amirsani | prayogining lêladosan | wedang kang badhe lumadi [lu...]

--- 39 ---

[...madi] ||

11. kalawan ladèn buliyun | puniku ingkang majibi | Kangjêng Pangeran Ariya | Adikusuma akanthi | bêndara Radèn Mas Arya | Nêrangkusuma wêwangi ||

12. ingkang minăngka bêbau | mantrining urdênas nami | Dyan Bèi Atmadirada | têtiga lurah kinanthi | nênggih Dyan Atmakarsănta | Mas Atmasucipta tuwin ||

13. Atmawijaya trinipun | golong ngampingi ing kardi | pra panèwu sakancanya | jajar lawan sèkrêtaris | panakawan ing gêdhong kan | ya ta ingkang amirsani ||

14. prayogi pangruktinipun | bipèt kang majêng linarih | nênêrang sarta mrayoga | midêring inuman sami | lan mrayoga anupiksa | bipèt kang datan linarih ||

15. yèn ana kang sêdya ngunjuk | para tuwan-tuwan tuwin | tamu ingkang sami karsa | mring bipèt kang tan lumadi | ngacarani basa krama | mrih rêsêping tyas pra tami ||

16. tumama sinambrama rum | puniku ingkang majibi | Jêng Pangeran Pakuningrat | kang kinanthi ingkang rayi | Jêng Pangeran Prabuningrat | minăngka pangawat kardi ||

17. bêndara pangran kasêbut | Kusumabrata undhagi | kang dadya bauning karya | nênggih panèwuning mantri | urdênas ingkang anama | sira Rahadèn Ngabèi ||

18. Atmasumitra puniku | lan mantri urdênas malih | Dyan Bèi Atmawirada | Dyan Atmasusastra kanthi | sakănca panèwu lawan | bêkêl jajar sèkrêtaris ||

19. panakawan kang atunggu | ing gêdhong gudhang ginadhing | panèwu jajar ajidan | ajidan ing gêdhong

--- 40 ---

piring | puniku ingkang atêngga | bipèt kang datan linarih ||

20. dene bipèt kang mangayun | linarih midêr lumadi | sinidi pinardi wrata | kang pinatah ambaoni | nênggih mantrining urdênas | anama Radèn Ngabèi ||

21. Atmaprasănta kinancuh | Atmadimêja piniji | sakănca panèwu jajar | kalawan kang sèkrêtaris | panakawan ing inuman | malih ingkang angwasani ||

22. mirsani prayoginipun | ing pangrukti tinaliti | lumintuning lêladosan | sês sarutu upêt rèki | pinardawa ing panata | sanggyaning kang wangi-wangi ||

23. odhêklonyê ardhamunggu | lapèndhêr dhêrus malathi | cêngkèh mawar ilang-ilang | nênggih ingkang amajibi | Kangjêng Pangeran Ariya | Kusumadiningrat nami ||

24. ing pakaryan kang kinancuh | nênggih kang sinambat ing sih | bêndara Pangeran Arya | Adisurya yekang dadi | bêbau mantri urdênas | anama Radèn Ngabèi ||

25. Atmasasmita puniku | lan Dyan Atmarujita di | golongan sakancanira | panèwu lan sèkrêtaris | sajajaring panakawan | kang ngrêksa kamar panêpin ||

26. malih winarnaèng wuwus | ingkang minăngka klawêr pris | bêndara Pangeran Arya | Natabrata kang nisihi | nênggih bêndara Pangeran | Cakranagara wêwangi ||

27. dene kang majibi iku | pangrantunan amirsani | mamrih mrayogi mranata | dêdhaharan kang rinukti | bupatinirèng urdênas | ondêr mayor mandhegani ||

28. nênggih Radèn Mas Tumêngung | Wiryadiningrat anganthi | bêndara [bê...]

--- 41 ---

[...ndara] Radèn Mas Arya | Kartadipura bupati | gêdhong kiwa kang kinondhang | sakaliwone tan kari ||

29. lawan Radèn Mas Tumênggung | Purwanagara bupati | bumi yeka pêpêthilan | măngka bêbauning kardi | panèwu mantri urdênas | anama Radèn Ngabèi ||

30. Atmasudarsa kinancuh | mantri urdênas kang nami | Dyan Bèi Atmakartika | Atmasuwarna Dyan Bèi | Atmawimana kalawan | lurah panakawan katri ||

31. namane ingkang cinêluk | Atmacundaka lan malih | Mas Lurah Atmasukarsa | Atmasurasa jangkêp tri | lan panèwu panakawan | tuwin ingkang para mantri ||

32. urdênas mung lurahipun | kang tan kasêbut ing nginggil | lan panèwu mantri jajar | gêdhong prasamya anunggil | pangruktining pasugatan | kang badhe lumadyèng ngarsi ||

33. dene pasugatanipun | lêladosan kang mangarsi | myang dhahar kang kinameja | sadaya ingkang ngladosi | di dalêm êncik-êncikan | mangangge cara Walandi ||

34. kêt-ikêtan ikêt wulung | klambi jas calana putih | puniku ingkang pinatah | salamine angladèni | linulus mung ladèn wedang | kang ngêjokkên para panji ||

35. sadaya puniku wau | pakaryan sajroning puri | pangagêngirèng pangwasa | kang makirtya amêngkoni | Jêng Pangran Suryaatmaja | kangjêng pangeran ngabèi ||

36. yèku minăngka têtunggul | sagung kang ngwasani kardi | datan tilar sakalihan | ing rêmbag myang pamrayogi | punika kang sinung wênang | ing kangjêng sri narapati ||

37. sanggyaning [sang...]

--- 42 ---

[...gyaning] kang narpasunu | kang sami mangasta kardi | sinung têtêngêr sarempang | sinangsangakên mangering | wastra seta sutra rêkta | pungkas binara ngrêrawit ||

38. para pangran kanthinipun | ugi sami dèn têngêri | nanging kaot tan nyarempang | pan namung saengga dhèsi | ginagombyok sêkar sêdhah | mung kalih sang kalawêr pris ||

39. mawi sarempang puniku | sami lan pra narpasiwi | mangkana kang nambutkarya | anênata anêniti | sadalu tan ana kêmba | kasmaran anambutkardi ||

10. Asmaradana

1. datansah saari-ari | anyambêlèh warna-warna | kewan miwah pitik iwèn | lêmbu maesa maenda | kidang manjangan ranggah | ayaming kabiri lêmu | babon madhêp myang kumanggang ||

2. banyak kambangan bêrati | kiyik kumêdom mêtiman | miwah sakèhning ulam loh | paksi kang enak pinangan | pêpak kalangkung kathah | tan ngêmungkên ri puniku | salaminira mangkana ||

3. sumahab nora sarênti | ngrêratêngi olah-olah | găndarasan sêkul langgèn | ngirasuman ngiradigdan | ing among parèn miwah | kokèn sadaya aithu | anggarap ing kuwajiban ||

4. barang kang badhe lumadi | tinata anèng ngajêngan | miwah kang mring dalêm gêdhe | lawan kang badhe kinarya | pandum cadhong-cadhongan | dhaharan lan ulam sêkul | pan sampun pinangkat-pangkat ||

5. datansah angrakit-ngrakit | para migata sugata | gita samêkta prantine | tinata panggenan dhahar | sajroning andrawina | kêmput pinasangan [pinasanga...]

--- 43 ---

[...n] bangku | kameja kang binojana ||

6. nênggih tataning pambukti | patang atus sêsudhiyan | pinardi pangaturane | nut tuturing kapranatan | tata trape tinula | tinaliti pinrih patut | pamintaning pangrantunan ||

7. caosan lumados enjing | midêr ywan lênggah kasukan | suka mring karya tan cèwèt | cawêt datan nyêbut awrat | wrata kang anambada | badan budine tan kadung | ngudang kuwajibanira ||

8. sawêngi tan ana guling | gulang samuwèng sugata | rampung ramping panatane | sajroning sanasewaka | pan sampun tinatanan | palênggahan dalêm prabu | batuwah dhampar kêncana ||

9. linamak cinuki-cuki | baludru wungu mardapa | têpi binalodir abyor | istha lung-lungan rumambat | rumêmbêt roning sêkar | ing pinggir sinêkar suruh | lir ulêr lulut gumilar ||

10. prênah palênggahan aji | munggèng sasoring pananggap | sanasewaka ing kilèn | ing kering pantês sinungan | kursi linurub abang | sudhiyanira pilungguh | jêng tuwan risdhèn punika ||

11. sakanan keringirèki | lor kidul jroning pandhapa | saka pananggap kang pojok | kinursi panatanira | jajar mujur mangetan | praptèng sipat sakaguru | sarong ginodhag linongkang ||

12. dumadya tataning kursi | jroning pandhapa pojok pat | sap-sapan karompolane | kang kidul marêp ngutara | kang lor marep tursina | mungkur silinurub[3] wungu | lan dhampar majêng mangetan ||

13. panatèng katon rêspati |

--- 44 ---

ing sitinggil tinatanan | manggon sarancak gangsane | kodhokngorèk kadipatyan | pinrênah anèng bangsal | loring bale angun-angun | nèng kono panatanira ||

14. anênggih tinatan malih | anèng sajroning paseban | kang wetan srimangantine | kagungan dalêm pradăngga | yèku pradăngga monggang | kangjêng kyai udanarum | malih mangsuli jro pura ||

15. saking kori suyasa di | nênggih sasana parasdya | trus mangetan laju praptèng | maderêngga mangetan blas | têkèng têngahing natar | tinêkuk mangulon laju | notog sumur jalatundha ||

16. maksih lumaju lêstari | tinêkuk ngutara prapta | pandhapa panêpèn kang lèr | tan pêgat lajuranira | puniku ginêlaran | linamakan babut kêmput | ambane pan winatara ||

17. limang kaki luwih thithik | iku ingkang ginêlaran | ing parasdya praptèng nêpèn | dhasaring babut ginêlar | wungu mêngês mardapa | angganthêng saujuripun | katingal saking mandrawa ||

18. lir mega malang ngalêngki | wênês wungu sêmu jênar | labêt kasorot sorote | diwangkara kang mèh bangbang | ing wetan kawistara | sumilak aneje wujud | kadya angrikatkên marang ||

19. kang samya nata naliti | sêsudhiyan pasugatan | nêngna ingkang cinariyos | mèh gagat bangun raina | wanci satêngah lima | prajurit paradhên sampun | tata anèng pamagangan ||

20. manggalanirèng prajurit | Jêng Pangran Purbanagara | yèku pangagêng [panga...]

--- 45 ---

[...gêng] kolonèl | dene litnan kolnèlira | Arya Cakrawinata | prajurit jawi winêngku | iku minăngka komêndham ||

21. prawira tamtama nênggih | mayoripun Dyan Mas Arya | Pringgawinata juluke | Wirautama mayornya | Arya Surawinata | mijipinilih puniku | mayore Radyan Mas Arya ||

22. Bratawinata wêwangi | dene mayor jayèngastra | Arya Jayèngwinatane | prawira nom mayorira | Arya Prawiranata | jagasura mayoripun | Ariya Ranuwinata ||

23. jayatantaka prajurit | mayor Dyan Jayawinata | apanji sasêbutane | mayor Wirajayasura | Arya Purbawinata | jayatêtana kang mayur | Ariya Martawinata ||

24. suratêtana mayoring | Ariya Găndawinata | tarunasura mayore | Ariya Arjawinata | mayoring jagapraja | Arya Bratawinatèku | wus duduk siyagèng karya ||

11. Dudukwuluh

1. wus miranti sadaya nèn-unènipun | tambur salomprèt myang suling | musikan tinabuh barung | dene kang para prajurit | pêpak sadaya jawi jro ||

2. kaptin upsir myang sarêsan saradhadhu | ajidan jaga dhawuhi | manganggo pameran sagung | jawi jro prasamya grutni | wus pangkat sagolong-golong ||

3. myang satandar nyawiji samayoripun | kang dwaja amăncawarni | nulya malêbêt kadhatun | wiratamtama rumiyin | lan mijipinilih golong ||

4. nulya tata pabarisanira urut [uru...]

--- 46 ---

[...t] | tamtama mijipinilih | ajajar mujur mangidul | lir sinipat tharik-tharik | arêpe sami mangulon ||

5. prênah munggèng saloring panatanipun | palèmèk sêsajwèng supit | sakidule kang sumambung | prawira wirautami | lan prajurit prawiranom ||

6. parawira ingkang baris jro kadhatun | jêng kolonèl kang kumêndhir | rêspati panatanipun | arêpe mangilèn sami | de kang nèng palataran lor ||

7. trunasêkar barise marêp mangidul | wau ta ing srimanganti | kang baris jayèngastrèku | siyungan lan saragêni | kamandhungan cinariyos ||

8. jayataka kang baris munggèng ing ngriku | sêsiyungan kang nisihi | lan jayasura saruntung | tambur salomprèt tan kari | nahênta ngalun-alun lor ||

9. banjêng jajar mangalor ing ujuripun | prajurit ingkang abaris | jagapraja kang sumambung | suratêtana prajurit | sêsiyunganira karo ||

10. trunasura jayatêtana puniku | tata pranataning baris | prajurit jagasurèku | sinilah ênggène munggwing | lèring tratag tan patyadoh ||

11. amiranti ing karya panyulêdipun | mariyêm ingkang sarakit | suh brastha kêkalihipun | sagara wana winuni | lawan mariyêm cinaos ||

12. palayangan sadaya siyaga sampun | nênggih kang nindhihi baris | pabarisan ngalun-alun | sadaya puniku sami | owrêstêh mangwasèng kono ||

13. kang minăngka têtungguling prawira nung | wus tata badhe ngurmati | tinon [ti...]

--- 47 ---

[...non] lir gêlênging alun | lumembak ing jalanidhi | satundha gumolong-golong ||

14. winuwusa malih sajroning kadhatun | musikan sampun rumanti | amanggèn sakilèn panggung | wetan kori srimanganti | pra panjidhur wus ngarompol ||

15. maderêngga wiwaranira kang catur | jinagan dening pra upsir- | ing prajurit jro wêwolu | salor sakidule nênggih | sawetane myang ing kulon ||

16. sakorine dadya ngloro kang atunggu | sangsaya-saya rêspati | maderêngga angênguwung | sampêt sarating asupit | palèmèk sêsajèn golong ||

17. myang padupan pangobaran mênyan madu | kumêlun kukus manginggil | kaya-kaya mèh kagayuh | ngayuh ngêyom ngawiyati | manthêr pêluke gumolong ||

18. lir pujining para ngulamambêk putus | sung santa jrênih mahêning | nênuwun mangke puniku | supite jêng narpasiwi | karilana ing Hyang Manon ||

19. tinulusna sadayanira rahayu | aywa na sawiji-wiji | jroning pasamuan sarju | raharja ingkang winarni | niyaga sampun mirantos ||

20. anyêlaki găngsa kang badhe tinabuh | sitinggil myang srimanganti | miwah sajroning kadhatun | găngsa kang tinata wingi | tan rinucat maksih manggon ||

21. pra niyaga lumêbèng pura barubul | tan sarênti ingkang prapti | pasindhèn talèdhèk badhut | wus pêpak ngadhêpêk linggih | nèng ngarsa găngsa ngarompol ||

22. anglur-sêlur kang sami sowan malêbu | sanggyaning para

--- 48 ---

priyayi | prapta siwakèng kadhatun | pra kawula santana ji | myang putra mradapaning ron ||

12. Sinom

1. Jêng Pangeran Suryatmaja | jêng pangeran angabèi | pra pangran putra santana | lan riya nginggil sumiwi | ngagêm basahan sami | ngliga sarira anjujug | ing palataran wetan | para santananing aji | panji wayah riya buyut masewaka ||

2. munggèng plataran ngutara | loring găngsa kadukmanis | ya ta sang mantri wisesa | Kangjêng Radèn Adipati | Sasranagara kanthi | jêng kiyai mas pangulu | tapsir anom kalawan | niyaka para bupati | myang kaliwon sadaya samya sumewa ||

3. nèng wetaning maderêngga | angliga sarira sami | wus pêpak desa myang praja | de para panèwu mantri | samya sumewa munggwing | saurut gêlaring babut | kang anèng palataran | wit saking maderêngga di | kongsi prapta sakulon wiwara priya ||

4. linggihe jajar sap-sapan | nênggih pra panèwu mantri | turuting babut ginêlar | yèku manggone sumiwi | thumarik nganan ngering | sami ngarêpakên iku | ing pandhapa sewaka | rangkêp-rangkêp gone linggih | silastuti tangane angapurancang ||

5. kêtib ngulama pradikan | juru suranata sami | sumiwi sakidulira | maderêngga sanèng supit | de lurah jajar sami | bêkêl jro sadayanipun | saanon-anonira | sumewa nèng srimanganti | kulon wetan lumèbèr trataging bangsal ||

6. palataran jroning pura | parama sewakèng

--- 49 ---

aji | jibêg tan sêlèng sasana | sanalika kang sumiwi | kadyudan sinêmèni | pêtha palêndhunging banyu | nyumêla tumpa-tumpa | tumpêk kawuryan praja di | dining kanang kaonang-onang ing jana ||

7. wuwusên ing prabayasa | sampun dhêrêg ruming puri | busana maneka warna | anênggih jêng pramèswari | lan para putra-putri | tuwin pra jêng ratu ibu | bok ayu dalêm nata | myang kyèhning garwa paminggir | sanggyaning kang dining dyahing dhatulaya ||

8. sadayanira wus marak | marang kangjêng dayita ji | wau ta ingkang winarna | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagari | nalikanira mèh bangun | mêmangun pangagêman | macak ngrasuk busana di | amurwendah sarira winida mănda ||

9. sumunu sumunar jênar | riyu-riyu sêmu wilis | anyamping naman bênang mas | kêkêt sinongkèt sutra di | corak têlpok taluki | gêntyar guntur gunung wungu | wangun lir gêmblengan mas | mas tara wironing nyamping | numpang wingking siningsêt paningsêt renda ||

10. ubêde tata tinumpa | tan tumpang sotrap tapsirih | sarèh udhune tinundha- | tundha sêdhêngan sanyari | nyarong katon dumêling | malang ing èpèk kadulu | dumilah balodiran | biludru dhasare wilis | lus rinêngga gim kêlêm barintik gilap ||

11. lur bêrji wijang sinarja | narajang ron mulêt ing wit | sawit sawuting sêsawat | mawut kawaratan ing gim | gumilang angukuhi | katimang tumamèng pungkur | karana sinasotya- | sotya trap jagung salarik | linarihan karsèt sangklèt [sangklè...]

--- 50 ---

[...t] binarliyan ||

12. sangsangan têtamparan mas | kumalung ing jăngga nglênging | panêcêg tumibèng jaja | boja sinung kanan kering | binggêl sigar pênjalin | kêncana măngka winangun | naga netra barliyan | pathak pêthite sinami | milangoni sakawan supe bandhilan ||

13. lir sudama tanpa ima | sumyar rênyêp-rênyêp kèksi | ing jênthik panuduh sweda | kanan keringe nyarakit | ukêl keswa sinuri | salêr tan sumisih linus | wênês pok pinusara | têtamparan songa langking | lêngkèhning kang kisawa pinara sanga ||

14. tiga kumpul kinalabang | dumadya kantun para tri | tinêkuk pinoncawalan | catur paniti tumitih | sêkar goyang ing nginggil | garêndhèl ingkang têtêlu | natrap nèng kalabangan | êpoking kiswa kaèksi | sêrat nancêp jram saajar sinasotya ||

15. rinêngga mangagêm jamang | tumamèng mastaka asri | sarana kinara wistha | istha ron rinaras sari | sarupaning wit sêmi | sumawana supatra lung | lung-lungan sinasotya | sotya kang sinarawèdi | wandèng jamang nawung lawêning wadana ||

16. ingkang tinasik sêmănda | lir ima myak sitarêsmi | rêsmining busana purna | nênggih sang arsa sinupil[4] | ing lênggah sampun nunggil | lawan para kangjêng ratu | dene kadang sakawan | ingkang sarêng dhèrèk supit | wus sumewa nèng kajogan prabayasa ||

17. uga wus ngrasuk busana | rampung rêpêt saput siti | bun katiyub samirana | sumirat-sirat ngêbêsi | ing ron myang

--- 51 ---

kitri-kitri | katrêpan pating parêntul | lir sotya tinatèng mas | êmbanan rinaja wêrdi | pan mangkana wit-witan ing dhatulaya ||

18. satêngah nêm wancinira | panjênêngan jêng sang aji | miyos mring sanasewaka | ginrêbêg kang ngampil-ampil | anut munggèng ing wingking | saupacaraning prabu | pra sowan ngapurancang | kinurmatan găngsa muni | kancilbêlik angêlik lir ngêla-êla ||

19. kênès ganas manisrêngga | rêgêng swarane ngrêrangin | urmat marês musik munya | lan prisêntiring prajurit | ambarung tambur suling | cikat tan cèwèt tinungkul- | akên ingkang sêtandar | wau ta kangjêng narpati | sampun lênggah pandhapa gung munggèng dhampar ||

20. ingkang lamak sinasaban | biludru jring binalodir | pantês busanèng narendra | rasukan sikêpan alit | dhasar sangkêlat langking | binalodir têpi têpung | ing jro rangkêpanira | sap kalih rumpi lan putih | kastur langking kang panunggul kanigara ||

21. bintang cêtha munggèng jaja | karajan Narendra Jawi | carèngkèh sêkar tanjungan | pinatik sêsotya tuwin | kumandhur ordhê saking | Nèdêrlansên leyo kancuh | kumandhur mawi bintang | ing ordhê pranês yosèp ing | Ostênrik tan kari sarijêmènira ||

22. paningsêt cindhe binara | burliyun barêgas kuning | èpèk ngrawit balodiran | warăngka ladrang winangking | pantês angagêm nyamping | parang rusak barong bagus | suku sang kinaosan | seta sinêpatu langking | binarliyan kutrèt tumitih ing pada ||

23. supe sêsotya ing sweda | sadaya [sa...]

--- 52 ---

[...daya] angrajapèni | ya ta para jêng pangeran | lawan ingkang riya nginggil | minggah sadaya sami | nênggih mring pandhapa agung | nèng èmpèr ingkang wetan | ngilèn ajênging sumiwi | asisihan pinangkat kalih kang lênggah ||

24. pangagêng Jêng Suryatmaja | pangeran sênenan sami | prênah lor pisowanira | lênggahira tharik-tharik | Jêng Pangran Angabèi | kêmisan pangagêngipun | alênggah munggèng kanan | ing kanan kering sap kalih | ngabyantara ing kangjêng sang sinewaka ||

25. pra sowan kang ngapurancang | waluya susilastuti | miwah urmating pradăngga | musikan cêp mênêng sami | tan na sabawèng janmi | nalikanira sang prabu | sinewa sinewaka | tuhu kalipatullahi | dipaningrat dhadhari wetan katrangan ||

26. katon tarontonging surya | piyak pêdhute sumisih | maksih mabangun sêmu bang | sorot sumirat nyoroti | runtunging ima nipis | pasang lir pulas sinêmbuh | ing seta pita rêkta | dadu wilis paul langking | lêlêngkèhing lyah-lyah lêlêngkonging jurang ||

27. kasêrang prabanira sang | hyang-hyang ing kalandaragni | warata sabumintara | duk mungup agraning wukir | kirdha lir narendra di | miyos sinewakèng wadu | mangkana hyang raditya | kadya kilayu ngurmati | ngayubagya ring sang arsa sinupitan ||

28. ya ta jam nêm sampun munya | lan tambur salomprèt musik | urmat lêbête jêng tuwan | LY Yèkêl rêsidhèning | myang pra amtênar tuwin | militèr mardika sagung | Jêng Gusti Pangran Arya |

--- 53 ---

Prabu Prangwadana tuwin | santanane miwah sanggyaning kapala ||

29. bêblêg umiring jêng tuwan | nênggih kang sumiwèng puri | pra tuwan kalangkung kathah | wus praptèng plataran sami | ya ta jêng tuwan nuli | dumrojog byantara prabu | oncat sing pasilendra | sung urmat kang lagya prapti | têtabean wus warata tata lênggah ||

30. atap ing sapangkat-pangkat | para tuwan kang sumiwi | myang Nararya Prangwadana | sasantanane wus linggih | sadaya munggèng kursi | kursi ing pandhapa agung | mangkana isthanira | sang tami sang pinartami | tumamane rumêsêp lir maskumambang ||

13. Maskumambang

1. para tamu tan ana kang walang galih | sadaya kacaryan | miyat srining puraya di | di-adi tuhu murwendah ||

2. sagung kulêm mungkul tumungkul kang nangkil | para atmajendra | myang santana kawula ji | gumêlar nèng palataran ||

3. lir panjrahning puspita mèdêming sari | sri sêkar sataman | tumamèng kongas gănda mrik | mratani tumanêming tyas ||

4. tyasing para sumiwi sami anganti | kadya ge-agea | wêruh ring risang sinupit | gupita gitaning driya ||

5. mambêg bêbêg kèbêkan ing kulung ati | nganti lir karuna | dhadha mandhêkêl tumus mring | locana akaca-kaca ||

6. êmbuh kudu krêdyate mangkono sami | sumung sruning suka | saking sakèh amêningi | supite jêng sang sudibya ||

7. datan pae sanggyaning kang para tami | kang sami sumewa | sukèng tyas marwata siwi | sumahab muji raharja ||

8. para tamu ing lênggah wus sawatawis |

--- 54 ---

ya ta sri narendra | nyundaka asistèn kalih | ingkang sajuga anama ||

9. Tuwan KWH Lihput puniku dadi | asistèn nagara | Surakarta kang piniji | lan asistèn Sragèn nama ||

10. Tuwan PHY Parkêpisêr akanthi | dhoktêr Surakarta | anama Tuwan Kurnèlis | lan sakawan atmajendra ||

11. Jêng Pangran Arya Mataram lawan malih | Jêng Pangeran Arya | Natakusuma pituwin | Jêng Pangran Adikusuma ||

12. Kangjêng Pangran Pakuningrat nyêkawani | sadaya tut wuntat | ing tuwan asistèn kalih | kang ngêmban timbalan nata ||

13. lumêbêt mring prabayasa animbali | risang prabwatmaja | jêng gusti pangran dipati | ingkang arsa sinupitan ||

14. lan sakawan narpaputra datan kari | sami tinimbalan | wau dutaning narpati | praptèng kori prabayasa ||

15. andhawuhkên timbalanira sang aji | ya ta sang liningan | sampun garjita ing galih | mangsuli atur sandika ||

16. gya jumênêng jêng sudibya wus kinanthi | dening cundakendra | tan kari sang narpasiwi | sakawan nut lumaksana ||

17. bêndara Radèn Mas Satriya kinanthi | Jêng Arya Mataram | Rahadèn Mas Sudarmaji | kinanthi dening kang raka ||

18. Jêng Pangeran Arya Natakusumèki | bêndara Radyan Mas | Sudarmaja ingkang nganthi | Jêng Pangran Adikusuma ||

19. nuli bêndara Radèn Mas Sudarmadi | kang nganthi Jêng Pangran | Pakuningrat amungkasi | sadaya wau punika ||

20. sampun laju mangetan lumaris aris | duk nèng

--- 55 ---

prabayasa | sang inya kalih tut wuri | nanging tan laju lampahnya ||

21. sami kandhêg munggèng samadyaning kori | parabasuyasa | amung êmbane jêng gusti | Dyan Ayu Amongsaputra ||

22. iku laju tut wuri saparan kinthil | mangkana kang samya | sumiwi ngênêr pangèksi | marang kangjêng sang sudibya ||

23. dadya samya dêngongok dènira linggih | kêdah anênamat- | akên yèn wus wruh dumêling | nyês-nyêsing tyas samya miyat ||

24. munya urmat prisêntirirèng prajurit | ambarung tinabah | tambur salomprèt lan musik | masuk swaraning pradăngga ||

25. găngsa monggang kyai udanarum muni | angangkang ngumandhang | ngêndhanu nèng awiyati | lir kêbak kèbêkan swara ||

26. jênggunging gong jumêglug nyenggol ing kolbi | kalbu kabèh kambah | obah tyase kang pawèstri | watak wantuning wanita ||

27. tan sarănta narocos waspa umijil | narêcêl luh milar | lumalar lir tinilar nis | manise kaprênès kenas ||

28. rasaning tyas sanityasa katrêsan tis | tistise tan kentas | têtês tumutusing ati | nganti mêntas kawistara ||

29. mingsêg-mingsêg kamisêsêgên ngusapi | waspa daraweyan | lumayan luntur nètèsi | ing pangkon kêbês kaluhan ||

30. tansah ingusap sap-asta kang winangi | nanging maksa wahya | netya sungsut sasat sêpi | sêpa pupuring wadana ||

31. wus wisayaning driya arsaya lêwih | sring dadi jalaran | milining luh lir prihatin | tur katangi gênging suka ||

32. ya ta wau jêng gusti [gu...]

--- 56 ---

[...sti] pan sampun prapti | ing sanasewaka | urmat jumênêng sang aji | saking padma singangsana ||

33. sarta sira jêng tuwan residhèn tuwin | tamu tuwan-tuwan | samya jêngkar saking kursi | karana noragèng urmat ||

34. kangjêng gusti têtabean maratani | lawan tuwan-tuwan | pangagênging para tami | tan kari kadang sakawan ||

35. wusnya rampung nuli tumêdhak lumaris | marang maderêngga | jêng gusti risang sinupit | saha kangjêng sri narendra ||

36. lan sadaya kang anèng jro sewaka ji | ambrol atut wuntat | lan para pangeran sami | myang riya nginggil sadaya ||

37. manggèn salèr sakiduling sanèng supit | de kadang sakawan | binêkta malêbêt maring | pathikaning maderêngga ||

38. ingkang sisih kidul lèrèhe anganti | wuse sang sudibya | ya ta sadaya tan muni | cêp-cêp sagung pakurmatan ||

39. wus binêkta jêng gusti malêbêt maring | jroning maderêngga | dening kangjêng sri bupati | residhèn kang atut wuntat ||

40. nulya mapan kang mangku sang nindya mantri | Radèn Adipatya | Sasranagara majibi | wus lênggah munggèng ing dhampar ||

41. sang sinupit nuli pinangku aririh | ya ta sri narendra | dhawuhkên pangandika ring | loro bêkêling nayaka ||

42. kinèn ngirid nimbali bong kang piniji | aran Ragatruna | sakêdhap pan sampun kerid | gya minggah mring maderêngga ||

43. sampun nyêlak lan jêng gusti sang sinupit | ing sampeyan kanan | anênggih ingkang ngampingi | Jêng Pangeran Suryatmaja ||

44. ingkang kering [ke...]

--- 57 ---

[...ring] Kangjêng Pangeran Ngabèi | mas pangulu ika | nèng burining bong piniji | dene kangjêng sri narendra ||

45. anutupi pasuryanira jêng gusti | ya ta winuwusa | wus paripurna basuki | rampung ing pangirisira ||

46. gya jumênêng aririh tindak kinanthi | malbèng ing pathika- | ning maderêngga kang sisih | êlèr lênggah ing kursinya ||

47. nulya sinupitan catur narpasiwi | ganti urut wrêdha | ingkang mangku sadayèki | Jêng Pangeran Priyêmbada ||

48. Jêng Pangeran Săntakusuma nutupi | sabên wus palastha | binêkta nunggil jêng gusti | pan sampun angagêm cêngkal ||

49. rinêngga cinawi kêncana sinangling | winangun garudha | têtopong tumpa pinatik | ing sotya myang nawa rêtna ||

50. kêbut mêkrok oreyaning sutra gajih | pinareanoman | binubut garane gadhing | gêgêl sinotya barliyan ||

51. sampun rampung putrendra ingkang sinupit | lan sêntana wayah | sajuga ugi anunggil | nèng sajroning maderêngga ||

52. putranira sadhèrèk dalêm sang aji | putri kang ginarwa | anênggih ingkang wêwangi | sira bêndara Pangeran ||

53. Arya Kusumabrata kang kaping kalih | yeka sasampunnya | paring sasmita sang aji | marang kaliwon kaparak ||

54. andhawuhkên monggang kang nèng srimanganti | kinèn angunèkna | sadaya tinabuh malih | barung pradăngga musikan ||

55. swara umyung lir surak sukaning ati | de wus tan sangsaya | jêng gusti sampun sinupit | manise angendrawila [ange...]

--- 58 ---

[...ndrawila] ||

14. Dhandhanggula

1. ya ta Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara winarna | kinanthi tuwan asistèn | mangkat saking jronipun | maderêngga sasanèng supit | mandhap sampun tumêdhak | mring panêpèn iku | sasana sang sinupitan | kinurmatan prisêntirirèng prajurit | lumampah lon-alonan ||

2. ngarah-arah rèrèh murih ririh | rèhira nut sakèh kang tut wuntat | myang kang jajari tindake | cêkak pidaking suku | saking ngêmong risang kinanthi | wisatèng maderêngga | ngalèr lampahipun | turut babut kang ginêlar | kanan kering ingurung-urung pra mantri | ingkang sami sumewa ||

3. ngarêpakên sang lagya lumaris | jinajaran pra lurah wanita | sêsiyungan panatane | angampil-ampil iku | upacaranira jêng gusti | sarakit munggèng ngarsa | diradèstri jalu | wuri babon mas anakan | sinisihan paksi manglar munga rukmi | lan bumbung paêsêsan ||

4. sisih sumbul sadaya mas sami | nuli têkên sarakit sinotya | rada kawuri lakune | ingkang angampil iku | gandhewa di sisih jêmparing | sabêt balongsong êmas | myang satamèngipun | munggèng ing wuri priyăngga | ngampil kêbut laring manyura sarakit | angapit kering kanan ||

5. sadayeka ingkang ngampil-ampil | nèng sajawining babut ginêlar | nanging maksih nèng sajrone | kang urut ngurung-urung | dene para ingkang pangirid | jajaran munggèng ngarsa | lumampah ing babut | anênggih ta winursita | Dyan Mas [Ma...]

--- 59 ---

[...s] Suryawinata riya ing nginggil | nuli sang atmajendra ||

6. Jêng Pangran Purbadiningrat tuwin | Jêng Pangeran Kusumadiningrat | Jêng Pangran Prabuningrate | anulya wurinipun | nênggih kangjêng pangran ngabèi | Jêng Pangran Suryatmaja | kang lumakwèng pungkur | pêpatih ing kadipatyan | Dyan Mas Arya Sujanapura nadhahi | rah tètès ing cangkir mas ||

7. kangjêng gusti pan maksih kinanthi | tuwan asistèn ing kering kanan | kaliwon ing kadipatèn | Dyan Săntadipurèku | anongsongi songsong sungsun tri | êmbane sang sudibya | wanita tan kantun | Dyan Ayu Amongsaputra | kanan keringing songsong kang ngampil-ampil | kêcohan lopak-lopak ||

8. ngunir bosok êmase sinangling | pan cinawi ngrêmit kawaratan | sotya atap tinarètès | ingkang ngampil puniku | Dyan Mas Sèndhèr lan Dyan Mas Sayid | malih kang atut wuntat | tuwan dhoktêr iku | lawan sang mantri wisesa | warongkendra Kangjêng Radèn Adipati | Sasranagara ingkang ||

9. tansah jajar lan kangjêng kiyai | mas pangulu tapsir anom mulya | nênggih wau ta lampahe | nêkuk mangulon sampun | sri kawuryan dènnya lumaris | aris abayak-bayak | ambiyêt ngênguwung | ngawêng lir teja wangkawa | wèh ascaryaning driya para sumiwi | mawas kang tiningalan ||

10. amung sira sang mêntas sinupit | kang lumampah agung rinarămpa | rumabasa mring panêpèn | nimpuna kang andulu | jalu èstri tyas rêsêp sami [sa...]

--- 60 ---

[...mi] | sumêmi sumawana | wênèh gagasipun | samêngko wus kalampahan | sinupitan tan ana sawiji-wiji | raharja kang lumampah ||

11. ing satindak pidaking pada ris | rinasèng driya kadya pangantyan | duk binayang-bayangkare | angarak murih têmu | nyamlêng têmên datan nalisir | sire kang ngraras nala | nalika andulu | dalongop marang sawangan | kawanguran sukaning driya tan sipi | kongsi lir kaasmaran ||

12. lir winênyêt kenyut trênyuh tistis | nyês-nyês sonyaning tyas kadya was-was | kawistara locanane | katêluh ilining luh | luluh ngêlong lênging pandêling | mêlêng malah tan cêtha | cènthênging pandulu | balêrêngên kênèng kanang | kumonanging busana maneka warni | murub ujwalanira ||

13. sarawungan lan kênyaring rawi | ruwêt mukêt cakête kumilat | ngilat kawulat nyalèrèt | sumorot datan surup | sumirating busana lêwih | kawêhan srining jamang | sêsotya linut lung | êmbanan kinarawistha | pasthi lamun nêmbe angebat-ebati | asrining pangagêman ||

14. nadyan imalayèng awiyati | miyat milyayêm mangayam-ayam | ngêyom mêmayung wahyune | ngayuh yayah tumiyung | yun mayungi risang lumaris | adrêsing diwangkara | karahatan lamuk | ngalêmêng ngakasa mănda | mindaka ujwala jaladha nawêngi | nêngah maruta prapta ||

15. sirir ririh ruru riris aris | raras kadya sumêmbur ing burat | kabarat ngabrat gandane | minging lumrang sumrik rum | rurum ngambar ambèring wrêsti | wrêsti tan pati [pa...]

--- 61 ---

[...ti] dahat | muhung kêpyur-kêpyur | kapyarsa kayarsa mangsah | mahangsung sih sih-sinihan sang siniwi | siniwèng lokajana ||

16. kajanèngrat mahdipaning aji | mujastawa sining pramosita | sidi kapraban yuning rèh | rèh rumênggèng sitangsu | sunar tan nir nuring narpati | ngraditya trang tri măngsa | samudra mangayun | mili milu ngêla-êla | lan tumêlung mulung ngulungkên mêmanis | mring sang miwahèng putra ||

17. ya ta wau gusti sang sinupit | wus malêbêt ing wiwara priya | laju mring panêpèn kang lèr | malih ingkang winuwus | amangsuli pra narpasiwi | ingkang wus sinupitan | sakawan tut pungkur | ugi mring panêpèn samya | sadayeka sasampunira jêng gusti | umangkat urut wrêdha ||

18. nomêr kalih ing lampah pangirid | Jêng Pangeran Ariya Mataram | sakarompol ngarsa dhewe | nuli pangiridipun | ingalampah kang kaping katri | Kangjêng Pangeran Arya | Natakusumèku | ing pangkat kaping sakawan | Jêng Pangeran Adikusuma pangirid | nuli kang kaping gangsal ||

19. pangiride pangkating lumaris | Jêng Pangeran Arya Pakuningrat | sapăntha-păntha lampahe | kang nganthi sadayèku | gusti narpaputra sinupit | pra pangran sêntanendra | kang garubyuk pungkur | para êmban kondhang ngarsa | samya ngampil kêbut lawan cangkir rukmi | tadhah rah ywan lumayan ||

20. sawingkinge para narpasiwi | nuli sêntana kang samya bela | ginarubyuk pra ahline | lumampah anglur-sêlur | saking kadipatèn dalidir | sampêk maneka-neka [mane...]

--- 62 ---

[...ka-neka] | busanane sagung | samya nut jêng sang sudibya | mring panêpèn sapangkat-pangkat anunggil | lir kênyaring sudama ||

21. sumewa ing sang hyang sitarêsmi | ya sairib sunaring ujwala | nanging tan timbang gêdhene | kang sami bela iku | ngalap brêkah sakwèhning janmi | marma kalangkung kathah | mothah ngênthu-ênthu | ithu kawula lit bela | wuse rampung ing risira samya mulih | nêngna waluyèng crita ||

22. sarampungnya wau sang sinupit | ing maderêngga jêng sri narendra | wangsul mring pandhapa gêdhe | lan sagung para tamu | tata lênggah ing kursi malih | wau kang atut wuntat | ngiring anggarubyug | jêng gusti sadayanira | mring panêpèn prapta sarampunge sami | wangsul sumiwèng nata ||

23. mring pandhapa sanasewaka ji | ya ta para urdênas Walănda | lan saêncik-êncikane | maju lumaku urut | angladoskên inuman sami | ing dhahar dalêm nata | sarta para tamu | kawaratan ngasta gêlas | nulya kangjêng tuwan rêsidhèn kondhisi | măngka wilujêngira ||

24. kangjêng gusti sang mêntas sinupit | lan sakawan para narpaputra | wusing ngunjuk sadayane | urmat musik ambarung | Babarlayar rarasira ris | lir tangis ngêmu suka | sakèh prawira nung | kang baris ing palataran | wus rumanti Jêng Kolonèl Abaanpir | brêg drèl ambata rêbah ||

25. tinampanan rampak srimanganti | tuwin ingkang baris kamandhungan | rumambah kaping tri kabèh | rêmpêg sagolong gulung | nuli ngalun-alun [ngalu...]

--- 63 ---

[...n-alun] lor muni | mariyêm binarama | minăngka gongipun | swuh brastha sêgara wana | sinauran unining maryêm ing loji | sadaya niga wêlas ||

26. datan pae mariyêm kang cilik | uga kaping tri wêlas uninya | lir talaga galêgêre | ngumandhang angêndhanu | numpa-numpa kêbak ngêlèbi | buwana kadya kontrag | katrêpan sawêgung | gunging suwara warata | lir wêwarah manungsa sanungsa Jawi | kang durung antuk warta ||

27. kawuwusa malih jroning puri | kangjêng sri narendra maksih lênggah | lan kangjêng tuwan residhèn | ya ta wau kang maju | wijang jajar santana panji | ngajokkên ladèn wedang | dhahar dalêm prabu | lan para tamu sadaya | pra sumewa kawratan sawiji-wiji | sêja ngrêsêp sugata ||

28. sampun mundur ingkang angladèni | sri narendra aparing sasmita | mring kaliwon gêdhong kinèn | ngêdalkên tumpêng sèwu | ajad dalêm sri narapati | marang ing pagêlaran | wus garjitèng sêmu | kaliwon gya lumaksana | andhawuhkên wêtuning ajad dalidir | mèh tan kêna dèn etang ||

29. ya ta wau kangjêng sri bupati | parentah mring risang mantrimuka | mêtua mring pasebane | pagêlaran angêpung | lan wadana kaliwon tuwin | panèwu mantrinira | lawan mas pangulu | katib ngulama mardikan | pinilihan juru suranata modin | sandika sang anindya ||

30. sampun bodhol saking byantara ji | sadayanya maring pagêlaran | ngêpung ajad dalêm kabèh | wus prapta lênggah têpung | kupêng kapang kêmput [kêmpu...]

--- 64 ---

[...t] ngubêngi | kodhoèkngorèk tinatab | ukunge angungkung | akongas bêninging raras | sarasane lir taru katiban riris | aris muyêk ngrêmbaka ||

31. gandhèk dhawuhkên timbalan aji | ajad dalêm ingkang tumpêng sasra | sarat măngka wilujênge | jêng gusti sudibya nung | nulya êdrèl malih rambah tri | prajurit kang sewaka | baris ngalun-alun | ing mariyêm palayangan | angêgongi kaping têlulas dhung muni | sarampungira nulya ||

32. satindhihe kang para prajurit | litnan kolonèl mayor kapitan | upsir milu ngêpung kabèh | wus têpung gêlang kêmput | sira Kangjêng Radyan Dipati | Sasranagara nabda | nêdha mas pangulu | timbalan dalêm sang nata | pakênira dikakake andongani | ajad dalêm punika ||

33. nênggih wilujênge kangjêng gusti | pangulu nuwun atur sandika | nuli ngadêg pandongane | mangetan arêpipun | tumpa-tumpa donga ingapil | saayat sinalahan | amine gumrumung | sawusnya tuntasing donga | ambêngane gya dinum kabèh waradin | ya ta sang mantrimuka ||

34. lawan sadaya para bupati | kaliwon praja miwah ing desa | nênggih wangsul sumiwine | maring jroning kadhatun | mas pangulu katib ngulami | kalilan ngaso samya | mring masigid agung | tan winarna lampahira | kangjêng radèn adipati malbèng puri | anganthi pra wadana ||

15. Kinanthi

1. nahan ta ingkang winuwus | ing pangripta amangsuli | sêling sarênging lampahan | carita kinarya [ki...]

--- 65 ---

[...narya] gênti | kocapa malih jro pura | nalika sang nindya mantri ||

2. mundur saking ngarsa prabu | saungkurira winuni | nênggih kangjêng sri pamasa | jêng tuwan residhèn tuwin | para tamu tuwan-tuwan | miwah sira Kangjê[5] Gusti ||

3. Pangeran Ariya Prabu | Prangwadana datan kari | sadayanira tut wuntat | ambrol andhèrèk sang aji | jêngkar saking palênggahan | têdhak mring panêpèn tuwi ||

4. turut gêlaraning babut | ing tindakira sang aji | datansah akanthèn asta | lan jêng tuwan risdhèn sami | sri narendra sinongsongan | gumilar lir mas sinangling ||

5. ing pinggir sinêkar suruh | sumunar ambalêrêngi | mangkana kang samya miyat | uyêkan arêbut linggih | kisruh kang tinujwèng tingal | apa kang lagya lumaris ||

6. apa mêrlokkên andulu | kang anèng panêpèn iki | ingkang mêntas sinupitan | munggèng sajroning pandhapi | majêng mangalèr ing têngah | pinrênah lênggah ing kursi ||

7. kinasur baludru wungu | wêwangun cinuki-cuki | tan kantun kadang sakawan | ugi panggenan anunggil | ya ta wau kang tumêdhak | paduka kangjêng narpati ||

8. ing lampah pan sampun rawuh | tundhuk sang mêntas sinupit | para tuwan kang tut wuntat | bêblêg wus mèh tanpa wilis | nèng sawetaning pandhapa | panêpèn jumênêng sami ||

9. sadaya sarju ing kalbu | jêng tuwan risdhèn miwiti | majêng nyêlak têtabean | saha sung pambagyèng puji | nulya para tuwan-tuwan | asistèn residhèn tuwin ||

10. militèr komêndhanipun [ko...]

--- 66 ---

[...mêndhanipun] | garnisun prajurit Wlandi | Tuwan Saipêr kang nama | majêng juru basa Jawi | anama tuwan HKH | Wilkês ing Surakarta di ||

11. kawratan sadayanipun | maring sang mêntas sinupit | rumêsêping tyas sung urmat | kawilujêngan jêng gusti | tuwin para narpaputra | mugi manggiha basuki ||

12. ywa kongsi katanduk dudu | dinuduta ing alêwih | lêluwang tyas susilarja | ya ta sang sinabda manis | mangsuli atur panrima | dadosa jimat paripih ||

13. nênggih ta sasampunipun | mangkana sadaya sami | ing tuwi wus sawatara | nênggih jêng sri narapati | nambrama mring kangjêng tuwan | residhèn dèn acarani ||

14. wangsul mring pandhapa agung | jêng tuwan noragèng liring | wus sarujuk condhong karsa | adan tumêdhak sang aji | sadayanira tut wuntat | mring sasanasewaka ji ||

15. enggaling carita rawuh | sri laju lênggah ing kursi | munggèng sajroning parasdya | kasukan mèt rênèng galih | tansah lawan kangjêng tuwan | residhèn dhèrèk sang aji ||

16. sawatawis para tamu | dene sadayanya sami | munggèng sasoring paningrat | kasukan tan walang galih | rumêsêping tyas kacaryan | saking gunging boja-krami ||

17. marma tan andriya kadung | sagunging kang para tami | têmên tumus sukarêna | ya ta risang nindya mantri | lan wadana kaliwonnya | wus sumewa maring puri ||

18. sira sang warăngka prabu | nunggil pangran narpasiwi | sumewa munggèng sewaka | ing wetan jirap rêspati |

--- 67 ---

tata trap susilèng lênggah | ngapurancang asta kalih ||

19. dalêdêg ladèn lumintu | roti sêsarapan enjing | myang sapirantining ulam | midêr inuman lumadi | warata kang linarihan | ngunjuk sasênênging galih ||

20. samana ing wancinipun | winatara kirang lêwih | wanci jam satêngah sanga | eca kasukan sang aji | ya ta pathêting pradăngga | pelog barang anyundari ||

21. alon ngalêlêring suluk | gambang gêndèr rêbat ngringik | tan ringa rêbut yakmaka | tungtung ngês rarasira ris | ya ta badhaya umahya | saking prabasuyasa di ||

22. pambatak lumampah ngayun | lumajur prapta ing wuri | pambuncit mungkasi lampah | wus praptèng byantara aji | ya ta pradanggane buka | gêndhing endhol-endhol ngrangin ||

23. praptèng gong badhayanipun | sanga sarêng mangastuti | iyêg iyaga sadaya | biyantu prasami wiwit | nuthuk ricik wêwilahan | panabuhe ukur jawil ||

24. alon lêlah rèh raras rum | sindhèn swaraning jalwèstri | mataya sampur binabar | jèrèng lir liring suwiwi | cinangkiwing asta kanan | kering nyangkiwing tumêngging ||

25. arêmpêg sanga sawujud | tan miji warna sawiji | sajak tatraping busana | sênêng mandara sarwa di | winida sariranira | sari rinaras pinipis ||

26. ulat myang tênaga ruruh | nyumbadra angrarasati | pantês lêlangêning nata | kawiryaning nungsa Jawi | gêndhing minggah nulya niba | lêladrangan ladrang manis ||

27. sindhène maksih biyantu | swara sêdhêng tan sru ririh | miwah

--- 68 ---

tharuthuking kêprak | barêng irama taya ris | rarasing sindhèn alênggah | lon-lonan angêlong galih ||

28. kacaryan ingkang andulu | jalu èstri rênèng ati | miyat tayaning badhaya | sadaya mandayèng warni | mangkana panggagasing tyas | kirane para apsari ||

29. ing endraloka linuhung | baya tan luwih lir iki | wiraga raga karana | myang busanane ing nguni | tuhu kalamun wibaksa | saking talatèn nitèni ||

30. nuhoni pamulangipun | ing solah susilastuti | linêkêt lukitèng taya | marma sadaya rêspati | patut saistha musthika | dyastha wasistha pinusthi ||

31. mêsthi sêngkêraning prabu | parabot rakiting puri | wau ta ingkang abêksa | sampun sadaya dumugi | mêndhak nêmbah mintaksama | ing gusti kangjêng narpati ||

32. unining pradăngga suwuk | badhaya sadaya sami | umangsuk mring prabayasa | sinangsaya pathêtan ris | ya ta wau winursita | warata[6] satêngah siji ||

33. panataning dhahar sampun | ing andrawina miranti | ya ta Jêng Pangeran Arya | Mataram atur upêksi | ring Jêng Pangran Priyêmbada | kang saos unjuk narpati ||

34. wus kawot saaturipun | sampeyan dalêm sang aji | kang lagya lênggah kasukan | sasmita liring pinaring | ring kang bapa kangjêng tuwan | rampung pangruktining bukti ||

35. para tuwan-tuwan tamu | sadaya garjitèng galih | mênawi kangjêng narendra | jumênêng tumêdhak maring | ing sasana andrawina | saking parasdya umijil ||

16. Mijil

1. sampun têdhak kangjêng

--- 69 ---

sri narpati | tansah sakarongron | lan kang bapa jêng tuwa[7] residhèn | pantês nganthi asta ingkang kering | alon lumampah ris | kinurmatan umyung ||

2. swaraning kang pradăngga ngrêrangin | lir parentah golong | angèndêlna saking kasukane | gêndhing marês musikan umuni | kadya ngacarani | mring sagung pra tamu ||

3. prisêntiring prajurit kang baris | ingabanan gupoh | cikat ingkang ngampil sêtandare | tiniyungkên kumlèwèr ing siti | parigêl undhagi | sarigak tan kidhung ||

4. lir anumbak dèn ugêr pinati | ing pamatang tanggon | kacaryan tyas para tamu kabèh | kang pinatah andhèrèk sang aji | royom kêmbul bukti | sadaya tut pungkur ||

5. para tamu tuwan-tuwan sami | lumêbêt maring jro- | ning drawina pinarnah tan pae | Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Prangwadana tuwin | kang nèng pandhapa gung ||

6. lan pra gusti sang narendra siwi | sadaya nut bodhol | myang pra bêndara pangeran kabèh | riya nginggil kalawan ta malih | Jêng Radyan Dipati | Sasranagarèku ||

7. lan bupati niyaka prasami | kang andhèrèk royom | lawan kangjêng pangeran kolonèl | myang owrêstêh samayor tan kari | samya lumêbêt mring | andrawina kumpul ||

8. dene para kapitan upisir | ing jawi tuwin jro | binojana sakèh sami manggèn | ingkang wetan bangsal srimanganti | de kaliwon nagri | myang bupati dhusun ||

9. sakaliwonira kumpul mungging | srimanganti kulon | samya

--- 70 ---

arsayèng tyas sadayane | padha dhahar malih kang winarni | riya ngandhap tuwin | panji wayah buyut ||

10. manggèn munggèng kadipatèn sami | nèng kono aroyom | ing sagolong-golonge linadèn | mêminuman ingkang sarwa-sarwi | pamantêsing bukti | nahan ta winuwus ||

11. sampun rawuh sanandrawina sri | paduka jêng katong | lan kang bapa jêng tuwan residhèn | amiwiti alênggah ing kursi | anut sakèh sami | lênggah undha-usuk ||

12. ing sapangkat-pangkating alinggih | sampun mrênah manggon | tan sêla titih titi tatane | pasugatan kang badhe lumadi | wus rinakit-rakit | ing saurutipun ||

13. ya ta sapisan ingkang mangarsi | ingidêran êsop | ingkang dhahar wrata sadayane | kang lumadi inuman nyarêngi | madherah winradin | sawusnya puniku ||

14. nulya sêkul linarih ngubêngi | lan ulam linados | warna-warna wênèh sambêl gorèng | miwah lah-olahan cara Wlandi | myang olahan Jawi | tinawèkkên sagung ||

15. acar-acar sambêlan lan pêtis | lalaban mirantos | pangunjukan kang dèn larihake | anggur burdho alus angidêri | anulya sinagin | ing sasampunipun ||

16. sadaya linadosan makrumi | kang alênggah royom | sawusira nulya ulam gramèh | lawan saos pêthak kang lumadi | worêtêl kinanthi | kênthang ambaludhuk ||

17. panginuman anggur muskat manis | iku kang linados | nulya ulam daging sakanthine |

--- 71 ---

lan saos sapinyong patipois | lawan kênthang malih | nulya kang lumaju ||

18. sladha lawan prègêdèl lumadi | wrata kang cinaos | inuman anggur alus bêrgonye | nulya malih paladèn mangarsi | dhaharan mawarni | roti podhêng sagu ||

19. sawusira anulya tiptikip | iku kang linados | ingidêrkên warata buwah èr | nulya linadosan rambah malih | dharan warni-warni | rêrêmikanipun ||

20. bangkèt mandhêl kismis sêkar gêndhis | wus gumêlar kono | dene anggur sapanyê larihe | sawusira iku kang lumadi | wowohan matêng wit | pala kang gumantung ||

21. pasugatan ing meja sarwa di | sarasa miraos | kacaryan tyas kang adhahar kabèh | samya ngunjuk toya ès waradin | sakèh kang ngladèni | parigêl tan kadung ||

22. yèku paladèn ingkang winarni | urute mangkono | muhung pinèt nênggih sapêrlune | yèn dèn oncèr rêroncèning bukti | baya ta tanpa wis | saking sakalangkung ||

23. tuhu ngungkuli ingkang wis-uwis | durung lir mangkono | warna-warna ing boja paladèn | nêngna urut-uruting lumadi | sanggya kang binukti | dhahar bojana rum ||

24. winangsulan caritane malih | nalika samyandon | jroning pista nênggih samangsane | kèndêl sawatara dèn sêlani | kalinthing thing ninthing | kumlinthing thingipun ||

25. nulya sami garjita ing galih | sadaya agupoh | angisèni gêlas ing ngarsane | kawaratan sadaya

--- 72 ---

wus isi | thing-thing kaping kalih | ngasta gêlasipun ||

26. lan jumênêng sagung saking kursi | cêp mênêng samya non | kang kondhisi jêng tuwan residhèn | ulon alon buntas maratani | panabdanira ris | ing wilujêngipun ||

27. risang mêntas sinupit jêng gusti | pangran dipatya nom | winiwitan hip-hip kabèh hose | sêru surak surasa sukanting | musike ngurmati | munya nganyut-anyut ||

28. kadya milu surak tan sarênti | rêruntung rumojong | wijang urmat mariyêm unine | pan ngumandhang jumêglug mring ati | sinulêd kaping tri | wêlas nulya sampun ||

29. tinêngêran ing tambur tiniti | tăndha yèn sampun bot | unining kang mariyêm watêse | mangkana sabên-sabên kondhisi | jumênêng prasami | saking kursinipun ||

30. jêng tuwan residhèn lan pra tami | kacaryan ing batos | dahat suka sukur sumungkême | para ingkang samya dhèrèk bukti | datan walang galih | malah lir salulut ||

31. lulut rumêsêpira jrih asih | ring sang sri makatong | katumusan ing paramartane | tan etang mring mitra kawula lit | lide tan sinêrik | narik ing rahayu ||

32. ya ta malih kalinthing thininthing | kondhisi ping pindho | kang nabda kangjêng tuwan residhèn | wilujêng dalêm sri paduka ji | kangjêng narapati | narendra dibya nung ||

33. kaping sanga ngagên komandhuring | Nèdêrlansên leyo | saha komandhur mawi bintange | ordhê pranês yosèp ing ostênrik | musikan umuni | marês tèt [tè...]

--- 73 ---

[...t] dhung dhung dhung ||

34. nulya mariyêm muni ngurmati | ngumandhangira doh | kaping têlu likur panyumêde | sampun rampung têngarane muni | ya ta kang abukti | kondhisi ping têlu ||

35. ingkang kondhisi jêng sri bupati | ngandikanira lon | wilujêngnya jêng tuwan residhèn | AY Yèkêl ing Surakarta di | angagêm komandhir | sing ordhê pran yosup ||

36. nagri Otênrik hip surak sami | musike rumojong | ping sangalas mariyêm unine | ya ta malih kondhisi mungkasi | jêng tuwan nabda ris | ingkang kaping catur ||

37. măngka wilujênging tanah Jawi | hip hose nalawong | kaping sanga mariyêm urmate | bibar dhahar jumênêng sang aji | kêkanthèn sarimbit | lan jêng tuwan iku ||

38. nulya têdhak mring sewaka aji | tumindakira lon | mlampah-mlampah lan jêng tuwan risdhèn | sadayanya pra tuwan umiring | ingkang mêstas[8] bukti | mring sewaka prabu ||

39. kinurmatan pradăngga umuni | sêpêtmadu molor | madu pinasthika carabalèn | musik marês prajurit prisêntir | tambur suling muni | sêtandar tiniyung ||

40. winatara samana pukul tri | bibaring ngaroyom | nulya para migati linadèn | wedang majêng ing ngarsa narpati | kawaratan sami | sagung para tamu ||

41. tan pantara dangu kang mangarsi | warata lumados | sês sarutu miwah piranti rèk | ya ta wau kangjêng sri bupati | lênggah wangsul maring | sana parasdya rum ||

42. lan jêng tuwan-tuwan sawatawis | nunggil sakarompol [sakarompo...]

--- 74 ---

[...l] | dene para tamu sadayane | munggèng paningrat kasukan malih | para narpasiwi | pangeran sadarum ||

43. wus sumiwi wangsul kadi nguni | myang warăngka katong | pra wadana lan sakaliwone | wus waluya tataning palinggih | para ngêladèni | anulya umaju ||

44. angladoskên likir warni-warni | sawuse mangkono | pan linarih marih inumane | lumintu midêr tan angêndhati | ya ta tan pantawis | wau ta kang mêtu ||

45. kalangênan dalêm kang nyarimpi | rampak sampun dandos | endah ngagêm ing raja kaputrèn | trahning maring byantarèng narpati | sèbêt byar kaèksi | ya ta gangsanipun ||

46. wiwit buka gêndhing Gambirsawit | pathêt sanga slendro | gong mas mawa sarimpi anjogèd | srining găngsa irama rangkêp tri | saking wus winêgig | iyagèng panabuh ||

47. rasa-rasa karasa raras ris | mataya katongton | amiraga ngrêraga solahe | branyak cèplês lanyapan nèng kêlir | salire rêspati | lêlangêning prabu ||

48. winisudha sêdhêng gêndhèng gêndhing | gandhang ngêndhong-êndhong | endha linajurkên caritane | kurang papan luwih ing panganggit | gêndhing Gambirsawit | mukêt wilêtipun ||

49. kang abêksa sampun sawatawis | pradăngga nulya lon | sêsêg minggah sangsaya rarase | nganyut-anyut mukêt angrêrangin | ngrungih kapiyarsi | mangarsayèng kalbu ||

50. wus ngandhêlong niba Gonjang-ganjing | gèncêng kapanujon | sarju barêng barunging sêsindhèn | ginarubyug [ginarubyu...]

--- 75 ---

[...g] ing jalu lan èstri | lir suling sinêling | tinrusan panêrus ||

51. sampyak sampyêng sarupaning srimpi | sarămpa srikaton | wus tan ana sadêmi cacade | malah-malah lir hyang-hyanging bumi | ya ta wus dumugi | gangsane sinuwuk ||

52. pra sarimpi mêndhak mangastuti | satata angaso | sawatara linggihe tan suwe | laju malbèng jroning suyasa di | pathêt angurmati | lir nalika mêtu ||

53. para tamu tuwan-tuwan tuwin | pra sewakèng katong | maksih sami lêstari linadèn | pasugatan minuman mawarni | masuka-sukanting | kasmaran yyan nuwus ||

17. Asmaradana

1. kang nèng jroning suyasa di | nênggih jêng narpa dayita | tuwin para ratu kabèh | myang gusti-gusti wanita | kusumèng dhatulaya | sagung para radèn ayu | kasukan nèng prabayasa ||

2. uga sami dèn ladèni | adat caraning wanita | pangunjukan wedang êtèh | wedang kopi pinêrêsan | dhaharan warna-warna | kang cinawiskên mangayun | miwah paladèn idêran ||

3. kawratan sinugatèng sih | wau sampun sami dhahar | boja kameja tigang gèn | pinantês sapantêsira | pangkat-pangkating dhahar | pinapantês tan kaliru | lire pamrênahing lênggah ||

4. kang anèng sajroning puri | para tamu sadayanya | myang kang sami sowan kabèh | sukèng tyas marwata suta | karênan masewaka | ing ngabyantaraning prabu | tan ana angrasa sayah ||

5. malah tumus sotèng ati | ngatara kêdhaping netya | nityasa arsaya tyase [tya...]

--- 76 ---

[...se] | têtês tan sansayèng driya | ya ta malih mangarsa | nênggih paladèn buliyun | sadayanira warata ||

6. wau ta wus sawatawis | wus wanci tabuh sakawan | hyang surya lumarap sore | jêng tuwan residhèn lawan | para tamu sadaya | lir dumugi sukanipun | nênggih sadintên punika ||

7. jêng tuwan tur nyuwun pamit | umêdal madal pasilan | lan pra tamu sadayane | ya ta wau sri narendra | wus tampi pêpamitan | urmat jumênêng sang prabu | rakêt rumêsêp tabean ||

8. nambrama pangandika ris | sung pêpuji risang ngarsa | mundur saking ing kadhaton | mangsuli tur mintaksama | langkung liningga murda | pasihan dalêm sang prabu | ya ta sadaya pra tuwan ||

9. majêng têtabean gênti | ring sang sri sung pangastawa | wrata mangkana tan pae | mundur saking jroning pura | datansah kinurmatan | prajurit pusisi sagung | myang musikan lan pradăngga ||

10. Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Prangwadana | sarêng jêng tuwan wêdale | samya kondur sowang-sowang | kangjêng radèn dipatya | wadana kaliwonipun | ugi sarêng undurira ||

11. wangsul makajangan malih | sagung kang saking jro pura | wus lêpas wau lampahe | nêngêna ing dhatulaya | kangjêng sri naranata | nênggih tan pantara dangu | jêngkar saking palênggahan ||

12. urmat pradăngga lan musik | prisêntirirèng prawira | sang nata kondur ngadhaton | ginarubyug upacara | andhèrèk ngênyapura | ya ta kang sumewa sagung | mundur saking palataran ||

--- 77 ---

13. laju kondur ngaso sami | mring dalêmira priyangga | miwah pra prajurit kabèh | wus bibar sadayanira | amung para nambada | ing karya kang maksih kantun | ngrarukti ing kuwajiban ||

14. tinaliti tinastiti | tata tataning pranatan | tan owah ingèstokake | akèh tan sêmbranèng karya | sakarya kinawruhan | wiwahan jroning kadhatun | salaminira mangkana ||

15. samana wus praptèng ratri | ing malêm Arbo Sarkara | tanggal ping wolu wêngine | pandhapa sanasewaka | kèndêl tan pasamuan | nanging maksih nguyu-uyu | pradăngga anggung tinatab ||

16. tan kêndhat sarina wêngi | niyaga pinara-para | kasêpuhan kadipatèn | panabuhe gêgiliran | ya ta wau winarna | ing panêpèn kang atugur | niyaka sakaliwonnya ||

17. miwah bupati panamping | sakaliwonira uga | pinatah sowan tan lowong | ing sadina sawênginya | nyawiji pra prawira | pêpak gilir sabên esuk | nuguri sang sinupitan ||

18. jêng gusti pangran dipati | myang putrendra kang abela | sadaya anèng panêpèn | tinatanan pasarean | ingkang kinara wistha | pandhapa panêpèn kidul | jajar ambanjêng mangetan ||

19. jêng gusti kilèn pribadi | gya mangetan urut wrêdha | ujure sami mangalèr | kang atêngga parean- |[9] ira sang rajaputra | pawèstri pakathikipun | miwah pra êmban wanita ||

20. nalia[10] puniku malih | ingkang nambada ngrumêksa | garwaning wadana kliwon | kang wus pinatah

--- 78 ---

tuguran | sarimbit malbèng pura | sarintên sadalunipun | rêma cawising pamboja ||

21. inguja tan kurang siji | saji-saji jroning pura | nalika durung sênggange | nêngêna ing wênginira | prapta ing Rêbo enjang | panêpèn pandhapanipun | kang êlèr wus sinaroja ||

22. ginêlaran babut asri | bangku kasukan kêcoan | tinata saput prantine | andungkap pukul sadasa | para kangjêng pangeran | sowan pangagêmanipun | rasukan sikêpan cêkak ||

23. kanigaran kang rinukmi | rema ingukêl kêlingan | lêngkèhe sinusuk kondhe | kadhang kiswa kinalabang | binage para tiga | tinunggal pucuk tinêkuk | mêkak mor pusarèng kiswa ||

24. numrap sinungan paniti | nêtêp sotyane naleram | jêram saajar sêrate | têtela tinulya rêtna | nasênêna barêgas | ana ingkang mara sêmu | samuwa srining busana ||

25. pamatutira rêspati | tan ana ingkang kuciwa | kang sami lênggah sakèhe | sumewa para wadana | kalawan kaliwonnya | ngamungkên kang sowan tugur | myang pangagênging prawira ||

26. sawatara upsir kaptin | mayor owrêstêh pinatah | sowan saos bêkti gêntèn | dèn etang-etang ubêngan | lan malih ingkang sowan | panji riya wayah buyut | sami ugi sawatara ||

27. wus pêpak ingkang sumiwi | para gusti jêng pangeran | munggèng pandhapa panêpèn | ingkang sampun sinaroja | wau ta winursita | jêng gusti sasampunipun | busana ingkang sarwendah [sar...]

--- 79 ---

[...wendah] ||

28. ukêling kiswa sinuri | rinumpaka nawarêtna | numancêp nèng kadhalmènèk | nawung rarase kumênyar | nyarong nyênyampingira | dhasar ijo gunung guntur | apaningsêt wungu noja ||

29. èpèk renda êndhog mimi | katimang sotya barleyan | lumayan karsèt ngalèwèr | sawêran binggêl kêncana | sinarja sangsangan mas | gumilar lir ulêr lulut | mulêt lumêkêt ing jaja ||

30. wijang sêsupe ing jênthik | cêtha sakletaning cêngkal | kalpika pathak mripate | patut kêbute bubutan | gadhing kang uwi kewal | mawul karompyohing kêbut | ya ta wau wus alênggah ||

31. tansah kadang kang sinupit | ugi wus ngrasuk busana | nèng pandhapaning panêpèn | manggihi para sumewa | sadaya ingacaran | kasukan sasênêngipun | main wis myang satotêran ||

32. lumintu ingkang ngladèni | sês sarutu myang inuman | mawarna-warna cacahe | lawan paladenan wedang | tan kêndhat linarihan | samya rumêsêp ing kalbu | pra gusti kangjêng pangeran ||

33. suka mèt rênaning galih | miwah kang sami sumewa | ing gusti jêng sudibya nom | tan pae sadayanira | kacaryan anupiksa | sukèng tyas marwata sunu | sanalika wancinira ||

34. pukul kalih wêlas muni | para gusti jêng pangeran | nyuwun ngaso sadayane | mring gusti sang sinupitan | sampun sami kalilan | linambaran ing sabda yu | yumana ing panêmbrama ||

35. dhêku anuwun mundhi sih | ya ta sadaya wus jêngkar | saking pandhapa panêpèn [pa...]

--- 80 ---

[...nêpèn] | mêdal kondur sowang-sowang | datan winarnèng lampah | amung pratiwa kang tugur | maksih lêstari sumewa ||

36. saksana kondur jêng gusti | lan sakawan narpaputra | malêbêt kamar panêpèn | angasokakên sarira | ya ta tan winursita | rinancag caritanipun | kapungkur ri Rêbo siyang ||

18. Pangkur

1. wuwusên tanggal ping sanga | malêm Kêmis pasamuan jro puri | nênggih ing pandhapa agung | sasana sewakendra | sor pananggap sawetaning sakaguru | sinudhiyan palênggahan | mujur mangalèr sapalih ||

2. ngarsa sinungan kêcoan | amêncèrèt gilap lir mas sinangling | sinêling salongkangipun | kênap cilik tinatan | gêlas jinggring pêpak saprantine ngunjuk | antara wanci jam sapta | abyor sajêroning puri ||

3. lawên lumawan sumilak | sulak ingkang panjuta sinêtrali | pandêlar dhudhuk myang gantung | tuntas sinulêt samya | sumawana sumunar sênên sumunu | sawênèh tan kalindhukan | padhang lir padhanging rawi ||

4. wiwara prabasuyasa | wusing ngêblak jiglag katon rêspati | saking kadohan kadulu | dumilah saniskara | karahatan sumilak mêlok tan siluk | silar saliring wadhaka | mung nyènèng sênênging ati ||

5. katon ambaning jarambah | kabèh kambah ing babut prangwadani | sinungan bangku pinatut | pinggir lingis prênisan | pinandaman nyarakit sêtrali dhudhuk | sudhiyan papan kasukan | sakèhning kang para putri ||

6. mangkana sampun samêkta | pra

--- 81 ---

nambada ing karya winigati | gita paguting pamatut | tinatèng pangrantunan | tan antara têra pangruktinira wus | winawas para miluta | ladèn kang badhe lumadi ||

7. ing wedang myang mêminuman | mawarna kèh sanggyaning kang binukti | yèn ta tinungtas nèng wuwus | uwus tanpa wusana | sanalika niyaga kang badhe nabuh | kabèh wus sami sumewa | lan pasindhèn jalu èstri ||

8. nyêlak pradăngga tinata | nèng paningrat sakidul kulonnèki | sasana sewaka prabu | ya ta wanci madyastha | lir sêsulung para sewakèng kadhatun | jêng pangran putra santana | lawan ingkang riya nginggil ||

9. pajujuganira lênggah | ngempar lojèn de agêmannya sami | rasukan sikêpan agung | sagung abêbasahan | dene ingkang para panji wayah buyut | riya pan sami sumewa | munggèng palataran asri ||

10. kawuwusa sri narendra | sampun lênggah sajroning suyasa di | ingkang cakêt ngarsa prabu | nênggih jêng pramèswara | lan sira sang umindra jêng ratu agung | Kangjêng Ratu Madurêtna | jêng ratu bêndara tuwin ||

11. Jêng Ratu Timur kalawan | para gusti sang narpa putra putri | myang garwa paminggir prabu | sagung ruming puraya | samya marak sampeyan dalêm sinuhun | saha garwaning pangeran | miwah bala santanèstri ||

12. Dyan Ayu Sasranagara | myang garwaning wadana kliwon mantri | nagari miwah ing dhusun | tanapi garwanira | jêng kolonèl owrêstêh samayoripun | kapitan upsir sadaya | wus dhêrêg marak sang aji ||

--- 82 ---

13. samya andhèrèk kasukan | sri narendra paring sasmita maring | ing sira nyai tumênggung | wus kawot salirira | mangastawa alon saksana umêtu | saking jroning prabayasa | sapraptanira ing jawi ||

14. dhawuhkên ingkang timbalan | maring Kangjêng Pangeran Angabèi | Jêng Pangran Suryatmajèku | mênawi sampun pêpak | pra pangeran timbalan dalêm sang prabu | kinèn laju sumiwia | minggah mring sewaka aji ||

15. sakalihan tur sandika | duta mentar laju mring srimanganti | wus prapta nulya adhawuh | maring jêng mantrimuka | katimbalan lumêbêt marang kadhatun | sawadana kaliwonnya | lan ingkang para prajurit ||

16. dhêku anuwun sandika | bodhol sagung kang anèng srimanganti | dèn irid nyai tumênggung | praptanya palataran | têmpuk lawan para jêng pangeran wau | saksana sami sumewa | maring sanasewaka ji ||

17. lênggahing kang wus tinata | gêlit ngarsa jêng radèn adipati | papak ing pilênggahipun | lan para jêng pangeran | wijang jajar lawan jêng kolonèl mungguh | ingkang alênggah sap wuntat | para bupati nagari ||

18. owrêstêh samayorira | anyambungi sasipating alinggih | dene para kadhèt sagung | lawan upsir kapitan | nèng paningrat wetan kapara mangidul | salore ingkang alênggah | para kaliwon nagari ||

19. lawan bupati tampingan | sakaliwon ajajar tharik-tharik | ing lor malih kang sumambung | ingkang pra santanendra | panji wayah lawan riya panji buyut | nêkuk [nêku...]

--- 83 ---

[...k] mangulon paningrat | dadya loring sewaka ji ||

20. mangkana tataning lênggah | tuhu lamun mawèh ascaryèng ngaksi | sagung kang anèng kadhatun | sapangkat-pangkat tata | tan kalingan ing alênggah undha-usuk | mangkana ta isthanira | parama siwakèng puri ||

21. kadya panjrahing kusuma | sumawana sêmi mèdêming sari | kasêrang kongas gănda rum | rum-rume kamarutan | ratambabar ambèr kaberan kadhatun | kongas wijiling atapa | tumusing andana warih ||

22. waratèng sih pinaringan | pasugatan bikut para ngladèni | mêminuman sês sarutu | miwah paladèn wedang | wus lumadi warata tan dalêmok cung | rêsêp para binojana | nênangi sungkêm mastuti ||

23. maring sang kalipatollah | kang anggadhuh kamulyan adi lêwih | yèku sang jumênêng prabu | baboning kabagusan | kang tinulad malating parentah linut | nuntuni mring kautaman | sing panjênêngan narpati ||

24. mêmatah manatèng wadya | marma mangko sanggyaning kawula ji | jêjêg sasêja rahayu | mêmayu ing pakaryan | kaayoman ayuning sang narendra nung | nêngêna sang sinupitan | wus angrasuk sarwa manis ||

19. Dhandhanggula

1. kangjêng gusti pangeran dipati | wus busana ing wastra sêsotya | sarwa di pangagêmane | sumiwèng rama prabu | lan sakawan risang sinupit | datansah atut wuntat | saparan kang tinut | nèng ngabyantara narendra | ingkang lagya mêmangun sukaning galih | lan para dyah ing pura ||

2. amarêngkên pradăngga ngrêrangin [ngrêrangi...]

--- 84 ---

[...n] | ngrêngêng ngringik rarase gumawang | kawawang winonging sindhèn | sandhungan wilêtipun | pan mangkana sajroning puri | samoaning wiwahan | wau ta winuwus | sasuwukirèng pradăngga | kalangênan dalêm badhaya sarimpi | ginêbyag gantya-gantya ||

3. sinindhenan ing sindhèn nut gêndhing | punika minăngka têtingalan | para sowan sadangune | samana wancinipun | têngah dalu jam rolas muni | ing sana andrawina | panatanira wus | sêsudhiyaning kameja | ya ta wau kang anèng sewaka aji | lèngsèr sing palênggahan ||

4. lumêbêt mring sanandrawina di | royom dhahar sadaya pra sowan | bupati sakaliwone | myang riya panji putu | mayor upsir buyuting aji | samya maring drawina | bujana akumpul | dene panji buyut nunggal | lan pra upsir kang sasêbutan dyan panji | tan anèng andrawina ||

5. wus sinung gèn priyangga miranti | kawaratan tanna kaliwatan | sêkul ulam dhaharane | myang inuman lumintu | sadaya kang sami abukti | tan ana kang kacuwan | tan kurang kinayun | saking brêkahing narendra | ambèr tumus maring putra santanabdi | ingêmbun trusing driya ||

6. kang adhahar pan sampun dumugi | gya luwaran saking ing kameja | laju bibar sadayane | kang sowan ing kadhatun | sowang-sowang samya umijil | para nambodèng karya | ingkang maksih kantun | ngrarukti nata parentah | ya ta wau nêngêna ing malêm Kêmis | siyange sri narendra ||

7. miyos maring ing sewaka aji |

--- 85 ---

kadya adat sinewakanira | kocapa kang nêng panêpèn | jêng gusti sudibya nung | lêlênggahan kadya ing nguni | nalika Rêbo siyang | kasukan nèng ngriku | lawan para jêng pangeran | nanging iku kang martamu mung sapalih | pra jêng pangran sênenan ||

8. kang atugur pan maksih lêstari | ya ta prapta ing malêm Jumungah | cinarita ing panêpèn | ing wanci pukul wolu | para kangjêng pangeran sami | sumiwi mring jro pura | panêpèn jinujug | apan maksih kanigaran | sang sinupit Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara ||

9. lan sakawan kadang narpasiwi | sampun sami satata alênggah | sumiwèng pandhapanêpèn | samya majêng mangidul | sampun pêpak ingkang sumiwi | para kangjêng pangeran | tan pantara dangu | sumewa ing dhatulaya | sira Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Prabwarya Prangwadana ||

10. pangagêmanira cara Jawi | bêndara Pangran Suryadiningrat | Pangran Găndasiwayane | kalawan malihipun | Pangran Găndawijaya tuwin | Pangran Găndasiswara | nênggih gangsalipun | Pangeran Găndaatmaja | mung puniku kang andhèrèk maring puri | ya ta wus ingacaran ||

11. lênggah nunggil lan pra narpasiwi | ya ta wau kangjêng sri narendra | miyos saking dalêm gêdhe | kang ngampil-ampil grubyug | munggèng wuri tinon rêspati | kangjêng sri naranata | ing sarawuhipun | ing panêpèn nulya lênggah | majêng ngalèr ing rêsban binaludru brit | cinuki kinasuran ||

12. pra sowan noraga mangastuti | mêpês [mêpê...]

--- 86 ---

[...s] silasta angapurancang | jêng ulun lon andikane | apa ta durung dangu | satêkamu ana ing puri | umatur kang sinabdan | Jêng Pangeran Prabu | Prangwadana awotsêkar | kula nuwun pukulun kangjêng narpati | nuwun sawêg kewala ||

13. sri narendra angandika malih | padha bêcik ing sapraptanira | iku kabèh kang sumiwèng | ing ngabyantaraningsun | matur nuwun langkung kapundhi | jinimat nèng mustaka | dhawuhing pujwayu | ya ta sagung sinugata | mêminuman myang wedang larih lumadi | warata para sowan ||

14. rêsêping tyas sang binojakrami | kang ngladèni wus mundur sadaya | sri nata lon andikane | Suryadiningrat ingsun | bangêt ngungun mring kang wus swargi | kakang êmas Ariya | Mangkunagarèku | nora kongsi mênangana | mring têtake putune ki adipati | sêlak mring kalanggêngan ||

15. sadayanya kang sinabdèng aji | nêmbah tumungkul anênggak waspa | karasa èngêt galihe | ngandika sang aprabu | wus bêgjane nora mênangi | bêcik pinupus padha | anarimèng pandum | wus jangjine wong agêsang | pasthi prapta ing pati yèn nora sisip | yêkti antuk nugraha ||

16. angluwihi ngalam dunya iki | nêmbah Pangeran Suryadiningrat | sarwi alon ing ature | kasinggihan pukulun | kang dhumawuh nênggih sabda ji | jêng sri malih ngandika | sedane karuhun | kakang mas Mangkunagara | pan wus pira lawase prapta saiki | Pangran Suryadiningrat ||

17. alon umatur saha wotsari |

--- 87 ---

dhuh pukulun kangjêng sri narendra | raka dalêm ing sedane | Sawal èngêt pukulun | ulun petang praptèng samangkin | punika wulan Sura | dadya surudipun | pukulun wus kawan wulan | sri narendra ngandika pan durung lami | kakang mas gone seda ||

18. ya ta maksih lêstari lumadi | paladène niti pasugatan | gita kang kothong ingisèn | inuman kang ginêndul | warna-warna ladèn mangarsi | wus rampung mundur ingkang | ngladèni alungguh | seba jawining pandhapa | lan rowange rêrasan pating kalêsik | kula wau mangarsa ||

19. nalikane majêng angladosi | kula mirêng pangandikèng nata | sruwang-sruwêng botên jèngglèh | ngangge kakang mas surud | durung lawas lagi saiki | niku wau napa ta | ngong tan pati ngrungu | nauri kang inujaran | sarwi mèsêm si adhi anggombal kuping | tan pati miyarsakna ||

20. pangandika dalêm jêng sang aji | niku wau ngèngêt-èngêt marang | sedane kêng raka biyèn | jêng gusti kang misuwur | Arya Mangkunagara swargi | lawase pan pinetang | dhèk nalika surud | anuju ing wulan Sawal | tanggal kaping wolu ri Jumungah Paing | enjing wanci jam sapta ||

21. taun Jimakir dèn sangkalani | sirna rupaning salira nata |[11] niku nalika sedane | Sawal wiwiting etung | nuli Dulkangidah kang sasi | Bêsar praptaning Sura | jangkêp patang tèngsu | êmpun gênah ing pamyarsa | anauri manthuk-manthuk anginggihi | sakniki êmpun dhamang ||

22. ênggih talah sedane jêng gusti | têka [tê...]

--- 88 ---

[...ka] botên tutuk ngêmong putra | eman têmên kamuktène | kasêlak banjur surud | anauri rowange angling | kêpripun wus pêsthinya | tan bisa lumayu | yèn wus kinarsan dening Hyang | lah ta niku putrane êmpun gêntèni | prasasat botên seda ||

23. wus tumuwuh pandhêdhêring wiji | malah ngradon wit godhong woh sêkar | ngrêmbuyung ayom tilase | labêt labuhan luhung | pantês dadi darsanèng urip | pangarêping utama | liring kang cinatur | tumutur kawêntar darma | darêmane nilap angenaki ati | atilar tali satya ||

24. bisa karya rênaning sasami | ginunturan ing krama sarkara | ing sabda patitis antèr | tur mrak-ati wor cucud | kang acakêt tan bisa runtik | rontag tyase sumêmang | mung rêsêping kalbu | saking kasabêt ing sabda | sêmu sumèh ing pasêmon tan nyanyêngit | tuhu angawirêja ||

25. pan mangkono ing janma linêwih | sanadyan wus anèng kawusanan | sasanèng kaênêngane | maksih èngêt sawujud | wijang gawang-gawang kaèksi | wit saking bèrbudyarja | dalajah tumanduk | duk nèng dunya mring sasama | rowangira gumuyu nauri ririh | i tobat nora jamak ||

26. pangalême kongsi êntok-ênting | ampun dadi tyasira ngong batang | adate wong gunggung kuwe | dhe sampeyan pun tau | duk sugênge kadanan ing sih | nauri kang inujar | kêkêle gumuyu | dhasare inggih kadyeka | tan nyalimpang pêthèk sampeyan nyèplêsi | nahan ta kang rêrasan ||

--- 89 ---

27. samana wus anêngahi wêngi | jam sajuga măngka winatara | ya ta wau kang sumiwèng | Kangjêng Pangeran Prabu | Prangwadana anuwun pamit | mundur sing ngarsa nata | sawandawanipun | sasampunira linilan | lan sinabdan ing pangandika pêpuji | raharjaning lumampah ||

28. sadaya noraga mangastuti | trahning timbalan dalêm sri nata | cinancang pucuk remane | ya ta sami wotsantun | mundur saking ngabyantara ji | wus laju lampahira | tan winarnèng ênu | wuwusên kangjêng srinata | sawatara gya jumênêng jêng sang aji | kondur amrabayasa ||

29. samyandhèrèk ingkang ngampil-ampil | ya ta wau para jêng pangeran | putra lawan santanane | mêdal saking kadhatun | sowang-sowang manti pribadi | sang supit narpaputra | lêrêp ing gyanipun | jêng gusti lumêbêt marang | kamar ingkang panêpèn abdi sumiwi | kadya nêngga kêncana ||

20. Maskumambang

1. panakawan kadipatèn sarira tri | sadaya sumewa | bêblêg wus mèh tanpa wilis | anèng sajawining kamar ||

2. pan mangkana ywan nuju sare jêng gusti | para êmban priya | ingkang têngga angêbuti | kalih-kalih gêgiliran ||

3. winatêsan ngrong êjam sumiwèng guling | salami mangkana | durunge sênggang sinupit | nèng panêpèn sinudhiyan ||

4. dhêdhaharan wowohan ingkang pinêthil | miwah lah-olahan | pangunjukan amêpêki | enjing sontên sampun prapta ||

5. Kyai Êbong Ragatruna kang sumiwi | mring sang sinupitan | ywan sampun [sa...]

--- 90 ---

[...mpun] wungu aguling | tinimbalan bong mangarsa ||

6. kinèn anupiksa tatuning pangiris | ki êbong anyêlak | anêmbah amiyak nyamping | ing rèh ririh ngarah-arah ||

7. saking jrihe kongsi nyanguk anjapani | swara kalêsikan | wus purna pandonganèki | jêng gusti alon ngandika ||

8. iku priye apa bisa nuli mari | ki êbong wotsêkar | kawula nuwun nun inggih | saking pangintên kawula ||

9. nuntên sênggang punika sampun katawis | garitan anoya | ing tatunirèng pangiris | jêng gusti suka miyarsa ||

10. ingkang nyamping wus wangsul linurub malih | ki êbong kêlilan | mundur saking ngarsèng gusti | nêmbah undure kesodan ||

11. laju sowan ki êbong kewala maring | gusti kang sakawan | tinupiksa lir jêng gusti | salaminira mangkana ||

12. sadurunge sênggang sang sami sinupit | wiwit duk risira | bong maruput sabên enjing | sarampungnya mundur mêdal ||

13. kawuwusa anênggih jêng gusti malih | diwasaning surya | nulya têdhak mring sana di | dandos amangun busana ||

14. paripurna wangsul lênggah mring pandhapi- | ning panêpèn ika | tan owah ingkang sumiwi | anjagong pra jêng pangeran ||

15. lan wêngining malêm Saptu sami ugi | lêlangên kasukan | nêngêna carita ganti | ngalun-alun pakajangan ||

16. wus astha ri nênggih jêng radyan dipati | lan para niyaka | bupati kaliwon tuwin | panèwu samantrinira ||

17. sadayèka angêtog sukaning ati | tan ana kang kêmba [kê...]

--- 91 ---

[...mba] | ngêmbong pamujanèng bukti | bêntêt srining pakajangan ||

18. unining kang pradăngga maksih ngrêrangin | ngringik kadya sabda- | ning manungsa sru mêmuji | dhuh dhuh jêng sang amisesa ||

19. sabuwana kang mêngku lam sahir kabir | babara ngapura | marang sagunging sujanmi | kang sami mêmangun suka ||

20. supaya wèt tulus raharjaning nagri | têntrêm tata karta | saking marmaning Hyang Luwih | tinula-tula wisudha ||

21. sida luntur tur lumintu sihing Widhi | mring jêng naradipa | kinarya badaling Nabi | Mukamad dinil mustapa ||

22. ngabdurahman panata agama adi | dining asusilan | silakramaning nagari | rinêngga sang sinung wênang ||

23. wêning tumus mring pra pratiwa tinuwi | tuwas sung nugraha | graita sawasitaning | pustaka ingkang mrih arja ||

24. ajar ajur ajèr sumêja mêmiji | mijang kang minăngka | murda angenaki ati | atilas tulus utama ||

25. tuman têmên tumêmên mring sang mawèh sih | sihe sang sinewa | wajibe kawulèng aji | ngeja trapsilaning praja ||

26. pan mangkana isthaning găngsa ngrêrangin | winangun ing raras | karasan janma ningali | lêlangêning pakajangan ||

27. nawon kambuhan dalidir ingkang prapti | byung-ubyungan samya | tan dumunung mung ngubêngi | pasebane pra niyaka ||

28. suka-suka lir milu wiwahèng bukti | jroning pasamuan | tuhu yèn ngebat-ebati | ngungkuli kang wus kalakyan ||

29. cinarita samana yèku wus wanci | kaluruking sata | malêm Saptu saput siti | agagat bangun raina ||

21. Mêgatruh

1. kawuwusa alun-alun [a...]

--- 92 ---

[...lun-alun] lor kadulu | sumilak purwèsmu putih | parabaning kara besuk | ngêsuk limênganira tri | rêntêng tarik tumarontong ||

2. rantak-rantak ima sumamburat dadu | endahe kadi cinawi | winongwong pinardawèng dus | dadyèsmu sumênên kuning | kênèng sumirating sorot ||

3. suwe saya hyang surya maya anayung | udayèng giri katawis | wus nir salirning sêsiluk | sumilak sanggya kaèksi | sèsining rat kasrang ing srot ||

4. suruting kang pringga lir raga roga gung | antuk usada pêrmati | mantun bariwuting kayun | yun ayuning jiwa dhiri | dhadhari padhang naronthong ||

5. anarênthêng kang kêthap-kêthap tan suthup | cêtha kacinthung pangèksi | saking hyang arka umancur | kadya parentah kinèn wis | lêlangên ngalun-alun lor ||

6. ywa kadaut krêdyate dahat andudut | mêdêt kasukan ngayutning | yatnaa sang karya sarju | jam sadasa winatawis | ya ta sang warăngka katong ||

7. kangjêng radyan dipati miwiti iku | bodhol saabdi tut wuri | saking pakajanganipun | kondur mring dalêm pribadi | pra tumênggung wus mirantos ||

8. anut linggar saking pasowanan sagung | binibarakên prasami | pakajanganira suwuk | ing ri Saptu tanggal kaping | sawêlas bibaran bodhol ||

9. pan puniku sami nglêstarèkkên dhawuh | ing pranatan wus winuni | pakajanganira amung | wolung dina linilan wis | pasamuan lun-alun lor ||

10. miwah găngsa sakatèn ingkang dinunung | nênggih anèng ing sitinggil | ugi [u...]

--- 93 ---

[...gi] unine rinacut | ari puniku nyarêngi | mas pangulu tapsir anom ||

11. lan ngulama katib sapradikanipun | juru suranata modin | kang tugur ing Masjid Agung | bibare nora sarênti | ya ta mangsuli cariyos ||

12. jroning pura ri siyang Saptu puniku | miranti tinata malih | palênggahan pandhapa gung | gênggêng tinatanan kursi | sêsipatan tan malencong ||

13. lêncêng turut têpining sewaka prabu | mraba ingkang anêngahi | palênggahan sri ngênguwung | sawangun ngegla kaèksi | nèng soring èmpèr kang kulon ||

14. kanan kering sinambungan kursi urut | praptèng padoning pandhapi | tinêkuk mangulon laju | ing parasdya dèn tatani | malih palênggahan katong ||

15. sêsudhiyan mênawi kasukan iku | tuwin paningrat miranti | kursi kênap lawan bangku | kasukaning para tami | tatane sakrompol-krompol ||

16. mubêng têpung paningrat ing pandhapa gung | ing andrawina pandhapi | uga tinatanan iku | ing kursi jinajar ringgit | anggagat panggut tan pêgot ||

17. tata atap katrêpan panatanipun | têmbing lèr palênggahan sri | sinarja majêng mangidul | sakanan keringirèki | sinambungan praptèng pojok ||

18. panatane tiniti nêkuk mangidul | kêmput playuning pandhapi | andrawina kursinipun | thumarik-tharik sap kalih | kêncêng jèjère tan moncol ||

19. anggalodhak têngahing gajah tan sinung | palênggahan kursi awit | puniku ing mangke dalu [da...]

--- 94 ---

[...lu] | karsa dalêm jêng sang aji | kasukan te dhansah jodhon ||

20. nênggih malêming Ngahad tanggaling tèngsu | kaping rolas kang kinapti | sinengan sowan malêbu | kajawi pangagêng jawi | jêng tuwan risdhèn karoron ||

21. lan kang garwa myang pra nyonyah-nyonyah sagung | tuwan-tuwan tan akari | kêrigan sadayanipun | kinarsan dening sang aji | sumiwia mring kadhaton ||

22. lan Jêng Gusti Pangeran Ariya Prabu | Prangwadana anyarêngi | nênggih ing lumêbêtipun | jêng tuwan residhèn nênggih | martamu miwah sami pro ||

23. kang anambutkarya jroning pura cakut | cikat tan ngucirèng kardi | dining sudhiyan sawêgung | anggung pangruktiyèng gati | gita tan ana maleyot ||

24. suyut ngayut ngayat karya tan sakuthu | kathêkêre mrih utami | tuman kang miluta rujuk | sanajan seje pakardi | krêdyating tyas sami golong ||

25. gilig guyub wit saking pangagêngipun | ngasta pranatan pratitis | tètès pamantêse putus | trus surasa winigati | titi titikaning kono ||

26. tan acèwèt juwêt jêjawating dhawuh | mring para lumakyèng kardi | pinardi sadaya winruh- | kên ing kuwajibannèki | lan sabda mêmalat alon ||

27. tan sadaya-daya wahyaning pandhawuh | tumarêcêp lir mamèt sih | sihe risang kusuma yu | mêmayu pra mangwasani | ing karya kaya mangkono ||

28. pramilane para kawula lit lulut | ngilut parentah dèn eling- | eling tan ngêrsulèng kalbu | kabèh kambah angrahabi [angraha...]

--- 95 ---

[...bi] | abahan pakon linakon ||

29. tan sêmbrana ngrukti pasugatanipun | tinata angati-ati | rêspatine saya wuwuh | jroning purantara saking | sakanthi rujuk rumojong ||

22. Kinanthi

1. ya ta samana mèh surup | sirêp bêntèring hyang rawi | warata ing antariksa | rêsik amung sawatawis | kawistara lamat-lamat | kasêmpyok imèsmu kuning ||

2. amidana candhik ayu | ayom ingkang kitri-kitri | katrêpan ima sumunar | jênar sarawungan wilis | lês rêbut praba prabawa | bruwêt tan ana kalindhih ||

3. kadya muyêk riyu-riyu | riyah-riyah tuntung kuning | wilising ron mring pamiyat | ayêm boya balêrêngi | rongèh sorote sumirat | sirat-sirat maratani ||

4. hyang surya kaya kaduwung | rêndhêt sumusup ing tasik | lir tan arsa sumilêma | lam-lamên tumonton rêsmi- | ning sugata pinardawa | myang rêrênggan srining puri ||

5. dadya mangu rangu-rangu | wirangrong mandhêg tumolih | lir pangantyan patêmbayan | yekang wus gogot carêm sih | mangun sih posah-pasihan | tansah balêdigan liring ||

6. măngka priyane katuju | ing karya karsaning gusti | kang tan kêna sinêmayan | sru kisruhing tyas kêpati | tan kêlar nilar ing garwa | garowah lamun tan ngliling ||

7. mring kang riyah riyu-riyu | wênêsing wadana manis | nurung nis kasêlak pahyas | maksih katon milangoni | sinome rumompyoh sampyak | tumibèng tikswaning alis ||

--- 96 ---

8. mênjangan ranggah winangun | gêgodhèg angudhup turi | sambat dhuh tan bisa pisah | nanging kudu anglakoni | saparentah linaksanan | sanalika mangampêt sih ||

9. kalepat mung solah pungkur | ngujiwat ambajong liring | lir mangkono hyang raditya | duk arsa malbèng jaladri | ririh surêming paraba | kadyarsa urmat asung sih ||

10. hyang bagaspati wus angslup | ing jaladiyan ginanti | candrama mèh kapurnaman | myang panjuta jroning puri | kabèh sami sinulêdan | krun dhudhuk gantung sêtrali ||

11. pandêlar sami sumunu | sumunar sênên ngêlèbi | prabasuyasa parasdya | ing paningrat suyasa ji | andrawina bangsal-bangsal | pakangsal nataring puri ||

12. ting palting[12] pancurat mancur | pêncar sunaring sêtrali | lir trênggana ing akasa | tumurun maring jro puri | ngalumpuk sunar suk-sukan | suka sakèh angurmati ||

13. karsa dalêm jêng sang ulun | mangkana samana wanci | wus tinabuh êjam sapta | jro pura wus katon ramping | rampung saliring sudhiyan | sugataning para tami ||

14. pradăngga uga pan sampun | tinata pinantês munggwing | sakilèning andrawina | ing paningrat sawatawis | nglojok kapara ngutara | pêpak niyaga sumiwi ||

15. myang pasindhène tan kantun | wus wiwit munya ngrêrangin | gêndhing ginêndhengan gandhang | ya ta sri narendra siwi | tuwin pangeran sêntana | wus sami sumiwèng puri ||

16. pangagêmanira sagung | kanigaran kang minundri | sotya sinalaga ing mas | rasukan sikêpan [sikê...]

--- 97 ---

[...pan] alit | ana ingkang balodiran | ing pinggir mubêng nêlung dim ||

17. ana kang lugas pan amung | kinurcis ing pita langking | ing jro rampak rêrangkêpan | putih kinènji barêsih | paningsêt pungkas binara | nyampinge awarni-warni ||

18. pinrih pantêsing pamatut | paningsêt èpèk lan nyamping | mangkana pra jêng pangeran | sarempang têtêngêr maksih | kang ngasta nata parentah | ya ta madyastha wus muni ||

19. wus wiwit sami lumêbu | tuwan lan mipro sarimbit | lumampah kêkanthèn asta | mangkana sabên umanjing | maring jroning dhatulaya | sapraptaning srimanganti ||

20. ingkang kajibah amêthuk | para tuwan komisaris | myang sumrunini te dhansah | mawi tinêngêran sami | srempang seta sutra rêkta | yèku ingkang ngacarani ||

21. lênggah ing pamangkatipun | munggèng jroning sewaka ji | sangsaya kèh para tuwan | tuwin nyonyah malbèng puri | gusti risang sinupitan | winarna busana adi ||

22. ukêling kiswa tinangsul | têtamparan songa langking | kadhal mènèk palintiran | mêmêt alus ing pamêrdi | pungkasing kiswa jêntharan | jênthara sêrat tumitih ||

23. pênyu mompyor sêkaripun | ting parêlik lir malathi | ukuping jungut sumêbar | rinumpaka sumalêmpit | cundhuk sotya sinayaga | kêncana ingkang sinangling ||

24. argulon dhapuring cundhuk | cumandhi amung sarakit | ingkang sawiji tinumrap | sanginggiling karna kering | siji tumancêp têkukan | ing kiswa kang pinalintir ||

--- 98 ---

25. athi-athi kanan sinung | sêsumping gajah angoling | sêsotya ingkang kinarya | rinonce-ronce sinuji | jêjênêng tongkengan sotya | ting garêndhèl kitir-kitir ||

26. kentar kalèwère tarung | lan pungkas kiswa sumlêmpit | ing wingking êpoking rema | rume tinitih paniti | nêtêp winangun kukila | lir kêjêr babar suwiwi ||

27. buntut anjêmperok bagus | ganggas ujwala sêsiring | kasrang kênyaring panjuta | wadana anyitarêsmi | tinasik-tasik samănda- | mănda lathi mardapèng jring ||

28. asri sangsangan kumalung | binggêl lan-olan ginilig | pathak pêthite sinotya | anyamping gunung guntur brit | baranang lir gêmblengan mas | singsêt paningsêt mur wilis ||

29. èpèk anggamêng baludru | langking binalodir ing gim | kêlêman barintik gilap | kumilat karsèt nibani | cêthik kanan kinantera | tarap timang anyunari ||

30. ngapit lèrèp babonipun | cêngkal lir bangkol pinatik | ing rêtna sinêling mirah | jumêrut kêbut sinami | pating pancurat sumirat | sorot rênyêp-rênyêp kèksi ||

31. sawusnya busana rampung | jêng gusti nulya sumiwi | maring sasana sewaka | sakawan pra narpasiwi | kang sinupitan tut wuntat | nahan wiyose sang aji ||

23. Mijil

1. saking prabasuyasa umijil | mring sewakèng katong | tansah lawan jêng dayita kanthèn | ingurmatan musikan ginêndhing | marês raras aris | lan pradăngga barung ||

2. para tamu ingkang

--- 99 ---

sampun prapti | tuwan tuwin mipro | sami ngadêg urmat ing wiyose | sri narendra ginarubyug wuri | munggèng kanan kering | para kangjêng ratu ||

3. ibu dalêm lan bok ayu aji | sadaya umiyos | miwah para garwa putra kabèh | putri ingkang sampun jatukrami | lawan mantu wrêsni | sadaya tan kantun ||

4. lênggah kursi nèng sewaka aji | andhèrèk sang katong | pangagêman dalêm nalikane | apanunggul kanigaran rukmi | datanpa minundri | gumilar masipun ||

5. angênguwung prabane nêlahi | umancur mancorong | kêlap-kêlap lir kilat cumlèrèt | pangrasuking busana sarwa di | parèbu mantêsi | miwah kang garubyug ||

6. para ratu para gusti putri | rêspatine katon | busanèstri măngka pamantêse | sampun tata lênggah munggèng kursi | miwah jêng sang aji | umajêng pra tamu ||

7. asung tabe ing jêng narapati | tuwan tuwin mipro | saha maring jêng sori sung tabe | para ratu gusti-gusti putri | wrata para tami | ganti-ganti maju ||

8. tanpantara dangu ingkang prapti | umanjing kadhaton | sarimbit lan jêng tuwan residhèn | ginarubyug Jêng Pangran Dipati | Prangwadana nênggih | sabên sowan malbu ||

9. pangagêmanira cara Wlandi | lan pra tuwan golong | militèr komêndhan pra asistèn | ingurmatan musikan winuni | lumampah dèn irid | ing nyai tumênggung ||

10. laju minggah ing sewaka aji | tundhuk sapatêmon | lan sri nata noraga sung tabe |

--- 100 ---

ingkang lênggah sadaya waradin | panêmbramèng tami | sung salamêt rawuh ||

11. ri sampuning tabe ring jêng gusti | pangran dipatya nom | lan mring narpatmaja sakawane | ingkang sami supit dèn urmati | wusnya sung basuki | ingacaran lungguh ||

12. gupuh tumrêcêp jêng tuwan nuli | lênggah lawan mipro | datan owah lir adat sumiwèng | sampun tuntas ingkang pra sumiwi | tuwan yèn winilis | kawan atus langkung ||

13. para nyonyah pinetanga sami | tri atus tan goroh | ingkang sami sumewa lêbête | dhansah bêblêg jibêk jroning puri | lênggah tharik-tharik | lir papan kartas lus ||

14. kang tinulis winotan sastra di | sêsêg nging tan nyenggol | para sowan nênggih sadayane | warongkendra jêng radyan dipati | niyaka bupati | myang kaliwonipun ||

15. jêng pangeran kolonèl tan têbih | owrêstêh lan mayor | miwah kaptin upisir pra kadhèt | nèng paningrat wetan sanèng linggih | mangilèn rêpnèki | pangkat undha-usuk ||

16. silastuti tataning sumiwi | samuwa tinonton | nuntuni mring kautaman kabèh | kêmbong dening sihirèng narpati | ya ta sawatawis | anulya umaju ||

17. dhahar dalêm tinêngêran samir | wedang kang lumados | pra santana panji ngajêngake | ing sapraptanira byantara ji | kèndêl angêntosi | sasmitaning dhawuh ||

18. paladène sugataning tami | nèng wuri ngarompol | sami anyăngga bèri tangane | sri narendra sampun nyasmitani | gya

--- 101 ---

ingkang ngladèni | aririh umaju ||

19. nuli pamburinira lumadi | maring para dhayoh | kawaratan wau sadayane | tan ana kang kaliwatan siji | kang nèng sewaka ji | rêsêp sami ngunjuk ||

20. pra ngladèni ingkang ngampil bèri | cangkir kang wus kothong | tinampanan ing bèri sinèlèh | sadayanya sampun rampung sami | ingkang ngêladèni | gya linorod mundur ||

21. para tamu maksih lênggah kursi | malih kang lumados | ingkang sampun rinukti nèng bipèt | cik-êncikan ingkang ngêladèni | umajêng dalidir | mring byantara prabu ||

22. agêng alit gêlase binèri | myang nyangking sarengkot | sêsalangan sêlingkan watêr ès | praptèng pandhapa ngarsaning aji | gya dipun ladosi | miwah para tamu ||

23. linarihan minuman mawarni | pêpak kang lumados | apa bae kang tinanyakake | tan kacuwan pasthi dèn caosi | dening kang ngladèni | cinawiskên sampun ||

24. marma wau ingkang para tami | sadaya kemawon | kang nèng pura ngunjuk sasênênge | ana malih marêbêng nyêngaki | kêras rasa manis | manis sêmu arum ||

25. miwah toya ès ingkang sangêt tis | wor sêtrup argulo | limunadhe mandhêl myang panile | tamarin lan wuni winaradin | wus angunjuk sami | paladèn gya mundur ||

26. sawatara malih kang mangarsi | paladèn datan don | sanggyaning kang wêwangi gandane | ilang-ilang pèndêlrus malathi | ardha munggu tuwin | kolonyê mawar rum ||

27. linarihkên sagung kang

--- 102 ---

nèng kursi | ing sewaka katong | kawaratan tamu sadayane | sinunggata ing toya wêwangi | kongas gandanya mrik | sumamburat arum ||

28. rum-rum arum kasilir ing angin | mulêk ing kadhaton | rêsêping tyas sangsaya sukane | katandukan kongas sing gănda mrik | katub ngin sumilir | lir taru taruntum ||

29. tumrunane katurunan wrêsti | sumyah rompyoh-rompyoh | angrêmbaka bakal bakuh yême | pan mangkana pra sowan myang tami | ya ta jêng narpati | sawatawisipun ||

30. ing palênggah nulya ngacarani | pangandika alon | mring kang bapa jêng tuwan residhèn | jêngkar saking sanasewaka ji | jêng tuwan nganthuki | miwiti sang prabu ||

31. saking kursi jumênêng aririh | lan jêng sori katong | ingkang lênggah anut sadayane | nulya têdhak lan jêng narapati | lumarisira ris | raras ta kinancuh ||

32. para ratu tuwin gusti putri | ing lampah karongron | tansah kanthèn kalawan garwane | para tuwan sami anyêlaki | nyonyahe kinanthi | sadaya tan kantun ||

33. ingurmatan pradăngga ngrêrangin | iramanira lon | lămba datan cinacah ricike | cikat musikan ambarung muni | marês ngrêspatèni | lêlah tedhung-tedhung ||

34. kawuwusa kang sami lumaris | priyèstri jêjodhon | urut rampak lon-lonan lampahe | ya ta wau kangjêng sri bupati | ing drawina prapti | lan sagung pra tamu ||

35. nulya tata alênggah ing kursi | jêng tuwan jêng mipro | lan sadaya wus lenggah tan pae |

--- 103 ---

tharik-tharik thumèrèk ing kursi | nyonyah gyanta linggih | tuwane nèng pungkur ||

36. mèh-mèh kêbak jroning drawina di | taraping pra mipro | warna-warna nênggih panganggone | kêlit biru tuwa lawan putih | myang wungu kêmrunggi | miwah kang ijo byur ||

37. wungu gănda riya miwah kuning | myang dadu biru nom | ana ingkang bang irêng kêlite | kadhang wungu sineretan wilis | wilis sèrèt kuning | irêng sèrèt biru ||

38. ingkang biru sineretan langking | sap-sapan wêwiron | ngayu apu amungsêr pinggire | têpi têpung jêmperoking kêlit | katon nawon kêmit | bêbangkekanipun ||

39. ana ingkang baune kinlambi | dene kang tan nganggo | mung saengga baju kotang kalèt | pamêrdining kiswa măncawarni | lumrah dèn cundhuki | ing sêkar rum-arum ||

40. krabu gilar-gilar lir we milir | lêr milaring sorot | sêsoroting paniti sotyane | tumrap munggèng têngah jaja asri | para mipro sami | mangkono kadulu ||

41. tuwin para gusti-gusti putri | busana kinaot | ukêl gêdhe tan bot sih linungsèn | ingisenan kang sêkar malathi | bangun tulak kèksi | kiswa tan maruwun ||

42. sawingkinging karna kanan kering | sumalêmpit kêndhon | argulo gêng wênèh sêkar bukèt | myang ing têngah lêlusèn[13] tinitih | panitih sotya di | kapit dening susuk ||

43. para sêpuh ukêle malathi | mung sasisih katon | kang mangkono iku picak mêlèk | pangrênggane ukêl măncawarni | nging sadaya

--- 104 ---

kèksi | sèntêg bagus alus ||

44. rasukan kabayak para putri | landhung nugêl polok | bêlah bantên sinasotya thèrèk | myang ing jaja paniti sungsun tri | kalpika sotya di | bandhilan lan tajug ||

45. rênyêp-rênyêp sêngkang ngrêspatèni | jêmblokan taronyok | sotya sêling mirah miwah bèjèn | têtongkengan myang panunggul siji | sêkar sataman sri | gumyur sumyar mancur ||

46. pan mangkana kang alênggah sami | lir trênggana abyor | sri narendra măngka sasangkane | anyunari langêning wiyati | sudama kalindhih | pradapane alum ||

24. Sinom

1. sri nata alon ngandika | mring kang bapa sabdanya ris | kang apti kinèn lêkasa | adhansah mèt rênèng galih | sanggyaning para tami | tuwan myang sanyonyahipun | ya ta wau jêng tuwan | ing dhawuh wus nyandikani | sung sasmita marang tuwan juru basa ||

2. wus kawot salirning dhawah | musikan kinèn umuni | nulya para nyonyah-nyonyah | lawan tuwan wus kinanthi | lumampah angubêngi | gêgodhaging sakaguru- | ning sana andrawina | suka kèh dhansah sarimbit | tuwan nyonyah kêkêt palikêt tan pisah ||

3. asta kang kering tumumpang | ing pundhak lir anggendholi | kang kanan astaning tuwan | ngrangkul bangkekan ngukuhi | asta ro kang sasisih | tan pêncar kêncêng kinancuh | obah êmbyake sampyak | amubêng barêng nguwati | pangêntroging raga nut ênut musikan ||

4. sri narendra

--- 105 ---

anupiksa | rumêsêping para tami | samya suka tyase rêna | mring sugata angrahabi | dahat sukuring galih | tumus tanna walang kalbu | ingkang sami sumewa | lir ngaub ngrêmbakaning wit | ayom muyêg ayême driya arsaya ||

5. wau ingkang sami dhansah | sampun sarambah minusik | ya ta kangjêng sri narendra | paring dhawuh mring pra tami | kinèn sami lêstari | dumugèkna ing sakayun | dènira main dhansah | aywa na kang walang galih | ingkang sinambrama atur panarima ||

6. anulya jêng narèswara | sawusing mangandika ris | oncat susilèng alênggah | jêngkar saking drawina di | tansah jêng dayita sri | tuwin para kangjêng ratu | para gusti wanita | jêng tuwan risidhèn tuwin | sanyonyahnya lan pra tuwan kang tan dhansah ||

7. umiring jêng naradipa | miyos madyèng sewaka ji | têdhak mring sanaparasdya | lênggah kasukan sang aji | dene kang para putri | lan jêng nyonyah myang pra tamu | malêbèng prabayasa | kasukan lan para putri | nahan ingkang nèng drawina maksih dhansah ||

8. ingkang nora para tuwan | sami kasukan kêrtu wis | myang ngarompol satotêran | lawan pra narendra siwi | para pangeran sami | tuwin jêng gusti dibya nung | sadaya nèng paningrat | angubêngi sewaka ji | jibêg para majêng ngladèni sugata ||

9. cik-êncikan cikat-cikat | ladèn botêr am risèpsi | tumama matambah-tambah | rumambah-rambah sarênti | pêpêg warnèng pambukti | mirasa karasa ing yun | myang sanggyaning inuman [inuma...]

--- 106 ---

[...n] | lumayan ngayêng linarih | kawaratan sadaya kang anèng pura ||

10. mangkana sanepanira | pra sumewa para tami | sagolong-golong alênggah | lir paksi kardha tumiling | mangulati tirta ning | katonton pantara dangu | lumirab wening rawa | gya niyub saking wiyati | wus anêba lêlumbaning toyamarta ||

11. dhasar rawane sawarna | minane ngambang supadi | dhinahara risang kardha | sukarda kang darbe warih | malah milu golongi | mangayubagya mêmayu | aywa kongsi tan jênak | jênak kasukan nèng puri | para tamu tumêmên suka raharja ||

12. ya ta wau kang mangarsa | pêparing dalêm tăndha sih | marang para nyonyah-nyonyah | samya mèt nyawiji-wiji | sukèng tyas tumampi sih | awarni kêpêt krêtas lus | cinitra sastra Wlănda | têmbung Malayu winuni | pan mangkene buwat tandha kaurmatan ||

13. padha supitnya padhuka | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | titi mangsanira kaping | sanga likur marêngi | Nopèmbêr ing taun sèwu | wolung atus kalawan | wolung dasa sirah siji | kang amandum sira bêndara Pangeran ||

14. Ariya Cakranagara | ngacarakkên mring pra tami | sangsaya-saya sukèng tyas | mangkana sosiking galih | kang mêntas dhansah sami | bisa têmên nuju kayun | yèku sri naradipa | sarira sumuk kêpati | nuli pinaringan kêpêt mrih kanginan ||

15. dadya riwe tan drawaya | kumyusing angga sinilir | silir kêkêjêring asta | srana kêpêt kipit-kipit | mangkana

--- 107 ---

jroning puri | para masewakèng prabu | kabèh masuka-suka | sakèhning kang para tami | tumaruna ascaryaning tyas kamantyan ||

16. saking gênging bojakrama | karamatira sri mulki | mula kèh lir kagunturan | toya di mili mêmanis | konus ambèr ngêlèbi | lêbak lumembak angalun | ngaluntaka waratan | karantan sakèh sujanmi | jimak antuk kaleberan kawiryawa- ||

17. nira kangjêng sri narendra | sapangkat sabilik-bilik | nahan kang nèng andrawina | yun ngaso angaring-aring | musik mêne tan muni | manawung găngsa tinabuh | kabèh niyaga sampyak | ambyuk pangrarasing gêndhing | ngêndhong-êndhong cundhuk sêdhênging irama ||

18. rumimong rum muluh rêmak | rumabasa sindhèn ngêlik | ngèli lêlangêning raras | rarase ngrêrontok ati | tyas susah pisah nêbih | mung sumungkêm jêng sang prabu | misih lênggah parasdya | kasukan mèt rênèng galih | lan jêng tuwan residhèn asatotêran ||

19. miwah sira Jêng Pangeran | Prabu Prangwadana tuwin | Asistèn Lihput anama | myang Tuwan Blarkum Kornilis | lan Tuwan Haut tuwin | sira Tuwan Sêkol arum | Barêm Pan Dhêr Èdhênya | puniku sami anunggil | sakarompol munggèng sajroning parasdya ||

20. lawan kangjêng sri narendra | datansah dipun ladosi | minuman sarwa mirasa | sêgêr sumyah maring dhiri | samana sampun wanci | gagat bangun têngah catur | êjame kang tinabah | ya ta kang bapa turnya ris | awacana noraga [nor...]

--- 108 ---

[...aga] kalawan urmat ||

21. sung tabe anuwun madal | pasilan saking jro puri | lan sanyonyah garwanira | sri nata amuja krami | kamantyan trima kasih | mring sadaya kang sapaju | sumiwèng dhatulaya | jêng tuwan wus dèn lilani | angsung urmat mundur saking byantarendra ||

22. tansah lawan garwanira | wau sampun minta pamit | maring kangjêng padniswara | tuwin ingkang para gusti | musikan angurmati | ya ta sagung para tamu | mirsa pangagêngira | mundur saking byantara ji | sami anut bodhol kumpalêmèn urmat ||

23. marang kangjêng sri pamasa | kalawan mring kangjêng gusti | myang para narendratmaja | pra tamu wus laju mijil | nêngêna kang winuni | ya ta wau jêng sang prabu | kondur amrabayasa | marês musikan ngurmati | bêbarungan lan pradăngga kang tinatab ||

24. ya ta parama sewaka | sakèh mundur saking puri | jêng gusti sang sinupitan | lan sakawan narpasiwi | kondur mring nêpèn sami | ngasokkên sariranipun | nimpuna pra nambada | ing karya sajroning puri | analiti ngrêsiki tilas sudhiyan ||

25. tan ana ingkang anendra | pra kang amigati kardi | saking kathahing pakaryan | barang-barang kang winajib | kongsi praptanirènjing | dadya Ngahad siyang iku | nahan ta kang winarna | jêng gusti pangran dipati | nèng panêpèn santun sêkar ngancuh asta ||

25. Kinanthi

1. nênggih sasampunnya wungu | jêng gusti pangran dipati | myang narpa putra sakawan | sampun sami busana di | nulya miyos lêlênggahan | munggèng sajroning pandhapi [pandha...]

--- 109 ---

[...pi] ||

2. panêpèn ingkang tinamtu | jêjagongan sabên ari | lawan para jêng pangeran | pan mangkana sarira tri | prapta ri Sênèn Salasa | ing malêm Arbo durung wis ||

3. marma rinancag ing wuwus | datan rinonce ing tulis | sabab puniku jagongan | lir adat bae ingkang wis | para gusti nèng pandhapa | panêpèn sabên jam siji ||

4. siyang sanadyana dalu | ingkang lêlênggahan sami | tinamtu kalamun bibar | mangkana sampun byar enjing | Rêbo tanggal ping limalas | pan maksih Suraning Alip ||

5. ki êbong sampun maruput | marang panêpèn sumiwi | wusnya wungu jêng sudibya | nulya bong dipun timbali | majêng kinèn anupiksa | tilas tatuning pangiris ||

6. sandika ingkang dhinawuh | jêng gusti ngandika aris | samêngko kaya wus waras | sira apa tan kuwatir | hèh bong iki saupama | sun copot cêngkaling supit ||

7. matur ki êbong wotsantun | kawula nuwun nun inggih | dhawuh dalêm kasinggihan | lêrês sampun mantun gusti | yêkti tan dados punapa | cêngkal cinopot salami ||

8. malih mangamdika[14] arum | sukur lamun nayogyani | sira wus ngarani waras | yèn mangkono ingsun iki | mêngko sore tur uninga | ingkang jêng sri narapati ||

9. lan kapriye sadulurku | apa iya kaya mami | ki bong tanggap awotsêkar | di dalêm nupiksa wingi | kados inggih sagêt sênggang | sadhèrèk dalêm jêng gusti ||

10. sakawan pisan sarujuk | tan wontên ingkang ngantuni |

--- 110 ---

ngandika mêngko sun arsa | matitisake pribadi | wis bong sun lilani sira | mundur saking ngarsa mami ||

11. ki bong lumaksana laju | mring unggyaning para gusti | sadaya wus sinowanan | kinira yèn sênggang sami | sawusnya anulya mêdal | nênggih saking jroning puri ||

12. laju kewala umantuk | nalikanira nèng margi | Kiyai Bong Ragatruna | kang wus wêruh angrasani | para bakul pêpasaran | gulo kowe yèn arêp wrin ||

13. kang mlaku mangulon iku | sing nyupiti kangjêng gusti | ana jroning maderêngga | nauri kang sinung angling | lan ngingêtakên jalalat | i tobil dadine kuwi ||

14. tak rani pikun jêgunggut | jêbul jèh rada nom myayi | tobat tobat iba iba | kemase bong kang nyupiti | mendah sajèn sarat-sarat | palèmèke iku pêsthi ||

15. okèhe kalangkung-langkung | ngungkuli sing uwis-uwis | kiraku pêsthi mangkana | kabèh mênyang sing nyupiti | saksat nyidhuk we bangawan | kruwang-kruwung gawa mulih ||

16. bêgjane angumbuk ngêruk | nauri kang sinung angling | ênggih gih pêsthi tan nyimpang | lir gagasan dika niki | palèmèk sajèn sêsarat | adate priyagung supit ||

17. sijine sumambung wuwus | dhasar gih kaluwih-luwih | kula wruh ngandharan dhuwar | nèng ngarsa sasanèng supit | kula lumêbêt mring pura | nalika ri Gara Kasih ||

18. pêrlu têtakon sing wêruh | tindhihe mawon galindhing | têlung atus wujud rupyah | ayake dhèk gawa mulih | kiyai [ki...]

--- 111 ---

[...yai] bong jêjodhangan | têka bêgjane ngêmohi ||

19. mendah-mendah bojonipun | lèngèh-lèngèh ngisis gusi | pijêr ngudang mring kang lanang | nauri kang sinung angling | o ênggih ta pun karuwan | dhuh mulane saupami ||

20. yèn ta ampuna pakewuh | èntên sing ngalang-alangi | e kula banjur anekad | têng omahe nêmbung nyèthi | ambruk srah suka dadia | tukang angisèni kêndhi ||

21. ngakak rowange gumuyu | i tobat ambakna angling | si adhi kuwi ra jamak | mathênthêng rêp dèn tekadi | mring si bêgja soroh karya | lah iya yèn ditampani ||

22. upane botên pripun |[15] ananging ênggih sing pêsthi | nyi bong ngacarani tanggap | e sadhi suwawi ngriki | mlêbêt griya kula sêgah | tumarêcêp ngêpruk gandhik ||

23. rewange malerok suntrut | sarwi pangucape lirih | o allah gèk uwis oya | ko banjur sasa mring mami | nauri ta dika coba | mêngke yèn botên sayêkti ||

24. kaya kăndha kula niku | padha anglakoni dadi | wong wadon bae kok ora | kaya ngono wis ta uwis | wong niku rak têpa-têpa | ampun sok nganggo gumampil ||

25. ngling malih dhi dika wau | napa gih ngingêtake mring | kiyai bong kang lumampah | nauri botên praduli | ngingat-ngingêtake nora | watak lemeran pangèksi ||

26. sijine sumambung wuwus | ya talah si anak kuwi | mantêp watêkane likla | tan gêlêm blenderan [blendera...]

--- 112 ---

[...n] ing ngling | amung wêkêl nambutkarya | barès mring berag tan sudi ||

27. ana wong kênès sumambung | lan kêmbêne dèn owahi | dhasare yèn aku ora | garênjêt sêdyaning ati | kudu wêruh barang-barang | gêla yèn tan nyumurupi ||

28. dhasar tontonan rinubung | ing wong akèh jalu èstri | suka tyasku yèn mangkana | dhêdhêsukan rêbut ngarsi | watêke mring badan waras | tan duwe lara panastis ||

29. sabab karingête mêtu | ènthèng mring badan sing pêsthi | lan yèn dhêmên kêkumpulan | awèt nom adate sing wis | lawan sugih kawanuhan | tur kêna dèn jêjaluki ||

30. ing samăngsa-mangsanipun | gumuyu rowange angling | sadhi kuwe sok ngonoa | sajroning pajangan iki | saksat nguyangake sawah | bikut panèn ambawoni ||

31. mangsuli lan pancak gulu | thêkluk mung gih mupung urip | nutugi rasaning driya | lah prèhpun ta kula niki | sapriki drèng gadhah anak | tyas kula sêmada isin ||

32. mulane sêdya kumudu | kula niyat angulati | ngayêng ngupaya supaya | entuk momongan tan milih | ya wedok kaya lananga | sadhengah kang awèh wiji ||

33. ririh ana wong amuwus | sru ngungun mring kang samya ngling | wong mangkono nora talah | dhêmên têmên angêcuwis | tanpa wis muwus rêrasan | ngrasani rasa tan yukti ||

34. yutan sumuyud mring saru | sêsorahe anderahi | raine dèn upakara | karan malênyên kalicit | lacut gêlungane galak | galênyèh [ga...]

--- 113 ---

[...lênyèh] kinange sêmprit ||

35. nyêmprot pijêr idu crat-crut | katrucut ulat nyalirit | larut ngalênthare cêtha | calathu èsthi kalathi | lêthêg caluthak galathak | kacêthik tan wruh ing bêcik ||

36. gone dalajah mêmunjung | jare kapengin sêsiwi | nanging gênah mung kinarya | kudhung sasabe derapti | jumênêng setan bênthetan | tan wurung mangkono pêsthi ||

37. kaya ta kang clathu mau | kapengin ngunggah-unggahi | iku satêmêne saka | angincih gêgêdhèn melik | melok angucap sêmbrana | bêbana sok bilaèni ||

38. dhuh dhuh gêndhuk atmajaku | tyas ngono dohna kang têbih | mung wêkêla bêbakulan | narima bathi sathithik | anake ngling biyung iya | aku gambuha sing bêcik ||

26. Gambuh

1. mangsuli ing kadhatun | ing panêpèn pungkasan puniku | jêjagongan anênggih ri Buda enjing | ingasupit sampun mantun | jêng gusti kang winiraos ||

2. anulya saos unjuk | marang sampeyan dalêm sinuhun | kalamun wus saras tatuning pangiris | lawan kadangira catur | ugi wus sami ngalothok ||

3. labêt pangirisipun | sasampunnya kauningèng prabu | dahat suka sri nata marwata siwi | siwi sadaya wus lulus | waluya cêngkal cinopot ||

4. ya ta nyai tumênggung | andhawuhkên mring kang sami tugur | ing samangke sadaya kalilan mulih | mundura saking kadhatun | tur nuwun sandika bodhol ||

5. samana nyi tumênggung | laju paring wiyosing [wi...]

--- 114 ---

[...yosing] pandhawuh | mring Jêng Pangran Arya Suryatmaja tuwin | jêng pangran ngabèi sinung | timbalan dalêm sang katong ||

6. marang sakalihipun | kapatêdhan uninga yèn sampun | kangjêng gusti lan sakawan sang sinupit | wus sênggang sadayanipun | karsa dalêm sang akatong ||

7. rayi dalêm puniku | benjing enjing dintên Kêmis esuk | kinèn tapak sumewa kangjêng narpati | marang ing sewaka prabu | lir adat kalamun miyos ||

8. kalawan malihipun | para kangjêng pangeran sadarum | lawan para riya nginggil Sênèn Kêmis | sami kawratana dhawuh | sumiwia mring kadhaton ||

9. puniku kinèn mêthuk | mring sana di ing pisowanipun | kangjêng gusti tumapake benjing enjing | anggarubyuga ing pungkur | makatên karsaning katong ||

10. sandika sang dhinawuh | anoraga ya ta kang kawuwus | kangjêng gusti wus kondur maring sana di | kamar panêpèn kapungkur | tan sasana anèng kono ||

11. dalasan gusti catur | marang dalême pribadi kondur | samya ngiring parabdi êmban jalwèstri | kamantyan janma angungun | sokuring tyas mring Hyang Manon ||

12. dene sang narpasunu | sanalika sarêngan sarujuk | sagung sênggang saengga samayan sami | sarasing pangirisipun | sadaya kalima cocog ||

13. ya ta samana sampun | rikat lumaraping surya surup | kadya age mabangun mêmangun enjing | enjing miyat sang kinayun | tumapak sowaning katong ||

14. jro pura katon wuwuh | nguwêng-ngawên ngaluwêng ngênguwung [ngê...]

--- 115 ---

[...nguwung] | ngawang-awang prabèng trênggana myang ratih | kadya runtuh kapilayu | layu-layu cumalorot ||

15. saking tyas ngayun-ayun | ayun wruha ing ri sesuk esuk | kêmbang-kêmbang ingkang jinêmbangan asri | kang kincip mèdêm kasusu | nuli bisaa amêkrok ||

16. ingkang wus mêkar bagus | nèng salaga kapit ing ron têlu | kèngêl dening maruta ris mara midit | ririh obahe tumiyung | lir rara mêmantês dandos ||

17. taru kaleyang runtuh | lir tibaning imba kang binubut | sêkar jênar sumalêmpit patra wilis | lir pupur durung rinêmbug | rêmbêt bayune katonton ||

18. sêkar pamulu wungu | kadya bèngèsing lathi sinêmbuh | gambir kincip lir waja wijang kinêsik | rênyêp-rênyêp miji timun | kawingkis gêbyar nyalorot ||

19. roning cêmara sawung | rompyoh-rompyoh yayah kiswa mawut | tan ginêlung mêntas rinatus gănda mrik | sêkaring turi kang kudhup | mindha gêgodhèg ing godhoh ||

20. pupusing pisang talun | lir palangi wilis riyu-riyu | kang rumimong ing angga sang kadi ratih | wohing tiris dênta tanggung | gênge cukupan dinêmok ||

21. kayoman dening mancung | mèncèng sasisih kapara manglung | mènglèng kalong kalingan tapasing gadhing | kadhêsuk papah tumiyung | mayayah pambuyun mlothot ||

22. warana singsal mirut | kerid dening siduwaning bau | bauning kang ardarsa miyat jêng gusti | tan wus winuwus ing kidung | kêkudanganing pangomong ||

23. samana wus mèh bangun [ba...]

--- 116 ---

[...ngun] | wetan katon seta tan matêruh | taranggana kêncar-kêncar manjêr enjing | rumajak wijang umancur | pêncar ujwala mancorong ||

24. candrama mèh sumusup | nèng udayaning giri kadulu | mung sapalih kadya anganguk kacêlik | cêla surêm sorotipun | kapêrgok dadya malengos ||

25. kaprabèng surya bangun | bêngok ingkang kaluruking sawung | sarawungan munyèng paksi cingcinggoling | kuthilang lan cucuwiyun | wiyahing kukila bocor ||

26. bantêr putêr kug gêruk | gêrok swaraning dara ambêkur | kathêkêran ngèrèki maring darèstri | ramya samya sukèng kalbu | buntasing wêngi mèh nronthong ||

27. wus mantun saput lêbu | lêbu kaleban angalub-alub | kêlap-kêlap tan silêp lir angulapi | ampak-ampak kang amupruk | pêdhut jaladha jêjodhon ||

28. obah umolah ruruh | lir ambêksa pangoyoging lambung | kasirir ing marutesuk mara midit | mêdêt mêgaring sêkar rum | rumambah katon jêmperok ||

29. dadyambèr kèbêr kabur | pangambaring gambir gambira rum | ananduki nalika sang maksih guling | lir mungu mara mring jungut | ririh aturira alon ||

30. dhuh dhuh aywa kadaut | dahat sare wungua wus bangun | eman lamun kapalêthekan hyang rawi | ngalilir ingkang winungu | andhandhang sumiwèng katong ||

27. Dhandhanggula

1. wus raina kumênyar hyang rawi | mradiptani sèsining buwana | sawênèh sinawang jèngglèh | ngegla katon [kato...]

--- 117 ---

[...n] sawujud | wijang nrawang kadya angganing | driya sang anotama | sampurnèng pangawruh | wruh praptèng doning agêsang | saking katêrangan dening wasita di | lir surya umahyèng rat ||

2. kawuwusa sana sewaka ji | wus tinata palênggahaning sang | sri nata lir saban bae | sajroning pandhapa gung | gilar-gilar jarambah brêsih | lumêr marmêre gilap | lir binanyu lunyu | lênyêp ngrêrêbut paraba | lan paradaning sêsaka kang ingukir | mancorong mawa cahya ||

3. muyêk kêkuwunge anêlahi | pramuditaning sanusa Jawa | datanpa timbang asrine | sami mudyasta wahyu | dhuh lae dhuh dhuh adhuh Widhi | wisudha amidhana | dhenoking rahayu | ayu-ayu sabuwana | winênangna nênuwun sakèh basuki | nagara karaharjan ||

4. nihan samana pan sampun wanci | enjing tabah satêngah sadasa | wiwit pra sowan lêbête | pra prawira kang tungguk | prajurit jro kaptin opisir | miwah para santana | panji wayah buyut | riya wus sami sumewa | ondêr mayor urdênas lurah tan kari | andhèr nèng palataran ||

5. para jêng pangeran narpasiwi | pangeran santana lawan riya | sowan jujug ing panêpèn | èmpèring gadri kidul | bêbasahan ngaliga dhiri | ya ta jêng gusti ika | busana wus rampung | myang sakawan narpatmaja | dungkap pukul sadasa saking sana di | têdhak bidhal sumewa ||

6. pra pangeran kang sampun rumanti | lan jêng gusti wus tundhuk noraga | nulya laju ing lampahe | rêgêng garubyug pungkur | para kangjêng pangeran [pa...]

--- 118 ---

[...ngeran] sami | patut kang anèng ngarsa | jêng gusti dibya nung | abusana kanigaran | minundri ing sêsotya ambalêrêngi | ringas ukêl kêlingan ||

7. lêngkèhning kang kiswa datan bot sih | sinăngga ing susuk sinasotya | sêrat tumawing tancêbe | tan lêt cakêt soripun | pinati ing paniti nitih | natrap pungkasing kiswa | kang kinuswa linus | wênês panêsêg sinotya | sumalêmpit wingking karna kanan kering | rasukan ing jro pêthak ||

8. jawi wungu mêngês mardapèng jring | arjèng jaja wijang kinarabad | baludru dhasar ijo nèm | numpang kancing tronyok byur | mompyor nyamping citrèng cuwiri | ruwêt sêlèng lung-lungan | cêcêg mrutu sèwu | sumawur gabah sumêbar | pambabaring paningsêt cindhe cumandhi | mandhirèng bêbangkekan ||

9. timang rêtna èpèk binalodir | karsèt cumanthèl ing cêthik kanan | sangsangan kumalung nglèwèr | pantês wangkinganipun | sinalorok ladrang rêspati | tata tatraping rêtna | manut ukêling lung | lumalar milar ngujwala | katrontong ing diwangkara nawung asri | srining kang pangagêman ||

10. kyèhning janma sukane tan sipi | trang umiyat kang lagya lumampah | rêspati tata urute | kang cakêt anèng pungkur | datanpa lêt lan kangjêng gusti | Jêng Pangran Suryatmaja | nuli wurinipun | jêng pangran ngabèi sarta | ingkang rayi para narapati siwi | santun sêkar balabak ||

28. Balabak

1. sira Kangjêng Pangeran Arya Mataram | wurine | Jêng Pangeran Ariya Natasuma |[16] urute [uru...]

--- 119 ---

[...te] | Jêng Pangeran Ariya Adikusuma | malihe ||

2. nuli Jêng Pangeran Arya Pakuningrat | gya manèh | Kangjêng Pangeran Ariya Prabuningrat | sambête | Jêng Pangeran Arya Kusumadiningrat | wingkinge ||

3. gya Jêng Pangran Ariya Purbadiningrat | wus êntèk | narpaputra nambungi pangran santana | riyane | nênggih bêndara Arya Suryawinata | banjure ||

4. bêndara Pangran Arya Dipawinata | pancène | bêndara Pangran Arya Kusumayuda | urute | bêndara Pangeran Arya Pringgalaya | malihe ||

5. bêndara Pangran Arya Danukusuma | sambunge | bêndara Pangran Arya Dipakusuma | banjure | bêndara Pangeran Arya Suryabrata | nulya ge ||

6. Bêndara Pangeran Arya Nabrata |[17] wingkinge | bêndara Pangran Arya Kusumabrata | sambunge | bêndara Pangran Arya Pringgakusuma | pancène ||

7. nanging maksih nyuwun pamit tan sumewa | sajêge | ingkang anyambungi ing lampah punika | urute | bêndara Pangran Arya Cakranagara | dadine ||

8. bêndara Pangran Arya Cakradiningrat | tan anèng | uga pamit waktu iku nora sowan | lampahe | nulya Pangran Tumênggung Bratakusuma | gya manèh ||

9. bêndara Pangran Arya Adinagara | wingkinge | bêndara Pangran Panji Puspakusuma | sambunge | bêndara Pangeran Arya Adisurya | wus dene ||

10. bêndara Pangran Arya Mangkudiningrat | banjure | sinambungan bêndara Pangeran Pamot |[18] lan manèh | bêndara Pangeran [Pa...]

--- 120 ---

[...ngeran] Arya Adijaya | mèh êntèk ||

11. bêndara Radèn Mas Arya Nrangkusuma | pungkase | para narpaputra ingkang mêntas sênggang | supite | mangkana kang umajêng lumampah sowan | urute ||

29. Dhandhanggula

1. winangsulan ing sêkar mêmanis | maksih caritanirèng lumampah | nênggih jêng gusti sowane | sadaya tansah nuju | paningale kinthil tut wuri | risang ngarsa sumewa | pra anèng kadhatun | samya suka sukur rêna | ya ta wau wus prapta ingkang lumaris | têpyèng bangsal bojana ||

2. nulya sami lênggah sawatawis | tanpantara dangu sri narendra | miyos mring pandhapa gêdhe | ampilan dalêm atut | wuntat para badhaya srimpi | garubyug amurwendah | wandaning pra arum | ya ta kang sami sumewa | sadayane kang anèng nataring puri | ebah angapurancang ||

3. mangastawa pamiyosing aji | jêng sang ulun sarawuhnya lênggah | ing dhampar lêrês têngahe | nênggih pandhapa agung | kangjêng gusti pangran dipati | lan para jêng pangeran | sami awotsantun | minggah mring sanasewaka | wus satata ing lênggah sami sumiwi | cakêt ing byantarendra ||

4. kadya adat miyos Sênèn Kêmis | pradăngga tinatèng bangsal wetan | maksih tinabuh gêndhinge | Srikaton nganyut-anyut | angurmati wiyosing aji | aja si para janma | oraa kayungyun | sanajan patra ing êpang | obahe lir mangayubagyèng narpati | myang mring kang tapak sowan ||

5. puspitanjrah sumawuring

--- 121 ---

sari | sêru kasirir ing samirana | rinasa lir sung pambage | risang sumiwèng prabu | gănda arum tumanduk amrik | misungsung sung sarana | jênaking alungguh | kaleyang sahing sasana | kumêclape kadya ngujiwat wèh liring | êpang kang kamarutan ||

6. sumiyut lir dangongoking linggih | niyung manglung kayarsa wêruha | mring kang sumewa isthane | paksi kang mangkruk-mangkruk | kaalingan ing patra wilis | kadya panginjênira | para kusuma yu | sêsinglon uga katingal | mung èsême kaworan liring prak-ati | kadya cinaosêna ||

7. mring sang mêntas waluya sinupit | tangèh lamun kapadhan sakala | nalika iku sowane | jêng gusti sudibya nung | tansah dènnya mèstu sumiwi | mêpês silaning lênggah | ngêkêr ing pandulu | kêdhaping naya dyatmika | mung sumaos karsaning jêng sang siniwi | datan angèsthi ing lyan ||

8. pan mangkana kang sami sumiwi | samuwa sumungku sungkêm mring sang | narendra sudibya ing rèh | angrèh warata arum | rum-rum amêr amor mêmanis | anis para duringrat | karakêt sumuyut | miyat mring sang sinewaka | wakiling Hyang sanyata radiyallahi | luhunge kawidadan ||

9. ya ta majêng nyi tumênggung kalih | nyaosakên pilapuranira | abdi dalêm kănca gandhèk | ngêmban timbalan prabu | cinundaka dhumatêng loji | lumampah sakêmbaran | kula nuwun sampun | maringkên tabe narendra | dhumatêng ing jêng tuwan residhèn tuwin | tabenirèng dayita ||

10. rayi dalêm Sri Wara Maisi [Ma...]

--- 122 ---

[...isi] | nênggih Jêng Ratu Pakubuwana | kalawan ta ingkang tabe | jêng gusti sudibya nung | ingkang tabe jêng umi aji | Jêng Ratu Alêng muwah | para narpasunu | putra putri sadayanya | lawan kinèn matêdhakakên udani | ing mangke ri punika ||

11. panjênêngan dalêm tan miyos mring | păncaniti pan amung nèng pura | kewala lir saban bae | kawula nuwun sampun | pun bapa kang tampi pribadi | trima kasih aturnya | sandika pukulun | nênggih pun bapa jêng tuwan | residhèn tur tabe kaurmatan ing sih | konjuk kangjêng sri nata ||

12. ingkang tabe mring jêng pramèswari | ingkang tabe mring jêng gusti pangran | dipatyanom ingkang tabe | mring umindra ratwagung | lan dhumatêng pra putra-putri | sanggyaning atmajendra | kula nuwun ampun | abdi dalêm gandhèk ingkang | mariksani pra rêpot dhumatêng loji | santana myang wadana ||

13. nuwun botên wontên ingkang prapti | abdi dalêm Rahadèn Dipatya | Sasranagara sumiwèng | nèng păncaniti sagung | abdi dalêm wadana jawi | lêbêt kang sowan pêpak | malih kula nuwun | abdi dalêm kănca lurah | ingkang sowan ngêlarag anyuwun sami | timbalan dalêm nata ||

14. sri narendra sampun nyasmitani | nulya nyi tumênggung paring dhawah | nêdha kănca lurah kabèh | timbalan dalêm prabu | dikakake padhaa mulih | mangsuli tur sandika | undure gumrudug | nulya pradăngga tinabah | gêndhing Playon ngês sora swara ngrêrangin | kaecan piniarsa ||

15. para ingkang masiwakèng

--- 123 ---

aji | jênak enak tan suka sungkawa | ayêm kayoman gustine | susila sih mabukuh | ya ta kangjêng nata dipati | jêngkar sing palênggahan | kondur angadhatun | biyada angupacara | ngapurancang pra sumewa mawastuti | tinatap kang pradăngga ||

16. gêndhing calapita anaricik | sang sri wus lumêbêt prabayasa | nulya para sowan kabèh | bibar prasami mundur | êsah saking sanèng sumiwi | simpangan sowang-sowang | mring dalême kondur | sadaya para pangeran | myang jêng gusti laju kondur mring sana di | parabdi atut wuntat ||

17. kathah ingkang sami nêningali | nalikane jêng gusti tumindak | jalwèstri kacaryan tyase | mêwêsing mawas muwus | wis winawas criwis tanpa wis | winuwus datan uwas | panggagasing kalbu | kalaban pangalêmbana | binahana wacana awarni-warni | wênèh winangun ing tyas ||

18. amêmuji gustiku sang pêkik | ingasupit wus waluya sênggang | sampun diwasa samangke | măngka muga linuhung | luhung kadya rama jêng sang sri | srinisas kasudarman | drêman driya putus | tatas wruh ing kawusanan | sasanèng don kasidan dadining dadi | sidaning wirangrongan ||

30. Wirangrong

1. wong kang mêntas aningali | unine pating calêmong | ana ingkang ngeling-eling iku | nalikane sami | nonton mring pakajangan | sawênèh tatkala risnya ||

2. wong jêro têtakon jawi | wong jawi têtakon ing jro | lah prèhipun tiyang kang andulu | duk rise ing jawi | saiba kèhing janma | nauri kang inujaran ||

--- 124 ---

3. o ênggih pun tanpa wilis | bêlêg sanggon-gon kêbak wong | dalah gadhing alun-alun kidul | jro bètèng ing margi | utawa pakajangan | ing gêladhag myang bathangan ||

4. cayudan mangetan nganti | têkan slompretan kêbak wong | kang ngathahi tiyang saking dhusun | dalah jalêr èstri | ngalor ngidul ing paran | nawon kambu byung-ubyungan ||

5. ngetan ngulon wira-wiri | garubyugan botên mandhok | yèn bisaa saking kudu wêruh | dhatêng kangjêng gusti | nanging langkung kèwêdan | prandene tan mawi kêmba ||

6. mamrih sagêde ningali | tiyang dhusun ngangkah wêroh | ngênthu-ênthu nginthar nganti bêthu | uthi nginthi-inthi | nganthi suta tut wuntat | myang gendhong bocah jêmagar ||

7. aja sing Surakarta di | wonge oraa anonton | najan seje risdhènsi puniku | liyaning nagari | sujanma tanah-tanah | pasisir măncanagara ||

8. uga pêrlu padha prapti | saking sruning tyas arsa wroh | ngiras pantês dalajah ing purug | yogya nyumurupi | batuwahing narendra | trah tumêrah nungsa Jawa ||

9. makuna-kuna mandhiri | pinundhi kinatong-katong | kongsi prapta mangke maksih lulus | karaton basuki | malah tata raharja | têntrêm kartane angrêbda ||

10. mangsuli rewange angling | wetikna jroning katon |[19] wonge okèh bangêt tanpa petung | kajaba priyayi | niku kang padha seba | wong jaba mlêbu barêngan ||

11. padha rêbutan gon linggih | saka kudu ajêng dêlok [dê...]

--- 125 ---

[...lok] | têng para gusti kang supit niku | kula dhèk ningali | sing bela langkung kathah | wong cilik lan pra sêntana ||

12. wong desa lan jro nagari | la wong ta êbonge mawon | kira kula cacahe salangkung | ning niku kêjawi | sing nyupiti ngajêngan | ontên jroning maderêngga ||

13. dene sing bela gumridig | barêng êmpune kinêthok | nuli para wong cilik kang maju | padha rêbut dhisik | êbonge kongsi sambat | e e mêngke ta mêngke ta ||

14. ta ampun kêsusu dhisik | he ah dene angêroyok | ta ta mêngke niki sing pun maju | kula iris dhisik | mêngke gèk anak dika | biyang mêngko katiwasan ||

15. yèn gidhuh atiku iki | gèndhêl pangirise ngêpok | ha rak susah apa gawe têmpuh | pês-apêse cicir | donga kula kêlepyan | kang kinandhan guyu ngakak ||

16. niku kabèh ontên pundi | kang padha bela dudu wong | ngling kang bela gih sadaya niku | ênggone pan sami | nèng kadipatèn wetan | rowang mangsuli gih ta lah ||

17. sing bela makotên kangsi | suk-êsukan maju ngroyok | mring ki êbong kongsi sambat gidhuh | napa botên mawi | tinata kang pinatah | kawogan ngriku pabelan ||

18. rowang ngling lah kliwat saking | tinata ywa kongsi dhompo | ha wong saking kèhing wong prèhipun | la kandhane malih | mulane rêbut ngarsa | ampun kongsi kêsuwukan ||

19. nênggih sajrone dèn iris | bisaa [bisa...]

--- 126 ---

[...a] têsih krungu gong | gonging monggang kyai udanarum | niku kang pinurih | kajênge kêsawaban | gangsar golèk sandhang pangan ||

20. kang kinandhan anauri | ênggih tan bisa maido | têng ancaping uwong kang sêdya yu | gih bênêr brêkahi | bisa gawe raharja | ananging sing duwe monggang ||

21. pra bêndara bela supit | kang sami endah ing dandos | napa ênggih maju rêbut dhucung | kang inujar angling | e botên lir mangkana | maksih dèn urut tinata ||

22. sing otên niku wong cilik | saking kasusu ing batos | sire mono nulia gèk rampung | nora ngêmu pikir | mangsuli sarampungnya | sing bela napa tan mêdal ||

23. lan banjur ginawa mulih | angling rowange calathon | sakèhe wong cilik sami mantuk | tan ontên sing kèri | kang ontên jroning pura | kajawi para bêndara ||

24. mèh botên ontên kang mulih | jênêk ontên ing kadhaton | gumun kula mring wong bela niku | pêsthi nganggo bêcik | mrabot sapangkat-pangkat | murwate juru dêmungan ||

31. Jurudêmung

1. nihan gantya winursita | maksih Sura wulanipun | ing tanggal kaping salikur | malêm Arbo Kliwon ika | nênggih sajroning kadhatun | karsa dalêm sri narendra | pasamuwane winangun ||

2. yèku minăngka pungkasan | pakurmataning kadhatun | samana sampun sumurup | hyang surya anjaladiyan | tan owah maksih lêstantun | para masiwakèng karya | satanduk ingkang dipun [di...]

--- 127 ---

[...pun] nut ||

3. tata tatraping pranatan | nata satata pinatut | jro pura sampun sumunu | sunar panjrahing panjuta | nênggih ing sewaka prabu | palênggahan dalêm rêsban | majêng mangetan dinunung ||

4. nèng kilèn soring pananggap | sakanan sakeringipun | tinatanan kursi têpung | praptèng pojoking pananggap | nêkuk mangetan linajur | godhaging guru linongkang | tan patyakèh kursinipun ||

5. samana sampun madyastha | para masiwakèng prabu | wus sami malbèng kadhatun | sadhèrèk dalêm pra putra | lan para wrêsni myang mantu | nalika ingkang punika | tan ana ingkang ngadhatun ||

6. wus sami mapan sumewa | nèng paningrat wetan mungguh | pra kangjêng pangeran sagung | pangagêman kanigaran | dene pra mantu tumênggung | calanan abêbasahan | wus pêpak munggèng kadhatun ||

7. sang mêntas waluyèng sunat | nênggih jêng gusti dibya nung | wus sumewa lênggah kumpul | lan para kangjêng pangeran | miwah gusti ingkang catur | anunggil sapasowanan | ya ta sawatawisipun ||

8. jêng ulun sri narèswara | miyos mring sewaka prabu | katon astane kinancuh | tansah lan kangjêng dayita | tuwin para ratu-ratu | sami anggarubyug wuntat | para gusti radèn ayu ||

9. sadhèrèk rayi myang raka | putra-putri wrêsni mantu | samya andhèrèk sang prabu | miyos saking prabayasa | ampilan dalêm tut pungkur | adat upacarèng nata | kinurmatan ing panjidhur ||

10. barung unining pradăngga [pra...]

--- 128 ---

[...dăngga] | narawung anganyut-anyut | munyêt waratèng kadhatun | kadyangsung warta mênawa | wus miyos kangjêng sang prabu | sampun alênggah satata | mungging jroning pandhapa gung ||

11. sadaya plêk-plêk nut lênggah | ya ta jêng gusti sri sunu | majêng mring byantara prabu | sapraptanira wotsêkar | kaparèng lèr lênggahipun | nèng ngandhap tan pati têbah | kalawan kangjêng sang prabu ||

12. pantês busananing nata | kanigaran wre lumayu | rasukan baludru biru | karabat naman bênang mas | kinurcis ing têpi têpung | tumpang lir sêkar cêngkehan | kaya kapulêting êlung ||

13. wêdhihan kancinging jaja | jajar sinuji umancur | suci rangkêpan kadulu | ing jăngga sabongkot sada | apaningsêt cindhe wungu | èpèk kinomplit rasukan | sakèh katon mara sêmu ||

14. sênên nyamping parangrusak | kalithik cêtha tan cithut | wujud malinjo rumucuh | wutuh wêtênge tembokan | putih lir sinabun mênthur | munthêr bengkoking kêrisan | sogane anyawo wungu ||

15. mompyor kadya pinarada | rada kalangsrah ing ngayun | wironing nyamping tan mawut | ing suku sang kinaosan | seta panganame alus | pan pus cêmêng tarincingan | pinotèt sinotya mancur ||

16. ruwêt ujwalèng kalpika | naranggana panjêr esuk | nyarakit tumrap panuduh | jêjênthik ing kering kanan | naleram nyirat tan mirut | kapraban kênyaring pandam | ting karêtèp sunaripun ||

17. wangkingan warăngka ladrang | wrêksaning [wrê...]

--- 129 ---

[...ksaning] kang cêndhana rum | tansah bintanging kaprabun | ridêr Ostênrik Nèdêrlan | tumamèng jaja ngênguwung | lir surya mrabèng buwana | dene jêng gusti dibya nung ||

18. kawacanira mèh kêmbar | lan rama kangjêng sang prabu | nanging amung kaotipun | tan ngagêm sêpatu bintang | nêngna pangrumpakanipun | panjênêngan sakalihan | ngêng[20] gusti lan sang aprabu ||

19. ya ta kang lumêbèng pura | jêng tuwan risdhèn saruntung | tuwan asistèn tut pungkur | miwah militèr komêndham | Jêng Gusti Pangeran Prabu | Pangeran Suryadiningrat | pra nyonyah myang tuwanipun ||

20. para tamu sarimbitan | sagung kang malbèng kadhatun | winatara mung tri puluh | ing alampah sampun prapla[21] | srimanganti sadayèku | lan nyi tumênggung wus panggya | nulya ingacaran laju ||

21. mring jroning sanasewaka | kinurmatan musik umyung | myang gangsanira tinabuh | tamu tumamèng pandhapa | tundhuk lan kangjêng sang prabu | jumênêng aparing urmat | sang rawuh agupuh-gupuh ||

22. sami umajêng tabean | sri nata nambramèng tamu | tumrêcêp pambagyèng pangguh | tan pae kalawan nyonyah | residhèn mring para ratu | udayèng sih têtabean | sagung ingkang lagya rawuh ||

23. tuwan-tuwan tuwin nyonyah | kawaratan tabenipun | mara kang nèng pandhapa gung | ingacaran sami lênggah | nulya sadaya andunung | ing kursinya juga-juga | thumèrèk nyinom pinatut ||

32. Sinom

1. lir sêsotya tinatèng mas | pinarak panunggul ninggil | manut ambaning êmbanan [êmbana...]

--- 130 ---

[...n] | pasang tumrape tan nyêlip | kang cilik sunar cilik | ingkang gêdhe sunar agung | padha dhêdhasar rêtna | marma ujwalane sami | samuwane pra lênggah ing sewakendra ||

2. ya ta pangunjukan wedang | umajêng mring byantara ji | dhahar dalêw[22] sri narendra | miwah pasugatèng tami | warata dèn ladèni | wedang tèh sucong kinancuh | wêdang kopi pêrêsan | komplit cangkire prusêlin | winadhahan ing bèri wêngku salaka ||

3. sawusira kawaratan | ingkang ngunjuk wedang sami | mèt sasênênge driyarsa | mundur para ngêladèni | sarêngan tan sarênti | ingkang anèng pandhapa gung | maksih samyeca lênggah | sakawan pra narpasiwi | ingkang mêntas sinupit alon mangarsa ||

4. angladosakên sugata | wêwarihan wangi-wangi | para lênggah kawaratan | para gusti para tami | sumyah nguswa gănda mrik | rumêsêp ngingsêp rum-arum | ngrêmbun aruna-runa | nalolor mulur kasilir | lir lumalar dumuluring lung lur-luran ||

5. saundure kang mangarsa | pangunjukan warni-warni | para lênggah linarihan | panginuman kêras aris | samya mèt ing pamilih | milala ingkang sinarju | sasêja tan kacuwan | cinaos yekang kinapti | nup têtêpung larih mubêng têmu gêlang ||

6. minundur sarampungira | ya ta panataning bukti | ing kameja andrawina | winangun kinêpung kursi | kararas rinêspati | patut ambêng sangang puluh | platon agêng ing têngah | pangarak palaton bêling | nêm binukèt ing sêkar anggagar mayang ||

7. tinata [tina...]

--- 131 ---

[...ta] têngahing meja | lawan wowohan wadhah plit | dhaharan agêng wolulas | lan wadhah buwah brandhuwin | buwah èr manis-manis | mêmanisan kinum juruh | jae cinêncêm gula | tri dasa nêm kêda bêling | rêrampadan komplit rakiting kameja ||

8. warnaning kang lam-ulaman | cara Jawi cara Wlandi | myang dhaharan rêrêmikan | andhèr ing kameja asri | ngarompol gêlas jinggring | pinangkat saambêngipun | minăngka pangunjukan | miwah sendhok lading cukit | pakobokan sarbèd putih sasêtrikan ||

9. tata wus pinăntha-păntha | pêthaning unggyan nyawiji | wijang wajitbing[23] caosan | saambêng-ambêng miranti | sidhi sudhiyèng bukti | gumêlar tinata bagus | liyane ing kameja | miranti badhe lumadi | saking wingking kang ingaran pangrantunan ||

10. pêpêk risèrêping dhahar | mangke kinarya pisalin | piring ambêng binrêsihan | mupruk sendhok lading cukit | cikat pangupa kardi | dumadi sadaya rampung | rampinging pasudhiyan | dhiyan wus tan mêrêm mêlik | mêlok mancur ingungalakên sumilak ||

11. antarane kawistara | taraping pasugatan wis | nyasmita sri naranata | jêng tuwan tanggap ing liring | noraga sapangèksi | ya ta kangjêng sang aprabu | jumênêng saking ngrêsban | samya nut kang para tami | oncat saking kursi jumênêng sadaya ||

12. musikan munya mangurmat | lan pradăngga rinaras ris | kadya wêwarah parentah | hèh para migatèng kardi | dèn awas ing pangèksi | gustiku kangjêng sang prabu [pra...]

--- 132 ---

[...bu] | pan arsa têdhak dhahar | maring sanandrawina di | pan mangkana urut-uruting alampah ||

13. ingkang kinarsan nèng ngarsa | tuwan asistèn anganthi | jêng gusti sudibya putra | jêng tuwan residhèn nganthi | jêng dayita narpati | nyonyah residhèn saruntung | kinanthi sri narendra | jêng ratu agêng kinanthi | ing Tuwan Saipêr militèr komêndham ||

14. Kangjêng Ratu Madurêtna | kinanthi Tuwan Kornèlis | nuli jêng ratu bêndara | tuwan juru basa nganthi | Jêng Ratu Timur srimbit | kanthèn lawan garwanipun | bêndara Pangran Arya | Natabrata Suwagêrin | Tuwan Gaut nganthi Gusti Riyatmaja ||

15. Gusti Dyan Ayu Kusuma- | brata lan garwa sarimbit | Gusti Anêrangkusuma | lan garwane kanthèn driji | Jêng Pangran Angabèi | karongron lan garwanipun | Kangjêng Pangeran Arya | Mataram garwa kinanthi | nulya Gusti Tumênggung Wiryadiningrat ||

16. kinanthi dening kang garwa | malih ingkang anyambêti | Dyan Ayu Adinagara | kanthèn lan raka pribadi | nulya kang anyambungi | Gusti Dyan Ayu Tumênggung | Purwanagara lawan | garwane ingkang anganthi | Gusti Bratakusuma tansah lan garwa ||

17. Gusti Riya Kartapura | kang raka ingkang anganthi | Jêng Gusti Pangeran Arya | Prabu Prangwadana srimbit | nulya pra tuwan tuwin | nyonyah ing lampah saruntung | sajodho-jodho tansah | kanthyasta lumaris aris | lir winatês longkang-longkanging lumampah ||

18. tan ana ingkang kasesa | rèrèh ririh ngati-ati | saking dènnya marimarma [ma...]

--- 133 ---

[...rimarma] | wruh watak wantuning putri | cêkak pidak pada ris | sagung gusti narpasunu | miwah para pangeran | ugi andhèrèk sang aji | sampun rawuh ing drawina sinarkara ||

33. Dhandhanggula

1. pan mangkana wus lênggah ing kursi | têpung kapang ngubêngi kameja | bojana winastan dhine | paladèn tinartamtu | kang linadosakên pra bukti | datan salayèng warna- | ning baksananipun | sabrêngan sami kewala | pangrantunan wau wus rinakit-rakit | rikat datan kaliwat ||

2. nulya cinaosakên mangarsi | paladène kang nomêr sapisan | ing ambêng plêk-plêk sinèlèh | dadya piring tinumpuk | êsap kalih linarih-larih | alurane mangkana | ing salajêngipun | kongsi rambah karing[24] rolas | lumadining paladèn ingkang sinidi | kajawi juk-unjukan ||

3. pinapantês inumaning bukti | cinawisan pêpak warna-warna | anggur-anggur myang toya ès | pan lumadi lumintu | parigêle pra ngêladèni | tan kongsi pinundhutan | wruh padatanipun | maju munduring ladosan | winatara tan kasusu tan ngrêmbêni | sêdhêngan tumanduknya ||

4. yèn wus ngajêngkên para ngladèni | kèndêl nèng sawingkinge kang dhahar | alon sasêlot-sêlote | pangilut munyêt nyunyur | supayane ingkang binuhti[25] | sarasa amirasa | karasèng tyas dunung | para tamu tuwan-tuwan | nyonyah-nyonyah rêsêp gung kinêmbong ing sih | manising bojakrama ||

5. tarlèn ingkang para putra putri | sagung ingkang andhèrèk dhahar sang | suka sukur sumungkême [sumung...]

--- 134 ---

[...kême] | marang kangjêng sang prabu | baboning wong sanusa Jawi | jawata anggêping tyas | sang sinuhun-suhun | ya ta satêngahing dhahar | sinêlanan angunjuk măngka kondhisi | têngara kapiyarsa ||

6. sampun sami ngasta gêlas isi | lan jumênêng saking palênggahan | sira jêng tuwan residhèn | urmat waluyanipun | kangjêng gusti dènira supit | miwah pra narpaputra | sru sinabda arum | ruming puja pajampua | ing salami-lami lumawana ing sih | sihe jêng sang ramendra ||

7. karaharjan winisudhèng Widhi | gya hip hip huse surak kumêrah | tinatap musik gangsane | sanepa nut mujwayu | sawatawis kangjêng narpati | malêsi paring urmat | kondhisi sabda rum | mring jêng tuwan risdhèn lawan | sanyonyahnya AY Yèkêl dènirapti | ajêngkar sakalihan ||

8. saking nagari Surakarta di | sri narendra paring slamêt jalan | munggèng kondhisi wiyose | benjang mangkat myang ênu | sapraptane nagri Walandi | manggiha suka wirya | ywa kurang kinayun | Erepah[26] praja Nèdêrlan | nadyan kesah saking jroning tanah Jawi | sayogya anglulusna ||

9. ing pangèngêt pamitranira ring | wong agung Surakarta Diningrat | wuse hip-hip surak hose | pradăngga lan panjidhur | urmat munya kadyanggondhèli | mring risang arsa jêngkar | emane tan tutug | mêmitran narendra tama | mapas-mupus pêpasthène mung mêmuji | sadaya wilujênga ||

10. ya ta jêng tuwan risdhèn malêsi | sung salamêt tinggal mring sang nata | wimbuha [wimbuh...]

--- 135 ---

[...a] kanugrahane | sumahab kang wadya gung | samya surak sukur ing Widhi | de ratune têtela | sinihan ing manus | pujine para wandawa | lêstaria kautaman sang siniwi | lumuntura ring putra ||

11. datan pae paekaning ati | para tamu tuwan tuwin nyonyah | kèlu kalulun alane | samya mudyastawa yu | musik găngsa tinatab malih | urmat mangayubagya | pambagya jumurung | marang kangjêng sri pamasa | masang mangsah sih sakèh suka tan sipi | sawarèng ngêsing găngsa ||

12. ya ta risang pinutra wrêdha ji | Jêng Pangeran Arya Suryatmaja | jumênêng saking kursine | ngêmban timbalan prabu | matêdhakkên măngka mandhali | kêncana myang salaka | mring sagung pra tamu | samya dinuman warata | kang adhahar yèku minăngka tăndha sih | pangèngêting katrêsnan ||

13. liningga murda tampi nyawiji | mandhaliyon jawi tinêngêran | ing sastra Walandi P.B. | ăngka sanga lawan krun | yèn binuka jroning mêndhali | sinung potogram gambar- | ira sang srisunu | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Anom Mêngkunagara rinaja siwi | yuswa nêm bêlas warsa ||

14. samya suka sang tampi tăndha sih | kacarita sanggyaning satriya | miwah pra pratiwa kabèh | warata sami sinung | pinaringan iku mêndhali | nyawiji pangkat-pangkat | malih ta winuwus | ingkang sami lênggah dhahar | wus dumugi sri narendra amiwiti | jêngkar sing palênggahan ||

15. sadaya nut anggarubyug wuri | sajodho-jodho priya wanita | kadi wau duk angkate |

--- 136 ---

maksih lumampah urut | angidêri sewaka aji | sri nata lan jêng tuwan | risdhèn lan pra tamu | têdhak maring maderêngga | aningali tilas sasananing supit | rêrênggan maderêngga ||

16. maksih kadya duk kagêm nyupiti | pradapaning praba nora owah | marmanta puniku sakèh | nyêlak maspadèng dulu | nyata lêwih sasanèng supit | sampêt maneka-neka | sagung para tamu | miyat kacaryaning driya | sawusira lênggah kangjêng sri bupati | nèng jroning maderêngga ||

17. amung sawatawis tindak malih | miyos madyaning sanasewaka | tan kari jêng tuwan risdhèn | miwah sadayanipun | tanna kari andhèrèk sami | nênggih sarawuhira | sana parasdya rum | laju alênggah kasukan | sakarompol lan pra tamu sawatawis | ingkang anunggil lênggah ||

18. dene Kangjêng Sang Wara Maisi | lawan para ratu sadayanya | pra gusti radyan ayune | sarawuh dalêm prabu | ing parasdya malêbêt sami | maring prabasuyasa | kasukan nèng ngriku | lawan para nyonyah-nyonyah | pasugatan lumintu dipun ladosi | pra nyai-nyai lurah ||

19. para gusti priya miwah tami | tuwan-tuwan samya nèng paningrat | sapăntha-păntha lênggahe | kasukan mèt rênèng hyun | satotêran miwah ingkang wis | ana kang mung lênggahan | anunggil sadunung | rasa-rasa tan karasa | sarasaning driya ascarya lêstari | lumintu linadenan ||

20. mêminuman kêras tuwin aris | myang toya ès sumaos datansah | mangkana ing sadangune | lêlangên ing kadhatun [ka...]

--- 137 ---

[...dhatun] | găngsa munya pathêtira ris | nêm pelog sinulukan | lêlah ngaluk-aluk | muluk ulon ngêla-êla | êlan mayah saking prabasuyasa di | sasanga wanitendah ||

21. badhaya kang wus sinarjèng warni | tata mungging ngarsaning narendra | gya lêkas tawa anjogèd | gogot pinardăngga rum | ruming sindhèn manut ing gêndhing | dhanganing kang ambêksa | nyupraba aruruh | raras myang tênagèng ulat | ngilut sanga pisan tan aneje warni | sawarnaning busana ||

22. sawusira rarase dumugi | gêndhe gêndhing ngandhêlong alêlah | nulya lon mêndhak kang jogèd | sampun sami matimpuh | manglayangga anganan ngering | găng sarêng winastawan | gêndhinge wus suwuk | maluya mring prabayasa | jroning pura tansah kang dipun tingali | sarimpèn myang wirengan ||

23. ginêbyagkên nèng byantara aji | samya berag wiraga karana | rêna pra kinarya wirèng | angrong winong winangun | nining găngsa rinaras aris | marma sadayanira | sang sami andulu | dumulur sukaning driya | tumpa-tumpa mawantu ingkang jalari | sadalu datan owah ||

24. sri narendra siniwakèng tami | putra santana myang kulawarga | ayêm tanna sangsayane | miwah maksih lumintu | mêminuman tan angêndhati | suka sakèh tan ngrasa | sayah pêgêl kêju | kalimput sihing narendra | dalah para kang midêr-midêr ngladèni | kabèh tan ngrasa sayah ||

25. wus wanci jam satêngah limènjing | durung owah pra sewakèng nata | ya

--- 138 ---

jêng tuwan residhèn |[27] miwah sanyonyahipun | angsung tabe marang narpati | apamit mintaksama | saking ngarsa prabu | kalilan lan paring urmat | jumênêng sing palênggahanirèng kursi | tumrêcêp têtabean ||

26. asung trima kasih mêmundhi sih | myang salamêt tinggal mring sri nata | lan sanyonyah datan pae | sung tabe para ratu | putra kabèh dèn waratani | wus mundur saking ngarsa | kinurmatan umyung | musikan miwah pradăngga | para tuwan-tuwan myang nyonyah tan kari | sawusnya têtabean ||

27. lan sri nata gya sami umiring | jêng tuwan kang dipun atut wuntat | kêkanthèn sarêng wêdale | Jêng Gusti Pangran Prabu | Prangwadana pan datan kari | Pangran Suryadiningrat | tan winarnèng ênu | ya ta jroning dhatulaya | sawêdale wau ingkang para mijil | kondur jêng sri narendra ||

28. marang jroning prabasuyasa di | ya ta para ingkang masewaka | sami bibar sadayane | mundur saking kadhatun | pra migati ing karya maksih | nèng pura amigênah- | akên kukut-kukut | kursi rêsban palênggahan | miwah babut krun dhudhuk gantung sêtrali | pandêlar dilah-dilah ||

29. datan pae saputing piranti | ing kameja sami rinuktenan | sendhok lan lading cukite | gêlas sapiringipun | rêrampadan ambênging bukti | taplak srêbèd putihan | myang kêcohanipun | miwah pirantining wedang | cangkir-cangkir wadhah pêrêsan lan gêndhis | miwah sabèrinira ||

30. barang-barang kang mêntas kinardi | sêsudhiyan pasmuwan punika | winigati [winiga...]

--- 139 ---

[...ti] dhewe-dhewe | sakarya-karyanipun | gung rinêksa angati-ati | tan ana sumambrana | wajibe winêruh | tiniti sinidikara | pan pinetung kaulihakên lawan wit | ywan kirang ingupaya ||

31. tanpantara dangu gya kapanggih | rinumatan kang pancèn singgahan | sampun binrêsihan kabèh | kang darbe wajib sinung | angrumati nyimpên salami | lumawan tinampanan | manggon tan kaliru | sabarang puniku ingkang | mêntas kanggo tan ana cicir sawiji | wit sampêting pangrêksa ||

32. kongsi prapta sawatara ari | dera samya pasrah-pinasrahan | tan kaliru aturane | nênggih sawusnya rampung | ramping para tampi-tinampi | pra ingkang amarentah | sabaune mantuk | ngaso kawayon ing karya | kaya-kaya mangkana wong sanagari | tansah lam-lamên ing tyas ||

33. mulêt lumêkêt tan kêna lali | linali-lali malah ngalela | eling lalu nalikane | kanang pawiwahan rum | ing salami-lami ngurmati | risang sudibya putra | sagung para tamu | miwah pra putra santana | myang kawula kang mêntas sami udani | rinasa saya krasa ||

34. saking dene dahat gêngning kang sih | sang minăngka tyasing pramosita | saksat pangejawantahe | ing Hyang Kang Maha Luhur | kaluhuran kangjêng sang aji | sinarjèng sri jumajar | jêr rumojong êjum | talanjêr sêjaning raja | ngarja praja pêpajar panjrah pinuji | pangajêng karaharjan ||

35. arjaning dana tan angêndhati | yayah lumayan toyèng narmada | mandar mindêng nalikane | supit jêng narpasunu |

--- 140 ---

anggêganjar busanèng abdi | sumirat sumamburat | sawêngkaning ulun | kaleberan kawiryawan | ing sapangkat-pangkat dalajating dasih | titi gitèng carita ||

36. wêdharing rèh ing Surakarta di | dadi tanggal ping cara carana | kanêm pranatamangsane | nujwari Buda Madu | wulan Sawal tabuh nawènjing | wuku julung puspita | tunggil warsa windu | wandèng palupi lêpiyan | poyan mirit pranatan tataning supit | sinupit ing la-êla ||

--- [141] ---

Verbeteringen

Mya ... lees ... myang ... blz 3. 2 v.o.
Pagaotan ... lees ... panggaotan ... blz 4. 11. v.o.
Mya ... lees ... myang ... blz - 7. v.o.
Karye ... lees ... karyèng ... blz 5. 5.
Mangun buja ... lees ... mangun boja ... blz 6.11.v.o.
Pangrentah ... less ... parentah ... blz 16.9.v.o.
Dadyambanan ... less ... dadyêmbanan ... blz 17.1.
Pakubawana ... lessless ... Pakubuwanaless ... blz - 1.
Bujanaless ... lessless ... bojanaless ... blz - 23. 12.
Păncawaraless ... lessless ... păncawăraless ... blz 24. 7 v.o.
Wungwungless ... lessless ... wuwungless ... blz 29. 10.
Sampurinatusless ... lessless ... sampun rinatusless ... blz 33. 4.
Kodhokngoreless ... lessless ... kodhokngorèkless ... blz 44. 2.
Ingkaless ... lessless ... ingkangless ... blz - 4 v.o.
Nahantaless ... lessless ... nahêntaless ... blz 46 12
Paspatiless ... lessless ... rêspatiless ... blz 47. 8.
Kêncanaless ... less ... kêngcanaless ... blz 50. 3.
Kinawisthaless ... lessless ... kinarawisthaless ... blz - 9. v.o.
Siyakless ... lessless ... piyakless ... blz 52 11. v.o.
Sannityasaless ... lessless ... sanityasaless ... blz 55. 8. v.o
Kêncanaless ... lessless ... kêncanaless ... blz 57, 10.
Ngunirless ... less ... ngunnir ... blz 59. 11.
Prapta, ... less ... prapta ... blz 60, 3. v.o.
Risidhèn ... less ... residhèn ... blz 61. 8. v.o.
Sinangling ... less ... sinangling ... blz 65, 10.
Mêrnah ... less ... mrênah ... blz 7, 9
Dalêm ... less ... malêm ... blz 77. 7
Panji ... less ... panji ... blz 81, 12
Sinabdan ... less ... sinabdan ... blz 86, 2
Rarasan ... less ... rarasan ... blz 87, 8
Inggih ... less ... ênggih ... blz - 1 v.o

--- [142] ---

Verbeteringen

sumuna ... less ... sumunar ... blz 96, 9,
pangagêmanira ... less ... pangagêmanira ... blz 99. 5 v.o.
pra santa ... less ... pra santana ... blz 100. 4 v.o.
nyêngaki ... less ... nyêngaki ... blz 101.7 v.o.
napati ... less ... narapati ... blz 102-11 v.o.
sagêdya ... less ... sagêd ... blz 109-2 v.o.
pacar ... less ... pasar ... blz 112. 4.
Ka ... less ... kang ... blz 113-3 v.o.
Sadayanipu ... less ... sadayanipun ... blz 114-4,
Pripabadi ... less ... pribadi ... blz - 8 v.o.
Pêthat ... less ... pêthak ... blz 118-8
Ar ... less ... arya ... blz - 2. v.o.
Ar ... less ... arya ... blz 119-7 v.o.
Matêdhakakênaudani ... less ... mathêdakakênudani ... blz 112.4
Panjênêngan tan ... less ... panjênêngan dalêm tan ... blz -5
Sanggyaning ... less ... sanggyaning ... blz -12
Karubyugan ... less ... garubyugan ... blz 124-7.
Talah ... less ... tallah ... blz 125-7 v.o.
Nuli ... less ... nulia ... blz 126. 9.
Calanan ... less ... calanan ... blz 127 12
Rasukanipun ... less ... rasukan ... blz 128 v.o.
Mompor ... less ... mompyor ... blz - 8 v.o.
Munyêt ... less ... munyêt ... blz 133-5 v.o.
Jawata ... less ... jawata ... blz 134 2,
Ngêmbin ... less ... ngêmban ... blz 135-10
Jrening ... less ... jroning ... blz -9 v.o.
Gêndhegendhing ... less ... gêndhegêndhing ... blz 137, 9.
Tan na cicir ... less ... tan ana cicir ... blz 139,8.

 


Tanggal: Anggara Kasih (Slasa Kliwon) pitu (7) Sura Alip: sarupaning uwong pangèsthine sami (AJ 1811). Tanggal Masehi: Selasa 29 November 1881. (kembali)
rumambate. (kembali)
sinilurub. (kembali)
sinupit. (kembali)
Kangjêng. (kembali)
watara. (kembali)
tuwan. (kembali)
mêntas. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang atêngga pasarean-. (kembali)
10 nalika. (kembali)
11 Tanggal: Jumungah Paing wolu (8) Sawal Jimakir: sirna rupaning salira nata (AJ 1810). Tanggal Masehi: Jumat 2 September 1881. (kembali)
12 pating. (kembali)
13 lêlungsèn. (kembali)
14 mangandika. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: upamane botên pripun. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: Jêng Pangeran Ariya Natakusuma. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: Bêndara Pangeran Arya Natabrata. (kembali)
18 Biasanya guru lagu a. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: wetikna jroning karaton. (kembali)
20 jêng. (kembali)
21 prapta. (kembali)
22 dalêm. (kembali)
23 wajibing. (kembali)
24 kaping. (kembali)
25 binukti. (kembali)
26 Eropah. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: ya ta jêng tuwan residhèn. (kembali)